Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039 (Pupuh 23–30)
| 1. | Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039 (Pupuh 01–09). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
| 2. | Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039 (Pupuh 10–22). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
| 3. | Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039 (Pupuh 23–30). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
| 4. | Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039 (Pupuh 31–42). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
--- [f. 145r lanjutan] ---
23. Asmaradana
1. pan sampun jinunjung linggih | anama sunan [su...]
--- [f. 145v] ---
[...nan] ing Pajang | kawarnaa sang akatong | wus kuwawi nulya nyithak | Sunan Pajang akarya | kitha wus dados abagus | wus lama nora aseba ||
2. panjang carita anuli | kang saya alama-lama | Ki Agêng Ênis ing mangke | pan ingambil pawong sanak | dènira Sunan Pajang | pasihanipun kalangkung | sinung dhêkah ing Lawiyan ||
3. sêmana Ki Agêng Ênis | nama Ki Agêng Lawiyan | ya ta ingkang putra karo | Ki Panjawi Pamanahan | sumawitèng ing Pajang | angsal pangawulanipun | pan sami kinakang-kakang ||
4. pan tunggal paguronnèki | lawan jêng sunan ing Pajang | mila kalangkung rakête | guru Sunan Kalijaga | nulya nagari Dêmak | duka prasamya anglurug | mring Pajang wus tinadhahan ||
5. arame gènira jurit | kasêsêr wadya ing Dêmak | binuru praptèng kuthane | nulya para wali têdhak | pinatut wêwatêsan | anênggih ing Kêndhêng gunung | kang kidul milu
--- [f. 146r] ---
ing Pajang ||
6. nulya Ki Agêng ing Ênis | kang adhêkah ing Lawiyan | seda wus sinarèkake | ing astana ing Laweyan | anadene kang putra | kalih pangawulan antuk | anglurahi wong tamtama ||
7. Sunan Pajang langkung asih | ginawe bobote yuda | ingandêl saba purane | tur ingangkên saudara | Sunan Pajang sêmana | pan dèrèng adarbe sunu | kang darman akèh putranya ||
8. Kyai Pamanahan uni | pan pêpitu putranira | jalu gangsal kalih wadon | warnanira samya endah | samya bagus kang taruna |[1] ingkang jalu wastanipun | Radèn Bagus kang pangarsa ||
9. anuli Rahadèn Santri | Radèn Jambu aranira | anuli Rahadèn Tompe | lan Radèn Kadhawung ika | Radèn Bagus sêmana | ingambil putra prambayun | dhatêng Kangjêng Sunan Pajang ||
10. tumut panakawan alit | pan karakêt saba pura | pinipil [pini...]
--- [f. 146v] ---
[...pil] alit mulane | kadi putra gèning yoga | pan kinarya lanjaran | warna bagus cahya mancur | Sunan Pajang puruhita ||
11. kentar mring Ginuwun[2] Kali | Radèn Bagus atut wuntat | musawarat sapraptane | Sunan Pajang layyan ingkang | Sinuwun Kalijaga | wus atas pamitan mantuk | sunan mring nagari Pajang ||
12. Radèn Bagus mapan kari | angaji sampun tiyasa | sunan tan kilap tingale | pan sampun binibisikan | ing têmbe mutêr jagat | yèn mulèh kinèn anuwun | dhuwung aran Ki Sangkêlat ||
13. dhuwung dèrèng dèn dadani | anyar gawehane Sura | saking Tuban pinangkane | nulya Sunan Dêmak prapta | puruhita mring sunan | wus winuruk sampun putus | pamit mulih Sultan Dêmak ||
14. Radèn Bagus atut wingking | cêthane bilih mênawa | wong Dêmak gangsul ujare | dhatêng susunan ing Pajang | sampun prapta ing Dêmak | Sultan Dêmak [Dê...]
--- [f. 147r] ---
[...mak] wuwusipun | ingsun milu apêputra ||
15. kalangkung dèn karêmêni | tumut rare ponakawan | cinatur ika kandhane | Dipati Têrung tan lama | têluk sultan ing Dêmak | tinimbalan dhahar iku | sarêng muni kang gamêlan ||
16. mukirig[3] ulate andik | ngrasa wirang dening seba | ing sapêpadhaning katong | angadêg kasuranira | Dipati Têrung ika | mring gamêlan rêmên langkung | mila kemutan yèn lanang ||
17. karsane ayun dhingini | amrajaya Sultan Mêmak[4] | nora wêruh ing sêmune | nging Dèn Bagus kang uninga | ngampil kacu nèng ngandhap | nula[5] sinabêt ing kacu | Dipati Têrung aniba ||
18. anulya dipun tulungi | kondur Kangjêng Sultan Dêmak | Rahadèn Bagus tinakèn | pa mula sira mêngkana | ture awon kang manah | owah tingkah polahipun | sarêng amirsa gamêlan ||
19. sampuna ulun dhingini | amasthi paduka [pa...]
--- [f. 147v] ---
[...duka] tiwas | Sultan Dêmak suka tyase | anulya binibisikan | sarta sinung wasiyat | Si Bêtho[6] kang darbe besuk | sira sarta mutêr jagat ||
20. ênêngna ingkang winuni | Sunan Dêmak pêsanakan | lan Dipati Tuban mangke | cinatur Dipati Tuban | langkung rêmên gêgaman | damêl sakathahing dhapur | nora nana kaliwatan ||
21. dhuwunge prang pirang pêthi | kocap Sunan Kali prapta | mring Pajang kèn ngênakake | dhuwung Tuban ingkang anyar | ya kang dhapur Sangkêlat | bêcik kèh barkate iku | masthi sira dadi marga ||
22. nulya pamit Sunan Kali | lajêng mring Ki Pamanahan | andhepok dhêku gurune | anulya winawarahan | sarta binibisikan | Sunan Kali sampun mantuk | kocapa sunan ing Pajang ||
23. ing Tuban dipun rapêti | karsanira bêbesan |[7] utusan minta kêrise | wus binaktakkên sadaya | krise
--- [f. 148r] ---
Dipati Tuban | dhatêng ing wêwadhahipun | anging kari Ki Sangkêlat ||
24. pramila kariya isin | anyar dèrèng kadadanan | ingkang ambakta putrane | bakal mantu maksih bocah | wus prapa[8] nagri Pajang | wus pinihan sadarum |[9] nora nana dadi manah ||
25. putra Tuban dèn takèni | ing umah pa maksih ana | taksih akathah ature | kinèn mulih lah waraha | ingsun tindak piyambak | nulya Sunan Pajang rawuh | ing Tuban dhuwung ginêlar ||
26. nora nana dadya galih | anulya Ki Sura prapta | ngaturakên gawèhane | ingkang dèrèng dinandanan | puniku Ki Sangkêlat | Sunan Pajang awas dulu | ya isin yèn ajaluka ||
27. anulya apamit mulih | wus prapta nagari Pajang | Ki Pamanahan kinèngkèn | dhatêng Tuban sampun prapta | aminta kang curiga | dèrèng dinandanan iku | gumuyu [gu...]
--- [f. 148v] ---
[...muyu] Dipati Tuban ||
28. sun gêlar kang bêcik-bêcik | nora nana kang kinarsan | amundhut kang ala mangke | ingsun tan sae asunga | Ki Pamanahan maksa | Ki Sangkêlat dipun jupuk | tinampèn Ki Pamanahan ||
29. wus pamit kentar saryya ngling | kagêgêm nêgara Jawa | pongah wong Tuban manahe | mara padha anusula | yèn sira nyata lanang | barkate wus kêna mring sun | Dipati Tuban bramatya ||
30. kinèn anusul ing mantri | nora nana wani parak | wus kaloka prajurite | Ki Pamanahan prakosa | padha bali wong Tuban | umatur nora kasusul | Ki Pamanahan wus prapta ||
31. ing Pajang katur sang aji | Ki Sangkêlat wus tinampan | anulya siniran bae | baya wus karsaning Sukma | nora pati graita | Sunan Pajang galihipun | ênêngêna kang kocapa ||
32. Radèn Bagus amit mulih | dhatêng
--- [f. 149r] ---
Pajang praptèng pura | dinangu katur polahe | langkung suka Sunan Pajang | ngalêm dening prayitna | mandah sêpuh anak ingsun | kaki sira kêrisana ||
33. samar sira lanca-linci[10] | wus agêdhe winêdalan | dhuwung kinèn milih kabèh | Sunan Kali wêlingira | jinujug Ki Sêngkêlat | Jêng Sunan Pajang gêgêtun | ing manah kang jamak-jamak ||
34. amiliha kang abêcik | dadanane ingkang mubyar | têka bênêr pamilihe | gêtune ujar wus tiba | sunan gumujêng ngucap | nora kayaa si kulup | dhêdhêmêne ingkang anyar ||
35. sun dandanane kariyin | ya gawenên patêlêsan | gampang benjang wuri bae | wus binakta mulih nulya | ngaturakên kang rama | saryya matur polahipun | asuka Ki Pamanahan ||
36. wis jangji nawa ta kaki | mênawa kawêntar kathah | wus lama ing caritane | Sultan Dêmak sampun seda [se...]
--- [f. 149v] ---
[...da] | puput karatonira | kagêntèn ing Pajang prabu | wus lama antaranira ||
37. wontên ganti kang winuni | Susunan Kudus kocapa | kang ginuron ing wong akèh | bupati lan para nata | sadaya puruhita | Susunan Prawata iku | lan Pangran Dipati Jipang ||
38. samya puruhita uni | mring Sunan Kudus Pangeran | Jipang kalangkung sungkême | nanging sunan ing Prawata | aguru malih karsa | kang sapindhah Sunan Kudus | kalih Sunan Kalijaga ||
39. Sunan Kudus ngandika ris | mring Pangeran Arya Jipang | Ki Bayi paran ukume | wong angalapdho upama | inggih ukume pêjah | wanglus[11] ămba ayun wêruh | ya kakangira Prawata ||
40. apa rane iku kaki | wong amaro patakonan | punapa ngantosan mangke | ulun sanggup ngukum pêjah | dhasar sêngit kalintang | purwane rama ni lampus | saking sunan ing Prawata [Pra...]
--- [f. 150r] ---
[...wata] ||
41. kokonane kang mêjahi | awasta pun Surayata | salat Jumungah bubare | pêthuk ngênu pinarjaya | pêjahe purwanira | Arya Jipang ramanipun | ingukum Ki Surayata ||
42. wadya Jipang kang nuduki | sigêg sampun ingajanan | angawe kajinêmane | Arya Jipang lêlurahnya | tate nyidra pra nata | sigra ingatag pun Rangkut | lampahira nuli prapta ||
43. kadhaton Prawata nuli | Susunan Prawata gêrah | alêlendhehan garwane | dhatêng pun Rangkut tinanyan | paran gawemu prapta | pun Rangkud matur ingutut[12] | kinèn anyidra sampeyan ||
44. Sunan Prawata mangkya ngling | alah payo lêkasana | nging aja ngèmbèt liyane | amung awak ingsun dhawak | pun Rangkut goco sigra | jaja trus gigir pan antuk | garwanira ngling susunan ||
45. Si Rangkud madayèng jangji | pun Rangkud nulya [nu...]
--- [f. 150v] ---
[...lya] sinawat | dhuwung Ki Bêthok arane | kasarèmpèd sêkar kathang | ukur bêlèr wus pêjah | saking Ki Bêthok puhipun | sarêng sedane susunan ||
46. wau kalawan kang rayi | tangis jro pura gumêrah | ingkang tan suka arine | èstri Ratu Kalinyamat | nêdha ukum lan garwa | sarimbit dhatêng ing Kudus | prapta ngayune Jêng Sunan ||
47. ature amêlasasih | mas ratu ing Kalinyamat | anuwun ukum ing mangke | pêjahira ingkang raka | dèn pêjahi dutanya | pun Arya Jipang puniku | punapa ing saukumnya ||
48. Jêng Susunan Kudus angling | sayêkti wong utang pêjah | iya pinatèn ukume | mas ratu nuli pamitan | mantuk sarimbit sira | Arya Jipang mêgat ngênu | sagamanira sadaya ||
49. lakine mas ratu nuli | kinarubut sampun pêjah | mas ratu lara tangise | dhingin tinilar ing kadang | ping kalih lakinira |
--- [f. 151r] ---
kinaniaya gèn lampus | datan mulih dalêmira ||
50. anuli banjur pratapi | anèng Gunung Danaraja | amuda tapih rambute | sangêt ambanting sarira | satilare kang syarga | mapan binakta sadarum | mas ratu pasanggirinya ||
51. benjang manira atapih | yèn wus ana belanira | sadulur lan lakèningong | patine kinaniaya | ingsun norarsa sinjang | yèn durung ana kang sanggup | matèni Si Arya Jipang ||
52. yèn ana ingkang nyanggupi | amawongan awan[13] kingwang[14] | ngèngèr nuli sinjang ingong | nulya gêtêr patêr munya | gumêrah anèng tawang | wus lama sru brangtanipun | anulya kang rayi Pajang ||
53. mring patapan dèn timbali | tan kawarna sampun prapta | mantri Pajang kêrig kabèh | sagamannya kulawarga | samya tumut sadaya | sakadange Kyai Juru | Ki Panjawi Pamanahan ||
54. Radèn Bagus tan atêbih | maksih [ma...]
--- [f. 151v] ---
[...ksih] tumut ponakawan | Sunan Pajang panggih mangke | lan kang raka dèrèng sinjang | pan maksih tapih rema | Sunan Pajang aturipun | kakangbok andika sinjang ||
55. yayi benjang lamun olih | kang sanggup matèni Jipang | apan uwis ujar ingong | wus tinutur punaginya | têtilare kang raka | garwa sêlir garwa katur | wus ginêlar ngarsa dhadhang[15] ||
24. Dhandhanggula
1. munggèng ngarsanira ingkang rayi | para arum ayu pinaesan | tanapi barana kabèh | ngandika nimas ratu | kabèh tingalana lah yayi | têtilare kang syarga | Sunan Pajang matur | gih kangbok paduka sinjang | ging[16] kawula kang sumanggup malês pati | dhumatêng Arya Jipang ||
2. langkung lêga mas ratu wus tapih | Sunan Pajang tumingal wanodya | ayu anèng ing wurine | kang raka rêgêp dulu | wus sinuwun dipun timbali | pawèstri kinèn [ki...]
--- [f. 152r] ---
[...nèn] lênggah | wurine rènipun | nanging ta èstri punika | dede ingkang garwa Sunan Prawatèki | rabine kajinêman ||
3. lakine maksih anulya pamit | Sunan Pajang manêmbah linilan | pawèstri binakta mangke | sampun bubar sawênggung[17] | gêgancangan ing Pajang prapti | kocapa kajinêman | pagunêman catur | kèhe arsa nyidra Sunan | Pajang rêmbag tiyang sakawan prajanji | tigan sapatarangan ||
4. jalma catur prasamya asêkti | têngah dalu wus samya lumampah | wus prapta manjing purane | eca nendra sang prabu | nulya sarêng anarik kêris | sarêng samya marjaya | goco wantu-wantu | Sunan Pajang eca nendra | pêngraose sunan kadya lalêr mampir | kagyat kang para garwa ||
5. narka kabranan prasamya nangis | gurnita samya nungkêmi pada | kajinêman lempoh kabèh | wus ngapura sadarum | dipun ganjar [ga...]
--- [f. 152v] ---
[...njar] kèn mulih wêngi | wênawi[18] kadêngan |[19] dening punggawa gung | wus sami mijil tan nya |[20] lamun gêsang Sultan Pajang kang winuni | sêmana wus alama ||
6. emut ing galih dhingin nanggupi | ing pêjahira Ki Arya Jipang | wus alami ubayane | anging ta dèrèng antuk | kang sumanggup rêbut kuwani[21] | lawan Ki Arya Jipang | miwah dhêmitipun | kapirangu dèrèng angsal | kang prayoga sêmana sunan winuni | sampun kathah putranya ||
7. Radèn Bagus lanjarane rèki | alit mula ngangkên anak lanang | sunan têtiga putrane | kang sami èstri iku | kang pamêkas jalêr satunggil | wasta Radèn Bênawa | putra kang prêmbayun | pawèstri sampun akrama | angsal Adipati Dêmak ingkang rayi | panggulu krama Tuban ||
8. kang satunggil pan sampun akrami | angsal Adipati Bantên ika | wus bupati dhewe-dhewe | dening putra waruju | ingkang badhe gêntèni [gêntè...]
--- [f. 153r] ---
[...ni] naji[22] | wasta Pangran Bênawa | dening Radèn Bagus | wus kuwawi ngêmbat watang | wus jinunjung linggih pan sinung kêkasih | Dèn Bèi Lèringpasar ||
9. ya ta cinarita wus alami | sunan dènnya ubaya ing raka | Sultan Pajang asuwarèng | bupati mantri agung | pêpak kabèh kêndhaga lampit | arya răngga lan dêmang | ngabèi tumênggung | waduaji anèng ngarsa | Sultan Pajang pinarêk ing kathil gadhing | rinêngga ing kêncana ||
10. sakèhe wadya samya tinari | sapa sanggup mungsuh Arya Jipang | abangêt prang digdayane | tanapi dhêmitipun | lamun Arya Jipang ngêmasi | nuli tămpa ganjaran | Pathi lan Mêtarum | nora nana sumanggupa | wus misuwur Arya Jipang bobot jurit | digdaya pilih lawan ||
11. Arya Jipang kèringan sabumi | wus alami ganjaran pratela | nagri Pathi Matarame |
--- [f. 153v] ---
kunêng ingkang winuwus | Pamanahan lan Ki Panjawi | katiga ipenira | kang wasta Ki Juru | agunêm kang sayabara | mapan sami ngrasa wirangira ngati | kang tinari tan sura ||
12. amungsuh Arya Jipang samya jrih | Kyai Juru alon dènnya ngucap | dening agêng ganjarane | nagri Pathi Mêtarum | dening eman kaliya kalih | lah para sanggupana | wong roro rèningsun | amungsuh Ki Arya Jipang | Kyai Pamanahan gumuyu sarya ngli[23] | ki ipe de gumampang ||
13. pintên dangune wong sanggup ugi | iba cacahira wong ing Jipang | ana salêksa thahe |[24] cacahe pitung èwu | sakalangkung kari gêng nguni | Ki Panjawi atanggap | tur sarwi amuwus | gih lêrês saking pun kakang | milanipun mantri Pajang tan awani | dhumatêng Arya Jipang ||
14. inggih awrat sinăngga ing jurit | angandika Kyai Pamanahan | tumêkèng têmah jurite [juri...]
--- [f. 154r] ---
[...te] | sapa ingkang ingadu | nadyan sanak andika sami | dastun wontên wong dhomas | tumut baba lampus | iku sarupa têtiyang | kinathahkên Kyai Juru angling yayi | kang botohi manira ||
15. wong aprang nora dening kèh kêdhik | manira sanggup maekanana | Ki Arya Jipang têkone | sun wruh wong buyan purun | yèn tinantang punika pasthi | yakti angamuk dhawak | gih pinrih puniku | atilara ingkang wadya | wêwatêke wong punika nora kêni | tinantang masthi enggal ||
16. anêkani yèn padha satunggil | ki bayi boya pati ulapa | yèn prang papak wrat jurite | ya ta sami arêmbug | wong têtiga wus tunggal kapti | ngucap Ki Pamanahan | dhumatêng Ki Juru | ki ipe sakarsanira | gih manira kalawan yayi Panjawi | inggih darma lumampah ||
17. yèn pênira ambêbatohi |[25] ki ipe
--- [f. 154v] ---
manira têka sura | lah benjang enjang bae |[26] lamun sineba prabu | nêdha sami seba wong katri | kawarnaa wus enjang | gunan[27] Pajang wau | tinangkil pêpak bupatya | nèng sitinggil Sunan Pajang sigra angling | dhumatêng wadyabala ||
18. sapa sanggupake ing bupati | amungsuha marang Arya Jipang | pra punggawa samya ture | abdi dalêm sadarum | mantri Pajang tan ana wani | nging wontên ingkang sura | kănca kang sumanggup | kêkalih lurah tamtama | ingkang purun mungsuh prang takêra gêtih | wani agantya tumbak ||
19. Arya Jipang sagènnya kapanggih | purun panggah Sunan Pajang ngucap | sokur ki raka ing mangke | inggih ingkang asanggup | tan kaliya nêgari kalih | ing Pathi lan Mêtaram | gih ki raka purun | kalih aturipun sura | amung rang Arya Jipang anglampahi |[28] karya sri naranata ||
20. langkung suka Susunan [Susu...]
