Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039 (Pupuh 10–22)
| 1. | Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039 (Pupuh 01–09). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
| 2. | Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039 (Pupuh 10–22). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
| 3. | Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039 (Pupuh 23–30). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
| 4. | Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039 (Pupuh 31–42). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
--- [f. 68v lanjutan] ---
10. Sinom
1. candhi sèwu dèn sampuna | dadine sarêng sawêngi | esuk anuli [anu...]
--- [f. 69r] ---
[...li] panggiha | nulya Bandung dèn dhawuhi | putêk rasaning ati | ngrasa sakit manahipun | dening kaliwat-liwat | ala ragane tinampik | ayun mundur tanggung angur si pêjaha ||
2. Bandung umatur sandika | nulya kesah sangu brangti | karsane mantuk aseba | ing rama anuwun idi | kinèn amêmanuki | ing sapolahe Ki Bandung | manawa tan katêkan | Ki Bandung kinèn matèni | kawarnaa Ki Bandung sowan ing rama ||
3. anangis nungkêmi pada | ki ajar ngandika aris | pa gene sira karuna | apajara marang mami | matur sapolahnèki | purwa wêsana wus rampung | ki ajar mèsêm ngucap | aja sira pajar kaki | ingsun wêruh sapolahira ngawula ||
4. abangêt dèn aniayya | wong lumuh arsa ngayoni | kaki têka lampahana | iki wêkasira urip | kaki sapisan iki | bekanira putraningsun | jamake wong awirya | tinuku lara
--- [f. 69v] ---
prihatin | wong agêdhe bêgjane gêdhe bekanya ||
5. wus wayahe wong akrama | tinuku urip lan pati | nanging yèn apanggih sira | dèn emut wêkas ngong dhingin | sampun dèn bêbisiki | wis kaki dèn gupuh ngidul | mênawa karainan | tur sêmbah kentar sira glis | prapta Gunung Marapi jumênêng pucak ||
6. sidhakêp asuku tunggal | babahan sanga mêpêti | alam sêkawan jinajah | păncadriya dèn patèni | anulya nyipta êning | pucuking grana kadulu | mangilèn adhêpira | tan antara udan prapti | sarya angin păncawura gara-gara ||
7. kayu rêbah kaparapal | ampuhan agêng kang prapti | rug pracăndha gêng limunan | apan pêdhut aror[1] riris | obah Ardi Mêrapi | kawah umob ting jalêbur | kang angkêr samya obah | gumuruh syara dhêdhêmit | awurahan Barabudhur [Barabu...]
--- [f. 70r] ---
[...dhur] karya rêca ||
8. dinamêl awarna-warna | wayahipun têngah wêngi | ginêlak nèk karahinan | kang candhi sèwu mèh dadi | ana kantune kêdhik | nulya Gajahmada nusul | kinèn de Brawijaya | ambeka pinrih ja dadi | sampun prapta asiluman nyalong[2] lampah ||
9. wruh Ki Bandung anênêdha | nulya ngarsa dèn sêbari | sêkar sataman agêlar | Ki Bandung kagyat ningali | dhuh tiwas laku mami | wus rahina durung sampun | sabên sêkar sataman | yèn runtuh amasthi enjing | kamanungsan Bandung ngucap wis bubara ||
10. sirêp ingkang nambut karya | Ki Bandung nulya lumaris | ngidul mêdal Palawangan | anjog Ardi Rasamoni | arsa mring Majapait | ngunjukakên pêjahipun | wus prapta Parambanan | kalukita maksih wêngi | pan angrasa Ki Bandung yèn kêna beka ||
11. Bandung nibakakên ujar |
--- [f. 70v] ---
mugi kang ambeka mami | sun têtêdha kawalêsa | dyan Ki Bandung nyipta malih | nèng kono karya candhi | jêjangkêpe candhi sèwu | nanging kari satunggal | kagèt na gêntangan muni | maksih wêngi wong nutu kasêlak apa ||
12. beka rêncana sikara | ingkang nutu dèn parani | Ki Bandung nulya siluman | kang nutu nora udani | Bandung awas ningali | kang nutu parawan ayu | Ki Bandung ngucap manah | warnanira ayu luwih | eman têmên ala tine asikara ||
13. anulya sinupatanan | aja barkat ingkang kari | anggayuh-gayuh atuna | wong anutu wêngi-wêngi | yèn parawan ja laki | dadia parawan sêpuh | răndha nuli matia | somahan pisaha nuli | yèn tan pisah sun têdha ja anak-anak ||
14. sarya tinêpa warnanya | sela kinarya ingukir | katelad rupa polahnya | malah yune dèn langkungi | iki pakarya mi |[3] besuk [besu...]
--- [f. 71r] ---
[...k] akèh wong kapencut | winastan Rara Jonggrang | satêngah caritanèki | ingkang nutu sinupatan dadi rêca ||
15. iku tartantuning kuna | wong anutu wêngi-wêngi | tan ilok kêna supata- | nira Ki Bandung ing nguni | wus adi maksih wêngi | iku jangkêp rêca sèwu | Ki Bandung wus lumampah | arsa mantuk Majapait | sampun prapta tabuh tiga lajêng siram ||
16. bèji padusane dhawak | sarta sira nginum warih | ruwat trimalane sirna | mulya warnanira pêkik | norana dèn waoni | sakèhing wong Majalangu | norana kang mêmadha | byar rina sowan ing aji | atur sêmbah karya candhi sampun dadya ||
17. langkung pandung Brawijaya | warna ala mulya sigit | yèn aja matura karya | candhi sangêt tan udani | jêngêr tan kêna angling | miwah sakèh wadya agung | tanapi wong jro pura | gêtun kêsmaran [kê...]
--- [f. 71v] ---
[...smaran] ningali | sang suputri kasmaran dening pawarta ||
18. wus kurat rat Majalêngka | yèn Bandung mulya asigit | dadi kêmbang lambe jalma | sambewara Majapait | kang padha ayu luwih | kasandhung jêkuk dhuh Bandung | adawa yèn winarna | sang putri kandhohan kingkin | tan winarna wus panggih asta lungiyan ||
19. putri adi wus diwasa | payyan ngage[4] saryya adi | yèn cinăndra warnanira | luwih rupa kurang kawi | dhasar warna di nuwih[5] | karêngga busananipun | akathah kang tênaga | nging Ki Bandung tan ngladèni | asangadi anutugakên kang brăngta ||
20. satuhune manahira | adoh ningali sang dèwi | katingal siniya-siya | jêjalukane drêwili | sang dyah pan sêmu runtik | ingecanan manahipun | sang dyah ayu ingêmban | ngidêrkên dèn kêkidungi | kanyut-kanyut kamanisên sang dyah nendra ||
21. atanapi kang miarsa | êbole
--- [f. 72r] ---
mèdêm sapalih | sang dyah binaktèng paprêman | sinarèkkên kasur sari | ngapit-apit gêguling | eca kapati sang ayu | Ki Bandung mapan lênggah | ing dagan têngga sang dèwi | kang kaèsthi wêwêkase ramanira ||
22. kinèn atêngga ing dagan | anyêgah guling sawêngi | ingkang kacipta ing nala | barang katingal ja osik | tampanira ing ati | beka rêncana lêlêmbut | dene iki tan ana | wus dalu ingsun tingali | tan antara anulya balai prapta ||
23. ing wayah bangun rahina | naga gêng angakak mijil | saking kawadonan sang dyah | galake anggêgilani | kagyat Ki Bandung lali | wêwêkase ramanipun | ebat ningali naga | dhuwunge sampun tinarik | naga nandêr pinancas gulune pêgat ||
24. êndhase nulya ingalap | pinêndhêm ngajêngan kori | awake binakta mêdal | ingubêdkên [ing...]
--- [f. 72v] ---
[...ubêdkên] witing sari | dhuwunge kuthah gêtih | ngusapan pradapa santun | mila tartantu abang | pradapane kayu sari | nulya wangsul paprêman Bandung tumingal ||
25. kengis wêntisira sang dyah | katetesan punang gêtih | naga wau kang pinancas | Ki Bandung èwêd ing ati | karsane dèn usapi | mênawa kagyat sang ayu | anulya ingusapan | ing asta tingkahe ririh | pan kasusu dhuwung dèrèng sinarungan ||
26. lan kawus bok taksih ana | jro ing parji naga malih | dhuwunge maksih liniga | anulya kagyat sang dèwi | sarêng wungu aguling | sira Bandung kang kadulu | pan dede polahira | cawêtan angliga kêris | angrangkangi dhadhane sarta kuthah rah ||
27. awungu anjrit sang rêtna | Ki Bandung andepok siti | sang dyah lumayu mring rama | sêsambate lir gulamit | kagyat [kagya...]
--- [f. 73r] ---
[...t] sri narapati | atutura putraningsun | jro pura ana apa | umatur sang raja dèwi | rama aji pun Bandung tingkahe ala ||
28. kula arsa pinêjahan | yèn sampuna egal[6] tangi | lumayu ngungsi sampeyan | anêmahi kula mati | sampun dipun rangkangi | uwal kawula lumayu | rama watawis kula | pun Bandung muwêr jro puri | langkung duka sri nata nyandhak sarampang ||
29. saryya alok wong jro pura | Ki Bandung ngamuk ing puri | kang kêmit manjing sadaya | kocapa sri narapati | wus manjing tilamsari | Ki Bandung kapanggih dhêku | remanira cinandhak | ingukêl sinèrèd mijil | ala têmên sira tan wruh kabêcikan ||
30. kunêng sira nora arsa | lah ewan aja lakoni | mati sira ingsun tigas | Bandung ature mêlasasih |[7] datan dosa pun dasih | hèh ewan apa abamu | aja
--- [f. 73v] ---
atakon dosa | sumăngga ing pati mami | nanging atur kawula paduka dhahar ||
31. mara matura sadhela | Ki Bandung umatur aris | kawula uni winêkas | de pun bapa ingkang wêling | yèn sira olèh kardi | tinariman putri prabu | aja wani agahan | sawêngi aja aguling | kalampahan kawula têngga ing dagan ||
32. sarêng wayah bangun rina | wontên naga gêng pan mijil | saking kawadonanira | putra nata radèn dèwi | arsa anaut mami | kagyat ămba narik dhuwung | têksaka kadhinginan | êndhasipun tigas pancing | yèn tan kandêl sirah naga ămba pêtak ||
33. wontên jêjoganing lawang | awakipun naga uni | kawula bêbêdkên wraksa | wit pêthetan kajêng sari | ing mangke inggih taksih | kêmba manahe sang prabu | kaya bênêr turira | sang putri panas kapati | sampun ical dukane Sang Brawijaya [Bra...]
--- [f. 74r] ---
[...wijaya] ||
34. iya sira sun apura | alah jupukên dèn aglis | dhasing naga lan awaknya | pun Bandung pranata nuli | dhas naga katur sami | kalawan ta awakipun | gênge sabongkoting tal | anjêngêr sri narapati | tanpa ngucap gêgêtun sri naranata ||
35. dadi apa yèn gancanga | Si Bandung ingsun patèni | sun kêna papa citraka | wong kurang priksa tan bacik[8] | Si Bandung wong abêcik | tulung marang putraningsun | ni putri luwih panas | nora kêna dèn rasani | baya iku kang mawi wataraningwang ||
36. baya wus karsaning dewa | jatukramane ni putri | mung Si Bandung ingkang kêlar | wis Bandung yya dadi ati | apuranên wak mami | atur sêmbah Bandung nuwun | marêka rabènira | kondur miyos sri bupati | kang winarna Ki Bandung anèng jro pura ||
37. langkung onêng brăngta sang dyah | nanging tan kapadhan kapti | Bandung taksih sakit manah [ma...]
--- [f. 74v] ---
[...nah] | katon kala dèn prih pati | tansah mular sang dèwi | ingecanan ngimur-imur | sang rêtnayu ingêmban | ngidêrkên dipun kidungi | pongah-pangih dhasare sampun diwasa ||
38. Ki Bandung wagêd ngasmara | tănta[9] wus tutug[10] sang rêsmi | kêna ing asmaragama | rêtna yu nendra kapati | binakta tilamsari | ririh sinèlèhkên kasur | Ki Bandung wus tumêdhak | arsa pamit ibu sori | atur sêmbah kawula anuwun lilah ||
39. ayun têtuwi pun bapa | sakêdhap anuli wali | asangêt onêng kawula | angandika pramèsyari | kaki sun ora wani | bok amular Nini Galuh | sun tan bisa momonga | besan bok sira kokoni[11] | apa kurang mantri tumênggung bupatya ||
40. nuwun asangêt amaksa | kawula botên alami | iya kaki aja lawas | rabimu manawa tangi | sun tan bisa ngênêngi | inggih sandika turipun |
--- [f. 75r] ---
Ki Bandung sampun mêdal | kang kêmit nora udani | têngah dalu lampahe murang marga |[12]|
41. kocapa rêtnaning pura | sawungunira aguling | kang raka nora katingal | anjrit sang putri anangis | ingimur pramèsyari | tan kêna akêdah nusul | Brawijaya amirsa | lamun kang putra anangis | ana apa putraningsun iku mular ||
42. umatur sang pramèsyara | tinilar dening kang laki | têtuwi ing ramanira | pramilanipun anangis | sri bupati ngecani | lah mênênga putraningsun | iya sun akokonan | anusul lakine rèki | tan pinirsa sang dyah tansah ya udrasa ||
43. nulya mêdal sri narendra | sinêbar wong Majapait | anusul Ki Bandung ika | nêngna kocapa jro puri | sakèhing para rabi | angimur gênti atugu | nanging nora pinirsa | tan kèndêl dènira nangis | rintên dalu
--- [f. 75v] ---
nora dhahar nora nendra ||
44. malah sang dyah tanpa syara | soca balut imbuh ragi | anggagang aking sang rêtna | rema kadya dèn wusoni | kunêng ingkang winuni | sira Bandung ingkang mantuk | wus panggih ramanira | angujung sumungkêm sikil | ingkang rama wus uning runtiking nala ||
45. hèh Bandung wus wirya sira | ya pagene sira mulih | biyange amirsa prapta | pangling tan wruh anaknèki | iki satriya ngêndi | warnane dene abagus | Ki Bêdung[13] atur sêmbah | ibu punapa apangling | gih kawula ibu Bandung Băndawasa ||
46. rinangkul dhuh putraningwang | nora linyok sang ayogi | mêngko sira palipurna | ruwat sarta dèn takèni | matur sapolahnèki | langkung suka ibunipun | dhasar tan panggih lama | ingkang putra dèn kapithing | angandika ki ajar mêngko sun tanya ||
47. kaya priye polahira | kaki pêgènira mulih | Ki Bandung matur anêmbah | rama [ra...]
--- [f. 76r] ---
[...ma] kawula tur uning | gèn kula anglampahi | pangandika mangke sampun | antuk barkat sampeyan | waluya trinriman[14] putri | mila mantuk kawula onêng sampeyan ||
48. kaping kalih ibuningwang | rabimu nora tut wingking | pa tan sae ngaku bapa | ya raganira aisin | yèn sira anak mami | pa kalakon ujar ingsun | inggih rama kalakyan | ămba sawêngi tan guling | hèh ta Bandung jro ing wêngi ana apa ||
49. botên wontên paran-paran | sarêng bangun rintên nanging | wontên naga gêng katingal | saking kawadonan mijil | arsa anaut mami | gancang ămba tigas lampus | tan tutug gènnya jarwa | kasêlak duka sang yogi | wada bang ujyala kadya raditya |[15]|
50. kumêdut padon lathinya | gumêtêr sangêt sru runtik | garap ingkang pangandika | ala têmên sira anjing | sakèhe ujar mami | tabe walêr tan karungu | dening lirakên wêkas |
--- [f. 76v] ---
kunêng sira nora apti | wuruk ingwang ngur aja sira lumampah ||
51. sira wus guna widagdya | kudu angungkuli kami | ala têmên tingkahira | kapenak wong rabi putri | dhuh sun bacuk ing kudhi | pa sira panjilman satru | Bandung sira lungaa | norarsa sun ngangkên siwi | balik-balik dadia satru sun sura ||
52. katêmua ing dêlahan | panjing surup ingsun wani | dadia sukêt godhongan | tan arsa angrênggut mami | dadia warih bêning | manira tan arsa nyawuk | nangis sumungkêm pada | sêsambate amêlasasih |[16] nuwun tobat kawula purun-puruna ||
53. rama sisip gampil kula | anuwun putêk sang yogi | luputa ing ila-ila | benjang botên malih-malih | aja kakehan angling | apa nganti ingsun limpung | enggal sira lungaa | maksa dhepok atur pati | dipun jambak dèn sèrèd dipun galandhang ||
54. kadya amupuh daluwang | ingidêk lir gadhung nguni | sinabêtkên sela wrêksa |
--- [f. 77r] ---
kalêngêr Bandung tan eling | ni indhang aningali | anjrit putrane rinêbut | dhepok angrakul pada | kawula anuwun Widi | sadosane kawula kang nglabuhana ||
55. suka lila pêjah ingwang | dhuh guruku dunya ngakir | nging pun Bandung uripana | kanggêk kewuhan sang yogi | ngandika dhatêng sami | Rubiyah aja karêbut | asangêt amêlas pyarsa |[17] pamrih ingsun iki nini | ing dêlahan Si Bandung aja autang ||
56. ya wis karsane dewata | wong asih têmahan lalis | ingsun turut aturira | Bandung lungaa dèn aglis | sun tan arsa ningali | atur sêmbah ajar mungkur | kawula nuwun lilah | antuka amin sang yogi | ya ngulaa[18] ingsun têtêdha ing dewa ||
57. Bandung ing saparanira | aja amanggih basuki | katona kidang mênjangan | dadia bêburon jalmi | ko ra ingsun tulungi | yèn durung sumurup catur | Bandung jêr sira jarag | lakonana panas pêrih | alah [a...]
--- [f. 77v] ---
[...lah] dhingin apapa citrakanira ||
58. benjang anjilma ing Pajang | iku cilaknanira[19] ting | Bandung nêmbah sampun kentar | lakunira kawêlasasi |[20] awake dèn patèni | anjon[21] jurang nibèng parung | sinabêtakên wraksa | galundhung ardi kang inggil | silêm toya suprandene nora pêjah ||
59. nulya Ki Bandung pratapa | anèng gunung Jaka Pêkik | angadêg sedheyan[22] wraksa | pirang taun laminèki | wus karsa dewa luwih | awake sisik dinulu | Bandung wus dadi ula | gêngira kagiri-giri | maksih tapa binêbêd ing dhadhanggula[23] ||
11. Dhandhanggula
1. sampun bêntur tapanira ênti | sanadyan ula iku pandhita | anênêdha ing dewane | rinuwat awakipun | ênêngêna ingkang winuni | wong desa ing Bahrawa | sampun nigas pantun | arsa amêmêtri desa | wus tatane wong Buda yèn amêmêtri | ambêbêdhag mring wona ||
2. ngambil ula[24] barang ingkang kêni | dipun
--- [f. 78r] ---
bakta kinarya sidhêkah | lumampah wong desa kabe[25] | anasak wana agung | pan ambêkta sagamannèki | lampah lir sinupatan | sadintên tan antuk | sakèh wona dipun jajah | miwah gunung norana buron kapanggih | wong desa padha sayah ||
3. ayya raryyan watên sor waringin | cinarita wontên kang prabatang | wontên sadhêpa gêne |[26] panjange sakalangkung | pan binêbêd ngayod[27] waringin | wong desa samya lênggah | kathahe na satus | angguramèh tanganira | dipun pêcèl-pêcèl prabatang ing kudhi | mêdal ludiranira ||
4. kagyat ngucap hèh wong batur iki | ngêndi ana prabatang sun pêrang | têka drês mijil gêtihe | tumingal wong sadarum | samya ngucap lah iya iki | kaya dudu prabatang | ana dagingipun | tinurut hèh iki ula | bêja têmên ambêburu nora olih | iki nêmu têksaka ||
5. surak-surak bungah-bungah sami | pa payo [pa...]
--- [f. 78v] ---
[...yo] batur ta padha tumamdang[28] |[29] pinurak-purak awake | samya binakta mantuk | apikulan gotongan iki | ingusung tigang dina | tan têlas lamipun | têkan rine dipun bakta | êndhas naga ginatong wong tigang dèsi | samandening kawratan ||
6. sinèlèh dhukuh pinggiring ardi | mêngko bae ingusung wong kathah | anulya tinilar mulèh | gèning tinilar iku | Wona Kabusungan ing nguni | wong desa olah-olah | syarane gumuruh | anyênyate ambêbabakar |[30] ana karya sujenan lawan mêmujit | garang asêm lan pindha[31] ||
7. ana bêbècèk angungkêb sami | kèh warnane gènnya olah-olah | pating garêthok syarane | nging ulam ula wau | nora nana ulame malih | kocapa ing carita | na rare jêjaluk | wayahe rumaja putra | cahya mancur Sukmakumara rannèki | andhodhok anèng latar ||
8. kiyi-kiyi [ki...]
