Babad Purubaya, British Library (Add MS 12308 a), 1813, #1050 (Pupuh 26–31)
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
--- [f. 82r lanjutan] ---
26. Dhandhanggula[1]
1. sêdhêng tinari kumpul wong Bali | Raja Klungkung ingkang anèng purwa | wong Bali wus prapta kabèh | Raja Gêlingsong rawuh | wong ing Bandhung wong Sokawati | wong Karangasêm prapta | ingkang mondhok kidul | wadya Bêlambangan tata | nora ngumpul samya ngajêngkên pribadi | wus samya rêp-arêpan ||
2. ngara-ara kumpulan prasami | para nata tênapi satriya | samêkta lan gêgamane | ing ara-ara iku | tigang atus yuyunan sami | èbêk dening kang wadya | gumêdêr asêlur | lir gêrah syaraning jalma | awor lawan pangriking turăngga èsthi | sinrang dening pardăngga ||
3. giri-giri kang wadya ing Bali | prajurite kang padha prawira | lir singa lodra tandange | bèri tambur acampuh | soka mangrik syara mêlingi | wor kêndhang gung barungyan | kang wadya bêk pênuh | awor lan kêrbêting wadya | asrang umung gong prakăntha wor ranting |[2] lir rubuh ingkang arga ||
4. awurahan syaraning wadya ji | surak rame anèng madya gantang | kèbêkan sabarisane | kang nèng dharat supênuh | sanès ingkang wontên ing kali | kayu watu kèbêkan | dening kèh lêlêmbut | ponang mêngsah tan uninga | apadene saisine ing wanadri | maju apanthan-panthan ||
5. ana egrang têngis lawan cicir | alu-ilu[3] aramya syaranya | samya anantang mungsuhe | edab kang dulu muwus | datan dora ungêling tuli[4] | kang kabêkta ing duta | nêlukkên karuwun | samya miris manahira | Rajèng Bali malongok dènnya ningali | isin amêksa mangsah ||
6. pan mêngkona tataning ajurit | anèng têngah senapati yuda | radèn ika mênggalane | jim cara samya ngêpung | kang mayungi Suradewati | anjangkung awang-awang |
--- [f. 82v] ---
panumping jim sêmbu | kêlawan isining wona | numping kering ingkang êjim anambungi | sakutu wona taga ||
7. mêngsah tan wruh êjim katon kêdhik | wadya Galuh nanging kang katingal | payo mungsuh mung sêmene | rug campuh samya ngrubung | ramya aprang asilih ukih | aramya padha sura | kadya langit rubuh | sarêng syaraning sênjata | tanpa rungyan jim sato kanan lan kering | rug samya manêmpuh prang ||
8. pêtêng dhêdhêt wadyaning wiyati | udan lesus angin pacawura | tan kêbêr[5] malês mungsuhe | prange wong wetan bingung | pêrbawane lir rug kang langit | jêngkar bumi prakêmpa | lir gora gada[6] ut | sindhung rat agra gumiwang | membak wini[7] sêgara apulang liris | lintang daru kèh tiba ||
9. pracalita kapitèng sabumi | rêngat sunguning sapi gumarang | migung rat lir yunan mangke | garwa sêkawan ngrubung | pêtêng dhêdhêt lir têngah wêngi | jim satu kang nèng dharat | ngidêk nyingat nyaut | tinadhahan ing sênjata | miwah waos kang nèng nginggil tan ngabêri | udan watu dêrs tiba ||
10. nulya katingal mring sri bopati | prapta sing luhur drêsing pratala | watu nibani mungsuhe | lir pendah awun-awun | punang sela ingkang nibani | norana kêna indha | kacurnan padharmuk | wong wetan tanbuh polahnya | dadya nuduk anyakrah mêdhang anamsir | aramya silih dugang ||
11. kèh prang lawan rowange pribadi | anglir guntur mrang ing endrajala | curnan palagan bêk wangke | rahnya lir tasik marus | karang wangke kang kuda mati | lir sara susun watang | kang aprang tan bêsur | cangcing kriciking ing watang | padha kakrak tikêling pyuk-pyak lir |[8] tandhinging gănda astra ||
12. kèh satriya myang prawira mantri | sasisane pan samya lumayya | takut non sato polahe | jim nora kêna lampus | uwus dening saking wiyati | giris ngudanan sela | ngungsi gustinipun | pisah kêsaput ing wêngya | kang mênang prang wangsul manjing kitha malih | jim setan kantun jaba ||
13. anggêgila syaranya gêgirisi |[9] mêmêdi kèh syara kapiyarsa | balangi mungsuh pondhoke | găngsa pating carêngkung | abor[10] akèh awira-wiri | nanging nora katingal | kang syara gumuruh | kêkês mêngsah amiyarsa | wong aturu pinaranan dèn dulêki | kang bêtah mêlèk ora [o...]
--- [f. 83r] ---
[...ra] ||
14. Adipati Jayaningrat miris | manahira dening yudanira | maksih wani prakosyane | ana kêrasèng kalbu | Ratu Galuh yèn gustinèki | sri nata ing Jênggala | kang dadi pêngajur | anidhihi prang ya uga | ingkang rayi ingkang mirib warnanèki | iya putra Jênggala ||
15. arsa têluk angulari margi | dèrèng angsal angrudatin nala | sampun adamêl sêrate | samăngsa sal magèku[11] | nora nganggo pinikir malih | Panji Wiranêgara | rêmbag sabiyantu | kunêng ingkang mênang aprang | sapolahe wus katur atata gati | langkung tustha sang nata ||
16. Ratu Galuh sigra dènira ngling | marang sakèhing kang bala tăntra | ing mosa puniku mangke | wêkase prang winangun | mungsuh uwis cilik kang ati | sun arsa tindak dhawak | anyinarkên[12] mungsuh | enjang bapa dipun pêpak | wus bubaran datan kawarna wus enjing | sigra nêmbang têngara ||
17. wus akupul[13] wadya giri-giri | ambêlabar kang punang gêgaman | sato jim samya sumaos | kang rayi kalih matur | kang lèr kilèn mêngsah ngoncati | kados adarbe manah | ing pandugèng ulun | nanging dèrèng angsal marga | iya bênêr padha awas dene eling | gampang kêpanggih wuntat ||
18. wus têngara[14] daut kang pangarsi | sigra tandang bubar sri nalendra | garwa pat munggèng ngarsane | punggawèstri sêdarum | kang pinangku sri narapati | Ratu Kêncanasêkar | ngêmbara sang ayu | nindhihi jim nèng awiyat | Ratu Galuh kèndêl kapêthuk dutèki | Dipati Bêlambangan ||
19. langkung tustha narpa mawas tulis | langkung têmbungnya akara-kara | surat titi ngandika lon | duta wangsula gupuh | ya matura gustinirèki | sun tarima bêktinya | yèn ngandon prang pupuh | tuhu têmên sumingkira | bokmênawa kêsawo ngiwisi[15] kardi | tugyane lan sebaa ||
20. duta mêsat lajêng sri bopati | punang mêngsah kumpul dadya tunggal | amapag ngantêp yudane | têngara sarêng umung | langkung agêng lir rob jêladri | sindhung riwut trigora | bayu badra nêmpuh | kêbak jim ing madyatara | miwah dharat lan sakèh warna kumêlip | Sri Galuh ginupita ||
21. animbali Ratu Nên Kapsari[16] | agya prapta [pra...]
--- [f. 83v] ---
[...pta] ngarsane kang raka | alon ngandika sang rajèng | dhuh mirah jiwaningsun | sawadyane wadyanira ji | padha konên suminggah | ja na milu pupuh | pêlagan dèn padhangêna | apadene saisine wona giri | karyane wus sun trima ||
22. dipèn[17] mungsuh cuwa ing ajuri | ing tyas sura padha ngantêp yuda | dêrapon lêga atine | mèsêm jêng ratu matur | kangmas bagus sampun kumaki | mêngsah samya digdaya | sakêlangkung agung | ulun kangmas tan pitaya | bilih tiwas sintên kang kula ngèngèri | ingaras ingkang garwa ||
23. asih têmên gusti mring kang dasih | ora uga mirah dèn pitaya | pangêrksane dewa kang ngrèh | turutên ingsun masku | aja nistha ingsun dadya ji | ing prang ngandêlkên wadya | iku wirang isun | lamun mêkatên karsanta | kula tumut ing tuwan sapati urip | mirah sakarsanira ||
24. pan sumriwing samiron wor risris[18] | tan antara prapta tanpa sangkan | Ratu Ngin-angin garwane | manêmbah ngusyèng suku | angêndika jêng sri bopati | sira mas mirah prapta | lan bêkta wadya gung | mirah anggèr ana paran | sang dyah rêtna umatur saha wotsari | saking pamarmèng ămba ||
25. amiyarsa paduka don juri | mêngsah agung sêkti surèng rona | tanpa wilangan balane | kantun wadya pukulun | mila ulun kasêsa prapti | ing tyas datan pitaya | mring paduka prabu | pêjah gêsang sampun pisah | dyan rinangkul asih têmên mring kang abdi | mirah sakarsanira ||
26. kula nunggil bok Ratu Tên Sari | balane jim pan nisih sêdaya | nganan ngering pangêrksane | padha paprangan sampun | langkung suka Sang Ratu Bali | myang sakèhing bopatya | miwah wadya agung | ngraos katrima sêktinya | Ratu Galuh iki bilaimu prapti | tibane takanira ||
27. sigra mangsah prajurit ing Bali | pinilihan miji bupatyanya | bêcik-bêcik digbya kabèh | kang sêkti rosa têguh | ing bang wetan tan olèh sisih | saha ngajokkên bala | krura krak manguwuh | eling-eling kang jêjaga | Ki Dipati Lumajang ingkang anami | kinarya Pêcattăndha ||
28. Singalodra prajurit ing Bali | Singabarong tiga Mancasura[19] | pan tate tatal [tata...]
--- [f. 84r] ---
[...l] tandhinge | samya sêdhêng gul-agul | anung samya bujana kulit | witning kang mapag digbya | langkung têguh timbul | awêsta Sang Prabu Sangkan | kyai patih Dipati Bojanêgari | Dipati Sokapura ||
29. pra prawira wetan kang nimbangi | Banyakwidhe lan Banyaksupatra | katiga Tumênggung Ngonje | prajurit wetan nguwuh | asêsumbar munggèng turanggi | papagên tandang iwang | yèn sira rêp lampus | Sang Prabu Sangkan tara gya | Banyakwidhe mungsuhe dèn parêpêki | ijèn samya prawira ||
30. prajurite mungsuh papat prapti | Macanbawuk prajurit Magada | kêlawan Mesatêrate | Bali Mawanwilanglung[20] | langkung guna asaba bêngi | lawan Kêbo Lorodan | sêkti agul anung | wus nunggal rêbat prawira | apan dangu wau ta ukih-ingukih | norana kang kuciwa ||
31. kalih dhasar dhêmên-dhêmên sami | Prabu Sangkan lawan Pêcattona[21] | kala dinuta mulane | samya suka apangguh | wong bang kulon kang dèn kalihi | prakăntha asauran | kêndhang gong abarung | gêbang-ginêbang aramya | gênti mutêr putung watang gênti kêris | kalimput musuh wetan ||
32. Macansura watgata ngêmasi | Banyakwidhe kang nigas murdanya | Tumênggung Ngonje tandhinge | Singalodra asampyuh | rame angrok asilih ukih | Tumênggung Ngonje sayah | Banyakwidhe tulung | Singalodra kinasihan | sampun pêjah Singabarong sru kurdèki | Dipati Sokapura ||
33. samya tumbak-tinumbak agênti | Dipati Sokapura krepotan | tandang Prabu Sangkan mangke | Raja Palih anusul | Singabarong dipun kêmbuli | arame padha wignya | kari sêkti anung | arame tumbak-tinumbak | putung watang Singabarong angunus kri | Ja Palih cinuriga ||
34. nora obah anglir lalêr mampir | Raja Palih malês anyuriga | angadhuh jondhil tiba ge | jinam[22] rambutipun |[23] wus katigas surake atri | Singabarong wus pêjah | pun Macanwilanglung | maju ngunus kris sêsumbar | Arya Banyaksupatra ingkang nadhahi | arame padha wignya ||
35. gênti lawung putêr agênti kris | padha têguh norana tumama | angêntèkakên gêndhinge | kalimput Macanwulung | wus ngêmasi egal nulungi | Macanbawuk pinapag | dene
--- [f. 84v] ---
Ki Tumênggung | Bojanêgara wong wetan | Mesatrate wau ingkang angalihi | ki tumênggung tan kewran ||
36. kantun wignya mungsuhe ro manti[24] | prajurite lêlima kang pêjah | Pêcattăndha sru dukane | majua oclang lawung | asêsumbar rêbutên jurit | Prabu Sangkan majua | ja liyan mungsuhmu | Sang Prabu Sangkan wus mangpag[25] | wus kêpanggih padha siji silih ukih | norana kang kuciwa ||
37. padha wignya angêntèkkên gêndhing | tumbak kêris wus rêmpu agantya | ukih-ingukih arame | dhêndha-dhinêndha rêmpu | gênti gada nora wigati | nulya ngadu karosan | ajunjung-jinujung[26] | binanting Ki Pêcattăndha | nora emut rinêbat ing wadyanèki | surakipun gumêrah ||
38. tandya lukya têkyan wadya Bali | wus tumandang wurahan ayuda | wong wetan marêpak age | adangu dènnya campuh | nora nana kang ngrasa ajrih | sigra tandang sêdaya | wadya rêbut punjul | arame candhak-cinandhak | wadyakusya agênti kêris-kinêris | rame pêdhang-pinêdhang ||
39. sigra aprang kang para dipati | jèn-ijenan atandhing kasuran | lir puyuh tarung padhane | anêrg-sinêrêg wau | anyuriga pêdhang anamsir | ramya tumbak-tinumbak | manuligi anut | anêr[27] kandhêg silih dugang | asidêkung andhudhat-dhinudhat amrih | langkung rame kang yuda ||
40. kathah tigas ingkang pra prajuri | pitung dasa wênèh kang kabranan | miwah kang kabănda akèh | wong Bêlambangan pan anub |[28] Pasuruan samya ngêbyuki | ambalik milya munah | tandange anggêrgut | kalimput wadya bang wetan | pra dipati sêdaya samya ngawaki | wadya wetan kabyatan ||
41. pra bopati kilèn angawaki | ing Lumajang gêmbong sakancanya | ingkang nadhahi yudane | ramya dènnya prang carub | samya ijèn para bopati | norana têdhas braja | bopati ing Galuh | wo Bali nisih sêdaya | sakancane lumalya wus dèn tututi | kêncandhak[29] anèng marga ||
42. saking kanan Kuda Jayèngrêsmi | saking têngah Kuda Jayèngsêkar | kang rayi saking keringe | Suradewati ngluhur | putri papat jangkung kang rayi | Dyan Kuda Jayèngtilam | anglambung sing pungkur | anusul ing sri nalendra | lan ki patih wong wetan kewran ing margi | dadya kandhêg sêdaya ||
43. pra bopati ingkang dèn tututi | wong Lumajang
--- [f. 85r] ---
gêmbong sakancanya | galong kumpul pêlayune | kewran margi kakêpung | ingkang repot prasamya kari | wo Bali wus kêncandhak | kasêlak pakewuh | datan nyana sigra magang | jaga-jaga ajaga mungsuh galak lir | jatha amăngsa naga ||
44. sigra mamprang angron padha amrih | Raja Bali lawan sri nalendra | lir sêgara rob padhane | bêndhenira pan umung | suka mangrik bêndhe tinitir | awor kêrbêting wadya | prakăntha wor umyung | lir rêbah mangingkin ing rat | asênggani pangriking kuda wor jalmi | kadya rêg kang pratola ||
45. yèn kang jêmur angron pasauring | mawantahan duk sarêng amanah | manumbak mêdhang mangrongjèng | rêg-rêg kandhêm kapêluk | kapalindhês pan kapalipis | krura dugang-dinugang | ambithi manau[30] | mala[31] amisaut padha | kapêcèlu[32] andhudhat amrang amiling | ususnya kulaweran ||
46. agya mangsah wau sri bopati | lan kang garwa Tu Intên Apsêkar | lan Ratu Ngin-angin mangke | prajurèstri sêdarum | ingkang rayi kapat ajurit | prajurit èstri mangsah | kapalan sêdarum | parêng manah kadya warsa | ing paprangan umangsah sri narapati | ingamuk mungsuhira ||
47. ratu kalih mumbul mring wiyati | dan jêmparing madyèng ing payudan | samya nibani mungsuhe | ya ta ngamuk sang prabu | mêngsah wetan pan samya rujit | ingkang kapêdhang sigar | kang urip lumayu | dyan prabu ngasta sanjata | panah rante lumêpas ingkang jêmparing | kèh kapusthi warastra ||
48. ambuk[33] sarta surak wadya mantri | para bopati lawan satriya | pan samya nyêkêli kabèh | binêkta sowan ngayun | sampun katur mring sri bopati | yèn wus têluk mêngsahnya | gya kondur sang prabu | ginêrbêg prawiraning dyah | praptèng praja wus laju maglaran aji | pinarak sitibêntar ||
49. ri sêdhêngnya ya sri narapati | andum jara ya mring wadyabala | ki patih munggèng ngarsane | kang rayi jajaripun | pra bopati kang anèng wuri | Dipati Pasuruan | jajare alungguh | Adipati Bêlambangan | pan têtêluk wiking[34] pisan dènnya linggih | angandika sang nata ||
50. hèh sakèhe kang para bopati | ingkang wetan sira awasnêna[35] | dèn waspada sira kabe[36] | apa ya apa dudu | samya matur sagung bopati | saèstu jêng paduka | Jênggala Sang Prabu | bopati Bali sêdaya | samya matur mangke ulun wus apanggih | tan mamang tingal ingwang ||
--- [f. 85v] ---
51. kang rumiyin kalimput pawarti | yèn pawarti yèn paduka muksa | jro pura wêning wartine | mangke apuntên ulun | ngunjukakên pati lan urip | ngandika sri nalendra | sun trima sêdarum | kabèh padha sun apura | nanging kabèh têtêpa prajanirèki | sêdaya tur pêrnata ||
52. angandika malih sri bopati | nanging pêndhak măngsa asebaa | sêtaun ping dyi sebane | sandika aturipun | datan ana suwalèng kapti | rata măncanêgara | pasisir sêdarum | ingkang rayi sêkawan |[37] ingkang sêpuh tinanêm nata ing Kêling | têtêm[38] namane lama ||
53. akêkasih Sang Raja Sukmadi | pan kusuma dêg Nata Jênggala | wêdana pasisir kabèh | kalih kaliwonipun | ingkang rayi ing Singasari | lawan ing Pasuruan | dèn panênggak sampun | tinanêm Nata Jênggala | Raja Dewaaji rannya mêdanani | kabèh wetan sêdaya ||
54. Bêlambangan ingkang angliwoni | Tandhês Balora Radèn Pranaja | ing Ngurawan nêgarane | sampun sinung jêjuluk | ya Sang Raja Sarining Bumi | wuragil Singasêkar | pinaring jêjuluk | Raja Padma Jayènglaga | Sri Ngurawan apan kinèn mêdanani | kilèn măncanêgara ||
55. sapangilèn ingkang angliwoni | Panaraga wus kondur sang nata | pra garwa amêthuk kabèh | ingêmban ratu ayu | ing papêrman mukti ing rêsmi | anggung karon asmara | lan garwa sêdarum | wus lama jumênêng kata[39] | kering ing rat sugih donya sugih rabi | samya wawrat sêdaya ||
56. sugih wadya amukti ing rêsmi | cinarita sêmana wus lama | raja dèwi wawratane | wus babar ratu ayu | miyos èstri ayu linuwih | widadari ing syarga | tumurun têtulung | têngara munya sauran | saking syarga nêgari Galuh nauri | akrêp dènira munya ||
57. apan ramya akèh kapirsèki | pan jumêgur gumlêdhug suwaranya |[40] lêmbut samya sohan kabèh | ratuning jim sêdaru[41] | atanapi warna kumêlip | saos dèn sambêlèha | dènnya miyos nuju | Gara Kasih Măndhasiya | sasi Bêsar tanggale purnamasidi | taunipun Jimawal ||
58. măngsa sêpta mangsanira lair | sêkala pan sagêd angandika[42] | ingsun ratu ayu mangke | angrèh sakèh lêlêmbut | kering ing rat ing tanah Jawi | momong kang duwening rat | pinasthi
--- [f. 86r] ---
dewa gung | Sêgara Kidul kuthanya | surupipun anênggih Ratu Ngin-angin | jumbuh yèn samya ana ||
59. kadi gène wong angilo carmin | rupa jati lawan rupa anyar | dèn wruh tunggale pisahe | mring kang eyang pinangku | wi Raja Sindhula angling |[43] kang wayah dèn kêkudang | iku wayah ingsun | rupa di ayu sumbaga | sadinane salin ping paturupa[44] di | ratu sudigbya guna ||
60. bisa manjing ajur ajêr sêkti | di pamomong nata ing rat Jawa | mrajol kêp[45] punjul papake | sumbaga digbya anung | prabu lara tan pati krami | besuk yèn akir jaman | yèn na ratu anung | wignya sêkti guna srana | trus ing tingal asih ing wadya tantrèki | sumungkêm saharjana ||
61. wus pinasthi jatu kramanèki | ratu Islam nut Jêng Rasullulah | ratu Waliollah rane | rat Jawa sabrang têluk | nêgarane besuk Mêtawis | yèku pusêring Jawa | sun paringi juluk | Nimbok Ratu Pagêdhongan | gêtêr patêr asauran pratandhaning | kinasihan ing dewa ||
62. gya dinusan punang jabang bayi | toya gege dening Sang Yyang Durga | lir ububan gêlis gêdhe | nom bae datan sêpuh | sêlaminya nèng donya iki | anom tan kêna tuwa | nora kêna lampus | yèn nora besuk kiyamat | warna kêmbar lan ibu rumaja putri | wayahira sang rêtna ||
63. luwês gandês pasêmon mantêsi | yèn jalua na èmpêre rama | ibu rama langkung sihe | sakarsane dèn ugung | nora pisah siyang lan latri | kang momong tri dhomas |[46] kunêng kang winuwus | putra sing băngsa seluman | ingkang sêpuh Gajahlarang ingkang nami | pinarnah nagri Ngroban ||
64. Tuwan Sapularang arinèki | dun[47] pinarnah nêgara Tunjungbang | Ki Darawangi arane | Ki Wirakanggènipun | Ki Kayupung arinirèki | pinarnah Guwa Upas | malih arènipun | Ki Lêpanglarang pinarnah | ing dalêpih Ki Lêk arinira malih | wus pinarnah Mancingan ||
65. lawan Ki Kaluwing kang wuragil | jangkêp ping pitu kang madêg nata | kunêng kang winarna malèh | putra sing putri agung | wêktu iku kang dèn sungkêmi | duk agam pakukuhan | putra kang tinutur | kang têdhak-tumêdhak Sundha | radèn têngah ing saking raja mantri |[48] de Pêksi [Pê...]
