Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039 (Pupuh 01–09)
| 1. | Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039 (Pupuh 01–09). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
| 2. | Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039 (Pupuh 10–22). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
| 3. | Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039 (Pupuh 23–30). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
| 4. | Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039 (Pupuh 31–42). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Sajarahe Sagunging Para Ratu
--- [f. 1r] ---
[...]
--- [f. 1v] ---
[...]
--- [f. 2r] ---
[...]
--- [f. 2v] ---
1. Dhandhanggula
1. nir panêmbahing pandhita aji | sêngkalane duk wiwit sinurat | dintên Soma Pon tanggale | ping sapta wulanipun | ing Ramêlan Êbe kang warsi | nuju măngsa kasanga | Wugu wukunipun |[1] kang nurat wong jugul mudha | mindha punggung cumanthaka paksa kawi | nêmbangakên carita ||
2. sun amurwa ing carita singgih | sapraptane saking pangubaran | kang tinutur sajarahe | sagunging para ratu | Nabi Adam aputra Êsis | Êsis putra
--- [f. 3r] ---
Nurcahya | Nurcahya asunu | iya kang aran Nurrasa | Sang Nurrasa putra Sang Yyang Wênang singgih | aputra Sang Yyang Tunggal ||
3. Sang Yyang Tugal[2] Guru putranèki | Guru ika aputra lêlima | Sang Yyang Sambo pambarêpe | Brama panggulunipun | Mahadewa panêngahnèki | Wisnu wuragilira | kang jumênêng ratu | angadêg ing nusa Jawa | pan kinarya têtimbanganing agami | Islam nagarèng Ngarab ||
4. nusa Jawa aran Gilingwêsi | duk jênênge Sang Ratu Prawata | Gilingwêsi [Giling...]
--- [f. 3v] ---
[...wêsi] nagarane | Gilingwêsi puniku | ya ing Mêdhangkamolannèki | purwane ana raja | nusya Jawa iku | anama Selaprawata | ratunipun ing Mêdhang ing Molah singgih | iya ing Panataran ||
5. wus aloma[3] ya ing Gilingwêsi | duk samana udan salah măngsa | linud ing barat agêdhe | carat taun tumurun | lan grahana surya myang sasi | kumukus punang lintang | rêngka ingkang gunung | padha lèngsèr alorodan | iya iku turuning dahana siti | dahat tutur kang awal ||
6. Bathara Brama aputra èstri | kang anama kinèn akramaa | kang putra dening ramane | Yyang Tritustha puniku | Parikêna putrane rèki | nulya putra Bagawan | Manukmanasèku | Manukmanasa aputra | pan Tundrêma anulya aputra Sakri | aputra Palasara ||
7. nulya putra Biyasa puniki | nulya putra Pandhu Dewanata | ing Ngastina nêgarane | ing Ngastina puniku [puni...]
--- [f. 4r] ---
[...ku] | sajênênge Kurawa èsthi | nêgaranipun rêngka | ing Mêdhang puniku | dadya jawah salah măngsa | sudama kèh kumukus darajat nagri | Pandhuputra Pandhawa ||
8. Arjuna putra Bimanyu singgih | nulya putra Parikêsit rannya | putra Yudayana rane | Yudayana asunu | Gêndrayana putrane rèki | nama Sang Jayabaya | kala jênêngipun | nênggih nagarane rêngka | kèh katingal jarajate nulya siwi | Aji Jayamijaya ||
9. Jayamijaya putrane rèki | Jayamisena nulya pêputra | Kusumawicitra rane | Sumacitra asunu | Citrasoma nulya asiwi | kang aran Păncadriya | anulya sêsunu | Alindriya nuli putra | ingkang nama Raja Selacala uni | nagri Purwacarita ||
10. ya ing Mêdhang Andongijo iki | nênggih nulya nêgarane rêngka | ya ing Mêdhangkawitane | ingkang kapindho iku | Sri Mapunggung pêpatihnèki | kang aran Jugulmudha | Sri Mapugung[4] sunu | awasta Sri Kêndhiawan |
--- [f. 4v] ---
pêpatihe awasta Kunthara luwih | sutane Jugulmudha ||
11. Kandhiawan lima putranèki | pabayune[5] Ki Panuwun rannya | among tani pakaryane | Sandhanggarba panggulu | pan adagang pakaryannèki | Karungkala panêngah | ngalap karyanipun | sumêndhi Pêtungmalarat | pakaryane andèrès putra wuragil | Rêsi Kandhayu rannya ||
12. wontên paseban karêmênnèki | putra lima jinênêngkên nata | Kêndhayu ratu tanine | ing sabên mangsanipun | apan nênggih ngaturi pari | Ki Sandhanggarba dadya | ratu dagang iku | pan awisma ing Japara | Karungkala ratu tuwaburu singgih | wismane Sundharowang ||
13. iya Ratu Baka iku singgih | Pêtungmalarat ya dadya nata | ing wong karya jagal mangke | miwah wong Kalang iku | angaturi pagêbêr uni | wong jagal pinundhutan | sami atur-atur | mring Sang Sri Kandhayu ika | kang jumênêng ratu anèng Mêdhangwilis | anggêntosi kang rama ||
14. Rêsi Kandhayu lima
--- [f. 5r] ---
putrèki | pabayun èstri ayu warnanya | Ni Rara Suci wastane | Ki Lêmbu Amiluhur | panggulune panêngahnèki | Lêmbu Mardadu rannya | sumêndhi ranipun | iya Ki Lêmbu Pangarang | warujune Lêmbu Amarjaya uni | kacarita sêmana ||
15. Ki Lêmbu Miluhur dadya aji | Ngandongijo Lêmbu Mardadunya | ing Kadhiri nagarane | Pangarang nagrinipun | ing Gêgêlang ing Singasari | Ki Lêmbu Amijaya | dening kang waruju | wuragile Prêgiwăngsa | ing Koripan Lêmbu Amiluhur siwi | Rahadèn Kapirembang ||
16. iya Panji pangaptine iki | garwanira putri ing Mêmênang | nulya wêka lanang mangke | Laleyan aranipun | apêputra Banjaransari | ngadêg Mêdhangkamolan | kaping tiga iku | nulya nêgarane rêngka | gêring bangêt wirang musna sing nêgari | sakathile kêncana ||
17. mangilèn tapa jro guwa uni | duk sêmana nora nana nata | Gumuk Umbul bae rane | ênêngna kang winuwus | rêrusuhan [rê...]
--- [f. 5v] ---
[...rusuhan] ing tanah Jawi | rêbat angkah-piyangkah | agêmpur-ginêmpur | sadhenga rosa kèringan | duk sêmana bang kulon ana wong luwih | wismane Sukapura ||
18. arosa kèringan tan awani | anak putune langkung akathah | Ki Pinituwa arane | angrudatin ing kalbu | dening nora aduwe aji | atapa nêdha dewa | lawan garwanipun | ana syara kapiyarsa | hèh lungaa ing jro guwa ana aji | jujungên[6] mutêr ing rat ||
19. kagèt awungu enggal lumaris | lan kang garwa kentar majing[7] guwa | kalunta-lunta lampahe | manjing guwa nrang gunung | sakèh guwa dipun lêbêti | nora nana kapêdhak | èmêng manahipun | nulya mulat kidul wetan | ana teja manthêr enggal dèn parani | kang aran Guwa Mulya ||
20. langkung angkêr norana wong wani | jalma mara sato mara pêjah | manuk mibêr tiba akèh | Ki Tuwa ambêk lampus | manjing guwa lan garwanèki | jro
--- [f. 6r] ---
guwa lir kadhatyan | tundha korinipun | ingapit-apit paseban | sampun manjing kori tiga aningali | cahya jro guwa padhang ||
21. anyamadi lir padhanging rawi | sajro guwa padhang lir raina | Ki Tuwa awas tingale | ana satriya turu | langkung bagus ngrênggani kathil | wus anduga Ki Tuwa | lamun bakal ratu | anulya pinalajêngan | lan kang garwa karsane ayun ngabêkti | kang nendra nulya ilang ||
22. Ki Tuwa gona nging kathil kari | langkung gêgêtun nora angucap | lajêng tinunggu kathile | aloma anèng ngriku | apratapa lan garwanèki | ênêngna kang winarna | kang musna ing wau | Banjaransari lumampah | nutugakên kantuna bawang sumilir | yèn durung nora dadya ||
23. manjing wana munggah jurang ardi | nora kèndêl datan dhahar nendra | tan ana sinêdya mangke | anut karsa dewa gung | duk sêmana Banjaransari | kalêsyan arsa raryyan | dulu taman agung | pêpêthetan sri kawuryan |
--- [f. 6v] ---
gapura gêng ingukir rinaja wèdi | pinatik nawa rêtna ||
24. muncar mancur cahya sêsotya di | kadi taman ing syarga di mulya | dede manungsa kang gawe | adawa kang winuwus | kurang căndra pan luwih kawi | Radèn Banjaransêkar | manjing arsa adus | kagyat syarane gumêrah | jro gapura kang adus pan widadari | lajêng Banjaransêkar ||
25. nulya ana ingkang têngga kori | wong wadon tuwa ciklu wus mamar | tumibèng janggut dhêngkule | wus budhêg anyênyapu | nulya takon Banjaransari | wali tan sinauran | jinawil anjubul[8] | budhêge si nini waras | kamanusan satuhune widadari | arsa mibêr cinandhak ||
26. nini tuwa sambate ndrêwili | arsa sira kapakakên ingwang | Banjaransari ujare | aja kadukan ingsun | arsa tanya mring sira nini | bulah sira anoma | ana wadinipun | sabdaning ratu atapa | tinurutan ing dewa ni tuwa nuli | mulya nom warnanira ||
--- [f. 7r] ---
27. angluwihi ayune rumiyin | mulih anome kala parawan | langkung suka tarimane | bêkti sumungkêm suku | apa sun walêsna ing gusti | Radèn Banjaransêkar | dhuh aja kagugu | tulungên manira tanya | taman iki sapa ingkang anduweni | ni rara tur pranata ||
28. punika kang darbe prabu èstri | satuhune guruning wanita | widadari satuhune | ratu-ratuning ayu | patang puluh kang widadari | samya karèh marêkan | myang isi kadhatun | sèwu dhomas kênya raras | samya ayu pakaryannya têngga kori | myang karyaning wanodya ||
29. ratu ayu tuhu sêtya luwih | dahat datan arsa akramia | sapa arane sang katong | Rêtnaningrat Murdèngrum | warnanira asalin-salin | ing sadina ping sapta | tur lantip amuwus | ratu sakti mahambara | nagrinira ing Galuh punika
--- [f. 7v] ---
gusti | norana kang uninga ||
30. jalma mara sato mara mati | kang tumingal amasthi kasmaran | mila ngalingan sang rajèng | dèrèng măngsa kadulu | benjang prapta ingkang darbèni | puniki kaliyatan | jangkane sang prabu | pa karane sira tuwa | ulun dhingin kinasihan ing sang aji | kabêndon sinupatan ||
31. yun pinatèn katon bêcik mami | ingapura kinèn têngga lawang | ing taman iki purwane | lah mau kang gumuruh | apa iku sun amiyarsi | widadari punika | gusti sami adus | ing taman iki larangan | luwih angkêr nora nana kang pratami | yèn dede nayakèng rat ||
32. balik tuwan kula nuwun angling | sapa sintên têdah lan pinăngka | ayun wruha darunane | purwa wasana ulun | kita lawas dèrèng ningali | satriya kadi tuwan | lir Asmara nurun | de tuwan wuryan katingal | sapa sintên dhuh gusti sinambat ing sih | wingking pundi pinăngka [pinăng...]
--- [f. 8r] ---
[...ka] ||
33. ingsun iki wong Mêndhangkasilir | brangtèngsun alit tumêkèng wayah | dèrèng uning wasanane | nglangut saparan kayun | babarana dhuh kula gusti | besuk ingsun anjarwa | yèn panggih sang prabu | wis matura ingsun arsa | manjing taman arsa adus nginum warih | anuwun sarêng kentar ||
34. kawarnaa Dyan Banjaransari | manjing taman kandhêg pasêkaran | amêthik kusuma ngangge | gandanya marbuk arum | warna-warna kang ponang sari | mêkar danguning lirang | alangên dinulu | marbuk jăngga lèn kang sana | bêbanjaran punang sêkar amêpêki | adawa yèn winarna ||
35. manjing taman angura lêlungid | kakawin kidung muluk syaranya | lung-lungan anolèh kabèh | Radyan Banjaransantun | dhasar bagus syara amanis | lir ngalapana jiwa | rinatus lan juruh | midêr-midêr pêpêthetan | sri kawuryan têka lulut [lu...]
--- [f. 8v] ---
[...lut] aningali | karasa duk awirya ||
36. midêr-midêr banjar nagasari | kalangkung dènnya raras katingal | kambang mubêng botrawine | cinandhi pagêripun | jamirahe sami ngidêri | padha isi wrat sêkar | sinêla apatut | sulastri asêla-sêla | asri tinon sarya sari pinarigi | gapura gêng araras ||
37. pinêtha supit urang kang pipi | pakêbonan sêsêk dening sêkar | toyanya wêning iline | lir pêcut ting palancur | punang tirta sing ardi mijil | lir sarpa tambang tirta | lir grudha kadulu | tirta mijil sing tutuknya | parang èsthi mijil saking tirta êning | punang tirta nut dênta ||
38. lir liman adus jrum katon êning | anjog botrawi sakathah toya | pêksi rêbut wohan rame | Radèn Banjaransantun | sêsarean kambang angimpi | katingal sacumbana | lan sang rêtnaning rum | korud [ko...]
--- [f. 9r] ---
[...rud] kang rasa tumiba | anèng kambang trus ing toya tibèng bèji | wus karsaning bathara ||
39. rasa ilang wus anjalma èstri | tinampanan Sang Yyang Kamadhala | ngêmbanan widadarine | pinêrnahakên sampun | dadi ratu wadat pawèstri | pan nora krama jalma | pan turun-tumurun | ing Nusyakambangan gènnya | iya iku kithane Nusatambini | asêk timah abara ||
40. kunêng kocapa kang manjing puri | aturira lir kadya carita | kawula nuwun sang sinom | atur uningèng ulun | ămba tiwas ing tamansari | wontên satriya prapta | warnane abagus | angandika prabu rara | sapa sira dening wuryan sun tingali | kawula abdi tuwan ||
41. kang kadukan kinèn têngga kori | tamansari kula nini tuwa | raja dèwi kagyat tyase | dinangu purwanipun | wus tinutur kanyut [kanyu...]
--- [f. 9v] ---
[...t] sang aji | anggraitèng ing nala | baya iku ratu | pangajapan ingsun tawang | kang winuni pangandika dewa luwih | lah mara tutugêna ||
42. nini rara ature mlad ati | kang pangandika satriya prapta | ayun panggiha sang rajèng | asangêt ămba matur | nanging botên dipun piyarsi | angupados usada | pangandikanipun | tan jarwa têdah pinăngka | rare mula moyang wong Mêndhangkasilir | wasta Banjaransêkar ||
43. cahya mancur warna nom apêkik | wong sajagat nora nana memba | lir Yyang Asmara warnane | dèrèng ămba andulu | nora nana dipun waoni | pantês punika nata | dewa ingkang nurun | prawignya amutêr jagat | prabu rara kasmaran dening pawarti | ana karasèng nala ||
44. iku satriya têka ing ngêndi | wani-wani angambah larangan | gusti tan jêrwa angsale | de pangandikanipun | sira nora ingsun jarwani | besuk sun babar
--- [f. 10r] ---
kula | yèn panggih lan prabu | angandika prabu rara | dening ladak arsa panggih lawan mami | arsa ambêdhah kutha ||
45. angkuhe kaya kang amutêr bumi |[9] yugyaning dewa panggih lan ingwang | yèn ta dudu-dudu wonge | măngsa kangsia têmu | ya warahên ingsun aturi | lan ingsun sayabara | yèn bêdhah kuthèngsun | aja lan dèn rodapaksa | upamane lir mina anèng jro warih | aja buthak kang toya ||
46. dèn wilanga lawang kutha iki | yèn kawilang kambaha sadaya | wruha purwa wasanane | yèn manjing kuthaningsun | kunci mênga ingsun tan apti | dudu trahing atapa | manjinga kadhatun | jlêg tanpa sangkan tan ngambah | lawang kutha iku ingsun nora apti | ya dudu trahing nata ||
47. yèn kalakon ing sapamundhut mami |[10] masthi ingsun ngawula mawongan | ya iku ratu ing kene | ingsun darma atunggu | nyata prapta kang mutêr bumi | yèn tan mêngkono iya [i...]
--- [f. 10v] ---
[...ya] | masthi iku lêbur | lan ingsun panggih ing benjang | lamun dalu amasthi kathah gêgêring | yèn rina larang pangan ||
48. yèn tan wruh ingsun tan yun pêpanggih | wis mêtua inggal aturana | dèn kalakon jar sun kabèh | sakèhe kang atugu[11] | lawang kutha dèn ngati-ati | ana satriya wignya | yèn tiwas sadarum | amasthi dadi boyongan | atur sêmbah nini rara sampun mijil | gula kentar ginantya ||
2. Mijil
1. sampun mêdal ni rara lumaris | ngaturi sang anom | dhatêng taman asigra lampahe | Banjaransari kapanggih linggih | angura lêlungid | dènnya nganti dangu ||
2. sagupita nini rara prapti | umatur wotsinom | sampun katur sang nata wêlinge | gusti sampeyan dipun aturi | nging dèn ngati-ati | marga kèh pakewuh ||
3. yèn sisip nora amondhong putri | pasthi sida nglamong | wurung tămpa sida
--- [f. 11r] ---
tămpa mangke | gampang yèn kalêrêsan kang margi | sang aprabu èstri | pan darma atunggu ||
4. iya pirabara awak mami | tinulung Yyang Manon | Banjaransari aris lampahe | nini rara tan têbih nèng wingking | praptèng ing nagari | Dyan Banjaransantun ||
5. kagyat lênglêng rêmên aningali | Dyan Banjaransinom | aningali rakite kithane | sampun patut tanna dèn waoni | emane puniki | norana wongipun ||
6. iki patut dadia nêgari | norana winaon | iya kari angênggoni bae | Banjaransari ngadêg têpining | ing samadyanèki | kang waringin kurung ||
7. nini rara matur lah suwawi | manjinga kadhaton | Banjaransari nêdhèng dewane | kinumpulakên dados satunggil | babar aling-aling | sidhakêp sidêkung ||
8. Sang Yyang Pramana dèn uningani | nora nana katon | wus matèni ing pănca driyane | babahan nawa [na...]
--- [f. 11v] ---
[...wa] dipun pêpêti | norana kaèksi | tan dulu tan ngrungu ||
9. nora gănda mèdi dèn kawruhi | tinutupan Manon | wus rinêksa rahadèn napase | mulya êning gèn muja sêmèdi | linang sukma mari | sarira karungu ||
10. apranata pindha niskalani | trus tingal Yyang Manon | Banjaransari ngraga sukmane | sampun pêjah sajroning aurip | anggana badaning | cahyanipun suwung ||
11. nini rara matur wali-wali | dinulu sang anom | lamun suwung kantun pramanane | anjrit ni rara sumungkêm siti | sambat ngasih-asih | tan nyana gusti sun ||
12. dhuh sun nyana kêna sun ngèngèri | wong abagus anom | tan kawarna akathah sambate | eman têmên atêmahan lalis | patut dadi aji | sineba wong agung ||
13. nêngna kocapa Banjaransari | lumêbu kadhaton | alam sêkawan jinajah [ji...]