--- [f. 79r] ---
[...yi-kiyi] norana dèn wèhi | nulya ngucap kyai sun pariman | gih ulam sasuwir bae | awali dènnya muwus | dipun sêntak bocah pênyakit | kowe kudu rêp mangan | ulam iki ingsun | kang olah durung amangan | tanpa ngrasa lungaa mêngko sun sambit | saparane pariman ||
9. saparane nora dipun wèhi | dènnya pariman dèn sêntak-sêntak | angsal pitung desa kèhe | karingêtipun kumyus | wontên jalma dipun dhodhoki | kyai sun pariman |[32] ulam dika iku | sinêntak bocah di sira | gih kiyai Kabusungan wisma mami | tan duwe yayah rena ||
10. hèh lungaa mêngko yèn wus kardi | ingsun wèhi lare ika mêksa | kawula iki aluwe | iki basakna asu | andalurung dipun ucali | ulalam anging salilab |[33] wis lunga agupuh | nulya kentar nyaking[34]
--- [f. 79v] ---
ulam | wontên răndha nini-nini tuwa miskin | mapan tumut sidhêkah ||
11. lare pariman ika marani | minta sêga si nini wus adang | nulya ingangi mangke |[35] nini ngong minta sêkul | nini tuwa ika ningali | kalangkung awêlasira |[36] adhuh putunisun | rare ngêndi wismanira | anauri Kabusungan wisma mami | tan duwe yayah rena ||
12. nini tuwa awlas marbês mili | aligiha kene amangana | putu anggèr asun[37] mangke | lare ika atutut | linggih bale dipun sajèni | sêkul ulam lan jangan | hèh mangana putu | nini manira tan arsa | sampun tuwuk puniki ulam sasuwir | nini rika olaha ||
13. sakalangkung tisnane si nini | kaya dudu putu pêpanggihan | kaya putunira dhewe | lare iku kalangkung | kapotangan ing manahnèki | tanbuh dèn walêsêna | lare ika muwus | nini ingsun kapotangan |
--- [f. 80r] ---
boh margane akathah bêgjane prapti | wus sugih nini tuwa ||
14. lare ika angling alah nini | sun dodolan nini wêkas ingwang | bok ana wong rame-rame | dèn kêbat nunggang lêsung | enthong iku gawe kemudhi | ilir gawenên wêlah | iyan layaripun | wruhanira ing Bahrawa | iki nini kèlêm dening i[38] jahnawi | mituhu nini tuwa ||
15. nulya kesah lare ika nyangking | sada lanang amarani bocah | kang rubung-rubung arame | bocah kabèh amuwus | aja bèthèk bocah ku ugi | apanas tanpa bapa | biyang anjêjaluk | saparan sinikang-sikang[39] | nulya amarani lare dolan mêncil | bagus payo totohan ||
16. sadaningsun ngong tancêbne siti | yèn kabêdhol ingsun patènana | yèn tan kêna bayarane | ulam ula sasuru | bocah ngucap dening kumaki | sun bêdhole
--- [f. 80v] ---
ing kiwa | anulya sinambut | binêdhol abrakênêngan | nora obah malah karingête mijil | lir wong adus tan obah ||
17. lah mara ngundanga batur malih | kang akathah barêng ambêdhola | bocah akèh mirsa kabèh | marani saryya muwus | apa iku dening kumaki | lah iki sadaningwang | bêdholên wong agung | yèn kabêdhol guluningwang | lah tugêlên bayarana ulam mami | ya sairis kiwala ||
18. apa têmên nulya dipun cangking | tangan kiwa sada nora obah | karingêt kumyus ta mangke | nulya bocah sadarum | samya bêdhol pan nora kêni | samya karingêt êrah | maksa tan kajungjung | barêng ya pambêdholira | nora kêna samya asrah ulam sami | sairis-iris sowang ||
19. mara bapakamu konên prapti | wong sadesa aja gênti mara | ya barênga têka kabèh | bocah prasamya mantuk |
--- [f. 81r] ---
awêwarah bapakerèki | atutur sowang-sowang | bapa ika mau | rare anjêjaluk ladak | nancêbakên sada lanang anèng siti | kon bêdhol ngajan[40] tohan ||
20. yèn kabêdhol tohe gulunèki | yèn mênang jaluk iwak kiwala | hèh thole ngêndi ênggone | anulya sami rawuh | wong sadesa prasamya angling | bocah dening aladak | prasamya gumuyu | bocah kere pa tohira | sun bêdhole gih kiyai gulu mami | lah bayarana ulam ||
21. samya suka sun tarima anjing | bocah sira lumaku rinuwat | anulya binêdhol age | wong siji ro têtêlu | papat lima nêm pitu uni | walu sanga sadasa | jangkêp kalih puluh | tigang dasa wong sadesa | nora kangkat sadaya karingêt gêtih | ki dèn gendholi apa ||
22. wong sadesa asok ulam sami | ngundhung-undhung Dyan Sukmakumara [Su...]
--- [f. 81v] ---
[...kmakumara] | ngucap padha tiwas bae | sun bêdhole pa tohmu | alah mara kêboku sami | dhuwung waos lan pêdhang | pacul arit wêdhung | lah sok ugi kabêdhola | idhêp nêbas hèh wong dèn prayitna sami | kiye wêkase gêsang ||
23. nulya binêdhol lir gêlap muni | kadya gêrah bêngkah kang pratala | toya mêdal kilêm[41] kabèh | dadya sêgara agung | yèn ajaa katambak ngardi | kaya kèlêm sadaya | ing măngsa puniku | lare ika ngancik toya | lir dharatan nini tuwa sarêng myarsi | wong akathah gumêrah ||
24. amituhu lêsung dèn tunggangi | wêlah enthong ilir satangira | iya minăngka layare | kombak-umbul[42] ing ranu | anglir lumban wau si nini | Radèn Sukmakumara | amarani wau | ngawe-awe nini tuwa | putuningsun marêka kene sun mati | lah age tulungana ||
25. dipun candhak [candha...]
--- [f. 82r] ---
[...k] nini tuwa aglis | dipun buwang tiba mêrak pêjah | gih punika trêtantune | kèli kang punang lêsung | toya mili dhatêng jaladri | ki ajar yun keleban[43] | Sukmakumarèku | angucap lêsung mandhêga | kono bae bandungên[44] ikang jahnawi | prênahe ngisor Tuntang ||
26. iku carita tartantunèki | Watumangklang sangisoring Tuntang | ing Pêning ika mulane | kang Muncar ika mau | ênêngna ingkang winarni |[45] Radèn Sukmakumara | nutugakên laku | ing Jaka Pêkik tinilar | kentar ngetan rêraganira ing nguni | kang sami pinapurak ||
27. kang kacandhak dagingira uni | gènira mênang wau totohan | samya dadi ula kabèh | tinilar kinèn tunggu | araton anèng ing Pêning |[46] ingkang samya pinangan | wong Bahrawa iku | kang sami kèlêm ing toya | dadya kutuk wonge iku milu dadi | iku rane wong Karad ||
28. koca[47]
--- [f. 82v] ---
kocapa kang tapa Jaka Pêkik |[48] karigana waranane ilang | asèndhèn wraksa gêng gène | Pulunggana ranipun | iya rane Bandung wus mari | inganti pan alama | nora nana rawuh | tinalika ing Bahrawa | waranane wus eca ngadhaton Pêning | ula alit akathah ||
29. linêbêtan kadhaton ing Pêning | dening wau Radèn Pulunggana | Sukmakumara tan katon | mulat lor ngetan ngidul | nora nana nulya ningali | kulon na wong lêlampah | pinapagkên wau | nyimpang ngiwa ingadhangan | nyimpang nêngên wau maksa dèn adhangi | ja kono ingsun liwat ||
30. Pulunggana asru dènira ngling | Sukmakumara sun ora suka | dudu gawenira mangke | wus enak dadi ratu | têka sira amaro kapti | naga ratuning ula | Brawijaya iku | ratuku rêp kasikara | bulah dhingin kala durung ana mami |
--- [f. 83r] ---
iya sakarêpira ||
31. Pulunggana sira wruh ing mami | pa mulane tan wruh marang sira | sun karya warana bae | basakna sira iku | wong jaruman alang guling |[49] age sira balia | pa nganti sun labuh | sun gêbyurakên sêgara | nulya mêndhak kawon kaprawiranèki | sabudine kasandhang ||
32. sakayune kauningan kapti | adhuh gusti kawula ngawula | gih sakarsa tuwan angrèh | Pulunggana amuwus | hèh têtêpa sira dadya ji | Pêning kadhatonira | aja salah kayun | nuwun ature sandika | nulya pamit ngaturi maniking warih | panguripane toya ||
33. Sukmakumara sampun awali | ngadhaton Pêning ratuning ula | miwah sakèh ngulam kabèh | Pulunggana wus laju | pan mangetan mring Majapait | lakune tan kawarna | kunêng kang winuwus | Brawijaya Majalêngka | tan sakeca ing manah dening sang putri | owah lan saban soban[50] [so...]
--- [f. 83v] ---
[...ban] ||
34. salawase tinilar ing laki | sarira kari gagra kusika | kadya winuson remane | ing mangke sakalangkung | jukarangi rêtnaning puri | eca dhahar anendra | lir dèn adhêp kaku[51] | angangge kang adi endah | sarirane ingulah rahina wêngi | lir parada binabar ||
35. sampun surup sang pratăngga pati | sri narendra dhatêng kênyapura | alanglang kalangênane | ing wayah têngah dalu | jinêjêpan kang para rabi | norana kara-kara | eca sami turu | arsa mring bèji lêlangyan | Brawijaya lagya mêngakakên kori | kapêthuk duratmaka ||
36. sarapat maling nuli abali | Brawijaya anginêbkên lawang | anungsul maling parane | nora nana kadulu | jroning bèji dipun ulati | agêmit nora nana | banon dipun turut | norana ingkang owah |[52] dhatêng kori maksih minêb kadya lami | anjêngêr Brawijaya ||
37. dyan [dya...]
--- [f. 84r] ---
[...n] mêdal maling kapêthuk malih | tinalêmpak kang maling malumpat | sinarampang luput mangke | kang maling dipun buru | samya gita wadya kang kêmit | obor kadya rahina | kang maling kabutuh | saparanira katingal | binaranang kinêpung dening wong kêmit | maling musna tan ana ||
38. jêngêr gêgêtun sri narapati | wadya kêmit sadaya pan eram | dening kalangkung sêktine | nata bêndu kalangkung | ingkang wadya samya srah pati | pan sampun byar raina | wirang sang aprabu | dhatêng amujung anendra | sarêng wungu Gajahmada dèn timbali | prapta manjing ing pura ||
39. angandika Brawijaya aris | Kajahmada[53] paran karêpira | ki patih atur sêmbahe | sumăngga karsa prabu | èmêng isun maling asêkti | tanna babahan mênga | banon tan agugrug | norana punggêl lung-lungan | yèn binuru kinêpung kabutuh nuli | asmaradona ilang ||
--- [f. 84v] ---
12. Asmaradana
1. iku panase kang ati | jamak maling iku lunga | iku ora mapagake | binuru tanbuh parannya | wong kêmit samya lênggah | cinukuran brêngosipun | ana thinathok[54] êndhasnya ||
2. sawêngi tan ana guling | iku patih èmêng iwang | kaya kapriye bêcike | yèn suwawi kinathahan | jawi lêbêt tinêngganan |[55] sampun salah cahak kayun | saparan pandung kagenan[56] ||
3. ing pundi gènipun mijil | manawi sing madya gantang | iya iku rêmbug ingong | mara patih ambêndhea | kumpulêna wadyaningwang |[57] pêpatahên ênggènipun | nulya mêdal atêngara ||
4. kumpul gaman Majapait | pêpak adining amănca | miwah kajinêman kabèh | prajurit para prawira | wus pinatah gènira | Sang Yyang Aruna sumunu | kang jro jawi ngatya-atya ||
5. sadaya norana guling | ana gamêlan mêmaca | ingkang madati anyêrèt [anyêrè...]
--- [f. 85r] ---
[...t] | ana nêmbang pragonjakan | banon kutha kinêpang | ing jro jawi pan sap pitu | kêbak dening ing gêgaman ||
6. yata Pulunggana prapti | mijil saking ing kalangyan | jro pura kêbêk dening wong | mèsêm kang sênêtan latah | nora kaya narendra | sakèh pathak Majalangu | kinumpulakên sadaya ||
7. kinèn anyêkêl ing kami | rêrongkonging Majalêngka | mênawa wong iku kabèh | norana mangan sêga |[58] kongsi wêruh maringwang | ngur jêjêplak Majalangu | nyêkêla manira kêna ||
8. anulya dipun cukuri | kajinêman Majalêngka | brêngos jenggote sasisèh | ana ingkang linerongan | tinulis asu wajang | ana kang tinulis wiju | ana kang tinulis wayang ||
9. sadaya sami aguling | samya ingugêr cinancang | sawênèh ana kinanthèt | ana tinindihan[59] bata | Pulunggana sampun mêdal |[60] anggulasah wong aturu | iki kang nyanggupi [nyanggu...]
--- [f. 85v] ---
[...pi] ingwang ||
10. anulya dipun gugahi | tangia na maling guna | eca samya turu bae | jinêjêkan nora obah | anulya jinaguran | maksih eca dènnya turu | nulya sami cinukuran ||
11. alis brêngos jenggotnèki | ana cinukur marapat | linerongan kèh warnane | tinalikung kinanthetan | rinèntèng wong akathah | Pulunggana wus malêbu | jarag asowan narendra ||
12. Brawijaya lagya linggih | sarya amangku sarampang | ngiwakên[61] pêdhang lan tamèng | anêngênakên talêmpak | Pulunggana asowan | sapa wonge lanang iku | Brawijaya wus anduga ||
13. kawula sowan sang aji | nulya nyandhak dèn sarampang | malumpat binujung age | tinalêmpan[62] indha |[63] alok ing dalêm pura | kang kêmit kagyat sadarum | samya agundham-gundham |[64]|
14. nora kobêr buru maling | pijêr padu kang dèn cangcang | ting carènèng [ca...]
--- [f. 86r] ---
[...rènèng] kang dèn kanthèt | ing jawi ramya gumêrah | prasamya galundhungan | gumêrah kang dèn talikung | kang rinèntèng rêbut para ||
15. akathah jalma kang kanin | kêna gamane piyambak | wênèh ilang dandanane | maling aguna wus ilang | jaba jro maksih ramya | abor[65] lir gunung katunu | kang lumayu bata rêbah ||
16. payok-pinoyokan[66] sami | jalma ingkang linerongan | miwah kang cinukur kabèh | sadaya pan kawirangan | pan sampun byar rahina | tan sinipi dukanipun | Brawijaya Majalêngka ||
17. dening nyêkêl wong sawiji | datan kêna kawirangan | langkung sungkawa sang katong | rahina nora kawarna | wus surup sang yyang arka | kang kêmit tangkêp gumuruh | prasamya angatya-atya ||
18. sri nata asangêt runtik | karsa alanglang piyambak | pêpak kaprajuritane | sadaya wus jinêjêpan | angartika ing nala | bapa[67] maling dèn apangguh [a...]
--- [f. 86v] ---
[...pangguh] | padha wong prawirèng yuda ||
19. aja uga angoncati | mêngko yèn pangguh lan ingwang | maling kapanggih kaputrèn | nora adan tinarajang | ginada pan malumpat | tinututan dipun pupuh | lir anggada wêwayangan ||
20. amaksa dipun balêdig | maling inguculan wrastra[68] | kêna malêsat tibane | tinututan lawan gada | pinupuh Pulunggana | atangkis asta pinupuh | Pulunggana kasayahan ||
21. anulya anginum warih | kuwat malih Pulunggana | lumayu binujung rame | wus katadhahan kinêpang | abor kadya rahina | maling aguna angamuk | akathah jalma kacurnan ||
22. nanging maksa dèn kathahi | sayah sira Pulunggana | kinaracok waos akèh | sinasog[69] ing ganjur rangap | tawok lêmbing pinêdhang | Pulunggana manjing sumur | loking wong lir gêrah kapat ||
23. maling aguna wus mati | jroning sumur jinojohan [jinojo...]
--- [f. 87r] ---
[...han] | sarta kinêpung sumure | Pulunggana sampun mêdal | narajang baris rangan[70] | kang baris jawi kadhatun | sinapa hèh iku sapa ||
24. tanbuh wonge ingsun maling | nulya sinasog kiwala | kinarubut buh kathahe | angamuk maling aguna | kang aran Pulunggana | kèh kacurnan sami batur | Pulunggana tan tumama ||
25. pan ora angambah siti | kasăngga dening gêgaman | sayah gêbyur toya mangke | sagaran ingkang kinêmbar | Pulunggana wus ilang | kinêpang sagaran agung | nyanane sampun palastra ||
26. nora dangu alok malih | kidul wetan kilèn kitha | iya mangkana ramene | Pulunggana sampun ilang | manjing dhatêng jro pura | gègère kaya pinusus | tanbuh mungsuh tanbuh rowang ||
27. ing jro pura alok malih | sawêngi pisan tan pêgat | punang maling sayah mangke | ngusi[71] [ngu...]
--- [f. 87v] ---
[...si] kaputrèn aminta | toya wus ingulungan | tambuh araning kang pandung | sarêng pinêthuk ing toya ||
28. byar rahina sri bopati | kalangkung bêndu ing manah | pira lamine ing mangke | sinaba ing duratmaka | sabên dalu mangkana | datan kaliwatan iku | gègèr dening duratmaka ||
29. ênêngêna ingkang wi kang winarni |[72] amangsuli kang carita | nyarêngi tunggal kandhane | de maling wau punika | yèn sinêdya pan ana | yèn ora sinêdya iku | salamine nora nana ||
30. ingkang pinurwa ing kawi | duk rumiyin wus alama | Ki Bagus Mada kandhane | anaking bramana sabrang | ngêjawa lawan garwa | kacarita wawrat sêpuh | anèng marga asêsuta ||
31. lair lanang putranèki | sasampuning binarsihan | tinilar ing ngisor larèn | gadhong[73] pakis sasabira | ki bramona angucap | besuk Rubiyah putrèngsun | anguyuni
--- [f. 88r] ---
Majalêngka ||
32. nulya tinilar kang siwi | bramana lajêng lêlana | anut saparan karsane | sawurine ana jalma | dèrès arèn punika | sarêng dhatêng ngisoripun | jabang bayi katingalan ||
33. rinubung sêmut anangis | cinandhak nulya ingêmban | binakta mantuk wismane | sinungakên rabènira | dhasar tan darbe putra | abungah-bungah kalangkung | baya wus karsaning dewa ||
34. abancar prêmbayun kalih | jabang bayi sinusonan | lir dinusan banu[74] gege | sang jabang bayi wêlagang | winastanan Ki Mada | pan akathah bêgjanipun | ing mangke sampun diwasa ||
35. karyanipun angon sapi | nging dèrèng sinapih biyang | wus agêdhe lamun mule[75] | jaluk susu nora mangan | nulya wangsul pangonan | jugul blilu kumprung pêngung | dadi guyon rare kathah ||
36. rare agêng alit sami | akongkon dhatêng Ki
--- [f. 88v] ---
Mada | nanging têka miyang bae | pradene[76] siniya-siya | pinoyokan ing kathah | manahe sakit kalangkung | mila yèn angon amisah ||
37. dalune Ki Mada ngimpi | pinaranan ramanira | agalur-galur tuture | nora pandung warnanira | katon dhara binêdhah | ingisèn raosing ngèlmu | bênêran udanêgara ||
38. lan sakèhe kang rumiyin | kang kangge caraka basa | ingisèkakên kalbune | jugul mudha nitisastra | lan raja kapa-kapa | kuthara danêgarèku | atanapi suryangalam ||
39. katingal dipun êdomi | dharanira sampun waras | durung tutug wungu age | angungun gêtun kalintang | dening ngimpi mangkana | sarêng enjing wayah bêdhug | Ki Mada angon amisah ||
40. dipun parani ing jalmi | wayahira gumapula | loro kèhe lanang wadon | yun lumayu dipun candhak | Mada sira mênênga | mêngko ingsun tutur-tutur [tutur-tu...]
--- [f. 89r] ---
[...tur] | sira uga putraningwang ||
41. tinutur purwane dhingin | tingale Mada tan samar | iya kang katon pangimpèn | nora wawas tur pranata | dhumatêng ibu rama | ki bramana aris muwus | poma kaki ja wêwarta ||
42. lan maninge sira kaki | ja talatèn saba desa | apa gunane wong angon | balik sira pamitana | mring rama biyangira | ngawulaa Majalangu | masthi sira kinasihan ||
43. punapa marganing kenging | bulah si darbea wăngsa | adhuh kaki gampang bae | ing mêngko Sang Brawijaya | sungkawane kalintang | jro puri sinaba pandung | sêti[77] guna mahabara ||
44. sakèhe wong Majapait | nora sanggup anyêkêla | pan agêdhe ganjarane | iku kaki sanggupana | angèl gampang kiwala | angèle lamun datan wruh | gampange yèn wruh mulanya ||
45. anulya dipun bisiki | Ki Mada sampun [sampu...]
--- [f. 89v] ---
[...n] kaduga | wus karia putraningong | ingsun angubara[78] laya | ki bramana lan garwa | mabur wus nora kadulu | ênêngêna ingkang kocapa |[79]|
46. Brawijaya Majapait | kalangkung dening sungkawa | sinaba maling kuthane | tanbuh paraning dêduka | ya ta miyos sineba | pêpak pra nayakanipun | angandika sri narendra ||
47. patih miwah mantri-mantri | kaya priye karêpira | apa wis mangkene bae | ki apatih matur nêmbah | punapa pangandika | sumăngga karsa sang prabu | Brawijaya èsmu duka ||
48. hèh lungaa angulati | sraya kang sanggup nyêkêla | ja mulèh dèn cekoh regoh | yèn tan ulèh aja mulya | aja gawa parêpat | aja mulih ing umahmu | banjura têka paseban ||
49. nulya kondur sri bupati | ki patih lajêng lampahnya | saking paseban lampahe | tanbuh jinujug ing manah [ma...]
--- [f. 90r] ---
[...nah] | kocapa Jaka Mada | angon lêmbu kang winuwus | ki patih marêngi liwat ||
50. Ki Mada samya alinggih | rêrasan lan rowangira | ingong angrungu wartane | otêr wong sajroning kitha | sinaba duratmaka | Brawijaya langkung bêndu | norana sanggup nyêkêla ||
51. dening kang maling asêkti | Ki Mada aris angucap | ora tiwase patihe | emane kamuktènira | aku sanggup nyêkêla | dadia pêpatih prabu | dèn kêthoka yèn tan kêna ||
52. ki patih mirsa dènnya ngling | lare alit arêrasan | mandhêg dipun tilingake | wus wêning nulya pinaran | ki patih tumut lênggah | apa dera ucap iku | rare iki saurira ||
53. manira ngrasani maling | kang asaba ing kadatyan | dening kalangkung sêktine | puniki rowang manira | Ki Mada pêngung ladak | pêpatihe Majalangu | punika ingaran tiwas ||
54. bocah puniki nyanggupi |
--- [f. 90v] ---
iya thole sanggupira | maling aguna kênane | gih yèn wantên karsa nata | manira dèn kêthoka | iku têmên dènnya muwus | pakaran yèn tan têmêna ||
55. mara jarwanana mami | maling gonira angarah | Ki Mada alon dêlinge | saguna-guna manira | măngsa sun wawahêna[80] | yèn tan ngarsane sang prabu | ki apatih èmêng ing tyas ||
56. anulya dipun jarwani | payo sira ingsun bakta | sun aturake sang kato | ya ingsun iki dinuta | ngulari kang sanggupa | lan inggun[81] dhewe asanggup | mring sira yèn angsal karya ||
57. anyambungi pati mami | ingsun dudut mantu sira | ingong duwe anak wadon | ya kaki sira alapa | wus kering Jaka Mada | lumampah anèng pukur[82] |[83] lajêng sowan sri narendra ||
58. Brawijaya pan tinangkil | pêpak adining amănca | piyak ki patih praptane | asowan munggèng ing ngarsa | angandika sang nata | patih lèh karya lakumu | umatur saha pranata ||
59. angsal sasat [sa...]