--- [f. 86v] ---
[...ksi] Padhalarang ||
66. Radèn Mundhi Kêlangon kang saking | Panalarang rahadèn ibunya | Ratu Mundhingsari rane | Ratu Kêncanasunu | sami jalu mapan kêkasih | Mundhingdalêm kang tuwa | dene arenapu[49] | Sang Yyang Langgêng wastanira | Dalêm Agung ingkang saking Mundhingwangi | aran Ratu Purnama ||
67. pan pinarnah ing Bantên puniki | ingkang miji Sang Ratu Apsêkar | Prabu Limancaya rane | Nglimbangan pêrnahipun | wontên putra satunggil mijil | saking Mayangtaruna | ran Răngga Mantri ku | lan wontên malih putranya | saking Manikgumilang ingkang sawiji | aran Sang Yyang Jêmpana ||
68. wus pinarnah Batulayang uni | wontên putra saking Pêrgilayar | Sararatu ku putrane | Batuwangi gènipun | putra malih wau kang mijil | Sang Prabu Agêlarang | ran Prabu Kalyèku | pan tinanêm ing Pakuan | kang satunggil mapan tinanêm ing Kawis | nama Mundhingbêthara ||
69. ingkang saking Mahraja Masturi | èstri Putra Ratu aranira | mapan wus tinrimakake | mring Lumbu Alas Bungkur | wontên putra sawiji mijil | Ratu Intên Apsêkar | băngsa manungsèku | Sang Yyang Wiruna ranira | wus tinanêm ing wonawosa gènnêki | wontên malih ranira ||
70. kang wuragil Guru Widamantri | wus pinarnah ing Sokawiyana | kunêng wontên putra malèh | Răngga Pakuanèku | saking Raja Sang Selawangi | ingaran Sang Yyang Putra | ya pambagenipun | Prabu Wêsi kang satunggal | wus tinanêm ing Raja Polah gènnèki | lan Sang Yyang Padurêksa ||
71. ingkang mêdal Ratu Mas kêkalih | kang asêpuh ran Radèn Kalipa | Rahadèn Sinom arine | Radèn Kalipa wau | wus pinêrnahakên ing Suci | Radèn Sinom pinêrnah | Sidapadhang iku | kunêng wontên putra juga | mijil saking Rara Pêrgilayarsari | Mundhingmêlathi rannya ||
72. rine Sang Yyang Wirăngga rannèki | amartapa ing Mandirasukma | Bêthara Minka arane | gêntur ngalih ranipun | Sang Bêthara Milarang iki | salah turune putra | ya siluman ratu | ran Ratu Dêmang Bêthara | sêkti kunêng putra ran Dèn Kadukwangi | sing Ratu Margacipta ||
73. wus pinêrnah Pamênang na malih | putra ingkang aran Radèn Tumbang | sing Ratu Kêncana mangke | pinêrnah Syaanggantung | ana putra Raja Kasturi |
--- [f. 87r] ---
ran Sungge Duga Eyang | Mandhala ranipun | Răngga Santên aranira | aran malih ran Sunggèn Sindu namèki | iya kang acakal bakal |[50]|
74. ing Sêgaluh nênggih putra malih | Sunggèn Jayarêtna kang pinêrnah | ing Cimanata arane | wontên sadhèrèkipun | Radèn Kadi Sukakarsèki | lan Mahraja Widara | Maja pêrnahipun | putra sangking Prabu Sangkan | ingkang aran Sêsunggèn Tanbalayani | ing Têraju pêrnahnya ||
75. ari wasta Ki Watang satunggil | krama Ratu Mêndhapa aputra | Puntri punika wastane | wus akrama pan atuk | Bimalarang kang saking |[51] Sampung sampun pinarnah | ing nêgari iku | wontên putra sing ampeyan | ingkang aran Radèn Mundhingsinga iki | ana malih kang putra ||
76. Sang Ratu Ngrum Gănda Mayangsari | ing Kadongo prênahnya punika | nênggih kalih wontên malèh | anênggih wastanipun | Sunggèn Ciptaluwih gonnèki | ing Kadongo punika | na putra têtêlu | Mraja Eyang Têrusbawang | wus pinarnah Pêraktiga gènirèki | dèn Raja Eyang Bawang ||
77. wus sinung lêlinggih Kandhangwêsi | Mraja Yyang Lunggacana Cidarma | ing Kadadèn linggih gène | na putra roro iku | Sunggèn Rajanawung rannèki | arine Raja Tapa | wus paring lêlungguh | ing Pamênang ibonira | sira wau anênggih ingkang wêwangi | Raja Larik Kandhruan ||
78. Ratu Galuh arine sawiji | ingkang babot anganyang ing surya | ing Srêngenge ana malèh | Ngawang-awang gènipun | lan Bêthara Sang Rêsi Putih | Ngawang-awang pêputra | Ratu Dewaguru | lan Ratu Gruaji rannya | Sang Dewa Grutaji Grutamale iki | Sang Gêgêsluna rannya ||
79. lan Dipata[52] Sumêdhang wus siwi | titi Răngga Carik namanira | Ki Răngga Gêdhe arine | Dyan Suradiwasèku | Mêdhanglara pêrnahirèki | supêtên kèh gupita | ya Sang Ratu Galuh | babar malih miyos priya | bagus cahya mancur lir sasi nêlahi | sêdhênge kang purnama ||
80. badhe ratu dewa lawan dèwi | ing syargaloka tulung sêdaya | amunjuli ing ramane | gumlêdhug pan jumêgur | asauran prasamya muni | ingkang angkêr sêdaya | jim setan lêlêmbut [lêlêmbu...]
--- [f. 87v] ---
[...t] | sawarnane samya seba | pan têguh tus wêlad braja tan nêdhasi | mring pusêr dyan kang eyang ||
81. Sang Sindhula ingkang anigasi | Păncakarya kang kinarya mancas | anênggih panuratane | nulya dinusan wau | toya gegene Yang Pêrmani | bêbayi glis wêlagang | pinangku yyangipun | Nata Sindhula ngêngudang | putuningsun iki ratu tanah Jawi | têguh anung sudigbya ||
82. sumbaga guna sêrana sêkti | anurunkên sakèh Ratu Jawa | têkèng ing jaman akire | wayah ingsun sun juluk | Raja Arya Bangah nêgari | Galuh kêdhatonira | bala padha ratu | akanthi sadulur kathah | anggêntyani samuksane rama bènji[53] | dyan kang kinarya nigas ||
83. pusêrira panuratan uni | pănca kriya pinaringkên wayah | minăngka bêbêrkatane | gon pati uripipun | lah rêksanên dipun abêcik | nulya sinuratan |[54] dimèn ja kadulu | iki besuk gaman yuda | nora nana wong têguh bujana kulit | panjênêngan lawasnya ||
84. patang turunan lamènirèki | besuk nagri ngalih kutha ngarga | nging mêksih tunggal windune | yèn wis jangkêp sapuluh | windu rêngka ingkang nêgari | gumanti panjênêngan | nging maksih lêripun | wus kinudang tinampanan | dening ibu garwa kang babar narêngi | tiga prabu wanodya ||
85. kang anama Ratu Tên Apsari | katigane Sang Ratu Kêncana | pan sami jalu putrane | samya sihing dewa gung | têngêrane nênggih pan sami | katulung waranggona | kang maringi wau | toya gege Dèwi Uma | dyan pinangku ing eyangira sang aji | Sri Nalendra Sindhula ||
86. ingkang putra Ratu Tên Apsari | pusêr tinugêl gaman tan pasah | nulya tinugêl eyange | ingkang kinarya mugut | kudhi Sokawiyana iki | pinangku dèn kêkudang | putuningsun anung | bagus prajurit sumbaga | saturunèn[55] dadya kanthi kang dadya ji | sinêkti mahambara ||
87. nulya mangku wayahira malih | ingkang putra Jêng Ratu Kêncana | inggih sami têngêrane | miwah sêdayanipun | nora beda kadya kang dhingin | kinudang ingkang eyang | besuk putuningsun | abagus sura wiguna | têguh rosa pilih boboting ajurit | kêlar amutêr ing rat ||
--- [f. 88r] ---
27. Girisa[56]
1. bênêr kaku srikan manah | katempelan êmpu rama | pigya[57] dagbya[58] sumboga |[59] patut dadya kanthi nata | awigih barang ing karya | duwe kasêktèn dahana | bagus tan gasong[60] ingobar | sêkar esuk sore mêkar ||
2. sêkar tunjung dèrèng mêkar | sasi surup dèrèng mêdal | dadi guru ngêpung kathah | ngakir mêkar pindho benjang | putuku sun paringi nama |[61] Sang Raja Siyungwênara | wus tinampèn ibunira | kang rama sami sihira ||
3. patra[62] kapat rinarêngga | rinajong[63] sakarsanira | pusêr pancas pupu gada | pinaringakên kang gada | iku gêgaman ngayuda | kuwasa têguh arosa | myang gêlis agêng sêkala | rama bu langkung sihira ||
4. kang raka tan kêna pisah | kang rinatu Arya Bangah | warna kêmbar lawan rama | kang raka iya mangkana | kantun jalu lan wanodya | rayi kalih kumawula | wêdi asih ingkang raka | langkung gêng ing têrsnanira ||
5. pinutra rinaja-raja | samya kêmbar ngêmbat watang | wus lami antara rasa | sajênêngnya sri nalendra | sangsaya kèringan ing rat | ing sabrang myang tanah Jawa | Palembang Patani Raja | Minangkabo myang Sulebar ||
6. atur putri kumawula | sangsaya arjaning praja | sami suka wong nêgara | karta rata murah sandhang | tulus tinandur mrah pangan | wus lami putra diwasa | wus samya krama sêdaya | jalyastri[64] tan ana lêgan ||
7. wus pinarnah sowang-sowang | wus lami sami pêputra | arata norana mêngsah | putra patut asêsanak | bêkti mring ibu myang rama | sri narpa dalu supêna | pinaring mriyêm barkatan | mring Girinata têtela ||
8. nora kadi asupêna | mriyêm kalih gêr nêgara | wungu gêtun supênanya | langkung wibuh si nalendra | lami tan kêna sineba | patih ngandikan mring pura | sarimbit lan garwanira | sidhêpêk langkung jrihira ||
9. sigra sang nata ngandika | bapa sun dalu supêna | Yyang Guru paring bêrkatan | bêdhil loro samya pelag | sun tan pangling yèn anaa | u[65] bapa ulatana |[66] lan si biyang dèn kêpanggya | dèn jambul wanên ja bisa ||
10. mangan jangan lumbu sira | ja mulih yèn tan kêpanggya | lah bapa biyang dèn egal | poma dèn katêmu bapa | nuwun nêmbah samya mêdal | adus luh samarga-marga | pating salênggruk karuna | nyai pirabara [pi...]
--- [f. 88v] ---
[...rabara] gêsang ||
11. dina ipèn ingulatan | yèku ujar anglêngkara | bosên ngabdèkkên sun sira | samya nangis samya mlampah | jujug dhatêng putranira | ngrangkul putra tinangisan | sira karia dèn bisa | pirabara ingsun gêsang ||
12. wus pinasthi ing dewata | putuningsun jago kaya | dhingin Prabu Sangkan kruna | rama bu kadya punapa | sing pasohan samya kruna | ulun yun wruh darunanya | purwa madya lan wêsana | kang ra warta maskumambang ||
28. Maskumambang[67]
1. jêng sinuwun mundhut pati urip mami | lawan biyangira | tutur ku ginawe margi | di ana impèn ngulatan ||
2. Prabu Sangkan wêsananira amanis | pêngraos kawula | punika inggih agampil | mriyêm kagêngan jarahan ||
3. kaupados kêkalih ingkang prayogi | mokal yèn tan angsal | pêngraos marêngi aji | nora kaya yèn bocaha ||
4. ingkang rama ngandika aris ngecani | bênêr putuningwang | upayanên dèn prayogi | mênawa marêngi dadya ||
5. anglêlipur ing wêngkonira sang aji | yaiku mênawa | dadi ugêring nêgari | dudu iku kang kinarsan ||
6. ingkang putra aris dipun bêbisiki | kang putra karuna | wis sira karia kaki | dèn bisa aja dinawa ||
7. poma sira rumêksèng praja dèn bêcik | dèn kaya na ingwang | têkiyara bokmênawi | marêngi kêlawan karsa ||
8. apan dadi panglipur dukaning aji | sun arsa nutugna | anêngkung nêdha dewa di | bokmênawa na sih dewa ||
9. dèn akêrêp sira tilika pakardi | sun srahkên ing sira | sun wus wêdrah kèh wangsiting | lawan tingal pan wis owah ||
10. wis tan awas ulah praja ingsun kaki | ningali tan samar | wangsit malih marang mami | untu obah watêkira ||
11. datan kukuh manira lah praja kaki | rambut warna mêdal | tuwuh pêthak ku yêktining | pêsthi maro tingalira ||
12. wus sayêkti ngabêkti Yyang Wisesa Di | buwang tingal samar | sêkalire ngolah sam sami |[68] wus sêdhêng ngadhêp kamuksan ||
13. dèn pakeling lah karia putra mami | anulya wisata | lawan garwa datan kari | wus tapa ing Kabuyutan ||
14. tapa nendra lawan garwa pan anunggil | lir pendah palastra | kukub datatita nguni | gènnya tapa nendra lama ||
15. kang kocapa ingkang kari ing nêgari | putrane apatya | pan sampun [sam...]
