Babad Purubaya, British Library (Add MS 12308 a), 1813, #1050 (Pupuh 19–25)
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
--- [f. 55v lanjutan] ---
19. Asmaradana[1]
1. kasmaran ingkang ningali | Sang Prabu Banjaransêkar | sineba ing wadya andhèr | lagya anata kang bala | lan jumênêng nalendra | Satama pêpatihipun | kinarya gêdhig mênggala ||
2. anake nama Dipati | Raja Palih Bajonglompang | Dipati Mêsir arine | lan Dipati Pêjajaran | lan Tumênggung Ciancang | Ciamis nama tumênggung | ing Kanoman Jigjawara ||
3. ing Cianjur ran dipati | ing Tambangan ran Ki Răngga | ing nêgara dipatine | Răngga Kadongo ranira | Arya Pêkancingtiga | ing Kandhangwêsi tumênggung | adipati ing Pamênang ||
4. Răngga Tama Ki Ngabèi | Pangkalan Dipati Nglaga | Cêrbon Dipati Cêrbone | lawan Ki Ngabèi Maja | malih ingkang winarna | ing Gunung Lincing Tumênggung | lan Dêmang Jayasudira [Jayasu...]
--- [f. 56r] ---
[...dira] ||
5. Sumêdhang nama Dipati | Kandhuruan Mêdhanglara[2] | ki adipati ing Bogor | miwah Dipati Nglimbangan | arya ing Batulayang | ing Batuwangi Tumênggung | adipati ing Pakuan ||
6. ing Pugêran Ki Dipati | ki arya ing Suci muwah | Tumênggung Sidapadhange | Dipati Mindayasukma | ing Sumampir Ki Răngga | Dêmang Mêtu Răngga Kèlu | Ngabèi Jêksa Gantangan ||
7. Dipati Kêncana tuwin | Ki Tumênggung Ngêrêmurat | kang ran Sirnalayan rane | Dipati Mudhik Bêthara | arya ing Kurumăngka | ki adipati ing Ngungkur | Kandhuruan Wanasraya ||
8. Sokawiyana dipati | ing Payambang ran ki Răngga | Ki Arya Sipaku rane | Ki Dipati Ra[3] Polah |[4] lan Dipati Kuningan | lan Ngabèi Sionggantung | ing Babakan Kandhuruan ||
9. ing Cibarang ran ngabèi | ing Mandhala Adipatya | ing Panggonan ki ranggane | ing Lopasir nama răngga | ing Ciamis dipatya | ing Panyarang ran tumênggung | ing Ponajalu ran răngga ||
10. Dipati Sokapurèki | ing Ciguling ran ki răngga | ing Tikas raja mantrine | ing Krawang ki adipatya | Tumênggung Prakan Muncang | Ki Tumênggung Sumurbandhung | ing Cigalih nama răngga ||
11. ki dipati ing Ciamis | ing Ciguling ran ki răngga | lawan Dêmang Ciyancange | Arya Sumêndhang Liyangan | ing Krawang ki dipatya | ki dipati ing Cianjur | lan Dipati i Jakêrta ||
12. ing Bantên nama dipati | Surasewaka kang nama | sisih lawan Bêtawine | kang ran Dipati Jakêrta | iku samya wêdana | bang kilèn kang dadya sêpuh | Bantên lawan Batawiyah ||
13. gunung wetan mêdanani | kang pilênggah Bajonglompang | Sang Raja Palih wêstane | Dipati Tirtakêncana | wêdana ing bang wetan | Banyawidhe[5] wastanipun | wignya tur gêdhig mênggala ||
14. ing Pasir nama Ngabèi | Mardèn Ki Tumênggung Ngayah | lawan dipati ing Ngonje | ing Pringtulis Ki Dipatya | wus pêpak mangetan |[6] miwah dipati ing Ngungkur | myang ngabèi dêmang Răngga ||
15. pandêlêgan arya nangkil | ăndhamoi ing Salinga | Bagêlèn Lêdhok Romane | Kêdhu wus seba sêdaya | rêsika tri prameya | kapengin adarbe ratu | Sri Nata Banjaransêkar ||
--- [f. 56v] ---
16. tanah Pasumdhan[7] winarni | Cijambe bajong rarenya | Cikaona bocah bule | Cipalih cebol rarenya | lan ana malih ika | bucu bumine pinundhut | pinaringkên banjar andhap ||
17. upacara ing nêrpati | pêpak paringe kang eyang | binarkatan makuthane | miwah agêm panjênêngan | pêpak upacaranya | andhêndhêng barisanipun | kunêng wau kang kocapa ||
18. Prabu Galuh raja dèwi | tansah manggung sungkawa |[8] kagalih pan kathah lire | dene yudanipun kandhap | bala jim samya kalah | sumawita pada[9] nungkul | pratăndha yèn panjênêngan ||
19. karsanira ngantep jurit | arsa ngawaki ayuda | pêpak kang prajurit wadon | ingkang saos ing ngayunan | kang rayi patih Raja | Banowati ratu ayu | ing wuri wêdana papat ||
20. prajurit dhomas ing wingking | Sri Narpa Galuh ngandika | yayi prabu kaya priye | mungsuh ika saya ngrêrbda[10] | bala jim padha kalah | sumawita padha nungkul | Banjaransari sumbaga ||
21. yayi mas kang dadi ati | ipèn têrun[11] lan pawarta | eyang ratu andikane | nêgara Galuh mèh têka | yayi kang duwe praja | ingsun iki darma tunggu | mênawa ika si dhongkah ||
22. kala pitutur yyang kaki | panase yayi tèn ingwang | norana krama têmbunge | ingsun arsa ngayonana | ngadu pragolan pupya | bêcik êndi lawan têluk | wus ngandêl critane eyang ||
23. matur Ratu Banowati | yèn suwawi padukendra | ingayonan kasêktène | ingkang pêksa dadya nata | pan sumbaga ngakathah | ingayonan aprang pupuh | pratela ijèn-ijenan ||
24. age têluk wirang isin | mendahe èsêming liyan | Ratu Galuh pawartane | ratu sêkti mahambara | kaloka ing rat jagat | durung kalah age têluk | aku wirang lampu pêjah ||
25. dene wus karuhan benjing | wawrate kasêktènira | inggih ta saprayogane | yèn marêngi karsa dewa | lawan karsane eyang | lamun yêktos ratu punjul | yèn jayèng asmarèng tilam ||
26. arêmbug pikirmu yayi | nanging ta dipun prayitna | mungsuh iki rada abot | sira yayi papat pisan | apa ta padha rêmbag | pikirên wong papat iku | nuhun igih langkung rêmbag ||
27. iya nging
--- [f. 57r] ---
dèn ngati-ati | dudu mungsuh bara-bara | wruhanira mungsuh kiye | sudigbya prange sumbaga | nuhun igih sandika | wus nêmbah mijil sêdarum | mlajêng anêmbang têngara ||
28. wus pêpak sagung prajuri | busananya warna-warna | kadya samodra rob tino[12] | datan măntra yèn wanodya | wadya ing jawi pêpak | supênuh ing alun-alun | wadyabala Galuh tata ||
29. wus pasang lampahing bari[13] | măngka pangajuring[14] lampah | Suradewati lan malèh | Rêtna Dewati sumbaga | samya sikêp sênjata | Dyah Suradewati pungkur | sikêp lawung sakancanya ||
30. Dyah Rêtna Kênakawati | dadya panumping ing kanan | Asmarawati keringe | asikêp karbin sêdaya | anyothe braja kilat | ing kanan dhuwung piturun | patêdhannya prabu kênya ||
31. dhadha patih Banowati | wus tata mijil barisnya | lir wardu ăngga yèn tino | daut kang bala pangarsa | asri prayitnèng baya | kang wadya samya anggêrgut | pirang kêthi ewon lêksan ||
32. prawira mantri lyan niti | rêsika para bopatya | nindhihi baris sakèhe | norana karsa mundura | tur padha pêpilihan | bopati para tumênggung | samya wignya sudirèng prang ||
33. kawarna sri narapati | Nalendra Banjaransêkar | gya kinèn atêngara ge | gumuruh syaraning wadya | daut bala pangarsa | wau kang dadya pêngajur | para mantri pêpilihan ||
34. pan samya bunjana[15] kulit | tumênggung arya myang răngga | kandhuruan mantri kabèh | samya bèr kuwanènira | datan wrin suraning lyan | atata dharat sêdarum | sampun sami yun-ayunan ||
35. măngka mênggalaning jurit | putra Patih Raja Polah | sakănca têngahan kabèh | ki patih kang dadya dhadha | panumping ingkang kanan | bopati têngên sêdarum | Dipati Tirtakêncana ||
36. atanapi Dêmang Pasir | ing Marêdèn nama Arya | Banyakpatra bisikane | adipati ing Parakan | Tumênggung Sokapura | Ki Ngabèi Dayaluhur | Pringtutul Ki Adipatya ||
37. Banyakbakung kang wêwangi | Ki Arya Cimpaku muwah | Ki Răngga Pamulungane | myang mantri para prameya | dêmang pandêlêgan samya |[16] panumping kanan wus kumpul | pra bopati sapangetan ||
--- [f. 57v] ---
38. kang dadya panumping kering | bopati kilèn sêdaya | pagunungan sapangilèn | Adipati Bajonglompang | Raja Mudhik Bêthara | urut pasisir sêdarum | Dipati Bantên tindhihnya ||
39. pagunungan kang nindhihi | Adipati Pêjajaran | sapangetan sapangilèn | mungsuh rowang gya têngara | lir bubul maetala | gêgaman agêng lir mêndhung | mungsuh rowang samya sura ||
40. surak amor gong lan bèri | syarane datanpa rungyan | lir bêngkah kang pratala wor | wagut agraning kang arga | kada[17] kocak kang sagra | rug campuh prajurit Galuh | anêmpuh munggèng syandana ||
41. arukêt dènira jurit | campuh prasamya sudira | samya bujana kulite | prajurit Galuh sumbaga | binêdhil tan tumama | anglir wêwayangan luput | kiniwa têngên tan kêna ||
42. myang turăngga nora kêni | witning wong Bajong sudira | samya têguh rosa kabèh | tanbuh mungsuh lawan rowang | wong cilik lêt-ulêtan | rante ka[18] gajah sêpuluh | kêthi èwu yutan lêksan ||
43. satru prameya kèh mati | pirang-pirang gênti pêjah | langkung arame yudane | tanbuh mungsuh lawan rowang | anulya ingoncatan | kang dharat sayah amburu | sayah ginawe dêdolan ||
44. dipun dohi dèn sipati | duduk kontalan tomara | jinêmparing pasrêr[19] akèh | dêrs tibanya kadya warsa | yèn têdhas akèh pêjah | bopati para tumênggung | bingung kaku manahira ||
45. anyrod ngarsa dèn ocati | panumping kering myang kanan | anabêt rame pêrange | kang dharat amêksa kêkah | anêrod ingoncatan | kang dhadha nêmpuh sêdarum | ingkang dharat samya sayah ||
46. sring kadhadhal anadhahi | tinêbihan sinipatan | sampun kinarya lesane | kang sura nangis kewala | tatane dharat bubrah | prajurit samya ngalumpuk | bopati dadya satunggal ||
47. ewon lêksan kêthi-kêthi | ngalun-alun jêjêl samya | isin ginaguyu bae | kang kêdhik dadya kinêpang | ana tinujah kuda | rame malih pêrangipun | rug campuh lêt-ulêtan |[20]|
48. awor rame surak ganti | têndhang-tinêndhang agantya | silih [si...]
--- [f. 58r] ---
[...lih] jêmparing arame | nyakra nyuduk gênti mêdhang | rame padha sudira | agada-ginada mupuh | mimis tiba kadya warsa ||
49. larut sakèhing wong cili[21] | atandhing uwos[22] kewala | samya ijèn ing pêrange | aramya tumbak-tinumbak | gênti kris liru pêdhang | yèn pasaha padha lampus | nging samya sayah kewala ||
50. asapih kêsaput wêngi | kang mênang prang suka-suka | patih saos ngarsa rajèng | jrih ngraos tiwas ing karya | dhêdhêp wong sabarisan | mugèng ngarsane sang prabu | samya jrih konjêm pratala ||
51. ki patya myang pra bopati | bukuh masilar ing ngarsa | alon ngandika sang rajèng | bapa patih kayaparan | wartanya ing payudan | kyana patih nêmbah matur | mêngsah kêlangkung sudigbya ||
52. langkung rame dènnya jurit | di dalêm èsmu kuciwa | bapa patih pa karane | kang mawi sami prawira | di dalêm dharat sayah | munggèng kuda mêngsahipun | ingamuk botên kêcandhak ||
53. katur madya wêsananting | purwa duksina wus têlas | atata titi ature | mèsêm alon angêndika | de mungsuh nora pira | sipat prajurit sêdarum | wêtarane ana dhomas ||
54. samya tumungkul bopati | angandika sri nalendra | besuk ingsun arsa miyos | sun papage kang prawira | pan dudu mungsuhira | bapa mungsuhe lan ingsun | wus luwaran sri nalendra ||
55. datatita kang winarni | kang mênang prang sukan-sukan | pradăngga ngrangin syarane | bale sawo wastanira | nora tinabuh jalma | mungêl piyambak angungkung | lamat-lamat lir kasyargan ||
56. angandika raja dèwi | priye boboting ayuda | ingkang maksih dadi katong | yèn nora sumbagèng ing rat | ja ge jumênêng nata | apan enak dadi ratu | dhèwèke bok nora kêlar ||
57. yèn ta luwih nungsa Jawi | kèdhêp kang sarwa dumadya | sidik sabda trus tingale | sudigbya nung marcapada | lan limut margèng muksa | panitisan tan kasurup | iku narsa ngawula |[23]|
58. umatur Suradewati | yèn ta mênggah wadyabala | dèrèng ulap sagêndhinge | yêktos yèn samya prawira | samya têguh arosa [aro...]
--- [f. 58v] ---
[...sa] | nging kotbuta pongah pêngung | angkate sênggara macan ||
59. kilap Sri Banjaransari | si dhongkah wadhuke bêdhah | si diparag buta akèh | sêlaka ginawa jala | wêdhus bang saba arga | gumampang ngêngudang ingsun | katon têmên ana taman ||
60. gumapyuk lir rabinèki | kang toya mijil sing grana | si bungkêr anggubêl bae | ingaran pamomèng[24] putra | arsa ngêmban kewala | ngêntèkkên gêndhing si anu | gêgaman rêmpu sêdaya ||
61. iki silèh wong ambênthing | nora nana winaonan | yèn aja bangêt nyêngite | si bungkêr kang dadi mêngsah | patut mutêr nêgara | kromaa banjur gumuyu | raja dèwi mèsêm mojar ||
62. toya mijil ing wiyati | sira iku yèn sun rasa | kedanan marang mungsuhe | gumujêng mendah anèha | nging katon sapolahnya | witning gêthing tandhês balung | si diparag lara kênya ||
63. botên ta kasmaran ta gusti |[25] sêkul wuduk kinuniran | kang manah nar-naran bae | gumujêng putri sêdaya | mèsêm sang prabu lara | Ratu Banowati muwus | iya uga kagrimisan ||
64. dhuh kaya apa rupaning | besuk sun arsa uninga | sakèh para putri kiye | yèn wruha kang dadi mêngsah | botên kabêr anumbak | kang dadi lan êlaningsun | yèn wêruha lah kang arsa ||
65. mêngko anggêguyu mami | sun badhe alah kang arsa | măngsa dayaa sun kiye | kakehan gludhug kewala | seje kang mukti ika | sêdaya suka gumuyu | raja dèwi balang sêpah ||
66. ngucap Raja Banowati | wong iku luwih prang dana | luwiha jro sêsêmone | gumujêng Suradewatya | bok ayu mendahnea | purun anyêmoni prabu | mung ta mênawa-mênawa ||
67. angandika raja dèwi | wus sêdhêng wong gêgonjakan | enjing ingsun arsa miyos | yayi sun ngantêp ngayuda | prang buru tandhing wignya | sampun kondur sang aprabu | lajêng mring sanggar langgatan ||
68. karsa amuja sêmèdi | Banowati atut wuntat | kang tinêdha ing dewane | têkaa kang darbe taman | nangis sajroning nala | angraos tan bisa tunggu | sarira wus kamanungsan ||
69. mring kang muksa tingal êning | ing manah tan kawoworan | ngobong mênyan padupane | kumukus maring awiyat | dupa panggil winoran | rasamala kuma arum | lan kang wêwangi [wê...]
