Babad Purubaya, British Library (Add MS 12308 a), 1813, #1050 (Pupuh 32–39)
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
--- [f. 109r lanjutan] ---
32. Pangkur[1]
1. datatita kang kocapa | pan Ki Jaka Dilah ngaturi pamit | mring ibu myang uwa sampun | kang uwa asru ngucap | iya nyawa panêdhaningsun dewa gung | muga sira kêpanggiha | kamulyanira dewa di ||
2. kang ibu èsmu karuna | adhuh nyawa anak ingsun mas gusti | aja sira lawas iku | nuli sira praptaa | dadi apa yèn sira lawasa iku | wêwêkas ingsun ing sira | dèn bisa sira angabdi ||
3. Ki Jaka Dilah lumampah | sakesahe saking pêrtapan nênggih | wus lêpas ing lampahipun | kang kari mangun brota | uwa ibu asangêt ing brangtènipun | samya nênêdha ing dewa | kang putra antuka kardi ||
4. sêksana ing lampahira | Jaka Dilah sampun dhatêng nêgari | apepe pasebanipun | Kya Patih Gajahmada | gih puniku pêpatihing Majalangu | ki apatih arsa seba | dhumatêng sri narapati ||
5. kya patih agya tumingal | mring kang pepe ki patih ngandika aris |[2] sira ing ngêndi umahmu | Ki Dilah aturira | gih kawula ing wona wijilanipun | kawula tan wruh pinăngka | kados kidang kang nusoni ||
6. ulun tan wruh ibu rama | mangke taha awak kawula iki | tiba sagèn-ênggènipun | kadya layangan pêgat | pan manira anglindhung karsaning ulun | tumêka ing karsa kita | ki patih ngandika aris ||
7. lah sapa kêkasihira | lan maninge apa karsanirèki | Ki Dilah alon sumaur | lah inggih kyai patya | pan kawula Ki Dilah wastane ulun | lan malih kawula sêdya | asawita[3] sri bopati ||
8. kang jumênêng Brawijaya | suka kula sinung kêlangan arit | datan lênggana wak ingsus[4] | Ki Patih Gajahmada | kèndêl angling kaya
--- [f. 109v] ---
mangkono karsamu | payo milua aseba | tut wuria marang mami ||
9. sigra tut wuri Ki Dilah | mring Ki Patih Gajahmada umiring | wus prapta ing alun-alun | ya ta sira Ki Dilah | wus alungguh ngisoring waringin kurung | ngarêpakên pagêlaran | nênggih Ratu Maospait ||
10. miyos anèng pagêlaran | Sri Narendra Maospait siniwi | dêmang ngabèi tumênggung | răngga kêlawan arya | pêpak jêjêl paseban ing Majalangu | ki patih mugèng ngajêngan | sri nalendra ngandika ris ||
11. bocah gandhèk timbala |[5] pariksanên sapa ingkang alinggih | ing ngisor waringin kurung | lan apa kang sinêdya | nulya gandhèk sakêdhap pan aglis tutug | Ki Dilah glis tinakonan | mring gandhe[6] sumaur aris ||
12. sang duta nênggih kawula | aturêna marang sri narapati | sêdya kawula anêngguh | ngawula mring Sang Nata | Brawijaya Maospait kang dinunung | tanpa sanak tanpa bapa | gêgêbal saking wanadri ||
13. mundur ingkang ulubalang | sigra matur marang sri narapati | wus katur saaturipun | sri bopati ngandika | yèn mêngkono timbalana iku mau | kang aran Si Jaka Dilah | gandhèk nêmbah nulya mijil ||
14. anulya kang ingandikan | tan asuwe prapta ing ngarsa aji | pan kinon dera sang prabu | amor lan panakawan | dèn tingali Ki Dilah dera sang prabu | sata[7] angraos ing nala | Brawijaya Maospait ||
15. ing tanduk lawan tênaga | Jaka Dilah ana èmpêring galih | mêngkana wau sang prabu | arsa wau cêngkrama | maring wana gêrit banthèng sangsamipun | kancil kidang lawan warak | ngarsa sagung para mantri ||
16. Ki Dilah matur sang nata | nuwun duka kawula atadhah runtin[8] |[9] kawula gusti umatur | yèn suwawi ing karsa | pan akathah abdi paduka pukulun | yèn daduka[10] arsa tindak | anggrit bêburon wanadri ||
17. kawula sagah patikbra | andhatêngkên bêburon ing wanadri | pêpake nèng alun-alun | gusti kita
--- [f. 110r] ---
cobaa | Brawijaya asangêt ing bêndunipun | Dilah sira kumêwawa[11] | ananggupi karsa mami ||
18. pêcat[12] cili kaya sira | sun arani Dilah bosên aurip | anyanggupi karsaningsun | sun turuti ta sira | anêkakna banthèng sangsam ngalun-alun | yèn sira tan kêlakona | pêsthi sira sun jêjuwing ||
19. sun bêsèti kulitira | samya jêngêr wadya ing Majapait | anulya kondur sang prabu | sagung wadya sêdaya | kaya ngapa Dilah kang kayèku |[13] wus pinasthi marang dewa | urip pêrsasat wus mati ||
20. yèn mêngkono sira Dilah | yèn tan bisa minggata mring wanadri | Ki Dilah alon sumaur | pirabara ing karsa | nulya kesah Ki Dilah tan mawi batur | mantuk dhatêng ing kayangan | wus prapta ing panti aglis ||
21. kêpanggih lan ibu uwa | Jaka Dilah anulya dipun tangisi |[14] ya pêgene anak ingsun | sira agurawalan | apa sira tan pêkolèh mring sang prabu | ênggènira asuwita | pratuwin kadukan gusti ||
22. gih kawula ibu uwa | angaturi sang nata gène gêrit | angandika sang aprabu | kinon anggêgiringa | kidang sangsam tumêka ing alun-alun | ibu yèn tan kêlampahan | pêsthi kula dèn patèni ||
23. ya pêgene anak ingwang | kumawawa sira dhingini gusti | ing karsane sang aprabu | nora kayaa sira | ibunira andêlêna anak ingsun | anggiring kidang mênjangan | lah sira balia gusti ||
24. ingsun lawan uwakira | kang giringa kidang kêlawan kancil | lumêbêt dhatêng wana gung | rasêksi lan rasêksa | tan adangu banthèng sangsam samya kumpul | giniring dhatêng nêgara | ngalun-alun jêjêl prapti ||
25. lumêbêt dhatêng kêdhatyan | angaturi uninga dhatêng sang aji |[15] yèn kagungan dalêm rawuh | kang warni buron wona | mêrak bahak sata wona samya kumpul | sawêrnine buron wona [wo...]
--- [f. 110v] ---
[...na] | pan sampun dhatêng mariki ||
26. pan samya gawok sêdaya | kang miyarsa ature Dilah nênggih | angandika sang aprabu | tarima kasih Dilah | amupugi ing karsaningsun kayèku | abangêt tarimaningwang | sawab mangke andhatêngi ||
27. sang prabu ing Majalêngka | nulya gêrit wau saanak rabi | salêbêting alun-alun | nitih pêdhati sinang | ingkang aran Ki Jêbadbètri puniku | sangsam ginêrit sêdaya | suka sang sri narapati ||
28. sang prabu ing Majalêngka | sigra mulat ing kanan lawan kering | ana rasêksa kadulu | sigra nyandhak sênjata | gya ingisèn mimise kêncana sampun | sigra ingarah tênggaknya | umêsat warastra aglis ||
29. tumanduk dhatêng rasêksa | kapisanan rasêksa angêmasi | ing panggongan pêrnahipun | rasêksi gya lumajar | sinajata[16] rasêksi pan sampun lampus | sang prabu ing Majalêngka | tutug kasukan sang aji ||
30. lamine dènnya kasukan | datan kadya mangke sri narapati | ênting sukaning sang prabu | Sang Nata Majalêngka | Jaka Dilah ing mangke nulya jinujung | sinêngkakakên ngawiyat | sarwi pinatêdhanan kasih |[17]|
31. ingaranan Arya Damar | tur sinungan salêksa têtiyang ali[18] |[19] punika nêgari Têrung | pan karya wong lêksa |[20] Arya Damar pan pinutra-putra danu | dhumatêng Sang Brawijaya | ingangkên putra kêkasih ||
32. anênggih garwane sang nata |[21] ingkang sêpuh putri ing Darawati | sakêlangkung mulènipun | dhatêng sri naranata | siyang dalu sih mulènira anutug | kêlangkung ingêla-êla | ingugung sakarsanèki ||
33. dèn ugung sakarsanira | rintên dalu kasukan udhi[22] gêrit | tansah bênthik lawan ujung | têtajèn ngêbotohan | sri narendra kinèn anyambut puniku | dhawuh Patih Gajahmada | kinon anyambut cêpuri ||
34. samya rakit pêdamêlan | wus anyêngkal sakathahe bopati |
--- [f. 111r] ---
luwih cêngkal pandumipun | bêbahan sawêdana | nanging wontên wêdana kang dèrèng nyambut | nênggih Radèn Arya Damar | kancane arsa ngêrigit[23] ||
35. mila kantun pêdamêlan | Radèn Arya tan wontên dèn rêtosi | nanging tansah ngabên sawung | wontên wadya satunggal | aturipun kadya lir bèthèt sèwu |[24] gusti kantun pêdamêlan | kaca kantun angêringgit ||
36. Arya Damar angêndika | batanira wus padha sira usungi |[25] kang wadya kathah umatur | gih gusti wus kusungan | lah tatanên jajarên gonmu anumpuk | inggih sampun kawradinan | kambilana kuda mami ||
37. kuda sampun kinambilan | nulya nitih radyan pun kuda rawi | cinamêthi kuda mamprung | nulya banon dèn usap | kaping tiga pan ingusap banon sampun | apelag yèn tiningalan | tan ana moncol satunggil ||
38. lah uwis para tinggala | măngsa ora karia nyambut cêpuri |[26] dèn ragum sakancanipun | ing dalu lawan siyang | tan uninga pênyambute radèn dalu | tinupiksa sri nalendra | enjing sang nata tinangkil ||
39. apan sampun tinupiksa | sri nalendra andangu mring Ki Patih | Gajahmada sigra matur | kantun kang ngêringgitan | Radèn Arya Damar wau ingkang kantun | tan wontên ingkang uninga | radèn pênyambute wêngi ||
40. sang nata nulya ngandika | pêgawean Si Arya tan ngopèni | asêkti digbya pinujul | umatur Gajahmada | salokane lir kajêng gurda aluhur | panjênêngane sang nata | lir sêsèndhèn sidaguri ||
41. yèn suwawi lan nalendra | mumpung dèrèng ngarêda kajêng waringin |[27] awrat sinanggi ing besuk | mumpung dèrèng angêrbda | Gajahmada aturipun pan ginugu | luhung ta Si Arya Damar | pêngingên gawa nak rabi ||
42. Ki Arya glis dhinawuhan | kinon kesah pinênging bêkta nak rabi |[28] timbalane sang aprabu | ya ta Ki Arya Damar | sampun kesah Ki Arya katur sang prabu | datan kawarna ing marga | kandhêg [kandhê...]
--- [f. 111v] ---
[...g] nêgari Garêsik ||
43. nahan wau kang kocapa | sri nalendra malêbêt ing dalêm puri |[29] kang anangkil bubar sampun | lampahe sowang-sowang | sri nalendra kèmêngan ngandika arum | yèn mênggah somah satriya | sêsangkaning yayah bibi ||
44. anênggih garwa kang tuwa | gih punika putri ing Darawati | dadosipun kinêmaru | lawan putri ing Cina | nora rêna putri Cêmpa kang asêpuh | lêhêng ulihna ing Cêmpa | ingsun tan purun kinalih ||
45. nulya Prabu Majalêngka | angêndika kênaa ingsun kalih | apa sakarêpanamu | sun ulihakên mring Cêmpa |[30] nulya nêrat sang prabu ing Majalangu | têlas saènthining[31] driya | wus kawrat ing dalêm tulis ||
46. wus sinungakên kang surat | mring Ki Patih Gajahmada wus tampi | ki patih wasis ing sêmu | datan mawi ijoan | nulya mangkat Gajahmada lumêstantun | anusul marang Ki Arya | wau lampahe ki patih ||
47. apan wau lampahira | Arya Damar kandhêg anèng Garêsik | katututan lampahipun | mring Patih Gajahmada | wus kêpanggih Arya Damar kagyat gupuh | sampun dhinawuhan purat[32] | Gajahmada kang tinuding ||
48. lêhêng sira Arya Damar | tapanana[33] sêrat ingsun sang aji | anulya tinampan gupuh | marang Ki Arya Damar | pèngêt ingkang sêrat iki wiyosipun | Sri Bopati Majalêngka | nênggih wiyose kang tulis ||
49. lan malihe tampanana | garwaningsun putri Cina kang luwih | sun têdhakakên sirèku | lan malihe Ki Arya | wêkas ingsun marang ing sirèku |[34] ing besuk sira anggoa | yèn wêtêngane wus lair ||
50. yaiku titipan ingwang | dupi lair sakarêpira ing benjing |[35] ayya taha-taha kalbu | wus manjing rabinira | Arya Damar asiking[36] tyas maos sampun | ênting wiraosing sêrat | anulya wêkasan titi ||
51. ature Ki Arya Damar | gih anuwun pasihan dalêm kapundhi |[37] kita aturna sang
--- [f. 112r] ---
prabu | inggih ing lampah kula | dèrèng mancal kawula ngantosi prau | kapindho karsa sang nata | kawula kandhêg Garêsik ||
52. lan malihe bêktiningwang | lawan malih sakathahe sisip mami |[38] apuntên kang kula suwun | katur sri naradipa | kyai patih aturira wau nêngguh | anggèr sampun walangdriya | kawula arsa apamit ||
53. Kyai Patih Gajahmada | glis tumamèng wau dhatêng nêgari | nênggih matur ing sang prabu | gusti sampun tumêka | kita utus Arya Damar langkung nuwun | anênggih Ki Arya Damar | ing mangke kandhêg Garêsik ||
54. ature Ki Arya Damar | pan sêdaya katur mring sri bopati | gih Sang Prabu Maoslangu | pêrsasat sampun tumêdhak |[39] sêrat kita anênggih lantaranipun | Brawijaya Majalêngka | apêtêng sajroning galih ||
55. jêngkare saking nêgara | Arya Damar tinêdhan sihing gusti | putri Cina garwanipun | bêbêktan Majalêngka | kawarnaa Arya Damar mancal sampun | sêmana wus babar layar | angin kêras andhatêngi ||
56. wus lêpas ing lampahira | Arya Damar silêm dharatan nênggih | lumêstantun lampahipun | anèng têngah samodra | kawarnaa nagri Palembang sadulur | atut dènnya akêkadang | kawarta saking Garêsik ||
57. kawarnaa Arya Damar | anèng laut lampahe lumêstari | angungak muaranipun | nênggih nagri Polembang | sampun prapta ing muaranira labuh | arsa mêntas ing dharatan | sinambêr ing dhandhanggêndhis ||
33. Dhandhanggula[40]
1. datatita lingira ing nguni | kang kocapa Sang Nata Polembang | siniwi wadyabalane | pêpak para tumênggung | pêcattadha[41] lan adhamoi[42] | ngabèi lawan dêmang | wêdana supênuh | mila atut akêkadang | ing Palembang kang sêpuh enjing tinangkil | sontên ingkang taruna ||
2. sampun guntang sakèhing nêgari | ing Palembang Radèn Arya Damar | satriya Jawi angsale | abagus [aba...]
--- [f. 112v] ---
[...gus] warnanipun | andhap asor anjêtmikani | wus sugih pêrsanakan | saduluring ratu | kasongan ing kawibawan | wong Palembang satunggil tan ana kalih | liya Ki Arya Damar ||
3. yayi ngaturkên curiga mami | lawan kampuh lancingane pisan | sampun tinampan sira ge | waune kakang tuku | karya dhawak mulane uni | warni kadi punika | dhasaripun alus | inggih raka dika kuna | saking Cina tur pelag ayu linuwih | paringe sri nalendra ||
4. lami têmên kakang ayun uning | nagri Jawa anging tan kêlakyan | pun kakang prapta ing kene | priksa kakang ing ulun | langkung suka trisnane ngênting | kang raka sampun priksa | yèn wontên têtamu | têtamu wus tiningalan | sampun prapta wau dutane sri narapati |[43] ngaturi Arya Damar ||
5. kang cêraka aturira aris | gih kawula dinuta nalendra | angaturi dika radèn | Arya Damar sumaur | datan purun manira iki | ajrih marang sang nata | yèn karsaa iku | inggih kawula punika | dika matur kawula ajrih kang rayi | luhung dipun pundhuta ||
6. sampun katur kang kinon ngaturi | aturipun ajrih i rayi ta | yèn tan wontên pralinane | balia dipun gupuh | lah pundhutên yayi mas aglis | matur ingkang dinuta | ing rakanta alun | inggih kinon ngaturana | raka tuwan ingkang ngandikan lumaris | tan beda lan kawula ||
7. Arya Damar lêga ingkang galih | tinimbalan ing rajèng Palembang | sarta parentahe rine | pan sarya unjuk-unjuk | raja kidang malumpat nênggih | dhuwung kampuh katura | dhatêng sang aulun | kalih kang warni lancingan | pan kinêmbar kang nangkil asurêm sami | kasoran Arya Damar ||
8. nulya Raja Palembang tinangkil | pêpak kabèh kang para punggawa | nulya ningali sang rajèng | raja pênganggènipun | kêlangênan pan dèn aturi | ingsun pan durung nganggya | ing pêngage[44] iku | baya sira palacidra | pêrtandhane angangge pêngangge mi[45] |[46] tandhane palacidra ||
9. sampun bubar kang samya anangkil | sampun kondur wau sri nalendra | kalihan [ka...]
