Babad Purubaya, British Library (Add MS 12308 a), 1813, #1050 (Pupuh 46–56)
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
--- [f. 163r lanjutan] ---
46. Asmaradana
1. ênêngna ta kang kariyin | pêpitu Ki Agêng Sela | Gêtas cinarita mangke | kang anèng ing Ngampèldênta | sabatira akathah | Pangeran Benang winuwus | arsa kesah têtirakat ||
2. Pangeran Benang lumaris | anut ing marga lampahnya | amikul jungkas kaskule | rasukan pinilih darya | Radèn Said atanya | hèh darwis ngêndi umahmu | Pangeran Benang ngandika ||
3. ingsun saking ardi uni | arsa nyêlamêna ajar | Rahadèn Said dêlinge | sun jaluke kaskulira | lan êcisira iya | Pangeran Benang amuwus | sêpala sira ambila ||
4. yèn sira yun olèh kardi | tut wurinên mêngko iya | kang amidhang pasar gêdhe | begalên mulya ta sira | kang kampuh jingga măngsa | asabuk diwăngga alus | asêkar wora-wari bang ||
5. akris landheyan mas adi | Radèn Said saurira | mêksa anjaluk kêskule | lawan êcisira ika | sigra cinêkêl agya | Ki Said tiba anglumpruk | wus dèn pêpengin
--- [f. 163v] ---
sêmana ||
6. woh[1] siwalan aglar siti | sêdaya dadya kêncana | Radèn Said angling mangke | dadya mas siwalan ika | pangeran angêndika | yaktènana ujar ingsun | wus parmanira Yyang Sukma ||
7. sêmana nulya yêktèni | dèn alap nyata kêncana | pangeran lumampah age | sampun lêpas lampahira | radèn sira micara | sarewange munggèng ngayun | nanging pangeran tan arsa ||
8. dèn iring ing para santri | Pangeran Benang tan arsa | mila tanpa rewang mangke | kathahe para sahabat | samya kantun sêdaya | samya anèng sirèng pungkur | sampun prapta dalêm kitha ||
9. kawarnaa sirèng enjing | radèn malêbêt ing kitha | angyêktini ing wêkase | ki tuwan kang liwat ika | wayah ramening pasar | rahadèn ngulati sampun | kêpanggih ing pamidhangan ||
10. radèn eram ingkang galih | tan linyok saujar tuwan | tan sêlaya ing karsane | pangeran mantuk ing wisma | radèn tut wuri sigra | anging tan tinolèh wau | pangeran prapta ing wisma ||
11. ing dalêm sampun kêpanggih | wus prapta dalêm sêdaya | miwah ta para kaume | pêpak samya ngaji ika | radèn anulya prapta | ing kari[2] nulya malêbu | lungguh ngayuning wêrana ||
12. wêdana kajêm[3] ing siti | rajrih ngangkat ingkang sirah | alinggihan tarimane | Pangeran Benang ngantika[4] | dhatêng para ulama | para kau[5] myang pangulu | kang anèng kari sinapa ||
13. sêdaya samya ningali | dhatêng ing kari punika | sêda umatur alon |[6] tan liyan ingkang katingal | pangeran angêndika | iya uwis ayya muwus | wus bakda bubar sêdaya ||
14. malah jangkêp tigang latri | tigang dina nora lunga | ing têngah dalu wayahe | pangeran marani sigra | jinujung sirahira | atangia arèningsun | paran karsanira nyawa ||
15. rahadyan umatur ari | aba nuwun karsa tuwan | dipun tulus asih têmbe | ing donya têkèng akerat | kawula sucèkêna | pangeran ngandika arum | măngsa kuwawaa sira ||
16. rahadèn umatur aris | angsala barkat jêng tuwan | lah yayi dèn èngêt mangke | iki luwang lêbonana | rahadyan tan lênggana | malêbêt ing luwang sampun | tinutup noyya[7] ngurugan ||
17. lêmah rata kadya dhingin | alami [ala...]
--- [f. 164r] ---
[...mi] ana ing kana | sawarsa ika lamine | tan ingaruh-aruh ika | pangeran angandika | para ulama myang kaum | angaos pêpak sêdaya ||
18. pangeran ngandika aris | mring para santri sêdaya | sapa wruha ing karsane | jroning siti ana apa | sêdaya atur sêmbah | lah dhudhukên siti iku | para kaum wus tumandang ||
19. ing jro pêrtala tan yêkti | kaum matur kang kengkenan | punika punapa rane | hèh sira glis ungkabana | katingal mayid pêthak | para kaum samya matur | punika wontên mayidya[8] ||
20. para kaum wus anisih | pangeran lumêbèng agya | nulya jinunjung mayide | mapan wus ilang kang polah | ambêkane tan ana | nanging kêtêg kang kadulu | wus sinèlèh ing kêlasa ||
21. eram sakèh kang ningali | pangeran sigra ngandika | hèh sabat sira dèn age | padha sira angliwêta | kang kinèn atur sêmbah | anulya tumandang gupuh | aglis matêng liwêtira ||
22. kinêdhuk liwêtnya agli | nulya wau kinêpêtan | sarira abang pan sumèh | kêkêtêge sumyar-sumyar | ambêkan gudrya ing jaba |[9] anulya anglilir wau | gawok sagung kang tumingal ||
23. pangulu lan kêtib modin | kaum pan samya tumingal | Maulana lan santrine | ulama samya andonga | tumingal sang abrăngta | sêdaya gawok andulu | kang mayid mulya agêsang ||
24. sampun ing wau Dyan Said | sumungkêm pada sang wênang | Pangeran Benang dêlinge | tampanana pêkênira | radyan wêruh ing cipta | gantène pangran wus sinung | cahya wuwuh lir sêsăngka ||
25. iya iku rasa singgih | yayi sira ayun Islam | sampurna iku jênênge | rahadyan saur pêrnata | pintênbara ta amba | lulus sihira Yyang Agung | yèn sira têmên-têmêna ||
26. yèn sira têmêna ugi | anggêguru maring ingwang | rahadèn atur sêmbahe | inggih gusti guru amba | ngaturkên pêjah gêsang | katura dhatêng pukulun | inggih gusti pêjah kula ||
27. anulya mangkat tumuli | Pangeran Benang sêmana | bêdhug tiga ing wayahe | wus prapta waringin sêpta | alon dènnya ngandika | alah apa têmên iku | anggêguru marang ingwang ||