--- [f. 59r] ---
[...wangi] sêdaya ||
70. nrus gandanya mrik awangi | kaèbêkan jro kêdhatyan | kongas kontap ing gandane | kongas dhatêng marja[26] gantang | mèsem Banjaransêkar | wus wruh ka[27] dèrèng winuwus | raja dèwi wus katingal ||
71. sapolah karsane uni | nulya wisata sang nata | ingiring ponakawane | sakêdhap prapta ing sanggar | nuruni mindha dewa | gandanya nrus ing kêdhatun | gănda jayèngkatong kongas ||
72. kagyat ing tyas raja dèwi | wus karsaning ing bêthara | sang dyah binawur tingale | widadari kinging kilap | tăndha èstri lan priya | tan wênang ngungkuli kakung | yèn wong kakung sêjatinya ||
73. Sri Nata Banjaransari | lênggah pêlangkan pracima | kang mindha dewa ujare | hèh nini apa karannya | kita muja sêmadya | paran kang pininta putu | yèn arsa di warnanira ||
74. nini wus punjul sabumi | mintaa mukti wus dadya | ratu gêng punjul rat kabèh | amutêr nêgara Jawa | kèdhêp sawarnanira | kumêlip sakèh lêlêmbut | kabèh wus kèdhêp ing kita ||
75. sugih bala bèr donyèki | kadigdayan wus sudigbya | guna sêkti punjul kabèh | rat jagad tan ana padha | wus punjul ing apapak | wignya manjing ajèr ajur | amung sawiji wadanya ||
76. ratu agung dèrèng krami | mas mirah eman alămba | intên jumêrut widurine |[28] jumênêng ratu sêngara | dadya ngar nêgara |[29] poma kramaa mas ratu | yèn arsa ngartakkên praja ||
77. umatur sang raja dèwi | Hong Yyangyang Asiwahboja | sêmbah ulun katur mangke | kang dados susahing manah | kadospundi ta eyang | wru osik jagat sêdarum | wênang akarya bêksana ||
78. iya bênêr sira nini | ramening wong jêjagongan | anging kramaa mas ingong | eyang tan arsa akrama | dimone dadya sangar | luhung ngabêna prang pupuh | datan gumingsir kawula ||
79. iku ja mêngkono nini | turutên pitutur ingwang | prabu lara lon dêlinge | sintên kang tumurun eyang | ingsun Yyang Danisyara | norana dewa abagus | Yyang Asmara bagus ingwang ||
80. prabu lara mèsêm galih | manthelanging dewa anyar | de ulun dèrèng wruh mangke |
--- [f. 59v] ---
Dewa an[30] Danisyara |[31] gumujêng kang ngandika | ingsun sêngkan anyar putu | sun iki kalaning kuna ||
81. ratu brăngta mangun tèki | ing Kêling nêgaraningwang | ya Mêdhangramêsan rane | sun nrung[32] brăngta nêdha pêjah | katarima Yyang Siwah | sinêndhal mayang katèngsun | kinarya gênêping dewa ||
82. ingsun kang nuruni nini | kang akon Yyang Girinata | raja dèwi lon ature | ulun ngatingal sakêdhap | kitarsa panggiha |[33] nora kêna putuningsun | pan sira wus kamanungsan ||
83. dadya anyênyamah nini | balik apa dera sêdya | pukulun kang dados galèh | prakawis awak kawula | eyang tanpa wêkas |[34] wus wanuh têngga kêdhatun | wêsana kêmbang kapiran ||
84. lami botên prapta ngriki | ingkang aduwe nêgara | mangke kamanungsan ingong | jatinya karya pratăndha | Galuh lamun katingal | gih punika praptanipun | eyang kang darbe nêgara ||
85. mangke sampun anglampahi | kang darbe nagri tan prapta | si dhongkah cidra ujare | kang yatra kalih lan songa | baya nora wêlasa | tuwas apa undhakipun | dipun mêjanani jalma ||
86. panggiha kang darbe nagri | mung kawula apamitan | angupados wêkasane | arsa manjangakên têdhak | tan kêdah dadi nata | sok ecaa manah ulun | najan sal wong Danisyara ||
87. kang mindha dewa gumyangling | iku nini aja samar | iya antinên ta mangko | sang rêtna kaku tyasira | lawe panyandhêt kuda | angapusi ya si anu | kang toya mijil ngawiyat ||
88. sun gubêle benjang prapti | nuli sun pasrah nêgara | ulun eyang arsa mulèh | kapengin dadi dewata | tan dèn mêjanani jalma |[35] nini sapa purun-purun | punika ingkang anama ||
89. Gus Kenthol Banjaransari | lêngguk kumênthus nyalunthang | angkuhe lir lanang dhewe | arsa jumênêng nalendra | si dipangana buta | punika kang dados nêpsu | mila ulun anênêdha ||
90. pangajapan tawang mami | atandhinga padha lanang | padha dene kang aduwe | si bungkêr cidra ngubaya | nuli nusul sanggupnya | lami sun ati[36] tan rawuh | apa ta di kêrah ngrăndha ||
91. yêkti arsa krama
--- [f. 60r] ---
mami | măngsa kuranga wong lanang | kang mindha dewa dêlinge | kang sira anti ku sapa | sêndhu sang prabu lara | măngsa ngantia sirèku | pan nganti lakiku dhawak ||
92. Mas Tanpauna rannèki | badhe tandhinge si sêkar | iki priye wus bêgja ngong | têmên-têmên anênêdha | katêkan dewa jawal | măngsa malatana iku | balora dhêmên gonjakan ||
93. wus sira muliha aglis | măngsa uga malatona | sasêngkan anyar dewane | ku nini sira basakna | tinurunan tan trima | ingsun sira tundhung-tundhung | sun bali măngsa wangsula ||
94. kang sira jap-ajap nini | wus sun mulih arèningwang | nuruni dudu karsane | Ratu Banowati mojar | bringkêk têmên ki dewa | ithik mutung arsa mantuk | nora wus jamak wanodya ||
95. acêkak cupêtan budi | kurangane kaki dewa | apa iya sida mulèh | anulya angabong mênyan | kang mindha dewa prapta | ana apa putuningsun | sum[37] mulih ta sira undang ||
96. kêrana ulun kon bali | sampun sêmbrona Yyang Padya | dèn tela-tela dikane | ora nini ingsun wirang | cinacad dewa jawal | wus amit karia putu | yyang kaki kari anggona ||
97. sun sosoti dika kaki | gumuyu bang mindha dewa | basakêna iki priye | seje basa tunggal rasa | buh ingkang diusia | gih eyang kula angukup | ulun pajara sawêca ||
98. ya gêlêm sun tutur nini | sira karo aja duka | lah dèn pêpak sêsajène | yèn garoh tagihên ingwang | putu benjang dêlahan | inggih dawêg dika tutur | iya nini aja susah ||
99. kang sira ajap wus prapti | sêmăngsa benjang katona | nêgara ingkang kaduwe | Ki Banjaransari ilang | wis ta[38] kêna dèn ucap | pundi eyang ênggènipun | angucap kang mindha dhewa[39] ||
100. samêngko wus anèng puri | nging maksih ngalingan dewa | benjang punapa katone | putu angèl katingala | nging wêjanine ana | punapa wêjanènipun | nini iku supenira ||
101. bon[40] sampun supe sun kaki | mundhuta rajabêrona | ora kêna wus janjine | yèn têmên sirarsa panggya |
--- [f. 60v] ---
lan kang badhe nalendra | yèn tan suka nini putu | pêsthi nora têka-têka ||
102. gih ulun sumanggèng kaki | kapengin dalap[41] kêpanggya | lan kang darbe nagri mangke | apa angluwihi jalma | dene angadya-adya | sêsupe tinampan sampun | sira Nini Banowatya ||
103. wêjani[42] supemu kari | yyang kula wus tumut nata | tan dèn aku yèn nora wèh | dhuh eyang inggih sumăngga | katur wus tinampanan | kang mindha dewa angguguk | ing manah bungah lèh karya ||
104. kadipundi gèn kêpanggih | besuk nini mêtonana | angiringa ing sang rajèng | kang sirajap nuli prapta | iku sêsupenira | sun pilih egal kêpangguh | pinacot supe pênangsang[43] ||
105. sarta amijêt dariji | sandyah jrit sarta ambucal | nyata dewala atine | mijêt dariji alara | dewa dipangan buta | kang mindha dewa gumuyu | aja dadi atinira ||
106. kaliru gon ingsun tampi | dhuh punapa dika mamak | apa têka mêrêm bae | gumujêng sun pagonjakan | wus ta padha karia | apuranên ingsun putu | ingsun mulih mring kayangan ||
107. wus musna jêng sri bopati | langkung suka ing wêrdaya | prapta pêsanggrahan katong | warnanên prabu wanodya | ing sawusirèng muja | kyati wiyadi sang ingrum | katon solahing juwata ||
108. graitane raja dèwi | gêgêtune kaya-kaya | dene mijêt darijine | sêdalu tan kêna nendra | enjang narpa suwara | arsa mêdali prang pupuh | prajurit sampun siyaga ||
109. samêkta gêgamannèki | sumaos ing srimangantya | raja dèwi lagya paès | angrasuk kangprajuritan[44] | rumasuk kinêmasan | samya barkatan sêdarum | patêdhanirèng bêthara ||
110. amakutha binuka sri | apanunggul intên muncar | ana sagêndhuri gênge | nayaka linud sêsotya | tinrètès sêla-sêla | mutyara hèr gêni laut | jumêrut nila pêkaja ||
111. mirah jumantên widuri | rêtna di samya kumala | murub mubyar ujyalane | surêm yyang rawi mu[45] merang | kasênênan ing rêtna | padhang sajroning kêdhatun | praba ngarsa grudha ngwuntat [ngwunta...]
--- [f. 61r] ---
[...t] ||
112. sambung jamang susun kalih | murub kêbak ing mutyara | susun tiga sangsangane | anting-anting têbah jaja | ya êmêr kêbo mênggah | ujyalane ting pêlancur | rasukan ăntakusuma ||
113. sêkaring tulis winarni | kadya êlaring bêrmara[46] | kancinge kumala kabèh | kang minăngka camênthingnya | sisike ăntaboga | amăncawarna dinulu | amênggala asêkar mas ||
114. datan mirib yèn pawèstri | tuhu yèn prabu utama | kèringan ing rat sang katong | bagusnya èsmu wigêna | lir Sang Arjunasasra | kakêmbar busananipun | namung sandyah ayu patya ||
115. barang kang dèn agêm sami | dinulu lir ratu kêmbar | măngka sinamur karsane | lamun datan yinêktosan | wikan nyanane tunggal | saking sami wêrnènipun | lan kajêng sang prabu lara ||
116. dene sagung para putri | pan sami busananira | lir sêkar sêtaman tinon | wus palastra ri sêdhêngnya | mijil jêng sri nalendra | raja patih munggèng pungkur | ginêrbêg pra prawirèng dyah ||
117. pinarêk anèng sitigil | Ratu Banowati ngarsa | kapat lir ringgit silane | wêdana papat ing ngarsa | ngandika prabu lara | yayi aja sira mêtu | sun prih galaka kang mêngsah ||
118. narkaa yèn sira ajrih | ing alun-alun praptaa | sun arsa mapag yudane | sun kêmbarane si dhongkah | ngadu pragulyan pupya | gênti suduk kantar bau | rêbut sêkti padha wignya ||
119. angadu bujana kuli[47] | rêbut sêkti pirang dina | nging aja oncat palugon | Suradewati gupita | mring sakèh putri sohan | ja na kănca kang têtulung | mring sang prabu ing paprangan ||
120. aku dhewe kang nadhahi | wêwayone kang lorodan | wirang yèn kari wignyane | gumuyu putri sêdaya | ya ujar pagonjakan | aprang pupuh dhasar purun | sampun age sri nalendra ||
121. yèn durung manira mati | kapat tinigas murdanya | yayi sun tarima kabèh | kunêng ingkang kawarnaa | winuni ingkang ngêpang | Sri Nata Banjaransantun | pan arsa miyos ngayuda ||
122. gupita rusaking dasih | arsa malês lara wirang | pêpak wadyabala kabèh | tumênggung para bopatya | răngga dêmang lan arya | sumêkta gêgamanipun | mantri prameya nèng ngarsa ||
--- [f. 61v] ---
123. kapengin apulih gêtih | mêngkana jêng sri nalendra | ri sêdhêng ngrasuk pêngangge | bêrkatan kagêm sêdaya | saking yyang moharaja | jimat têdhak run-tumurun | saking Sri Nata Ngastina ||
124. mila sami sêkti-sêkti | mawaning kang bêbêrkatan | pêparinge dewa kabèh | kala Arjuna ginanjar | maring sakèh dewata | duk nyirnakkên detya[48] prabu | samangke kagêm sêdaya ||
125. amakutha binuka sri | linud ing kumala muncar | sagêndhuri pa gêdhene | linud nayaka sêsotya | jumantên mirah selan | rêtna pêkaja sumawur | tanapi sakèh musthika ||
126. jamang mas susun tiga sri | alancingan rinenda mas | tulya murub ujyalane | grudha mungkur miwah ngarsa | tinarètès kumala | surêm giwangkara mêndhung | kasênênan ing ujyala ||
127. muncar sêsotya nêlahi | kang wong tan kuwasa mulat | saugyana padhang kabèh | ujyala abyra[49] asinang | mawawas lir imawan | langkung ambantoni murub | saparan-paran bêranang ||
128. wasta makutha linuwih | topong karna diwangkara | Bêthara Bayu kang awèh | jamang saking Bêtharendra | sangsangan catur warna | saking Yyang Asmara wau | tinuwang mardapa muncar ||
129. ingkang putih maring suci | Si Bathara Maesyara | bênting akuwat bayune | marang napsu ingkang abang | saking Bêthara Krama[50] | kakiyate ana nêpsu | kang kuning marang ing cahya ||
130. mulane ngên-angênnèki | sing Bêthara Mahadewa | mardawa langgêng karêpe | mulane na idhêp ika | kêna ingkang asuka | saking Yyang Bêthara Wisnu | jangkêp kang keblat sêkawan ||
131. raja kaputran winangking | saking bêthari sêdaya | ngagêm rasukan wastane | anênggih ăntakusuma | saking Bêthara Siwah | cinarita warnanipun | lir lar sambêrilèr mubyar ||
132. gêlang konaanting-anting | saking Bêthari Supraba | Sang Wilutama binggêle | kilat bau Drêsanala | bênting sing Gagarmayang | badhong saking Lênglêngdanu | sêkare saking Surendra ||
133. kabèh saking widadari | garwa padmine Arjuna | sami mawi wirya kabèh | bênting kalungsungan naga | saking Yyang Nagaraja | măncawarna sisikipun | muncar murub sarya endah ||
134. sipat sulajana sidik | atrumpah madu kacêrma | samya mawi patuk kabèh | endhong [e...]
--- [f. 62r] ---
[...ndhong] bêrkatan wus kanggya | parastra babêrkatan | Banjaransari abagus | ka Parta lagya aprang |[51]|
135. wus sumêkta nulya mijil | akèn anêmbang têngara | gong bèri umyang syarane | têtêg pisan daut ngarsa | kapindho têngah bubar | kaping tiga sang aprabu | bubar lampah dadya tunggal ||
136. kagila kagiri-giri | rante kasan dening gajah | ewon lêksan kêthèn kèhe | sumêrg[52] kang bala gumêrah | suk lir gunung rêbah |[53] lir rob sêgara umyung |[54] anging jro dhêdhêp kewala ||
137. kang jawi gumuruh atri | ing alun-alun wus prapta | gêlar wus baris gamane | lèr kilèn wetan kèbêkan | nging kidul gèning mêngsah | tinantang prasamya umyung | kapinta Suradewatya ||
138. datan bêtah amiyarsi | nuwun pamit sampun mêdal | sakancane dharat bae | wêdana papat andharat | samya nuntun turăngga | nyangking rangin nyothe suduk | gamêl èstri nuntun kuda ||
139. anulya Suradewati | nitih kuda sakancanya | kapal dhawuk titihane | sikêp lawung gendhong panah | lan sarerehanira | samya nitih kuda dhawuk | sêsumbar Suradewatya ||
140. mèt satriya kaya mami | prajurit sura dikara | wignya sudigbya angêne | sa[55] rêp mati mapagna |[56] ana agênti mara | barênga lir pendah jawuh | rêbutên kaya ranjapan ||
141. dèn kadi mênjangan mati | angsanên dèn kadi boja | sing agêng kêkêpêlane | rug kabèh măngsa-măngsaa | payo padha sudira | ampyakên lir pring sêdhapur | tubên lir măngsa lit toya ||
142. sigra tandang amit miji | Dipati Tirtakêncana | wasta Arya Banyakwidhe | arine Banyaksupatra | Tumênggung Sokapura | lan Tumênggung Saonggantung | sarêng maju nitih kuda ||
143. lah payo padha prajurit | gênti lawung salin kuda | Suradewati wuwuse | satriya sapa ranira | dhongkah mara numbaka | tinumbak sing kèrèng[57] asru | Banyakwidhe dipun gêbang ||
144. maos malih nora kêni | Banyakpatra nulya numbak | sing kanan ginêbang age | Tumênggung ing Sokapura | anumbak dipun gêbang | i[58] Tumênggung Sionggantung | amaos nora rinasa ||
145. sang rêtna dipun kapati | tan kêna ingukih lawan | gêbang-ginêbang arame | kinapatan nora kêna | kapat [kapa...]
--- [f. 62v] ---
[...t] kringêt reweyan | Suradewati gumuyu | amalêsa nya numbaka ||
146. dèn patitis sun tadhahi | iki gatêl lambung kanan | kukurên wong papat bae | Banyakwidhe asru numbak | Banyaksupatra matang | anjojoh Kyai Onggantung | wong Sokapura anumbak ||
147. gumujêng Suradewati | panumbake lir wong gêntang | pilihên kang tipis bae | samya duka lah malêsa | ya thole dipun tadhah | Banyakwidhe dipun lawung | arame gêbang-ginêbang ||
148. Banyakpatra anumbaki | tinitir nora rinasa | tulung Rêtna Dewatine | apangguh wong Sokapura | sang rêtna kinalihan | lan Tumênggung Sionggantung | arame gêbang-ginêbang ||
149. Banyaksupatra numbaki | anitir nora rinasa | kêkalih numbak malèsèsd | Suradewati winarna | Banyakwidhe ginêbang | pan putung dadi têtêlu | tinumbak datan tumama ||
150. Banyaksupatra angukih | waos ginêbang mêrapat | binuntar pathak kudane | anglumba kang nunggang tiba | surak ambal-alan[59] |[60] dadya dharat kapal ucul | anêrajang narik pêdhang ||
151. samya binuntar tan eling | ginongsongan ing punggawa | Suradewati kudane | sinirigakên sêsumbar | lah payo mêtonana | kang arsa jumênêng ratu | Ni Rêtna Dèwi Dewatya ||
152. aramya ukih-ingukih | samya têguh nora pasah | dèn tumbak pathak kudane | wong Sokapura ambandhang | pan linud tinumbakan | kapal mubêng alun-alun | wêsana kang nunggang tiba ||
153. Ki Saonggantung tan odhil | tinumbak tiba sing kuda | lajêng tinujah kuda ge | rinêbat ing wadyanira | surak wadya gumêrah | Suradewati amuwus | Banjaransari mêtua ||
154. aja maju pidak mantri | eman wong cilik kèh pêjah | payo tandhinga karongron | dhinga mati tandhing ingwang | ki patih nuwun mangsah | bapa patih barêng ingsun | iki wêkasing ayuda ||
155. ki patih matur ngabêkti | sinuwun sampun ge yuda | yèn dèrèng pêjah abdine | ora bapa sun tarima | bok sira ora nyăngga | sun kêmbarane prang pupuh | prabu kênya arsa mêdal ||
20. Mijil[61]
1. sri nalendra arsa amiyosi | syandana
--- [f. 63r] ---
sumaos | Sukănthasena irêng ulêse | têdhakira pun Palyanagati | pangrid rata manik | ku kang darbe turun ||
2. Puspaknaka ingkang ulês kuning | bah-abah lêlakon | Tambangarsa kang tinuntun bae | ulês abang lan pun Tambangwarih | dêragêm kang sikil | kapat suku panggung ||
3. Wijayacapa dèn anggèni rukmi |[62] rinukmi mas abyor | larab ludru[63] ijo palisire | pathola wilis sêkar sami |[64] tinulèn mantêsi | Sêncaya lês dhawuk ||
4. kinalungan badhong susun kalih | wangkong tên mêncarong | acarang mas patut lan èbège | Sokasana dèn age nanggèni | larab ludru kuning | giwangkara mancur ||
5. pan pinatik rêtna warni-warni | wangkong tên mêncorong | ting samburat tinon ujyalane | tinitihan sri nata anyirig | Waduaji ngiring | kapalan sêdarum ||
6. ki apatih nindhihi pangapti | sakancane abyor | sri nalendra anèng ing wurine | wong jro miwah wadya magêrsari | angêpung sang aji | ampilan ing ngayun ||
7. sri nalendra bagus tanpa tandhing | lir Yyang Asmara non | kêmbar lawan Ratu Galuh mangke | lênglêng ing tyas kang samya ningali | kèh para pawèstri | prayane kadaut ||
8. Suradewatya ngawe prajurit | sirig oclang[65] waos | ginarêbêg dening punggawane | Ratu Banowati atur bêkti | punika sang aji | Sri Banjaransantun ||
9. majêng sawonge kuciwa yayi | ulun nuwun miyos | angêmbari si dhongkah polahe | pan gumagus si bungkêr sêsirig | panase kang ati | lir norana jalu ||
10. yayi payo barênga lan mami | titihan pumaos[66] | kang tinuntun pitu kathahe |[67] kang angampil pan samya pawèstri | nitih raja dèwi | kuda ijo mungguh ||
11. panganggenya mubyar angron sari | Cisrawala wiyo[68] | wontên kuda sêmbrani kalihe | ulês dhawuk dèn anggèn-anggèni | rêtna kumala di | tinon muncar murub ||
12. ulês abang pan dipun namani | Sariwulan kaot | ulês irêng iku ta namane | Wisnumurti ingkang ulês putih | Megatara tuwin | prasamya tinuntun ||
13. kang dragêm Pungludira rannèki | Malarmonga [Ma...]
--- [f. 63v] ---
[...larmonga] kaot | kapitune nèng ngarsa ênggone | datan kêna têbih lan sang aji | agême ajurit | andêle prang pupuh ||
14. Ratu Banowati munggèng wajik | pênganggene abyor | Ciptawlaha ijo ulêse |[69] samya têdhaking jaran sêmbrani | Surèngrona putih | Samirona dhawuk ||
15. ingkang abang awêsta Wiragni | pun Pumpakêlayon | samya tinuntun kuning ulêse | agêming prang wilmana nèng ngarsi | nora kêna têbih | wus tata sêdarum ||
16. Banowati nindhihi prajurit | pênganggene abyor | sakêlangkung atata lampahe | wêdana kalih anindhihi ngwingking |[70] Marawatya nêpungi |[71] kanan pêrnahipun ||
17. golong pipis pan kadya Kumpêni | caraka baris wong | nèng ngayunan nèng ngarsa sang rajèng | aprang pupuh atandhing prajurit | Sri Banjaransari | barisnya gul anung ||
18. ambêlabar nêsêg wancak suji | kang kidul sang katong | Raja Dèwi Galuh sabalane | jêjêl pênuh ambèr wancak suji | dohe sapambêdhil | nging lêt wringin kurung ||
19. aprang jroning kurungan yudandhing | prakăntha cros awor | sarêng mêrki ri sêdhêng angsahe | Suradewati mojok sêsirig | aoclang tinampi | jaja waos mumbul ||
20. tinundha cinandhak asta kering | sêsumbar sang sinom | mêtonana êndi ta rupane | Banjarsari ingkang pêksa luwih | tan bisa mirsèki | ki patih mit maju ||
21. pan sakănca ki patih nèng wajik | gêng inggil apaos | tanah kuningan kala bêlone | adhehan nyongklang ginarêbêg mantri |[72] tumênggung bopati | samya rêbat kayun ||
22. Suradewati rêna ningali | ngêmbat-êmbat waos | lah majua dèn parêk marene | kêmbulana ingsun ing ajurit | punggawane ngiring | angêntrag sêdarum ||
23. apapagan lan mungsuh kêpanggih | arame karongron | samya wicaksana ngên-angêne | nora nana kuciwa ing jurit | karo samya bêkti | aputêr kang lawung ||
24. tumbak-tinumbak tanna nêdhasi | prang tandhing tan asor | punggawèstri bopati mungsuhe | ijèn-ijèn rame silih ukih | tan ana kang kanin | samya têguhipun ||
25. Suradewati lawan ki patih | tan ana kang asor | samya nêkakkên tênagane |[73] nanging datan na kasoran jurit | Sri Banjaransari | ngantêp arsa tulung ||
--- [f. 64r] ---
26. ri sêdhêng umangsah marêpêki | ngandika sang katong | bapa pati[74] asoa sumêne | sira sayah ingsun kang tumandhi[75] | prajurit kang sêkti | sun sinau pupuh ||
27. nuwun gusti kawula dèrèng jri[76] | Suradewatya non | giwang pyuh kasmaran jroning tyase | Sri Banjaransari datan kalih | lawan nata dèwi | lir surya lan tèngsu ||
28. kaya wong iku nunggal panitis | lawan gustiningong | warna kêmbar miwah pasêmone | sri nata majêng sarya sêsirig | oclang wus tinampi | ngêmbat lawung mêntul ||
29. panas galih Suraadiwati | ngêntrag ngêmbat waos | pan gumagus manthelang polahe | asumbaga bagus anglêlanangi |[77] parêka dèn aglis | lah sapa aranmu ||
30. srinarpa ngling apa pandung gusti | marang sun dyah sinom | wuryan punapa gusti nah anggèr | duk kêpanggih taman dèrèng lami | mangkya panggya ngriki | sowan sa dewayu ||
31. ajrih cidra anggèr ingkang abdi | angucap sang sinom | tulus si bungkêr gone ngame |[78] adang kuwangwung tan dèn marèni | sarya asêsirig | ngêmbat-êmbat lawung ||
32. dhuh kon mati wurung dadya aji | yya oncat dèn tangggon | payo tibakna gèr dèn age |[79] pratăndha yèn asih mring kang abdi | ya dèn ngati-ati | nora wurung lampus ||
33. ngêmbat lawung Suraadiwati | tadhaha dèn tanggon | gêgarute wong ing Galuh kiye | ayya oncat mêngko sira mati | winaos sang aji | malèsèd alunyu ||
34. anglir kaca sinasog[80] ron pari | gumujêng sang katong | gusti sangêt nuwun kawulane | pan aparing jêjampining agring | maring brota[81] kingkin | sihira kadulu ||
35. sumluduru[82] sira anu iki | sêmêngguh kumaroh | jogol angêntèna malês age | sang nata ngling ayya runtik yayi | abang pasuryèki | sang dyah bucal lawung ||
36. Nata Banjaransari binêdhi[83] | mimis mas kinaot | abyor anglir rinêngga jajane | anglir lintang mêwahi bagusing | dipun tutul pêtis | kadya burat santun ||
37. bucal karbin pêdhangnya tinarik | pêsthi sira layon | sarêng ngêntrag arukêt kalihe | liru unggyan pinêdhang sang aji | dipun titir-titir | amênsa[84] malurud ||
38. angêndika kanjêng sri bopati | atma jiwaningong | kapan baya maria runtike | sakarsane pan ingsun turuti | Dyah Suradewati | wicarane sêndhu ||
39. satuwuk ingsun durung aningali |[85] kaya si mangkonok | ingajak prang têka ngudang bae | amalêsa yèn sira prajurit [pra...]