--- [f. 89r] ---
[...pun] jinunjung linggih | sampun ginantèkkên patya ||
16. tan adhahar tan anendra ki apatih | nêngkung nêdhèng dewa | denera[69] sare nêritis | lèmèk roning rodamala ||
17. pan abantal bata sarimbag ki patih | supêna têtela | ramanta kawuryan prapti | kaki juputên dèn egal ||
18. byar awungu gêgêtun tyase ki patih | gya kesah tan bêkta | wadyarsa ngujung sudarmi | lari anjujug pêrtapan ||
19. tan anyana tan supêna ki apatih | yèn ramèbu muksa | karsa umatur sudarmi | apan sarêng prapta kagyat ||
20. ingkang ibu rama nendra panyanèki | dyan nulya ginugah | dyan ulês liningkab nuli | kagyat jola sarya niba ||
21. dangu-dangu ki apatih nulya nglilir | pan sarwi karuna | jêngêr mulat ing sudarmi | tan kengan ing ibu rama ||
22. langkung ebat ki pati[70] mulat sudarmi | dadya mriyam kêmbar | abagus jajar kêkalih | ki pati sumungkêm kruna ||
23. rama ibu tan anyana tan angimpi | akathah sambatnya | na syara kêpirsa angling | wis aja nangis mênênga ||
24. ja dinawa măngsa uripa kang mati | ing laku sampurna | patitis kelangannèki | nora mati sun mong sira ||
25. aja êsak kewala panggonan salin | ing patitis mulya | pati pratikêlirèki | ja kliru dèn bisa misah ||
26. rêragane kêlawan sukmanirèki | pisah êndi tunggal | yèn wus tunggal pisahnèki | wayangan gusti kawula ||
27. iya iku rêraga lawan sukma di | bêdhil ku ya raga | ingsun sukma sampurnaning | ing patitis pratikêlnya ||
28. ing patitis ing pangulah nora silib | yèn pisaha ika | para lawan sukma adi | eganira[71] lir wayangan ||
29. têtali ku anut saparanirèki | yèn pisah raganya | kêlawan sukma kang adi | bingung sagone tumiba ||
30. kang matitis kang ora-ora dèn liring | yèn tunggala ika | kabêskaran[72] datan kêni | tan kêna surup lawasnya ||
31. iku kaki ka waspada kang liniring | ran Jayasampurna | jati gusti kawulèki | wus kaki sira muliha ||
32. bêdhil mriyêm loro turna sang aji |[73] lan sira ja pèka | ngladèni ratumu sidik | lêpas trus panjing surupnya ||
33. iya iku ingkang supêna sang aji | mêsthi iku dadya | barkatane nata ngwuri | pan iku têdhak-tumêdhak ||
34. bêdhil dadya
--- [f. 89v] ---
têtindhihing praja bènji | sira Prabu Sangkan | wus mantuk kagugu galih | tansah kagagas bu rama ||
35. Pabru[74] Sangkan lajêng malêbèng jro puri | kandhêg manguntunya[75] | ing pangrantunan alinggih | wêling atur tinimbalan ||
36. praptèng ngarsa bungkuh masilar ing ngarsi | măndrawapya yyangyyang | măngka tur saniskarèki | purwa madya lan wêsana ||
37. myang kang syara wus katur marang sang aji | kagyat sri nalendra | sapandurat tan kêna ngling | kèndêl wêkasan ngandika ||
38. ingsun dhewe ingkang maha hèh ya patih | pinupus wus têka | ing jangji tan bakal patih | yèn mêngkono ingsun mapag ||
39. lan bon[76] ratu sun gawa mapag apatih | mring Mayangkaranya | si bapa biyung wus patih | mêtua ngundhangi bala ||
40. nêmbah mijil ki pati undhang pra mantri | bopati satriya | muwah kang titihan aji | jali tandhu gya sumêkta ||
41. tan kawarna sigra miyos sri bopati | lan sagung pra garwa | kêrigan tan ana kari | arêg daut wadyèng ngarsa ||
42. lampahnya sri datan kawarna ing margi | lampahnya sang nata | lan sagunging para rabi | wus prapta ing Kabuyutan ||
43. narpa têdhak lan garwa sêdaya sami | kya patih winênang | anèng ngarsane sang aji | mariyêm kalih katingal ||
44. anèng sanggar langgatan nata mlajêngi | ngartika jroning tyas | ya uga impèn sun uni | rinangkul jêngêr sang nata ||
45. sanetyanya sang nata pan adêrs mijil | ningali ki patya | kêlawan rabinirèki | datan katingal sang nata ||
46. langkung ngungun prabu nukma suranadi | amalah sarira | ingsun dhewe ingkang sisip | bapa babu darma-darma ||
47. anglampahi karyaningsun nging wus pasthi | ya tan kêna owah | surupe si bapa iki | dadi pikukuhing praja ||
48. wus pinupus karsane dewa kang luwih | sanetya dêrs muncar | wusana têlaga dadi | wiyar wêning jro nirmala ||
49. nulya sakèh pra garwa găndawida di | kasturi jêbadan | ingukup dupa pêpanggil | konga[77] syargaloka ngambar ||
50. tinuruna para juwata prasami | sung pangèstunira | mariyêm wasiyat dadi | kang dadi Nalendra Jawa ||
51. widadari sami bêkta găndawangi | somahing bopatya | ngujung sêdaya prasami | jalêr èstrine kalilan ||
52. kajènira [kajè...]
--- [f. 90r] ---
[...nira] kèringan luwih kariyin | pinapêtri kèringan |[78] denera wau sang aji | buja ro astaning nata |[79]|
53. ăngka warsa pan sampun dipun ulêsi | ulês rangkêp sapta | watra entah[80] angluwihi | semah bopati sêdaya ||
54. atur ulês sakathahe warni-warni | susun timbun kathah | nulya dinandanan aglis | winrat wuruk sandhing nata ||
55. jinajaran tundha sapta mangkat nuli | kang pradăngga raras | pating carêngkung gong muni | samarga asukan-sukan ||
56. anglir pendah wong binayang-bayangkari | tembak wong nêningal | rinajamênggala adi | datan kawarna ing marga ||
57. sigra prapta nêgari sinèlèh aglis | mugèng prabayêksa | lagya dinamêlkên uni | ênggyannya ing sitibêntar ||
58. pan ginandhok lawan witona sitinggil | sêmana gènira | cinitrèng mas murub asri | sêsaka kayu kalêmbak ||
59. usukipun cêndhana adi ingukir | garu sirapira | bopati andhèr anangkil | semah bopati mring pura ||
60. pra bopati ngandikan kèn mikul sami | kabêkta amêdal | ing siluhur gènnèki |[81] ki apatih tan dêrana ||
61. ki apatih mariyêm pinikul aglis | dyan Ratu Kêncana | anyandhak ingkang satunggil | astanya kiwa kewala ||
62. gya ginêrbêg manggung lan garwa bopati | wus sinèlèh bangsal | kang binêkta mring ki patih | bangsal witona wus prapta ||
63. linemekan wastra babut arêspati | gungirangkêp sapta | patih jrih mungkur anuli | anulya ingkang ingasta ||
64. Ratu Kêncana sinèlèhakên anuli |[82] munggèng singasana | nulya sinasaban aglis | rangkêp sêsonga gungira ||
65. pan kumêndhung pinajang kêlangkung asri | pinarada mubyar | ingapit pandam rêspati | lan dupa panggil tan pêjah ||
66. salaminya sabên dana[83] sêban latri | wonge kawan dasa | kang atêngga ngati-ati | sêmana sampun alama ||
67. sampu[84] korak amisuwur ing rat Jawi | mriyêm jinulukan | kang ragi gêng panjang nênggih | Jaka Pêkik namanira ||
68. ingkang ragi alit ngaranan prayogi | Ratu Sêtomi mas | rinêngga-rêngga linuwih | dadya cahyaning nêgara ||
69. suka wirya tanna mungsuhe wadya lit | rata nagri sabrang | nangkil dagang layar prapti | eca manahing kawula ||
70. panjênênganira Nata Galuh
--- [f. 90v] ---
nagri | tutug sakarsanya | keringa[85][86] ngrat pramuyadi | nagri Jawa sabrang seba ||
71. atur bulubêkti nèng donya asugih | garwa putra kathah | sêdaya wus mawat sami | nanging putra têlênging tyas ||
72. pan sêkawan ginadhang-gadhang kang mijil | Jêng Ratu Supraba | kalih kang sêpuh pawèstri | warna lan kang ibu kêmbar ||
73. mapan salin ping sapta sang putri adi | ran Ratu Gêndhongan[87] | sabarang lan ibu sami | jalyèstri non kasmaran |[88]|
29. Asmaradana[89]
1. bisa ngambah ing wiyati | putri sêkti mahambara | bisa manjing ajur ajèr | mrojol kêrêp punjul papak | gêntur kasrutapanya[90] | kang dhinahar nanging kukus | utawi kêlawan sêkar ||
2. wagêd saliring pakardi | ing prama kawi wus wignya | tan arsa krama carane | sabagusane wong piya[91] | lir ningali wanodya | kang rayi jalu abagus | kang warna kêmbar lan rama ||
3. lir kang raka sêktinèki | malah munjuli kang raka | samubarang kawignyane | binadhe gêntosi nata | jêjuluk kêkudangan | Sri Arya Bangah dewa nung | cinêtha nurunkên nata ||
4. kang dhatêng Raja Mêtawis | ingkang amomong sang nata | Sêgara Kidul kuthane | sakèhe kang panjênêngan | pan nora tinêbihan | putra jalêr ingkang mêtu | sing Ratu Intên Apsêkar ||
5. kang kinasihan sawiji | asêkti punjul ing jalma | cinêtha dening ramane | nurunkên kêbu seluman | wau ta ingkang putra | kinudangan namanipun | mahraja sêkti di guna ||
6. kuthanya madya ngwiyati | badhe gêntosi bunira | na putra jalu sawiyos | kang mijil Ratu Kêncana | langkung asih kang rama | asêkti rosa atêguh | nora siwah kudangannya ||
7. bagus wicêksana sêkti | cinêtha dening kang rama | anurunkên para katong | sêdaya nagri Pasundhan | kunêng sri naranata | ing Galuh wus lama sampun | diwaryasa tapèng guwa ||
8. amanting sariranèki | arsa tilar kawibawan | madhêp kamuksan karsane | karantên sang nata karsa | kèh panjawil wasesa | kêratone kang jinunjung | kang putra Sri Arya Bangah ||
9. tinimbalan mring jro puri | miwah Ratu Pagêdhongan | pêpak para garwa andhèr | angandika sri nalendra | kaki sira sun udang[92] | wus angrasa wêdrah ingsun | pira sumiliha nata ||
10. ingsun wis pitaya kaki |
--- [f. 91r] ---
tilara maring ing sira | nêgara wus pasrah kabèh | lan kanthi sadulur kathah | sun bakali kringêt rah | sun prih wibawa sirèku | aja na pakewuh ngwuntan[93] ||
11. ingsun wis diwayah kaki | arsa madhêp ing kamuksan | sun arsa nêngkung dewa no[94] | wusing patitis kamuksan | pangèstu kêratonnya | têka ngakir jaman besuk | ja kasêlan têdhakira ||
12. putra tan lênggana kapti | au[95] Ratu Pagêdhongan | kêdah tumut ing ramane | ngendhang-endhang kailangan | wus enjang arsa mêdal | jênêngakên putranipun | sakèh kêpraboning nata ||
13. pinaringkên putranèki | miwah sakèh babêrkatan | wus angagêm makuthane | murub mubyar kang sêsotya | raja kaputrin[96] pêpak | sampun miyos sang aprabu | ginarêbêg ing wanodya ||
14. ingkang putra munggèng ngarsi | kang anèng manguntur obah | lumakya mugèng ngarsane | sang prabu sigra maglaran | obah para dipatya | samya tilar lantenipun | nata pinarak dhampar mas ||
15. pêpak pra mănca dipati | miwah abdining amănca | rêsi pra mantrine kabèh | miwah raja-raja sabrang | pasisir măncanagra | wus pinarak sang aprabu | kathil mas pinatik rêtna ||
16. angandika sri bopati | hèh ya kawulaningwang |[97] pirsakêna sira kabèh | yèn ing mêngko putraningwang | sun junjung madêg nata | gêntèni kêprabon ingsun | mêngku rat ing tanah Jawa ||
17. sumiliha angêrgani[98] | praja ing Galuh nêgara | jumênênga prabu anom | Sri Dewata Arya Bangah | ingsun arsa mêgawan | sumèrèning kaki prabu | sacarêm rèhing rat |[99]|
18. kang sun gawa jêksa carik | anglumpuka lawan kêbayan |[100] padha gumantia nake | muktia luwih kang tuwa | ki patih apêrnata | anuwun aba pukulun | hong masidhêm wah buja |[101]|
19. ulun nut sarèh dewaji | muga èstu sang bêthara | antuka sih dewa non |[102] samya ngèstokkên sêdaya | gêtêr patêr sauran | angandika malih prabu | putra sun Siyungwênara ||
20. mêngko sun junjung bopati | madêga ing Pêjajaran | sinebaa ing kadange | sun gawani pandhe dhomas | iku kang dèn rèhêna | anamaa Raja Siyung- | wênara ing Pêjajaran ||
21. putraningsun mraja sêkti | sumiliha ibunira | dadia ratu jim kabèh | nagrine ing
--- [f. 91v] ---
madya gantang | jêjuluk dasanama | raja dewa sêkti anung | wus kaki putra madêga ||
22. sang narpa lumèngsèr nuli | putra lênggah ing dhampar mas | baludru wungu kasure | rinenda pinatik rêtna | samya ngujung sêdaya | nulya kondur sang aprabu | kinanthi prabu taruna ||
23. kawarnaa sampun lami | sang prabu dèrèng akrama | anulya dèn kramakake | putri Kadhiri Jênggala | Ngurawan Singasêkar | dadya catur padminipun | nahan ingkang para nata ||
24. samya angaturi putri | pasisir măncanêgara | miwah ratu sabrang kabèh | anggancangakên carita | sêdaya wus pêputra | ana putri ana kakung | kang pil garwa Ratu Mas |[103]|
25. Ratu Gandarum Kêsturi | putra kang èstri kang tuwa | kêlangkung punjul ayune | anuruni ingkang uwa | asêkti mahambara | wadat wus jinunjung ratu | Nusyatêmbini nagrinya ||
26. punggawanya samya èstri | samya prajurit sêdaya | pinundhut kang wa timure | kang kari jalu satunggal | bagus norana madha | cahyane kêraton mancur | patut bêbakala nata ||
27. pan sampun sinung kêkasih | Sri Dewa Man Kalasara | Siyungwênara putrane | èstri Prabu Sari rannya | ayu endah warnanya | krama tuk Lutung Kêsarung | kang wayah Panggung Kêncana ||
28. dene Mraja Dewasêkti | putra pêpitu siluman | Ratu Rosa kang sawiyos | wus madêg nata ing Ngroban | ring Ratu Kulaerang | nèng Tunjungbang madêg ratu | Ratu Butaguru rinya ||
29. Guwa Upas pêrnahnèki | arine èstri yu endah | Sang Yyang Pêsarean rane | ya ing Lobang pêrnahira | arine mapan lanang | wontên dene wêstanipun | Sang Dora Malanggêngerang ||
30. Pêjajaran pêrnahnèki | rine Dulêk Pamantingan | Ki Pujanggi wuragile | pinêrnah gunung gêng Têgal | jangkêp pitu putranya | wus sami jumênêng ratu | akayangan dhawak-dhawak ||
31. putra Ratu Galuh sami | kang kathah sampun pêputra | anurunkên dhewe-dhewe | pêncare langkung akathah | sata kunêng winarna | kang lagya nrus brangtanipun | Sang Prabu Galuh nèng guwa ||
32. tan kantun putrane èsti[104] | tapa nèng Guwa Têrusan | anyênyantrik ing eyange | wus gêntur amati raga | tapanya wus katrima | wus ngraga sukma sang prabu | jêksa carik lan kêbayan ||
33. wus minggah ajar prasami | samya babad dhawak-dhawak | lagya jatha nunggal kabèh [ka...]
--- [f. 92r] ---
[...bèh] | amêndêng maring kamuksan | tan arsa mring akathah | kunêng ta ingkang winuwus | Gunung Padhang wontên ajar ||
34. wus bêntur tapanya uni | wignya sumbaga sudigbya | sêkti kèh kawagêdane | kadigdayan kasêntikan | kanuragan sumbaga | sidik tingalipun têrus | wus wruh durunging dumadya ||
35. purwa madya duk ing nguni | wus putus maring kamuksan | ajar dhomas cêcatrike | pan sami gêntur tapanya | dasanama ta risang | tahan sang bala sarèwu | endhange Ni Sonyasmara ||
36. jêjulukira sang yogi | Sang Yyang Raga Purnajatya | wus lumuh marang uripe | narêm[105] marang kailangan | nanging dèrèng kalilan | wus norana dhèpèkipun[106] | aniba-niba ing jurang ||
37. awak binanting ing curi | gêlundhung sing luhur ngaga[107] | mêksa tan dadi larane | mindhak amêwahi cahya | Ning[108] Ratu Pagêdhongan | mirsa warti kêdah yun wruh | tinurutan dyan kang rama ||
38. mêrdhayoh sang wiku aji | mring pêrtapane ki ajar | wau kêlawan putrane | Nimbok Ratu Pagêdhongan | wus amêsu sarira | sacipta dera kêpangguh | Ratu Galuh lan ki ajar ||
39. akrama ki ajar angling | umatur Sri Narpa Brăngta | sampun pêkarêman mangke | hong yyang masidhêm wah buja | catur pada katuran | lir gunturan gunung madu | kableberan sagra mênyan ||
40. lir katêdhakan dewa sih | gusti sacapta[109] dera sang | tan supêna măntra smune | arum-arum pudhak gănda | pura wangi sampeyan | dhasar awoh pucang arum | măndra pucak găndapura ||
41. katura sang wiku jati | gusti dhahara tri tunggal | kang nyaosakên endhange | Nata Brăngta saur sêbda | danu-danu we tumrap | anggraning roning pamupu | lumèbèr tibèng pratala ||
42. sumusup kisma tuk dadi | pêngangsone wong sajagad | iya atarima ingong | pakramani pakramanira ki ajar |[110] anggèr angèl ing wirya | manggiha toya sacakup | prasasat boga drawina ||
43. tangèh yèn manggiha singgih | asinggih anggèr patinya | gusti kasasar marangke | saure sang wiku raja | sun rêngga ing asmara | kita nistha tanpa batur | kalêsyan arsa amboga ||
44. gumuyu ki ajar angling | tangèh gusti manggih suka | katur sawontên-wontêne | dera jar sira wruh ingwang | barkat ulun paduka | dèn padha rat Ratu
--- [f. 92v] ---
Galuh | gumujêng sri naradipa ||
45. sira tapa sidik luwih | rame-rame pêjagongan | padha wruh karya gatine | gumuyu matur ki ajar | punapa sêrng paduka | kêsasar sang wiku ratu | sêrngga ngasrama pratapan ||
46. durung ingsun linglung kapti | tadhah tuhu arsa panggya | lan sira jar sumarangke | satuhu sira atapa | ajar kang sira sêdya | pa maring kadigdayanmu | nahan kang maring kamuksan ||
47. gumuyu sira jar angling | wus wêndran maring kamuksan | datan kilap karsa katong | ngupados marga panguwat | ulun salah ing dewa | sampun ta dyi atus taun | ulun wontên marcapada ||
48. mèsêm Sri Galuh sigra ngling | aredre jar sabdanira | pangèstu pan luwih bage | tuhu adi sabda boga | patut yèn sira ajar | èsmu suguhe kang mêtu | si ajar langkung lêngkara ||
49. langkung wiku sri bopati | pratăndha bang ingkang jaja | kumêdut padon lathine | ujyala netra lir surya | sigra ngling mring ki ajar | mungguh ron kêji tan patut | dyan ki ajar pinarjaya ||
50. jaja trus walikat keris | tan sambat ki ajar pêjah | iku sira karêpake | kuwandane ajar ilang | kamuksan wus sampurna | kondur lajêng mring kêdhatun | sakêdhap wus panggih putra ||
51. mangujung suku rama ji | nahan dhatêng ingkang raka | Ratu Pagêdhongan ture | rama punapa karanta | jar sêgah mring paduka | panduka wiku kasuduk | puwara pun ajar pêjah ||
52. kawruhanira ta nini | sira datan wruh sêmunya | ki ajar sidik kawruhe | wruh ing sêbda sadurungnya | limpad sung sipta ajar | karan ta nini sun suduk | ron kêji sawit sêmunya ||
53. sinuguhakên ing kami | nisthaning aja[111] lêngkara | prayoga jumênêng dhewe | tan arsa ngêmpèk-êmpèka | arsa jumênêng dhawak | sêmune kêraton Galuh | besuk ngalih pagunungan ||
54. ku sêmune kêja sawi | tandurane wong nêgara | tinandur ing gunung mangke | besuk ngarga ana nata | nagrine Pêjajaran | nyakrawati ratu iku | iya nini yut ingwang |[112]|
55. kèh putrane nini anging | lêlima ugêr nêgara | èstri ayu pêmbayune | wadat nrun ing kaya sira | panggulu Arya Bangah | tinandur nêgari Galuh | iku padha sing ampeyan ||
56. ingkang mijil garwa padmi | Radèn Sêsuruh arannya | kaliwat bagus rupane |
--- [f. 93r] ---
gya ratu iku sikara | amatèni jar beka | tumèmpèl ing putranipun | iku kang ngêndhih kratonnya ||
57. dening ratu nyakrawati | arane panêngêrannya | durma kapti wisesane | ratu ku sirna lan garwa | lagi babot tri wulan | besuk apêputra jalu | anêdhakkên para nata ||
58. kroma olèh widadari | Pêjajaran kang gumantya | Raja Siyungwênarane | lan ing Galuh Arya Bangah | nunggak sêmi sêdaya | Ratu Pagêdhongan matur | dados dede ta yayi mas ||
59. angandika dudu nini | iya kapêrnah canggahnya | rama sikara dadine | matèni ajar sêsêgah | nini sun tan sikara | nini padha sukaningpun[113] | si ajar kêlawan ingwang ||
60. sukane si ajar nini | dene sêsuguh si ajar | ajar kang dadi bungahe | lawas anèng marcapada | marga kontap deningwang | ing kêpatèn guru mringsun | si ajar luwih tarima ||
61. kang dadya lêgyan sun nini | suguh ngajar murwa kăndha | suguhe sêsêmon kabèh | muni angla agêm iwang | tinggale eyangira | kang bakal Bojonglopèku | ya Ratu Galuh kang nama ||
62. mila Ratu Galuh kadi- | pundi têgêsipun rama | nini Galuh ku têgêse | na satriya rajaputra | ngalih mring Gunung Mêdhang | cahya sinujudan iku | ingkang mêtu saking netra ||
63. ya karane iku nini | Ratu Galuh ya têgêsnya | pintên Ratu Galuh kèhe | nini wit Galuh ing Adam | kapindho kang bêbakal | Bajonglompang tiganipun | kang putra mah ari nata ||
64. tiga Gunung Têgal nami | kaping pat eyang Sindhula | tumurun mring sun limane | padha Ratu Galuh rannya | Siyungwênara tiga | kang mêkasi kang sun wuwus | dadi Ratu Pêjajaran ||
65. Galuh Arya Bangah iki | arane kang panjênêngan | Drupêksa Kalasesane | jênênge Ratu Sêngara | Galuh Windu jênêngnya | wong cilik pamêtonipun | kang katur ing ratunira ||
66. ku sêmone ajar mami | sinuguh kunir sata mas | sapuluh windu jênênge | nulya kagêntèn nalendra | Majapait nagrinya | Sri Dewapati ranipun | araning kang panjênêngan ||
67. Durbala Kalasesèki | wong cilik picis wêtunya | ingkang katur ing ratune | iku sêmune si ajar | sêsuguh dyan maringwang | jênênge sapuluh windu | nulya kagêntèn nalendra [na...]