--- [f. 12r] ---
[...najah] kabèh | kandhêg wijil pisan aningali | wanodya linuwih | nèng palangkan lungguh ||
14. ingayap wanodya kalih biting | ayune kinaot | Rêtna Angrayung Wulan arane | Banjaransari dipun aturi | tumurun ngabêkti | mèsêm sarya mundur ||
15. sangêt bineka Banjaransari | adhuh gustiningong | pinarêka ja lunga sing kene | anging dika yugya sun ngèngèri | mèsêm sarya angling | Dyan Banjaransantun ||
16. ingsun yayi arsa manjing puri | agampang ing wiyos | Rayungwulan asêndhu saure | dening daya arsa dèn liwati | yèn tan wruh ing wangsit | kori kang sun tunggu ||
17. angandika Dyan Banjaransari | eka tunggal mangko | kuda angrap yayi pandêngane | adhuh iki ratu ing sabumi | èstu gusti mami | kawula tumutur ||
18. wis karia aja ngrêregoni | radyan lumakyalon | dungkap kori ping kalih lampahe [lampah...]
--- [f. 12v] ---
[...e] | kandhêg anon wanodya di luwih | lênggah kathil gadhing | ngayap dyah rongatus ||
19. tumurun mèsêm Rêtna Suprêni | ambeka sang anom | rêtna dèwi êntèk tanagane | ngucap radyan sun arsa mring puri | matur Ni Suprêni | ingsun nora asung ||
20. yèn tan wruh lukita kori kalih | wangsula sing kono | dwi roro kombang anglèng ta |[12] iku yayi sang dyah anungkêmi | adhuh ratu mami | kawulakna ingsun ||
21. wis karia sun manjing ing puri | radyan lumakyalon | tri wijil prapta kandhêg lampahe | kang atêngga Tigaron kang nami | ayu kaduk manis | abala rongatus ||
22. ngêntèkkên tanaga angregoni | ngandika sang anom | ja na kono sun arsa ing mangke | manjing pura Ni Tigaron angling | dening daya iki | yèn wruh ing wuwus |[13]|
23. wastanana kang sun tunggu iki | tri têtêlu mangko | punang cebol anggayuh lintange |
--- [f. 13r] ---
iku yayi sang dyah anungkêmi | adhuh ratu mami | kang sun ayun-ayun ||
24. sampun lunga awismaa ngriki | dhuh tarima ringong | lah karia wus lajêng lampahe | sang dyah maksa mawongan tut wingking | prapta catur wijil | ingandhêg dyah arum ||
25. kang awasta Nikèn Patrarêsmi | ginojèng sang anom | lan pawongane rong atus kèhe | gusti yya lunga candranên kori | ngandika ya iki | catur papat iku ||
26. lêmbu anusu ing anaknèki | sumungkêm sang wadon | adhuh ratuningsun salawase | radyan lajêng sang dyah atut wuri | pănca wijil prapti | angandhêg kang tunggu ||
27. kang awasta Rêtna Păncawati | anggubêl sang anom | sampun kentar yèn tan wruh candrane | angandika Dyan Banjaransari | pănca lima yayi | jong mot sagara gung ||
28. sang dyah angrakul[14] pada sarya ngling | adhuh ratuningong [ratuning...]
--- [f. 13v] ---
[...ong] | sampun nungkul dyan lajêng lampahe | sang dyah tut wuri prapta nêm kori | ingkang tunggu darmi | tan asung lumaju ||
29. ingkang aran Sara Sêdawati | rongatus ponang wong | yya lumaju gupitanên mangke | angandika Dyan Banjaransari | sad nênêm satyèki | glar pangonan iku ||
30. atut sabda Sara Sêdyawati | amawongan inge |[15] tut wuri radyan prapta lampahe | kori sapta kang tunggu kapanggih | Dèwi Saptawati | tan asung lumaju ||
31. rowange rongatus angadhangi | gupitanên mangko | Banjaransari alon dêlinge | sapta pitu iku ratu kalih | bratayuda sami | sang dyah awot santun ||
32. dyan lumaris sang dyah atut wingking | prapta kori mangko | Astha tan awèh kang tunggu mangke | Dèwi Asthawati angadhangi | rowange rong biting | ngandika sang bagus ||
33. astha walu bramana ngajawi | atut sang lir sinom | radyan lajêng [la...]
--- [f. 14r] ---
[...jêng] dyah tut wuri mangke | prapta lèng songa dipun adhangi | Rêtna Ăngkawati | balane rongatus ||
34. wastanana margane puniki | ngling Banjaransinom | nawa sanga kori mênga kabèh | tanpa ngucap Dèwi Ăngkawati | baya iki aji | kang ingayu-ayun[16] ||
35. de sang prabu rara rina wêngi | tut wuri sang sinom | sampun prapta sadasa regole | lêlêng[17] mangu Dyan Banjaransari | sadalu rarasing | ing tirta winangun ||
36. sarya adi luwih srining saking | banjar nagasinom | têpas witana lit-alit mangke | cinitrèng mas pinatik rêtna di | pinapajang asri | langsenya kumêndhung ||
37. padha tatrap kancana pinatik | mirah widurijo | intên muncar mancur ujyalane | puspita nêdhêng gandanira mrik | jamirahe adi | moncor muncar-mancur ||
38. samya gêdhah sadaya kinardi | ajajar ing mangko | samya gêdhah putih
--- [f. 14v] ---
sabarise | wanèh kuning rêkta wungu adi | lir kasyargan adi | warnanên dyah ing rum ||
39. pêpatihira kang têngga wijil | ngaturan sang anom | lamun ana wong marêk marangke | wong lêlana arsa marêk aji | wus bêdhah kutha ji | lah konên malêbu ||
40. Banjaransari lêngêng ningali | gapura di kaot | tundha songa pucak gapurane | apucak manik ukiran adi | pinatik rêtna di | nêlahi kadhatun ||
41. kadi dede ukiraning jalmi | warnane sêsaton | gupalane angapit warnane | kadi sang kumba-kinumba jrihi | lir naut wong mijil | gapurasthanipun ||
42. sarêng lumêbu Banjaransari | apagut ing manon | lawan sang dyah parêng paningale | pyuh tanpa jamuga garit ati | wulangun sang dèwi | alênggah tumungkul ||
43. lêlêng Rahadyan Banjaransari | andulu sang sinom | dening nora na memba
--- [f. 15r] ---
warnane | Dèwi Ratih pantês dadi abdi | ratu ing sabumi | warnane tan punjul ||
44. liyêp lêngut wulangun sang dèwi | kasaputan panon | baya iki kadhaton kang duwe | cahya mancur baguse ngrimangi | trahing danawarih | tuhu turun ngratu ||
45. têdhaking tapa ingsun tingali | kang jaja mancorong | nora kilap dyah rara tingale | nyata iki ingkang mutêr bumi | kalihnya kapati | samya angudang kung ||
46. yèn dede wonge ngambah ing ngriki | datan kêlar mangko | adangu nulya sang dyah dêlinge | teja sulêksana kusuma di | tejane wong bêcik | awuryyan[18] kadulu ||
47. pundi têdah pinăngka ing wingking | ngandika sang anom | ingsun gusti rumiyin purwane | nata Koripan Banjaransari | kusuma ran mami | mila ulun nglangut ||
48. iyèngsun yayi wirang kapati | duk nèng praja ingong | asêngara gêng gara-garane | wong ingsun gring esuk
--- [f. 15v] ---
sore mati | sore dènnya agring | esukipun lampus ||
49. ingsun ngaran ratu panas yayi | dèrèng krama ingong | ratu jaka agêng sêngarane | iya iku wirang ingsun gusti | dadya bonglot mami | saparan anglangut ||
50. angulari têtămbaning agring | adrapati ingong | nora etang kawula nah anggèr | baya mangke têtămbaning brangti | kusuma di puri | kang asung brangta kung ||
51. sang dyah angling kamangkara aji | manira têtakon | kari punika sampun mangsane | iya yayi bumi sunya ugi | gêmpang sêngaraning | panjênêngan ngratu ||
52. ing pundi patêmon putra-putri | yèn rina gring kang wong | lamun dalu larang pangan mangke | graitanên lamun sira apti | tulus dadya aji | iya yayi Galuh ||
53. ana padhang dudu padhang rawi | ana pêtêng mangko | iya dudu pêtênge wêngine | sajro
--- [f. 16r] ---
sagara datanpa têpi | iku gone panggih | jro sagara madu ||
54. sang dyah kacina tan kêna angling | lumayu angulon | Banjaransari ngetan parane | sang dyah kapêthuk ngalor dèn ungsi | Dyan Banjaransari | parane angidul ||
55. sang dyah kapêthuk ngungsi madyaning | tumutur sang anom | prabu rara tambuh ing polahe | wus angèsthi pêjah ing aurip | tiningal sêpi |[19] tanbuh polahipun ||
56. Banjaransari putêk ing ati | jumênêng sang anom | amirsakkên araras syarane | wong jro pura samya nambut kardi | kênya ayu luwih | kang ngantèh anênun ||
57. anokèt angalu alam sami | wênèh mêmaraos | nora nana nganggur kèh gawene | ana gawe burat gănda wangi | ana nganggit sari | myang angukup-ukup ||
58. sakalangkung langêne sang pêkik | langêning [lang...]
--- [f. 16v] ---
[...êning] punang wong | Banjaransari wruh ing èsmune | tumutur matitis ing dyah dèwi | sang èstri kapanggih | angrênggani kukus ||
59. pinarêk ing palangkan rêtna di | ingayap dening wong | kênya ayu raras pênganggene | gêlang kana aêmêr kinêmit | nayakane adi | ajamang mas tatur ||
60. abinggêl kana pada angrawit | asumping mas kaot | acalumpring kêbo mênggah mangke | pinatik nawa rêtna sotya di | kunêng sang rêtna di | alênggah tumungkul ||
61. Radyan Banjaransari lumaris | kapanggih sang wadon | anjênêng maharjaning sampure | rêsmining dyah lir padapèng ngrawit | amaoni sari | citrane dèn bawur ||
62. nora lyan kang dèn rasani malih | dening sakèhing wong | Banjaransari tansèng wuwuse | mapan sapolahe èsmu manis | dyan saksana prapti | sang paraning lulut ||
63. ampingan Dyan
--- [f. 17r] ---
Sang Banjaransari | umung bramana wor | kadya warah ing prapta ênggène | sang dyah anolih amapag liring | lir madu lan gêndhis | rinatus lan juruh ||
64. sang lagi prapta maras muragi | amingkis wastra lon | lir kagunturan madu ciptane | wus awas nulya amarêpêki | tumurun sang dèwi | sing plangkan lumungsur ||
65. cinandhak sang dyah sun lir mêmanggih | yyang-yyanging kalangon | baya martani brangtaning ngame | dening lawas ayya sira kikin[20] | sang dyah tan kêna ngling | tyasira gêgêtun ||
66. tan sipi trêsnani ing ati |[21] karasèng tyas mangko | nanging maras dèrèng wruh polahe | ngusya alon awêtu tangis |[22] sang prapta ngrêngrêmih | lagya angusyèng rum ||
67. winawang-wangwang sang raja dèwi | dyah priyêmbada lon | dutaning rat idhêpên sun anggèr | lir amanggih rêtna sasrèng puri | ciptaningsun ari | kagunturan madu ||
--- [f. 17v] ---
68. wijiling sabda nrang madu gêndhis | angaras madya lon | sang dyah kepyan dadya drês waspane | lumungsur sing pangkon arsa ngêdohi |[23] sang kakung ngrakêti | pan sarya angrungrum ||
69. adhuh dewaningsun ayya nangis | eman sang lir layon | lindrining liring imbah manise | ruming sari sidyaning klas asih | kaya tanna tandhing | sêngkara lan juruh ||
70. baya sapira laraning brangti | kang ketang sang among | kagêngan lara tasmara[24] tyase | yèn kasamramrên[25] tur ingsun yayi | lir kunarpa manggih | juwitaning tanu ||
71. kakung èsmu guyu ngling rabi |[26] yayah juruh winor | lan madu juruh wuwus liringe | lagya sung sipta sang dyah tan apti | sang kakung amrati | ngaras wantu-wantu ||
72. tansah kakunge angrêmih-rêmih | saibêt saya jro | kaya supêna tyas ingsun anggèr | karaningsun kesah sing nêgari | ngulari tămba gring | kapanggih ing Galuh ||
73. baya tan wêlas mring kawlasasih [kawla...]
--- [f. 18r] ---
[...sasih] | lir apupul layon | sing nagara andrapati mangke | sun rêrah myang kadi ing pasir wukir |[27] miwah ing wanadri | tan ana katêmu ||
74. ing mangke ta pun Banjaransari | suka têmah layon | saujaranira sun têmahe | pamarêk ingsun dewa kapati | baya sira yayi | ratuning wong ayu ||
75. sang karèsmara nèng made rukmi | angêmêr sang wadon | lir guladrawa wau manise | anglêlana pun Banjaransari | angulati pati | tambaning awuyung ||
76. duk ingsun tapèng guwa aguling | sira kèpi ringong | anulya tangi ta ingsun age | kadya na tuduh mring ingsun yayi | sira andikani | mila ingsun rawuh ||
77. sang dyah kukuh datan kêna kokih | dyan sang kakung kepon | saya drês lir brêmara syarane | sang kakung tansah nungkêmi amrih | nungkêmi panêpi | sang dyah sru marlêsu ||
78. dadya trêsnane saya bêb [bê...]
--- [f. 18v] ---
[...b] prapti |[28] asmune sang dyah doh | nanging lumuh andohi turone | yayyang madana srada wong iki | nirwayèn kalanging | ing rat angudang rum ||
79. kang asmara lagya rêmih-rêmih | sang dyah sangsaya doh | tingalana gusti kawulane | siyasatana ing wulang rêsmi | konjêmêna pipi | sangganên pambayun ||
80. yèn palastra pun Banjaransari | sungkêmên nèng pangkon | candhinên ingsun sajruning langse | kirimên ing wiraga mêlathi | pun Banjaransari | dewa kang sinuhun ||
81. amung sira Yyang Arsmara[29] purti[30] | kang măndra kalangon | aningali puspita kang lungse | sang kusuma sihana pun dasih | ruruh kawlasasih | dulunên pukulun ||
82. kawlasana pun Banjaransari | dewa sang lir sinom | yyanging Ratih wong Galuh ratune | anjampèni risaking nêgari | yèn ing rat dewa sih | sakramanên ingsun [ing...]
--- [f. 19r] ---
[...sun] ||
83. sang dyah ing pangkyan maksa tan kokih | malah pyuh kang layon | sang kakung amrati pangrungrume | lir gula drawa sinrang lan gêndhis | lir bramara amrih | sêkar lagya kuncup ||
84. sang dyah awênês-wênês awilis | lir pradapa layon | malah lukar kinusya gêlunge | srinatane rusak dèn arasi | tan kawarna pipi | pêpilise rêmpuh ||
85. wiraga wrat tibèng tilam sari | miwah tibèng pangkon | gêlunge lukar tibèng janggane | koncanira sampure dyan dèwi | munggèng sang apêkik | sumampir ing bau ||
86. sangsaya ture angasih-asih | yyayyanging[31] kalangon | dasihe dewa atur sêtyane | pirsakêna ature pun dasih | prasasat sarêsmi | rasane tiningsun ||
87. sun têdha dewa dadia sari | andhap tur angayom | anjalmaa puspita sun angge | dadia langên sun cêngkramani |
--- [f. 19v] ---
dadia marga writ | kambaha deningsun ||
88. pindhanira kusuma di luwih | ingsun bramara ngrok | angisêp ing sarinira radèn | nira ta lagèng sun mangsananglit | yèn winarna dening | yakti ingsun lampus ||
89. kusuma wicitra mêdhar sari | sira yyang kalangon | anyangkramani langên-langêne | ing taman nêdhêng amêwah sari | sêkarêna sari | pundhutên pukulun ||
90. paran polahe yèn tan kênapti | angling tyase kepon | anglamong tanbuh paran-parane | mung sira uni dalu kang kèmpi | sang dyah saya dohi | dening daya mrih kung ||
91. Banjaransari mênggah sarya ngling | tingalana ingong | ingsun amit kantuna nah anggèr | yèn sira dewa asih ing kami | sangonana ugi | gantèning sun suwun ||
92. minăngka paripèh kawlasasih | sun gawa anglamong | ngong pindha-pindha [pi...]
