Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039 (Pupuh 31–42)
| 1. | Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039 (Pupuh 01–09). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
| 2. | Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039 (Pupuh 10–22). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
| 3. | Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039 (Pupuh 23–30). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
| 4. | Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039 (Pupuh 31–42). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
--- [f. 219v lanjutan] ---
31. Asmaradana
1. Mas Bênawa bubar sami | mêtu wetan saha bala | Senapati bubar mangke | ingiring wong Pamajêgan | wolung èwu kapalan |
--- [f. 220r] ---
wong Kajoran kawan èwu | wadya ing Mataram dhomas ||
2. prajurit bèr wanènnèki | ikang ngiring Senapatya | sarta anitih kudane | awasta Puspakêncana | napas madu ulêsnya | sing Tubin nenemanipun | pangrasane Senapatya ||
3. sabendha wiyaring bumi | datan ana kang tinaha | sampun kalêm ing astane | sakathahe nusya Jawa | mêdal sakèthèng kilyan | Senapati tan winuwus | ucapên Dipati Dêmak ||
4. anata balane sami | padha mugaha ing lakar | wong Dêmak wong Kudus kabèh | lan sakèhe têtêbusan | ngagêm bêdhil mimis mas | wong sijine bakta nyèwu | lamun Senapati prapta ||
5. iki ansahêna[1] sami | Senapati ing Mataram | têguh bujana kulite | mimis timah tan tumama | wadyanya sami migah | ing lakar prayêtnèng kewuh | wadya ing Mataram prapta ||
6. jawining
--- [f. 220v] ---
kitha angrampid | ginarudug ing sanjata | lir jawuh mimis tibane | kasayahên wong Mataram | angisis gêgamannya | nglela Senapati wau | kang kari anging santana ||
7. lan Ki Juru Amartani | myang Dipati Măndaraka | kinarutug bêdhil akèh | ikang amimis kancana | salaka lawan timah | towok lêmbing lawan busur | suligi lawan sarampang ||
8. Senapati tan gumingsir | jaja pan kadi rinêngga | mimis kancana kang gèpèng | salaka kadi parada | kuda Puspakancana | ulêsipun napas madu | pan dadi dhawuk samana ||
9. Senapati wus angrampid | anèng sajabaning kitha | tinêtêgan ing pintune | Sang Senapati kewuhan | na pawong sanakira | tinênggênah tugu pintu | Kyai Gêdhong wastanira ||
10. matur saking ing jro kori | punapa karsa paduka | ulun mêngani karane[2] | nging kawulakna manira | pakanira ku sapa | gih pun Gêdhong wasta ulun [u...]
--- [f. 221r] ---
[...lun] | Senapati emut ing tyas ||
11. apan nugil băngsa èlmi | sampun amêngani lawang | Ki Gêdhong cundhuk ngarsane | Senapati angandika | nibakakên wasiyat | ing saturun-turun ingsun | lawan turun pakanira ||
12. têdhak ingsun dadya aji | turunira ngêmbanana | aja salaya sirnane | Ki Gêdhong nuli wotsêkar | tan kawawi narima | pasihanira pan agung | punapa walês kawula ||
13. kula nuwun manggut jurit | wong Pajang maksih akathah | baris ngalun-alun gène | kalawan wong têtêbusan | Bali Bugis Mêkasar | sakala padha lumayu | angusi jro ing kadhatyan ||
14. matur lamun Senapati | wus malêbu jroning kitha | wus bêdhah kori kang kilèn | Dipati Dêmak sru duka | dhatêng wong têtêbusan | ature langkung atêguh | sakèh mimis tan tumama ||
15. Dipati Dêmak sru runtik | hèh kabèh padha balia | tan angrasa sira kabèh | yèn sira têbusan [têbu...]
--- [f. 221v] ---
[...san] ingwang | sun kêthoki ta sira | mring Senapati Mêtarum | wadyanira samya makat[3] ||
16. wong têbusan nora kari | padha sêdya ngamuk sira | saking wêdine gustine | Ki Gêdhong ngamuk wong Pajang | kathah kanin myang pêjah | wus untung karoban duduh | Ki Gêdhong sampun palastra ||
17. sampun karsaning Yyang Widi | salaminira tinitah | tan pasah dening brajane | aningali Senapatya | lamun Ki Gêdhong pêjah | adhuh pawong sanak isun | dening ta nuli palastra ||
18. durung wruh raose iki | banyu lawan sêganiwang | kasêlak ngêmasi mangke | lah sasabana lêlincak | Senapati dyan mangsah | datan atêbah Ki Juru | kalawan para sêntana ||
19. kinarutug dening bêdhil | tan gumisir Senapatya | kadi pinrada jajane | pan dadi pêpaèsira | Senapati ngandika | apa si kang sira rêbut | sira kapati
--- [f. 222r] ---
milu prang ||
20. pan dudu jamanmu iki | sira pan wong têtêbusan | padha lumayua kabèh | sira padha mardikaa | sakarsa-karsanira | wetan punika gustimu | adipati ing Banawa ||
21. sakèhe kang para mantri | kalawan wong têtêbusan | prasami lumayu kabèh | angungsi lawang kang wetan | Senapati Anglaga | malêbêt ing alun-alun | prasami anitih kuda ||
22. anêkung luhuring waji | pan kadi wong asupêna | mêrêm punika lampahe | wong Kudus lawan wong Dêmak | niba tangi lumayya | pangrasane dipun amuk | mring Senapati Anglaga ||
23. kèh mati de gamannèki | wadya Pajang sampun sirna | Kya Juru pangandikane | Ki Bayi kêna punapa | wong aprang têka nendra | mêngsahira sampun larut | Senapati angandika ||
24. saking kawula puniki | nora sêdya angrusaka | mring sultan anak putune [putu...]
--- [f. 222v] ---
[...ne] | Ki Bayi wus karsaning Yyang | pakanirèku darma | anurut karsa Yyang Agung | wontên ta kaum satunggal ||
25. bêktan saking Dêmak uni | apan dadi suranata | mapan migah witanane | saryya anggawa sanjata | Senapati gya prapta | binêdhil sing witanèku | tumênga Ki Senapatya ||
26. sira kaum salah kardi | arêp dadi apa sira | sarwi ginêbug tumbake | dawir kupinge wus pêjah | Senapati wus prapta | lawang wêkasan agupuh | sang putri mapag ing lawang ||
27. saryya nukêmi anangis | sêsambate amlasarsa | kakang punapa karsane | Senapati angandika | yi sira tanpa ngrasa | wong wadon apêksa luwung | kudu paksa dadi nata ||
28. nora patut sira èstri | arinira ikang lanang | ya pantês dadia katong | sang putri nangis alara | angraos kalêrêsan | kathah-kathah sambatipun | ingsun têdha uripana [uripa...]
--- [f. 223r] ---
[...na] ||
29. kakang rayi dika iki | kadhaton katur punika | lan sakèh rajabranane | Senapati angandika | mêngko di bajonira[4] | inggih wontên jro kadhatun | lah cêkêlên bajonira ||
30. sang putri nulya nglampahi | Dipati Dêmak tan ola | binănda sabuke cindhe | wus katur mring Senapatya | yayi sira mantuka | ing Dêmak pan nagaramu | ing Pajang dudu gonira ||
31. Ki Bênawa kang darbèni | anggêntènana jêng sultan | sira muliha dèn age | isun agawani wadya | nulya aglis lumampah | Senapati wus malêbu | barkatan kopa[5] cinandhak ||
32. Ki Gathayu dipun sunggi | piyambak binakta mêdal | turune tan purun ngangge | punika mila-milanya | wus kangge kang kêkapa | ing Puspakancana iku | dyan ngaturi Mas Banawa ||
33. tan asuwe nuli prapti | ngiring dening mantri Pajang | Dipati Banawa age | anukêmi padanira [padani...]
--- [f. 223v] ---
[...ra] | Senapati Ngalaga | Dipati Banawa matur | lah kakang punapa karsa ||
34. punika lamun suwawi | tuwan jumênênga nata | Senapati ngandika lon | sira yayi jumênênga | gumantya ana Pajang | ku yayi prayoganingsun | nging yayi ikang sun têdha ||
35. sakèhe pusaka Jawi | kang saking ing Majalêngka | kang nèng Pajang sun jaluke | sun gawa maring Mataram | ikang rayi sumăngga | langkunge saking puniku | pan kagêngan jêngandika ||
36. garêbong wus dèn dandani | pun Bale Lumur wastanya | jêbad bètri panggritane | găngsa Ki Sêkardalima | Satomi sakancanya | binakta Matram rumuhun | Senapati angandika ||
37. lah yayi manira amit | kantuna sira wibawa | kang rayi atur bêktine | Senapati sampun bubar | mantuk dhatêng Mataram | suka wau ing tyasipun | manahe lir guladrawa ||
32. Dhandhanggula
1. sampun
--- [f. 224r] ---
prapta nagara Mêtawis | wadyanira mantuk sowang-sowang | pinapag dening rabine | sukaning donya iku | nora nana lir mênang jurit | adawa yèn wiwinarna |[6] Senapati mêtu | sinêba pêpêk kang wadya | pra sêntana Măndraka mugèng ing ngapti | Senapati ngandika ||
2. dhatêng kang paman Juru Martani | manira mangke ngadêg nalendra | Ki Bayi jumurung ingong | miwah Măndraka rêmbug | myang santana mantri suwawi | ngandika panêmbahan | kang Măndraka iku | iya mangke aranira | isun junjung lungguhe jênêng Dipati | Mangkubumi lah padha ||
3. ngèstokêna de riningsun ki santri |[7] kasih dipati ing Singasêkar | Kandhanglo kalih putrane | katiga mantunipun | ngangkên mitra jinunjung ligih | sami jênêng dipatya | nama anut tumut | arine nama Ki Emban | kinèn mongmong Pangran Dipati Mêtawis | Ki Nitik ipènira ||
4. kinèn momong Ki Mas Damar uni | kacarita prakosa bujana | Ki Nitik inu [i...]
--- [f. 224v] ---
[...nu] lakune | yèn seba langkung junun | lir sêmbahyang nêmbah Yyang Wadi[8] | jarijine sinarad | padhati puniku | dènnya lênggah nora obah | dipun gèndèng rêmak kang mesa padhati | kaloka lamun rosa ||
5. Radèn Răngga langkung panas galih | nora kêna wong kalok digdaya | ingayonan ta karsane | yèn nyata arsa guru | nanging kêdhik ikang nadhahi | kawiratamanira | wiwrin wong Matarum | kondur ngadhaton sang nata | Radèn Răngga panase maring Ki Nitik | dening kalok digdaya ||
6. karsanira wau dèn ayoni | glis carita ing Sênèn dinanya | pêpak ing paseban andhèr | Ki Nitik wus aluguh | ing paglaran lir wong ngabakti | tan wruh ing kèri kanan | jarijinya ngacung | sanepa anglir wong tayat | Radèn Răngga wus awas maring Ki Nitik | linangkungan ngarsanya ||
7. sinampe tugêl darijinèki | nora kawal Ki Nitik tan obah | maksih atêtêp silane [sila...]
--- [f. 225r] ---
[...ne] | wus katur ing sang prabu | wiku raja anulya mijil | kang putra tinimbalan | Radèn Răngga wau | sarya mèsêm angandika | sutèng ulun Răngga pinuji yèn luwih | rosa miwah digdaya ||
8. samya wiwrin wongira Mêtawis | apa nyata kaki alèh mara | putungên jarijiningong | Radèn Răngga jrih bukuh | mukanira konjêm ing siti | wruh yèn kang rama duka | lah kaki dèn gupuh | anuwun-nuwun Dèn Răngga | alah mara kaki aja wêdi-wêdi | ayonana sadhela ||
9. sun kawênangakên sira kaki | dèn aturut ujar wong atuwa | Răngga dèn nglampahi pakon | anuwun awotsantun | duka dalêm kawula pundhi | anulya dipun candhak | astane sang prabu | ginujêg-gujêg tan obah | kadrawasan angandika sri bupati | sutèng ulun arosa ||
10. nyata luwih wis uculna kaki | sun tarima wiratamanira | Rahadèn Răngga wantune | anggujêng
--- [f. 225v] ---
mêksa kukuh | hèh alara uwis ta kaki | mandahe si wong alyan | kinipatkên asru | ucul malêsat Dèn Răngga | nrajang banon ing kitha balong[9] sajalmi | lajêng saking jrihira ||
11. Radèn Răngga purik dhatêng Pathi | Panêmbahan ngandika ya bata | rosa emane putrèngong | wus karsaning Yyang Agung | nora panjang yusyanirèki | sun têdha adawaa | dadi kanthiningsun | sampun kondur Panêmbahan | wus alama tan pulih sakiting galih | Dèn Răngga anru brăngta ||
12. angulari marganing matitis | langkung jrih wirang dukaning rama | kang paman sru pawarahe | tinanggêl sakèhipun | dêdukane ramanira ji | nanging Dèn Răngga maksa | ngupados dalanggung | matitis kang banthèng galak | macan galak kawatgata padha mati | wong kang luwih suh sirna ||
13. nêngna kocapa Kali Paragi | ana uling gêng sabongkoting [sabongkot...]
--- [f. 226r] ---
[...ing] tal | cinatur mula-mulane | wadyane Nyai Kidul | ambaluthah dipun dukani | tinundhung mila kentar | langkung uwus-uwus | nguntali lêmbu maesa | miwah jalma wong desa samya angili | suwung lakon sadina ||
14. Radèn Răngga mirsa dèn parani | wus surupe karsaning Yyang Sukma | puniku purwa sedane | lan uling nênggih sampyuh | radèn seda kang uling mati | wus katur ikang rama | ngrudatin angungun | kang layon wus binêcikan | gara-gara warni-warni agêng prapti | pracina nata brăngta ||
15. lami panêmbahan tan siniwi | sasedane kang putra awêwah | ana wong baluthah rane | Dipati Mangir iku | anyalunthang dadi wêwêri | kang ingandêlkên prana | waose Ki Baru | tan wontên têguh bujana | kulit tatas yèn wontên raosing ati | ingarêpkên waosnya ||
16. kang binênêr amasthi ngêmasi | yèn siniraman ngaling-alingan [ngaling-aling...]