--- [f. 64v] ---
[...jurit] | ngadu pucuking kris | padha milang tatu ||
40. kantar bau arêbut kasêktin | ja na mingsêr ing gon | padha sudira sudira ngêne | rêbut titih gumujêng sang aji | besuk jroning samir | payo milang tatu ||
41. kantar bau ngadu pucuking kri[86] | wirang mingsêr ing go[87] | dyah gumujêng nangis kaku tyase | prabu dèwi tumingal sru angling | yayi Banowati | arimu kalimput ||
42. tulungana yayi rimu nangis | kaku tyase anon | matur sandika mit nêmbah lèngsèr | dharat ginarêbêg punggawèstri | sandana ing wuri | prasami tinuntun ||
43. kang angampil iya samya èstri | kunêng sang lir sinom | Suradewati kocap dukane | nyandhak karbin sinipat sang aji | kadya lalêr mampir | amêksa alunyu ||
44. bucal karbin sang dyah nyandhak bindi | pinupuh sang katong | wanti-wanti sang dyah pamupuhe | suka gumujêng sri narapati | turun sih mijêti | sang dewaning arum ||
45. kadawèng tyas sang dyah nangkis malih | si ditumbak ing wong | alah wêsi si bungkêr kulite | sigra prapta Ratu Banowati | mundura mas yayi | pan dudu mungsuhmu ||
46. sang dyah patih nyandhak jêbêng angling | payo padha tanggon | milang tatu asêdhêng tandhinge | sakarêpmu sun kang nêmbadani | sri bopati uning | nyandhak jêbêng suduk ||
47. gustiningsun ngajak aprang tandhing | bopati wus kinon | dharat kabèh prang buru karsane | samya majêng nyangking dhadhap rangin | nyothe suduk sami | sang dyah kang winuwus ||
48. angirab jêbêng abêksa sami | bagus angir[88] sinom | Galuh sang dya[89] pan apanggya dhewe | tate ginuron sakyèh samyèstri | ingkang muruk dhingin | sang ratu ing Galuh ||
49. wus cinirèn cawêt gănda rêsmi | ulate acêlor | rinênggèng rukmi mancur cahyane | dhadhap rinênggèng rukma rinukmi | ulate amanis | bêksanira mungguh ||
50. yèn binuru luwih anrang wèsthi | titir rinakup yon[90] | ja wong satus gêmpanga solahe | yèn nêrajang mungsuh sirna gusis | tan wani nanggoni | sang dyah bêksa maju ||
51. ngayog lambung bah parnajanèki | apacak jangga lon | laraping dhadhap lungid wastrane | payo majua Banjaransari | padha wèng[91] linuwih | sêdhêng tandhingipun ||
52. sang nata talingan lir sinêbit | nyandhak jêbêng kaot | dhadhap rinênggèng kêncana kaote |[92] cawêt pita rêsmi pan pinatik | solahe [so...]
--- [f. 65r] ---
[...lahe] mantêsi | anglèmbèhkên suduk ||
53. akirab rema Banjaransari | sarya ngucap alon | angladosi gusti kawulane | ngirab bêbêng[93] tuwêke pinusthi | sakathahe putri | kêmanisên dulu ||
54. sami wilangun abrăngta kingkin | atêmah wilangon | Sri Banjaransari lênglêng tyase | tumingal polahe raja dèwi | satuwuking urip | ingsun durung dulu ||
55. baya Dèwi Ratih kang anitis | umangsah sang katong | bêksa rangin acêlor ulate | nolih ngiwa angêmêk sêsumping | ingkang bêksa rangin | tanbuh kang pinupu ||
56. ngayog[94] lambung angirab rêrangin | Sri Banjaransinom | atap angayam alas tindake | pan malongok sakèh kang ningali | witning raja dèwi | andulu brangta kung ||
57. têtugalan sira aprang tandhing | rame aloking wong | dene sami patitis karone | datan tiwas sasêmoning pangling | tan ana gumingsir | karo jayèngsatru ||
58. norana sor samya wignya luwih | asumbaga karo | apan sami ngun-angun tandange | liru tuwêk suduk agênti kris | samya amatitis | ramya gênti suduk ||
59. kalih samya prawirèng ajurit | ingkang buru kaot | awor liru ing dhadhap polahe | apan ramya aukih ingukih | wus nitir dèn ukih | tan kêna mèt sêmu ||
60. panggah tuhu tatasing piranti | utama pan kaot | wus dar pandon kang buru kalihe | asawat pan kêna ingukih |[95] angêrsakên ati | kang mulat kapiluh ||
61. tatrap ing dhadhap prapta nêlahi | samya wignya karo | laraping suduk mugèng wastrane | asêncaya lan manising liring | tan asor kang jurit | tèk tênaganipun ||
62. prajurit Galuh tulung ngêbyuki | bupati atanggon | samya tanggon ijèn ing pêrange | samya bêksa saduganirèki | ana bêksa rangin | pinusthi kang suduk ||
63. ana tamèng bêksa tawok sami | panah lawan sador[96] | tanna kuciwa uyêk pêrange | gênti waos suduk gênti kêris | nora nana kanin | sami têguhipun ||
64. Nata Banowati angling aris | iki tanpa tukon | lah ta payo aprang lur kudane | inggih gusti pun dasih ngladosi | Nata Banowati | nèng sandana[97] lungguh ||
--- [f. 65v] ---
65. ngêmbat lawung majêng asêsirig | payo padha tanggon | rêbut sêkti ya sêdhêng tandhinge | Nata Banjaransari anyirig | oclang lawung angling | payo gustiningsun ||
66. kawulane anggèr angadosi[98] | gusti ta sang katong | dhinginana ingsun tadhahane | dudu wantuningsun andhingini | anumbaka gusti | sun tadhah pukulun ||
67. ya dèn bêcik bêgja yèn aurip | winaos sang katong | liru ênggon amuwêr kudane | anèng ngarsa Raja Banowati | yèn tan malês rèki | sira dudu jalu ||
68. sun padhakkên tan jaya ing èstri | Sri Banjaransinom | rangu ngandika dèn prayitna anggèr |[99] yèn malês aja ngungkak kapti |[100] têpên dèn patitis | tinumbak sang ayu ||
69. sêmene bae Banjaransari | durung tukêr maros | nulya gêbang-ginêbang arame | tan ana sor liru waos nuli | sami aliru kris | gênti liru suduk ||
70. wus arêmpu pan bindi-binindi | tan ana kang asor | samya sumbaga parêng sêktine | wus angêntèk tênagane jurit | prakăntha wor èstri | agênti pêpalu ||
71. sampun têlas solahe ngajurit | kang aprang tan asor | Ratu Banowati sru dukane | nyandhak gada wawrat sèwu kati | hèh Banjaransari | dèn prayitna lampus ||
72. dèn prayitna panangkisirèki | amutêr kuda wor | sri ginawa atangkis astane | têmpuhing gada lir bumi gonjing | ping tiga kudanjrit | ing asta tan keguh ||
73. pan gumujêng Nata Banowati | lah têmahan layon | sri nalendra arum ing sêdyane | nora mati yèn dewa kang asih | lah marlêsa[101] gênti | narpa ngandika rum ||
74. lamun ana pêngajan malêsi | anglakoni pakon | alah bungkêr amalêsa age | salin kuda sang nata sêsirig | gadanya sang dèwi | wus kêna rinêbut ||
75. dèn prayitna gusti sun malêsi | amutêr gada wor | Banowati atangkis astane | têmpuhing gada mahendra giri | kudanya sang dèwi | sru njrit sukunyajrum ||
76. prakatha wor ngêlokakên mati | dukane sang katong | sigra tandang munggèng syandanane | yayi lêbur barêng lawan mami | mimis mas nyakati | wah satunggilipun ||
77. arêging[102] [a...]
--- [f. 66r] ---
[...rêging] wong bajong ngati-ati | akumpul punang wong | dadi siji barênga gustine | ki apatih sampun ambêk pati | ngalumpuk akêdhik | wêsona[103] kinêpung ||
78. ingkang aprang agênti ginitin[104] | tan wontên kang asor | kadya undhi gênti goda bae | wilmana ramya mêndhêk ing siti | timbalan raka ji | sukane kêlangkung ||
79. ngawang-awang Raja Banowati | kang samya nèng ngisor | kang angêpung amarêki kabèh | wêdana têtindhihe sang aji | garimis jêmparing | mimis kadi jawuh ||
80. tan ngabêri kang saking wiyati | kang kinêpang tanggon | tan tumama warastra tibane | Nata Banjaransari tan kêni | tumênggung bopati | mantri samya têguh ||
81. nora pasah jatine kang jalmi | angêntrog sang katong | wringin kurung kinitêr ing mangke | jêmparing mimis mas lir garimis | tan kewran anyirig | sang dyah sami dulu ||
82. sèwu yuta lêksan prang makêthi | tan tumama katong | payo malêsa sun cicipane | iya yayi dèn angati-ati | beka têmên sami | durung mari rêngu ||
83. sigra tandang warastra pinusthi | sinidakara[105] wor | wus lumêmpas[106] duduk pracandhane | sangkara wrastra bendang sêrati | warastra dêr[107] mijil | awarna dinulu ||
84. kathah wirang ingkang para putri | katut kang pênganggo | ilang topong awudhar gêlunge | gêlang kona[108] pan kari sasisi[109] | ana ingkang bêrsih | kari karo pinjung ||
85. Suradewati Rêtnadewati | Nakawati kang wong | Asmarawati kêna rukuhe | putri papat andhepok ing siti | alara anangis | samya amêmisuh ||
86. sasot mintir pan kadya gêlamit | si ditumbak ing wong | lêbur tumpur ing larane bae | ona dhadha rukuh kang sira prih | patènana mami | diparag wong ayu ||
87. nata dèwi wau aningali | duka sang akatong | langkung wirang rusake wadyane | satuwuk urip dèrèng kadi mangki[110] |[111] sri nata anitih | Malarmonga mungguh ||
88. pan angakak Manglar wruh ing jalmi | sang nata lêlajon | Manglarmonga wru dukane rajèng | ngubora[112] wiyat Sri Banowati | wus panggih sang aji | ing awiyat kumpul ||
89. Wijayacapa sêdhêng pinusthi | pawèh dewa kaot | Banowati pan kănta agême | wadya bajong mya ngati-ati |[113] dening prabu [pra...]
--- [f. 66v] ---
[...bu] èstri | ngumbara tanna wruh ||
90. samya maras tumênggung bopati | sri bopati wiyong | kyai patih langkung sadiyane[114] | ngandika ris sira nata dèwi | êndi ta kang warni | Sri Banjaransantun ||
91. ingkang pêksa wignya nung winuni | kang prajurit kao[115] | aja age amondhong putri kèh | yèn sun durung karèh yayi mati | ya Banjaransari | aja girang guyu ||
92. payo tandhing kawignyan ing kayêktin |[116] padha tandhing babot[117] | sang nata non kang gêntha karsane | Sri Banjaransari amrih sisip | ngêntrag asêsirig | nganyut uripipun ||
93. Sang Sri Galuh têdhak sing wiyati | tan kantun sang sinom | dene kêmbar katiga warnane | lir Bratayuda kala prang tandhing | Kêrna lan Jênawi | akathah kêliru ||
94. sri kêna lan Banowati angling | pêrak lan sang katong | cicipana iki pêpanggile | Ratu Galuh karubêdên tapih | mênawa-mênawi | bisa malês ukum ||
95. angandika kanjêng sri bopati | sumăngga sumaos | atur pêjah gusti ing dasihe | inggih kula angraos kang sisip | mila asrah pati | mring dewaning arum ||
96. yèn sira sih tan angrasa mati | ngandika sang katong | aja adoh pêraka marene | yèn sira tan pasah sun guroni | ngling sri bopati |[118] sumăngga wong ayu ||
97. sigra Wijayacapa pinusthi | kumilat teja wor | Bêthara Wisnu nguni kang awèh | nora nana wong bujana kulit | mèh lumêpas aglis | sang wiku mêgatruh ||
21. Mêgatruh[119]
1. arêp apa sira nini putoningsun | dadi apa ta yèn mati | kang kelangan sira putu | yèku kang sira jap uni | iku paturuning katong ||
2. pêngajapaningsun tawang ning mas putu | sira pandêngên netrèki | apa iya apa dudu | duk sira muja sêmèdi | kang mindha dewa putrèngong ||
3. nata dèwi amicarèng jroning kalbu | bênêr tan ana ti mami | si bungkêr têka nyalimur | kêlangkung wiranging galih | mendah sukane kang guyo[120] ||
4. sang pandhita angandika nimas putu | ujare de tan sisip |[121] adora si ipènamu | ingawe Banjaransari | lumayu sumungkêm katong ||
5. sarêng sêpyuh[122] tanpa jamuganya dulu | sang
--- [f. 67r] ---
dyah mengo èsmu isin | anukmèng sajroning kalbu | si bungkêr tiba ing janji | iku si dibyuk wong wadon ||
6. ingsun anti alawas kaku tèningsun | iya dudu wonge iki | ingsun titik têka mancur | manthêr têlênging netrèki | ya Mas Tanpauna kang wong ||
7. gya pinangku mring kang eyang kalihipun | kang têngên Banjaransari | kang kiwa Sang Ratu Galuh | dhinêsêk-dhêsêk ngoncati | adhuh si ditub wong wadon ||
8. dhuh wong apa iki son[123] nindhihi pupu | si bungkêr dipangan sugih | gumujêng suka sang wiku | ora kalong apa nini | asêndhu ature sang sinom |[124]|
9. wong kabalisyara dèn ajani iku | wuwuh angkuh ngingkrik-ingkrik | si diparaga wong ayu | jêr padu yyang ngajani |[125] mila dadra si dasmugrong ||
10. apuranên nini siguge mas putu | lah payo manjing ing puri | sun tuturi putuningsun | wong kabèh nora udani | samya gêgêtun punang wong ||
11. ya dènira aprang Sang Sri Raja Galuh | kêlawan Banjaransari | tan sêmbada gêrgêtipun | langkung amarasi galih | sarêng prak têka tugin[126] gon ||
12. wong puniku sami gupita tanna wruh | dhumatêng sang wiku jati | nging kalihan kang kadulu | prajurit èstri kang ngiring | wus prapta jroning kêdhaton ||
13. sakêlangkung tusthane kang para arum | wontên dene waduaji | mêlatar nèng alun-alun | dèrèng eca atinèki | tan tuk warti samya ngantos ||
14. samya gupit-ginupita sawadya gung | kapriye sun durung dugi | unggul prang gusti lan nungkul | kang sawiji anauri | măngsa boronga sang katong ||
15. kunêng ingkang winarna wau sang prabu | lan eyyang lan nata dèwi | raja pandhita amuwus | wus nini prapta ing janji | wus pasthi karsa dewa grong ||
16. asèlèha kêraton mring kaki prabu | jêr carita Galuh kèksi | nulya ana ratu agung | sumbaga digbya nung sêkti | kang ngêrgani[127] Galuh katong ||
17. kering ing rat abala samining ratu | sabrang Jawa pan sumiwi | trus tingal sidik pamuwus | kèdhêp sakalir kumêlip | lêlêmbut seba sang katong ||
18. krama widadari dhomas samya punjul | iya besuk sira nini | ingkang nurunkên ratu |[128] tan kasêlan nungsa Jawi | trunira kang dadi katong ||
19. apan sinung kasêktèn dening dewa gung | putunisun [pu...]