--- [f. 155r] ---
[...nan] Pajang angling |[29] sarya gumujêng ngêmbat wêntisnya | wus dangu kondur sang rajèng | sampun manjing kadhatun | ingkang sanggu[30] pan sampun mulih | Panjawi Pamanahan | katiga Ki Juru | siyaga dandan ayuda | kulawarga sadaya pan sampun prapti | Ki Juru bobot durma ||
25. Durma
1. wong Sêsela ingkang kula kawaraga | kang milu ba pati |[31] sarerehanira | kêrig lampit sadaya | tembak gênggêng ingkang baris | tata balabar | kathahe winatawis ||
2. cacah dhomas sawarnanipun têtiyang | bodhol kang anèng argi | wong asura-sura | Dèn Bèi Loringpasar | lampahira anèng wuri | kang ngiring padha | prawira andêl jurit ||
3. samya jalma sêliran lampah lir dagang | pêpikul anèng ngarsi | pan kinarya sêmang | nora mawi gêgaman | lampahira
--- [f. 155v] ---
rada têbih | lampahe prapta | kandhêg kilèn bênawi ||
4. samya mondhok wontên sapinggir Bangawan | Sore wau kang nami | gaman wuri prapta | anggênggêng barisira | wong tamtama ingkang asih | aprasanakan | prasamya atut wuri ||
5. Ki Panjawi Pamanahan sampun prapta | Ki Juru Amartani | lirna ingkang putra | Dèn Bèi Lèringpasar | anèng wuri sampun prapti | wus masanggrahan | sakilèning bênawi ||
6. arêmbagan Ki Panjawi Pamanahan | Ki Juru Amartani | winuni Ki Arya | Jipang nèng Kudus lama | bêndune yayah sinimpi[32] | dening amirsa | mungsuh wong Pajang prapti ||
7. mendhok[33] kilèn bêngawan nulya têngara | wong Jipang wus cumawis | sikêp prajuritan | aglar kang punang kuda | Ki Arya Jipang wus mijil | baris wus bubar | prapta Dimung abaris ||
8. mapan sampun [sa...]
--- [f. 156r] ---
[...mpun] masanggrahan ênêngêna | kocap Juru Martani | lawan arènira | Ki Bayi paran karsa | pêkênira rèh puniki | Ki Juru ngucap | lah iya benjing-enjing ||
9. angadhanga wong Jipang para cêkêla | kinarya tăndha siji | dimune sung warta | wus rêmbag sarêng enjang | ngadhang wontên tiyang ngarit | pakathik Jipang | wus cinêkêl sira glis ||
10. dipun pêrung kupinge sasisih ika | adan wus kinèn mulih | kinalungan layang | aturna Arya Jipang | lumayu Jipang wus prapti | lumêbu kitha | gita wong non pakathik ||
11. kalung layang pêrung sasih kupingnya |[34] sampun katur ki patih | nulya tinimbalan | surat sampun winaca | Tumênggung Mataun luwih | rudita nulya | seba ambêta tulis ||
12. Ki Tumênggung Mataun tanpa larapan | prapta ngarsaning gusti | nglasod palataran [palatara...]
--- [f. 156v] ---
[...n] | sarwi anăngga surat | cinothong yun matur ajrih | siku gustinya | dening Ki Arya lagi ||
13. iya dhahar mila kèndêl ki apatya | pan laranganing gusti | sêdhêng lagya dhahar | ki patih katingalan | bakta tulis konjêm siti | dyan tinimbalan | matura aja wêdi ||
14. paturira ki tumênggung atur sêmbah | ulun anuwun runtik | paduka dhahara | dipun aris kiwala | Ki Arya Jipang sru angling | bapa matura | gusti tutugna bukti ||
15. ora bapa dèn enggal sira matura | aja malang tumolih | ki tumênggung nêmbah | kawula tur uninga | mring gusti wontên pakathik | pêrung kupingnya | punika kalung tulis ||
16. maksih ngêpêl sêga astane Ki Arya | kang kiwa nyêkêl tulis | surat dyan winaca | mungêl tunggul panantang | pèngêt layang isun iki | dhawuha sira | Arya Jipang Dipati ||
17. wusing dhawuh nuwala
--- [f. 157r] ---
Arya nungkula | srah bokokan[35] tur putri | mring Jêng Sunan Pajang | yèn sira nora arsa | padha lanang ja gumingsir | lah mêtonana | lamun nyata prajurit ||
18. payo nyabranga Bêngawan Sore sira | takêr tandhing kuwanin | atakêr ludira | pagih[36] padha satunggal | lamun ora amêtoni | dudu prawira | tapiha dadya èstri ||
19. dudu lanang ingsun sanggup ngêmbarana | mring sira padha siji | lamun tambuh sira | ingsun wong Judipatya | Pamanahan aran mami | sun sanggup nigas | murdanira dipati ||
20. lah mêtua brêmatya ki adipatya | talingan lir sinêbit | sinuwèk kang surat | jaja bang winga-winga | wêdana lir mêdal api | kadya galuga | kumêjot padon lathi ||
21. gigit waja lumêng andik tingalira | panas têmên kang ati | ingsun ta dèn tantang | dening si Pamanahan | anake wong adol biting | apaksa
--- [f. 157v] ---
lancang | baya bosên aurip ||
22. wus kinapan kudane Si Gagakrimang | ya ta sampun cumawis | sigra Arya Jipang | wus angrasuk busana | sakapraboning ajurit | dhuwung nyuriga | pajimatan rinakit ||
23. nulya nyandhak waose Ki Sadakupas | wus mugèng ing waniti | anyamêthi kuda | nandêr atilar bala | Gagakrimang lonjong mimis | saking bèr manah | Ki Arya Jipang prapti ||
24. sawetaning bêngawan mapan katingal | yèn Arya Jipang prapti | dhewe tanpa rewang | mugèng luwur turăngga | asêsumbar anudingi | lah wong ing Pajang | nyabranga yèn prajurit ||
25. kêmbulana yèn sira padha prawira | dèn padha ngusi pati | ki silih rupanya | dipatine wong Jipang | kang sira tantang ing jurit | payo nyabranga | barênga aja ganti ||
26. lah wong Pajang sun rêbutên kadi boga | kêkudangên lir èstri | lah barênga mara | ingsun kêmbari dhawak [dhawa...]
--- [f. 158r] ---
[...k] | wong Tamtama nguwuh sami | payo nyabranga | Arya yèn sira wani ||
27. sun kêmbari yèn padha siji kiwala | brêmatyane tan sipi | iya angantia | ja na mundur ing yuda | kudanira dèn camêthi | ambyur ing toya | turanggane anglangi ||
28. surak bala Pajang yèn Ki Arya nabrang | wong Tamtama miranti | payo ja na obah | wus prapta ing pinggiran | wong Sêsela anadhahi | miwah Tamtama | Ki Arya nêmpuh wani ||
29. sinasog waos rangap Ki Arya Jipang | tan busik maksa ngukih | wantu wong satunggal | karobak karepotan | maksa ngamuk ing ajurit | dyan nandhang brana | prana jaringan mijil ||
30. ingkang tatu lambung muncar kang ludira | anênggih kang ngênèni | dede wong Tamtama | pan dede wong Sêsela | pawong sanakipun lami | Ki Pamanahan | ngangkên sudara wèdi ||
31. pan kinakang-kakang [ki...]
--- [f. 158v] ---
[...nakang-kakang] mring Ki Pamanahan | angsalira kariyin | jajahan nêgara | Ngastina duk amirsa | Ki Pamanahan ajurit | mila tut wuntat | sarênga angêmasi ||
32. wastanira anênggih Ki Ekaguna | punika kang natoni | Ki Arya wus mêntas | saking toya adandan | tan karaos ginnya kanin | saking wantêrnya | jêjaringan kang mijil ||
33. sinampirakên warangka dhuwungira | lir sămba athi-athi | angamuk Ki Arya | wong Sêsela atadhah | rame yuda wuru gêtih | pangamukira | lir banthèng nandhang kanin ||
34. tambuh mungsuh lan rowang kang panggah pêjah | wong Pajang kathah mati | miwah wong kabranan | jalma pating sulayah | kulawarga Sela kadi | pacing binabad | gêlasah ingamuki ||
35. Arya Jipang pan saryya anandhang brana | tan nêdya yèn aurip [a...]
--- [f. 159r] ---
[...urip] | lir dhawuhan pêgat | mawur wadya ing Pajang | sêksana Radèn Ngabèi | tumingal sira | yèn sêntona kalindhih ||
36. nulya gancang Dèn Ngabèi Lèringpasar | arsa tulung ajurit | sampun nitih kuda | sikêp waos bêrkatan | Palèrèd ngêmbat kumitir | para sentona | karsane dèn alingi ||
37. maju ngrana anitih kuda undhakan | wus panggih padha siji | lan Ki Arya Jipang | Radèn Bèi prayitna | Ki Arya Jipang angukih | pun Gagakrimang | tumingal kuda èstri ||
38. tan kêna ngampah rongèh pun Gaganrimang[37] | tan kobêr ngêr kêndhali | katungkul abêgar | tan kobêr ngingêr watang | Gagakrimang mobat mabit | nulya tumêdhak | wau Radèn Ngabèi ||
39. linarihan Ki Arya saking dharatan | jaja trusing gigir |[38] muncar kang ludira [ludi...]
--- [f. 159v] ---
[...ra] | tatas walikatira | sumêmbur rahnya nututi | Ki Arya Jipang | amalês tan nêdhasi ||
40. nulya niba sing turăngga wus palastra | têkan kudaning mati | layon binêcikan | de wadyabala Pajang | asih pralayyèng ajurit | wus ingastana | Dêmak dèn sêngkalani ||
41. ăngka sapta dadi wani sêngkalannya |[39] wau radèn ngabèi | waos tiningalan | bêngkung punggêl sabêras | gagêtunira tan sipi | kang bangkat karya | wau Radèn Ngabèi ||
42. nulya prapta Ki Mataun sêdya bela | ngamuk dipun tadhahi | ki tumênggung pêjah | murdanira tinigas | pinanjêr pinggiring kali | gêgaman Jipang | ing wuri samya prapti ||
43. winêtawis untabe ana salêksa | sêdya tulung ing gusti | nèng wetan bêngawan | mirsa gustinya pêjah | ngandika Radèn Ngabèi | Salèringpasar | sarya ngawe
--- [f. 160r] ---
astèki ||
44. tingalana wong Jipang patihmu pêjah | sara[40] rêbut punapi | kudu milu bela | ki rupane dhasira | Tumênggung Mataun un uni |[41] rêbutên egal | yèn wani brăngta kingkin ||
26. Asmaradana
1. sapa milu bela iki | apan ta wong cilik sira | bulah iki pêpatihe | milu mukti awibawa | wong Jipang samya rêmbag | atêluk nyabrang sadarum | angaturakêk[42] bongkokan ||
2. dhumatêng radèn ngabèi | sampun dalu masanggrahan | ya ta agunêm wiraos | Ki Juru alon angucap | manira darbe rêmbag | Ar Jipang patènipun |[43] putranira ing sal |[44]|
3. yèn katura putra mami | acilik gancaranira[45] | nora tămpa ganjarane | nora liwat kampuh reyal | sakêthi dastun kathah | yèn para wong roro ngaku | pasthi ginanjar nagara ||
--- [f. 160v] ---
4. ing Pathi lawan Mêtawis | Ki Panjawi alon ngucap | lêrês saking kakang mangke | angucap Ki Pamanahan | anêr pakanira |[46] sunan wus ubaginipun[47] | yakti tinagih ing prana ||
5. dèn sambat yayi Pêjawi[48] | patine Ki Arya Jipang | nedha ingangkên wong loro | rêmbag tan suwala ujar | dèn bèi tan lênggana | enjing bubar gaman têmpur | gaman Jipang binokokan ||
6. Bêngawan Sore kawuri | adawa lamun winarna | prapta Pajang ta lampahe | saking gancanging pawarta | wus katur Sunan Pajang | Ki Pamanahan wus mundur | mênang prang bêdhah ing Jipang ||
7. Arya Pênangsang wus mati | wong roro kang bangkat kar |[49] lurah Tamtama wastane | Ki Panjawi Pamanahan | wus at ingkang warta |[50] enjang miyos sang aprabu | pêpak kang para dipatya ||
8. andhèr anèng păncaniti [păncani...]
--- [f. 161r] ---
[...ti] | kang winuni pawartanya | Arya Pênangsang patine | kang ingucap nuli prapta | sakulawarganira | jarahan katur sadarum | miwah kang têluk wong Jipang ||
9. sunan angandika aris | inggih ki raka tarima | apan uwis ujar ingong | pêkênira tampanana | Pathi ganjaran ingwang | Ki Panjawi kang rumuhun | aduwea ing Santênan ||
10. kang anom tămpaa dhingin | kapanggih kantun kang tuwa | ki raka Pamanahane | dipun asabar samăngsa- | măngsa wandea tămpa | jêngkar tinangkil sang prabu | ya ta ingkang kawarnaa ||
11. kang tămpa ganjaran uni | Ki Panjawi awibawa | Ki Agêng Pathi jênênge | pan cacahe wong salêksa | kantun Ki Pamanahan | punika ingkang asêpuh | dèrèng atampa ganjaran ||
12. pan nêgari ing Matawis | badhe kang dados ganjaran | anging [a...]
--- [f. 161v] ---
[...nging] ta alit cacahe | cinatur pan maksih wona | ya ta Ki Pamanahan | kalangkung angayun-ayun | Kyai Juru pituturnya ||
13. dipun asabar Ki Bayi | măngsa wurung kalampahan | anging antinên mangsane | ngêndi ana ratu cidra | ja para sakit manah | dèrèng măngsa tibanipun | sangsaya alama-lama ||
14. sami mindêl kiwalèki | sangsaya nora darana | sunan datan amiraos | ing mangke Kya Pamanahan | ingkang sangsaya wirang | de sunan madayèng wuwus | mêngkana Ki Pamanahan ||
15. adhêdhêkah Kêmbanglampir | saya kagagas wirangnya | wus lama nora asaos | dèn palaur adhêdhêkah | merang marang wong Pajang | ambantêr sariranipun | kunêng Sunan Kalijaga ||
16. nora samar tinganèki[51] | pandhita angroga sukma | wikan dèrèng winiraos [winirao...]
--- [f. 162r] ---
[...s] | tininjo Ki Pamanahan | sakêdha[52] nuli prapta | Kêmbanglampir kang sinuwun | ngalasod Ki Pamanahan ||
17. dening panêmbahan prapti | anulya Ki Pamanahan | sumungkêm pada gurune | sarya mangaras manêmbah | sang pandhita ngandika | pagene kaki dhêdhukuh | nèng kene pa tan tulusa ||
18. gènira suwita kaki | mapan tunggal kawruh sira | kalawan jêbèng Pajange | saryya mèsêm angandika | aja sira wicara | apan ta ingsun wus wêruh | iya sun kang ngatêr sira ||
19. apêpanggiha pribadi | lan arimu jêbèng Pajang | pan ta wus tunggal kawruhe | singa ta ingkang dudua | masthi kang matut ingwang | aja na wêganging kayun | lah payo sun atêr sira ||
20. anulya kentar sang yogi | kalawan Ki Pamanahan | dhatêng nagri Pajang mangke | anjujug ing dalêm pura |
--- [f. 162v] ---
manjing tanpa larapan | wus prapta jroning kadhatun | gêpah têdhak Sunan Pajang ||
21. nungkêmi pada tur bakti | wus tata sami alênggah | panêmbahan ngandika lon | lah jêbèng apa karannya | para nyidrani ujar | apan sira wus sumanggup | awèh desa ing Mataram ||
22. pan timbangane ing Pathi | ing mangke wus kalampahan | kakangira ingkang anom | kari kakangira tuwa | durung tămpa ganjaran | Sunan Pajang nêmbah matur | mila dhusun ing Mataram ||
23. dèrèng kasungakên iki | mring pun kakang dening cêngkar | lan malih maksih wanane | sawêwêngkoning Mataram | kêdhik têtiyangira | sêdyaningsun manah ulun | kawula sungi pun kakang ||
24. kang sampun gêmah kang nagri | dawêg ngupados prayoga | panêmbahan [pa...]
--- [f. 163r] ---
[...nêmbahan] wruh karsane | batine Susunan Pajang | lawan Ki Pamanahan | panêmbahan ngandika rum | pagene têka mêngkana ||
25. pan wis kalêbu ing janji | bêcika nadyan alaa | aja ngowahi ujare | apan prajanjine ana | Pathi lawan Mêtaram | kang dadi ganjaran iku | ja na kapindho ing ujar ||
26. têka sira sungna kaki | marang kakangira uga | tulusa sadulur mangke | dangu tan kêna ngartika | kèwêdan jroning nala | Jêng Susunan Pajang emut | arsa nora ingaturna ||
27. ing saraos-raos galih | dadya goroh kabatinan | yaktine ajrih gurune | dadya matur awotsêkar | kamipurun kawula | umatur tuwan angrungu | wirayat saking sri nata ||
27. Sinom
1. saking susunan ing Ngarga | wontê[53] ratu kadya mami | nênggih nêgari Mataram | ngandika Sinuwun [Si...]
--- [f. 163v] ---
[...nuwun] Kali | ki jêbèng Pajang gampil | kakangira mangke dimun | lah jêbèng Pamanahan | prasêtyaa sun èstrini[54] | Ki Pamanahan tur sêmbah ing gurunya ||
2. ămba tuwan saksènana | yèn ămba darbea kapti | nêdya jumênênga nata | wontên nagari Matawis | prasêtya ulun iki | pan sumăngga awak ulun | yèn damêla piala | sarira ămba puniki | yèn kawula pribadi ulun prasêtya ||
3. yèn awak kula piyambak | sampun pênêd kang pinanggih | sapa sintên kang wikana | ing benjang kang wuri-wuri | kalangkung asrêb saking | karsaning Yyang Maha Luhur | panêmbahan ngandika | alah ta ki jêbèng uwis | pan abênêr datan asisip jarira ||
4. utawi sêdya ngêndhiha | karaton Paos puniki | lamun kawula piyambak | sampun pênêd kang pinanggih | sintên wruh benjang wuri | langkung karsaning Yyang Agung | ya wis bênêr [bê...]
--- [f. 164r] ---
[...nêr] jarira | kadi norana kang sisip | ya ta lêga galihe jêng panêmbahan ||
5. amiarsa wuwusira | wus wikan ujar tan yakti | panêmbahan angandika | alah uwis jêbèng uwis | Pajang pasraha kaki | nadyan rusak ing Matarum | dadi sira tan cidra | wus watêke ratu kaki | nora roro ujare amung satunggal ||
6. sungêna mring kakangira | padêdesan ing Matawis | Sunan Pajang atur sêmbah | sumăngga ing asta kalih | lah andika tampèni | padhusunan ing Matarum | anging ta taksih wona | Kyai Pamanahan tampi | ing Mataram wau kang dados ganjaran ||
7. panêmbahan angandika | alah ta ki jêbèng uwis | muliha marang Mêtaram | boyonga saanak rabi | manira angamini | tulusêna asadulur | alah samya karia | manira pan [pa...]
--- [f. 164v] ---
[...n] arsa mulih | apan sami atur sêmbah sunan kentar ||
8. saungkure panêmbahan | Pamanahan amit mijil | mantuk dhatêng wismanira | kapanggih kalih nak rabi | pêpak sarayatnèki | apagunêman sadalu | lan Ki Juru wus rêmbag | arsa boyong mring Matawis | Ki Pamanahan putra nênêm winarna ||
9. pan sampun sami akrama | kang jalu miwah kang èstri | èstri kalih catur lanang | sêmana sampun alami | samya pêputra èstri | Dèn Ngabèi kang prêmbayun | tan wruh kang nom kang tuwa | kêkasihipun duk alit | Radèn Jambu Radèn Santri kang satunggal ||
10. Radèn Tempe[55] sêkawannya | kalih èstri wus akrami | angsal Ki Tumênggung Mayang | kang pamêkas wus akrami | angsal Arya Dhadhaptulis |[56] Sunan Pajang mantrinipun | sami nutkên lakinya | datan tumut karsanèki [karsanè...]
--- [f. 165r] ---
[...ki] | mring kang rama dhatêng nêgari Mataram ||
11. enjing wus samya adandan | karsanira atur pamit | dhatêng Susunan ing Pajang | kang putra sami angiring | miwah Radèn Ngabèi | Lèringpasar ingkang sêpuh | rawuh ing panangkilan | Sunan Pajang mangkya mijil | putranira Ki Pamanahan agantya ||
12. ngujungi Susunan Pajang | miwah Rahadèn Ngabèi | lan kang rayi rêrangkulan | Pangeran Bênawa nangis | Radèn Ngabèi angling | dhuh pun kakang arsa mantuk | dhatêng nagri Mêtaram | yayi mas andika kari | ngong tur pamit matur Pangeran Bênawa ||
13. mlasasih asêmu waspa | dhuh kakang sampun alami | nuntên paduka wangsula | tan bêtah pisah ngong lami | lan paduka sun iki | kakang paran polah ulun | matur Ki Pamanahan | mring Sunan Pajang [Pa...]