--- [f. 226v] ---
[...an] | pundi arêpe waose | nora kêna wong langkung | sampun korak ing wong sabumi | kang dadi manah nata | anging waos iku | ayun rinêbat ing prana | amêmirang angrusak wadya pribadi | tinêdha ing Pangeran ||
17. gampangêna ikang dadi ati | ya Pangeran ingsun Ingkang Mulya | aja na rat kang wêwanèh | Senapati anêkung | amaladi samadi êning | anêgês karsaning Sang | Amurwèng Pandulu | tingal maring makluk fana | anoragèng karakêtan padha asih | saha agamanira ||
18. ana syara prabu ing Mêtawis | waos iku ja dadi tinira | pan kagunganira dhewe | Si Mangir darma gadhuh | nora kêlar iku yun mulih | jatine triwikrama | akêre[10] kalangkung | mrih kaloka nayakèng rat | wus pinasthi iku wasiyating aji | sapa ikang duwea ||
19. amasthi gêdhe budinèki |[11] Si Mangir arsa
--- [f. 227r] ---
ngayoni sira | nanging dèn alirih bae | măngsa wurunga iku | pigunanên dipun arêpit | wus linilan Yyang Sukma | halal mring sirèku | syara ilang wungu nata | wus kapanggya kang paman Ki Juru linggih | angadhêp Senapatya ||
20. Ki Bayi punapa dadi ati | de anêkung panêmbahan mojar | tinutur purwa sanane | gumujêng Kyai Juru | de sapele dadia ati | ulun ratu rat jagat | ana dayaningsun | Panêmbahan binisikan | sampun mundhut pingitan kang ayu luwih | Ki Juru sampun mêdal ||
21. nukma namur Ki Juru Martani | abêbarang lampah cama prawa | patut lawan panganggene | angangge nyamping wulung | pan kalêkah sabuke uni | dhuwungira tinatah | putih pêndhokipun | ukiranira sambegan | mêmêndhake kuningan warna bol pitik | kulukira amathak ||
22. niyaga èstri nak putunèki | anging kang gêndèr ayu pan endah |
--- [f. 227v] ---
punika nênggih putune | kathah tiyang kapencut | lunga amèn sabrang Paragi | pan dadi pakaulan | Dhalang Jati iku | raina wêngi awayang | syara êrak wus kaloka têpis wiring | yèn ana dhalang wignya ||
23. katur dhatêng Adipati Mangir | dhalang luwih kang gêndèr yu raras | kèh wong kadaut prayane | nulya ingundang wau | Dhalang Jati kinèn aringgit | Dipati Mangir mulat | mring kang gêndèr ayu | kasmaran ki adipatya | tanpa jiwa edan moyang kêna dening | umik-umik ki dhalang ||
24. mung kang gêndèr ikang dadi ati | têngah dalu dhalang kinèn wisan | ingaturan lênggah age | ki dipati amuwus | mila dika kula aturi | ikang gêndèr punika | ikang kula suwun | sukaa datan sukaa | sun amaksa isun pundhut dhalang angling | Ki Bayi ja mêngkana ||
25. mêngko uga isun pituturi | kang anggêndèr
--- [f. 228r] ---
putrane sang nata | ing Mataram pramulane | ibune anak ingsun | dipun pundhut dening sang aji | garbini tigang wulan | sinungakên wangsul | praptèng tara sangang wulan | nulya lair ikang ibu angêmasi | milane kawlasarsa ||
26. yèn sirarsa sebaa sang aji | ki dipati ja ruda pirusa | Dipati Mangir dan linge | aja kakehan padu | witning isun wani sang aji | ngadu pragi lyan pupya | mahakantar bau | bujana kulit tos tulang | isun arah napsua Prabu Matawis | arêp sun kapanggiha ||
27. iku aja bangêt malang mami | kakehan wicara mara bocah | patènana dhalang kiye | anulya kinarubut | Kyai Juru dening wong Mangir | ya ta pinarêbutan | eca dènnya lungguh | ikang katêmpak mucithak | kang kasampe niba kèngêr nora eling | katabok dhase pacah[12] ||
28. tumbak bêdhil norana nêdhasi | jalma Mangir wiwrin wus lulya [lu...]
--- [f. 228v] ---
[...lya] |[13] Dipati Mangir dukane | narajang narik dhuwung | dhasar tate mêjahi jalmi | anuduk binarêngan | astane sinambut | pinêtak kêrise gigal | nulya mêndhak tobat kawula kiyai | anêdha pangapura ||
29. nanging panuwun kula tan gingsir | saking onêng wulangun kalintang | pêjah yèn tan panggih ingong | sakarsa kawula nut | yèn mêngkono dèn ririh ugi | isun wani mimikan | lamun padha sarju | nanging benjang asebaa | mandahane sukane sri narapati | aturipun sandika ||
30. ni rara wus pinagihkên uni | Dipati Mangir asuka-suka | rinêngga-rêngga garwane | nanging dèrèng salulut | wantu rare dèrèng birai | tansah mănca udrasa | siyang lawan dalu | angajak seba kang rama | adipati ngimur langkung ngarih-arih | Ki Juru nulya prapta ||
31. kurang apa ikang dadi tangis | igih punika angajak sohan [soha...]
--- [f. 229r] ---
[...n] | ing rama ji pambekane | Ki Bayi iku patut | salawase dèrèng apanggih | mêngko apalakrama | karsane angujung | nanging dèn alirih uga | putunisun mindêla dènira nangis | kaki tan mênêng iwang ||
32. yèn tan binêkta seba rama ji | nora isun amada kawongan | amung pranatane bae | bungahe wong asunu | palakrama sami ngujungi | yèn nora tinurutan | isun plaur lampus | yèn tinuruta wak iwang | sakarsane lakiku Dipati Mangir | nora ningali liyan ||
33. gibrah-gibrah Adipati Mangir | iya iya yayi iya |[14] eyang nanging ajrih ingong | kaki isun kang nanggung | dêdukane sri narapati | Ki Bayi sira uga | tansah ngamu-amu | pinrih kêna dadi rencang | satêmêne yèn puruna dèn lurugi | wêgah mara ing sira ||
34. suka-suka Adipati Mangir | yèn mêngkatên rama maratuwa | ajrih dhumatêng [dhu...]
--- [f. 229v] ---
[...matêng] mantune | mulane putuningsun | apriyoga mêngko wus dadi | jangêt kinatêlonan | maratuwa punjul | mantune luwih sudibya | igih eyang kula dinamêla tawing | sudi ikang tan seba ||
35. sampun tumut-tumut rama aji | kula ratane nêgari Jawa | sarwi angêntrog pupune | wis adandana gupuh | wus siyaga tutut sang dèwi | kakunge suka-suka | mêpak joli tandhu | wus sumaos kang gêgaman | nulya bubar Dipati Mangir lan rabi | sigahane atêbah ||
36. Kyai Juru duta atur uning | sampun katur ing sawêlingira | Sang Prabu Mataram miyos | Măndaraka ing ngayun | pra sêntana jajar bopati | mantri pêpak sadaya | samya kinèn mêthuk | têlas mantri ing Mataram | tundha-tundha angegalakên ing siwi | agya arsa kapanggya ||
37. langkung suka Adipati Mangir | asih têmên rama prabu mringwang | agêgancangan lakune [laku...]
--- [f. 230r] ---
[...ne] | wus prapta dyan tumurun | saking joli wau kang rabi | ki dipati tumêdhak | dinuk tingal prabu | adoh ingawe wus prapta | ing ngayunan ngandika Prabu Mêtawis | kaki dèn marang ngarsa ||
38. abukuh bêkti sumungkêm siti | lah majua angujung maringwang | nuwun wotsêkar ature | majêng arsa angujung | ing suku sang arsa nungkêmi | nginggati panêmbahan | tinitih ing pupu | jăngga tugêl wus apisah | lan kuwănda Dipati Mangir ngêmasi | sirêp sakèh tumingal ||
39. iki baya kang arsa ngayoni | maring kita patigi[15] Mataram | nora sinăngga bobote | kang kèri pupunisun | durung silih nêlaskên budi | wus kondur sri nalendra | timbalan wus dhuwuh[16] | kinèn jarah Kamangiran | sadarbèke amboyong sakèhing èstri | kêrigan wong Mataram ||
40. nging waos Ki Baru kèn jajari | wus jinarah Kamangiran têlas | binayong anak rabine [ra...]
--- [f. 230v] ---
[...bine] | waos Kiyai Baru | wus binêkta dipun jajari | sêsigahan atêbah | wus manjing kadhatun | miwah boyongan jarahan | katur kabèh langkung suka sri bupati | wus karsaning Yyang Sukma ||
41. ênêngêna Mataram kariyin | kawarnaa Adipati Pajang | Banawa ika jênênge | mapan suka kalangkung | sakathahe kang para mantri | dening gustine lama | kang jumênêng ratu | sukane nora bêbakal | karta-karti nêgari ing Pajang nguni | tan kawarna laminya ||
42. wus sataun Mas Banawa sakit | têkèng dudu pan sampun seda |[17] mantri tur uninga age | datatita winuwus | kang kocapa Prabu Mêtawis | sineba dening wadya | pra putra supênuh | tanapi kang para kadang | kang anèng ngarsa Adipati Matawis | ikang jajar alênggah ||
43. Ki Adipati Amangkubumi | lawan Adipati Singasêkar | sang nata pangandikane | kakang dipati iku [i...]
--- [f. 231r] ---
[...ku] | Măndaraka sun jaluk pikir | ara-uru ing Pajang | patine riningsun | adipati ring Bênawa | para putra rêrêbutan kadipundi | bêcike pikirira ||
44. sapa ikang yogya agêntèni | jumênêng Pajang Dipati Măndraka |[18] ing mangke aris ature | jangandika yèn sarju | putra Pajang patut pinilih | kang pantêsa bupatya | ikang bêkti prabu | langkung babot jêngandika | pan kawula botên purun anglangkungi | panêmbahan ngandika ||
45. iya bênêr kakang jarirèki | jêr kang duwe nging pangrasaningwang | yèn gawenên kang sawiyos | nora wande ku besuk | dadi kardi angrêribêdi | tan wande salang tumbak | lan wong Pajang isun | ing mangke karsa manira | yèn sêmbada lawan sira sun tanêmi | saking nagri Mataram ||
46. putra ing Pajang isun birati | ja na tuwuh kang sun tanêm Pajang | arinira Ki Mas Tompe |
--- [f. 231v] ---
Măndaraka jumurung | pra sêntana arêmbug gilig | mantri samya arêmbag | Panêmbahan muwus | kang Dipati Makubumya[19] | lawan adhi dipata[20] ing Singasari | ika kang lumakua ||
47. angligihêna arinirèki | Ki Mas Tompe jumênêng ing Pajang | adipati kêkasihe | manawa na kang purun | anggawaa dandanan jurit | wong Majêgan milua | wong Pajang yèn purun | sira kêmbarana yuda | sirnakêna payo mangkata dèn aglis | anulya sami bubar ||
48. Adipati Singasari bakti | Mas Katompe ngujungi suku sang | anuwun-nuwun barkate | kinon gaman Matarum | rêmbug kabèh kawanènnèki | wus prapta kitha Pajang | lumêbêt sadarum | ing alun-alun tinata | mantri Pajang tintrim kabèh Mangkubumi | wus lênggah ing witana ||
49. nimbali pra putra Pajang sami | miwah paranakan pirsakêna | sun ngêmban timbalan katong | kèn nata Pajang [Pa...]
--- [f. 232r] ---
[...jang] isun | arinisun Mas Tompe aki | pinaringan ing Pajang | yèn sira nora nut | isun kinèn matènana | yèn abăngga têkakêna marang mami | isun tadhah ing yuda ||
50. nèng ngriki du arêp isun wani | alah payo priye pikirira | mantri Pajang ajrih kabèh | anêmbah samya matur | tan lênggana kawula iki | punapa ing parentah | kawula pan anut | sakèhe putra ing Pajang | pan binirat tan ana dadi priyayi | prasami kularahan ||
51. mantri Pajang samya anglampahi | kang parentah kangjêng panêmbahan | Mas Katompe Dipatine | sadaya sami suyud | Adipati Amangkubumi | arsa apêpamitan | isun arsa mantuk | karia sigra anêmbah | mring kang raka pan sampun winêling-wêling | yayi dèn aprayitna ||
52. sigra bubar gêgaman Matawis | tan kawarna wus prapta Mataram | nata sineba wadyane | mantri pêpêk supênuh | Makubumi[21] prapta ing ngarsi [ngar...]
--- [f. 232v] ---
[...si] | nira Prabu Mataram | Mangkubumi matur | jangandika utus iwang | nata Pajang Mas Katompe wus aligih | wadya Pajang tan sura ||
53. sawala parentahing aji |[22] sakèh putra Pajang wus kabirat | bukakrakan buh parane | asuka jroning kalbu | Panêmbahan mirsa turnèki | kang raka Mangkubumya | lawan arinipun | Adipati Singasêkar | langkung dening angalêm mring raka rayi | apan sampun binabar ||
54. Panêmbahan angandika aris | alah kakang Dipati Măndraka | isun arsa marêk mangke | mring Susunan ing Gunung | angyaktèni wirayatnèki | sun têdha ing yaktinya | nêdha aminipun | mring sunan sun ngadêg nata | gih jumurung ing karsanira sang aji | mangke sampun mangsanya ||
55. ayaktèni lan karsa Yang Widi | nulya Pangalasan kang dinuta | mring Giri bakta surate | bakta wong patang puluh | pangalasan mêsat ngarsa ji | sarta mundhi nawala- | nira sang aulun | sampun [sampu...]
--- [f. 233r] ---
[...n] kondur Panêmbahan | kang kocapa Susunan Giri siniwi | pêpak putra sêntana ||
56. Pangalasan Matawis wus prapti | linarapkên ngandikan mring ngarsa | anuli atur tulise | tinampan Sunan Gunung | pan mangkana ungêling tulis | atur bêkti kawula | kaping kalihipun | kawula anuwun duka | nuwun barkat kawula arsa yaktèni | wirayat pangandika ||
57. dhatêng pun bapa kula yaktèni | Panêmbahan Giri mèsêm nala | amirsa ungêl tulise | ngandika Sunan Gunung | hèh matura ing Senapati | iya dèn yêktènana | mimitana kruwun | ngluruga nagri bang wetan | lamun benjang yèn prapti na wangsit mami | dhumatêng kang sarira ||
58. dan Pangalasan nêmbah wus amit | tumurun sing Giri gêgancangan | Panêmbahan andikane | sapa wruha Matarum | mutêr bumi wirayat mami | ing Mataram punika | benjang dadi ratu | mêngku kabèh tanah Jawa | nadyan Giri yèn sisipa dadi abdi | durmane [dur...]
--- [f. 233v] ---
[...mane] ikang wikan ||
33. Durma
1. wus parentahing Yyang nora kêna owah | apan ta wis pinasthi | ing dahuru jaman | ratu padha ngawula | kawula kèh dadi gusti | tandhane ana | Pajang lawan Matawis ||
2. para santana kabèh padha karuna | matur dhumatêng gusti | panêdha kawula | sampun mênangi ămba | wis pasthining Yyang tan gisir | nêngna ing Arga | kocap rajèng Matawis ||
3. lagya sinewaka de bala sêntana | yuyunên dera nganti | ing putusanira | Dyan Pangalasan prapta | jumrajog matur wotsari | lampah kawula | lampah kula wus prapti ||
4. sampun katur ing atur bêkti sampeyan | winaca punang tulis | langkung sukanira | anuntên angandika | kang salam donga rumiyin | kaping kalihnya | lamun arsa yaktèni ||
5. kang wirayat ingsun andonga Yyang Sukma | mugi Ki Senapati | mutêra ing Jawa | suka jro nalanira | cinêtha
--- [f. 234r] ---
amutêr bumi | marang susunan | Gusti Sinuwun Giri ||
6. Panêmbahan ngandika mring Măndaraka | nêdha bubar tumuli | dhihin kangjêng rama | seba marêk susunan | ing wulan Muharam uni | sun tumanduka | mring bang wetan puniki ||
7. wulan Muharam anut marga kang kina | ing mangke karsa mami | kakang putusana | mring Dêmak Kalinyamat | atanapi wong ing Pathi | padha dandana | gêgaman mring Matawis ||
8. ing Pajang Jagaraga padha saosa | sadandanan ngajurit | sungana wruh samya | yèn sun arsa ngluruga | tan kawarna wus marêngi | sasi Muharam | pêpak wadya Mêtawis ||
9. Pathi Dêmak Pajang lawan Jagaraga | Kalinyat wus prapti |[23] wadya Pamajêgan | wus pêpak barisira | sigra makat sri bupati | wong Jagaraga | ikang lumampah ngarsi ||
10. nuli wadya Pajang wiking[24] wadya Dêmak | Kalinyamat ing Pathi | sambung ing Majêgan | nuli wadya Mataram | Măndaraka anèng wuri | lawan sêntana | panêmbahan [pa...]