--- [f. 93v] ---
[...lendra] ||
68. ratu jajah tanah nagri | ing Dêmak ku ratu Islam | kunêng ratu agamane | wong padha ngucap sahadat | nglarakên kitab Koran | tan tumêdhak ratu iku | picis wong cilik wêtunya ||
69. panjênêngan arannèki | Durpêksa Kalawisesa | nulya kagêntenan rajèng | Islam sumbaga sudigbya | sinêmbah para nata | iku nini mangsanipun | bubare nak putu Sundha ||
70. goma pakuwon tinangkil[114] | arane agoma Islam | tan tumrap panjênêngane | besuk anak putu Sundha | amalês mring wo Islam | arane Kapitan Êmur | wong Wêlada[115] nèng Jakarta ||
71. têdhak Sundha patut èstri | wite nakoda praptanya | mokal anèng Jakartane | mulane nak putu Sundha | èstri anèng Wêlănda | tinuku bêdhil têtêlu | mariyêm dadi wasiyat ||
72. siji ran Ki Gunturgêni | katur mring Sultan Mêtaram | lawan Ki Păncawarane[116] | nèng Cêrbon katur Pangeran | Carêbon kang satunggal | ing Bantên aran Ki Pamuk | jangkêp mariyêm têtiga ||
73. yaiku margane nini | nak putu Sundha nèng Wlănda | patutan Êmur arane | bêsar kang anèng Jakarta | kang saya loma ngêrbda | dene ratu kang sun tutur | kang dhingin kagêntèn nata ||
74. jajah tanahing nêgari | ing Pajang anging nêm warsa | kagêntenan ratu kaot | sumbaga gung sêkti digbya | nêgarane Mêtaram | kèringan sabrang Jawèku | wong cilik nyaosi reyal ||
75. kang katur ing ratunèki | iku sêmune si ajar | sêsuguh juwadah akèh | ris-irisan pirang-pirang | panjênêngan arannya | Durmuka Kalasesèku | Sri Nyakrawati Kusuma ||
76. panjênêngan laminèki | mapan karo bêlah warsa | nuli rêngka nêgarane | wangsane dhewe kang bêdhah | jêngkar ngulon ratunya | nuli kagêntenan ratu | anumpal kèli tan lama ||
77. tan ngêmohkên atêp nuli | ratu iku nuli sirna | nulya kagêntyanan rajèng | dadi karsaning pangeran | ratu kampir-ampiran | tuwuh tan ana kang nandur | jaluk tulung mring nakoda ||
78. kang mondhok anèng Bêtawi | nulya aprang gêgêmpuran | ratu numpal kèli kawon | cinêkêl wus pinêjahan [pinêjah...]
--- [f. 94r] ---
[...an] | nakoda ngêrgu lawas | anèng Bêtawi saya gung | ngêndhih kang duwe nêgara ||
79. duk panjênêngan Mêtawis | nakoda seba ping tiga | dudu mu[117] bature bae | sun balèni tutur ingwang | ratu pèng nulya |[118] jumênêng kartasurèku | parêk kêratone lama ||
80. wadyane awarni-warni | abala buta wênara | ku wit dahuru jamane | manungsa akèh gorohnya | wong sanggup akèh cidra | wong kèh sanakanipun |[119] jajalanat wor lan jalma ||
81. manungsa akèh kang lali | lakune kadang konangan | tan ketang nak wong tuwane | yèn mêlarat apan nora | pakolèhe tan arsa | angakua kang dèn aku | sanak padha sugih kêlar ||
82. mung donya prasanaknèki | tan etang sanak wong tuwa | yèn nêpsu kalu[120] patine | mung donya bae katingal | adoh mring kabêcikan | wong kèh cidra gustinipun | tan ana bêcik katingal ||
83. ing supata kabèh wani | sakèh sukanan doyanan | angdo[121] marang agamane | amêrak marang durjana | mêmaling ambêbegal | padha wong mardayèng wuwus | tan ana têmên ing manah ||
84. nèng kuda wong wadon sami | nunggang tandhu wong lanangnya | wong wadon lali wirange | pan kaya sato kewala | suda barkat nêgara | jamane akhir dahuru | kang malati nora nana ||
85. pan angkêr pan camah sami | kalih cèthèk kêdhung bantar | sawah suda long-longane | kali akèh thèk kêdhungnya | tan ana bênêr kocap | antarane bumi mingkup | ingkang adoh dadya pêrak ||
86. arusuh anji-inganji | nora nana ngago[122] wirang | agênti liru bojone | pèk-pinèk cok adhêmêna | nakoda saya rosa | nêgara rêbut-rinêbu[123] | wong cilik bingu[124] adhêpnya ||
87. êndi ingkang dèn iloni | mring nakoda pasthi mênang | wong wadon jinamah ngakèh | nakoda gêdhe atinya | ngaku nêgara Jawa | yèn wis ngaku dadi ratu | nakoda apês jayanya ||
88. langkung dahuru ing Jawi | cise timah kinarya |[125] uwang reyal pamêtune | ingkang katur ratunira | panjênêngan ranira | Durkala rosa sasèku |
--- [f. 94v] ---
iku măngsa akir jaman ||
89. tanbuh polahing wong cili | wong wadon lali ing wirang | iku nini pasêmone | ingsun disuguh ing endhang | nulya prang jro kurungan | wong gêdhe-gêdhe kêliru | banjur prang gêdhe gêmporan ||
90. nulya na jumênêng aji | jinujung dening wong corah | patih batoh[126] dosa gêdhe | core-mancore mantrinya | bopati bêndarakan | norana adil lan kukum | pèk-pinèk patyan-pinatyan ||
91. pêpati tan dèn ajèni | ratu iku nuli sirna | saumur jagung jênênge | wutah donya ing kêdhatyan | dyan kang duwe nêgara | karsaning Yyang kang angêrbut | prang aning sajro kurungan ||
92. priyayi tumpês kèh mati | wong ngagur[127] tanbuh polahnya | abingung yang-iyung bae | ngili kang dèn ungsi lunga | wong sugih dadya nistha | kang miskin sugih sêdarum | donya padha dadi dosa ||
93. priyayi dadya wong cilik | wong cilik dadi bupatya | wong mati buh wilangane | wong mati prang gring tan mangan | nêgara Jawa rusak | prang gêdhe langkung dahuru | prang lor kulon kidul wetan ||
94. atêtumpêsan wong mati | buh rowang tanbuh mungsuhnya | wong akèh tanbuh polahe | kan dèn ungsi milu lunga | mêrana duwèk ilang | mêrene dune duwèke laru[128] |[129] wong umah gigiring jaran ||
95. aprang jro kurungan maning | ariwut atêtumpêsan | wong mati buh wilangane | kêkere ewon alêksan | larang sandhang lan pangan | wong buh polahe yang-eyung | ayam angêndhog pikulan ||
96. nêtês maksih amêlangkring | layang[130] kang sarwa tinumbas | nora kabêr nyambut gawe | wong amangan padha jalma | pati padha akalap | praja rusak desa suwung | wong kèh mati tanpa iman ||
97. nakoda pês juritnèki | sawab anglakokkên dora | kêr mardayèng ujare |[131] dènnya prang latri lan siyang | lan kang duwe nêgara | nakoda tumpêsan gêmpur | aprang rame padha băngsa ||
98. wong Jawa prang padha Jawi | wong sabrang prang padha sabrang | buru-binuru pêrange | nakoda miris kasoran | kèh desa dadi wona | wong nganggur jinagur lêbur | ladak [la...]
--- [f. 95r] ---
[...dak] dhinupak kêcandhak ||
99. wong kang wani akèh mati | wong wêkêl ngaringkêl samya | wong kandêl kacêkêl kabèh | wong têmên samya anêmah | wong jrèh dèn icèh kathah | kang balilu dèn ulu |[132] wong singidan nêmu macan ||
100. wong pintêr dèn kalintêri | wong mumêt ginarêmêtan | ana wong bago mêndhosol | wong kang lunyu pinrantenan | wong wuda wani yuda | bêbatoh kêndêl kabutuh | wong dolan kalah angrayah ||
101. wong sugih nênggih ajêrih | angarah lawan rinayah | nakoda ngantêp pêrange | mêksa kalah têtumpêsan | kèh sirna ingkang wadya | sinapih Mulana Ngêrum | yèn dutane Sultan Mêkah ||
102. wus pinatut maring jurit | nulya ana panjênêngan | sasi kêmbar lan sêrngenge | nêgara sigar sêmăngka | dalu kêlawan siyang | apatut runtut aturut | akèh wong mêncul suwita ||
103. wong milu tut wuri kèri | dene wong bêbingkrakan |[133] angjail[134] macicil bae | wong kang dora katarima | wong kang alali nopa | malincur dadi lêlancur | wong kang milu lara nglămpra ||
104. wong wêdi dadi pêryayi | wong anyar kêlar amubyar | wong kang lawas luwas kabèh | wong jêrih mêksa kajarah | timah ngaku sêlaka | mas luru ingaran busun[135] | lakune wong akir jaman ||
105. wong cilik pamêtunèki | ingkang katur ratunira | dinar têmbaga picise | iku sêmune si ajar | suguh bêras sapitrah | prang gêdhe akèh wong lampus | kêlawan picis têmbaga ||
106. dene ingsun dèn suguhi | punar ya sêmune dinar | poma nini kaki katong | èngêt-èngêt ayya lalya | iku pitutur ingwang | lawas egale katêmu | dora tur roro arêpnya ||
107. nagrine dadi sawiji | êndi kang asih ngagoma | angadêg ukum adile | nut rèh Kajêng Rasullulah | angêlar kitab Kuran | nora amêdayèng wuwus | tan cidra dadya sih marma ||
108. ingkang asih pêkir mêskin | ingkang ngagêngakên ngamal | nora supe Pangerane | anêtêpi ing ibadat | lamun ngrasa kawula | iku mulih kartanipun | ngalamat olèh ngapura ||
109. wis kaki mit ingsun mulih | wus musna lawan kang putra | sigêgên sakarêmane | kang ginaib dat iya ta | Galuh gêmah [gê...]
--- [f. 95v] ---
[...mah] raharja | cinupêt caritanipun | anggancangakên carita ||
110. wus lama jumênêng aji | puput ingkang panjênêngan | kagêntèn dene putrane | Sri Aji Mantolarasa | loma kèh putranira | panjênêngane wus puput | kagêntèn dene kang putra ||
111. anoma Sri Mundhingsari | wus lami puput jênêngnya | kagêntèn dene putrane | Prabu Nyakrawati rannya | nahan ingkang carita | wus lami ngalih kêdhatun | akêkitha Pêjajaran ||
112. tulus arja anglangkungi | suka sugih mukti sêmara |[136] sugih garwa lan putrane | sugih donya wadya kathah | putra bayun yu endah | datan arsa krama iku | wadat nuruni kang eyang ||
113. nuwun tapa dèn lilani | ngèstuti sajroning guwa | bêntur musna lan ragane | arine ran Arya Bangah | kantun Galuh bopatya | putra malih jalu bagus | ginadhang gêntyani nata ||
114. pinanjang kidung pawèstri | agawe la-êla ing dyah | Radèn Sêsuruh namane | kunêng putra Galuh kathah | nurunkên dhawak-dhawak | apêncar kêlangkung agung | pratelane tan rinipta ||
115. wus rinepta dèn simpêni | sêjarah Sundha sêdaya | wiwitan têkèng bubare | kunêng wau kang winarna | Sri Narpa Pêjajaran | kang garwa panêpi langkung | kinasihan mring sang nata ||
116. tan pisah siyang lan latri | dhatêng pasihan gya wawrat | tri wulan sêdhênge sihe | kêpalang mangun sungkawa | asuka sri nalendra | ngrudatin nêgarinipun | pinarag dening sêsalad ||
117. wong gring esuk sore mati | gring sore esuk patinya | kèh suwung padêdesane | pirang-pirang wong kang pêjah | anêritis sang nata | ana ta syara karungu | hèh sang nata sira minta ||
118. nagri minta loyya jati | jaluka sêrana ajar | Gunung Banita dhepoke | nagrimu mêsthi waluya | brya[137] wungu sri nalendra | enjing miyos sang aprabu | pêpak pra mănca dipatya ||
119. angandika sri bopati | sira patih ingsun duta | sakancanirèku kabèh | kentara Ngarga Banita | timbalana si ajar | măngsa bodhoa sirèku | ngrusak nagri karya ala ||
120. awe[138] rusaking jalmi |[139] sampun kondur sri nalendra | ki patih mêpak wadyane | têngara gumêr gumêrah | langkung gêng kang gêgaman | kagiri-giri gumulung | kang badhe ngêrbasèng
--- [f. 96r] ---
arga ||
121. Gunung Banita winarni | ki ajar mêpak catriknya | wus kadya ratu angkuhe | catrik wulu guntung pêpak | bêt-abêt sabat ngampah | ana ginawe tumênggung | patih arya kendhuruan ||
122. dêmang răngga lan ngabèi | pandêlêgan lan prameya | mantri-mantri punapa kèh | wus pêpak gêgamanira | baris pêndhêm kewala | wus tinimbalan sêdarum | ri sêdhêng gupita ajar ||
123. wus pêpak nak putu sami | tuwin kang anut sêdaya | angati-ati kabèhe | dina iki na bêncona | bilaèn ingsun têka | ya sun dewaning Yyang Agung | nora kêna giningsiran ||
124. yèn sisip agawe pati | aja na sira kelangan | wus sêdhênge abong ingong | sawuriningsun dèn awas | yèn ana panjênêngan | Ratu Siyungwênarèku | yaiku panitis ingwang ||
125. sun dhewe tan dèn lilani | ngraga sukma madêg nata | tan wurung ingsun tumèmpèl | sun nyidra mlêbu nêgara | ing mêngko pakèwêdan | nutut mati dipun cakup | angur silih mêrgagaha ||
126. rêmbag iyêg angawaki | sêdya alabuh sêdaya | iya tadhahana prange | sajangan-janganing adang | wis padha mêrantia | mèh prapta wus têkèng ênu | ki patih nimbali mringwang ||
127. wus bubar samya miranti | nora antara praptanya | ki patih sagêgamane | gumêrah jalma turăngga | gunung kinêpung têpang | wus kêtawis awonipu[140] | yèn wong gunung amirantya ||
128. anulya dipun inggahi | cancangan watu tinatas | samya glundhungi mungsuhe | akathah kêplipis sela | norana bisa munggah | dukane ki patih asru | kinèn angamuk kewala ||
129. kang ngêpung sarêng nginggahi | tinadhahan rame prangnya | wong ing gunung riwut pange[141] | nging mêksa kabotan lawan | gêntya mati wadyanya | kabyatan nunung[142] kêlimput | lumayu ngungsi gurunya ||
130. ki ajar nora gumingsir | maksih ana dhepokira | datan antara praptane | ki patih sakancanira | ki ajar wus kinêpang | wong gunung rinayah gêmpur | sêmana ajar tan obah ||
131. ki patih dipun puguhi | rah sapi lan dhuwung tumbak | kimpul bêtèn[143] tan ginadhog[144] | mojar ki ajar katuran | dene samya asigra | nauri ki patih ingsun | dinuta nimbali sira ||
132. saiki
--- [f. 96v] ---
barêng lan mami | nauri ajrih kawula | nuwun duka datan nate | lawan karsane punapa | ki pati nabda sugal | hèh ajar sira tumambuh | rusaking praja manira ||
133. anênung marang nêgari | mulyaa têka ing sira | puniku dede pêpado[145] | dede dhêdhukun manira | kita pan nêdha wirya | kănca kinêjepan gupuh | ki ajar nulya jinambak ||
134. ginarumung dipun byuki | kinrubut ki ajar uwal | lumayu kêcandhak waos | tinumbak kêna jajanya | rubuh akujengkangan | catrik manguyune ngamuk | ambêk pati kêtadhahan ||
135. wong patang puluh ngêmasi | kinrubut ki ajar sayah | mêmpis-mêmpis ambêkane | dipun krubut ginêbugan | sambate nora dosa | pinilara awakipun | ginadhi[146] sampun binada ||
136. mrucut-mrucut datan kêni | nulya samya sinudukan | ajur amoh dhowah-dhawèh | wus pêjah kuwănda ilang | ki patih kari gona | nulya na syara karungu | hèh patih sira nusula ||
137. pêrtpan[147] dèn obrak-abrik |[148] patih mundur sakancanya | arsa umatur sang katong | wus kadhinginan ki ajar | sohan anèng ing ngarsa | gawok bupati sêdarum | sigra jar matur sang nata ||
138. hong yangyyang masidhêm bêkti | ulun katur siwah boja | ulun tinimbalan rajèng | punapa karya kang gatya | punika tur dhêdhaharan |[149] sawontên-wontêning gunung | katura sri naradipa ||
139. sigra narik curiga glis | sinuduk ki ajar pêjah | jaja têrus walikate | kuwănda musna na syara | nanging nora katingal | èngêt-èngêt sang aprabu | besuk kita nagih pêjah ||
140. lamun lair putra aji | garwa nata lagya wawrat | puniku panitis ingong | ya ora ngoncati ingwang | wus kondur sri nalendra | ri sêdhêng alami sampun | lair jabang bayi piya[150] ||
141. warnane langkung apêkik | nulya dinulang ing upas | balutak baruwang lèngèk | tan tumama dyan ingobar | tan gêsêng lir dinusan | dyan jabang bayi linabuh | winadhahan ing têbêla ||
142. binêktan pênganggenèki | kris waos raja kaputran | ing Ciamis panglabuhe | kunêng ta ingkang winarna | wontên wong tuwa nyontrang | masang bêbara karsèku | Kyai Satang wastanira ||
143. bêbarane dèn tingali | ana tubêla[151] sumangsang | Kya Satang anyandhak [anyandha...]