--- [f. 67v] ---
[...tunisun] Banowati | lan nurunakên lêlêmbut | lan nini Suradewati | lawan Rêtnawati kang wong ||
20. Ni Kênakawati Asmarawati ku | wong satur[129] saturunnèki | dyan kanthi prajurit luwung | miwah turun para putri | samya munggawa sang katong ||
21. alah uwis sun panggihkên Nini Galuh | lawan ranta sang aji |[130] lan Banowati mas putu | lan wêdana catur iki | miwah kabèh para sinom ||
22. ratu bagus krama widadari ayu | padha guna srana sêkti | tur wignya sumbaga anung | têguh rosa warna adi | sira ing yuda kinaot ||
23. mrojol kêrêp ing papak iya wus pujul[131] | turunira nini aji | panêngran kang dadi ratu | anênggih kawan pêrkawis | bagus gêdhe dhuwur kang wong ||
24. jayèng èstri kinawasa rosa têguh | yèn tan ana salah siji | asêpi kang dadi ratu | pêsthi ana salah siji | iku ingkang dadi katong ||
25. lamun bagus angluwihi saking bagus | yèn gêng igil luwih jalmi | yèn nora asumbaga nung | yèn têguh têguh tus pêsthi | nora winuruk dening wong ||
26. pêsthi salah sawiji kang dadi ratu | utamane yèn nglinggihi | iku kang kocap sêdarum | dene kang sru tapanèki | dadya prajurit kinaot ||
27. pêsthining sang wisesa tan dadi ratu | langkung tustha prabu èstri | miwah Sri Banjaransantun | mirsa pitutur yyang kaki | wus pinanggihkên sang katong ||
28. wus kêpanggih putra lan putri apatut | pinangku Banjaransari | pupu têngên Ratu Galuh | pinangku ing pupu kering | pan èsmu isin sang sinom ||
29. kang kagagas dening mungsuhe prang pupuh | dadya satru ing aguling | dadya kănca ing aturu | anulya kinèn ngabêkti | kapêksa jih[132] eyang katong ||
30. wus ngabêkti mring raka sang ratu ayu | Sri Banowati gumanti | bêkti marang raka prabu | nulya Sang Rêtna Dewati | ngabêkti sarya anyêthot ||
31. sarya mèsêm sri naranata ing Galuh | gumujêng sakèhing putri | mèsêm mengo Ratu Galuh | Banowati tukup lathi | Rêtnawati ngujung katong ||
32. nulya Sang Dyah Kênakawati angujung | gumanti Asmarawati | nulya sakèh para arum | ngabêkti aganti-ganti | tata majêng loro-loro ||
33. langkung tustha galihipun sang awiku | wis ninga sêdaya warni | miwah sakèh para arum | ingsun nini arsa mijil | anulya sri
--- [f. 68r] ---
nata miyos ||
34. ginarêbêg pawongan kêlawan manggung | putri kawan dasa sisih | kang eyang lêga tyas dulu | miyos arêg[133] kang anangkil | datan kaliru ing ênggon ||
35. panthan-panthan wêtune sajuru-juru | paglaran pêpak wadya ji | anggandhèk sitinggil kumpul | mantri anom kang nambungi | prapta paglaran punang wong ||
36. kabèh-kabèh kang nangkim[134] ing sêrgènipun | sêdaya atilar lampit | pinarak dhampar sang prabu | pinatik ing sêsotya di | ujyalane murub mompyor ||
37. atap andhèr kyana patih munggèng ngayun | jajare lan warga aji | punang nayaka sumambung | sêsak kang para bopati | sasap malih warga katong ||
38. pra prameya arya jêksa lan tumênggung | rêsika mantri ing wuri | jêjêl paglaran supênuh | na syara tan katon kang ngling | hèh ya wong kawulaningong ||
39. sêksènana wayah ingsun kaki prabu | kêratone sun wuwuhi | dhingin wus jumênêng ratu | mêngko krama widadari | têtêp ngargani kêdhaton ||
40. Nata Galuh sudigbya pra ratu anung | aguna sêrana wani | pratignya mong wadya anung | kyana patih myang waduaji |[135] samya sêksi kang punang wong ||
41. samya bêkti wadyaji nuwun sêdarum | ngandika sang wiku aji | sun juluki putuningsun | Sri Bêthara Darma Aji | wangwang ing mahraja katong ||
42. Senapati Ngalaga Mangkubumi ku | anuwun sakèh kang nangkil | ambungkuh norana kang wruh | mring kang abdi kang ta[136] uning | mung ki patih kang wruh katong ||
43. mring Sang Nata Prabu Sindhula puniku | pinarak sumandhing gusti | ngandika malih sang wiku | hèh iya sira apatih | sun ganjarkên kasih kang wong ||
44. Raja Purwadinata ki patih nuwun | nêmbah nglih malih sang yogi | bojomu sun angsung juluk | atêngran Ratu Dipati | Amongpraja namaning wong ||
45. anakira patih sun paringi juluk | Raja Ligaerang iki | nakira nom julukipun | Prabu Sangkan arinèki | Raja Mantri rane kang wong ||
46. wuragile Arya Wijamantri iku | nuwun manêmbah ki patih | prabu taruna nglingnya rum | bapa patih bocah mami | sun junjung lungguhe karo ||
47. ingsun karya kêbayan nahari[137] iku | Si Sangupati sun paring | nama Arya Dutaprabu | Si Sangulan sun paringi |
--- [f. 68v] ---
Arya Surawêcanang wong ||
48. kyana patih anêmbah kêlangkung jumurung |[138] myang kang sinung sih bêkti |[139] sri nata sigra tumrun kondur |[140] lan eyang malêbèng puri | ginarbêg sagung pra sinom ||
49. praptèp[141] latar pra garwa samya amêthu[142] | jêng ratu asta kinanthi | pinra praba yêksèku |[143] katiga sira Sang Aji | Sindhula ngandika alon ||
50. Banowati garwanira kaki prabu | dadya silihe ni aji | angrèh sakèh para arum | lawan sun paringi nami | jêjulukara[144] dyah sinom ||
51. ya Sang Ratu Prabu Intên Apsari ku | pinasthi ing dewa luwih | Banowati turunipun | băngsa siluman sêpalih | băngsa manungsa sêparo ||
52. apan padha kêlawan ya nini prabu | dene Ni Suradewati | Ratu Kêncana ranipun | sumbaga ginuna sêkti | mijil jurung sing[145] katong |[146]|
22. Mijil[147]
1. Rêtna Dewati ingsun arani | Ratu Sarisinom | Asmarawati iku namane | Ratu Mayangarum Rêtnawati | Ratu Mayangsari | de putri sêdarum ||
2. karsanira prabu amastani | karia putu ngong | ingsun pamit wis musna sang rajèng | nata lênggah ingayap rabi |[148] lèngsèr nata dèwi | arsa paès wau ||
3. manjing kênyapuri sri bopati | jrih bilih wirangrong | bilih runtik jumênêng sang rajèng | arsa tut wingking Suradewati | ngrangkul abêbisik | paran sampun nusul ||
4. garwa paduka sampun rêrêsik | isin lamun katon | arsa ngliga kusuma sang rajèng | adus kubon andika purugi | kangmas bilih runti[149] | ing wêcana sêndhu ||
5. bagus kenthol awangsula ngringki[150] | yèn wus aès[151] sinom | kula turi lah parêkan age | mèsêm sang nata ngaras ing rabi | dhu[152] dewa dyah ari | landhêp pintêr masku ||
6. mun kawêlèh sun wirang aisin | sun ganjar mas ingong | sira anggèr dadi lêlirone | Rêtnadewati Kênakawati | Asmarawatèki | wong iku ajujur ||
7. kangbon[153] payo padha ngati-ati | mênawa sêlak ton | para putri gumuyu arame | Rêtnadewati cinandhak angling | mêngkarag wak mami | ngungsi putri agung ||
8. samya bubar gumujêng sang aji | wus wangsul sang katong | ingkang wontên ing puri apaè[154] | ingayapa wong akadya ringgit | wuryaning asisig | anggantèn pi[155] têlu ||
--- [f. 69r] ---
9. pan sumorot wajanya gumadhing | kumênyar yèn tinon | lathi kumênyar nyênyêp manise | asêncaya lan kaduk ing liring | wus tan olèh tandhing | dene pan lagya tus ||
10. adan aès wau nata dèwi | amêpak pênganggo | yayah sang manis syara warnane | pawongan sêlak angladèni |[156] dene para putri | pêpaès supênuh ||
11. nata gănda jênar mrik awangi | anata sêsinom | wêdanane lir teja sênêne | patut kênyare ing santarêsmi[157] | arja patut alis | asarêmbêng[158] wungu ||
12. asêsêrbêng swarna grèksari |[159] lêlatha sumarot | sumarsana gasantun sêkare | sêngkangira bapang kang winarni | warna tranging rawi | êmêre mas tatur ||
13. inguparêngga warna thi-athi | binggêle susun ro | tinika[160] syarnada pupure |[161] roro sisih kalpika bang wilis | kênakanya wêning | kumêdhap lir karpu ||
14. apêngarih ting galuruh rêsmi | sawite mas kaot | pan ginolang-galih[162] mas mangke |[163] nota brăngta winarna bot kêling | kêkalung mas adi | rineka pêngayun ||
15. wastra sutra akumilat adi | cinitre[164] pêraos | arja naga sawo sinjange |[165] abra muncar nayakane asri | kêlabe angrawit | karênggèng mas tatur ||
16. atap asri nata de mêlathi | pilise winaon | waja lir madu brăngta manise | kyesyanira pan èsmu awilis | sêmune alindri | dinuk ing pandulu ||
17. ing warnane lir purnama sidi | surêm kang pênganggo | murda panglung gèng[166] jăngga lunge |[167] kang madya ro sêrasah calumpring | kabyatan sumillir | de pêmbayun gêmuh ||
18. nadyan midêra sasoring langit | aminta kêlangon | ingkang mirib sang dyah pasêmone | piwandri madu gunung gêndhis |[168] tan timbang tinandhing | yèn sang dyah akusut ||
19. ing rat sandyah ka[...][169] yèn luwih |[170] ginurit dening wong | munggèng bangsal pêrlambang polahe | titir sinukmèng kidung lêlungid | dyan lara lêlungid | japèna[171] brangtèku ||
20. ciptanên sang dyah ambawur rêsmi | puwara anglangmong[172] | dèn sawanga kêlangên ayune | kadi cintaka aminta riri | tata titis ngêning [ngê...]
--- [f. 69v] ---
[...ning] | dyah asmara nurun ||
21. para putri mulat jroning puri | tanpa jiwa tumon | lali yèn arsa sami dèn aès | mulat ing sang dyah lir muksèng liring | wong jro lir tan eling | lali raganipun ||
22. sidhêp kapinta yèn Dèwi Ratih | kapirangu kang wong | wus tan kawarna yunira radèn | upacara wus atap ing ngarsi | kawarnaa malih | waose winangun ||
23. Banowati wêdana lan putih | samya paès kaot | Raja Banowati bangun paès | atap sêsinom apatut alis | wuryaning asisig | ragi nata rêmbug ||
24. rema panjang mêmak tur awilis | asarêmbêng ijo | arja wastra parêmas wantare | asinjang pathola anantar[173] wilis |[174] arja wêrak sawit | niyakane murub ||
25. binggêl palwaga alus angrawit | kalpikane kaot | destar jas sinrang wilis sêngkange | asêkar mas winarna grèksari | wajanya gumadhing | lathi èsmu gêmpung ||
26. rema panjang amêmak awilis | dahat kaduk winor | èsmu luhur pêsaja polahe | saujare kapituhu laki | sêsolahe mani[175] | kakungnya sih lulut ||
27. sasolahe radèn iku rêsmi | amothah kêlangon | yayah puspita kapat sawange | gêrah mendra măndra awor riris | pêngatage ragi | ngrungrume sang ayu ||
28. sri bopati tan dêrana prapti | paès sakêprabon | midêr ing rat tan tandhing baguse | Yyang Asmara asor ingkang warni | sêsotya ingisis | kumêdhap sumunu ||
29. cahya ujyalane amadhangi | amratani tinon | amangu laraning dyah polahe | andani lulut manising liring | sasolahe asri | wèh raganing kakung ||
30. èmu[176] guyu nata nulyèng rabi | dene ing kêlangon | gya tumurun Ratih anèng kene | pan mèh pangling ingsun yayi uni | ngaras dèn igati[177] | sang narpa amuwus ||
31. lah dulunên gèn ta sang dewa sih | jumênêng kang kinon | lumampah alon prapta ngarsane | matur punapa sampun asinggih | mêngsah dalêm prapti | gêng arsa amukul ||
32. prayitnaa gusti sang lir Ratih | wrat mungsuh sang sinom | sang dyah ayu mèsêm lon liringe | iya ingsun nora ananggupi | mênawa si adhi | Bok Intên Hapsantun ||
33. ingkang sanggup kuwat anadhahi [ana...]
--- [f. 70r] ---
[...dhahi] | iku ingkang tanggon | pan gumuyu alon ing ature | kula malih puruna atandhing | yèn mêngsahna ugi | kados botên purun ||
34. Ratu Kêncana sampun amêling | wus saos sang sinom | lah marêka dipun olèh gawe | kangmas kênaa dèn arsi-arsi | mèsêm sri bopati | ngaras mring sang ayu ||
35. pan wus lajêng wau nata dèwi | lagya akêlangon | sri nalendra praptèng ing wurine | ampingan wit sêkar nagasari | gănda amrik wangi | kang apajar rawuh ||
36. sang dyah nolih amapag ing liring | lir madu trus juroh | pan rinatus kelang nis liringe | kang lagi prapta maras mula gi | ciptane sang aji | kagunturan juruh ||
37. gya tumêdhak alon marêpêki | tumungkul sang sinom | dening wau agêdhe marase | luput ing turon karsa ngewani | sinambut ing laki | ngêmban sang dyah ing rum ||
38. adhuh dewa ing tyas sun lir manggih | yyangyyanging kêdhaton | bayarsa mas tanna brăngta ngame | dene lawas awêlas ing kingkin | sandyah tan kêna ngling | maras èsmu gêtun ||
39. datan sipi têrnèng[178] sun ing ati | kasêtyan tyas katong | nanging maras tan tau tan tate | pan angêsah lon èsmu tangis |[179] sang nata ngêrêngih | gya ngusya pêmbayun ||
40. winawang-wangwang[180] saliring sari | sarya ngarpa alon | adhuh gusti sapanên abdine | ngaturakên pati lawan urip | anuwun ingkang sih | gusti kang satuhu ||
41. nulya ngrangkul sang nata ningsêkti | amriyêmbada lon | dutaning rat idhêpên sun anggèr | lir amanggih rêtna sasra muni | dimune pun dasih | kagunturan madu ||
42. wijiling sêbda lir madu gêndhis | angaras madya lon | sang dyah kepyan saya dêrs waspane | lumungsur sing banan arsa ngêdohi |[181] dadya angrapêti | sêrgara[182] lir juruh ||
43. sarya ngusap ing waspa ngling aris | sih têrsnane katon | kapan mari dewa suwancine | yèn pinarak netya sêgah tangis | ingsun lir kêpati | ngajap lipur ing rum ||
44. baya sapira laraning brangti | kingkin tyas sang anom | apan agêng marase ing tyase | yèn sinêmbrama aturing gusti | lir kunarpa manggih | juwitaning tanu ||
45. kakung gumujêng angling ing rabi | yayah juruh winor | lawan madu kang sami manise | anêcêp lathi
--- [f. 70v] ---
sang dyah tan apti | kakunge amêrdi | angaras pêmbayun ||
46. risang kakung tansah angêrêmih | sihing tyas saya jro | kadya supêna tèningsun anggèr | laranisun dewa ingkang prapti | sira kèpi latri | manise kadulu ||
47. baya nora wêlasa ra dyah ari |[183] sun mèh pupu[184] layo[185] | mirah katon saparipolahe | sun ulati ing pasir myang wukir | sun jajah wana writ | mirah tan katêmu ||
48. mangkya panggih sun wontên ing panti | mèh têmah alayon | nanging sira dewa katon bae | nora etang gusti ingkang abdi | wêdhakana sari | lawan burat arum ||
49. sasat pêjah ingsun manggih urip | yèn palastra ingong | lurubana ing sêsampur anggèr | lah larungên juwitang[186] sun yayi | saparan pan kèli | lêbura lan larung ||
50. sang dyah liningling ingarih-arih | datan arsa mengo | wanti-wanti prabu pêngarase | binêkta minggah ing tilam sari | sarwi rêmih-rêmih | lir madu lan juru[187] ||
51. awêlasa kawulane gusti | dewa sang lir sinom | Dèwi Ratih kang nitis mas anggèr | anjampèni wuyung ingsun gusti | yèn siranggèr asih | sapanên mas ingsun ||
52. sang dyah maksih kukuh datan kokih | malah rêngu anon | risang kakung ngabyati rungrume | lir guladrawa sor madu gêndhis | lir kang bêrmara mrih | madu maksi[188] kuncup ||
53. sang dyah sumyur we kumyus mratani | ing driyasmu kepon | malah lukar kinosya gêlunge | srinatane rusak dèn arasi | tan kawarna pipi | srinatane rêmpu ||
54. wiraga wrat tibèng tilam sari | miwah tibèng pangkon | ukêl lukar munggèng ing janggane | kumbanya sêsampur dyah dèwi |[189] munggèng si[190] bopati | sumampir ing bau ||
55. sri bopati ngêrpa ngasih-asih | yangyanging kêlangon | pun kakang gèr tur prasêtyane |[191] pirsakna ature pun dasih |[192] prasasat sarêsmi | raose tèningsun ||
56. ingsun têdha dewa dadi sari | kang andhap sun ngayom | anjalmaa puspita kang gêdhe | dadya langên ingsun cêngkramani | dadia marga writ | kambaha dening sun ||
57. pindhanira bêrmara kang luwih | pun kakang kawuron | ngisêp sêkarira nahing anggèr | sira toya ingsun mina alit | yèn tinilar warih | mina pêsthi lampus ||
58. kusumningrat[193] amêdhar sari |[194] sarining kêlangon | anyêngkrama ing langên-langêne | ing taman ri sêdhêng mrih sari |[195] sêkar tan kêna mrih | paran ta pukulun ||
--- [f. 71r] ---
59. paran polah yèn sira tan asih | yêktine angepon | anglamong tanbuh parane anggèr | nanging sira dewa dalu kèmping[196] | sang dyah angadohi | dening daya mring kung ||
60. kawarnaa arsa sewa rêsmi | sinêrg sandyah sinom | sa dyah amrih lêpat rêsmine |[197] nanging kagunturan gunung gêndhi[198] | wus sayah anangis | anampèling[199] pupu ||
61. kakung ngrangkul jăngga anungkêmi | ngaras pipi alon | sarya nglukari dyah sampure |[200] ri sang rêtna juwita ngêkahi | winardi ingukih | kantun kalih pinjung ||
62. sri nalendra nungkêmi panêpi | angrangkul sang sinom | asta têngên munggèng ing janggane | asta kèrèng[201] nèng jaja amêrdi | sinjange mèh kokih | sang dyah tyas suh rêmpu ||
63. lukar sinjang pupya pan tinitih | sang dyah sumyar ngepo[202] | sri nalendra anêmpuh astrane | sang dyah kagyat anarik ing wingking | sarya sambat mati | anyiwêli pupu ||
64. pênangise lir pulung kapipit | lir sundari angrok | risang kakung angrapêt janggane | tan bosên angaras panêpi |[203] nêcêp-nêcêp lathi | asta ngrangkul gulu ||
65. ja kêbug[204] lan pêrawan sunthi |[205] campuh asmara wor | kêsaputan asmara rahadèn | sang dyah kêpati tan kêna angling | waspanya dêrs mijil | wrata munggèng kasur ||
66. risang kakung kasor wlas ing rabi | sang dyah murcita non | anungkêmi wêdana kakunge | adhuh belakêna ingkang abdi | sarwi ngaras pipi | astane sinuwun ||
67. alama tansa[206] rêsmi sang aji | sinam[207] luwara mako[208] |[209] saya karagan-ragan manahe | rasa-rasa anampuni rêsmi | wus wênês sarêsmi | dyah anêdha sampun ||
68. winêrdi asmara sang dyah nangis | pinampunan[210] alon | sang dyah lêsah aluwih lupane | kakungira anukma nungkêmi | kepyan radèn dèwi | liningling tumungkul ||
69. parêk anèng jawining kang samir | atur toya bakor[211] | Ratu Kêncan aris ujare |[212] dhuh sirama ari sun sang dèwi | nora dèn sampuni | dèn pindha kang tuhu ||
70. sang nata lon dènnya anauri | tan etang mati ngong | amung kantun gusti jroning langse | mancura ludaningsun gusti |[213] tan ana kaèksi | mung dewaning ayu ||
71. pan ingaras [inga...]
--- [f. 71v] ---
[...ras] dyah liningling-lingling | lênggah anèng pangkon | sarya ngucap wau mring rabine | wanuh dewa sira pulang rêsmi | tan angling dyah dèwi | anglênggak ing bau ||
72. sri nalendra amulat ing rabing[214] | ênting wêlas tumo[215] | kêmanisên mulat ing janggane | kêmanisên amisik-misiki | kepyan nata dèwi | angêsah angadhuh ||
73. ya sang prabu lagya aminjungi | lan asta sang sinom | winayangkên ingangge supene | wruh ing singsim kang kalap dewaning | sang dyah èsmu isin | sang kakung wruh sêmu ||
74. sang nata ngling puranên pun dasih | dosèngsun acêlor | sarya maoni sang dyah gêlunge | arsa siram sira sun sirami | tur sarwi liningling | manggut sang dewa yu ||
75. sinambut sang dyah sarya kêkawin | syara manis awor | sarya winayang-wayang rabine | kinudang-kudang ujar wong iki | sanggup ananggoni | ing asmaraningsun ||
76. awêcana sang dyah anyiwêli | mring kakung nèng pangkon | sarya ngosya kinosya garwane | sri nata tumulya nungkêmi |[216] anuwun ping kalih | dene bisa muwus ||
77. pinjung jaja kang dèn waoni |[217] sang dyah sangsaya doh | kakung age cinandha[218] drijine | pan tinikên pan sarwi tinolih | Ratu Tin[219] Apsari | manggut nata ngadhuh ||
78. mya gumuyu sakèh para putri | kapingin ing turon | wusing siram ingêmban rabine | nata dèwi ngling kangmasirèki | kêna dhêndha rêsmi | parêkan sêdarum ||
79. pêragata de padha sawêngi | ja kari sawiyos | dudu lanang yèn tan pragat mangke | nata mèsêm pirabara yayi | sun dêrma nglakoni | dening mungsuh agung ||
80. tumrun Prabu Intênsari |[220] pinondhong sang sinom | pongah-pangih asru gêgarute | rinêmih-rêmih sang nata dèwi | tan dèn beda rêsmi | jêr ku padha ratu ||
81. binêkta mring jinêm ingrih-arih | tan warna sang katong | ingkang solah miwah pangrungrume | nora beda lawan nata dèwi | sang rêtna mu tangis | kangmas nêdha sampun ||
82. kakungira wêlas anyampuni | asiram mring kubon | wus mêngkana gêgada[221] kalihe | sri nata ngling anggèr ingsun amit | sarya liron singsim | kangmas kadya ing rum ||
83. asêndhu Ratu Ingtan[222] Apsari | katon cidraningong | no[223] pangling lamun sêsupene |[224] kang kalap dewa dyah èsmu isin | wus [wu...]