--- [f. 113r] ---
[...lihan] kang rayi radèn | Arya Damar tan kantun | angandika sri narapati | lah adhi patènana | adhimas puniku | dene nyidra garwaningwang | yèn wis mati sira ngurêbana mami | aja na wani sira ||
10. yèn wis mati sira kang gumanti | kawarnaa sang nata sineba | pêpak para mantri kabèh | miwah para tumênggung | pêcattadha lan adhamoi | dêmang lan pandêlêgan | sang prabu wus rawuh | pinarak ngayun-ayunan | dyan tangginas Arya Damar anglarihi | Pabu Anom palastra ||
11. angrungkêbi padane sang aji | Arya Damar ngrakul[47] padanira | sri nalendra andikane | hèh wong Palembang iku | uwis aja sira kayèki | samya mundur sêdaya | wong Palembang wau | Ki Arya Damar sêmana | wus jinujung jumênêng prabu taruni | anèng nagri Palembang ||
12. sampun suyud wadyaning narpati | ing Palembang ana wong dêdosan | tinaruk bêlok lamine | sêmana wus pinudhut[48] | tan adangu prapta ing ngarsi | sri nalendra ngandika | hèh apa karêpmu | apa sira arsa gêsang | patènana sri naranata ing nguni | iku sira waluya ||
13. wong dêdosan sigra matur aris | gih sandika nulya pinaringan | dhuwung kêlangkung ampuhe | sang nata miyos wau | sampun pêpak kang para mantri | miwah para punggawa | prawira nung-anung | sang nata sampun pinarak | lan kang rayi Arya Damar angajèpi[49] | nulya ginoco sigra ||
14. wus ngêmasi sri nalendra nênggih | pan rinampog ingkang palacidra | ajur mumur kuwandane | sakèhe wadyanipun | tan angrasa darbèni urip | dene pêjah sang nata | kalih arènipun | sakêlangkung ajrihira | mring Ki Arya Damar sagung para mama |[50] Palembang sirna raja ||
15. alah payo wong Palembang sami | rajanira ngêmasi sêdaya | patine sapa kang angrèh | ingsun kang madêg ratu | babar ana Palembang nênggih | wonge sakêmbaran |[51] sapangangge kampuh | tumama ing ngabyantara | kang titipan sêmana wus sangang sasi | babare radèn putra ||
16. winastanan [wi...]
--- [f. 113v] ---
[...nastanan] ingkang jabang bayi | Radèn Patah cahyane gumawang | rinêksa dadah dulange | gantya ingkang winuwus | radèn ayu lan arya nênggih | gantya apêpasihan | wus angidham wau | sampun jangkêp ing sêmaya | nulya babar kang jabang bayi apêkik | Radèn Usèn kang nama ||
17. nahan ingkang wau sri bopati | ing Palembang kawarnaa Tuban | sumungkêm gama Islame | anging ta batinipun | sakêlangkung sungkêm ing galih | ajrih lair kewala | parentahing ratu | sang prabu ing Majalêngka | angandika sira Sang Dipati Tubi[52] | hèh patih sanak ingwang ||
18. lah warahên sakèh sanak mami | kabèh ika padha sira kona | sapa ora anut mangke | ing Kanjêng Gusti Rasul | apan iya sun supatani | padha ta sumungkêma | dènnya ngangkah guru | maring susunan punika | Ngatasangi[53] sêdaya sumungkê[54] sami | sampun agama Islam ||
19. jêng susunan nênggih Ngatasangin | angandika mring Dipati Tuban | ki jêbèng manira mangke | anjaluk papan ingsun | marang pêkênira puniki | ênggone padhukuhan | sang dipati muwus | inggih ta dhêkah punika | winastanan ing Ampèp[55] puniku nênggih | sampeyan lênggahana ||
20. sampun lênggah ing Ampèl anênggih | kanjêng sunan pan sampun ala |[56] sampun ngadêgkên masjide | ngadêg Jumungahipun | lami-lami jêng sunan nênggih | Ngatasangin ngandika | lah ki jêbèng iku | apa Ki Bayi punika | duwe anak wanodya sira puniki | matur Dipati Tuban ||
21. gih kawula kyai darbe siwi | angandika alon Maulana | nêdha bêbesanan mangke | sêmana sampun rêmbug | nulya ningkah ing masjid nênggih | pan sampun sinêksenan | kêtib modin wau | saide kêkalih ika | wus aningkah sêmana sampun kêpanggih | lawan putri ing Tuban ||
22. lami-lami Sunan Ngatasangin | nulya ingkang putra binoyongan | dhatêng ing Ampèldêntane | sampuning lami wau | jêng susunan ngandika ari | arum wijiling sêbda | nênggih sang awiku | lah ta Adipati
--- [f. 114r] ---
Tuban | apa sira ki jêbèng duwea iki | iya sadulur ika ||
23. Ki Dipati Tuban matur aris | inggih gadhah sadhèrèk punika | amung têtiga kathahe | sami jalu pukulun | apan sampun pêputra sami | Maulana ngandika | alah sapa iku | arane sadulurira | adipati ing Tuban umatur aris | inggih pun Wilatikta ||
24. darbe suta pun Supa kariyin | damêlipun apandhe punika | sadhèrèk kawula malèh | Anila wêstanipun | inggih sampun adarbe siwi | sajuga nakira |[57] apan inggih jalu | awêsta Said punika | damêlipun awon balunthah anênggih | susunan angêndika ||
25. yèn mêngkono anakira iki | ran Ki Supa sira timbalana | isun arsa wruh rupane | sarta aduwe ingsun | karêpira mring anak mami | anulya ingandikan | wau ingkang sunu | nulya dhatêng ing ngarsanya | wau sira Ki Supa sigra wotsari | mangras sukuning rama ||
26. kajêng sunan angandika aris | lah Ki Supa nyawa putraningwang | apa sira bisa gawe | bodhik kêlawan iku | paspunatan[58] puniku nênggih | aturira Ki Supa | yèn ang angsal pangèstu |[59] jêng susunan angêndika | ingsun nyawa angamini sira iki | muga sira bisaa ||
27. ingsun duwe wasiyat puniki | iya saking Kanjêng Rasullulah | sira gawea ta mangke | bodhi[60] karo puniku | pasunatan puniku nênggih | sêmana wus tinampan | aglis nulya mantuk | datan kawarna sêmana | Kyai Supa sampun prapta wisma aglis | sampun sira akarya ||
28. lami-lami sêmana wus dadi | bodhikira lawan pasunatan | anulya dèn aturake | sêmana sampun katur | ing susunan ing Ngatasangin | kalihan sang dipatya | ing Tuban pan sampun | agya wau tinampanan | mring susunan [susu...]
--- [f. 114v] ---
[...nan] pasunatan wau singgih | katur sang adipatya ||
29. angandika kanjeng sunan nênggih | kasisipan sarta ingidonan | kadubang ambange[61] mangke | kadyang[62] kêlat wau |[63] glis ngandika susunan adi | ingsun arani iya | dhapure puniku | iya dhapure sangkelat | iki dudu anggon-anggonan wak mami | iya kang mutêr jagad ||
30. ingkang ngangge puniki ing benjing | ingkang duwe rat Jawa sêdaya | iya ta uwis takdire | ki dipati sirèku | pêkênira anggea iki | anulya sang dipatya | ing Tuban anuwun | atampi dhuwung sêmana | sakêlangkung panuwune sang dipati | dene kapatêdhan jimat |[64]|
31. nulya wau pan pinundhi-pundhi | nahan ingkang wau kawuwusa | nêgari Bêlambangane | kêparag wêlak agung | agêng ingkang punang gêgêring | gêring sore suk pêjah | gêring enjingipun | ing sontên pêjah sêmana | nulya Raja Bêlambangan sangêt brangti | asru rudatinira ||
32. sakêlangkung asangêt prihatin | dene nagrinira langkung rusak | kêparak wêwêlak gêdhe | anulya Sang Aprabu | Bêlambangan sare naritis | alèmèk rodamala | sigra nulya wau | rangkulu banon sarimbag | nulya ana kang syara wau dumêling | kapirsa mring sang nata ||
33. ujaring kang syara kang dumêling | iya sira sang natèng Blambangan | yèn arêp mulyaa mangke | nêgaranira iku | lah juputên wasiyat iki | kang anèng nagri Tuban | rupa kêris iku | kang dhapur sangkelat ika | iya iku upayanên sira kaki | iya samăngsa kêna ||
34. iya lamun kênaa puniki | kang wasiyat iya pêsthi mulya | nêgaranira ing mangke | sigra nulya awungu | animbali wau kang dasih | kang kinèn awotsêkar | angandikan gupuh | kajinêman praptèng ngarsa | atur sêmbah kang dasih kêkalih nuli | sigra tinantun samya ||
35. kajinêman kêkalih wotsari | angandika sira [si...]
--- [f. 115r] ---
[...ra] sri nalendra | hèh sira sun kakongn[65] mangke | marang nêgari iku | iya Tuban araning nagri | iku sira cidraa | wasiyat puniku | ingkang ana nagri Tuban | ika rupa iya ta kêris puniki | iya dhapur sangkelat ||
36. iya besuk miyanga dèn aglis | malêbua dhingin gêdhong ika | iya gêdhong pêtêng kuwe | nulya lumêbêt gupuh | ingkang gêdhong sêmana aglis | kang gêdhong gya binuka | wus kinuci[66] gupuh | angsal tigang wulan ika | laminira datan sinukanan bukti | datan anginum toya ||
37. sampun jangkêp tigang wulan nênggih | linuwaran saking gêdhong ika | anulya lumampah age | datan kawarna ngênu | lampahira prapta ing Tubin | wus wayah sirêp jalma | prapta dalêm agung | wus wikan ing pêrnahira | kang wasiyat Kyai Sangkêlat ing nguni | pinêndhêt gya binêkta ||
38. sampun mantuk kajinêman aglis | datan kandhêg wau lampahira | ing siyang dalu lampahe | datan kawarna ngênu | sampun prapta sirèng nêgari | wus tumamèng jro pura | sampun katur wau | dhatêng sri bopati sigra | Bêlambangan sêmana bungah tan sipi | kajinêman ginanjar ||
39. wus ginajar[67] busana kang adi | atanapi êmas lawan reyal | sarta tinariman age | pawèstri luwih ayu | kajinêman kêkalih sami | sampun samya ginajar | dhatêng sang aprabu | kêlangkung ing tusthanira | sri bopati kang wadya waluya jati | jati têmahan mulya ||
40. sakêlangkung tustha sri bopati | sri nalendra sirèng Bêlambangan | ningali wadyabalane | mulya duk winginipun | ingkang wadya sêdaya sami | mulya kadya duk kina | kang wadya sêdarum | samya egar manahira | para mantri bopati punggawa sami | ngantosi wijilira ||
34. Mijil[68]
1. nahan ingkang kawarnaa malih | wau sang lir sinom | kang kocapa Dipati Tubane | arsa wau aniliki nênggih | bêbarkatan uni | saking Kanjêng Rasul ||
2. wus binuka kêndhaga rinukmi [rinu...]
--- [f. 115v] ---
[...kmi] | wasirat[69] tan katon | sarêng ambuka sêdaya mangke | ingkang wasiyat datan kaèksi | gêgêtun tan sipi | wau sang aprabu ||
3. kang wasiyat musna tan kaèksi | ilang tanpa ngraos | datan ana ika babahane | nora mênga lawange anênggih | nulya atur uning | wau mring sang wiku ||
4. sang dipati ing Tuban sira gli[70] | dhumatêng sang katong | kajeng[71] sunan ing pêngêndikane | lah kapriye karsane Ki Bayi | sang dipati angling | sakarsa pukulun ||
5. angandika jeng susunan aris | lah kapriye kang wong | karêpira ki jêbèng ta mangke | sapa ingkang pêryoga ngulati | wasiyating nabi | marang sira iku ||
6. iku nora nana ingkang uning | sakèhing punang wong | nora wêruh iku ing rupane | sang dipati pan umatur ari[72] | inggih sang aogi[73] | paran karsa ulun ||
7. pan sumăngga karsane sang yogi | putranta anom |[74] iya nora nana prayogane | sun wêtara wong sabumi iki | liya iku uni | Ki Sipa[75] rumuhun ||
8. ingkang gawe waune puniki | timbalana kang wong | pan Ki Supa dhatêng ing ngarsane | ing ngajêngan dhinawuhan aglis | parentahe uni | iya sang awiku ||
9. sira golèkana iku kaki | wasiyating katong | iku jaba liya ing dhèwèke | norana iku kang udani |[76] amung sira kaki | ingkang wruha iku ||
10. nora nana kapêryoga kaki | yèn dede sang anom | lawan iku iya kang agawe | iya ingkang golèkana kaki | nulya ngandika ris | sang dipati sunu ||
11. iya kulup Supa anak mami | sok uga sang anom | mung angsala pangèstune anggèr | angandika jeng susunan aris | iya sun amini | Supa putuningsun ||
12. nulya matur Ki Supa ngabêkti | ngandika sang anom | katêmua wasiyate radèn | pênthi[77] sira sun ganjar nêgari | arane ku ugi | iya ing Sêdayu ||
13. jeng susunan angandika malih | iya putuningong | lah Ki Supa sun tuturi mangke | ingsun tuduh marang sira kaki | lumakua kaki | ngidul ngetan iku ||
14. nulya mangkat Ki Supa sira glis | lampahe sang ano[78] | ngidul ngetan kawarna lampahe [lampah...]