--- [f. 97r] ---
[...k] age | binuka na bêbayinya | pêpak pênganggenira | bungah-bungah nulya mantuk | sinungakên rabènira ||
144. langkung suka jalu èstri | dhasare tan darbe suta | loma sugih buh sangkane | ingugung rinajarêngga | loma glis gêng ki jaka | wêwah cahyane umancur | anêdha rama priyăngga ||
145. Dyan Banyakwidhe kêkasih | tanya kaki di si bapa | Kyai Satang lon saure | sira tan duwe sudarma | yèngsun lan biyangira | minăngka bapa lan babu | duka dyan Satang cinandhak ||
146. tininggil arsa binanting | jêrit-jêrit kapok cilak | kulup udhunêna ingong | sun pajari thole sira | purwane mula-mula | sira uga lèh sun nêmu | ing ranu mêksa atanya ||
147. kaki ja pajar wus uning | basa sandi Kiya Satang | kaki payo ingsun duwe | pawong sanak lul petangan | awisma têngah wona | payo tinakenan iku | wong loro sampun wisata ||
148. gancang carita pan prapti | ki buyut lawan ki jaka | madyaning wona sira ge | ki jaka nulya tumênga | ningali panging wêrksa | anulya ana kadulu | pangsang[152] rakite kang warna ||
30. Dhandhanggula[153]
1. anglir pêksi mencok panging wêrksi | nulya takèn mring buyut ka apa | anglir manungsa warnane | angingkrang lungguhipun | kyai buyut nulya nauri | iya ngaran wênara | ki jaka amuwus | lan malih ingsun tumingal | anèng ing pang wêrnane ika apêkik | jamang pelag punapa ||
2. kyai buyut aglis anauri | pêksi siyung arane punika | ki jaka alon wuwuse | yèn mangkono katèngsun | sun angalih aran puniki | iya Siyungwênara | ngamini ki buyut | Siyungwênara lingira | lah ing ngêndi wismane kadangmu kaki | ing pêsanakanira ||
3. kyai buyut èmêng jroning galih | kang rinasa lamun adêdora | dadya micorèng driyane | bok iyaa katèngsun | sun nyalimpang iku ta singgih | rare măngsa wêruha | gya sira amuwus | bagus pêsanakan iwang | sampun ngalih saking wona puniki |[154] mênawa anèng praja ||
4. pêgaweane apandhe [a...]
--- [f. 97v] ---
[...pandhe] wêsi | karya sênjatanira sang nata | ing Pêjajaran ta mangke | Siyungwênara wau | sakêlangkung bungahing galih | miyarsa wartanira | tuture ki buyut | dene anêbut Sang Nata | Pêjajaran ki jaka rêsêp ing galih | angrosa[155] wruh ing praja ||
5. kae jaka alon muwus aris | lah anêdha jinujula pisan | wong sanakira ta mangke | pêngrasane tèningsun | kaya mangke ta boya têbih | wismane sanakira | lan sudarmaningsun | ya ta sira sami mangkat | wong kêkalih saking wona sira aglis | prapta sira ing praja ||
6. nulya dhatêng kêpandhean aglis | kyai êmpu cundhuk apinarak | anèng ing pabusalène | lagya apêpandhe wau |[156] nulya sira apanggih agli[157] | kakang dawêg katuran | ing sarawuhipun | lir ulam kêsrambah toya | tyas kawula katiban daru puniki | kakang sarawuh dika ||
7. napa wontên karyane kang gati | atanapi mundhut abah-abah | kudhi pacul myang wangkile | tatah pêthèl lan wadung | lading pangot lan sêking alit | pecok kayu lan jara | wêdhung lawan pêrku[158] | kawula kakang sumăngga | tan angraos adarbea awak mami | myang pêdhang dhuwung tumbak ||
8. pan akathah ingkang warni-warni | lah pundhutên pan kawula sumăngga |[159] datan angraos dêdarbe | aglis ki buyut muwus | lah anêdha kawula nênggih | ing sih pêrcayanira | yayi praptaningsun | taha yèn nêdhaa dandanan |[160] apan boya anêdha kula puniki | angatêrna nakira ||
9. arsa panggih lawan dika yayi | anak para Ki Cayungwênara[161] | kyai pandhe wruh sêmune | kita tinggal puniku | tan sun êprih sutane nênggih | dimok tutug dodolan | ing sakarsanipun | kyai buyut ing Kêrawang | nulya mantuk tan kawarna lami-lami | sira Siyungwênara ||
10. tumut sênau[162] apandhe wêsi | paron dhêkul[163] pinukulan tangan | sêsupit dariji mangke | sakèhe para êmpu | kêpandhean acingak sami | maring Siyungwênara | ing kasêktènipun | lami-lami pan kasusrah[164] | kasêktène wus ubêk [u...]
--- [f. 98r] ---
[...bêk] wong sanêgari | asêkti mahambara ||
11. lan abagus mangke ing warni |[165] anglir dewa Sang Yyang Komajaya | apêkik anom dhasare | sumêrg kang samya rawuh | anênonton ing sang apêkik | sakèhe kang tumingal | ras-arasên mantuk | wênèh ana nginêp pisan | kang sawênèh ana milu angladèni | gène pandhe ki jaka ||
12. sêsêk jêjêl ingkang wong aningali |[166] ingkang datan antuk ing panggenan | mêmènèk ing kayu bae | pagêre kyai êmpu | lêbur dene wong nêningali | rusak pan wismanira | tanêm tuwuh lêbur | ki êmpu alon angucap | hèh wong kathah sêdaya wong nêningali | padha awèha blaja[167] ||
13. kang somahan sira sun jaluki | ngalih reyal radha[168] nigang reyal | wêlanjar patang reyale | kang pêrawan puniku | nglimang reyal ingsun jaluki | dhudha lawan jêjaka | sami ngênêm suku | sakathahe kang tumingal | anyanggupi nini-nini sun jaluki | wong roro sangang reyal ||
14. sarta lawan nyênyamikan adi | nora akèh mung patang rampadan | lan borèh lawan kêmbange | damar lilin ja kantun | lamun dalu abor nyatunggil | nulya sanggup sêdaya | malah samya muwus | yèn kirang kang pêpundhutan | amundhuta malih kang sarwa di-adi | enake budidaya ||
15. ayu anom tur pêrawan sunthi | kumalinthing têkan paitilnya | sêmbada lawan turuke | sikil alit apatut | pêrawan kêncing angling amanis |[169] arsa ngawula ingwang | ki êmpu ya angsung | kang kiyat pêlatukannya | ingkang lowèr kang jêblog datan tinampik | wong lanang apan mangkana |[170]|
16. wus alami ki jaka puniki | arsa midhang wau dhatêng pasar | ki pandhe ngampah karsane | amidhanga ing besuk | abarênga kêlawan mami | sarta wade klithikan | mênêng sang abagus | ya ta prapta ing sêmaya | nulya miyos ing lêlurung sang apêkik | ya ta prapta ing pasar ||
17. kae jaka wau aningali | jah ginuyang nulya atêtanya | punapi puniku rane | dene agêng ngranggunuk |
--- [f. 98v] ---
kae êmpu amuwus aris | bagus puniku gajah | kagunganing ratu | kang dipăngga nulya mulat | mring ki jaka adoh anulya nglayoni | prapta mêndhak ing ngarsa ||
18. têlalene tansah dèn têtinggil | yèn bisaa dipăngga angucap | adhuh gustiningsun anggèr | lah dawêg sang abagus | anitiha ing gigir mami | dawêg kawula bêkta | malêbèng kêdhatun | panggiha lan rama dika | wus pinasthi ing Sukma dika genteni | Nalendra Pêjajaran ||
19. pan ingusap gadhinge anênggih | kang dipăngga mring Siyungwênara | sasampun ingusap mangke | ki jaka nulya mantuk | samya cingak ingkang ningali | maring Siyungwênara | ing satingkahipun | ki êmpu atêbah jaja | lara-lara tangise anglir pawèstri | dhuh nyawa anak ingwang ||
20. lah pagene sira wani-wani | dadi apa sira uningaa | sira nyawa mring sang rajèng | pêsthi dadi sapikul | sirahira lan sirah mami | nahan sira sêksana | kocapa Sang Prabu | Pêjajaran pan sineba | apan lagya angadu wong aprang tandhing | kalaganjure munya ||
21. piniyarsa angêrantêg ngrangin | sarta surak amêngambal-ambal | ki jaka mirsa surake | arsa sira andulu | mring paseban wong aprang tandhing | ingampah marang paman- | ira sang abagus | sangêt dènira mêmulang | kyai êmpu pamuwuse ngarih-arih | lah aja sira lunga ||
22. tanbuh gawe kang dira[171] tingali | dudu laya tontonaning bocah | yèn ratu kasukan mangke | paran kunêng ing kewuh | mapan sira maksih acilik | dèrèng wruh ing dêduga | angling sang abagus | kita palanga malumpat | winadhunga[172] kawula mêdhot puniki | sêksana nula[173] kesah ||
23. kapiandhêm pêlayune nênggih | Siyungwênara marang paseban | sigra prapta tan asuwe | ing parnahe sang pabu | nulya sigra jaja[174] alinggih | kêlawan sri nalendra | pan tan ana wêruh | Siyung Wênara tumulya | mring kêdhaton kandhêg bale sawo nênggih | rêmên sira tumingal ||
24. nulya ingkang bale sawo [sa...]
--- [f. 99r] ---
[...wo] uni | dèn gêpoka kadi găngsa srancak | apan găngsa kang ginawe | ya ta sang raja sunu | duk alinggih ing bale aglis | umung ing syaranira | sira sang aprabu | eca dènira kasukan | pamirsane lamun bale sawo muni | sakèh bala garjita ||
25. wong jro pura gègère kêpati | amiyarsa bale sawo munya | sang nata pangandikane | sapa kang purun-purun | anggêpoka bale puniki | lah mantri jêro sira | cêkêlên wong iku | kang ganggu kagungan iwang | myang kapêdhak padha milua nyêkêli | sigra nulya lumalya ||
26. sigra prapta ing bale puniki | Radèn Siyungwênara apanggya | asarean ing balene | tan dangu nulya tinubruk |[175] cinêkêlan ing para mantri | jêro muwah kapêdhak | bêk sariranipun | ya ta Ki Siyungwênara | nulya kirig sarta apêtak sira glis | punggawa ting palêsat ||
27. samya gathik rewange pribadi | ana putung mangke sukunira | sawênèh rêmêk igane | sêmpal bau lan gulu | ilat mele mata mundêlik | ana pêcah mukanya | tiba nulya lampus | sakarine ingkang pêjah | pan lumayu angungsi marang sang aji | ngaturkên pêjah gêsang ||
28. sri nalendra angandika aris | èsmu duka bocah ngêndi baya | kang turu ana balene | mantri samya umatur | Kêpandhean wismane gusti | anake êmpu lurah | wau sanggupipun | sang nata mangkya ngandika | lah undangên si êmpu iku dèn aglis | ki êmpu sigra prapta ||
29. sri nalendra angandika aris | lah ta pandhe sapa duwe anak | wani-wani gêpok bale | lah sapa aranipun | kae pandhe umatur aris | inggih anak kawula | gusti wêstanipun | Ki Jaka Siyungwênara | sri nalendra ngandiku[176] arum amanis | undangên anakira ||
30. punang êmpu sigra awotsari | nulya mintar mlabèng dalêm pura | wus cundhuk lawan putrane | prapta ngarsa sang prabu | sri nalendra ngandika ari[177] | ya nak ingsun dhawak [dhawa...]
--- [f. 99v] ---
[...k] |[178] punang pandhe matur | inggih ulun suta dhawak | angandika kapanane sira iki | yèn aduwea anak ||
31. apan ingsun lawas tan udani | lamun sira yèn duwea anak | punang pandhe tur sêmbahe | inggih mangke sang prabu | sutèng ulun antuk mêmanggih | sri nalendra ngandika | nakira sun pundhut | ki pandhe matur sumăngga | nulya age dipun tumutakên aglis | mring panakawan kathah ||
32. sampun kinulawisuda nênggih | Siyungwênara jinujung lênggah | Ki Banyakwidhe wêstane | salêksa linggihipun | pinatêdhan kêndhaga rukmi | apan pinutra-putra | alêlèmèk babut | adalêm saloring pasar | pan dèn wênang yèn sore sira winiwi[179] | anabuh Lokanata ||
33. kinawênangakên sri bopati | anrapêna mangke wong dêdosan | wong ngukumi ing larane | miwah ukumanipun | ingkang pêjah kêlawan sakit | miwah kang palacidra | sapatuting ukum | dosa alit agêng ika | sapantêse kang ngukum trape nênggih |[180] samya pininta-pinta ||
34. ingkang ngukumakên lara pati | wong dêdosan wong kang ukum lara | miwah ukum pêjah mangke | ya ta laminirèku | anrapakên ukum lan adil | matur marang nalendra | suwawi sang prabu | kawula pandhe sêdaya | kula suwun karyaa sênjata sami | karya dandaning yuda ||
35. nulya sinungakên wau aglis | punang pandhe dhatêng Kyai Arya | pan sampun ingrèh gawene | Ki Arya lingnya arum | sanak pandhe sêdaya sami | ulun pakaryakêna | kênjaran wêsi ku | sadina mêngko dadia | punang pandhe sêdaya samya nyagahi | aturipun sandika ||
36. nulya sira samya karya aglis | damêl gêdhong wêsi nulya dadya | tan asuwe pênggarape | ya ta winehan sampun | kang lêlangse mêndhala giri | pinapajang gumêbyar | kinasuran babut | gêguling sutra diwăngga | asri tinon sarya gănda marbuk wangi | lir kasyargan nèng donya ||
37. sêdhêng Arya dènnya nambut kardi | angaturi [anga...]
--- [f. 100r] ---
[...turi] patikbra adhahar | Ki Arya wus sohan age | kawula darbe kaul | lamun sampun anambut kardi | patikbra tumindaka | adhahar anayub | wontêna wisma kawula | sri nalendra karsane wau nuruti | iya dhingin muliha ||
38. dene ingsun anututi nuli | pan sumusul maring wismanira | Ki Arya mantuk dalême | datan asuwe wau | sri nalendra tumutut uni | rawuhira Kariyan | akasukan tutug | ya ta wuru-wuru dawa | sri nalendra aningali gêdhong wêsi | asri tur pinapajang ||
39. sarya endah syarane kumrisik | pintunira mênga minêb dhawak | lir syarga dhewa[181] èmpêre | angandika sang prabu | lah Ki Arya gawe punapi | ya jênêng sikara |[182] gêdhong wêsi iku | dene endah ingkang warna | sira Arya Banyakwidhe matur aris | kinarya patilêman ||
40. sri nalendra angandika aris | yèn mêngkono Arya tuturira | apa ta kaki sawabe | ki arya aturipun | lamun gêrah lumêbêt isis | yèn srêp dados gêrah |[183] yèn sarira lêsu | pan sêgêr têmahan mulya | yèn asakit têmahan waluya jati | yèn luwe twuk sêmana ||
41. sri nalendra angandika aris | yèn mêngkono iya tuturira | iya abêcik sawabe | ingsun arsa lumêbu | gêdhongira puniku kaki | awakingsun sadina | iya têka lêsu | dêrapon dadia gêrah | punang Arya sumăngga ing asta kalih | pan kagêngan sri nata ||
31. Sinom[184]
1. sri nalendra gya tumêdhak | gêdhong wêsi dèn lêbêti | Ki Arya sigra têngginas | kang gêdhong wêsi kinunci | ya ta Ki Arya aglis | kang gêdhong nulya linabuh | maring kali Kêrawang | sang nata bêndu sarya ngling | lah Ki Arya dening ta nora kayaa ||
2. iya apa dosaningwang | sang nata bêndu sarya ngling | Ki Arya sumaur sigra | karane kita kayèki | ingsun duk maksih alit | iya sira kang anglabuh | iya kali Kêrawang | sapa utang anyauri | wus [wu...]