--- [f. 20r] ---
[...ndha-pindha] kang asung agèr[32] | sasat sira dewa milu dasih | iku wahyanèki | jiwanira maskun ||
93. kantuna gusti muktia sari | mêngkua kadhaton | sun pirsakêne sing doh nah anggèr | alakia sasamanira ji | ingayapa dening | para putri ayu ||
94. radèn dèwi yayah datan pangling | mêndhak sang wira nom | aris lampahe anolèh-nolèh | wau Rahadèn Banjaransari | sang dyah nyiptèng ati | lêhêng milu nglangut ||
95. tan abisa tinilara urip | luhung tunggil layon | ingkang lunga cinandhak sabuke | ciptaning sang dyah milu drapati | kagyat radyan mantri | sang rêtna sinambut ||
96. ciptaning kakung yayah angimpi | ya angucap alon | nora sida lunga ingsun radèn | yêkti apês yèn langkung wana writ | pun atapèng rêsmi | malar sêkti ingsun ||
97. sang dyah ingêmban binaktèng
--- [f. 20v] ---
wali | basane alumoh | ingarih-arih sang dyah ature | lumuh ing turon angasih-asih | minggah jinêm wangi | wayahe wus dalu ||
98. panggih asta lungiyan sarêsmi | putra putri karo | wus panggih padha sukmane bae | patêmone putra lawan putri | wus akawin batin | ragane kadulu ||
99. tumangkêb samir kang sewa rêsmi | angusya kang wadon | sang dyah amrih luputa turone | kagunturan sang dyah gunung gêndhis | dhuh saya anangis | anampèli pupu ||
100. alara sru dewane pun dasih | canggèhira katon | ing sarêsmi ing sira jro langse | sang dyah kabyatan sêngkara manis | tan kêna nayuti | dening jiwa lêsu ||
101. sang kakung saya amardi rêsmi | astane kang wadon | ingaras sang dyah lupa jiwane | radèn tyase tan anyipta urip | salukaring prêni | nalane sumaput ||
102. asta angalaya anungkêmi |
--- [f. 21r] ---
angaras pipyalon | sarya nglukar sang dyah sêsampure | sang rêtna juwita angêkahi | winardi ingukih | lagi kalih pinjung ||
103. pababare[33] mayang mêkar sari | amlêk munggèng dodot | nalane sumyar sang kakung rêke | pangarasira awanti-wanti | sinjangira yayi | sun suwun pukulun ||
104. yèn sira dewa tan tulus asih | yakti pupul layon | yèn winênang anglusur sinjange | yakti wande dewa sun drapati | prasida nuwun sih | yakti nuku dalu ||
105. Banjaransari tansah nungkêmi | angrangkul sang wadon | asta kang têngên munggèng janggane | asta kiwa nèng jaja amardi | sinjange mèh kokih | sang dyah tyase rêmpu ||
106. lukaring sinjang pupya nitihi | sang dyah sumyar kepon | sang wiranom anêmpuh astrane | kagyat sang dyah anyariki wingking | sarya sambat mati | anampèli [anampè...]
--- [f. 21v] ---
[...li] bau ||
107. sang dyah angisêk-isêk anangis | dhuh mati katèngong | sanetya munaryatra tilame | muksa sang dyah tan bisa ningali | têmbe sang apêkik | kanyaran ing lulut ||
108. panangise lir pulung kapipit | lir sundari angrok | sang kakung nganti rakêt jajane | tan bosên angarasi panêpi | nêsêp-nêsêp lathi | asta ngrangkul gulu ||
109. jaka jêbug lawan prawan kêncing | padha sihe karo | kasaputan ing asmara radèn | sang dyah kapati tan kêna angling | syanita drês mijil | awra tibèng kasur ||
110. sang kakung awlas kasok ing rabi | sang dyah murca tinon | anungkêmi wadana kakunge | belakêna pun Banjaransari | sarta ngaras pipi | astane sinuwun ||
111. winardi asmara dyah anangis | sinampunan alon | sang dyah lêsu lir lupa jiwane | sang kakung wau tansah nungkêmi |
--- [f. 22r] ---
kepyan radèn dèwi | liniling tumungkul ||
112. êmbanira nèng jawining samir | atur toya bokor | liniling-lingling[34] sang dyah pangkone | wênês sira dewa pulang rêsmi | tan angling dyan dèwi | anglênggak ing bau ||
113. Banjaransari mulat ing rabi | ênting wlase tumon | kamanisên mulat ing janggane | anukêmi[35] amisik-misiki | kepyan radèn dèwi | angêsah angadhuh ||
114. Banjaransari lagya minjungi | rabine ing pakon[36] | sarya makoni sang dyah gêlunge | arsa sira dewa sun sirami | tur sarwi liningling | magut sang dewayu ||
115. sinambut sang dyah sarwi kakawin | syara manis awor | sarta winayangakên grahane | kang kinudang ujare wong iki | sagup[37] parêng mati | ing asmaraningsun ||
116. awasana sang dyah agitali[38] | sawêling mêngkono | kabèh iku ta ujare dhewe | gumujêng
--- [f. 22v] ---
Radyan Banjaransari | dhuh pangling pun dasih | dening bisa muwus ||
117. sang dyah matur kawula ta aji | ngaturkên kadhaton | myang dalêm pura ing saisine | nanging panuwun kawula kaka ji |[39] ikang para dèwi | dèn rata salulut ||
118. anungkêmi Dyan Banjaransari | tarima riningong | ing salulut ja walang driyane | binêktèng lêlangon dènnya ligih[40] | ing gêgilang nguni | ngayap para arum ||
119. sami kêsmaran mulat ing gusti | padha trêsna kang wong | nini rara ical têtunggone | manjing pura wus sinung kêkasih | Ni Asmarawati | kang anèng lêlangun ||
120. maharjaning paèse kang èstri | sarya tap sêsinom | sandyah[41] owêh pribadi sinjange | mèsêm Prabu Galuh amaoni | pinjunge sang dèwi | mugèng[42] jajanipun ||
121. punika ikang dipun waoni | sang ayu wandoh |[43] sang kakung
--- [f. 23r] ---
cinandhak jarijine | tinikêlakên sarwi anolih | ngadhuh sri bupati | Ni Asmara manggut ||
122. tulus rahadèn jumênêng aji | tansah mukti karon | kadya mimi kalawan garwane | para arum sadaya waradin | samya mukti sari | kawanuhan lulut ||
123. tansah kasukan siyang lan latri | lawan para sinom | kêna asmara palulut kabèh | radèn dèwi tuhu bêkti laki | sri bupati lami | jumênêng ing Galuh ||
124. nanging dèrèng korak ing nêgari | kithane tan katon | mukti sari nèng kadhaton bae | mila sang prabu sangêt prihatin | dèrèng darbe mantri | ênêngna winuwus ||
125. kang nèng jro guwa wus alami |[44] atapa punang wong | anak putune ngulari kabèh | Ki Satomi wus dèn nyana mati | kesahe wus lami | kasmaran ing ratu ||
3. Asmaradana
1. kunêng ta Kyai
--- [f. 23v] ---
Satomi | Nyai Satomi nèng guwa | amuji nêdha dewane | sakalangkung mating[45] raga | minta karaton Jawa | wontêna têtindhihipun | ayya jojit[46] kang buwana ||
2. tinarima dewa luwih | ya ta na syara kapirsa | hèh Satomi dipun age | kentara balia ngilyan | ing kono ana nata | manjinga alas ing Galuh | ing kono na nata wignya ||
3. kèringan rat tanah Jawi | tur asakti mahabara | angadêg karsane dhewe | ambondhan jlêg tanpa sangkan | ratu ambêk sudarma | trus kusuma rêmbês madu | iya Galuh kuthanira ||
4. mêngko wus jumênêng aji | nanging durung ngadêg nata | nganti wadya panjujunge[47] | nanging nora nana wikan | benjang wruh têmu dadya | sapa angarani ratu | yèn ora pamuji wadya ||
5. iku patut kabêktèni | wruhanira iku benjang | anurunkên
--- [f. 24r] ---
para katong | turun papat nuli rêngka | panjênêngan mangetan | wis lumakua dèn gupuh | têka Galuh asebaa ||
6. nadyan têngahing wanadri | yèn wis patang puluh dina | amasthi katon kuthane | besuk sira dadya wrăngka | sakèh nak putunira | dadya nayaka sadarum | saturun-turuning nata ||
7. sira ikang momong benjing | wis poma aja pêpeka | kagyat Ki Satomi age | lan garwa mijil sing guwa | ngulon amurang dalan | wus prapta alas ing Galuh | têka seba têngah wana ||
8. têka sadhupuh awêdi | lir kadi pepe nalendra | anglêrêsi satêngahe | waringin kurung gèn lênggah | lan garwa nora obah | yèn dalu akèh karungu | nanging nora piniarsa ||
9. wus kauningan sang aji | jangkêp kawan dasa dina | wus kawadaka kuthane | nêgari [nê...]
--- [f. 24v] ---
[...gari] Galuh katingal | jêmbar lun-alunira | wringin midêr têpinipun | rata rêsik sinaponan ||
10. singasanane angapit | sitigil[48] binata pêthak | asangkêp têtandurane | bangsal pangapit wus ana | ngêndhêng kang pagêr bata | wantilan gêdhogan agung | gajah jaran sami pêpak ||
11. saupacara nêrpati | nora nana kaliwatan | sakapraboning kadhaton | sampun apêpak sadaya | sacaraning nêgara | ngiwa têngên kang lêlurung | arêsik lir sinaponan ||
12. padalêmaning pêpatih | myang pemahaning bopatya | miwah umahing wong akèh | anurut lurung agêmah | kali gêng ngèri nganan | pasir wukir jêmbar patut | nêgara Galuh apelag ||
13. patut kadhaton nêrpati | Ki Satomi lir supêna | iki baya kapanane | wingi [wi...]
--- [f. 25r] ---
[...ngi] uni tan katingal | anging wona kewala | mêngko kadhaton kadulu | wrêksa gêng nêgari lama ||
14. adangu tan kêna angling | kaya wus karsèng bathara | têka lênguk-lênguk bae | Ni Sêtomi julalatan | anjawil ngajak kentar | ki umah karsa sirèku | mau wana katon praja ||
15. yèn tan lunga pasthi mati | kaya iki dhăngka buta | sinikut dening kakunge | lah nini têka mênênga | ujêr wus ingsun jarag | ujare syara karungu | ya iki kang ingulatan ||
16. wus katêmu dèn lalisi | mundur sira kaya bocah | nanging tan pinirsa jare | anjiwiti ngajak lunga | kocapa sri nalendra | aès arsa miyos prabu | ginarêbêg ing biyada ||
17. badhaya rong lajur ngapit | pêpingitan anèng [a...]
--- [f. 25v] ---
[...nèng] ngarsa | lir Yang Marmata yèn tinon | wus pinarêk singasana | kang mugèng sitibêntar | akubêng kang para arum | kang angal samir sutra |[49]|
18. Prabu Nom Banjaransari | ngandika lah ika sapa | jalma roro ikang pepe | satêngah waringin kêmbar | bocah sira priksaa | gandhèk èstri gumarudug | patang puluh pêpalayyan ||
19. kumêpyur Kyai Satomi | ikang èstri dharodogan | ora linyok ujar ingo[50] | mau isun ajak lunga | Ki Satomi angucap | aja akèh dira wuwus | padha asrah ing jawata ||
20. kunêng gandhèk èstri prapti | hèh timbalaning nalendra | manira kinon têtakèn | dening ta tigas kawuryan | sapa ta aranira | miwah pinăngka ing pungkur | lan punapi [puna...]
--- [f. 26r] ---
[...pi] sêdyanira ||
21. dika matur ing nrêpati | kula jalma Sukapura | pun Satomi aran ingong | puniki somah kawula | tanpa wêkas jir ingwang | mila kawula anglangut | angulari nayakèng rat ||
22. ikang yogya mutêr bumi | mila kawula asowan | ayun ngabêkti wiyose | têdahing dewa bêthara | ing Galuh ana nata | mangke sumăngga sang prabu | lah nyai dika turêna ||
23. gandhèk èstri sampun bali | wus katur salampahira | kinèn animbali age | tan dangu prapta ngajêngan | adoh ingawe nata | kinèn parêk dènnya luguh[51] | ngabêkti sumukêm[52] pada ||
24. abukuh konjêm ing siti | tan kawasa ningalana | saking cahya karatone | ing jaja murub apadhang | Ki Satomi tan kilap | angandika [angandi...]
--- [f. 26v] ---
[...ka] sang aprabu | hèh pajara karyanira ||
25. purwa madya seba mami | Ki Satomi apranata | sinuwun mula-mulane | kawula tiyang baruthal | kala dahuru jaman | anak putu ămba agung | tur sami gagah prakosa ||
26. samya ămba parentahi | mêmaling begal angêtal | myang bakèn nênukup mangke | ikang tan anut kawula | dadya ulun kèringan | tanpa wêkas pikir ulun | rêmbagan kawula kesah ||
27. angulati Nata Jawi | kang yogya sinêmbah kathah | pa karana sira mangke | nora nganggo bêbênêran | pupuh rosa kewala | sawab batên wontên ratu | sapa sintên ngadilana ||
28. mulane sira ngulati | ratu sira wus wibawa | têka enak tanpa katong | sapa rosa masthi mênang | botên pikir kawula | bulah si têdhaking
--- [f. 27r] ---
ratu | anêdya dadya nalendra ||
29. satru trubus ing wong cili | wêkasan kang kathah-kathah | samya awon panêdhane | dadya suwala kawula | mring anak putuningwang | lan kang cili awlas ingsun | dadya bojaning akathah ||
30. yèn awèta tanpa adil | amasthi patyan-pinatwan[53] | nagri Jawa risak kabèh | punika pikir kawula | mila ba adra pêjah | amoyang ngulati ratu | wangsit dewa kinon sowan ||
31. dhumatêng sri narapati | mangke sumăngga ing karsa | ngunjukakên pêjah ingong | pun dasih darma lumampah | manjinga ing dahana | ambyura sagara agung | angragoh[54] lak-lakan naga ||
32. yèn pangandika nrêpati | igih pun dasih lumampah | iya sun tarima mangke | apa têmên aturira | anulya aprasêtya | siya-siya [si...]
--- [f. 27v] ---
[...ya-siya] wus kagugu | sira sun aku wong tuwa ||
33. gêgêntine yayah bibi | isun lola alit mila | anuwun sangêt ajrihe | sumungkêm anèng buntala | anênêdha ing dewa | tulusa ta ratuningsun | wis bapa sira muliha ||
34. kumpulna sakèh wong bumi | miwah anak putunira | padha timbalana kabèh | padha wismaa ing praja | sarupane wong Jawa | ratanên ikang barênjul | Satomi nêmbah wus kentar ||
35. datan kawarna ing margi | Satomi prapta ing wisma | wus têmu lan nak putune | jinarwa yèn olèh karya | wus duwe ratu wignya | jumênêng ngadhaton Galuh | bagus sakti mahabara ||
36. mituhu nak putunèki | pan sampun rêmbag sadaya | satêngah maido tyase | kiyai puniku bobab | kapanane anaa | wingi isun amèk kayu [ka...]
--- [f. 28r] ---
[...yu] | ing Galuh pan maksih alas ||
37. nanging kawijil awêdi | dadya anurut sakarsa | kang têbih wus prapta kabèh | lêlampahan tigang dina | dukap[55] lakon sapasar | myang lakon sadasa dalu | kang liya nora suwala ||
38. dukap lakon têngah sasi | sacăndra prapta sadaya | kang barênjul rata kabèh | samya jrih dening pawarta | bang kulon sampun rata | wus pêpak sagawanipun | Ki Satomi nulya bubar ||
39. sowan dhumatêng sang aji | anak putune sadaya | bayong[56] saanak dharane | miwah raja darbenira | wong cili têngga wisma | datan kawarna ing ênu | wus prapta Galuh nêgara ||
40. sakalangkung gêng kang baris | tanapi kèhing pikulan | agêng alit lanang wadon | sakalangkung kathahira | tusan ewon alêksan | maesa
--- [f. 28v] ---
lêmbu pan agung | bèbèk ayam lawan banyak ||
41. kalangkung repot ing margi | wus prapta jawining kitha | arêsik jêmbar lurunge | adungkap kori sayatra | kang uning kagawokan | alas gêng dadya kadhatun | pasang rakite apelag ||
42. samya rayyan ingkang prapti | nurut lêlurung pan aglar | nyana umah akèh-akèh | sami wontên tiyangira | kunêng ta sri nalendra | ngaturan Sêtomi rawuh | nulya miyos magêlaran ||
43. ginarêbêg dening èstri | ampilanira atata | wus pinarêk sang arajèng | mugèng pantarana dênta | Ki Satomi na sowan | ngirid anak putunipun | kang sami katara-tara ||
44. ikang kathah anèng jawi | ikang pepe samya aglar | salèr waringin kurunge | gandhèk èstri sampun prapta | Ki Satomi ngandikan | saanak putu sêdarum | wus majêng andhèr
--- [f. 29r] ---
paglaran ||
45. samya tumungkul ing siti | ulap cahya kadya surya | murub muncar nèng jajane | langkung suka sri nalendra | angandika hèh bapa | iku kabèh nak putumu | igih punika sadadaya |[57]|
46. iya akèh sun tingali | bapa liwat sun tarima | iku arsa ngabdi ingong | lah mara aprasêtyaa | samya atur prasêtya | pan sampun katur sadarum | wismanira dhawak-dhawak ||
47. lan kang cêlêk lan kang têbih | tanapi kang nunggil desa | kang cêlak têbih tindake | kalangkung suka sang nata | nulya dipun prayoga | prasamya jinunjung lungguh | ikang anama dipatya ||
48. miwah răngga lan ngabèi | dêmang arya pandêlêgan | kandhuruan dhamoine | kang ginawe lurah kathah | tinata jro lan jaba | apa saadating ratu | pan sampun pêpak sadaya ||
49. Satomi jinunjung ligih | sampun anama dipatya [di...]
--- [f. 29v] ---
[...patya] | ing Sukapura wismane | kinèn nguwisi parentah | dadya pêpatih nata | kasrah dhêdhak mêrangipun | tan nguningani sri nalendra |[58]|
50. anak putune amukti | Dipati Bojanêgara | lan Dipati Bandhung rane | Dipati Parakan Muncang | lan Dipati Ciancang | ing Cianjur ki tumênggung | ing Cipaku nama dêmang ||
51. ing Cikosèl Ki Ngabèi | Adipati Parayangan | Tumênggung Ciamis rane | Gunung Jali aran Răngga | tanah Nusyakambangan | putra èstri madêg ratu | prabu rara iku wadat ||
52. nora akarsa akrami | balane sami wanodya | Nusyatambini arane | ing kono tanna wong lanang | prabu rara punika | putranira sang aprabu | ing Galuh kala supêna ||
53. wus karsa dewa kang luwih | tinampan sang kamandhala | tinitah anèng ing kono | mila sakti mahabara [mah...]
