Babad Purubaya, British Library (Add MS 12308 a), 1813, #1050 (Pupuh 40–45)
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
--- [f. 135v lanjutan] ---
40. Dhandhanggula[1]
1. yèn suwawi lan karsa sang aji | abdi dalêm inggih anak kula | ingkang sawêg dhatêng mangke | saking nagri pukulun | Bêlambangan punika singgih | agadhah dhuwung ika | yèn kêparêng ulun | lan karsa dalêm patikbra | warnanipu[2] katura sampeyan gusti | abdi dalêm sang nata ||
2. dipun asta wau mring narpati | angandika alon sri nalendra | iya iki ta rupane | iya ta ing impèn ingsun |[3] sakêlangkung suka ing galih | iki ta iya apa | dhapure puniku | wêstane inggih punika | dhapuripun cêcandhong sampur kêkili | inggih urubing damar ||
3. yèn mêngkono iya iku pati | luwarana iya ujar ingwang | sira mukakatna[4] age | sakèhe wadyaningsun | balaningsun ing Majapait | lan ingsun ganjar ika | iya desaningsun | ing Sêndhang arane ika | iya iku kang sun ganjarakên singgih |
--- [f. 136r] ---
lan ingsun paring aran ||
4. iya pangran ing Sêndhang anênggih | wus mukakat kang para dipatya | punggawa nung-anung kabèh | sang nata nulya kondur | wus ngêdhaton sri narapati | kang nèng pênangkilan |[5] sampun bubar wau | Kyai Supa mantuk agya | pamondhokan[6] Kyai Supa rêmbag sami | lan rayi Supagatya ||
5. iya rêmbag manira puniki | anakira Ki Sura punika | sira gawaa ta mangke | marang Sidayu iku | sun srahakên ing sira yayi | anak para punika | sira monga iku | anadene ta manira | iya lungguh ana ing Sêndhang puniki | iya ta anakira ||
6. ya Si Sura puniku ta yayi | têmokêna lawan anakira | anadene ingsun mangke | manira bayong iku | maring Sêndhang iku ta mangkin | sêksana sigra mangkat | Kyai Supa gupuh | wus prapta sira ing Sêndhang | anadene Kyai Supagati singgih | sampun bayong sêdaya ||
7. sampun bubar sarayate singgih | dhatêng nagri ing Sidayu ika | wus prapta Sidayu age | Supagati putrèku | dèn ningkahkên lan Sura singgih | panggih lan anakira | Supagati sampun | nuntên lami-lami ika | Kyai Sura anèng ing Sidayu singgih | nêgarane raharja ||
8. lami-lami apêputra singgih | Kya Sura apêputra ika |[7] Ki Suprana kêkasihe | Kyai Suprana wau | lami-lami pêputra singgih | Ki Bêkêl Jati ika | sampun lama wau | Kyai Bêkêl Jati ika | apêputra lêlima puniku singgih | nahan ingkang kocapa ||
9. Jêng Susunan Ngatasangin singgih | atêtilar wêwêtêngan ika | wontên ing nêgari mangke | ing Bêlambangan puniku |[8] sang aputri kêlangkung singgih | dènnya prihati dahat | sangêt bangtinipun[9] | ingkang raka Jêng Susunan | Ngatasangin ingkang kacipta ing galih | lami-lami sêmana ||
10. sampun lair ingkang jabang bayi | miyos jalu pêkik warnanira | sampun alami ta mangke | kadya ngububan iku | kadya dinus ing banyu gigi | agêngira wêlagang | Ki Jaka puniku | umur kalih wêlas warsa | ingkang putra sêmana takèn sudarmi | ibu pundi pun bapa ||
11. ingkang ibu angandika [ang...]
--- [f. 136v] ---
[...andika] aris | adhuh nyawa anggèr putraningwang | nora duwe bapa anggèr | ramanira karuhun | duk kesahe anglangut ugi | kalane ingsun ika | lagi ngidham iku | angidham-idham kaworan | ramanira lungane dêlasan mangkin | tanbuh pêjah gêsanga ||
12. malah tinggal wêwêkas mring mami | ramanira iya maring ingwang | iya iku wêwêkase | yèn sêlamêta iku | wêwêtênganira ing benjing | benjang yèn lair lanang | aranana iku | iya Si Giri punika | lamun miyos putranira iku èstri | măngsa bodhoa sira ||
13. wêwêkase wong tuwanirèki | anadene nêgarane ika | ingya ing Tuban wêstane | kang dèn dalêmi iku | padhukuhan arane sing |[10] iya ing Ngampèldênta | Radèn Giri wau | sakêlangkung tusthanira | yèn mêngkatên ibu kawula apamit | nuwun lilah sampeyan ||
14. kula sohan dhatêng nagri Tubin | inggih kula dhatêng Ngampèldênta | kang ibu alon saure | dhuh nyawa putraningsun | aja lunga mas gusti benjing | sira lungaa nyawa | iya putraningsun | yèn nêgaranira ika | Bêlambangan ingkang sasigar puniki | iya pan duwèkira ||
15. ya wong tuwanira iku dhingin | Maulana iya têka Mêkah | ing Ngatasangin mulane | iya Islam puniku | lamun durung tuwajuh gusti | yèn durung têtêp sira | anêtêpna iku | agama Islam punika | kabèh-kabèh pêtakène iku singgih | iya wong tuwanira ||
16. yèn wus têtêp gama Islam singgih | iya iku kulup wadyanira | padha têtêpêna kabèh | nêgaranira iku | Bêlambangan têtêpna dhingin | iya nêgaranira | kang sasigar iku | iya kulup anak ingwang | yèn wis têtêp iya sira sun lilani | lunga ngulari bapa ||
17. sampun têtêp gama Islam sami | nagrinira iya Bêlambangan | ingkang sasigar ta mangke | nulya pamitan sampun | ingkang ibu sampun nglilani | nulya kesah sêksana | karsa nusul wau | dhumatêng kang rama ika | lampahira datan kawarna ing margi | siyang dalu lumampah ||
18. apan nusup ngayam alas nênggih | laminira iya anèng
--- [f. 137r] ---
marga | kalih dasa dintên mangke | datan adhahar wau | datan nginum toya puniki | siyang dalu lumampah | tan kawarna ngênu | prapta têpis wiring Tuban | sampun dhatêng wau Ngampèldênta singgih | sigra nulya apanggya ||
19. kalih kanjêng susunan anênggih | Ngatasangin wontên Ngampèldênta | nulya tinakenan age | lah ta sira puniku | bocah ngêndi sira puniki | Radèn Giri turira | inggih gusti ulun | tiyang saking Bêlambangan | milanipun kawula sohan ing gusti | arsa amanakawan ||
20. jêng susunan angandika aris | iya kulup paran sêdyanira | sira ngawula ngong mangke | Radèn Giri umatur | milanipun kawula gusti | kesah saking nêgara | Bêlambangan wau | kawula takèn sudarma | dhatêng ibu kawula kinèn ngabêkti | inggih dhatêng sampeyan ||
21. jêng susunan angandika aris | sapa rane babo ramanira | Radèn Giri tur sêmbahe | wartènipun puniku | inggih kanjêng susunan nênggih | Ngatasangin punika | warsi[11] pun ibu |[12] mila kawula punika | pêjah gêsang kawula katur sang yogi | inggih sumăngga karsa ||
22. wêlingipun pun ibu rumiyin | Kajêng Sunan Ngatasangin punika |[13] kang dhêdhepok iku mangke | dipun wêstani iku | inggih Ngampèldênta puniki | Susunan Ngampèldênta | kêraos ing kalbu | emut ing kala sêmana | waunipun mêmêling dhatêng kang rayi | wêwêkase mêngkana ||
23. jêng susunan ing Ngampèl anênggih | emut wau gènira wêwêkas | duk ingsun tirakat kae | marang nêgara wau | Bêlambangan puniku nênggih | ingsun dipun rêsaya | marang sang aprabu | sang raja ing Bêlambangan | anambani sang putri ingsun kariyin | sang putri sampun waras ||
24. sampun waras sang putri ing nguni | nulya wau tinrimakkên agya | marang ingsun iku age | sarta nêgaranipun | Bêlambangan sasigar uni | pinaringakên mriwang[14] | sasigare iku | iya misih têtêp ika | anèng Nata Bêlambangan iku nênggih | sasigar gama Islam ||
25. sampun têtêp puniku anênggih | agamane sang putri punika | angidham kaworan [kawor...]
--- [f. 137v] ---
[...an] mangke | nuli sun tinggal iku | apan ingsun mêmêkas dhingi | marang sang putri iya | dening wêkas ingsun | yèn wêtênganira iya | lamun lair lanang ta puniku nênggih | Si Giri aranana ||
26. yèn alair wadon iku nênggih | karêpira angarani ika | sarêng emut wêwêkase | kajêng susunan wau | angandika arum amani[15] | hèh iya sapa ika | aranira iku | Radèn Giri aturira | inggih kula pukulun aran pun Giri | susunan angandika ||
27. gya rinangkul kang putra sira glis | adhuh nyawa Giri putraningwang | sira nyawa wus agêdhe | Susunan Ngampèl gupuh | angandikan kang putra aglis | hèh Benang marenea | nyawa anak ingsun | yèn iki sadulurira | Bagus Benang wuwuse arum amanis | yèn mangkono ta sira ||
28. sira iku pan sadulur mami | angandika jêng susunan sigra | warahana ngaji mangke | iya Si Giri iku | yèn mêngkono nakingsun kaki | padha sira ngajia | nyawa putraningsun | Ki Benang ngaji sêmana | kalih pisan Ki Benang kalih Ki Giri | nahan ingkang kawarna ||
29. kang kocapa Ki Said puniki | pambêlunthahira |[16] totohan iku karwane | kece[17] gimêr lan dhadhu | lamun mênang kinarya ugi | awèwèh wong mêlarat | kang tan kongang iku | yèn ejang[18] wade kambêngan | lamun payu satak wus rêgane nênggih | tinumbas wong Jêpara ||
30. wus linêbokakên artanèki | jroning alang-alang inguyunan | nulya winade ta mangke | sabên-sabên puniku | lamun wade kambêngan nênggih | inggih kadya punika | artanipun wau | linêbokakên kambêngan | sampun jajah sakathahe pasar nênggih | miwah pasar ma Sêmarang |[19]|
31. malah wade kajêng iku nênggih | sêsanakan lan wong adol bikang | sabên enjing ing têkane | dados lênggananipun | wus kinongkon basane nênggih | mêngkana enjingira | adol bikang mêtu | adangu nganti tan têka | dangu-dangu sêmana [sê...]
--- [f. 138r] ---
[...mana] anulya prapti | lênggananira ngucap ||
32. alah êndi ta kayune ugi | dene nora gawa kayu ika | Ki Said alon saure | nora anggawa ingsun | nora duwe kayu puniki | nibok bakul angucap | jêladrène agung | iya nêm pêngaron ika | iya apa ingsun gawe kayu iki | apa ta tanganira ||
33. Radèn Said alon anauri | alah nêdha ta sira anggoa | dèn lêbokakên kêrêne | gêni dadi sumunuh | mulad-ulad[20] ing kêrên dadi | jêladrène wus têlas | sêmana wus mantuk | kalintang dènnya bêlasar | datan kêna sinayutan karya nênggih | dene rama bunira ||
34. Radèn Said sira anglangkungi | ambêlasar sira saba pasar | anggêndhot ingku karyane | anyuling ngêdhok wau | pan angêrbab karyane nênggih | sagung pasar punika | winiyosan wau | anggêndhot mênyanyi ika | lamun dalu têtêrbangan sabên wêngi | pêrapatên tăngga desa |[21]|
35. kesah saking nêgarane nênggih | pakaryane anglêlaya desa | wontên ing Jêpara gène | akrama putranipun | nyai gêdhe kasmaran nênggih | saya bêlasarira | yèn dalu mêmandung | raina angabên sata | myang atombok agimêr têlaga tari | yèn kawon maling ika ||
36. nulya sira ngabên sata malih | dupi kawon mangke sawungira | tumulya cinandhak age | sinêmpal-sêmpal sampun | cinêkêlan astane nênggih | denera wong akathah | rinampas sêdarum | pinetan sadarbèkira | nulya radèn anggêrgut wau sira glis | binuwangan sêdaya ||
37. kang sawênèh dhinupak binithi | padha tiba pan kêrangkang-rangkang | sawênèh putung sikile | sawênèh ana bênjut | ana muncar ludira abrit | wênèh tiba kantaka | kathah warnanipun | padha bubar alorodan | salang tunjang lumayu arêbut dhingin | samya ajrih sêdaya ||
38. sampun [sa...]
--- [f. 138v] ---
[...mpun] kesah radyan tan asari | datan arsa mantuk wismanira | dadya ngadhang dalan mangke | ing wona jati sampun | pêrnahira angadhang margi | si wong liwat binegal | pêjah kang marga gung | malah angalih dêdalan | ing wong satus rongatus ingka[22] tan wani | nahan ingkang kocapa ||
39. ing Polembang sang putri anênggih | putra kalih sami jalu ika | Radèn Patah pêmbayune | nênggih bêbêktanipun | sang aprabu ing Majapait | kala ngidham kaworan | pinasrahkên wau | sira sang putri ing Cina | patutane lan Arya Damar satunggil | Radèn Usèn kang nama ||
40. putra lanang kalih iku nênggih | warnanira mangke kadya kêmbar | samya sira ing baguse | mapan diwasa sampun | Arya Damar lingira aris | marang sang pramèsyara | adhuh garwaningsun | putranira wus diwasa | yèn kang tuwa sêmbada lawan ta yayi | sun jênêngakên nata ||
41. gumantia jênêng ingsun iki | sutanira kang pêmbayun nyawa | Radèn Patah pêryogane | dadia patihipun | Radèn Usèn arinirèki | ulun asrah nêgara | ambêgawan ingsun | mumpung ingsun maksih gêsang | amomonga Radèn Patah dadi aji | anèng nagri Palembang ||
42. pramèsyari Cina angling aris | nulya ngucap kakang gih prayoga | iya iku sêmangsane | sêdyane ing tyas ingsun | marang putra dika kêkalih | maksih timur punika | dèrèng ungsumipun | lamun jumênênga nata | putranira karo pisan kang dèn sandhing | sami kèndêl lingira ||
43. Arya Damar sigra dènira ngling | hèh sang pramèsyari putri Cina | anênggih puniku têmbe | sami jumênêng ratu | Radèn Patah anèng ing Jawi | puwara Raja Sêlam[23] | sirna Maoslangu | raja kapir pan ginêtyan[24] | mangku Jawa sineba ing para aji | Jawa tanpa sisihan ||
44. lêhêng mangke jumênênga aji | mumpung ingsun mênangi agêsang | măngsa wandea ing têmbe | sutèng ulun puniku | dadi aji anyakrawati | têrsna mring sutaningwang | têrsnaku sumunu | sun
--- [f. 139r] ---
pêrdi dadia nata | gumantia ing jênêng ingsun nêrpati | amêngkua nêgara ||
45. pramèsyari putri Cina angling | anak ingsun Radèn Patah sira | idhêpên mangke ujare | sira dadia ratu | mumpung ingsun mênangi urip | pangregol marang sira | yèn dadia ratu | lan eca gèn ingsun nendra | lan abukti yèn sira wus dadi aji | gumanti ramanira ||
46. Radèn Patah sira matur ririh | ulun iki lênggana ing karsa | ginantèkakên ing mangke | yèn gumantia ratu | dene un[25] mudha ing mukti |[26] dèrèng wruh ing sêsmita | wadyanira agung | wadya angsung ing paguyyan | lamun kula gumantia ing narpati | dèrèng jumênêng nata ||
47. wong jumênêng nata digbya luwih | mapan ingwang ciptanirèng wadya- | bala tan wruh sêsmitane | dèrèng jumênêng ratu | iya iku ratu linuwih | yèn ratu tan mêngkana | nistha jênêng ingsun | sayêkti wadya sêdaya | ngayun-ayun panjênêngan ratu adil | yêkti nêgara karta ||
48. un iki dèrèng wruh ing sakit |[27] ing nêgara yêkti dadi nistha | dadi paguyyaning ngakèh | dene wong mudha punggung | yêkti awèh surêm nêgari | adil pan dèrèng wikan | dadi ara-uru | dadya sakèhing kang bala | pan wus wikan yèn mudhane sri bopati | nganggo sakarsanira ||
49. Arya Damar èmêng tan maoni | ing wêcananira Radèn Patah | abênêr ika ature | myang pramèsyarinipun | putri Cina tan kêna angling | mirsa ingkang wêcana- | nira ingkang sunu | Radèn Patah pan pêryoga | lir wong tuwa sêmune pan wus gumanti | ingkang awèh titipan ||
50. nahan ingkang rahadèn sumiling | Radyan Patah sumungkêm ing manah | tan sênès pasingkabane | sang yyang arka sumurup | mangsanira kang têngah wêngi | Radèn Patah kagêntyan | dahatirèng sêmu | nir tyas wutining[28] ngakathah | ngangkên-angkên sarira pan wus udani | yèn dadi raja mudha ||
51. Radèn Patah amayani êning | manahira anor yèn aprana | dèn rug agati
--- [f. 139v] ---
têmahe | anglir arya amuluk | lamun tinon salêb[29] ing yêkti | ing wêngi ciptanira | iya satus taun | agring umulat ing wadya | Radèn Patah wus uninga mangke iki | asma jalma utama ||
52. Radèn Patah lalos saking puri | kang tinurut urung-urung toya | sampun miyos byantarane | andarung lampahipun | cipta suci dipun lampahi | amyarsi waryyantunan | ika kang mituhu | upama ing wonatara | ngiring-iring jurang jo[30] kang dèn lampahi | kabyat nêmpuh ing parang ||
53. mèh raina sêmu bang angrawit | rikana sang ing wona apadhang | sata wona anjrit kabèh | mêrak padha anguwuh | yèn jalmaa padha wèh margi | kadya tinundha-tundha | asrang pêksi ênu | mung manuk sata wêcana | yèn jalmaa unine kadya ngaruhi | rahadèn alèrèna ||
54. saliranira radèn puniki | yêkti lêsah yogya arèrèna | jahning mani[31] têlagane | kadya langit puniku | kang tambang mas wulan upami | wulan sêdhêng purnama | kusuma sumawur | lintang sari pandhan lumrah | sari ika lir jala gănda awangi | kongas marang rahadyan ||
55. tunjung kucup pan kumumbung[32] mangkin | padha gayah arêbutan panjang | upama ika tangane | marêm mangênjali ku | yèn jalmaa mangkya sira ngling | rahadyan sira mulat | kabèh mangkya ulun | lung-lunngan[33] gadhong[34] ing marga | pan rumambat yèn jalmaa ngudanèni | padha ngawe ing asta ||
56. kyèh têlaga gêng ana têpining | ing têlaga anêdhêng wohira | kyèh nalutuh lir balange | liman alas pan agung | ing taruni manini jahning | punika kang dèn balang | yèn jalmaa muwus | rahadyan mênawi raryyan | ing têlaga masduning jahni mêmani | talmagêng yèn ngucapa ||
57. Radèn Patah rêmên aningali | ing têlaga nulya sira raryyan | alinggih anèng têpine | kabèh anêdhêng sampun | wontên lastri tinon padha sri | wite sangwiji[35] [sang...]