--- [f. 72r] ---
[...s] lungaa maling | sang prabu angrangkul ||
84. sang dyah gupita ki maling manis | gumujêng sang katong | sêtyanana mung sapisan kiye | ya wis kangmas dèn têlasa iki | napa dika isin | ngaran dudu jalu ||
85. Ratu Kêncana kang dèn parani | denera sang katong | ngêmban mudhun pan cinandhak malèh | adhuh kangmas mêngkarag wak mami | nora sun gingsiri | sampun tampènipun ||
86. nora kêna wus prentah Kumpêni | kang raka ginablog | wus binêkta mring papêrman age | acumbana canggèh radèn dèwi | garut angidoni | nangis nêdha spun[225] |[226]|
87. awlas nata pan dipun sampuni | binêktèng lêlangon | wus asiram agănda garwane | tan ingucap polahirèng nguni | Ratu Mayangsari | wau kang sinambut ||
88. pongah-pangih sang dyah èsmu isin | pinêksa sang katong | acumbona ramya karêmene | wanuh nêdha sampun nangis lirih | sampun dèn luwari | mri kubon samyadus ||
89. wus lêga mit Ratu Mayangsari | dyan pinondhong nyemot | pongah-pangih kathah sêsambate | datan arsa sang dyah èsmu isin | pinêksa ing rêsmi | binêkta jinêm rum ||
90. acumbona sang nata ngêrêmih | wus wanuh ing turon | nêdha sampun dangu datan olèh | kongah-kangih awlas dèn sampuni | ingêmban sang dèwi | mring kubon samyadus ||
91. Ratu Mayangarum Găndasari | karsane tinuron | nampèl-nampèl sang dyah tan apolèh | kangmas sampun sapindhah puniki | hèh yayi tan kêni | kêrsane durnadur ||
92. misêk-misêk[227] sinjange kawingkis | rongèh ing paturo[228] | lir walangkrik sang dyah gêgarute | nyêngkah jaja sarwi anjiwiti | dhuh kangmas sun pamit | aluwaran adus ||
93. wus asiram manjing pura panggih | sang dewaning sinom | apan lagya pèhi lan arine | kang anama Ratu Têrsnasari | Ratu Kêncanèki | apèhi lan maru ||
94. Ratu Sari ing katiganèki | wastane sang sinom | Ratu Mayangsari myang marune | putri kathah alangên pribadi | cathok ugêm cuki | wênèh ana catur ||
95. Ratu Mayangarum Găndasari | prapta mèsêm alon | èsmu isin dene kari dhewe | samya mèsêm kêraos ing galih | baya sira sakit | warnanira kusut ||
--- [f. 72v] ---
96. risang prabu prapta gumujêng ngling | alênggah sang katong | mungsuh maksih ta arangap bae | iki marêngi ki senapati | kêpanggih acuki | asohan rumuwun ||
97. nata dèwi gupita sang aji | wus atêluk ingong | nanging nuwun uripana bae | kula kangmas gih mêkatên malih | mung sakèhing putri | têlasa sêdarum ||
98. yèn pêragat nyata yèn prajurit | ginurit dening wong | putri dhomas têlasa samangke | yèn mêkatên karsanira gusti | sakèh para putri | kumpula sêdarum ||
99. wus kinumpulkên sakèhing putri | mangkona sang katong | angumpulkên rasa jati kabèh | pan wus dinum rasa dados tunggi[229] | asmaragamèki | nibani ngudang kung ||
100. samya nikmat sagung para putri | asmara kêlangon | kêpati lali jiwa ragane | kabèh ngrangos[230] cumbona lan aji | wus anunggal rêsmi | anglilir sêdarum ||
101. sakèh putri miyat sêmu isin | dhumatêng sang anom | samya ngalêm sumbagasmarane | sakèh putri ngidus[231] ing bèji |[232] langên anutugi | kèn inya tur wêruh ||
102. yèn wus pragat sakèh para putri | sumăngga sang sinom | yèn wus diwasa ngaturan age | nikèn inya wangsul dus ing bèji | para garwa padmi | samya ngalêm punjul ||
103. nyata lamun ratu lanang jati | tan kêna winaon | bagus anom baya asmarane | wus siniram nulya para putri | sinjang sami salin | gêgănda sêdarum ||
104. sakêlangkung amukti ing rêsmi | asmara kêlango[233] | siyang latri mukti asmarajèng | lan kang garwa ingkang dadi padmi | samya nutug rêsmi | lir rinatus juruh ||
23. Dhandhanggula[234]
1. datatita wus krama sang aji | madêg Ratu Galuh muktismara | nuwuki karsa kalane | jumênêng ratu agung | ngadêgakên ukum lan adil | sakèhing wadyabala | sêdaya sumuyud | pinudya minulya-mulya | kalokèng rat kèdhêp sawarna kumêlip | ing Jawi dèrèng rata ||
2. ingkang wetan pan măncanêgari | nora seba sang natarsa duta | arsa mijil lagya paès | wus angagêm kêprabun | yyang asmara lagya anitis | sakèhe para garwa | lênglêng dènnya dulu | barang kang dèn garap rêntah | wus sumaos upacara [upaca...]
--- [f. 73r] ---
[...ra] kang ngampil |[235] kênya yu-ayu ayu raras |[236]|
3. samya linut kang pênganggenèki | pêrdapa sêkar asêsumping mas | agêlang kona di kaot | abinggêl susun têlu | astanira samya bêk singsim | ku samya pêpingitan | datan kêna mêtu | kang nangkil pênuh paglaran | wus ingaès sang nata miyos tinangkil | akampuh parangrusak ||
4. dhuwung prabon uwêr tên ingukir | kandêlan mas warnane pan endah | sawat sawukir tatahe | pathola wilis binuntu |[237] lancingane rinenda adi | jamang kêbên[238] sêsotya | ujyalanya murub | gănda jayèngkatong kongas | ngagêm ingkang bêrkatan kang dhingin-dhingin | angêbêki kêdhatyan ||
5. mijil kori arêg kang anangkil | jalma kathah tan kuwasa miyat | ing kaprabon ujyalane | amaglaran sang prabu | kabèh samya atilar lampit | pinarak ing dhêdhampar | sêsotyane mancur | nata sung cipta wus lênggah | waduaji tumênggung konjêm ing siti | samya mangêrpa nêmbah ||
6. ki apatih ingkang munggèng ngarsi | atap bopati tumênggung arya | pra pratiwa mantri kabèh | lah arjana sumuhun | bolatantra[239] myang warga aji | sirêp jrih ingkang munya | mandira pêksiku | kêlayyan syarèng kêmasan | gêdhong wetan ri sêdhêng sang nalendra ngling | hèh Patih Rajapurwa ||
7. apa sira wis kongkonan nêlik | wong bang wetan banggane lan ora | kang băngga tan wruh ratune | sandeya manah ulun | madêg nata tan wona[240] ajrih | Jawa pan durung rata | putêk manah ingsun | tanggung ngur ingsun madhêpa | ing kamuksan Ki Pati Rajapurwa di | Natanêgara nêmbah ||
8. inggih sampun kawula utusi | abdi dalêm gusti kang lumampah | abdi dalêm Banyakwidhe | mentar sakancanipun | nêlukakên lajêng nuguri | wontên ing Jagabaya | pacak barisipun | di dalêm wingking wus rata | abdi dalêm kilèn botên dados kardi | sampun radin sêdaya ||
9. nagri sabrang ingkang dèrèng radin | ya wis bapa dudu pandumira | ingsun dhewe ku mungsuhe | Si Banyakwidhe iku | iya sêdhêng yèn padha cilik | lawan măncanêgara | dudu babotipun [babotipu...]
--- [f. 73v] ---
[...n] | bêcike sira dutaa | mring bang wetan gawaa nuwala mami | bopati kang prayoga ||
10. anakira kang anom sun tuding | akanthia Si Banyaksupatra | lancaran jaranan bae | dene nuwalaningsun | didhawuhna Dipati Bali | iku dadi gunungan | dene karêp ingsun | ala bêcike karuwan | nuwun nêmbah sandika ture ki patih | kondur sri naradipa ||
11. ingkang jawi sami dandan jurit | Prabu Sangkan bêkta wong sanambang | samya jêjaranan kabèh | Banyaksupatra sampun | kinintunan sêrat ki patih | wus bubar Prabu Sangkan | kang nangkil wus mantuk | sri bopati garwa mapag | mukti sêmara anuwuki sri bopati |[241] sigêgên kang lumampah ||
12. panggongan[242] Gunung Lanang winuni | kang winarna kang tapa sang wirya | anadene kêkasihe | tapane sampun gêntur | Panêmbahan Suwignya sidik | cipta ana kang wirya | dadi pănca têrus | adarbe wayah sêkawan | ingkang sêpuh Radèn Kuda Jayèngsari | Kuda Jayèngasmara ||
13. arine ran Kuda Jayèngrêsmi | wragile ran Kuda Jayèngtilam | kapat wus gêntur tapane | sapakone sang wiku | dèn lampahi wus guna sêkti | wus punjul ing apapak | mrajol[243] kêrêp iku | sumbaga sudigbyèng yuda | anèng ngarsa amothah siyang lan latri | nèng ngarsane kang eyang ||
14. nuwun sêbda mring yyang kawlasasih | langkung arsa kêpanggih kang raka | tinimbalan nèng ngarsane | kapat lênggah ambungkuh | angandika hèh putu mami | iki wis kalamăngsa | janjine wus tutug | sirarsa panggih rakanta | putu kapat ja sira kulinèng ardi | mapan sira wus digbya ||
15. sumbaga guna sêrana sêkti | ambêk sandu dudu pandumira | nèng gunung pandumu ngare | uwis mangkata putu | sira putu maringa nagri | tigas kawuryan aran | nêgara ing Galuh | widadari ratonira | mêngko krama olèh ratu sêkti sidik | aguna asêrana ||
16. sumbaga nung kèringan rat Jawi | mrajol kêrêp punjul ing apapak | bisa manjing ajur-ajèr | rat Jawa ambêk sandu | kèdhêp sakèh warna kumêlip | kèringan jim prayangan | setan myang lêlêmbut | kabèh padha angawula | kwulanana iku ta margane kaki | sira panggih rakanta ||
17. radyan nêmbah sarya nuwun pamit | pan sumungkêm wau ing suku sang | pan wus [wu...]
--- [f. 74r] ---
[...s] kalilan eyange | mangujung ngusap lêbu | dyan wisata dhepok tan kèksi | wus ngambah wonawasa | catrik[244] kalih tumut | Saraka Sarawasita | pituduhe panêmbahan atut wuri | dadya kêrta wêdana ||
18. anyiluman sang tapa wus wasis | ngraga sukma Yyang Kumayangkara | ratu seluman tuhune | winuni kang tumurun | saking gunung nora kaèksi | emut wêlinge eyang | ingkang pinituhu | angambah babadan anyar | tandurane asari alarik-larik | dulur-dulur katingal ||
19. têtanêman tata warni-warni | ramya wong kang nèng gubug gumêrah | wus ngambah pêsawahane | sawah sawênèh kayu | kayu sêmpu panggonan sapi | rare angon atata | atiti têtunggu | padha andhar-andhar tita | satuturnya banthènge ngadhang ing margi | margine pêsawahan ||
20. kang sawênèh padha aningali | ulam bandêng anèng ing bêndungan | aruntung-runtung pan akèh | ngèdhèng ngadhang pan agung | măngsa lipa padha ngulicir | kênès kênas kang mangan | lamat limit lumut | punang kacipir minăngsa | punang sawah sawênèh lagya nigasi | kang ani-ani ramya ||
21. ayu anom ajêjawat sami | ingkang liwat bagus kapat pisan | adawa warnanên mangke | gancang carita sampun | prapta têpis wiring nêgari | wus manjing ing nêgara | nênggih kapatipun | sang nata nulya sineba | pêpak andhèr bopati tumênggung mantri | ki patih matur nêmbah ||
22. kunêng ulun tur uningèng aji | wontên duta saking pabarisan | carakanya Banyakwidhe | ngandika sang aprabu | timbalana mring ngarsa mami | duta majêng wotsêkar | ing byantara prabu | matur nêmbah lun dinuta | abdi dalêm Banyakwidhe tur upêksi | gusti atur uninga ||
23. warti mirah mêngsah dalêm sami | parêmbag akumpul pra dipatya | ing bang wetan yêg rêmbage | arsa ngêrbat ing Galuh | têrkanipun botên sayêkti | ulun jumênêng nata | sumăngga sang prabu | abdi dalêm nuwun kêrsa | iya duta sun nganti kang gawa tulis | têmêne lawan ora ||
24. yèn sayêkti warta kapirsèki | ya wong ingsun ja na milu aprang | mundur prang lèrès bae |[245] dimin galak kang mungsuh | anêrkaa yèn ingsun wêdi | dimin têkèng nêgara | lêgane tyas ingsun | wis duta poma pacuwan |
--- [f. 74v] ---
duta nêmbah mêsat saking ngarsa aji | bapa patih sayogya ||
25. bantonana wong kang bêcik-bêcik | Si Banyakwidhe ja kangsi tiwas | ki patih sandika ture | pra dipati ing gunung | tindhihing prang Sang Raja Palih | ngirid baris ing Mêdhang | têtindhihira wus | bubar kunêng kang kocapa | kang gupita gègère karang paminggir | arêg sakèhing jalma ||
26. samya kerut wontên bangbang prapti | papat bagus-bagus ing warnanya | catrik kêkalih wurine | èstri nom samya kerut | tuwa anom pasar gêng sêpi | satuwuk dèrèng mulat | wong bagus kadyèku | kagyat sang nata ngandika | bapa patih ana apa gègèr iki | rame syaraning jalma ||
27. pariksanên dhewe bapa patih | mênawa kang sandining upaya | têlik kang pracina mangke | nêmbah mêsat sing ngayun | ki apatih miyak kang jalmi | piyak andhèr atarap | ki patih wus pangguh | kang dadi gègèring pasar | pan ajêngêr tigang pandurat tan angling | ki patih dèrèng mulat ||
28. bagus warnane kêmbar lan aji | kantun sêpuh kêlawan taruna | emut ki patih dêlinge | pun bapa ngawu-awu | nilakrama wong bagus pundi | dening tinggal kawuryan | rahadèn umatur | kawula kiyai bapa | saking Ardi Lanang pêrtapan yyang kaki | Panêmbahan Suwignya ||
29. pan sumbaga anung cipta sidik | punapa dika praptèng nêgara | kang sinadya ing karsane | kyai lamun sarêju | kula arsa ngabdi sang aji | anglêbur ing suku sang | pakone yyang wiku | sinau tapa ing praja | kula nêdha apura de murang niti | tan tumamèng ing wisma ||
30. sokor[246] bage kapasang yogèki | sri nalendra lagya sinewaka | marêngi kala wiyose | gih mangke kula matur | sapa sintên sinambat kang sih | bilih dinangu kula | gih sêdayanipun | sumaur radyan manira | ingkang sudi kula Kuda Jayèngsari | puniki arèningwang ||
31. Kuda Jayèngasmara ri mami | Kuda Jayèngrêsmi wuragilnya | Kuda Jayèngtilam rane | dene kalih puniku | renca[247] kula wastane cantrik | Sarakosa satunggal | Sarawisatèku | sampun gèr dika kantuna | kula matur ki patih sampun abali | tumamèng ngarsa nata ||
32. matur nêmbah rêkyana apatih | sampun kapirsa kang karya gita | bambang
--- [f. 75r] ---
sing ardi angsale | nêm kalih rencangipun | arsa ngabdi ing paduka ji | sampun katur sêdaya | purwa madyanipun | wiwitan têkèng wêkasan | ya ta ing tyas kadya carma munggèng kêlir | Prabu Galuh ngandika ||
33. bokmênawa ku upaya sandi | gunaning mungsuh umatur patya | pandugi ulun pan dede | yèn pracaya sirèku | timbalana ing ngarsa mami | jalma kang lagya prapta | ingsun arsa wêruh | sun sukmane pracinanya | atur sêmbah ki patih matur wotsari | kêpangguh ngling ki patya ||
34. swawi bagus ngandikan sang aji | sampun kering rahadyan sêdaya | kanêm kêlawan catrike | prapta byantara prabu | sri nata non yèn arinèki | mênawa ngemba-emba | lan doh dugènipun | Jênggala lan Gunung Lanang | bokmênawa ana jalma madha warni | mambêng sri naranata ||
35. sarêng tumingal radyan mring aji | kadya panjangputra tibèng sela | pyuh rêmak rêmpu galihe | ya uga sang aprabu | ingkang raka kang dèn ulati | kêpalang ajrih radyan | bokmênawa dudu | na ratu kêmbar kang warna | lawan adoh mênawa mêmadha warni | ing Galuh lan Jênggala ||
36. lan kang raka Sri Jêngala dhingin | tilar kawuryan madhêp kamuksan | mokal jumênênga rajèng | sapa ingkang anjunjung | duk kesahnya datanpa dasih | kêmba pêngangkênira | rahadyan tumungkul | wontên wingkinge ki patya | nging sang nata tan pandung lamun kang rayi | kèhnya mangampêt têrsna ||
37. amiringi panjênêngan aji | angandika amrih pracinanya | hèh satriya sira kabèh | di tuduh pinangkamu | kabèh sapa sinambat ing sih | de sira parikêdah | angabdi maringsun | pêrnata atap aturnya | ulun Ngardi Jalêr têdahe sang yogi | suwita padukendra ||
38. purwa aba[248] saking ing nêgari | ing Jênggala ulun kesah ngarga | tumamèng panêmbahane | dhepok nuwun sang wiku | ulun nuwun wêjang kang êning | dhumatêng panêmbahan | dene kang sun suwun | kawula kecalan kadang | wasta ulun dêlapipun amêstani | pun Kuda Jayèngsêkar ||
39. dèrèng dugi sangniskarèng[249] angling | pan kasêlak kawratan ing têrsna | wus pêsthi lamun arine | kapat prasamya nusul | sri bopati supe ing wadi | panjênêngan nalendra | kèsthi [kè...]
--- [f. 75v] ---
[...sthi] onêng kalbu | têdhak saking dhampar dênta | pan rinangkul kang rayi aganti-ganti | dhuh ariningsun êmas ||
40. nora nyana sira nusul mami | duganingsun sira bali dalan | emut kêraos sang rajèng | kinanthi arènipun | sampun lênggah ing dhampar rukmi | dyan catur pan udrasa | sumungkêm ing suku | samya nangis lir wanodya | sarya sambat tan nyana ulun kêpanggih | lun cari ngendrapatya ||
41. pan anusup ing wona asungil | minggah ngardi baya tan katingal | sakit pêjah datan katon | mung paduka kadulu | ngajar-ajar ulun lampahi | lun nyana mring kamuksan | de kita tan pangguh | lamun katingal Yyang Taya | sampun nusul mring kamuksan tuwêk ragi | mangke kêpanggih wirya ||
42. salaminya tadhah têdha guling | dêlap ulun kêpanggih Yyang Pada | samya pinêngkul arine | kapat sami amuwun | sri bopatya kumêmbêng mijil | tumibèng salang-salang | alantaran kampuh | dhuh yayi nora anya[250] |[251] lamun panggih ingkang rayi angabêkti | ulun datan pupêna[252] ||
43. wadyabala kenyut milu nangis | ting salênggruk kadya grah kasêpta | myang wong pasar nangis kabèh | sampun kèndêl sêdarum | lamun nangis kadya drèl muni | Kumpênèn wong udrasa | sagunging wadya gung | mirsa yèn Ratu Jênggala | nora uwas wêwah sungkême ngabêkti | ngandika sri nalendra ||
44. bapa patih iki nakirèki | ariningsun kang kari nèng praja | padha nusul têka kiye | ki patih nêmbah nuwun | panakrama tur bage gusti | dyan angling man tarima | sih mulènirèku | sigra kondur sri nalendra | angêdhatyan upacara andhingini | kinanthi arènira ||
24. Kinanthi[253]
1. kang rayi anuwun kantun | sri nalendra malêbèng[254] puri |[255] pra garwa mêthuk sêdaya | ingêmban sang prabu èstri | laju lênggah prabayêksa | lan garwa nêbda sang aji ||
2. dhuh anggèr ingsun angsung wru | arènira padha prapti | kang kari praja Jênggala | nusul munggah gunung wêrit | mlasasih sapanên mirah | rusan[256] lan pênganggonèki ||
3. gya dyah pawongan tinuduh | animbali para yayi | prapta ngling anggèr ngandikan | dening raka nata dèwi | kering radyan kacaturnya | ki catrik binêkta patih ||
4. sinuba-suba
--- [f. 76r] ---
kêlangkung | catrik kalih mukti sari | anèng arga tate kirang | nèng praja wibawa mukti | kunêng radyan pat kawarna | wong dalêm samya ningali ||
5. kasmaran lênglêng andulu | baguse dyan kapat sami | tanbuh ingkang dèn piliha | dyan prapta plataran aji | adoh ingawe rahadyan | ratu papat mêthuk sami ||
6. tan măntra lagya têtêmu | sanak ipe tan kaèksi | lir sadhèrèk nunggil yayah | Ratu Kêncanarsa nganthi | èsmu jrih radyan sêkawan | ratu-ratu mêksa sami ||
7. doh ngawe sang ratu ayu | yayi mas dèn parêk mami | aja taha-taha uga | yèn sêla-sêla ing kami | kêna ing papa cintraka | ingsun tan adarbe ari ||
8. sun lola tan duwe dulur | mung sira sadulur mami | marcapada ing dêlahan | sun aku sudara wèndi[257] | ayya mamang yayi sira | dyan andhêku nêmbah linggih ||
9. konjêm ing siti tumungkul | èsmu jrih isin raka ji | pinarak kalihan garwa | munggaha bêbatur yayi | ajrih ora lah munggaha | apa nganti sun udhuni ||
10. angandika Prabu Galuh | hèh yayi munggaha sami | aja wangkal buwang têrsna | Ratu Kêncana wus lantip | ing sasmita gya tumêdhak | munggah arèningsun sami ||
11. bêcik apa arèningsun | sira nganti dèn udhuni | marang ing bokayunira | ing Galuh sang nata dèwi | dyan kacatur nêmbah minggah | muka lir konjêm ing siti ||
12. angandika sang aprabu | lah bêktia sira yayi | radyan majêng apêrnata | wus ngujung raka gumanti | marang jêng pabu[258] wanodya | kang rayi kapat gumanti ||
13. langkung trustha sang aprabu | pinêngkup-pêngkul[259] kang rayi | kêmayangan yayi sira | ngulari kadang kêpanggih | awirya jumênêng nata | asalina busana di ||
14. mlasakên lungsêt kampuhmu | lama ngidêri wana writ | iki gonên kapat pisan | dyan nêmbah lumèngsèr sali[260] | dhatêng patani kang wetan | amêwahi bagusnèki ||
15. wus salin sowan mring prabu | tan kawarna polahnèki | wong dalêm samya kasmaran | tanbuh-tanbuh polahnèki | gancang carita wus lama | langkung sihe sri bopati ||
16. atanapi ratu ayu | kêlangkung sihira sami | miwah sakèh para garwa | ratu-ratu samya asih | ya ta kanjêng sri nalendra | ki patih wus kinèn kardi ||
17. pêdalêman papat sampu[261] | dadya sakêlangkung asri | pêpêthetan bêbanjaran | radyan wus kinèn umijil [umiji...]