--- [f. 91r] ---
[...sat] datan olih | wontên kang sanggup nyêkêla | maling kang saba kadhaton | timbalana ngarsaningwang | Ki Mada tinimbalan | kagyat nata langkung rêngu | ala têmên polahira ||
60. tanpa ngrasa sun arani | tumamdang[84] ngulari sraya | têka gawa bocah angon | si patih wis tanpa guna | hèh lare apa sira | kang sanggup anyêkêl pandung | sira maning yèn iyaa ||
61. Jaka Mada atur bêkti | yèn wontên karsa sandika | amarêngi barkat kato | hèh bocah pa têmên sira | yèn maling nora kêna | masthi sun tugêl gulumu | sapikul lawan si patya ||
62. Ki Mada matur ngabakti | nuwun sumăngga ngabahan | nulya kondur sang akatong | ki apatih tinimbalan | Ki Mada kinèn bakta | pinarak anèng manguntur | Brawijaya Majalêngka ||
63. ki apatih munggèng ngarsi | Ki Mada nèng wurènira | angandika sang akato | hèh Mada maling aguna [agu...]
--- [f. 91v] ---
[...na] | luwih dening kuwasa | sampun jinarwan sadarum | kapriye tarekahira ||
64. sira sawêngi sun sungi | kawasa duwe parentah | ingsun iya nurut bae | Ki Mada matur anêmbah | yèn suwawi lan nata | dalêm sadintên sadalu | wontêna ingkang larangan ||
65. sakathahe para gusti | sampun wontên nginum toya | salêbêtipun kadhaton | wêwadhah dèn pêcahana | sumur samya sinaban | tinunggua luwuripun | pacêrèn dèn urugana ||
66. lêlangon sajroning puri | sinasaban dèn karêksa | kinêmitan gaman akèh | punika dados pangusyan | apa karan mangkana | pandung punika pukulun | mila darbe pangawasa ||
67. guna sêkti anglangkungi | adarbe kumala naga | lan Pulunggana arane | panguripanipun toya | dèn cêkêla ning[85] wadya | wuwuha sing Majalangu | punika măngsa kênia ||
68. pêjaha sapta sawêngi | angsal katetesan toya | inggih masthi gêsang malèh [ma...]
--- [f. 92r] ---
[...lèh] | supami tan manggih toya | wakipun lêsu lupa | auyang tan darbe bayu | ical ingkang pangawasa ||
69. sapurugipun katawis | apa têmên ujarira | inggih ba suka pinatèn | nulya samya ingundhangan | sakèh wong ing jro pura | aja na anginum banyu | undhang dalêm pinatyanan ||
70. sumur samya dèn sasabi | sakèh pacêrèn ngurugan | langon sinasaban mangke | wus pinatah ingkang ngraksa | samya kinèn sayosa[86] | abor anijèni iku | sarupa wong Wilatikta ||
71. sampun surup sang yyang rawi | Ki Mada nuwun wêwênang | timbalana putri katong | sampun têbih lan sang nata | sapawongan sadaya | inggih kawula pukulun | dalêm kaputrèn kang têngga ||
72. iya para sun turuti | raja putri tinimbalan | sapawonganira kabèh | sang putri awrat pinaksa | lan malih tur kawula | bilih ămba buru pandung | sampun wontên mundur mara ||
--- [f. 92v] ---
13. Durma
1. sampun wontên obah saking ing panggenan | ămba bujung pribadi | sami dèn prayitna | yèn katingal kiwala | dèn byuka kang punang maling | wusing tinata | Ki Mada nèng jro puri ||
2. têngah dalu ing dina Buda Cêmêngan | Ki Pulunggana prapti | jlêg datanpa sangkan | Ki Mada wus mirantya | anulya dan[87] parêpêki | sapa ku jalma | Pulunggana nauri ||
3. iya aku apa pangling syaraningwang | iku apa wong kêmit | Pulunggana lunga | wong iki wruh maringwang | sarya ngucap ya wong kêmit | sapa ranira | lunga nora nauri ||
4. pa Si Mada ya Si Mada araningwang | anduga lamun maling | nulya pinrêpêkan | iku pa Pulunggana | iya Pulunggana mami | pa duratmaka | ya ingsun dudu maling ||
5. sun kang têngga kadhaton Ki Mada ngucap | apa ujarmu mali[88] | anulya narajang | Ki Mada maling tadhah | aramya aganti kêris | pêdhang-pinêdhang | Mada repot kalindhih [ka...]
--- [f. 93r] ---
[...lindhih] ||
6. nulya alok Ki Mada obah sadaya | Pulunggana gumingsir | binujung akatha[89] | kinrubut kajinêman | sayah Pulunggana apti | ngupados toya | nora nana kapanggih ||
7. wus angrasa Ki Pulunggana yèn tiwas | sakèh para bupati | ngêbyuki sadaya | Ki Pulunggana sayah | angêlak tan ana warih | sarya ngoboran | saparan dèn tut wuri ||
8. wus sinikêp marucut pan ora kêna | anulya dipun byuki | kiringg[90] Pulunggana | jalma pating palêsat | ana binuwang binanting | wênèh dhinupak | kalêngêr katampiling ||
9. kang kêsampe aniba pating palêsat | lumayu samya wingwrin | tan maga[91] puliha | katur ing Brawijaya | dukane yayah sinipi | hèh kayaparan | Mada maling tan kêni ||
10. aturira Ki Mada pintên-pintêna | kang nyêkêl botên kenging | yèn dede putra ka | sang dyah rêtnaning pura | amasthi [ama...]
--- [f. 93v] ---
[...sthi] kang maling kêni | nulya ngandikan | nini sun wèhi kardi ||
11. lah cêkêlên iki kang maling aguna | sang dyah matur wotsari | ulun pan wanodya | kawula sagêd apa | inggih kawula kadugi | nanging ta rama | sampun dika patèni ||
12. iya nini lah mara cêkên egal |[92] nulya dipun parani | kang maling cinandhak | bau kiwa tan obah | anulya dipun talèni | salira lupa | tanpa bayu kang maling ||
13. wus binakta ingaturakên kang rama | suka sri narapati | nulya angandika | maling kaya pa sira | pa rêp mati pa rêp urip | Lunggana nêmbah | măngga karsa nêrpati ||
14. sêdya ămba asuwita sri narendra | yèn paduka patèni | punapa kinarya | sasisaning gurinda | miwah salandhêping kikir | tapak pak palunya |[93] lan pun êmpu sabumi ||
15. kadi batên tumama abdi paduka | yèn suwawi sang aji | ba kawulakêna | punapa karsa nata | anulya dipun luwari | nulya prasêtya [prasê...]
--- [f. 94r] ---
[...tya] | tinariman sang putri ||
16. sinung nama Rahadèn Arya Panular | dening Ki Mada panggih | lan nake ki patya | jinunjung linggihira | anggêntèni dadya patih | patih kang loma | nganggur dipun ingoni ||
17. Bagus Mada jumênêng Ki Gajahmada | kinasihan sang aji | gêmah kang nêgara | wong cilik alêmbana | kacaryan parentah patih | Ki Gajahmada | kalangkung dening adil ||
18. nulya Arya Panular kinèn nêlukna | ing sabrang miwah Jawi | sakêdhap wus prapta | tanah nêgari Jawa | ing sabrang dipun lampahi | mêdal samodra | lir dharatan sirèki ||
19. samya ajrih wong sabrang dening kalintang | Arya Panular sêkti | wus têluk sadaya | Bali Bugis Makasar | Tarnete Banjar tanapi | Timur lan Bima | Siyuk Laban Patani ||
20. ing Sêmbawa Mandar Kucing samya seba | Tranggan Nusa Lot sami | Jambi lan Salebar | Salot Sadhong [Sa...]
--- [f. 94v] ---
[...dhong] Pulembang | Lampung Sokadana nangkil | Jahor lan Cêmpa | asowan Majapait ||
21. kang dèn jrihi kang nama Arya Panular | dening kalangkung sakti | sang nata sêmana | sakalangkung asuka | Ki Panular dipun sihi | pinutra-putra | kèringan ing sabumi ||
22. yèn ajurit wong Pêning ingkang binakta | mila norana wani | dening Gajahmada | kabubuhan ing wuntat | yèn ana sukêr nêgari | ing bêbênêran | Ki Mada kang nyampuni ||
23. wus alama jênêngira Brawijaya | dalu sang nata ngimpi | akrama pan angsal | raja putri ing Cêmpa | enjing miyos pri[94] bupati | ing panangkilan | angandika ing patih ||
24. apa ana kang ingaran bumi Cêmpa | Arya Panular bakti | inggih nagri sabrang | nulya Arya Panular | ingutus dhatêng sang aji | marang ing Cêmpa | sinom sampun winêling ||
14. Sinom
1. pamit pranata wus kentar |
--- [f. 95r] ---
dènnya angambah jêladri | nora amawi baita | lumampah siyang lan latri | prapta Cêmpa nêgari | wus katur samya alungguh | mojar Sri Nata Cêmpa | Ki Patih Panular kaki | paran karya ngutus paran de sang nata ||
2. umatur Arya Panular | manira ngutus sang aji | anglamar putri sang nata | lah sangkramanên rumiyin | satosa[95] ki apatih | Arya Panular sang prabu | ing Cêmpa manjing pura | sigra sang putri tinari | cinarita putri ing Cêmpa têtiga ||
3. èstri kêkalih satunggal | waruju jalêr apêkik | wus tinari kinèn dandan | tansah udrasa sang putri | karantên putri nangis | nora ginagawan iku | nini putri mênênga | ya benjang ingsun kirimi | aja nangis enjang sri bupati mêdal ||
4. kapanggih Arya Panular | pangandikane sang aji | Arya Panular aturna | sang putri ing Nata Jawi | atêrna hèh apatih | Arya Panular mit wau | kering sang putri Cêmpa | ing
--- [f. 95v] ---
ut datan kawarni |[96] sapraptane pasisir Arya Panular ||
5. aputusan dhingin sira | umatur dhatêng sang aji | kawula ngutus pun Arya | paduka mapag Garêsik | suka sri narapati | asuwara wadya agung | bubar ni dipăngga |[97] sampun prapta ing Garêsik | tan kawarna bubar anitih kalihan ||
6. wus prapta ing Majalêngka | tansah kasukan sang aji | tan kawarna wus aloma | apêparab pramèsyari | sang putri Darawati | namanira sang rêtna yu | adawa cinarita | sang natèng Cêmpa kawarni | kadhatêngan mulana Sèk Wali Lanang ||
7. sing Atasangin pandhita | sinêmbah dening sang aji | pandhita ing ngêndi tuwan | anglêlana paran kardi | tuwan maring ing kami | kirang dhahar sandhang ulun | ajêjaluka maringwang |[98] tuwan sun arta asugih | angandika Sèk Wali Lanang sang nata ||
8. Sang Raja Cêmpa sun nêdha | sing mulana kita iki | datan pakenak kang nala |
--- [f. 96r] ---
asung pèngêt ing sang aji | tuwan Sêlama makin[99] | yèn tan Sêlama sang prabu | pasthi dinukan ing Yyang | anulya Sêlam sang aji | wusing Sêlam tansah agung musawarat ||
9. wus alami rajèng Cêmpa | dhatêng ing janji ngêmasi | ingkang gêntosi kang rama | putranira kang wuragil | sadina-dina mangkin | musawarat sang aprabu | lawan Sèk Wali Lanang | sêmona sampun alami | Maolona pinanggihkên lan kang raka ||
10. kocapa nêgari Jawa | wontên rasêksi kêkalih | jalu kalawan wanodya | pan asêpuh jalêrnèki | wakcana buta èstri | rahina wêngi anguwuh | adhuh kakang manira | apanggihna lan Sang Aji | Majalêngka ki rasaksa mangkya mojar ||
11. kaya apa yèn panggiha | sira Jathagimbal nini | amis bacin abunira[100] | tumuli dipun usapi | awake ni rasêksi | wus rupa manungsa ayu | lir Dèwi Ratih Kedran[101] | kantuna kakang lah mami | kakang kesah [kesa...]
--- [f. 96v] ---
[...h] dhumatêng ing Majalêngka ||
12. ni rasaksa sampun mentar | asinjang wulung saryya di | sulendhang wulung araras | lumaku rina lan wêngi | lir endhang warnanèki | dya totonan[102] wong sadlanggung | dagang tilar dodolan | prapta ing pasar gêng mangkin | sambewara atilar dodolanira ||
13. mirut pasar Majalêngka | sami nonton endhang prapti | sang nata lagya sèniba[103] | pêpak pramănca dipati | angandika nrêpati | hèh patih kaya pa iku | asêpi punang pasar | apa dèn toton wong iki | pariksanên ki patih tumurun enggal ||
14. wong anonton dipun piyak | atanya aris ki patih | nini endhang ngêndi sira | mring pasar pakaryanèki | ni endhang matur aris | wisma manira wana gung | boya têtukuningwang | tan ngulari wăngsa mami | sêdya ămba ngawula Sri Majalêngka ||
15. suka ngabdèkêna ingwang | ki patih matur sang aji | angandika sri narendra | gawanên marene patih | linêbêtakên [linêbê...]
--- [f. 97r] ---
[...takên] puri | cinangkraman dalunipun | langkung dening kasmaran | pramèsyari Darawati | tan sinaba kang tinunggu mung ni endha[104] ||
16. lami ni endhang awawrat | laminipun tigang sasi | rahina wêngi karuna | nêdha gêcok mêmtah[105] uni | sang nata anêkani | ênya yayi ja amuwun | anulya dipun pangan | ni endhang nulya angêrik | pan lumayu mantuk dhatêng ing kayangan ||
17. gègèr wong sadalêm pura | ajrih marang ni rasêksi | kocapa Sang Brawijaya | ngandika mring pramèsyari | yayi mas Darawati | sabrang ana putri ayu | pawèstri kadya sira | matur kawula tan myarsi | amung yayi kencana salin ping sapta ||
18. rupanya punika kangkang[106] | salin ping pitu sawêngi | alah mêmaru wong liyan | sri bupati nulya mijil | pêpak mănca dipati | angandika sang aprabu | Arya sira maringa | mring Cêmpa lamarên aglis | arinira Ni Darawati punika ||
19. Arya
--- [f. 97v] ---
Panular wus mentar | lumampah anèng pasisir | wus mirsa sang nata tilar | sang putri sampun akrami | Arya banjur wus prapti | Sang Nata Cêmpa puniku | kagyat Ki Arya prapta | punapa karyane rèki | Arya matur kawula kinèn anglayad ||
20. sang prabu anom ngandika | kakang Arya sun atitip | katura sang natèng Jawa | lan katura kakang putri | Ki Arya nulya amit | aglis lampahe ing ênu | wus prapta nungsa Jawa | umatur Sri Maospait | pakêkintun kawula kang ngaturêna ||
21. pangandikane sang nata | Arya Panular sirèki | yèn gustinira karuna | sira sun kokon ing mangkin | dyan Ki Arya lumaris | lumêbêt ing pura iku | Mas Darawati ika | ingayap ing para gusti | duk tumingal Ki Arya nulya sinapa ||
22. Ki Arya angaturêna | panêpi ing pramèsyari | Darawati kang tumămpa | sampun gèr gusti anangis | kapiarsa ing jawi | sang nata enggal lumêbu [lumê...]
--- [f. 98r] ---
[...bu] | sarya ngagêm sarampang | pramèsyari Darawati | sampun mênêng wau dènira karuna ||
23. nulya arêraup sira | kêkêmu sang liring Ratih | sri narendra nulya prapta | katingal kang warna salin | nulya mawas sang aji | tumbak gigal nora wêruh | ing mangke kawarnaa | ni rasaksi ingkang prati[107] | sing kadhatyan wus loma adarbe putra ||
24. miyos jalu winastanan | Ki Dilah saya gêng iki | amit ing ibu lan uwa | lah sami andika kari | adan malêbêt ngabdi | ing Sang Nata Maoslangu | pan tumut ponakawan | sang prabu ing Majapait | ambêburu mring wona ngambil ngasmara ||
15. Asmaradana
1. angêrig sabalanèki | Ki Dilah matur patikbra | arsa cangkrama sang kato | alah cangkrama ing wona | apênêd cangkramaa | ing paseban sang aprabu | kula sanggup dhatêngêna ||
2. buron wona sakèhnèki | yèn sambada lawan karsa | akaryaa panggung kato |
--- [f. 98v] ---
Dilah ingsun idhêp sira | lah mentara dèn enggal | lamun buron wona rawuh | ing alun-alun sun ganjar ||
3. pun Dilah mêsat ngarsa ji | mring kayangane kang uwa | wus prapta Dilah ature | biyang isun kapundhutan | sakèhe buron wăna | praptaa ing alun-alun | kang uwa gumujêng gampang ||
4. ki rasaksa ni rasêksi | anggiring kang buron wona | kagiring wus prapta kabèh | ing alun-alun aglar |[108] mapan dadi totonan | sang nata rêna kalangkung | jinunjung linggih Ki Dilah ||
5. Arya Damar kang wêwangi | jajar lawan Gajahmada | abala salêksa kèhe | agawe kitha piyambak | cinipta mring kang uwa | sakalangkung dening bagus | lampahan sabêdhug dohnya ||
6. lawan kitha Majapait | langkung kapengin sang nata | nulya kinèn damêlake | nambut kitha Mojalêngka | Arya Damar bubuhan | lan Gajahmada puniku | Arya Damar nambut kiwa ||
7. obah sakèh wong
--- [f. 99r] ---
nêgari | gumêrah wong Gajahmadan | gènnya atra[109] bata rame | sadina-dina lumampah | nging kantun rêringgitnya | Arya Damar dèrèng nambut | langkung duka sri narendra ||
8. Arya Damar dèn timbali | angandika sri narendra | ala têmên sira mangke | Si Gajahmada karyanya | mèh wis kari ringgitnya | sira durung atrap iku | Ki Arya Damar tur sêmbah ||
9. kadi ămba batên kari | pukulun dinamêl paran | yèn kantuna pakaryane | sun kêthok yèn kari sira | aturipun sandika | kawarnaa sampun dalu | Ki Arya Damar mring uwa ||
10. nulya nolih ing dhêdhêmit | sadaya anambut karya | tanpa wilangan kathahe | kurang bata luwih setan | sadalu wus karyanya | sarêng enjing samya dulu | kagyat gêgêtun sadaya ||
11. kapanane gène uwis | salawase tan dèn garap | dadya kari pakaryane | sira Patih Gajahmada | kadukan ing sang nata | wus angrasa [ang...]
--- [f. 99v] ---
[...rasa] manahipun | kari saparang barangnya ||
12. yèn ora lunga sing Jawi | Ki Arya Damar punika | masthi bilai wak ingong | tansah angulari marga | ênêngêna kang kocapa |[110] sampun aloma kadangu | Raja Cina aputusan ||
13. mring nungsa Jawa ngaturi | putri ayu wus tinampan | putri Cina dalu mangke | cinangkraman ing sang nata | ri sampuning alama | wawrat tigang sasi iku | putri Cêmpa tan sinaba ||
14. angling Nimas Darawati | kawula dèn ulihêna | sang nata ngandika alon | ingsun wêruh karsanira | sang nata nulya mêdal | Gajahmada sangêt matur | sang nata nulya nênêrat ||
15. Ki Arya Damar sirèki | ingandikan marang ngarsa | binalang ing sêrat mangke | nulya pramèsyari mêdal | sang prabu angandika | Gajahmada garwaningsun | lungakêna mring Pulembang ||
16. Si Arya Damar nak mami | sira tandura Pulembang | Arya Damar ngiringake [ngiring...]
--- [f. 100r] ---
[...ake] | dènira Ki Gajahmada | Garêsik gèn amancal | tan kawarna sampun rawuh | Pulembang ki patih mojar ||
17. Ki Arya Damar sirèki | lah wacanên surat nata | Arya Damar maos age | karênga de Gajahmada | poma hèh Arya Damar | ja gawe somah yèn durung | ambabar wêtênganira ||
18. ki apatih nulya mulih | Ki Arya kantun Pulembang | ing Cêmpa winuni mangke | Maolona Wali Lanang | kêkalih putranira | putra jalu ingkang sêpuh | ingkang èstri pan taruna ||
19. putra jalu kang wêwangi | anênggih Rahadèn Rahmat | amit dhatêng ing ramane | arsa dhumatêng ing Jawa | ingkang rama ngandika | pamita manira prabu | nulya marêk ing sang nata ||
20. kang rama mangkya umiring | sang nata lagya sineba | dening garwanira mangke | katingalan de kang raka | layyan pulunanira | sang nata mangkya amuwus | lah Ki Rahmat paran karsa ||
21. kawula anuwun pamit [pa...]