--- [f. 140r] ---
[...wiji] kêmbang | matêng sawohipun | samya nyadham kamropokan | wohing bulu runtuh gêlar kêmbang dhangi | kadya anèng buntala ||
58. wohnya dadi catur dasa warni | kadya alyas radyan pan kasmaran | ya raspanènya manise |[36] anênggih patang puluh | yèn jalmaa padha sira ngling | rahadyan adhahara | manise woh ulun | pangucape kêmbang uga | padha madhêp sêdaya ingkang ningali | manglung ing Radèn Patah ||
59. ingkang madya rara dèn tingali | kêmbangira sampun dènnya mawas | mapan mêsat ing wangane | kadya sira manêmpuh | panging adoh soka myang inggil | mandana ulah panduga |[37] mamêsah manungsuh | măndraning nim[38] bramaranya | pan angangkên wanodya puniku angling | marêp marang rahadyan ||
60. kayu alas kabèh padha wangi | lir kalêmbah mrik wrarksa[39] cêndhana | miyosing[40] adas lan cêngkèh | kasturi kayu garu | nagasari lawan kumuning | widasari cêmpaka | lawan pacar banyu | andong bang lan kanigara | argulonya gambir lawan mêlathi |[41] anjrah sêkar sridênta ||
61. pêrtalanya lir sêlaka putih | karikil lir manik pathi ika | căndrakanta lalan[42] mangke | suryakanta bra murub | mirah intên jêmantên adi | nawa rêtna pêkaja | ujyalanya murub | ing wêngi nulya raina | sang yyang surya kasoran ujyala manik | merang marang ujyana ||
62. Radèn Patah lir sakit sayêkti | ciptanira lir wraksa cêndhana | dèn ina dinadar dumèh | pêmangsulnya mring arum | dene budi wahya wiyadi | kèsisan roning ima | nirmala sumunuh | sang netya sêtya suseta | silarsakèh gêlah-gêlah tata suci | byat pêsthika maya |[43]|
63. sakathahe buron wona sami | pan kapindho kênèsnya lumalya | amirsa dhatêng rahadyèn | ing wonatara rawuh | yèn jalmaa padha sira ngli[44] | padha seba ing alas | katingal ing ulun | ambaurêksa rahadyan | pama rawuh wonga magêrsari sami | ngubêngkên Radyan Patah ||
64. liman [lima...]
--- [f. 140v] ---
[...n] alas limang puluh kèhning | pan gumantya mangke rêbat karya | ya ta adawa gadhinge | dene prasamya lucut | mapan cêdhak sinasah mangkin | ing wau rinang ika | yèn jalmaa muwus | dèn yêtna[45] gènnya lumampah | ewuhêna mênawa kêna ing gadhing | sami las sale lalya ||
65. prapta liman mêndhak kadya jalmi | yèn jalmaa matur ing rahadyan | mênawi tumanduk age | nungganga gigir ingsun | lawan singa jajar alinggih | ing nguni pan nirbaya | lawan gajah satus | lan warak kêlawan agra | padha muni yèn jalmaa padha angling | madhêp karsane radyan ||
66. Radèn Patah amadhêp ing ati | aningali wona gung akênas | miwah wraksanira kabèh | ciptanira matêrnyuh | gunung kadya subrăngta ngati | panging kayu kawuryan | alurus dinulu | mapan tinampan ing manah | praptanira lir pendah upama taji | amanah jajaningwang ||
67. Radèn Patah suwung nèng wanadri | yèn alawas risaksananira | sampurnane sarirane | subrangtanira nglangut | nulya matur maring Yyang Widi | hèh bêthara kang mulya | tingalana ingsun | baya lali duwe wadya | ing jangjine jênênging kawula gusti | tan kêna pinisahna ||
68. datatita lingira ing nguni | kang kocapa raja ing Palembang | Sang Arya Damar ta mangke | tas raina wau |[46] punang cèthi anjrit kêpati | kang tunggu pêsarean | Radèn Patah wau | murca saking pagulingan | Radèn Usèn mirsa panjrite pawèstri | tarkanira wus wikan ||
69. Radèn Usèn wus lumayu aglis | andhingini wadya ing Palembang | dènnya ngulati kakange | nulya manjing wana gung | Arya Damar wus ngati-ati | mirsa wong pêsarean | tangise gumuruh | sarêng opyak wong jro pura | samya matur dhatêng Arya Damar nênggih | putra paduka ical ||
70. Arya Damar lan pramèsyari |[47] nulya gupuh ngulari kang putra | dèn gêmêti kêratone | nyata yèn sampun suwung | putra kalih tan ana puri |
--- [f. 141r] ---
Radèn Usèn punika | kang rama tan wêruh | yèn anusul ingkang raka | tarkanira kang putra kêkalih nênggih | sarêng musna byantara ||
71. Arya Damar mijil saking puri | nulya gupuh ngulari kang putra | ing jawi kitha ubênge | Arya lan garwanipun | sami sira anitih èsthi | têlas jawining kitha | ngulari kang sunu | tan ana mangke kapêdhak | malah têka lampahan sadalu margi | putêk Ki Arya Damar ||
72. Arya Damar wuwuse amanis | hèh sang putri Cina ariningwang | datan anyana rahadèn | karo datan kêpangguh | datan owah janjining Widi | tan kêni ngrekadaya | pan wusing Yyang Agung | piniyak yayah lan rena | pirabara sira sinungan pêpanggih | benjang lan anakira ||
73. pramèsyari mênêng pan lumiring | wus pinupus lan karsaning Sukma | Sang Arya mantuk sira ge | wus rawuh ing kêdhatun | myang sakathah kang bala mantri | samya mantuk sewangan | dhatêng griyanipun | sawadyabala Palembang | jalu èstri samya sira sêdhih kingkin | ratu kecalan putra ||
74. ri sampunnya lingira ing nguni | kang kocapa Radèn Usèn ika | prapta ing wonatarane | kandhêg ing lampahipun | radèn nulya wau ningali | mangulon ngalor ngetan | kang kidul kadulu | tan ana jalma katingal | Radèn Usèn mêmènèk wrêksa waringi[48] | inggil tanna mêmadha ||
75. Radèn Usèn nulya aningali | ngetan bênêr sayogyane ika | ya emut maring kadange | pinggir têlaga lungguh | Radèn Usèn angling ing ati | nyata ika si kakang | ing panduganingsun | yèn ingsun amaranana | ing manahe mênawa ulun pinanggih | ingutus dening rama ||
76. yêkti kagèt si kakang puniki | manahira ing pênyananingwang | kinon mulih mring sang rajèng | yêkti duka maring sun | Radèn Usèn mugun[49] tumuli | nulya lumampah sigra | pinaliwat sampun [sam...]
--- [f. 141v] ---
[...pun] | kira-kira sapaningal | têbih nora wêtara kèksi ningali | yèn ingkang rayi liwat ||
77. pan kawuri Radèn Patah angling | Radèn Usèn ari marenea | pan ingsun ana ing kene | Radèn Usèn awangsul | kapiyarsa kang raka angling | anulya sarêng mulat | arine cumundhuk | manêmbah mring kakangira | Radèn Patah anulya dipun sungkêmi | anangis arinira ||
78. Radèn Patah sigra dènira ngling | ari Usèn maring ngêndi sira | atur sêmbah Radèn Usèn | kakang dinukan ulun | dening rama dika sang aji | dene kula lênggana | kinarya sang prabu | kinara[50] patih tan miyang | kula nênggih tinundhung dene rama ji | lunga saking paseban ||
79. mangke iki nusul mring wanadri | nyananingwang kakang sampun prapta | lah dawêg mring Jawa age | ngawula Majalangu | Brawijaya digbya ing Jawi | kawarti tanah sabrang | praptaning kang mungsuh | ambêk sandu[51] palamarta | sarya boga suta palamarta adil | Jawa tanpa sisihan ||
80. Radèn Patah sigra dènira ngling | ari Usèn mêngkono karsanya | ingsun iki mangke rade[52] | karsanira sun anut | aja pisah sira lan mami | pêjah gêsang arênga[53] | sira lawan[54] ingsun | anulya sira lumampah | ana uwong bêbegal kêkalih nênggih | angadhang anèng dalan ||
81. purwanipun bêbatoh kariyin | donyanira mangke malah têlas | malah ing suta lamine | tinohakên puniku | anggurangsang manah tan bêcik | dadya wong bêbegal |[55] ing ingêtal myang dulur |[56] pun Supala kang atuwa | pun Supali arinira kang taruni | manahira lir buta ||
82. pun Supala lawan pun Supali | ngêmbat lawung apan numbak lêmah | kurang mungsuh sanetyase | anandêrakên mamprung | alok-alok acêrik-cêrik | pun Supali gya ngucap | maring kakangipun | kakang Supala ngong mulat | wong lumampah ing ngayu[57] kèhe kêkalih | pan ika pangan ingwang ||
--- [f. 142r] ---
83. Radèn Usèn sigra dènira ngling | kakang Patah ana wong bêbegal | kêkalih ngadhang dalane | angadhang ing dêlanggung | lah ta kakang dèn yitna ugi | iya yayi mirea | ingsun mapag purun | karo pisan ngêmbarana | wong bêbegal tan antara nulya prapti | Supali lan Supala ||
84. angadhangi mring radèn kêkalih | iya uwong roro kang aliwat | ana ing wonatarane | sapa sira jênêngmu | Radèn Usèn mangkya sira ngling | lah sapa jênêngira | angadhang dêlanggung | aja sira salah karya | lah mirea ingsun lumampah ing margi | aja ngandhêng[58] wong liwat ||
85. jênêng isun Supala Sêpali | kang duwèni dalan wonatara | sun gawe sandhang pangane | amêgati dêlanggung | singa liwat ingsun dhèdhèli | ing pênganggone ika | tumbak lawan dhuwung | iku pêsthi duwèk ingwang | ho[59] wong roro aja si kakewan[60] pikir | atilara busana ||
86. Radèn Usèn sigra dènira ngling | hèh Supala Supali tan suka | ingsun sira jaluk bae | sae pênganggenipun | sun rewangi têka ing pati | mêngko sira ambila | saking badan ingsun | yèn ingsun uwis palastra | karsanira Supala lawan Supali | sigra nulya nêrajang ||
87. Radèn Usèn cinandhak tan kêni | kinêmbulan wong roro aniba | kasaliring ing tindake | jongor untunya runtuh | tan angrasa Supala Pali | tangi nulya nêrajang | anuduk pan luput | mangke kadi wêwayangan | Radèn Use[61] pangadêgira tan gingsir | tinêngên lan kiniwa ||
88. panuduke tuna niba tangi | krangkang-rangkang kêna ing kêparat | lumpuh dumuh cintrakane | sêsambatnya mlasayun | sapuranên ingsun puniki | yèn kula waluyaa | kadia rumuhun | punaginingsun ngawula | dhatêng dika saênggèn dika tut wuri | tulus dadi abdinya ||
89. Radèn Usèn sigra dènira ngling | kakang Patah punapa rèh dika | kang begal iki ature | Radèn Patah amuwus | yayi Usèn lamun pêryogi | Supali lan Supala | warasna puniku | muliha ing wismanira [wisma...]
--- [f. 142v] ---
[...nira] | ingkang dhingin mrisa Supala Supali | cintrakane wus sirna ||
90. Radèn Patah ciptanirèng galih | pan kêparêng karsaning Yyang Sukma | dhatêng ingkang arat gêdhe | lisus anginnya agung | anut wrêksa kayu bajraning | sêmpal kapêrapal |[62] rug tal kayu kêpuh | sakèh wrêksa wonatara | pun Supala Supali mangkya ngastuti | kabub[63] dening maruta ||
91. mring gêgana Supala Supali | sampun prapta madyaning antara | saalap-alap gêdhene | lamun sira dinulu | nulya sira amblês wiyati | tan atara Supala | Supali wus mudhun | tumiba ing wismanira | sarasane lir ana kasur gêguling | ăngga lir kinêpêtan ||
92. Radèn Usèn sigra dènira ngling | kakang Patah yèn pêryoganira | lah nêdha lunga ing kene | ing pasisir jinujug | nêdha ngadhang juragan sami | mênawa ana liwat | nêdha padha nunut | Radèn Patah amêryoga | ing ature Radèn Usèn ingkang rayi | sigra nulya lumampah ||
93. radèn kalih amurang ing margi | wonatara tan boga anendra | angungak gunung ujunge | pasisir pan kadulu | gunung luhur manglung jêladri | gunung pan kaunggahan | dening robing banyu | papan asri tiningalan | ing pantêse dadya yogyaning sang brangti | Radyan kalih kapêgat ||
94. Rasamuka pêrtapan kariyin | yogyanira pandhita utama | radèn sarju ing galihe | kang yugya dènnya nêngkung | tigang wulan rahadyan kalih | wrêksa kae kang patra | angaubi sampun | ana juragan alayar | ing samodra kirang toya ngambil warih | ki juragan kapinta ||
95. ki juragan nulya aningali | pinggir Gunung Rasamuka ana | wong tapa kêkalih mangke | ki juragan amuwus | yèn kênaa lumampah aglis | palyanipun alayar | sun marêk sang wiku | kang tapa ing Rasamuka | sun ngabêkti ngaturakên pati uri[64] | nulya obah [o...]
--- [f. 143r] ---
[...bah] kang palya[65] ||
96. dyan lumampah palwanira aglis | yèn jalmaa ciptanirèng driya | angajak mangke rahadèn | ki juragan amuwus | baya iki karsaning Widi | hèh sakèhe pandhega | nêdha abêbilun | dinunung ing Rasamuka | karsaning Yyang payo marêk ing sang yogi | kang tapa Ngrasamuka ||
97. ingkang palwa lumampah lir angi[66] | sigra dhatêng pinggir Rasamuka | nulya kandhêg ing pinggire | juragan nulya mudhun | dyan tumêdhak sira ing ardi | minggah dhatêng pêrtapan | pan sêdyane iku | sasêdanira mring radyan | nulya marêk juragan mring radèn kalih | kagyat nulya tur sêmbah ||
98. tan adangu ampuhan gêng prapti | pacawura rug ingkang pêrtala | gagrog[67] sêmpal kayu kabèh | pokah kayon kèh rubuh | kang sawênèh larod[68] kang siti | pêrtadha jalma prapta | ampuhan angêlun | pêtêng dhêdhêt alimêngan | tan kadulu sakêdhap radèn kêkalih | juragan agya ngucap ||
99. lah sang bagus radèn digbya sêti[69] | kula marêk sajatining wênang | agya sira drigamane | Rasamuka ing gunung | pan punika langkung awêri[70] | jalma mara pêjah |[71] kêlangkung asingup | aning ingkang pêngalapan | dene ika sun tingali jalma luwih | ana ing Rasamuka ||
100. sukêtane ing Gunung Mêrapi | ingkang ala aniba kantaka | malah si têka patine | liya saking pukulun | datan ana ingkang nginggahi | Rasamuka punika | ing purwane ulu[72] | marêk amunggah pêrtapan | pun juragan matur marang radèn kalih | kawula darbe niyat ||
101. sapraptane ing samodra nênggih | Rasamuka kandhêg kang baita | digbya mangke ing singite | dadya marêk sang ulun | dhatêng ing sang ulun bêktèni | ngaturkên pêjah gêsang | sakarsanira nut | dene dukane sang măndra | ulun ingkang adarbe ujar ngabêkti | katura mring rahadyan ||
102. sang pandhita pundi ing purwèki | sangkan kita munggah ing pêrwata | ing Rasamuka ta mangke | sigra ngucap sang wiku | kya juragan pan jênêng mami | Arya Damar Palembang | sarya boga agung | salir putra awisesa | palamarta ambêk sandu lawan adil | pan akèh sananira ||
103. akèh sutanira digbya sêkti | pan ariku amung ingsun dhawak | suta kang mandi dongane | purwanipun tinundhung |
--- [f. 143v] ---
dene yayah ulun puniki | dene ingsun lênggana | ing parentahipun | kinon gumantia nata | ing Palembang nulya ngong tilar nêgari | marmane anèng paran ||
104. ki juragan lamun sira mulih | maring Jawa sun nunuti sira | manira nunggang palwane | ki juragan umatur | sokor[73] bêgja sang maha yêkti | kita dhatêng ing Jawa | dadyaa panunut | wadya Jawa ingkang mudha | damarana pêtênge nêgari Jawi | kita dadia pandam ||
105. apan kita ulun ta puniki | yèn suwawi panduka ngajawa | radèn dadia pandame | pan kawula ing besuk | angabdia ing dika gusti | ya ta Rahadèn Patah | alon dèn amuwus | Radèn Usèn angêndika | padha-padha sira kêlayyan Yyang Widi | aja kumambang driya ||
41. Maskumambang[74]
1. ki juragan kalihan rahadèn kalih | wus mudhun sêksana | nitih palwa radèn kalih | katiga kyai juragan ||
2. babar layar baita lumampah aglis | kadi kuda ngêrap | nulya dungkap ing pasisir | wus prapta ing Surabaya ||
3. Radèn Patah kacaryan sira ningali | dhatêng Ngampèldênta | Radèn Patah lan kang rayi | kandhêg anèng bale panjang ||
4. cêrabakan wong akèh alon puniki | aran Wasi Raga | mring bale panjang anênggih | Ki Jaga Wasi tumingal ||
5. pan ki wasi tumingal mring radèn kalih | anglir Kamajaya | Ki Jaga malêbèng puri | atur uninga pandhita ||
6. lah ta pangran gusti wontên tamu druwi[75] | wontên bale panjang | Sunan Ngampèl ngandika ris | apa ta tumênggung dêmang ||
7. nulya lèngsèr susunan saking ing kathil | wus munggèng buntala | lir kilat lilatul kadri | nênggih ulun kêdhatêngan ||
8. gêlarana lêlante kinarya linggih | babut lèmèkana | sampun dènira miranti | dènnya masang palinggihan ||
9. ingadhêpan dupa ingkang luwih amrik | kang kinarya wrêksa | kungkuma lawan kasturi | gandanya amrik angambar ||
10. Jaga Wasi tumulya sira umijil | mêndhak anèng ngarsa | ngaturi rahadèn kalih | dhumatêng ing ngabyantara ||
11. Kanjêng Sunan Ngampèldênta
--- [f. 144r] ---
sigra angling | manjinga ing pura | lumampah rahadèn kalih | dhumatêng ing ngabyantara ||
12. nulya cundhuk mring kanjêng susunan aglis | kang dhatêng linggiha | susunan ngandika ari | kaki pundi kang pinăngka ||
13. pan kacaryan manira mring sira kaki | ki putu wêcaa | umatur rahadèn kalih | kawula sang apêndhita ||
14. Jêng Susunan Ngampèldênta sigra angling | kae putu uga | tan samar sira ta gusti | dupi sira padha têrah ||
15. wus kêrasa ing solah kêlawan uni | iya sun wêtara | wong agêng kang duwe titis | radèn kalih nulya ngucap ||
16. lah sang wiku kadipundi ta kang wangsit | kêtaraning jalma | dyan kita wikan ing wangsit | Susunan Ngampèl ngandika ||
17. kae putu netya têngêraning ati | kêbayaning ujar | ulat andik sêmu liring | panêngêran bêcik ala ||
18. tindak-tanduk solah mona lawan muni | nyata panêngêran | bedane yèn wong wiyadi | ing lair gèn kênyataan ||
19. Radèn Patah Radèn Usèn angabêkti | dhatêng sang pandhita | manêmbah kajêm[76] ing siti | mangusapi ing suku sang ||
20. sang pandhita ngandika rahadèn kalih | iya putuningwang | ulun dira sêmbah uni | lamun ta sira tan wikan ||
21. ulun iki lumampah dika jarwani | sang pandhita ngucap | sira rêp wêruh titi |[77] kang ingaran sêmbahira ||
22. iya iku kang wêruhakên ing ngêlmi | sêmbah kaping tiga | sêmbang[78] marang ing Gusti |[79] dene kang murba wisesa ||
23. kaping pate maratuwa dèn bêktèni | dening dana rasa | wong atuwa lawan kaki | iya kang sinêmbah ika ||
24. mêruhakên ing ala kêlawan bêcing[80] | Radèn Patah ngucap | iya nyawa pada[81] yêkti | sang pandhita lingnya ngucap ||
25. tan pêrbeda ulun lawan sira kaki | kalane duk kina | anglêlana sun kariyin | atilar ing yayah rena ||
26. ulun iki sayêkti dede wong Jawi | kang aduwe anak | putri Cêmpa kang sayêkti | putu iya bapak ingwang ||
27. saking tulèn iya têrah saking nabi | ya ta angêjawa | kang Pangeran Makdum iki | kang nêgari ing asmara ||
28. iya
--- [f. 144v] ---
iku kang pêputra marang mami | putra ingkang tuwa | kang dulur biyangmu putri | sadina owah ping sêpta ||
29. iku uwa pêrnahipun kaki kalih | kakang Prabu Jawa | iku akèh tinjo mami | lumaku ing tanah Jawa ||
30. ulun iki ana ing masigit mangkin | wong ing Surabaya | kang Sêlam-sêlam anênggih | marang ulun atut wuntat ||
31. sawêrnine kang sêdya Sêlam puniki | nora winangênan | kang sêdya Sêlam puniki | nanging Jawa maksih kopar ||
32. ulun iki sayêkti dede trah Jawi | pae kaya sira | parentah ing nungsa Jawi | wus pinasthi babo sira ||
33. sakathahe manungsa Jawa puniki | sira kang marentah | lan sapa putu kang nami | radèn kalih atur sêmbah ||
34. Radèn Patah lan pandhita asih sami | Usèn ariningwang | sang pandhita ngandika ris | agamaa Islam sira ||
35. sampun gama Islam sira radèn kalih | apan pêsthining Yyang | ing ala kêlawan bêcik | apan ing nwasesaning[82] Sukma |[83]|
36. Radèn Patah alami datan winarni | anèng Ngampèldênta | Radèn Usèn ngandika ris | dhumatêng ing kakangira ||
37. kakang Patah kadya punapa puniki | apan arsa ngwula | kawula anêdha idi | Rahadyan Patah angucap ||
38. ari Use[84] lah iya têka utami | sira angawula | asawita Majapai[85] | nanging ingsun arèningwang ||
39. apan sami gama Islam sampun manjing | miwah gamanira | ari Usèn ayya lali | sira ana raja kopar ||
40. ayya lena gama Islam sira kaki | iya lah miyanga | maringa ing Majapait | sun pêrcaya prajanira ||
41. Radèn Usèn dhumatêng ing Majapai | tan kocap ing marga | nêgari ing Maospait | siniwi kang wadyabala ||
42. Radèn Usèn wus dhatêng ngisor waringi[86] | kurung Majalêngka | ambungkuk dènnya alinggih | tumungkul sirèng pêrtala ||
43. Brawijaya angandika mring Ki Patih | Gajahmada sapa | kang linggih ngisor waringin | lah egal sira priksaa ||
44. nulya mudhun Patih Gajahmoda aglis | anulya lumampah | wus dhatêng ngisor waringin | Radèn Usèn nulya tămpa ||
--- [f. 145r] ---
45. hèh ta sapa kang ana ngisor waringin | ngêndi wismanira | lan sapa ingkang wêwangi | kêlawan anake sapa ||
46. Radèn Usèn aran kula kiyai |[87] asêdya ngawula | suwita ing Majapait | ki patih dyan aturêna ||
47. nulya kondur Patih Gajahmada aglis | marêk marang ngarsa | kawula matur sang aji | ulun kita karya duta ||
48. amariksa kang wontên ngisor waringin | jalma tanpa sangkan | anging kajêngipun gusti | arsa suwita sang nata ||
49. Kae Usèn kasihipun sang dewaji | ya ta angandika | Brawijaya Majapait | sira dadèkna wong magang ||
50. nulya awor wong magang Usèn ing mangkin | ri sampun alama | suwita ing Majapait | Radèn Usèn kinasihan ||
51. pan kinulawisuda jinunjung linggih | apan pinaringan | wong salêksa kang lêlinggih | sarta dèn paringi aran ||
52. Ki Dipati Têrung namane nênggih |[88] kêlangkung wibawa | Ki Dipati Têrung nguni | ciptane madu kusuma ||
42. Dhandhanggula[89]
1. datatita lingira ing nguni | kang kocapa sira Radèn Patah | kang nyantri Susunan Ngampèl | widigbyanira punjul | lawan sakèhing para mantri | Susunan Ngampèldênta | sigra dènnya muwus | putuningwang Radèn Patah | sira iki alama dènnya angaji | sira dadi pandhita ||
2. lakonana tataning nêgari | Radèn Patah lah sira rabia | putuningsun yu rupane | Radèn Patah anuwun | tan lênggana ulun puniki | karsaning pandhita |[90] inggih kawula nut | taha lamun lêngganaa | sêbda tuwan murangêna durakaning | tumama cinêngkara ||
3. tan atara Radèn Patah kawin | lan wayahe sang nata pandhita | Nyai Gêdhe Mêlakane | ingkang adarbe sunu | kang pêmbayun ingkang pêpanggih | kêlawan Radèn Patah | dadi jadhonipu[91] | lama-lama tan winarna | Radèn Patah umatur dhatêng sang yagi | ulun andikakêna ||
4. tuduhêna kawula puniki | yogyanipun kula dhukuhana | ing pundi wona arane | Susunan Ngampèl muwus | lah ngulona bênêr sira glis | yèn ana wonatara | gêlagahe arum [aru...]