--- [f. 234v] ---
[...nêmbahan] nèng wuri ||
11. ikang dadi pawingking jalma Kajoran | tinon gaman Mêtawis | lir Endra prawata | wau kang wadyabala | lampahe kagiri-giri | nêngna kocapa | Dipati Surabanggi ||
12. wus ngaturan paksi de wong kajinêman | wong Mataram nindaki | mangke wus nèng marga | Dipati Surabaya | utusan mring kèh nêgari | Sidayu Tuban | Lasêm lawan Garêsik ||
13. lan Madura Pakacangan Aribaya | ing Sumênêp lan malih | nagri ing Balega | Pasuruan Lumajang | Wirasaba Malang Kdhiri | Srêngat Balitar | Kalangbrèt miwah Rawi ||
14. kinèn dhatêng pacak baris anèng Japan | Madiun Panaragi | kinèn jaga pura- | nira pan dhawak-dhawak | sakèh nêgara wus prapti | sagêgamannya | sêdya mapag ajurit ||
15. sêdyanira nyabili gaman Mataram | prayitna kèh bopati | wong Mataram prapta | nêgih nêgari Japan | sêdya binêdhah ngajurit | sikêp bang
--- [f. 235r] ---
wetan | Japan dèn parêpêki ||
16. ayun-ayunan kocap Susunan Ngarga | wus ingaturan uning | lamun wong Mataram | nênggih angêmpung[25] Japan | wong wetan samya nulungi | anèng ing Japan | ayun-ayunan jurit ||
17. Pangran Giri utusan kaum sadasa | sarta amundhi tulis | adan sami mintar | duta prapta ing Japan | mondhok satêngahing baris | Prabu Mataram | wau dipun utusi ||
18. wong agung wetan kabèh samya ngutusan | anulya samya prapti | raja ing Mataram | lan Pangran Surabaya | bupati pêpêkan sami | duta ing Arga | sigra dènira angling ||
19. hèh Senapati Ngalaga ing Mataram | Dipati Surabanggi | lan sakèh bopatya | ing bang wetan sadaya | ingutus sang maha yêkti | amawa surat | pirsakêna ing mangkin ||
20. pan winaca sêrat dalêm mring utusan | ngarsane pra dipati | mawi
--- [f. 235v] ---
salam donga | mring Senapati Nglaga | tuwin Pangran Surabanggi | myang kèh bupatya | kapindhone sirèki ||
21. arêpa pating gathini yun-ayunan | sisip angrusak jalmi | lamun sira aprang | masthi kathah wong pêjah | lah Ki Jêbèng ing Matawis | lan Surabaya | pilihên salah siji ||
22. isi lan wadhah poma ayya na aprang | iku pilihên sami | Senapati Nglaga | andhêku nêkêm sirah | mirsa andikaning gusti | sarya ngandika | lah punapa ing kapti ||
23. adhi Surabaya ikang pangandika | Kangjêng Sinuwun Giri | andika piliha | isi lawan wêwadhah | kanggea kang kari-kari | dadi wasiyat- | ira Jêng Sunan Giri ||
24. lah ta adhi amiliha dhingin iwang | sayakti angarèni | Pangran Surabaya | ewuh nukmèng ing driya | sun piliha wadhahnèki | isine ika | kaduwe Senapati ||
25. paran têmah pasthi suwung kang nêgara | kaduwe wonge
--- [f. 236r] ---
sami | dening Senapatya | ngur sun miliha jalma | angandika Senapati | kadi punapa | suwe dika tan angling ||
26. nulya angling ikang sun pilih isinya | pakanira duwèni | wadhah alah iya | yayi sakarsanira | wus tampan-tinampan janji | kasaksèn duta | bubar mring pondhoknèki ||
27. Raja Mataram duk sineba ing bala | ngandika sri bupati | ke raka Măndraka | besuk bumi bang wetan | kabèh sapa angilèni | sapa wêruha | amasthi isun ambil ||
28. lah ing mangke wong Mataram bubarêna | nulya têngara muni | kondur Senapatya | wong bang wetan wus bubar | kocapa Susunan Giri | sampun amirsa | yèn wong ing Surabanggi ||
29. milih dhingin têka nora kabênêran | pasthinya kukuh bumi | winuni Dipatya | Surabaya sineba | de putra sêntananèki | nulya ngandika | mring supênuhing mantri ||
30. lah nêgara kidul iki sinalinan | wong Surabaya
--- [f. 236v] ---
sami | kentar angirida | sakèhe wong bang wetan | wus bubar ingkang tinuding | sagêgamannya | ing Sande dèn lurugi ||
31. wus kalah tinanêman wong Surabaya | wong wetan padha mulih | Adipati Pajang | utusan atur wikan | yèn ing Sande dèn lurugi | mangke wus kalah | ngling Sang Nata Mêtawis ||
32. têka mênênga si adhi Pajang ika | de Sande rusak iki | wis măngsa ilanga | sakèhe wong bang wetan | kagungan isun pribadi | lan pangèstunya | Kangjêng Sinuwun Giri ||
33. isun iki iya măngsa mênangana | nak putuningsun benjing | ya angrata Jawa | sira ngling Măndaraka | punapa karsa ing mangkin | nagri bang wetan | wong anom padha wani ||
34. Sinom
1. lah sawawi linurugan | binêdhah ikang nêgari | winalêsan binahakan | lah kakang sabarna dhingin | wulan Muharam benjing | nêdha mring bang wetan nglurug | ênêngna kang kocapa | Adipati [Adi...]
--- [f. 237r] ---
[...pati] Ponaragi | nèng Madiun apan lagi pirêmbagan ||
2. Raja Madiun angucap | mring sakèhe para mantri | makene[26] ta karêp iwang | lah adhi ing Ponaragi | kaya apa ing nguni | Senapati ing Matarum | saya angămbra-ămbra | karêpira ngosak-asik | angrata nusa Jawa yèn dika rêmbag ||
3. igih wong agung bang wetan | padha winarahan sami | ngucap Dipati Panraga | sakarsa tuwan lumiring | anulya suka tulis | Ki Adipati Madiun | dhumatêng Surabaya | Pangalasan wus lumaris | sampun mulih Adipati Ponaraga ||
4. wong Madiun mêpak bala | wong desa samya acawis | wong Madiun kathah migat[27] | mring Pajang dipun jabêli | anênggih nora kêni | wong Ponaraga wus kumpul | sadandanan ngayuda | kocapa ing Surabanggi | pan sineba duta ing Madiun prapta ||
5. atur tulis tinampan |[28] winaca dhapur tur uning | kularsa nglurug Mataram [Ma...]
--- [f. 237v] ---
[...taram] | lah jangandika bantoni | Pangeran Surabanggi | ngandika ja walang kayun | isun nora lumampah | wus pracaya ki dipati | lan si paman Adipati Ponaraga ||
6. undhang wadya Surabaya | wus pêpak nulya lumaris | nanging ta mantri kewala | duta sampun pinisalin | Pangeran Surabanggi | duta mring bang wetan iku | sakathahing bupatya | pakumpulan nèng Kadhiri | samya mondhok sadaya kilèn bangawan ||
7. kocapa Raja Mataram | sineba ing para mantri | para putra myang sêntana | Măndaraka anèng ngarsi | kajiman tur uning |[29] lamun wong wetan sadarum | arsa gêcêk Mataram | ngandika Raja Matawis | lah ta kakang Măndaraka undhangana ||
8. Pathi Dêmak Kalinyamat | lan wong măncanêgari |[30] patêmona Jagaraga | kinongkonan sami cawis | Mataram mêpak baris | Majêgan Kajoran kumpul | jawi taji barisnya |
--- [f. 238r] ---
miwah wong Pajang acawis | Adipati Măndaraka akèn bubar ||
9. wus badhol[31] wadya Mataram | prapta nagri Jagaragi | apan samya pakumpulan | wus bubar têngara muni | sauran sampun prapti | mondhok kilèn kali Dhadhung | Dipati Măndaraka | matur kadipundi aji | botên nyabrang kilèn kali ngling sang nata ||
10. kakang isun nora arsa | padha rêrangkaha sami | ucapên wadya bang wetan | mondhok wetaning bênawi | barise wong Matawis | nging lêt bangawan winuwus | sang nata ing Mataram | ngling kang Măndaraka kadi- | pundi wartane Madiun Panaraga ||
11. kawula amirsa warta | barisipun tan anunggil | pan dadi pangawat kiwa | wong Madiun dèrèng mijil | punapa karsa aji | kakang mindêla karuhun | ana daya manira | ya ta ngandikani sêlir | Adisari marenea dèn aegal ||
12. Senapati angandika | Adisari isun tuding | manjinga
--- [f. 238v] ---
Madiun sira | dèn bisa-bisa mèt ati | dèn bakit[32] sira nini | sarta gawa surat ingsun | paès nyandhanga endah | yèn wus katur surat mami | alah yayi benjang gêng ganjaraningwang ||
13. Adisari matur nêmbah | nadyan tumêka ing pati | kawula botên lênggana | wus paès Ni Adisari | asring agawe brangti | kang andulu padha wuyung | sapolahe araras | dhasaripun parêk ati | wong utama ing têmbung mijil asmara ||
35. Mijil
1. Senapati angandika aris | wadyanira kinon | angiringa ing Adisarine | asaosa tandhu lawan joli | pun Warung acawis | jali[33] lawan tandhu ||
2. sira gawaa wong kawan dèsi | pilihana kang wong | dèn prayitna ngiring Disarine | yèn wong wetan padha nênakoni | warahên sun apti | nungkul mring Madiun ||
3. datan sêdya amusuha jurit | kalawan sang katong | kang sinêmbah ing Madiun mangke |
--- [f. 239r] ---
lawan sira Disara[34] sun wêling | yèn ginibang[35] dening | marang putranipun ||
4. sanadyan nini ta sri bupati | lakonana kang wong | sajabane parimana bae | anging aja têka ing sayêkti | nêmbah nuwun amit | jinali lumaku ||
5. sêratira tansah dipun pandhi | ulês taluki jo | panginangan anèng ing ngayune | kalih welas samya ulês kuning | kacu mas tanapi | bakor[36] mas ing ngayun ||
6. lan paidon ngling ati Disari | upama sang katong | nora kênaa sun gebang mangke | baya doh wong wadon tan kawarni | ing Madiun prapti | gawok kang andulu ||
7. wong bang wetan samya anakoni | pan sakathahing wong | kang jinoli nrajang baris gêdhe | upacarane sri anauri | Warung wruhanèki | Senapati nukul ||
8. mring Sri Bupati Madiun iki | datan sêdya mangko | amusuh prang wong bang wetan kabèh | samya angling iku Senapati | angrasa yèn cili |
--- [f. 239v] ---
milane anungkul ||
9. Sri Nalendra Madiun tinakil[37] | tatan-tatan kang wong | arsa mêdal ing sadina mangke | tan kawarna Adisari prapti | dumrajog myak baris | anungkêmi suku ||
10. sri bupati jêngêr aningali | gêgêtun sakèh wong | wong punapa kang prapta ing mangke | ayu anom upacara asri | baya wong ngugahi[38] | marang sang aprabu ||
11. sri nalendra Madiun ningali | marang ing wong wadon | ikang nukêmi ika padane | angandika manahe kagimir | wong apa sirèki | anukêmi suku ||
12. sapa ranira wismamu ngêndi | Disari wotsinom | kawula punika putusane | Senapati Ngalaga Mêtawis | kinèn turkên bêkti | lawan suratipun ||
13. arsa nukul punika kang tulis | katura sang katong | Senapati Ngalaga ature | sampun kawrat salêbêting tulis | sang nata nampani | sêrat sarwi kanyut ||
14. sêratira sinung putranèki | Radèn Lonthang
--- [f. 240r] ---
kang wong | nulya winaca asru surate | kunêng punika bêbukaning tulis |[39] kawula tur bêkti | dening kamipurum[40] ||
15. ngaturi sêrat dhatêng nêrpati | tan wruh awak ingong | kaping kalih tan anêdya mangke | amusuha ing paduka aji | anêdya angabdi | ing tuwan sang prabu ||
16. lan sakèhe abdi dalêm uni | wong Madiun mangko | kang angusi ing Pajang sakèhe | jêng paduka nêdhanana tulis | cacahing wong cili | katura sêdarum ||
17. pan kawula tan purun ngukuhi | saking baktiningong | botên kêdhap-kêdhap ing sang rajèng | sampun têlas titi măngsa tulis | saisti prayaning | kawrat surat ulun ||
18. Panêmbahan Madiun kagimir | angrês nala Yyang wong | amiarsa ature putrane | Senapati Ngalaga Matawis | dening ngasih-asih | ngandika sang prabu ||
19. mring Adisari muliha nini | matura putrangong | dèn pracaya mring isun atine | apan ingsun tan sêdya [sê...]
--- [f. 240v] ---
[...dya] musuhi | marang putra mami | pracaya Yyang Agung ||
20. wong bang wetan baris kene apti | amusuh putrangong | iku uga ya karêpe dhewe | isun nora milu-milu ugi | matura Disari | yèn tinakèn iku ||
21. kula dening putra dika uni | baris Madiun wong | kawula kadipundi ature | ya nini sun bubarakên sami | punapa sang aji | tan kintun sul-angsul ||
22. nora kirim sun mring putra mami | rèh ingutus ingong | sun têdha kaluku sikil rajèng | wêlinge kinèn ambêkta mulih | sang nata wêwijik | tinampan wotsantun ||
23. amit Disari sampun jinoli | kang ningali gawok | polahing ngutus têgês têmbunge | samarga tinakèn Disari |[41] micarèng ring ati | nata ing Madiun ||
24. eling-eling sira dèn pakeling | wong Madyun sêmêngko | masthi sun gêpuk prapta lampahe | kocap Nata Matawis tinangkil | Măndraka turnya ris | kadipundi
--- [f. 241r] ---
prabu ||
25. pakantuke akèngkèn Disari | kakang pamrih ingong | Dipati Madiun prih ebate | mundur atine glaa wong cili | yuyunên sang aji | Disari gya rawuh ||
26. adoh ingawe prapta ngarsa ji | angandika katong | nora nyana sira lamun mulèh | paèsira dening maksih bêcik | anuwun wotsari | antuk barkat prabu ||
27. katur kabèh lampahe tinuding | ngandika sang katong | ing Madiun pa maksih barise | igih sarêng bubare lan mami | prabu ing Matawis | sukane kalangkung ||
28. ingaras bathuke Adisari | angalêm sang katong | dening sira tuhu bakit mangke | matur Măndraka punapa kapti | wus prapta Disari | yèn suwawi prabu ||
29. baris Panaragi dening mêncil | yèn sawawi mangko | linakon ginêpuk dintên mangke | kakang sabarêna benjing Kêmis | sarêng dintên Kêmis | dandan asmara [asma...]
--- [f. 241v] ---
[...ra] kung ||
36. Asmaradana
1. sakapraboning ajurit | gaman gêng kinon kèndêla | Senapati tindak dhewe | nging bakta sakèh prawira | mantri lawan bopatya | jêjaranan kalih atus | gêgamane sarêmênnya ||
2. Panêmbahan sampun nitih | lumaris Puspakêncana | sêkar cêmpaka ulêse | ingiring para prawira | wus prapta baris mêngsah | winêdalan saking kidul | kapering rada kawuntat ||
3. Senapati aningali | wong Panaraga akathah | ênting sukane galihe | lir non èstri ayu palyas | tungkul wong Ponaraga | Senapati nulya ngamuk | wong Ponaraga puyêngan ||
4. barise wus dèn lêbêti | tambuh musuh lawan rowang | wus lumajar bopatine | miwah mantrine sadaya | Madiun pinisuhan | yagene norana mêtu | saking kono purwanira ||
5. amiarsa Senapati | wuwuse wong kathah-kathah [katha...]
--- [f. 242r] ---
[...h-kathah] | garjita nukmèng driyane | alah iya sapa witnya | ala winalês ala | pan isun darma lumaku | Yyang Sukma purba wisesa ||
6. wong Ponaraga angusi | kuthane wus inêb lawang | kasaput ing dalu mangke | wus kondur Ki Senapatya | dhumatêng pasanggrahan | enjang kawarna wong agung | wetan tata ngantêp yuda ||
7. bupati siyaga sami | wus atata kang gêgaman | punggawa akumpul kabèh | wani têguh tate tatal | ikang tinumbak latah | ikang jinara malurud | kang binêdhil mêmbat-mêmbat ||
8. yèn binêdhil ngujiwati | ana sinuduk alatah | tinatah malurud bae | winadung acikrak-cikrak | gaman lir dra pawaka | alas agêng apan gêmpur | angêbêki ara-ara ||
9. lir ulung rêratyan iki | myang angge-angge kang kapal | Raja Matawis ing mangke | sampun ngaturan uninga | yèn wong wetan lumampah | hèh kakang Măndarakèku | tatanên wadya [wa...]