--- [f. 76v] ---
[...l] | wus sami pinaring garwa | myang pingitan bêrana di ||
18. upacara sampun sinung | dyan pat sarêng praptèng panti | pinaring punggawa priya | malah kinêmit bopati | tan kawarna wus alama | gêntya kang winuwus malih ||
19. kang lagya matêngkên rêmbug | nèng Lumajang gunêm kawis | ingkang dadya gêgunungan | dipatya kalonèng[262] nagri | sêkti jigjayèng[263] ing rona | nung sarat dêdêgnya jrihi ||
20. sura wiguna digbya nung | bang wetan norana wani | nging Dipati Bêlambangan | Pasuruan de[264] kèringi | liya punika jrih samya | Dewa Sukma kang wêwangi ||
21. wastane Dipati Bandhung | Raja Sakordha kang nami | Gêlèlèng Sang De Mona |[265] Dewatara Sokawati | wasis pikir lungid lêmbat | Dewatara Sokawati ||
22. Karangasêm Sang Dewa Gung | ing Bandhung Sang Raja Gusti | Dewa Mosik arènira | pêk limang Sang Raja Bali | samya têdhaking Jênggala | ya iku tinari pikir ||
23. Raja Bêlambangan anung | wicêksana wignya sêkti | sumbaga guna sêrarana[266] |[267] Sang Jayaningrat Dèn Panji | Dhadhari Jayèngasmara | asêkti kunjana kulit ||
24. yèku têdhak Jênggalèku | Carangwaspa eyangnèki | Ki Adipati Lumajang | Pêcattăndha eyangnèki | Adipati Prabalingga | a[268] Jayalêksanèki |[269]|
25. ing Nungsangarong[270] ranipun | Dipati Kudamèngjurit | ing Panolan dipatinya | Kudasêrgara Dipati | ing Malang Ki Adipatya | Suraraja ingkang nami ||
26. ing Ngantang Dipati Umbul | Surayuda ingkang nami | malêdhug Menak Sukrama | ing Magada[271] Adipati | an[272] Puraadiningrat[273] |[274] ing Kawu ki adipati ||
27. Panji Asmarayudèku | Sêkarkuning kang wêwangi | Dyan Panji Kudaasmara | Purwaga bopatinèki | mapan iku namanira | Radèn Panji Purbaningsih ||
28. Pragunan bopatènipun | anama Dyan Panji Wilis | Tanah Bang bupatinira | Dyan Panji Jêblong namèki | sami têdhak Bêlambangan | kang rayi Panji Dhahari ||
29. minăngka bupatinipun | aran Panji Tambangtulis | Wajak Panji Surènglaga | ing Parong[275] iki Ngabèi | Surajaya aranira | ing Trusan Dêmang Pamilis ||
30. Pabeyan Dêmang Pamupu | Dipati Bandhung kang nami | aran Panji Tunjungpura | Pragunan Panji Sumatin | Ujungmalang bopatinya | Panji Jayawisesèki [Jayawisesè...]
--- [f. 77r] ---
[...ki] ||
31. Adipati Singasantun | Radèn Panji Baksasasi | Têrgalèk[276] Menak Supada | dipati ing Ponaragi | Dèn Panji Jayakusuma | Jayadewa Watuurip ||
32. Ing Wajak Panji Pamutung | Bantal Padhomasan iki | Dyan Panji Pênamur rannya | Bopati Gêmbong kang nami | Dyan Panji Suramraceka | Pasuruan kang bopati ||
33. Panji Wiranêgarèku | Madhêndha bopatinèki | ran Kudapamuluh Japan | awêsta Kudapalimping | Mêtaun Windunêgara | Kudasmara Sêkarkuning ||
34. Bopati Kartasanèku | Sirnayuda kang wêwangi | Panco Dêmang Patraatma | Sêrngat Suradi rannèki | Balitar Surawijaya | Tăndhalaya nagri Brawi ||
35. ing Kalangbrèt wêstanipun | Tăndha Minangsraya iki | Caruban bupatinira | aran Panji Balaruci | wus ngumpul mangilèn pisan | Jagaraga Udaragi ||
36. kang wetan wadya pêngayun | ing Lumajang ki dipati | ngirid bopati têngahan | gêdhig mênggala têtindhih | Adipati Pajêmbangan | sapangetan samya ajrih ||
37. bang kulon mênggalanipun | pagêdhene ki dipati | Dyan Panji Wiranêgara | Pasuruan ingkang nagri | bang kulon bang wetan pêpak | sêdaya têdhaking Kêling ||
38. mojar Dipati Kêlungkung | hèh sakèhe sanak mami | pra bopati kulon wetan | padha parabèkna sami | angsale ngrata nêgara | bok rawuh kang darbe nagri ||
39. Gusti Si Banjaransantun | nanging wartane wus lalis | pasthi seda jroning guwa | warta iku iya wêning | mulane sun kramakêna | Ratu Galuh widadari ||
40. kang sumbaga digbya anung | digdaya aguna sêkti | prajurit punjul ngapak |[277] pajurite[278] padha èstri | samya digdaya ngayuda | asêkti bujana kulit ||
41. dhomas tur putri sêdarum | benjang padha rabi putri | sanakku padha wayuha | ing sakèhe dhomas putri | sabopatine rong dasa | karine ingsun pribadi ||
42. yèn sun pangih Ratu Galuh | sêsênèn ingsun kauli | sun êmban bae sêpasar | sakarsane sun tutugi | nguyuh ngising ang[279] êmbanan | nguyuh wangi tai wangi ||
43. sun karya kuramas adus | dimin katularan wangi | simbara intên kumala |
--- [f. 77v] ---
dhakon intên mirah adi | borèh êmas jur-êjuran | cathoka[280] kumala adi ||
44. tapiha mas ingkang luru | ginèpèng kang luwih adi | besuk ingsun lamun krama | pêpanggile tumbak kêri[281] | pèpèra durèn cewoka | gustiningsun santên kanil ||
45. Sang Jayaningrat amuwu[282] | Ratu Galuh sampun krami | sal satriya Danisyara | sumbaga sêkti tur sidi[283] | datan kenging rinaosan | têguh rosa surèng jurit ||
46. tur kinasihan dewa gung | punjul papak jayèng juri | Raja Kêlungkung ngandika | puniku panasing ati | ratu agung lèh wong papa | eman têmên nata dèwi ||
47. ora ingwang olèh ingsung | padha têrahing nêrpati | i[284] ta boya atimbang |[285] Danisyara krama aji | tan patut dadya nalendra | sun ulihne ajalnèki ||
48. ngandêlakên rosa têguh | asêkti asrana wani | măngsa anungsula ingwang | kadidayan[286] barangnèki | ing Galuh larang wong lanang | anêmpuh nglimang sukoni ||
49. kedanan wêruh wakingsun | binuwang bojène[287] mêskin | yèn padha rêmbug sêdaya | ing Galuh ingsun lurugi | wong kulon agăndra pira | tan liwat kanggo salingsir ||
50. para bopati amungsuh | wong kulo[288] ajrih punapi | jibuh tandhing ing ayuda | tandhing jitus apit mantri | tan bêdholkên ulu[289] lanang | buwang kêris damèn bêrsih ||
51. măngsa ewuha wong dhusun | kapan uga tau jurit | ngling Dipati Jayaningrat | sampun mêkatên kakang ji | jalma tan kinging ing ina | măngsa kiranga pawèstri ||
52. dadya ngrisak pagêr ayu | ing jawi sabrang kèh putri | linamara putrinira | uwis samya dèn lurugi | apênêd kaloka ing rat | sampun mêksa kang wus krami ||
53. dadya niaya kang prabu | Dyan Panji Wiranagri ngling | lêrês dhimas Jayaningrat | ora dhi pan sira wêdi | amungsuh prang wong arahan | mungsuh wong adhudhuk gangsir ||
54. têdhak wong garu mêluku | bopatine têdhak dèsi | ratune wong bêndarakan | bature wong punuk dèsi | lawan adhi karêp iwang | uku[290] upamine gêni ||
--- [f. 78r] ---
55. yèn tan siniram ing banyu | ngămbra-ămbra têmahnèki | Dyan Wiranêgara ngucap | ratunipun digbya sêkti | nêgari kilèn wus rata | pasisir anungkul sami ||
56. tan susah kang prabu nglurug | amêsthi dipun lurugi | tanah Jawarsa ri nata | kantun ngriki dèrèng bêkti | Prabu Kêlungkung ngandika | mularsa sun dhingini |[291]|
57. adhi panase tèningsun | angaku ratuning Jawi | apêksa lananging jagad | Dipati Jagaraga ngling | Bagêlèn Kêdhu wus seba | bang wetan arsa rinadin ||
58. ing mangke pêngajêngipun | Jagabaya pacak baris | Kêdhu Bagêlèn wus rata | Prabu Kêlungkung sira ngling | patut amungsuh wong desa | măngsa tandhing lan sirèki ||
59. wruha bae pan lumayu | sêdaya arêmbag sami | akalangan sang gupita | kêsaru gègèr ing jawi | ingkang syara jalma kathah | yèn wontên dêdamêl prapti ||
60. cêraka saking ing Galuh | kang bêkta nuwala aji | sami manggung nèng turăngga | kagyat kang sami ningali | anulya kinèn mariksa | Ki Tumênggung Saosragi ||
61. kănca pundi ingkang rawuh | dene angagèt-agèti | sumaur sing luhur kuda | aku dutane jêng gusti | Sri Nata Galuh nagrinya | tutura mring sang dipati ||
62. wong Jagaraga wus wangsul | matur mring Dipati Bali | punika duta kang prapta | caraka Galuh nêgari | Panji Wirakagri[292] lingnya | nora linyok ujar mami ||
63. andang pira nuli rawuh | anginanga dèrèng abrit | nora kêna rinasanan | Prabu Kêlungkung nulya ngling | dhuh kaya bocah adhimas | undangên duta kang prapti ||
64. wong Jagaraga wus mêtu | nimbali duta kang prapti | wus panggih lawan caraka | nulya ngling wong Saosragi | suwawi dika ngandikan | sang duta mudhun sing wajik ||
65. pêpilihan kang tut pungkur | prawira nung bêcik-bêcik | bêkta sagêgamanira | kèhe kawan dasa sisih | ingkang kathah kantun jaba | samya wong kang wani mati ||
66. kang malbu pan wus kêpangguh | lan Kalungkung Sang Dipati | ngadêg kewala tan lênggah | samya eram kang ningali | duta prapta ngasta surat | sarta nawala pinundhi ||
67. mojar duta kalihipun | dipati sun dutèng aji | amundhi nuwala nata | dhawuhing sira dipati | lumraha [lumrah...]
--- [f. 78v] ---
[...a] sakancanira | bang wetan sakèh dipati ||
68. sang duta kalih amuwus | pa mulane ratu mami | kalêmbur latri lan siyang | ya padha sira rasani | potang kasêngitan apa | yèn sira arêp anggitik ||
69. aja ta kakehan rêmbug | angluruga sun tadhahi | Raja Kalungkung kapita | ja emuta duta aji | nuwala sampun kêtampan | Pêcattăndha maos tulis ||
70. akara-kara kang têmbung | kapencut ingkang miyarsi | pèngêt iki layang iwang | Prabu Galuh sumbaga di | Jêng Bêthara Dewanata | Mraja Katong Senapati ||
71. Ngalaga Pakubumiku[293] | dhawuha sira dipati | Bali Kalukung[294] Dipatya | lumraha kancanirèki | wusing dhawuh layang ingwang | wiyosira sun timbali ||
72. sakancanira sêdarum | bang wetan sebaa mami | apa sira nora mirsa | yèn ingsun kinarya aji | ngrèh rat Jawa tanah sabrang | kêraton Jênggala ngalih ||
73. sun ngêrgani nagri Galuh | karsèng Yyang Wasesa Luwih | angrèh sakèh lêmbut ingwang | miwah sawarna kumêlip | yèn maido yêktènana | sebaa ing ngarsa mami ||
74. sira cacad apa ingsun | ratu wignya nom apêkik | sun ngadêgkên dil ukumnya | dana siasat sun dadi | abagus tanpa sikara | tan paja-paja sayêkti ||
75. guna datanpa sranèku | wicêksana pramèng kawi | rosa têguh tanpa jaya | alah ta sira rasani | rina wêngi rêrêmbugan | pêgene kora[295] yêktèni ||
76. yèn sira tan seba mri sun | sagêndhingmu sun tadhahi | apa ingsu[296] ingkang nglanggar | apa sira anêkani | nanging aja kêlayatan | poma pacuwan wus titi ||
77. kaèsthi sêbda sang prabu | kang kawrat anèng jro tulis | Prabu Kêlungkung sru duka | wêdana lir raup gêtih | jaja bang mawinga-winga | kumêdut padoning lathi ||
78. miwah Ki Pêcattăndhèku | dukane yayah sinipi | wêdana bang winga-winga | jaja anglir wora-wari | ujyala netra lir surya | Ki Pêcattăndha kurda mrih ||
79. arsa sinuwèk sratipun | kêbat Prabu Sangkan uni | malumpat sêrat rinêbat | wus kêna asru dènnya ngling | sun rewangi tatu jaja | rusake nuwala aji ||
80. ngur sêbita kulit [ku...]
--- [f. 79r] ---
[...lit] ingsun | yèn durung pathol[297] dhas mami | iya ora awèh ingwang | sasat ngrusak gusti mami | yèn lanang payo ngêrbuta | karubutên ing ajurit ||
81. Pêcattăndha duka asru | angajêg[298] dipun cêkêli | dene kancanira kathah | ki lurah andika eling | puniku botên utusan | nistha jênênging nêrpati ||
82. yèn matèni tyang ingutus | Prabu Sangkan dèn cêkêli | dene Ki Banyaksupatra | kang dipati dika eling | lamun dinuta nalendra | Pêcattăndha asru angling ||
83. hèh wong sap ta aranmu |[299] kang tinanya anauri | ingsun putrane apatya | pan winênang saba puri | ingsun andêl-andêling prang | sun wêdananing bopati ||
84. Sang Prabu Sangkan ran ingsun | ing Galuh norana kalih | benjang yèn têmah ngayuda | aja nrajang liya mami | nauri Ki Pêcattăndha | apa têngêramu jurit ||
85. pare anom tunggul ingsun | aciri wênara putih | sira pa têngranmu yuda | Ki Pêcattăndha nauri | gêndera ciri wilmana | tumpêr ingas gaman mami ||
86. ja liya katrajang iku | ngêntèkna tênagèng juri | sampun mundur Prabu Sangkan | tan pamit sarowangnèki | tanapi Banyaksupatra | samarga angati-ati ||
87. kocapa kang samya kantun | dandan kêprabon ngajuri[300] | pinrih babarpisanira | badhol sawadya tan kari | bêndhe gong maguru găngsa | gumruh lir ombak jêladri ||
88. kagiri-giri gêngipun | kang wona katrajang bêrsih | dene wong wetan sêdaya | langkung rusuh anèng margi | barang kang kêcandhak sirna | saking gêng gêgamannèki ||
89. wus mondhok kang anèng ngayun | durung mangkat kang nèng wuri | Prabu Sangkan lampahira | kêcandhak anèng ing margi | cucuking yuda wus aprang | baras[301] lumampah ajurit ||
90. prang lèrès dènnya atarung | lampahira sampun têbih | sawulan anèng[302] ing marga | goroh carita wus prapti | jajahan Galuh nêgara | kagegeran wadya alit ||
91. Dipati Sumêndhang iku | Banyakwidhe atur uning | duta mêsat nulya panggya | lan ki patih atur uning | purwa madya ing wêkasan | wus katur sri narapati ||
92. duta winangsulan sampun | prapta barisan wus panggih |
--- [f. 79v] ---
lan Ki Banyakwidhe ika | lan ki apatih wus apanggih |[303] sakathahe kang dipatya | duta matur lir wong ringgit ||
93. kula dinuta wus rawuh | katur sasolahing nguni | purwa madya lan wêkasan | wadya ji kèn mundur sami | dimin galak ingkang mêngsah | anêrkaa lamun ajrih ||
94. nadyan dèn susula mungsuh | prang lèrès nging dipun lirih | wus tata undhang mudur prang | Prabu Sangkan sarêng prati[304] | lajêng akumpul kêlawan | Banyaksupatra tut wingking ||
25. Pangkur[305]
1. prang lèrèn sambi lumampah | wong bang wetan tana wani mêrpêki | kinalang-kalang kinêpung | towong mimis lir udan | wong bang kulon yèn pasaha padha tatu | anging tan pasah ing braja | saking wuruke ki patih ||
2. gancang carita wus prapta | ing nêgara kang buru samya bali | wadya kang pêrak kitha wus | wus samya malbèng kitha | kawarnaa lampahira kang ingutus | wus prapta katur nalendra | saniskara solahkèki[306] ||
3. myang ugyanira kang mêngsah | langkung tustha kajêng sri narapati | nanging karsane sang prabu | wadya kinèn ngatya-atya |[307] baris pêndhêm tan kalilan wijil pupuh | dimèn galak ingkang mêngsah | anarkaa lamun ajih[308] ||
4. kang wadya matur sandika | pan ki patya mênggala mêngku baris | nging tan ana syaranipun | kunêng ingkang kawarna | wong bang wetan nêmbang têngara sêdarum | sêdaya manahe suka | narka tan linawan jurit ||
5. wus daut wadya pangarsa | langkung agêng muntab lir pêrwatagni | lampahe wadya pan gêrgut | pan lajêng angêpang kitha |[309] pinaju pat syarane lir pêrwata rug | umyang kêndhang gong sauran | Sri Kalungkung nêrgkên baris ||
6. parêng mangsangh[310] kang angêpang | wetan kilèn lor kidul anyarêngi | lampahnya kêsaput dalu | mondhok jathok ing kitha | amêlatar tinata gêgamanipun | kunêng gênti winarnaa | sakathahe wadya aji ||
7. kang ing jro para bupatya | pra pratiwa prameya pa mantri |[311] agunêm samya akumpul | sowan dhatêng ki patya | nuwun tuduh kadospundi [kados...]