--- [f. 145v] ---
[...m] | iku sira yogyanana | wonatara ing buri puniku benjing | dadi nêgara gêmah ||
5. Radèn Patah manêmbah nulya mit | anglampahi tuduhing pandhita | lumampah radèn mangile[92] | anêratas wana gung | madyanira nulya kêpanggih | gêlagahnya winiyak | gandanipun arum | rahadyan nulya araryyan | wonatara anênggih wona puniki | ngaran wona Bintara ||
6. Radèn Patah atêtruka mangkin | babad alas nulya dhinukuhan | anjênêngakên masjide | dadya Jumungahipun | têpis wiring ingkang dhatêng |[93] dadya wisma Bintara | mapan manjing guru | sumuyud mring Radèn Patah | dadya gêmah ing wona Bintara singgih | kasusra nagri liyan ||
7. kawarnaa lamine ing mangkin | kang kocapa Prabu Brawijaya | Majapait nêgarane | siniwi lêmahdhuwur | pan pinarak dhêdhampar rukmi | pinatik nawarêtna | alêlèmèk babut | pêpak putra lan sêntana | adipati tumênggung lawan ngabèi | răngga dêmang lan Nata ||
8. Brawijaya angandika aris | lah ta juru tênung tabid ika | lan juru nujum ta mangke | benjang sapungkur ingsun | apa ana ingkang gêntèni | satêdhak-têdhak ingwang | ana Majalangu | jumênênga Brawijaya | kadya ingsun lah jawabên dipun aglis | pun juru tênung ngucap ||
9. gih sang nata kantun tigang siking[94] | titis têdhak iya dadi nata | anggêntosi ing sang rajèng | pan dadi ratu agung | lah ing têmbe ngalih nêgari | inggih têdhaking nata | ing Mêtaram nêngguh | kèdhêp sakèh Ratu Jawa | padha seba anênggih jatêng[95] Mêtawis | ratu tanpa tandhinga ||
10. sri nalendra aluwaran aglis | wus lumêbêt dhatêng dhatulaya | widigbya ing kêprabone | sigra sira macundhuk | lan sang putri ing Darawati | tan kawarna sêmana | wau sang aprabu | nimbali rêkyana patya | Sêpêtmadu umijil prapta ing Jawi | ki patih angandikan ||
11. kyana patya sêksa lumaris |[96] gya lumêbêt dhatêng dhatulaya | tumamèng ngarsa sang rajèng | Sang Prabu Maoslangu | angandika dhatêng ki patih | sira dèn marang ngarsa | ki patih wotsantun | sigra majêng awotsêkar [awotsê...]
--- [f. 146r] ---
[...kar] | dhêdhoyokan rêkyana patih wotsari | sang nata angêndika ||
12. kayaparan wartane apatih | anak ingsun iya Arya Damar | ki patih atur sêmbahe | inggih gusti pukulun | putra dalêm kinèdhêp singgih | sagung nêgari sabrang | sêdaya cumundhuk | atur putri angawula | Siyak Siyêm ing Kaos lan Sokadani | ing Lampung Acèh seba ||
13. kyana patih patih matur awotsari |[97] yèn suwawi lawan karsa nata | Ki Arya Damar ing mangke | pinriha pêjahipun | datan wande ing benjing gusti | angrabasèng tuwan |[98] yèn sampun akumpul | lan wadyabala ing sabrang | milanipun suwawi lan karsa aji | lêhêng andhinginana ||
14. linêbêtan gusti ingkang sandi | mapan kathah gusti ingkang wadya | kajinêman sêdayane | sang nata ngandika rum | animbali wong kang sinêlir | iya wong kajinêman | aran Kyai Gambuh | wus prapta sirèng ngajêngan | awotsêkar sri nata ngandika aris | iya dèn maring ngarsa ||
15. sigra majêng sira awotsari | angandika alon sri narendra | hèh Gambuh sira ta age | ingsun pundhut sirèku | iya pati uripmu iki | Ki Gambuh atur sêmbah | sumăngga pukulun | siyang dalu pan sêndika | pan sumăngga paduka ing karsa aji | dhatêng sumăngga karsa ||
16. sri narendra angandika aris | iya Gambuh sira sun tarima | prasêtyanira ing mangke | lah iya sira Gambuh | sun gadhuhi puti[99] puniki | saking ing Sandipura | warnanipun ayu | Ni Rarasati wastanya | Kai Gambuh anuwun sumungkêm siti | ngaturkên pêjah gêsang ||
17. sri narendra angandika aris | lah ta Gambuh sira ingsun duta | maringa Palembang age | sira cidraa iku | poma Gambuh dèn ngati-ati | aja ta mulih sira | yèn durunga iku | ingkang aran Arya Damar | Kyai Gambuh atur bêkti wus apamit | wus mintar karsa nata ||
18. nahan ingkang wau sri bopati | kawarnaa Ki Gambuh punika | kêlawa[100] Rarasatine | prapta Garêsik sampun | wus anunut wong dagang singgih | angsal angin kang palwa | kêbat lampahipun [la...]
--- [f. 146v] ---
[...mpahipun] | datan kawarna ing marga | sampun prapta muara Pulembang singgih | sigra mêntas Pabeyan ||
19. sampun prapta ing Palembang singgih | nulya mintar dhatêng ing nêgara | wus prapta kitha lampahe | tumamèng ing kêdhatun | wus acundhun[101] lawan sang aji | sang nata kagyat mulat | kang manah kumêngpyur[102] | sang nata emut wêrdaya | lamun ika wau Ki Gambuh kang prapti | sang nata angêndika ||
20. hèh Ki Gambuh abagea singgih | dene sira anusul maringwang | Ki Gambuh atur sêmbahe | inggih gusti pukulun | milanipun kawula gusti | anusul ing panduka | kawula pukulun | inggih arsa pinêjahan | dhatêng rama jêngandika Maospait | mila nusul panduka ||
21. inggih gusti kula bêkta èstri | inggih putri saking Sanipura[103] | Ni Rarasati wêstane | punika warnanipun | kaatura dhatêng ing gusti | sang nata angandika | tarima ta Gambuh | sira ngawula maringwang | sira Gambuh sun kawênangakên singgih | asaba jroning pura ||
22. sakêlangkung asihe nêrpati | dhatêng ingkang garwanira ika | Ni Rarasati wêstane | anggung apulang lulut | datan pêgat kasukan singgih | sampun lama sêmana | lali garwanipun | nênggih sang putri ing Cina | wus pêputra kalih jalu lawan èstri | aran Radèn Sumitra ||
23. kawarnaa kang andon aguling | siyang dalu amanggung kasukan | Ki Gambuh ngampil dhuwunge | arsa siram sang prabu | arsa dhatêng ing taman sari | Ki Gambuh anèng wuntat | sarwi ngampil dhuwung | sang prabu kêkanthèn asta | kang kasukan sang nata samargi-margi | prapta sira jro taman ||
24. sampun sira[104] anèng taman sari | sri nalendra lawan ingkang garwa | gablog-ginablog suwene | Ki Gambuh anèng pungkur | ya ta emut ingutus gusti | dhatêng sri naranata | nênggih Maoslangu | nulya anarik curiga | sri narendra samya sêsiratan sami | Ki Gambuh goco sigra ||
25. pan watgata sri nata ngêmasi | Kyai Gambuh wus umêsat sigra | kêlawan rabine mangke | kawarnaa
--- [f. 147r] ---
kang kantun | kadya gêrah kang pramèsyari | samya nangis sêdaya | wus sinetya wau | kang putra gumantya nata | ingkang ibu amomong putra narpati | putra jumênêng nata ||
26. dyan jênênge kang rama ing nguni | sri bopati sirèng ing Palembang | suyud sawadyabalane | kawarnaa ing ênu | Kyai Gambuh ingkang lumaris | kêlawan ingkang garwa | kawarnaa ngênu | sampun prapta ing muara | sampun numpak ing palya sira tumuli | agya sira umancal ||
27. datatita lingira ing nguni | kang kocapa wau kang atapa | ing Ardi Dêrkila mangke | angsalipun karuhun | saking Rêdi Sêrandil nênggih | turuning Nabi Adam | wus têdhak ping pitu | adarbe putra satunggal | nênggih èstri ni rara ayu linuwih | sajagad tanpa sama ||
28. nênggih dipun pêparabi nênggih | wêstanipun Dewa[105] Rasawulan | dèn ugung ing sapolahe | langkung ing brangtènipun | Sang Pandhita Adam anênggih | kasub ing têtăngga desa |[106] kiwa têngên suyud | dhatêng sira sang pandhita | ing Adama sêdaya pan sami taklim | wau dhatêng sang pandhita |[107]|
29. nahan ingkang kocapa ing nguni | ingkang tapa ing Banglampir ika | maksih taruna ta mangke | sawêg limalas tau[108] | ingkang sunu susunan adi | patutanira iya | putranira iku | Ki Gêdhe Jêpara ika | pan punika kapêrnah kang wayah nênggih | mring Nyai Gêng Jêpara ||
30. ingkang wayah Nyai Gêdhe nênggih | ing Jêpara langkung brangtinira | yèn dalu ngalong lampahe | yèn siyang lampahipun | pan angidang têlangkas singgih | yèn ana jalma ika | lumayu puniku | minggah sumêngka ing jurang | duk sêmana amanggih têlaga uni | toyane wêning wuryan ||
31. arsa siram pan aso kariyin | asêsèndhèn kajêng gurda ika | jajar kêkalih kathahe | ing têngah ênggonipu[109] | pan amipit wau sang brangti | anèng têngahing gurda | duk sêmana wau | wontên ta wanodya ligar | arsa siram Sang Rara Angrasasasi | prapta sirèng têlaga ||
32. sang rêtna yu sêdhênge birai | duk sêmana [sêma...]
--- [f. 147v] ---
[...na] ningali punika | wêwayanganira mangke | kêlangkung bagusipun | nimbok rara tan kêna angli[110] | sang rara wus kagiwang | wêwayanganipun | nalanya tanpa jamuga | nimbok rara manahe kandhohan kingkin | arsa mring ngandhap gurda ||
33. risang brangti sira aningali | dhatêng wau kang arsa asiram | tanbuh raose driyane | angling sajroning kalbu | baya iki èntri[111] linuwih | iya ing suwarnanira |[112] ayune anulu[113] | sang brangti cêngêng umiyat | ing warnane Ni Rara Angrosasasi | prapta ngandhaping gurda ||
34. sampun panggih wau lan sang brangti | ulat liring lawan nimbok rara | lir kilat thathit barunge | sarêng pyur manah rêmpu | wau sira ni rara ugi | kadya pêjah sêkala | suh rêmpu sutèngsu | sumiling ing manahira | rêmu-rêmu pêrmanane jaja nênggih | kêkêtêg sumyar-sumyar ||
35. risang brangti emut ing driyaning | sigra sira lumêbèng ing wona | anutugkên ing lampahe | warnanên ingkang kantun | Rasawulan mantuk mring panti | lama-lama sêmana | sanès warnanipu | dinangu dhatêng ing rama | jangkêp pisan ping kalih tan dèn ranggoni | kang rama angêndika ||
36. yèn mêngkono polahira nini | kaya kidang kêlawan mênjangan | anulya dadi kidange | sungu kêncana luru[114] | pan têracak waja mantêsi | nulya lumêbèng wona | saparane tutug | wus jangkêp sêmaya dina | sampun babar kang jabang bayi apêkik | anèng ngandhaping gurda ||
37. iya wona kêbaratan nênggih | gènnya babar kêpanasan ika | kocapa dutaning rajèng | nênggih ing Maoslangu | ambêbujung ing wona gêrit | kidang lawan mênjangan | tan ana kadulu | sêmana kalunta-lunta | Brajadipa kêsayahên pan alinggih | ngaub ngisoring gurda ||
38. Brajadipa sigra aningali | wau sira marang jabang bayya | agilang-gilang cahyane | agya sinambut wau | sira wau sang jabang bayi | dening Ki Brajadipa | alon dènnya muwus | alah ingkang ta mênjangan | dene iki iya manggih jabang bayi |
--- [f. 148r] ---
cahyane gilar-gilar ||
39. sigra mangkat wau sira aglis | jabang bayya wau kang binêkta | kidang kêncana sira ge | sigra nututi gupuh | wau dhatêng kang putra nênggih | kidang kêncana ngucap | lah aja sirèku | dudu[115] sira kang duwea | iya iku ingkang anduweni nêgih[116] | iya jalma utama ||
40. Brajadipa nulya aningali | wau sira kang kidang kêncana | Ki Brajadipa sira ge | nulya wau binujung | ingkang kidang kêncana nênggih | sêmana sampun ical | tan ana kadulu | tinut wuri lacakira | saparane sêmana tinurut sami | wau saparanira ||
41. kaku tyase wau ta anênggih | Brajadipa arsa mantuk sira | kidang kêncana sira ge | nulya ngatinga[117] wau | ingkang kêncana nênggih |[118] sigra binuru ika | saparane tinut | Ki Brajadipa angucap | baya rare iki ingkang anyênyêbêli |[119] rare nulya binucal ||
42. sinèlèhkên sangisor giyanti | wau sira ingkang jabang bayya | Ki Brajadipa sira ge | nulya wau binuru | sampun surup pratănggapati | kidang kêncana mulat | ka sunu yèn suwung | kidang kêncana wus musna | pan sêmana kêsaput ing wêngi nênggih | lajêng mantuk sêksana ||
43. datatita lingira ing nguni | kang kocapa Ki Buyut Sêsela | duk kala ing anomane | mapan sinuwun-suwun | dhatêng tiyang ing Tarub nênggih | miwah wong ing Sêsela | sêdaya pan suyud | iya Ki Buyut Sêsela | dhasar pêkik sêca lêgawa ing pati | sabar lila ing donya ||
44. dhasar kaugung ing yayah nanging | sasampuning alama punika | ki buyut dhatêng janjine | mantuk ing ajalipun | kyai buyut sampun ngêmasi | ya ta wus binêcikan | wong ing Tarub agung | sêmana sampun pinêtak | kawarnaa kang kari agêng prihatin | anglêluri kang raka ||
45. lampahira asih ing wong mêskin | atanapi tiyang kang kawudan | angsung
--- [f. 148v] ---
sêkul wong kaluwèn | Nyai Gêdhe ing Tarub | amêmuri lampahing laki | iya ika sudarman | tan pêgat ing laku | ing siyang agung puwasa | lamun dalu asare têtămba arip | têrus ing panarima ||
46. marminipun ta ingaji-aji | ing macapat lawan măncalima | ing Tarub pan suyud kabèh | tinêdha sawabipun | sasêbdane pinundhi-pundhi | kinarya panêmbahan | dening anak putu | nadyan nurut Garobogan | ing Balora Katong samya atur bêkti | tanapi wong Sesela ||
47. salamine seda ingkang laki | nyai răndha ing Tarub punika | kêlangkung pêngaji-ajine |[120] maksih kinarya tunggul | atanapi tiyang sêsabin | barang kang tinanêma | uninga ing Tarub | angrasa kapiutangan | sasêbdane têkan mangke anyawabi | pan labête ing atapa |[121]|
48. ing mangke kantun kawêlasasih | nyai răndha ing Tarub punika | tinilar dening kakunge | tanbuh dados panglipur | sasedane wau kang laki | sêmana manahira | langkung marmanipun | pan rudatin manahira | mangke sira katilar ing anak laki | kang pengin darbe putra ||
49. mala[122] wau atêmah prihatin | tan wruh rasane adarbe putra | kasêlak tilar kakunge | marmitane anglangmpus[123] | dene tanbuh dipun tingali | kaya milua pêjah | dhatêng lakinipun | dene dèrèng darbe putra | ayu anom dadi răndha kawlasasih | milya atêmah papa ||
50. datatita lingira ing nguni | nuju wau ing malêm Jumungah | ing têngah dalu wayahe | nyai răndha ing Tarub | têtkalane miyos ing jawi | ngadêg madyaning latar | kang sinêdya wau | ing dhepoke ingkang raka | pakêbonan tilase pêrtapa nglaki | ana katon apadhang ||
51. padhang dudu padhang ingkang gêni | dudu padhang mangke pêpêndhêman | saya nêlahi padhange | mancur pan kadi daru | anglir wulan purnama sidi | lir sundhul ing awiyat | cahyane sumunu | jagade kadi raina | pêtêng sirna kadi cahya anêlahi | kadi wulan purnama ||
--- [f. 149r] ---
52. nyai răndha anata ing ati | ika apa kang padhang nrêrawang | dene têka kadingarèn | ing dhepok prênahipun | apan kadi sundhul ing langit | pan katingal sêdaya | sawêngkoning Tarub | datan arsa anendraa | nyai răndha ingkang kaèsthi ing galih | ingkang padhang nrêrawang ||
53. datatita lingira ing nguni | nyai răndha lampahe akêbat | dhatêng ing dhepok prênahe | ya ta sira glis rawuh | aningali ngisor giyanti | tiningalan apadhang | cahyane umancur | lir kêncana sinêpuhan | dupi parêk tiningalan jabang bayi | nuli sinambut sigra ||
54. tiningalan ingkang jabang bayi | jalu warnane bagus utama | ni răndha bungah manahe | nulya binêkta mantuk | datan ana ingkang udani | prapta ing wismanira | ni răndha saluku | sampun ginêdhong kang putra | pan adhêmit duk kêpanggih jabang bayi | pan tiningalan nyata ||
55. nyai răndha tan darbe bêbayi | anak putu kang dèrèng uninga | asangêt pamaidone | dene amiyarsa tutur |[124] nyai răndha darbe bêbayi | jalu bagus kang warna | kang sinungan tutur | maido sarwi angucap | kapanane nyai răndha darbe bayi | pan ujar anglêngkara ||
56. yèn ta ababot rupane |[125] duk maksih lakinipun |[126] têka mokal darbe bêbayi |[127] wong wingi sore ingsun apêpanggih |[128] mapan nyai iya nora owah |[129] babot tanpa sangkan |[130] pan dèrèng angrungu | kang pinaido angucap | lah ta payo tinilakan[131] kae nyai | lah payo tiningalan ||
57. puluh sira akêpati-pati | dèn paido prêtandhane ana | ing wong mêntas abêbêlèh | tingalipun abalut | mangkar-mangkar pêmbayun kalih | kang jabang bayi ana | ingkang sinung tutur | ya ta sinandhing alênggah | yèn maido tingalana ja na angling | dene nora kayaa ||
58. wus misuwur padha mirsa warti | nyai răndha pan adarbe putra | sami têtinjo sakèhe | anak putu pan rawuh | jalu èstri pan samya prapti | samya sira gêgawa | ing sadarbèkipun | bêras lisah lan kêlapa | êmpon-êmpon têmu lêmpuyang lan kunir | kunci lawan bêrambang ||
59. bêlêk kang wong sami prapta singgih | ing măncapat lawan mancalima [ma...]