--- [f. 165v] ---
[...jang] tur pamit | inggih kakang sami-sami sêlamêta ||
14. kang kari lan kang lumampah | samya uluk salam nuli | Kya Juru ya uluk salam | mring sunan ngaturi paksi | Ki Pamanahan nuli | lèngsèr ngiring putranipun | ngadhaton Sunan Pajang | warnanên kang sampun mijil | sing pasowan wus prapta ing dalêmira ||
15. sapraptanira ing wisma | atata samya alinggih | warnanên wau kang prapta | putrane èstri kêkalih | arsa ngaturkên bakti | dhumatêng ing ramanipun | Kyai Pamanahan |[57] kang putra kalih ngabêkti | pan sumungkêm ing pada asêmu waspa ||
16. kalih pan sami karuna | kakanging wuragil èstri | kang angsal Tumênggung Mayang | kang wuragil krama olih | Ki Arya Dhadhaptulis | kalih pisan ingkang mantu | pan sami mantri Pajang | nak ingsun aja anangis | balik sira dèn bisa [bi...]
--- [f. 166r] ---
[...sa] babo akrama ||
17. anutakên lakènira | witningsun tan bêtah nini | apisah kalawan sira | bote wong adarbe laki | tan etang yayah bibi | atulusa donganingsun | lah wis sira kantuna | putra tur bakti anangis | dhatêng rama myang ibu amêgat trêsna ||
18. kang kari layyan kang lunga | mantu kalih atur bakti | sira Ki Tumênggung Mayang | lawan Arya Dhadhaptulis | Ki Pamanahan angling | payo mangkata pung esuk | sêksana samya mangkat | asêlur rêmbatan sami | lan gotongan sadandananing awisma ||
19. tan akari pan gumêrah | sakulawangsanya kêrig | boyong dhatêng ing Mataram | Kyai Juru pratuwin |[58] boyong nak reyatnèki[59] | rêmbên dhêndhên dènnya laku | wantu ngiringkên garwa | para putra alit-alit | winrat kapal boncèng kalih boncèng tiga ||
20. garwa sêlir nitih jolang [jo...]
--- [f. 166v] ---
[...lang] | joli tandhu pan samargi | arêmbên arêreyongan | lampahing èstri raryyalit | ingêmban kang amawi | kathah rêmbatan asêlur | tanapi kang gotongan | kang dhingin lawan kang kari | wusdening kasur guling klasa bantal |[60]|
21. duk rèrèn Ki Pamanahan | andhèr sasoring waringin | saanak rayat sadaya | Kya Gêdhe Karanglo uni | mapan sampun acawis | karsane ngaturi suguh | dhatêng Kya Pamanahan | jangan mênir pêcêl pitik | pirang-pirang gotongan sêgah kang prapta ||
22. Ki Gêdhe Karanglo gêpah | dènnya asêgah sarimbit | prapta nulya uluk salam | sampun atata alinggih | langkung dènnya mrih sih |[61] Ki Gêdhe Karanglo matur | kawula atur sêgah | sêkul sananjung puniki | tanpa ulam sampun kirang pangapura ||
23. inggih Ki Bayi anêdha | sêksana sami [sa...]
--- [f. 167r] ---
[...mi] abukti | jangan mênir adunira | kalawan pêpêcêl pitik | dènnya dhahar sakolih | mapan atuwuk sadarum | ri sampuning adhahar | Kyai Pamanahan angling | ging[62] Ki Bayi Taji sun kapiutangan ||
24. manawi têmbe manira | inggih asagêda mangsuli |[63] kang dhawuh sih pêkênira | mangrapa Karanglo angling | tan kenging matur gusti | mangkat Kya Manahan iku | saanak rayatira | Gêdhe Karanglo umiring | sêdya ngatêrakên dhatêng ing Mêtaram ||
25. dènnya minta sih kalintang | wontên karaosing galih | anging ta têmbe wontêna | anênggih ingarsa-arsi[64] | nêngna ingkang winuni | Sunan Kalijaga wau | ingkang lagya asiram | ing Lèpèn Upak anuli | Kyai Pamanahan mlajêngi gurunya ||
26. sapraptane atur sêmbah | suku têngên dèn wisuhi | dening suku ingkang kiwa | wau ingkang [ing...]
--- [f. 167v] ---
[...kang] amisuhi | Ki Gêdhe Karanglo i- | ngandika ingkang sinuwun | alah ta pirsakêna | Karanglo milua mukti | nèng nagari Mataram saturunira ||
27. anging sira nora wênang | sinêbut êmas ing mangkin | lawan radèn iku iya | tan kêna saturunnèki | iku dèn èngêt benjing | ing saturunira iku | sampunnya angandika | ing mangke sang maha yakti | kinèn lajêng lampahe Ki Pamanahan ||
28. sakathahe para putra | lan Ki Juru Amartani | tumut sira têtaruka | ya ta sangsaya awarni | malah dados pêpengin | pasang rakite dinulu | wau ingkang pemahan | kacaryan sing ngong ningali | mapan damêl pasar mangke nuli dadya ||
29. saya gêng pasar kasrusra[65] | datan mangke dèn puponi | marmitanya gêng kalintang | dènnya dhêkah saya lami |
--- [f. 168r] ---
Ki Pamanahan uni | anèng nagri ing Matarum | sinêbut ing akathah | Kyai Agêng ing Matawis | tulus bêras pari murah kang tinumbas ||
30. mila kapala kasimpar | pala kapêndhêm ya dadi | pala gumantung akathah | anêdhêng samya ngêmohi | kya agêng arsa nangkil | atata rêmbatanipun | enjang bubar gancangan | ing margi nginêp sawêngi | enjang gancang mila nêlêk ing lampah |[66]|
31. mirsa warta Sunan Pajang | arsa seba dhatêng Giri | kawarnaa Sunan Pajang | duk aseba dhatêng Giri | karsanya nuwun idi | para bupati tut pungkur | arsa jumênêng sultan | Kyai Gêdhe ing Matawis | tumut ngiring Sunan Pajang praptèng Arga ||
32. Susunan Parapèn ika | duk sira sineba injing | wontên ing Giri Kadhatyan | para nata samya nangkil | Dipati Surabanggi | Kadhiri Wirasabèku |
--- [f. 168v] ---
tanapi Pasuruan | wong agung wetan prasami | asewaka ing Giri samya pêpêkan ||
33. miwah wong agung Madura | Lasêm Sidayu lan Tubin | myang Ki Agêng ing Santênan | Dipati ing Pajang uni | ingandikan mring ngarsi | minăngka linggihan iku | nênggih pan linantaran | prangmêdani pra dipati | samya linggih para mantri asewaka ||
34. atarap anèng ing wuntat | ing gustinira pribadi | asri lante lan kêndhaga | kyai agêng ing Matawis | alinggih anèng wuri- | nira Sunan Pajang iku | nulya samya ngèstrinan | Dipati Pajang ing nguni | wus jumênêng ing mangke sultan ing Pajang ||
35. rêsi rêsthèng warna raja | sasampuning mangkanèki | nulya mijil pêpundhutan | lumintu saking jro puri | sakèh para bupati | nulya adhahar sadarum | Sunan Giri ngandika | sakèhe para dipati | apatuta
--- [f. 169r] ---
kabèh anak putuningwang ||
36. dèn sami manah raharja | aja na ingkang miwiti | dèn sokur marang Pangeran | ing jênêngira puniki | sun têdha ing Yyang Widi | sêlamêta sira iku | dunya rawuh ngakerat | sakèh ponakawan uni | tiningalan dening susunan ing Ngarga ||
37. ya ta Ki Agêng Mêtaram | wau kang dipun tingali | pandhita tapa ing raja | anampèni sêmu gaib | nora samar sang yogi | angandika manis arum | anak sultan ku sapa | dènnya mangan angarèni | Sultan Pajang angling pukulun punika ||
38. inggih gêbal jêngandika | nênggih patinggi Matawis | ngrèh wong patang atus kèhnya | lah konên mring ngarsa mami | dimèn jajar alinggih | lan para dipati iku | Ki Gêdhe ing Mataram | linggih jajar lan bupati | raja pandhita angling hèh wruhanira ||
39. para bupati sadaya | iku têmbe [tê...]
--- [f. 169v] ---
[...mbe] mutêr bumi | bakti kabèh nungsa Jawa | mring nagara ing Mêtawis | mirsa para bupati | kagèt manahe sadarum | kagyat manah sandeya | garjita pinrêm ing ati | amiarsa wirayate Sunan Ngarga ||
40. Pangeran Girikadhatyan | duk angandika ing nguni | pêpêkan măncanêgara | têmbe Ki Gêdhe Mêtawis | saturune ing benjing | angrata Jawa sumuyud | angidhêp ing Mataram | ngrênga kya gêng ing Matawis | pangandika sang yogi sujud ngayunan ||
41. siti Giri pan ingaras | kalangkung panuwunnèki | dhatêng sihira Yyang Sukma | panêmbahan ngandika ris | wus pasthining Yyang Widi | tan kêna owah puniku | ya ta Kya Gêng Mataram | angaturi dhuwung adi | dhatêng sunan nanging nora tinampanan ||
42. sakathah para dipatya | langkung kacaryyan miyarsi | mring ki gêdhe ing Mataram | cinêtha amutêr [amu...]
--- [f. 170r] ---
[...têr] bumi | ri sampunnya anuli | akarya talaga patut | sakèh para dipatya | pan samya ngêdhuki uni | gamya[67] dadya gènira apêpatutan ||
43. sakèhe para dipatya | măncanêgara ing nguni | pinatut anèng têlaga | anulya tinundhung mulih | bubar sakèh bupati | sultan nagri Pajang rawuh | kya gêdhe ing Mataram | pamit mantuk mring Matawis | Sultan Pajang tinangkil pêpak kang wadya ||
44. tumênggung mantri myang putra | sêntana sami anangkil | sultan atutur wirayat | hèh wong Pajang wruhannèki | nênggih dhusun Matawis | têmbe mutêr jaman iku | kapusthi nungsa Jawa | dumadya kang para mantri | putra-putra samya kagyat ngrungu warta ||
45. wirayate Sunan Ngarga | kocap Ki Gêdhe Matawis | sêdhênge enjang sineba | pêpak putra sêntanèki | Kyai Juru Martani [Mar...]
--- [f. 170v] ---
[...tani] | wau rewange alungguh | sampun pinituturan | kang wirayat Raja Giri | Kyai Juru langkung suka ing wardaya ||
46. miwah kang putra sadaya | sêntana suka ing galih | amiarsa kang wirayat | ing mangke nagri Matawis | gêmah saya katawis | têtiyang saya kèh rawuh | awisma nèng Mataram | padhusunan gêmah sami | Kyai Agêng Matawis mukti wibawa ||
47. ingkang anak putu kathah | tan pêgat têtiyang prapti | anggili sadina-dina | atur-atur pan aganti | dhêdharan ulam kali | wowohan dhusun Mêtarum | loh jinawi ajêmbar | arata pasir awukir | pacikraman[68] agung dharat miwah toya ||
48. pasitèn wêdhi arêmbag | saparane toya wêning | sami awarni sumbêran | suka wibawa amukti | kang dhêkah ing Matawis | lan sakulawangsanipun | putra sêntana wirya | tan ana dèn walangati [walanga...]
--- [f. 171r] ---
[...ti] | sakarsanya tutug kya gêng ing Mataram ||
49. pan pinundhi-pundhi dera | sakathahe wong Mêtawis | datan Karanglo ing karsa | miwah lamun acangkrami | ngêrakad mina warih | mring wana anênupu |[69] kidang banthèng mênjangan | tanapi cangkramèng pasir | datan cuwa wau ing sakarsanira ||
50. dawêg cacahing wong dhomas | duk sêmana ing Matawis | sampuning alama-lama | kyai agêng ing Mêtawis | grah sangêt pratèng[70] jangji | saking karsaning Yyang Agung | puput kang panjênêngan | kang putra samya nungkuli | mantuk rahmatolah sinare Mêtaram ||
51. kang rayi prihatin samya | anak putunira sami | miwah ingkang kulawarga | kang jalu miwah kang èstri | langkung sêkêling galih | prihatin wong sa-Matarum | de kecalan gustinya | sinêngkalan duk ing nguni | lunga nrus mangalor iku para putra |[71]|
52. sakawan samya sungkawa | ri sampunnya
--- [f. 171v] ---
pitung latri | Kyai Juru mêpak putra | pinrih arêmbagan sami | Ki Juru angling aris | hèh sakèhe putraningsun | payo sun bakta seba | mring Pajang ngaturi uning | tan antara wus rêmbag sampun lumampah ||
53. pra putra kabèh binakta | sarta wowohan tan kari | bêras pari lan kêlapa | pikulan gêdhang prituwin | juwadah dèn karênêngi |[72] ulam balêbêt kasurung | asêlur anèng marga | kalih dalu enggal prapti | Kyai Juru wus tumamèng kitha Pajang ||
54. enjing asowan wus prapta | ngalun-alun pepe sami | Sultan Pajang pan sineba | waspada sultan ningali | wau wong pepe iki | aglar sor waringin kurung | Sultan Pajang ngandika | sapa baya sun tingali | dening akèh wong apepe pan agêlar ||
55. wong gandhèk priksanên enggal | gandhèk lumayu wus panggih | tanya hèh Kyai Mataram | baya
--- [f. 172r] ---
na prakara gati | apepe sor waringin | Kyai Juru mangkya muwus | inggih dika matura | yèn pun Juru Amartani | tur uninga yèn kang abdi mangke pêjah ||
56. pun patinggi ing Mataram | tilar anak gangsal iki | ingkang abdi kaatura | sadaya sami tut wingking | wong gandhèk matur gipih | kang pepe waringin kurung | pun Juru ing Mataram | wus katur saaturnèki | Kyai Juru nora nana kaliwatan ||
57. angungun sultan ing Pajang | dhuh wong sanak ingsun mati | lah iya dika dhingina | sultan angandika aris | timbalana dèn aglis | hèh wong sanak sun Ki Juru | anake dèn gawaa | kabèh arsa sun udani | ya ta enggal Ki Juru nulya ngandikan ||
58. lan para putra sadaya | praptèng yunan nêrpati |[73] sadaya samya wotsêkar | aganti samya ngabêkti | angaras pada sami | bukuh mangusapi lêbu | Sultan Pajang ngandika [ngandi...]
--- [f. 172v] ---
[...ka] | dhatêng Juru Amartani | lah ki jêbèng pêkanira[74] kang atuwa ||
59. sapatilare ki raka | kae jêbèng ing Matawis | kang yogya anggêntènana | putraningsun Ki Ngabèi | Loringpasar puniki | kang manira jujung lungguh | tulusa awibawa | anèng nagri ing Mêtawis | jumênênga Senapati Ing Ngalaga ||
60. anadene pêkênira | Kae Juru Amartani | ingkang yoga amomonga | ing putrèngsun Senapati | aja seba mariki | yèn durung jangkêp sataun | gêmaha ing Mataram | yèn uwis sataun kaki | asebaa sirèng nêgara ing Pajang ||
61. wis ta sira lah muliha | marang nêgara Mêtawis | Senapati Ing Ngalaga | sumungkêm sirèng ngabêkti | sarta kang rayi-rayi | mring sultan sampun tinundhung | jêngkar kang siniwaka | wus malêbêt dalêm puri | kawarnaa Senapati Ing Ngalaga ||
62. lajêng saking pasewakan [pase...]
--- [f. 173r] ---
[...wakan] | para sêntana angiring | mantuk dhatêng ing Mataram | datan kawarna ing margi | wus rawuh ing Matawis | mapan ta sampun misuwur | Ngabèi Loringpasar | ye[75] sampun jinunjung linggih | wus jumênêng Senapati Ing Ngalaga ||
63. sêmana kang saya gêmah | punang nêgari Mêtawis | mirah kang saryya tinumbas | eca manahing wong cili | nêdhêng kang pala dadi | tulus kang saryya tinandur | mapan toya tumumpang | arata toyanya wêning | saya kathah ajêjêl ingkang pemahan ||
64. tan ana siti kang bêra | binabadan ing wong cili | kang simpar dadi apelag | kalangkung dadi pêpengin | akathah kang wong prapti | karasan tan arsa mantuk | dadi awisma pisan | karasan anèng Mêtawis | datan pêgat têtiyang akarya wisma ||
65. mapan tanah ing Mataram | nêgara êloh [ê...]
--- [f. 173v] ---
[...loh] jinawi | pasir awukir abandar | siti gêsik toya wêning | têgal wona darbèni | sami pangling kang andulu | karuwun dening wona | mangke ta dadi nêgari | nora pilih kang wisma sami karasan ||
66. pan sampun jangkêp sawarsa | jênêngira Senapati | Angalaga Ing Mataram | kacaryyan ing wong amukti | ingkang tansah pawarti | tan lyan Kiai Juru |[76] ingkang ngatag aseba | mapan wus sataun mangkin | asebaa anggèr dhatêng Sultan Pajang ||
67. Senapati Ing Ngalaga | wuwuse anyamayani | ing benjang manira seba | yèn ana putusan prapti | dhumatêng ing Matawis | angandika Kyai Juru | pundi wontên kawula | nganti utusaning gusti | pêkênira pan sampun sinung sêmaya ||
68. sataun kinèn aseba | de ramanira narpati | manira nyawa wong tuwa | katon nora [no...]
--- [f. 174r] ---
[...ra] mituturi | mila tansah sung peling | iya ngong sungkan kasêbut | wong tuwa tan pung[77] warah | mila juwêt angaturi | langkung ewuh wong kinarya matapita ||
69. lan malih parentahira | mila juwêt angaturi | sami kita sungi karya | nyithak karya bata putih | pan ora wande benjing | pawarta puniku katur | dhatêng ing Sultan Pajang | dening ta akathah prapti | wong ing Pajang dagang layar mring Mataram ||
70. kunêng mangke kawarnaa | ingkang putra Senapati | mapan sêsonga pinetang | kêkalih ingkang pawèstri | putrane Senapati | pan pêpitu ingkang jalu | anging tan winicara | dening sami maksih alit | nanging putra pambajêng ingkang winarna ||
71. wêwangine Radèn Răngga | wayahipun winitawis | pan lagi rumaja putra | prakosa pilih tumandhing | awantêr manah wani | panggah prawira atêguh | sigêgên [sigê...]
--- [f. 174v] ---
[...gên] ing Mataram | Sultan Pajang kang winarni | duk sineba anyatur dhandhang srêngkara ||
28. Dhandhanggula
1. data tita lingira ing nguni | kang kocapa Kangjêng Sultan Pajang | sineba dening wadyane | adipati tumênggung | pêcattăndha lan ăndhamoi | arya răngga lan dêmang | pandêlêgan iku | angabèi lawan iya | waduaji tumungkul muka ing siti | padha angrêpa anêmbah |[78]|
2. Sultan Pajang ugya nèng sitigil | pan pinarêk anèng Sokasona | kêncana ana manike | dèn lêlèmèki babut | pan maliyo isine sari | cahyanira sang nata | lir wulan awêlu | sêdhênge wulan purnama | wadya anon akucêm mrêm ing ati |[79] dening sultan lir surya ||
3. Sultan Pajang sigra dènira ngling | marang wadya kang anèng ing ngarsa | sira angrênga wartane | Senapati putrèngsun | wus alami anèng
--- [f. 175r] ---
Mêtawis | dening lami tan seba | mapan wus sataun | sêmayanya wus kaliwat | iku nênggih malilange anèng langit | wulan wêlu purnama ||
4. ăngsa munya sêmayanya prapti | sang yyang surya mèh surupe ika | tunjung kuncup mêkar kabèh | mapan wus jangjènipun | iya nora kêna gumingsir | apa karane ika | sutèngsun tan rawuh | Senapati ing Mataram | sajatine kalawan ingsun ing nguni | dadya madayèng ujar ||
5. Ratu Pajang langkung dènnya sêkti | manahira lir ăngsa anglayang | muluk salat kahanane | jalma akêm puniku | kepyan kagyat sajroning galih | dening angrênga ujar- | ira sang pukulun | wadya matur sadayanya | lah sang nata kawula midhangêt warti | Risang Sutawijaya ||
6. kunêng ika aseba ing benjing | arsa balik malah sampun nyithak | adamêl kitha arahe |
--- [f. 175v] ---
binacingah puniku | Sultan Pajang sigra dènnya ngling | Ngabèi Wilamarta | Ki Wuragil iku | sira maringa Mataram | dèn waspada ing sapratingkahe uni | ing Sang Sutawijaya ||
7. dutanira kalih angusapi | ing suku sang duta mêsat |[80] akêbat ika lampahe | anitih kuda sampun | mring Mataram Ki Senapati | sunya dhatêng Lipura | duta karo nusul | mring Lipura dhatêng sigra | Senapati kapanggih sirèng alinggih | ing kuda acêcala ||
8. Kai Gêdhe Wuragil sira ngling | Angabèi Wilamarta nêdha | mudhun saking jaran age | nimbalakên ing wuwus | Sultan Pajang mring Senapati | Ngabèi Wilamarta | sigra mangke muwus | Ki Gêdhe Wuragil ika | jêngandika arsa mudhun saking wajik | Senapati Ngalaga ||
9. maksih amanggung anitih waji | jêngandika dutanipun sultan | nistha ing mantri tandange | dening mudhun karuwun [ka...]