--- [f. 80r] ---
[...pundi] karsa prabu | mêngsah anglojok ing kitha | punapa botên mêdali ||
8. angling rêkyana apatya | durung măngsa măngsa borong sang aji | karsane ratu digbya nung | sumboga măndra guna | digbya sidik tingal têrus wrin sadurung | kang winarna dèrèng dadya | saingêring rat udani ||
9. sapolah tingkahe titah | pan udani sapa maido ugi | gustinira tingalnya trus | nanging ta ingsun duga | jêng sinuhun suka galihe kinêpung | dene wadya kilèn praja | apan wus seba sang aji ||
10. lah ta payo padha seba | dèn apêpak gustimu arsa mijil | tan kawarna latrènipun | enjing wadya ji pêpak | ing paglaran wadya gung ambèr supênuh | paliwara sampun mêdal | mring paglaran non kang nangkil ||
11. wus matur kang wadya pêpak | sri bopati siyaga dandan jurit | amakutha abra murub | kadya Sang Yyang Asmara | garwa gangsal wus siyaga arsa pupuh | Sang Ratu Apsêkar |[312] agêmnya kêmbar lan aji ||
12. amakutha abra muncar | kadya ratu kêmbar lawan sang aji | ratu papat rukuhipun | sêdaya cara priya | prawirèstri pêpak sakêpalanipun | nging Ratu Galuh tan mêdal | piningit mring raka aji ||
13. srinata mijil kalihan | kanthèn asta garwa pat kanan kering | wus maglaran sang aprabu | arêg wadya sewaka | prabu lênggah lan garwa nèng dhampar murub | dening kang garwa sêkawan | angapit ing kanan kering ||
14. samya bingung kang tumingal | warna kêmbar norana bisa milih | jawil-jinawil kang tan wruh | gupita-ginupita | sri bopati nimbali ratu lêlêmbut | miwah saisining wona | yèn mungsuh arsa yêktèni ||
15. ratuning jim pêrayangan | tanah Jawa tiningalan pan sami | Ratu Intên Apsari ku | ratu jim tanah Jawa | bêrkasakan ing Jawa lawan lêlêmbut | myang sakutu walang taga | karèh ing Ratu Apsari ||
16. ratu manungsa sang nata | Ratu Galuh kang ran Suprabawati | ratuning jim setan lêmbut | iya Ratu Apsêkar | angandika sang prabu ya arèningsun | yayi mas sira majua | lawan sira bapa patih ||
17. samya majêng dhadhap lênggah | samya bungkuh angandika sang aji | bapa patih hèh wong
--- [f. 80v] ---
isun | padha kon nisih ing nganan |[313] ingsun arsa nimbali ratu lêlêmbut | pêrayangan bêrkasakan | miwah saisi wanadri ||
18. yèku wonge yayi êmas | Nata Dèwi Ni Ratu Tên Apsari | ing awang-awang supênuh | norana gone lênggah | pra bopati amiyak nganan sêdarum | anulya Ratu Apsêkar | nimbali ratu para jim ||
19. antawis sêdhêng atata | buta wisa pêndhawa tata gati | dri yêksa sara mruta nub | pawona bona marga | samirona wêrayang kang pănca bayu | wisikan gulingan lima | kang bayu bodra naputi ||
20. ombak jumêgur Sêgara | Kidul munya gênti Ardi Mêrapi | Kêsonga Glêdhêg gumêdhug | Pêning lan Ngrawa Nglobang | Rawadalêm Dalêpèh pating jalêgur | kang akêr-angkêr[314] sauran | pratăndha seba para jim ||
21. rêrêp sirêp kang angêpang | samya tintrim kang bumi gonjang-ganjing | pênyanane langit rubuh | sindhung riwut trigora | angin liris jim lêmbut prapta sêdarum | gupuh-gupuh tinimbalan | de Ratu Intên Apsari ||
22. ratuning jim pêrayangan | ratu lêmbut sri sowan ngarsa pipit | kang kayangan Sagra Kidul | Ratu Ngin-angin sowan | mring kêdhatyan wus karabi mring sang prabu | Linglung Tunggulwulung sowan | kunêng gumrah wona ardi ||
23. nêgara jim ing Kêsonga | Linglung Tugulwulung[315] jêbul sing bumi | mirsa kumrusuk gumrudug | rêmpak pangnya kasrampal | kèdêk kèlês ron grawa sol kabarubuh | katrajang isining wona | samya prapta sohan gusti ||
24. Linglung Tunggulwulung nglekar | kêbak Galuh nêgari |[316] tan olèh gon tumpang susun | kang nèng ngisor tos pêjah | ratuning jim nêgara jajar alungguh | kêlangkung awarna-warna | pinirsa langkung ngajrihi ||
25. pating gulêgêr syaranya | ting galêro ana ingkang rêrintih | ana nangis jaluk tulung | anangis jaluk lara | payo-payo rowang kănca rowang batur | gusti pêparing mêmangsan | ting karosèng ngasah lading ||
26. aku doyan bathang mêntah | aku doyan polo ingsun cupi |[317] aku
--- [f. 81r] ---
doyan ati tutud | aku doyan lêlimpa | aku doyan balutan mêntah pêpusuh | aku doyan barang jroan | aku doyan pupu kikil ||
27. aku doyan lêlidhah |[318] aku doyan jêroan dulêk silit | aku doyan gudhang usus | enak anguyup darah | aku ora mung ilat kulit doyanku | balunge sun gawe dolan | mêmêdèni lare nangis ||
28. aku doyan nucup mata | aku ora mung doyanku dariji | aku doyan lulur wadhuk | pan mangke ya gampang |[319] dèn bêsèta têngkèng[320] silit tandhês gulu | sundêl balong[321] girang-girang | doyanku mung lambe kuping ||
29. mapan sêrate kêtara | ănja-ănja gêmbunge êndhas putih | èpèk-èpèk ilu-ilu | cicir kêblak thethekan | wêdhon egrang têngis lambene mêcucu | cangkême anglir palêngan | nasak gênthong dhasirèki ||
30. dasa kênong matanira | dhas sajêbug salumpang dhasnèki |[322] sadêriji awakipun | mata bundêr satêrbang | mung tangane rolas cêngkal sisihipun | ana salumbung wêtêngnya | na êndhase sakêmiri ||
31. cangkême ana sadhêpa | irung dawa anglir tulale èsthi | mata molèr dipun pangku | na dhase nêm lumpang |[323] mang cangkême salèng gangsir amêcucu | ngalethak balung katingal | bêbalung pating pandhêlis ||
32. sundêl bolong gigir growah | rema panjang gimbal sinèrèd siti | atine katon gumandhul | jroan katon sêdaya | aja sêru rowang kaca rowang batur | aja na muni mênênga | kanjêng gusti lagya kingkin ||
33. sapăntha-păntha ajajar | gèn sapangkat sawarnane kumêlip | atata sapundhuhipun | bala jim warna tiga | ingkang kanan ngling Ratu Intên Apsantun | hèh ya wong kawulaningwang | sira ngandikan kakang ji ||
34. pinundhut ing gawenira | sirnakêna mungsuh ing wetan iki | sami sandika turipun | tan raos[324] darbe gêsang | rintên dalu sumaos karsa sang prabu | punika kangmas sumăngga | pakaryane kang wadya jim ||
35. tuwin saisining wona | gung sêdaya sumăngga kangmas aji | sigra ngling Sang Narpa Galuh | hèh ya wong ingsun manungsa |[325]
--- [f. 81v] ---
sira pa wruh bayu badra[326] kang sumaput | saur kukila tan pirsa | anulya dipun sipati ||
36. pra bopati myang satriya | pra prawira miwah prameya mantri | sêdaya wruh ing lêlêmbut | samya asêslamêtan | para ratu lan ratuning jim sêdarum | angandika sri nalendra | patih lan sakèh wong mami ||
37. mêngko ingsun pasrah dhimas | amadêga senapati ngajurit | ing alaga mapag mungsuh | ingkang ngêpung nêgara | mêrapata barise wong ingsun Galuh | adhimas kang tuwa pisan | mêngko sun ganjar kêkasih ||
38. Prabu Sukmadikusuma | yayi Ratu Kêncana kang anganthi | punggawanira sêdarum | la[327] wong Tirtakêncanan | sakancane milua ing arèningsun | gitik mungsuh ingkang wetan | yayi mas panênggak uni ||
39. ingsun ganjar nama Raja | Dewakatong senapati ngajurit | sun kanthèni rabèningsun | Ni Ratu Mayangsêkar | ajagaa mungsuh ingkang ana kidul | lawan Bopati Sumêdhang | sakancane pra bopati ||
40. arèningsun kang pranaja | ingsun ganjar ran Raja Saribumi | sun kanthèni garwaningsun | Ni Ratu Sarirasa | Raja Palih sakancane ingsun dunung | mungsuh kulon dèn gitika | yayi mas ingkang wuragil ||
41. ingsun ganjar nama Raja | Padmalaya ing rana jayèng juri | sun kanthèni garwaningsum[328] | Mayangarum Asmara | wong pasisir padha milua sêdarum | mungsuhe lor dèn gitika | bap[329] patih barêng mami |[330]|
42. Ngantên Nglampung Sokadona | ing Carêbon Cibarang tuwin ing Pasir |[331] mangetan Kêndhal Lowanu | milua yayi êmas | dêdimukne[332] sêsinau aprang pupuh | wus yayi padha bubara | miwah sakèh ratuning jim ||
43. junjungên kêraton ingwang | singa abot tulungên ing ajurit | Linglung Tunggulwulung tumut | sagêndhingmu tèkêna | pan sakutu-kutu wona taga iku | tindhihe si nagaraja | wus têngara bubar baris ||
44. Prabu Sukmadikusuma | sapunggawanira bubar rumiyin | baris mubêng alun-alun | para jim atut wuntat | anusuli para dèwi katon pungkur | sapunggawane sêdaya | ngwuri Raja Saribumi ||
45. sapunggawanya atata | Raja Padmalaya mêngkasi wingking | sapunggawanya wus daut | para ratu sêkawan | ngawang-ngawang nidhihi bala jim dhuwur | têngara tambur gumêrah | gong maguru găngsa muning[333] ||
--- [f. 82r] ---
46. mêlingi datanpa rungyan | piniarsa kadya gugur kang ardi | kagegeran ingkang ngêpung | samya nêmbang têngara | tanpa rungyan wus mêdal sing pondhokipun | lor wetan kidul kêlayyan | ingkang kilèn amêdali ||
47. kang kidul kêlawan wetan | dipun purug lèr kilèn dèn jagani | pamrihe ja kêna tulung | wus samya yun-ayunan | padha sura atembak rewang lan mungsuh | kêlangkung gêrgut kang yuda | sinambêr ing dhandhang putih ||
| 1 | Terdapat tulisan tanggal pada tanda pergantian pupuh (madyapada) ini: 1737 [1810–1]. (kembali) |
| 2 | Mêdhanglarang (Ajisaka, Salamun, Pupuh 19.5.2). (kembali) |
| 3 | Raja (Ajisaka, Salamun, Pupuh 19.8.4). (kembali) |
| 4 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: Ki Dipati Raja Polah (Ajisaka, Salamun, Pupuh 19.8.4). (kembali) |
| 5 | Banyakwidhe (Ajisaka, Salamun, Pupuh 19.17.6). (kembali) |
| 6 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: wus pêpak sapangetan (Ajisaka, Salamun, Pupuh 19.18.5). (kembali) |
| 7 | Pasundhan. (kembali) |
| 8 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: tansah amanggung sungkawa (Ajisaka, Salamun, Pupuh 19.21.2). (kembali) |
| 9 | padha (Ajisaka, Salamun, Pupuh 19.21.6). (kembali) |
| 10 | ngrêbda (Ajisaka, Salamun, Pupuh 19.23.4). (kembali) |
| 11 | têrus (Ajisaka, Salamun, Pupuh 19.24.2). (kembali) |
| 12 | tinon (dan di tempat lain). (kembali) |
| 13 | baris. (kembali) |
| 14 | panganjuring (Ajisaka, Salamun, Pupuh 19.32.2). (kembali) |
| 15 | bujana. (kembali) |
| 16 | Lebih satu suku kata: dêmang pandlêgan samya. Bandingkan: pandêlêgan lan răngga (Ajisaka, Salamun, Pupuh 19.41.5). (kembali) |
| 17 | kadya. (kembali) |
| 18 | kang (dan di tempat lain) (Ajisaka, Salamun, Pupuh 19.46.6). (kembali) |
| 19 | pasêr. (kembali) |
| 20 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: rok campuh ulêt-ulêtan (Ajisaka, Salamun, Pupuh 19.51.7). (kembali) |
| 21 | cilik (dan di tempat lain). (kembali) |
| 22 | uwong (Ajisaka, Salamun, Pupuh 19.52.2). (kembali) |
| 23 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: iku sun arsa ngawula (Ajisaka, Salamun, Pupuh 19.59.7). (kembali) |
| 24 | pamonging. Bandingkan: pamomonging (Ajisaka, Salamun, Pupuh 19.62.4). (kembali) |
| 25 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: botên kasmaran ta gusti (Ajisaka, Salamun, Pupuh 19.65.1). (kembali) |
| 26 | madya. (kembali) |
| 27 | Kang (dan di tempat lain). (kembali) |
| 28 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: intên jumantên widure (Ajisaka, Salamun, Pupuh 19.78.3). (kembali) |
| 29 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: dadya sangar nagara (Ajisaka, Salamun, Pupuh 19.78.5). (kembali) |
| 30 | aran. (kembali) |
| 31 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: dewa aran Daniswara (Ajisaka, Salamun, Pupuh 19.82.4). (kembali) |
| 32 | sru. (kembali) |
| 33 | Kurang satu suku kata: kita arsa panggiha. Bandingkan: amba arsa uninga (Ajisaka, Salamun, Pupuh 19.84.5). (kembali) |
| 34 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: gih eyang tanpa wêkas (Ajisaka, Salamun, Pupuh 19.85.5). (kembali) |
| 35 | Lebih satu suku kata: tan dèn mjanani jalma. Bandingkan: mukti anèng kayangan (Ajisaka, Salamun, Pupuh 19.90.5). (kembali) |
| 36 | anti (Ajisaka, Salamun, Pupuh 19.92.6). (kembali) |
| 37 | sun. Bandingkan: wus (Ajisaka, Salamun, Pupuh 19.97.7). (kembali) |
| 38 | tan (Ajisaka, Salamun, Pupuh 19.101.5). (kembali) |
| 39 | dewa (Ajisaka, Salamun, Pupuh 19.101.7). (kembali) |
| 40 | bok (Ajisaka, Salamun, Pupuh 19.103.1). (kembali) |
| 41 | dêlap (Ajisaka, Salamun, Pupuh 19.104.2). (kembali) |
| 42 | wêjana (dan di tempat lain). (kembali) |
| 43 | pinasang. (kembali) |
| 44 | kaprajuritan (Ajisaka, Salamun, Pupuh 19.113.4). (kembali) |
| 45 | smu (dan di tempat lain). (kembali) |
| 46 | brêmara. (kembali) |
| 47 | kulit (Ajisaka, Salamun, Pupuh 19.124.1). (kembali) |
| 48 | ditya. (kembali) |
| 49 | abra (Ajisaka, Salamun, Pupuh 19.132.4). (kembali) |
| 50 | Brama (Ajisaka, Salamun, Pupuh 19.134.5). (kembali) |
| 51 | Kurang satu suku kata: kadi Parta lagya aprang. Bandingkan: kadi Sang Parta duk jaya (Ajisaka, Salamun, Pupuh 19.139.7). (kembali) |
| 52 | sumrêg (dan di tempat lain). (kembali) |
| 53 | Kurang satu suku kata: surak lir gunung rêbah. Bandingkan: surak kadya ampuhan (Ajisaka, Salamun, Pupuh 19.141.5). (kembali) |
| 54 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: lir rob sagara gumuruh (Ajisaka, Salamun, Pupuh 19.141.6). (kembali) |
| 55 | sapa. (kembali) |
| 56 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: saparêp mati papagna (Ajisaka, Salamun, Pupuh 19.145.4). (kembali) |
| 57 | kering (Ajisaka, Salamun, Pupuh 19.148.6). (kembali) |
| 58 | Ki (Ajisaka, Salamun, Pupuh 19.149.6). (kembali) |
| 59 | ambal-ambalan (Ajisaka, Salamun, Pupuh 19.155.5). (kembali) |
| 60 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: surak ambal-ambalan (Ajisaka, Salamun, Pupuh 19.155.5). (kembali) |
| 61 | Terdapat tulisan tanggal pada tanda pergantian pupuh (madyapada) ini: 1737 [1810–1]. (kembali) |
| 62 | Lebih satu suku kata: Wijayacapa dèn gèni rukmi. Bandingkan: wijayacapa dèn gèn-anggèni (Ajisaka, Salamun, Pupuh 20.3.1). (kembali) |
| 63 | bludru (dan di tempat lain) (Ajisaka, Salamun, Pupuh 20.3.3). (kembali) |
| 64 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: pathola wilis sêkare sami (Ajisaka, Salamun, Pupuh 20.3.4). (kembali) |
| 65 | onclang (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 66 | sumaos (Ajisaka, Salamun, Pupuh 20.10.2). (kembali) |
| 67 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: kang tinuntun pêpitu kathahe (Ajisaka, Salamun, Pupuh 20.10.3). (kembali) |
| 68 | wiyos. Bandingkan: miyos (Ajisaka, Salamun, Pupuh 20.11.2). (kembali) |
| 69 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: Ciptawlaha ijo titihane (Ajisaka, Salamun, Pupuh 20.14.3). (kembali) |
| 70 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: wadana kalih nindhihi wingking (Ajisaka, Salamun, Pupuh 20.15.4). (kembali) |
| 71 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Marawati kering (Ajisaka, Salamun, Pupuh 20.15.5). (kembali) |
| 72 | Lebih satu suku kata: adhehan nyongklang ginrêbêg mantri, Bandingkan: amêndhapan ginêrbêg ing mantri (Ajisaka, Salamun, Pupuh 20.20.4). (kembali) |
| 73 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: samya ngêntèkakên tênagane (Ajisaka, Salamun, Pupuh 20.24.3). (kembali) |
| 74 | patih (dan di tempat lain sesuai konteks) (Ajisaka, Salamun, Pupuh 20.26.3). (kembali) |
| 75 | tumandhing. (kembali) |
| 76 | jrih (dan di tempat dan bentukan lain) (Ajisaka, Salamun, Pupuh 20.26.1). (kembali) |
| 77 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: sumbaga bêsus anglêlanangi (Ajisaka, Salamun, Pupuh 20.28.4). (kembali) |
| 78 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: lulus si bungkêr ênggone ngame (Ajisaka, Salamun, Pupuh 20.30.3). (kembali) |
| 79 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: alah payo tibakêna age (Ajisaka, Salamun, Pupuh 20.31.3). (kembali) |
| 80 | sinosog (dan di tempat dan bentukan lain). Bandingkan: sinosok (Ajisaka, Salamun, Pupuh 20.33.1). (kembali) |
| 81 | brăngta (dan di tempat lain) (Ajisaka, Salamun, Pupuh 20.33.5). (kembali) |
| 82 | Bandingkan: sumaruwe (Ajisaka, Salamun, Pupuh 20.34.1). (kembali) |
| 83 | binêdhil Ajisaka, Salamun, Pupuh 20.35.1). (kembali) |
| 84 | amêksa (Ajisaka, Salamun, Pupuh 20.36.6). (kembali) |
| 85 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: sajêg ingsun durung aningali (Ajisaka, Salamun, Pupuh 20.38.1). (kembali) |
| 86 | kris (dan di tempat lain) (Ajisaka, Salamun, Pupuh 20.40.1). (kembali) |
| 87 | gon (Ajisaka, Salamun, Pupuh 20.40.2). (kembali) |
| 88 | anglir. (kembali) |
| 89 | dyah (dan di tempat lain) (Ajisaka, Salamun, Pupuh 20.48.3). (kembali) |
| 90 | Bandingkan: wong (Ajisaka, Salamun, Pupuh 20.50.2). (kembali) |
| 91 | wong. (kembali) |
| 92 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: dhadhap rinênggèng lungit tuwêke (Ajisaka, Salamun, Pupuh 20.51.3). (kembali) |
| 93 | Bandingkan: jêbêng (Ajisaka, Salamun, Pupuh 20.52.4). (kembali) |
| 94 | ngoyog. Bandingkan: angoyog (Ajisaka, Salamun, Pupuh 20.54.1). (kembali) |
| 95 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: asawat yèn kênaa ingukih (Panji Angronagung, British Library (Add MS 12281), Pupuh 14.112.4). (kembali) |
| 96 | sodor (Ajisaka, Salamun, Pupuh 20.59.2). (kembali) |
| 97 | swandana. (kembali) |
| 98 | angladosi (Ajisaka, Salamun, Pupuh 20.62.1). (kembali) |
| 99 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: angandika dèn prayitna anggèr (Ajisaka, Salamun, Pupuh 20.64.3). (kembali) |
| 100 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: lah malêsa aja ngungkak kapti (Ajisaka, Salamun, Pupuh 20.64.4). (kembali) |
| 101 | malêsa. (kembali) |
| 102 | orêging. Bandingkan: orêg (Ajisaka, Salamun, Pupuh 20.72.1). (kembali) |
| 103 | wasana. (kembali) |
| 104 | ginitik. Bandingkan: tik-ginitik (Ajisaka, Salamun, Pupuh 20.73.1). (kembali) |
| 105 | sinidikara (Ajisaka, Salamun, Pupuh 20.78.2). (kembali) |
| 106 | lumêpas (Ajisaka, Salamun, Pupuh 20.78.3). (kembali) |
| 107 | drês. (kembali) |
| 108 | gêlang kana (dan di tempat lain). (kembali) |
| 109 | sasisih (Ajisaka, Salamun, Pupuh 20.79.4). (kembali) |
| 110 | mangkin (dan di tempat lain) (Ajisaka, Salamun, Pupuh 20.82.4). (kembali) |
| 111 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: salamine nora kadi mangkin (Ajisaka, Salamun, Pupuh 20.82.4). (kembali) |
| 112 | ngumbara. Bandingkan: ngambara (Ajisaka, Salamun, Pupuh 20.87.4). (kembali) |