28. Rahadyan Said tur bêkti | sumăngga ing karsa tuwan | pêjah kawula nah anggèr | jêng pangeran angandika | iya [i...]
--- [f. 164v] ---
[...ya] nyawa karia | anèng ing waringin pitu | aja sira lunga-lunga ||
29. datan kawarna ing margi | lampahe kalunta-lunta | sampun sêtaun lamine | dènira wau lêlana | anjajah kang nêgara | mêngkana pan arsa mantuk | sampun prapta dalêmira ||
30. sapraptane dalêm puri | Pangeran Benang sêmana | pan kawan dasa dinane | Pangeran Benang ngandika | lah kaum adandana | jaring kêkuncung puniku | enjang samya asênega ||
31. sapraptane ing wanadri | kang wona wus rinakitan | datan kêpanggih burone | kidang kancil lan mênjangan | buron kadya ngupatan | wona wus linêbon wau | tan ana ingkang kapêdhak ||
32. samya umatur ing gusti | tan wontên buron kang pêdhak | angêndika sang kinaot | hèh para kaum sêdaya | padha sira babada | ing ngisor waringin iku | ingsun arsa arèrèna ||
33. sampun binabadan agli | sakathahe kaum ika | kang samya bad[10] ngandhape |[11] sampun têlas payodira[12] | kantun suluring gurda | sêmana binabad sampun | sêmana mayid katingal ||
34. samya umatur sira glis | pangeran nulya mariksa | wau dhatêng ing jisime | pangeran alon ngandika | iya sira ngliwêta | sabat samya lon umatur | datan wontên toya tuwan ||
35. anulya ingêcis agli | kang sela agêng punika | kang cis dinudut age |[13] mêdal toyane sumbêran | toya wêning araras | sêksana angliwêt sampun | sampun katur gustinira ||
36. umatur kang sabat aglis | punika sampun patikbra | ngandika cis ingsun age | gawenên pikulanira | gawanên ngarsaniwang | anulya binêkta gupuh | prapta ngarsane pangeran ||
37. pangeran ngandika aris | lah sabat kêdhukên ika | kang sabat angêdhuk age | wus kinêdhuk katur sigra | dhatêng kanjêng pangeran | sêmana sumandhing sampun | kinêbutan kukusira ||
38. dangu-dangu mulya abrit | kêkêge[14] sumyar-sumyar |[15] ambêkan aris wêdale | anulya obah kang jagad | saking pangrêksaning Yyang | wus pinêsthi sukma luhung | jinurung para ulama ||
39. rahadyan nulya ngêlilir | nuwun pada ingkang wênang | ature manjing Islame | ing agama luwih mulya | anut ing lampah tuwan | pan barkat tuwan kasuwun | kawula anglampahana ||
40. kulambi daryya [dar...]
--- [f. 165r] ---
[...yya] tan kari | kêpanggih anulya mintar | angaras pada sira ge | anjujug dhatêng Jêpara | kêpanggih ingkang garwa | nulya sinungkêman gupuh | kang raka sarya karuna ||
41. tan andimpe kakang prapti | saking pundi dika tuwan | kang raka alon saure | ingsun ngawula pangeran | iya Pangeran Benang | pinaring pêngangge ingsun | mangke ngong arsa lêlana ||
42. kang rayi umatur aris | lah kakang kula tut wuntat | kang raka alon wuwuse | lah yayi sakarsanira | yèn bêtah luwe sira | anging pangeran kang ketung | lunga tan ana sinêdya ||
43. sampun lêpas lampahnèki | wong roro èstri lan priya | wus prapta Palembang age | pan tan kêlawan baita | dara putih kapêdhak | wus sami ambuka kawruh | asih-sinihan kalihnya ||
44. sang dara putih antari | ayun wruh tuwa punika | ing guru ămba ta age | ing pulo Upih pêrnahnya | anulya samya kesah | sakêdhap anulya rawuh | kêpanggih lan kang sinêdya ||
45. nulya aglis angujungi | Radyan Said aturira | nêdha tulung ămba mangke | ing barkat sahabat tuwan | kang ingaturan mojar | tan arsa ingsun ta masku | ing Jawa wus guru ingwang ||
46. yèn sêsanak lawan mami | lah sami tuntun-tuntunan | sampun winêjang ngèlmune | iman tokid lan makripat | lan kaanane pisan | rahadyan nulya asujud | sêdaya wus katarbuka ||
47. sadina lawan sawêngi | amêjangi wong têtiga | rahadyan atanya age | sapa sintên nama tuwan | bis[16] punapa tuwan |[17] kang tinanya musna sampun | wong têtiga karigana ||
48. dara putih ngacarani | dawêg dhatêng wismanira | rahadèn tan arsa mangke | wus mantuk ing dara pêthak | rahadèn aktun[18] ika | kalih lawan garwanipun | atapa anèng ing kana ||
49. alinggih sor kayu aking | tigang căndra nulya prapta | kulya[19] na baita mangke | ambênêri pulo ika | bandhega samya mêntas | kêpanggih sang nata sampun | samya angujungi sira ||
50. sang pandhita takèn aglis | juragan ing ngêndi sira | kawula ing Jawi mangke | sang brăngta arsa nunuta | nulya winot baita | sang brăngta pinarnah kurung | anulya layar nakoda ||
51. lir endrajala [e...]