--- [f. 176r] ---
[...ruwun] | saking kuda kang dèn timbali | maksih anunggang jaran | jangandika[81] iku | tan prabeda lawan sultan | kang akèngkèn sarupa lan duta singgih | pan sampun rasa tugal ||
10. kyai gêdhe mangkya sira angling | lah Ngabèi Wilamarta nêdha | mudhun saking waji age | nimbalakên pamuwus | kangjêng sultan mring Senapati | yèn wruha kang timbalan | rama ji pukulun | Senapatining Mataram | duta kalih pan kepyan saking ing waji | Senapati Ngalaga ||
11. mangsih amanggung anitih waji | Angabèi Wilamarta mojar | lah tan linyok ujar ingong | senapati pan wus wruh | yèn andika duta narpati | tan narka yèn mudhuna | saking kuda iku | pêkênira lan manira | tanduk mantri kanistha Ki Senapati | Angalaga ngandika ||
12. sarta
--- [f. 176v] ---
anèng ing luwuring waji | Angabèi Wilamarta kita | prapta ragane kinèngkèn | duta kalih amuwus | dahat ulun duta sang aji | angêmban pangandika- | nira sang aulun | mangan nginum marènana | asebaa maring Pajang dipun aglis | myang kita akurisa ||
13. duta kalih sinauran angling | Senapati maksih nitih kuda | matura ing sultan age | aseba ulun besuk | lamun sultan amêmarèni | angalap suta maring wang |[82] lawan rabènipun | mangan nginum sun ingatag | mêmarèni apan kêna ingsun maksih | doyan nginum amangan ||
14. ingsun kinèn mêmarèni iki | akurisa mapan rema ămba | tuwuh sadawane dhewe | pagene yèn cinukur | salah sêdya ulun puniki | têka para mantuka | matura sang ulun | yèn mêngko ujar ingwang |[83] Wilamarta Ki Wugil amit mulih |[84] mring Pajang ugya [u...]
--- [f. 177r] ---
[...gya] prapta ||
15. pan tumama dhatêng byantara glis | wus cumundhuk ing ngarsa sang nata | mangusapi ing lêbune | ing suku sang wus lungguh | maangrêpa ngling sang duta ji | Sutawijaya kita | ubanggi nguni sun | kinèn rumiyin lumampah | anèng wuntat datatita nglinging nguni | Sang Senapati Nglaga ||
16. ri sêdhêng anèng wismane angling | Kyai Juru Senapati Nglaga | kaya pa puniku rèhe | ingandikan sang prabu | boya mangkat yèn mangke prapti | tan wande mêmusuhan | angaturi ulun | kunêng kadipundi kita | mêmusuhan sintên tampènge kinardi | takut mantri Mataram ||
17. yèn adunên lawan sang narpati | Sultan Pajang kawasa digdaya | têguh ngunjana kulite | têlik wetan dhusthèku | ing byantara tan tumama ji | kapanggih sirèng nendra | têlik sarêng nuduk | sultan sakeca anendra | panuduke tibane [ti...]
--- [f. 177v] ---
[...bane] lir lalêr mampir | tan têrus kampuhira ||
18. punang garwa kagyat samya anjrit | pinarêbut kangjêng sultan kagyat | wungu ningali garwane | padha nangis gumrumung | anèng sikilira nêrpati | anarka yèn kabranan | malih cacahipun | ing Mataram nging wong dhomas | lan wong Pajang dudu timbanging yèn jurit | yakti kalah Mataram ||
19. Pajang akèh wong Mataram kêdhik | yèn timbangên kalayan kang putra | timbang sèwuning pandume | Pangran Bênawa iku | radèn putra kang têlêng ing sih | bala kèhe salêksa | lirna para mantu | Adipati Dêmak bala | sangang èwu kang mantu Dipati Tubin | wolung èwu balanya ||
20. ana lyan mantu putu Dipati | Bantên kalih patang èwu wongnya | wong Mataram dhomas kèhe | wêsi karyanên balung | lan têmbaga karyanên kulit | miwah otota
--- [f. 178r] ---
kawat | gêgala kang sungsum | tan wande rêmêk kang dhomas | balung pira kinrubut lir tigan ngapit | ing sela wong Mataram ||
21. upama sela wong Pajang iki | yakti rêmak wadya ing Mataram | duren Pajang upamane | wadya Mataram timun | yakti rêmak dipun tindhihi | lir sasi wong Mataram | Pajang surya iku | sasi kucêm merang surya | merang maring ujyalane Sang Yyang Rawi | wong Mataram dahana ||
22. wadya Pajang udan sing wiyati | niram gêni sayêktine pêjah | kadi punapi ta rèhe | unggyanira amungguh | Sultan Pajang Ki Senapati | lir nata kita dhawak | ngandêlkên yèn têguh | tan atandhing prakosanya | yèn ngabêna prang ge lyan pupya tanapi | kantaran bau lawan ||
23. ramanira sultan ulun iki | kucêm merang ningali mring muka | mantri Pajang mendahane | kawarta ing lyanipun | tuwin nata sabrang
--- [f. 178v] ---
kang sêngit | samya mèsêm sadaya | de mungsuh sakuthu | yèn tinarka liyan nata | Senapati Ngalaga thèng bobotnèki | katuju wani pêrang ||
24. mungsuh yayah rasa tan madhani | dening sutèng amungsuh lan bapa | pêngrasane atèningong | yèn amungsuha ratu | kitha kang lyan manah tan gigrig | sapuluh Pajang gêngnya | mapan wani ulun | dadya jagat sabrang Jawa | amilua barêng mara sun tan gingsir | suka pêjah nèng rana ||
25. wus pantêse kinêmbulan jurit | ginarumung ngudanan sênjata | Ki Senapati dhèwèke | pêkênira amungsuh | Sultan Pajang kainannèki | jênêngan tri prakara | dhihin mungsuh guru | kaping kalih gustènira | kaping tiga kita mungsuh ing sudarmi | iya dudu kang yoga ||
26. nanging sasat bapa kala cili | kita kinêmpit ingambil putra | lir kaya guru sang rajèng | mapan kita [ki...]
--- [f. 179r] ---
[...ta] winuruk | ing agama duk kala akir | balèg putus ing rahsa | gya kita winuruk | karosan lan kadigdayan | aprang dibya kita anganbah[85] jaladri | tan kêlêm lir dharatan ||
27. ngabong tan gêsêng masalah ngèlmi | dadi mantri dipatya myang raja | pan winurukakên kabèh | miwah jroning kalbu |[86] maring kita ramanira ji | purwane kita wignya | sakti ngabêk[87] sadu | punapa pamalês kita | dhatêng sultan dan kita sampun asinggih | Makurat[88] bala dhomas ||
28. Senapati alara anangis | jroning nala mirsa ingkang paman | kabèh ing sawirayate | mapan Kiyai Juru | Amartani wutah dènnya ngling | Senapati Anglaga | angrêpa tumungkul | karaos yèn kalêrêsan | dyan sumilih Senapati ing Matawis | agya sira dan mojar ||
29. Kyai Juru paman Amartani | kadipundi ing rèh pêkênira | kang pundi
--- [f. 179v] ---
manira angge | kunêng wong dadi ratu | pan alumuh manira iki | seba ing Sultan Pajang | ing karsaning ulun | têtêpa anèng Mataram | têkèng[89] lena tumuruna sutèng mami | myang putu buyut canggah ||
30. Kyai Juru Amartani angling | prayogane wicara manira | nênêdhaa dipun age | maring Yyang dipun asru | dèn pratela sampun akêlir | gusti lawan kawula | dèn wruh tunggalipun | kang sinêmbah mapan Alah | kang anêmbah mapan ta iku atunggil | lir satu lan rimbagan ||
31. yèn wus awas sira ing Yyang Widi | pan têdhanên nagara ing Pajang | ngidhêpa mring kita kabèh | sakèhing pa ratu |[90] mapan kita dadia aji | sumiliha ing Pajang | gampangêna iku | pintanên maring Yyang Sukma | têmên-têmên idhêpa rasaning tunggil | cara carêm sarêmbat ||
32. kaping kalih mintaa mring aji | ramanira walêsên kewala | anti-antinên tatane | ana minta ing kawruh | selanira [sela...]
--- [f. 180r] ---
[...nira] mapan kaaksi | kaèksine mring sira | lah êndi pukulun | nging punapa pan nalika | laku linggih solah mona lawan muni | minăngka panêngêran ||
33. lamun kita aseba aisin | maring Pajang aminta nagara | lah têdhanên têkèng kene | dening doh parêkipun | lamun nyata wadya lan gusti | adoh tanpa wangênan | aparêk puniku | datanpa gêpokan sira | kanyatahan lir sarkara lawan manis | tan kengang pasahêna ||
34. mapan nyata hèh Ki Senapati | sami nunggil rasa lawan sultan | roro anunggal jatine | mapan tarkaning ulun | lamun sultan praptèng ing janji | dan panjênênganira | amangku kaprabun | yakti anak kang atuwa | kang gêntèni panjênênganira aji | datan ana ing kita ||
35. nadyan kathah putrane sang aji | norana lyan kita kang atuwa | kinêmpit alit mulane | kang dadi manahipun |
--- [f. 180v] ---
nanging kita putra sajati | kang dadi pêngauban | sakèhe kang sunu | sultan cahyane nurbuat | wus angalih maring kita wus pinasthi | anggêntosi mring sultan ||
36. hèh Ki Senapati yèn wis olih | dènnya ujarira tri prakara | kang dhihini wong tuwane | wisdho[91] sabdaning guru | kaping tiga sabdaning gusti | mapan dadi satugal | mapan nora wurung | dènira jumênêng nata | nganti sangat sêlêkên nêdha Yyang Widi | kita asru ing brăngta ||
37. datatita kawarna ing nguni | kang kocapa Senapati ika | ing Mataram kadhatone | anggung mangan anginum | ing rahina anutug wêngi | lawan ingkang sêmitra | kèhnya wolung èwu | samya langkung ing Mataram | arsa seba ngaturakên bulu pêkti | dhatêng ing Sultan Pajang ||
38. Senapati ing Mataram angling | hèh sakèhe mantri pamajêgan | padha mandhêga ing kene | payo mangan anginum [angi...]
--- [f. 181r] ---
[...num] | sabên dina ulun puniki | anyêkêli manjangan | sun karya anginum | tanapi banthèng maesa | sabên dina anyêkêl kidang lan kancil | tămbra ulam paraga ||
39. ginulawêthah[92] sakèhing mantri | ingkang pantês binasanan paman | pinaman-paman basane | kang pinantês sinunu | binasanan anak sayêkti | kang pantês binasanan | kangkang basanipun | kang pantên[93] binasan uwa | miwah yayi tan wontên bedane sami | rinakêt basanira ||
40. sami anginum sênggak suka larih |[94] samya nêmbang kawin lan kidungan | ngêploki bêdhaya rame | sukanipun kalangkung | Senapati kalayan mantri | pamajêgan sadaya | para garwanipun | Senapati kèn bêdhaya | prapta kabèh abusana êmêr kêndhit | gêlang kana jamang mas ||
41. kalung kilatbau kêncana di | asêngkang mas intên panunggalnya | asor rawi ujyalane | surêm dening panugul [panu...]
--- [f. 181v] ---
[...gul] | madhaya naga akala manis |[95] mèsi sêngkang jêbadan | konyoh mrik ganda rum | samya lênggah ing ngayunan | nulya mojar hèh sakathah para mantri | pamajêgan sadaya ||
42. manira sutèng tuhu nglisahi | maring sira amborèhi miwah | kang sêkar gajah ngulinge | katrapa nèng karnèku | mantri pamajêgan ngrêpa jrih | ningali para garwa | rumakêt basèku | abukuh palungguhira | samya ngrêpa mukanya konjêm ing siti | kadya wus bapa biyang ||
43. ambêk manah sadu anèng ngarsi | panêrkane Senapati Nglaga | tuhu têmên tumêdhake | Senapati amuwus | hèh samitra ulun prasami | aja na taha-taha | mangan jroning nginum | ing rabi ulun sumăngga | ja wirahsa nadyan tumêkaa ing gati |[96] kawinên yèn sirarsa ||
44. khalal ulun pan suka kang mantri | pamajêgan pinasalin samya | busana lan
--- [f. 182r] ---
pêpantêse | balongsong punang kampuh | kuluknya lus samya barêci | sabuk cangap rineda[97] | sarta lawan dhuwung | sami kandêlan kêncana | abra murub pênganggening para mantri | kang kinulawisuda ||
45. acêlana cindhe tanu èsthi | pinarêmas ing pêrada mapan | gêbyar-gêbyar lir thathite | yèn winisik kang kampuh | pan kasilir wau ing angin | kadya ta kinêpêtan | sumrah raganipun | karaos yèn kanikmatan | salamine dèrèng suka kadi mangkin | duk anèng pamajêgan ||
46. mantri pamajêgan angandêling | padha ngrêpa tumungkul sadaya | abukuh ing palinggihe | dening dibya abukuh | rêtna wadu widagdèng lungid | apa kadanira |[98] arêmên andulu | tate kinudang ing aprang | pan kawratan sura lêgawa ing pati | aglar tanpa sisingan ||
47. Senapati Angalaga angling | mulat dhatêng mantri pamajêgan |
--- [f. 182v] ---
de sami pranata kabèh | kusya jêjêl supênuh | wus anarka ngandhih ngajurit | lirnane Sultan Pajang | mangkya kapyatuhu | rampinga-rampinga tanggal | kêcap sang mita satata dèn ulati | kang sinêmbah Ngalaga ||
48. lamun ingsun angêndhiha jurit | amungsuha marang Sultan Pajang | ingsun amriha sirnane | kaya kêna sun adu | sakathahe kang para mantri | ingsun uwus pracaya | tingal ingong suyud | anging ta amung satunggal | kae san Bacor pan durung sayakti |[99] atine kaya-kaya ||
49. sun wêtara atine wong iki | nura muka dening bojakrama | yèn durung têka karêpe | angayoni maring sun | dêdimone sun anuruti | bênêr têka si besan | sisip têka ingsun | upamane awak ingwang | kadi cebol apaksang[100] gayuh langit |[101] pasthine dipun ina ||
50. iya bênêr kang arsa ngayoni | lamun ingsun nora munjulana | digdayane [di...]
--- [f. 183r] ---
[...gdayane] lan wong akèh | măngsa dadia ratu | pan mêngkana ciptaning ati | nanging datan kawêdal | anukmèng ing kalbu | maksih eca akasukan | anuwuki karsane kang para mantri | pamajêgan sadaya ||
51. mantri bêksa pan kagiri-giri | anglêngkara ambêk gora gadha | amăngga atulungane | sela nulya tinêmpuh | wawratipun anigang dhacin | mantrinira arosa | sêdhêng agul-agul | tan wruh yèn ari sinăngga | karatala lir kapuk salaba sami | ngumbulakên ngawiyat ||
52. kadi alap-alap sami mangkin | tiningalan ton saalap-alap | datan antara uncule | pan sinăngga ing gundhul | pan sinundha tiba ing gigir | ramya dènnya bêbêsan | ana umbul watu | ana kang akopyah lumpang | ngancik jalma wau ta nênggih atitir | lir kaya năngga palwa ||
53. kalaganjur binaksanan kêris | lan landheyan lan asikêp panah | wênèh kang abêksa
--- [f. 183v] ---
tamèng | ingumbulakên mulu[102] | punang lêmbing tiba ing gigir | myang tinadhahan jaja | tinundha ing pupu | aprang lêngên para tantang | wênèh urêk talingan lan netra kalih | têguh pupu tinatah ||
54. tandangipun lir banthèng akanin | para tantang lawan asêsumbar | landheyan ingugêr age | waosipun tinêmpuh | duk dinêdêl tan kêna lungid | sasat wayang-wayangan | pan ilapatipun | cinaning kayun lan baka | tumbak kêris tinêmên tan anêdhasi | maring jalma satata ||
55. mantri asya maring Senapati | anulun ajanana aprang |[103] ing Mataram sakêbêke | wadyanira pan purun | nadyan mungsuhana sang aji | yèn kita ajanana | masthi datan mundur | nadyan tangkêpa salêksa | dêdamêle ing Pajang ingsun tan gingsir | dene kawratan dona ||
56. mapan kocake ludira mami | lan tugêle ing jăngga kawula | sun sanggakkên panaure | dona krama tuwanku | datan ana timbange uni | anging pêjah prasêtya |
--- [f. 184r] ---
anjalma ping pitu | kinawulakêna ingwang | ing satêrahira kangjêng sang linuwih | wèh yya wèh warah ing tyas ||
57. tatkala yar ingkang nguni-uni | kapangguhan mantri pamajêgan | nrahakên bulu pêktine | kapanggih ta ing ênu | naga ti tan anigêsi |[104] prayoga kang anênga | kita kang kapangguh | adipati kang tumitah | sangliring rat ing pamajêgan pan ari | de kita pan tinaha ||
58. pan sakèhe bulu pêkti mami | pan maringa patikbra tan ana | nagara pan sandeane | Mataram ratu agung | lan nagara i têpis wiring | sami madhêp sadaya | marang sang aprabu | dening kita kang lumampah | mangke ingsun atapa ing gunung wêsi | kang sinêmbah Ngalaga ||
59. nahan mantri pamajêgan angling | dèn sumilih Senapati mojar | sun tarima pracayane | pan dudu kaya iku | karsèng ulun maring sang aji | besuk sira sebaa | sarênga lan ingsun | yèn ana dukane sultan | maring kita
--- [f. 184v] ---
pan ingsun ingkang nanggêni | ngandêlakên ing prana ||
60. kunêng ulun para sêca êning | dukanira sang nata ing Pajang | piyandêl dalêm agêdhe | karsanira sang prabu | sakathahe wus anèng kami | lamun ta sira karsa | jumênêng tumênggung | kang maksih lungguh walulang | miwah pidak kang arsa alungguh lampit | anulya winarahan ||
61. aluwaran wau Senapati | sakathahe mantri pamajêgan | samya mulih mring pondhoke | Kyai Bocor winuwus | ingkang tansah ananting-nanting | karsaning panêmbahan | iku durung rujuk | dahat arsa ngayonana | ing bobote Senapati ing Matawis | Ki Bocor nukmèng ing tyas ||
62. kaya ngapa sanak-sanak mami | têka mêngkene polahe padha | milu byung karamèn-ramèn | nora matara laku | kaya rare dènira sami | rêp jungjung Senapatya | dèn timbanga iku | mapan cili Senapatya | kudu mungsuh ing Pajang yèn durung mami | ngayoni bobotira [boboti...]
--- [f. 185r] ---
[...ra] ||
63. Ki Senapati Nglaga Matawis | pan ingsun durung dhèrèk dening ta | nora idhêp sarirane | dening apaksa ingsun | baya kulit têmbaga adi | asusuma[105] gêgala | yèn tan pasah ingsun | suduk iki kêris ingwang | arêp ingsun ngawula surup yyang rawi | Bocor nutugkên karsa ||
64. apan arsa malêbu nyidrani | mring Senapati krise tinatab | măngga mring kapuk landhêpe | Kêbodhêngên ranipun | sampun mangkat lumêbèng puri | sapraptane ing pura | sakèhe kang tungguk | kori sampun winangsitan | marang panêmbahan api tan wruh sami | Ki Bocor manjing pura ||
65. panêmbahan kapanggih alinggih | ngungkurakê[106] kori lagya dhahar | Ki Bocor narajang age | nuduki sru kalangkung | Panêmbahan pan nora nolih | eca dènira dhahar | lir kaca sinuduk | dening pucuk ngalang-alang | pan malèsèd Sultan Pajang têguhnèki | lir walulang gumêbyag ||
--- [f. 185v] ---
66. dhuwung pucuke sigar apalih | kang pratala malah dhungkar-dhungkar | Bocor sidhêkung tibane | lupa sariranipun | Kae Bocor sigra tur bakti | sarta ngaturkên tobat | kawula anuwun | gusti nêdha pangapura | Panêmbahan kagyat nolih saryya angling | kakang wontên punapa ||
67. Kyai Bacor sumungkêm ing siti | kawula gusti anuwun duka | kamipurun kawulane | angayoni sang ulun | mangke ămba ngaturkên pati | sakarsa tan lênggana | Panêmbahan muwun | punapa kakang rinasan | pan agêdhe piyandêl manira uni | nêmbah Ki Bocor mêdal ||
68. Sang Senapati lunga sira glis | pan ingiring nanging wong lêlima | ajuju[107] Lipura mangke | non watu kumlasa ku | kapargata tita prayogi | jumênêng datan năngga | Senapati anung | lir anunggang èsthi kangsya | umung sela lan gajah pandhan nèng têpi | dinulu lir pêlana ||
69. pandhan rangkang sulure aputih [a...]