--- [f. 116r] ---
[...e] | sampun prapta wau têpis wiring | nênggih kang nêgari | Bêlambangan wau ||
15. nulya takèn Ki Sup[79] sira glis |[80] Ki Supa sang ano | sanak desa ngêndi ing arane | anauri kang tinanyaa aris |[81] gih desa puniki | Gathak wêtanipun[82] ||
16. bêbêkêle wêstane puniki | Ki Kincang punang wong | Kyai Supa lumêbêt sira ge | ing griyane Ki Kincang puniki | tata dènnya linggih | wau sang abagus ||
17. Kyai Kincang atakèn sira ris | gih pundi sang ano | tiyang saking ing pundi nah anggèr | Kyai Supa saurira aris | inggih tanpa wèsmi | boya darbe dunung ||
18. kula iki arsa madukardi | ambêburuh ingong | arsa madukarya sun ing kene | anauri Ki Kincang pan inggih | kyai panêd[83] ugi | ing ngriki sang bagus ||
19. inggih desa ing Gathak puniki | nuju panèn mangko | nulya Supa nêdha gêgrangane | pan kinarya nêngguh ani-ani | sêmana wus dadi | nulya dipun tuku ||
20. dipun tumbas ani-ani sami | dhatêng kang punang wong | wus ingangge kang ani-anine | ingkang ngangge kapêrang tumuli | lajêng angêmasi | anulya misuwur ||
21. yèn Ki Kincang têtamuan iki | apandhe punang wong | luwih ampuh ya gêgaweane | Kyai Kincang lajêng nyambat nênggih | lami-lami uni | Ki Supa amuwus ||
22. mring Ki Kincang atêtanya aris | adhi ta punang wong | dika napa ta boya aduwe | pêrsanakan kang cêlak nêgari | yèn awèta ugi | ingsun anèng gunung ||
23. datan wontên pagunungan iki | boya wontên kang wong | datan ana ing kawêkasane | olèh ingsun anambut kardi |[84] Ki Kincang nauri | gih darbe rumuwun ||
24. Kêpandhean griyane ing pinggir | cêlak kutha kang wong | nulya dhatêng ing marga lampahe | sampun prapta ing pinggir nêgari | Kêpandhean nênggih | samya pandhe sampun ||
25. lami-lami kapêdhake nênggih | ki patih punang wong | Bêlambangan dhumatêng desane | dandakakên puniku anênggih | pangot pan kêkalih | sakêmbaran iku ||
26. mring Ki Nêrang puniku anênggih | kinon kang punang wong | dhêdhayohe wau
--- [f. 116v] ---
ta kang kinèn | andamêlna pangot sun puniki | sêmana wus dadi | sakêmbaran bagus ||
27. bagun[85] warnine pangot kêkalih | sinungkên kang akon | lah anêdha puniki dadine | ingkang akèn sampun anampani | pangot dèn tingali | wus binêkta mantuk ||
28. lajêng sohan dhatêng kyai patih | wau kang punang wong | kyana patih alon andikane | lah ta bocah pangotmu puniki | gêgawean ngêndi | sapa pandhenipun ||
29. iya sapa arane kang pandhi | dene bêcik kang wong | inggih damêlane dhêdhayohe | inggih rencang kawula ta gusti | samya pandhe nênggih | inggih damêlipun ||
30. ingsun pundhut pangotira iki | ingsun rêna anon | ing Blambangan iya iku mangke | nora nana kaya pangot iki | warnane abêcik | iya pangot iku ||
31. lajêng sinimpênan ngepok nênggih | pinêndhêt putra nom | pan dinamêl cêcukil lêmahe | dangu-dangu kapêrang putrèki | sêmana ngêmasi | wau ingkang sunu ||
32. kyana patih angandika aris | mring kapêdhaknyang[86] wong | sira timbalana ingkang gawe | iya pangotira iku dhingin | nulya dèn timbali | ingkang pandhe sampun ||
33. ingkang pandhe pangot nulya prapti | ing ngarsa sang anom | kyana pati alon andikane | iya pêkênira paman iki | ingkang gawe ugi | iya pangot ingsun ||
34. iya pangot sakêmbaran iki | iku paman kang wong | anak ingsun mati kapêrange | dening pangot sakêmbaran iki | sapa gawe iki | Ki Supa umatur ||
35. inggih kula botên sagêd ugi | gawe patining wong | angêndika rêkyana patihe | iya bênêr pêkênira ugi | paman rika uni | mêngko ingsun tantun ||
36. pêkênira mondhoka ing ngriki | Kêpatihan kang wong | lawan ingsun gawèkêna mangke | tawok ingkang ampuh-ampuh sami | sandika turnèki | nulya damêl gupuh ||
37. wus adamêl tawok nulya dadi | wus katur kang akon | dhatêng wau rêkyana patihe | gya jinajal wau sira agli[87] | dhatêng banthèng nuli | pêjah basah ajur ||
38. katur wau dhatêng kyai patih | banthèng pêjah amoh |
--- [f. 117r] ---
glis ngandika rêkyana patihe | iya paman manira puniki | gawèkêna maning | kêmbaran ta bagus ||
39. ingkang ampuh-ampuh kaya iki | paman karêp ingong | apan arsa ingsun saosake | tumbak ingkang ampuh kaya iki | nulya wau kardi | tumbak dhapuripun ||
40. biring lanang dhapure anênggih | langkung dènnya kaot | anglangkungi punika baguse | sampun katur dhatêng kyai patih | arsa seba nênggih | mring sang raja dadu ||
41. angandikan ki patih mring aji | ki patih sira lon | gya lumêbêt ki patih sira ge | angandika wau sri bopati | nulya awotsari | tumamèng ing ngayun ||
42. sri nalendra angandika aris | mring kang punang wong |[88] ingsun patih angrungu wartane | anak pêkênira dhingin mati | kapêrang kang wêr[89] |[90] apa nyata iku ||
43. kyana patih umatur wotsari | inggih sang akatong | apan yêktos aturipun anggèr | angandika wau sri bopati | lah iku apatih | têka ngêndi mau ||
44. kyai patih matur awotsari | inggih kang punang wong | abdi dalêm puniku tamtune | sami abdi dalêm pandhe gusti | mangke mondhok nênggih | wismane pangindhung ||
45. yèn mêngkono sira ta apatih | iya kang punang wong | sira dandakna ta dèn akèh |[91] gêgamanira kang bêcik-bêcik | umatur ki patih | inggih gusti sampun ||
46. kula akèn damêl waos gusti | dhapure kinaot | inggih biring lanangan wêstane | kalih berang punika satunggil | ngandika sang aji | êndi rupanipun ||
47. nulya katur wau mring sang aji | waos berang karo | sang aprabu alon andikane | ing Blambangan ta puniki singgih | tan ana madhani | iya warnanipun ||
48. lawas ingsun ya urip puniki | Bêlambangan kang wong | durung tumon tumbak ya mêngkene | atanapi berange puniki | lawas sun aurip | ingsun durung dulu ||
49. iya patih gêgaman puniki | jajalêna [jajalê...]
--- [f. 117v] ---
[...na] mangko | mring mênyawak iya ika age | kang mênyawak jinajal tumuli | mênyawak wus mati | egal basah ajur ||
50. angandika wau sri bopati | Bêlambangan kao[92] | dhatêng wau rêkyana patihe | ya tarinên si pandhe ta iki | apa bisa kardi | ya si pandhe iku ||
51. iya apa bisa gawe kêris | kêkêmbaran mangko | mring wasiyat ingsun ta ya kiye | Kya Sangkêlat ta mangke puniki | lah tarinên patih | mênèk bisa iku ||
52. sigra nulya tinari sira gli[93] | wau kang punang wong | kyai pandhe asagah ature | gih munjuka marang sri bopati | kyana patih aglis | sigra nulya matur ||
53. sampun katur saature nênggih | katur sang akatong | langkung bêgja sampeyan nah anggèr | sapunika ature kang abdi | nulya ngandika ris | wau sang aprabu ||
54. nulya kinon wau mêndhêt agli | wau kang punang wong | ki wasiyat pundhutên dèn age | sampun katur ing ngarsa sang aji | ki wasiyat nênggih | ngandika sang prabu ||
55. alah iki ki wasiyat nênggih | wènèhêna kang wong | si apandhe yèn wus wikan mangke | iya nuli gawanên abali | aja suwe patih | yèn ta uwis wêruh ||
56. nulya pinatêdhakakên aglis | ki wasiyat alon | gya tinampan ing wau sira ge | Kyai Supa tan kilap ing warni | gya tinarik aglis | Ki Sangkêlat gupuh ||
57. gya tinari[94] Kya Sangkêlat agli | mring Ki Supa alon | sampun wikan Ki Supa warnane | srêping manah pan saya prihatin | gya pinudhut aglis | ki wasiyat wau ||
58. wus tinampa marang kyai patih | ki pandhe nulya lon | gadhah atur maring kyai patèh | botên sagêd nênggih awak mami | adamêl puniki | gih kêmbaranipun ||
59. inggih kyai wasiyat puniki | yèn botên katongton | inggih rintên lawan ing dalune | gih kawula tan sagêda ugi | yèn nelada nêngih[95] | ki wasiyat wau ||
60. atur kula aturêna malih | maring sang akatong | lamun èstu karsane nah anggèr | kula nuhun maring sri bopati | panggenan akardi | ingkang lindhuk-lindhuk ||
61. ingkang kiwa puniku anênggih | kang norana [no...]
--- [f. 118r] ---
[...rana] uwong | dèn pêpajanga puniku mangke | ki wasiyat tan kêna ginampil | sêsajène nênggih | ingkang pêpak iku ||
62. kyai patih wus lumêbêt aglis | lajêng awotsinom | sigra matur wau mring sang rajèng | sampun katur saature nênggih | mring sri narapati | wau aturipun ||
63. tinarima ature anênggih | kya patih mring katong | angandika wau ta sang rajèng | iya paran karêpira patih | yèn mêngkono ugi | iya ingsun turut ||
64. kyana patih kondur saking ngarsi | miyos srimêngantos | apan nulya tinêdhakkên age | Kya Sangkêlat wau sira nuli | Ki Supa nampèni | Ki Sangkêlat sampun ||
65. sigra damêl pêrapèn sira glis | srimêngantos kang wong | dipun kêkabong sira age |[96] sabatipun kêkalih winarni | Ki Kincang sawiji | lan Ki Nêrang iku ||
66. samya wontên sajawine nênggih | kêkabong di kaot | sajènipun ing jawi kobonge | pêpak kabèh sajèn warni-warni | anèng jawi nênggih | sabat kalih wau ||
67. sigra damêl pan dhuwung kêkalih | sami dhapur kao | sami sangkêlat ika dhapure | Kya Sangkêlat pan dipun sangkêlit | nênggih anèng gigir | sinasaban kadut ||
68. duk sêmana nênggih sampun dadi | pinriksa sang katong | dhatêng kyai pati sira age[97] | paman pandhe apa uwis dadi | kagungan narpati | wasiyat puniku ||
69. kang damêlkên kêkêmbaran nênggih | umatur wus dados | nulya dipun panjingakên age | ing warăngka wau sami nênggih | lêligan satunggil | sami warnanipun ||
70. sampun dipun aturkên tumuli | marang sang akatong | nulya dipun sami ing ing warnane |[98] angandika alon sri bopati | hèh patih kang êndi | iya duwèk ingsun ||
71. alah ingkang agawe puniki | timbalana kang wong | gya ngandikan wau kyai pandhe | sampun prapta ing ngarsa narpati | sri bopati angling | êndi duwèk [du...]
--- [f. 118v] ---
[...wèk] ingsun ||
72. ingkang anyar lawan ingkang lami | ya wus padha mangko | Kyai Supa gih alon ature | pan kaasta kang têngên ta gusti | suka sri bopati | galihe lir pucung ||
35. Pocung[99][100]
1. angandika alon wau sang aprabu | lah patih ta iya | ingsun aduwe punang wong | anakira iku sun karya ganjaran ||
2. iya ingsun aduwe punagi iku | samangsane iya | bisa agawe punang wong | kakêmbaran iya kiyai barêkat ||
3. luwarana iya patih ujar ingsun | sun trimani ika | anak kaponakan ingong | lah ki pandhe iya wis padha muliha ||
4. sira têmokêna patih pandhe iku | kêlawan nakira | nulya mantuk kang punang wong | wus pinanggih wau kêlawan kang putra ||
5. lami-lami [la...]
--- [f. 119r] ---
[...mi-lami] sang putri awawrat sampun | kêlawan Kiyai Supa |[101] tigang sasi laminya wong | nanging kyai wasiyat kala sêmana ||
6. salamine dènira akrama wau | dèn upêtakên[102] ta iya |[103] satêngahing kali mangko | dèn tindhihi nênggih ing sela sêmana ||
7. lami-lami emut yèn kala ingutu[104] | dhatêng kanjeng sunan | ing Ngatasangin kinaot | akalihan ki adipati ing Tuban ||
8. Kyai Supa sêmana pêrtela sampun | dhatêng ingkang garwa | pratelanipun punang wong | Kyai Supa dhatêng ingkang rayi ika ||
9. raden ayu aja dadi susahêmu | iya ati pêkênira |[105] iku mangke karsaningong | aku iki arêp mulih marang Tuban ||
10. arêp mulih iya mring nêgaraningsun | iya nêgara ing Tuban |[106] kang rayi sumungkêm pangkon | pêjah gêsang kawula arsa tumuta ||
11. apan inggih kiyai kawula tumut | anulya wicantên ika |[107] Kyai Supa angling alon | raden ayu yèn sira nurut maringwang ||
12. iya iku aja[108] sira milu mringsun | apan nulya winêjangan |[109] kang rayi umatur alo[110] | apêrkara yayi mas wêtênganira ||
13. iya ku yèn alair lanang besuk |[111] aranana ika | iya Ki Sura nak ingong | yèn alair wadon iya karsanira ||
14. lamun wadon iya ing titipan ingsun | pêthik siji ika | lan cêcalon ingkang kaot | têdhakêna marang sabat ingsun iya ||
15. sabat isun Ki Kincang Ki Nêrang iku | sigra nulya mangkat | wus mêdal wau punang wong | prapta kali wus mêndhêt kyai wasiyat ||
16. ingkang wontên ing lèpèn ingambil sampun | nulya apamitan | lampahira sang lir sinom | wus lumampah wau ingkang kawarnaa ||
17. kang kocapa kajeng susunan karuhun | angandika ika | wau dhatêng sang akaot | ki dipati ing Tuban paran karsanya ||
18. lah ki jêbèng [jê...]
--- [f. 119v] ---
[...bèng] kaya priye kêrsaningsun | anak pêkênira | Ki Supa kang sira kongko[112] | têkèng êndon lawas-lawas nora prapta ||
19. sampun lawas têlung taun punjul iku | Adipati Tuban | lawan sira sang di kaot | gih kawula kiyai datan anduga ||
20. botên dugi Ki Supa ing lampahipun | nênggih sampun lama | tan wontên wartane kang wong | kajeng sunan alon dènira ngandika ||
21. yèn ta para nora kadugaa iku | ingsun lungaa iya |[113] atirakat andon kang wong | lah karia ki jêbèng têngga nêgara ||
22. sampun mangkat Maulana lampahipun | tan kawarna marga | lampahe sang adi kaot | wus dumugi têpis wiringing nêgara ||
23. Bêlambangan sêmana pan sampun rawuh | kèndêl wontên wona | cêrabakan adi kaot | kang atapa pandhita sampun ulama ||
24. asêsèndhèn ing tunggak jati puniku | angsal kawan dasa | dina wau sang kinao | nuju dintên Anggara Kasih sêmana ||
25. nahan ingkang wontên ing tunggak puniku | ingkang kawuwusa | Bêlambangan satu kaot | sakesahe wau ki pandhe sêmana ||
26. Kyai Supa ingkang ambêkta puniku | inggih kya wasiyat | nagri Bêlambangan kang wong | pan kêparak wêwêlak agêng sêmana ||
27. panas sangêt alah duk kariyin iku | gêgêring kaliwat | padha rusak kabèh kang wong | anêrajang salêbêting ing kêdhatyan ||
28. sang aputri klangkung sangêt gêrahipun | dene gêrahe punika |[114] pêjah gêsang botên kang wong | Sri Nalendra Bêlambangan sangêt brăngta ||
29. apan sangêt ing susahe galihipun | apan wus akathah | dhêdhukunipun sang anom | nora nana iya ingkang marasêna ||
30. apadene ajar para tabid sampun | nora nana iya | marasna sang liring sino[115] | nulya alon ngandika wau sang
--- [f. 120r] ---
nata ||
31. alah patih sira undhangêna iku | ya ing jaba ika | lamuna bisa kang wong |[116] marasêna gêrahe ya putraningwang ||
32. apan ingsun aduwe punagi iku | ya punaginingwang | sapa marasêna kang wong | ingsun ganjar iya nêgara sasigar ||
33. kyai patih sêmana pan sampun mêtu | sirèng pagêlaran | wus undhang patih kèh wong |[117] pan agêdhe ganjarane sri nalendra ||
34. bocah ingsun gandhèk undhangêna iku | sapa kang sanggupa | marasêna putraningong | jaba kono sapa ingkang sumanggupa ||
35. marasêna marang anak ingsun iku | nini putri iya | larane basah putrangong | yèn wus waras sun tarimakakên iya ||
36. lan ingsun ganjar nêgara ta iku |[118] iya Bêlambangan | nêgara sasigar kang wong | nulya bubar sagung ingkang wadyabala ||
37. sêkathahe wong gandhèk sêdaya sampun | wus mijil sing pura | ngulari dhêdhukun kaot | atanapi rêkyana patih sêmana ||
38. nahan ingkang kocapa wau sang wiku | kang sêsèndhèn ika | ing tunggak jati sang kaot | jeng susunan ing Atasangin punika ||
39. arsa têdhak dhatêng têpis wiringipun | kitha Bêlambangan | kêdhatêngan pêdhut kang wong | ingkang angin kêlangkung ing agêngira ||
40. dene pêtêng angin pêdhut awor iku | dangu-dangu iya | ulêr ijo prapta kaot | angadhangi wontên ngarsane susunan ||
41. angandika apa iki dene agung | gêdhene sakêndhang | iki gêgilani kang wong | anèng ngarsanira wau Maulana ||
42. sigra dipun êcis wau ulêr agung | nulya padhang iya | pêpêdhut sirna sirang wong | nula[119] padhang sêmana sampun uninga ||
43. gya lumampah dhatêng têpis wiringipun | kitha Bêlambangan | datan dangu wontên kang wong | cêluk-cêluk sarwi anututi nglampah ||
44. panyêluke basane kiyai iku | gih ingkang lumampah | andika kèndêl sang kaot | gih sakêdhap kawula angèstupada ||
45. inggih [ing...]