--- [f. 30r] ---
[...abara] | nêngna kang winarna |[59] bumi sawetaning Galuh | Dipati Tirtakêncana ||
54. miwah Adipati Mêsir | lawan Tumênggung Salinga | Adipati Panjêr mangke | Ki Ngabèi Prabaliga[60] | Dêmang Nusyabarambang | ikang alit tan kaetung | nama ngabèi lan arya ||
55. răngga dêmang ăndhamoi | atanapi pandêlêgan | iku wisma praja kabèh | anulya sang nata mêdal- | akên ikang saosan | dhêdharan lan mantrinipun | sukan-sukan pagêlaran ||
56. warata dhatêng pakathik | wus wanuh nata ngandika | bapa bubarêna kabèh | padha tataa pomahan | kondur sri naranata | mugah[61] pêpagungan[62] dulu | untabe kang wadyabala ||
57. bubar wadya bala alit | miwah kang sikêp gêgaman | kadya samodra syarane | untabe lir wardu ăngga [ăng...]
--- [f. 30v] ---
[...ga] | gadêbêging lumampah | syaranipun kadya-kadya kêtug |[63] lare syarane lir gêrah ||
58. kadya udan sinêmèni | syarane rêbat pomahan | sampun atata wong kabèh | Adipati Sukapura | mantuk ing kapatihan | miwah dipati tumênggung | mantuk dalêm sowang-sowang ||
59. tanapi kang para mantri | wus atata padalêman | têka angêsupi bae | kurang jalma luwih umah | pasar agêng wus dadya | kathah wong ngalèh angindhung | nagri ing Galuh wus Gêmah ||
60. wus korak ing tanah Jawi | Sang Nata Galuh punika | jlêg tanpa sangkan jênênge | purwane norana wikan | kadhatone têtiban | prabu sakti tan apunjul | barang kang cinipta dadya ||
61. kawarta sakèh nêgari | ikang lakon dasa dina | sasasi wus mirsa
--- [f. 31r] ---
kabèh | samya ajrih kamawula[64] | lor kidul kilèn wetan | ingutusan samya rawuh | ajrih norana sawala ||
62. Cirêbon nama dipati | Adipati ing Jakarta | Tumênggung Karawang mangke | adawa lamun winarna | sapangilèn mangetan | kandhêg Balambangan Wangsul | sumawita kumawula ||
63. Bugis Mêkasar prasami | Tranete padha aseba | Timur Banjar Bima mangke | punika ikang kawilang | tan wikan kang akathah | kilèn Bantên watêsipun | ing Lampung lan Sokadana ||
64. Polembang Jahor lan Jambi | Lombok Patani aseba | Salebar Mandar ta mangke | Salot Sadhong Ngurèng prapta | puniku kang kawilang | miwah nagri ing Trêngganu | kang tan dhatêng linurugan ||
65. sadaya anungkul sami | asrah bulupêtènira | mring Prabu Galuh idhêpe | samana gêmah raharja [rah...]
--- [f. 31v] ---
[...arja] | murah sarya tinumbas | tulus kang sarya tinandur | tan ana darbèk kang ilang ||
66. nêgari aloh jinawi | pasir awukir ajêmbar | akathah kalangênane | ing dharat miwah ing toya | pasisir lawan arga | eca wong cili sêdarum | sang nata agung kasukan ||
67. panjênêngane wus lami | tansah mukti ing asmara | prabu anèng jro kadhaton | asare lan pramèsyara | sri nata asupêna | tinurunan dewa luhung | pinaringan babrêkan |[65]|
68. awarni bêdhil kêkalih | warnanipun langkung pelag | Yyang Pramana andikane | kaki ku bêdhil pusaka | têtindhihing nagara | pan iya turun-tumurun | kang dadi nata nganggoa ||
69. poma kaki dèn nastiti | pêpêtinên[66] kang sanjata | wis karia ingong mulèh | kagyat wungu sri nalendra | gêgêtun jroning nala | de katon sawahyanipun [sawahyanipu...]
--- [f. 32r] ---
[...n] | nora kadi wong supêna ||
70. dadya kasmaran sang aji | supênanira katingal | ikang garwa matur rajèng | kakang ji wontên punapa | kèndêl tan arsa dhahar | datan anendra yèn dalu | punapa kang dadi manah ||
71. yèn wontêna sisip mami | kawula nêdha apura | yèn wontên kinarsakake | kakang ji angandikaa | kula ikang ngupaya | nora bisa kakang prabu | paduka kèndêl kewala ||
72. angandika sri bupati | yayi isun ora duka | punapaa kakang katong | alami tan arsa dhahar | mêngko yayi sun pajar | kala Gara Kasih isun | supêna dewa tumêdhak ||
73. aparing barkatan bêdhil | loro kèhe luwih pelag | pangandikaning Yyang Manon | nya iki kaki pusaka | tindhih nêgara Jawa | run-tumurun bêdhil iku | darbene kang dadi nata ||
74. wis pêpêtinên kang bêdhil | dewa
--- [f. 32v] ---
ilang isun kagyat | ikang dadi manah ingong | pan ora kaya supêna | yayi ujaring dewa | sawahyane impèn isun | iku kang dadi grah nala ||
75. ngêndi alèh[67] ingsun bêdhil | kang kaya impèn manira | dene apelag warnane | iku ikang dadi manah | dhuh kakang ji sapala | ngupadosa igih antuk | jamak wong nendra supêna ||
76. ora yayi dadi ati | yèn tan katêmu pèn ingwang | amasthi palastra ingong | yèn mangkatên kakang nata | pun patih tinimbalan | ngumpulêna para êmpu | damêla ikang sanjata ||
77. waos pêdhang gada piling | dhuwung suduk laras dhêndha | badhama bêdhil kang akèh | suligi lan alugora | nênggala lawan cakra | bilih marêngi lan kayun | lah yayi sakarêpira ||
78. isun ora nguningani | angsal padha lan supêna | nulya para nyai miyos [miyo...]
--- [f. 33r] ---
[...s] | warnanên ing pagêlaran | pêpak para nayaka | ki patih ngrudatin kalbu | iya dening supênanya ||
79. layyan malih sri bupati | alami tan sinewaka | apa kang dadi galihe | eca samya agupita | wadya jro ikang mêdal | dhawuhkên timbalan prabu | agupita wong taruna ||
4. Sinom
1. ki apatih atămpaa | timbalanira sang aji | pêkênira ngumpulêna | êmpu dhomas nambut kardi | êmpu para bopati | miwah kang êmpu tumênggung | êmpu dêmang lan răngga | jajare aja na kari | wêdananing ing êmpu kang nindhihana ||
2. samya karyaa gêgaman | kang awarna karsa aji | namane satunggal-tunggal | sandika ture ki patih | nulya dipun timbali | êmpu dhomas sampun kumpul | wêdanane wus prapta | kala jênênge [jê...]
--- [f. 33v] ---
[...nênge] sang aji | Ratu Galuh êmpu kang dadi pangarsa ||
3. sri bupati pandhe dhawak | sêmana anambut kardi | pra êmpu sadina-dina | waos dhuwung lawan bêdhil | gandhi lan gada piling | padha malaran kang agung | pirang-pirang kathahnya | nanging durung anglêrêsi | ikang karsa kang sami lawan supêna ||
4. kang saya ngrudati[68] nala | lami dènira akingkin | nora kêna sinewaka | sirêp sakèh wong nêgari | dening duka sang aji | sang nata nêdha dewa gung | anulya tinurunan | aja dadi susah kaki | bêdhil iku kaki aji ya wis ana ||
5. nanging durung kawadaka | têmpuhêna mring si patih | katêmu tan katêmua | iya si patih udani | musna kagyat sang aji | anjêngêr tan kêna muwus | wahanane supêna | enjing sang prabu tinangkil | pêpak kabèh pra mănca para dipatwa[69] ||
--- [f. 34r] ---
6. miwah mantri lan lêlurah | êmpu dhomas sowan sami | enggar sakèh wadyabala | dening sang prabu tinangkil | wus lipur ikang galih | kang wadya jêjêl supênuh | sang nata angandika | mring apatih sêmu runtik | bapa tih majua dèn marèng ngarsa |[70]|
7. ki patih majêng pranata | angandika sri bupati | alah bapa ulatana | impèn ingsun duwe bêdhil | sun têmpuhkên sirèki | têmu tan têmua iku | cekoh regoha sira | bapa patih aja mulih | lamun ora ya katêmu impèn ingwang ||
8. yèn tan katêmu dènira | amasthi isun patèni | bapa lamun dudu sira | tambak nagara têtindhih | kaya norana maning | ki apatih awotsantun | sandika aturira | ing manah sampun kadugi | nata kondur kang asowan samya bubar ||
9. ki patih mantuk ing wisma | bănda
--- [f. 34v] ---
tangan ismu kingkin | mirong dadot[71] tan ngartika | ni patih mapag ing margi | uning kang raka runtik | dhuh kiyai guruningsun | pasowan wontên paran | beda lan dhingin kiyai | anauri lah nyai sira mênênga ||
10. lah mêngko isun pêpoyan | isun dèn pundhuti bêdhil | dènira sri naranata | dèn têmpuhakên mring mami | lamun tan alèh nyai | manira amasthi lampus | anulya rabinira | ni patih dèn bêbisiki | wis karia isun lunga ariningwang ||
11. ni patih asru karuna | sêsambate amlasasih | arsa milu jrih ing raka | mugi anaa dewa sih | olèha laki mami | ing karsanira sang prabu | adawa yèn winarna | ki patih sampun atêbih | tan kawarna wus prapta ing Sukapura ||
12. anak putune amapag | lanang wadon gêdhe cili | sêsugun ing polahira | kadingarène [kadingarè...]
--- [f. 35r] ---
[...ne] kiyai | têka prapta pribadi | apa kadukan sang prabu | ki patih wus alênggah | akusut tan kêna angling | anak putunira samya angabêktya ||
13. nulya samya asung dhahar | kadang rwaganira[72] prapti | tan kawarna polahira | glis carita ki apatih | sêmana arsa nêpi | kumpulên nak putunipun | hèh kulawangsaningwang | kabèh ing wêwêkas mami | isun nêpi anèng sanggaring langgatan ||
14. rurubana awak ingwang | saengga kaya wong mati | isun atapa anendra | ki apatih nulya guling | mujung dipun rurubi | mêmêkas mring anak putu | aja kawungu iwang[73] | yèn durung tutug dalêming | kawan dasa dina miwah kawan căndra ||
15. atanapi kawan warsa | poma-poma wêkas mami | samya mituhu sadaya | ki patih sampun ngastuti | kocapa ni apatih | nusul marang lakinipun | wus jangkêping sêmaya | kawan dasa [da...]
--- [f. 35v] ---
[...sa] dina nuli | anakira anggugah dhatêng kang rama ||
16. kiyai dika wungua | sampun jangkêp kawan dèsi | dina malah kalangkungan | dahat ta datan ngalilir | ginugah wali-wali | nora obah ramanipun | anulya ingunduran | ngantosakên kawan sasi | nulya prapta ni patih tanya kang priya ||
17. jinarwan anêpi sanggar | sampun emut ikang wêling | nulya nusul marang sanggar | karsane tumut ngastuti | sarêng prapta anuli | angujungi lakinipun | lajêng nêngga kang raka | anulya tumut aguling | tunggal ulês sampun karsaning Yyang Sukma ||
18. wong têmên-têmên gurunya | surga naraka cinangking | kapanggih anèng dêlahan | gancang carita wus prapti | ing dalêm kawan sasi | nulya wau putranipun | lumaksana mring sanggar | kalukita maksih guling | ikang ibu anunggil tumut anendra ||
19. carita ikang satêngah | kawan dasa dina uni | satêngahe [satêngah...]
--- [f. 36r] ---
[...e] kawan căndra | kang satêngah kawan warsi | anulya dipun tangi | ingayog-ayog[74] tan wungu | ikang putra graita | dêdumèke rama kalih | yèn palastra amasthi iki wis basah ||
20. yèn gêsanga iki obah | piniyak muguhing[75] sikil | kagyat dudu warnanira | nulya siningkab kang samir | katingal rama bibi | dadya sênjata gung-agung | warna mancur apelag | wus karsaning dewa luwih | putra anjrit kulawangsanira prapta ||
21. ambyuk sadaya karuna | sêsambate amlasasih | akathah kang ginupita | nulya putra jalêr prapti | kang wus dadi bupati | ngimba nêgara puniku | myang Dipati Ciancang | wus prapta sami nukêmi | panangise sêsambat kadi wanodya ||
22. tan kawarna wong kang brăngta | wus kapirsa têpis wiring | gancang carita anulya | tur uninga sri bupati | sandêran putra kalih | jog [jo...]
--- [f. 36v] ---
[...g] tanpa rapan katur |[76] dhumatêng sri nalendra | purwa wasana wus ênting | kagyat mirsa pyuhing tyas tanpa jamuga ||
23. anjêngêr sri naranata | tigang pandurat tan angling | gêgêtunira kalintang | miwah ratu pramèsyari | nata nukma ing galih | ikang sisip jênêng ingsun | wus karsaning dewata | adhuh iya bapa patih | sasurupe măngsa ta ingsun kilapa ||
24. sri narendra mêsu tingal- | ira nulya tan kaèksi | musna datanpa karana | kagyat ratu pramèsyari | sirna kang raka aji | anjrit pramèsyari kantu | gumrah para parêkan | sarêng wungu raja dèwi | uwarana wong Galuh samya bodhola ||
25. nusula mring Sukapura | pramèsyari tan kaèksi | murca datanpa karana | gumêrah tangis jro puri | ikang mêdal ing jawi | nêmbang têngara wus kumpul | wong Galuh sagamannya | myang upacara nêrpati | sampun bubar [bu...]
--- [f. 37r] ---
[...bar] gancangan mring Sukapura ||
26. kawarnaa sri nalendra | layyan ratu pramèswari | jlêg tanpa sangkan wus lênggah | sumandhing kang dados bêdhil | bubar kang ngadhêp sami | lumayu kabêntus-bêntus | putrane ki apatya | pawèstri warna yu luwih | pan wuragil awasta Langênasmara ||
27. ayun lunga nulya nata | ngandika ja lunga nini | têka ligiha ing dagan | anèng ulon sri bupati | ana karasa ngati | ni rara lênggah tumungkul | langkung jrih ing nalendra | sri bupati nukmèng galih | iya iki bêdhil ikang kasupêna ||
28. wis karsa dewa bêthara | suka duka sri bupati | sukane impèn katêkan | dukane sri narapati | ical babot[77] nêgari | ki apatih musnanipun | wadyabala wus prapta | dinulu lir gunung gêni | kèhing bala kadi sêgara balabar ||
29. anulya kinèn bêktaa | bêdhil kalih mring
--- [f. 37v] ---
nêgari | sri bupati kèn angangkat | sèkêt sowang punang jalmi | nênggih nora kawawi | wong satus nora kajungjung | kawan atus tan kangkat | angandika sri bupati | payo bapa biyang mulih mring nêgara ||
30. wus kangkat binakta sira | para putrane angiring | miwah Ni Langênasmara | sang prabu musna tan kèksi | myang ratu pramèsyari | sampun prapta ing kêdhatun | kocapa kang lumampah | tinata lampahing jalmi | punang bêdhil rinaja-raja mênggala ||
31. jajarane tundha-tundha | ing ngarsa lawan ing wingking | atanapi kèri kanan | kadya lampahe sang aji | prapta Galuh nêgari | jalma nêningali agung | gêbagan arantaban | tuwo[78] anom gêdhe cili | samya ngucap ki apatih nora nana ||
32. ikang uninga angucap | iya iku ki apatih | kang satêngah wuwusira | dudu iku ki apatih | duk ngulati kang bêdhil | lan garwa ki patih lampus [lampu...]
--- [f. 38r] ---
[...s] | iya ta iku uga | kunêng warnanên sang aji | lawan garwa pinarak ing sitibêntar ||
33. punang sanjata wus prapta | sinung gon wontên sitigil | kalangkung ingupa rêngga | lampis[79] pitu punang samir | kinabong[80] warni-warni | sutra pêthak ing jro iku | anuli sutra jênar | rinangkêpan sutra wilis | sutra rêta sutra irêng jawinira ||
34. jawi nuli rinangkêpan | sêngkêlat brit rangkêp kalih | rangkêpe ing jawi pisan | kang sutra pathola wilis | langkung dipun pêpêtri | nora nana jalma wêruh | mawi tungguk kêmitan | alah muktine duk urip | putra èstri pinundhut sampun kagarwa ||
35. dening nata kinasihan | tansah gènira karonsih | Ni Dèwi Langênasmara | punika kang dèn lilani | mêmêtri punang bêdhil | ing rintên myang dalunipun | bêdhil wus sinung nama | Ki Satomi kang satunggil [sa...]
--- [f. 38v] ---
[...tunggil] | kang satunggal Jaka Pêkik wastanira ||
36. kang bêdhil dadi têngêran | ala bêciking nêgari | sarta dadi pakaulan | cinarita bisa nangis | yèn pinarag gêgêring | nêgari bêdhil puniku | anênêdha ing dewa | mili toya drês awêning | rêrêbatan tinadhahan karya tămba ||
37. barang kang wêwêlak ilang | ikang sumilih pêpatih | putra tuwa winastanan | Ki Mangkupraja Dipati | putranira taruni | angrèh êmpu dhomas iku | karèh Langênasmara | anyaosi karsanèki | duk sêmana wus lama jumênêng nata ||
38. kèringan rat pramudita | nêgara Jawa wus radin | dhatêng nagri tanah sabrang | samya seba sri bupati | kalok ing rat sabumi | darbe bêdhil tiban prabu | sarta kutha têtiban | jlêg tanpa sangkan sang aji | mila samya pramudita jrih sadaya ||
39. cinatur sampun alama | jênêngira sri bupati [bu...]
--- [f. 39r] ---
[...pati] | ing Galuh sampun pêputra | tiga saking pramèsyari | Ratu Galuh kang nami | Rêtna Murdaningrat iku | istri ikang satunggal | kang jumênêng prabu èstri | Nusyatambini nagri Nusyakambangan ||
40. ikang rayi kalih priya | jumênêng Pangran Dipati | Mudhingsari[81] Pakuningrat | arinira kang wuragil | anama Pangeran Ari |[82] ikang putra sanès ibu | mijil Langênasmara | jalu kêkalih kang nami | ikang sêpuh awasta Jayèngasmara ||
41. kang taruna Jayèngsêkar | kang sêpuh sinung nêgari | jumênêng Pangran Jakarta | dening ta Pangeran Ari | wus jumênêng Bupati | Bantên pangran ari prabu | langkung atut sêsanak | sêmana sampun alami | nata merad lan garwa ikang gumantya ||
42. Mundhingwangi dadya nata | arine dadi pêpatih | ikang aran Jayèngsêkar | tulus jênêngira aji | norana kawis-kawis | anulya pêputra Prabu [Pra...]