--- [f. 186r] ---
[...putih] | minăngka gadhingira kang tustha | ambanyu-banyu sulure | Senapati tusthèku | anèng sela gêgilang putih | tan ana kaprathaya | kocapa Ki Juru | Martani anèng ing wisma | têngah dalu wayahe tan eca guling | sigra mring dalêm pura ||
70. prapta jawi kori Kya Juru ngling | hèh wong tugu lawang sutaningwang | ana pinarêk purane | matura seba ulun | punang regol mangkya tur aris | Kya Juru putra tuwan | tanbuh purugipun | sampuning nginum amangan | sarêng surup Baskara Căndra gumanti | duk ri sêdhêng purnama ||
71. Kyai Juru widagdèng ing wangsit | pan wikan saptane putranira | mapan dèn susul parane | wayah lingsiring dalu | pan tumanduk lir kilat thathit | sakêdhap sigra prapta | Lipura jinujug | nulya sira kaprangguhan | Kyai Gêdhe Senapati pan aguling | nginggil sela gêgilang ||
72. Kyai Juru [Ju...]
--- [f. 186v] ---
[...ru] Amartani angling | sutèng ulun Senapati sira | ujare arêp agêdhe | dene eca aturu | tan antara lintang kang prapti | mancur lir pendah surya | ni baskara murub | upama gêdhene lintang | saklapa têkan tabone puniki |[108] gumawang ing gêgilang ||
73. Kyai Juru Amartani angling | sarwi gugah Senapati sira | atangia dipun age | apa ana ing luhur | lagya guling katbuta iki | Senapati Ngalaga | kagyat sira wungu | apan mulat nulya mojar | apa sira mêncarong ing luhur mami | satuwuk durung mulat ||
74. lintang iki sigra dènnya angling | wruhanira ulun iki lintang | awêwarah sira mangke | dening sira anêkung | amaladi samadi êning | anêgês karsaning Sang | Amurwèng Pandulu | uwus sêndhêng marènana | lah muliha kang dèn palêpan wus akni | subrăngta mati raga ||
75. mapan sira jumênêng Matawis | dadi nata amangku rat Jawa | sineba ing
--- [f. 187r] ---
mantri kabèh | digbya sakti tur punjul | para ratu ing tanah Jawi | kalahên ta sadaya | padha sira nungkul | tumêdhak ing sutanira | myang ing putu jumênêng Sultan Matawis | Jawa tanpa sisihan ||
76. buyutira jumênêng Matawis | nêrpatine suka myang wibawa | sugih rêtna kancanane | salaka bêrana gung | amêkasi jumênêng aji | nêgaranipun rêngka | myang lintang kumukus | grahana sasi lan surya | gugur gunung udan awu myang karikil | cinane tur ingwang |[109]|
77. nuli lintang sirna mring wiyati | dan sumilih Senapati asya | baya prapta ing pasthine | ulun mangku kaprabun | têkèng suta myang putu mami | buyut pan dadi nata | Ratu Jawa nungkul | ulun dilah tanah Jawa | pan sumilih jênêngira rama aji | Sultan Pajang pan sirna ||
78. Kyai Juru Amartani angling | hèh Ki Senapati Angalaga | aja ubriya[110] ta mangke | tan wênang ujar luput | amasthèkên[111] [ama...]
--- [f. 187v] ---
[...sthèkên] kang durung jati | benjing têkèng saksana | amanggihi mungsuh | satêngahira payudan | yèn madyaa ujar andika ing nguni | kaya ta kapangguha ||
79. kadipundi rèh angandêl iki | ujar lintang pan dudu manungsa | ewoh cinêkê[112] lambene | ora masthi kapangguh | beda jalma masthi kapanggih | ujar dudu lan iya | masthi yèn katêmu | dening sami padha jalma | rèh supêna zaiz arane puniki | wênang dudu lan iya ||
80. ri saksana yèn prapta ing jurit | ora wurung mami lawan sira | kapangguh ing payudane | kalah mênanga iku | pasthi sira kalawan mami | anglakoni ayuda | yèn jaya pukulun | masthi jumênêng narendra | lamun kalah katawan sira amasthi | Senapati sandeya ||
81. jroning nala myarsa tuturnèki | ingkang paman Senapati mojar | kadipundi ngandêl rèhe | tanpa rerehan ulun | aris mojar Juru Martani |
--- [f. 188r] ---
saparipolahira | sakarsanira nut | ulun mapan ta dadia | karsa sawiji cra carêm sarêmbat iki |[113] Kyai Juru dêlingnya ||
82. yèn sêmbada lan karsane rèki | ana ujar ing dalil Pangeran | gampangêna ingsun mangke | sakèh sinêdya ulun | ingkang angèl sanèn ru brangti | jur sari dèn palêpah | lah anêdha gupuh | dawêg sami linêksanan | inggih ulun minggah ing Wukir Marapi | pêkênira samodra ||
83. têdhanên ing Yyang nyatakna kapti | Yyang Pangeran yya gumisir[114] nêdha | mentar tumanduk karone | Senapati tumanduk | ngetan bênêr manjing wanadri | wus ambyur Kali Upak | nglangi bathang anut | ana lor gêng tan upama | Tunggulwulung rane yèn jalmaa angling | baya mangke manira ||
84. apêpanggih lawan gusti mami | sinambut nungganga gigir ingwang | ulun naur bêcikane | lumampah karsa
--- [f. 188v] ---
ulun | alor iku purwane uni | Senapati cangkrama | ing sawangan iku | angêbur ing Kali Samas | jambêt jala pêcak wuwu lawan sundhit | rampog susug sèsèrnya ||
85. duk asat alor kapêdhak nuli | jalma ningali samya garjita | wadya parêbutan rame | cinêkêli wong agung | katur Senapati sigra ngling | hèh wong sanak sadaya | êntasêna iku | anulya mina binakta | binusanan wau dening kancana di | kinalungan lan jamang ||
86. mas luru wus binusanan nuli | mina alor inguculkên egal | ngaran Tunggulwulung mangke | nèng toya cahya mancur | anglir palwa ngambah jaladri | jro toya tiningalan | lir raditya murub | satuhunipun kang mina | alor iku mina narendra anuli | angèli Senapatya ||
87. tan kandhêg [kandhê...]
--- [f. 189r] ---
[...g] prapta Sawangan uni | pan jumênêng têpining samodra | sêgara kidul alune | kagiri tri gumuruh | kang jaladri gurnita uni | wrêg ombak prawata |[115] tan owah warnèku | sa dènnya was Senapatya | ing Mataram sêgara gumêtêr wêdi | tan ana pasengkaban ||
88. wani panas lir runtuh kang rawi | mina gah sagunung gêngira |[116] wuru aking kumubulèn | buntêl parang kabêntus | maltuk utêk sumirat saking | tutuk drês kang ludira | kotbuta kadulu | mugèng ing aparang ribang | padha milar urang aking lir ginari | ngrèb jalu pênyu ika ||
89. kapanasên mina alit mati | wênèh na mina sora syaranya | kapi têkan dhasar mangke | tibèng pinggir munya sru | arana nèng kapicil mijil | nulya pralina mina | pêsu kapya lêbur | kang gajah mina upama | sarbargata kalalèn kakap ing nguni | padha
--- [f. 189v] ---
malêbèng toya ||
90. kampuh samodra toya lir rawi | ingkang mina pêjah kabaranang | sowang padha lampus mangke | dya[117] kèh wuyutan iku | ula naga bosok prang ngiwi | sudira tan carana | tatkalanya iku | gya na ing jaladri mapan | olèh panangkanakan kudra palayuning |[118] gya ombak kasrêg toya ||
91. duk lumimbak ta ing jalanidi | nulya sira ta wau gumiwang | bebenagrang umuh mangke | păncawura gung umung | ring dik desa wilêtan uni | kilat thathit pracăndha | kidul wetan rawuh | gumiri-giri gurnita | toya mijil minggah prawata gumiring | prabawa bayu bajra ||
92. angin tofan ampuhan gêng prati | ombak agêng minggah ing prawata | gumêrah saprabawane | kagyat kanggêk Ni Kidul | pasilanya kuthilang manik | sigra manggung mangrêngga | dènira malungguh | dening naga kang malayya | mêtu anon atakut [ata...]
--- [f. 190r] ---
[...kut] dènnya ningali | toya minggah asmara ||
29. Asmaradana
1. Nyai Kidul alon angling | anukmèng daya ing nala | alami tan dulu mangke | rêtu ombaking samodra | orêg mina kang lena | umob lir raditya runtuh | hèrnya panas kadi wedang ||
2. pan baya ta mangke iki | ingaran ari kiyamat | ombak gêng tan kadi mangke | Ni Kidul manah raditya | awas mulat ing mina | gègèr mina kathah lampus | marêngga ing lungguhira ||
3. Nyai Kidul mêsat aglis | gya prapta ing madyatara[119] | mulat jagat nêrus mangke | kang kasongan ing akasa | kasăngga ing buwana | tanna kaèsi[120] lyanipun | nging Senapati Ngalaga ||
4. ngadêg têpining jaladri | Nyai Kidul aris mojar | talyana kabaya rajèng | ing tanah Jawa sadaya | kumêrud aru-ara | ing samodra Nyai
--- [f. 190v] ---
Kidul | têdhak saking jamantara ||
5. dyan marêk ing Senapati | Ing Ngalaga angrêrêpa | Nyai Kidul tur bêktine | mangsah sidhupuk anêmbah | bukuh ngurêpi lêmah | lir konjêm siti tumungkul | ngasih-asih aturira ||
6. dhuh pangeran ingsun gusti | tan kawawa nahênana | sêgara aru-arane | kang ombak kadi kinocak | mina lit gêng katrajang | ing ampuhan akèh lampus | hèr panas lir api mubal ||
7. icalna sêkêling galih | yakti nata ing Mataram | isi wona lan toyane | pasthi darbening narendra | pan kita kawisesa | punapa rèh andika nut | miwah para parayangan ||
8. lan malih aturing dasih | pan tuwan jalma utama | sinêlir dening Yyang Manon | dadya kita tanpa karya | angrusak [angru...]
--- [f. 191r] ---
[...sak] kang mukinat | kang aglar buwana agung | nyata ing pakarya tuwan ||
9. saisi jagat dumadi | jim pêri pêrayangan |[121] sawarnine lêmbut kabe | kang anèng wona samodra | miwah luhuring arga | maring kata[122] ajrihipun | tan selak ingabên yuda ||
10. amêmungsuhana gusti | sakèhing jim pêrayangan | tinimbalan prapta kabèh | paman jêngandika nata | agêng tanpa sisihan | pan bapa babuning ratu | ing nusa Jawa sadaya ||
11. trêp manahnya Senapati | Angalaga amiarsa | Ni Nyai Kidul ature | anar jumênêng nata |[123] amêngku nusa Jawa | sakèh mina samodra gung | kang pêjah wus palipurna ||
12. wuru pêjah mina urip | ingkang katrajang ampuhan [a...]
--- [f. 191v] ---
[...mpuhan] | Ni Kidul mantuk purane | Senapati atut wuntat | tumamèng tan têlêsa | prapta kadhatyan Ni Kidul | kinanthi Sang Senapatya ||
13. atata sarêng alinggih | ing taman adi wanuryyan[124] | sring sangkêp pêpêthetane | Ki Senapati tumingal | sajro taman winarna | wontên bale kêncana gung | ika mulane ing kina ||
14. pan rinêbut ing ajurit | dènira Sang Gathotkaca | turu bale kêncanane | tiba têlênging samodra | nênggih ingkang tinêngga | nèng sêgara Nyai Kidul | urube ujyala mubyar ||
15. padhang nêlahi ing puri | sorote ingkang sêsotya | rêmbug natar byor sotyane | sinêbar awor malela | gapura gêng apelag | linud ing sêsotya [sê...]
--- [f. 192r] ---
[...sotya] mancur | sinalisir mirah jiga[125] ||
16. sinêlanan mirah wilis | murub muncar kang kancana | muncar intên panugule[126] | apadhang kadi raina | ujyalaning sêsotya | wor ujyala surya mancur | makucêm sor sênênira ||
17. dening ujyala rêtna di | kang nèng pucaking gapura | asri pêpêthetanane | witing kayu kang kinarya | kancana rondhon sutra | pradapa asri dinulu | sarêng sêkar lan wohira ||
18. kawandrês awarna wiji | asri sor kathil kancana | anijèni ika yune | lininggihan parayangan | warnanya ayu endah | pan lyih kayu kancanèku | kang pala wit kayu tunggal ||
19. ana nyapaa prituwin | myang kang lagya kamropokan | ana ta saking uwite | ikang runtuh kawarnaa | upamanya lir lintang | ngalih ing jalada santun | kinubêngan ing bêngawan ||
20. catur kèhe kang sawiji | bangawan warih apindha | bangawan puwan ing mangke | kawarna kang sami lênggah |
--- [f. 192v] ---
anèng pura kalawan | Senapati Nglaga wau | lan kang pindha Ratih syarga ||
21. citrane dinulu adi | asor Ni Dèwi Supraba | lir murca kinêdhèpake | rat jagat tan tumandhinga | kusumaning wanita | warnane salin ping pitu | pan atra kadhang atuwa ||
22. sadhawuh lir widadari | yèn lisir[127] wetan warnanya | lir kusuma Ngurawane | yèn bêdhug lir Murdaningrat | ratu sêkti sudibya | raja jim prabu rara yu | sagara kidul kithanya ||
23. lêlêmbat ing nusa Jawi | pan sami nungkul sadaya | apasrah bulu pêtine | dhumatêng prabu wanodya | wêdi sih kumawula | pra raja tanah Jawèku | Ratu Lodhaya aseba ||
24. Gunungkidul myang Marapi | ratu ngare padha seba | kuwu balêndhung wringin wok | ing Roban kayu landheyan | gunung gêng wukir palwa | rawa lobang samya suyud | Prabu Dalapèh aseba ||
25. jêngêr non Ki Senapati | warnanira salir sêkar |
--- [f. 193r] ---
ya ta micarèng driyane | tuhu yèn ayu utama | kaya nora pêsaja | salewane myang yèn muwus | karya samilah ing nala ||
26. kaduk manis asung brangti | manis rai raga krana | tansah liniring warnane | kamanisên Senapatya | baya ratuning sarga | ikang asung brăngta wuyung | tan pêgat sabiling nala ||
27. èsmu kagiwang ing ati | dening manising sarira | lir kilat barung thathite | têmpuh tingal lan asêdya | mênggah dede jinisnya | anging ta Nyai Dyah Kidul | anampani raosing tyas ||
28. Senapati dinuk liring | amanis lir guladrawa | angudang kung sêsêmone | kaya ta yèn kagiwanga | Nyai Kidul angucap | nukmèng ing driya sang ayu | sun bekane Raja Jawa ||
29. kadhatone dimèn lali | dèn prih asiha sang nata | tulusa têkèng galihe | tumungkul mèsêm sang rêtna | Senapati Ngalaga | liniring tingal sang prabu | ing Mataram angandika ||
--- [f. 193v] ---
30. rêtna yu witning sun iki | yun wruh pasareanira | apa baya ta warnine | umatur rêtnaning pura | tan ewuh lamun arsa | darma têtêngga pukulun | mapan kagêngan andika ||
31. kinanthi Ki Senapati | maring ing jinêm paprêman | sarêng alinggih praptane | sang nata lan prabu rara | kang kacipta ing manah | warnanira sang dyah ayu | ikang asung brangtasmara ||
32. angandika senapati | baya ta ikang amindha | kadhaton syarga ta mangke | pasang rakit pêpajangan | isun têmbe tumingal | pasareanira ringsun | lan kang aduwe sêmbada ||
33. critanira ayu luwih | wagêd ngrakit pasarèan | sakirna pagulingane | kenyut manah isun dewa | mulat paprêmanira | yèn mêngkone ariningsun | ngong kaprêm ningali sira ||
34. aras-arasên sun mulih | kacaryyan kadhatonira | anging sawiji wadane | nora kanthi kakung sira |
--- [f. 194r] ---
dening apantês mana | èstrinipun luwih ayu | kari kakunge kewala ||
35. sang prabu dèn paleroki | Nyai Kidul lon angucap | sakeca alămba bae | akêdhik ngên-angênira | tutug sakarsaningwang | datan wontên walang kayun | Senapati angandika ||
36. pênêd mawi kakung yayi | sang dyah ature widagya[128] | pênêd mongmong sarirane | mindhak pintên kumadama | kula kudu akrama | Senapati ngandika rum | isun mulih mring Mataram ||
37. yayi wus karaos masthi | brăngta wuyung marang sira | gusti pa baya sarate | maria brăngta ing sira | tan ana yogyanira | kang nambani mung rêtna yu | paran polah isun nimas ||
38. pisaha lan sira gusti | masthi yèn brăngta angarang | raose ing manah ingong | arsa mulih mring Mataram | karanane tulusa | ayya nganggo mandhêg mangu | sumêlang tilar ing sira [si...]
--- [f. 194v] ---
[...ra] ||
39. sun têdha sihira gusti | miwah têtambaning brăngta | Nyai Kidul lon ature | tan asagêd asung brăngta | dede dhêdhukun iwang | pi-api sanggup sih wuyung | măngsa dhatênga ing manah ||
40. pan ratu gung mêngku Jawi | kirang paran sri nalendra | kang mêngku Mêtawis kabèh | angajêngêna wanodya | kang samya luwih yunya | kawula angawu-awu | ngong iki kadar punapa ||
41. ing paduka sêdya ngabdi | supaya lamun kanggea | sumadya ngawula bae | supaya lamun kanggea | sang dyah pinarêpêkan | rêtna yu wingit tumungkul | liringe lir gula drawa ||
42. sangsaya angunggar galih | cinêkêl jênthiking asta | angrêrêpa salir sinom | kadar ta arsa punapa | gumampang nyêkêl asta | adhuh gusti kae sampun | dening ta daya gêlêma ||
43. dika uculna tumuli | asta kelor iki
--- [f. 195r] ---
uga | watêke gêlis putunge | kinarya têtêmpuh paran | yèn putung drijiningwang | lara pinilindêr sêru | putunga dèn alêmana ||
44. kaya ta dede nêrpati | anglir wong wuru waragang | Senapati lon wuwuse | mas ratu yayi mas sira | têka kadukan tămpa | tiningalan lèpènipun | Nyai Kidul lon angucap ||
45. yèn têmêna aningali | saking têbihan katingal | iku uga dalahane | sun watara kaya ana | kang dipun prih ing manah | kang tinarka mèsêm dulu | kadi banjir madu kilang ||
30. Dhandhanggula
1. Nyai Kidul ature amanis | dèrèng usum andhinginkên karsa | pan paduka badhe katong | nusya Jawa kang mêngku | dèn asabar yèn darbe kapti | srira sapa duwea | yèn dede sang prabu | Senapati ing Mataram | pan kang mutêr jagad sang prabu linuwih | uculna astaningwang ||
2. punapa silih [si...]
--- [f. 195v] ---
[...lih] raose gusti | ingaras sang dyah datan lênggana | wus nguculakên astane | sinambrama sang prabu | kapracaya sêsêgahnèki | wus munggèng ing ngayunan | kupiwarna catur | gêdhah ijo gêdhah rêtna | biru jêne seta gêdhah pan aisi | brêm tampo anggur arak ||
3. lir pendah madu măngsa kang warni | yèn ingunjuk kabèh mawi sawab | wus katur Senapatine | lir puwan raosipun | luwih pêthak bêngawan ping tri | sajêng luwih manisnya | lwih sajêng donyèku | kaping pat bêngawan liwat | luwih manis anorakên madu gêndhis | Senapati Ngalaga ||
4. cinarita tri dina tri latri | tumama samodra musawarat | kalawan Nyai Kidule | tunggal sare karon kung | wus winêjang kawruhirèki | masalah dadi nata | kang kèdhêp sadarum | manungsya jim priprayangan | samya nungkul janjine Sang Senapati |
--- [f. 196r] ---
Ngalaga angandika ||
5. isun pracaya sihira yayi | balik ingsun muliha Mataram | lamun ingsun nêmu gawe | sapa kang isun utus | angaturi mring sira yayi | wong Mataram tan wikan | lawan ora tutug | angaturi maring sira | Nyai Kidul ture gusti yèn nimbali | sidhakêp suku tugal ||
6. sarwi tumênga atawang êning | tuwan amacaa Surat Saba | punika têtimbalane | dening kawula rawuh | lamun ana karsa sayêkti | êjin lawan prayangan | pêri kang tumurun | ambakta sapadandanan | amapaga ing mungsuh tuwan ing benjing | ya wis gusti kantuna ||
7. isun mulih marang ing Matawis | gya tumurun Senapati Nglaga | angèstokên[129] ing janjine | agung brăngta Ni Kidul | sakesahe kang raka aji | migah[130] mring pagulingan | asare amujung | sangsaya-saya karasa | waspa mijil tan kuningan dèn usapi | tan bisa [bi...]
--- [f. 196v] ---
[...sa] nahên trêsna ||
8. kampuh kêbêk luh ngusapan wèni | Ratu Kidul ya wuwuh asmara | apikir sajro driyane | kaya ngapa wak ingsun | angandhêga ing wong lumaris | dadya lajêng anendre |[131] kocapa sang prabu | kapirangu lampahira | kang katingal kang kitha têlêng jêladri | tansah sabil ing nala ||
9. lampahira kadya ngambah siti | nèng samodra laris lampahira | ngambah Parangtaritise | sang pandhita kapangguh | apitêkur susunan adi | nèng Parangtaritisnya | Senapati cundhuk | lan sang wiku saha sêmbah | ngusap suku abukuh malugyèng ngapti | anrahkên pêjah gêsang ||
10. tiningalan de sang maha yêkti | hèh Ki Senapati ing Mataram | ja ngandêlkên digdayane | asakti rosa têguh | kadya ngambah caraka siti | dadya ujub lan riya | kibir wastanipun | tan wênang inglampahêna | wali mukmin ngadohakên pangabêkti [pangabê...]