--- [f. 100v] ---
[...mit] | arsa dhatêng Ratu Jawa | Sang Nata Jawa wartine | angadu aprang tandhingan | sang natèng Cêmpa mojar | ya Rahmat rêja Jawèku | iya iku ulunira ||
22. pramèsyari Darawati | ingkang anèm ibunira | sira angangkêna mangke | lamun anak ingsun benjang | ki mantri adhènira | gawanên maring Jawèku | sang nata amupu anak ||
23. Alim Burerah namèki | Ki Rahmat amit wus kesah | pan wong têtiga rowange | sampun anumpak baita | enggal dènira layar | datan kawarna ing laut | wus prapta ing nungsa Jawa ||
24. sampun panggih lan nêrpati | ing Majapait punika | Ki Rahmat sinuba mangke | lamine yya tên sawarsa | nulya amit Ki Rahmat | dêlingira sang aulun | ayya mulih akramaa ||
25. angandika sri bupati | kang Tumênggung Wilatikta | puniku nênggih wastane | Ki Arya Sidik ing Tuban | kêkalih anakira | kang sêpuh nyai tumênggung | lan Ki Rănggalawe [Răng...]
--- [f. 101r] ---
[...galawe] Tuban ||
26. Ki Tumênggung Wilapait | pan kêkalih putranira | kang asêpuh èstri mangke | wasta Ki Agêng Manila | kang rayi jalu ika | Radèn Said namanipun | dening Ni Agêng Manila ||
27. pinanggihakên tumuli | kalawan Rahadèn Rahmat | anulya pamit mring katong | adhêdhêkah Ngampèldênta | putrane Raja Cêmpa | Radèn Mantri namanipun | wus akrama putranira ||
28. Sang Arya Teja rinèki | Jaranpanolih punika | Dyan Mantri pinanggihake | wus têmu amit mring nata | Garêsik dhinuhan |[111] Alim Burerah puniku | lan Dyan Mantri sami ngalap ||
29. Arya Teja putranèki | lan Radèn Mantri pan tunggal | iya Garêsik dhukuhe | warnanên ana mulana | sing Judah wastanira | Sèh Alul Iman ranipun | wus prapta nêgari Jawa ||
30. mêntas marang Ngampèlgadhing | wus panggih lan Sunan Rahmat | sampun jawat tangan mangke | nulya mit nitih baita |
--- [f. 101v] ---
dènnya layar mangetan | marang Balambangan rawuh | kandhêg asêpi sang nata ||
31. anênggih tilar nêgari | matambakên[112] ingkang putra | dhatêng gunung sabalane | sakite sang rêtna barah | maksa tantuk têtămba | nulya amirsa sang prabu | yèn wontên mulana prapta ||
32. ki patih ingkang tinuding | sira jaluka usada | wus panggih sangêt ature | ki mulana angandika | dudu dhukun manira | wus ginawan sarah wau | nulya tinambakên[113] waras ||
33. putri Balambangan uni | sang nata tan kêna ngucap | mulana pinanggihake | lan sang putri Balambangan | wus lama maolana | rêka sang nata puniku | garwanipun dipun bakta ||
34. prapta ngarsane sang aji | maolana angandika | hèh sang nata sira mangke | Sêlama ngucap sahadat | kabèh padha Sêlama | sang nata anyêntak asru | nulya mencos cangkêmira ||
35. maolona kesah aglis | rabine tinilar wuntat | anulya [anu...]
--- [f. 102r] ---
[...lya] sêsalad gêdhe | rahina wêngi wong pêjah | angandika sang nata | hèh patih sêsalad agung | panggawane nini putra ||
36. putrane lanang ta benjing | lamun dadi ratu panas | sang putri ambabar mangke | putranira miyos lanang | winadhahan tabêla | anulya kinèn anglabuh | ing sêgara ênêngêna ||
37. kocapa wontên wong singgih | nêgarane ing Kêmboja | kalungsur pangawulane | suwita mring Majalêngka | kinasihan ginanjar | tinanêm Garêsik iku | awisma sampun aloma ||
38. Ki Patih Kaboja[114] mati | kantun kang èstri kewala | mapan akathah dunyane | padagangira akathah | nakoda putranira | kinèn adaganga iku | wus mentar ing Balambangan ||
39. ing laotan aningali | tabêla nulya cinandhak | binuka ing jro isine | jabang bayi dyan binakta | wus lama agêng sira | ki nakoda seba wau | mring nyai pinatih [pina...]
--- [f. 102v] ---
[...tih] ika ||
40. dipun bakta putranèki | binabêdan[115] cindhe kêmbang | muncar-mancur mas kuncunge | samakta kroncong gêgêlang | akêkalung ajêjamang |[116] kalpika katimang mancur | wus prapta marêk nyi patya ||
41. aglis kasênjata liring | bagea sira nakoda | nyai patih dulu rare | abagus dipun rêrêngga | ni patih mèsêm ngucap | sapa duwe anak iku | nakoda nèng wurènira ||
42. angsal kawula mêmanggih | yèn mangkono ingsun iya | milu anak-anak mangke | nakoda mring anakira | sumăngga ki nakoda | rare binakta malêbu | mring wisma dipun rêrêngga ||
43. sampuning alami-lami | kinèn angaji kang putra | dhatêng Sunan Rahmat mangke | mapan ana rowangira | putrane jêng susunan | ing Ngampèldênta ranipun | anênggih Ki Santri Benang ||
44. sampuning alami-lami | sinadulurakên sira | lawan Santri Benang mangke | ni patih tuwi nakira | Santri Giri
--- [f. 103r] ---
ranira | wus binaktakakên mantuk | dènira Susunan Rahmat ||
45. sarya angandika aris | ni pinatih anakira | sun sadulurakên mangke | Ki Giri lawan Ki Benang | kumpula nyai patya | wotsêkar ature nuwun | nulya pamit mantuk sira ||
46. wus alama dènnya ngaji | de putrane Sunan Rahmat | kêkalih prêmbayun wadon | awasta Ngyagêng Manura | kang anèm Santri Benang | asmaradona wus rampung | gambirsawit[117] kang gumantya ||
16. Maskumambang
1. wus alawas Santri Benang Santri Giri | arsa angajia | marang Mêkah wong kêkalih | wus lêpas ing lampahira ||
2. kandhêg anèng ing pasar Mêlaka uni | marmane mangkana | wong Mêlaka padha ngaji | mri Kyai Sèk Alul Iman ||
3. laminira antara wontên sawarsi | nuli Santri Benang | Santri Giri samya amit | arsa angaji mring Mêkah ||
4. maolana [mao...]
--- [f. 103v] ---
[...lana] Alul Iman mojar aris | yya sira mring Mêkah | balik muliha sirèki | karo mring nagara Jawa ||
5. Santri Benang kipinêtêdhan[118] kulambi | sêsilir lan jungkat | kaskul dipun jêjuluki | Sang Prabu Nyakrakusuma ||
6. Santri Giri pinaring rasukan adi | jubah lawan jungkat | kaskul dipun jêjuluki | Ki Giri Prabu Satmata ||
7. nulya samya amit mulih kang winarni | pan ana mulana | nênggih saking Atasangin | Sèh Sarapidin kang nama ||
8. anupêna panggih lan pandhita Jawi | anunut wong dagang | lumampah mring nusa Jawi | lir darwis panganggenira ||
9. anèng Pabêthêkan gènira uni |[119] palwane nakoda | nora kêna lunga uni | dhinayungan nora obah ||
10. pandhega ngling ki nakoda palwa iki | karane tan kêna | lunga prênah Ki Druwis |[120] mring luwur palwa dèn enggal ||
11. wus pinarnah ing luwur palwa lumaris | Darwis pamitan |[121] arsa mêntas dèn lilani | anulya [a...]
--- [f. 104r] ---
[...nulya] mudhun sêgara ||
12. kadya ngambah ing dharatan sira Darwis | wus mêntas muara | anênggih ing Ngampèlgadhing | Ki Mulana dyan tumingal ||
13. masjid alit anulya dipun lêbêti | nulya sami mêdal | Santri Benang santri Giri | pan dawêg amusawarat ||
14. pan masalah ngèlmu raos dèn rasani | samya sah-êsahan | nulya Ki Sèh Sarapidin | sabakdane asêmbayang ||
15. nulya linggih wontên satêpining kori | nuli ki mulana | Sarapidin jaluk kêndhi | Ki Benang angaturêna ||
16. ki mulana ngêcurakên toya kêndhi | nuli atêtanya | sapa ingkang darbe masjid | Ki Benang matur pun rama ||
17. Sarapidin angucap alah ki santri | age konên mêdal | manira maringi masjid | Ki Benang matur ing rama ||
18. Sunan Rahmat tan adangu nulya mijil | panggih jawab tangan | sadalu gunêman ngèlmi | Sarapidin [Sarapidi...]
--- [f. 104v] ---
[...n] enjing kesah ||
19. Santri Benang Santri Giri atut wingking | adan nitih palwa | prapta nglaotan lumaris | Sarapidin dulu sira ||
20. dening sira Santri Benang datan gingsir | sira maolana | Sarapidin anor angling | pakone Ki Santri Benang ||
21. Santri Benang aji tiga Sarapidin | lah Ki Santri Benang | sira sun dulu dumêling | kaserenan ngèlmu rasa ||
22. nulya layar mangilèn pan sampun prapti | muara Pamalang | Ki Mula Sarapidin |[122] sumalah nulya ngastana ||
23. dan kocapa kang wontên Pulembang nguni | sira Arya Damar | kawalone sampun lair | namanipun Radèn Patah ||
24. patutane Brawijaya Majapait | putranira dhawak | Husèn namanira uni | arine nênggih wanudya ||
25. wastanira Ni Manah katiga saking | mijil putri Cina | Radèn Patah Husèn amit | mring rama Ki Arya Damar ||
26. radèn kalih karsanya [karsa...]
--- [f. 105r] ---
[...nya] arsa ngajawi | mêntas ing muara | ing Ngampèldênta angaji | malêbèng Susunan Rahmat ||
27. samya ngaji sampuning alami-lami | Husèn pamit sira | ing Pangeran Rahmat uni | linilan malêbêt sira ||
28. angawula mring Sang Nata Majapait | Husèn angsal karya | jinunjung dadya bupati | wisma Têrung jênêng Arya ||
29. ênêngêna ing Carêbon kang winarni | kang bêkêli ika | Pangran Madiun kang nami | kang têdhak Nabi Mukhamad ||
30. kunêng putrane Tumênggung Wilapait | pan kêkalih wăngsa | Ni Agêng Manila iki | kalap ing Susunan Rahmat ||
31. apêputra tiga kang sêpuh pribadi | Ni Agêng Manyura | Ni Agêng amung sawiji | kang wuragil Santri Benang ||
32. mapan sami kang miyos saking sirèki | putrane Sri Cêmpa | kang adhukuh ing Garêsik | arine Nyai Manila ||
33. apan jalu ingkang nama
--- [f. 105v] ---
Radèn Said | atilar kang rama | Ki Tumênggung Wilapait | karyane angabên sata ||
34. apan kesah Ki Said ing Maospait | pan angabotohan | marang Jêpara sirèki | sampun prapta ing Jêpara ||
35. ngadu ayam lamun kalah ayamnèki | dipun suwèk pisan | nulya kesah Jaka Said | parane lunga mangèt |[123]|
36. nut pasisir prapta Wona Jatisari | matèni dêdalan | ambêbegal karyanèki | anèng Wona Jatisêkar ||
37. Jatisêkar lèr wetaning Lasêm iki | Ki Kalifa Benang | langkung sapraptane rèki | saking muara Pamalang ||
38. sarêng mulih anyêlamakên puniki | salunga jar cala | sinapa dening Ki Said | hèh wong ngêndi sari[124] liwat ||
39. nyangking jungkas lan bêruk tasbèh kacangking | nora amiarsa | baya nora tuku warti | iki wong mati akathah ||
--- [f. 106r] ---
40. lah ing ngêndi wismanira ta sirèki | Ki Benang angucap | lah ing Tuban wisma mami | lawan Ki Kalifa Benang ||
41. sira iki arsa ambegal ing kami | angling Ki Midhangan | arêp ta olih sirèki | age lah sira lungaa ||
42. amidhanga ing pasar Lasêm sirèki | wontên wong amidhang | ampuh wulung lan malih |[125] saryya asabuk daluwang ||
43. lamun wontên remanira tiba gigir | lan wora-wari bang | ika kinarya sêsumping | begalên maksih akathah ||
44. adan midhang ing pasar Lasêm Ki Said | wus prapta ing pasar | kang dèn ulati kapanggih | nulya kesahe mangetan ||
45. lunga ngetan Ki Said apan tut wingking | Ki Kalifa Benang | prapta ing Tuban sirèki | malêbêt ing majidira[126] ||
46. pan Ki Said angalasodi[127] sumandhing | wus dalu Ki Benang | amarani mring Ki Said | Ki Benang aris angucap [ang...]
--- [f. 106v] ---
[...ucap] ||
47. lah wong apa angalasod sira iki | sumbalinga samar | têkanira tan udani | anèng sajabaning lawang ||
48. mangkya matur kawula ingkang kapanggih | Wona Jatisêkar | inggih kawula pun Said | arsa angabdi ing tuwan ||
49. lamun têmên-têmên ta sira Ki Said | sira ngaluwata | nulya ngaluwat Ki Said | lamine wontên sawarsa ||
50. Ki Kalifa Benang pinarêk ing masjid | andhèr pêkir seba | wus lawas binakta mulih | Ki Said nèng dalêmira ||
51. dèn iliri anulya nglilir Ki Said | Ki Kalifa Benang | angandika lah Ki Said | dèn enggal sira ngalasa ||
52. nulya ngalas lamine wontên sawarsi | kabêbêd ing lata | Pangeran Benang dan angling | hèh kaum sira sadaya ||
53. lah ta padha abêbêdhag wana sami | kèhing pêkir ika | sampun sami bakta jaring | kêkudhungan [kêkudhung...]
--- [f. 107r] ---
[...an] iwêr sangsam ||
54. sakèh kaum malêbêt ing Wonasari | manggih mayid ika | sumedhe[128] ing wrêksa wudi | karambatan dening lata ||
55. mangkya katur Pangeran Benang sira glis | mayid pinaranan | anulya dipun iliri | Ki Said anglilir sira ||
56. angandika Pangeran Benang Ki Said | nyawa lah muliha | sinung kulambi sêsilir | jungkas kaskul pinaringan ||
57. pan Ki Said amit mantuk sira aglis | marang ing Jêpara | ambanjur lampahnya nuli | angulon garwa binakta ||
58. anglêlana mulane kapati-pati | mulane sêmana | wontên suluk raga brangti | Ki Said lagya nglêlana ||
59. dyan anuwun ing baita Radèn Said | marang tanah sabrang | kandhêg wontên Pulo Upih | karane kandhêg sang brăngta ||
60. sira Said pan amapag dara putih | Ki Said anapa | sang dara [da...]
--- [f. 107v] ---
[...ra] putih ing ngêndi | sumaur sang da pêthak |[129]|
61. ya Ki Sai[130] ayun dhatêng guru mami | Ki Said angucap | lamun mêngkono sirèki | ingsun tumut marang sira ||
62. nulya tumut Ki Said ing Daraputih | praptèng gurunira | sang pandhita sira mangkin | lagya atapa ngaluwat ||
63. sawêdale sang pandhita napa aris | marang Said ika | rahadyan nulya angaji | marang pandhita sawarsa ||
64. laminira dyan pinarnahkên Ki Said | ing Carêbon ika | Kalijaga dèn dhukuhi | kang darbe Carbon amirsa ||
65. yèn ing Kalijaga wontên wong atapi | ing dalu Susunan | Makêdum anagih prapti | ing Kalijaga kapanggya ||
66. lan kang tapa amusawarat sawêngi | nora nana nendra | wus rêmbag anunggil ngèlmi | salin têmbang dhandhanggula ||
17. Dhandhanggula
1. wus mêngkana kawarna ing kawi | ingkang wontên mangke Ngampèldênta | kae [ka...]
--- [f. 108r] ---
[...e] Patah amit mangke | dhatêng ingkang sinuwun | kang asrama ing Ngampèlgadhing | nulya mangke ngandika | Ki Patah sirèku | yèn mentar nglêlana ika | nut pasisir yèn ana sêsunglon uni | puniku malbèng wona ||
2. yèn agănda mêntasa tumuli | sira Patah amit nulya kesah | anut pasisir mangilèn | adan miyak rêrumbut | alang-alang galagah nuli | kandhêg anèng Bintara | Ki Patah dhêdhukuh | ambuka ngaji sastra |[131] wus alama akathah ingkang angaji | kaloka ing sang nata ||
3. Majapait nulya dèn timbali | wus alama sampun angsal karya | dèn sêngkakakên lungguhe | dadya dipati iku | ing Bintara pamomongnèki | wasta Ki Lêmbusora | angêmbani wau | dhatêng Dipati Bintara | kinèn nêlukakên wong bang kilèn sami | atunggua tampingan ||
4. wun[132] misuwur ing bang kilèn sami | samya suyud ngawula [nga...]
--- [f. 108v] ---
[...wula] Bintara | nulya damêl kutha mangke | ing Barus wastanipun | Lêmbusora mapan akardi | kitha ganthoka punika |[133] nêngêna winuwus | datatita Brawijaya | pan asakit rajasinganên sang aji | lamènira sawarsa ||
5. sinêbar nayaka Majapait | angulari usada tan angsal | ing dalu supêna mangke | Sang Nata Majalangu | yun walula[134] gêraherèki | akramaa lan wandhan | enjing sang aprabu | asuwara wadyabala | angulari wandhan kuning datanpolih | emut sang putri Cêmpa ||
6. pan adarbe cèthi wandhan kuning | bêbêktane saking nagri Cêmpa | nênggih karuwun angsale | nagri Wandhan puniku | dipun bêdhah de sri bupati | ing Cêmpa Wandhan bêdhah | putrine kapupu | binayong warnane endah | kuning mancur kuciwa remane bontit | wus katur mring sang nata ||
7. cinêngkraman waras grah sang aji | wus angandhêg sang rêtnaning [rêtna...]
--- [f. 109r] ---
[...ning] Wandhan | anulya kinubonake | prapta sêmayanipun | nulya lair kang jabang bayi | miyos jalu sudibya | bagus cahya mancur | ginadhahkên juru sawah | ênêngêna mangsuli caritanèki | sarêng tunggal kandhanya ||
8. padhukuhan ing Tarub winarni | wontên èntri[135] tinilar ing priya | ayu anom ing warnane | mapan dèrèng asunu | pan kapalang seda kang laki | langkung rudatin manah | nyai răndha Tarub | kalangkung ambêk sudarma | lampahane langkung asih pêkir mêskin | tulung ing wong kawudan ||
9. nyai răndha ing Tarub mêmuring | lampahing laki ambêk sudarman | adhahar têtămba luwe | tama[136] arip yèn turu | tru panrima marmitanèki | macapat măncalima | kabèh padha suyud | nêdha sawabe ni răndha | sasêbdane pinundhi-pundhi kinardi | panêmbahaning kathah ||
10. Sela Warung Garobogan tutin[137] [tu...]
--- [f. 109v] ---
[...tin] | ing Balora katong salaminya | kabèh pêngaji-ajine | barang ingkang tinandur | pan uninga ing Tarub uni | nanging ta nyai răndha | ngrudatin kalangku[138] | tanbuh panglipuring brăngta | manah nglampus tanbuh ingkang dèn tingali | kaya milua pêjah ||
11. ênêngêna mangsuli winuni | kala Radèn Sêsuruh mangetan | kang rama Galuh sang rajèng | musna lan gêdhongipun | wus ginaib aputra malih | jalu bagus anawang | cahyanipun mancur | arine Ciyungwênara | sanès bibi sinusulakên sudarmi | sarêng lan panjênêngan ||
12. Brawijaya ngadêg Majapait | Radèn Timur pan sampun tinitah- | akên ing Tarub prênahe | punika kandhanipun | kang satêngah caritanèki | putrane Brawijaya | tuhu putra Galuh | mangsuli purwa carita | Radèn Timur kala sinèlèh ing wêngi | ing pandhepok Tarub gènnya |[139]|
--- [f. 110r] ---
13. datatita kawarnaa malih | anuju wau malêm Jumungah | ing têngah dalu wayahe | nyai răndha ing Tarub | tatkalaning miyos ing jawi | madêg madyaning latar | kagyat duk adulu | prênah dhepoke kang raka | ana katon padhang dudu padhang gêni | nêlahi wahya[140] padhang ||
14. mancur lir wulan purnama sidi | kadya daru lir sundhul ngawiyat | kadi rahina jagate | sirna pêtênging dalu | padhang dening cahya nêlahi | nyai răndha grahita | kang padhang sumunu | mapan katingal sadaya | wêngkon Tarub ni răndha tan arsa guling | kaèsthi ingkang padhang ||
15. datatita nyai răndha gipih | dhatêng dhepok ya ta katingalan | jabang bayi mancur mangke | sor giyanti gènipun | cahya mancur lir mas sinangling | wau ta nyai răndha | nulya gêpah nyambut | tiningalan lamun lanang | luwih bagus ni răndha bungah
--- [f. 110v] ---
ing ati | binakta mantuk wisma ||
16. datan ana jalma kang udani | nyai răndha saluku nèng wisma | sampun ginêdhong putrane | anulya samya ngrungu | nyai răndha darbe bêbayi | jalu bagus anawang | nak putu misuwur | samya atinjo sadaya | nulya rawuh agêng alit jalu èstri | gawa sadarbèkira ||
17. êmpon-êmpon bras ayam kêrambil | kunir kunci sunthi lan lêmpuyang | lisah bêbêlêk praptane | sakèh kang anak putu | kang macapat măncalimèki | samya tinjo sêdaya | mring Ni Răndha Tarub | atanapi padhuan |[141] kiwa têngên sadaya samya akêmit | wong Pakis lan Sêsela ||
18. wong Patanèn Garobogan prapti | Katong Bangsri lan ing Lurung Têngah | dhudha santri kêrig kabèh | akêmit sabên dalu | pitung dina pan pitung latri | cinarita apadhang | tanna rintên dalu | sawêngkon [sawêngko...]