--- [f. 39v] ---
[...bu] | Mundhingsari arannya | kang kathah nora kawilis | wus alama Mundhingsari pan gumantya ||
43. jumênêng Galuh nêgara | tulus nora kawis-kawis | anulya pêputra lanang | Lutungkasarung kang nami | gumanti dadi aji | iya nêgara ing Galuh | putra saking ampiyan | Raja Bangah kang wêwangi | putra padmi kang badhe gêntèni nata ||
44. Radèn Sêsuruh namanya | jênêng pangeran dipati | jênêngira sri nalendra | pan rêngka ikang nêgari | pinarag ing gêgêring | mati esuk sore lampus | mati suk sore pêjah | langkung orêm kang nêgari | sri nalendra langkung rujit manahira ||
45. enjang miyos sinewaka | pêpak pra nayaka sami | miwah ikang para putra | Patih Makupraja[83] ngarsi | angandika sang aji | Mangkupraja isun utus | ngupayaa usada | ri sakèh ikang nêgari | yèn tan atêmua masthi [ma...]
--- [f. 40r] ---
[...sthi] sira pêjah ||
46. yèn tan antuk kang usada | sira patih aja mulih | isun atêdah kewala | ing gunung Padhang ku patih | ana wong tapa luwih | Sang Gurayèng namanipun | iku sira jujuga | manawa bisa nambani | amit nêmbah patih kentar asmu brăngta ||
47. lakune amirong konca | lajêng pan tan mulih patih | ki patih amurang marga | narajang wana awêrit | mugah tumurun ngardi | gunung Padhang kang jinujug | patapan sri kawuryan | patalunanipun asri | pêpak sangkêp têtanduran sri kawuryan ||
48. banjaran asri katingal | pêpêthetanipun asri | sinalisir kêkêmbangan | awênês tur warni-warni | tundha-tundha kang kari | amawi paseban agung | pan rineka kadhatyan | sokasanane angrawit | punang toya gumrènjèng jinalatundha ||
49. adawa lamun cinăndra | ki patih
--- [f. 40v] ---
gawok ningali | pasang rakiting patapan | têka rêmên aningali | sang ayogi wus uning | yèn wontên utusan ratu | cantrik kinèn gêgêlar | ki patih dipun aturi | wus alênggah ki patih lawan sang tapa ||
50. lênggah nanging sapamucang | angandika sang atapi | lah bagea ki apatya | punapa ta wontên kardi | umatur sang apatih | igih wontên lampah ulun | iya wis sun uninga | sira kinongkon sang aji | kinèn mundhut usadane kang nêgara ||
51. pinarag dening wêwêlak | atut sabda tuwan iki | anuwun ingkang wasana | isun tan bisa nambani | iki turênèng aji | gadhong[84] alang-alang arum | tandurên ka lor wetan | ki apatih wus atampi | amit mundur lampahira sigra-sigra ||
52. tan kawarna sampun prapta | nêgari sowan sang aji | wus katur salampahira | ingandikakkên nanêmi | sampun pinêndhêm [pi...]
--- [f. 41r] ---
[...nêndhêm] siti | nêgari waluya sampun | mulya kadya duk kuna | kang padha jalma asakit | samya waras tinamban durma kang pêjah ||
5. Durma
1. sampun waluyya nagri ing Galuh punika |[85] eca manah wong cili | kunêng kawarnaa | putranira sang nata | pambajêng èstri satunggil | ing rat tan memba | ayunira rêspati ||
2. anglir ikang canggah prabu rara ika | ing Galuh duk rumiyin | tinari akrama | sangêt dènnya lênggana | pinaksa dèn plaur mati | kang rama duka | tinundhung sang suputri ||
3. sampun kesah dalu lawan êmbanira | mangetan parannèki | langkung mati raga | kang angkêr dipun ambah | ênêngna kocap kang kari | nata sineba | pêpak kang wadya mantri ||
4. angandika hèh Apatih Mangkupraja | ingsun arsa ngayoni | mring si ajar ngarga | Padhang Garyèng arannya | sira pajar lamun luwih | wruh osikingwang [osiking...]
--- [f. 41v] ---
[...wang] | dadya mêngko apatih ||
5. garwaningsun panêpi sira gawaa | iku durung garbini | agawea cidra | lah kandhutana waja | dimon kaya wong garbini | sira takokna | wêtêngane ing nguni ||
6. lamun lair apa lanang pa wanodya | nêmbah kentar ki patih | bakta garwa nata | prapta ing Gunung Padhang | Sang Guriyèng angling aris | punapa karya | ki patih dhatêng ngriki ||
7. măngsa barong[86] andika pan sampun limpad | iya sun ki apatih | wus wruh lakunira | kinèngkèn ing sang nata | kinèn nakokkên kang rabi | dènira wawrat | matura sri bupati ||
8. wawratane kang garwa patih ku uga | yèn têka ing antawis | iya miyos lanang | tur ku gagah prakosa | lan manira angaturi | lalab-lalaban | iki gadhong kêkêji ||
9. iki enak ginawe lalab adhahar | ki patih
--- [f. 42r] ---
anampèni | anulya pamitan | lakunira wus prapta | nagri Galuh sowan aji | matur anêmbah | lampah ămba wus prapti ||
10. Ngardi Padhang ambakta garwa nalendra | wawratane garwa ji | dipun cêtha lanang | tur agagah prakosa | benjang yèn dhatêng antawis | nata ngandika | apa mêngkono patih ||
11. yêktènana garwèngsun sira rêksaa | sandika atur bêkti | kalawan pun ajar | angaturi lalaban | wastanipun dhaon kêji | eca dhinahar | nulya mundhut sang aji ||
12. sampun dhahar kaecan sri naranata | lalabe dhaon kêji | dènnya dhahar kirang | punang dhaon wus têlas | nulya ngandika sang aji | luwih aenak | sun lalab gadhong kêji ||
13. têka bênêr si ajar patih balia | sira mundhuta maning | warahên si ajar | isun dhahar kacaryyan | satuwuk isun abukti | iki kaecan [ka...]
--- [f. 42v] ---
[...ecan] | nêmbah kentar ki patih ||
14. gêgancangan wus prapta ing Ardi Padhang | Sang Guriyèng kapanggih | ki apatih ngucap | dika ngaturi lalab | katrima dening sang aji | langkung kacaryyan | raosing gadhong kêji ||
15. salamine dènnya dhahar sri nalendra | tan eca kadi mangkin | dumadya kawula | kiyai kèn wangsula | mundhut dhaon kêji malih | dhatêng andika | Sang Guriyèng nauri ||
16. lah matura ingong atur pêjah gêsang | igih tan wontên malih | mapan sampun têlas | punika ki apatya | ikang katur ing sang aji | dika matura | urut gènnya tu dhingin ||
17. sampun amit ki patih wus lumaksana | tan kawarna ing margi | praptèng sowan nata | ki patih matur nêmbah | pukulun paduka tuding | dhatêng pun ajar | amundhut dhaon kêji ||
18. aturipun pun [pu...]
--- [f. 43r] ---
[...n] Guriyèng sampun têlas | nênggih kang dhaon kêji | ikang katur nata | pun ajar aturira | urut gènnya nyatuhuni | sarêng amirsa | duka yayah sinipi ||
19. yèn mêngkono patih isun sinisanan | dening si ajar iki | alangar si ajar | yèn mangkono apatya | garwanisun kang garbini | sira kubona | rêksanên dèn abêcik ||
20. lamun lair wêtêngane mêtu lanang | patènana hèh patih | buwangên dènira | si ajar timbalana | ki patih kentar wotsari | lampahe prapta | Gunung Padhang kapanggih ||
21. kyai ajar pakanira ingandikan | enggal dening sang aji | ature sandika | ing manah wus kaduga | lumampah kering ki patih | datan kawarna | wus prapta ngarsa aji ||
22. angandika hèh ajar karana sira | Gariyèng sun timbali | apa karananya | ingsun sira wèhi
--- [f. 43v] ---
sisan |[87] panjênêngan isun aji | apa ta ora | duwe wasesa mami ||
23. jaman iki pa sira angkah sadaya | ingsun sira sisani | langar têmên sira | matur sira ki ajar | igih sakalangkung dening | prabu wasesa | yèn mêngkono sirèki ||
24. hèh Gariyèng sun pundhut pati ripira | sumăngga karsa aji | nging ămba tan dosa | pinundhut patiningwang | sumăngga ing dewa luwih | wus cinêkêlan | ingugêr ing waringin ||
25. undhang dalêm sapa ora amilua | sarupaning wong sami | matèni si ajar | sun ilokên[88] dosanya | wong Galuh tumandang sami | pinarêbutan | kinarubut ngajurit ||
26. sinudukan tinumbak miwah pinêdhang | anggandhi gada namsir | piling lawan panah | tibane kadya warsa | bêdhil mimis lir garigis | nora tumama | astra pêpêr capèki ||
27. Ki Guriyèng [Guri...]
--- [f. 44r] ---
[...yèng] eca dènira alênggah | katur ing sri bupati | ki ajar tan pêjah | nulya kèn nimbalana | êmpu dhomas sampun prapti | kinèn tumandang | pukul gada lan piling ||
28. tan tumama anêlasakên gêgaman | norana miyatani | anulya ingobar | ki ajar nora pêjah | ginodhi sinilêm warih | nora tumama | bêndu sri narapati ||
29. hèh sirajar ya pagene nora pêjah | Gariyèng mèsêm angling | sang nata dèn têlas | tapak palu gurinda | tanapi landhêping kikir | gêgaman Jawa | nora matèni mami ||
30. alah apa sira go matèni iwang | masthi nora nêdhasi | lamun têmên sira | amrih ing patiningwang | nya iki sun duwe sêking | ran Păncakarya | sudhatên poling sikil ||
31. ingsun kang kiwa masthi ngong nuli pêjah | nanging sira dèn eling | benjang kalampahan | angambung konthol ingwang | masthi
--- [f. 44v] ---
isun amalêsi | hèh alah iya | nora isun oncati ||
32. wus sinudhat êmpolane ikang kiwa | ki ajar wus ngêmasi | kawandane ilang | kawarna wus alama | garwa nata kang garbini | dhatêng antara | lair kang jabang bayi ||
33. miyos jalu langkung bagus warnanira | kêmbar lan sri bupati | wus katur anulya | dinulang pas baruwang | nanging nora miyatani | bêndu sang nata | nulya kinèn madhahi ||
34. kandhaga kancana ki patih kèn buwang | Citandhu sampun kèli | karsaning jawata | kacêpit ing bêbara | ênêngna ikang kawarni | ana wong tuwa | wismane pinggir kali ||
35. wastanira Ki Belangantrang punika | Ni Belangantrang iki | punika rabinya | tatkalane anendra | marêngi sami angimpi | kagyat atangya | Ki Belangantrang angling ||
36. nini isun angimpi amangku surya | luwih dening abêcik | Ni
--- [f. 45r] ---
Ngantrang angucap | kaki marêngi iwang | ya angimpi ngêmban sasi | lagya purnama | nini iku abêcik ||
37. payo maring kali manawa lèh ulam | kang agêng angluwihi | wus samya lumampah | dalu kali wus prapta | Ki Belangantrang ningali | sajro bêbara | ana mancarong[89] kèksi ||
38. alah nini ika sun tingali apa | mancarong anglir sasi | sajroning bêbara | Ni Belangantrang ngucap | iya apa ika kaki | payo pinaran | manawa ikang kèmpi ||
39. sarêng cêlak lamun kandhaga kancana | sinambut tan asari | samya bungah-bungah | alah si ngambil ulam | kandhaga wus dèn ungkabi | ana apadhang | ya isi jabang bayi ||
40. dyan sinambut wong roro mrawata suta | pêpak panganggènèki | lan bagus kalintang | binêkta mantuk wisma | langkung dènnya gumatèni | dhasar laminya | datan [da...]
--- [f. 45v] ---
[...tan] adarbe siwi ||
41. lare ika lakung[90] agêdhe bêjanya | Belangantrang wus sugih | radèn wus diwasa | sakarsane tinêkan | guna têguh tanpa aji | nêngna winarna | Sang Prabu Galuh uni ||
42. mirsa wirayat yèn nêgarane rêngka | nulya dipun kiyasi | angalih kêdhatyan | langkung asri apelag | putra pangeran dipati | Sêsuruh ika | ingangkat dadya aji ||
43. jumênêng Ratu Galuh dening kang rama | anganggur sèlèh siwi | anging êmpu dhomas | ikang dipun parentah | putra panuwa wus dadi | ing Galuh ika | Raja Bangah kang nami ||
44. kaparentah mring kang rayi Galuh ika | Prabu Suruh kang nami | sêmana sang nata | angurmati kang putra | akasukan anutugi | bêdhil gumêrah | kadwa karêngèng langit ||
45. sarya ngadu aprang buruh samya prapta | ênêngna kang winarni | Kaki Belangrantang | ginubêl mring kang putra | Ki Jaka
--- [f. 46r] ---
takèn sudarmi | langkung amaksa | nanging dipun kumbèni ||
46. iya aku bapakira biyangira | iya iku si nini | Ki Jaka angucap | sira seje lan iwang | nora seje duk nom mami | ya kaya sira | balikan putra mami ||
47. payo adus Citandhu dimèn walagang | kang putra atut wingking | wong têlu rowangnya | rahadyan anèng têngah | ya ta Ki Jaka ningali | paksi wurahan | arêmên aningali ||
48. ikang manuk apa bapa mèkcok[91] ing pang | têtêlu samya sandhing | warnane apelag | samya nganggo jêjamang | Ki Belangantrang nauri | Ciyung arannya | bapakane kang pigir[92] ||
49. têngên ika kang têngah ya anakira | kang kiwa biyangnèki | ki jaka angucap | sun dudu anakira | seje rupa ika paksi | sami lan bapa | ora kaki nak mami ||
50. Ki Jaka tumingal ing pang na alênggah | satata lawan [lawa...]
--- [f. 46v] ---
[...n] jêjalmi |[93] têtêlu ajajar | bapa ika ta apa | Belangantrang anauri | ika wanara | kang têngah anaknèki ||
51. ikang pigir karo bapak biyangira | ki jaka mèsêm angling | ika si wanara | anak mèmpêr bapanya | isun iki wus amêsthi | dudu nakira | bapa isun angalih ||
52. rêmênisun anama Ciyungwênara | Ki Jaka mirsa bêdhil | gora barondongan | bapa apa sun mirsa | kaya ngrubuhêna langit | iya sang nata | ngurmati putranèki ||
53. pa karane bapa putra ingurmatan | ya jinênêngkên aji | ing Galuh nêgara | Prabu Suruh arannya | bapa sun arsa ningali | ngampah tan kêna | Ki Jaka lumangkya[94] glis ||
54. Belangantrang lan garwane atut wuntat | wus prapta ing nêgari | pan kagyat Ki Jaka | dulu lah ika apa | gêng sun tingali puniki | dening apelag | gula milir gumanti ||
6. Dhandhanggula
1. airêng
--- [f. 47r] ---
ngrênggunuk sun tingali | ika gajah kagungan sang nata | Dyan Ciyung amapagake | cinandhak gadhingipun | nulya dhêku kang punang èsthi | Radyan Ciyungwênara | arêmên andulu | punang baris panthan-panthan | nulya lajêng ika sapa sun tingali | bapa ikang alênggah ||
2. dhêdhampar mas sineba bupati | iya ika kaki sri nalendra | prabu anèm ikang mangke | Ciyungwênara muwus | dhuh abagus si kakang aji | dulunên ika bapa | padha lawan ingsun | bapa ji ikang atuwa | ana ngêndi kaki ana jroning puri | nganggur mung êmpu dhomas ||
3. kang pinundhut Ki Jaka mangkya ngling | isun ora arsa seba kangmas | payo seba rama rajèng | Belangantrang tanpa sung | lan rabine agêgendholi | sinampe ting palêsat | Ki Ciyung malêbu | nora mêdal pagêlaran | manjing pura kandhêg bale sawo uni | bale sawo punika ||
4. yèn ginêpok kadi găngsa muni [mu...]
--- [f. 47v] ---
[...ni] | Ki Ciyungwênara pan tumingal | kênul pan ginantung age | kênul nulya dèn gayuh | dipun taboh watone muni | unine kadi găngsa | lir bêndhe angungkung | tinitir gègèr paseban | prabu anom akèn nyêkêla sira glis | kinarubut ing bala ||
5. arsa cinêkêl Ki Ciyung aglis | nulya kirig pan pating palêsat | katur dhumatêng sang rajèng | anake sapa iku | aturira kang para mantri | anake Belangantrang | timbalana iku | Belangantrang sampun prapta | sang nata ngling apa anakmu pribadi | Belangantrang tur sêmbah ||
6. inggih angsal kawula mêmanggih | nulya ngandikan Ciyungwanara | prapta angujung sang rajèng | sumungkêm anèng suku | sira sapa kang duwe siwi | wani ngujung maringwang | Ki Ciyung wotsantun | punapa paduka kilap | yèn tan emut inggih sampun nuwun pamit | nulya mundhut paesan ||
7. dan angilo paesan sang aji | mèsêm ngucap sira anak ingwang | kang
--- [f. 48r] ---
sun buwang duk timure | Ki Ciyung awotsantun | lamun èstu putra sang aji | dening pae lan kangmas | ngadêgakên ratu | kawula nuwun parentah | kaya priye wus kaliwat ujar mami | wus pasrah kakangira ||
8. yèn ingsun duwea ujar kêkalih |[95] dadi ratu sangara ing jagat | Ciyungwênara ature | batên ulun angrêbut | panjênênganipun kaka ji | punika êmpu dhomas | kang kawula suwun | sampun paduka parentah | anganggura ecaa dhahar aguling | saking kula lan kangmas ||
9. igih kula èstu angladosi | mring kakangmas punapa kang karsa | pakaryyan ing êmpu kabèh | mijila saking ulun | atanapi karsa rama ji | kula kang nyaosana | sakarsa pukulun | iya kaki sun alêga | karsanira rêmbuga lan kaki aji | dèn atut asêsanak ||
10. nulya prabu anom dèn timbali | sampun [sa...]