--- [f. 242v] ---
[...dya] Mataram ||
10. adhimas ing Singasari | dadia pangawat kiwa | lan dhimas Pathi rowange | wong Kalinyamat wong Dêmak | kang Mangkubumi ika | adhi Pajang rowangipun | lawan wadya Jagaraga ||
11. mangawata kanan sami | dening kabèh wong Kajoran | milua sagêgamane | mring si kakang Măndaraka | dadia gêgunungan | nganggea têngêran isun | anitihana gêgaman ||
12. Măndaraka matur kadi- | pundi karsa jangandika | iya kakang karsaningong | manira alaku cidra | ngirid wong jêjaranan | wong rong atus kathahipun | ikang wong padha prawira ||
13. nora tangguh ênggon mami | sakarsa-karsa manira | marênggani kuda rajèng | Puspakêncana ulêsnya | nênggih sêkar campaka | Kyai Juru atut pukur | tan têbih lawan kang putra ||
14. lan kapalan kalih biting | andhèrèk nata lumampah | sampun anyabrang kaline | Măndaraka kèn [kè...]
--- [f. 243r] ---
[...n] atata | mring kèh para bopatya | yèn wontên têngêran ingsun | pakanira yya antara ||
15. Măndaraka bêndhe aglis | Ki Bicak munya angangkang | wong Mataram mirsa age | lajêng surake lir gêrah | wong wetan ge têngara | sumahab gêgaman bubul | sigra pinapag campuh prang ||
16. surak karêngèng ing langit | pêtêng kukusing sundawa | tambuh musuh lan rowange | panêmbahan non kang aprang | wus kuwur gya narajang | anging ta wadya rong atus | sarêng anyamêthi kuda ||
17. wong agung wetan udani | Senapati mêtu kiwa | saking kidul sabature | bupatine samya ngucap | iki Ki Senapatya | klambi tambal saking kidul | wong wetan kabèh uninga ||
18. gêgamane wus binalik | ngarêpakên Senapatya | wuri wong prawira kabèh | ikang ngarsa maksih pêrang | wuri ngingêr gêgaman | Senapati sigra nêmpuh | anglambung saking ngiringan ||
--- [f. 243v] ---
19. wong rong atus ngamuk wani | katadhahan kèhên lawan | kadya banthèng kalêlaton | tumbake kathah kang bêlah | ngamuk kalih curiga | Senapati dèn karubut | sinasog ing ganjur rangap ||
20. sakèh braja tan nêdhasi | kang sifat wayang-wayangan | Senapati nora katon | nora kang saya mirisa | dadi sukaning manah | tumingal Kiyai Juru | ikang putra sada sayah ||
21. Kya Juru tulung sing wuri | kalih camêthi kewala | gêgaman akathah make | sinabêt prasamya tatas | watang akathah bêlah | puyêngan wong wetan dulu | ebat sakèh kang tumingal ||
22. wong wetan akathah mati | bupatine wus lumayya | tunjang-tinunjang wong akèh | agrêgut wadya Mataram | wong wetan kuthetheran | sakarine ikang lampus | mring nagrine sowang-sowang ||
23. pamuk prajurit kèh mati | Senapati Ing Ngalaga | arsa mring Madiun mangke [mang...]
--- [f. 244r] ---
[...ke] | pan maksih anitih kuda | Ki Juru angandika | Ki Jêbèng jaranirèku | sun tingali kaya pêjah ||
24. punang kapal nulya mati | Senapati angandika | pakanira paman dahwe | wruhanira jaraniwang | lagi lingsir patinya | ngarêpkên asar ripipun | Kiyai Juru ngandika ||
25. satêmêne ujar mami | aran mati uga pêjah | Senapati salin mangke | kuda ran Ki Bratayuda | ulêse nilakăntha | ngandika mring wadya agung | ing Madiun abongana ||
26. ran iku uwiting kardi | wong Mataram wus tumandang | ngobong bayong jarah mangke | kathah băngga pinêjahan | wong Madiun tan nyana | de wuse sapadonipun | wong desa angusi kitha ||
27. Pangeran Madiun iki | sampun ngaturan uninga | wong Mataram lêlewane | Pangran Madiun anjola | liwat gêtuning manah | kasmaran ing suratipun | manis lir pendah srêngkara ||
37. Dhandhanggula
1. Panêmbahan Madiun [Madiu...]
--- [f. 244v] ---
[...n] sira ngling | nora nyana isun wong Mataram | têka polahe sêmene | marta wicaranipun | wisa batin martane lair | rubiyah adandana | karia putrèngsun | cinatur kalih kang putra | pambajênge pawèstri ayu linuwih | ikang wuragil lanang ||
2. ran Mas Lonthang karsane sang aji | putra èstri tinilar ing pura | karia nini putrangong | sira ikang rinêbut | wus pantêse bêdhah nêgari | bayong putra jarahan | wong dalêm kang kantun | sapratigan rêtnaningrat | panangise lara-lara amlasasih | rama ngimur ing putra ||
3. sun srahakên sira ing Yyang Widi | sun tilari kêris siji sira | Si Gumarang ki arane | sang putri tămpa sêmu | sampun jêngkar sri narapati | kalindhih bong-obongan | parêk kuthanipun | mantri samya rêbat paran | palayune ngalor ngetan sri bupati | ngusi ing Wirasaba ||
--- [f. 245r] ---
4. Ki Mas Lonthang ngusi Surabanggi | kawuwusa kang kari ing pura | sang putri ngèsthi pêjahe | wong Mataram angêpung | ing Madiun atêpung kikis | katur mring Senapatya | yèn putri Madiun | kantun tinilar ing pura | Panêmbahan suka manjing ing jro puri | sapraptanira nglatar ||
5. sang dyah tumingal yèn Senapati | prapta ciptanira mêngko pêjah | nulya binêdhil sang rajèng | tumamèng jaja prabu | mèsêm lajêng nulya sang putri | Senapati pinanah | warastra lir jawuh | anibani Senapatya | tan tumama kadya kaca Senapati | tinumbak ngalang-alang ||
6. lunyu malere Ki Sepati[42] |[43] tinalêmpak sangêt nora pasah | malah putung talêmpake | ya ta migah jinêm ngrum | mudhun sarya anarik kêris | Gumarang wastanira | anulya Ki Juru | Senapati dipun candhak | lah Ki Bayi andika dèn ngati-ati | yèn sisip gawe răndha ||
7. yèn paksanên iku bêbayani [bêba...]
--- [f. 245v] ---
[...yani] | kris ku uga tana wong bujana | kèndêl nèng lawang sang rajèng | Senapati aluguh | saryya ngrungrum angasih-asih | prayitna sing têbihan | akathah winuwus | awone wadya Mataram | kang ginupit winoran asmaragami | nor asrah jiwa raga ||
8. têka anglês manahe sang dèwi | myarsa andikane Senapatya | marlêsu tanpa jiwane | anyêkêl dhuwung runtuh | Senapati ika ningali | dhuwunge sampun gigal | marani sang prabu | kang dhuwung ligan cinandhak | dipun sarungakên ingage tumuli | sinandhing sang dyah rara ||
9. sarya ngandika dhuh gusti mami | nora nyana dhuh yèn asih dika | dhatêng kawula nah anggèr | marga saking ing dhuwung | lah ing mangke dhuwungmu yayi | sun rani Si Gupita | dening marganipun | sira asih mring manira | sang dyah midêl[44] cêngêng gêtun tan nauri | maksih karasa-rasa ||
10. panêmbahan tansah ngarih-ari[45] | pan adangu dènnya angrêrêpa | malah surup kang srêngenge | wus ningkah sang aprabu [a...]
--- [f. 246r] ---
[...prabu] | kang sêntana pêpêkan pragi | bala nèng pagêlaran | syarane gumuruh | Senapati Ing Ngalaga | mapan maksih angimur-imur ing rabi | akathah yèn winarna ||
11. putri Madiun kalangkung asih | dhatêng Senapati Ing Ngalaga | apan wus lipur manahèh[46] | sih-sinihan kalangkung | pan sadalu tutug karonsih | ya ta kawarna enjang | sineba sang prabu | pêpak sêntana bopatya | para mantri Măndaraka munggèng ngarsi | Dipati Pathi seba ||
12. pan aduwe pangrasa ningali | mring kang raka sanes warnanira | kadya pêngantèn sêmune | amicarèng ing kalbu | kaya ngapa kang Senapati | tan arsa abubaran | lawas nèng Madiun | iya dhèwèke akrama | isun tan bêtah nora gawa pawèstri | nulya apêpamitan ||
13. kakang kula nuwun amit mulih | wartanipun Pathi wontên mêngsah | wingi sore ing praptane | duta ngaturi wêruh | gih pun bojo ikang anuding | kula kinèn mantuka | lah ing mangke nuwun | mantuk dhumatêng [dhu...]
--- [f. 246v] ---
[...matêng] Santênan | alah yayi yèn kêna ja age mulih | yèn Pathi ana mêngsah ||
14. iya benjang ingsun kang nglampahi | Adipati Santênan amêksa | nuwun duka arsa mulèh | angandika sang prabu | alah iya karsanirèki | lamun sira tan kêna | kudu maksa mantuk | Dipati Pathi wotsêkar | undurira lajêng bubar èsmu runtik | lampahe gêgancangan ||
15. Senapati Ngalaga sira ngling | mring wadya lirna Ki Măndaraka | wruhanira ing karsane | Dipati Pathi iku | balik arsa mêsah Mêtawis | matur Ki Măndaraka | punapa liripun | ngandika kados punika | kakang uwis karsani[47] Yyang Maha Suci | apa kang winicara ||
16. mêngko isun arsa anglampahi | marang Pasuruan lah bubarna | wong Mataram gêgamane | bêndhe Ki Bicak ngukung | sigra bubar gaman lir ardi | Senapati nèng wuntat | Pasuruan rawuh | Senapati masanggrahan | kawarnaa Pasêdhahan ki dipati | rêmbag arsa nungkula ||
17. ngrasa tan [ta...]
--- [f. 247r] ---
[...n] kawawi nadhahi |[48] têpa palupine wong bang wetan | apikir ja rusak wonge | sadaya sami rêmbug | wontên bupatine sawiji | playon sing Balambangan | Kanitèn ranipun | matur kula botên rêmbag | kula purun amêngsah ing Senapati | angadua karosan ||
18. sagêndhinge kawula pan wani | angadua sapucuking tumbak | tandhing atosing kulite | lan kathah sanggupipun | dèn tontona prang kula benjing | sakèh wong Pasuruan | aja na kang milu | turuna surak kewala | sajêg kula urip dèrèng wruh rasaning | ing sêga kang sun tedha ||
19. anging kuning kang kawula bukti | bokmanawa nora kadi iwang | Senapati digdayane | tan kacangking murdèku | Senapati dening sun iki | lawase kula sêdya | mangke parêng pangguh | yèn mêngkono isun pasrah | marang sira sarupane wadya mami | apa ta karsanira ||
20. iya nora milu-milu mami | Kanitèn tur sêmbah dèn pracaya [pra...]
--- [f. 247v] ---
[...caya] | ngeca-eca nèng purane | suwarèng wadya agung | adandana tontonên mami | padha jurungên surak | isun aprang pupuh | lawan Senapati Nglaga | sigra bubar kocapa Ki Senapati | sineba dening wadya ||
21. kadang pêpêk Măndraka nèng ngarsi | angandika lah kakang Măndraka | lawan sanak isun kabèh | aja na ikang milu | nindhihana gêgaman wuri | lawan têngêran iwang | wruhanira iku | kakang musuh iki awrat | nora kêna lonthe-lonthe anadhahi | bêbayani sisipa ||
22. isun papag namur karsa mami | anging bakta wadya kawan dasa | waos cêmêng dharat bae | padha rasukan wulung | poma kakang ja bah kang baris | yèn durung sun karuwan | bubar sang aprabu | sampun wahana turăngga | pun Camuris irêng ulêsirèng nguni | sinami pênganggenya ||
23. rasukan cêmêng Ki Senapati | dhêsthar wulung paningsêt kalêkah | nyampinge wulung angêne | angêntèni dinulu | Kyai Juru tansah ing wuri | pan lirih
--- [f. 248r] ---
lampahira | dyan nulya kapêthuk | Kanitèn lan panêmbahan | Ki Kanitèn amuwus lah sira iki | wong apa ngadhang marga ||
24. êndi Senapati ing Matawis | panêmbahan aris angandika | ika anèng wuri mangke | nitihi gaman agung | iya ika ta gusti mami | isun ikang lêlurah | numbak cêmêng iku | kathahe wong kawan dasa | isun kinèn amapaga ing ajurit | anglawani ing sira ||
25. Adipati Kanitèn sira ngling | pan anglênggak sarwi latah-latah | sira iki paksa ngêne | dening kudu kumisun | musuh mami pan ora myarsi | yèn sun punjul digdaya | Senapati iku | pantês lawanku ayuda | lah mirea Senapati anauri | ora gêlêm mirea ||
26. lamun isun durung angêmasi | Kanitèn maju maksa ngadhangan | Kanitèn nudingi mangke | abeka sira iku | nora kêna ginawe bêcik | iki basên[49] agêsang | Senapati muwus | sanadyan si mêngkonoa [mêngko...]
--- [f. 248v] ---
[...noa] | bot ngawula tumêkaa lara pati | măngsa sun gumingsira ||
27. yèn mêngkono iya sun ladèni | anumbaka mara pilihana | sami ngêtab turanggane | surak amor gumuruh | numbak gêbang-ginêbang sami | wus larih-linarihan | samya têguhipum | Dipati Kanitèn numbak | wali-wali Senapati tan gumingsir | Kanitèn kasayahan ||
28. tèk budine dangu dènnya jurit | Kanitèn arsa anumbak kapal | arsa ngakahi tibane | tinumbak pathakipun | kapalira Ki Senapati | ambandhang ngênêr ngilyan | Kanitèn lok asru | ja lumayu abalia | hèh Kanitèn sira aprang nguciwani | kaya dudu prawira ||
29. têka jaran kang sira larihi | Panêmbahan angingêrkên kuda | Kyai Juru nyandhak age | dèn lirih kaki prabu | lah têdhanên marang Yyang Widi | Senapati asalat | sumukêm ing kêpuh | anêdha ngèsthi ing nala | gampangêna kalahe mungsuh ngong iki | anêkung Senapatya [Senapa...]
--- [f. 249r] ---
[...tya] ||
30. amaladi ing samadi êning | nêgês karsa samurwèng paningal | wus padhang wungu sang rajèng | tinatap waosipun | hèh Palèrèd sun jaluk mangkin | gawenira sapisan | iki lah wong iku | prihên lumpuhe kewala | sigra mangsah ngêmbat lawung Senapati | Kanitèn asru ngucap ||
31. sira bali pantèn wani maning | Senapati Kanitèn tinumbak | gandhune kagyat tibane | lupa tan darbe bayu | sampun lempoh tan bisa tangi | Panêmbahan angucap | paran ta karêpmu | Kanitèn mojar manira | nora duwe karsa mapan isun iki | ya wis dadi bêbathang ||
32. yèn kênaa isun jaluk mati | datan arsa sun matèni sira | Senapati mundhut mangke | jaran wadon puniku | ikang pincang wus katur ngarsi | nora anganggo rarab | panêmbahan muwus | Kanitèn sira muliha | matura gustimu yèn sira kajodhi | Kanitèn tan sawala ||
33. wus tinugangakên jaran èstri | pan lumampah [luma...]