--- [f. 149v] ---
[...ncalima] | samya atêtinjo kabèh | marang nyai ing Tarub | dening mêntas darbe bêbayi | mila rawuh sêdaya | ingkang anak putu | sakathahe padhukuhan | kiwa têngên sadaya samya akêmit | ing putrane ni răndha ||
60. wong ing Sela lawan wong ing Pakis | wong Patanèn mangke samya prapta | miwah wong Garabogane | têtiyang Katong rawuh | atanapi wong Kêmbangsri |[132] lawan wong Lurung Têngah | ya ta samya rawuh | miwah mangke wong Sêsela | sami kêmit kêrig lampit dhudha santri | kêmit mring nyai răndha ||
61. inggih pitung dina pitung bêngi | cinarita padhang anêrawang | dalu tan ana pêtênge | sawêwêngkoning Tarub | sakathahe wong nêningali | sami gawok sadaya | sawênèh amuwus | dene ta manggung raina | baya iki pêrbawaning jabang bayi | cahya gumilang-gilang ||
62. sampun pitung dina pitung bêngi | ya ta mulih kadi saban-saban | pasthi pêtêng ing dalune | padhang rainanipun | sêkathahe kang wong ningali | mring putrane ni răndha | samya asih lulut | mring jabang bayi punika | nora pilih kang wong sami lulut asih | anggêpe kumawula ||
63. cinarita ingkang jabang bayi | yèn dinulang tan arsa adhahar | malah dumadi tangise | datan arsa anusu | sakalire kang jabang bayi | beda lan lare kathah | nanging kang dèn susu | jêjêmpolane kang asta | kang dèn sêsêp ing siyang kalawan lastri | pan tan arsa adhahar ||
64. kawarnaa pan sampun alami | nora pêgat kang wong anggêgawa | kadya krêramat têkane | akathah bêgjanipun | samargane tan pilih ugi | wus sugih duk sêmana | ni răndha ing Tarub | amênggah sangking kang putra | salamine adarbe putra puniki | sugih rajabrêrana ||
65. umur sêtaun kang jabang bayi | yèn cinatur wus agêng wêlagang | kadya dinus banyu gege | angmanglingi[133] dinulu | apan kaya dèrèng sawarsi | bungah-bungah [bungah-bu...]
--- [f. 150r] ---
[...ngah] ni randha | manahe sêsugun | apan tan kêna apisah | siyang dalu wantu atmaja satunggal |[134] langkung dinama-doma ||
66. pan ni răndha pan wus alami-lami |[135] kapingin wruh rasaning pêputra | mangke tinêkan sêdyane | adarbe putra jalu | warnanira langkung apêkik | dhasar ingêla-êla | darbe putra jalu | marmitanipun ni răndha | suka rêna sina[136] surasaning[137] galih | langkung mawarta[138] suta ||
67. atmajane pan ginusti-gusti | pan ingugung wau sapolahnya | dinama-doma putrane | suwarnanira bagus | cahyanipun langkung nêlahi | mapan gêlis wêlagang | ki jaka winuwus | kaya ta ana sawarsa | duk kalawon-lawon saya gêng kawarni | wêlagang doh ing lara ||
68. daulate kadya toya mili | barang pangagone kyai jaka | sangking ing pasungsung bae | wus umur pitung taungn[139] | kae jaka wau winarni | lagi wayah domolan | pan rare ing Tarub | sami angiring sêdaya | pangidhêpe mapan sami lulut asih | anggêpe kumawula ||
69. sadina-dina lali abukti | mapan lagi rêmên andêdolan[140] | wantu maksih sami rare | tan ana ngangguripun | lamun mulih wayahing wêngi | wus enjang adêdolan | sami ngambil wuluh | asaba ngalas-alasan | kae jaka sakèh rare ngiring-iring | samya atêtulupan ||
70. anging wuluh wau kang kinardi | nulup gandrung kupu lan kêndhêla | bayak-bayak sami rare | wênèh kêkinjêng wau | kang dipun prèh dipun tutupi[141] | sabên dina mêng-amêngan |[142] mantuk wayah surup | kawarnaa loma-loma | kae jaka umur kawan wêlas warsi | sampun birai sêkar ||
71. kathah rare kênya sami brangti | têtêmbangan kalawan wêlanjar | kasmaran dening baguse | kae ja ing Tarub |[143] pan akathah ingkang ngunggahi | samya kênya sêdaya | sakyèhing kang rawuh | ki ja tan arsa akrama | aningali pawèstri langkung atêbih | kadi ningali priya ||
72. ingkang ibu tansah [tan...]
--- [f. 150v] ---
[...sah] amaripih | ingkang putra pan kinèn akrama | ni răndha alon wuwuse | lah nyawa anak isun | akramaa ta sira gusti | ana sun arsa-arsa | apa milanipun | sira tan arsa akrama | rara kênya warnane ayu linulih[144] | sira tampik sêdaya ||
73. apa sira rabi widadari | nora arsa sira mring manungsya | wong ayu tinampik kabèh | kae jaka amuwus | pan manira anon pawèstri | kadi aningalana | sami-sami kakung | lah pintên banggi ing benjang | yèn manira birai arsa arabi | kala mangke tan arsa ||
74. nyai răndha tuturira malih | lawan aja sira lunga-lunga | bulèh duk maksih arare | atêtulupan wuluh | lawan rare kang alit-alit | amrih kinjêng kandhêla | rêmên ing kêkupu | lah ta nyawa marenea | bulèh sira duk maksiha sira alit | pan mangke wus diwasa ||
75. mapan sira ngajêngkên birai | dèn ajinêm aja saba wona | agêng beka rêncanane | kêlawan malihipun | kiwa têngên alas asingit | witning ingsun miyarsa | wana kidul iku | asingit tan ana ngambah | pidhangête jalma mara jalma mati | sato kang mara pêjah ||
76. datan pêgat dènnya mituturi | nyai răndha marang putranira | maria kaya duk rare | mulih-mulih yèn dalu | yèn raina saba wanadri | lagi rêmên ki jaka | amisaya manuk | mila asaba ing wana | lali bukti pan lagi rêmên ing pêksi | datan kêna ingampah ||
77. datatita lingira ing nguni | kang kocapa Prabu Majalêngka | widagdya ing kêprabone | sigra nulya cumundhuk | lawan putri ngan[145] Darawati | tan kawarna sira |[146] tansah karon lulut | warnanên mangkya sang nata | gêrah sangêt rajasinganên sang aji | alama tan sineba ||
78. kèh usada tan ana nêdhasi | gêrahira sampun tigang căndra | tan ana iku sênggange | ing wayah bêdhug têlu | amiyarsa syara tan yêkti | wau sri naradipa | kang syara sêdarum | arsa ta sira waluya | hèh sang nata sakitira iku sigih[147] |
--- [f. 151r] ---
angagoa wong Wandhan ||
79. ngulatana wong Wandhan kang kuning | măngsa olèh nuli sira goa | pinêsthi waras sakite | kagyat tumulya wungu | sri narendra ing Maospait | nulya sigra ngupaya | wong Wandhan nulyantuk | bêbêktan sanging[148] Cêmpa |[149] parêkane mas ratu ing Darawati | boyangan[150] sangking Wandhan ||
80. cinarita putri Wandhan Kuning | ya mulane anèng nagri Cêmpa | du[151] kalah ika yudane | kabayong sang aprabu | ponang Wandhan dipun sarèni | sapisan nulya wawrat | waras sang aprabu | salaminira sang nata | anyarèni ing kênya tan kadi mangkin | nikmate kang sarira ||
81. ya ta sira putri Wandhan Kuning | sampun lama jangkêping sêmaya | sêmana babar putrane | jalu warnane bagus | cahyanira amindha sasi | sêdhênge sasadara | wus katur sang prabu | yèn Ni Wandhan Kuning babar | miyos jalu warnanira anêlahi | cahya kadi sêsăngka ||
82. sigra pinundhut kang jabang bayi | de sang nata anulya binêkta | nak isun bagus rupane | angandika sang prabu | marang bala ing Majapait | lah sira timbalana | ing samitranisun | sira Ki Buyut Mêsahar | juru sawahira wau sang nêrpati | sigra prapta ngayunan ||
83. Brawijaya angandika aris | marang sira wau mitranira | sira sun undang marene | lah gawanên nak isun | sirabila[152] anak sayêkti | anging ta wêkas ingwang | yèn jangkêp sawindu | rare iki patènana | aja sira anglirakên wêkas mami | sun patani ta sira ||
84. krana wêkas isun iki gati | marang sira ta sang rare jabang | si juru tênung tabide | winêca dadi ratu | lan angrusak ing jênêng mami | ki buyut i Mêsahar | anuhun glis mantuk | kang jabang bayi binêkta | prapta wisma ni buyut bungah ningali | amanggih anak lanang ||
85. warnanira dilu[153] apêkik |[154] mapan êtus[155] subrăngta kusuma | ki buyut langkung asihe | dene adarbe sunu | pan dinadah dinulang nênggih | esuk sore dèn rêsa | myang pangrêsanipun | ni buyut pinăncawura | solahira ni răndha saya nêlahi | ing dalu kinêmitan ||
--- [f. 151v] ---
86. anak putu ingkang sami prapti | sarupane tiyang pêsawahan | kang jalu kêmit dalune | èstrine mara esuk | miwah sore sami nyênyangking | êmpon-êmpon anggawa | lawan lisahipun | miwah kang ponang dhaharan | pan akathah umarêk anglêladèni | ing dalu lawan siyang ||
87. gêdêring wong anglir darbe kardi | kyai buyut ênting sukanira | ningali kang putra mangke | ya ta pan sampun puput | jabang bayi dipun wêstani | Radèn Bandhan[156] Kêjawan | dènira ki buyut | kang jabang bayi sêmana | lir ginege aglis agêng kathah asih | umure tigang warsa ||
88. yusyanira jangkêp pitung warsi | Radèn Bondhan Kêjawan punika | ingkang kêcarèng rabine | anakira ki buyut | pan andungkap sawindu iki | wus têka ing sêmaya | yèn jakêp[157] sawindu | umuripun sutanira | ingsun kinèn amatèni putranèki | ulun jrih sinupatan ||
89. nyai buyut sigra dènira ngling | kya buyut puta[158] pêkênira |[159] Ki Bondhan Kêjawan rane | pan dadi manahipun | lamun sira alap ing pati | ya ingsun patènana | ing mangke karuhun | ki buyut narik curiga | karsanipun mring Radèn Bandhan puniki | nyai buyut aniba ||
90. pan kantaka nyai buyut aglis | kyai buyut wurung karsanira | anon kalêngêr rabine | angucap kalbunipun | yèn sidaa isun patèni | anak isun Ki Bondhan | rabinisun lampus | pidho[160] papa awak iwang | suta mati rabinisun uga mati | supe raja tumama ||
91. kyai buyut nulya amarani | rabinira wau nulya ngêmban | ki buyut aris wuwuse | rabinisun ni buyut | anglilira sira dèn aglis | sun sidhêp sêdyanira | anakira wurung | gèn isun sêdya piala | nyai buyut nulya sira wus anglilir | putranira kinusya ||
92. kyai buyut ing Mêsahar angling | yèn mêngkona yayi karsanira | lah karia sira mangke | ingsun mring kutha iku | arsa matur marang sang aji | ayya katingal iwang | ing ubayanipun | sarèh ingsun ingubayan | bok iyaa sun karya ujar mêmanis |
--- [f. 152r] ---
panulake nak iwang ||
93. sun aturne yèn sampun ngêmasi | anakira Ki Bondhan Kêjawan | dèn abêcik rumêksane | anulya lumêstantun | Kyai Buyut Mêsahar singgih | malêbêt ing jro pura | nênggih Majalangu | agya dènira lumampah | sigra prapta nêgara ing Majapait | sang nata siniwaka ||
94. wadya papak[161] sakèh para mantri | myang pugawa[162] miwah para putra | atap andhèr ing ngarsane | asri lamun dinulu | wadyanira ing Majapait | ki buyut i Mêsahar | prapta ngalun-alun | inggih anèng panangkilan | nulya matur dhumatêng sri narapati | kawula tur uninga ||
95. rare alit pan sampun ngêmasi | sun têtugêl sêbdaning narendra | sampun pralaya umure | sampun jakêp sawindu | ngling sang nata ing Majapait | sigra sira ngandika | tarima ngong Buyut | Masahar pracayanira | maring mami atmajanira wus mati | tumêmên tan kumêdhap ||
96. wus sakeca atinisun iki | jabang bayi ing mangke pralena | hèh wong mantrinisun kabèh | sira padha angrungu | ing wartane ing wana iki | ing Binta[163] punika |[164] ana wong dhêdhukuh | malah kasub ing nêgara | dèn arani sadu digbya kusuma di | subrăngta mati raga ||
97. adipati ing Têrung turnya ris | gih sang nata sadhèrèk kawula | ing Bintara dhêdhukuhe[165] |[166] madya aran wana gung | risang nata ngandika aris | Dipati Têrung sira | timbalana iku | marene ta kakangira | dipun age ingsun arsa apêpanggih | lah mênyanga dèn inggal ||
98. adipati ing Têrung nulya mit | nulya mintar agya lampahira | salêksa ingkang wadyane | syara wadya lumaku | apan umyung lir lesus angin | dhatêng ing wanatara | wau lampahipun | kêpanggih lawan kang raka | Radèn Patah alinggih anèng surambi | ingayap dening sabat ||
99. adipati ing Têrung ngabêkti | nulya gupuh tumungkul mangêrpa | abukuh ing paluguhe[167] | nulya sira umatur | kakang Patah dika puniki | tinimbalan sang nata | maring Maoslangu | lah kakang dika [di...]