--- [f. 100v] ---
[...s] pinasthi sapa nyilih ngulihêna ||
3. ya ta wontên kang lêlurah | kandhaga atawan tangis | matur mring Radèn Sêsêdhah | prapta nulya anungkêmi | dhuh nyawa gusti mami | sampun lina rama prabu | linabuh ing Kêrawang | dhatêng ing rayi ta nênggih | sarta kinujara[185] ing wêsi punika ||
4. Radyan Sêsêdhah miyarsa | sangêt ature kang abdi | anulya nêmbang têngara | pêpak wadyabala sami | radèn bêndu tan sipi | ya ta umangsah prang pupuh | ingiring dening bala | sigra acundhuk tumuli | wong Sêsêdhah kêlawan wadya Kariyan ||
5. aprang pirang-pirang dina | tan ana mundur ngajurit | pan dadi gunung kêpala | wangke asusun atindhih | anglir sêgara gêtih | ambêlabar kadya ranu | mili sukêr nêgara | kitha dadi karang abrit | ri sêksana Radèn Sêsuruh kasoran ||
6. ngetan bênêr pêlayunya | kèndêl desa Lèpèn Gunting | anulya ingambil putra | dene răndha Kali Gunting | sih mulinira[186] nênggih | dhatêng Rahadèn Sêsuruh | kadya gènira yoga | nahan ta ingkang kawarni | kang kocapa Arya Banyakwidhe ika ||
7. pan sampun jumênêng nata | anèng Pêjajaran nênggih | kèdhêp dènnya apêpêrentah |[187] tan ana wani malangi | ya ta mangke sang aji | undhang-undhang ing wadya gung | sing sapa kanggonana | maring Si Sêsuruh sami | isun tumpês ing sanak putunira |[188]|
8. ingangkên satru dalêman | sun lokkên sadosanèki | nyai răndha maring pasar | mirsa undhanging nêrpati | aglis lumayu mulih | ni răndha alon amuwus | angure-ure rema | sarira gumêtêr ajrih | waja gathik bêbokonge atarungan ||
9. ni răndha anulya sigra | tumulya dhatêng kang rayi | kang aran Ki Wiro ika | Ki Bandar miwah Ki Tabid | ni răndha tumulya glis | adhuh anggèr arèningsun | dene undhang sang nata | sing sapa kanggonan iki | Ki Sêsuruh tinumpês sarayatira ||
10. ingsun iki ariningwang | maring Ki Sêsuruh iki | kaya yoganingsun dhawak | kalintang têrsnaku iki | Ki Wiro lan Ki Tabi[189] |
--- [f. 101r] ---
Ki Bandar nulya amuwus | sun marang wismanira | dene mêngko sun carani | Ki Sêsêdhah ing mangke kêpanggih lênggah ||
11. adhuh nyawa gustiniwang | sampun dika walanggalih | dene amiyarsa warta | ing undhange sang narpati | lamun têka ing janji | dukanipun sang aprabu | dhumatêng ing paduka | kawula ingkang naguhi | gurdakane sang nata ing Pêjajaran ||
12. nadyan tumêkaa pêjah | ulun ingkang anglabuhi | rèhning têrsna ing andika[190] | Radèn Sêsuruh nauri | lah ta tarima kasih | sira paman maring ingsun | yèn pêngrasa manira | iya bêbalunga wêsi | nora năngga gurdakane sri nalendra ||
13. iya kulita têmbaga | otota kawat angrawit | asungsuma kang gêgala | kaya nora angêntasi | dene ta rika iki | kadar pira wong têtêlu | yèn suwawi ta paman | manira paman apamit | arsa kesah manira sêparan-paran ||
14. sêksana nulya umangkat | Rahadèn Sêsuruh singgih | ni răndha sira tut wuntat | Ki Wiro lawan Ki Tabid | Ki Bandar datan kari | wêtawis têtiyang satus | umiring rajaputra | lampahnya anjujur ardi | arsa munggah mring Ki Ajar Gunung Kombang ||
15. kocapa ingkang atapa | ing Cêmaratunggal nênggih | Ki Ajar Cêmaratunggal | sakêlangkung digbya sêkti | wêruh durung winangsit | ingucap sampun kawêngku | ing wong angraga sukma | pilih jalma kang udani | balanipun êjim lawan pêrayangan ||
16. ki ajar sira ngandika | lah puthut lan cantrik-catrik[191] | sira nabuha têngara | gêgêntha lawan kêkêling | ingsun têtamuan mangkin |[192] wong brăngta kawêlasayun | tur putraning nalendra | pan lagi anèng ing margi | pantinira padha sira saponana ||
17. gêlara klasa sangkêlat | ing bale panjang dèn aglis | sarta lantenira pisan | tumpangana babut rukmi | myang kêndhaga mas adi | karyanên liyanganipun | lawan kêndhi pêrtola | lambare bakor[193] mas adi | sadak ngrawit acaosa dèn akathah ||
18. wadhahana lêlancang mas | sasabana sora-sari [so...]
--- [f. 101v] ---
[...ra-sari] | angambila suruh canang | jambe rambon ingkang wangi | sandhingana kang amrik | dakokêna nglancang iku | watangan cêcêp êmas | sandhingana pandam lilin | damar kurung lawan kandile kêncana ||
19. apan iya iku uga | sêsaos ning nêrpati |[194] sênajan silih kathaha | para ajar tanah Jawi | datan ana kang sami | lan Ajar Cêmarasèwu | sampun dadi nalendra | datan kawarna ing mangki[195] | kang kocapa rahadèn ing lampahira ||
20. anèng suku Gunung Kombang | ya bingung sang apêkik |[196] lali ing purwa duksina | ya ta dhatêng punang angin | bayu dra gêng prapti |[197] kathah kêkayon kang rubuh | lesus awor lan udan | ngarga munya kadya bêdhil | arga lèngsèr udan awu pacawura ||
21. pêtêng dhêdhêt aliwêran | lèpèn ladhu andhatêngi | gara-garaning kusuma | pêrayangan lawan êjim | samya surak ing nginggil | syaranya lir gunung rubuh | lir pendah langit bêdhah | yèn wonga padha ngaruhi | ênting suka dene dhêdhayohan putra ||
22. sampun amindêl sakêdhap | raja pinutra mirsa glis | syarane kêlèng lan gêntha | anulya padhang kang galih | mari bingung sang pêkik | pucaking arga kadulu | wontên kayu cêmara | satunggal tanna ngungkuli | sarta akèh syarane pucak ngandaka[198] ||
23. Radèn Sêsuruh ngandika | paman Wiro baya iki | dhepoke ingkang martapa | Ki Ajar Cêmaratunggil | nêdha pinaran aglis | nulya sami lumêngstantun[199] | radèn sarewangira | prapta ing dhepok tumuli | rajaputra sinapa dene ki ajar ||
24. rahadèn sira bagea | teja sulêksana ugi | ing wuri pundi pinăngka | lan sapa ingkang wêwangi | pundi sinêdya ngati | Radèn Sêsuruh sumaur | lampah ulun satindak | kêkêtêg ulun sadêmi | eyang kaki măngsa barong[200] jêngandika ||
25. Ki Ajar Cêmaratunggal | mèsêm sarya muwus aris | kaki bênêr ujarira | apa pedahe pun kaki | anèng pucaking ardi | kirang pangan lawan turu | amangan barêbêkan | radèn pirang-pirang [pi...]
--- [f. 102r] ---
[...rang-pirang] sasi | yèn tan wruha angur aja atapaa ||
26. karanane kaki sira | munggah pêngajaran kaki | adhapur kalah ayuda | lan sanakira pribadi | sira munggah ing ardi | arsa tumut adhêdhukuh | nuntumakên badhiyang | apa ta mêngkono kaki | karsanira Radèn Sêsuruh sêmbada ||
27. Ki Ajar Cêmaratunggal | anulya ngandika aris | lah ta kaki putuniwang | aja sira milu nêpi | manira nora apti | yèn sira milu maringsun | yèn sira atapaa | sampun pinasthi Yyang Widi | pêsthi cupêt panjênêngan Ratu Jawa ||
28. Radèn Sêsuruh turira | punapa ing rèhing yyang kaki |[201] kawula dhatêng lumampah | ki ajar ngandika aris | idhêpên ujar mami | ngetana bênêr sirèku | lan ana kayu maja | satunggal wohnya apait | iya iku minăngka kêratonira ||
29. ingsun arahkên punika | dadia lun-alun benjing | pan wus pêsthining Yyang Sukma | maring sira iku kaki | dadi suluh nêgari | tumêdhak ing anak putu | ing buyut warèng canggah | satêdhakira ing benjing | wus pinasthi amêngku ing tanah Jawa ||
30. mênawa sira tan wikan | ing jênêng isun puniki | apan dudu yêkti ajar | putri Pêjajaran dhingin | ariningsun tumuli | iya canggahira iku | kang pêputra ramanta | kang pralina kang binasmi | purwanipun kesah saking ing nêgara ||
31. kacarita ingsun kuna | yèn putri ayu linuwih | sakèh putri tanah Jawa | pan tan ana tumandhing |[202] ingsun dhewe ingkang luwih |[203] sakathahe para ratu | tanah Jawa anglamar | anging sun tan arsa krami | nuli ingsun dinukan ing kangjêng rama ||
32. sun rasa-rasa ing nala | lan ingsun karsaning Widi | dadya tinggal wong atuwa | anulya kesah ing wêngi | saking kêraton mami | miyos ngurung-urung banyu | manjing mijil ing wona | ngurut ngiring-iring ardi | nulya munggah anèng pucuk Gunung Kombang ||
33. ana ta kayu
--- [f. 102v] ---
cêmara | satunggal gèn ingsun nêpi | malah mangke mêksih nyawa | anulya ki ajar aglis | warnanira ing nguni | kêlangkung aluwih ayu | lir widadari kendran | cahyanira mindha sasi | gêbyar-gêbyar sarira asor pêrada ||
34. Radèn Sêsuruh tumingal | ing warnanira sang putri | jêngêr mangke tingalira | sakêdhap kepyan ningali | apan dèrèng amanggih | ing warna kadya puniku | radèn liwung tyasira | lali purwa madya wangsit | sang kusuma ing mangke arsa ingêmban ||
35. rahadyan arsa tumindak | sang kusuma angêdohi | dhuh babo arsa punapa | têka gêthana-gêthini | abêbêngkung kulambi | sarwi nêtêpakên kuluk | sarya sira rêrêpa | ragane kerut ing warni | wong pêpiton[204] ragane arsa tinumbas ||
36. ya ta sira sang kusuma | nulya rupa ajar malih | rahadèn nulya tur sêmbah | sumungkêm ing pada êning | sarya sira anangis | ngaturakên tobatipun | ki ajar lon angucap | ingsun tarima ta kaki | babotira kang dhumatêng awak ingwang ||
37. pan sampun watêking kwula | kêna owah lawan gingsir | kaki ora amung sira | iya ta ingsun puniki | purwa manungsa jati | nanging dudu manungsèku | dene sangêt sun brăngta | dadya mangke raga mami | yèn kang apês manungsa tan wruh maring wang ||
38. lawan[205] ingsun kang winênang | dadi jalu dadi èstri | dadi tuwa lawan mudha | ingsun luput lara pati | ing benjing ingsun mati | ing dina kiyamat besuk | dene ta ki mas nyawa | patêmon lawan sirèki | dudu kene gèn ingsun têmu lan sira ||
39. benjang ingsun pêpanggihan | yèn wus sira dadi aji | amêngku Jawa sêdaya | kêlawan ingsun ing benjing | ngalih saking ing ngriki | Tasikwêdhi nêgarèngsu[206] | ingsun jumênêng nata | bala pêrayangan benjing | wus mêngkono ingsun ngalih Pêmancingan ||
40. sineba ing para nata | lêlêmbut ing nungsa Jawi | anulya ingsun ing benjang | anjênêngakên pêpatih [pêpa...]
--- [f. 103r] ---
[...tih] | iya lawan bopati | wadukaji[207] lan tumênggung | răngga ngabèi dêmang | pêcattăndha ăndhamohi | anging ingsun ngawula mring turunira ||
41. benjang anak putunira | jumênêng ratu linuwih | adalêm lor Pêmancingan | sakidul Gunung Mêrapi | iku ingsun ing benji[208] | angèstupada sirèku | tan kêna sun lênggana | parentahing jalma luwih | anging ingsun apêrjanji lawan sira ||
42. yèn sira amanggih karya | lah undangên ingsun iki | yèn ana surak ing tawang | pratăndha ingsun kang prapti | dadya kèh mungsuh nênggih | ing sabarang polah ingsun | pan kalah mungsuhira | ingsun uga iki kaki | iya ingsun amilu saparanira ||
43. lah kaki uwis mangkata | angetana bênêr kaki | jujuga lêlurah ika | sang nata ing Singasari | nanging wêwêkas mami | têguhêna wêkas ingsun | mênawa ana ika | anututi sira kaki | utusane Sri Nalendra Pêjajaran ||
44. angaturi maring sira | tur kêkasihira dhingin | kinon nututi mring sira | kinon asrah ing nêgari | ing Pêjajaran anênggih |[209] sasigar iku mas ingsun | radèn matur anêmbah | anungkêmi pada kalih | sampun mangkat rahadèn saking ing arga ||
45. têdhak saking Ardi Kombang | minggah tumurun ing ardi | nahan ingkang kawarnaa | sri naranata tinangkil | pêpakan para mantri | miwah kang para tumênggung | sang nata angêndika | paran ta wartane sami | kakang êmas Arya Sêsuruh wartanya ||
46. anulya nimbali sigra | kêkasihira kariyin | Rahadèn Sêsuruh ika | kantun anèng dalêm puri | nênggih angsale dhingin | bêboyongan duk karuwun | saking Palembang ika | pinundhut kang raka nênggih | pan kinarya sêlir kêkasih sêmana ||
47. sri nalendra angandika | Rasawati sira iki | karo lawan kakangira | ingsun duta sira ugi | nusula kakang aji | poma sira dèn kasusul | poma wêwêkas ingwang | kakang [ka...]
--- [f. 103v] ---
[...kang] mas dipati singgih | aturana kakang mas bali mring praja ||
48. lah uwis sira mangkata | nusula kakang dipati | poma aja mulih sira | yèn nora kangmas dipati | katurana sirèki | poma sira aja mantuk | kang kinon awotsêkar | wus mêsat saking ing ngarsi | sri nalendra ngandika mring wadyabala ||
49. lah sakèhe sanak ingwang | dandana sira ngajurit | ngluruga Si Galuh iya | sri bopati bubar aglis | sampun prapta ing puri | kang anangkil bubar sampu[210] | sagung para punggawa | para mantri bubar sami | kawarnaa kang lumampah praptèng wona ||
50. nahan ta ingkang kocapa | Radèn Sêsêdhah lumaris | anulya amanggih guwa | anênêdha ing Yyang Widi | sigra lumêbêt agli[211] | anèng jro guwa manêngkung | kocapa kang lumampah | Rasawati anèng margi | sêlasahe wau Rahadyan Sêsêdhah ||
51. Rasawati sampun prapta | sajawine guwa singgih | atêtanya mring kang wadya | kanjêng gusti anèng ngêndi | Ki Wira anauri | anèng jro guwa manêngkung | nulya lumêbêt sigra | Rasawati wus kêpanggih | pan akathah ature dhatêng rahadyan ||
52. data[212] wontên piniyarsa | ature kang punang sêlir | nula ngigêl ngure rema | tan obah bau sang pêkik | kewran Ni Rasawati | anulya wêwuda sampu[213] | anèng ing kering kanan | angigêl kalihe sami | angandika alon Rahadyan Sêsêdhah ||
53. wong iki kaya dênawa | kang èstri kaya rêsêksi | anulya rupa dênawa | kêkalih jalu lan èstri | rahadyan ngandika ris | lah lungaa sira iku | ki rêsêksa angucap | adhuh gusti sang apêkik | dika ruwat gusti cintraka kawula ||
54. rahadyan alon ngandika | wus pinasthi ing Yyang Widi | balikan sira tapaa | anèng satêngah wanadri | rêsêksa ni rêsêksi | wus mêsat saking ing ngayun | prapta ing wonawosa | ki rêsêksa ni rêsêksi | kawarnaa Rahadyan Sêsêdhah mêdal ||
55. rahadyan [rahadya...]
--- [f. 104r] ---
[...n] sigra umangkat | sawadyanira lumari[214] | lumêstantun lampahira | datan kawarna ing margi | kapungkur ingkang ardi | nênggih Gunung Kombang wau | munggah gunung nurut jurang |[215] wau lampahe sang pêkik | ngetan bênêr wau ta ing lampahira ||
56. rahadyan mangkya araryyan | soring maja angaubi | amundhut mangkya wohira | satunggil dhinahar pait | Radèn Sêsêdhah angling | lah paman Wiro puniku | paran ingkang wowohan | kang mênira dhahar pait | Wiro matur punika wowohan maja ||
57. rahadyan alon ngandika | lah paman sapa darbèni | desa puniki ta paman | lah pundi wêstane singgih | Ki Wiro matur aris | ngara-ara trik puniku | nênggih wêstane ika | nêgari Ngastinapati | kang rinêbut lêluhur dika Pêndhawa ||
58. milanipun wontên kocap | aprang Bratayuda dhingin | nênggih nêgara Ngastina | mangke tumut rayi singgih | ing Pêjajaran gusti | rahadyan ngandika arum | yèn mêngkono ta paman | desa iki sun arani | ingsun alih sun arani Majalêngka ||
59. radèn nulya ataruka | anênandur palawiji | anggaru mêluku dhawak | sak pituduh dèn lakoni | nahan ta sirèng mangkin | kocapa Rahadèn Galuh | sira Ki Arya Bangah | nêgarane dèn lurugi | mring sang nata nênggih Ratu Pêjajaran ||
60. sêmana sampun ayuda | akathah longe kang mati | arame abratayuda | sadina-dina ajuri[216] | wadyanira Narpati | Pêjajaran antuk buru | sakèh wadya Kariyan | sêdaya manahe giris | karusakan wadyabala ing Kariyan ||
61. sabên ayuda kasoran | kang wadya akathah mati | wadyabala Pêjajaran | rinêksa dening Yyang Widi | siji tan ana busik | wadya Pêjajaran iku | rinêksa ing juwata | samangke ratu sinêkti | sawadyane sêdaya samya prawira ||
62. Radyan Arya Galuh sirna | tan ana ingkang udani | saklangkung kawêlasarsa | satriya kesah pribadi | sampun manjing wanadri | migah
--- [f. 104v] ---
sumêta[217] ing gunung | wau Rahadyan Arya | katiwang-tiwang lumaris | sampun lêpas lampahe rahadyan putra ||
63. kawarnaa kang ayuda | wadya Pêjajaran singgih | kang mêngsah pan sampun sirna | gusis tan ana kaèksi | sêdaya dèn jarahi | binayong[218] sêdayanipun | samya mantuk sêdaya | datan kawarna ing margi | sampun prapta sagung ingkang wadyabala ||
64. sampun prapta Pênangkilan | sagunging para dipati | sakêlangkung sukanira | kang wadya mênang ajurit | nahan ta sri bopati | warnanên kang kwêlasayun | kang têtruka ing wona | sadina-dina akardi | pan ababad alas sêdaya pan sirna ||
65. sadina karya dahana | angabong wona kang dadi | sasirnane ingobongan | tinanêman jagung jali | ing pinggir wi gambili | kang kiwa talês lan bêntul | senthe lawaran ika | kimpul banthèng talês pari | pinggir toya kênonga lawan andong bang ||
66. sadina-dina amănja | gaga lêmbese adadi[219] | patêbane ingkang wona | sêdaya samya kinardi | têtanêman winarni | kêtan gajih kêtan wulung | cêcere sêsinggolan | sêngkawa uwèn lan munting | cêmpa genjah wêrage wangèn punika ||
67. yèn ejing[220] mapan mêngkana | garu mêluku pribadi | Ki Wiro Ki Bandar ika | Ki Tabid samya akardi | ananêm sarya dadi | tulus kang sarya tinandur | radyan saya kacaryan | mulat têtanêman dadi | saya dados manahe raja pinutra ||
68. rahadyan sigra ngandika | man Wiro lawan man Tabi | man Subandar karsaningwang | ing mangke sampun adadi | nahan sêksana mangkin | kocapa ingkang lumayu | sira Ki Arya Bangah | nêgarane dèn lurugi | wus dèn rusak rahadèn kalunta-lunta ||
69. sakawone Arya Bangah | ngentan[221] bênêr dènnya ngungsi | kandhêg anèng Majalêngka | wus kêpanggih lan kang rayi | Radèn Sêsuruh nênggih | anulya [a...]