--- [f. 48v] ---
[...mpun] prapta lênggah anèng ngarsa | kang asowan ngalêm kabèh | Ki Siungwênarèku | dene kembar lawan sang aji | kaot nom lawan tuwa | ngandika sang prabu | kaki iki arinira | lagya prapta jaluk warisan nêgari | dening uwus kaliwat ||
11. isun êdum jrih dewa kang luwih | arinira ira iya nora arsa |[96] jaluk êmpu dhomas bae | isun têka anurut | prabu anom ngandika aris | yayi iku sapala | dhinahara prabu | payo mukti apalihan | sira lawan isun sami andarbèni | nuwun Ciyungwênara ||
12. kangmas kawula tan yun sapalih | wus kaliwat nging êmpu kewala | kula ngladosna karyane | rama dimone nganggur | lah apaa karyanirèki | angandika kang rama | uwis ja winuwus | tulusa atut kêkadang | ikang sapa miwiti sun tan lilani | nulya samya luwaran ||
13. Jaka Sêsuruh tulus dadya ji | Ki Ciyung marentah êmpu dhom |[97] damêl padalêman [pa...]
--- [f. 49r] ---
[...dalêman] sae | kinêmbar lan kêdhatun | arang seba pakaryannèki | ngumpulkên êmpu dhomas | siyang lawan dalu | karya dadanan[98] gêgaman | waos dhuwung bêdhil tawok gada piling | tulup kalawan raras ||
14. kêbak paseban lawaning pati | warna-warna myang ukir-ukiran | nulya Ki Ciyung agawe | gêdhong wêsi pan agung | dipun ukir rinaja wrêdi | tinatah ing mas jingga | nayakane murub | cinêplok lawan sêsotya | muncar-mancur kang ing jro rineka jalmi | sajagat tan asama ||
15. nulya kang rama dipun aturi | lawan ibu kinèn maonana | sang prabu prapta dalême | lan ibu pramèsyantun | kagawokan dènnya ningali | pasang rakit kadhatyan | akalipun punjul | Ciyungwênara amapag | atur bêkti pinêngkul dening sang aji | bisa têmên ki putra ||
16. apa sira kang garap pribadi | igih sadaya kang êmpu dhomas | sadaya [sa...]
--- [f. 49v] ---
[...daya] ngladosi bae | manjing ing dalêmipun | lajêng dhatêng ing gêdhong wêsi | anjêngêr sri nalendra | miwah pramèsyantun | lir dede ukiran jalma | kaki iki sira kang ngukir pribadi | igih barkat paduka ||
17. mila paduka ămba aturi | maonana kaki putraniwang | norana winaèn mangke | ingidêran sang prabu | bagus têmên pakaryannèki | matur Ciyungwênara | ing jro langkung bagus | sanès kalawan ing jaba | reka jalma dèrèng wontên kang maoni | ibu ratu sumăngga ||
18. nulya manjing pramèsyari aglis | kagawokan dènira tumingal | bisa têmên putraningong | durung isun andulu | kakang aji dika tingali | nulya manjing sang nata | inginêban sampun | kinunci saking ing jaba | Radèn Ciyungwênara undhang ing mantri | tuguk[99] akêmitana ||
19. poma sapa ana angaturi | dhahare miwah ngaturi [nga...]
--- [f. 50r] ---
[...turi] toya | mri[100] rama sun ilokake | sadosane puniku | samya ajrih sagunging mantri | wus lama sri nalendra | anèng gêdhong iku | nora sinungana dhahar | miwah toya langkung dening kawlasasih | prabu anom amirsa ||
20. lamun sang nata nèng gêdhong wêsi | tinutupan tan sinungan dhahar | duka sang nata kalbune | tan duka karsanipun | arinisun ki adipati | nulya kinèn ngaturan | toya lawan sêkul | atanapi dhêdhaharan | ikang tungguk kêmit sadaya samya jrih | sang nata nulya dhahar ||
21. lawan garwa ratu pramèsyari | Ciyungwênara tilik kang rama | mau akèh sêsambate | mêngko kèndêl sang prabu | pa karane Ki Ciyung prapti | kang rama ibu nendra | andhêcah kadulu | dhêdhaharan sêkul ulam | langkung bêndu ikang kêmit dèn timbali | sapa asung dhêdharan ||
22. mara rama dening wani-
--- [f. 50v] ---
wani | ikang têngga umatur sadaya | raka paduka sang rajèng | Ciyungwênara bêndu | nora kêna ginawe bêcik | nulya sohan kang raka | prapta wus alungguh | punapa kangmas andika | ikang asung adhahar ing rama aji | iya yayi mas iwang ||
23. pa karane yayi rama aji | sira pilara gêdhong wêsika | nora sinung dhahar mangke | isun nyayi[101] tan asung | nora ilok ari sun yayi | kang rayi aturira | mindêla rumuhun | lagya kêna panagihan | nora bina[102] trêsnanira lawan mami | dhumatêng kangjêng rama ||
24. ora yayi ala ucapnèki | kêna ora kênaa sun têdha | nadyan anaa sisipe | isun ikang amêngku | uculana rama kiyai | kakang tan pawèh kula | maksa sang aprabu | Ciyungwênara bramatya | makatêna kakang ji tan asih mami | asih ing kangjêng rama ||
25. yèn mêngkatên kolu pati mami | tumut rama ji nagri kula têdha |[103] sami dèn nak-anakake [nak-ana...]
--- [f. 51r] ---
[...kake] | gêntosa madêg ratu | sun sumăngga yayi sapalih | nging uculna ramanya | Ki Ciyung tan ayun | anêdha nagri sêdaya | nadyan kabèh nêgari isun lilani | uculna ramanira ||
26. ingsun agêng saking ing rama ji | dadya nata barkate jêng rama | Ki Ciyung sangêt runtike | wêdana bang lir marus | jajanira lir mêtu gêni | manira datan suka | yèn pinêksa nuwun | nugra Widi narik wênang | sampun kenging sapu dhêndha dewa luwih | luputa ngila-ila ||
27. lan luputa nênggih tulah sarik | sapa rosaa duwe nêgara | isun tan mêngkono mangke | nging uculna ramakmu | yèn tan awèh isun tan wêdi | payo sira rêbuta | ngadu tosing balung | kandêlan kulit karosan | karsanira yayi isun angladèni | ya payo padha dibya ||
28. besuk wani mêngko nora wêdi | adan campuh rame bratayuda | anrêg-sinêrêg [anrêg-sinêrê...]
--- [f. 51v] ---
[...g] arame | anuduk anduk dinuk | ganti numbak mêdhang amiling | marêg asilih dugang | ganti kasidêkung | gêgaman rêmpu sêdaya | tan nêdhasi samya prawirane kalih | kêsêl prasamya raryyan ||
29. sampun aso sigra aprang malih | samya mamrih lir rêntang pratala | yèn kajêmur ngrok syarane | parêng mêmanah anduk | rêrêg kandhêg mamêluk sami | kapilindhis lèn kêna | ambithya manaut | malah aminaut padha | kapicèlu tangkêp mara dinuk mya[104] mrih | kasi[105] tikêling watang ||
30. rêmpuning pêdhang kantar nibani | jatra panah gada piling gantya | dhupak-dhinupak arame | kajêmur nulya gêlut | marawasa mapan aganti | lir kadwa pagilingan | anyarad sinêrud | uwal kêsêl samya raryan | apapagan malih padha silih ukih | duk-dinuk marêng nyakra ||
31. agêgapya myang asilih ukih | midêr parêng pan padha lagawa | sami widigda prang amrèh | cidra-cinidran gupuh | ikang
--- [f. 52r] ---
kasèp lagya katitih | ikêt pigang[106] kacandhak | binucal Sêsuruh | tandya tiba ing cilowa | alah yayi payo aso sayah mami | tan purun Ciyung nyandhak ||
32. kang raka Suruh binucal malih | tiba cepor cinandhak binucal | tiba Maospait mangke | samya so kalih iku | raka rayi kalêsyan sami | ana kayu satunggal | pinêthik wohipun | kalihe sami adhahar | pan maja na raosing woh kang sawit |[107] winastan Wilatikta ||
33. sampun aso tandya maprang malih | butêng sêngit parêng ngangkat gada | marêngi parêng galake | wor sindhung riris riwut | pan kotbuta gêlap anitir | pracalita angadhang | bumi sadonyèku | obah tang widik thathitnya | awilêtan gêntêr patêr asanggani | mênga sang kamadhala ||
34. sol tang maendra mabyaniraning | jalanidi sigra parêng numbak | pêdhang padha lagawa ngrok | mendra [me...]
--- [f. 52v] ---
[...ndra] nguliling dêkung | parêng nyakra nora wigati | mawantahe agêlah | katêmbung kasurung | kang rayi sampun kacandhak | dipun buwang Ciyungwênara kabanting | tiba anèng Babakan ||
35. nuntên cinandhak binucal malih | tiba Sadhong cinandhak binucal | tiba Cirobèt arane | binucal malih mamprung | tiba Kapakuh arannèki | kalihe sami sayah | sami rèrèn wau | wus aso malih apêrang | langkung rame tan ana kasoran sami | rèrèn ing Kayujajar ||
36. ikang raka nèng wetan kang rayi | anèng kulon sami sayahira | gêgaman wus rêmpu kabèh | wus aso nulya tarung | nora ngago[108] gêgaman sami | padha tangan kewala | aramya prangipun | nora nana kang kasoran | dènnya gêlut mangèn dhumatêng Cipalih | sayah nulya rêmbagan ||
37. tanpa wêkas ariningsun [arining...]
--- [f. 53r] ---
[...sun] iki | sira lan ingsun măngsa na kang kalah |[109] tuwas angrusak wong akèh | dadi raganirèku | ing nêgara kang rayi bakti | sumăngga rêmbag dika | kang raka amuwus | yèn rêmbag payo aseba | marang rama prentahe tinurut yayi | dhenga ikang bêjaa ||
38. nanging aja suwala ing kapti | igih kangmas kawula arêmbag | kêkanthèn asta lakune | wus prapta prênahipun | gêdhong wêsi prasamya bêkti | rama ji nuwun sabda | rèh paduka ulun | gèn ămba rêbat nêgara | tanpa wêkas mangke sumăngga karsa ji | sintên ikang kalilan ||
39. angandika putraningsun kalih | wis aja na padudon rêmbaga | dèn atut sêsanak radèn | mangkene patutingsun | ingsun paro nêgari Jawi | Ki Sêsuruh duwea | saparone iku | madêga ratu bang wetan | anak ingsun [ingsu...]
--- [f. 53v] ---
[...n] Ciyungwanara sapalih | kulon madêga nata ||
40. putra kalih samya atur bêkti | tan lênggana saandika nata | dyan sang prabu andikane | dening awatês ingsun | ing Cipalèh iku ta sami | wetane sapangetan | kang duwe Ki Suruh | kulone mangulon pisan | kang duwea Ki Ciyungwênara sami | wis aja na sawala ||
41. sang nata musna lan gêdhongnèki | ingkang kari gêgêtun kewala | samya karaos nalane | kang raka rayi atut | rêrêmbagan anèng Cipalih | de Cipalih punika | sakilèning Galuh | sakilènipun Ciancang | sakidule Ciamis sawetannèki | nênggih ngiba[110] nagara ||
42. wis ta yayi nagara pinalih | sira ngadêga ing Pajajaran | kuthaa Pakuan mangke | ingsun amadêg ratu | anèng wetan ing Majapait | ingkang rayi tur sêmbah | kawula anurut [anu...]
--- [f. 54r] ---
[...rut] | wis yayi aèng ulonga | sun angetang tartantu wong kilèn maksih | sadaya basa Sundha ||
43. wong bang wetan sami basa Jawi | Ciyungwanara wus ngadêg nata | ing Pajajaran kuthane | tulus jumênêng ratu | kunêng Radèn Suruh winuni | anutugakên brăngta | mangun tapa wau | ambêkta sêlir satugal[111] | loro sanak kang tuwa jalêr satunggil | kinarya ponakawan ||
44. binakta nusup wona kang wêrit | munggah gunung tumurun ing jurang | manjing guwa sungil mangke | aloma anèng ngriku | Ki Sêsuruh amati ragi | kang tinêdha tulusa | panjênênganipun | tumuruna ja kasêlan | salamine ngêpêla nagari Jawi | turunira piyambak ||
45. nanging tansah bineka ing sêlir | lawan kadange lanang satunggal | angaru-ara tangise | tan kèndêl rintên dalu | ngêrak-ngêrik sêsambatnèki | wêruha [wêru...]
--- [f. 54v] ---
[...ha] yèn mangkana | ingsun nora milu | tan bêtah ngong nora mangan | jaluk bukti payo mulih mring nagari | ngong tan bêtah abrăngta ||
46. barang ingkang kacandhak binukti | nora marêm tansah ngamah-amah | miwah tan bêtah turone | tansah ingimur-imur | maksa beka nora dèn pyarsi | anangis ngaru-ara | bêndu sang abagus | anibakakên sêngara | nêpsunira kaya buta sun arani | ni rara dadi buta ||
47. dadi buta lanang kakangnèki | ni rara dadi buta wanudya | Jaka Sêsuruh dlinge |[112] wis karia sirèku | guwa iki tunggunên sami | sakutu walang taga | kèdhêpa sadarum | ngiras dadi panganira | sinupatan Ki Sêsuruh sampun mijil | kapungkur ri saksana ||
7. Pangkur
1. ngilèn bênêr lampahira | mudhun jurang sungil manjing wana kêr awrit |[113] kadya jukung manggih
--- [f. 55r] ---
timur | lir lêlayangan pêgat | kang dèn marga bayapakewuh kèh lampus | alami sira nèng marga | nora dhahar nora guling ||
2. mêsu tyas nênêdhèng ing Yyang | manjing guwa sangêt amati ragi | alami anèng ing ngriku | rumiyin tapanira | dèrèng tutug kabeka ing sêliripun | mila winangun tapanya | gêntur nèng guwa anêpi ||
3. punang guwa cinarita | lir kadhatyan tundha sapta kang kori | paseban mawi manguntur | tanapi sokasana | jroning guwa padhang dening soca murub | lêlangsene tundha sanga | pasareyan adi luwih ||
4. ya iku kang pacangkraman | nata dèwi kang marentah ing rat Jawi |[114] sakathahe ing lêlêmbut | sadaya angawula | cinarita mula-mulane karuhun | istu manusa kajiman | barang kang cinipta dadi ||
5. ratu sakti mahamara[115] | prabu rara warna lir widadari |
--- [f. 55v] ---
warnane salin ping pitu | bisa nom bisa tuwa | mancala putra mancali putri punjul | pa lire kadya punika | bisa lanang bisa èstri ||
6. yèn kinawi lan cinăndra | luwih rupa kurang căndra kang kawi | kurang malih luwih iku | kasêktènnya punjul wigya |[116] cinarita kagegeran wadyanipun | yèn ana satriya tapa | wus uninga raja dèwi ||
7. mangkana ciptaning nala | sun godhane kusuma kang lagi brangti |[117] dimune tapane wurung | raja dèwi tumêdhak | kunêng ikang nèng guwa kang lagya junun | matitis ing grana sika | nora nana kang kaèksi ||
8. tapanira mèh têlasan | kurang pitung dina lan pitung bêngi | wayahipun têngah dalu | akathah kang katingal | agêgila miyosi myang amrih lampus | nanging Ki Suruh tan obah | anulya na kaki-kaki ||
9. amarani Ki Sasêdhah | pangucape lah pirsakêna
--- [f. 56r] ---
kaki | èstu tapanira iku | tinarima Pangeran | tutugêna eman kari pitung dalu | ewa mangkana luwara | wus katarima Yyang Widi ||
10. nanging ta kari satunggal | beka agêng sira tan kêlar nadhahi |[118] ya iku ingkang ananggung | kang nyampurnakakên sira |[119] dadi kanthi ing saturunira besuk | wis kaki sira karia | Ki Suruh mituhu ngati ||
11. sagupita wontên padhang | jroning guwa kadi padhanging sasi | kagyat Ki Jaka Sêsuruh | anulya katingalan | ana prapta wanodya ayu pinunjul | rat jagat tan ana sama | lakunira èsmu brangti ||
12. gandrung-gandrung ngudang brăngta | kasêmêkan kinudhungakên sapalih |[120] sang dyah sarwi arawat luh | amala-mala jaja | têka dhepok sarya lulur-lulur suku | angudang brangtasmara |[121] sapolahe dudut ati ||
13. Jaka Sêsuruh tumingal | langkung dening awas ingkang lagi brangti |[122]
--- [f. 56v] ---
pinirsa sêsambatipun | katuwone wak ingwang | tilar yayah rena norana sun etung | nanging kang katon supêna | ingkang asung lara brangti ||
14. sun ulati jajah desa | milang kari[123] sun upaya tan kapanggih |[124] kang nama Jaka Sêsuruh | wruh nama tan wruh rupa | kalud dening adhuh sidiparag ngantu | aja katon ing supêna | tuwas kapiran wak mami ||
15. akèh satriya nglêlamar | tan sun etang mung si dhongkah kang kèmpi | apa dora apa tuhu | si bungkêr kasupêna | lamun ora dewa patènana ingsun | mulih wirang ing sasama | amurang ing yayah bibi ||
16. kathah sambating abrăngta | Ki Sêsuruh amirsa kenyut kang galih |[125] sambate ingkang wulangun | lênglêng sampun kagiwang | tanpa jiwa karaos duk wiryanipun | tumurun dyah pinaranan | arsa dipun têtakèni ||
17. nini mindêla sakêdhap | dènnya brăngta inggun[126] arsa miyarsi | dening
--- [f. 57r] ---
nganggo Ki Sêsuruh | ya kapotangan paran | yun wêruha darunane jênêng ingsun | dening bangêt dukanira | sosote kaya gulamit ||
18. kumêpyur mindêl sang rêtna | nora nana jro guwa ka ana jalmi |[127] ujare kathah kawêtu | ajrih-ajrih awirang | sarêng nolih paguting tingal suh rêmpu | dening kang katon supêna- | nira binawur citrèki ||
19. yèn ta nyata amiarsa | mandahane dêdukane wong iki | sang rêtna dèwi tumungkul | Radèn Suruh kagiwang | tanpa jiwa lali kasutapanipun | ciptane kadya mêngkana | lah pajara nimas ari ||
20. purwane têkèng wasana | dening èstri katêkan mati ragi | kawula têtiyang Galuh | suwala yayah rena | kathah sudi tinari ămba tanpayun | wêkasan dalu supêna | mawongan putra nrêpati ||
21. kang aran Radèn Sasêdhah | kentar ngetan anglangut [anglangu...]