--- [f. 249v] ---
[...mpah] kinèn ngiringêna | wong patang puluh rowange | balanira lumayu | ngalun-alun Kanitèn prapti | nulya sira tumama | ki dipati dulu | asru marase ing nala | sarya angling Kanitèn sira kapanggih | Senapati Mataram ||
34. kula tan panggih dipun adhangi | lêlurah numbak cêmêng satunggal | dadya atêmah sêmene | akathah aturipun | Ki Dipati kalangkung runtik | yaiku Senapatya | Kanitèn gêgêtu[50] | Dipati nimbali kalang | kinèn ngêthok Kanitèn dipun wadungi | gulune nora pasah ||
35. kathah putung wadunge anuli | sinokan timah cangkême pêjah | ki dipati ngandika lon | Kanitèn turna gupuh | marang Panêmbahan Mêtawis | sarta gawaa sêgah | turna baktinisun | duta winêling wus kesah | Ki Kanitèn jisime binakta nuli | wus prapta ngarsa nata ||
36. duta matur saha awotsari | kula nuwu[51] ngutus rayi tuwan | Pasuruan tur baktine | ngaturkên jisimipun | pun [pu...]
--- [f. 250r] ---
[...n] Kanitèn purwane wani | rayi tuwan tan sêdya | amusuha prabu | mangke katura sadaya | rajabrana Pasuruan jroning puri | tan angrasa gêgadhah ||
37. angandika prabu ing Matawis | isun tarima ikang pracaya | ari Pasuruan mangke | matura sun yun mantuk | arinisun mênênga dhingin | pa karêpe wong wetan | ja sawala kayun | ya têka dèn lakonana | duta amit Pasuruan sampun prapti | katur salampahira ||
38. ênêngêna kocap Senapati | arsa bubar mulih wus têngara | wong Mataram badhol kabèh | tan kawarna wus rawuh | ing Mataram prabu wus manjing | ing pura garwa mapag | putri ing Madiun | kinanthi ing para garwa | ênêngêna Mataram ikang winuni | nagri wetan wingkingan ||
38. Pangkur
1. kang lumayu Ki Mas Lonthang | sampun lama anèng ing Surabanggi | pan sampun pinupu mantu | tinanêm anèng Japan | Pangran Êmas tinanêm Kadhiri
--- [f. 250v] ---
iku | lami Pangran Êmas seda | kang tinanêm ing Kadhiri ||
2. dening Pangran Surabaya | Ratu Jalu kang tinanêm Kadhiri | Wirasaba kang tinandur | Kyai Răngga Pramana | Pasuruan dèn tanêmi aranipun | tumênggung ing Kapulungan | kacatur korak ing bumi ||
3. ajêjamah sami lanang | ênêngêna kocapa kang winuni | Senapati Kadhiri ku | gunêm lan arinira | dhine malih awasta Kenthol Jajagung | arine wuragil pisan | Kartimăngsa arannèki ||
4. angucap Ki Senapatya | ngong amirsa kang wirayat ing nguni | mangulon jaman ngêripun | cinêtha ing Mataram | mutêr jaman mêngko saya ngrabda iku | atis iki jaman wetan | yèn sambada lan sirèki ||
5. isun arsa angawula | mring Mataram sang raja ing Matawis | sun dêduga nora wurung | anglurug mring bang wetan | samya rêmbag Nayakarti dyan ingutus | atur surat mring Mataram | wong sadasa kang angiring ||
6. gêgancangan lampahira | kunêng Nata Mataram [Mata...]
--- [f. 251r] ---
[...ram] lagya siniwi |[52] mantri santana tumênggung | Dipati Măndaraka | lan Dipati Mangkubumi jajaripun | Adipati Singasêkar | kang putra sêsanga nangkil ||
7. putra èstri tan kawarna | pan wêwalu ikang jinunjung linggih | wontên putra lagya rawuh | rane Kenthol Kajoran | Radèn Tiron saking Giring abunipun[53] | Radèn Gathot arinira | punika kang nunggil bibi ||
8. nanging Radèn Tiron ika | salamine anênggih wontên ngardi | ginadhahkên eyangipun | Ki Agêng Giring ika | gènnya sowan sarêng aprang ing Madiun | walune Dèn Tiron ika | samya jumênêng bopati ||
9. putra kang tuwa Dèn Răngga | sampun seda Dèn Tiron anjangkêpi | sadasa putra sang prabu | Kenthol Kajoran rannya | Adipati Pugêr Ki Mas Damar iku | kasih Dipati Juminah | Ki Mas Gathot akêkasih ||
10. Pangeran Wiramênggala | apan dadya banthèng nagri Matawis | kang raka Dèn Tiron wau | Pangeran [Pang...]
--- [f. 251v] ---
[...eran] Purabaya | pan panggulu Dipati Pugêr kang sêpuh | dening putra kang panêngah | jumênêng pangran dipati ||
11. ginadhang gêntèni nata | Ki Mas Bathothot Di Jayaragi |[54] Ki Mas Bagus namanipun | Dipati Têpasa |[55] Ki Mas Dipati Pringgalayyèku |[56] kang dèrèng jinunjung lênggah | putra kalih taksih alit ||
12. akêkasih Mas Tambaga | Mas Kadhawung wuragil maksih alit | nêngna kocap kang lumaku | Ki Nayakarti prapta | ing Mataram katur wontên duta rawuh | sing Kadhiri tinimbalan | Nayakarti awotsari ||
13. matur tur surat tinampan | kunêng bêbukaning tulis atur bêkti |[57] saking kawula pukulun | di dalêm Senapatya | ing Kadhiri katura Prabu Matarum | kang sinêmbah ing ngalaga | kang sampun tuk sih Yyang Widi ||
14. kaladan ingkang safangat | Kajêng[58] Nabi Duta Muhhamad kasih | myang barkat wali sêdarum | kang sinêmbah ing Jawa | sarta ikang sawab-sawab kang
--- [f. 252r] ---
lêluwur | panjangêna ikang yusya | sasampuning ikang bakti ||
15. pukulun pun dasih arsa | angabdi ing pada paduka aji | dadia pakathik ulun | yèn sampeyan sudia | mupu ămba atur pênyah[59] gêsang prabu | kinarya pangarit suka | la-ila kawula inggih ||
16. karsa angabdi sang nata | ing saturun-turun ămba andasih | dhumatêng têdhak sang prabu | igih mugi sudia | ngabdèkakên mring pun Senapati prabu | têlas saèsthining manah | wus kawrat sadalêm tulis ||
17. ya ta mèsêm jroning nala | Panêmbahan mirsa saungêl tulis | angandika sang aprabu | Nayakarti sun trima | pracayane anak Senapati mring sun | jumurung donga Pangeran | tinêtêpna imannèki ||
18. olèhe rêp duwe bapa | marang isun sutèngong Senapati | nanging sun sumaya besuk | lamun wulan Muharam | sun utusan mapag dandana [danda...]
--- [f. 252v] ---
[...na] dèn gupuh | pinasalin Kartimăngsa | sapangadêg lawan picis ||
19. tinundhung binaktan surat | Nayakarti tur sêmbah sigra amit | tan kawarna wisma rawuh | marêk ing kakangira | sapolahe wus katur myang surat prabu | tinampan tinigil[60] sirah | anulya sinukmèng ati ||
20. pèngêt jêbèng layang iwang | dhumatênga Senapati Kadhiri | dhingin salam donganisun | lan sira atur surat | marang isun wus sun tupiksa sêdarum | kaliwat tarimaningwang | de sirarsa mring Mêtawis ||
21. angaku bapa maringwang | liwat suka sun dêdonga Yyang Widi | antuka safangatipun | Kangjêng Nabi Muhamad | tinêtêpna ngiman pinjangna ngumur |[61] nging benjang wulan Muharam | isun papag putra mami ||
22. anuli sira mangkata | lamun sira yakti bêbukan tulis | kawrat ing sarasanipun | andhêku Senapatya [Se...]
--- [f. 253r] ---
[...napatya] | langkung suka pangrasane wus katêmu | kalih kangjêng panêmbahan | ênting sukanirèng galih ||
23. ênêngna datan winarna | ing Mataram kang winursitèng kawi | wus prapta ngubayanipun | mangke gasi[62] Muharam | panêmbahan miyos pêpak wadya agung | ngandika dhatêng kang putra | Wiramênggala sun tuding ||
24. sira angirida lampah | amapaga Senapati Kadhiri | Si Alap-alap Tumênggung | sira angêmbanana | putraningwang ing iya lan dudunipun | sira ikang ngundurêna | lan mantri Majêgan sami ||
25. kabèh lah padha milua | wong Kajoran Pajang lan Jagaragi | Dêmak ngiringa putrèngsun | nanging ta wêkas ingwang | lamun esa[63] Senapati yèn acundhuk | Si Tumênggung Alap-alap | mringa Rawadalêm benjing ||
26. yèn Rawadalêm wus kalah | bayongana wêling dalêm wus ênting | nêmbah bubar saking ngayun | Madiun [Ma...]
--- [f. 253v] ---
[...diun] gèn barisan | Ratu Jalu sineba ngaturan waruh[64] | lamun wong Mataram prapta | Ratu Jalu duta aglis ||
27. dhumatêng ing Surabaya | sung uninga yèn arsa dipun gitik | Japan Wirasaba wau | Pasuruan Pamalang | lan Lumajang Kartasana cawis sampun | wong Mataram sampun prapta | mondhok Kartasana uni ||
28. sakilèn Kadhiri ika | mujur ngidul Pakuncèn wastanèki | tutug kidul kilènipun | Kadhiri kang kawarna | pêpak paseban Senapati datan milu |[65] sayade lagi kalaran | apracaya mring kang rayi ||
29. awasta Ki Saradipa | mugèng ngarsanira sri narapati | jajar sira mantri agung | sri bupati ngandika | kakangira tan asru sakitipun |[66] yèn kakangira alara | sira angirida baris ||
30. mapag prange wong Mataram | lah bubara ngida wong Kadhiri |[67] têngara [tênga...]
--- [f. 254r] ---
[...ra] bubar wadya gung | wong êlèr dèrèng prapta | mung Sarêngat Balitar Malang kang bantu | lawan Rawa wus lumampah | katingal bala Matawis ||
31. pan sampun ayun-ayunan | Saradipa ikang dados pangarsi | katawang anèng ing ngayun | wong Mataram uninga | winangsitan aja na nêmêni iku | acampuh kang punang yuda | wong Kadhiri ambêdhili ||
32. nging Saradipa sawadya | bêlira ngarêpkên midhuwur sami | wong Mataram bêdhilipun | norana minimisan | nging kèri kanan anêmên gènnya campuh | apêrang tutug sadina | malah kasaput ing wêngi ||
33. kocapa kang anèng wisma | Senapati ngandika mring ari kalih |[68] katiga lan mantrinipun | Prayayi Giri wasta | Mas Balimbing punika ingambil mantu | lah padha sira dandana | sun lalos sawêngi mangkin ||
34. hèh manawa karainan | ngalumpuka sakèhe rayat mami | sawiji aja na kantun | ri sampunnya mêngkana | Saradipa [Sa...]
--- [f. 254v] ---
[...radipa] sarayate sampun rawuh | jalu èstri wus adandan | prasamya angati-ati ||
35. Senapati sampun bubar | sakèh èstri kinêpang nèng têngah sami |[69] Saradipa sinukan wruh | Saradipa wus bubar | kang santana jinawilan patang puluh | wus têbih sing pamondhokan | wus pagih lan Senapati ||
36. lumampah sampun anunggal | sarêng enjing mring wong akèh kawarti | Saradipa lalos dalu | arsa balik Mataram | katur Ratu Jalu nulya kinon nusul | tangara wadya sumahab | kacandhak Ki Senapati ||
37. ing Karakal Bratayuda | Mas Balimbing mantune Senapati | tumandang mangsah angamuk | kinarubut punggawa | ing Kadhiri pugawa akathah tatu | atanapi ikang pêjah | kathahên lawan Mas Blimbing ||
38. wus kanin dyan Senapatya | pan tumingal santana ingatag sami |[70] kèhe satus patangpuluh | sarêng nêmpuh wong wetan [we...]
--- [f. 255r] ---
[...tan] | kathah tatu apuyêngan pêrangipun | Senapati autusan | mring Dèn Wiramênggala glis ||
39. wus katur sigra ingatag | wong Mataram mêthuk Ki Senapati | prajurit Sandêran rawuh | dyan ngamuk wong Mataram | wong bang wetan kèh pêjah gègèr lumayu | ngusi kutha têtêg lawang | Senapati sampun prapti ||
40. pamondhokan sigra mapag | Radèn Wiramênggala sampun panggih | sêsalaman sanakipun | sami atur kang salam | kakang salam dongane rama dikèku | Senapati nêkêm sirah | anuwun ture mlad ati ||
41. wus lênggah ing pasanggrahan | angandika Dèn Wiramênggala ris | Lap-alap banjur anglêbur | ing Rawadalêm ika | kèh bopati sira angirida laku | umatur Ki Alap-alap | botên binêdhah Kadhiri ||
42. nora wani tan winêkas | kangjêng rama nora kon bêdhah Kdhiri | ngirida bopati catur | manira
--- [f. 255v] ---
arsa bubar | ngiringakên marang kang Senapatiku | kinèn lajêng mring Mataram | panêmbahan ngarsa-arsi ||
43. Ki Senapati angucap | yèn sawawi binêdhah ing Kadhiri | kula adunên prang pupuh | manèk[71] dede kang karsa | rama dika ing Mataram kang sinuwun | Lap-alap sampun lumampah | Rawadalêm dèn lurugi ||
44. kandhaga lante sakawan | kang angiring radèn kèn têngara glis | gêgaman bubar sêdarum | Senapati nèng ngarsa | sasanake prawira anèng ing pukur | Radèn Arya anèng têngah | kapalan kang anèng wiking ||
45. dohe lête saonjotan | lan gêgaman agêng bilih manawi | tinutan aja kuwur |[72] lampahe sampun prapta | Jagaraga apan arêrêb ing ngriku | anganti Ki Alap-alap | wus duta ngaturi uning ||
46. yèn Senapati kabakta | anèng margi Alap-alap winuni | Rawadalêm wus kinukup | wus mundur bêboyongan [bêboyonga...]
--- [f. 256r] ---
[...n] | anèng ngarsa Jagaraga sampun rawuh | katur Dèn Wiramênggala | sakèh bêboyongan nuli ||
47. sagupita baris bubar | sakèh tawan dinèkèn anèng ngarsi | kocapa ikang ingutus | prapta ngarsa tur sêmbah | lampah kula sinuwun nênggih ingutus | dhumatêng putra paduka | tur uninga lampahnèki ||
48. Rawadalêm sampun bêdhah | têtiyange gusti wus kinarikid | miwah Senapati iku | ing Kadhiri kabakta | angantosi timbalan dalêm sang prabu | sri nalêndra angandika | dhatêng ing wadya sarati ||
49. gajah isun plananana | paèsana poma dipun abêcik | panêmbahan sampun mundhut | pangangge sarya endah | kampuh dhuwung calana panisêtipun[73] | amudhut[74] kawan gagragan | miwah pangagening èstri ||
50. sêlir dalêm pan satunggal | kinèn mêthuk rabine Senapati | ingiring wong tigang atus | ya ta anuli bubar | gajahira [gajahi...]
--- [f. 256v] ---
[...ra] ikang lukya ing ngayun |[75] datan kawarna ing marga | samana sampun apanggih ||
51. rabinira Senapatya | pinasalin pangangge adi-adi | Senapati apan sampun | pinapag ing busana | katimbalan rama dika kinèn laju | pan tansah ingarsa-arsa | inganti wontên ing jawi ||
52. wus laju prapta nêgara | wus tumamèng alun-alun Matawis | radèn arya sowan prabu | pinèpèkkên sadaya | Senapati sasanak nèng wringin kurung | ngandikan laju mring ngarsa | cumudhuk[76] samya ngabakti ||
53. angandika Panêmbahan | putranisun angujunga mring kami | Senapati sèlèh dhuwung | anglangsur gèn lumampah | dyan manêmbah suku sang ngusapi lêbu | gigirira Senapatya | ingusap-usap sang aji ||
54. êndi ta sadulurira | Saradipa lawan Jêjagu[77] iki | Senapati nêmbah matur | punika ikang lênggah | pungkuripun putra paduka sang prabu | kêkalih abdi sampeyan |
--- [f. 257r] ---
padha ngujunga mring mami ||
55. nêmbah sèlèh kêrisira | kêkèsodan ngujung sumungkêm sikil | ngêmak-êmak sirahipun | Saradipa de nata | Senapati tan kawawa ciptanipun | nandhang sihira sang nata | apa sun walêsna kang sih ||
56. Saradipa Kartimăngsa | Ki Jêjagu makana[78] siptanèki | tan angrasa darbe umur | Senapati tur sêmbah | sêtya ămba badan kawula sakojur | katura dhatêng sang nata | rambut gêtih sungsum daging ||
57. pêjah gêsang ngong katura | abdi dalêm tiga katur sang aji | ămba tan duwe sadulur | nging sêtya tuhuniwang | tan kumêdhap anging tuwan gustiningsun | yèn ngimpia gusti liyan | mugi sun ja dadi jalmi ||
58. tarima baktimu mringwang | muga tinêtêpna manirèki |[79] tinêkana sêdyanipun | Panêmbahan ngandika | lah ta padha ngèstokêna wong Matarum | mêngko jêbèng Senapatya | lah iya sun angkên siwi ||
59. sun karya putra pangarsa | hèh sakèhe putra-putra sun iki | basaa kakang sadarum [sa...]