--- [f. 152v] ---
[...ka] kang dika lumampah |[168] karsanipun sang nata ing Maospai[169] | ing mangke sampun wikan ||
100. nulya sira ingandikan aris | Radèn Patah angatag ing sabat | gumrudug pan têka kabèh | nulya makat[170] asêlur | Radèn Patah lumampah aris | tan kawarna ing marga | prapta Maoslangu | nulya dhatêng ing pasohan | Radèn Patah sira kandhêg srimênganti | sang nata kêpangguhan ||
101. sigra nguca[171] Prabu Maospait | maring cèthi mundhuta paesan | pawongan amundhut age | nulya prapta ing ngayun | tinampanan maring sang aji | nulya sira kinaca | warnane abagus | sarupa lan Radèn Patah | dadya mangke jambe nom mangke pinilih | suka tyase sang nata ||
102. Radèn Patah dinugèng pêryogi | laku linggih solah lawan muna | sampun padha lan ratune | tindak-tanduking sêmu | lir sang nata ing Maospait | sang nata mangkya ngucap | Patah sira iku | hèh sira ngabdia mringwang | Radèn Patah manêmbah marang sang aji | ngusap lêbu suku sang ||
103. Radèn Patah sampun antuk kardi | angawula kinulawisuda | sampun jinunjung linggahe[172] | jinênêngakên sampun | Ki Dipati Bintara nênggih | sinungan wang[173] salêksa | jinajar alungguh | lan Dipati Têrung padha | arènira anèng pagêlaran sami | liyangan kêndhaga mas ||
104. tan kawarna laminira mangkin | adipati ing Bintara ika | ing sang nata prapta age | anèng ing sitiluhur | sri narendra i Maospai | ngandika mring kang putra | adipati aku[174] | ing Bintara lah muliha | wismanira ing alas puniku nênggih | gawene wong salêksa ||
105. gêmahêna wismaning wanadri | wirayate ing sapungkur ingwang | pan dadi nêgara gêdhe | cinêtha ing wong iku | purwanira Sêlam nêgari | iya iku ing Dêmak | aranana iku | lamun sira anèng wisma | sabên warsa sebaa mring Majapait | yèn pêndhake katiga ||
106. Adipati Bintara ngastuti | angusapi ing lêbu suku sang | rinangkul suta janggane | ingaras sang aprabu | Adipati Bintara amit |
--- [f. 153r] ---
sigra ngatag ing bala | sakèh bala agung | marang ing bala salêksa | gajah jaran panggriting gabong[175] lan èsthi | andrêng dènnya lumampah ||
107. tan kawarna laminya nèng margi | sigra prapta wana ing Bintara | wus prapta wismane age | sasampunnya punaku[176] | apan sampun dadya nêgari | dhingin sêbda pêndhita | kaping kalih ratu | punika kang linakonan | dyan dipati ing Bintara wus alami | jumênêng ingestrenan ||
108. nahan ingkang kocapa ing nguni | Jaka Tarub ing wêngi tan arsa | asare wisma prênahe | ing dhepok gènnya nêkung | lamun dalu tan arsa guling | kang dados raosing tyas | adarbea tulup | bulèh ana si wadea | mila dados pangrudatinira singgih | ya ta kang kawarnaa ||
109. têngah wêngi wayahe anênggih | pan katiban daru tanpa sangkan | sumêladhang ing ulone | kawuryan yèn dinulu | winawuku kêncana adi | asangkuh ujung ika | rinêngga mas tatur | acêcêp kêncana mulya | dêmon ika yèn dinulu langkung adi | nèng ulone anendra ||
110. ana mêncarong lir pedah[177] sasi | kae jaka awas tumingal |[178] kang sumladhang ing ulone | dinulu lamun tulup | kae jaka bu tan sipi |[179] ya ta kang kawarnaa | kang dêmon sinambut | wau tan pêgat winawang | ponang dêmon ki jaka rêmên ningali | nulya binêtèng wana ||
111. nulya kang dêmon sigra pinandhi | ponang lêmpung ing asta kang kiwa | kesah tan ana rewange | purugipun mangidul | angnrêrajang[180] wana kang singit | sinasan pona[181] wana | angulati manuk | nanging tan ana katingal | sêpi mamring kêkayon tan ana pêksi | kadi wong sinupatan ||
112. kae jaka amicarèng ati | kadingarèn asêpi kang kayyan | ing sabên akèh manuke | ya ta sakèhing kayu | tiningalan tan ana pêksi | saya kalunta-lunta | ki jaka mangidul | sêksana wau tumingal | kae jaka ing kayyan yèn ana pêksi | asri amăncawarna ||
113. kae ja kasmaran ningali |[182] anon manuk anèng kêkayyan |[183] lir wayang bèbèr warnane | ya ta arsa tinulup | lagya wau dipun angkati | pêksi mibêr ngalih pang | saparane tinut | ibêre nora
--- [f. 153v] ---
akêbat | manuk ika sabên arsa dèn ayati | mibêr ngalih ing kayyan ||
114. saparane wau dèn tut wuri | kyai jaka pan kêlunta-lunta | pan sampun prapta lampahe | satêngahing wana gung | cinarita wana asingit | manuk pan tinututan | tan ana kadulu | ki jaka kari anggona | marang ngêndi manuk ingkang sun tut wutri[184] | ngêndi ta êgonira[185] ||
115. kae jaka kewran jroning ati | sampun prapta ing ardi pêrwata | amirsa gumrah syarane | kadi jalma sirèku | ing têlaga prênahe singgih | ya ta sira ampungan | ing gurda puniku | ya ta bagus ing Sêsela | duk anginjên kang siram pan widadari | raras atinya mulat ||
43. Mijil
1. risang bagus kacaryan ing ati | wau dènira non | marang widadari kang sirame | pan wus wikan prênahing kulambi | tyas liwung ing ati | karsa polah dudu ||
2. ri saksana ki bagus marani | pêngangge sang sinom | ngula dumung ika ing lampahe | wus sinêlêr sinjang lan kulambi | dènira sang pêkik | binêkta gya mantuk ||
3. sinimpênan dhasar ingkang pari | jroning lumbung kaot | sigra wangsul bêkta lêlirone | sinjang rasukan lawan canmênthing[186] | lampahe glis prapti | prênahira wau ||
4. kang asiram pêpak anèng warih | samya acêciblon | gêntèn samya kosakan[187] gigire | tan uninga yèn ana kang ngintip | wau sang apêkik | sigra watuk-watuk ||
5. samya kagèt sakèh widadari | tumingal sang anom | aglis samya bubar ing wiyate | mantuk dhatêng kayangane malih | ya ta ana kari | satunggal sang ayu ||
6. pêngarêpe sake[188] widadari | taksih nèng toya ngom | ingkang ical wau pênganggene | Dèwi Nawangwulan kang wêwangi | warnane lir sasi | cahyane sumunu ||
7. Bagu[189] Sela amarani ririh | sarya muwus alon | api tan wruh wau ing sandine | lah bok ayu pundi kang kawingking | lawan kang wêwangi | lan paran sêdyèku ||
8. pan ing dika pan wontên ing ngriki | angum ing to wong |[190] lah pajara mirah sayêktine | sang dyah muwus asêmu isin |[191] taha ingsun inggih | manungsa satuhu [satu...]
--- [f. 154r] ---
[...hu] ||
9. ingsun iki apan widadari | Nawangwulan ingong | apan siram nèng têlaga kene | pan tininggar[192] mulih rewang mami | kagyat ana prapti | sira wong kêpaung ||
10. Jaka Tarub alon muwus aris | adhuh mirah ingong | sampun dika mirah ingsun anggèr | inggih kula gusti tadhah runtik | sampun duka gusti | adhuh mirah ingsun ||
11. sinjang klambi kêlawan cêmênthing | ilang datan katon | pan kêrangkud ing rewang layake | saking gupuh praptanira iki | pantês ika ugi | tiba ing dêlanggung ||
12. sira uga kang ingsun arani | ing wong tanpa ngraos | têka marani wong siram kene | marmanisun tinilar amulih | marang rewang mami | ana jalma wuru ||
13. Bagus Tarub mangkya anauri | wuwusira alon | sampun runtik mas ayu manahe | alah dawêg kula ban pribadi | inggih saupami | wontêna kang angsung ||
14. inggih sinjang rasukan camênthing | paran opahnyang[193] wong | sang juwita alon ing wuwuse | lamun anon[194] sudara sayêkti | lamun sêpuh nênggih | bapa ingsun aku ||
15. Jaka Tarub wau nulya angling | datan rêna ingong | sinjang rasukan lawan camênthinge |[195] lah anggonên puniki ing mangkin | nanging sun prêjanji | anêdha wong ayu ||
16. sarya miyosakên sinjang aglis | ing kandhutan katon | sang juwita micarèng nalane | si jênat iki baya nêmêni | nanging sun tingali | wong iki abagus ||
17. dhasar wayahe anom apêkik | sêmunipun kaot | kapindhone abagus rupane | dyan mangnungsa[196] krama widadari | tan ana kang mulih | mring kasyarganipun ||
18. sinungakên sinjang lan kulambi | dhumatêng sang sinom | sarya mèsêm ngewani pêngangge | pan wus mêntas sira sangking bèji | sang rêtna ningali | manahe suh rêmpu ||
19. wus ingêmban wau kusuma di | dènira sang anom | sarya sawang-sinawang warnane | ingaras-aras awanti-wanti | sang dyah pongah-pangih | nalanira trênyuh ||
20. sang dyah rinungrum ingarih-arih | kusumaning sinom | nadyan akèh jawata ayune | amung sira mirah dadi ati | ingkang aran putri |
--- [f. 154v] ---
tan padha wong ayu ||
21. baya sira turuning panitis | eman tibèng ing sor | ingsun arsa gusti ing têdhake | anèng Jawa mangku rat nêgari | tan ana kang mirib | ing citra dyah ingrum ||
22. dyah kinusya rinêmih-rêmih |[197] dènira sang anom | pan pinanggung ing êmbanan bae | kadya prati kasongan sasi |[198] sêdhêng prama kyèhing | sumunirèng wau ||
23. gya lumampah umantuk sang pêkik | kang rayi pinodhong[199] | tan kawarna ing marga polahe | sigra prapta ing wisma tumuli | kagyat yayah bibi | mulat sang abagus ||
24. risang bagus dening tuk pawèstri | warnanya yu kaot | angluwihi wong sabumi kabèh | nyai agêng sêsugun tan sipi | angalêm ing ati | bisa krama nakku ||
25. ya ta ningkah wau sang apêkik | ing Bintara kaot | ingkang ibu langkung sêsugune | pinapajang-pajang pêsarean adi |[200] sarya gănda amrik | lir kasyargan arum ||
26. wus alami dènira pêpanggih | kalawan sang anom | siyang dalu pan anggung karêsmèn | kadya mimi gènira akrami | sukaning kang galih | langkung dènnya pêthuk ||
27. ya ta wawrat wau sang aputri | ngidham-idham awor | kakungira kêlangkung asihe | ya ta jangkêp ing sêmaya sasi | nulya babar nênggih | èstri putranipun ||
28. tuhu ayu kang putra linuwih | cahyane sumarot | nora iwang kalawan ibune | kadya kêncana luru ingukir | syaraning kang tangis | lir kang madu juruh ||
44. Dhandhanggula
1. sang dyah matur dhumatêng ing laki | kula dhatêng mring lèpèn sakêdhap | angumbah papoking[201] rare | pan boya dangu-dangu | mung dangdangan manira titip | pêkênira tunggua | nanging wêkas ingsun | ki omah mring pêkênira | alah poma sampun ta para ungkabi | ing sapungkur manira ||
2. alah boya mêkas malih-malih | ingkang raka anauri iya | ing mangke ingsun tunggune | nulya mangkat sang ayu | nyangking popaking[202] jabang bayi | wau ta kawarnaa | ki gêdhe ing Tarub | ingkang atunggu dang-dangan | sambi momong kang putra pan maksih alit | sambi tunggu dang-dangan ||
3. nora kandhêg sinugonan gêni | Ki Gêng Tarub pan sampun dilahlah[203] [dilah...]
--- [f. 155r] ---
[...lah] | manahira salah gawe | ènthèng astane ganggu | kang dang-dangan dipun ungkabi | sarêng kêkêb dèn angkat | mring Ki Agêng Tarub | ing kukusan datan ana | amung isi pari sawuli kaèksi | wau kang dipun êdang ||
4. ya ta nuli kinêkêban malih | nahan ingkang atunggu dang-dangan | kocapa kang dhatêng lèpèn | sêmana nulya rawuh | meme popaking jabang bayi | banjur dhatêng dang-dangan | anggêntosi kakung | kang raka mêntas ing wisma | sang dyah ayu ing wau atunggu gêni | sinandêr dènnya adang ||
5. ya ta sinantêr urubing gêni | wus adangu langkung ing antara | nora sumub dang-dangane | sang dyah micarèng kalbu | lawat[204] sangking adate dhingin | dang-dangan ingsun iya | dangu datan sumub | alah ta nora kayaa | salah gawe wong lanang atunggu gêni | wêtaranisun tan iya |[205]|
6. dang-dangan ingsun dipun ungkabi | dene anglirakên ing wêkas ingwang |[206] mangke ta sun tilikane | kêkêb nulya jinunjung | apan maksih pari sawuli | sang dyah atêbah jaja | bênêr nora luput | ujar ingsun silih apa | alah iya baya ta sampun pinasthi | sira pisah lan ingwang ||
7. dene têka anglirakên wêling | mandah sira aja dèn wêkasa | têka sira salah gawe | sang dyah ayu amuwus | kakungira dipun takèni | ki omah pêkênira | boya ganggu-ganggu | wau sapukur[207] manira | pêkênira baya angungkab-ungkabi | ing dang-dangan manira ||
8. wêkasane wau apêpanggih | lawan sira ing mangke kewala | para siya-siya bae | mapan manira iku | angsal saking ing widadari | mapan wus kamanungsan | ing kawulanipun | amarga têka ing sira | lah ki omah manira apamit mulih | maring kayangan ingwang ||
9. ingsun iki kêmênungsan malih | iya mangke saking pêkênira | baya ta sampun takdire | kakung tan kêna muwus | sakêlangkung pangungunnèki | kaya dèn wangsulêna | polahe kang dudu | anglês saliranya lupa | ingkang garwa atêmah run[208] tan sipi |[209] kang raka angrêrêpa ||
10. apan sangêt gêlane sang dèwi | mapan beda kadi saban-saban | owah kalir barange |[210] wus
--- [f. 155v] ---
adoh manahipun | kawarnaa ing lami-lami | ical kasêktènira | tan kadi rumuhun | ang sangêt dening kamnungsan | sabarange owah kadi duk ariyin | Dèwi Anawangwulan ||
11. kêlampahan wau sabên kenjing[211] | angratêngi ola[212] sêga jangan | jamak-jamak lan wong akèh | malah tumêkèng nutu | nora rèrèn ing sabên kenjing | ya ta wêkasan têlas | kang pari salumbung | sang rêtna nulya tumingal | kang rasukan antakusuma kêpanggih | apan nèng ngandhap pisan ||
12. sang dyah jêngêr karasa ing ati | ciptanira duk anèng têlaga | kaya ginugah bêndune | nora sangsaya lipur | saya katon dosane yêkti | mila sangsaya rêbda | bêndune sang ayu | angucap ing driyanira | lah ki omah manira apamit mulih | pêkênira kantuna ||
13. lamun putranira iku nangis | para gawèkêna pêpanggungan | mapan mênêng pênangise | rare maksih anusu | milanipun lamun anangis | unggahna mring panggungan | mêrang kêtan wulung | sarate sira obonga | soring panggung manira nulya nuruni | iku wêkas manira ||
14. gungira wuwuse amanis |[213] gustiningsun gon isun ngawula | lamun si ana sisipe | lah apuranên ingsun | benjing malih amêmarèni | yèn nora ngapuraa | tan wêlas maring sun | sapa ingkang asih kula | lamun sira mas ayu si[214] amulih |[215] sun gusti patènana ||
15. lamun yayi ingsun wus ngêmasi | lah tilarên sakarsa andika | tan uninga sapungkure | tan sagêd ingsun kantun | lamun sira tilara yayi | yêktine ingsun pêjah | brăngta ing sang ayu | baya sira nora wêlas | anakira pêsthi yèn tinilar nangis | pan takèn marang sira ||
16. boya sagêd manira mas yayi | amomonga marang anakira | punapa ênêng-ênênge | punika maksih nusu | kayaparan polahirèki | angling rêtna juwita | ye arsa anusu | unggahêna pêpanggungan | mapan manêng[216] rare dènira anangis | kang raka angsungkawa[217] ||
17. datan wikan wêspanira mijil | kyai agêng ing Tarub punika | angêrêpa pamuwuse | sinandhing putranipun | sang rêtna yu alon dènnya ngling | ki omah akaria | iku wêkas [wê...]
--- [f. 156r] ---
[...kas] ingsun | lamun putranira mular | angobonga mêrang kêtan wulung aglis | isun anuli prapta ||
18. sang rêtna yu angrasuk kulambi | arsa mulih mring kayanganira | wus nyandhak mêrang sagèdhèng | mêranging kêtan wulung | kakungira mangkya ningali | sang dyah wus pinarêpêkan |[218] sêdyane sinambut | sang dyah pan sampun prayitna | dupi parêk sang dyah ayu angigati[219] | mêrang sampun ingobar ||
19. ya ta nurut kukusing kang gêni | kyai agêng ing Tarub kacaryan | anututi ing garwane | cinandhak-candhak luput | sang kusuma datan anolih | wus muluk angêmbara | lêpas tan kadulu | sang kakung kari anggona | tanpa jiwa mung garwane kang kaèksi | kang morod ing kayangan ||
20. ingkang putra wau dèn tangisi | waspa mijil wau ingusapan | kang putra ingaras bae | dhuh nyawa anak isun | anglampahi kawêlasasih | lah paran palah[220] ingwang | yèn arsa anusu | ana ngêndi ibunira | ya ta emut ing wêkase ingkang rayi | yèn nangis ingkang putra ||
21. wêwêkase nuli dèn lakoni | ana ika aran kayu êtal | lêlima ika kathahe | ingkang kinarya panggung | tan antara anulya dadi | ing ngisor pêpanggungan | mêrang kêtan wulung | sinaosakên ing ngandhap | arsa nusu kang jabang bayi anangis | sinambut ingkang rama ||
22. pan binakta minggah jabang bayi | sinèlèhkên anèng pêpanggungan | nulya tinilar putrane | mudhun Ki Agêng Tarub | jabang bayi sangêt anangis | ya ta nuli ingobar | mêrang kêtan wulung | ing wau antara prapta | cinarita kang ibu sigra nêsêpi | wau dhatêng kang putra ||
23. mênêng wau dènira anangis | Ki Gêng Tarub eca manahira | kang putra mênêng tangise | jabang bayi atutut | wus adangu dènnya nêsêpi | wus tinilar kang putra | ngumbara sang ayu | mantuk ing kayanganira | pan sapisan kapindho ping tiga nênggih | sabên dina mêngkana ||
24. datan arsa anêsêpa malih | iya nangis sapisan kewala | sabên ing wayah têngange | lare alit atutut | kawarnaa sampun alami | jabang bayi punika | tan arsa anusu | aglis agêng awêlagang | wus sinapih anênggih Rara Nawangsih | wayahe sêsapihan ||
25. wus kêtara yèn ayu linuwih | suwarnane sang ayu
--- [f. 156v] ---
punika | nora loro lan ibune | sêmana wayahipun | apan lagya ajêbêng tapih | lagya pangrusak taman | nahan kang winuwus | wau ingkang kawarnaa | putranira Brawijaya Majapait | kang anèng pêsawahan ||
26. patutane lawan Wandhan Kuning | winastan Ki Bon[221] Kêjawan |[222] agantya bagus rupane | cahyanira sumunu | anglir sasi purnama sidi | cinarita ing wayah | sapangon gêngipun | satingkahira sêmbada | Radèn Bondhan Kêjawan lan rare nênggih | eling trahing kusuma ||
27. Kyai Buyut Mêsahar winarni | arsa pasrah pantun ing sang nata | ing Majapait wêdale | akathah ponang pantun | pan rinêmbat dening wong cilik | sèkêt ponang rêmbatan | ya ta mangkat sampun | Rahadèn Bon Kêjawan |[223] lan kang rama datan kawarna ing margi | wus prapta ing nêgara ||
28. Brawijaya pan lagya siniwi | dening[224] bala anèng ing paglaran | pêpa[225] kang wadyabalane | para putra pan kumpul | duk pinarak ing kathil gadhing | mancur yèn tiningalan | alêlèmèk babut | sira Ki Buyut Mêsahar | mangsah cundhuk mukanya konjêm ing siti | baturkên[226] wêdalira ||
29. Brawijaya angandika aris | hèh wong gandhèk sira tampanana | Buyut Mêsahar wêdale | ya ta tinampan sampun | Radèn Bondhan ingkang winarni | malêbêt sitibêntar | miyagan[227] jinujug | anambuh[228] wau Ki Sêkar | pan tinitir kagyat mangke kang tinangkil | găngsa Ki Sêkar munya ||
30. Brawijaya atampi kang wêling | amiyarsa yèn Ki Sêkar munya | kapêdhak pan kinon age | sigra pan gumarudug | pinareksa pa[229] rare alit | ingkang anabuh găngsa | cinêkêlan wau | tinanyakkên kang putra |[230] kyai buyut sira Ki Mêsahar singgih | katur ngarsa sang nata ||
31. Brawijaya angandika aris | hèh ki buyut ing Mêsahar iya | iki anakira dhewe | kyai buyut umatur | apan inggih ing suta mami | mèsêm Sang Brawijaya | anduga ing sêmu | yèn dhingin kanggenan putra | ing sang nata anging katur sampun mati | mangke adarbe putra ||
32. sinawang-sawang wau ing warni | de sang nata sira Radèn Jaka | alus ika ing sêmune | trahing kusuma tuhu | Brawijaya ngandika aris | sun pundhut anakira | sumăngga ki buyut | alah sira parakêna | ing samitra Ki Buyut Sêse[231] singgih |[232] kyai buyut sandika ||
--- [f. 157r] ---
33. pinatêdhan sira dhuwung kalih | Radèn Jaka dening Brawijaya | saksana bubar sang rajèng | angêdhaton sang prabu | Kyai Buyut Mêsahar mulih | kêlawan Radèn Bondhan | kalih rewangipun | ya ta wontên wong bêbegal | wong kêkalih sami angadhang ing margi | amatèni kang raga ||
34. Kae Jaka lingira amanis | lah ta bapa ana wong babegal | mirea bapa dèn age | ya ta sira ki buyut | asênêtan datan atêbih | ampungan ing kambêngan | mêmanuki sunu | tinêdha karosanira | kang bêbegal Kae Jaka amarpêki | radyan wus kinalihan ||
35. sinudukan kinarubut kalih | nora obah wulune salămba | wong roro sarêng têmbunge | lah amalêsa gupuh | ya ta radèn malês sira glis | tinangan kang begal |[233] pêcah mukanipun | anuli narik curiga | kang bêbegal sinuduk anuli mati | dhuwung punggêl sabêras ||
36. pan lêstari dènira lumaris | Radèn Bondhan lan Ki Pêsawahan | angalèr ngetan lampahe | datan kawarna ngênu | nahan ingkang wau lumaris | wau kang kawarnaa | ki agêng ing Tarub | ingkang tinilar ing garwa | pan atilar putra satunggil pawèstri | wididya[234] wêdi ngrama ||
37. apan lagya arumaja putri | midêr ing rat mangsa si antuka | kaya sira suwarnane | lir kang ibu rumuhun | warnanira Rara Nawangsih | pantês kang nurunêna | ingkang para ratu | kang rama alon ngandika | anak isun nimas Rara Anawangsih | lah sira têtêbaha ||
38. gêlarana kêlasa lan lampit | lah ta rara dèn kêbata sira | sira asaosa jambe | mangke wontên têtamu | tur kusuma ingkang sawiji | yogya nurunkên nata | ni rara agupuh | nulya anggêlar kêlasa | tan adangu kang têtamu nulya prapti | wau ing pêlataran ||
39. Ki Gêng Tarub sigra ngacarani | lah ing kene para alungguha | sampun aluguh[235] kang kinèn | Ki Jaka linggih pungkur | kang ing ngarsa kang rama nênggih | wus sinung pamucangan | aligih[236] tumungkul | umatur Ki Pêksawahan | mring ki agêng prapta kawula ing ngriki | ingutu[237] Brawijaya ||
40. ngaturakên ingkang putra nêgih | Brawijaya dhumatêng ing tuwan | sakarsa kita dera ngrèh | ya ta Ki Agêng Tarub | wus anduga sêmuning aji | nulya sira ngandika | dhumatêng ki buyut | lah ta inggih pintên bara | mulang muru[238] kawula darma ngèstrani[239] | karsane Radèn [Ra...]