--- [f. 120v] ---
[...gih] kula arsa malêsa pukulun | kapênêdan dika | dhatêng kawula sang kao | angêbêkti dhatêng gusti ing sampeyan ||
46. jeng susunan nulya kèndêl wau sampun | angling ing wardaya | iya ika ana uwong | ana apa ya angandhêg lakuningwang ||
47. uwong apa angandhêg ing lakuningsun | nulya atur sêmbah | dhumatêng sang adi kaot | gih kawula arsa manuta ing tuwan ||
48. kaya ngapa sira atut wuri mring su[120] | alon aturira | kawula inggih sang kaot | yèn sampeyan tan uninga ing kawula ||
49. milanipun kawula manut sang ulun | cintraka kawula | inggih gusti sang akaot | milanipun kawula anut ing tuwan ||
50. kaya ngapa sira[121] ngabêkti maring sun | alon aturira | inggih kawula sang kaot | mulanipun kawula bêkti ing tuwan ||
51. gih kawula kêdadosan ulêr wau | sampeyan kang ngruwat | dhatêng kawula sang kaot | milanipun kawula anut sampeyan ||
52. iya apa mulane sira puniku | ya salyah[122] kêdadyan | mula kawula sang kaot | inggih salah kêdadyan kawula ika ||
53. waunipun kawula pandhita punjul | saking ajar-ajar | manguyu sakèh punang wong | botê[123] wontên kang ngungkuli mring kula |[124]|
54. gih kawula ingkang asih ing doyèku[125] | ing mangke punika | asalah kêdadèn kang wong | gih kawula ngunjukakên pêjah gêsang ||
55. Maulana wau angandika arum | ya ta donya ika | ngrêngridhu[126] lampahe kang wong | iya iku donya ratuning dubriksa[127] ||
56. nulya sujud wau dhatêng sang awiku | tan kuwasa kula | gadhah pêjah gêsang kang wong | gih sampeyan ingkang gadhah pêjah gêsang ||
57. karanira iya ing urip puniku | ayya salah karya | nganggea pêsthine kang wong | ayya ngandêlakên agêng inggilira ||
58. iki jêmbar luwih bumi langit iku | lan iya mung ika | pêngandêle kang punang wong | gunung agung ngandêlakên gêdhenira ||
59. gya sumungkêm ing
--- [f. 121r] ---
padanira puniku | jêng sunan ngandika | kayapriye karêpnyang[128] wong | kajêng kula inggih gêguru sampeyan ||
60. hèh bok sira nora dhêmên maring ingsun | inggih tuhu kula | dhatêng sampeyan sang kao | têkèng akir dêlahan ngabdi ing tuwan ||
61. jêng susunan wau angandika arum | yèn ta tuhu sira | têmên-têmên maring ingong | ingsun alihakên aran iya sira ||
62. sun arani Ki Sek Mêjagung puniku | inggih anut tuwan | mring sêbda tuwan mring katong | gih kapundhi-pundhi ingkang pangandika ||
63. gya lumampah dhatêng pinggir kutha sampun | kutha Bêlambangan | kapêthuk wau punang wong | dhatêng ingka[129] priyayi gandhèking nata ||
64. kyai gandhèk alon dènira amuwus | lah druwis mandhêga | manira têtakon myang wong | dika pundi kiyai umah andika ||
65. anauri Maulana anêbda rum | pan reyang punika | santri arêp ngêmis kang wong | amusapir iya dhatêng ing nêgara ||
66. lah andika pêryayi pundi ing pungkur | alon saurira | manira pan mantri anom | gandhèkipun Sri Nalendra Bêlambangan ||
67. ngundhangakên pangandikane sang prabu | dhatêng wadyabala | agêng alit lanang wadon | pan sakèhe sapa sanggup marasêna ||
68. sapa sanggup marasêna putra iku | sakite punika | barah basah langkung kaot | lamun waras sang putri dadi ganjaran ||
69. tinarimakakên sang putri puniku | lan asrah nêgara | Bêlambangan iku mangko | apan iya ganjaran nagri sasigar ||
70. lan umaha saloring pasar puniku | anamaa ika | adipati anom kao | jêngandika kiyai napa sagêda ||
71. nambanana sakite sang putri ayu | kula bêkta seba | dhumatêng sang prabu kaot | angandika kyai santri boya bisa ||
72. boya sagêd manira luwih sang prabu | bêgjane kang lara | bêgjane sang prabu kaot | gih manira dede [de...]
--- [f. 121v] ---
[...de] dhêdhukun utama ||
73. yèn mêkatên jêngandika ta puniku | kula bêkta seba | dhatêng kajêng prabu kaot | pri[130] nalendra langkung wagugên kang putra ||
74. nulya dhatêng priyayi gandhèk puniku | nulya awotsêkar | umatur sang prabu kaot | gih sampeyan dikakkên pados punika ||
75. angulari usadane sang rêtna yu | gih angsal punika | nging dede dhêdhukun kaot | unjukipun langkung bêgja sri nalendra ||
76. sang aputri langkung bêgja sang aprabu | ngandika sang nata | iya timbalana kang wong | tinimbalan sampun prapta anèng ngarsa ||
77. apa sira paman kang sumanggup iku | iya warasêna | iya iku anak ingong | unjukipun langkung bêgja sri nalendra ||
78. sang aputri bêgja dalêm sang aprabu | iya age ika | tambanana putraningo[131] | gya sinêmbur nulya waluya sêkala ||
79. sang aputri sakêdhap pan waras sampun | sagung para garwa | kêlangkung suka punang wong | sri nalendra langkung suka ing wardaya ||
80. iya patih luwarana ujar ingsun | punagi manira | sira panggihêna kang wong | Bêlambangan iya sasigar punika ||
81. nulya ningkah sang putri lawan sang wiku | sarta wus ginanjar | nêgara wau punang wong | angandika wau sira si narendra ||
82. lah apatih anak ingsun ta puniku | sun têdhani aran | jumênênga Prabu Ane[132] |[133] ya omaha saloring pasar punika ||
83. ngandika rum Kyai Maulana iku | yèn kenginga ika | kula nênêdha sang katong | kula griya kilèn ngalun-alun ika ||
84. nulya katur wau dhatêng sang aprabu | sri nalendra ika | anglilani putra katong | kinèn griya kilèn ngalun-alun ika ||
85. nulya ngadêgakên wau masjid agung | sarupane ika | kang milu Sang Prabu Anom | Bêlambangan nêgara ingkang sasigar ||
86. sami têluk wau kang milu sang prabu | sasigar nêgara | samya suka kang punang wong | wus sumurup kang gama Islam kasmaran ||
--- [f. 122r] ---
36. Asmaradana[134]
1. kasmaran sang putri singgih | kang raka sampun utama | rabine Mulana kao | kêlangkung bêktining priya | aran Dèwi Sujinah | iku prayoga tiniru | kathah kasmaran miyarsa ||
2. pawohane dèn isèni | saandhaping pamucangan | isine kathah warnane | ganthi mêsayi[135] majakan | cêngkèh pala katumbar | mrica sunthi lan kumukus | maksih kathah yèn winarna ||
3. iku yèn norana jalmi | gya inguntut wêtaranya | amêsthi nikmat kakunge | yèn kala sêne winarna | muni lir gambang găngsa | muni camêngkling yèn ngêntut | lir suling pinatut barang ||
4. aja kaya bajon[136] kêtib | jamu sapisan sêpasar | dèn wruhakên bêbojone | pamrihe dèn dhaharana | uyuhe lir padasan | lir tambur kêndho tutipun | nora mirib sang kusuma ||
5. marmane èstri alaki | arsa kêcangking ing priya | aja ngamung donya bae | dèn têka donya ngakerat | tan arsa malecaa | kêrantêne milih kakung | laki ngamungna sapisan ||
6. kang èstri amuwus aris | atakèn sajro paprêman | andika rabi maringong | kawula kinarya paran | dika aku punapa | yèn patêmon karon lulu[137] | pundi gène pêpanggihan ||
7. pêrtandhane yèn pêpanggih | punapa dinulu tuwan | yèn sampeyan asta mangke | kawula andika wêjang | kawula dèrèng wikan | sampeyan pan tuta ingsun | kêdah tumut kang sampuna ||
8. mojar Sunan Ngatasangin | kang sun tuku ananira | sihira sun cêkêl mangke | datira sun dulu ika | lan sipate kang mulya | sukmane sun aras iku | kêpanggih ing rahmatolah ||
9. ingsun gawe sira nini | kênyataa[138] rasamulya | lawan ingsun angkuh mangke | wêdaling pasihan olah | punapa karsanira | puniku pêmanggih ingsun | iku jatining akrama ||
10. kang èstri umatur malih | wontên [wo...]
--- [f. 122v] ---
[...ntên] malih atur kula | sampun salah tapa[139] mangke | kawula tanya andika | kula yèn pulang krama | yèn sampeyan pulang lulut | milane têka asiram ||
11. punapa kawula najis | andika sirami ika | paran najis ingsun mangke | manira pêrlu dinusan | mapan kang wujud tunggal | alumuh ing jiwaningsu[140] | asiram lawan andika ||
12. lan paran jinabad iki | pira kèhe mukaranah | gênêpe kathahe mangke | kawula andika wêjang | pêrnahe kang jinabad | kadipundi têgêsipun | Maulana angandika ||
13. karane sun adus iki | ngistokkên turuning johar | cahya nurbuwat arane | banyu urip pinangkanya | tiba ing bumi rahmat | iku ta yayi kang pêrlu | milane yayi dinusan ||
14. kang milu dinusan yayi | sipatollah ing mulya |[141] anyatakakên êdate | lan sipat patang pêrkara | kêlawan wujud tunggal | tan roro wujude iku | amung kang jati wisesa ||
15. sang dèwi umatur ari | inggih lêrês wêjang tuwan | amung tuwan guruningong | kawula inggih têtanya | pêrnatane asalat | mila kawula umatur | sampurnane kadi tuwan ||
16. Maulana ngandika ris | yayi pêrnataning salat | limang pêrkara kathahe | dhingin sêjatining niyat | angadêg lawan lênggah | arukuk kêlawan sujud | alênggah lawan sampurna ||
17. alon ature kang rayi | pundi sêjatining niyat | Maulana lon wuwuse | yayi sêjatining niyat | langgêng muhambar ing rat | Dèwi Sujinah umatur | têgêse ngadêg punapa ||
18. angadêg angsaling api | dudu api kêna pêjah | dudu api kang ginawe | dudu api kêna rusak | dudu api nêraka | dudu kali watu |[142] dudu api saking wêrksa ||
19. dudu api owah gingsir | du api saking kawah |[143] dudu api wong apandhe | dudu api wong angagar | dudu api wong adang | dudu api mati
--- [f. 123r] ---
murub | dudu api adhêm panas ||
20. dudu api anggêsêngi | dudu apining kêmasan | dudu api tasik mangke | dudu api saking lêmah | dudu api mujijat | sêjatining api iku | ansara[144] alip kang mulya ||
21. ya alip têgêsing urip | uripe tan kêna pêjah | iku cahya sêjatine | kang padha aran sirolah | iku pêmêjang ingwang | kang garwa nungkêmi suku | alêrês gusti sampeyan ||
22. wontên atur kula malih | têgêse rukuk punika | Maulana lon wuwuse | manira yayi miyarsa | têgêse rukuk iya | amung garwaningsun masku | prayoga ingsun wêjanga ||
23. kang rukuk angsaling angin | dudu angin kêna pêjah | dudu angin pêgat mangko | dudu angin rusak owah | dudu angin angêrbah | dudu angin barat lesus | pan dudu angin prahara ||
24. dudu angin saking bumi | dudu angin saking ngandhap | dudu angin ing wiyate | du angin êlèr kilyan |[145] kidu[146] wetan mujijat | dudu angin suda surud | dudu angin pacawura ||
25. dudu angin angatisi | dudu angin salah măngsa | du angin saking êrong |[147] dudu angin gêgawean | dudu angin mujijat | dudu angin saking watu | dudu angin ing lautan ||
26. dudu angin panas pêrih | dudu angin saking arga | dudu angin ngêrbah kayon | dudu angin samirana | jatine angin mulya | nora kandhêg siyang dalu | yèn owah rusak jagadnya ||
27. ingkang miji rina wêngi | iku angin kang sampurna | lir toya mili lampahe | nora pêgat sanalika | jatine iku napas | iya iku sukma agung | ingkang amisesa jagad ||
28. iku têtalining urip | anênggih kawan pêrkara | napas kang rumiyin mangke | ampas kaping kalihira | kaping tiga tanapas | kaping sêkawane nupus | kang anèng kêkêtêgira ||
29. ampas kang mêdal ing kuping | kang mêdal ing irung ika | tanapas [tanapa...]
--- [f. 123v] ---
[...s] iku arane | ingkang abang iya ika | tanapas araneka | ingkang putih iku nupus | ingkang ijo iku napas ||
30. pujining napas puniki | nganhu rabbani ta ika | ilalah ika pujine | haillaha illalah |[148] anênggih pujinira | anênggih pujine nupus | ya hu ingkang sampurna |[149]|
31. kaya ngapa rèhne yayi | iku pêmanggih manira | sang rêtna dèwi ature | inggih lêrês guru aba[150] | wontên atur kawula | ingkang mêjang angsal sujud | Maulana angmandika[151] ||
32. kang sujud angsling warih |[152] dudu banyu agung asat | pan dudu banyu ginawe | pan dudu banyu sêgara | dudu banyu deresan | dudu rawa lawan sumur | pan dudu banyu udalan ||
33. dudu banyu lêgi pait | dudu wowohan deresan | pan dudu banyu ginawe | pan dudu banyu dan ika | pan dudu banyu mujijat |[153] pan dudu banyu puniku | lah ta paran karsanira ||
34. dudu banyu owah gingsir | dudu banyu kêna rusak | sêjatining banyu mangke | nênggih banyu birubiyah | têgêse iya nyawa | nora buthêk datan surud | datan kêna owah samar ||
35. sêjatine warih nênggih | kawan pêrkara punika | mani kang rumiyin mangke | manikêm ping kalihira | anênggih kaping tiga | iya mani aranipun | maniyah kaping sêkawan ||
36. paran karsanira yayi | yaiku pamêjang ingwang | sang dèwi ika ature | inggih lêrês gusti ămba | saking pamêjang tuwan | kadipundi ingkang lungguh | Maulana angandika ||
--- [f. 124r] ---
37. alungguh angsaling bumi | dudum[154] bumi kêna rusak | dudu bumi kang ginawe | dudu bumi kêna gêmpal | dudu padhas kêrakal | dudu bumi warna gunung | dudu bumi jugrug rungkad ||
38. dudu bumi lêmpung wêdhi | dudu bumi têgal sawah | dudu bumi sangar aèng | dudu bumi amujijat | dudu kang dadi bata | dudu bumi irêng iku | dudu bumi abang ika ||
39. dudu bumi owah gingsir | dudu bumi guwa jurang | dudu bumi lêbak lêgok | dudu bumi saking wana | dudu bumi kang rêngka | dudu bumi pandhe iku | dudu bumi jogan latar ||
40. yayi manira amanggih | jatining bumi punika | jisim nakirah wêstane | ingkang mêngku nyawa sukma | ingkang jatining jagad | iya iku bumi luhung | kang amrat syarga naraka ||
41. paran karsanira yayi | iku pamêjang manira | kang garwa atur sêmbahe | sarwi anungkêmi pada | alêrês gusti ămba | amung tuwan guruningsun | tuwan donya ing akerat ||
42. kawula pangèstu gusti | ngaturakên pêjah gêsang | nanging gusti guruningong | sinambut Dèwi Sujinah | Maulana ngandika | alon garwane sinambut | liningling sarya winêjang ||
43. yayi murad ingsun malih | sêjatining api iya | ya roh ilapi mangke |[155] ratuning nyawa sêdaya | ingaranan datolah | lagêng[156] lan pamêrtanipun | iku têrsandhaning Allah ||
44. yayi sêjating[157] angin |[158] roh kang ingangkên cahya |[159] ingkang mibuhi anane | kang sinung rasa suh rasa | wênang aran sirolah | milaningsun angsung wibuh | têrsandhaning Rasululah ||
45. sêjatining warih yayi | roh rabbani kêdadyannya | kang agung purbane mangko | rasa kang luwih sampurna | ingkang padhang anggenya | kang murba nugrahan agung | wênang ingaran nurulah ||
46. sêjatining bumi yayi | iya roh rabbani ika | mapan kawibuhan mangke | kalbu mukmin bayatolah | datan pêgat sêdyanya | kang misesa marang ya hu | wênang aran wujudolah ||
47. murade kang angsal bumi | pêsthi uripe nugrahan | lan murade mulih mangke | kang angsal bumi punika | makbal[160] rêke [rê...]