--- [f. 165v] ---
[...ndrajala] palwèki | sêdalu dènira layar | injing prapta ing Gêrage | tumulya mêntas ing dharat | kalih lan garwanira | apan anèng ing ngriku |[20] wastane ing Kalijaga ||
52. alami tapa ing ngriki | tan ana ingkang uninga | pan sampun pêputra mangke | apêkik suwarnanira | putra nangis tan dhahar | anulya kesah jêjaluk | ambêkta kêstule ika ||
53. angandika sri bopati | wèhana sakarsanira | wong anjaluk bêras age | sinungan kathah tan arsa | mung bêke bêrukira | wus kêbak anula mantuk | ing marga ngadhang cangkorak ||
54. sinungakên sêdayèki | kari suwung kaskulira | kang putra asru tangise | wontên sarampadan prapta | saking pasihaning Yyang | tan arsa dhahar sang luhung | mênawi ibadatira ||
55. ingurupan lawan uwi | wus adhahar ingkang putra | adol wêlas sadinane | ing pasar satak rêganya | inganyang datan suka | katur ing natèng Makêdum | yèn waliolah kang mulya ||
56. anulya nandur kirai[21] | sêmăngka timun rowangnya | kapirsa Pangran Benange | yèn adhukuh Kalijaga | kala malêm Jumungah | pangeran angaja[22] kaum | sampun padhang tingalira ||
57. Ki Said nandur kêrai | ana ing Êlo dhukuhnya | kaum samya ngiring age | baita ing lunganira | lampah kalunta-lunta | tumulya rawuh ing dhukuh | wêtu subuh wayahira ||
58. pangeran makya[23] ningali | wontên masjid alit pelag | padasan nèng ngarsa gène | toya bêk nulya balapan | tinutup kang padasan | pangeran mangkya andulu | têtanêman agung dadya ||
59. kaun[24] kinon ambêdholi | binuwang ing kali ika | padha kèli sêdayane | samya kinon mênêng ika | nulya Ki Said prapta | angujung kang raka sampun | dawêg bagya mangke tuwan ||
60. pangeran amuwus aris | lah tarimaa sêmbayang | kaume nulya sira ge | padha ngambi[25] toya ngadas | padasan isi toya | para kaume wus wulu | kêbak toyane padasan ||
61. sêmbayang Ki Sidabrangti | ingèstrèn dadia iman | sampun ing bakda salate | Pangeran Benang ngandika | yayi nênandur sira | Radèn Said turnya nuhun | nulya [nu...]
--- [f. 166r] ---
[...lya] ngalap têtanduran ||
62. sêmana timun kêrai | malah kawratan ambêkta | kaum gêgêtun manahe | waluya kang têtanduran | samya dhahar sêdaya | sakathahe para kaum | samya gunggung Kalijaga ||
63. sampun utara kang warti | Pangeran Makêdum mirsa | Pangeran Benang rawuhe | kang dhêdhukuh sampun karan | nênggih ing Kalijaga | Pangeran Benang wus mantuk | wus prapta ing wismanira ||
64. tan kocapa polahnèki | kocapa Jêng Sultan Dêmak | aniyah guru karsane | dhatêng Pangran Benang ika | nulya sira umêsat | wus prapta ing Benang wau | kêpanggih Pangeran Benang ||
65. wontên karsa paduka ji | dening pinarak piyambak | Sultan Dêmak lon ature | arsa gêguru ing tuwan | malah ămba wus lama | anggantung niyat kêpangguh | arsa winêjang roh rasa ||
66. sampun guru maring mami | ing ngriki wontên pandhita | ing Kalijaga pêrnahe | ika tuwan paranana | sultan nuruti karsa | wus miyang sarewangipun | egal dhatêng Kalijaga ||
67. sang prabu sampun kêpanggih | lan pangran ing Kalijaga | anêdha barkatan mangke | sang nata nulya pinaras | sampunira pinaras | sang nata ing Dêmak iku | nulya Sunan Kalijaga ||
68. ngisèni toya ing kêndhi | tumulya kêndhi punika | binantingakên sirahe | mring Sultan Dêmak punika | pangeran angêndika | nora awèh ngèlmu ingsun | sang nata atur pêrnata ||
69. sang nata mituhu wangsit | pan sampun antuk nugrahan | kanjêng pangeran wiyose | ingaturan binoyongan | nêgari Dêmak sonya | tuwan matanggap maluhung | kawula narah[26] ing tuwan ||
70. Sang Sidabrangti nanggupi | inggih sang nata manira | ingong boya ing besuke | sang nata tuwan mantuka | datan lênggana karsa | tumulya alayar sang prapbu[27] |[28] wus prapta nêgara Dêmak ||
71. wus lami tan ana prapti | awêsana kinekenan[29] | sapraptane ing Gêrage | pangeran pan sampun kesah | saking ing Kalijaga | wadya ing Dêmak wis wangsul | prapta Dêmak matur sigra ||
72. pangeran sampun lumaris | miyos ing dharat sagarwa | sang nata bungah manahe | sampun lami tan kapêdhak | wade wêlit karyanya | tan kawarna polahipun | kêpanggih ngarga dhukuhnya ||
73. awade kajêng puniki | sêsanakan wong sudagar | wong angadol bikang karyane |[30] sabên ejang praptanira | ambêkta kayu ika | wus alama wade kayu | sêsanakan [sêsanaka...]