--- [f. 157v] ---
[...dèn] Jaka ||
41. sinêmbrama ki buyut anênggih | Ki Mêsahar nulya pamit nêmbah | lèngsèr saking ngayunane | ya Ki Agêng Tarub |[240] sapungkure ki buyut nênggih | Jaka Bondhan tinilar | alinggih tumungkul | Ki Agêng Tarub ngandika | lah ta ki mas kêrasan wontên ing ngriki | ana ing padhukuhan ||
42. iya iku sadulur pawèstri | kawlasarsa tinilar ing biyang | siji tan ana tunggale | iya karyanên dulur | apêparab Rêtna Nawangsih | sira sanake lanang | sang rara inguwuh | nyawa sira marenea | kakangira iki iya lagi prapti | têka ing saba paran ||
43. amituhu Ni Rara Nawangsih | ing wuwuse wau ramanira | wantunira maksih rare | sêmana wayahipun | apan lagi ajêbên tapih | dèrèng ta kasêmêkan | kusumaning ayu | pan dèrèng wruh subasita | marmanira bangun turut ing wêwêling | apan ujaring rama ||
44. saya lulut Ni Rara Nawangsih | dhatêng wau Radèn Bon Jawan |[241] mapan ta kakang balane | tunggal rama lan ibu | pêngrasane Rara Nawangsih | mila kusuma[242] rara | rumakêt sadulur | tan ana rasa-rumăngsa | dhasar asih rare sinungan wêwêling | yèn iki sanakira ||
45. Ki Gêng Tarub angandika aris | sira kaki sun alihkên aran | saking karsanisun dhewe | aranira rumuhun | Jaka Bondhan Kajawan uni | ingsun kang asung aran | mring sira yèn sarju | Ki Lêmbu Pêtêng punika | aranira rahadèn nuwun ingkang sih | tan lênggana ing karsa ||
46. datatita lingira ing nguni | kang kocapa sira Brawijaya | Majapait nêgarane | siniwi sitiluhur | pan pinarak ing kathil gadhing | ingayap ing punggawa | alêlèmèk babut | pan sinêkar nagapuspa | risang nata sigra dènnya ngandika ris | marang ing sutanira ||
47. adipati ing Têrung sun iki | ngarsa-arsa maring kakangira | pan wis sêtaun lamine | sêmayane maringsun | sabên arsa mring Majapait | tan anganti dinutan | umarêk asanggup | adipati ing Bintara | têka mangkin katungkul boga kaèksi | têga[243] mêdayèng ujar ||
48. pan wus mukti kakangira mangkin | lawan wadya myang suka wibawa | kêlawan suta lamine | datan ta mêsi kêtun | mapan durung dènira mukti | kêrana lali ingwang | darbe yayah ingsun | yèn mêngkono kakangira | paranana Dipati Bintara aglis | ucapêna dening sira |[244]|
49. adipati ing Têrung sigra mit | pan widadya wisikaning [wisi...]
--- [f. 158r] ---
[...kaning] cepta | Sang Nata Majapaite | sigra sira tumanduk | agya wadya salêksa ngiring | datan kawarna marga | nulya sira rawuh | tumamèng sira Bintara | sigra cundhuk mring raka dika ngabêkti | sigra sira mangrêpa ||
50. adipati ing Têrung sigra ngling | kakang adipati ing Bintara | kita ingandikan age | de rama sang aprabu | dene lami tan ana panggih | kêlawan jêngandika | tansah dipun dangu | kaping kalih botên seba | mring rama ji sawarsa kita dèn anti | malah têkèng tri warsa ||
51. nadyan kathah putrane sang aji | miwah ulun datan saos seba | pan kadulu sadinane | tan sami mring pukulun | pasihane sri narapati | tan pagat[245] rinaosan | jêngandika iku | sakêlangkung mulènira | rama dika malah anglindur angimpi | mung kita rinaosan ||
52. adipati ing Bintara angling | ari Adipati Têrung iya | abênêr ing sasmitane | dene ing Majalangu | măngsa salab maring ing kami | karêntêge tyas ingwang | mapan wus kawêngku | ing wêcana gènnya mêdhar | ing sang nata pan wruh sasmita kang wadi | widigdya cipta maya ||
53. ulun iki pakone rama ji | anèng wonatara ing Bintara | wong salêksa panggawene | kinon dene ramèku | gêmahêna i wana giri | mangke dadi nêgara | pangèstu sa prabu | pan ulun darma lumampah | laku linggih solah muna lawan muni | dipati wuwuh cina ||
54. ing surasa mangke sampun dadi | pangèstune rama ji punika | awisma Bintara kene | eklase ta linuwung | ratu kapir ing Majapait | pan ambêk sadu digbya | palamarta agung | adil ngapurèng dêdosan | ing wong Eslam[246] tan polah kari wong kapir | dene kêkasihing Yyang ||
55. ing wong Eslam seba mring wong kapir | tan winênang dènira Yyang Sukma | Islam manjing ing kapire | dawakakên pamuwus | waskitha sang winuri-wuri | anggêmpur ing wong kopar | pedahipun agung | janjine kadis lan Kuran | Islam ingkang mati ya apêrang sabil | manjing syarga kang mulya ||
56. ingsun iki ajrih ing Yyang Widi | yèn sebaa marang raja kopar | eman Sêlam sêlawase | pan dadi ratu agung | ing wong Eslam seba wong kapir | duraka ing jahanam | cêcawang yèn lampus | malecaa anèng donya | sirna ilang tinampik dera Yyang Widi | bêktinira nèng donya ||[247]
--- [f. 158v] ---
[...]
--- [f. 159r] ---
57. adipati ing Têrung sigra angling |[248] kakang adipati ing Bintara | mêndhak-mêndhak ing tawange | ya ta angling andulu | wigih-wigih urang puniki | cincing têlês kang wastra | mapan nora wurung | adipati wus tinarka | de sang wasis yèn kita arsa ambalik | angrabasèng sang nata ||
58. ulun iki matur mring rama ji | lamun kita mangke tan kèringa | dadi sing salah tampine | ulun iki tan wurung | pinêjahan dening rama ji | ingilokên[249] ing kita | ing sadosanipun | nadyan kawula pêjaha | akuthila eman jênênging bupati | mati tanpa sêrana ||
59. yèn sêmbada karsa dika mangkin | kakang adipati ing Bintara | anêdha binêdhah age | nêgari Maoslangu | mapan sakèhing para mantri | kang darbe wong salêksa | mung kita myang ulun | ingkang bala wong salêksa | samăngsaa kita amangkata jurit | mantri takut sêdaya ||
60. adipati ing Bitara[250] angling | ari Adipati Têrung sira | yèn pintêr ing sêsmitane | eling yèn tunggal iku | sira iku kêlawan mami | lir satu lan rimbagan | tunggal warnanipun | têmên-têmên kênèng kêdhap | sarasane sêngkara rupa lan manis | tan kêna pisahêna ||
61. kawarnaa laminira mangkin | Adipati Bintara samêkta | wadya Islam pêpa[251] kabèh | mapan prasamya kumpul | ing Bintara dandan ajurit | Arya Teja wus prapta | ing sadyanipun |[252] nêgara ing Surabaya | Sêlamane kang Majapait sayêkti | Susunan Ngampèldênta ||
62. ing Madura pan Arya Baribin | ingkang Sêlam pan sawadyanira | nahan ing Madura kabèh | Dipati Tuban rawuh | radèn sampun Sêlam kariyin | anggawa saha bala | ing Giri kêdhatun | tumut dhatêng Garsik ika | sang pandhita namane puniku nênggih | sadhèrèk Ngampèldênta ||
63. sampun dhatêng ing Bintara nênggih | sami gunêm ing ajurit ika | wali mukmin sarju kabèh | gêgamanira agung | apan kêbak Bintara nênggih | gajah jaran samêkta | ajêjêl supênuh | kricike sênjatanira | kadya kilat lidhah barung lawan thathit | ngajrihi tiningalan ||
64. enjang mangkat marang Majapait | tan kawarna lampahirèng marga | prapta ing Majapaite | kutha sampun kinêpung | Adipati [Adipa...]
--- [f. 159v] ---
[...ti] Bintara nênggih | lawang lor linêbêtan | prapta ngalun-alun | susunan ing Ngampèldênta | lan kang rayi raja pandhita ing Garsik | tugur kilèning kitha ||
65. Kajêng Sunan Prawata kaèsthi | ambuntoni lawang ingkang wetan | dipati ing Têrung age | mêpêti lawang kidul | rewangira Dipati Tubin | kalawan Arya Teja | ing sawadyanipun | Arya Baribin Madura | saha bala angiring tan ana kari | mring Dipati Bintara ||
66. nahan wau ta ingkang rumiyin | kang kocapa Patih Gajahmada | mring jo[253] tanpa larapane | cundhuk lawan sang prabu | Patih Gajahmada sigra ngling | hèh sang sri naradipa | musuh kita rawuh | kutha pan sampun kinêpang | sutanira Dipati Bintara nênggih | wus anèng pagêlaran ||
67. sakathahe mantri Majapait | sampun bali miyya[254] ing Bintara | sampun sami se[255] kabèh |[256] mring sutanira iku | Adipati Bintara nênggih | wontên ing pagêlaran | kathil dènnya lungguh | sabusananing narendra | pênganggene mawah[257] tataning kang mantri | kadya panduka nata ||
68. Brawijaya sigra dènnya angling | Patih Gajahmada payo minggah | maring pêlatar dèn age | dene kang anèng ulun | sun dulune suta ngong nênggih | dipati ing Bintara | tan antara munjuk | Brawijaya nèng pêlatar | sapandulu Dipati Bintara nênggih | narendra nulya mintar ||
69. wadyanira kang bêkti narpati | melya mintar pura sampun sonya | sirna barang kêkasihe | gurnitanya gumuruh | lir andaru tiba jêladri | syaranya jalma mengkrad | cahyane kumukus | pura kadi binêranang | cinarata[258] kang kesah sangking jro puri | adunung ing Bintara ||
70. wadyanira ing Bintara wringwrin[259] | tarkanira kadya gunung rêbah | kadya gêdhah ing langite | puyêngan wadya agung | padha narka yèn têka pati | baya iki kiyamat | mung mangke sun wêruh | andulu laminya gêsang | anèng donya pangucape wadya sami | mudhati mudha dama ||
71. Adipati Bintara mangsupi | ing byantara sang nata wus mekrad | sonya maksih kêratune | pan kinon minggah mangu | nulya nangis sajroning ati | pan kêrasa kang yogya | Prabu Maoslangu | elinge sang adipatya | ing Bintara yèn nora Sêlam kang lalis | patine wong karipat ||
72. nulya mijil risang adipati | ing Bintara mujar ingkang wadya | lah nêdha bubar dèn age | sang dipati tumanduk | tan kawarna sira [si...]
--- [f. 160r] ---
[...ra] ing margi | wus prapta ing Bintara | kandhêga ngalun-alun |[260] sineba sagunging wadya | pagunêman sagunging pandhita wali | sakèh wong mukmin êkas ||
73. Jêng Susunan Ngampèldênta angling | sutèng ulun Dipati Bintara | katarima ing karsane | jumênêngira ratu | mapan Jawa tan ana malih | kang duwe wêwarisan | mung sira mas putu | pêsthi purwa Raja Islam | nungsa Jawa kêratonira anênggih | puniki iya Dêmak ||
74. purwanira ing Palembang dhingin | ing kocake iya ludiranya | ulun angsung prayogane | ngaliha jênêng iku | Adipati Palembang dhingin | jênêngira wong kopar | sirnakêna iku | nulya lulus dadi nata | tan winarna dènira jumênêng aji | anulya sira mapad ||
75. ginêntosan jênêngira aji | mring kang putra nênggih Sultan Dêmak | Ki Bandar dadi patahe[261] | Sultan Dêmak sêsunu | Panêmbahan Pêrwata nênggih | Panêmbahan Pêrwata | gumanti kang sunu | namanira panêmbahan | ing Kadhiri panêmbahan ing Kadhiri | Ratu Kadhiri putra ||
76. namanira pan sang Ratu Pêkik | Ratu Pêkik putranira kênya | Ratu Pambayun namane | kaalap dening sang prabu |[262] ing Mêtaram patutan siji | jalu ing warnanira | dinuga abagus | jumênêng Sunan Mangkurat | wisma Pajang ing wonatara angalih | jumênêng Kartasura ||
77. sapunika winêca kariyin | wijiling nata sangking ing Dêmak | nahan ta kocapa mangke | pan putra Maoslangu | pan lumajêng arêbut urip | ngidul ngetan parannya | minggah ngardi sampun | lajêng sira mangun tapa | Kae Jaka anèng Giri mangun brangti | anèng têngahing wona ||
78. juru tênung juru nujum nênggih | juru tabid lan jêjanggan ika | ki juru tênung mangkene | andhêdhepok puniku | ingkang nambang[263] amangun tapi | nahan kang mangun tapa | kang kocapa wau | ki tabid jêjagan ika | andhêdhepok ing wana rêgi puniki | iya amangun tapa ||
79. winastan wanatara nênggih |[264] nahan ingkang wau mangun tapa | kocapa ki juru mangke | ki juru nujum iku | ananurut pêpusung nênggih | Ngardi Kêndhêng punika | wau kang tinurut | anulya amangun tapa | andhêdhepok winastanan ingkang ardi | Ardi Duk gènnya tapa ||
80. datatita lingira ing nguni | kang kocapa Ki Agêng Sêsela | Lêmbu
--- [f. 160v] ---
Pêtêng ta namane | pasihane kalangkung | kyai agêng ing Tarub dadi | putra gène ayoga | ki agêng ing Tarub | gènira angangkên putra | Radèn Lêmbu Pêtêng langkung dènira sih | dènira mrah[265] asiyosa |[266]|
81. dhasar tapa tingale asidik | pan sampun wruh saingêring jagad | apan ta samar tingale | milanipun lêstantun | sasolahe wus olèh wisik | wong sampun kautaman | ki agêng ing Tarub | anadene rajaputra | Radèn Lêmbu Pêtêng tansah winisik |[267] satingkah solahira ||
82. Radèn Lêmbu Pêtêng nuwun kang sih | tan lênggana ing sakarsanira | anglampah sakarsane |[268] sampun mangsub ing guru | Radèn Lambu[269] Pêtêng anênggih | gènira puruhita | mring Ki Agêng Tarub | kang akèn amangun tapa | asabipun[270] agaga lawan sêsabin | kêrana ing atapa ||
83. Radèn Lêmbu Pêtêng kang winarni | dina-dina asaba pêgagan | anandur karêpanane | akathah kang tinandur | ing pêgagan dinulu asri | apan mawi kiriman | mantuk-mantuk surup | lagya karêm saba têgal | pangandikaning guru kang dèn lampahi | sabên dina mêkana[271] ||
84. kawarnaa Sang Rêtna Nawangsih | ngajêngakên abirai sandhang | apantês salêlewane | sangsaya luwih ayu | lan kang ibu datan kêkalih | lir satu lan rimbagan | warnane dinulu | apan lagi turun pisan | Anawangsih lan kang ibu widadari | lan kang rama manungsa ||
85. saya ngajêngakên kang birai | dene kadi gambar wêwangunan | sapa tumandhinga yune | yèn kinaryaa tutur | luwih warna pan kirang kawin[272] | tan ana tumandhinga | turuning wong ayu | sarira asor pêrada | sasolahe liringe têka sung brangti | tansah awor wigêna ||
86. Ki Gêng Tarub angandika aris | lah kirimên babo kakangira | ing mêngko pan wus wayahe | sang rêtna yu mituhu | wus adandan Rara Sawangsih[273] | lawan sagêgawannya | wus agendhong sumbul | sarta lan ulame pisan | anadene asta kiwa nyangking kêndhi | kang têngên pan pawohan ||
87. kawarnaa kang wontên ing têgil | Radèn Lêmbu Pêtêng pan uninga | kêlamun dhatêng arine | nuli umêntas gupuh | gêgawane kang dèn tampani | pawohan tinanggapan | de kang raka sampun | kacêkêl astane kiwa | ingkang rayi rêngu manah liniring |[274] wong iki tan pêsaja ||
88. panyêkêle têka mambu ati | owah adat têka saban-saban | si kakang kadingarène | anyêkêli astanisun |[275] nora dipun uculkên nuli | tingale ana rasa | tan kaduga ingsun | layak [la...]