--- [f. 257v] ---
[...darum] | dèn atutna kêkadang | sira padha ngestokêna ujar isun | kang putra sami pranata | sinung desa Senapati ||
60. sèwu gangsal atus kèhnya | Saradipa wong dhomas lênggahnèki | arine kalih wus sinung | karya nêmatus sowang | umahira wus cinawisan sadarum | wus sawulan laminira | sang nata sineba mantri ||
61. tumênggung santana putra | sang nata ngandika mring Senapati | balik jêbèng putranisun | arimu Saradipa | isun pudhut ngawulaa dhewe mring sun | Senapati atur sêmbah | kawula adarmi-darmi ||
62. kang gadhah abdi sampeyan | badan kula sakojur ngawula ji | sampun sanès jasad umur | kawula tan lênggana | nadyan umur kawula pundhutên katur | gusti kang darbe sampeyan | panêmbahan ngandika ris ||
63. lawan maning saprakara | kaki isun durung duwe kuthyèki | sira karyakêna isun | Senapati tur sêmbah | wong Mataram undhangana karya banun | pêthak [pê...]
--- [f. 258r] ---
[...thak] abrit dipun kathah | yèn wus kumpul atur mami ||
64. kinarya kutha bacingah | apan sampun wong cili dèn undhangi | prasamya akarya banun | bata bang bata pêthak | wus cumawis adan prasamya anyambut | sadaya wadya Mataram | kutha bacingah wus dadi ||
65. nora ngago bêbolongan | Panêmbahan ngandika alah kaki | jêbèng Senapati iku | kaya pa karsanira | nora nganggo lompongan bêdhil turipun | punika sêdya kawula | lamun wontên musuh prapti ||
66. wadya ngêkêba ing kitha | lamun musuh sêdya mrêp agêng prapti | kula mapag jawi banun | sampun gêpok nêgara | kawula kang manggut nalangi lampus |[80] yèn kangsi gêpok nêgara | ămba wirang wong Mêtawis ||
67. adawa lamun winarna | kutha bacingah dadi dèn babadi | trus lunga lor iku |[81] miyos Raja Mataram | nitih liman angandika sang aprabu | payo jêbèng nugang gajah | awot sinom [si...]
--- [f. 258v] ---
[...nom] Senapati ||
39. Sinom
1. anuwun ajrih kawula | dados punapa wak mami | jajar lan paduka nata | ila-ila kang kapanggih | dharat kemawon mami | panêmbahan ngandika rum | pa nganti isun têdhak | Senapati awotsari | nulya minggah ing ăndha luhur wus prapta ||
2. alênggah anèng palana | ngandika Raja Matawis | jêbèng sun mirsa wirayat | pucang tirisan Matawis | wong wetan ngrusak benjing | tanêm tuwuh ing Matarum | turira Senapatya | yèn èstu kalangkung dening | ămba wirang tumingal wadya Mataram ||
3. lamun ămba maksih gêsang | kangsi linêbur Matawis | kawula wirang ing jalma | ămba têdha ing Yyang Widi | yèn wong wetan lumaris | kawula punagi besuk | kamangkara nak ingwang | gaib parentah Yyang Widi | priye uga putrèngsun gone sumigah[82] ||
4. wingi turing kajinêman | samyarsa dus ing Sêmagi[83] | sakathahe wong bang wetan | lampahe ikang angirid [ang...]
--- [f. 259r] ---
[...irid] | Si Adipati Gêndhing | ing Surabaya puniku | Pasuruan lumampah | ngirid Dipati Pasagi | ing Kadhiri ingran Rănggalêlana |[84]|
5. rumiyin tiyang bang wetan | datan purun dhatêng mami | lah jêbèng padha tinitah | ja sira jubriya kibir | padha umat tan kêni | sira ina putranisun | rèh dening ing agêsang | sokur rêna genên kaki | awotsêkar sampun angidêri kitha ||
6. anulya dhatêng pasowan | tumêdhak saking ing èsthi | Senapati bukuh lênggah | mukanya konjêm ing siti | putrangong Senapati | ligiha lan rinirèku | yya mulih-mulih sira | sri nalendra manjing puri | animbali kang para garwa sadaya ||
7. Senapati ingandikan | putra sêntana dipati | ja na mulih angantia | wêtune Ki Senapati | wus lajêng majing puri | lênggah wontên nglatar bukuh | jêbèng dèn marang ngarsa | ingawe linggiha nginggil | ajajara lan biyangira sadaya ||
8. anuwun sangêt jrihira | apa nganti dèn parani | dening biyangira nulya | pranata
--- [f. 259v] ---
asèlèh kêris | genên dhuwungirèki | wus rakêt lawan sang prabu | cinandhak kèn ajajar | kalawan kang para rabi | pêpudhutan gya prapta kalih ambêngya ||
9. adhahar lan pramèsyara | garwa pamigir anugil | adhahar lan Senapatya | dangu wusan dènnya bukti | Panêmbahan ling aris | jêbèng sun durung andulu | nganggo bêbadhong sira | apa nora dhêmên kaki | atur sêmbah adarbe badhong kawula ||
10. sawiyos botên prayoga | tan wontên niyakanèki | panêmbahan angandika | biyangira duwe kêndhit | tur nayakane adi | masthi awèh sira jaluk | kagyat Ki Senapatya | miyarsa dikaning gusti | ciptanira dhuh nora kawawa iwang ||
11. nadhahi sih gustiniwang | kang sinêmbah ing Matawis | tulusa mêngku buwana | sinebaa para aji | anging ta awak mami | kawalêsa sihing prabu | benjang yèn ana aprang | muliha bandhusa mami | wurung mati aja wurung kanin iwang ||
12. saking tan kawawa nandhang | bêbadhong sampun rinakit | tinudhung[85] mêtu wus prapta | paglaran bubar kang nakil | ênêngna ing Matawis | ana malih kang winuwus | wong agung ing bang wetan [we...]
--- [f. 260r] ---
[...tan] | sampun atata kang baris | arsa nglurug dhumatêng nagri Mataram ||
13. Dipati Gêndhing kalawan | Ki Adipati Pasagi | puniku kang ngirid lampah | têtindhihing Surabanggi | Răngga Lana Kadhiri | Japan Wirasaba kumpul | Pasuruan Lumajang | ing Malang Pugêr lan Têri | Rênon lawan Singasari Panarukan ||
14. ing Cakru myang Banyakpêthak | nêgara kidul winarni | Srêngat Balitar lan Rawa | Kalangbrèt lan Panaragi | pasisir kang winarni | Lamongan lawan Sidayu | Garêsik miwah Tuban | Lasêm lawan Aribanggi | kalumpukan nèng Madiun parêmbagan ||
15. pinaju ro wong Mataram | wus bubar Dipati Gêndhing | mêdal êlèr langkung gêngya | kang mêdal kidul Pasagi | kocap Prabu Mêtawis | sineba ing wadya agung | Panêmbahan ngandika | lah ki jêbèng Senapati | paran karsanira wong wetan lumampah ||
16. ngamungna dening kawula | lan sakathahing putra ji | jênêngana ing kawula | yèn kênaa putra mami | ingong milu magoni[86] | ture sangêt nuwun ingsun | yèn ămba maksih gêsang | owêl sih dalêm nglangkungi | yèn wus pêjah kawula sakarsa nata ||
17. yan sun iring karsanira | adandana [a...]
--- [f. 260v] ---
[...dandana] wong Matawis | sampun siaga sadaya | sadandananing ajurit | putrèngsun sanak mami | padha milua sadarum | ngiringa Senapatya | turutên sakarsanèki | sampun pêpak ngalun-alun kang gêgaman ||
18. malah ambèr têkèng pasar | lêlurung kèbêkan baris | lah jêbèng padha bubara | sun srahakên ing Yyang Widi | putra-putra ngabakti | Ki Senapati angujung | wus dèn angatya-atya | punang têngara wus muni | Kyai Bicak ngangkang wong Mataram bubar ||
19. mantri kilèn anèng ngarsa | kasambungan wong Matawis | para kadang anèng wuntat | anèng têngah Senapati | putra-putra nèng wuri | păntha-păntha kadya gunung | nèng Taji tatan-tatan | amuwus Ki Senapati | yèn sawawi pangeran ing Purubaya ||
20. dadosa têtindhih yuda | akalihan ikang rayi | ing Pangeran Jayaraga | lawan Panji Wirabumi | Malangsumirang nguni | Pangran Mangkubumi muwus | alah sakarsanira | Ki Ngabèi Wirapati |
--- [f. 261r] ---
lan Ngabèi Kartiwêdana kalawan ||
21. sakathah tiyang Kajoran | ikang dadia pawingking | dawêg gèr dika lumampah | wus bubar gêgaman sami | kang dadi Senapati | Pangran Purabaya iku | kang kari masanggrahan | ing Taji Ki Senapati | nulya matur dhumatêng ing para putra ||
22. miwah Pangran Mangkubumya | sawawi agèr lumaris | nulya bubar kang gêgaman | mantri Pamajêgan ngarsi | Ki Angabèi Rawi | Ngabèi Jênar Tumênggung | Bacor tuwin Ki Dêmang | Kalêng Kalêgèn Ngabèi | lan Ngabèi Ngawu-awu sinambungan ||
23. dening mantri ing Mataram | Wiratanu Ki Ngabèi | lan Tumênggung Singajaya | Arya Panular anuli | Patrabăngsa Ngabèi | Arya Jagabaya iku | lan Dêmang Tanpanaha | Tumênggung Wiranêgari | atanapi Ki Tumênggung Jawiraga ||
24. iku mantri ing Mataram | sami prawira ing jurit | têguh-têguh tau tatal | ing wêweka wus pratami | nèng têngah Senapati | ingiring saduluripun | ikang lumampah ngarsa | pangeran ing Mangkubumi | lan kang rayi pangeran ing Singasêkar ||
25. putra lumampah ing wuntat | Pangran Têpasana uni | Pangran Pugêr [Pu...]
--- [f. 261v] ---
[...gêr] wurinira | Pangran Wiramênggalèki | nulya pangran dipati | tan têbih ban anut tumut | Pangeran Pringgalaya | nèng ngarsa kang raka uni | kangjêng pangran dipatwa[87] nagri Mataram ||
26. nênggih Pangeran Juminah | êmban Ki Nitik tan têbih | wingkinge Pangran Dipatya | wus prapta kali Sêmanggi | ngucap Ki Senapati | Pangran Mangkubumi iku | dados pangawat kiwa | sakèhe wadya Matawis | abarisa têngah dadya gunungan |[88]|
27. dening kawula piyambak | mangawat kanan nimbangi | kalawan sanak kawula | kang mêtu lor tata sami | kang mêtu kidul panggih | Pangran Purbaya lan musuh | sampun campuh ayuda | lawan Dipati Pasagi | kèhên lawan sigra prajurit Mataram ||
28. sigra ngawaki sadaya | ngamuk Pangran Purbaya glis | kalawan ta arinira | nrajang Panji Wirabumi | lir macan Wirapati | Malangsumirang angamuk | miwak[89] Kartiwêdana | tandange lir banthèng kanin | nora pasah akathah braja kang rêmpak ||
29. pangeran ing Purabaya | kinarubut lan kang rayi | kinarayok[90] ing sanjata | sinasog [sinaso...]
--- [f. 262r] ---
[...g] suligi lêmbing | tibane kadya riris | tan miris kang saya purun | ngorak-arik pangeran | wong wetan akathah mati | wus kalandhih[91] prajurite ting sulayah ||
30. mangalor palayunira | agolong sisaning mati | gêndring Pasagi Dipatya | karyanira mapan nugil | gamane Jasari |[92] Ki Senapati acampuh | ukih-ingukih ramya | narajang Ki Senapati | lawan kadang arampa[93] dènira yuda ||
31. along pangamukira |[94] wong wetan kathah kang kanin | Si Ranupang wus pralaya | gya tinigas murdanèki | wong wetan samya wiwrin | akathah samya lumayu | datan măngga puliha | akathah jalma ngêmasi | salang tunjang lumayu arêbut ngarsa ||
32. ngungsi baris Jatisêkar | Ki Saradipa tut wuri | lan Jêjagu Kartimăngsa | Senapati anèng wuri | ngiring wong magêrsari | anging wadya patang puluh | Ki Senapati ika | kaponakane Pasagi | pamanira [pamani...]
--- [f. 262v] ---
[...ra] punika dipun upaya ||
33. dènira Ki Senapatya | mêngkana ciptaning galih | yèn katêmua si paman | arêp sun tandhing kuwanin | ngadu wulêding kulit | miwah tose kang bêbalung | arêp sun cicipana | têtumbake paman Sagi | iya baya dening nora kaparêngan ||
34. baya wus karsaning Sukma | Ki Adipati Pasagi | king kidul kang kabêdhag |[95] kaprêgok lan Senapati | Ki Pasagi ningali | hèh bocah sapa ta iku | lumampah tanpa cara | ingiring wong magêrsari | wadya matur putra dika Senapatya ||
35. Dipati Pasagi sênggak | kêplok ngucap nampèl wêntis | adhuh bage sira nyawa | gandhèrèh pagih lan mami | alawas sun ulati | sun pinta-pinta ing kalbu | Ki Pasagi sêsumbar | gandèrèh tolihên mami | abalia di rupane raènira ||
--- [f. 263r] ---
36. payo rêbat kasudiran | aja na mundur sajari | sigra nolih Senapatya | ingkang paman dèn tingali | payo bocah abali | si paman Pasagi iku | angudhal-udhal mringwang | sokur bage man Pasagi | lamun sira katêmu sun pinta-pinta ||
37. sun ulati sadangunya | ja liyan sira ngajurit | nulya Senapati mangkat | ingiring wong magêrsari | mung waos kawan dasi | sigra anulya katêmu | Pasagi suka-suka | gandèrèh sira wus mukti | dening sara nora wêruh kabêcikan ||
38. akathah inguman-uman | anêmbah bèbèt ong[96] cili | dumèh ngawula Mataram | Senapati anauri | hèh sira man Pasagi | nyanyah-nyunyah yèn cêlathu | dèn wawa sok mêtua | pantês binacuk ing kêris | Ki Pasagi kèh ngucap ja kèh rêrasan ||
39. hèh tabe paman manira | anauri [a...]
--- [f. 263v] ---
[...nauri] Ki Pasagi | hèh Senapati tan ana | anak lan bapa wong jurit | padha rêbut sih gusti | lah payo aja na mundur | balane kinêjepan | kinarubut Senapati | nulya ngamuk lan magêrsari kiwala ||
40. ingkang tinarajang bubar | akèh tatu akèh mati | Dipati Pasagi mara | sêsumbar nyamêthi wajik | gandèrèh dèn mring ngarsi | ingsun mungsuhira pupuh | anolih Senapatya | wus liwung pangamuknèki | sigra numbak Pasagi jangkêp ping tiga ||
41. tan pasah Ki Senapatya | angucap paman Pasagi | tèkna karosanira |[97] paman ja kasusu ugi | malês Ki Senapati | Ki Pasagi dipun lawung | pasah jajane bêncah | sayah Dipati Pasagi | bari lalu winalês Ki Senapatya ||
42. gulu iringe kang kêna | pasah sawuku anuli | Ki Senapati aniba | Ki Pasagi wus ngêmasi | sampyuh nèng papan uni | rinêbat ing balanipun | Pasagi [Pasa...]