--- [f. 124v] ---
[...ke] imannya | lir kumala cahyanipun | mêdal api putih ika ||
48. kang têtêp tingale singgih | kang angsal angin punika | sadêrah imane mangke | warnane lir marcu ika | kadi wulan cahyanya | mêdal saking ati dadu | punika dipun wêspada ||
49. ingkang angsal saking warih | pêsthi uripe lan iman | ingêpuhan ing margane | ijo warnane punika | kang angsal bumi iya | imane mangke puniku | iya datolah wêstanya ||
50. endah wêrnane nêlahi | lir pandam kurung cahyanya | ing api ika angsale | murade ngapi punika | langgêng tan kêna owah | cahyaning urip puniku | dadi ingaran lautan ||
51. murad angsalipun ngangin | ingadhêp ing sirolah |[161] kadi lintang ing cahyane | gilang-gumilang apadhang | kadi sasi purnama | muradipun ingkang banyu | madhêp maring rasa tunggal ||
52. datan kêna owah gingsir | kang cahya kadi hèrnawa | ingkang angsal ngapi mangke | angaturakê[162] |[163] nur mani ingkang mulya | kang angsal banyu puniku | rohkani kang katur ika ||
53. murade kang angsal bumi | roh rabbani katur ika | wus katur sang ulun mangke | Pangerane wong sajagad | iku pêmanggih ingwang | kang garwa nyungkêmi pupu | asru gèn maos udrasa ||
54. adhuh lakiningsun gusti | kang asih donya ngakerat | ka èstu asih rabine | amung tuwan guru ămba | datan sagêd malêsa | sih kula katur pukulun | abdine sampun sampurna ||
55. kapundhi ing asta kalih | kacancang pucuking rema | gumarit wêrdayaningong | pamêjang sampeyan tuwan | kêlangkung nuhun kula | susunan ngandika arum | mindêla ayya karuna ||
56. ana murad ingsun malih | anênggih patang pêrkara | wujud ingkang nyata mangke | ingkang dhingin gada[164] rupa | kêlawan jantung ika | dadi utêk kaping têlu | kaping sêkawane êdat ||
57. nênggih murade kang angin | anênggih lima wujudnya | asma lan apêngal mangke | jinêm lawan lêlimpa |[165] anênggih kaping lima | i
--- [f. 125r] ---
iya ingaran rêmpêru |[166] punika dununging sukma ||
58. nênggih murade kang warih | pitung pêrkara wujudnya | gêtih sungsum lan otote | karingêt lan pacadriya | galih lawan wasesa | rasa sêkawan puniku | lah ta paran karsanira ||
59. kaworan tingkah puniki | sadating nunggal lan polah | takbir sal ika namane | lan kawruhana denera | tan wruh pagurokêna | iya salating wong luhung | datan kêna tinirua ||
60. aja ningali ing wajib | lampahana dèn rumêngsa | wêktu lêlima kathahe | iku pênggawening Sukma | nyawane Rasululah | iya salat limang wêktu | ika margane sinihan ||
61. asih ing nabi sinêlir | milane kinèn asalat | anglairakên mulyane | panggaotanira ika | wêktu lêlima iya | pamiyarsa lan pandulu | wêktu lahor gènnya nyata ||
62. patang rêkangat puniki | miyarsa kalih pêrkara | lan paningale mangke |[167] anênggih kang wêktu ngasar | patang rêkangat ika | gigir lawan dhadha iku | lambung têngên lawan kiwa ||
63. ping tiga wêktu mahêrib | tigang rêkangat sasalam | ing nabi Allah têdhane | grana kalih lawan muka | wêktu ngisa punika | kawan rêkangate iku | anênggih pupu lan asta ||
64. sariraning nabi singgih | wêktu subuh rong rêkangat | punika kênyataane | kang êroh kêlawan jasad | milane asêmbayang | wêktu lêlima puniku | pêpak kang anèng sarira ||
65. nyatane nabi sinêlir | salat limang wêktu ika | pan rumêksa ing umate | anukma ingkang sarengat | adhêpira tan pêgat | anglampahi limang wêktu | yaiku lampah kang mulya ||
66. lampahe iku ta yayi | iya ing sarengatira | tarengat[168] tarekat mangke | iya sira wus utama | ingsun uwis atega | ing gama Islam puniku | aja ngungkurakên salat ||
37. Pangkur[169]
1. sang prabu ing Bêlambangan | wus pinarak anèng mêndhapa adi | pêpak para garwa sampun [sampu...]
--- [f. 125v] ---
[...n] | miwah kang para putra | angandika alon wau sang aprabu | lah iya sira undanga | anak ingsun ki dipati ||
2. kang kinon sigra wotsêkar | wus lumampah wau sang adipati | wus prapta wau sang wiku | gusti dika ngandika | gya lumampah sira wau sang awiku | wus prapta ya uluk salam | samya wus alinggih kalih ||
3. tan adangu nulya prapta | kang dhêdharan ambêng sumaos ngarsi | bubur winoran puniku | bubuk-bubukan ika | cacèng[170] urèt ula lan bêtatung sampun | lutung lan kêkirik ika | winor lan bubuk puniki ||
4. sri bopati angandika | akingsun[171] dipati padha bukti |[172] Maulana sigra wau | sira amaca donga | sarêng maca sapisan kang bubuk wau | kocak-kocak lir ngintêran | ping kalih ping tiga sami ||
5. kaping sêkawane ika | wus anisih rajêki lawan iki | lan bubukan ala iku | lutung bêtatung ika | wus anisih datan kêna amor iku | wus takdirira Yyang Sukma | kapir lan Islam nisih |[173]|
6. sampun adhahar sêmana | sri bopati lawan sang adipati | ambêng linorodan sampu | Maulana ngandika | dika Islam kiyai andika iku | sri nalendra lon angucap | iya kulup awak mami ||
7. sakathahe wadyaningwang | iya kulup ingsun nora awani | masesa ya kulup ingsun | dene awak manira | ingsun nunut ing karsanira ta iku | Maulana apamitan | wus mantuk wismanira glis ||
8. sapraptaning dalêmira | Maulana pinêthuk ingkang rayi | kang rayi sigra wotsantun | mangusapi suku sang | lami-lami sang putri awawrat sampun | sampun jangkêp pitung wulan | wawrate sang raja putri ||
9. Maulana angêndika | dhatêng sira Ki Sèk Majagung aris | hèh Majagung iya iku | nêgara Bêlambangan | kang sêsigar iki wong ingsun puniku | apa uwis padha Islam | Ki Majagung atur[174] aris ||
10. inggih gusti sampun Islam | abdi dalêm sêdaya agung alit | sawêrninipun pumuyud[175] [pumu...]
--- [f. 126r] ---
[...yud] | inggih agama Islam | Maulana angandika manis arum | dhatêng wau ingkang garwa | sang putri ingarih-arih ||
11. ingsun iki nimas rêtna | karêp ingsun nutugakên wak mami | lah ingsun tirakat mas ku | anadene ta sira | wêkas ingsun maring sira nimas ayu | pêrkara titipan ingwang | wêwêtênganira yayi ||
12. wêkas ingsun maring sira | lamun lanang putranira iku benjing |[176] sira aranana iku | iya Si Giri ika | lamun lair wanodya karêpanamu | angarani putranira | măngsa barong sira yayi ||
13. yèn babar wêtênganira | lamun jalu benjang têtakèn mami | takèn sudarma mring ingsun | lah iya wêcanana | yèn nêgaraningsun ing Ngampèl puniku | iya Ngampèldênta ika | nulya wau sira pamit ||
14. dhatêng rayi nimas rêtna | sang aputri kèndêl tan kêna angling | tigang pandurat tan muwus | agya nungkêmi pada | angêrêpa[177] sang putri ngusapi suku | sarya umatur ing raka | anuhun sapura gusti ||
15. sakathahe sisip kula | jêngandika gusti ngapura ngabdi | kang kawula suwun iku | têkaa ngakir jaman | Ki Mulana sigra mangkat wau sampun | mêdal sajawining kitha | datan kawarna ing margi ||
16. datan kawarna sêmana | lampahira ing Ngampèldênta prapti | nahan ta kang sampun rawuh | Kyai Supa sêmana | lampahira sêmana nênggih lêstantun | saking nagri Bêlambangan | sampun prapta sirèng Tubin ||
17. kyai dipati ing Tuban | wus pinarak kêlawan sang ayogi | Sunan Ngatasangin sampun | Kyai Supa gya prapta | atur sêmbah dhatêng susunan karuhun | atur sêmbah ingkang rama | sang adipati ing Tubin ||
18. Kyai Supa atur sêmbah | ngaturakên wau wasiyat singgih | punika gusti lah katur | inggih kagungan tuwan | ki wasiyat punika katur ing prabu | Kyai Adipati Tuban | alon nampani sira glis ||
19. iya kulup sun tarima | bage sokur sira basuki kaki | susunan ngandika arum | dhatêng sang adipatya | hèh ki jêbèng dhingin pêkênira iku | aduwe [adu...]
--- [f. 126v] ---
[...we] punagi ika | samăngsa katêmu nênggih ||
20. kyai wasiyat ika |[178] apan mangke iku sampun pinanggih | marang anakira iku | ya ta Si Supa ika | alah uwis anak pêkênira iku | iya ganjarêna ika | desa ing Sidayu iki ||
21. lah ki jêbèng iku iya | pêkênira lêksananana ugi | nora ilok wong cidrèku | nulya patêdhakêna | kang nêgara iya iku wong Sidayu | alah sira paringêna | marang anakira aglis ||
22. Kyai Adipati Tuban | langkung ajri[179] andikane sang yogi | anulya ginanjar gupuh | ingkang nêgara ika | ing Sidayu Ki Supa atămpa sampun | nêgari Sidayu ika | jêng susunan angèstrini[180] ||
23. sampun wau ingestrenan | sakathahe pra mantri angèstrèni | miwah Mulana sêdarum | kêtib modin sêdaya | Jêng Susunan Ngatasangin ngandika rum | iya nyawa wus muliha | maring Sidayu nêgari ||
24. sang adipati ngandika | alah uwis kulup muliha aglis | mring Sidayu sira kulup | lawan sarayatira | Kyai Supa atur bêkti sira gupuh | dhatêng ing kanjêng susunan | miwah dhatêng sang dipati ||
25. sampun bubar saking ngarsa | Kyai Supa mangkat saking nêgari | lan sak anak rabènipun | wus kapungkur nêgara | inggih Tubin sampun prapta ing Sidayu | samya atata pomahan | sarayatira pan sami ||
26. nahan ingkang kawarnaa | sri bopati inggih ih ing Maospait |[181] sineba ing punggawa gung | miwah para sêntana | atanapi nung-anung pêpak sêdarum | miwah kang para ulama | juru tênung nujum nangkil ||
27. angandika sri nalendra | wau sira dhatêng rêkyana patih | Gajamoda[182] ingsun ngrungu | iya ing wartanira | si dipati ing Tuban wartane iku | iya aduwe wasiyat | iya rupane ku kêris ||
28. dhapure sangkêlat ika | iya iku wartane ilang dhingin [dhingi...]
--- [f. 127r] ---
[...n] | ilang musna wartanipun | mêngko katêmu iya | iya iku apatih pundhutên gupuh | ingsun arêp wêruh ika | rupane puniku ugi ||
29. kyana patih atur sêmbah | inggih gusti rampung ingkang wêwêling | angandika sang aprabu | iya uwis apatya | sigra mintar saking ing ngarsa sang prabu | wus prapta jabaning kutha | wau sang rêngkyana[183] patih ||
30. datan kawarna sêmana | sang aprabu bubar ngêdhaton aglis | miwah kang para tumênggung | sampun bubar sêdaya | sampun mantuk sowang-sowang dalêmipun | kawarnaa kyana patya | agya lampahe lumaris ||
31. datan kawarna ing marga | lampahira wau rêkyana patih | sampun prapta lampahipun | têpis wiringing Tuban | sampun prapta kitha wau lampahipun | lajêng tumamèng kêdhatyan | wus panggih lan adipati ||
32. kyai patih angandika | hèh dipati ingsun ingutus gusti | mring gustinira sang prabu | ratu ing Majalêngka | kinèn mundhut kêris wasiyat duwèkmu | nêngguh Adipati Tuban | adangu tan kêna angling ||
33. mêngkana osiking nala | sapa ingkang matur marang sang aji | dene mriksa sang aprabu | ingsun duwe punika | kris wasiyat Ki Sangkêlat aranipun | baya wus karsaning Sukma | ka ngêndi priksa sang aji ||
34. nênggih Adipati Tuban | wus adangu inganti nora angling | kyai patih asru muwus | lah dipati ing Tuban | kaya priye aturira mring sang prabu | ya lêgane atiningwang | lan têrange karsa mami ||
35. kayaparan karêpira | aturipun wau Dipati Tubin | inggih botên misesèku | darma kula gêgadhah | ki wasiyat inggih kang gadhah puniku | inggih anak mantu kula | kang griya puniku nênggih ||
36. sumăngga karsa sang nata | nging dede wasiyat kula puniki | kang gadhah wasiyatipun | inggih mantu kawula | ingkang griya wontên padhukuhanipun | inggih wontên Ngampèldênta | ewamêkatên kiyai ||
37. nanging dèn inah sakêdhap | botên purun [pu...]