--- [f. 166v] ---
[...n] wong Sêmarang ||
74. enjing miyos wade singgih | wong wade bikang punika | nêm pêngaron jêladrène | sêmayane datan têka | kang wade kajêng ika | adangu dèn ayun-ayun | datan puwe[31] nulya prapta ||
75. sêmana anulya prapti | kang wade kajêng punika | datan bêkta ing kayune | praptane ambanda tangan | ki bakul asru ngucap | dene tan ambêkta kayu | apa iya astanira ||
76. kang wade kajêng nauri | lah anêdha karsanira | tangan linêbokkên age | ing kêrên gêni wus dadya | mulad-mulad urubnya | jêladrèn nêm pêngaron wus | ajrih mijil ing mulad |[32]|
47. Mijil[33]
1. nulya wade wêlit sang ayogi | kêtangguh sang kaot | gya rinangkul kang rayi ta age | Pangran Benang angandika aris | adhuh yayi aji | mênawa kêtangguh ||
2. alah payo dhatêng ing nêgari | ing Dêmak miraos | alah dawêg sami rêmbag mangke | sakathahe para mukmin sami | lamun ana singgih | miwah kang Makêdum ||
3. sampun lajêng jêng pangeran aglis | mring pasisir kang wong | ya ta prapta ing wayah mahribe | lajêng sami asalat ing masjid | mahrib ngisa singgih | tan kawarna dalu ||
4. sampun enjing wayahe kang wêngi | samya salat suboh | sampun bakda wau ing Subuhe | para santri sêdaya wus mulih | pan kantun pribadi | pangeran pitêkur ||
5. sampun pitung dina pitung bêngi | nèng mêsigit kang wong | tan tinabuh waut[34] bêdhuge |[35] ngling wêdaya wau sang ayogi | kaya ngapa uni | tan tinabuh iku ||
6. wayah lahor[36] wus pêpakan sami | kaume punang wong | samya salat sêdaya arame | sampun bakda salat lohor singgih | sang ayogi angling | paran ki pangulu ||
7. ingkang bêdhug tan tinabuh iki | paran guna kang wong | ki pangulu aris ing wuwuse | botên kinging tinabuh kiyai | yèn dèrèng umiji | wau kya tumênggung ||
8. lamun dèrèng waras sri bopati | tan tinabuh kang wong | enjing miyos tinabuh bêdhuge | lahor miyos tinabuh tumuli | sêmangsane mijil | tinabuh kang bêdhug ||
9. mangke sakit wau sang dipati | sakit sangêt lumpuh |[37] datan bisa obah sarirane | inggih mangke mênawi kiyai | sagêd anjampèni |
--- [f. 167r] ---
inggih sakit lumpuh ||
10. sang pandhita sigra anauri | boya bisa ingong | apan dudu dhêdhuku[38] yêktine | ki pangulu amêksa ing wadi | inggih ta kiyai | kawula pitutur ||
11. ki pangulu prapta ngarsa singgih | aturira alo[39] | inggih gusti wontên darwis mangke | nèng masigit sampun pitung latri | mênawi ta uni | sagêda anyatu ||
12. nanging wontên panêdhane uni | kang darwis punang wong | nanging bêdhug paduka nah anggèr | tinabuha satêngahing latri | asar lawan mahrib | ngisa têngah dalu ||
13. sang dipati dangu tan kêna ngling | asike[40] tyas kang wong | kaya ngapa ta darwis karsane | dene bêdhug ingsun dèn waoni | tan pawèh sun iki | laraningsun durung ||
14. lamun ingsun wèhêna puniki | sok mulyaa ingong | yèn mêngkono undangên dèn age | ki pangulu sigra mintar aglis | wus prapta ing masjid | ki pangulu muwus ||
15. lah ta dawêg kawula aturi | kêpanggih sang anom | gya lumampah jêng pangeran age | sampun prapta ngarsane dipati | dipatya sira ngling | warasêna ingsun ||
16. apa ingkang sira jaluk iki | son[41] warasa ingong | guru bakal lan guru dadine | rajabrananingsun ta puniki | usungên dèn êting[42] | pêdhatinên iku ||
17. jêng pangeran angêndika aris | datan purun ingong | iya rajabêrana ing mangke | nanging ingsun anjaluk puniki | bêdhugira singgih | dèn tabuha iku ||
18. sabên-sabên satêngahing ari | dèn tabuha kang wong | mahrib ngisa têngah wêngi mangke | dèn tabuha bêdhuge puniki | lingsir wêngi singgih | ngasare puniku ||
19. sang dipati dangu tan kêna ngling | nulya matur alon | alah inggih ki darwis karsane | sok wluyaa manira puniki | sakarsane singgih | kawula anurut ||
20. sang pandhita angêndika aris | sang dipati kaot | waluyaa iya sêjatine | atêmahan jati waluyaning | ya sang dipati |[43] sigra nulya lungguh ||
21. sampun saras kadya wingi uni | sang dipati kaot | anêlăngsa angêrpa ature | inggih kula pan arsa angabdi | anggêguru gusti | sang pandhita muwus ||
22. sang pandhita angêndika ari | sang dipati [di...]