--- [f. 111r] ---
[...n] Tarub sadaya | samya gawok sakathahe kang akêmit | pitung dina wênginya ||
19. padhang yèn rintên pêtêng yèn wêngi | kang ningali pan lulut sadaya | samya kumawula kabèh | jabang bayi puniku | nora apti dipun languni | anusu datan arsa | nanging kang sinusu | jêjêmpolane kang asta | wus alama wong gêgawa kèh kang prapti | praptane lir karamat ||
20. kathah bêgjane tan milih margi | sampun sugih wau nyai răndha | amargi saking putrane | umuripun sataun | glis walagang kang jabang bayi | apangling kang tumingal | ni răndha sêsugun | mapan tan kana[142] pisaha | siyang latri wantu atmaja satugil | langkung dinama-dama ||
21. atmajanira ginusti-gusti | ingugung wau sapolahira | abagus mancur cahyane | adawa yèn winuwus | sampun umur padbêlas warsi | birai sandhang sêkar | kathah rara rawuh | kênya tambangan [ta...]
--- [f. 111v] ---
[...mbangan] wulanjar | samya brăngta kasmaran dening apêkik | kang ngunggahi akathah ||
22. macapat măncalima kang prapti | nanging Ki Jaka tan arsa krama | winarahan ing ibune | dahat putra tanpayun | nyai răndha aris jarnèki | dhuh nyawa putraningwang | rara ingkang ayu | sira tampiki sadaya | nganti apa sira krama widadari | norasa[143] lamak manungsya |[144]|
23. lah ta biyang pintên banggi benjing | kala mangke tan arsa akrama | ibu tan pêgat tuture | wona Tarub puniku | cinarita kalangkung wingit | adawa yèn winarna | duk sabdaning ibu | tan winar polahira |[145] Kae Jaka akrama tuk widadari | nuruni ingkang eyang ||
24. kang nama Raja Banjaransari | Prabu Galuh purwane jênêngnya | akrama widadarine | mangkana ingkang ibu | asêsugun ing mantunèki | sakarsane tinêkan | dènnya krama atut | tan kawarna ing asmara | wus [wu...]
--- [f. 112r] ---
[...s] alama cinarita gènnya krami | garwa ngidham kaworan ||
25. ingkang saya lulut kadya mimi | duk sêmana ingkang ibu seda | kalangkung angrudatine | gêntèn namanipun |[146] Kyai Agêng ing Tarub uni | pan dadi pangauban | nak putu sadarum | warnanên dènira wawrat | rêtna ayu praptèng sêmaya wus lair | jabang bayi wanudya ||
26. gumilang cahya mancur nêlahi | apan kadi wulan kapurnaman | rama ibu langkung sihe | sarira lir mas mancur | winastanan Rara Nawangsih | rama ibu kalintang | karsane Yyang Agung | ni rara nulya tinilar | mring kang ibu mantuk kayangane rèki | purwane asawala ||
27. nora tutug ingêmong kang bibi | purwane sang dyah pan kamanungsan | dyah ical pangawasane | purwane saking kakung | mila sang dyah sangêt aruntik | mantuk dhatêng kayangan | tilar putranipun | iku purwane ing kuna |
--- [f. 112v] ---
jabang bayi yèn nangis dipun sêsêpi | ing ibu nèng panggungan ||
28. sabên siyang tutut jabang bayi | ingkang rama eca manahira | kang putra mênêng tangise | wus alama tan anusu |[147] glis walagang sampun sinapih | wus katawis yunira | tan roro lan ibu | wayahe jêbên asinjang | Ni Nawangsih mandaha wis abirai | lagya pangrusak taman ||
29. nêngna kocap putra Majapait | ingkang ginadhuhkên juru sawah | sampun sapangon wayahe | umur sadasa taun | Radèn Bondhankajawan iki | putrane putri Wandhan | warna luwih ayu | awasta Driyanêgara | kang sarira jênar anglir mas sinangling | eman botên[148] remanya ||
30. ucapên pira[149] ki juru sabin | ris angucap rubiyah nakira | sira tungkulêna mangke | sun arsa atur pantun | anak putu sampun kinêrig | ki juru sawah mangkat | wong patanèn sêlur | kunêng Dèn [Dè...]
--- [f. 113r] ---
[...n] Bondhankajawan | tanya biyang si bapa marang ing ngêndi | nyawa marang ing kutha ||
31. atur pari nyawa nuli bali | biyang isun tumutur si bapa | aja anusul putrangong | maksa sigra lumayu | Radèn Bondhan kitha wus prapti | kagyat ki juru sawah | adhuh anak ingsun | ya pagene nusul sira | iya bapa ingsun arsa mring jro puri | anaboh gangsaningwang ||
32. kang aran Sêkardalima iki | kalayan kang aran Kêboganggang | iku mapan duwèk ingong | rahadèn dènnya muwus | aliyangan pundhake rèki | ki juru sawah ngucap | aja putraningsun | dadi apa ingsun nyawa | pasthi mati sira anêmu bilai | rahadèn ginujêngan ||
33. pinêjang sikut ki juru sabin | wus kalumah lajêng Radèn Bondhan | lumêbêt jro pura age | wong têngga kori agung | tan uninga radyan alinggih | ing panggenan gamêlan | anulya [a...]
--- [f. 113v] ---
[...nulya] tinabuh | găngsa Ki Sêkardalima | Kêboganggang sru gora tinitir-titir | kagyat wong dalêm pura ||
34. ya ta Brawijaya Majapait | wêdana bang lir kadya sinêcang | lir sinêbit talingane | ngandika sang aprabu | mring niyaga èstri dèn aglis | lah sira pariksaa | sapa kang anabuh | gong ingsun Sêkardalima | pêpalayyan sakathah nayaga èstri | gumrudug sigra-sigra ||
35. găngsa maksih tinabuh tinitir | niyaga èstri pan sarêng prapta | tiningalan lamun rare | sarwi eca alungguh | kathil gadhing pra sarêng angling | bocah ing ngêndi sira | de wani sirèku | nabuh gong dalêm wasiyat | wus untungmu bocah sira rêp ngêmasi | ris mojar Radèn Bondhan ||
36. ya ingsun anake juru sabin | ya si bapa maksih anèng jaba | sun nabuh gong ingsun dhewe | lah matura sang prabu | iki gangsaningsun pribadi | sakathahing niyaga [ni...]
--- [f. 114r] ---
[...yaga] | matura sang prabu | lir ature Radèn Bondhan | Brawijaya mirsa karaos ing galih | ical sakèhing duka ||
37. ya ta mèsêm Brawijaya angling | mring parêkan lah sira mêtua | timbalana bapakane | parêkan sampun mêtu | tinimbalan ki juru sabin | agêtêr manahira | ing ngayun rawuh |[150] ngandika Sang Brawijaya | anakira ju sawah manjing puri |[151] kang akon apa sira ||
38. nuwun nêmbah amba tan upaksi | tanna yogane yèn dudu sira | nakira undangên mrene | tur sandika dyan gupuh | radyan putra dipun parani | dening ki juru sawah | anake kadulu | ki juru sawah malayya | radèn putra alênggah ing kathil gadhing | sira nyawa ngandikan ||
39. dening Brawijaya Maospait | radyan putra kering juru sawah | wus prapta ngayun sang rajèng | Brawijaya andulu | mring Dyan Bondhankajawan uni | anjêngêr [anjêng...]
--- [f. 114v] ---
[...êr] Brawijaya | bagus anak ingsun | sapa arane nakira | atur sêmbah juru sawah mring sang aji | ngambil wasta piyambak ||
40. Jaka Bondhan Kajawan rannèki | mèsêm sang nata sarya ngandika | mrenea sun wêling mangke | Ki Jurusawah maju | ingandikan parêk sang aji | anulya binisikan | wruhanira besuk | ing Majapait pan rusak | wus atuwa kang ngrusak lèr sun pribadi | mêngko sira sun duta ||
41. Ki Bondhan Kajawan nak mami |[152] lungakêna têka Majalêngka | pan ingsun dhimin aduwe | pawong sanak satuhu | tur pratapa ku ari mami | Ki Gêdhe Tarub rannya | srahêna putrèngsun | dening si yayi atămpa | sêmon ingsun măngsa boronga Ki Bayi | ing Tarub jêr wong tapa ||
42. wruh durung winarah dèn aglis |[153] lakunira tan mênangi sira | ing Majapait bêdhahe | lawan wirayatipun | wis wêkasan jênênging aji | dudu wong dongh[154] kang bêdhah | atunggal [a...]
--- [f. 115r] ---
[...tunggal] lèr ingsun | ya besuk kang malês uga | putraningsun Ki Bondhan Kajawan iki | saturun-turunira ||
43. ing rat Jawa pan kawêngku benjing | nak ingsun Bondhan kang duwe têdhak | wis gawanên putraningong | nulya pinaring dhuwung | Radèn Bondhan kae kêkalih | wus ngangge nulya kentar | lampahira laju | nora amampir ing wisma | padhêkahan ing Tarub sinêdya ngati | têbih sing Majalêngka ||
44. anglangkungi wona gawat wêrit | pan akathah têtiyang bêbegal | radèn ngadhangan margine | jinaluk dhuwungipun | rajaputra tan suka nuli | linarihan tan pasah | radèn narik dhuwung | ginoco walikatira | kapisanan kang bêbegal angêmasi | dhuwung punggêl sabêras ||
45. kang begal kantun tiga nuduki | sigra cinêkêl ingadu kumba | katiga sarêng pêjahe | Radèn Bondhan amuwus | asangara
--- [f. 115v] ---
kang wuri-wuri | aja na nganggo benjang | anak putuningsun | kêris awak-awan[155] waja | marmanipun saturunipun tan kêni | iku purwaning kuna ||
46. lêstari wau dènnya lumaris | Radèn Bondhan lan ki juru sawah | angalèr ngilèn lampahe | tan kawarna ing ênu | ênêngêna ingkang lumaris | mangke ta ingkang kocap | Ki Agêng ing Tarub | ingkang tinilar ing garwa | pan atilar putra pawèstri satunggil | rumaja putri gêngnya ||
47. midêr ing rat tan ana munjuli | Ni Rara Nawangsih warnanira | kêmbar kalawan ibune | têdhak sapisan iku | pantês nurunakên nêrpati | kang rama angandika | dhayohan Ni Galuh | gêlara lampit kêlasa | Radèn Bondhan Kajawan lan juru sabin | lampahe Tarub prapta ||
48. ingacaran wus sami alinggih | sinrahakên wau Radèn Bondhan | mring Ki Agêng Tarub mangke | wus tampi wadènipun | amit [a...]
--- [f. 116r] ---
[...mit] mulih ki juru sabin | mring nagri Mojalêngka | Radèn Bondhan kantun | nèng Tarub kawêlasarsa | tansah ngimur de Ki Agêng Tarub uni | radyan pinrih dadinya ||
49. sinadulurakên lan Nawangsih | adawa lamun winarna ika | Kyagêng Tarub langkung sihe | wus lami ngangkên punu[156] | anglir kadi gènira yogi | radèn pinrih dadinya | sidik tingal têrus | wus wikan ingêring jagat | nora samar rahadyan tansah dèn wisik | satingkah polahira ||
50. rahadèn tansah anuwun kang sih | manjing guru langkung ajrihira | dènnya puruwita radèn | mring Ki Agêng ing Tarub | ingkang akèn amangun tèki | kasabe gaga sawah | adawa tinutur | ênêngêna ingkang winarna |[157] Ki Dipati Bênawa sineba mantri | tan eca manahira ||
51. kaparentah ing narendra kapir | Dipati Têrung Kadhiri rêmbag | arsa angrabasèng mangke | nagari Majalangu [Ma...]
--- [f. 116v] ---
[...jalangu] | asêmaya dina prasami | pêpatih ing Bintara | Lêmbusora iku | wus tinata gêgamannya | gya lumampah anglarugi sampun prapti | kinêpung Majalêngka ||
52. Dipati Têrung lawan Kadhiri | samya rêmbug Gêmbong Pasuruan | adan acampuh jurite | ramya giri gumuruh | kadi rubuh tang widik-widik | prang amor wungs[158] takdir Yyang | bêdhah Majalangu | kalindhih Sang Brawijaya | wus kasambut bupatinira kèh mati | wadyabalane rusak ||
53. kabêrêg bubar malayya wingwrin | Ki Arya Panular sampun musna | binayong isi kuthane | pan kabakta sadarum | mring Bintara garwa lan sêlir | tanapi kang parêkan | myang putra sadarum | miwah ingkang bêbarkatan | pagêritan awasta Ki Jêbadbotri | găngsa Sêkardalima ||
54. garbong Ki Balelumur prituwin | sênjata Ki Satami binakta | miwah sakancane kabèh |
--- [f. 117r] ---
de putra Maoslangu | ingkang miyos garwa kang padmi | Sang Ratu Darawatya | kalih èstri jalu | Radèn Lêmbupêtêng rannya | wus alama krama angsal Lèpèntangi | Ki Bêbêdhog putranya ||
55. wus alami datan lulut sami | ing Bintara wong Têrung lan Jipang | datan purun Sêlam mangke | Dipati Jipang iku | wus alama dènira sakit | lumpuh sampun sawarsa | asupêna dalu | ayun sirna laranira | atapaa Ngardi Gajah enjing nuli | minggah ing Ardi Gajah ||
56. sabusana binakta wadyèki | praptèng arga Adipati Jipang | tan mudhun sing turanggane | balanira datan wruh | tiba tanpa karana uni | dèn rămpa wadyanira | minggah dhatêng gunung | panggih Sunan Girigajah | dèn wruhakên Dipati Jipang sirèki | anuta gama Islam ||
57. angucapakên kalimah kalih | wus mangkana sirna sakitira | Dipati Jipang
--- [f. 117v] ---
ta mangke | enjang nulya dèn cukur | pan wong Jipang Sêlam sapalih | lamine ki dipatya | anèng gunung iku | Girigajah pitung dina | nulya kinèn mantuk dhatêng Jipang malih | kasmaran ki dipatya ||
18. Asmaradana
1. kocapa Carêbon uni | pandhita tinilar garwa | Sèk Jumadi Kobra[159] rane | tinilaran kalih putra | ingkang sêpuh wanodya | ingkang anèm nênggih jalu | wayahe dawêg sapihan ||
2. pan dahat dènnya prihatin- | ira mapan kênèng coba | ngramuhi dhatêng putrane | èstri sarêng lama-lama | agarbini sang rara | wratan janji miyos jalu | nulya lare dipun buwang ||
3. mring wona wontên wong miskin | punika tan darbe anak | wade garabah karyane | lagya miyang praptèng wona | pinggir margi tumingal | awor sukêt rare wau | binakta mantuk wus lama ||
4. wus agêng dipun wastani | Ki Samsu kang dol karabah[160] |
--- [f. 118r] ---
wus sugih tanbuh sangkane | pan sampun dados nakoda | anulya anakira | kinèn angaji Ki Samsu | dhatêng Sèk Dumadil Kubra ||
5. Ki Samsu wus bangkit ngaji | saèlmune Dumadil Kobra |[161] ênting dipun wurukake | Sèn[162] Dumadil Kobra ngucap | ya sun pèk mantu sira | muliha Samsu dèn gupuh | pêpoyana ramanira ||
6. wus pamit rama kapanggih | ngucap Ki Samsu tan layak | sira olèha putrane | Ki Samsu kiyainira | wus bali mring gurunya | kadya mêngkana turipun | ngucap Sèk Dumadil Kobra ||
7. wangsula tanyaa ugi | sira apa nake dhawak | yèn dede anake mangke | sal kula mupu ing wona | pa dening lan wadhahnya | Ki Samsu dan mantuk gupuh | panggih ki nakoda ngucap ||
8. sira olèh ngong mêmanggih | anèng ngisor kêndhayakan | kaki jajar têlu wite | sor lêbu
--- [f. 118v] ---
bêbayinira | Ki Samsu bali enggal | prapta ing guru umatur | dipun ningkahakên enggal ||
9. wus panggih jajar alinggih | ni pangantèn atêtanya | sira dudu nake dhewe | sapa rane ramanira | Samsu tutur purwanya | nakoda sawartanipun | ni pangantyan kagyat jola ||
10. gapyuk angrangkul tumuli | asangêt dènnya karuna | yèn mêngkono sira mangke | kaki anak ingsun dhawak | Ki Samsu sira mojar | ibu pundi ramaningsun | abêbisik ibunira ||
11. putrane si rama uni | Samsu maca ngudubilah | minasetanira jine | Ki Samsu nulya lumayya | nibèng curi ing wona | nêdha mati nora lampus | ambanjur aniba-niba ||
12. kalunta-lunta sirèki | Ki Samsu marang ing sabrang | ana ing Mêkah lamine | anênggih wontên sawarsa | anèng ing Rum sawarsa | lamine wus kawan taun | Ki Samsu gènnya [gè...]
--- [f. 119r] ---
[...nnya] anyabrang ||
13. sêmana alabuh pati | Ki Samsu ngèli samodra | nut obak[163] paran-parane | ing Carêbon kawarnaa | Sunan Makêdum sira | mring Sèh Alul Iman guru | wus dangu gèn patakenan ||
14. Sèh Alul Iman minta sih | anêdha alal-bahalal | anak mas Cirêbon mangke | ing Khali Sampu halalna | puniku kang sun têdha | yèn mati manira besuk | igih kapêtêka ngrika ||
15. wus lama anuli lalis | Sèh Alul Iman ngastana | ing Kali Sapu wêlinge | Sunan Makêdum pêputra | kêkalih sami lanang | jumênêng Carbon kang sêpuh | ing Bantên ingkang taruna ||
16. sigêgên wontên ta jalmi | utangipun tigang sasra | tan bisa naur utange | ngukir maranggi karyanya | nyungging pandhe kêmasan | sayang garji karyanipun | tanapi apandhe êmas ||
17. saya wuwuh utangnèki | Ki
--- [f. 119v] ---
Gêdhe Bulu arannya | ing kidul Dêmak wismane | anulya tumbas baita | aburuh ing toya |[164] palwane tan kêna maju | anulya sinalulupan ||
18. ana prabatang kaèksi | lamun rob datan katingal | dèn ungkal ana jisime | ngêntas sinèlèh baita | nulya karya kaluwat | pinggir bêngawan iku |[165] wus ajêro manggih êmas ||
19. satail giranging galih | jisim wus pinêtak nulya | ki gêdhe awade mase | yatrane ingkang saduman | kinarya mule sira | ing jisim pêparonipun | yatrane kinarya dagang ||
20. mring sabrang dagangannèki | pan amule payonira | wus antuk dagangan mulèh | prapta muara ing Dêmak | aglis mampir ing jarat | dèn mêmule sakalangkung | winacak suji sadaya ||
21. Ki Gêdhe Ambulu mulih | sampun pulih utangira | kocapa Sang Raja Pase | mapan atilar
--- [f. 120r] ---
nêgara | dening tan darbe putra | kadya darwis lampahipun | masisir dalu supêna ||
22. Raja Pase sira apti | darbe putra lah maraa | sagara sarêng tangine | nulya marang ing samodra | wus nêngah non tabêla | sinambut binuka wau | isi jabang bayi lanang ||
23. binakta mulih nêgari | winastan Radèn Laotan | wus diwasa mit ramane | arsa ngaji nulya layar | sêmbe kinarya layar | akêmudhi êncisipun | mêntas Pulo Putih sira ||
24. angaji pandhita uni | lamine wontên sawarsa | nulya mit ing Jawa mangke | anèng Carêbon laminya | kocap na wong autang | kathahipun tigang èwu | nak pu nugu[166] sadaya |[167]|
25. Gêdhe Têdhunan namèki | pangeran ing Panggungsela | lumampah adrêwis mangke | wus lawas dalu nyupêna | ki gêdhe ing Têdhunan | yèn arêp pulih utangmu | sira atugua jarat [jara...]
--- [f. 120v] ---
[...t] ||
26. kang nèng pinggiring jahnawi | nulya gêdhe ing Têdhunan | pan lumampah mring jarate | pinggir banawi ing Dêmak | laminya pitung dina | anèng dagan apitêkur | ing têngah dalu na mêdal ||
27. rare akêkuncung alit | miyos ing uloning jarat | Têdhunan anapa alon | lah ta sapa sira tuwan | Samsu Tombrès ran ingwang | têka tugunên jarat sun | Samsu Tombrès samsun[168] ilang ||
28. Gêdhe Têdhunan alinggih | ya ta mantri ing Bintara | enji[169] lawat nadare |[170] tigang èwu salawatnya | sinungkên ing Têdhunan | nulya mulih anak putu | sami tinêbus sadaya ||
29. wus mulih nêgaranèki | dyan bali jarat ing Dêmak | saanak pututune kabèh |[171] kawarnaa kang sajarah | para ratu sêdaya | Sultan Bintara krama tuk | Sunan Makêdum wayahnya ||
30. kocap Arya Damarlalis [Damar...]
--- [f. 121r] ---
[...lalis] | putrane èstri wus krama | tuk putrane Raja Pase | kang aran Radèn Laotan | dipati ing Bintara | pan kêkalih putranipun | kang sêpuh Radèn Tranggana ||
31. Radèn Baskara kang rayi | Dipati Bintara seda | Radèn Tranggana gumantos | yaiku sultan ing Dêmak | Radèn Baskara dadya | dipati ing Jipang iku | putrane sultan ing Dêmak ||
32. Pangeran Prawata iki | de putra jalu kang seda | ing Gampur uni ing mangke | Pangeran Kadhiri ika | Sunan Madiun ika | sumêndhi èstri ranipun | mas ratu ing Kalinyamat ||
33. rayine wuragil èstri | ênêngêna kang kocapa | Radèn Bondhan Kajawane | langkung sinihan gurunya | lawas têgal sêsawah | dhatêng ara sarêng surup | radèn ngêmu guladrawa ||
19. Dhandhanggula
1. tan kawarna polahirèng nguni | ingkang kathah dawa yèn winarna |
--- [f. 121v] ---
nèng patapan lan gurune | tan apisah yèn dalu | Kyagêng Tarub siyang lan latri | anèng dhepok pratapan | ing sameradipun | kang garwa kêkuwu sira | ingkang putra Rêtna Ayu Anawangsih | ingkang atêngga wisma ||
2. ya ta datan kawarna ing latri | sampun pinaggihakên kang putra | pan wus pinasthi jodhone | ni mas rara ing Tarub | lawan putra ing Majapait | sadayane panggiha | awingit sang ayu | tan nyana lamun akrama | angsal kadang sru ewa sajroning ati | dening manjing sudara ||
3. dèrèng carêm kakunge ngêmongi | kalangan janji kya agêng seda | sampun ingastana mangke | winuni ingkang kantun | wus angrasa kawêlasasih | atut dènnya akrama | sih-sinihan langkung | mantu gêntèni ing rama | Radèn Bondhan jênêng Kyagêng Tarub uni | adawa yèn winarna ||
4. wus alami Ni Rara Nawangsih | pan awawrat sawulan [sa...]