--- [f. 127v] ---
[...run] kula masesa ugi | kula tuture puniku | yèn pinundhut sang nata | angandika kyana patih dèn agupuh | Kyai Adipati Tuban | nulya têdhak sang dipati ||
38. Patih Gajahmada ngucap | inggih dika pikir puniku agli | nulya adipati gupuh | Ki Adipati Tuban | gya umêsat datan kawarna ing ênu | wus prapta ing ngarsanira | Jêng Susunan Ngatasangin ||
39. sampun[184] dhatêng Ngampèldênta | nulya matur dhatêng sang maha yêkti | atur kawula sang wiku | kula atur uninga | ing sampeyan anging ta punika ulun | kagungan dalêm wasiyat | pinudhut dhatêng narpati ||
40. nênggih kyai wasiyat |[185] dipun pundhut dhatêng Sri Maospait | angandika sunan gupuh | ing Ngatasangin punika |[186] lah ki jêbèng aturêna ta puniku | marang Ratu Majalêngka | wus karsane Yyang kang luwih ||
41. wus pasthine ki wasiyat | ingkang nganggo iya sri narapati | ya pêsthine iku katur | kya dipati ing Tuban | sampun kondur saking ngarsane sang wiku | datan kawarna ing marga | nulya dhatêng dalêm aglis ||
42. sampun pinarak kalihan | lawan sira wau rêkyana patih | Dipati Tuban amuwus | age sira pundhuta | ki wasiyat iku kang pinundhut ngratu | sigra nulya awotsêkar | ki wasiyat katur aglis ||
43. sang dipati ngandika |[187] gih puniku warnènipun kiyai | agya tinampanan gupuh | dhatêng rêkyana patya | gya binêkta kiyai barêkat sampun | rêkyana patih umêsat | saking ngarsa sang dipati ||
44. datan kawarna ing marga | lampahira wau rêkyana patih | wus prapta ing Majalangu | lajêng tumamèng ngarsa | kaatura wau dhatêng wau sang aprabu |[188] kiyai wasiyat ika | sumăngga karsa sang aji ||
45. sigra nulya tinampanan[189] | mring sang prabu nênggih ing Maospait | sampun katur aturipun | wau kyai wasiyat |
--- [f. 128r] ---
angandika sang prabu ing Maoslangu | hèh patih ingsun ta iya | sakèhe kagungan mami ||
46. sakèhe kagungan ingwang | kêris ingsun nora nana kayèki | bagus sêmune pinujul | iya prigêle ika | pan rêspati sêmbada lan dêdêgipun | umatur rêkyana patya | inggih gusti anglangkungi ||
47. angandika sri nalendra | hèh apatih ika prayoga ugi | tinurunakên puniku | iya saturun ingwang | sakêlangkung wau sukane sang prabu | kyai patih sampun mêdal | wau saking dalêm puri ||
48. lêga galèhe sang nata | sampun lami wau sri narapati | laminipun tigang taun | nuju ing malêm ika | Gara Kasih sang ratu ing Maoslangu | asare naritis ika | salêbêting sare nênggih ||
49. salêbêting sare ika | wontên syara wau kapirsa nênggih | basaning syara puniku | hèh Ratu Majalêngka | arêp sira tulusa jumênêng ratu | iya saturunmu benjang | aduwea sira kaki ||
50. aduwea sira ika | kêris ingkang dhapur kaya iki |[190] nulya dipun asta gupuh | ya ta kêris punika | mring sang nata wau ta kêris puniku | sang nata awungu sigra | kêris datan na kaèksi ||
51. sarêng wungu kêris sirna | botên wontên kacêpêng ing narpati | sangêt ing pangungunipun | nulya wau ngandika | timbalana si apatih dipun gupuh | kang kinon sigra wotsêkar | wong gandhèk lumampah aglis ||
52. wus prapta ing kêpatihan | gya tumamèng ngarsane rêkyana patih |[191] andhawuhakên kang wuwus | timbalane sang nata | ki apatih diga[192] ingandikan gupuh | ki patih nulya umangkat | wus prapta sajroning puri ||
53. tumamèng ngarsa sang nata | angandika Sang Prabu Maospait | dèn kêparèng ngarsaningsun | kyana patih wotsêkar | angandika alon wau sang aprabu | hèh patih ingsun pupêna | sujaring syara kaèsthi ||
54. arêp sira atulusa | panjênênganira dadi narpati | tulusa
--- [f. 128v] ---
turunirèku | aduwea ta sira | kêris ingkang kaya mangkene puniku | kêris ingsun candhak ika | sajrone asare uni ||
55. sarêng ingsun wungu ika | kêris ingsun tingali tan kaèksi | no[193] nana ingsun dulu |[194] kaya kapriye ika | budinira iya patih ing karêpmu | umatur rêkyana patya | sumăngga karsa sang aji ||
56. gusti sumăngga ing karsa | ingularan sakèh para bopati | angandika sang aprabu | kaya priye polahnya | anggolèki iya tan karuan iku | yèn mêngkono karêpira | sakèhe kang êmpu sami ||
57. iku padha timbalana | kyana patih umatur awotsari | punapa ta karsanipun | punang pandhe ngandikan | angandika alon wau sang aprabu | iya karsaningsun ika | padha sukon karya kêris ||
58. alah padha timbalana | pandheningsun kabèh aja na kari | timbalana sêdayèku | pandhiningsun[195] wong dhomas | iku sira padha konê[196] gawa iku | sadandanane pisan |[197] iya wong apandhe sami ||
59. padha sira kona ika | pandhe ana iya ing Majapait | padha sira kona iku | agawe dhapur ika | dhewe-dhewe wong pandhe dhomas ta iku | kêrana bok ana ika | èmpêr-èmpêre kariyin ||
60. sigra nulya tinimbalan | wadya gandhèk wau ingkang lumaris | datan kawarna ing ênu | lampahe gêgancangan | sampun prapta ing Sidayu lampahipun | wus panggih lawan Ki Supa | dhawuh timbalan narpati ||
61. hèh kyai dika ngandikan | mring sang prabu gusti ing Maospait | lan sakancanira iku | êmpu dhomas punika | kinèn bêkta sakănca dandananipun | Kyai Supa aturira | inggih sandika kiyai ||
62. Kyai Supa dyan lumampah | sakancane dhomas tan ana kari | datan kawarna ing ênu | wau ing lampahira | sampun prapta ing nêgara lampahipun | sampun atata panggenan |
--- [f. 129r] ---
wong pandhe sêdaya sami ||
63. sampun atata sêdaya | sakancane iya Ki Supa sami | pandhe wong dhomas puniku | sampun tata sêdaya | anèng wau sira nagri Maoslangu | sang ratu ing Maoslangu | sang prabu alon ngandika | dhatêng wau kyana patih ||[198]
64. hèh patih sira undhangna | sakahe[199] iya wong pandhe sami |[200] lan maninge pandhe ingsun | ingsun duwe sumbara | sumbarèngsun sapa ta gawea iku | kêris dhapure punika | kang ana èmpêre dhingin ||
65. marang impèn ingsun iya | ingsun ganjar padhukuhan ingsun nênggih |[201] desa ing Sêndhang puniku | nuntên pandhe sêdaya | naning[202] kang apandhe wau puniku |[203] kocap pan kariyin ika | garwa ratu mas nêgari ||
38. Maskumambang[204]
1. kawarnaa garwane Ki Supa nênggih | kang tinilar ika | wontên nêgari anênggih | iya nagri Bêlambangan ||
2. sang aputri tansah angungun ing galih | asiking wardaya | Kyai Supa nora ngimpi | yèn andika tilar garwa ||
3. lamun ingsun tinilar mêtêng kiyai | paran polah ingwang | wêtêngan ingsun wus lami | wus têkèng sêmaya dina ||
4. sampun babar wau ingkang jabang bayi | miyos jalu ika | warnane tuhu apêkik | Bêlambangan datan ana ||
5. sampun agêng sangsaya alami-lami | gêdhe awêlagang | winastanan iku singgih | iya Bagus Kae Sura ||
6. sampun agêng wayahe ki bagus singgih | sampun sêsapihan | lami-lami sang apêki[205] | umatur mring ibunira ||
7. adhuh ibu pun bapa wontên ing pundi | kang ibu angucap | adhuh kulup putra mi |[206] pan nora darbe sudarma ||
8. adhuh ibu pun rama wontên ing pundi | kang ibu kèwêdan | adangu tan kêna angling | arsa nora dèn waraha ||
9. ingkang ibu emut wêwêkase dhingi[207] | wau ingkang rama | yèna lair lanang iki | aranana ya Ki Sura ||
10. ingkang ibu alon dènnya ngucap aris | kulup putraningwang | sira tan duwe [du...]
--- [f. 129v] ---
[...we] sudarmi | rara gêdhang ingsun nyawa ||
11. anak-anak tanpa laki ingsun gusti | iya ananira | saking Yyang Sukma ta ugi | iya ananira nyawa ||
12. ingkang putra umatur kang ibu aris | sênadyan pisanga | sayêkti darbèni laki | lakine pisang punika ||
13. inggih ingkang anandur punika singgih | lakine punika | yèn Sukma ibu punika |[208] sintên wêstaning Yyang Sukma ||
14. ingkang ibu asangêt susah ing galih | ginubêl kang putra | atêmah ngandika aris | iya nyawa bapakira ||
15. angandika alon wau sang aputri | dhatêng sabatira | Ki Kincang Ki Nêrang singgih | tinimbalan dhatêng ngarsa ||
16. ingkang ibu alon angandika aris | hèh Kincang Ki Nêrang | anak pêkênira iki | iya ta atakèn bapa ||
17. nora kêna ingsun pênginga puniki | măngsa bodho sira | aturipun Nêrang nênggih | Ki Kincang alon angucap ||
18. Radèn Ayu sampeyan kula aturi | bêlaka kewala | dhatêng putra sang apêki | kang ibu nulya ngandika ||
19. dhatêng ingkang putra kulup sira ugi | anak ingsun nyawa | Ki Sura sun tuduh iki | bapakira tur prawira ||
20. tur pêryayi agêdhe riyalatnèki | lan ingsun punika | dèn têtinggali puniki | pêthik sawijine ika ||
21. lan cêcalon kêris sawijine iki | yèn mangkono iya | kang putra umatur aris | lah ibu kawula kesah ||
22. lah ta ibu kawula sampeyan alim | kang ibu ngandika | iya kulup anak mami | iya nêgara ing Tuban ||
23. iya iku wijile ramanirèki | iya ularana | nêgara ing Tuban gusti | yèn katêmu bapakira ||
24. dhatêngipun bapakira duk ing nguni | nagri Bêlambangan | iya ramanira dhingin | ing lampahipun punika ||
25. adhuh nyawa aja lunga kulup gusti | nêgara ing Tuban | samar ing dêdalan ka kaki |[209] kang putra wau amêksa ||
26. lamun mêksa sira ta kulup puniki | têtinggale ika | wong atuwanira iki [i...]
--- [f. 130r] ---
[...ki] | sira gawea têrsadha[210] ||
27. iya ika arane pêpêthik dhingin | lan cêcalon ika | kang ibu mêmêkas aglis | Ki Kincang lawan Ki Nêrang ||
28. anakira iku atêrêna dhingin | marang nagri Tuban | nulya lumampah sira glis | Ki Nêrang lawan Ki Kincang ||
29. ngatêrakên dhatêng ing pasisir aglis | ing muara ika | anulya têtakèn aglis | dhatêng wau ki juragan ||
30. Kyai Nêrang wau atêtakèn aglis | lah dika punika | juragan saking ing pundi | sumaur sira juragan ||
31. kula niki juragan Jêpara nênggih | Ki Nêrang angucap | kula yun nunut singgih |[211] nunutkên kaponakan |[212]|
32. sapunika atakèn bapakne singgih | dhatêng nagri Tuban | kiyai juragan angling | sapa ta arane ika ||
33. sapa sintên kêkasihipun puniki | lan anake sapa | sintên kêkasihe nênggih | Ki Nêrang alon angucap ||
34. kêkasihe anak manira puniki | Ki Sura punika | kêkasihe ramanèki | Kyai Supa anèng Tuban ||
35. gih sok dika pitayaa marang mami | gih pêrcaya kula | nulya layar sira aglis | wus silêm wau dharatan ||
36. nahan ingkang alayar wau puniki | ingkang kawarnaa | sang prabu ing Maospait | ngandika dhatêng apatya ||
37. bocah ingsun apandhe puniki singgih | apa uwis ika | adadi olèhe kardi | agawe kêris punika ||
38. inggih sampun ngantosi timbalan aji | sira timbalana | nulya angandikan aglis | sakathahe samya prapta ||
39. nênggih para êmpu dhomas samya prapti | anèng ngarsa nata | angandika sri bopati | hèh patih kalumpukêna ||
40. padha sira kalumpukêna puniki | gêgaweanira | êmpu dhomas iku sami | ingsun priksane sêdaya ||
41. kabèh iku padha kapriksa sang aji | ora nana ika | kang ngêrêsi[213] impèn mami | sang prabu ing Majalêngka ||
42. sakêlangkung dukane sri narapati | mring Ki Supa ika | sakancane êmpu sami | pangandikane sang
--- [f. 130v] ---
nata ||
43. hèh apatih padha sira kona iki | agawea ika | iya kêris iku maning | êmpu dhomas iku iya ||
44. têka nora kabênêrana sakiki | sapisan ta iya | sun titipkên kabèh sami | êndhase[214] êmpu sêdaya ||
45. nahan ingkang wau sang prabu anênggih | kawarnaa ika | kang layar silêm jêladri | anèng satêngah samodra ||
46. ki juragan wau alon dènira ngling | hèh Sura ta sira | ingsun gawèkêna kêri[215] | kang abêcik iku iya ||
47. aturipun bagus Sura mêlasasih | tan sagêd kawula | ki juragan asru angling | dene sira ta Ki Sura ||
48. sira iku anake Ki Supa dhingin | têka nora bisa | agawe kêris puniki | sun cêmplungakên sêgara ||
49. saking ajrihipun Ki Sura mabêni | marang ki juragan | botên wande dèn patèni | iya dhatêng ki juragan ||
50. milanipun datan purun amabêni | nulya tilêm ika | sajroning turu anênggih | ana syara kapiyarsa ||
51. ingkang syara ungêling syara kaèsthi | hèh iya Ki Sura | sira sanggupana ugi | agawe kêris punika ||
52. ki juragan anêdhani wêsi nênggih | sarta pola ika | upèh kang ginawe nênggih | inggih polane punika ||
53. sarta pola upèh wau kang kinardi | kang ginawe pola | kyai juragan sira ngling | dhatêng Ki Sura punika ||
54. lah ta priye ki ra apa ta bakit |[216] apa ora ika | yèn sira nora nyanggupi | nora wurung sira pêjah ||
55. ingsun cêmplungakên ing sêgara iki | sumaur Ki Sura | inggih langkung bêgja singgih | wanci têngah dalu ika ||
56. dipun damêl nulya dadya ingkang kêris | rupa dhuwung ika | sampun katur mring kayai[217] | juragan suka tumingal ||
57. sakêlangkung juragan bungah kêpati | nulya atêtanya | dhatêng Ki Sura puniki | dhapur apa rane iya ||
58. aturipun Ki Sura puniku nênggih | kula botên priksa | kiyai kula arani | dhapur tilam ubèh[218] ika ||
59. milanipun kawula [ka...]
--- [f. 131r] ---
[...wula] arani iki | inggih dhapur ika | tilam upèh iku nênggih | milanipun aran ika ||
60. mila upèh dhapure puniku nênggih | têpane punika | iya upèh iku nênggih | kagawa ing têpanira ||
61. nulya layar ki juragan wau aglis | sampun wau prapta | ing muara wus angraji[219] | inggih muara ing Tuban ||
62. nulya labuh ki juragan wau aglis | muara ing Tuban | ki juragan angling aris | dhatêng Ki Sura sêman[220] |[221]|
63. alah iki Ki Sura mêntasa aglis | iya nyawa ika | pêrnahe nêgari Tubin | nulya mêntas ing gènira ||
64. sampun prapta dharatan nêgari Tubi[222] | nulya atêtanya | dhatêng wong mêmarung nênggih | nuju nyai răndha ika ||
65. Nyai Răndha Kasihan puniku nênggih | wau tinakonan | dhatêng Ki Sura sang pêkik | bok răndha ngusap sri nata ||
39. Sinom[223]
1. Ki Sura alon têtanya | bibi nêgari ing pundi | inggih wêstane punika | ni răndha alon nauri | inggih nêgari ing Tubin |[224] bagus wêstane puniku | Ki Sura atêtanya | ing ngriki wontên ta bibi | akêkasih Kiyai Supa punika ||
2. Ni Răndha Kasihan ika | alon dènira nauri | inggih ta wontên punika | Kiyai Supa ing nguni | nanging mangke asêpi | angandikan marang prabu | ratu ing Majalêngka | lan kathahe pandhe nênggih | para êmpu dhomas samya ingandika[225] ||
3. iya marang sri nalendra | inggih Ratu Maospait | ing mangke Kiyai Supa | sampun ngalih saking ngriki | awisma ing nêgari | inggih ing Sidayu iku | sampun bayong[226] sêdaya | saka anak rayate sami |[227] pan sêdaya wisma Sidayu nêgara ||
4. yèn mêkatên bibi kula | apamit manira bibi | dhatêng ing Sidayu kula | anulya umangkat agli | datan kawarna margi | ing Sidayu sampun rawuh | anulya atêtanya | mring Sidayu
--- [f. 131v] ---
kang nêgari | inggih pundi dalême Kiyai Supa ||
5. umatur ingkang tinanya | sajroning jaro puniki | dalême Kiyai Supa | nanging sêpi mangke nênggih | kesah dipun timbali | marang Prabu Maoslangu | anulya atêtanya | Nyai Cêngkèh sira nênggih | atêtanya dhatêng Ki Sura sêman |[228]|
6. lah kulup ingsun têtanya | ing ngarsa sinêdya pundi | ing wingking pundi pinăngka | Ki Sura sumaur ari | inggih kawula bibi | Bêlambangan mulanipun | mila kawula têka | ing Sidayu bibi nênggih | gih kawula atêtakèn ing sudarma ||
7. sapa kulup bapakira | sumaur Ki Sura nênggih | wêrtosipun Kyai Supa | griyane ing Tubin dhingin | kula têtakèn ugi | anèng ing Tuban puniku | wartosipun pun bapa | bayong mring Sidayu nagri | milanipun kawula lajêng punika ||
8. Nyai Cêngkèh sangêt marma | wau dènira ningali | awêlas dhatêng Ki Sura | yèn mêngkono kulup iki | sira anaa ngriki | iya kulup ngumah ingsun | êmbok lamun ta sira | kalunta-lunta puniki | iya ingsun kang golèkkên panunutan ||
9. mring nêgari Majalêngka | sêmana sampun alami | Ki Sura nulya pamitan | dhatêng Nyai Cêngkèh aglis | Nyai Cêngkèh sira ngling | aja lunga kulup iku | dhingin wartane ana | Kyai Supagati singgih | akongkonan mundhut sangu iku iya ||
10. antènana iku iya | Kyai Supagati benjing | sêmana sampun alama | Ki Sura botên ngantosi | sêksana pamit aglis | kesah kajênge puniku | dhatêng nêgara ika | Majapait sira aglis | dadya nusul angayam alas sêmana ||
11. datan kawarna wus prapta | wau satêngah wanadri | nahan ingkang kawarnaa | Kyai Supa iku nênggih | atugur Majapait | ngandika kyai puniku | Kyai Supa punika | kadipundi Supagati | dika mantuk mêndhêt sangu malih [ma...]
--- [f. 132r] ---
[...lih] ika ||
12. sabarang-barange ika | sêdaya wus têlas sami | Kyai Supagati ika | anulya mantuk sira gli | datan kawarna margi | ambêkta sarencangipun | sampun dumugi ika | satêngahing wona singgih | gya kapêthuk marang Ki Sura sêmana ||
13. nulya wau angandika | Kyai Supagati nênggih | iki iya bocah apa | têka lêlaku pribadi | ana têngah wanadri | iki nora duwe batur | iya bature ika | dene kêndêl bocah iki | angandika Ki Supagati têtanya ||
14. sêmana wus tinakonan | sira iki bocah ngêndi | têka lêlaku priyăngga | ana satêngah wanadri | dene akêndêl iki | iya norana baturmu | Ki Sura aturira | dhatêng Kyai Supagati | aturipun Ki Sura inggih kawula ||
15. botên gadhah rencang kula | angandika Supagati | lah ing ngêndi umahira | umatur Ki Sura nênggih | kula kiyai dhingin | saking Bêlambangan ulun | Kyai Supa ngandika | sapa jênêngira kaki | inggih kula Ki Sura wêsta kawula ||
16. lah Ki Sura karêpira | arêp miyang ngêndi kaki | kajêng kawula punika | waunipun kula kyai | dhatêng Tubin kariyin | atakèn jêng rama ulun | wartosipun punika | ngalih Sidayu nêgari | kula igih dhatêng ing Sidayu ika ||
17. nênggih wartose punika | kesah dhatêng Maospait | milane kula punika | lajêng nusul mring ramèki | Ki Supagati angling | sapa jênênge puniku | iya wong atuwanira |[229] Ki Sura umatur aris | wartosipun punika Kiyai Supa ||
18. anênggih bapa kawula | wartose wong saking Tubin | Kyai Supagati ngucap | bocah ngame iki singgih | angaku duwe iki | bapa Kyai Supa iku | yèn mêngkono ta sira | payo bali sira dhingin | masih adoh nêgara ing Majalêngka ||
19. bok sira dèn pangan macan | sênadyan mênyanga benjing | sira mring nêgara ika | ing Majapait ta benjing | barênga lan mami |[230] mênèk [mênè...]