--- [f. 105r] ---
[...nulya] rangkul-rinangkul | Radèn Sêsuruh ngucap | lah kangkang[222] ta kadipundi | dene kita lumayu wayang-wayangan ||
70. tan bêta tiyang satunggal | kakang ing lampahe nênggih | inggih si kadi punapa | asukaa ingkang warti | Arya Bangah ngling aris | dhapur kalah aprang pupuh | lawan Siyungwênara | ing Galuh wus rusak mangkin | marmanipun lumayu karo bang-bangan ||
71. mangke paran karsanira | ulun iki atut wuri | nanging ta Siyungwênara | gunême iku mas yayi | anglurugi mariki | paran karsanira masku | Radyan Sêsuruh mojar | yèn mêkatên warta nênggih | lah ta kakang dawêg sami pinaranan ||
72. nêdha sami linurugan | ing Pêjajaran ta yayi | pan wongira sampun kathah | jangkêp tigang èwu nênggih | ya ta mangkat sira glis | mring Pêjajaran nglurug |[223] sakèhing wadyanira | wau sakèhing prajuri | lampahira sêmana pan sampun prapta ||
73. sêksana wong Pêjajaran | prasamya mêthuk ngajuri | arame abadayuda | wadya Pêjajaran nênggih | yudanira kalindhih | kasêrêg wong Majalangu | wadya ing Pêjajaran | tan ana adarbe ati | ing ayuda sêmana kathah palastra ||
74. miris wadya Pêjajaran | sabên yuda pan kajodhi | manahe sri naranata | Siyungwênara lir èstri | sampun sapih kang jurit | kêsaput wau ing dalu | pan sami mêsanggrahan | wadya Majalêngka nênggih | pan gumyêrah[224] syarane kang wadyabala ||
75. wadyabala Pêjajaran | tan ana walang asisi[225] | wus sirna pulung nêgara | warnanên sri narapati | lalosira[226] ing wêngi | tan ana wadya kang wêruh | wau bangun raina | wadya Pêjajaran tintrim | pan sêdaya tuwa anom rêrêmbagan ||
76. ingkang sawiji angucap | alah payo ngili agli[227] | sri naranata wus sirna | ingkang sawiji anauri |[228] kiyai gusti mami | punika Radèn Sêsuruh | ana ingkang angucap | sakathahe anak mami | asaosa ing karsane radèn [radè...]
--- [f. 105v] ---
[...n] putra ||
77. binayong wong Pêjajaran | binêkta mring Majapait | nulya cinacahkên sigra | tigang èwu wadya alit | mangke dadi sakêthi | pitung lêksa pitung èwu | Ki Tabid lan Ki Bandar | Ki Wiro umatur aris | tan atara[229] matur dhatêng radèn putra ||
78. yèn suwawi lawan karsa | babêrkatan rama aji | kang kina-kina punika | wasiyat Nyai Sêtomi | angkang[230] satungal nênggih | kabêkta mring Bantên wau | rahadyan angandika | lah paman gawanên aglis | sampun bubar rahadyan prapta ing kitha ||
79. yèn suwawi ingkang karsa | paduka jumênêng aji | apan mangke tanah Jawa | inggih tan wontên kêkalih | kariyin rama aji | Pêjajaran jênêngipun | rusaking Pêjajaran | ing Majapait pan dadi | yêkti radèn ingkang dadya nalendra |[231]|
80. Radèn Sêsuruh narima | anulya jumênêng aji | tumulya Ki Arya Bangah | ingalihakên kêkasih | Arya Panular nênggih | Ki Wiro jinujung[232] lungguh | jumênêng Patih Wahan | Ki Bandar lawan Ki Tabi | pan Ki Arya kinulawisuda nata ||
81. Rahadyan Arya Panular | sêmana jinujung linggih | sampun sinungan nêgara | wêstane ingkang nêgari | Gêrage Sang Dipati | sêmana sampun lêstantun | nagri gêmah raharja | sajênênge sri bopati | sakêlangkung nêgara gêmah raharja ||
82. lami-lami sri nalendra | darbe putra dèn wêstani | Prabu Anom wêstanira | dalêm loring pasar nênggih | taha rêkyana patih | Arya Wahan darbe sunu | jumênêng Ki Udara | tinanêm anèng Kadhiri | lami-lami sang nata nulya pralina ||
83. Prabu Anom Loringpasar | anggêntosi kang rama ji | Patih Wahan maksih gêsang | lêstari dadi pêpatih | amamong[233] ing sang aji | ing sabarang karsanipun | sri nalendra ing mangkya | akarsa mangke cêngkrami | dhatêng wona anggêrit banthèng mênjangan ||
84. sira Patih Arya Wahan | matur dhatêng sri bopati | adhung[234] gusti si nalendra | ulun ngaturi pêrkawis | sarèhing sêpuh gusti | yèn ta suwawi sang prabu | sampun cêngkrama
--- [f. 106r] ---
wona | adi[235] dalêm Majapait | apan dèrèng sumungkêm dhatêng nalendra ||
85. sêdaya maksih ataha | abdi dalêm Majapait | pae rama jêng paduka | bala sampun ekakapti | mangke pan dèrèng gusti | sumuyud dhatêng sang prabu | ing benjang acêngkrama | yèn wadya sampun sakapti | sri nalendra mirsa ature ki patya ||
86. asru mangke dukanira | sang nata dhatêng ki pati | wêdana lir ginaluga | kumêdut paduning[236] lathi | jaja bang lir têmbagi | sarira abyor sêsêmut | kadya wong amêjahana |[237] wong tanpa dosa ing nguni | nulya bubar Sang Prabu Anom sineba ||
87. tumêka ing ngabyantara | wontên kajinêman nênggih | tiyang kadipatèn lama | Ujung Sêmbata namèki | wruh dukaning nêrpati | nulya lumêbêt kêdhatun | tan angangge larapan | ingandêl dera nêrpati | saba pura ing dalu lawan raina ||
88. sira Ki Ujung Sêmbata | umatur dhatêng nêrpati | kawula matur sang na[238] |[239] wau ature ki patih | tampi kawula alit | angawêl jênêng sang prabu | pan sakathahing nata | miwah kang para dipati | datan wontên darbea manah mangkana ||
89. kang para mantri sêdaya | abdi dalêm Majapait | utawi kang ratu sabrang | kang seba mring sri bopati | kala jênênge rama ji |[240] cuwa ing pangabdinipun | tuwuk prang kurang suka | kasêlak sêpuh rama ji | tan ngawula amung mulene sang nata ||
90. mangke ing jênêng paduka | anggêntosi rama aji | suka kang wadya sêdaya | samya egar manah sami | tutug gènnya ngêploki | sami anêdha anginum | miwah kang pasewakan | akêtêb ingkang ningali | dene kita ngaglarakên danakrama ||
91. pawèstri kêlawan boga | kita têdhakakên mantri | lan wontên wadya inarna[241] | pêngraose padha wêdi | nagri mantuka nagri | tulus kang sarya tinandur | têgal sat dadya lêbak | gunung iring dadya têgil | wong adagang tus akèh bathinira |[242]|
92. sami angucap sêdaya | lamine ing Majapait | kagêntosan ingkang putra | murah sandhang [sa...]
--- [f. 106v] ---
[...ndhang] lan bukti |[243] tulus saliring kardi | apan ta mawan ing ratu | tan anuruti karsa | yèn suwawi ing sang aji | ki apatih sinusulkên rama ika ||
93. sawadinipun manira | ambelani rama aji | ing pati manggih suwarga | yèn têmên kantênan ugi | pêjahipun apatih | yêkti syarga kang tinêmu | apan tan ana mulya | kang angruwata pun patih | pan citrane tan liyan amung paduka ||
94. sang prabu angling arêna | ature puniku nênggih | sira Ki Ujung Sêmbata | anulya dipun paringi | dhuwung dera sang aji | pun Jangkung ing aranipu[244] | nulya Ujung Sêmbata | tinundhung sira tumuli | ya ta sampun pumurup[245] kang sang yyang arka ||
95. Ujung Sêmbata tumulya | ing Kêpatihan sira glis | anjêjêp anèng ngiringan | ki patih datan kaèksi | kêlayan ingkang rayi | ki patih ngandika arum | yayi lah wêruhanira |[246] pan kari satêngah wêngi | umur ingsun iki pinundhut Yyang Sukma ||
96. lamun ingsun nora pêjah | ing sawêngi mêngko yayi | pêsthi dawa umur ingwang | ujar Prabu Anom iki | gugu atur tan yêkti | Ki Ujung Sêmbata wau | ingkang pawong durjana | dèn idhêp ature nênggih | iya măngsa bodhoa Prabu Taruna ||
97. yèn mêngkono yayi ingwang | sun umpêtan luhur nglangit | lan sakèh wong Kêpatihan | sêdaya kêmita sami | sawêngi mangke nênggih | padha mêlika puniku | ana maling akuna | anulya sira ki patih | ing lêlangit ana na saluhuring kajang |[247]|
98. sira Ki Ujung Sêmbata | anjêp jawining kari[248] |[249] mirsa jawing[250] paseban |[251] gumêrah syaraning jalmi | wong Kariyan akêmit | ana mêmaca angidung | ana ingkang carita | ana anggambang ngênyanyi | sêsulingan sawênèh atêtabuhan ||
99. sira Ki Ujung Sêmbata | kewran ing manah rudatin | nulya matêk beganada[252] | ping tiga anjêjak siti | lumampah sarya jungkir | anyaut lêmah ping têlu | nulya kinarya balang | ingkang kêmit samya guling | ting sêlayah wong
--- [f. 107r] ---
kêmit kadya wong pêjah ||
100. nulya Ki Ujung Sêmbata | lumêbêt ing dalêm puri | anjujug ing pêsarean | kyana patih tan pinanggih | kewran ing manahirèki |[253] dèn èngêt-èngêt ing kalbu | ki patih rêmên kuda | Ujung Sêmbata tumuli | mring gêdhogan tumulya anglêpas kuda ||
101. kuda giro anèng latar | ambêrngingih samya muni | kagyat sira kyana patya | anyêluk kawula cawis | gamêl tangia ugi | jaranira iku ucul | lêbokêna gêdhogan | Ujung Sêmbata andugi | yèn ki patih umpêtan luhuring kajang ||
102. sigra nulya pinêrpêkan | kang kajang winiyak lirih | nulya Ki Ujung Sêmbata | pun Jangkungpacar tinarik | sigra ginoco aglis | ki patih wau sirèku | Kya Patih Wahan sigra | ginoco sampun ngêngênèni[254] |[255] kapêrjaya ki patih nulya kantaka ||
103. prandene mangke tan têdhas | ki patih wus angêmasi | nulya anak rabènira | dinalêmakên tumuli | ya ta sri narapati | amupugi karsanipun | acêngkrama ing wona | kêlawan kang bala mantri | tulus dènnya anggêris[256] banthèng lan sangsam ||
104. kang para mantri satriya | prasamya pisah lan gusti | ambêrêg banthèng lan sangsam | sang prabu kantun pribadi | lawan kang para rabi | eca kasukan sang prabu | ing mangke kawarnaa | putrane rêkyana patih | ing Kadhiri kang aran Radèn Udara ||
105. pan sampun miyarsa warta | yèn kang rama dèn patèni | ibu lan sawangsanira | dèn dalêmakên ing mangkin | sigra anulya nitih | turăngga atilar batur | anjujug marang wona | Sang Prabu Anom kêpanggih | eca i tyas anggêrit lawan kang garwa ||
106. sira Rahadyan Udara | watang ingêmbat aglis |[257] Prabu Anom pan winatang | aniba nulya ngêmasi | gègèr kang gar[258] anjrit |[259] ing pagrogolan gumuruh |
--- [f. 107v] ---
sampunira mangkana | Prabu Anom putra malih | kêkasihe Radyan Adaningkung ika ||
107. gumantya jumênêng nata | Radèn Adaningkung nênggih | nulya sira apêputra | Radyan Ayu Wuku nênggih | apêputra ing mangkin | Lêmbu Amisani iku | pêpatihe Dimongmular |[260] Radèn Lêmbu Amisani | apêputra Rahadyan Bartanjung ika ||
108. Radèn Bartanjung punika | apêputra Dèn Mas Alit | kang jumênêng Brawijaya | Gajahmada kang pêpatih | wêkasane puniki | Brawijaya Majalangu | kapitune punika | panjênêngan Majapait | nahan ingkang kocapa rasêksi ika ||
109. roro sanak sami tapa | rasêksa lawan rêsêksi | ni rasêksi lingnya ngucap | kakang ingsun arsa laki | marang Sri Majait[261] |[262] punika manira ayun | ki rasêksa gya ngucap | tanpa ngrasa sira yayi | dumèh apa sang ratu arsa mring sira ||
110. remanira jatha gimbal | siyungmu sêcarak sisih | kudu arsa laki nata | kang amêngku nungsa Jawi | pan sakèhe bopati | atur-atur putri ayu | miwah nêgari sabrang | sami angaturi putri | warna ayu yèn ngombe toya katingal ||
111. kaya ngapa mangke sira | yèn sira kangsia panggih | lawan Prabu Brawijaya | rupamu amêmêdèni | sang rêsêksi mangkya ngling | kakang apan bisa tèngsun | amalih rupa endah | rasêksi salin kang warni | rupanira kadya widadari kendran ||
112. ki rasêksa suka ing tyas | aningali mring kang rayi | gumuyu ambata rêbah | pan wus kêrasa ing ati | yèn milu anduwèni | ing tanah Jawa puniku | ki rasêksa angucap | lah mara yayi dèn aglis | malêbua ing Majapait nêgara ||
113. lah age sira panggiha | lawan Prabu Majapait | age sira pêputraa | kang lanang bagus prajurit | ingsun sêsinau mangkin |[263] momong kaponakan besun[264] | panêdhaningsun [panêdhaning...]