--- [f. 161r] ---
[...yak] wong adarbe karsa | ngêndi ana wong duwe sadulur èstri | bulèh si wong liyanya ||
89. panyêkêle nanging lir gulamit | mapan de panyêkêlira |[276] kaya wong ana karsane | sang dyah alise putung | jroning manah asêmu runtik | pan kêtara i netya | tingale arêngu | arum wijiling wêcana | ya pagene kakang kêpati nyêkêli | inggih wontên punapa ||
90. dene têka angowah-owahi | manahira kakang boya duga | apa ta awuru gênje | manira durung ngrungu | wong adarbe sadulur èstri | tingkahe kaya para | nora angon sêmu | kaya wong mêndêm wêragang | sasar-susur têka gampang gêgèpèni[277] | pêgene kaya sira ||
91. Radèn Lêmbu Pêtêng anauri | sêbdanya rum anglir guladrawa | gusti arènisun anggèr | ayya runtik wong ayu | wus wiyahe wong urip yayi | apan ayun prênesan | wong duwe sadulur | ana sêsikune apa | wong kêkadang kadar sinêdya punapi | wong duwe saudara ||
92. ingkang raka dipun paleroki | mendah silih dadia wanodya | dene kathah gêgandêse | apan tingale têrus | iya tingal têrus ing ati | apan duk nyêkêli asta |[278] susun wawrat ing kalbu |[279] dudu panyêkêle sanak | lan maninge ingkang saya ngêtarani | tingale tan pêsaja ||
93. wicarane bisa amèt sandi | ana apa si wong ngangkên kadang | prênesan uwis wayahe | nora patut dinulu | bulèh sira duk maksih cili | mangke sampun diwasa | marmane tan patut | sanggup sira aprênesan | sun wêtara sanggupira wus udani | dêduga lan pêryoga ||
94. Radèn Lêmbu Pêtêng anauri | sarêng wau duk panyêkêlira | apan ta ingsun kêlalèn | saking gupuh kaliru | tun adungkap ingsun nampani | ananggapi pawohan | tun adungkap wau | kaliru anyêkêl tangan | apuranên sangking gupuh marang yayi | pan nora sun têmaha ||
95. sang dyah angling ya kakehan kêlir | sêjatine dhasar dèn têmaha | akathah sandi-sandine | asayadan kaliru | mapan padhang bulèh ing wêngi | lan malih asayadan | saking gupuhipun | age punapa andika | para iki kêlamun nora sayêkti | kinarya saudara ||
96. iya uga manira kang sisip | baya sampun jamaking manungsa | angling lali bêbukane | lamun ingsun andulu [a...]
--- [f. 161v] ---
[...ndulu] | marang sira sakêdhap lali | pangrasaning wong liyan | ayunira wau | iya yayi kang katingal | warnanira yayi anglir pendah thathit | datan emut yèn kadang ||
97. ingsun mirah ingsun pan wus lali | lamun sira ya sadulur ingwang | sang rêtna yu pamuwuse | nora kêna ginugu | wicarane mêmanas ati | jatine sira uga | wong amurang laku | wêruha yèn sira ala | supayane ingsun gêlêma angirim | ing wong kabali sora ||
98. pasthi ingsun umatur kiyai | yèn mêngkona kaya ujarira | radèn mèsêm ing nalane | karsanira wong ayu | arsa warta dhatêng kiyai | ya ta kusuma rara | aglis nulya mantuk | sapraptanira ing wisma | nulya matur kusuma Rara Nawangsih | dhumatêng ingkang rama ||
99. kula rama wau mêntas ngirim | mring pun kakang Lêmbu Pêtêng ika | rama awon piyangkahe | sanggupipun sadulur | pan punika kinarya lamis | inggih wau kawula | ngirim sarêng rawuh | anyêkêl asta kawula | ingkang rama gumuyu sarya nauri | apa têmên mêngkana ||
100. panyêkêle balik kadipundi | pandugane wau kakangira | sang rêtna alon ature | panyêkêle ing wau | mambu ati ing manah mami | upami ladosana | awon tingkahipun | kang rama alon ngandika | lah ta iya yèn mêngkona sira nini | Ki Lêmbu Pêtêng iya ||
101. wruhanira lawan sira nini | pan Ki Jaka jatine ta iya | sanah[280] pêpanggihan bae | wus aja sira tutur | lah sigêgên aja baribin | saujare kang rama | sang rêtna anurut | ya ta ingkang kawarnaa | Radèn Lêmbu Pêtêng kang dhatêng ing têgil | sarê[281] surup dyan prapta ||
102. nèng pêrtapan du kala ing wêngi | Radèn Lêmbu Pêtêng datan pisah | anunggil wau gurune | kyai agêng ing Tarub | anèng dhepok kala ing wêngi | samerade kang garwa | ki agêng kêkuwu | anèng dhepok ing partapan | mung kang putra kusuma Rara Nawangsih | ingkang sare ing wisma ||
103. kawarnaa mangke sarêng latri | sampun manggihakên ingkang putra | pan wus pinasthi jodhone | nimas rara ing Tarub | lawan putra ing Maospait | Lêmbu Pêtêng kang nama | pan sampun katêmu | sêdaya-daya panggiha | sang dyah ayu sampunira apêpanggih | taka[282] mijil kang waspa ||
45. Mijil
1. pan sang ayu asêmu wingit [wingi...]
--- [f. 162r] ---
[...t] |[283] pan maksih kêraos | kala dèrèng kêpanggih rakane | dening sampun manjing sanak yêkti | mangke dadi laki | tan nyana sang ayu ||
2. èsmu merang sajroning galih |[284] dèrèng apatêmon | dene sampun manjing sadulure | nora dipe Sang Rara Nawangsih | lamun dadi krami | kêlawan sadulur ||
3. dèrèng carêm sang amindha Ratih | maksih gêng wirangrong | kakung ngantos pêgêl ing nalane | ya ta sampun kalawan pêrjanji | gêrah sangêt nênggih | ki agêng ing Tarub ||
4. cinarita sampun angêmasi | kyai agêng mangko | ing sêmaya sampun ing dinane | sarê[285] seda kang rama anênggih | kêrasa sang dèwi | lamun kawlasayun ||
5. pan tinilar rama ibu sami | tan ana kang momong | nging dèn anti lunture kang sihe | ngrasa asih marang ingkang laki | wus mantun awingit | adhêpira kakung ||
6. ngadi-adi rupa sang adèwi | bonyo ing waspêmon[286] | agung rêsmi sarirane radèn | dhasar ayu citra mindha tulis | sinawang amanis | warnane sang ayu ||
7. sinjang cindhe têka amantêsi | wungu pilisnyang[287] wong | jingga mruta ing kasêmêkane | tur rinêngga pêrada nut têpi | ngunang-unang asri | rinêngga mas murub ||
8. akalpika jumantên mas asri | ingapit tên ijo | sêngkang bapang intên panunggule | kadi ingkang kilat barung thathit | manise kang sisim[288] | sêngganing panunggul ||
9. waja mindha maniking warih |[289] măndra-măndra kaot | tuntung manggis karêngat lathine | roning imba manise nêlahi | tingale ajait | manise dinulu ||
10. asêsêkar cêpaka rêspati | cêcarang mas kaot | wida jênar arum ing gandane | rema abyor sinêkar mêlathi | warnane dyah dèwi | lir murca dinulu ||
11. suruping arka gumanti wêngi | myang căndra umiyos | tanggalira ping kalih kênyare | lir raina purnamaning sasi | pamêwahing sasi | tranggana awêlu ||
12. sakêlangkung baude ing rêsmi | jiwa raga anor | mulat garwa suh rêmpu ing tyase | lir cintaka[290] aminta riris |[291] ing tawang tyas sangking | mangsane katêlu ||
13. sang dyah ayu tan pêgat liniring | ingkang awirangrong | angrêrêpa sang kakung nêbdane | adhuh mirah ingsun mindha Ratih | baya nimas gusti | gèn isun anyatu ||
14. gih pun kakang gusti anuwun sih | suka kang punang wong | suka pêjah ing pada [pa...]
--- [f. 162v] ---
[...da] nah anggèr | pama ingsun saliring Ratih |[292] lir tidharsa amrik | mangsaning katêlu ||
15. lir cintaka angêmbarèng langit | amindha kêlamon | apan turuning warsa ajape | lir brêmara ing tawang angrêmih | sajroning dènnya prih | dhêdha[293] ingkang santun ||
16. sang rêtna yu anulya angliring | pagut ing pasêmon | adoh tingale kari manise | apan nora nana madu gêndhis | kakung aningali | manahnya suh rêmpu ||
17. dyan ingêmban sang dyah angladèni | binêkta palugon | mapan sampun tumangkêb samire | sapraptane ing paprêman nênggih | kalihan sang dèwi | madyaning kang babut ||
18. dyah ingaras awanti-wanti |[294] anyêngkah jaja lon | anglir pendah madu ing wuwuse | amrih luntur wau ingkang sari | tansah angrêrêmih | juwitaning ayu ||
19. sinarèkên[295] ing tilam awangi | srênggana kalangon | ing jro tilam nêkakên[296] kaptine | wêkasing sinjang apan sampun kokih |[297] acampuh kang jurit | kepyan kang pulang yun ||
20. sang dyah ayu murcita ing rêsmi | sarira kalêson | marsu lupa ing jiwa ragane | ya sang kakung awlas aningali | ingaras sang dèwi | sinangèn pangrungrum ||
21. anglilira kusumaning sari | sarining palugon | sampun taha-taha murcitane | sarê lawan manira mas gusti | dipun tulus asih | mirah jiwaningsun ||
22. sampun wêdhar ingkang pulang rêsmi | pinarêk wong roro | kakungira kêlangkung asihe | dhatêng garwa tansah dipun liring | miwah sang lir Ratih | mring kakang sih lulut ||
23. upamane wau anglir mimi | dènira karongron | datan kêna pisaha kalihe | siyang dalu tansah karon rêsmi | ya ta lami-lami | gènira katêmu ||
24. sasedane kang rama ing nguni | atut akêrongron | ingkang gêntosi linggihe |[298] Radèn Lêmbu Pêtêng anuruni | gêntosi ramèki | ki agêng ing Tarub ||
25. wus alami Sang Rêtna Nawangsih | warnanên sang anom | sampun wawra[299] tigang wulan mangke | sang dyah ayu citrane amanis | lir wulan purnami | cahyane sumunu ||
26. sampun jangkêp sêmaya winarni | gènira ambabot | ya ta babar kang jabang bayine | miyos jalu warnane apêkik | cahyane dumêling | lir wulan awêlu ||
27. rama ibunira langkung asih | kang putra ingêmong | ya ta sampun dawêg pênyapihe | kang atmaja anulya sinapih | mangke ta winarni | kusumaning ayu ||
28. Ni Nawangsih [Nawang...]
--- [f. 163r] ---
[...sih] nulya wawrat malih | putra miyos wadon | pan kêkalih wau ing putrane | cinarita jalu lawan èstri | pêputra kêkalih | mêngkana winuwus ||
29. Lêmbu Pêtêng apan sampun lalis | tan tutug kêrongron | pan cinupêt tan panjang umure | Ki Gêng Tarub sampun angêmasi | mêngkana winarni | wau putranipun ||
30. kalih wau sampun sami krami | ya ta winiraos | putra jalu nênggih kêkasihe | pan Ki Agêng Gêtas Pêndhawèki | arine pawèstri | apan krama antuk ||
31. kyai agêng ing Ngêrang winarni | atut akêrongron | gènnya palakrama ing kalihe | ingkang raka lawan ingkang rayi | mêngkana winarni | wau têdhakipun ||
32. Kyai Agêng Gêtas Pêndhawèki | ingkang winiraos | apêputra pêpitu kathahe | pan cinatur nênêm sami èstri | kang sêpuh pribadi | satunggal kang jalu ||
33. pan Ki Agêng Sêsela anênggih | ari sami wadon | nyai gêdhe ika panggulune | nulya Nyai Purnama kang rayi | arènipun malih | nênggih wêstanipun ||
34. nyai gêdhe ing Karang kang rayi | wu[300] sami kêrongron | nulya nyai gêdhe ing Wangsule | nulya Nyai Gêdhe Bangbong rayi | Nyai Dibayèki | ari asmara kung ||
| 1 | Terdapat tulisan tanggal pada tanda pergantian pupuh (madyapada) ini: 1737 Rabingulakir tanggal kaping 10 [15 Mei 1810]. (kembali) |
| 2 | warnanipun (dan di tempat lain). (kembali) |
| 3 | Lebih satu suku kata: ya ta ing impèn ingsun. (kembali) |
| 4 | mupakatna (dan di tempat lain). (kembali) |
| 5 | Kurang satu suku kata: kang anèng pênangkilan. (kembali) |
| 6 | Catatan: Aksara "ka" pada kata "pamondhokan" disisipkan di atas gatra. (kembali) |
| 7 | Kurang satu suku kata: Kyai Sura apêputra ika. (kembali) |
| 8 | Lebih satu suku kata: ing Blambangan puniku. (kembali) |
| 9 | brangtinipun. (kembali) |
| 10 | Kurang satu suku kata: padhukuhan arane singgih. (kembali) |
| 11 | Catatan: terdapat dobel sandangan: warsi atau warse. (kembali) |
| 12 | Kurang satu suku kata: wartose pun ibu. (kembali) |
| 13 | Lebih satu suku kata: Kangjêng Sunan Ngatasangin ika. (kembali) |
| 14 | mringwang. (kembali) |
| 15 | amanis. (kembali) |
| 16 | Kurang empat suku kata: kêsangêtên pambêlunthahira. (kembali) |
| 17 | kècèk. (kembali) |
| 18 | enjang (dan di tempat lain). (kembali) |
| 19 | Lebih satu suku kata: miwah pasar Sêmarang. (kembali) |
| 20 | mulad-mulad. (kembali) |
| 21 | Lebih satu suku kata: pêrapat tăngga desa. (kembali) |
| 22 | ika. (kembali) |
| 23 | Islam (dan di tempat lain). (kembali) |
| 24 | ginêntyan (dan di tempat lain). Bandingkan: ginantyan (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.68.8; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.68.8). (kembali) |
| 25 | ulun (dan di tempat lain). (kembali) |
| 26 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: dening ulun mudhari ngati (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.71.5); dening ulun mudha ring ati (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.71.5); dene isun taksih nom iki (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 10.30.5). (kembali) |
| 27 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: ulun iki dèrèng wruh ing wangsit (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.73.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.73.1); sira iki pan durung wruh wangsit (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 10.32.1). (kembali) |
| 28 | Bandingkan: dutaning (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.75.8; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.75.8). (kembali) |
| 29 | sêlab. Bandingkan: salab (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.76.5); silab (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.76.5). (kembali) |
| 30 | jro (dan di tempat lain). Bandingkan: ajro (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.77.9; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.77.9; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 10.34.9). (kembali) |
| 31 | mahning (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.79.3; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.79.3). (kembali) |
| 32 | kumambang. (kembali) |
| 33 | lung-lungan (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.80.8; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.80.8). (kembali) |
| 34 | godhong. Bandingkan: ngadhang (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.80.8; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.80.8). (kembali) |
| 35 | sawiji (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.82.6; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 10.38.6; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 10.82.6). (kembali) |
| 36 | Bandingkan: rasaning wohnya manise (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 10.39.3); rasaning tyasnya manise (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.83.3; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.83.3). (kembali) |
| 37 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: manda nulah pan juga (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.84.6; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.84.6); pan dèn ulah pan juga (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 10.40.6). (kembali) |
| 38 | Bandingkan: ni (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 10.40.8); ning (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.84.8; [Macapat]). (kembali) |
| 39 | wraksa (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 10.41.2; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.85.2). Bandingkan: wrêksa ([Macapat]). (kembali) |
| 40 | misoyi. Bandingkan: masoyi (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.85.3; [Macapat]). (kembali) |
| 41 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: argulonya gambir kalawan mêlathi (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.85.9); argulonya gambir kalawan malathi (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.85.9); myang argulo gambir kalawan malathi (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 10.41.9). (kembali) |
| 42 | lawan. (kembali) |
| 43 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: byak tyas pasthika maya (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.88.10; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.88.10); brat tyas pasthika maya (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 10.44.10). (kembali) |
| 44 | ngling (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.89.5; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 10.45.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 10.89.5). (kembali) |
| 45 | yitna (dan di tempat lain). (kembali) |
| 46 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: tatas ing siyang wau (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.94.4; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.94.4); tata ing siyang wau (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 10.50.4). (kembali) |
| 47 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: Arya Damar saha pramèswari (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.96.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.96.1). (kembali) |
| 48 | waringin (dan di tempat lain) (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.100.9; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 10.55.9; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.100.9). (kembali) |
| 49 | mudhun (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.102.5; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 10.57.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.102.5). (kembali) |
| 50 | kinarya (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.104.8; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 10.59.8; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.104.8). (kembali) |
| 51 | sadu. (kembali) |
| 52 | radèn (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.106.3; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 10.61.3; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.106.3). (kembali) |
| 53 | barênga (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 10.61.6). Bandingkan: parênga (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.106.6; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.106.6). (kembali) |
| 54 | Catatan: Aksara "wa" pada kata "lawan" disisipkan di bawah gatra. (kembali) |
| 55 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: dadya begal angêntal (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.107.6; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.107.6). (kembali) |
| 56 | Lebih satu suku kata: ingêtal myang dulur. Bandingkan: myang saduluripun (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.107.7; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.107.7). (kembali) |
| 57 | ngayun (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.108.9; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.108.9). (kembali) |
| 58 | ngandhêg (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.110.10; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.110.10). (kembali) |
| 59 | hèh (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.111.9; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.111.9). (kembali) |
| 60 | kakehan (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.111.9; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.111.9). (kembali) |
| 61 | Usèn (dan di tempat lain) (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.113.9). Bandingkan: Kusèn (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.113.9). (kembali) |
| 62 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: sêmpal pang kaparapal (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.116.6; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.116.6); sêmpal pan kaparapal (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 10.62.6). (kembali) |
| 63 | katub (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.116.10; Wali Sana, Tanaya, Pupuh 11.116.10). Bandingkan: katut (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 10.62.10). (kembali) |
| 64 | urip (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.121.9; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 10.66.9; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.121.9). (kembali) |
| 65 | palwa (dan di tempat lain). (kembali) |
| 66 | angin (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.123.1; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 10.67.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.123.1). (kembali) |
| 67 | gogrog. (kembali) |
| 68 | larud. (kembali) |
| 69 | sêkti. (kembali) |
| 70 | awêrit. (kembali) |
| 71 | Kurang satu suku kata: jalma amara pêjah. (kembali) |
| 72 | ulun (dan di tempat lain sesuai konteks) (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.129.7; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.129.7). (kembali) |
| 73 | sokur. (kembali) |
| 74 | Terdapat tulisan tanggal pada tanda pergantian pupuh (madyapada) ini: 1737 Rabingulakir tanggal kaping 20 [25 Mei 1810]. (kembali) |
| 75 | druwis. (kembali) |
| 76 | konjêm (dan di tempat lain). (kembali) |
| 77 | Kurang satu suku kata: sira arêp wêruh titi. (kembali) |
| 78 | sêmbah. (kembali) |
| 79 | Kurang satu suku kata: sêmbah marang ingkang gusti. (kembali) |
| 80 | bêcik. (kembali) |
| 81 | padha. (kembali) |
| 82 | wasesaning. (kembali) |
| 83 | Lebih satu suku kata: pan ing wasesaning Sukma. (kembali) |
| 84 | Usèn. (kembali) |
| 85 | Majapait (dan di tempat lain). (kembali) |
| 86 | waringin (dan di tempat lain). (kembali) |
| 87 | Kurang satu suku kata: Radèn Usèn aran kawula kiyai. (kembali) |
| 88 | Kurang satu suku kata: Ki Dipati Têrung namane anênggih. (kembali) |
| 89 | Terdapat tulisan tanggal pada tanda pergantian pupuh (madyapada) ini: 1737 Rabingulakir tanggal kaping 25 [30 Mei 1810]. (kembali) |
| 90 | Kurang satu suku kata: sakarsaning pandhita. Bandingkan: ulun wacananira (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.167.6; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.167.6). (kembali) |
| 91 | jodhonipun (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.168.7; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.168.7). (kembali) |
| 92 | mangilèn. Bandingkan: angilèn (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.170.3; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.170.3). (kembali) |
| 93 | Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu i. Bandingkan: têpis iring kang andhatêngi (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.171.5); têpis iring ingkang dhatêngi (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.171.5). (kembali) |
| 94 | siki (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.174.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.174.1). Bandingkan: iji (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 8.35.1). (kembali) |
| 95 | dhatêng (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.174.9; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.174.9; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 8.35.9). (kembali) |
| 96 | Kurang satu suku kata: kyana patya sêksana lumaris. (kembali) |
| 97 | Lebih dua suku kata: kyana patih matur awotsari. (kembali) |
| 98 | Kurang satu suku kata: angrabasèng ing tuwan. (kembali) |
| 99 | putri. (kembali) |
| 100 | kêlawan (dan di tempat lain). (kembali) |
| 101 | acundhuk. (kembali) |
| 102 | kumêpyur. (kembali) |
| 103 | Sandipura. (kembali) |
| 104 | siram. (kembali) |
| 105 | Dèwi. (kembali) |
| 106 | Lebih satu suku kata: kasub ing tăngga desa. (kembali) |
| 107 | Lebih satu suku kata: wau dhatêng pandhita. (kembali) |
| 108 | taun. (kembali) |
| 109 | ênggonipun. (kembali) |
| 110 | angling. (kembali) |
| 111 | èstri. (kembali) |
| 112 | Lebih satu suku kata: iya ing warnanira. (kembali) |
| 113 | anulus. (kembali) |
| 114 | lurus. (kembali) |
| 115 | Catatan: mulai ganti tangan. (kembali) |
| 116 | nênggih (dan di tempat lain). (kembali) |
| 117 | ngatingal. (kembali) |
| 118 | Kurang dua suku kata: ingkang kidang kêncana nênggih. (kembali) |
| 119 | Lebih satu suku kata: baya rare iki ingkang anyêbêli. (kembali) |
| 120 | Lebih satu suku kata: klangkung pêngaji-ajine. (kembali) |
| 121 | Lebih satu suku kata: pan labêting atapa. (kembali) |
| 122 | malah. (kembali) |
| 123 | anglampus. (kembali) |
| 124 | Lebih satu suku kata: dene miyarsa tutur. (kembali) |
| 125 | Kurang dua suku kata, dan biasanya guru lagu i: yèn ta ababot rupane iki. (kembali) |
| 126 | Kurang tiga suku kata, dan biasanya guru lagu a: duk maksih gêsang lakine ika. (kembali) |
| 127 | Lebih satu suku kata, dan biasanya guru lagu e/o: mokal darbe bêbayine. (kembali) |
| 128 | Lebih empat suku kata, dan biasanya guru lagu u: wingi sore sun pangguh. (kembali) |
| 129 | Lebih satu suku kata, dan biasanya guru lagu i: mapan nora owah ya nyai. (kembali) |
| 130 | Kurang satu suku kata: babote tanpa sangkan. (kembali) |
| 131 | tinilikan. (kembali) |
| 132 | Kurang satu suku kata: atanapi uwong Kêmbangsri. (kembali) |
| 133 | amanglingi. (kembali) |
| 134 | Biasanya guru lagu i: satunggil. (kembali) |
| 135 | Kurang satu suku kata: pan ni răndha wus alami-lami. (kembali) |
| 136 | sirna. (kembali) |
| 137 | Catatan: Aksara "sa" kedua pada kata "surasaning" disisipkan di bawah gatra. (kembali) |
| 138 | marwata. (kembali) |
| 139 | taun. (kembali) |
| 140 | adêdolan. (kembali) |
| 141 | tulupi. (kembali) |
| 142 | Lebih satu suku kata: bên dina mêng-amêngan. (kembali) |
| 143 | Kurang satu suku kata: kae jaka ing Tarub. (kembali) |