--- [f. 122r] ---
[...wulan] warnanya | saya awuwuh ayune | lir widadari nurun | wus ajangkêp sêmaya lair | kang putra miyos lanang | warnane abagus | kang cahya amindha wulan | sêdhêngira rêtna dèwi wawrat malih | babar èstri kang putra ||
5. dadya kêkalih jalu lan èstri | sampun pinasthi Dyan Bondhan seda | cupêt tan panjang tuture | winuni putranipun | kalih wau sampun akrami | wus amawat sadaya | putra ingkang jalu | ran Kyagêng Gêtaspandhawa | ingkang rayi èstri akrama pan olih | kiyaigêng ing Ngêrang ||
6. tan kawarna sêmana wus lami | têdhakipun wau ginupita | kang tumurun dalah mangke | dèn emut kandhanipun | Kyagêng Gêtaspandhawa uni | pêpitu putranira | satunggal kang jalu | ingkang asêpuh piyambak | ingkang rayi nênêm prasamya pawèstri | kang sêpuh namanira ||
7. Kyai Agêng [A...]
--- [f. 122v] ---
[...gêng] Sêsela kang rayi | èstri Nyai Gêng Pakis wastanya | Nyagêng Purna arine |[172] anuli arènipun | nyai agêng ing Kare uni | anuntên arènira | nyai gêng ing Wangsul | Nyai Gêng Bakong arinya | Nyai Agêng Adibaya kang wuragil | punika jangkêp astha ||
8. sadaya sampun sami akrami | sakalangkung atut akêkadang | wus adhêkah dhewe-dhewe | kalangkung baktènipun | mring Ki Agêng Sêsela sami | kang dadi pangauban | kadang-kadangipun | samya taklim sanak tuwa | pan kinarya panêmbahan wăngsanèki | pakartine sêsawah ||
9. gaga têtêgal panggaotanèki |[173] mêngkana Kyai Gêdhe Sêsela | mring sabin macul wayahe | wusing asar pan jawuh | riwis-riwis pêtêng wor angin | nanging mêmacul dhak |[174] wontên tiyang rawuh | kaki-kaki têka mara | Kyai Agêng Sêsela kagyat ningali | dhatênge tanpa [tan...]
--- [f. 123r] ---
[...pa] sangkan ||
10. sarêng parêk wau kaki-kaki | tangginas thinandhak[175] nulya munya | jumêgur gêlap syarane | nulya binakta mantuk | mring Ki Agêng Sêsela uni | binănda punang gêlap | nulya lajêng katur | dhumatêng sultan ing Dêmak | kinunjara wêsi sampun pitung bêngi | nini-ninine prapta ||
11. atêtinjo sarwi bêkta warih | kunjara wêsi siniram teya[176] | blas muni gora syarane | kunjara wêsi mawut | munang[177] gêlap mumbul wiyati | wong Dêmak kagawokan | anêngêr[178] gagêtun | wus kasub kajana priya | yèn Ki Agêng Sela katog rosa sakti | pratăndha nyêkêl gêlap ||
12. ganti wontên dhêdhalang winarni | purwa dhalangira Sultan Dêmak | ya ta Ki Bicak wastane | kalok rabine ayu | angluwihi sakèhing jalmi | amèn dhatêng Sêsela | ngrasani sadarum | lanang wadon padha ngucap | katur dhatêng
--- [f. 123v] ---
Kyagêng Sela dèn timbali | sinandi kinèn wayang ||
13. Kyai Gêng Sela giwang kang galih | pawèstri karsa ginawe garwa | wus pêpêk wong Sela kabèh | dhêdhalang sampun lampus | garwanira darbèke sami | katur Kyagêng Sêsela | anulya pinundhut | kêkêmpule tiningalan | langkung rêgêp kêmpul dipun wastani |[179] kadya dhalang Ki Bicak ||
14. sampunira mangkana pan mari | rêmên dhatêng rabine ki dhalang | nging Ki Bicak karêmêne | wus pinasthi Yyang Agung | punang bêndhe têngêran jurit | wus lama ingestrenan | bêndhe mring sinuwun | Jêng Susunan Kalijaga | sapa duwe benjang pasthi dadya aji | têngêraning[180] ayuda ||
15. sakti munggul yudane yèn muni | bêndhe Ki Bicak ngangkang syaranya | wus lami ika kandhane | Kyagêng Sela asunu | astha nênêm ingkang pawèstri | ingkang jalu pamêkas | wus krama darum |[181] salu panti dhawak-dhawak dhawak [dhawa...]
--- [f. 124r] ---
[...k] |[182] ingkang sêpuh Nyagêng Lurung têngah uni | panggulu Nyagêng Saba ||
16. arine nyai agêng ing Bangsri | nuli Nyai Agêng Jati rannya | nuli Nyai Gêng Patanèn | Nyai Gêng Pakiskidul | wuragile jalu satunggil | Ki Agêng Ênis rannya | yun pralena iku | satêdhake dhawak-dhawak | nyai gêdhe ing Saba putra kêkalih | jalu lawan wanodya ||
17. ingkang sêpuh anênggih pawèstri | rayènira jalu nging satunggal | Kiyai Juru arane | Ki Agêng Ênis sunu | jalu langkung dening apêkik | wasta Ki Pamanahan | bêbesanan sampun | Kyai Gêng Ênis kalawan | ingkang raka nyagêng ing Saba uni |[183] aja kaparèng têbah ||
18. warang besanan sadulur panggih | Kyai Pamanahan lan kang putra | kang uwa dadya ipene | Kyai Juru puniku | lan Ki Pamanahan ing nguni | mangsuli kang carita | malih kandhanipun | cinatur [cina...]
--- [f. 124v] ---
[...tur] ta arènira | Gêtaspandhawa wau rumiyin |[184] Nyai Agêng ing Ngêrang ||
19. têdhakira wau kang winuni | nyai agêng ing Ngêrang pêputra | jalu abagus rupane | rinêngga-rêngga klangkung | wus amêpêg birainèki | krama sampun pêputra | jalu krama sampun | aran Kyai Gêng Santênan | apêputra Ki Panjawi arannèki | warna bagus utama ||
20. Ki Panjawi ngambil putra dening | Ki Agêng Ênis lir gènnya yoga | manjing sudara wèdine | lan Pamanahan iku | siyang latri sira Panjawi | kalawan Pamanahan | tan apisah iku | saekapraya ing manah | marma ngaran sadulure tunggal bibi | kasmaran kang miarsa ||
20. Asmaradana
1. miwah nunggil rama bibi | jalma kang dèrèng waspada | de Kyai Juru ipene | dènira Ki Pamanahan | ênêngna ing carita | wontên gêmpalaning wuwus | tunggil lampah sanès kăndha ||
2. wontên carita nyêlani | nênggih nêgari [nêga...]
--- [f. 125r] ---
[...ri] têngahan | Pajang Pêngging arane |[185] saêlèring Sundharowang | durung anut ing Dêmak | sagêmpuring Majalangu | kapiran tan darbe nata ||
3. saurute wong ing ardi | têngahan ngilèn angetan | tanbuh ta pangidhêpane | Pajang Pêngging Sokawatya | ardi kidul Kajoran | Sudharowang kilènipun | Kêdhu Pagêlèn punika ||
4. samya dèrèng darbe aji | arusuh dhenga rosaa | kang akèh anak putune | punika ingkang kèringan | mangkana ing carita | baya wus karsa Yyang Agung | Pajang Pêngging ana nata ||
5. kinarya dawakkên wiji | nyênyongah nora alama | nênggih purwa wasanane | ing Pajang Pêngging agêmah | rare alit akathah | angèn maesa lan lêmbu | pakaryane adêdolan ||
6. rêmbug samya lare alit | galong-galong nora pisah | padha sapangon gêdhene | kajêmaka durung krama | iku gêng-agêngira | apêrangan [a...]
--- [f. 125v] ---
[...pêrangan] karyanipun | purwane rêbat pangonan ||
7. lawan kiwa têngênnèki | macapat lan măncalima | padha rare mênang dhewe | sinuruhan năngga desa | malah lakon sadina | rong dina sapasar iku | ngalor ngidul ngulon ngetan ||
8. kaloka pêrange luwih | tan apurun padha bocah | dhasar akèh kêndêl kabèh | dhengaha dèn iloni mnang | opah babon bêras |[186] bèbèk ayam lawan wêdhus | saya gêng lêmbu maesa ||
9. baya wus karsaning Widi | kaya ta bocah kandhowan | padha agawe atine | nora amuling[187] wismanya | akêkuwu ing wana | kang dèn ngon maesa lêmbu | kinandhangan ing pangonan ||
10. aganti ngingon-ingoni | aganti jaluk kiriman | mring biyange dhewe-dhewe | olah-olah ingkang enak | nêlukkê[188] padha bocah | parêpat macapatipun | wus prapta kadya mangkana [mangka...]
--- [f. 126r] ---
[...na] ||
11. wêkasan dipun cupêti | ambarosi[189] wong tuwanya | rêmbag wong sadesa kabèh | padha napsu anakira | rêmbagan padha mara | wong tuwane yun ginêbug | samya ajrih kinuluran ||
12. ri sampuning lami-lami | bocak ika saya ngrabda | tangkêp limang atus kèhe | pinênging wus nora kêna | matis lêmbu maesa | damêl pamondhokan agung | ngingon-ingoni andina ||
13. anulya rêmbagan sami | rare kang dadya pangarsa | ngucap puniki bêcike | sampun tanggêl gèn kangelan | tuwin darbèk kang ilang | tanpa wêkas rêmbag ingsun | sampun nama ilang karya ||
14. pênêde adêl[190] aji |[191] wontêna kang anarima | dawêg jinunjung wong akèh | sadaya prasamya rêmbag | anuli pinilihan | ingkang patut dadya ratu | sineba de bocah kathah ||
15. amati skêbo lan sapi | bêrase angambil wisma [wi...]
--- [f. 126v] ---
[...sma] | sapêkên mati ratune | anulya rêmbag akarya | milih ratu wus dadya | ngingon-ingoni lir wau | patang dina nuli pêjah ||
16. anuli akarya malih | polahe kadya mêngkana | tri dina mati ratune | anulya aparêmbagan | bocah kabèh kewuhan | tan gêlêm jinunjung ratu | dening anuli palastra ||
17. kang ginugu rêmbagnèki | bocah punika sêsonga | punika prakosa kabèh | kadipundi ingkang rêmbag | sanak-sanak sadaya | tan gêlêm dadia ratu | yèn botên lawan parusa ||
18. sadaya asaur paksi | inggih-inggih samya rêmbag | ye[192] mêngkono pikir ingong | sayabara pilih bênjan | pundi dinili[193] kănca | kang akèh puniku patut | jinunjung madêga nata ||
19. samya maras manahnèki | manawi[194] ta kabênêran | pinilih jumênêng katong | măngsa wandeya palastra | nulya atuk[195] prayoga | sampun ingadêgkên [ing...]
--- [f. 127r] ---
[...adêgkên] ratu | kalih dina nuli pêjah ||
20. anuli akarya malih | cinêkêl ikang prayoga | anangis kèh sêsambate | pinaksa jinunjung nata | sadina nuli pêjah | samya titrim[196] manahipun | anulya maksa akarya ||
21. sarêng sineba wus mati | anulya aparêmbagan | lare sanga kewran tyase | dening norana kang kêlar | ingadêgakên nata | yèn pinaksa akèh lampus | eman kănca masthi têlas ||
22. yèn undurana puniki | cincing-cincing têlês rannya | atanggung mêmirang akèh | mesa lêmbu darbèk têlas | jrih isin mring si bapa | lare sêsanga amuwus | yèn rêmbag pikir manira ||
23. pintên bêtahaning jalmi | dawêg sami anênêdha | ing dewa anuwun katong | malah mandar na kêlara | sinêmbah wong akathah | nulya nênêdha sadarum | wong sanga dalu supêna ||
--- [f. 127v] ---
24. mêngkana na jalma prapti | yèn sira têmên akarya | ratu gugunên jar ingong | nora kêna ratu uga | sok jalma akêkarya | tan klar sinêmbah wong agung | yèn dudu nayakaning rat ||
25. nora bakal wong dadya ji | wus pinasthi dening dewa | sira ngulara nak ingong | ingkang mujud ambêk marta | kang ngaubi wong kathah | kang tan ayun darbèkipun | jalma tansah dolacara ||
26. ingkang wruhkên ala bêcik | kene kancamu wis ana | iya ingkang bakal katong | byar tangi kang warah musna | jêngêr gêtun sadaya | dening ipènira wau | nulya samya pakumpulan ||
27. tinutur supênanèki | kaprayoga nêtêpana | saujare supênane | norana ingkang bisa |[197] narbuka ipènira | ngantos jangkêp tigang dalu | ênêngna ingkang kocapa ||
28. anênggih Ardi Mêrapi | wontên ajar langkung dibya | Saloka [Salo...]
--- [f. 128r] ---
[...ka] ika arane | wus bêntur sutapanira | wus labda tapa têlas | wus kurès sakti pinunjul | arsa tapa anèng praja ||
29. ki ajar anuli mati | ingabong pêputhutira | awune ana tapake | jabang bayi kentar ngetan | nêngna malih kocapa | rare angon ingkang rêmbug | sapêkên nora wêkasan ||
30. nulya lare sanga angling | punika rêmbag manira | yan suwawi kănca kabèh | nora nana kang prayoga | kang kadya impèn ingwang | pantêse anake kaum | puniku kang kasupêna ||
31. puniku ingkang kuwawi | sinêmbaha ing akathah | dening akathah santrine | sadaya prasamya rêmbag | anulya ingularan | nênggih anak kaumipun | ing Pajang Pêngging punika ||
32. adangu nora kapanggih | punika lagya umpêtan | saking jrih ginawe katong | lare pêngung jugul mudha | nora bisa micara |
--- [f. 128v] ---
datan milu-milu rêmbug | tan darbe manah punika ||
33. lir wong dhêngglêng lare iki | warnane nanging prayoga | sawêlas warsa umure | dèn balilu maksih kêna | adawa yan winarna | ingularan wus kapangguh | ingaturan nora arsa ||
34. anulya dipun cêkêli | dèn dhêdhabyang lare kathah | wus prapta pamondhokane | anangis ya ngaru-ara | sêsambate mlasarsa | tinari maksa tan purun | rêmbage arsa pinaksa ||
35. linênggahakên ing kathil | ginocekan wong sêsanga | kang akathah seba kabèh | samya konjêm ing buntala | wus karsane Yyang Sukma | puniku kang dados ratu | kêlar sinêmbah wong kathah ||
36. andhèr ngarsa kanan kèri | atap ingkang wadyabala | lare sanga sarêng ture | suwawi aparentaha | sang nata tan ngandika | jêngêr manahe gêgêtun | kang dèn èsthi mung palastra ||
37. anulya tadhahan mijil |
--- [f. 129r] ---
warata samya amangan | datan adhahar sang katong | tansah angrudatin manah | polahe ngadêg nata | kaya priye polah ingsun | dhuh dewa tulungên ingwang ||
38. wus dangu dènnya tinangkil | nulya ngaturan mring pura | kondur ginarêbêg ing wong | wus ngadhaton pasanggrahan | kang wadya sami mêdal | asukan-sukan kalangkung | amatis lêmbu maesa ||
39. andrawina rina wêngi | suke sukane kang wadya | antawisakên ratune | kêlara jangkêp sapasar | tulusa pandhuwurnya | ênêngna ingkang winuwus | nata kang nèng ngalêm[198] pura ||
40. sakalangkung angrudatin | nadhah dhahar nadhah nendra | kang kacipta nging patine | yèn dalu pangrasanira | tan mênangi rahina | yèn rina tan wruh ing dalu | dadi kasutapanira ||
41. tansah gung lara prihatin | wontên ing sanggar langgatan [lang...]
--- [f. 129v] ---
[...gatan] | sampun sapasar lamine | ing dadi putêkira |[199] ewuh tan bisa prentah | èwêd pêtêng manah pêngung | sabarang-barang tan bisa ||
42. kang tinêdha rina wêngi | yèn tan mati dèn pocota | tan bisane dadi katong | sêmana kang saya lama | wus jangkêp kawan dasa | dina nora mêtu-mêtu | tansah ngaturan sineba ||
43. nanging sang nata tan apti | kaku manahe kang wadya | ing jawi rinêmbugake | guyub arsa sinalinan | ratune pinêjahan | tanpa asil gawe ratu | nora bisa pêparentah ||
44. samya ngantosi sawêngi | kocapa kang anèng pura | salawase madêg katong | nora dhahar nora nendra | dadi kasutapannya | ing malêm Jumungah dalu | lêsah wilangun sang nata ||
45. wus karsaning Yyang kang Luwih | nora bakal wong awirya | wus pinasthi jro ajale | dumadakan sinalinan | akale [aka...]
--- [f. 130r] ---
[...le] wong kang ala | sinungan akale ngratu | rupa salin bagus pelag ||
46. anulya dipun panjingi | cahya tumempal[200] ing netra | sumaros[201] ana bathuke | kaleban ingkang sarira | padhang sajroning sanggar | sumandhing sang ajar wau | kang aran Salokatara ||
47. cahya mor lan tapa uni | dadya kukuh panjênêngan | raja utami arane | wus mas tuwa sinêpuhan | sêsotya lan êmbanan | galuga sinusur santun | dèn awas tunggal pisahnya ||
48. yèn pisaha dadya kalih | yèn tunggala parêbatan | pundi kang kukuh jênênge | apa cahya apa tapa | yèn gethang masthi kurang | dudu panjênêngan ngratu | sami milu satuhunya ||
49. kadya bêdhug lan pamyarsi | pundi ingkang kataklukan | wis ta ana syara mangke | hèh sang nata luwarana | gènira brăngtasmara | mêrangi [mêrang...]
--- [f. 130v] ---
[...i] tatal sirèku | sira bakali wus dadya ||
50. nora bakal wus pinasthi | sira kaki dadya nata | turun putunira têmbe | pinundhut malih kang cahya | mring kang duwe nêgara | sira akramaa antuk | Parigêlis ing Sijaya ||
51. kono ana èstri luwih | ayu tur têdhaking tapa | Rêncanawati arane | wus pinasthi jodhonira | nurunkên putunira | sira jumênênga ratu | Pajang Pêngging Păncadriya ||
52. mijila kaki dèn enjing | parentaha wadyanira | bangêt pangarêp-arêpe | yèn tan mêtu sira enjang | amasthi pinêjahan | sinalinan ratunipun | ja watir poma mêdala ||
53. wus ginaib pikir aji | ginadhuhakên ing sira | poma dèn eling wêkas ngong | syara ilang kagyat wungya | pungun gêtun supêna | sarêng wungu sang aprabu | sanès saniskaranira ||
--- [f. 131r] ---
54. cahya mancur warna adi | sêsêmon angkah-piyangkah | sanès kalawan purwane | wus patikêling[202] narendra | latri nora kawarna | enjang miyos sang aprabu | wadyanira samya pêpak ||
55. samya lare alit-alit | pratikêle lir wong tuwa | dènnya bêkti lir mantrine | ku pangguyon[203] parikêna | lare sanga nèng ngarsa | wadyanira lare agung | ulap aningali cahya ||
56. lan warnane samya pangling | dening ta bagus anawang | owah sabarang-barange | dumadya ajrih saya |[204] wus karsaning Yyang Sukma | angandika anom prabu | hèh pirsakna ujar ingwang ||
57. sakathahe wadya mami | apa têmên-têmên sira | angratokakên maringong | inggih tuhu saur paksa | nora angandêl ingwang | ingsun ngrungu sira rêmbug | datan miyos jênêng iwang ||
58. padha arsa kapanèi[205] |
--- [f. 131v] ---
padha mêngko ayonana | karubutên jalma akèh | êndi rupane kang arsa | ngaku gagah prakosa | padha arsa gawe ratu | lumuh mringsun ina papa ||
59. sangsaya sangêt dènnya jrih | dening wruh rêmbaging jaba | tuhu ratu trus tingale | anulya lare sêsanga | arsa angayonana | ingkang walu samya rêmbug | nging sawiji ingkang malang ||
60. ingkang walu nora kêni | nulya prasamya tumandang | durung ngadêg lempoh kabèh | angandika ratu jaka | payo sira tutugna | angayoni marang ingsun | nuwun jrih samya atobat ||
61. èstu ratu ămba luwih | ing dunya rawuh dêlahan | yèn mêngkono sira kabèh | alah mara prasêtyaa | nulya kabèh supata | sakarsa-karsa anurut | angandika sri narendra ||
62. hèh priksakna wadya mami | sun jumênêng
--- [f. 132r] ---
kuthaningwang | ing Pajang Pêngging arane | aran ingsun Păncadriya | jêjuluk Dipaningrat | wadya samya amituhu | tumungkul konjêm buntala ||
63. ingsun agawe pêpatih | ana mau siji malang | iku kang trêsna maringong | saya sangêt ajrihira | de wruh durung winarah | ora ta yèn wruha iku | ujare kala supêna ||
64. iku kang sun jujung[206] linggih | sun arani Patih Tubar | samya amituhu kabèh | ingkang walu wus ingangkat | samya dadya bupatya | miwah kang nama tumênggung | ana arya răngga dêmang ||
65. ngabèi lan tăndhamantri | kanjuruwan myang lêlurah | kang ginawe mantri akèh | samya jinunjung sadaya | prabu anom ngandika | Patih Tubar karsaningsun | padha gawea gaman |[207]|
66. tumbak bêdhil miwah kêris | sadhêmêne dhawak-dhawak | wong pandhe wêsi pan akèh | poma ja sira parusa | mênawa glis kawêntar | kêbo sapi dolên [do...]