--- [f. 197r] ---
[...kti] | gusti lawan kawula ||
11. aja sira kaya bumi langit | lan sagara miwah kang prabata | langit iku wahanane | yèn jalma kaya muwus | ngandêlakên jêmbaring bumi | kalawan kandêl ika | anging mung puniku | tan ana suselaning lyan | kaya gunung mung gêdhene lan ainggil | tan darbe paulatan ||
12. lawan sira aja kaya langit | ngandêlakên jêmbar lan awiyat | mung puniku digdayane | miwah sagara agung | ngandêlakên jêmbar ngidêri | kalawan jro tan jajag | gurnita kang alun | gêdhene pindha prawata | pan gumuruh syaraning punang jaladri | mung punika dayanya ||
13. lamun ayun tulus dadya aji | anganggea sokur lawan rêna | ênêba kêna ênênge | pan pasthi dadi ratu | ing Mataram dènira linggih | myang para ratu Jawa | kabèh padha nungkul | aseba maring Mataram | anrahakên bulu pêti saban warsi | Senapati Ngalaga ||
--- [f. 197v] ---
14. alah payo mulih mring Mêtawis | ulun arsa mampir umahira | anulya lumampah age | sakêdhap sampun rawuh | angandika sang wiku jati | wismanira tan nganggya | pagêr jaba iku | kêbo sapi ingumbaran | hèh Ki Senapati Angalaga sisip | iya ing pasrahira ||
15. angkuhira ana ing Matawis | krana Alah dadi riyanira | ujub kalawan kibire | kêbo sapi ta iku | tanpa kandhang wahananèki | sapa wania mringwang | durjana dhusthèku | kang ngangge ênêb êningya[132] | lêlakone sokur lan rêna Yyang Widi | wong wisma pinagêran ||
16. kêbo sapi yèn ucula iki | kang dèn cêkêli kêluhanira | yèn mantuk ing wisma mangke | kandhange dèn akukuh | pinathokan salaraknèki | turua ngarêp kandhang | yèn awêngi iku | nuli sira apasraha | anganggea pandum kalawan amilih | dèn patut [patu...]
--- [f. 198r] ---
[...t] lan agama ||
17. lawan malih drigamane iki | istiyarira dipun akathah | sumănggaa ing Yyang Manon | salir solahirèku | kadhinginan ujub lan kibir | karane dèn prayitna | laku ligih iku | solah muni lawan mona | gusti lawan kawula Ki Senapati | nganggea pagêr jaba ||
18. lah atagên wongira ing Mêtawis |[133] sabên-sabên katiga anyithak | sabên taun saolihe | wongira dhomas iku | anganggea sokur Yyang Widi | ngarah dadi bacingah | pirabara pungkur | ja lumaku kibir riya | nulya nyandhak mandêlêm sarwi cinangking | punika isi toya ||
19. sang pandhita lumampah akardi | watês dalêm mancur mandêlêmnya | sarwi adikir lampahe | ingubêngan sadarum | de sang wiku turutên benjing | ing batane wong dhomas | cacahe Matarum | dadya bêbata lan karsa | datatita kocapa [koca...]
--- [f. 198v] ---
[...pa] lingira uni | kangjêng sultan ing Pajang ||
20. miyos sineba pangange adi | duk pinarêk anèng sitibêntar | kuthilang manik silane | abra ujyalèng murub | alêlèmèk babut si sari | wau nyêkêl bêdhaya | kang ngapit sang prabu | pêpak nangkil wadya Pajang | samya matur ulun amiyarsa warti | sutanira sang nata ||
21. Senapati Ngalaga Matawis | yêkti ing mangke ambalik karya | akarsa kitha tarkane | wong dhomas pan lumaku | nyithak narkèng bêbata uni | karya nyithak bacingah | kinardi rahipun | anjrokên[134] lêlarènira | Sultan Pajang ya sigra dènira angling | sutèng ulun dipatya ||
22. ing Banawa lumakua aglis | lan Si Tumênggung Măncanagara | lan Dipati Tuban mangke | ipenira ta iku | lumakua marang Matawis | ucap nata dènira | kakangira iku | têmêne kalawan ora | Senapati [Se...]
--- [f. 199r] ---
[...napati] tri duta nêmbah nulya mit | mêsat saking ngayunan ||
23. wus budhal sigra lampahe nuli | pangalasan sèwu mantri Pajang | mapan kang dadi têlike | iku samitranipun | nugil[135] guru lan Senapati | tinutkên mring Mataram | sigra warah iku | Senapati Ing Ngalaga | ulun iki tinutakên mring sirèki | wêwarah ing wartanya ||
24. Sultan Pajang nênggih dintên enjing | dutanya prapta Pangran Bênawa | lan Ki Măncanêgarane | tri lawan punang mantu | nênggih sira Dipati Tubin | tri padha wiratoma | Senapati gupuh | nulya mapag Randhulawang | lan sêntana kabèh gaman dhomas ngiring | wadyabala Mataram ||
25. sami bêkta suguh kêrig lampit | dhudha santri anèng Randhulawang | gajah jaran samaktane | Dipati Bênawèku | sampun prapta ing Randhukori | Senapati amapag | katingal tumurun |
--- [f. 199v] ---
adan masah[136] cundhuk lawan | Adipati Bênawa ngaturi bakti | ya ta arêrangkulan ||
26. dhuh sanak ingsun kawula puniki |[137] kakang lami têmên tan kapanggya | lan karsa andika mangke | Senapati amuwus | ariningsun ki adipati | nungganga èsthi enggal | andika nèng pungkur | ing turăngga pan prayoga | nulya sarêng umugah palana nuli | panakawan ing Pajang ||
27. Astrawăngsa boncèng ngigil[138] èsthi | nukmèng driya hèh manawi ana | karya prang ngigil èsthine | ulun sarênga lampus | lawan gusti têtalinèki | plana pinêthêtan |[139] kang dadi pakewuh | dening pangot cêcebolan | iku purwanipun wadya ing Matawis | ngandhut pangot cebolan ||
28. binêkta seba pan nora kari | tarkanira Astranaya mila | dèn pêthêti têtaline | aling-aling sadarum | agampanga pamiyak mami | gèn isun anyuduka | sarêng ulun amuk [a...]
--- [f. 200r] ---
[...muk] | wontên sainggiling liman | jurunira Senapati ing Matawis | pun Malik sarêng nunggang ||
29. tarkanira ujare Ki Malik | karaningwang sarêng nunggang liman | anèng ing luhur ngayune | sarênga ulun amuk | pêjah gêsang sarêng lan gusti | madhêp maring palana | angkuse dèn singkur | andulu ing gustinira | Senapati ajajar dènira ligih | myang Dipati Bênawa ||
30. Adipati Bênawa angling |[140] kakang Senapati Ing Ngalaga | kawula ugi kinèngkèn | dening sultan tuwanku | jêngandika kapirsa nênggih | ing rama jêngandika | akarsa amungsuh | ing ramanira jêng sultan | igih nyata punika datan sayêkti | ulun nêdha jinarwan ||
31. Senapati alon anauri | măngsa bodhoa kang matur sultan | ratu pan têrus tingale | tarkane tyasing ulun | datan samar sang paduka ji | saparipolah ingyang | barkate sang prabu | agêng adalêm Mataram | datan narka
--- [f. 200v] ---
yèn ulun ikang darbèni | mapan kagungan sultan ||
32. ngaturakên pan ulun puniki | suguhe kang abdi Mataram |[141] jangandika pan gustine | yèn suwawi sang ulun | tumanduka marang Matawis | mapan nêgari tuwan | kasukana besuk | ing toya lawan dharatan | ulun saos sakarsa andika yayi | brêm tampu lan waragang ||
33. Adipati Banawa sira ngling | hèh Tumênggung Amăncanêgara | nyata linyok ing wartane | kang kita ikang matur | dhatêng rama sultan ing nguni | gustine iki ora | ujare amungsuh | isun piyandêling kakang | ing bêcike suguhe wadya Matawis | dadi cinaa mrata ||
34. Adipati Banawa nauri | lampahira prapta ing Mataram | tumama ing kadhatone | rawuh nulya aluguh | pinapag ing wadya Matawis | andhèr wadya ing Pajang | amrêbil supênuh | amundhut brêm lan waragang | Senapati agêpah dènnya [dè...]
--- [f. 201r] ---
[...nnya] alarih | kalaganjur kang munya ||
35. adipati ing Tuban sira ngling | kakang Senapati Ing Ngalaga | ulun midhangêt wartine | jangandika anêngguh | rêmên kang wong abaksa rangin | punapa kang kinarya | kakang watangipun | lan malihe wong Mataram | yèn alêkas kasukan abêksa rangin | punapa kang kinarya ||
36. Senapati Angalaga angling | abdi dalêm Mataram abaksa | rangin sador kang ginawe | yèn gêguyon anginum | miwah gêdhang kinarya lêmbing | abdi dalêm Mataram | dhusun watêkipun | kawruhe mung sêkul ulam | papah gêdhang tan wontên tinigas pancing | buntare sinêmpugan ||
37. adipati gumujêng saryya ngling | nora nusul têtiyang ing Tuban | wong Mataram digdayane | yèn bêbêksan anginum | wong ing Tuban abaksa lêmbing | lêmbing têmên kinarya | gêguyon anginum | tur sami atadhah dhadha | pan aganti wong Tuban lêmbing-linêmbing | wus wantune
--- [f. 201v] ---
mêngkana ||
38. atanapi yèn abêksa rangin | tumbak têmên kang kinarya watang | ikang kinarya sodore | abêbêksan anginum | tan prabeda lawan ajurit | yakti tumbak-tinumbak | datan wontên kondur | sampun tatane wong Tuban | alah paran mangke andika yêktosi | wong Tuban abêbêksan ||
39. Senapati Angalaga angling | têtiyang dalêm Mataram tiwas | sami awidhung tangkêpe | mapan lagya sinau | wong Mataram dèrèng rêspati | wantune tiyang desa | yèn baksa anginum | sami agagak wurahan | mung cangkême gumêdêr ambaribini | abaksa tan tiyasa ||
40. adipati ing Tuban sigra ngling | ulun darbe wadyanira Tuban | awagêd abaksa tamèng | pitung nêgara punjul | nangingwadyanira ing Tubin | wisaya lan prakosa | tan ana kang mungsuh | wong pitung nagara kalah [ka...]
--- [f. 202r] ---
[...lah] | de wong siji punika ngabên prayogi | ulun dhatêng sumăngga ||
41. Senapati Angalaga angling | mandahane wongira Mataram | mulat ing wong baksa tamèng | ikang wagêd pinunjul | ngalahakên pitung nêgari | mendahe wong Mataram | arêmên andulu | satuwuke dèrèng mulat | wong widagdya amiarsa lagi mangkin | dening wong sami mudha ||
42. adipati ing Tuban sira ngling | hèh wong Tuban sira bêbaksana | sira angagêma tamèng | mumpung lagi awuru | gêlarira dipun angênting | nulya aglis tumandang | bêbêksan nèng ngayun | towok lan tamèng cinandhak | ngumbulakên ing tawang sigra nglêkasi | pan tinadhahan dhadha ||
43. ramenikang lok giri sêdhênging |[142] abêbêksan gamêlan gurnita | awor lan bala surake | lir ombak sêgara gung | Radèn Răngga sutanirèki | Senapati Mataram | putra kang pambayun [pambayu...]
--- [f. 202v] ---
[...n] | anjawil dhatêng kang rama | ya ta kagèt Senapati ing Matawis | sinêntak ikang putra ||
44. Ki Adipati Tuban sigra angling |[143] kakang Senapati Ing Ngalaga | pan dadi duka putrane | ulun mirsa asêndhu | kapirare duka ing siwi | punapa ta purwanya | dening kita bêndu | Senapati sigra mojar | pêcêl alit pun Răngga pêksa gumakit | kudu tumut bêbêksan ||
45. angladosi bêksane wong Tubin | karsanipun pun Răngga punika | kumawi paksa angêne | wong mindha paksa pugung | toging prana tur nora yakti | ayya asung paguyyan | mêmirang kadulu | tan layak pukulun mulat | ing tandange pêcêl dalêm ing Matawis | awidhung paksa iya ||
46. Adipati ing Tuban sigra ngling | sutèng ulun ayya sira sora | abaksa sun tingalane | wong Tuban sampun gambuh | nora layak sira musuhi | angur si ginaua | payo sutèng ulun |
--- [f. 203r] ---
wong Tuban sira tirua | anging poma ayya sêdya angladèni | anggèr măngsa mênanga ||
47. pan wus gambuh wong isun ing Tubin | lêlingsène amuruk ing sira | aja cacak sira rare | yèn mênanga amungsuh | tingalana tandange ugi | sira èmpêr-èmpêra | payo sutèng ulun | angladènana wong Tuban | Radèn Roga[144] tumukul[145] dènira ligih | langkung dening marêpa ||
48. adipati ing Tuban ningali | ing dêdêgira Rahadèn Răngga | Dipati Tuban têmbunge | abêcik dêdêgipun | pan dhuwure radèn apêkik | sutèng ulun punika | wantu taksih timur | hèh wong Tuban sutèng ingyang | radèn êmas aja ta sira têmêni | rowangên bêksa kêmbang ||
49. hèh wong Tuban poma sira iki | ladènana bêksa Radèn Răngga | yèn kênaa sênjatane | isun tugêl gulumu | poma ayya ta sira lali | pan iku sutaniwang | kapirare dangu | sun juwing sawalang-walang | kulitira sun karya tontonan ugi | anèng nagri Mataram ||
--- [f. 203v] ---
50. kakang Senapati ing Matawis | sutanira Radèn Răngga ika | wali-wali isun akèn | tan mangkat dènnya takut | dhatêng tuwan sutanirèki | lah atagên dèn agya | Radèn Răngga iku | karane tutuga suka | abêbêksan wayahe wong anom pêkik | kêdah tinon ing jalma ||
51. Senapati angandika aris | sutèng ulun Radèn Răngga ika | kita tumandanga age | kinon dening gustimu | mundhut tamèng gatong[146] pat uni | waos ikang kinarya | kotbuta dinulu | gatong kalih tawokira | sarêng katon kagèt dipati ing Tubin | satuwuk dèrèng mulat ||
52. tan kumêdhèp dènira ningali | pan malongok kabèh wadya Tuban | prasamya ngling jro driyane | nora layak puniku | gêgamane manungsa iki | tan ana tanah Jawa | kang kadya puniku | anulya sira tumandang | Radèn Răngga towok tamèng dèn cêkêli | ngumbulakên awiyat ||
53. tawokira mibêr [mi...]
--- [f. 204r] ---
[...bêr] kadya paksi | alap-alap katon lamat-lamat | mangkya udhune ta age | pan tinadhahan pupu | pan tinundha ing jaja malih | murub kantar-kantaran | laras astra lêbur | mantri Pajang kagawokan | adipati ing Tuban langkung aisin | mantri Tuban kasoran ||
54. adipati ing Tuban sigra ngling | hèh wong Tuban sira têmênana | gêlarira dèn angêntèk | karone padha têguh | pan pracaya ulun ningali | karo padha digdaya | pan sarêng anuduk | nulya wau kinêjepan | dening gustinira Adipati Tubin | baksa ngêntèkên[147] gêlar ||
55. Radèn Răngga sinuduk tan busik | ngiwa nêngên tawok tan tumama | lir lalêr mêncok tibane | panudukira luput | duk dinêdêl tan kêna lungid | sasat wayang-wayangan | fanilafat tuhu | cinane ayun lan baka | tumbak kêris têmên-têmên tan nêdhasi | maring jalma satata ||
56. Radèn Răngga datan amalêsi | sakeca wau dènnya abaksa [a...]
--- [f. 204v] ---
[...baksa] | enak-enak bêksa bae | Dipati Tuban muwus | Radèn Răngga malêsa kaki | mapan sami digdaya | piyandêl atêguh | ing ulun sampun pracaya | pira bêtah sira nora malês kaki | rêmak aksananira ||
57. sira malêsa pisan ping kalih | tri tan miyang Radèn Răngga ika | maksih sakeca bêksane | Dipati Tuban muwus | kakang Senapati Mêtawis | karana tan malêsa | ulun atag sampun | amalêsa datan arsa | tuwan atag Ki Senapati nglingnya ris | sutèng ulun malêsa ||
58. pan gustinira kang akon nuli | Dèn Răngga nuwun sèlèh sanjata | tumandang karo tangane | pinapagakên nêmpuh | wadya Tuban dipun tampiling | kapisanan mukanya | awor lawan marus | kulite katut ing tangan | mantri Pajang gawokira aningali | kawirutamanira ||
59. Radèn Răngga tamèngira nuli | ingumbulakên langkung awiyat [awi...]
--- [f. 205r] ---
[...yat] | ingarahakên tibane | Dipati Tuban iku | ngiringane kang lampit palih | pêcah nagara Pajang | Răngga dènnya muwus | ing Pajang amasthi kêna | nulya ngadêg Dipati Tuban awiwrin | lalos[148] atilar bala ||
60. wadya Pajang gègèr kabèh mulih | praptèng Pajang masah cundhuk sultan | manêmbah suku sang rajèng | mangusapi ing lêbu | mukanira konjêm ing siti | pangeran ing Banawa | ngrêrêpa abukuh | Risang Sêsutawijaya | Dèn Banawa ature angasih-asih | sampun kula lumampah ||
61. maspadakakên dhatêng Matawis | lampahe Senapati punika | tan wontên tilas balike | mapan pinapag ulun | Randhulawang dipun sêgahi | apan sinăngga-săngga | eca bukti ulun | têlas wadya ing Mataram | sakathahe mêthuk dêdamêl Mêtawis | gajah jaran myang jalma ||
62. lan rabine myang sakathah [saka...]
--- [f. 205v] ---
[...thah] èstri | samya mêthuk myang isining wana | samya sinuguhkên kabèh | yèn kalane dra ulun | para rabi sandhing ngêpêti | ya ta tantu pracaya | sumăngga sang ulun | Tumênggung Măncanêgara | sigra matur dhatêng Sultan Pajang igih | yêktos pambalikira ||
63. suta ulun Gusti Senapati | Ing Ngalaga sagêd karya gêlar | wong agung lantip sêmune | Dipati Tuban muwus | gih sang nata sayêktos balik | kang Senapati Nglaga | mungsuh ing sang prabu | tarkane tyas ulun ika | yèn papagna jurite kang Senapati | sèwu dêdamêl Pajang ||
64. binarênga mara dènnya jurit | kakang Senapati kang satunggal | masthi datan năngga mangke | widagda luwih têguh | angluwihi wong sanêgari | têpis wiring rat jagat | nora nana punjul | kang tuwa malih punika | pêpêcêle pun Răngga pan maksih alit | agila sun tumingal ||
65. Sultan Pajang kapita ing ati | amiarsa aturing pugawa[149] [puga...]
--- [f. 206r] ---
[...wa] | tanaya lawan mantune | anarka lamun nêmpuh | ri saksana aprang ajurit | Sultan Pajang gya mojar | maring ki tumênggung | sira mantrinisun lawas | măngsa sira agêgoroha ing kami | aturira maringwang ||
66. Ki Dipati Banawa puniki | apan wode ing nala manira | iku lanang sajugane | saature sun gugu | măngsa iki goroha kami | mohal yèn angrusaka | ing nêgaraningsun | dadi ewuh tampaningwang | mapan karo tan ingsun gugu puniki | pan sun pikir ujyanya ||
67. sun tuture kakangira uni | kala bocah lagya manakawan | isun raina asare | Senapati atunggu | anèng dagan datan aguling | ana karsaning Sukma | ula gêdhe anung | arsa narajang maringyang | Senapati tangginas dènnya nyêkêli | ula binêthot pêjah ||
68. wis mangkono isun acangkrami | marang wana ing Rame sêmana | agêrit banthèng sangsame | Senapati pan milu | anèng wuri angiring kami | mantri Pajang kapisah |
--- [f. 206v] ---
kalawan ing ulun | agiring banthèng manjangan | apan ulun katungkul dening agêrit | kalawan rabiningyang ||
69. wus mêngkana ana banthèng kanin | angamuk nora nana kang mapag | panggritan tinêmpuh age | Senapati anêmpuh | nyêkêl sungu pan siji sisih | roro ikang andaka | pokah ikang sungu | banthèng niba kapisanan | iya iku digdayane Senapati | sêdhênge lagi bocah ||
70. mêngko maning pan saya asêkti | pan wis tuwa waspadèng wêweka | digdaya ing samitane | amikênakên[150] sêmu | apan ulun wikan ing wangsit | sakarsanira mothah | apan ulun ugung | sakèhe ing wartanira | tan sun rungu Senapati sutèng mami | lir gon isun ayoga ||
71. datatita lingira ing nguni | kang kocapa Ki Tumênggung Mayang | ambeka ika karsane | Sultan Pajang puniku | pinrih cidra ing janjinèki | Sultan Pajang akarsa | yaktènana wau | mring Ki Senapati Nglaga | ala bêcikira kang dipun [di...]