| 144 | linuwih. (kembali) |
| 145 | ing (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.175.5; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 21.58.5; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 8.36.5). (kembali) |
| 146 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: tan kawarnaa sira (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.175.6; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.175.6); tan kawarna laminya (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 21.58.6). (kembali) |
| 147 | singgih. (kembali) |
| 148 | sangking (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.177.8). Bandingkan: saking (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.177.8; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 8.38.8). (kembali) |
| 149 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: babêktan sangking ing Cêmpa (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.177.8); bêbêktan saking ing Cêmpa(Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.177.8; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 8.38.8). (kembali) |
| 150 | boyongan (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 8.38.10). Bandingkan: bêboyongan (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.177.10; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.177.10). (kembali) |
| 151 | duk (dan di tempat lain) (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.178.3; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.178.3; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 21.61.3). Bandingkan: nalika (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 8.39.3). (kembali) |
| 152 | sirambila. (kembali) |
| 153 | dinulu (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.183.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.183.1; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 8.44.1). (kembali) |
| 154 | Kurang satu suku kata: warnanira dinulu apêkik (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.183.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.183.1; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 8.44.1). (kembali) |
| 155 | Bandingkan: tusing (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.183.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.183.2). (kembali) |
| 156 | Bondhan (dan di tempat lain) (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.186.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.186.2). (kembali) |
| 157 | jangkêp (dan di tempat lain) (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.186.7; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.186.7; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 8.47.7). (kembali) |
| 158 | suta (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.187.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.187.2; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 8.48.2). (kembali) |
| 159 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: kaki buyut suta pakanira (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.187.2); kaki buyut suta pakênira (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.187.2); kaki buyut suta pêkênira (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 8.48.2). (kembali) |
| 160 | pindho (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.188.8; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.188.8; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 8.49.8). (kembali) |
| 161 | pêpak (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 8.53.1). Bandingkan: pêpêk (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.192.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.192.1). (kembali) |
| 162 | punggawa (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.192.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.192.2; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 8.53.2). (kembali) |
| 163 | Bintara (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.194.6; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.194.6). (kembali) |
| 164 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: ing Bintara punika (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.194.6; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.194.6). (kembali) |
| 165 | Catatan: Kata "dhêdhukuhe" ditulis di bawah baris menggantikan kata "nêgarane". (kembali) |
| 166 | Bandingkan: Bintara padhêkahane (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.195.3; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.195.3). (kembali) |
| 167 | palungguhe (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.197.3; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.197.3). (kembali) |
| 168 | Lebih tiga suku kata: lah kakang dika lumampah. Bandingkan: kita kakang ingandikan (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.197.8; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.197.8). (kembali) |
| 169 | Maospait (dan di tempat lain) (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.197.9). Bandingkan: Maospati (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.197.9). (kembali) |
| 170 | mangkat. (kembali) |
| 171 | ngucap (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 172 | linggihe. Bandingkan: lungguhe (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.201.3; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.201.3). (kembali) |
| 173 | wong (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.201.6; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.201.6). (kembali) |
| 174 | iku (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.202.7; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.202.7). (kembali) |
| 175 | garbong (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.204.9; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.204.9). (kembali) |
| 176 | puniku (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.205.4; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.205.4). (kembali) |
| 177 | pendah. (kembali) |
| 178 | Kurang satu suku kata: kae jaka pan awas tumingal. (kembali) |
| 179 | Kurang satu suku kata: kae jaka bungah tan sipi. (kembali) |
| 180 | anrêrajang. (kembali) |
| 181 | sinasak ponang. (kembali) |
| 182 | Kurang satu suku kata: kae jaka kasmaran ningali. (kembali) |
| 183 | Kurang satu suku kata: anon manuk anèng ing kêkayyan. (kembali) |
| 184 | wuri. (kembali) |
| 185 | ênggonira. (kembali) |
| 186 | camênthing. (kembali) |
| 187 | kosokan. (kembali) |
| 188 | sakèh. (kembali) |
| 189 | Bagus. (kembali) |
| 190 | Kurang satu suku kata: angum ing toya wong. (kembali) |
| 191 | Kurang satu suku kata: sang dyah muwus asêmu aisin. (kembali) |
| 192 | tininggal. (kembali) |
| 193 | opahnya. (kembali) |
| 194 | anom. (kembali) |
| 195 | Lebih satu suku kata: sinjang rasukan lan camênthinge. (kembali) |
| 196 | manungsa. (kembali) |
| 197 | Kurang satu suku kata: sang dyah kinusya rinêmih-rêmih. (kembali) |
| 198 | Kurang satu suku kata: kadya pratiwi kasongan sasi. (kembali) |
| 199 | pinondhong. (kembali) |
| 200 | Lebih dua suku kata: pinapajang pêsarean adi. (kembali) |
| 201 | popoking (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 15.2.3; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 15.2.3; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 21.98.3; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 13.2.3). (kembali) |
| 202 | popoking (dan di tempat lain) (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 15.3.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 15.3.5; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 21.99.5). (kembali) |
| 203 | dilalah (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 15.5.2; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 12.11.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 15.5.2; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 21.101.2; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 13.5.2). (kembali) |
| 204 | liwat (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 15.7.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 15.7.5; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 21.103.5; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 12.13.5). (kembali) |
| 205 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: wataraningsun iya (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 15.7.10; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 15.7.10); sun wêtara kewala (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 12.13.10). (kembali) |
| 206 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: dening têka anglirakên wêkas (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 12.14.2); ora ta ki umah nglirkên wêkas (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 15.8.2); ora ta Ki Omah nglirkên wêkas (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 15.8.2). (kembali) |
| 207 | sapungkur (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 15.9.8; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 15.9.8; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 21.105.8; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 13.9.8). (kembali) |
| 208 | runtik (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 15.11.9; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 12.18.9; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 15.11.9; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 21.107.9; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 13.12.9). (kembali) |
| 209 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: dening garwa mangke atêmahan runtik (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 15.11.9); dening garwa ing manah asêmu runtik (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 12.18.9); ingkang garwa asangêt dènira runtik (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 21.107.9); ingkang garwa dene sangêt dènnya runtik (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 13.12.9). (kembali) |
| 210 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: owah sakalir barange (YDL1016, Pupuh 12.19.3); owah sakalir-kalire (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 15.12.3; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 15.12.3). (kembali) |
| 211 | enjing (dan di tempat lain). (kembali) |
| 212 | olah. (kembali) |
| 213 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: kakungira angling amlasasih (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 15.16.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 15.16.1); kakungira wuwuse mlasasih (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 12.23.1). (kembali) |
| 214 | sida. (kembali) |
| 215 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: lamun sira wong ayu prasida mulih (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 12.23.9); mring ulunya yèn kita prasida mulih (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 15.16.9); mring ulun ya yèn kita prasida mulih (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 15.16.9). (kembali) |
| 216 | manêng (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 15.18.9; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 15.18.9; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 12.25.9). (kembali) |
| 217 | asungkawa. (kembali) |
| 218 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: sang dyah pinarêpêkan (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 12.27.6; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 21.114.6); graha pinarêpêkan (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 15.20.6; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 15.20.6); kang rayi pinêrpêkan (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 13.21.6). (kembali) |
| 219 | anginggati. (kembali) |
| 220 | polah (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 15.22.6; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 15.22.6; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 13.23.6). (kembali) |
| 221 | Bondhan (dan di tempat lain) (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 15.28.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 15.28.2). (kembali) |
| 222 | Kurang dua suku kata. Bandingkan: winastan Radèn Bondhan Kajawan (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 15.28.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 15.28.2). (kembali) |
| 223 | Kurang satu suku kata: Rahadèn Bondhan Kêjawan. (kembali) |
| 224 | Catatan: terdapat dobel sandangan: dening atau dene. (kembali) |
| 225 | pêpak. Bandingkan: pêpêk (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 15.30.3; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 15.30.3). (kembali) |
| 226 | ngaturkên (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 15.30.10; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 15.30.10). (kembali) |
| 227 | niyagan. Bandingkan: paniyagan (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 15.31.7). (kembali) |
| 228 | anabuh. Bandingkan: nabuh (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 15.31.8; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 15.31.8). (kembali) |
| 229 | pan. (kembali) |
| 230 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: tinakon yèn anakira (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 15.32.8; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 15.32.8). (kembali) |
| 231 | Sêsela. (kembali) |
| 232 | Kurang satu suku kata: ing samitra Ki Buyut Sêsela singgih. Bandingkan: ring samitra Ki Gêdhe ing Tarub mangkin (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 15.34.9; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 15.34.9). (kembali) |
| 233 | Kurang satu suku kata: tinanganan kang begal. (kembali) |
| 234 | widigdya. (kembali) |
| 235 | alungguh. (kembali) |
| 236 | alinggih. (kembali) |
| 237 | ingutus. (kembali) |
| 238 | muruk. (kembali) |
| 239 | ngètrèni. (kembali) |
| 240 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: kyai agêng ing Tarub (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 12.73.4). (kembali) |
| 241 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: dhumatêng Radèn Bondhankajawan (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 12.76.2); sinadulurkên lan Radèn Bondhan (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 18.36.2). (kembali) |
| 242 | Catatan: Aksara "ma" pada kata "kusuma" disisipkan di bawah baris. (kembali) |
| 243 | têngga. (kembali) |
| 244 | Lebih satu suku kata: ucapên dening sira. (kembali) |
| 245 | pêgat. (kembali) |
| 246 | Islam (dan di tempat lain). (kembali) |
| 247 | Catatan: Setelah bait ini bait baru dimulai dengan kata "adi" lalu halaman kosong. Sepertinya kata "adi" adalah bagian dari kata "adipati" dari bait baru pada f. 159r. (kembali) |
| 248 | Lebih satu suku kata: adipati ing Têrung sigra ngling. (kembali) |
| 249 | ingilokkên. (kembali) |
| 250 | Bintara. (kembali) |
| 251 | pêpak. (kembali) |
| 252 | Kurang satu suku kata: ing sadayanipun. (kembali) |
| 253 | jro. (kembali) |
| 254 | milya. (kembali) |
| 255 | seba. (kembali) |
| 256 | Kurang satu suku kata: sampun sami seba kabèh. (kembali) |
| 257 | miwah. (kembali) |
| 258 | cinarita. (kembali) |
| 259 | wingrin. (kembali) |
| 260 | Lebih satu suku kata: kandhêg ngalun-alun. (kembali) |
| 261 | patihe. (kembali) |
| 262 | Lebih satu suku kata: kalap dening sang prabu. (kembali) |
| 263 | Catatan: Aksara "na" pada kata "nambang" disisipkan di bawah baris. (kembali) |
| 264 | Kurang satu suku kata: winastanan wanatara nênggih. (kembali) |
| 265 | mrih. Bandingkan: amrih (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 12.78.10; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 18.58.10). (kembali) |
| 266 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: gènnya amrih dadosa (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 12.78.10); dènnya amrih dadosa (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 18.58.10). (kembali) |
| 267 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: Radèn Lêmbupêtêng kang tansah winisik (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 23.2.9); Radèn Lêmbupêtêng kang tansah winisik (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 23.2.9); sapolahnya ika kang tansah winisik (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 18.59.9; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 18.59.9). (kembali) |
| 268 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: anglampahi sapakone (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 23.3.3); anglampahi ing sarèhe (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 18.60.3; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 18.60.3); anglampahi ing sapakèn (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 12.80.3). (kembali) |
| 269 | Lêmbu (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 18.60.5). (kembali) |
| 270 | kasabipun (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 18.60.9; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 23.3.9; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 18.60.9). (kembali) |
| 271 | mêngkana. Bandingkan: mangkana (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 18.61.10; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 12.81.10; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 18.61.10; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 23.4.10; Babad Dêmak, Dewabrata, Pupuh 3.30.10). (kembali) |
| 272 | kawi (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 18.63.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 18.63.5; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 23.6.5). (kembali) |
| 273 | Nawangsih (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 18.64.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 18.64.5; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 23.7.5). (kembali) |
| 274 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: arinira rêngu ing tyas saha ngliring (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 18.65.9); ingkang rayi rêngu ing manah angliring (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 23.8.9). (kembali) |
| 275 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: anyêkêl astaningsun (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 18.66.4; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 18.66.4); anyêkêl astanipun (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 12.86.4); anyêkêl tanganingsun (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 23.9.4). (kembali) |
| 276 | Kurang dua suku kata. Bandinkan: dede panyêkêling wong kêkadang (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 18.67.2); dudu panyêkêle wong sêsanak (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 12.87.2); dene panyêkêling wong kêkadang (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 18.67.2); dene panyêkêle wong sasanak (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 23.10.2). (kembali) |
| 277 | gêgapèni (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 18.68.9). (kembali) |
| 278 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: duk anyêkêli asta (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 18.70.6; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 18.70.6); duk para nêkêl asta (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 12.90.6); duk nyêkêl astaningwang (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 23.13.6). (kembali) |
| 279 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: ngong wawrat ing kalbu (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 18.70.7; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 18.70.7); ngong wrat tingal kalbu (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 12.90.7); sun wêtarèng kalbu (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 23.13.7). (kembali) |
| 280 | sanak (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 18.80.3; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 12.100.3; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 18.80.3). (kembali) |
| 281 | sarêng (dan di tempat lain) (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 18.80.10; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 18.80.10; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 12.100.10; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 23.20.10). (kembali) |
| 282 | têka (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 18.82.10; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 18.82.10). (kembali) |
| 283 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: Rêtna Nawangsih asêmu wingit (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 19.1.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 19.1.1; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 24.1.1). (kembali) |
| 284 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: asmu ewa merang jroning ati (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 19.2.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 19.2.1); asmu merang ewa jroning galih (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 24.2.1). (kembali) |
| 285 | sarêng (dan di tempat lain). (kembali) |
| 286 | pasêmon (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 19.6.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 19.6.2). (kembali) |
| 287 | pilisnya. (kembali) |
| 288 | singsim (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 19.8.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 19.8.5). (kembali) |
| 289 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: waja amindha maniking warih (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 19.10.1; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 16.8.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 19.10.1). (kembali) |
| 290 | C anthuka (dan di tempat lain). (kembali) |
| 291 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: kadi cintaka aminta riris (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 19.12.4; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 19.12.4); lir cintaka ikang minta riris (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 16.11.4). (kembali) |
| 292 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: upamaningsun sang liring sari (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 19.14.4; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 19.14.4). (kembali) |
| 293 | dhêngdha. (kembali) |
| 294 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: sang dyah ingaras awanti-wanti (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 19.18.1; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 16.15.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 19.18.1). (kembali) |
| 295 | sinarèkkên. (kembali) |
| 296 | nêkakkên (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 19.19.3; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 19.19.3; YSl1016, Pupuh 16.16.3). (kembali) |
| 297 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: wêkasing sinjang pan sampun kokih (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 19.19.4; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 19.19.4); wêkasane sinjang sampun kongkih (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 16.16.4). (kembali) |
| 298 | Kurang dua suku kata. Bandingkan: ingkang mantu gêntosi linggihe (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 19.24.3; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 24.7.3); ikang mantu gêntosi ligihe (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 16.22.3); kang mantu anggêntosi linggihe (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 19.24.3). (kembali) |
| 299 | wawrat. Bandingkan: awawrat (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 19.25.3; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 19.25.3; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 24.8.3). (kembali) |
| 300 | wus (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 19.34.2; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 16.32.2). (kembali) |