--- [f. 264r] ---
[...gi] binandhusa | kawarnaa wong Matawis | Ki Ngabèi Patrabăngsa sampun wikan ||
43. lamun Senapati aprang | sigra anulya nulungi | pangeran ing Purabaya | ingkang bujung Ki Pasagi | saparane dèn tut wuri |[98] nuli mirsa surak umung | tandang sarêng praptanya | lan Patrabăngsa Ngabèi | datan wikan sedane Ki Senapatya ||
44. binandhusa layonira | Pangeran Purabaya ngling | ayo enggal tinututan | sadaya olèha odhil | mandah dukane kyai | iya kêkasihèn[99] lampus | pan ora olèh bela | binêdhag mêngsah anggêndring | Ki Pasagi layone sampun kacandhak ||
45. bandhusa sampun pinêcah | layone tinigas wani | ya ta wau kang winarna | pangeran ing Mangkubumi | lan Pangeran Dipati | miwah pra putra sadarum | Ngabèi Patrabăngsa | matur Senapati
--- [f. 264v] ---
lalis | Pangran Adipati Mangkubumi mênggah ||
46. nampèl pupu kalih pisan | kêkasih dalêm ngêmasi | dadya apa wong Mataram | datan wande dèn kêthoki | na jêjênêng satunggil | Rănggapita dyan lumayu | karsanya tur uninga | nulya Pangran Mangkubumi | matur dhatêng kang putra Pangran Dipatya ||
47. dadia têtindhih sira | lah nêdhaa manggut[100] jurit | malar ta olèha bela | patine Ki Senapati | alah ta uwa inggih | sakarsa dika wus rêmbug | sigra têngara munya | wus dandan para prajurit | para putra sadaya sampun siaga ||
48. sigra têngara wus bubar | prajurite ngati-ati | pra putra mijil sadaya | anitihi gamannèki | rampak lakuning baris | kajinêman wetan tur wruh | Dipati Gêndhing sigra | têngara lalos ngunduri | sampun bubar wong dharat lumakyèng ngarsa ||
49. prajurit anèng ing wuntat | padha jêjaran [jêja...]
--- [f. 265r] ---
[...ran] uni |[101] atata ing lampahira | wong Mataram aningali | sigra para prajurit | tinggal gêgaman anungsul | bopati para putra | kacandhak tanpa lur uni | gaman wetan majêng tata mundur mara ||
40. Durma
1. bêdhil apasang miranti kang rataka | umangsah wong Matawis | pra putra bupatya | mantri lawan prawira | kinarubut dening bêdhil | suraking bala | lir udan sinêmèni ||
2. para putra nora sangsaya mirisa | dadi bungah ing ati | lir ngadhêp bêdhaya | sakèh para prawira | pangamuke ngewak-awi[102] | numbak anigas | anuduk angakahi ||
3. para putra pangamuke kadi Parta | kinarubut ing bêdhil | sinasog ing tumbak | linêmbing nrangkolang |[103] suligi kadi garigis | datan tumama | ngamuk saya nêngahi ||
4. lindhu awor wong bang wetan akèh pêjah | prajurit kathah
--- [f. 265v] ---
mati | gègère puyêngan | kalindhih wong bang wetan | dêl Surabaya kèh mati | mantri ro pêjah | Jaladra Wiraragi ||
5. Adipati Gêndhing lan Jayalêlona | sarêng malik kulambi | mundur mungkur menda | nora anolih rencang | nusup Galagah andhêlik | samya ngadhangan | sakèh wadya Matawis ||
6. mundur kang mênang prang dhatêng pamondhokan | Pangeran Mangkubumi | rêmbagan utusan | tur uning Panêmbahan | sêsandêran kang tinuding | ingkang kocapa | Rănggapita wus prapti ||
7. sampun marêk ing sang aji tur uninga | yèn Senapati mati | jêngêr Panêmbahan | suwe medal kang waspa | gêgêtunira tan sipi | micarèng nala | dhuh jêbèng Senapati ||
8. nora nyona yèn sira nuli palastra | iya ingsun kang sisip | purwane mêngkana | dening bêbadhong ika | ingsun ingkang bogan[104] ugi | lah anak ingwang |
--- [f. 266r] ---
sira isun belani ||
9. atangara panêmbahan ing Mataram | sikêp dalêm abaris | gajah pinalanan | kuda wus kinakapan | arsa bubar nuli prapti | duta tur wikan | wus marêk sri bupati ||
10. atur sêmbah kawula ngutus pun kakang | Pangeran Mangkubumi | ngaturi uninga | kêkasih dalêm pêjah | sampyuh lawan Pasagi |[105] atur kêthokan | tiwas pun Mangkubumi ||
11. dening mêngsah dalêm mangke sampun sayah | akathah ikang mati | anuwun ing karsa | punapa linajêngna | dhatêng bang wetan turnèki | pun Mangkubumya | sapindhahipun malih ||
12. jisime Senapatya anuwun karsa | dipun pêtak ing pundi | ngandika nalendra | Rănggapita balia | timbalana Mangkubumi | padha muliha | sakèhe wong Matawis ||
13. dening arêp ambanjur marang bang wetan | durung măngsa ing mangkin | tur măngsa wurunga | anglurug ing bang wetan | yèn wus mangsane ing benjing | pan puniwang |[106] angrata tanah Jawi ||
14. lan jisime Senapati
--- [f. 266v] ---
dan pêtêka | aran desa ing Wêdhi | duta nêmbah kentar | sang nata angandika | mring wadya warahên aglis | ya rabinira | putrèngong Senapati ||
15. yèn lakine pralina padha mapaga | marang desa ing Wêdhi | sampun dhinawuhan | kagyat Ni Senapatya | alara-lara anangis | wontên putranya | èstri wulanjarnèki ||
16. Mas Balimbing kantaka niba ing lêmah | lir grah syaraning tangis | dalêm Senapatyan | dawa winarna brăngta | wus dandan kang samya nangis | kèh rabinira | wragane Senapati ||
17. wong patang puluh kang mati rabinira | alara dènnya nangis | ya ta wus lumampah | Ni Nyai Senapatya | anjujug desa ing Wêdhi | duta kocapa | pasagrahan[107] wus prapti ||
18. pêpak putra Mataram wus dhinawuhan | satimbalan nêrpati | nulya samya bubar | mulih dhatêng Mataram | lan jisime Senapati | samya uruna | kinèn mêtak ing Wêdhi ||
19. kang angirid Nayakarti pan wus [wu...]
--- [f. 267r] ---
[...s] bubar | sampun prapta ing Wêdhi | Nyai Senapatya | mêthuk ngusya bandhusa | sêsambate amlasasih | putra wanodya | kantaka niba siti ||
20. tan winarna sêsambate kathah-kathah | gawe rasaning ati | jisim wus pinêtak | kocap kang mudur[108] aprang | prapta kitha ing Mêtawis | katur nalendra | Panêmbahan wus mijil ||
21. tinimbalan prapta ngarsaning nalêndra | Pangeran Mangkubumi | lawan para putra | samya ngujung sadaya | para mantri atur bêkti | Amangkubumya | matur tur tiwas ngaji ||
22. sri nalendra aris dènnya angandika | lah kakang Mangkubumi | apa winicara | mapan wus karsaning Yyang | sun tutuh sarira mami | ikang akarya | patine Senapati ||
23. Panêmbahan amudhut arta busana | pangangge ikang adi | sampun ginanjaran | para putra sadaya | miwah ikang para mantri | sampun warata | lirna Ki Mangkubumi ||
24. Saradipa Ki Jêjagu Kartimăngsa | ginanjar [gi...]
--- [f. 267v] ---
[...nanjar] wastra adi | kancana salaka | arta sinung wanodya | Sradipa jinunjung ligih | wus ingaranan | Martalaya Dipati ||
25. Ki Jêjagu sinung kêkasih Ki Arya | Jayasupănta uni | wus jênêng dipatya | Kartimăngsa winastan | Saradipa Ki Mas Sari | ginanjar Dêmak | wus jumênêng dipati ||
26. sakèh wong Mataram wus sinungan desa | sapantês-pantêsnèki | sadaya warata | asuka manahira | kondur nata manjing puri | pinarêk lawan | garwa pêpak nèng ngarsi ||
27. angandika para garwa winartanan | patine Senapati | angungun tur sêmbah | akathah ginupita | kang rayi Dipati Pathi | garwa winartan | adan tadhahan mijil ||
28. panêmbahan adhahar lawan kang garwa | tansah dèn pêpiringi | kang garwa atămpa | wusan wus linorodan | tan kawarnaa wus alami |[109] jêng panêmbahan | gupita gulamilir ||
41. Dhandhanggula
1. sri nalendra tansah [tansa...]
--- [f. 268r] ---
[...h] anjarwani | mring kang garwa kang rayi Santênan | mêngsah Mataram karsane | garwa tansah tinantun | aturira sumăngga kapti | sri nalêndra sineba | pêpak wadya agung | nayaka lawan prawira | miwah putra pra santana pêpak nakil | Măndraka anèng ngarsa ||
2. eca gupita na duta prapti | sing Santênan marêk sri nalendra | sidhupuh atur sêmbahe | nuwun kula ingutus | rayi nata atur udani | mêngsah wetan gêng prapta | ngandika sang prabu | ya warahên ariningwang | isun dhewe besuk ikang anindaki | atulung ing Santênan ||
3. tan susah tulung jurit sang aji | rayi nata taksih kêlar nandhang | muhung nuwun idi rajèng | kalayyan atur sawung | pêpênêde nêgari Pathi | nuwun sawung Mataram | sawiyos kang punjul | lah warahên nora nana | ing Mataram kang prayogi nging kabiri | loro sira gawaa ||
4. padha nom-anom jago Matawis | duta nêmbah mêsat ngarsa nata | Măndraka alon [alo...]
--- [f. 268v] ---
[...n] ature | punapaa tan sinung | kakang arinira ing Pathi | wus karsaning Yyang Sukma | ambalik ing kayun | aluwaran sri nalendra | datatita kocapa Dipati Pathi | sineba dening bala ||
5. pêpak kabèh pugawa ing Pathi | kang prawira miwah kang santana | dinadar lèlèr wadyane | agêng alit sêdarum | angandika Dipati Pathi | lah bapa Mangunjaya | irupên sêdarum | nêgara kidul kang băngga | patènana sagupita duta prapti | wus katur lampahira ||
6. mèsêm mirsa asakit kang galih | angandaka[110] sira Patradipa | mintar aseba kang rajèng | duta winêling putus | nêmbah kentar Mangunjaya ngling | kadipundi ing karsa | tan seba Matarum | ing têmah kadi punapa | wruhanira bapa isun balik kapti | amusuh kakang nata ||
7. sampun kadya punika yèn kêni | raka dika tan ontên wonira | tuwan balila sang rajèng | mênênga aja muwus | măngsa kondur goningsun apti | amusuh ing Mataram | nora kêna mundur | ya wus karsaning Yyang Sukma | apan ingsun ya bapa ta wis udani | amasthi lamun kalah ||
--- [f. 269r] ---
8. karsaning Yyang pinasthi Matawis | mêmusuhan lan wadya Santênan | apan wus parentah ingong | lampahêna sêdarum | kèh nêgara sigra wadyèki | bubar samya bêbahak | Blora Jipang Warung | anging nêgari ing Dêmak | taksih kawal ikang purun bangkalahi | kocap Nata Mataram ||
9. sineba bala pêpak kang mantri | sagupita duta Pathi prapta | tumamèng ngarsa sang rajèng | Patradita wotsantun | ămba ngutus de raya[111] aji | angaturkên baktinya | kaping kalihipun | kinèn nuwun waos lawan | jêjêrira kinarya mêthuk kang baris | wong bang wetan kang prapta ||
10. arsa gêcêk nêgari ing Pathi | angandika sang prabu Mataram | wong gêdhong mundhuta age | waos sigra wus katur | alah ênya waos sadhidhik | aturna ariniwang | Patradita matur | punika waos kewala | iya isun nora duwe jêjêrnèki | anging waos kewala ||
11. turna si adhi Santênan dhingin | Patradita nêmbah amit kentar | Dipati Măndraka ture | punapa karsa prabu [pra...]
--- [f. 269v] ---
[...bu] | sinung waos jêjêr tan mawi | lah kakang wruhanira | rinira rêp musuh | angayoni wong Mataram | lah sakèhe wadyabala ing Matawis | padha aprayêtnaa ||
12. tan asuwe utusan kang prapti | saking Dêmak ngaturi uninga | yèn Pathi mêpêk barise | sarwi angirup-irup | ikang êlèr Warung wus kêni | anging wadya ing Dêmak | dèrèng purun nungkul | sumăngga karsa nalendra | ngandika ji lah iya balia maning | warahên ari Dêmak ||
13. têka muwêra bae si adhi | duta nêmbah amit sampun mêsat | dèrèng ngadhaton sang rajèng | maksih parentah wau | wong Mataram kèn dandan baris | padha ngati-atia | wus saos sadarum | Dipati Pathi kocapa | dawêgira sineba ing bala mantri | prajuritira pêpak ||
14. Ki Apatih Mangunjaya ngarsi | Arya Sindurja Rajamênggala | jajar aligih ngarsane | Tohpati jajar luguh | Sawunggaling Binarong ligih | ajajar lawan Dêmang | Surèngpati iku | ajajar Ki Pêcattăndha | Kandhuruan Wilatikta [Wi...]
--- [f. 270r] ---
[...latikta] anèng ngapti | punika ka[112] santana ||
15. angandika Adipati Pathi | he sakèhe mantri-mantriniwang | miwah sanak ingsun kabèh | pan ingsun ajêjaluk | rewangana ingong puniki | amusuh ing Mataram | lêbu gêni isun | ngong jaluk pati ripira | sakathahe mantri sami awotsari | nuwun datan lênggana ||
16. pasthining Yyang sun musuh Matawis | kabèh padha atêrêna iwang | isun jaluk kawanène | nanging pangrasaningsun | nora mênang pasthi sun mati | priye gon sun mundura | janjining Yyang Agung | wadyanya nangis sadaya | samya matur panêdha kawula gusti | sampun anuli seda ||
17. pan kawula pêjaha rumiyin | yèn wus pêjah sakarsa andika | nèng wuri muktia anggèr | Sawunggaling umatur | dhuh pangeran kawula gusti | yèn alêbu tumangan | mêsah wong Matarum | kawula dhingin pêjaha | nora purun kawula ngawula malih | liyanipun sampeyan ||
18. mantrinira kabèh saur pêksi | aturira pan padha mangkana | samya wutah prasêtyane | Dipati [Di...]
--- [f. 270v] ---
[...pati] Pathi muwus | lah tarima setyamu sami | winalêsa dening Yyang | pan sampun amundhut | wastra kalawan bêrana | agêganjar tan liwatan waradin |[113] nulya kinèn têngara ||
19. bêndhe tinêmbang pêpak kang baris | gêgaman agêng bandera amyang | lir gunung kawlagar mangke | nulya bubar sadarum | Ki Dipati Pathi nèng wuri | nitih pun Sariyuda | ginrêbêg wadya gung | kuda pinanganggèn mubyar | wadya Pathi polahe lir banthèng kanin | anglir macan tanaya ||
20. tan kawarna lampahe wong Pathi | kawarnaa raja ing Mataram | sinêba wadya balane | kajinêman tur wêruh | yèn wong Pathi bubar nèng margi | anglurug ring Mataram | ngandika sang prabu | hèh wong Mataram tataa | angiringa putraningsun ki dipati | iku isun kon mapag ||
21. atanapi putra-putra mami | matur Adipati Măndaraka | kadipundi karsa rajèng | anglampahakên sunu | nging pangrasaning ati mami | rayi nata Santênan | yèn dede sang prabu | datan wontên [wontê...]