--- [f. 167v] ---
[...pati] kang wong | gêgurua kang anèng gununge | kang dhêdhepok ing Sapta Waringin | pandhita linuwih | waskithèng ing ngèlmu ||
23. Sang Dipati Sêmarang lumaris | mring sang tapa kaot | sampun prapta nêngguh ing pêrnahe | nuntumakên badhiyange singgih | sampun tigang sasi | gènira manêngkung ||
24. sang pandhita angêndika aris | hèh ta anak ingong | ya pa sêdyanira ing mangke |[44] sira anèng ing pêrtapan mami | sira sang dipati | matur awotsantun ||
25. gih kawula pan arsa angabdi | gêguru sang kaot | sang pandhita alon ing wuwuse | apa têmên sira guru mami | atur pati urip | katura pukulun ||
26. sang pandhita angandika aris | sun pundhut punang wong | rabinira sun karya rabine | palyasana rabinira singgih | age sun aguling | lan rabimu iku ||
27. sang dipati wus mantuk sira glis | prapta wisma alon | ingkang garwa pinaesan age | pinangangge ingkang sarya sari | ayune ngênèni | kathah èstri wuru ||
28. wus lumampah tan kawarna margi | prapta dhepok kaot | sang pandhita alon ing wuwuse | alah sira anak ingsun kaki | aja lunga ugi | têka dagan ingsun ||
29. pan sêdalu wau dènnya guling | guntangnya katongton | apan êlêt gêgubah ênggène | nèng dagane sang atapa nênggih | sêdalu rêrêmih | kadya wong pulang yun ||
30. wus raina wayahe kang wêngi | angandika alon | iya sabat ngaliwêta age | lah tajine aturêna kami | sabat aturêna aglis |[45] angliwêt pan sampun ||
31. sampun katur tajinira aglis | tinampan sang kaot | gya ingusapakên ing kalame | wus wêrata kalame sang yogi | nulya têdhak aglis | sarya ngandika rum ||
32. iya age anak ingsun kaki | kumbahên nak ingong | kalam ingsun dèn barêsih age | gya kinumbah kalam wus barêsih | sarwi dèn bisiki | wau ing pituduh ||
33. lah ta sira kaki anak mami | lungaa sirandon | atinggala donyanira age | angidula ngetan bênêr iki | ing Jabalkap Ardi | dhukuhana iku ||
34. lah ta uwis amuliha [amuli...]
--- [f. 168r] ---
[...ha] kaki | poma wêkas ingong | sigra mintar saking ngarsa age | dyan warnanên wau ta ing margi | praptèng wisma aglis | sarwi apitutur ||
35. apa sira wus apulang rêsmi | mring gusti sang kaot | ingkang garwa alon ing ature | inggih datan kêni cêlak mami | lêt gêguling singgih | sadhêpa dohipun ||
36. alah iya karia mas gusti | ungguha garyangong | lawan donyanira sakathahe | ingsun lunga lêlana mas gusti | angalih nêgari | kasmaran pitutur ||
48. Asmaradana[46]
1. yèn sira tut wuri mami | aja gawa rajabrana | tênapi êmas reyale | lah poma aja anggawa | wau ta ingkang garwa | wuluh gadhing têkênipun | jinêjêl kêncana mulya ||
2. sang dipati muwus aris | lampahe untap-untapan | ni pramèsyari wuwuse | dika antèni kawula | gusti panutan amba | wontên wong bêbegal wau | amêgati sang abrăngta ||
3. kang bêbegal asru angling | sun jaluke kaskulira | lawan êcisira mangke | sang dipati sigra ngucap | ika sira begala | têtêkêne wuluh iku | lah poma sira ambila ||
4. sang dipati wus lumaris | kang kantun binegal ika | wau ta ingambil age | têtêkêne wuluh ika | ingkang isi kêncana | ing Sêrandhol[47] wêtanipun[48] | malya anututi priya ||
5. datan tinolèh kang rayi | ing Lopait sampun prapta | wontên wong bêbegal malèh | lah tinggalên kaskulira | ingsun ambile ika | sang brangti sigra amuwus | iya ika wong wanodya ||
6. sigra lumaris sang brangti | kang wuri binegal agya | amung salendhange bae | wau ingkang ingambilan | wus prapta Salatiga | sang dipati sigra muwus | dhingin ujar ingsun apa ||
7. datan kawarna ing margi | wus prapta Gunung Jabalkap | sang dipati babad age | nihan ingkang babad alas | kocapa kang atapa | Susunan Kalijagèku | lumampah dhatêng ing Dêmak ||
8. wus pêpak kang para wali | Maulana samya prapta | pêpak anèng Dêmak kabèh | Makêdum sêdaya prapta | miwah kaum sêdaya | kêtib modin wus angumpul | nihan ingkang kawuwusa ||
9. wontên ta ingkang winarni | kocapa ingkang atapa | ing Ardi Êkud pêrnahe [pêrnah...]