--- [f. 132v] ---
[...k] mati nèng dêlanggung | pinangan macan sira | besuk barêng lawan mami | ingsun gara[231] sira mring nêgaraningwang ||
20. Ki Sura nulya tut wuntat | dhatêng Kyai Supagati | datan kawarna sêmana | Kyai Supagati prapti | ing Sidayu sira glis | Ki Supagati amuwus | lah Ki Sura karia | anaa jabaning uni | iya jaro Ki Sura sira karia ||
21. Ki Sura umatur sigra | dhatêng Kyai Supagati | kiyai lamun kinginga | kawula amondhok singgih | inggih griyane ugi | Nyai Cêngkèh kang karuwun | sampun nulya linilanan |[232] lami-lami Supagati | pêrdandanan abon-abon wong akesah ||
22. sêmana ya undhang-undhang | Kyai Supagati aglis | sarupane batur ingwang | kang omah ing jaba iki | kabèh aja na kari | wong ingsun sêdaya iku | lah ing ngêndi ta iya | Ki Sura pondhoke dhingin | nora nana kang wêruh pondhoke ika ||
23. omahe botên kantênan | bokmênawi minggat wêngi | Kyai Supagati nulya | umangkat sira tumuli | dhatêng ing Majapait | Ki Sura tinilar sampun | nulya Ki Sura ika | atêtakèn dhatêng nyai | Nyai Cêngkèh punapa sampun mangkata ||
24. Kyai Supagati iya | kulup uwis mangkat wingi | Ki Sura nulya pamitan | nusul dhatêng Majapait | datan kawarna margi | nusup ngayam alas sampun | lampahira Ki Sura | Kyai Supagati nênggih | sampun dhatêng wau nagri Majalêngka ||
25. nusup sirèng ngayam alas | Ki Sura anèng wanadri | satêngahing wonapringga | datan dangu wingking nênggih | tumulya wontên angling | ujaring syara karungu | hèh sira ta Ki Sura | mandhêga sadhela iki | ya Ki Sura anolèh tan ana jalma ||
26. dèn tingali datan ana | botên wontên jalma nênggi[233] | amulat mangetan ika | ngidul ngilèn ngalèr nênggih | tan ana kang kaèksi | ingkang duwe syara wau | nulya lumampah sigra | nulya wontên syara malih | gya anolèh datan wontên katingalan ||
27. kaping kalih
--- [f. 133r] ---
kaping tiga | kaping pat botên ningali | Ki Sura mêksa lumampah | botên dangu wontên prapti | têtiyang kaki ki |[234] amêgati wontên ngayun | ngajênganira Sura | anulya wêcana manis | kaki-kaki mêgati wontên ing ngarsa ||
28. sira iki babo nyawa | arêp miyang ngêndi kaki | ingsun cêluk-cêluk sira | sapisan pindho tan nolih | jangkêp ping têlu kaki | kaping pat sira puniku | nora gêlêm mandhêga | sira iki marang ngêndi | gya sumaur Ki Sura kala sêmana ||
29. kula ajêng dhatêng ika | inggih nagri Maospait | angling kaki-kaki ika | ki putu aja ta kaki | sira yèn laju kaki | marang nagri Maoslangu | Ki Sura agya mêksa | lumampah tan nolèh ngwuri | wus cinandhak wau astane Ki Sura ||
30. yèn sira amêksa nyawa | lah kêris ingsun puniki | alah ta sira gawaa | ing masalah sira kaki | ingalêm mring sudarmi | Ki Sura sira umatur | dhatêng kang angsung ika | kyangi[235] puniki anênggih | gih puniki kiyai kêris punapa ||
31. kaki tuwa tutur ika | dhatêng Ki Sura puniki | pituturira punika | mulane puniku kaki | Kyai Supa puniki | iya ing Sidayu iku | miwah kang êmpu dhomas | padha katimbalan kaki | marang ratu ing Majapait punika ||
32. kala ing dalu punika | sang ratu ing Majapait | sajroning sare punika | ana syara kapirsèki | basaning syara kadi | hèh Sang Ratu Maoslangu | arêp tulusa ika | panjênênganira aji | pan tumurun marang anak putunira ||
33. duwea kêris mêngkana | kang kaya mangkene iki | anulya cinandhak sigra | kang arupa kêris iki | sang ratu wungu agli | ningali kêrise iku | nora nana katingal | milane sang ratu nênggih | animbali kang êmpu dhomas sêdaya ||
34. sêdaya samya ngandikan | marang Ratu Maospait | padha kinon gawe ika | iya kêris iku nênggih | padha gawea iki | dhapur dhewe-dhewe iku | karsane ratu ika |
--- [f. 133v] ---
iya Ratu Maospait | mênèk ana èmpêre kêris punika ||
35. ipène sang ratu iya | wruhanira Sura iki | iya kêrisira ika | ipène sang ratu nênggih | iya ing Majapait | adene dhapuripun |[236] kili cêcadhong ika | lawan sêsampur anênggih | lawan iya urubing damar punika ||
36. lah ênya sira gawaa | anulya tinampan agli | kang awarna kêris ika | kaki-kaki ical aglis | saking ngajênge iki | Ki Jaka Sura puniku | nulya lumampah sigra | dhatêng nagri Maospait | tan kawarna sampun prapta ing nêgara ||
37. alèrèn wêwarung ika | alinggih bêbango nênggih | Ki Supagati utusan | dhatêng ing wêwarung nênggih | nulya wau ningali | Ki Sura alinggih wau | ana ngandhape ika | ing bêbango iku nênggih | panakawan sêmana anulya panggya ||
38. sêksana umatur sigra | dhatêng Kyai Supagati | kyai Ki Sura punika | anusul punika nênggih | rèrèn wêwarung nênggih | saandhap bêbango iku | alon sira angucap | Kyai Supagati nênggih | apa têmên bocah ature mring ingwang ||
39. yèn mêngkono iya ika | sira pirsaa tumuli | anuntên dipun pariksa | yêktos wontên wande iki | nulya dipun timbali | Ki Sura wus prapta gupuh | Supagati ngandika | Ki Sura dipun takèni | alah sapa baturira ta Ki Sura ||
40. umatur gupuh Ki Sura | botên gadhah rencang nênggih | lumampah kula piyambak | Ki Supagati ngling aris | dudu bocah sayêkti | dudu sabaène iku | sigra Ki Sura ika | gadhah atur mêlasasih | dhatêng Kyai Supagati mêlasarsa ||
41. inggih kawula punika | kiyai dika lilani | sohan dhatêng raka dika | kajêng Kyai Supa nênggih | angling Ki Supagati | aja seba dhewe iku | ingsun kang anyebakna | marang sira iku kaki | nulya seba wau dhatêng Kyai Supa ||
42. nulya umatur sêmana | mring kang raka wau nênggih | sampeyan dikakkên ika | amêndhêt kang sangu nênggih | sampun [sampu...]
--- [f. 134r] ---
[...n] angsal puniki | sapunika warnanipun | lawan malih kawula | dipun nunuti puniki | inggih bocah alit angangkên putranta ||
43. inggih sampeyan punika | ingangkên pudarma[237] nênggih | Kyai Supa angandika | iku bocah têka ngêndi | angaku-aku iki | duwe bapa marang ingsun | iya ing mangke ika | ana ngêndi iku nênggih | wontên jawi inggih ta rare punika ||
44. yèn mêngkono adhi sira | timbalana iku mangkin | nulya wau ingandikan | Ki Sura prapta ing ngarsi | wontên ing latar nênggih | Supagati alon matur | inggih kakang punika | warnane bocahe nênggih | tinimbalan wau dhatêng Kyai Supa ||
45. apan ta botên sinapa | tansah pinandêng ing liring | Ki Sura dhatêng Ki Supa | yèn angucapa ing ati | rare puniki nênggih | abagus ing warnanipun | anake sapa ika | Ki Sura micarèng ati | apa iya iku nora dèn aturna ||
46. tansah dèn kêkênthang ika | ana ing pêpanas mami | Kyai Supagati nulya | mantuk dhatêng pondhok aglis | Kyai Supa puniki | anulya angawe wau | dhatêng bocah punika | kang ontên ing latar nênggih | nulya sira acêlak Kiyai Supa ||
47. Kyai Supa atêtanya | dhatêng Ki Sura sira gli | sira iku bocah apa | têka ing ngêndi ta dhingin | Ki Sura matur aris | inggih kawula pukulun | tiyang saking Bêlambangan |[238] Kyai Supa ngandika ris | agawenira têka kene iya |[239]|
48. mila kawula punika | dhatêng ngarsa sang ayogi | ing ngarsa sampeya[240] ămba | angulari bapa nênggih | Kyai Supa ngling aris | sapa arane puniku | iya sudarmanira | ngêndi umahe anênggih | bapakira sapa jênênge ing kuna ||
49. umatur wau Ki Sura | wartine pun biyang nênggih | bapa kawula punika | saking nêgari ing Tubin | kêkasihipun nênggih | Kyai Supa kang karuwun | mila kula punika | sohan dhatêng sang ayogi | Kyai Supa angraos sajro wardaya ||
50. kêraos ing garwanira [garwa...]
--- [f. 134v] ---
[...nira] | Kyai Supa ngandika ris | Sura dimarene iya | sigra majêng awotsari | Kyai Supa sira ngling | apa sira kandhut iku | inggih bêbêktanira | pun biyang puniku dhingin | gih punika têtilaripun pun bapa ||
51. dipun wêstani punika | inggih pêthik ingkang alit | lan caloning dhuwung ika | Kyai Supa ngandika ris | ingsun tingalane êndi |[241] pêpêthik cêcalon iku | sarêng katur punika | pêpêthik cêcalon nênggih | adhuh anak ingsun Ki Sura ta iya ||
52. iku apa sira gawa | sira sasabi nèng gigir | alon umatur Ki Sura | kula botên bêkta malih | amung kalih pêrkawis | ingih puniku rumuwun | bêbêktane pun biyang | Kyai Supa muwus aris | aja garoh kulup marang wong atuwa ||
53. pêsthi nora ilok uga | marang wong atuwa kaki | nulya umatur Ki Sura | inggih kêris ta puniki | nênggih kang wontên gigir | andikane manis arum | Kyai Supa sêmana | adhuh anak ingsun gusti | biyangira apa maksih anom ika ||
54. apa maksih iku iya | biyangira iku dhingin | padha kêslamêtan ika | Ki Sura matur ngabêkti | inggih basuki gusti | pun biyang punika wau | Kyai Supa ngandika | kulup iku sun tingali | iya Sura ingsun pan ayun wikana ||
55. Ki Sura matur anêmbah | ngaturakên kêris nênggih | agya tinampan kang rama | Kyai Supa ngandika ris | iya ta kulup iki | kêris têka ngêndi mau | apa gawane ika | iya biyangira singgih | ingkang putra umatur dhatêng kang rama ||
56. inggih dede gusti ika | dhuwung saking ibu singgih | dede bêbêktan punika | Kyai Supa ngandika ri | iya nyawa ta iki | olèhira ngêndi mau | iya ta kêrisira | têka ngêndi iku dhingin | ingkang putra umatur sarya wotsêkar ||
57. inggih ta gusti punika | malabukanipun[242] dhingi | inggih ta kêris punika | kala kawula ing nguni | lêlampah ing wanadri | wontên satêngah wana gung | inggih ing wonapringga | ngwingking wontên [wontê...]
--- [f. 135r] ---
[...n] jalma singgih | cêluk-cêluk inggih dhatêng ing kawula ||
58. kawula tolèh punika | botên wontên jalma nênggih | jangkêp sapisan punika | kaping kalih tan kaèksi | kaping tigane singgih | jangkêp ping sêkawan wau | botên wontên katingal | botên dangu nulya prapti | inggih tiyang kaki-kaki ingkang prapta ||
59. amêgati ngarsa aba | wontên ngajêng kula singgih | kaki-kaki nulya ngucap | iya sira iki ugi | ingsun cêluk ing nguni | sira iki tan sumaur | sapisan pindho ika | ping têlu kaping pat iki | nora mandhêg kaya ngapa putuningwang ||
60. sira iki iya nyawa | arêp miyang ngêndi kaki | inggih kawula punika | ajêng dhatêng ing nêgari | inggih ing Maospait | punika manira jug |[243] pun kaki-kaki ika | apênging kawula singgih | aja miya[244] sira nagri Majalêngka ||
61. kawula amêksa ika | wicantênipun ing nguni | tiyang kaki-kaki ika | yèn sira amêksa singgih | kêris ingsun puniki | sira gawaa puniku | kawruhanira iya | kêris ingsun iki singgih | iya iki impène sri naradipa ||
62. sang prabu ing Majalêka[245] | mila sang prabu nimbali | iya[246] êmpu dhomas ika | bok sira nora udani | dhapure kêris iki | cêcadhong sêsampur iku | kêkili urubing damar |[247] sasampunipun wêwarti | kaki-kaki sampune nulya amusna ||
63. anulya ical sêksana | saking ngajêng kula gusti | Kyai Supa langkung suka | ing wardayanira singgih | yèn mêngkono nak mami | iki impène sang prabu | iya sira Ki Sura | kêpasangyogya nak mami | kêrisira iki sun ujukkên[248] iya ||
64. inggih sakêlangkung karsa | sampeyan sang maha yêkti | sampun kadya sapunika | sênadyan pati lan urip | inggih ingkang ayogi | ingkang andarbèni iku | Kyai Supa adandan | arsa seba mring nêrpati | tan adangu anulya wau ngandikan ||
65. sêdaya wau ngandikan | Kyai [Kya...]