--- [f. 271r] ---
[...n] ta puruna | panêmbahan ngandika kakang sun êprih | rayi dika elinga ||
22. malah mandar wiranga ing ati | lah ta wêkas ingsun putraniwang | pamanmu elingna mangke | Mataram duwèkipun | dening arsa amungsuh mami | nora ngladèni iwang | yèn maksa pamanmu | têka sira ladènana | ing jurite nanging ta dèn ngati-ati | pamanira prawira ||
23. alah uwis lah bubara kaki | iki waos lah sira gawaa | tur sêmbah lèngsèr ngarsane | bubar baris sadarum | lampah tata lir pendah ardi | kawlagar tan kawarna | ganti kang kawuwus | Dipati Pathi wus prapta | mondhok Malon gaman gêng wadya Mêtawis | amondhok Parambanan ||
24. tatan-tatan pan kasaput wêngi | enjing bubar Dipati Santênan | lumaris ngantêp yudane | gaman gêng ing Matarum | wus lumampah kandhêg kang baris | ngling pangran adipatya | sakèh wong Matarum | dhêgna dhingin gamanira | sun nêmoni si paman wus kandhêg sami | laju pangran dipatya ||
25. kang tut wingking mung wong magêrsari | lan pacara myang para
--- [f. 271v] ---
santana | pangran sinongsongan jêne | Dipati Pathi dulu | sapa ikang mrene dèn iring | magêrsari pacara | warnane abagus | pinêrpêkan ki dipatya | awas dulu yèn kang putra asru runtik | ing manah sangêt merang ||
26. de ngamungkên putra mapag jurit | ngrasa binocahan sru ngandika | êndi bapakira thole | kinèn paran sirèku | ikang putra umatur aris | raka dika nèng pura | kinèn mapag ulun | paman ing lampah sampeyan | kinèn matur andika karsa punapi | lumampah mring Mataram ||
27. bakta baris akathah kang wêling | raka dika Kangjêng Panêmbahan | ing Mataram sawarnine | darbèk dika sadarum | sigra angling Dipata Pathi | mênênga putraningwang | isun uga wus wruh | lêgêde ramakmu kuna | wus basane ramakmu ngenaki ati | dèn prih mundura iwang ||
28. balia tan arsa mundur mami | ramanira sira kon amapag | ing yuda isun musuhe | tan purun kula wangsul | wêlinge raka dika ji |[114] yèn tan emut andika | kula kinèn mêthuk | angladèni [a...]
--- [f. 272r] ---
[...ngladèni] pêrang dika | ikang paman marêngut dening kapati- | pati ta ramanira ||
29. olèhe majanani mring mami | sira kinon mapag pêrang iwang | tan sun ladèni putrangong | sun pinta-pinta kalbu | têka ngumah ngong ngame margi | nging bapakira uga | arêp sun prang pupuh | angadu tos kulitnya |[115] kuwat balung ngadu pucuk tumbak ganti | lah wis sira balia ||
30. ramakira konên prapta aglis | asru runtik Jêng Pangran Dipatya | kakehan wicara mangke | sigra waos sinambut | ikang paman dipun larihi | kagyat sira anjola | asru dènnya muwus | alah sira iki bocah | lah muliha lumuh ginawe abêcik | numbak malih kang putra ||
31. karasa lara Dipati Pathi | sangêt dukane anyandhak tumbak | kang putra binuntar age | rahadèn datan emut | wus rinêbut punggawa mantri | binakta masanggrahan | autusan sampun | mring Mataram tur uninga | adipati kondur suwara ing mantri | hèh padha bêbitinga ||
32. yèn ngrasang[116] sakèhe [sakè...]
--- [f. 272v] ---
[...he] wong Matawis | yèn dudu kakang Mas Senapatya | aja na mêtu sakèhe | nulya biting galugu | kawarnaa ikang tinuding | jumrajog manjing pura | Panêmbahan pangguh | lênggah lawan para garwa | duta nêmbah ămba tur uningèng aji | putra paduka aprang ||
33. lan kang paman kasambut putra ji | anêmêni nênggih panumbaknya | panêmbahan jumbul mangke | angling ring garwanipun | kaya priye adhinirèki | sun nyana nuli linga | nakmu sun kon mêthuk | nora kang saya mundura | saya darung mundur bocah dèn têmêni | lah nyai paran karsa ||
34. mêngko atêmah mêngkana ugi | garwa matur sumăngga ing karsa | kawula tan ngrasa mangke | lamun darbe sadulur | nadyan awak kawula iki | ala kinarya paran | apa têmên ri sun | lila patine dhinira | kula nora darbe tingal liyan aji | donya rawuh ngaherat ||
35. anging sampeyan dadosa gusti | garwa ingaras yayi karia | ngong mijil sun tilikane | putranira puniku |
--- [f. 273r] ---
isun tuwanane prangnèki | nata siaga mêdal | Ki Bicak angukung | gègèr wadya ing Mataram | pan sadaya prasamya amêpak baris | siaga nêmbang durma ||
42. Durma
1. sampun pêpak gêgamanira sadaya | miwah para bopati | ikang tuwa-tuwa | sampun prapta sadaya | Kyai Juru Amartani | pan ora tega | dhatêng kang putra aji ||
2. sampun makat panêmbahan ing Mataram | anitih kuda putih | ran pun Bratayuda | lampahe sêsandêran | anging kang para prajurit | kang kêkapalan | iku kang nora kari ||
3. kasaput dalu prapta ing pasanggrahan | rêrêb sadhela uni | wanci bangun rina | dènira ngangkat yuda | Ki Bicak tinêmbang kadi | karêngèng wiyat | bubar gaman Mêtawis ||
4. lir banthèng kanin wong Pathi amiarsa | puyêngan jroning biting | tan kêna tinata | maksih pêtêng sêmana | Panêmbahan anèng ngarsi | Juru tan têbah | suwe ngulati margi ||
5. arsa manjing biting datan angsal marga | Ki Juru narik [nari...]
--- [f. 273v] ---
[...k] kêris | Ki Culik ranira | binabad kang bitingan | galugu tiga watawis | sêdhênga jaran | Kyai Juru nglingya ris ||
| 1 | angsahêna. (kembali) |
| 2 | korine. (kembali) |
| 3 | mangkat (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 31.15.7). (kembali) |
| 4 | bojonira (dan di tempat lain). (kembali) |
| 5 | kapa (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 31.31.7). (kembali) |
| 6 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: adawa yèn winarna (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 32.1.6). (kembali) |
| 7 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: ngèstokêna de ri sun ki santri (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 32.3.1). (kembali) |
| 8 | Widi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 32.4.5). (kembali) |
| 9 | bolong. (kembali) |
| 10 | angkêre. (kembali) |
| 11 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: amasthi agêdhe budinèki (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 32.19.1). (kembali) |
| 12 | pêcah (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 32.27.10). (kembali) |
| 13 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: jalma Mangir wiwrin wus lumayya (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 32.28.2). (kembali) |
| 14 | Kurang dua suku kata. Bandingkan: iya iya yayi iya iya (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 32.33.2). (kembali) |
| 15 | patinggi. (kembali) |
| 16 | dhawuh (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 32.39.7). (kembali) |
| 17 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: têkèng ing dudu pan sampun seda (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 32.42.2). (kembali) |
| 18 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: jumnêng Pajang Dipati Măndraka (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 32.44.2). (kembali) |
| 19 | Mangkubumya (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 32.46.8). (kembali) |
| 20 | dipati (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 32.46.9). (kembali) |
| 21 | Mangkubumi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 32.52.5). (kembali) |
| 22 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: sawala parentahira aji (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 32.53.1). (kembali) |
| 23 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: Kalinyamat wus prapti (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 33.9.2). (kembali) |
| 24 | wingking (dan di tempat lain). (kembali) |
| 25 | angêpung (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 33.16.4; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 42.25.3). (kembali) |
| 26 | mangkene (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 34.2.3). (kembali) |
| 27 | minggat. (kembali) |
| 28 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: atur tulis wus tinampan (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 34.5.1). (kembali) |
| 29 | Kurang satu suku kata: kajinêman tur uning. (kembali) |
| 30 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: lan wong ing măncanêgari (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 34.8.2). (kembali) |
| 31 | bodhol (dan di tempat lain). (kembali) |
| 32 | bangkit (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 34.12.5). (kembali) |
| 33 | joli (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Mataram, British Library (MSS Jav 36), Pupuh 12.2.6). (kembali) |
| 34 | Disari. (kembali) |
| 35 | ginêbang. (kembali) |
| 36 | bokor. (kembali) |
| 37 | tinangkil (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 38 | ngunggahi. (kembali) |
| 39 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: kunêng punika bêbukan tulis (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 35.14.4). (kembali) |
| 40 | kamipurun (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 35.14.6). (kembali) |
| 41 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: samarga tinakèn Adisari (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 35.23.4). (kembali) |
| 42 | Senapati (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 37.6.1). (kembali) |
| 43 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: lunyu malèrèd Ki Senapati (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 37.6.1). (kembali) |
| 44 | mindêl. (kembali) |
| 45 | ngarih-arih (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 37.10.1; Babad Mataram, British Library (MSS Jav 36), Pupuh 14.20.1). (kembali) |
| 46 | manahe (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 37.11.3). (kembali) |
| 47 | karsaning. (kembali) |
| 48 | Kurang satu suku kata: ngrasa datan kawawi nadhahi. (kembali) |
| 49 | bosên. (kembali) |
| 50 | gêgêtun (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 37.34.7). (kembali) |
| 51 | nuwun (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 37.36.2). (kembali) |
| 52 | Lebih satu suku kata: kunêng Nata Matram lagya siniwi. (kembali) |
| 53 | ibunipun (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 38.7.5). (kembali) |
| 54 | Kurang satu suku kata: Mas Bathothot Dipati Jayaragi. (kembali) |
| 55 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: Dipati Têpasana (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 38.11.4). (kembali) |
| 56 | Kurang dua suku kata. Bandingkan: Ki Mas Gawat Dipati Pringgalayyèku (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 38.11.5). (kembali) |
| 57 | Lebih satu suku kata: kunêng bêbukaning tulis tur bêkti. (kembali) |
| 58 | Kangjêng (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 38.14.2). (kembali) |
| 59 | pêjah (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 38.15.5). (kembali) |
| 60 | tininggil. (kembali) |
| 61 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: tinêtêpna ngiman pinajangna [pinanjangna] ngumur (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 38.21.5). (kembali) |
| 62 | sasi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 38.23.4; Babad Mataram, British Library (MSS Jav 36), Pupuh 15.35.4). (kembali) |
| 63 | èstu (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 38.25.5; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 55.32.5; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 15.38.5; Babad Pajang, Anonim, Pupuh 19.42.5). (kembali) |
| 64 | wêruh (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 38.26.5). (kembali) |
| 65 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: papak [pêpak] paseban Senapati tan milu (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 38.28.5). (kembali) |
| 66 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: kakangira tan ana sru sakitipun (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 38.29.5). (kembali) |
| 67 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: lah bubara ngirida wong Kadhiri (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 38.30.2). (kembali) |
| 68 | Lebih satu suku kata: Senapati ngandika mring ri kalih. (kembali) |
| 69 | Lebih satu suku kata: sakèh ngèstri kinêpang têngah sami. (kembali) |
| 70 | Lebih satu suku kata: pan tumingal santana ngatag sami. (kembali) |
| 71 | mênèk (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 38.43.4). (kembali) |
| 72 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: tinututan aja kuwur (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 38.45.3). (kembali) |
| 73 | paningsêtipun (Babad Mataram, British Library (MSS Jav 36), Pupuh 315.80.5). (kembali) |
| 74 | amundhut (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 55.74.6; Babad Mataram, British Library (MSS Jav 36), Pupuh 15.80.6). (kembali) |
| 75 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: gajahira ikang lumakya ing ngayun (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 38.50.5); gajahira inglang lumaku ing ngayun (Babad Mataram, British Library (MSS Jav 36), Pupuh 15.81.5); gajahira lumamah [lumampah] ana ing ngayun (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 55.75.5). (kembali) |
| 76 | cumundhuk. (kembali) |
| 77 | Jêjanggu (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 38.54.2). (kembali) |
| 78 | mangkana (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 38.56.2). (kembali) |
| 79 | Kurang satu suku kata: muga tinêtêpna imanirèki. (kembali) |
| 80 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: kawula kang magut nalangi ing lampus (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 38.66.5). (kembali) |
| 81 | Kurang dua suku kata. Bandingkan: trus lunga mangalor iku (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 38.67.3). (kembali) |
| 82 | suminggah. (kembali) |
| 83 | Sêmanggi. (kembali) |
| 84 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: ing Kadhiri kang aran Ragalêlana [Rănggalêlana] (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 39.4.9). (kembali) |
| 85 | tinundhung. (kembali) |
| 86 | manggoni Bandingkan: mêtoni (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 39.17.5). (kembali) |
| 87 | dipatya (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 39.26.9). (kembali) |
| 88 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: abarisa têngah dadya gêgunungan (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 39.27.9). (kembali) |
| 89 | miwah (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 39.29.7). (kembali) |
| 90 | kinaroyok. (kembali) |
| 91 | kalindhih. (kembali) |
| 92 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: gamaning Jatisari (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 39.31.5). (kembali) |
| 93 | arampak. (kembali) |
| 94 | Kurang satu suku kata: agolong pangamukira. (kembali) |
| 95 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: saking kidul kang kabêdhag (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 39.45.3). (kembali) |
| 96 | wong (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 39.39.2). (kembali) |
| 97 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: tèkêna karosanira (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 39.42.3). (kembali) |
| 98 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: saparan dèn tut wuri (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 39.44.5). (kembali) |
| 99 | kêkasihe (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 39.45.6). (kembali) |
| 100 | magut (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 39.48.2). (kembali) |
| 101 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: padha jêjaranan uni (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 39.50.2). (kembali) |
| 102 | ngowak-awik (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 40.2.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 48.5.5). Bandingkan: ngobrak-abrik (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 57.5.5); ngobat-abit (Babad Mataram, British Library (MSS Jav 36), Pupuh 17.5.5); mobat-mabit (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 22.5.5). (kembali) |
| 103 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: linêmbing binrangkolang (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 40.3.4; Babad Pajang, Anonim, Pupuh 22.6.4; Babad Mataram, British Library (MSS Jav 36), Pupuh 17.6.4); linêmbing binangkolang (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 48.6.4; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 45.16.4). (kembali) |
| 104 | bonggan (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 48.15.5; Babad Mataram, British Library (MSS Jav 36), Pupuh 17.16.5). (kembali) |
| 105 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: sampyuh lawan pun Pasagi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 40.10.5; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 57.15.5; Babad Mataram, British Library (MSS Jav 36), Pupuh 17.19.5); sampyuh lawan Ki Pasagi (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 48.18.5); pêjah sampyuh lan Pasagi (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 22.18.5). (kembali) |
| 106 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: pan putuniwang (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 40.13.6); nak putuningwang (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 48.23.6; Babad Pajang, Anonim, Pupuh 22.23.6). (kembali) |
| 107 | pasanggrahan (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 40.17.7). (kembali) |
| 108 | mundur. (kembali) |
| 109 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: tan kawarna wus alami (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 40.28.5). (kembali) |
| 110 | angandika (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 41.6.2). (kembali) |
| 111 | rayi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 41.9.5). (kembali) |
| 112 | kang. (kembali) |
| 113 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: agêganjar tan kaliwatan waradin (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 41.18.9); anggêganjar wadyanira pan waradin (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 49.31.9; Babad Mataram, British Library (MSS Jav 36), Pupuh 18.24.9); anggêganjar wadyanira wus waradin (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 23.36.9). (kembali) |
| 114 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: wêwêlinge raka dika ji (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 41.28.5). (kembali) |
| 115 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: angadu tosing kulitnya (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 41.29.8). (kembali) |
| 116 | ngrangsang. (kembali) |