--- [f. 132v] ---
[...lên] iku | sira tukokna gêgaman ||
67. nuwun sandika turnèki | aluwaran prabu jaka | wus samya andandakake | gêgaman sadhêdhêmênnya | kang pandhe anggraita | tanya thole ta sirèku | gawe gaman dening kathah ||
68. sok pandhea ka kon kardi | ya thole kaga paran |[208] ingsun gawe dolan bae | ora ilok marènana | ki pandhe dipun sêntak | salah karya ngong atuku | mapan apa kawicangra[209] ||
69. wus alama samya dadi | gêgamanipun akathah | samya wruh wong atuwane | dèn nyana dolan kiwala | tan sipi anakira | yèn padha akarya ratu | wus katur ing ratunira ||
70. nulya miyos sri bupati | andhèr pêpak wadyabala | angandika sang akatong | patih têkakêna enggal | runtike manah ingwang | sapa kang ngarani ratu | yèn nora têluk sadaya ||
71. yèn sira têmên mring mami [ma...]
--- [f. 133r] ---
[...mi] | lah sira padha têlukna | bapakira dhewe-dhewe | yèn abăngga patènana | samya matur sandika | aluwaran sang aprabu | ing jawi samya rêmbagan ||
72. rêmbuge agolong pipis | kêlara anadhahana | yèn tan bêkti gurdakane | pinurug têka sadesa | wus rêmbag atêngara | wus pêpak bubar sadarum | kiwa têngên kang dèn ambah ||
73. sadesane dèn kathahi | mring bapakne dhawak-dhawak | samya ambêkta kancane | nyèkêtana ngawan dasa | ana bakta sawidak | sapraptanira anjujug | mring bapakne dhawak-dhawak ||
74. nora mawi tan pakering | pinaksa samya ngandikan | kang ajrih atêluk kabe | myang macapat mănca lima | kang băngga pinêjahan | de anake dhawak iku | mila jrih kang têluk kathah ||
75. angladènana pan ajrih | lan kapilare arannya | mila sami tumut bae | samya nuruti nakira [na...]
--- [f. 133v] ---
[...kira] | gamane saya kathah | saparane samya têluk | nora nana kang sawala ||
76. kang kalakon dèn wêdèni | kang abăngga pinêjahan | sarta rinusak desane | marmane sami tarima | bocah samya kandhuhan | nora ketang bapa biyung | nanging ratu kang katingal ||
77. kiwa têngêne wus radin | macapat lan măncalima | lakon sadina têbihe | têluk pirang-pirang desa | lor kulon kidul wetan | binakta sagamanipun | nging kantun Pêngging kiwala ||
78. yun pinaran samya ajrih | dèrèng wontên pangandika | nulya turuning ratune | sadaya sampun arata | kang băngga pinatenan | sumăngga karsa sang prabu | nging kantun Pêngging kiwala ||
79. langkung suka sri bupati | nulya kabèh ingandikan | sêdaya lan têlukane | tan kawarna sami prapta | langkung gêng gamanira | nulya miyos sang aprabu | asuka ningali duma[210] ||
--- [f. 134r] ---
21. Durma
1. angandika Prabu Jaka lah apatya | wis gêdhe wadya mami | nging ana kapalang | Pêngging wong tuwanira | durung ana ingkang prapti | seba maringwang | bapakaning bupati ||
2. bêbêcike paranana dhawak-dhawak | bapakne kang bupati | nuwun samya nêmbah | luwaran sri narendra | warnanên kang kantun jawi | anata bala | pêpak sampun pinanci ||
3. ingkang lunga myang kang kantun têngga nata | wus bubar ki apatih | myang para bupatya | ing Pêngging wus kinêpang | ki apatih sampun manjing | lawan bupatya | bakta wong bêcik-bêcik ||
4. samya mara bapakane dhawak-dhawak | otêr sadhusun Pêngging | dipun nyana mêngsah | gumêtêr dharodhogan | sarêng wêruh putranèki | pinalajêngan | rinangkul ki apatih ||
5. nyawa kangên pun bapa lawas tan panggya | priye polahmu iki | ja kadawa-dawa | thole sira elinga | wus lawas gonmu kalindhih | saduwèkira [saduwè...]
--- [f. 134v] ---
[...kira] | mesa lêmbu wus ênting ||
6. atanapi kancanira ya mangkana | padha maria sami | darbèk tan sun etang | sira bae elinga | ki patih mèsêm nauri | dèn lirih bapa | dawêg sami alinggih ||
7. wus atata ibunira ngrangkul putra | asru dipun tangisi | thole lah ilinga | turutên bapakira | iku uga warah bêcik | ngucap ki patya | si biyang pindho kardi ||
8. ingsun turut yèn abêkti ratuningwang | yèn băngga sun tan apti | munduran manira | iki kabali sora | wong têlukan dèn kon eling | ngong nora edan | dene laku sun iki ||
9. dipun ut[211] ing nata nimbali bapa |[212] payo sowana aglis | marang ratuningwang | bapakane angucap | munduran têka kumaki | ambanjur kalap | ngêndi ana narpati ||
10. lah elinga nauri sun nora edan | ratu sun madêg aji | kang anjunjung ingwang | maido lah sebaa | andika [a...]
--- [f. 135r] ---
[...ndika] cacad punapi | ratu kawula | bagus anom linuwih ||
11. ingong ngrungu anake kaum sirangkat | ingsun sira kon bêkti | tanapi manira | thole sira pikira | dudu ujarmu pribadi | akathah-kathah | bramatya ki apati[213] ||
12. wadana brit jajane kadya sinêcang | kumêjot padon lathi | pasang tabe ingwang | bapa ja kèh wicara | yèn bapa sira tan apti | seba sang nata | sira ingsun patèni ||
13. saabote wong tuwa abot narendra | biyangira jrit nangis | dhuh aja mêngkana | wani wong tuwanira | hèh biyang aja baribin | mênêng jrih lintang | apayus bapanèki ||
14. pan kewuhan yun anurut nora arsa | amagok laku ajrih | rabènira ngucap | wong lanang turutana | anakira anêmêni | wus nungkul sira | ki patih suka galih ||
15. ingkang kathah tumênggung para bupatya | tanapi para mantri | pan kadya ki patya | sampun [sampu...]
--- [f. 135v] ---
[...n] kerid sadaya | bayong sanak rabinèki | ki patih bubar | punang desa asêpi ||
16. anging kantu[214] ingkang rama sri narendra | kang wadya samya ajrih | bilih dede karsa- | nira sri naranata | kocapa ki patih prapti | ing pasanggrahan | gumêrah syarane |[215]|
17. gêdhe cilik lanang wadon samya prapta | wus miyos sri bupati | pan katur sêdaya | salampahe ki patya | kinèn animbali sami | prapta sadaya | ulap anon sang aji ||
18. warna salin abagus cahya gumawang | samya konjêm ing siti | langkung ajrihira | bapakne ki apatya | bapakne para dipati | tumênggung arya | pra mantri lurah sami ||
19. wong tuwane ingkang sami-sami prapta | jêjêl supênuh nangkil | kêbak ing byantara | king kèhe kang aseba | langkung suka sri bupati | nulya ngandika | sun tarima hèh patih ||
20. lah bubarna padha kanên[216] gawe umah |
--- [f. 136r] ---
sasukane pribadi | kang nganggur-nganggura | yèn arsa ngangkat karya | prayoganên sira patih | ture sandika | luwaran sri bupati ||
21. wus atata akarya umah ing praja | wong nganggur akèh prapti | kang têtăngga desa | macapat măncalima | samya wisma ing nêgari | padha kacaryyan | parentahira aji ||
22. kang nyudagar ngangkat karya lawan dagang | wus gêmah kang nêgari | Pajang Pêngging ika | Pasar Agêng wus dadya | tulus kang tinandur uni | murah tinumbas | miwah kang brêras pari ||
23. ingkang rama ngaturan rinêngga-rêngga | adawa yèn winarni | agêpe mapan ala |[217] wau ingkang sudarma | wus lama kang rama lalis | lakune sasar | dadi sona cinandhi ||
24. candhi asu mêngko tartantune ana | nêngna nora ginupit | mêngkana sang nata | kinèn samya anyithak | kitha dinamêl wus dadi | langkung apelag | mêngkana sri bupati ||
--- [f. 136v] ---
25. angrudatin de dèrèng têluk sadaya | anulya ki apatih | kinèn lumaksana | ingkang barjul ri nata | ingkang băngga dèn patèni | pan binoyongan | kang rosa dèn pêrangi ||
26. samya nungkul dhatêng lampahan sapasar | kang tumut Pajang Pêngging | wetan Sokawatya | Tandhês ing Jagaraga | wong Kajoran lawan Ardi | Kidul sadaya | Sudharowang[218] pratuwin ||
27. Kêdhu Baglèn kang êlèr têpung lan Dêmak | watêse Kêndhêng ardi | duk kala sêmana | dèrèng nungkul mring Dêmak | wus alama pan akrami | Sang Păncadriya | angsal Rêncanawati ||
28. wismanira Parigêlis ing Sinjaya | turune ajar uni | nênggih Toyapêthak | Ki Bandung bangsanira | adawa lamun winarni | tulus akrama | asmara tan winuni ||
29. kaya saban adat kang wus kalampahan | tansah amukti sari | dalu lawan siyang | tansah karon asmara [a...]
--- [f. 137r] ---
[...smara] | mangkana sampun alami | gêmah raharja | watêse kitha Pêngging ||
30. wetan Lawiyan ingkang lèr nênggih Kampak | kang kulon Bayalali | wetan Adiwarna | kidul Taji watêsnya | kocapa sang pramèsyari | Pêngging awawrat | lama praptèng antawis ||
31. sampun lair kang putra miyos wanodya | warna ayu linuwih | ibu lawan rama | sakalangkung sihira | dening putrane sawiji | dinama-dama | tinutugan karsèki ||
32. barang kang jinaluk sang putri tan cuwa | cinatur wus lami |[219] warnane katingal | ayu cahya gumawang | kurang căndra luwih kawi | birai sêkar | umure rolas warsi ||
33. pan akathah satriya prapta anglamar | sang dyah dahat tan apti | amomong sarira | amangun kasutapan | kurang dhahar nadhah guling | ulah sarira | dhasare wus bantèri ||
34. tansah tinari krama dening kang rama | sang dyah dahat tan apti | asangêt lênggana |
--- [f. 137v] ---
lamun ningali priya | kadya ningali pawèstri | sang dyah abrota[220] | asiyam pati gêni ||
35. dhasar ayu karêngga ing tarak brăngta | ran Dèwi Driyawati | wus karsa Yyang Sukma | sang rêtna kêna coba | kala sare anaritis | dalu supêna | panggih satriya ambênthing |[221]|
36. langkung bagus sêdhêng dêdêge pidêksa | wong ing sa-Pajang Pêngging | nora nana memba | datan kadya supêna | tinakèn satriya prapti | marani nendra | Manonbawa ranèki ||
37. ajalira tiyang saking Majalêngka | giwang kagebang ati | kasmaran ing warna | linadenan cumbana | sang dyah nglilir mapan maksih | pêngraosira | sumandhing dhandhanggêndhis ||
22. Dhandhanggula
1. pêpungun sang dyah wungu aguling | guragapan kang asta memekan | gènira guling kakunge | emut sang rêtnaning rum | pan kasmaran dènira ngimpi | kaya pêjah angarang | gumawang ing kalbu | satingkah polah supêna | dadya sang dyah
--- [f. 138r] ---
kagugu angudang brangti | anglir kujana papa ||
2. kaniaya kang kèmpi ing wêngi | saya anglayung rêtnaning pura | nulya amujung asare | mugèng ing jinêm arum | tangkêb samir tan kêna mijil | êmban inya parêkan | tan kêna katêmu | samya nèng jaba kiwala | lamun dalu andhèr sajawining samir | tan kêna panggih sang dyah ||
3. sang dyah ayu nora dhahar guling | rintên dalu amănca udrasa | anungkêmi gêgulinge | sêsambat amêlasayun |[222] kathah-kathah ingkang winuni | katon gawang-gawangan | Manonbawa bagus | linali-lali tan ilang | mêlèk katon mêrêm katone sumandhing | yèn rêm kaya na liwat ||
4. ingame-ame raina wêngi | kaniaya kang katon supêna | si dipangan ngantu mangke | disambêra kêkupu | ditubruka ing kucing gêring | dibêndho kaloyongan | dhuh si tumpur lêbung[223] | dikêthok wêdhung sêsanga | wong abagus têka cidra
--- [f. 138v] ---
nora yakti | kathah sambating brăngta ||
5. luh mijil salang dipun usapi | sang dyah sêsambat kadi gêrantang | lir gulamit pêpisuhe | têlês guling dening luh | kampuh kêbêk gènnya ngusapi | adawa yèn winarna | wanci têngah dalu | Ki Manonbawa kang prapta | sandhing linggih angrangkul saking ing wuri | dhuh gustine si kakang ||
6. midêr ing rat ingsun tan amanggih | kuningira kang asor pêrada | mas mirah gonku angèngèr | yyangyyang dèwaning ayu | mèh panglinga kawula gusti | sidhêp dewaning sêkar | memba ing kadhatun | sapa kang duwe bêndara | baya-baya Manonbawa ingkang abdi | kang amanggih sêsotya ||
7. kagyat gumêtêr sang dyah kapati | dharodhogan wantune parawan | kumêpyur tanbuh sangkane | anukmèng jroning kalbu | iya uga kang kèmpi wêngi | kang priya ginragapan | salira lus lurus | syarane arum kapirsa | iya uga kang asung kandhuhan kingkin [king...]
--- [f. 139r] ---
[...kin] | asrêp sajroning manah ||
8. angandika gumêtêr aririh | sapa wonge iki baya sura | dening lumêbêt kadhaton | dhuh yayi ba tambuh |[224] kawulane kang kèmpi wêngi | kang dira sambat-sambat | Manonbawa ingsun | apa dudu apa iya | lamun pangling kawulane gusti pamit | mantuk angrasa nistha ||
9. sang dyah ayu anjiwit aririh | kakung angrakul angaras madya | sang dyah anyêngkah jajane | adawa yèn winuwus | sang dyah ayu pinongah-pangih | wantu èstri lan priya | sami karsanipun | tan kawarna polahira | sampun campuh asmara kolehan kalih | èstri jalu katrêsnan ||
10. samya guling eca sang rêtna di | Manonbawa sarêng bangun rina | wus mêdal tanbuh parane | rintên sang dyah awungu | pungun-pungun lêjar kang galih | sakarsane katêkan | pan amindhak bêsus | salewane awiraga | sang dyah [dya...]
--- [f. 139v] ---
[...h] miyos ingayap ing para cèthi | êmban inya nèng ngarsa ||
11. samya suka gustènipun mari | dènnya brăngta wus purup[225] yyang arka | sang dyah diwisaya mangke | asalin sinjang kampuh | sampun aès warnane adi | pinarak pasarean | anganti ing kakung | adangu rorana[226] prapta | sampun dalu sirêp kang wong padha guling | rêtnaning pura mêdal ||
12. anèng natar Manonbawa panggih | sang dyah ayu sinambut ingêmban | lir gulamit pêpisuhe | lah udhunêna ingsun | dening sira têka nyidrani | gusti nora cidra wang | nèng jaba wus dangu | mila nora manjing wisma | kapakêna yèn misih diyanmu urip | nora arsa manira ||
13. yèn sira maksa sun plaur bali | dhuh kakang kaya pa mulanya |[227] wus mêngkono karsaningong | wus pinatèn sadarum | punang diyan anulya manjing | sira Sang Manonbawa | kinanthi sang arum | sampun minggah pagulingan | pan atutug gènira akaron [aka...]
--- [f. 140r] ---
[...ron] rêsmi | eca sami anendra ||
14. byar rahina Manonbawa mulih | langkung sakti norana wong wikan | yèn dalu manjing purane | tutug gènnya pulang yun | bangun rina anulya mulih | wus katur ing sang nata | yèn sinaba pandung | guna sakti mahambara | langkung duka jinêjêp nora kapanggih | nging syarane kapirsa ||
15. linêbonan nora nana jalmi | nging kang putra kadya acarita | sangêt dukane sang rajèng | ingadhêpan sadalu | jro ing jaba dipun kêmiti | kadhatone kinêpang | maksa norana wruh | pandung guna lamun mêdal | miwah manjing malah kang kêmit jro jawi | sabên dalu kelangan ||
16. kajinêman samya dèn cukuri | brêngos alis athi-athinira | samya kawirangan kabèh | angrudatin sang prabu | wus alama sinaba maling | tanbuh paraning duka | sang putri winuwus | wus lawas wanuh kalawan | Manonbawa [Mano...]
--- [f. 140v] ---
[...nbawa] dèrèng uninga kang warni | tan ayun adêdiyan ||
17. sampun dalu wayahe kang wêngi | Manonbawa wus manjing ing pura | tansah mukti asmarane | wus wanuh samya turu | enjing mulih yèn surup manjing | sabên dalu mêngkana | dawa yèn winuwus | sampun dalu Manonbawa | sampun prapta tansah agung karon rêsmi | wus wanuh samya lênggah ||
18. madyaning kasur sang putri angling | adhuh kakang bok inggih sakêdhap | lila amasang diyane | salawase ngong durung | wruh ing rupa andika uni | yèn ajriha kawêntar | sêtyanana ingsun | mênawa cidra ngubaya | lara pati ing dunya tumêkèng ngir |[228] kakang kawulakêna ||
19. ariningsun aja beka yayi | lamun sirarsa awèt sun têngga | ya mung iku larangane | iku gêgêthing isun | damar murub kalawan malih | ja kaungkuli ingwang | barang darbèkipun | dadananing kawadonan |
--- [f. 141r] ---
barang-barang padha dohna iku yayi | yèn arsa tutug sira ||
20. sang dyah matur pramilanèki |[229] wus mêngkono pangawasaningwang | yèn kalakona ing mangke | masthi tiwas wak ingsun | kamanungsan tan tulus yayi | wêkase guruningwang | wis aja winuwus | mênawa ana miarsa | nyai inya dènnya gupita miyarsi | tinilingkên pratela ||
21. wus pinasthi wong lampah tan yukti | iku beka rêncana ing setan | pan agampang kawitane | yèn wus dadi puniku | nora lawas nuli kèh uning | nadyan silih kikiba | kang dhêmit dèn lêmbut | tan wande kacina kathah | wong akirda puniku kurang punapi | saktine Manonbawa ||
22. sêmandene ni inya pan uning | sontên mila mapan dèrèng nendra | nulya ingungak gustine | kalihe samya turu | nyai inya mundur aririh | arsa matur sang nata | ing sawuwusipun | sampun prapta
--- [f. 141v] ---
ing ngajêngan | sri bupati angrudatin dèrèng guling | kagyan[230] inya sinapa ||
23. ana paran lakumu awadi | sigra-sigra inya matur nêmbah | kawula tur uning rajèng | wau kawula ngrungu | gupitanya kang maling sakti | tinakèn putra nata | kawasane punjul | nanging adarbe larangan | ja dêdiyan lan aja dèn ungkul-ungkuli |[231] garapane wanodya ||
24. dènira ngling pasthi tiwas gusti | kamanungsan wêjange gurunya | pyuh langkung suka sang rajèng | ni inya kinèn gupuh | masangi sakèhing margi |[232] nanging besuk yèn siyang | pinrih yèn malêbu | ingnya[233] nêmbah matur enggal | sampun wangsul aririh dènnya aguling | sampun bangun rahina ||
25. Manonbawa mêdal tanna uning | tan kawarna siyang surup ngarka | lawang kapasangan kabèh | enthong kalawan irus | ulêg-ulêg tanapi kisi | barang garapaning dyah | pinasang sadarum | dhatêng kori bêbutulan | pinasangan [pina...]
--- [f. 142r] ---
[...sangan] kori kaputrèn tanapi | kori ing pasarean ||
26. miwah sanginggilira aguling | sang suputri sampun pinasangan | wusu lawan bêbêthute | dhêmit pamasangipun | dahat nora wikan sang putri | wus dalu Manonbawa | prapta tan ana wruh | sampun manjing pasarèan | wus pinasthi ilang kaprawiranèki | maling wun[234] kamanungsan ||
27. sampun tutug dènnya karon rêsmi | samya guling salawase nendra | dèrèng kadi mangkecane | Manonbawa amujung | kampuh jingga sampun pinasthi | ical lêksananira | ing mangke têrtantu | wong lanang ja kaungkulan | sarupane abah-abahing pawèstri | iku mula-mulanya ||
28. bangun rina sang dyah wungu guling | tinalika eca dènnya nendra | Manonbawa mujung mangke | sang dyah micarèng kalbu | dingarène si kakang iki | têka eca anendra | salawase durung | kadhinginan tangi mringwang | amung iki kadhinginan marang mami | oraa [o...]
--- [f. 142v] ---
[...raa] ta oraa ||
29. katiwasan ana wong kang èdi | saput lêmah kang raka ginugah | asangê[235] tan wungu mangke | sang dyah wus maras kalbu | nora wande awirang mami | angur ingsun matia | atunggala larung | sampun padhang bambang wetan | sang yyang arka sumaros maksih aguling | tinangi nora obah ||
30. sang dyah kaku manah malah nangis | ginarayang sikile akas |[236] têka dadi siji bae | sang yyang arka wus mêtu | katalika dede kang warni | kang nendra mujung baya | gêdhene rong lêsung | kêbak kasur pasarèan | Manonbawa wus ilang baya kaeksi | dudu Ki Manonbawa ||
31. baya iku pangawasa aji | kamanungsan mila dadi baya | sang dyah tan eca manahe | kinêbat kêmulipun | sang dyah anjrit sang baya tangi | dhuh babo kamanungsan | kasure karacut | katut guling lan kêlasa | dipun kudhungakên katon matanèki | lumayu gurawalan [gurawala...]