--- [f. 168v] ---
[...e] | adarbe putra satunggal | èstri ayu utama | Amariyah wêstanipun | inggih milya mangun tapa ||
10. sang pandhita angling aris | micarèng sajroning nala | yèn sinawang ing citrane | luwih warna kirang candra | wulan wêlu purnama | kadya kadtiban[49] ing daru | lir murca kinêdhèpêna ||
11. prawignya yèn ulah wadi | dhasar wasis wicêksana | mubarang salêlewane | tan ana dèn waonana | tatrapane wanodya | pêsaja yèn ulah sêmu | datan wontên winaonan ||
12. sang pandhita rêsêp galih | dulu wayahe kang putra | wus birai ing wayahe | kasub dènnya babad alas | anulya tinanduran | barang wiji kang tinandur | pala kapêndhêm kasimpar ||
13. Amariyah saya brangti | tan adhahar tan anendra | dènira mangun brangtane | panêdhanira kang rama | satêdhak turun ingwang | panêdhanira Ki Juru | sutèng ngong lamun akrama ||
14. wontên kang winarna malih | kêkasihira Yyang Sukma | kadya manungsa kawruhe | nêgarane ing Sawangan | tuwin anèng Bêngawan | nêdya piala karsèku | marang anaking pandhita ||
15. ingkang arsa dèn cidrani | Amariyah agya siram | anèng ing bêngawan gêdhe | angêdhaton jroning toya | andulu ing Mariyah | sang rêtna kagyat sumaput | lir supêna pagulingan ||
16. kasukan siyang lan latri | arame kang băndayuda | sêrêg-sinêrêg arame | bêdhah nagri Batawiyah | kang ginêbyah sêmboja | rusak kutha Majalangu | luwaran kang bratayuda ||
17. wus luwaran sira aglis | wau ingkang bratayuda | têdhak ing papêrman age | prapta sirèng pêlataran | lajêng mring pêtamanan | prapta ing têtirah mangu | sampun prapta ing dharatan ||
18. Amariyah aglis mulih | kumaraning ing kusuma | prapta ing panêpèn age | lamine wus tigang dina | agya katur kang rama | lumayu tan kongsi matur | lumalya kabutuh toya ||
19. kêkasihira Yyang Widi | duk kala ngidêri jagad | atilar wau garwane | punika kadya supêna | nurunkên rasa mulya | nihan ta ingkang winuwus | kocapa Dèwi Mariyah ||
20. cinatur sami alami | putranira sang pandhita | wong wawrat tanpa lakine | sang pandhita asru merang | angrosa putranira | kêni cobaning Yyang Agung | wus jangkêp sêmaya dina ||
21. wus babar kang jabang bayi | kêlangkung bagus utama | pandhita aris ujare | ingsun pisah lawan sira | rara
--- [f. 169r] ---
sira karia | sang rêtna asru amuwus | kang tinilar kawlasarsa ||
22. sapa sintên kang mêlasi | dadi răndha kawlasarsa | nanging wo[50] kiwa têngêne | ingkang kêmit jabang bayya | samya têlas sêdaya | nanging wontên kamisêpuh | ambêkta batur sêkawan ||
23. sabên dalu samya prapti | antuke kantun piyambak | wong lêlima lan bêkêle | sabêne kalane prapta | pan sira ambêbêkta | sang ayu ngraos ing kalbu | yaiku kang duwe suta ||
24. glis puput kang jabang bayi | kang kêmit wus karainan | kongkulan kawibawane | bêbêthut kisi sumêlap | angungkuli wong priya | nglêgarong samya aturu | baya pêthak kamênungsan ||
25. baya pêthak nulya angling | hèh yayi racutên egal | bêbêthut lawan kisine | sang rêtna emut wentehan | iku yèn lakiningwang | sêmana sampun rinacut | nulya nglangsur mring bêngawan ||
26. wus ilang kang pêrbawèki | pratuwin dadi sêngara | pan wus ilang kasêktène | laire Jaka Sêngara | benjang yèn turun tiga | kinasihan ing Yang Agung | tinurunan rasa mulya ||
27. kang ibu kawêlasasih | kala timure kang putra | liwat saking musakate | amos nutu arêrena | tanpa kadang lan bapa | gadhah putra kawlasayun | tan ana kuwat kanggonan ||
28. sintên kang kanggonan agring | Ki Bagus Jaka Sêngara | anging akèh dêrajate | bêgjane ingkang kanggonan | iya ki jaka ika | wayah umur walung[51] taun | amothah atakèn bapa ||
29. anangis raina wêngi | kang ibu alon wêcana | bisik-bisik mring putrane | wus ilang anèng bêngawan | iku sudarmanira | nora duwe kadang sunu | milanira kawlasarsa ||
30. Ki Jaka Sêngara singgih | wus winêcan ibunira | tan arsa dhahar asare | ing wêngine anggraita | sangêt banting sarira | dadi jalma kawlasayun | datan etang yayah rena ||
31. pêrtapane pinggir kali | yèn dalu ngidêri jagad | yèn siyang angon sêrngenge | yèn bêna ngèli ambathang | yèn jawuh udan-udan | manggung wau munggah gunung | angèli yèn banjir bandhang ||
32. yèn dalu anglaya bumi | yèn siyang tapa ngaluwat | katilar têbih ibune | pêrtapane ingkang eyang | nênggih kilèn bêngawan | Ki Jaka Sêngara wau | wus munggah dhatêng ing arga ||
33. anênggih Rêdi Mêrapi | ki jaka panêpènira | tumurun dhatêng ing ngare | anulya dhêdhukuh sira | sabatira akathah | sawetan Gunung Rêbabu | wong anom kang babad alas [a...]