--- [f. 135v] ---
[...i] Supa sampun prapti | kang para êmpu sêdaya | êmpu dhomas samya prapti | ing ngarsanira narpati |[249] sampun anglêmpak sêdarum | sakèh êmpu pêpakan | samya atur dhuwung sami | wus kapriksa datan wontên kang miriba ||
66. datan wontên marêngana | ing karsane sri bopati | sang prabu ing Majalêngka | sakêlangkung duka singgih | wau sri narapati | dhatêng Kyai Supa iku | yèn mangkono ta iya | sakèhe pandhe puniki | nora nana kang layak anèng nêgara ||
67. nora nana gawenira | ingsun kalumpukkên iki | sakèhe êmpu sêdaya | padha tundhungana agli | iya sakèhe iki | ayya na nyukêri iku | iya nêgaraningwang | Kyai Supa majêng aglis | ngaturakên Kyai Supa pêjah gêsang ||
68. Kyai Supa awotsêkar | dhatêng wau sri bopati | aturira angêrêpa | sampun duka sri bopati | dhatêng kang abdi-abdi | kawula nuwun bêbêndu | dhatêng paduka nata | sakathahe ingkang abdi | Kyai Supa ature manis sêmbada ||
| 1 | Terdapat tulisan tanggal pada tanda pergantian pupuh (madyapada) ini: 1737 Mulud tanggal kaping 8 [13 April 1810]. (kembali) |
| 2 | Lebih satu suku kata: mring kang pepe ki patih ngandika ris. (kembali) |
| 3 | asuwita. (kembali) |
| 4 | ingsun. (kembali) |
| 5 | Kurang satu suku kata: bocah gandhèk timbalana. (kembali) |
| 6 | gandhèk. (kembali) |
| 7 | sarta. (kembali) |
| 8 | runtik. (kembali) |
| 9 | Lebih satu suku kata: nuwun duka kawula tadhah runtik. (kembali) |
| 10 | paduka. (kembali) |
| 11 | kumawawa. (kembali) |
| 12 | pacêt. (kembali) |
| 13 | Kurang dua suku kata: kaya ngapa ture Dilah kang kayèku. (kembali) |
| 14 | Lebih satu suku kata: Jaka Dilah nulya dipun tangisi. (kembali) |
| 15 | Lebih satu suku kata: angaturi uning dhatêng sang aji. (kembali) |
| 16 | sinanjata. (kembali) |
| 17 | Lebih satu suku kata: sarwi pinatêdhan kasih. (kembali) |
| 18 | alit. (kembali) |
| 19 | Lebih satu suku kata: tur sinungan salêksa tiyang alit. (kembali) |
| 20 | Kurang satu suku kata: pan karya wong salêksa. (kembali) |
| 21 | Lebih satu suku kata: nênggih garwane sang nata. (kembali) |
| 22 | undhi. (kembali) |
| 23 | ngêringgit. (kembali) |
| 24 | Kurang satu suku kata: aturipun pan kadya lir bèthèt sèwu. (kembali) |
| 25 | Lebih satu suku kata: batanira padha sira usungi. (kembali) |
| 26 | Lebih satu suku kata: măngsa ora kari nyambut cêpuri. (kembali) |
| 27 | Lebih satu suku kata: mumpung dèrèng ngrêda kajêng waringin. (kembali) |
| 28 | Lebih satu suku kata: kinon kesah pênging bêkta nak rabi. (kembali) |
| 29 | Lebih satu suku kata: sri nalendra malêbêt dalêm puri. (kembali) |
| 30 | Lebih satu suku kata: sun ulihkên mring Cêmpa. (kembali) |
| 31 | saèsthining. (kembali) |
| 32 | surat. (kembali) |
| 33 | tampanana. (kembali) |
| 34 | Kurang dua suku kata: nanging wêkas ingsun marang ing sirèku. (kembali) |
| 35 | Lebih satu suku kata: dupi lair sakarêpira benjing. (kembali) |
| 36 | osiking (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 37 | Lebih satu suku kata: gih nuwun pasihan dalêm kapundhi. (kembali) |
| 38 | Lebih satu suku kata: lawan malih sakathah sisip mami. (kembali) |
| 39 | Lebih satu suku kata: sasat sampun tumêdhak. (kembali) |
| 40 | Terdapat tulisan tanggal pada tanda pergantian pupuh (madyapada) ini: 1737 Mulud tanggal kaping 9 [14 April 1810]. (kembali) |
| 41 | pêcattandha (dan di tempat lain). (kembali) |
| 42 | andhamoi (dan di tempat lain). (kembali) |
| 43 | Lebih dua suku kata: sampun prapta wau dutane narpati. (kembali) |
| 44 | pêngangge. (kembali) |
| 45 | mami (dan di tempat lain). (kembali) |
| 46 | Kurang satu suku kata: pêrtandhane angangge pêngangge mami. (kembali) |
| 47 | ngrangkul. (kembali) |
| 48 | pinundhut (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 49 | angêjèpi. (kembali) |
| 50 | Gatra ini disisipkan di margin kanan. Biasanya guru lagu i: mantri. (kembali) |
| 51 | Kurang satu suku kata: uwonge sakêmbaran. (kembali) |
| 52 | Tubin (dan di tempat lain). (kembali) |
| 53 | Ngatasangin. (kembali) |
| 54 | sumungkêm. (kembali) |
| 55 | Ampèl. (kembali) |
| 56 | Kurang satu suku kata: kanjêng sunan pan sampun alama. (kembali) |
| 57 | Kurang satu suku kata: sajuga anakira. (kembali) |
| 58 | pasunatan. (kembali) |
| 59 | Lebih satu suku kata: yèn angsal pangèstu. (kembali) |
| 60 | Variasi: bodhik. (kembali) |
| 61 | abange. (kembali) |
| 62 | kadya. (kembali) |
| 63 | Kurang satu suku kata: kadya sangkêlat wau. (kembali) |
| 64 | Lebih satu suku kata: de kapatêdhan jimat. (kembali) |
| 65 | kongkon. (kembali) |
| 66 | kinunci. (kembali) |
| 67 | ginanjar (dan di tempat lain). (kembali) |
| 68 | Terdapat tulisan tanggal pada tanda pergantian pupuh (madyapada) ini: 1737 Mulud tanggal kaping 13 [18 April 1810]. (kembali) |
| 69 | wasiyat. (kembali) |
| 70 | glis (dan di tempat lain). (kembali) |
| 71 | kanjêng (dan di tempat lain). (kembali) |
| 72 | aris. (kembali) |
| 73 | ayogi. (kembali) |
| 74 | Kurang satu suku kata: putranta sang anom. (kembali) |
| 75 | Supa. (kembali) |
| 76 | Kurang satu suku kata: nora ana iku kang udani. (kembali) |
| 77 | pêsthi. (kembali) |
| 78 | anom (dan di tempat lain). (kembali) |
| 79 | Supa. (kembali) |
| 80 | Kurang satu suku kata: nulya takèn Ki Supa sira glis. (kembali) |
| 81 | Lebih satu suku kata: anauri kang tinanya aris. (kembali) |
| 82 | wêstanipun. (kembali) |
| 83 | pênêd. (kembali) |
| 84 | Kurang satu suku kata: olèh ingsun pan anambut kardi. (kembali) |
| 85 | bagus. (kembali) |
| 86 | kapêdhaknya. (kembali) |
| 87 | aglis (dan di tempat lain). (kembali) |
| 88 | Kurang satu suku kata: maring kang punang wong. (kembali) |
| 89 | wêrti. (kembali) |
| 90 | Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu i: kapêrang kang wêrti. (kembali) |
| 91 | Kurang satu suku kata: sira dandakêna ta dèn akèh. (kembali) |
| 92 | kaot. (kembali) |
| 93 | glis. (kembali) |
| 94 | tinarik. (kembali) |
| 95 | nênggih. (kembali) |
| 96 | Kurang satu suku kata: dipun kêkobong sira dèn age. (kembali) |
| 97 | Catatan: Aksara "a" pada kata "age" disisipkan di bawah gatra. (kembali) |
| 98 | Lebih satu suku kata: nulya dipun sami ing warnane. (kembali) |
| 99 | Terdapat tulisan tanggal pada tanda pergantian pupuh (madyapada) ini: 1737 Mulud tanggal kaping 15 [20 April 1810]. (kembali) |
| 100 | Pada pupuh Pocung ini terdapat variasi guru lagu untuk gatra ke-3. Pada gatra ke-3 ini terdapat guru lagu o, dan bukan i sesuai dengan aturan tembang macapat pada umumnya. Variasi ini tidak dicatat sebagai catatan kaki. (kembali) |
| 101 | Lebih dua suku kata: lawan Kyai Supa. (kembali) |
| 102 | umpêtakên. (kembali) |
| 103 | Lebih dua suku kata: dèn umpêtkên iya. (kembali) |
| 104 | ingutus. (kembali) |
| 105 | Lebih dua suku kata: ati pêkênira. (kembali) |
| 106 | Lebih dua suku kata: nêgara ing Tuban. (kembali) |
| 107 | Lebih dua suku kata: awicantên nulya. (kembali) |
| 108 | Catatan: Aksara "ja" pada kata "aja" disisipkan di bawah gatra. (kembali) |
| 109 | Lebih dua suku kata: pan nulya winêjang. (kembali) |
| 110 | alon. (kembali) |
| 111 | Kurang satu suku kata: iya iku yèn alair lanang besuk. (kembali) |
| 112 | kongkon. (kembali) |
| 113 | Lebih satu suku kata: ingsun lunga iya. (kembali) |
| 114 | Lebih dua suku kata: de gêrah punika. (kembali) |
| 115 | sinom. (kembali) |
| 116 | Kurang satu suku kata: lamuna bisa ingkang wong. (kembali) |
| 117 | Kurang satu suku kata: wus undhang patih sakèh wong. (kembali) |
| 118 | Kurang satu suku kata: lawan ingsun ganjar nêgara ta iku. (kembali) |
| 119 | nulya. (kembali) |
| 120 | sun. (kembali) |
| 121 | Catatan: Aksara "ra" pada kata "sira" disisipkan di bawah gatra. (kembali) |
| 122 | salah. (kembali) |
| 123 | botên (dan di tempat lain). (kembali) |
| 124 | Kurang satu suku kata: botên wontên ingkang ngungkuli mring kula. (kembali) |
| 125 | donyèku. (kembali) |
| 126 | ngrêridhu. (kembali) |
| 127 | drubiksa. (kembali) |
| 128 | karêpnya. (kembali) |
| 129 | ingkang. (kembali) |
| 130 | sri. (kembali) |
| 131 | putraningong. (kembali) |
| 132 | Anom. (kembali) |
| 133 | Biasanya guru lagu o: Anom. (kembali) |
| 134 | Terdapat tulisan tanggal pada tanda pergantian pupuh (madyapada) ini: 1737 Mulud tanggal kaping 20 [25 April 1810]. (kembali) |
| 135 | mêsoyi. (kembali) |
| 136 | bojon. (kembali) |
| 137 | lulut. (kembali) |
| 138 | kênyataan. (kembali) |
| 139 | tampa. (kembali) |
| 140 | jiwaningsun. (kembali) |
| 141 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: sipat tulise punika (Cênthini, Kamajaya, Pupuh 281.52.2). (kembali) |
| 142 | Kurang dua suku kata: dudu api kali watu. (kembali) |
| 143 | Kurang satu suku kata: dudu api saking kawah. (kembali) |
| 144 | aksara. (kembali) |
| 145 | Kurang satu suku kata: dudu angin êlèr kilyan. (kembali) |
| 146 | kidul. (kembali) |
| 147 | Kurang satu suku kata: dudu angin saking êrong. Bandingkan: dudu angin sarupane (Wulang Rèh sarta Sanasunu, Mangunpraja, Pupuh 19.6.3). (kembali) |
| 148 | Kurang satu suku kata: haillaha haillalah. (kembali) |
| 149 | Kurang satu suku kata: ya nganhu ingkang sampurna. (kembali) |
| 150 | Amba (dan di tempat lain). (kembali) |
| 151 | angandika. (kembali) |
| 152 | Kurang satu suku kata: kang sujud angsaling warih. (kembali) |
| 153 | Lebih satu suku kata: dudu banyu mujijat. (kembali) |
| 154 | dudu. (kembali) |
| 155 | Kurang satu suku kata: iya roh ilapi mangke. (kembali) |
| 156 | langgêng. (kembali) |
| 157 | sêjatining. (kembali) |
| 158 | Kurang satu suku kata: yayi sêjatining angin. (kembali) |
| 159 | Kurang satu suku kata: roh ingkang ingangkên cahya. (kembali) |
| 160 | makbul. (kembali) |
| 161 | Kurang satu suku kata: ingadhêp maring sirolah. (kembali) |
| 162 | angaturakên. (kembali) |
| 163 | Kurang tiga suku kata, dan biasanya guru lagu a: ingaturakên punika. (kembali) |
| 164 | ganda. (kembali) |
| 165 | Kurang satu suku kata: jinêm kalawan lêlimpa. (kembali) |
| 166 | Lebih satu suku kata: iya ingaran rêmpêru. (kembali) |
| 167 | Kurang satu suku kata: lawan paningale mangke. (kembali) |
| 168 | sarengat. (kembali) |
| 169 | Terdapat tulisan tanggal pada tanda pergantian pupuh (madyapada) ini: 173 [1737] Mulud tanggal kaping 25 [30 April 1810]. (kembali) |
| 170 | cacing. (kembali) |
| 171 | anak ingsun. (kembali) |
| 172 | Kurang satu suku kata: anak ingsun dipati padha bukti. (kembali) |
| 173 | Kurang satu suku kata: kapir lawan Islam nisih. (kembali) |
| 174 | matur. (kembali) |
| 175 | sumuyud. (kembali) |
| 176 | Lebih satu suku kata: lamun lanang putranira ku benjing. (kembali) |
| 177 | angrêrêpa. (kembali) |
| 178 | Kurang satu suku kata: kiyai wasiyat ika. (kembali) |
| 179 | ajrih. (kembali) |
| 180 | angèstrèni. (kembali) |
| 181 | Lebih satu suku kata: sri bopati inggih ing Maospait. (kembali) |
| 182 | Gajahmoda. (kembali) |
| 183 | rêkyana. (kembali) |
| 184 | Catatan: Aksara "ma" pada kata "sampun" disisipkan di bawah gatra. (kembali) |
| 185 | Kurang satu suku kata: anênggih kyai wasiyat. (kembali) |
| 186 | Lebih satu suku kata: ing Ngatasangin ika. (kembali) |
| 187 | Kurang satu suku kata: sang dipati angandika. (kembali) |
| 188 | Lebih dua suku kata: kaatura wau dhatêng sang aprabu. (kembali) |
| 189 | Catatan: Aksara "na" terakhir pada kata "tinampanan" disisipkan di bawah gatra. (kembali) |
| 190 | Kurang satu suku kata: kêris ingkang dhapur kaya puniki. (kembali) |
| 191 | Lebih satu suku kata: gya tumamèng ngarsane kyana patih. (kembali) |
| 192 | dika. (kembali) |
| 193 | nora. (kembali) |
| 194 | Kurang satu suku kata: nora nana ingsun dulu. (kembali) |
| 195 | pandheningsun. (kembali) |
| 196 | konên. (kembali) |
| 197 | Kurang satu suku kata: sadandananira pisan. (kembali) |
| 198 | Lebih satu gatra: gatra ke-5 (12u) ada dua versi (dengan teks yang berbeda), dan versi pertama sesuai dengan guru wilangan Pangkur. (kembali) |
| 199 | sakathahe. (kembali) |
| 200 | Kurang satu suku kata: sakathahe iya wong pandhe sami. (kembali) |
| 201 | Lebih satu suku kata: ingsun ganjar padhukuhan sun nênggih. (kembali) |
| 202 | nanging. (kembali) |
| 203 | Kurang satu suku kata: nanging ingkang pandhe wau puniku. (kembali) |
| 204 | Terdapat tulisan tanggal pada tanda pergantian pupuh (madyapada) ini: 1737 Rabingulakir tanggal kaping 1 [6 Mei 1810]. (kembali) |
| 205 | apêkik (dan di tempat lain). (kembali) |
| 206 | Kurang satu suku kata: adhuh kulup putra mami. (kembali) |
| 207 | dhingin (dan di tempat lain). (kembali) |
| 208 | Biasanya guru lagu i: puniki. (kembali) |
| 209 | Lebih satu suku kata: samar ing dêdalan kaki. (kembali) |
| 210 | têrsandha. (kembali) |
| 211 | Kurang satu suku kata: kula yun anunut singgih. (kembali) |
| 212 | Kurang satu suku kata: nunutakên kaponakan. (kembali) |
| 213 | nglêrêsi. (kembali) |
| 214 | Catatan: terdapat dobel sandangan: êndhase atau êndhasi. (kembali) |
| 215 | kêris. (kembali) |
| 216 | Kurang satu suku kata: lah ta priye Ki Sura apa ta bakit. (kembali) |
| 217 | kiyai. (kembali) |
| 218 | upèh. (kembali) |
| 219 | angranji. (kembali) |
| 220 | sêmana (dan di tempat lain). (kembali) |
| 221 | Kurang satu suku kata: dhatêng Ki Sura sêmana. (kembali) |
| 222 | Tubin (dan di tempat lain). (kembali) |
| 223 | Terdapat tulisan tanggal pada tanda pergantian pupuh (madyapada) ini: 1737 Rabingulakir tanggal kaping 5 [10 Mei 1810]. (kembali) |
| 224 | Lebih satu suku kata: inggih nêgari Tubin. (kembali) |
| 225 | ingandikan. (kembali) |
| 226 | boyong (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 227 | Lebih satu suku kata: sak anak rayate sami. (kembali) |
| 228 | Kurang satu suku kata: atêtanya dhatêng Ki Sura sêmana. (kembali) |
| 229 | Lebih satu suku kata: iya wong tuwanira. (kembali) |
| 230 | Kurang satu suku kata: barênga lawan mami. (kembali) |
| 231 | gawa. (kembali) |
| 232 | Lebih satu suku kata: sampun nulya linilan. (kembali) |
| 233 | nênggih. (kembali) |
| 234 | Kurang satu suku kata: têtiyang kaki-kaki. (kembali) |
| 235 | kyai. (kembali) |
| 236 | Kurang satu suku kata: anadene dhapuripun. (kembali) |
| 237 | sudarma. (kembali) |
| 238 | Lebih satu suku kata: tiyang saking Blambangan. (kembali) |
| 239 | Kurang satu suku kata: apa gawenira têka kene iya. (kembali) |
| 240 | sampeyan. (kembali) |
| 241 | Lebih satu suku kata: sun tingalane êndi. (kembali) |
| 242 | mulabukanipun. (kembali) |
| 243 | Kurang satu suku kata: punika manira jujug. (kembali) |
| 244 | miyang. (kembali) |
| 245 | Majalêngka. (kembali) |
| 246 | Catatan: Aksara "ya" pada kata "iya" disisipkan di bawah gatra. (kembali) |
| 247 | Lebih satu suku kata: kili urubing damar. (kembali) |
| 248 | unjukkên. (kembali) |
| 249 | Lebih satu suku kata: ing ngarsaning narpati. (kembali) |