--- [f. 57v] ---
[...t] ingsun ulati |[128] tambuh warna mirsa tutur | yayi dulunên ingwang | apa nyata ingsun Ki Jaka Sêsuruh | acêlor sang dyah tumingal | tumungkul wik-uwik siti ||
22. sang kakung norana baya | apa iki panukmane Dèwi Ratih |[129] ingkang asmara ngundang kung | angrujit-rujit nala | adèn wurung tapa apan sida wuyung | mung iki kang dadi brăngta | awèh edan ngundang ragi ||
23. wulangun ingsun mas dewa | nora ketang wurung dadi nêrpati | midêr ing rat sun tan nêmu | sang dyah mèsêm tumingal | dhuh wong iki angkuhe kaya kumêndur | dening ta daya gêlnama[130] | dèn wawa-wawa yèn kèmpi ||
24. sang dyah canggèh ngudasmara | siyat-siyut kănca sampur nyabêti | Ki Sêsuruh wus wulangun | angrungrum angrêrêpa | sang dyah ayu wus kagiwang manahipun | kagunturan ing asmara | marlupa sariranèki ||
25. sang kakung arsa angaras | karsanira rahadyan [rahadya...]
--- [f. 58r] ---
[...n] nêkakkên kapti |[131] sang dyah rara maksih emut | ngucap anyêngkah jaja | mêngko-mêngko radèn dulunên kat ingsun | lungguha ingsun wêwawarta |[132] dadi sangaring nêgari ||
26. yèn aja emuta ingwang | dadi apa sira nêkakkên kapti | nêdhêng sêmene rèningsun | wong gêguyon lan sanak | ingsun uga kadangira kang prêmbayun | kang tinundhung kangjêng rama | tinari krama tan apti ||
27. mêngko wus karsa Yyang Sukma | lawan sira sun jisim dudu jisim | Jaka Sêsuruh gêgêtun | tan sipi ingkang raka | ajrih wirang Jaka Sêsuruh andhêku | kakang bok botên anyana | nuwun pangapura mi |[133]|
28. dening sanès warnanira | mangke emut ya wis ja watir yayi | sadurunge sun kang mêngku | karaningsun ambeka | wus luwara tulusa jumênêng ratu | anèng nagri Majalêngka | sun anèng Sagarawêdhi ||
29. wus pinasthi jênêngira | run-tumurun ngêmpêl nêgari Jawi | ing jaman akiring besuk |
--- [f. 58v] ---
turunira digdaya | anglir eyang ing Mataram nagrinipun | ingkang amomong manira | sagara kidul gon mami ||
30. wis yayi sira mentara | inggih kangbok sampun sampeyan dohi | iya yayi saparanmu | ingsun nora atêbah | saturunmu ingsun kang amongmong besuk | ingkang raka sampun ical | Ki Sêsuruh nulya mijil ||
31. kentar parane angetan | Ki Sêsuruh kandhêg ing Kaligunting | ngèngèr ni răndha puniku | laminira sawarsa | ayun kentar tisnane ni răndha tumut | anjujug ing sanakira | lanang nake tiga uni ||
32. wong titi sami priya |[134] ingkang tuwa Ki Wiro arannèki | panggulu Palih ranipun | Ki Bandar kang taruna | pakaryane nandur wiji wong puniku | mapan lagya apanduman | nyai răndha nulya prapti ||
33. dèn tutur purwaning kina | wus mangkana Ki Sêsuruh akèn kari |[135] tigang wulan lamènipun | Ki Sêsuruh tan kentar | pan Ki Wiro [Wi...]
--- [f. 59r] ---
[...ro] Palih Bandar samya tumut | kalunta-lunta parannya | ing wayah têngange mangkin ||
34. wus kandhêg dening kang panas | têbih êlor kidul wetan ing nguni | nèng ara-ara gènipun | kayu sawit ngauban | Ki Sêsuruh mulat ing kayon puniku | Ki Wiro mêthik satunggal | woh durma pinêcah aglis ||
8. Durma
1. dipun dhahar dening Ki Sêsuruh ika | alêgi èsmu pait | Ki Sêsuruh ngucap | iki sun lèhkên aran | ya kene ing Majamait[136] | arêmên ingwang | dhêdhukuh Majapait ||
2. warna-warna têtanêmane adadya | têtăngga desa myarsi | yèn têtanêman mêdal |[137] sadaya samya prapta | ana bêkta bêras pari | myang bêkta arta | miwah uyah têrasi ||
3. ingkang arsa angrungu samya ambêkta | miwah kampuh jêjarit | anging datan arsa | ika ingurupana | padha gawanên ta singgih | sakêlarira | anggendhong amikuli [a...]
--- [f. 59v] ---
[...mikuli] ||
4. wus alawas kaloka ing lêlampahan | wontên sapuluh wêngi | myang satêngah wulan | lajêng prasamya wisma | angalih ing Majapait | kathahing wisma | wong tigang èwu mangkin ||
5. Kae Jaka Sêsuruh mangkya angucap | bapa Wiro ing ngriki | kawêngku ing sapa | gusti kala ing kina | Sri Galuh ingkang darbèni | alah ta bawa | sakèhing desa sami ||
6. sapangilèn têlukna kon seba mringwang | watêsana Cipalih | nulya ingkang raka | prapta Sang Raja Bangah | anusul sampun apanggih | Ki Suruh suka | nulya kinèn tut wingking ||
7. mring Ki Wiro kawarna lagya samana | sakèh wong Majapait | ulah kasudiran | tanapi katêguhan | upas-upasan prasami | myang kabagusan | kocapa kang lumaris ||
8. ngirup-irup mangilèn apêprêrangan |
--- [f. 60r] ---
laminira sawarsi | wus kirup sadaya | bali Cipalih sira | wus prapta ing Majapait | katur lampahnya | Ki Suruh suka ngênting ||
9. matur nêmbah Ki Wiro wus gêng kang wadya | jumênênga nrêpati | anèng Majalêngka | nulya jumênêng nata | Ki Wiro dadya pêpatih | ran Gajahmada | dening arining kalih ||
10. samya nama tumênggung dadya wadana | Raja Bangah ingalih | nama Wilatikta | Galuh kamuktènira | wus lami jumênêng aji | gêmah raharja | eca manah wong cilik ||
11. Brawijaya kèringan rat pramudita | dadya ratu kêkalih | kilèn Pajajaran | Raja Ciyungwanara | mangilèn watês Cipalih | iya mangetan | tumut ing Majapait ||
12. kang barkatan ing Galuh samya kabakta | dhatêng ing Majapait | milanya kèringan | wus lami Brawijaya | adarbe putra pawèstri | mêdal ampiyan | warnane
--- [f. 60v] ---
ayu luwih ||
13. kalokèng rat akathah satriya nglamar | sadaya sami mati | kalangkung apanas | sang putri Majalêngka | aja ta kongsi apanggih | nglamar kiwala | lagya ngraosi mati ||
14. darbe garjak ing manah anulya pêjah | pramila sami ajrih | dadya nora krama | ênêngêna kang kocap | wontên ajar langkung luwih | gêntur tapanya | barang ciptane dadi ||
15. trus paningal wruh sadurung winarah |[138] patapan Gunung Kawi | Parak Toyapêthak | tansah anêdha coba | wus karsane dewa luwih | wus kênèng coba | anupêna sarêsmi ||
16. lawan endhang korud kamane ki ajar | kagyat wungu tan angling | kagugu kang supna | wau dening pratela | lawase dèrèng angimpi | sang kawisesa | namane sang atapi ||
17. kamanira cinipta dadi gêgaran | panurat dipun ukir | naga langkung endah | ika kang saya lama | arsa galungan sang kawi | wus ngundang-undang | endhang
--- [f. 61r] ---
prasamya nakir ||
18. ambêt-ambêt lêbu lutung samya prapta | cantrik lawan wêwasi | manguyu jêjanggan | tanapi para tuwan | pranakane samya prapti | miwah wong ngampah | wontên endhang sawiji ||
19. wastanira Ni Rêncanakapti endah | ayu anom rêspati | bêntur tapanira | dalu anakir sira | panuratira sang yogi | ingkang tinêdha | akarya ta mas nuni ||
20. nora suka ki ajar endhang amaksa | sinukakakên aglis | nini wêkas ingwang | poma-poma ja lirwa | sira karya ta mas nini | yèn wus amaras | panurat ingsun iki ||
21. ja kapangku sèlèhna siti kiwala | poma nini dèn eling | ing wawêkas ingwang | yèn tan emuta sira | amasthi sira bilai | nuwun sandika | kasmaran aningali ||
9. Asmaradana
1. ya ta anakir sawêngi | tansah dèn emut ing nala | ing sawêkase gurune | baya
--- [f. 61v] ---
wus karsaning dewa | sinung lali sakêdhap | punang panurat pinangku | tan antara nuli ilang ||
2. gêgaranira puniki | ni indhang nuli kantaka | adangu sapanglilire | astanira guragapan | angucali gêgaran | ajrih dhatêng gurunipun | dening anglirkên wawêkas ||
3. anulya atawan tangis | umatur ing gurunira | ki ajar wus wikan mangke | ature amêlasarsa | dening ta nglirakên wêkas |[139] dhuh atiwas awak ingsun | ngunjukakên pêjah gêsang ||
4. kula anglirakên wêling | gêgaran panurat ical | sarêng kapangku ilange | kang awak langkung alupa | ki ajar mèsêm mojar | mau ingsun tutur-tutur | jêr sira nora piarsa ||
5. anglirakên wêkas mami | iya wus karsaning dewa | sun kabeka sira mangke | kêna ngama dening sira | nulya binibisikan | amasthi wawrat sirèku | anakira mêtu lanang ||
6. nanging nora jamak jalmi | iku [i...]
--- [f. 62r] ---
[...ku] tartantuning kuna | wong anakir pamarase | sadhengaha kang kinarya | pangot gunting sêkinga | pan ora ilok pinangku | ya iku ingkang carita ||
7. pan sampun antawis lami | katara indhang pan wawrat | pramilaning Banyuputèh | salak pirang-pirang wona | tan ana woh satunggal | wus pinasthi uwohipun | pinangan ing luwak pêthak ||
8. salak kita jar kang dadi | ni endhang pan dadi luwak | benjang patine ing têmbe | wawratanira ni endhang | wus prapta ing antara | nulya lair putranipun | warnane tan jamak jalma ||
9. pating pancono dhasnèki | awake pating palêkah | abusik pating pramumoh | tansah pinati tan pêjah | saya gêng lir dinadah | aturu saênggènipun | dadi kasutapanira ||
10. agêntur tapa wus luwih | amunjuli ramanira | sinung aran ing ramane | nama Bandung Băndawasa | ni
--- [f. 62v] ---
endhang wus kagarwa | mring ki ajar sampun sunu | pawèstri warnane endah ||
11. dadi panjang kidung jalmi | Ni Rara Turunsih rannya | lagi birai sandhange | amêmasuh dhatêng sêndhang | dhawak tan bêkta rowang | nulya ana beka rawuh | satriya lagi pêpikat ||
12. sayah arsa nginum warih | kagyat andulu wanodya | parawan ayu rupane | ki satriya wus kagiwang | ni parawan pinaranan |[140] tan wruh katungkul mêmamasuh |[141] nulya cinêk kang asta |[142]|
13. kagyat Ni Rara Turunsih | tan tan tate andulu jalma |[143] ajrih gumêtêr awake | ni rara tan bisa ngucap | angrasa lamun pêjah | ki satriya aris muwus | nini ja kadukan tămpa ||
14. sun arsa têtanya nini | ya ing ngêndi wismanira | sapa aranira mangke | apa sira tanpa bapa | miwah tan darbe kadang | dening dhawak ingsun dulu | ya sira kêna sêngkala ||
15. dènnya nauri [na...]
--- [f. 63r] ---
[...uri] ya ririh | gumêtêr saking jrihira | Gunung Kawi wismaningo[144] | sira mawirya atapa | kadang ingong satunggal | gagah prakosa gul anung | uculna mênawa wikan ||
16. amasthi sira bilai | ingsun tan awèh ucula | yèn tan karuwan ujare | iku ujar kaya paran | ki satriya ris ngucap | walèh apa arèningsun | sun wulangun onêng sira ||
17. yèn tan arsa sun patèni | ni rara angrasa pêjah | kiyai aja mêngkono | pinotha sun plaur pêjah | kapriye polah iwang | eman têmên wong abagus | marunggul polahe ala ||
18. anulya dipun ecani | amrih ucula kiwala | yèn sira arsa maringong | pan ana wong tuwaningwang | lan sadulur ngong lanang | têmbungên mring wismaningsun | ki satriya nora arsa ||
19. kewuhan gêtun ing ati | de weya datanpa rowang | uculêna awak [awa...]
--- [f. 63v] ---
[...k] ingo[145] | ingsun warahe si rama | miwah ibu lan kadang | sakêdhap sun nuli wangsul | ing kene sira ngantia ||
20. apa têmên jarerèki | iya têmên antènana | iya ja cidra ujare | wus inguculkên ni rara | dènnya masuh tinilar | kang rama ibu wus wêruh | putranira kênèng beka ||
21. Bandung arènira lami | mring bèji norana prapta | esuk kongsi bêdhug mangke | enggal Bandung anusula | Ki Bandung sigra-sigra | nulya arine kapêthuk | tawan tangis ngrakul raka ||
22. iku tartantune malih | ila-ila jar wong kuna | tan ilok ujar wong make[146] | parawan maring patirtan | ja sêpi ngajak rencang | parawan kèh bekanipun | wus tinutur purwanira ||
23. Ki Bandung sangêt aruntik | apa rupanèku baya | amajanani kadange | wis yayi banjur muliha | ingsun ambanjur arsa | amarani wong kang punggung | Ki Bandung age panggiha ||
--- [f. 64r] ---
24. sarêng samya aningali | ki satriya narik criga | wus angrasa ing dosane | Ki Bandung nging karo tangan | suka ingsun ruwata | tinarajang dipun suduk | wali-wali nora pasah ||
25. angur watu kêna gigrig | ki satriya dipun candhak | tan obah kêna baune | wus riniwus dipun bakta | katur mring ramanira | ki ajar pan sampun wêruh | ing satingkah polahira ||
26. ingapura sira nuli | pinanggihakên lan putra | ki ajar wruh yèn jodhone | tutug dènnya palakrama | nulya kinèn têtapa | rabinira atut pungkur | dhadhêkah wontên Sijaya ||
27. warnanên Bandung kang kari | rintên dalu ambêbana | anangis dhatêng ramane | dèn ruwata ingkang papa | citrakane Bandung tansah |[147] nutumkên[148] badhiyangipun | winuruk kang aji darma ||
28. kang rama awlas ningali | ingkang putra tinimbalan | pangandikane ramane |
--- [f. 64v] ---
anak ingsun Bandung sira | rêp ruwat warnanira | gampang angèl putraningsun | gampange yèn anut sira ||
29. sawêwêkas ingsun kaki | masthi ruwat tur awirya | yèn nyalimpang ujar ingong | wêwah duraka tur papa | kapriye putraningwang | sandika ture Ki Bandung | hèh kaki ingsun atêtdah[149] ||
30. rêp ruwat warnane rèki | kaki sira ngawulaa | mring Majapait sang katong | besuk sira olèh karya | tur ruwat warnanira | tinariman putri ayu | sida tămpa wurung tămpa ||
31. poma kaki wêkas mami | putri iku luwih panas | mung sira kang kêlar mangke | wus tinutur purwanira | kaki ing benjang sira | lan putri sêlamêt têmu | yèn sira rêp tutug wirya ||
32. ing dalêm sawêngi kaki | ja turu ja nunggal nedra[150] | kilêmana ing dagane | ing dalêm sawêngi bapa | anaa paran-paran | aja obah wêkas ingsun | kabèh-kabèh [kabè...]
--- [f. 65r] ---
[...h-kabèh] iku beka ||
33. yèn sira kêlar sawêngi | masthi tutug kaki sira | yèn tan kêlar papa mangke | wis kaki sira mentara | dèn emut wêkas iwang | Ki Bandung nulya asujud | amit dhatêng ingkang rama ||
34. tan kawarna kang lumaris | wus prapta ing Majalêngka | Ki Bandung jinujug mangke | Ki Apatih Gajahmada | arsa ngawulèng nata | katarima aturipun | ginadhuhkên Gajahmada ||
35. ya ta miyos sri bupati | pêpak abdining amănca | pra mantri prajurit kabèh | Gajahmada anèng ngarsa | ngandika Brawijaya | Gajahmada sapa sanggup | mring nagara Pajajaran ||
36. padha sadina sing ngriki | sapa ta ingkang sanggupa | datan ketang tanbuh wonge | cukit adulit akumbah | sarakah cêcekelan | longan bale yèn asanggup | arabia putriningwang ||
37. layyan sasigar nagari | lawan sun [su...]
--- [f. 65v] ---
[...n] paringi wênang | jumênênga prabu anom | umaha saloring pasar | nabuha barêng sasanga |[151] sadaya norana sanggup | sakèh mantri Majalêngka ||
38. samya atur pati urip | sirêp norana turira | Ki Bandung anèng wurine | Gajahmada jawil sira | sanggup anglampahana | nulya Gajahmada matur | punika wontên sanggupa ||
39. têtiyang kang magang wingi | gih pun Bandung wastanira | lah dèn parèng ngarsa kene | apa sira kang sanggupa | marang ing Pajajaran | padha sadina turipun | inggih yèn watên[152] timbalan ||
40. sampun siyang nadyan latri | kawula darmi lumampah | iya lumakua age | sebaa marang yayi mas | ingsun sira pundhutna | wêwinèh mring yayi prabu | anuwun nêmbah wus mêsat ||
41. lampahe mêdal pasisir | êlèr Pajajaran prapta | lagya tinangkil sang rajèng | miwah
--- [f. 66r] ---
ingkang asewaka | kagyat andulu kang prapta |[153] katur tinimbalan rawuh | umatur Bandung anêmbah ||
42. kawula ngutus raka ji | Brawijaya Majalêngka | kinèn amundhut wêwinèh | ya matura kakang nata | wis êntèk kurang gancang | iki mung kari sabumbung | lah ênya sira gawaa ||
43. Ki Bandung sampun atampi | punapa isining manah | bilih mênawi tinakèn | hèh duta ja salah karya | si kakang wus uninga | têka turna dèn agupuh | mênawa sêlak luwaran ||
44. Ki Bandung mêsat sing ngarsi | mêdal kidul sigra-sigra | mêdal pasisir lampahe | samarga sangu was-uwas | mênawa tinakenan | ayun bikuka[154] kang bumbung | apa ta isine baya ||
45. tutup bumbung dèn ulapi | dyan sakutu walang taga | mapan mêdal sarêng brole | gancang nulya tinutupan | gêgêtun manahira | iki wong lirwa [lir...]