--- [f. 108r] ---
[...sun] ing dewa |[265] angluwihana nak mami | lan prajurit ing tanah Jawa sêdaya ||
114. tapaningsun kuna-kuna | sun wèhakên anak mami | marang kaponakan iwang | lah wis mangkata aglis |[266] sira sun jêjuluki | Ni Endhang Sêsita[267] iku | ni endhang nulya nêmbah | sarya ngaturakên pami[268] | nulya mangkat malêbèng ing Majalêngka ||
115. i[269] endhang kandhêg ing pasar | kathah ingkang anêningali |[270] pasar Tumawon sêmana | sêdaya kerut ing warni | samya sira ningali | lanang wadon anèm sêpuh | muwah buruh sudagar | atilar pikulan sami | kang bêbakul samya tilar gêgendhongan ||
116. kapiluyu ing akathah | kudu tumut nêningali | maring ni endhang sêmana | sakathahe kang ningali | ambadhe dede jalmi | kaya widadari nurun | cahyane wong sêpasar | samya kucêm ingkang warni | mung ni endhang cahyane mancur gumawang ||
117. lir pendah wulan purnama | cahyane ni endhang nênggih | dene sangêt angsung brăngta | tinakonan sang dya nênggih | yèn mungguha wong kapir | sijrad arane puniku | yèn mukmina mangunah | yèn wali kêramat nênggih | mungguh nabi ingaranan mujijatan ||
118. Ki Apatih Gajahmada | ingkang sohan ing sang aji | miyos ing pasar gêng ika | aningali endhang nênggih | rinubung dening jalmi | ki patih ngandika arum | têdhak saking turăngga | tur sarya dèn parêpêki | lah wong apa akandhêg ing kene iya ||
119. lah ing ngêndi wismanira | lan sapa araning mangkin | dene anèh lan wong kathah | ni endhang umatur ari | inggih ulun puniki | têtiyang saking ing gunung | aran ulun punika | Ni Endhang Sêsmita nênggih | praptaningsun arsa ngabdi ing sang nata ||
120. tan atara[271] nulya prapta | timbalan saking jro puri | pawongan kêkalih prapta | nimbali marang ki patih | hèh ta kiyai patih | manira iki i ingutus |[272] dening Sang Brawijaya | katingal pasar asêpi | saking panggung manira kinèn marinsa[273] ||
121. inggih ta wontan[274] punapa | mila
--- [f. 108v] ---
pasar dalêm sêpi | matur Patih Gajahngada[275] | mila pasar dalêm sêpi | nênggih wontên wong prapti | saking arga warna ayu | Endhang Sêsmitapura | wêstane puniku nênggih | ing sanggupe arsa ngabdi ing sang nata ||
122. lah kyai anêdha uga | dèn aturna mring sang aji | sigra anulya binêkta | ngabyantaraning narpati | rêna sri narapati | ing warnane endhang iku | ingilokakên parêkan |[276] ya ta wus salami-lami | pan kinarya sêlir kêkasih ni endhang ||
123. nulya ingagêm ni endhang | dhumatêng sri narapati | angidham-idham kaworan | ni endhang angayang angling | ambêbana sang aji | amothah siyang lan dalu | anuwun gêgêcok mêntah |[277] tan bêtah sri narapati | ginêcokkên anulya sira pinangan ||
124. ri sampunira mangkana | ni endhang anulya ngêrik | remanira jatha gimbal | siyunge sêcarak sisih | mulya warnane lami | gègèr jroning dalêm agung | duka sri naranata | watange dèn êmbat agli[278] | sa[279] rêsêksi ing mangke arsa winatang ||
125. ni endhang mangke lumajar | mantuk kayangane malih | ya ta jangkêp ing sêmaya | ambabar kang jabang bayi | miyos jalu putrèki | suwarnanira abagus | karsane ibunira | winastanan Dilah nênggih | ginumatèn wau dadah dulangira ||
126. ya ta sira Jaka Dilah | gêngira lir dèn ububi | anulya atakèn bapa | ki rêsêksa ni rêsêksi | kewran sajroning ati | kewuhan alon sumaur | ya ingsun ramanira | raja sunu tan sayêkti | kêdah molar atakon dhatêng sudarma ||
127. arêp nora ingsun warah | mênawa lunga nak mami | sapa kang kelangan anak | ni rêsêksi nulya angling | mênênga putra mami | mangke ingsun tutur-tutur | sêjatine ta sira | ingkang yogya sira gusti | Brawijaya sang prabu ing Majalêngka ||
128. anging poma anak ingwang | aja babar kula gusti | bo[280] pinaido ta sira | Ki Dilah umatur aris | yèn mêkatên bu mami | kawula ngawula ngratu | marang Sang Brawijaya | rasêksa anuwalani | aja lunga sira marang Majalêngka ||
--- [f. 109r] ---
129. mênawa nyawa ta sira | tan dèn aku mring nêrpati | sapa kang kawonggan[281] wirang | Ki Dilah umatur aris | suka tan suka nênggih | kawula amêksa ibu | kêdah arsa ngawula | dhumatêng ing Majapait | gya lumampah kapungkur ing pagunungan ||
| 1 | Terdapat tulisan tanggal pada tanda pergantian pupuh (madyapada) ini: 1737 Sapar kaping 10 [17 Maret 1810]. (kembali) |
| 2 | Kurang satu suku kata: asrang umung gong prakăntha awor ranting. (kembali) |
| 3 | ilu-ilu. (kembali) |
| 4 | tulis. (kembali) |
| 5 | kobêr. (kembali) |
| 6 | gadha. (kembali) |
| 7 | wening. (kembali) |
| 8 | Kurang dua suku kata. (kembali) |
| 9 | Lebih satu suku kata: anggêgila syara gêgirisi. (kembali) |
| 10 | obor (dan di tempat lain). (kembali) |
| 11 | margèku. (kembali) |
| 12 | anyirnakkên. (kembali) |
| 13 | akumpul. (kembali) |
| 14 | Catatan: Aksara "nga" pada kata "têngara" disisipkan di atas gatra. (kembali) |
| 15 | nguwisi. (kembali) |
| 16 | Tên Apsari. (kembali) |
| 17 | dimèn. (kembali) |
| 18 | riris. (kembali) |
| 19 | Macansura. (kembali) |
| 20 | Macanwilanglung. (kembali) |
| 21 | Pêcattăndha. (kembali) |
| 22 | jinambak. (kembali) |
| 23 | Kurang satu suku kata: jinambak rambutipun. (kembali) |
| 24 | mati. (kembali) |
| 25 | mapag. (kembali) |
| 26 | ajunjung-jinunjung (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 27 | anrêg. (kembali) |
| 28 | Lebih satu suku kata: wong Blambangan pan anub. (kembali) |
| 29 | kêcandhak (dan di tempat lain). (kembali) |
| 30 | manaut. Bandingkan: manaud (Ajisaka, Salamun, Pupuh 13.79.7). (kembali) |
| 31 | malah (Ajisaka, Salamun, Pupuh 13.79.8). (kembali) |
| 32 | kapacèlu (Ajisaka, Salamun, Pupuh 13.79.9). (kembali) |
| 33 | ambyuk. (kembali) |
| 34 | wingking. (kembali) |
| 35 | awasêna. (kembali) |
| 36 | kabèh. (kembali) |
| 37 | Kurang satu suku kata: lan ingkang rayi sêkawan. (kembali) |
| 38 | têtêp. (kembali) |
| 39 | nata. (kembali) |
| 40 | Lebih satu suku kata: pan jumêgur gumlêdhug swaranya. (kembali) |
| 41 | sêdarum. (kembali) |
| 42 | Catatan: Aksara "ha" pada kata "angandika" disisipkan di bawah gatra. (kembali) |
| 43 | Kurang satu suku kata: sarwi Raja Sindhula angling. (kembali) |
| 44 | pat arupa. (kembali) |
| 45 | krêp. (kembali) |
| 46 | Kurang satu suku kata: kang momong putri dhomas. (kembali) |
| 47 | duk. (kembali) |
| 48 | Kurang satu suku kata: radên têngah ingkang saking raja mantri. (kembali) |
| 49 | arènipun. (kembali) |
| 50 | Lebih satu suku kata: iya kang cakal bakal. (kembali) |
| 51 | Kurang dua suku kata: Bimalarang ku ingkang saking. (kembali) |
| 52 | Dipati. (kembali) |
| 53 | benjing (dan di tempat lain). (kembali) |
| 54 | Kurang satu suku kata: anulya sinuratan. (kembali) |
| 55 | saturune. (kembali) |
| 56 | Terdapat tulisan tanggal pada tanda pergantian pupuh (madyapada) ini: 1737 Sapar kaping 13 [20 Maret 1810]. (kembali) |
| 57 | wignya. (kembali) |
| 58 | digbya. (kembali) |
| 59 | Kurang satu suku kata: awignya digbya sumboga. (kembali) |
| 60 | gosong. (kembali) |
| 61 | Lebih satu suku kata: putu sun paringi nama. (kembali) |
| 62 | putra. (kembali) |
| 63 | rinojong. (kembali) |
| 64 | jalwèstri. (kembali) |
| 65 | ibu. (kembali) |
| 66 | Kurang satu suku kata: ibu bapa ulatana. (kembali) |
| 67 | Terdapat tulisan tanggal pada tanda pergantian pupuh (madyapada) ini: 1737 Sapar kaping 13 [20 Maret 1810]. (kembali) |
| 68 | Lebih satu suku kata: sêkalire ngolah sami. (kembali) |
| 69 | denira. (kembali) |
| 70 | patih. (kembali) |
| 71 | raganira. (kembali) |
| 72 | kabaskaran. (kembali) |
| 73 | Kurang satu suku kata: bêdhil mriyêm loro aturna sang aji. (kembali) |
| 74 | Prabu. (kembali) |
| 75 | mangunturnya. (kembali) |
| 76 | bok. (kembali) |
| 77 | kongas. (kembali) |
| 78 | Lebih satu suku kata: pinêtri kèringan. (kembali) |
| 79 | Tanggal: buja ro astaning nata (S 1222). Tanggal Masehi: 1300–1. (kembali) |
| 80 | wastra endah. (kembali) |
| 81 | Kurang satu suku kata: ing sitiluhur gènnèki. (kembali) |
| 82 | Lebih satu suku kata: Ratu Kêncana sinèlèhakên nuli. (kembali) |
| 83 | dina. (kembali) |
| 84 | sampun. (kembali) |
| 85 | kèringan. (kembali) |
| 86 | Catatan: Aksara "nga" pada kata "keringa" disisipkan di bawah gatra. (kembali) |
| 87 | Gêdhongan. (kembali) |
| 88 | Kurang satu suku kat: jalu èstri non kasmaran. (kembali) |
| 89 | Terdapat tulisan tanggal pada tanda pergantian pupuh (madyapada) ini: 1737 Sapar kaping 13 [20 Maret 1810]. (kembali) |
| 90 | kasutapannya. (kembali) |
| 91 | priya (dan di tempat lain). (kembali) |
| 92 | undang (dan di tempat lain). (kembali) |
| 93 | ngwuntat. (kembali) |
| 94 | non. (kembali) |
| 95 | wau. (kembali) |
| 96 | kaputrèn. (kembali) |
| 97 | Kurang satu suku kata: hèh iya kawulaningwang. (kembali) |
| 98 | angrênggani. (kembali) |
| 99 | Kurang dua suku kata: sacarêm-carêm rèhing rat. (kembali) |
| 100 | Lebih satu suku kata: anglumpuka lan kêbayan. (kembali) |
| 101 | Kurang satu suku kata: hong masidhêm siwah buja. (kembali) |
| 102 | Kurang satu suku kata: antuka sihe dewa non. (kembali) |
| 103 | Kurang satu suku kata: kang ampil garwa Ratu Mas. (kembali) |
| 104 | èstri. (kembali) |
| 105 | karêm. (kembali) |
| 106 | dhepokipun. (kembali) |
| 107 | ngarga. (kembali) |
| 108 | Ni. (kembali) |
| 109 | sacipta. (kembali) |
| 110 | Lebih empat suku kata: pakramanira ki ajar. (kembali) |
| 111 | ajar. (kembali) |
| 112 | Kurang satu suku kata: iya nini buyut ingwang. (kembali) |
| 113 | sukanipun. (kembali) |
| 114 | Aksara la pada kata "tinangkil" disisipkan di atas gatra. (kembali) |
| 115 | Wêlanda. (kembali) |
| 116 | Pancawurane. (kembali) |
| 117 | mung. (kembali) |
| 118 | Kurang dua suku kata: ratu martapèng nulya. (kembali) |
| 119 | Kurang satu suku kata: wong akèh sanakanipun. (kembali) |
| 120 | kolu. (kembali) |
| 121 | adoh. (kembali) |
| 122 | nganggo (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 123 | rêbut-rinêbut. (kembali) |
| 124 | bingung. (kembali) |
| 125 | Kurang satu suku kata: picise timah kinarya. (kembali) |
| 126 | botoh (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 127 | nganggur. (kembali) |
| 128 | larud. (kembali) |
| 129 | Lebih dua suku kata: mêrene duwèke larud. (kembali) |
| 130 | larang. (kembali) |
| 131 | Kurang satu suku kata: kêrêp mardayèng ujare. (kembali) |
| 132 | Kurang satu suku kata: ingkang balilu dèn ulu. (kembali) |
| 133 | Kurang satu suku kata: dene wong abêbingkrakan. (kembali) |
| 134 | ajail. (kembali) |
| 135 | busuk. (kembali) |
| 136 | Lebih satu suku kata: suka sugih mukti smara. (kembali) |
| 137 | byar. (kembali) |
| 138 | agawe. (kembali) |
| 139 | Kurang satu suku kata: agawe rusaking jalmi. (kembali) |
| 140 | awonipun. (kembali) |
| 141 | prange. (kembali) |
| 142 | gunung. (kembali) |
| 143 | bêton. (kembali) |
| 144 | ginodhog. (kembali) |
| 145 | pêpadon. (kembali) |
| 146 | ginodhi. (kembali) |
| 147 | pêrtapan. (kembali) |
| 148 | Kurang satu suku kata: pêrtapan dèn obrak-abrik. (kembali) |
| 149 | Lebih satu suku kata: punika tur dhêdharan. (kembali) |
| 150 | priya. (kembali) |
| 151 | têbêla. (kembali) |
| 152 | pasang. (kembali) |
| 153 | Terdapat tulisan tanggal pada tanda pergantian pupuh (madyapada) ini: 1737 Sapar tanggal kaping 18 [25 Maret 1810]. (kembali) |
| 154 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: uwus ngalih sangking ing wana ing riki (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 6.50.9); wus angalih saking ing wana ngariki (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 8.9.9); uwus ngalih saking ing wana ing ngriki (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 6.50.9). (kembali) |
| 155 | angrasa. (kembali) |
| 156 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: lagya pêpandhe wau (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 6.53.4; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 6.53.4); dawêg apandhe wau (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 8.12.4). (kembali) |
| 157 | aglis (dan di tempat lain) (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 8.12.5). (kembali) |
| 158 | pêrkul (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 6.54.7; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 8.13.7; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 6.54.7). (kembali) |
| 159 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: yèn pundhutên kawula sumăngga (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 6.55.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 6.55.2); pinundhuta kawula sumăngga (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 8.14.2). (kembali) |
| 160 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: taha nêdha adandanan (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 6.55.8); taha nêdhaa dandanan (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 6.55.8); pan nora nêdha dadanan (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 8.14.8). (kembali) |
| 161 | Siyungwênara (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 8.15.2). Bandingkan: Siyungwanara (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 6.56.2); Siyung Wanara (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 6.56.2). (kembali) |
| 162 | sinau (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 8.16.1). Bandingkan: sêsinau (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 6.57.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 6.57.1). (kembali) |
| 163 | dhêngkul (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 8.16.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 6.57.2). Bandingkan: dêkung (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 6.57.2). (kembali) |
| 164 | kasusra. (kembali) |
| 165 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: lan abagus wau ikang warni (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 8.17.1); lan baguse lêwih ingkang warni (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 6.58.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 6.58.1). (kembali) |
| 166 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: sêsêk jêjêl ingkang aningali (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 8.18.1); sêsêk jêjêl kang wong nêningali (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 6.59.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 6.59.1). (kembali) |
| 167 | blanja. Bandingkan: balănja (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 6.59.10; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 6.59.10). (kembali) |
| 168 | răndha (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 8.19.2; (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 6.60.2). Bandingkan: răngdha (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 6.60.2). (kembali) |
| 169 | Lebih satu suku kata: prawan kêncing angling amanis. (kembali) |
| 170 | Lebih satu suku kata: wong lanang pan mangkana. (kembali) |
| 171 | sira. (kembali) |
| 172 | dhinadhunga. (kembali) |
| 173 | nulya (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 174 | jajar (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 8.28.5; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 6.69.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 6.69.5). (kembali) |
| 175 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: tan antara tinubruk (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 8.31.4); ya ta agya tinubruk (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 6.72.4). (kembali) |
| 176 | ngandika (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 8.34.9). Bandingkan: angandika (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 6.75.9; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 6.75.9). (kembali) |
| 177 | aris (dan di tempat lain): konteksnya berarti alon atau pelan. (kembali) |
| 178 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: iku nakira dhawak (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 6.76.6; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 6.76.6). (kembali) |
| 179 | siniwi (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 8.38.9; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 6.80.9; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 6.80.9). (kembali) |
| 180 | Kurang satu suku kata: sapantêse ingkang ngukum trape nênggih. (kembali) |
| 181 | dewa (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 8.44.3; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 6.86.3). (kembali) |
| 182 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: anjênêngakên kita (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 6.86.6; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 6.86.6); anjênêngakên sira (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 8.44.6). (kembali) |
| 183 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: yèn asrêp dadi gêrah (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 8.45.6). (kembali) |
| 184 | Terdapat tulisan tanggal pada tanda pergantian pupuh (madyapada) ini: 1737 Mulud kaping 3 [8 April 1810]. (kembali) |
| 185 | kinunjara (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 186 | mulenira. Bandingkan: mulenèki (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 9.6.5). (kembali) |
| 187 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: kèdhêp saparentahira (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 9.7.3). (kembali) |
| 188 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: isun tumpês anak putune sadaya (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 9.7.9). (kembali) |
| 189 | Tabid (dan di tempat lain). (kembali) |
| 190 | Catatan: Aksara "ha" pada kata "andika" disisipkan di bawah gatra. (kembali) |
| 191 | cantrik-cantrik (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 9.16.2). (kembali) |
| 192 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: ingsun dhayohan mangkin (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 9.16.5). (kembali) |
| 193 | bokor. (kembali) |
| 194 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: sêsaosaning nrêpati (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 9.19.2). (kembali) |
| 195 | mangkin. (kembali) |
| 196 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: ya ta bingung sang apêkik (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 9.20.2). (kembali) |
| 197 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: bayu badra gêng prapti (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 9.20.5). (kembali) |
| 198 | ngaldaka. Bandingkan: aldaka (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 9.22.9). (kembali) |
| 199 | lumêstantun. Bandingkan: lumastantun (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 9.23.6). (kembali) |
| 200 | borong. (kembali) |
| 201 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: punapa ta eyang kaki (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 9.28.2). (kembali) |
| 202 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: datan ana kang tumandhing (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 9.31.4). (kembali) |
| 203 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: sun dhewe kang linuwih (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 9.31.5). (kembali) |
| 204 | pêpinton. Bandingkan: mintokkên (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 9.35.9). (kembali) |
| 205 | Catatan: Aksara "wa" pada kata "lawan" disisipkan di bawah gatra. (kembali) |
| 206 | nêgarèngsun. Bandingkan: nagrinisun (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 9.39.6). (kembali) |
| 207 | waduaji (dan di tempat lain). Bandingkan: winduaji (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 9.40.6). (kembali) |
| 208 | benjing. (kembali) |
| 209 | Lebih satu suku kata: ing Pêjajaran nênggih. (kembali) |
| 210 | sampun. (kembali) |
| 211 | agli (dan di tempat lain). (kembali) |
| 212 | datan. (kembali) |
| 213 | sampun (dan di tempat lain). (kembali) |
| 214 | lumaris. (kembali) |
| 215 | Lebih satu suku kata: munggah gunung trut jurang. (kembali) |
| 216 | ajurit. (kembali) |
| 217 | sumêngka. (kembali) |
| 218 | binoyong (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 219 | andadi. (kembali) |
| 220 | enjing (dan di tempat lain). (kembali) |
| 221 | ngetan (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 9.48.2). (kembali) |
| 222 | kakang (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 9.48.8). (kembali) |
| 223 | Kurang satu suku kata: mring Pêjajaran anglurug. (kembali) |
| 224 | gumêrah. (kembali) |
| 225 | alisik. (kembali) |
| 226 | lolosira. (kembali) |
| 227 | aglis (dan di tempat lain). (kembali) |
| 228 | Lebih satu suku kata: ingkang sawiji nauri. (kembali) |
| 229 | antara (dan di tempat lain). (kembali) |
| 230 | ingkang. (kembali) |
| 231 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: yakti dika rahadèn dadia nata (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 9.53.9). (kembali) |
| 232 | jinunjung (dan di tempat lain). (kembali) |
| 233 | amomong. (kembali) |
| 234 | adhuh (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 9.57.3). (kembali) |
| 235 | abdi (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 9.57.8). (kembali) |
| 236 | padoning (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 9.59.4). (kembali) |
| 237 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: kadya amêjahana (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 9.59.7). (kembali) |
| 238 | nata (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 9.61.3). (kembali) |
| 239 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: kawula matur sang nata (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 9.61.3). (kembali) |
| 240 | Lebih satu suku kata: kala jênêng rama ji. (kembali) |
| 241 | winarna (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 9.64.3). (kembali) |
| 242 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: wong adagang anulus akèh bathinya (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 9.64.9). (kembali) |
| 243 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: murah sandhang lawan bukti (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 9.65.4). (kembali) |
| 244 | aranipun. (kembali) |
| 245 | sumurup (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 9.68.9). (kembali) |
| 246 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: yayi kawruhanira (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 9.69.7). (kembali) |
| 247 | Lebih satu suku kata: ing lêlangit ana saluhuring kajang. (kembali) |
| 248 | kori. (kembali) |
| 249 | Kurang satu suku kata: anjêjêp jawining kari. (kembali) |
| 250 | jawining. (kembali) |
| 251 | Kurang satu suku kata: mirsa jawining paseban. (kembali) |
| 252 | begananda. (kembali) |
| 253 | Lebih satu suku kata: kewran manahirèki. (kembali) |
| 254 | ngênèni. (kembali) |
| 255 | Lebih satu suku kata: ginoco sampun ngênèni. (kembali) |
| 256 | anggêrit. (kembali) |
| 257 | Kurang satu suku kata: watange ingêmbat aglis. (kembali) |
| 258 | garwa. (kembali) |
| 259 | Kurang satu suku kata: gègèr kang garwa anjrit. (kembali) |
| 260 | Lebih satu suku kata: patihe Dimongmular. (kembali) |
| 261 | Majapait. (kembali) |
| 262 | Kurang satu suku kata: marang Sri Majapait. (kembali) |
| 263 | Lebih satu suku kata: ingsun sinau mangkin. (kembali) |
| 264 | besuk. (kembali) |
| 265 | Lebih satu suku kata: panêdhaningsun dewa. (kembali) |
| 266 | Kurang satu suku kata: lah uwis mangkata aglis. (kembali) |
| 267 | Sêsmita. (kembali) |
| 268 | pamit. (kembali) |
| 269 | ni. (kembali) |
| 270 | Lebih satu suku kata: kathah ingkang aningali. (kembali) |
| 271 | antara (dan di tempat lain). (kembali) |
| 272 | Lebih satu suku kata: manira iki ingutus. (kembali) |
| 273 | mariksa. (kembali) |
| 274 | wontên. (kembali) |
| 275 | Gajahmada. (kembali) |
| 276 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: ingilokkên parêkan (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 9.70.7). (kembali) |
| 277 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: jaluk gêgêcok mêntah (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 9.71.7). (kembali) |
| 278 | aglis. (kembali) |
| 279 | si. (kembali) |
| 280 | bok (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 9.76.3). (kembali) |
| 281 | kawogan (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 9.77.3). (kembali) |