--- [f. 207r] ---
[...pun] wiwiti | wau Tumênggung Mayang ||
72. adarbe putra lanang sawiji | bagus anom ran Jaka Wiyagang | ulah lambangsari mangke | lawan putra sang prabu | pakonira kang rama uni | yaktèni gènnya beka | wus cinêkêl gupuh | pinatèn Jaka Wiyagang | anèng têngah waringin kurung kang jisim | Ki Jaka gilang-gilang ||
73. rama mirsa yèn putra wus mati | sigra lumampah yêktoskên sira | têmêne lawan orane | sarêng prapta wus wêruh | lamun nyata putra tan sipi | Tumênggung Mayang ngucap | kêplok tanganipun | pasthi rusak karatonnya | nagri Pajang kakup marang Mêtawis |[151] de cidra prajanjeyan ||
74. Ki Tumênggung Mayang sampun mulih | sri bupati asru dukanira | Ki Tumênggung Mayang age | kinesahakên wau | mring Sêmarang sanak dharèki | ingiringkên wong sasra | mantri patang puluh | kang baris sèwu tut wuntat | bokmanawa ala[152] pialaning margi | kang ngiring wong prawira ||
75. pun Tumênggung
--- [f. 207v] ---
Mayang ikang èstri | aputusan ambakta nawala | praptèng ing Mataram age | lumêbêt mring kêdhatun | mangsah sundhulan sang nêrpati | anêmbah ing suku sang | mangusapi lêbu | nulya ngaturakên layang | tinampanan ing Senapati mawis |[153] sampun lyan pangawulan ||
76. ikang layang sampun sinasuwir | punang jaja upama têmbaga | pracina asru dukane | padon lathi kumêdut | mukanira lir wora-wari | ujyalanya baranang | kotbuta andulu | Ki Senapati Anglaga | tingal andik ujyalanya kadya rawi | rêrêp sakèhing bala ||
77. Senapati Angalaga angling | hèh samitra mantri pamajêgan | sami sun têdha gawene | mantri kang patang puluh | lah rêbutên sadulur mami | yayi Tumênggung Mayang | mêtua ing Kêdhu | rêbutên sagon kapapag | nulya sami sinangonan punang mantri | pamajêgan sadaya ||
78. darijine kinêbêkan singsim | pan sêsotya kêncana [kê...]
--- [f. 208r] ---
[...ncana] kang mulya | gêbyar-gêbyar ujyalane | sêsotya abra murub | muncar warna lir lintang ngalih | gumêbyar kadi kilat | asri yèn dinulu | asih sêdya ing wanodya | pracinane rêtna widagdèng pawèstri | donya tinohan pêjah ||
79. mantri pamajêgan kapya amit | sarêng nugang[154] mantri pamajêgan | anandêr mamprung kudane | mapan mêdal ing Kêdhu | prapta Randhujajar kapanggih | wadyabala ing Pajang | wong Mataram ngamuk | wong sèwu samya lumayya | rêbut dalan wong Mataram dènnya jurit | tandang lir macan babal ||
80. sami angêmbat watang ngajrihi | ngamuk rampak manglung luhur kuda | wong Pajang kacandhak akèh | tinigas murdanipun | winot kapal kang sirah sami | wong mantri catur dasa | sami kuthah marus | kang wastra kadi rinêngga | Ki Tumênggung Mayang mapan sampun kêni | ing mantri pamajêgan ||
81. mantri Pajang sasisaning mati | samya mulih lumayu [luma...]
--- [f. 208v] ---
[...yu] sasaran | prapta ngalun-alun age | tumama byatarèku | sigra cundhuk sultan nèng puri | kapita sira mulat | mantri Pajang matur | Tumênggung Mayang rinêbat | wontên Jatijajar dening wong Matawis | kang mantri pamajêgan ||
82. ulun tiwas atur pati urip | mantri Pajang takut kathah pêjah | Sultan Pajang andikane | apan wus nyata iku | yèn ambalik Ki Senapati | dening amurwa yuda | lah payo anglurug | wus undhang ngrasuk busana | bêbêrkatan kang dhingin-dhingin rinakit | jimata tambalangan ||
83. tinon murub kaprawiran jurit | amakutha sigra nitih liman | ingiring wadyabalane | kêrig mantri sadarum | myang sêntana gêgaman asri | umbul-umbul lêlayya | endhe tamèng tulup | bêdhil tumbak putih binang | lawan ganjur trisula towok lan lêmbing | suligi lawan panah ||
84. mantri Pajang abusana
--- [f. 209r] ---
asri | abêbadhong kancana kang mulya | kêbêk singsim jarijine | ajêjamang kêkalung | panganggene awarni-warni | akêre gêgênderan | lir prawata santun | kang lampah ngêbêki papan | Sultan Pajang mancur makutha cinawi | ujyala lir baskara ||
85. kasor ujyalaning sang yyang rawi | akucêm sinama lan makutha | sultan ginrêbêg wadwane | kapêdhak anèng ngayun | wadyanira lumakyèng wuri | wadya jaba atêbah | tan têbih kang sunu | Pangran Dipati Bênawa | anèng pukur lan priyataka tan têbih | bung ampèl gêgamannya ||
86. lêlayu abang asongsong kuning | tan kawarna ikang kathah-kathah | pareanom têngêrane | Dipati Tuban ngayun | gêgamane abang lir gêni | ênêngna kang kocapa | wong Mataram rawuh | kang ngrêbut Tumênggung Mayang | sampun katur Senapati ing Matawis | nangis Tumênggung Mayang ||
87. kawarnaa pinêrnahkên sami | saanak putu Tumênggung Mayang | Senapati lon dêlinge |
--- [f. 209v] ---
lah dandana sadarum | nora wande sira ajurit | kalawan wong ing Pajang | luwaran winuwus | Sultan Pajang agya prapta | masanggrahan Parambanan kubêng baris | Senapati amapag ||
88. ing Randhulawang gènira baris | pêpak wong dhomas miwah sêntana | Dipati Măndarakane | tan têbih Kyai Juru | pamajêgan dadya pangarsi | wus surup Sang Radetya | dan mantri pêpitu | Arya Jămba gawe gêlar | nabuh bêndhe Ki Bicak samya miyosi | ing Gunungkidul nulya ||
89. tinumpukan kayu sapambêdhil | lêlongkange ingobong jinajar | wus murub dyan nabuh bênde | Ki Bicak munya ngukung[155] | syaranira lir anèng langit | Sultan Pajang miyarsa | Ki Bicak angungkung | ing tyas kapita gya mojar | Gunungkidul sun tingali dadi gêni | Si Bicak muni ngangkang ||
90. wong ing Mataram isun tingali | kaya mêtu tan ana gurnita |
--- [f. 210r] ---
lir gunung rubuh syarane | Dipati Tuban muwus | hèh sang nata amêmêdèni | wong cili dening tuwan | ngandika puniku | ing tarkane tyas kawula | maksih wani yèn adunên aprang mami | lan kakang Senapatya ||
91. wong tamtama ulun bakta jurit | widagda lêksana têguh rosa | kêlar anyêkêla mangke | wong kawan dasa purun | mêjahana ing Senapati | Sultan Pajang ngandika | dipati putrèngsun | ja wani sira musuh prang | Senapati wruhanira têkèng janji | ngalih cahya nurbuwat ||
92. Senapati mêngku tanah Jawi | kabèh aseba marang Mataram | iku kang tămpa gilire | Senapati winuwus | Kyai Juru Martani angling | kadipundi rèhira | mapan nora wurung | amusuh ing Sultan Pajang | yèn nêmpuha lêt umpak kari sawêngi | benjang pan sira aprang ||
93. ulun iki langkung dening isin | aningali muka mantri
--- [f. 210v] ---
Pajang | yèn anêmpuha jurite | dening bapa lan sunu | silih ukih dènira jurit | Senapati gya mojar | kaya pa puniku | rèhira kang linampahan | ulun iki anut sakarsa puniki | jarwanana dènira ||
94. Kae Juru Amartani angling | yèn sêmbada lawan karsanira | uni ika sêmayane | kalanya Nyai Kidul | uwis sêdhêng mangke tinagih | lawan ikang kayangan | Gunung Marapi ku | uni ika asêmaya | marang ulun sayakti mangke tinagih | iya padha dhatênga ||
95. Senapati Ing Ngalaga angling | nulya angadêg tumêngèng tawang | maca surat saba mangke | gurnita Nyai Kidul | nulya umyrus[156] tumêngèng langit | bayu bajra narajang | kang kayu sêmpal rug | pracandhanya amarapal | prapta udan gumrêdêg awor lan angin | tăndha jim sami prapta ||
96. tan antara surak anèng langit | gurnitanya kadya langit [la...]
--- [f. 211r] ---
[...ngit] bêdhah | anglir gunung rubuh kabèh | prakatha padha umung | antarane Gunung Marapi | nauri nulya bêngkah | kawah gumalêdhug | udan awu ikang prapta | gugur gunung wadhas watu lan karikil | lèngsèr ladhu lumampah ||
97. watu agêng akathah kang warni | sarêng ladhu mêdal Kali Umpak | angèli ngisor parane | pan sami acalathu | hèh wong batur kang gêdhe cili | sira iki ngandikan | amapag ing mungsuh | apan ana Parambanan | Sultan Pajang iku mungsuhira jurit | sawêngi kalahêna ||
98. Sultan Pajang miwah ikang mantri | kagegeran dening ladhu migah | narajang pasanggrahane | bala Pajang lumayu | sowang-sowang arêbut urip | anarka yèn kiyamat | dening watu nêmpuh | pasanggrahan ing dharatan | nora layak ladhu watu angunggahi | padha bisa angucap ||
99. saking tawang udan watu prapti | bala Pajang bêdhil tumbak sirna | binongkok binakta mulèh | Sultan Pajang
--- [f. 211v] ---
glis mundur | ing Giligan dènnya miranti | ambacut mring Têmbayat | ing astana ngujung | kunci sinarog[157] tan kêna | Sultan Pajang angujung saking ing jawi | wusira nulya tanya ||
100. hèh kunci apa karane iki | ikang gêdhong sinarog tan kêna | juru kunci alon ture | pan jênêngira prabu | tan winênang dening Yyang Widi | tinampik jênêng tuwan | dening kang tinunggu | wong mati parêk Yyang Sukma | cahyanira nuring rat apan wus ngalih | ana Raja Mataram ||
101. Sultan Pajang sandeya ing ati | amiarsa tuture wong tuwa | anulya sira asare | ana ing Bale Kêncur | salawase gènnya aguling | dèrèng kadi punika | kanikmatanipun | nulya wungu dènnya nendra | adan mundur Sultan Pajang nitih èsthi | lumampah tibèng dalan ||
102. nulya sultan tandhu dèn titihi | adan gêrah sarira sadaya | dadya arêmbên lampahe | mirsa Senapatyèku |[158] lamun sultan gêrah ing margi | anabrang Kali Umpak | angetan tumanduk | ambakta wong kawan [ka...]
--- [f. 212r] ---
[...wan] dasa | tarkanira angatêrakên sang aji | bubar baris Mataram ||
103. wadya Pajang miwah para mantri | padha kagèt dènira tumingal | Senapati nusul age | untap-untapan sampun | para putra matur sang aji | Senapati Mataram | katingal anusul | ambakta wong kawan dasa | watawise yèn suwawi lan sang aji | pinapag winangsulan ||
104. balanira Senapati kêdhik | apan ulun sura apêranga | dening wadya ulun akèh | Sultan Pajang amuwus | apan uga sutèngsun sami | aja uga anarka | sura padha musuh | Senapati Angalaga | kakangira gêgêntèni sun yèn mati | sanak tuwa sinêmbah ||
105. kakangira Senapati ugi | ngatêrakên marang isun ika | dening alintang marmane | apan wruh gêrah isun | apratăndha luwih gumati | adarbe wong atuwa | abakti maring sun | ing benjang sapukur iwang | isun lalis dèn atut sira ing benjing |
--- [f. 212v] ---
kalawan kakangira ||
106. dèn sira tut lawan Senapati | lamun lina jênêng isun nata | Senapati kang agawe | puniku gêntèningsun | Senapati kakangmu iki | lamun sira sawala | ing gêgêntèningsun | yakti tan jumênêng nata | isun lalis sanak tuwa angamini | ilang jênêng kawuryyan ||
107. Adipati Bênawa tan angling | amiarsa andikaning rama | miwah têkèng sêntanane | umung anèng dalanggung | pan sinêlêk lampahing margi | prapta nagara Pajang | tumamèng kêdhatun | Senapati Ing Ngalaga | pamondhokan desa Mayang iku singgih | nulya rayyan lan wadya ||
108. Sultan Pajang amiarsa mangkin | yèn kang putra mondhok desa Mayang | anulya utusan age | duta prapta umatur | Senapati pan dèn timbali | ing ramanira sultan | tumamèng kêdhatun | Senapati sira mojar | hèh sang duta matura sira sang aji | amit ulun katuran ||
109. amit mangkin nora taha mulih | ulun iki nganti karsa tuwan [tu...]
--- [f. 213r] ---
[...wan] | aturêna dipun age | dutanira pan wangsul | mring jro puri marang sang aji | maring sultan ing Pajang | Senapati mêngku | samadi-samadining rat | desa Mayang wayah têngah dalu mangkin | pun Jurutaman prapta ||
110. amêng-amêngane Senapati | gêdhenira sagunung anakan | mêndhak ngalasod ngarsane | pun Jurutaman matur | Senapati tuwanku sigih[159] | manawi darbe karsa | angrêbasèng prabu | ing Pajang ulun lumampah | pêjah gêsang pan ulun ikang nglabuhi | kantuna tuwan wirya ||
111. Ki Senapati nglingira aris | Jurutaman ulun atarima | pasihanira ing mangke | isun tan dar kayun |[160] karsanira ulun umiring | Jurutaman anêmbah | saksana tumanduk | malêbêt marang kadhatyan | Sultan Pajang kapagih sira alinggih | binithi dhadhanira ||
112. Sultan Pajang kantaka tumuli | tinangisan dening para garwa | miwah para putra kabèh | aramya gumarumung | sarêng eca sultan anglilir | sayan asru kang gêrah | Senapati iku | sakathahe [saka...]
--- [f. 213v] ---
[...thahe] wong Mataram | pinundhutan padha tukua salasih | tinumpuk lawang kilyan ||
113. Senapati nèng Mayang siniwi | cinarita tri wêngi tri dina | gya mulih Mataram age | ing pura kang winuwus | Adipati Bênawa uni | umatur rama putra | paduka pukulun | Senapati wong Mataram | panundhutan[161] sami atumbas salasih | pikulan agotongan ||
114. apondhongan sami dèn tumpuki | lawang sakèthèng kilèn sadaya | Sultan Pajang andikane | Ki Senapati iku | kakangira bangêt gumati | pratăndha sih-sinihan | iku sutèng ulun | Ki Senapati waspada | wruh yèn isun palastra nora antawis | Sultan Pajang palastra ||
115. para putra sadaya nungkuli | para garwa miwah mantri Pajang | tumênggung răngga dêmange | lan Kandhuruan iku | Pêcattăndha lan Ăndhamai | Pandêlêgan lan Arya | Waduaji kumpul | gurnita kadi ampuhan |
--- [f. 214r] ---
panangise sakathahe para rabi | ngling Dipati Bênawa ||
116. hèh sakèhe Pajang para mantri | isun jaluk rêmbage sadaya | syargi rama wêwêkase | isun kinèn apatut | kang asêpuh kang Senapati | kang rama pan wus tilar | ya prayoganipun | sun aturi kang dipatya | pinajaran gêlêm tan gêlêma singgih | pan iku sanak tuwa ||
117. yogya gêgêntine rama aji | dununging sêmbah sun mantri Pajang | umiring kabèh dutane | gya i Mataram rawuh | wus tumama ing pura panggih | lan Senapati Nglaga | nêmbah duta matur | ulun puniki tur wikan | dipun utus dening rayi paduka ji | Adipati Bênawa ||
118. Sultan Pajang rama ji wus lalis | pukulun ingaturan mring Pajang | nganti nirami layone | rama dika sang prabu | maksih gilang-gilang anênggih | Sang Senapati nulya | nitih kuda mamprung | anulya prapta ing Pajang | wus tumama pura Senapati nangis [nangi...]
--- [f. 214v] ---
[...s] | ngati[162] nukêmi pada ||
119. tan beda kalawan gêsangnèki | baktine Senapati Mataram | dhatêng Sultan Pajang mangke | dyan siniraman wau | wus kinapan sambayang nuli | wus bakda dyan binakta | sinare ing Butuh | maca tlêkim donga tamat | samya mulih wus prapta Pajang nêgari | pêpak para pandhita ||
120. miwah putra Sunan Kudus angling | ing sakèhe para mantri Pajang | putra sapa prayogane | ikang gumanti ratu | kang jumênêng Pajang nêgari | mantri Pajang sadaya | ri saksana matur | yèn suwawi kalih tuwan | Adipati Bênawa yogya gêntèni | putra jalu sajuga ||
121. susuhunan ing Kudus sigra ngling | tan sambada lawan karsaningwang | Adipati Bênawane | yèn jumênênga ratu | adipati ing Dêmak malih | apan iku kang tuwa | jumênênga ratu | iya èstri jêr kang tuwa | Sultan Pajang iya putra lanang iki | adipati ing Dêmak ||
122. iya mantu
--- [f. 215r] ---
yogya dadi aji | dening wadon lawan lanang ika | têrah kusuma karone | Dipati Bênawèku | sampun winarisan nêgari | iya nêgara Jipang | wasiyat kang lampus | yogya miyanga ing Jipang | awismaa apan jumênênga aji | ing Jipang sinebaa ||
123. Senapati gya aturun angling | gya sinaru Kyai Juru mojar | Senapati payo mulèh | Senapati gya mundur | Kyai Juru amêmarahi | Senapati Ngalaga | aja turun wuwus | karêpe wong asêsanak | silih ukih padudon rêbut nêgari | dadi apêpêrangan ||
124. lêhêng sira amuliha dikir | asidêkah angalapa sawab | ing lêluhur para kabèh | ing Mataram pan agung | atanapi bêras lan pari | banthèng kidang manjangan | kasukana manggung | bêcik nagrimu Mataram | aja narka ing Pajang Ki Senapati | mulih marang Mataram ||
125. wus alami ing Pajang winarni | ingkang mantu Adipati Dêmak | gêntèni jumênêng katong [ka...]
--- [f. 215v] ---
[...tong] | Dipati Bênawèku | tulus Jipang dipun wismani | pandume mantri Pajang | mapan pinartêlu | pinundhut ikang rong duman | winèhakên mantri saking Dêmak uni | ikang maksih saduman ||
126. sarupane wadyanira lami | sami jinunjung ing lungguhira | sapatute jênêngane | mantri Dêmak sadarum | wisma Pajang Pajang kang mantri | kabèh rusak atinya | de kalong puniku | gêgadhuhane sadaya | padha ala pangucape mugi-mugi | anaa mungsuh prapta ||
127. dèn rusaka nagri Pajang iki | katuwone ngong tinigal[163] nata | kaliwat dening larane | akèh durjananipun | wong ing Pajang bêdhog angutil | amaling ambêbegal | mantri Pajang iku | mêdhang miring manahira | rusak kabèh mring ratune ikang mangkin | mapan têlênging karsa ||
128. mantri Pajang ikang lawas sami | anging Senapati Ing Ngalaga | pangalasan sèwu [sè...]