--- [f. 66v] ---
[...wa] ing wuwus | bumbung jinunjung pan anthang ||
46. wona ika dèn wastani | ing Barabol aranira | karsane matur tiwase | Ki Bandung sampun lumampah | maksih manah tan eca | bilih têlas sining bumbung | nulya tutupe binuka ||
47. sawarnining buron mijil | sarêng saining wona |[155] gancang tinutupan age | nyananingsun ta wis têlas | iki luwih akathah | jinunjung ènthèng kang bumbung | iki baya têlas pisan ||
48. lan kumênthung syaranèki | sun bakta kinarya tăndha | ja pinaido tur ingong | kinarya têkên lumampah | tutupira binucal | kalêsyan raryan Ki Bandung | bumbung winalik tinuntak ||
49. kagyat sarêng mêdal malih | sakutuning walang taga | sakalangkung dening kèhe | lajêng tinitingkên pisan | iki baya wus têlas | kênthang-kênthung punang bumbung | kinarya têkên lumampah ||
50. mèh dungkap prapta nêgari | mangkana ciptaning [cipta...]
--- [f. 67r] ---
[...ning] driya | mirang bakta bumbung bae | angur si ingong buwanga | mapan yaktine ana | nulya pinêcah kang bumbung | kagyat glar samya lumayya ||
51. saisine ing wanadri | langkung dening maksih kathah | Ki Bandung gêtun manahe | iki ingsun karya tăndha | sêdhêng yèn cinangkraman | nora sayah wong lumaku | saking nagri Majalêngka ||
52. lampahan sapêcat rakit | lampahe Bandung wus prapta | maksih sineba sang katong | Ki Bandung sowan ing ngarsa | kagyat sakèh tumingal | dhuh alah jim Ki Bandung |[156] lampahe sakêdhap netra ||
53. baya ta bali ing margi | ijab dohe nuli prapta | pantês wong kinêthok dhase | angandika sri narendra | hèh Bandung sira prapta | olèh sira ingsun utus | angsal sasat botên angsal ||
54. kapriye jarwaa inggih | dhatêng kula Pajajaran | lagya sineba ri kato[157] | katur wling lampah [lampa...]
--- [f. 67v] ---
[...h] kula |[158] têlas kang pangandika | kasèp nging binaktan bumbung | kin ngèturkên panduka |[159]|
55. isine tan dèn jawarni[160] | ămba nungsung tan winartan | saking awon ba kinèngkèn | bok dinangu ayun wruha | katur purwa wêsana | Brawijaya langkung bêndu | garoh[161] Bandung lakunira ||
56. kacèlu arabi putri | ala têmên kaya sira | anulya karsa pinatèn | sumăngga nging nuwun priksa | kêdah dèn yêktènana | yèn tan wontên nyinanipun | sumăngga pêjah kawula ||
57. anulya dipun yaktèni | yaktos tan garoh turira | suka katarima mangke | anulya nata cangkrama | nênupu langkung suka | angandika sang aprabu | Bandung kapalang ing karsa ||
58. tan kuningan nini putri | miwah pramèswarèningwang | kabèh têkakêna kene | sarupane buron wona | têkaa ing nagara | nini putri ayun wêruh | iku pamundhute uga ||
59. yèn tan têkaa amasthi | wurung panggih sida pêjah | sandika Bandung [Ba...]
--- [f. 68r] ---
[...ndung] ature | cinipta anulya prapta | kagyat sri naranata | de sarta parantènipun | urung-urung praptèng pura ||
60. kondur nata manjing puri | garwa putra wus binakta | mijil acangkrama mangke | kalangkung dening asuka | putra garwa sadaya | wus wanêh kondur ngadhatun | lajêng anari kang putra ||
61. asangêt sang dyah tan apti | Si Bandung tan jamak jalma | amis abacin ambune | kaya priye ucap nata | nini sun wirang dewa | inggih rama ji ba ayun | mring Bandung dikaryakêna ||
62. sagaran jêmbar jro puri | siji kalangênan jaba | dipun asami warnane | miwah ta ingkang pancuran | padusan dhawak-dhawak | măncawarna karsa ulun | rama ji ingkang satunggal ||
63. ibu sori kang sawiji | sawiyos padusan ămba | siji padusane dhewe | sawiyos ingkang padusan | sakèh wong dalêm pura | ămba lumuh ngong prih wurung | dadosa [da...]
--- [f. 68v] ---
[...dosa] sami sadina ||
64. sri bupati wus andugi | nulya Bandung dhinawuhan | tur sêmbah sandika ture | Ki Bandung ngrosa ing nala | winratan jêjalukan | jarag ruwata wak ingsun | anulya nyipta wus dadya ||
65. kalangênan punang bèji | pêpak pêthetan sêkaran | asri tinon gapurane | apa ingkang nora nana | sami jro lawan jaba | pancurane muncar-mancur | sampun katur Brawijaya ||
66. anulya dèn cêngkrami |[162] garwa putra myang wong pura | ngambil sêkar wowohane | tanapi cêngkrama ulam | nulya sami asiram | lêlumban samya mêrau | wus wanuh samya luwaran ||
67. angandika sri bupati | nini sira lakonana | sun wirang ing dewa mangke | sapanjalukmu tinêkan | sang dyah sangêt lênggana | kantun sawiyos ngong jaluk | sri nata de karyakêna ||
| 1 | Tanggal: Soma (Sênèn) Pon sapta (7) Ramêlan (Pasa) Êbe (Be): nir panêmbah ing pandhita aji (AJ 1720). Tanggal Masehi: Selasa 8 April 1794. Perbedaan satu hari (Sênèn versus Selasa) sering terjadi dalam konversi tanggal Jawa. (kembali) |
| 2 | Tunggal (dan di tempat lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 1.8.1). (kembali) |
| 3 | alama (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 1.5.1). (kembali) |
| 4 | Mapunggung. (kembali) |
| 5 | pambayune (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 6 | junjungên (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 7 | manjing (dan di tempat lain) (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 1.124.2). (kembali) |
| 8 | anjumbul. Bandingkan: ajumbul (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 1.136.7). (kembali) |
| 9 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: angkuhe kaya kang mutêr bumi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 1.45.1; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 1.156.1). (kembali) |
| 10 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: yèn kalakon sapamudhut [sapamundhut] mami (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 1.47.1); yèn kalakon sapamundhut mami (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 1.158.1). (kembali) |
| 11 | atunggu (di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 12 | Kurang dua suku kata, dan biasanya guru lagu e. Bandingkan: dyi roro kombang anglèng tawange (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 2.20.3). (kembali) |
| 13 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: yèn tan wruh ing wuwus (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 2.22.6; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 2.22.6). (kembali) |
| 14 | angrangkul (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 15 | Biasanya guru lagu o: ingong (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 2.30.2; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 2.30.2). (kembali) |
| 16 | ingayun-ayun (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 2.34.6). (kembali) |
| 17 | lênglêng (dan di tempat lain). (kembali) |
| 18 | kawuryyan. (kembali) |
| 19 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: tiningalan sêpi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 2.55.5; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 2.55.5). (kembali) |
| 20 | kingkin. (kembali) |
| 21 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: tan sipi trêsnanira nèng ati (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 2.66.1); tan sipi trêsnanira ing ati (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 2.66.1). (kembali) |
| 22 | Kurang satu suku kata: angusya alon awêtu tangis. Bandingkan: anguswa gon awrat sêmu tangis (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 2.66.4). (kembali) |
| 23 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: lumungsur pangkon arsa ngêdohi (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 2.68.4). (kembali) |
| 24 | asmara. (kembali) |
| 25 | kasamarên. (kembali) |
| 26 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: kakung èsmu guyu ngling ing rabi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 2.71.1); kakung gumuyu asmu ngling rabi (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 2.71.1). (kembali) |
| 27 | Lebih satu suku kata: sun rêrah myang kadi pasir wukir. Bandingkan: sun arêp myang kadi pasir wukir (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 2.73.4). (kembali) |
| 28 | Bandingkan: dadya trêsnane saya bêt prapti (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 2.78.1); dadya trêsnane ya ibêt prapti (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 2.78.1). (kembali) |
| 29 | Asmara. (kembali) |
| 30 | murti (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 2.81.1). (kembali) |
| 31 | yyang-yyanging (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 2.86.2). (kembali) |
| 32 | anggèr (dan di tempat lain). (kembali) |
| 33 | pambabare. (kembali) |
| 34 | liniling-liling (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 2.112.3). (kembali) |
| 35 | anungkêmi (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 36 | pangkon (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 37 | sanggup (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 2.115.5). (kembali) |
| 38 | agitêli (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 2.116.1). (kembali) |
| 39 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: nanging panuwun kula kaka ji (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 2.117.4). (kembali) |
| 40 | linggih (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 41 | Bandingkan: sang dyah (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 2.120.3). (kembali) |
| 42 | munggèng (dan di tempat lain). (kembali) |
| 43 | Kurang satu suku kata: sang dyah ayu wanoh. Bandingkan: sa [sang] dyah saya wanoh (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 2.119.2). (kembali) |
| 44 | Kurang satu suku kata: kang anèng jro guwa wus alami. Bandingkan: kang nèng jro guwa sampun alami (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 2.123.1). (kembali) |
| 45 | manting (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 3.1.4). (kembali) |
| 46 | jongjit (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 3.1.7). (kembali) |
| 47 | panjunjunge (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 3.4.3). (kembali) |
| 48 | sitinggil (dan di tempat lain). (kembali) |
| 49 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: kang angampil samir sutra (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 3.17.7). (kembali) |
| 50 | ingong (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 3.19.3). (kembali) |
| 51 | lungguh (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 52 | sumungkêm (dan di tempat lain). (kembali) |
| 53 | patyan-pinatyan (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 3.30.2). (kembali) |
| 54 | angrogoh. (kembali) |
| 55 | dungkap (dan di tempat lain). (kembali) |
| 56 | boyong (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 57 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: igih punika sadaya (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 3.45.7). (kembali) |
| 58 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: tan nguningani narendra (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 3.49.7). (kembali) |
| 59 | Kurang satu suku kata: nêngêna kang winarna. (kembali) |
| 60 | Prabalingga. (kembali) |
| 61 | munggah (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 62 | pêpanggungan. (kembali) |
| 63 | Lebih dua suku kata. Bandingkan: syaranipun kadya kêtug (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 3.57.6). (kembali) |
| 64 | kumawula (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 3.61.4). (kembali) |
| 65 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: pinaringan babrêkatan (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 3.67.7). (kembali) |
| 66 | pêpêtrinên (dan di tempat lain). (kembali) |
| 67 | olèh (dan di tempat lain). (kembali) |
| 68 | ngrudatin (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 4.4.1). (kembali) |
| 69 | dipatya (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 4.5.9). (kembali) |
| 70 | Kurang satu suku kata: bapa patih majua dèn marèng ngarsa. Bandingkan: bapa patih majua dèn marang ngarsa (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 4.6.9). (kembali) |
| 71 | dodot. (kembali) |
| 72 | wraganira (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 4.13.2). (kembali) |
| 73 | ingwang (dan di tempat lain). (kembali) |
| 74 | ingoyog-oyog. (kembali) |
| 75 | mungguhing. (kembali) |
| 76 | Kurang satu suku kata: jog tanpa larapan katur. Bandingkan: jog tanpa larapan matur (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 4.22.6). (kembali) |
| 77 | bobot (dan di tempat lain). (kembali) |
| 78 | tuwa (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 4.31.8). (kembali) |
| 79 | lapis. (kembali) |
| 80 | kinobong (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 81 | Mundhingsari. (kembali) |
| 82 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: nama Pangeran Ari (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 4.40.5). (kembali) |
| 83 | Mangkupraja (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 4.45.4). (kembali) |
| 84 | godhong (dan di tempat lain). (kembali) |
| 85 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: sampun waluyya nagri Galu [Galuh] punika (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 5.1.1). (kembali) |
| 86 | borong. (kembali) |
| 87 | Lebih satu suku kata: ingsun sira wèh sisan. (kembali) |
| 88 | ilokkên (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 5.25.4). (kembali) |
| 89 | mancorong (dan di tempat lain). (kembali) |
| 90 | langkung. (kembali) |
| 91 | mencok (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 5.48.1). (kembali) |
| 92 | pinggir (dan di tempat dan bentukan lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 5.48.7). (kembali) |
| 93 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: satata lawan jalmi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 5.50.2). (kembali) |
| 94 | lumakya (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 5.53.7). (kembali) |
| 95 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: yèn ingsun duwea ujar kalih (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 6.8.1). (kembali) |
| 96 | Lebih dua suku kata. Bandingkan: arinira iya nora arsa (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 6.11.2). (kembali) |
| 97 | Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu a. Bandingkan: Ki Ciyung marentah êmpu dhomas (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 6.13.2). (kembali) |
| 98 | dandanan (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 99 | tungguk. (kembali) |
| 100 | mring (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 6.19.3). (kembali) |
| 101 | yayi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 6.23.4). (kembali) |
| 102 | beda. (kembali) |
| 103 | Lebih satu suku kata: tumut rama nagri kula têdha. (kembali) |
| 104 | myang. (kembali) |
| 105 | kangsi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 6.29.10). (kembali) |
| 106 | pinggang. (kembali) |
| 107 | Kurang satu suku kata: apan maja na raosing woh kang sawit. (kembali) |
| 108 | nganggo (dan di tempat lain). (kembali) |
| 109 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: sira lan isun măngsa na kalah (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 6.37.2). (kembali) |
| 110 | ngimba. (kembali) |
| 111 | satunggal (dan di tempat lain). (kembali) |
| 112 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: Jaka Sêsuruh dan linge (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 6.47.3). (kembali) |
| 113 | Lebih dua suku kata: mudhun jurang sungil manjing wana writ. (kembali) |
| 114 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: nata dèwi kang marentah rat Jawi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 7.4.2). (kembali) |
| 115 | mahabara (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 7.5.1). (kembali) |
| 116 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: kasaktèn pujul wigya (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 7.6.4). (kembali) |
| 117 | Lebih satu suku kata: sun godhane kusma kang lagi brangti. (kembali) |
| 118 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: beka agêng sira tan klar nadhahi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 7.10.2). (kembali) |
| 119 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: kang nyampurnakên [nyampurnakkên] sira (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 7.10.4). (kembali) |
| 120 | Lebih satu suku kata: kasêmêkan kinudhungkên sapalih. (kembali) |
| 121 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: angudang kung brangtasmara (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 7.12.6). (kembali) |
| 122 | Lebih satu suku kata: langkung dening awas kang lagi brangti. (kembali) |
| 123 | kori. (kembali) |
| 124 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: milang kari sun ulati tan kpanggih (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 7.14.2). (kembali) |
| 125 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Ki Sêsuruh mirsa kanyut ing ati (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 7.16.2). (kembali) |
| 126 | ingsun. Bandingkan: isun (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 7.17.2). (kembali) |
| 127 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: nora nana jro guwa ana jalmi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 7.18.2). (kembali) |
| 128 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: kentar ngetan anglangut sun ulati (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 7.21.2). (kembali) |
| 129 | Lebih satu suku kata: apa iki nukmane Dèwi Ratih. (kembali) |
| 130 | gêlêma (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 7.23.6). (kembali) |
| 131 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: karsanira radyan nêkakkên kapti (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 7.25.2). (kembali) |
| 132 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: luguha isun wêwarta (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 7.25.6). (kembali) |
| 133 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: nuwun pangapura mami (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 7.27.7). (kembali) |
| 134 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: wong têtiga sami lanang (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 7.32.1). (kembali) |
| 135 | Lebih satu suku kata: wus mangkana Ki Sêsuruh kèn kari. (kembali) |
| 136 | Majapait (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 8.1.5). (kembali) |
| 137 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: yèn tanêman mêdal (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 8.3.3). (kembali) |
| 138 | Kurang satu suku kata: trus paningal wruh sadurunge winarah. (kembali) |
| 139 | Lebih satu suku kata: dening nglirakên wêkas. (kembali) |
| 140 | Lebih satu suku kata: ni prawan pinaranan. (kembali) |
| 141 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: tan wruh katukul mêmasuh (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 9.12.6). (kembali) |
| 142 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: nulya cinêkêl kang asta (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 9.12.7). (kembali) |
| 143 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: tan tate dulu jalma lyan (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 9.13.2). (kembali) |
| 144 | wismaningong (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 9.15.3). (kembali) |
| 145 | ingong. (kembali) |
| 146 | mangke (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 9.22.3). (kembali) |
| 147 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: citraka Bandung tansah (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 9.27.5). (kembali) |
| 148 | nungtumkên. (kembali) |
| 149 | atêdah (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 9.29.7). (kembali) |
| 150 | nendra. (kembali) |
| 151 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: nabuh barang sinonga (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 9.37.5). (kembali) |
| 152 | wontên (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 9.39.7). (kembali) |
| 153 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: kagyat na duta prapta (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 9.41.5). (kembali) |
| 154 | binuka (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 9.44.6). (kembali) |
| 155 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: sarêng saisining wana (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 9.47.2). (kembali) |
| 156 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: dhuh alah ênjim [êjim] Ki Bandung (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 9.52.6). (kembali) |
| 157 | katong (dan di tempat dan bentukan lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 9.54.3). (kembali) |
| 158 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: katur wêling lampah kula (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 9.54.4). (kembali) |
| 159 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: kinèn ngaturkên paduka (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 9.54.7). (kembali) |
| 160 | jarwani (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 9.55.1). (kembali) |
| 161 | goroh (dan di tempat lain). (kembali) |
| 162 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: anulya dèn cangkramani (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 9.66.1). (kembali) |