| 113 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: ingkang wadya samya ngati-ati (Ajisaka, Salamun, Pupuh 20.88.4). (kembali) |
| 114 | sandeyane. Bandingkan: sandeyane (Ajisaka, Salamun, Pupuh 20.89.3). (kembali) |
| 115 | kaot (dan di tempat dan bentukan lain) (Ajisaka, Salamun, Pupuh 20.90.2). (kembali) |
| 116 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: payo padha atandhing kasêktin (Ajisaka, Salamun, Pupuh 20.91.1). (kembali) |
| 117 | bobot (dan di tempat dan bentukan lain) (Ajisaka, Salamun, Pupuh 20.91.2). (kembali) |
| 118 | Kurang satu suku kata: angling sri bopati. Bandingkan: dèn prayitna ugi (Ajisaka, Salamun, Pupuh 20.95.5). (kembali) |
| 119 | Terdapat tulisan tanggal pada tanda pergantian pupuh (madyapada) ini: 1737 [1810–1]. (kembali) |
| 120 | guyon (Ajisaka, Salamun, Pupuh 21.3.5). (kembali) |
| 121 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: ujaring dewa tan sisip (Ajisaka, Salamun, Pupuh 21.4.2). (kembali) |
| 122 | êpyuh. Bandingkan: pyuh (Ajisaka, Salamun, Pupuh 21.5.1). (kembali) |
| 123 | sok. (kembali) |
| 124 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: asêndhu ture sang katong (Ajisaka, Salamun, Pupuh 21.8.5). (kembali) |
| 125 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: jêr paduka yyang ngajani (Ajisaka, Salamun, Pupuh 21.9.4). (kembali) |
| 126 | tunggil. (kembali) |
| 127 | ngrênggani (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 128 | Kurang satu suku kata: ingkang nurunakên ratu. (kembali) |
| 129 | catur. (kembali) |
| 130 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: lawan rakanta sang aji (Ajisaka, Salamun, Pupuh 21.20.2). (kembali) |
| 131 | punjul (dan di tempat dan bentukan lain). Bandingkan: pinunjul (Ajisaka, Salamun, Pupuh 21.22.1). (kembali) |
| 132 | jrih (Ajisaka, Salamun, Pupuh 21.28.5). (kembali) |
| 133 | orêg. (kembali) |
| 134 | nangkil (Ajisaka, Salamun, Pupuh 21.36.1). (kembali) |
| 135 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: kya patih myang waduaji (Ajisaka, Salamun, Pupuh 21.40.4). (kembali) |
| 136 | tan. (kembali) |
| 137 | nagara (Ajisaka, Salamun, Pupuh 21.46.1). (kembali) |
| 138 | Lebih satu suku kata: kyana patih nêmbah kêlangkung jumurung. (kembali) |
| 139 | Kurang satu suku kata: myang kang sinung asih bêkti. (kembali) |
| 140 | Lebih satu suku kata: nata sigra tumrun kondur. Bandingkan: sri nata anulya kondur (Ajisaka, Salamun, Pupuh 21.47.3). (kembali) |
| 141 | praptèng (Ajisaka, Salamun, Pupuh 21.48.1). (kembali) |
| 142 | amêthuk. Bandingkan: mêthuk (Ajisaka, Salamun, Pupuh 21.48.1). (kembali) |
| 143 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: prapta prabayasa lungguh (Ajisaka, Salamun, Pupuh 21.48.3). (kembali) |
| 144 | jêjulukira. (kembali) |
| 145 | sang. (kembali) |
| 146 | Kurang satu suku kata: mijil jumurung sang katong. (kembali) |
| 147 | Terdapat tulisan tanggal pada tanda pergantian pupuh (madyapada) ini: 1737 [1810–1]. (kembali) |
| 148 | Kurang satu suku kata: nata alênggah ingayap rabi. Bandingkan: sri narendra lênggah lan kang rayi (Ajisaka, Salamun, Pupuh 22.2.4). (kembali) |
| 149 | runtik (dan di tempat dan bentukan lain) (Ajisaka, Salamun, Pupuh 22.4.5). (kembali) |
| 150 | ngriki (Ajisaka, Salamun, Pupuh 22.5.1). (kembali) |
| 151 | paès (dan di yempat lain). (kembali) |
| 152 | dhuh (Ajisaka, Salamun, Pupuh 22.5.5). (kembali) |
| 153 | kangbok. (kembali) |
| 154 | apaès. Bandingkan: paès (Ajisaka, Salamun, Pupuh 22.8.3). (kembali) |
| 155 | ping (Ajisaka, Salamun, Pupuh 22.8.6). (kembali) |
| 156 | Kurang satu suku kata: pawongan sêlak anglêladèni. (kembali) |
| 157 | sitarêsmi. Bandingkan: setarêsmi (Panji Angronagung, British Library (Add MS 12281), Pupuh 6.75.4). (kembali) |
| 158 | asarêbêng. (kembali) |
| 159 | Kurang satu suku kata: asêsêrbêng swarna anggrèksari. (kembali) |
| 160 | Bandingkan: tinikah (Panji Angronagung, British Library (Add MS 12281), Pupuh 6.77.3). (kembali) |
| 161 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: tinikah suwrandanu pupure (Panji Angronagung, British Library (Add MS 12281), Pupuh 6.77.3). (kembali) |
| 162 | ginolang-galing (Panji Angronagung, British Library (Add MS 12281), Pupuh 6.78.3). (kembali) |
| 163 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: ginolang-galing ring mirah rêke (Panji Angronagung, British Library (Add MS 12281), Pupuh 6.78.3). (kembali) |
| 164 | cinitrèng. (kembali) |
| 165 | Kurang satu suku kata: arja naga sawo ku sinjange. (kembali) |
| 166 | munggèng. (kembali) |
| 167 | Kurang satu suku kata: murda panglung munggèng jăngga lunge. (kembali) |
| 168 | Kurang satu suku kata: piwanadri madu gunung gêndhis. (kembali) |
| 169 | Teks asli tidak jelas: kacipta (Wulang Hamêngkubuwana I, British Library (Add MS 12337), Pupuh 3.1.1). (kembali) |
| 170 | Kurang dua suku kata. Bandingkan: paningrat sang dyah kacipta luwih (Wulang Hamêngkubuwana I, British Library (Add MS 12337), Pupuh 3.1.1). (kembali) |
| 171 | jampèna. (kembali) |
| 172 | anglamong. (kembali) |
| 173 | anatar. (kembali) |
| 174 | Lebih satu suku kata: asinjang pathola natar wilis. (kembali) |
| 175 | maning. (kembali) |
| 176 | èsmu (Ajisaka, Salamun, Pupuh 22.13.1). (kembali) |
| 177 | inggati (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 178 | têrsnèng. Bandingkan: trêsnanira (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 2.66.1). (kembali) |
| 179 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: angusya alon awrat smu tangis (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 2.66.4). (kembali) |
| 180 | winawang-wawang. (kembali) |
| 181 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: lumungsur pangkon arsa ngêdohi (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 2.68.4). (kembali) |
| 182 | srênggara (dan di tempat lain). (kembali) |
| 183 | Lebih satu suku kata: baya nora wêlasa dyah ari. (kembali) |
| 184 | puput. (kembali) |
| 185 | layon. (kembali) |
| 186 | juwita. (kembali) |
| 187 | juruh. (kembali) |
| 188 | maksih. (kembali) |
| 189 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: koncanira sampure sang dèwi (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 2.84.4; Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.85.4). (kembali) |
| 190 | sri (dan di tempat lain sesuai konteks). (kembali) |
| 191 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: dasihe dewa atur sêtyane (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.86.3; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 2.85.3). (kembali) |
| 192 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: pirsakêna ature pun dasih (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.86.4; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 2.85.4). (kembali) |
| 193 | kusumaningrat. (kembali) |
| 194 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: kusuma wicitra mêdhar sari (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.89.1; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 2.88.1). (kembali) |
| 195 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: ing taman nêdhêng amêwah sari (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 2.88.4; Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.89.4). (kembali) |
| 196 | kèmpi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.90.4). Bandingkan: kèpi (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 2.89.4). (kembali) |
| 197 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: sang dyah amrih luputa turone (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 2.98.3; Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.99.3). (kembali) |
| 198 | gêndhis (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 2.98.4; Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.99.4). (kembali) |
| 199 | anampèli (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 2.98.6; Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.99.6). (kembali) |
| 200 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: sarya lukar sang dyah sêsampure (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 2.101.3); sarya nglukar sang dyah sêsampure (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.102.3). (kembali) |
| 201 | kering. (kembali) |
| 202 | ngepon. Bandingkan: kepon (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 2.105.2; (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.106.2.). (kembali) |
| 203 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: tan bosên angarasi panêpi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.108.4). (kembali) |
| 204 | jaka jêbug (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 2.107.1; (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.109.1). (kembali) |
| 205 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: jaka jêbug lawan prawan kêncing (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 2.107.1;Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.109.1). (kembali) |
| 206 | tansah. (kembali) |
| 207 | siram. (kembali) |
| 208 | mangko. (kembali) |
| 209 | Lebih satu suku kata: siram luwar mangko. (kembali) |
| 210 | sinampunan (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.111.2). (kembali) |
| 211 | bokor (dan di tempat lain). (kembali) |
| 212 | Kurang satu suku kata: Ratu Kêncana aris ujare. (kembali) |
| 213 | Kurang satu suku kata: mancura ludiraningsun gusti. (kembali) |
| 214 | rabi (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 2.111.1; Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.113.1). (kembali) |
| 215 | tumon (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 2.113.2; Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.113.2). (kembali) |
| 216 | Kurang satu suku kata: sri nata tumulya anungkêmi. (kembali) |
| 217 | Kurang satu suku kata: pinjung jaja ingkang dèn waoni Bandingkan: punika ikang dipun waoni (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 2.119.1; Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.121.1). (kembali) |
| 218 | cinandhak (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 2.119.3; Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 2.121.3). (kembali) |
| 219 | Tên. (kembali) |
| 220 | Kurang dua suku kata: gya tumurun Prabu Intênsari. (kembali) |
| 221 | gêganda. (kembali) |
| 222 | Intên. (kembali) |
| 223 | nora. (kembali) |
| 224 | Kurang satu suku kata: nora pangling lamun sêsupene. (kembali) |
| 225 | sampun. (kembali) |
| 226 | Kurang satu suku kata: nangis nêdha sampun. (kembali) |
| 227 | mingsêk-mingsêk (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 63.31.1). (kembali) |
| 228 | paturon (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 63.31.2). (kembali) |
| 229 | tunggil. (kembali) |
| 230 | ngraos. (kembali) |
| 231 | adus. (kembali) |
| 232 | Kurang satu suku kata: sakèhing putri adus ing bèji. (kembali) |
| 233 | kêlangon. (kembali) |
| 234 | Terdapat tulisan tanggal pada tanda pergantian pupuh (madyapada) ini: 1737 [1810–1]. (kembali) |
| 235 | Kurang satu suku kata: wus sumaos upacara kang ingampil. (kembali) |
| 236 | Lebih dua suku kata. Bandingkan: kênya yu-ayu raras (Ajisaka, Salamun, Pupuh 23.2.10). (kembali) |
| 237 | Lebih satu suku kata: pathola wilis buntu. (kembali) |
| 238 | kêbêk. (kembali) |
| 239 | balatantra. (kembali) |
| 240 | Bandingkan: ana (Ajisaka, Salamun, Pupuh 23.5.5). (kembali) |
| 241 | Lebih satu suku kata: mukti smara anuwuki sri bopati. Bandingkan: gênti kocap wontên pandhita linuwih (Ajisaka, Salamun, Pupuh 23.9.9). (kembali) |
| 242 | panggungan. Bandingkan: kapanggungan (Ajisaka, Salamun, Pupuh 23.10.1). (kembali) |
| 243 | mrojol (dan di tempat lain) (Ajisaka, Salamun, Pupuh 23.11.7). (kembali) |
| 244 | cantrik (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 245 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: mundura prang lèrès bae (Ajisaka, Salamun, Pupuh 23.17.3). (kembali) |
| 246 | sokur (Ajisaka, Salamun, Pupuh 23.23.1). (kembali) |
| 247 | rencang. (kembali) |
| 248 | amba (dan di tempat lain). (kembali) |
| 249 | saniskarèng. (kembali) |
| 250 | anyana (Ajisaka, Salamun, Pupuh 23.35.8). (kembali) |
| 251 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: dhuh yayi nora anyana (Ajisaka, Salamun, Pupuh 23.35.8). (kembali) |
| 252 | supêna (dan di tempat lain) (Ajisaka, Salamun, Pupuh 23.35.10). (kembali) |
| 253 | Terdapat tulisan tanggal pada tanda pergantian pupuh (madyapada) ini: 1737 [1810–1]. (kembali) |
| 254 | malbèng. (kembali) |
| 255 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: sri bupati manjing puri (Ajisaka, Salamun, Pupuh 24.1.2). (kembali) |
| 256 | rusak. (kembali) |
| 257 | wèdi. (kembali) |
| 258 | prabu (dan di tempat lain). (kembali) |
| 259 | pinêngkul-pêngkul. (kembali) |
| 260 | salin (Ajisaka, Salamun, Pupuh 24.16.4). (kembali) |
| 261 | sampun (dan di tempat lain) (Ajisaka, Salamun, Pupuh 24.19.1). (kembali) |
| 262 | kalokèng (Ajisaka, Salamun, Pupuh 24.27.4). (kembali) |
| 263 | digdayèng. Bandingkan: digdaya (Ajisaka, Salamun, Pupuh 24.27.5). (kembali) |
| 264 | dèn (Ajisaka, Salamun, Pupuh 24.28.4). (kembali) |
| 265 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: Gêlengsong Sang Dewa Munah (Ajisaka, Salamun, Pupuh 24.29.3). (kembali) |
| 266 | sêrana. Bandingkan: sarana (Ajisaka, Salamun, Pupuh 24.31.3). (kembali) |
| 267 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: sumbaga guna sarana (Ajisaka, Salamun, Pupuh 24.31.3). (kembali) |
| 268 | Aji. (kembali) |
| 269 | Kurang satu suku kata: Aji Jayalêksanèki. (kembali) |
| 270 | Nungsabarong (Ajisaka, Salamun, Pupuh 24.32.1). (kembali) |
| 271 | Manggada (Ajisaka, Salamun, Pupuh 24.33.4). (kembali) |
| 272 | aran (Ajisaka, Salamun, Pupuh 24.33.5). (kembali) |
| 273 | Suraadingrat (Ajisaka, Salamun, Pupuh 24.33.5). (kembali) |
| 274 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: aran Suraadiningrat (Ajisaka, Salamun, Pupuh 24.33.5). (kembali) |
| 275 | Porong. (kembali) |
| 276 | Têrnggalèk. Bandingkan: Trênggalèk (Ajisaka, Salamun, Pupuh 24.38.3). (kembali) |
| 277 | Kurang satu suku kata: prajurit punjul ngapapak. Bandingkan: apan punjul ing apapak (Ajisaka, Salamun, Pupuh 24.47.3). (kembali) |
| 278 | prajurite (dan di tempat dan bentukan lain) (Ajisaka, Salamun, Pupuh 24.47.4). (kembali) |
| 279 | ing. (kembali) |
| 280 | Bandingkan: canthènga (Ajisaka, Salamun, Pupuh 24.50.6). (kembali) |
| 281 | kêris. (kembali) |
| 282 | amuwus (dan di tempat dan bentukan lain) (Ajisaka, Salamun, Pupuh 24.52.1). (kembali) |
| 283 | sidik. Bandingkan: sigit (Ajisaka, Salamun, Pupuh 24.52.4). (kembali) |
| 284 | iku (Ajisaka, Salamun, Pupuh 24.54.3). (kembali) |
| 285 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: iku ta baya atimbang (Ajisaka, Salamun, Pupuh 24.54.3). (kembali) |
| 286 | kadigdayan (Ajisaka, Salamun, Pupuh 24.55.4). (kembali) |
| 287 | bojone (Ajisaka, Salamun, Pupuh 24.56.2). (kembali) |
| 288 | kulon. (kembali) |
| 289 | wulu ; dulu (Ajisaka, Salamun, Pupuh 24.57.5). (kembali) |
| 290 | iku. (kembali) |
| 291 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: mila arsa sun dhingini (Ajisaka, Salamun, Pupuh 24.63.6). (kembali) |
| 292 | Wiranagri. (kembali) |
| 293 | Bandingkan: Mangkubumiku (Ajisaka, Salamun, Pupuh 24.78.1). (kembali) |
| 294 | Kalungkung. Bandingkan: Klungkung (Ajisaka, Salamun, Pupuh 24.78.3). (kembali) |
| 295 | nora (Ajisaka, Salamun, Pupuh 24.82.6). (kembali) |
| 296 | ingsun (dan di tempat lain) (Ajisaka, Salamun, Pupuh 24.83.3). (kembali) |
| 297 | pothol. (kembali) |
| 298 | angadêg (Ajisaka, Salamun, Pupuh 24.88.2). (kembali) |
| 299 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: hèh wong sapa ranirèku (Ajisaka, Salamun, Pupuh 24.90.1). (kembali) |
| 300 | ngajuri (dan di tempat lain). (kembali) |
| 301 | baris. (kembali) |
| 302 | Terdapat dobel sandangan: anèng atau aning. (kembali) |
| 303 | Lebih satu suku kata: lan ki patih wus apanggih. Bandingkan: lan Ki Patih Sumêdhangi (Ajisaka, Salamun, Pupuh 24.98.4). (kembali) |
| 304 | prapti (Ajisaka, Salamun, Pupuh 24.100.4). (kembali) |
| 305 | Terdapat tulisan tanggal pada tanda pergantian pupuh (madyapada) ini: 1737 Sapar kaping 8 [15 Maret 1810]. (kembali) |
| 306 | solahnèki. (kembali) |
| 307 | Lebih satu suku kata: wadya kèn ngatya-atya. (kembali) |
| 308 | ajrih. (kembali) |
| 309 | Lebih satu suku kata: pan lajêng ngêpang kitha. (kembali) |
| 310 | mangsah. (kembali) |
| 311 | Kurang satu suku kata: pra pratiwa prameya para mantri. (kembali) |
| 312 | Kurang dua suku kata: Sang Ratu Intên Apsêkar. (kembali) |
| 313 | Lebih satu suku kata: padha kon nisih nganan. (kembali) |
| 314 | angkêr-angkêr. (kembali) |
| 315 | Tunggulwulung. (kembali) |
| 316 | Kurang empat suku kata: kêbak jêjêl pênuh Galuh nêgari. (kembali) |
| 317 | Kurang satu suku kata: aku doyan polo ingsun cucupi. (kembali) |
| 318 | Kurang satu suku kata: aku adoyan lêlidhah. (kembali) |
| 319 | Kurang satu suku kata: pan mangke iya gampang. (kembali) |
| 320 | têkèng. (kembali) |
| 321 | bolong (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 322 | Kurang satu suku kata: dhas sajêbug salumpang êndhasnèki. (kembali) |
| 323 | Kurang satu suku kata: ana dhase nêm lumpang. (kembali) |
| 324 | ngraos. (kembali) |
| 325 | Lebih satu suku kata: hèh wong ingsun manungsa. (kembali) |
| 326 | bajra (dan di tempat lain) dalam kontek angin. (kembali) |
| 327 | lan (dan di tempat lain). (kembali) |
| 328 | garwaningsun. (kembali) |
| 329 | bapa. (kembali) |
| 330 | Kurang satu suku kata: bapa patih barêng mami. (kembali) |
| 331 | Lebih satu suku kata: ing Carêbon Cibarang tuwin Pasir. (kembali) |
| 332 | dêdimune. (kembali) |
| 333 | muni. (kembali) |