--- [f. 143r] ---
[...n] ||
32. wong jro pura sadaya udani | samya alok pura kalêbêtan | baya kalangkung gêdhene | gurnita wong sadarum | samya dangdan kang bala mantri | katur dhatêng sang nata | enggal kinèn nusul | binujung saparanira | pan mangetan sarêng kari dèn langkungi | baya tanbuh parannya ||
33. sarêng dhatêng dhusun wetan kari | mulya rupane baya wus sirna | wus mulih adi warnane | mila kari puniku | dhusunira dipun wastani | anênggih ing Lawiyan | dhusun wetanipun | winastanan Adiwarna | têtkalane mulya rupa bagus malih | kang amburu wus nulak ||
34. Manonbawa lampahe wus prapti | dhusus[237] sawetaning Adiwarna | salamêt eca lampahe | Manonbawa kêkudhung | pan kapêthuk bêbakul sami | dulu padha kêsmaran | warnane abagus | Ki Manonbawa angucap | sira iki padha pêpasar mring ngêndi | ture
--- [f. 143v] ---
dhatêng nêgara ||
35. alah ingsun amêmêkas bibi | dipun têka yèn katêmu sira | wong jro pura wêkas ingong | dèn katur sang rêtnayu | wawratane yèn mêtu èstri | sakarsa-karsanira | lamun mijil jalu | aja dèn patèni poma | punapaa wus mêngkono sun kang mêling | aran Ki Manonbawa ||
36. sampun lajêng wus katur sang dèwi | sawêlingira Ki Manonbawa | lama praptèng sêmayane | wawratane sang ayu | miyos jalu langkung apêkik | katur rama sang nata | langkung dènnya bêndu | kang wayah arsa pinatyan | nanging ibunira sangêt anggendholi | bayi nulya binuwang ||
37. ing wona lèr kilèn sing nêgari | sinèlèhakên Kali Sinjaya | pan kêndhaga wêwadhahe | wus karsaning Yyang Agung | kawarnaa răndha ing Tingkir | anyar pêjah kakungnya | tan adarbe sunu | kawêlasarsa dhatêng wona |[238] dulu teja pinaranan jabang bayi | cahya mancur apadhang ||
38. anèng sor wrêksa [wrê...]
--- [f. 144r] ---
[...ksa] pingkiring kali | ing Sinjaya sinambut saksana | binakta lan kêndhagane | wus prapta wismanipun | bungah-bungah răndha ing Tingkir | jabang bayi dinusan | langkung trêsnanipun | lir anak gènira yoga | wus alama bêgjane lir toya mili | wus sugih nyai răndha ||
39. ingugung putra ginusti-gusti | sakarsane mapan tinêkan |[239] cinatur pan aglis gêdhe | sapangon wayahipun | pan arosa sudibya sakti | beda lan rare kathah | tingkah polahipun | sêmana kang cinarita | nyai rona[240] ing Tikir[241] darbe sudarmi | lanang suwitèng Dêmak ||
40. dadya Lêlurah Angganjur uni | arsa têtinjo marang kang raka | kangên lami nora panggèh | wontên dhatêng sataun | sampun prapta desa ing Tingkir | Lurah Ganjur tumingal | lare alit bagus | atanya ku nake sapa | anauri nyai răndha putra mami | gon ingsun manggih wona ||
41. wus [wu...]
--- [f. 144v] ---
[...s] tinutur purwane rumiyin | adhuh bok ayu kabêjanira | dening akathah bêjane | dhingin malarat langkung | ingong kagèt mêngko asugih | saking lare mulanya | dhuh kapengin ingsun | milu bae apêputra | dhenga kangên murugana rare iki | bok ayu ingong gawa ||
42. sakarsanira aja alami | nora bêtah ingsun pisah lawas | nulya binakta putrane | wus lama anèng ngriku | pakaryane nêgih[242] sabin |[243] sêmana cinarita | akêmit Ki Ganjur | wus karsa Yyang Kang Mulya |[244] sakit wêtêng mulih waras bali sahkit[245] | putra ginawe porang ||
43. wijil pisan dènira akêmit | Kangjêng Sultan Dêmak dalu mêdal | kang kêmit murub cahyane | sinuwèk dadotipun | enjingira dipun takèni | katur yèn anakira | wong Ganjur pinundhut | tumut lare ponakawan | Sultan Dêmak anumpu panthèng[246] jêjawi | ana andaka galan[247] ||
44. mantri Dêmak tan ana nadhahi | andaka nandêr sultan ing Dêmak | gancang cinandhak [cinandha...]
--- [f. 145r] ---
[...k] sungune | de nake wong ganjur |[248] dipun bithi andaka mati | gawok kang wong tumingal | sultan suka langkung | adawa lamun winarna | katarima karyane tinriman putri | wuragil kinasihan ||
45. nulya kinèn bêdhah Pajang Pêngging | wus lumampah campuh rame yuda | ganti mati kathah longe | wus karsaning Yyang Agung | malês ukum Sang Nata Pêngging | kawon ngulon parannya | lawan putranipun | èstri prasamya pratapa | nèng Kajoran wus lama dhepoknya ngalih | anèng Sala têlênan ||
46. kawarnaa ingkang mênêng[249] jurit | mantri Dêmak wus mulih sadaya | ing Pajang ginanjarake | puniku gèn dhêdhukuh | kutha Pênggih[250] nora dèn gèni | wus lama dadya wona | ing Pajang winuwus | dènnya dhêdhêkah wus gêmah | sabên taun mring Dêmak ngaturi bakti | kêsmaran ingkang rama ||
| 1 | awor (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 10.7.4). (kembali) |
| 2 | nyolong. (kembali) |
| 3 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: iki pakarya mami (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 10.14.5). (kembali) |
| 4 | ngangge (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 5 | luwih (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 10.19.5). (kembali) |
| 6 | enggal (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 7 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Bandung ature mlasasih (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 10.30.4). (kembali) |
| 8 | bêcik (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 10.35.4). (kembali) |
| 9 | tăntra (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 10.38.2). (kembali) |
| 10 | Bandingkan: tutut (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 10.38.2). (kembali) |
| 11 | kongkoni (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 12 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: têngah dalu lampahe amurang marga (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 10.40.9). (kembali) |
| 13 | Bandung (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 10.45.7). (kembali) |
| 14 | tinriman. (kembali) |
| 15 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: wadana bang ujala kadya raditya (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 10.49.9). (kembali) |
| 16 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: sêsambate amlasasih (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 10.52.8). (kembali) |
| 17 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: asangêt amlasarsa (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 10.55.7). (kembali) |
| 18 | lungaa (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 10.56.9). (kembali) |
| 19 | cilakanira. (kembali) |
| 20 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: lakunira kawlasasih (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 10.58.4). (kembali) |
| 21 | anjog. (kembali) |
| 22 | sendheyan. (kembali) |
| 23 | dhandhanggula (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 10.59.9). (kembali) |
| 24 | ulam (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 11.2.1). (kembali) |
| 25 | kabèh (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 11.2.3). (kembali) |
| 26 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: wontên sadhêpa gêdhene (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 11.3.3). (kembali) |
| 27 | ngoyod. (kembali) |
| 28 | tumandang (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 11.5.2). (kembali) |
| 29 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: payo batur ta padha tumandang (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 11.5.2). (kembali) |
| 30 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: anyênyate abêbakar (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 11.6.8). (kembali) |
| 31 | pindhang. (kembali) |
| 32 | Kurang satu suku kata: kiyai sun pariman. (kembali) |
| 33 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: ulam anging salilab (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 11.10.6). (kembali) |
| 34 | nyangking (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 11.10.8). (kembali) |
| 35 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: anulya ingangi mangke (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 11.11.3). (kembali) |
| 36 | Lebih satu suku kata: kalangkung wêlasira. Bandingkan: kalangkung awlasira (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 11.11.6). (kembali) |
| 37 | isun. (kembali) |
| 38 | ing (dan di tempat lain). (kembali) |
| 39 | siningkang-singkang. (kembali) |
| 40 | ngajak (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 11.19.10). (kembali) |
| 41 | kèlêm (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 11.23.3). (kembali) |
| 42 | kombak-kumbul. (kembali) |
| 43 | kaleban (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 11.25.6). (kembali) |
| 44 | bêndungên (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 11.25.9). (kembali) |
| 45 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: ênêngêna ikang winarni (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 11.26.5). (kembali) |
| 46 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: arêraton anèng ing Pêni [Pêning] (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 11.27.5). (kembali) |
| 47 | kocap. Diulang dengan lengkap di halaman berikutnya. (kembali) |
| 48 | Lebih dua suku kata. Bandingkan: kocapa kang tapa Jaka Pêkik (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 11.28.1). (kembali) |
| 49 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: wong jaruman atalang guling (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 11.31.5). (kembali) |
| 50 | saban-saban (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 11.33.10). (kembali) |
| 51 | kakung (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 11.34.7). (kembali) |
| 52 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: nora nana ikang owah (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 11.36.8). (kembali) |
| 53 | Gajahmada (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 11.39.2). (kembali) |
| 54 | thinothok. (kembali) |
| 55 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: jawi lêbêt tinênggan (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 12.2.5). (kembali) |
| 56 | kanggenan (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 12.2.7). (kembali) |
| 57 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: kupulna wadyaniwang (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 12.3.5). (kembali) |
| 58 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: nora nana mangan sêga (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 12.7.4). (kembali) |
| 59 | tinindhihan. (kembali) |
| 60 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Pulunggana wus madal [mêdal] (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 12.9.5). (kembali) |
| 61 | ngiwakkên. (kembali) |
| 62 | tinalêmpak (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 12.13.4). (kembali) |
| 63 | Kurang dua suku kata. Bandingkan: tinalêmpak mapan idha [indha] (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 12.13.4). (kembali) |
| 64 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: prasamya agundham-gundham [gundam-gundam] (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 12.13.7). (kembali) |
| 65 | obor (dan di tempat lain). (kembali) |
| 66 | poyok-pinoyokan. (kembali) |
| 67 | baya. (kembali) |
| 68 | Bandingkan: raras (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 12.20.2). (kembali) |
| 69 | sinosog (dan di tempat lain). (kembali) |
| 70 | rangap (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 12.23.5). (kembali) |
| 71 | ngungsi (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 72 | Lebih tiga suku kata. Bandingkan: ênêngna ikang winarni (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 12.29.1). (kembali) |
| 73 | godhong. (kembali) |
| 74 | banyu (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 12.34.3). (kembali) |
| 75 | mulèh (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 12.35.3). (kembali) |
| 76 | prandene. (kembali) |
| 77 | sêkti. Bandingkan: sakti (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 12.43.7). (kembali) |
| 78 | angumbara. (kembali) |
| 79 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: ênêngna ikang kocapa (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 12.45.7). (kembali) |
| 80 | warahêna. (kembali) |
| 81 | ingsun. (kembali) |
| 82 | pungkur (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 83 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: lumampah ana ing pukur (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 12.57.6). (kembali) |
| 84 | tumandang (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 12.60.2). (kembali) |
| 85 | ing (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 12.67.5). (kembali) |
| 86 | saosa (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 12.70.5). (kembali) |
| 87 | dèn (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 13.2.5). (kembali) |
| 88 | maling. (kembali) |
| 89 | akathah (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 13.6.3). (kembali) |
| 90 | kirig. (kembali) |
| 91 | mangga. (kembali) |
| 92 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: iya nini lah mara cêkêlên egal (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 13.12.1). (kembali) |
| 93 | Lebih satu suku kata: tapak palunya. (kembali) |
| 94 | sri (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 13.23.5). (kembali) |
| 95 | santosa. (kembali) |
| 96 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: ing laut nora kawarni (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 14.4.8). (kembali) |
| 97 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: bubar nitih dipăngga (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 14.5.7). (kembali) |
| 98 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: ajêjaluka mringwang (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 14.7.7). (kembali) |
| 99 | mangkin (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 14.8.5). (kembali) |
| 100 | ambunira. (kembali) |
| 101 | Kendran (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 14.11.7). (kembali) |
| 102 | tontonan (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 103 | sineba (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 14.13.3). (kembali) |
| 104 | endhang (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 14.15.9). (kembali) |
| 105 | mêntah (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 14.16.4). (kembali) |
| 106 | kakang (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 14.18.1). (kembali) |
| 107 | prapti (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 14.23.8). (kembali) |
| 108 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: ing alun-alun agêlar (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 15.4.4). (kembali) |
| 109 | atrap (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 15.7.3). (kembali) |
| 110 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: ênêngna kang kocapa (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 15.12.5). (kembali) |
| 111 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: Garêsik dhinukuhan (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 15.28.5). (kembali) |
| 112 | matambakkên. (kembali) |
| 113 | tinambakkên (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 15.32.7). (kembali) |
| 114 | Kamboja. (kembali) |
| 115 | binêbêdan (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 15.40.2). (kembali) |
| 116 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: akalung ajêjamang (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 15.40.5). (kembali) |
| 117 | Catatan: Agak aneh sasmita sekar ini, dengan kata gambirsawit tetapi masuk ke tembang Maskumambang. Tidak terbiasa dan rasanya memang tidak ada makna kata atau kalimat yang bisa merujuk ke tembang Maskumambang. Biasanya dengan kata atau kalimat: kencana, mas, kentir, kumampul, kumambang, kambang-kambang, ing warih. (kembali) |
| 118 | kapinêtêdhan. (kembali) |
| 119 | Kurang satu suku kata: ana ing Pabêthêkan gènira uni. (kembali) |
| 120 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: lunga prênahna Ki Druwis (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 16.10.3). (kembali) |
| 121 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: Ki Darwis pamitan (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 16.11.2). (kembali) |
| 122 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: Ki Mulana Sarapidin (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 16.22.3). (kembali) |
| 123 | Kurang satu suku kata dan biasanya guru lagu a. Bandingkan: parane lunga mangetan (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 16.35.4). (kembali) |
| 124 | sira (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 16.38.4). (kembali) |
| 125 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: akampuh wulung lan malih (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 16.42.3). (kembali) |
| 126 | masjidira (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 16.45.4). (kembali) |
| 127 | angalosodi (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 128 | sumendhe. (kembali) |
| 129 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: sumaur sang dara pêthak (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 16.60.4). (kembali) |
| 130 | Said (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 16.61.1). (kembali) |
| 131 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: abuka angaji sastra (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 17.2.8). (kembali) |
| 132 | wus (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 17.4.1). (kembali) |
| 133 | Lebih satu suku kata: kitha ganthoka ika. (kembali) |
| 134 | waluyya (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 17.5.5). (kembali) |
| 135 | èstri (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 17.8.2). (kembali) |
| 136 | tamba. (kembali) |
| 137 | tuwin (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 17.10.1). (kembali) |
| 138 | kalangkung (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 17.10.7). (kembali) |
| 139 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: i dhepok Tarub gènnya (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 17.12.10). (kembali) |
| 140 | cahya (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 17.13.10). (kembali) |
| 141 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: atanapi padhukuhan (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 17.17.8). (kembali) |
| 142 | kêna (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 17.20.8). (kembali) |
| 143 | norarsa. (kembali) |
| 144 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: norasa [norarsa] lan manusya (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 17.22.10). (kembali) |
| 145 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: tan winarna polahira (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 17.23.8). (kembali) |
| 146 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: gêntèni namanipun (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 17.25.4). (kembali) |
| 147 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: wus lama tan anusu (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 17.28.4). (kembali) |
| 148 | bontit (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 17.29.10). (kembali) |
| 149 | sira (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 17.30.1). (kembali) |
| 150 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: ing ngayunan rawuh (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 17.37.7). (kembali) |
| 151 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: anakira juru sabin manjing puri (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 17.37.9). (kembali) |
| 152 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: Ki Bondhan Kajawan anak mami (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 17.41.1). (kembali) |
| 153 | Kurang satu suku kata. Bandingkang: wruh durung winarah wis dèn aglis (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 17.42.1). (kembali) |
| 154 | doh (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 17.42.6). (kembali) |
| 155 | awak-awak (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 17.45.8). (kembali) |
| 156 | sunu (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 17.49.4). (kembali) |
| 157 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: ênêngêna ikang winarna (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 17.50.8). (kembali) |
| 158 | wus (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 17.52.6). (kembali) |
| 159 | Var: Dumadil Kobra. (kembali) |
| 160 | garabah (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 18.4.2). (kembali) |
| 161 | Lebih satu suku kata: èlmune Dumadil Kobra. (kembali) |
| 162 | Sèk (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 18.5.4). (kembali) |
| 163 | ombak. (kembali) |
| 164 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: abêburuh ing toya (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 18.17.5). (kembali) |
| 165 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: pigir bangawan puniku (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 18.18.6). (kembali) |
| 166 | nunggu (dan di tempat lan bentukan lain). (kembali) |
| 167 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: nak putu nugu sadaya (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 18.24.7). (kembali) |
| 168 | sampun (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 18.27.7). (kembali) |
| 169 | enjing (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 18.28.3). (kembali) |
| 170 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: enjing tilawat nadare (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 18.28.3). (kembali) |
| 171 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: saanak putune kabèh (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 18.29.3). (kembali) |
| 172 | Kurang satu suku kata: Nyai Gêng Purna arine. (kembali) |
| 173 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: gaga têgal pagaotanèki (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 19.9.1). (kembali) |
| 174 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: anging mêmacul dhawak (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 19.9.6). (kembali) |
| 175 | cinandhak. (kembali) |
| 176 | toya. Bandingkan: nulya (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 19.11.2). (kembali) |
| 177 | punang (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 19.11.5). (kembali) |
| 178 | anjêngêr (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 19.11.7). (kembali) |
| 179 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: lakung rêgêp kêkêmpul dipun wastani (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 19.13.9). (kembali) |
| 180 | têngaraning, Variasi: |
| 181 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: wus krama sadarum (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 19.15.7). (kembali) |
| 182 | Lebih dua suku kata. Bandingkan: salu panti dhawak-dhawak (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 19.15.8). (kembali) |
| 183 | Kurang satu suku kata: ingkang raka nyai gêng ing Saba uni. (kembali) |
| 184 | Kurang dua suku kata: Kyagêng Gêtaspandhawa wau rumiyin. (kembali) |
| 185 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: ing Panjang [Pajang] Pêngging arane (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 20.2.3). (kembali) |
| 186 | Kurang satu suku kata: opah babon lan bêras. (kembali) |
| 187 | amulih. Bandingkan: mulih (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 20.9.4). (kembali) |
| 188 | nêlukkên. (kembali) |
| 189 | amborosi. (kembali) |
| 190 | adamêl (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 20.14.1). (kembali) |
| 191 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: pênêde adamêl aji (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 20.14.1). (kembali) |
| 192 | yèn (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 20.18.3). (kembali) |
| 193 | pinilih. (kembali) |
| 194 | Variasi: |
| 195 | antuk (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 20.19.5). (kembali) |
| 196 | tintrim. (kembali) |
| 197 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: nura nana ikang bisa (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 20.27.4). (kembali) |
| 198 | dalêm (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 20.39.7). (kembali) |
| 199 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: ikang dadi putêkira (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 20.41.4). (kembali) |
| 200 | tumèmpèl (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 20.46.2). (kembali) |
| 201 | sumorot. (kembali) |
| 202 | pratikêling. (kembali) |
| 203 | paguyon (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 20.55.4). (kembali) |
| 204 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: dumadya ajrih sadaya (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 20.56.4). (kembali) |
| 205 | kapatèni (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 20.58.1). (kembali) |
| 206 | jungjung. (kembali) |
| 207 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: padha gawea gêgaman (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 20.65.7). (kembali) |
| 208 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: ya thole kagawe paran (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 20.68.2). (kembali) |
| 209 | kawicara (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 20.68.7). (kembali) |
| 210 | durma (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 20.79.7). (kembali) |
| 211 | utus (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 21.9.1). (kembali) |
| 212 | Kurang satu suku kata: dipun utus ing nata nibali bapa (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 21.9.1). (kembali) |
| 213 | apatih (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 21.11.7). (kembali) |
| 214 | kantun (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 21.16.1). (kembali) |
| 215 | Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu i. Bandingkan: gumêrah syaranèki (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 21.16.7). (kembali) |
| 216 | konên (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 21.20.1). (kembali) |
| 217 | Lebih satu suku kata: anggêpe pan ala. (kembali) |
| 218 | Sundharowang. (kembali) |
| 219 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: cinatur wus alami (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 21.32.2). (kembali) |
| 220 | Tulisan Jawa kurang tepat: |
| 221 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: panggih priya abênthing (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 21.35.7). (kembali) |
| 222 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: sêsambat amlasayun (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 22.3.4). (kembali) |
| 223 | lêbur. (kembali) |
| 224 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: dhuh yayi baya tambuh (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 22.4.4). (kembali) |
| 225 | surup (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 22.11.2). (kembali) |
| 226 | norana (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 22.11.8). (kembali) |
| 227 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: dhuh kakang kaya paran mulanya (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 22.13.2). (kembali) |
| 228 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: lara pati ing dunya tumêka ngakir (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 22.18.9). (kembali) |
| 229 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: sang dyah umatur pramilanèki (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 22.20.1). (kembali) |
| 230 | kagyat (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 22.22.10). (kembali) |
| 231 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: ja dêdiyan lan aja dèn kul-ukuli (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 22.23.9). (kembali) |
| 232 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: mêmasangi sakèhing margi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 22.24.5). (kembali) |
| 233 | inya (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 22.24.8). (kembali) |
| 234 | wus (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 22.26.10). (kembali) |
| 235 | asangêt (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 22.29.3). (kembali) |
| 236 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: ginarayang sikile akasap (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 22.30.2). (kembali) |
| 237 | dhusun (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 22.34.2). (kembali) |
| 238 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: kawlasarsa dhatêng wana (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 22.37.8). (kembali) |
| 239 | Kurang satu suku kata: sakarsanira mapan tinêkan. (kembali) |
| 240 | răngdha (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 22.39.9). (kembali) |
| 241 | Tingkir. (kembali) |
| 242 | nênggih (dan di tempat lain). (kembali) |
| 243 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: pakaryane nêgih sêsabin (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 22.42.5). (kembali) |
| 244 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: wus karsani Yyang Kang Mulya (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 22.42.8). (kembali) |
| 245 | sakit (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 22.42.9). (kembali) |
| 246 | banthèng (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 22.43.9). (kembali) |
| 247 | galak (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 22.43.10). (kembali) |
| 248 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: de anake wong ganjur (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 22.44.4). (kembali) |
| 249 | mênang. (kembali) |
| 250 | Pêngging (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 22.46.5). (kembali) |