--- [f. 169v] ---
[...las] ||
49. Sinom[52]
1. pan sampun suyud sêdaya | sawetan Ngardi Mêrapi | sakilène gunung ika | wau pan samya angabdi | apan gêguru sami | anggêpe sêdaya iku | sampun jinunjung nama | ki jaka punika singgih | akêkasih Ki Agêng Pêngging punika ||
2. sampun kathah ingkang wadya | wus jumênêng Adipati | Andayaningrat punika | sampun apêputra singgih | ingkang sêpuh pribadi | Kêbo Kanigara iku | ingkang rayi punika | Kêbo Kênonga kang nami | ingkang rama gêrah nulya lajêng seda ||
3. nulya ginêtyan[53] kang putra | nênggih ki ageng ing Pêngging | sêdaya kêprabonira | ginêntyan kang putra singgih | anama Adipati | Andayaningrat di luhung | pêkik digdayèng rana | pilih tandhing yèn ajurit | pan kêcatur sugih wadya lan bêrana ||
4. sênadyan silih kathaha | samine para dipati | ingkang sakilèning arga | mapan sami ajrih wingwrin | sumawita Dipati | Andayaningrat sêdarum | tan ana kang malanga | dhumatêng sang adipati | sakarsane dèn kèdhêp sawadyabala ||
5. apan wus têdhak-tumêdhak | satêdhak-têdhake dadi | Ki Agêng Pêngging sêmana | iya ta tan ana uni | nadyan Ki Agêng Pêngging | kang rama datan cinatur | amung kala nonoman | sêmana Ki Agêng Pêngging | pan adarbe sadhèrèk sêpuh satunggal ||
6. apan ta kêkalih sanak | sêmana Ki Agêng Pêngging | sami jalu kacarita | tunggil sayayah sabibi | dene ingkang wêwangi | sêdhèrèkipun kang sêpuh | Ki Kêbo Kanigara | dene ki agêng ing Pêngging | kêkasihe sêmana Kêbo Kênonga ||
7. atut dènnya akêkadang | tan ana suwalèng kapti | Kêbo Kanigara ika | lan Kêbo Kênonga singgih | pan sami dèn kèringi | ming[54] wong kiwa têngênipun | samêcapate sêdaya |[55] miwah sakèhing wong Pêngging | panyiptane agêng alit sumawita ||
8. mêngkana kang cinarita | kang raka Ki Agêng Pêngging | kang anama Kanigara | karsane amangun tapi | dhatêng Wukir Mêrapi | arsa dhatêngakên laku | tan kawarna ing marga | wus munggah Gunung Mêrapi | prapta kawah asangêt mati sarira ||
9. sawêdale saking kawah | Kêbo Kanigara aglis | tumêdhak saking ing arga | tumurun tan lajêng mulih | kandhêg
--- [f. 170r] ---
sukuning Ardi | Mêrapi ambêntur laku | atapa ngajar-ajar | apan ta sampun alami | tan kawarna laminya pan sampun seda ||
10. tan kinubur sedanira | amung tulangan lan api | wau ta ingkang kosapa[56] | ingkang kantun anèng Pêngging | anênggih ingkang rayi | Ki Kêbo Kênonga wau | sêmona sampun lama | jumênêng Ki Agêng Pêngging | sasedane kang raka anèng pêrtapan ||
11. ya ta sêmona awawrat | kang garwa Ki Agêng Pêngging | wawratanipun wus lama | ambabar kang jabang bayi | kang ibu angêmasi | pan konduran sedanipun | wau datan kopa[57] |[58] warnanên Ki Agêng Tingkir | sampun seda amung kantun garwanira ||
12. sasedane ingkang raka | nênggih Nyai Agêng Tingkir | pan maksih sinungga-sungga | dening sakèhing wong Tingkir | tan ana tan gumingsir | kabèh panêmbahanipun | mring nyai gêdhe ika | ing Tingkir sakèh wong Tingkir | datan owah têtkala taksih kang raka ||
13. nanging kala maksih gêsang | rumiyin Ki Agêng Tingkir | lintang rakête sêmitra | kêlawan Ki Agêng Pêngging | tan wontên kowan pikir | kêlangkung atut aruntut | nanging kasêlak seda | tan tutug dènnya mong kapti | amung garwa kang taksih sinuba-suba ||
14. miwah ênggène sêmitra | kêlawan Ki Agêng Pêngging | Ni Gêdhe Tingkir sêmana | sasedane Ki Gêng Tingkir | anutugakên wingking | inggih wau garwanipun | langkung rumakêtira | kêlawan Ki Agêng Pêngging | akêkadang tan ana rasa-rumăngsa ||
15. sêmana miyarsa warta | inggih Nyai Gêdhe Tingkir | yèn kang rayi Pêngging ika | kawarti darbe bêbayi | lan garwa angêmasi | pan konduran sedanipun | apan putrane lanang | wus kaloka warna pêkik | nyai gêdhe ing Tingkir agya lumampah ||
16. tan kawarna lampahira | ni răndha prapta ing Pêngging | kang rayi ingkang kapêdhak | pitêkur dènira linggih | atmajane sinandhing | jabang bayi tanpa ibu | ni răndha sarêng mulat | mring rayi wêlas kêpati | datan raga-raga sanak pêpanggihan ||
17. ingkang rayi tinangisan | sêsambate amlasasih | dening wau arenara[59] | anyar tinilar ing rabi | atmaja jabang bayi | anili[60] sira sinambut | nulya tata alênggah | nyai răndha lan kang rayi | sigra mojar ni răndha mring arènira ||
18. hèh yayi lamun sêmbada | kêlayan karsanirèki | putranira iki nyawa | ingsun gawa maring Tingkir | sun panjingkên roh mami | sun angkah putra pêmbayun | pan ingsun tan sêsuta [sê...]