--- [f. 216r] ---
[...wu] age | kongkonan mring Mêtarum | duta masah tumama puri | Senapati kapagya[164] | duta nêmbah matur | kawula mapan dinuta | pangalasan sèwu tur uningèng aji | mangke rayi paduta[165] ||
129. Adipati Dêmak anitihi | wadya Pajang yun balik sadaya | tan angsal pangawulane | gêgadhuhan pinundhut | mantri Pajang sadaya sami | kang rong duman dalêman | saduman kang kantun | marmine giwang kang manah | Pajang rusak ing dalu garigis maling | raintên rêbat sawah ||
130. lawan manawi ulun puniki | darbe karsa angrêbasèng Pajang | mapan dawêg mumpung mangke | ing Paos aru biru | datan wontên têlênging ati | wadya Pajang sadaya | pan anging pukulun | samăngsa tuwan mijila | saking kitha mantri ing Pajang ambalik | umiring maring kita ||
131. Senapati Angalaga angling | hèh sang duta matura samitra | pangalasan sèwu [sè...]
--- [f. 216v] ---
[...wu] mangke | atarima ta ulun | ing pracayanira puniki | ulun dèrèng anarka | luwih takdiripun | angrêbasèng maring Pajang | pirabara donganing wong sanêgari | rusake ari Dêmak ||
132. lamun ingsun kinon ing Yyang Widi | mapan gampang lawan karsaning Yyang | Dipati Dêmak rusake | yèn kinarsakên[166] wau | dening Sukma jumênêng aji | yayi Dipati Dêmak | mapan nora ewuh | tan kêna sadyan rusaka | dening jalma nugraha lara lan pati | pasthi karsaning Sukma ||
133. datatita lingira ing nguni | kang kocapa Pangeran Bênawa | kang anèng Jipang kithane | digbya lara tyasipun | duk angukung napsu tan gingsir | lumampah kasutapan | lali pangan turu | nalika ayun abăngga | lamun ana sisaning kula binukti | tibèng lêmah dhinahar ||
134. praptèng wisma amuji samèdi | anaritis yogyaning nalendra | datan kauban wangone | awayah têngah dalu | ana syara kapirsa nênggih | datan ana rupanya | wêgilên puniku |
--- [f. 217r] ---
pan dadi sarananira | kakangira Senapati ing Matawis | tan ana sarana lyan ||
135. sarêng ilang syara nulya tangi | adipati ing Bênawa mojar | duta pan sira sun kèngkèn | wêgilên syara iku | Senapati anèng Mêtawis | aturana dènira | kang duta tumanduk | prapta Mataram tumama | ing byantara Sang Senapati kapanggih | duta Jipang tur sêmbah ||
136. lampah kawula puniki gusti | dhapur ingutus rayi paduka | Adipati Bênawane | jêng paduka pukulun | ingaturan ing Pajang nênggih | alinggiha ing Pajang | jumênênga ratu | ulun ku Sultan Mataram | Kyai Agêng Senapati Ngalaga ngling | hèh sang duta matura ||
137. mring ariningsun ki adipati | pan sun tan wruh sakarêpe rêbat | nêgara lawan sanake | mapan wêwangênipun | ulun iki nagri Matawis | winarisan de rama | syargi sang aprabu | mangke sun têtêpi uga | ring sang duta nêmbah sigra
--- [f. 217v] ---
amit mulih | wus prapta nagri Jipang ||
138. tumamèng kadhaton panggih gusti | duta matur wêkas Senapatya | mapan wus tinutur kabèh | Pangran Bênawa muwus | hèh sang duta balia aglis | matura mring si kakang | duta mêsat wangsul | lumaris dhatêng Mataram | sampun prapta tumamèng kadhatongn[167] pagih | lan Senapati Nglaga ||
139. duta nêmbah matur ulun gusti | kinèn wangsul de rayi paduka | pan tuwan pinaksa mangke | ngaturan rayi ulun | Adipati Bênawa nênggih | ikang karsa ing Pajang | tan suka tyasipun | ikang umadêga nata | ikang wêling Kangjêng Sultan ikang syargi | adipati ing Dêmak ||
140. yèn madêga Ratu Pajang iki | lamun andika gusti tan arsa | mring rayi anjênêngake | nênggih amadêg ratu | lêhêng mangke pêjaha iki | luwung tuwan darbea | nagri madêg ratu | gantia jumênêng Pajang |
--- [f. 218r] ---
sinebaa ing wadya suka kang galih | yèn tuwan madêg nata ||
141. pantês putra kang tuwa gumanti | jumênênga ratu rayi tuwan | andonga Pangeran mangke | yèn putra Dêmak iku | madêg nata asuka lalis | ngling Senapati Nglaga | mêngkono karsèku | yayi Mas Bênawa ika | karsèng ulun têmu pèk Pajang nêgari | duta sira matura ||
142. maring ariningsun ki dipati | ing Banawa sun aturi egal | pinarêka Matarame | miyosa Gunungkidul | risang duta nêmbah wus amit | enjinge prapta Jipang | dipati kapangguh | duta matur ikang karsa | raka tuwan dika ngaturan Mêtawis | saha bala gêgaman ||
143. Adipati Bênawa nulya glis | enjang mangkat lan sawadyanira | arêmbên ika lakune | miyos ing Gunungkidul | iring êlèr kang dèn dalani | ing Wêru sampun prapta | Senapati mêthuk | sagêlar sapapan [sapapa...]
--- [f. 218v] ---
[...n] aprang | praptèng Wêru Ki Senapati aligih | lan Pangeran Bênawa ||
144. rêrangkulan wus amondhok sami | gunêm aprang arsa maring Pajang | wus kasub ing Pajang mangke | ngarbasèng[168] karsanipun | mantri Pajang angirid-irid | karsane kabênêran | waris putra jalu | lan Pangran Bênawa ika | kanthi lawan Senapati têguh sêkti | prakosa tur digdaya ||
145. mantri Pajang kasoran tan sami | lawan Senapati Angalaga | mantri Pajang balik kabèh | saglar sapapanipun | ngidul bênêr Wêru kapanggih | Senapati Ngalaga | mantri samya ngujung | mangrêpa mantri ing Pajang | sami angling ulun dadia pangarsi | dunên manira sura ||
146. lan Dipati Dêmak ulun wani | anigasa ikang jăngga mapan | mantri Pajang ênting kabèh | Dipati Dêmak amung | ikang kantun sabalanèki | amung wong Kudus karyya | lan wong Pajang iku | kang barêksa [ba...]
--- [f. 219r] ---
[...rêksa] kadhatyan |[169] Senapati myarsa ture kyèhing mantri | ajêjêl nèng ngayunan ||
147. Senapati Ing Ngalaga lantif | trêp tyasira dening mantri sura | samya prapta ing ngayune | anarka bêdhahipun | nêgaranya ing Pajang iki | mantri sura widagda | tur samya nung-anung | Senapati Ing Ngalaga | dadar-dadar rêtna kêncana prawèstri | mantri Pajang warata ||
148. enjang mangkat lampahe gya prapti | pan kinêpang nêgara ing Pajang | wong Mataram dhomas kèhe | Majêgan wolung èwu | wong Kajoran catur sasrèki | panganggya wong Mataram | abra yèn dinulu | kulambi sinimping êmas | samya kêre gêgênderan myang kulambi | sangkêlat abrit abra ||
149. maliyo sutra bang sorah sari | sutra jêne tarikêm kalawan | baludru kalamun tinon | sing mandrawa sri dhanu | apan kadi parwata sari | murub ikang ujyala [ujya...]
--- [f. 219v] ---
[...la] | kasor rawi wêlu | kasênênan ing busana | sang nêrpati ya ta mêndhung sang yyang rawi | sakala katingalan ||
150. mondhok jawi kitha Pajang uni | ri sêdhênge lagya tatan-tatan | mantri Pajang matur kabèh | lah kèndêla pukulun | kitha Pajang kula kang gitik | ngong cêkêle dipatya | ing Dêmak puniku | Senapati angandika | isun liwat tarima pan ingsun uwis | wruh polah yudanira ||
151. alah sira mêtonana yayi | têka wetan lan sabalanira | wong Jipang lan Pajang kabèh | wong Pajang padha mêtu | tampanana yèn bubar yayi | wong cili pan karêbat | pasthi nêmu suwung | lah ta nêdha sami mangkat | ya ta nuli bubar maro gamanèki[170] | kasmaran kang tumingal ||
| 1 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: samya bagus kang lanang (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 23.8.5). (kembali) |
| 2 | Sinuwun (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 23.11.1). (kembali) |
| 3 | mêngkirig. (kembali) |
| 4 | Dêmak (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 23.17.2). (kembali) |
| 5 | nulya (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 23.17.6). (kembali) |
| 6 | Bêthok (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 23.19.6). (kembali) |
| 7 | Kurang satu suku kata: karsanira bêbesanan. (kembali) |
| 8 | prapta (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 23.24.5). (kembali) |
| 9 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: wus pinilihan sadarum (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 23.24.6). (kembali) |
| 10 | linca-linci. (kembali) |
| 11 | wangsul. (kembali) |
| 12 | ingutus (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 23.43.6). (kembali) |
| 13 | awak (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 23.52.2). (kembali) |
| 14 | ingwang. (kembali) |
| 15 | dhandhang (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 23.55.7). (kembali) |
| 16 | gih (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 24.1.9). (kembali) |
| 17 | sawêgung. (kembali) |
| 18 | mênawi. Bandingkan: manawi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 24.5.6). (kembali) |
| 19 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: manawi kadêngangan (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 24.5.6). (kembali) |
| 20 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: wus sami mijil tan nyana (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 24.5.8). (kembali) |
| 21 | kuwanin. (kembali) |
| 22 | aji (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 24.8.5). (kembali) |
| 23 | ngling (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 24.12.9). (kembali) |
| 24 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: ana salêksa kathahe (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 24.13.3). (kembali) |
| 25 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: yèn pakanira abêbatohi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 24.17.1). (kembali) |
| 26 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: lah ing benjang enjang bae (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 24.17.3). (kembali) |
| 27 | Sunan (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 24.17.7). (kembali) |
| 28 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: amusuh prang Arya Jipang anglampahi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 24.19.9). (kembali) |
| 29 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: lakung suka Sunan Pajang angling (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 24.20.1). (kembali) |
| 30 | sanggup. (kembali) |
| 31 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: kang milu baya pati (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 25.1.2). (kembali) |
| 32 | sinipi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 25.6.5). (kembali) |
| 33 | mondhok. (kembali) |
| 34 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: kalung layang pêrung sasisih kupingnya (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 25.11.1). (kembali) |
| 35 | bongkokan (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 36 | panggih (dan di tempat dan bentukan lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 25.18.4). (kembali) |
| 37 | Gagakrimang (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 25.38.1). (kembali) |
| 38 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: jaja têrus ing gigir (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 25.39.2). (kembali) |
| 39 | Tanggal: ăngka sapta dadi wani (S 147[1]). Tahun Masehi: 1549–50. Watak bilangan kata "ăngka" dalam sangkala ini kurang jelas. Bandingkan: iku sapta hèr nabi (S 1471) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 30.55.7); wiku sapta hèr nabi (S 1477). Tahun Masehi 1555–6 (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 5.43.7; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 45.37.7); rupa pandhita karya tumêkèng nabi (S 1471) (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 19.54.7). (kembali) |
| 40 | sira (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 25.44.2). (kembali) |
| 41 | Lebih satu suku kata. Bandhingkan Tumênggung Mataun uni (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 25.44.5). (kembali) |
| 42 | angaturakên (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 26.1.7). (kembali) |
| 43 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: Arya Jipang patinipun (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 26.2.6). (kembali) |
| 44 | Kurang dua suku kata. Bandingkan: putranira ikang angsal (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 26.2.7). (kembali) |
| 45 | ganjaranira (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 26.3.2). (kembali) |
| 46 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: abênêr pakanira (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 26.4.5). (kembali) |
| 47 | ubangginipun (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 26.4.6). (kembali) |
| 48 | Pênjawi. Bandingkan: Panjawi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 26.5.1). (kembali) |
| 49 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: wong roro abangkat karya (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 26.7.2). (kembali) |
| 50 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: wus atas ikang warta (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 26.7.5). (kembali) |
| 51 | tingalnèki (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 26.16.1). (kembali) |
| 52 | sakêdhap (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 26.16.5). (kembali) |
| 53 | wontên (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 27.1.2). (kembali) |
| 54 | èstrèni (dan di tempat dan bentukan lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 27.1.8). (kembali) |
| 55 | Tompe (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 27.10.1). (kembali) |
| 56 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: sal Arya Dhadhaptulis (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 27.10.5). (kembali) |
| 57 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: wau Ki Pamanahan (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 27.15.7). (kembali) |
| 58 | Kurang satu suku kata: Kiyai Juru pratuwin. (kembali) |
| 59 | rayatnèki (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 27.19.5). (kembali) |
| 60 | Kurang satu suku kata: wusdening kasur guling kêlasa bantal. (kembali) |
| 61 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: lakung dènnya amrih sih (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 27.22.5). (kembali) |
| 62 | gih (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 27.23.9). (kembali) |
| 63 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: igih asagêd mangsuli (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 27.24.2). (kembali) |
| 64 | ingarsi-arsi. (kembali) |
| 65 | kasusra (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 27.29.1). (kembali) |
| 66 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: enjang gancang mila anêlêk ing lampah (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 27.30.9). (kembali) |
| 67 | samya (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 27.42.9). (kembali) |
| 68 | pacangkraman. (kembali) |
| 69 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: miwah wana anênupu (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 27.49.6). (kembali) |
| 70 | praptèng (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 27.50.5). (kembali) |
| 71 | Tanggal: lunga nrus mangalor iku para putra (S 1490). Tahun Masehi 1568–9. Kata "mangalor" (ke arah utara) di sini merujuk pada "kiblat"—"kiblat papat, lima pancer"—kiblat yang berwatak bilangan empat (4). (kembali) |
| 72 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: jawadah dèn kêrnêngi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 27.53.5). (kembali) |
| 73 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: praptèng ngayunan nêrpati (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 27.58.2); prapta ngayunan aligih (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 21.102.2). (kembali) |
| 74 | pakanira (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 27.58.9). (kembali) |
| 75 | yèn (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 27.62.8). (kembali) |
| 76 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: tan lyana Kiyai Juru (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 27.66.6); apan wus Kiyai Juru (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 21.112.6). (kembali) |
| 77 | sung (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 27.68.7). (kembali) |
| 78 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: padha ngrêpa anêmbah (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 28.1.10); padha ngrêpa manêmbah (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.1.10); manêmbah mangarêpa (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 15.55.10). (kembali) |
| 79 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: wadya anon akucêm amrêm ing ati (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 28.2.9); wadya anom akucêm amrêm ing ati (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.2.9). (kembali) |
| 80 | Kurang dua suku kata. Bandingkan: lêbu ing suku sang duta mêsat (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 28.7.2); angusapi lêbu ing suku sang (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.7.2); angusapi lêbu ing sukunya (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 24.8.2). (kembali) |
| 81 | jêngandika (dan di tempat lain). (kembali) |
| 82 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: angalap suta mringwang (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 28.13.6); angalap sutanira (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.13.6; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 50.7.6); angalap gurtanira (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 24.12.6). (kembali) |
| 83 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: yèn mêngkono ujar ingya (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 28.14.8); yèn mêngkono ujar ingwang Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.14.8); yèn mêngkono ujar iwang Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 24.13.8); yèn mangkono atur ingwang (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 50.8.8). (kembali) |
| 84 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: Wilamarta Ki Wuragil amit mulih (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 28.14.9). (kembali) |
| 85 | angambah (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 28.26.9). (kembali) |
| 86 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: muwah sajroning kalbu (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 28.27.4); wutah sajroning kalbu (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.29.4); wus atas jroning kalbu (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 24.28.4). (kembali) |
| 87 | ambêk. (kembali) |
| 88 | Mangkurat. (kembali) |
| 89 | Variasi: |
| 90 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: sakèhing para ratu (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 28.31.4). (kembali) |
| 91 | pindho (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 28.36.4). (kembali) |
| 92 | ginulawênthah. (kembali) |
| 93 | pantês (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 28.39.8). (kembali) |
| 94 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: samya nginum sênggak suka larih (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 28.40.1). (kembali) |
| 95 | Lebih satu suku kata: madhaya naga kala manis. (kembali) |
| 96 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: ja wirahsa nadyan tumêka ing gati (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 28.43.9). (kembali) |
| 97 | rinenda. (kembali) |
| 98 | Kurang satu suku kata: apa ka dananira. Bandingkan: ya măngka dananira (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.50.6). (kembali) |
| 99 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: Kae Basan [Besan] Bacor pan durung sayakti (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 28.48.9); samya bêkti mung Bocor durung sayêkti (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.53.9). (kembali) |
| 100 | apaksa (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 28.49.9). (kembali) |
| 101 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: kadi cebol apaksa agayu [anggayuh] langit (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 28.49.9); kaya cebol nèng jurang anggayuh langit (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.54.9). (kembali) |
| 102 | muluk (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 28.53.4). (kembali) |
| 103 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: mapan ulun ajanana aprang (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 26.5.2). (kembali) |
| 104 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: naga tita tan anigêsi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 28.57.5); nênggih tita tan agêsêngi (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 26.6.5). (kembali) |
| 105 | asungsuma (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 28.63.6). (kembali) |
| 106 | ngungkurakên. (kembali) |
| 107 | ajujug (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 28.68.3). (kembali) |
| 108 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: sakalapa katut tabone puniki (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 28.72.9); sakarambil têka tabone winarni (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.79.9). (kembali) |
| 109 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: cinane tutur iwang (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 28.76.10); cihna nagara rêngka (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.83.10); prabawane nêgara (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 26.17.10). (kembali) |
| 110 | jubriya. (kembali) |
| 111 | amasthèkkên. (kembali) |
| 112 | cinêkêl (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 28.79.3). (kembali) |
| 113 | Lebih satu suku kata: karsa swiji cra carêm sarêmbat iki. (kembali) |
| 114 | gumingsir (dan di tempat dan bentukan lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 28.83.2). (kembali) |
| 115 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: wrêg obak saprawata (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 28.87.6). (kembali) |
| 116 | Kurang satu suku kata: mina gajah sagunung gêngira. (kembali) |
| 117 | dyan (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 28.90.4). (kembali) |
| 118 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: kolèh panangnakan kudra palayuning (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 28.90.9). (kembali) |
| 119 | madyantara. (kembali) |
| 120 | kaèksi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 29.3.6). (kembali) |
| 121 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: jim pêri lan parayangan (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 29.9.2). (kembali) |
| 122 | kita (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 29.9.6). (kembali) |
| 123 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: anarka jumênêng nata (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 29.11.4). (kembali) |
| 124 | winuryyan (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 29.13.2). (kembali) |
| 125 | jingga. (kembali) |
| 126 | panunggule. (kembali) |
| 127 | lingsir. (kembali) |
| 128 | widagdya. (kembali) |
| 129 | angèstokkên (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 30.7.3). (kembali) |
| 130 | minggah (dan di tempat lain). (kembali) |
| 131 | Biasanya guru lagu a. Bandingkan: dadya lajêng anedra (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 30.8.6). (kembali) |
| 132 | êningnya (di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 133 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: lah atagên wongira Matawis (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 30.18.1). (kembali) |
| 134 | anjrokkên (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 30.21.8). (kembali) |
| 135 | nunggil (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 136 | mangsah (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 30.25.8). (kembali) |
| 137 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: dhuh sanak ingsun kula puniki (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 30.26.1). (kembali) |
| 138 | nginggil (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 139 | Kurang satu suku kata: palana pinêthêtan. (kembali) |
| 140 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: adipati ing Bênawa angling (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 30.30.1); Adipati Banawa sirangling (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.24.1). (kembali) |
| 141 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: sêsuguhe kang abdi Mataram (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.26.2; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 29.3.2). (kembali) |
| 142 | Bandingkan: ramyaningkang ri lagya sêdhênging (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.37.1); aramya ikang sêdhênging rèki (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 29.14.1). (kembali) |
| 143 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Ki Adipati Tuban sigra ngling (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 30.44.1); adipati ing Tuban sigra ngling (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.38.1; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 29.15.1; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.41.1). (kembali) |
| 144 | Răngga (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 30.47.9; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.41.9). (kembali) |
| 145 | tumungkul (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 146 | gotong (dan di tempat lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.45.8). (kembali) |
| 147 | ngêntèkkên. (kembali) |
| 148 | lolos ( dan di tempat lain). (kembali) |
| 149 | punggawa (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 30.65.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.58.2). (kembali) |
| 150 | amikênakkên. (kembali) |
| 151 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: nagri Pajang kakukup mara [marang] Matawis (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 30.73.9). (kembali) |
| 152 | ana. (kembali) |
| 153 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: tinampanan ing Senapati Matawis (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 30.75.9); tinanggapan ing Senapati Matawis (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 39.2.9); tinanggapan mring Senapati Matawis (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 29.44.9). (kembali) |
| 154 | nunggang (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 155 | ngungkung (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 156 | umyus (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 39.25.5; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 29.64.5). (kembali) |
| 157 | sinorog (dan di tempat lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 39.29.8). (kembali) |
| 158 | Bandingkan: Senapati angrungu (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 30.102.4; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 39.32.4; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 29.71.4). (kembali) |
| 159 | singgih (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 30.110.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 39.40.5). (kembali) |
| 160 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: ingsun tan darbe kayun (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 30.111.4; Babad Pajang, Anonim, Pupuh 14.70.4); ulun tan darbe kayun (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 39.41.4; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 29.80.4; Babad Purubaya, British Library (Add MS 12308), Pupuh 61.12.4). (kembali) |
| 161 | pinundhutan. (kembali) |
| 162 | nganti. (kembali) |
| 163 | tininggal. (kembali) |
| 164 | kapanggya (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 30.128.6). (kembali) |
| 165 | paduka. Bandingkan: andika (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 30.128.10). (kembali) |
| 166 | kinarsakkên (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 30.132.4; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 39.64.4; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.132.4; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 29.103.4). (kembali) |
| 167 | kadhaton (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 30.138.9). (kembali) |
| 168 | ngrabasèng (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 30.144.4). (kembali) |
| 169 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: kang baurêksa kadhatyan (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 30.146.8). (kembali) |
| 170 | gamannèki (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 30.151.9). (kembali) |