--- [f. 170v] ---
[...suta] | amung anak ingsun iki | ingkang badhe ngong akas-angkas[61] wibawa ||
19. Kyai Gêng Pêngging sêmana | kêlangkung pêrcayèng kapti | mirsa andikaning roka | tan gumrantês ingkang galih | sumăngga ngasta kalih | kawula tan darbe sunu | măngsa barong pun kakang | sampun sumêlang ing kami | langkung karsa angrèh dhatêng ing atmaja ||
20. sênadyan inggih taksiha | biyangipun saupami | măngsa wandea andika | ingkang yogya anggadhuhi | saking eklasing ati | tan wande dika katêmpuh | ri sampuning mangkana | nyai gêdhe pamit mulih | tan kawarna ing marga wus prapta wisma ||
21. tan kawarna laminira | sêmona Ni Răndha Tingkir | kêlangkung gumatènira | mring anak dènnya mêmipil | dadah dulang nglangkungi | wus tinumbaskên hèr susu | wus kinèn ngaranana | maring ujum lawan tabid | apan sampun wau kasinungan aran ||
22. Ki Jaka Bodho ingaran | suka ing tyas Nyai Tingkir | mêngkana panyêthanira | kang para uju[62] myang tabid | wruhanira ing benjing | sutanira iku besuk | pan dadi pêngauban | mring sakèhe ing wong Tingkir | miwah kilèn ing Lawu ingkang kêbawah ||
23. sêmona datan winarna | laminira anèng Tingkir | Ki Jaka sinungga-sungga | mring ibu Ni Răndha Tingkir | kêlangkung marmèng ati | nyai gêdhe mring kang sunu | lir putra gène yoga | alami datan winarni | sira kaki Bodho pan sampun diwasa ||
24. nanging datan tutug suka | nênggih Ki Jaka ing Tingkir | gènnya ngêmong ibunya |[63] kêpalang kang ibu lalis | Ki Jaka langkung kingkin | satilare ibunipu[64] | dene dèrèng akrama | mila sangêt gring kang galih | dadi sira Ki Jaka amati raga ||
25. tansah sira saba wona | manjing guwa ingkang sungil | mêngkana osiking driya | Ki Jaka ngartikèng galih | yèn mêngkana wak mami | tanpa wêkasan katèngsun | yèn tan an[65] sinêdya |[66] lêhêng kesah awak mami | alêlana anut sabawaning karsa ||
26. sêksana lajêng lumampah | sumêdya minggah ing ardi | angulari wong atapa | sumêdya ataki-taki | ngulari tuduh jati | sêmona pan sampun antuk | jatine surahita | miwah digdayèng ajurit | wus akathah antuk wuruking atapa ||
27. ri sampun dhatêng ing arga | wau Ki Jaka ing Tingkir | nulya tumêdhak mring desa | ngalor ngetan lampahnya glis | lêpas dènnya lumaris | Ardi Pêrwata jinujug | amanggih [a...]
--- [f. 171r] ---
[...manggih] padhukuhan | arèrèn sipêng sawêngi | mêrêm sata ana kang wangsit mêngkana ||
28. lah sira lampaha dhalang | iya ringgit bèbèr kaki | iku pêgaweanira | watune[67] sandhang lan bukti | lan sira wruh ing krami | lah iku pituduh ingsun | kagyat dènira nendra | Ki Jaka anulya tangi | sampun kesah saking ing Ardi Pêrwata ||
29. lajêng ngalèr lampahira | ing Kudus sinêdya galih | sapraptane Kudus ika | nulya angupados ringgit | bèbèr pan sampun ulih | Ki Jaka apan lêstantun | sira alampah dhalang | Ki Kêrèbèt wêstakèki[68] | wus mêngkana kesa[69] saking Kudus ika ||
30. ngidul malih lampahira | datan kawarna ing margi | wus prapta kiduling arga | ing Tarub dinunung nênggih | apan sampun alami | dumunung anèng ing Tarub | Ki Jaka wus kaloka | Ki Kêrèbèt namanèki | lawan malih paringgite wus kaloka ||
31. malah dadi pêkaulan | Ki Kêrèbèt dènnya ringgit | pilih kang nora rêmêna | Ki Kêrèbèt dènnya ringgit | dhasar anom apêkik | awagêd paringgitipun | kathah kang wong kasmaran | lanang wadon sami brangta |[70] tatrapane ki dhalang langkung noraga ||
32. marmane sami sih marma | sakathahe kang ningali | dene Ki Kêrèbèt ika | sêmune kawêlasasih | miwah kêlamun ringgit | kah[71] wong trêsna sih lulut |[72] anênggih ing Sêsela | lamine tan kadi mangkin | wontên dhalang karyane akarya brăngta ||
50. Asmaradana[73]
1. mêngkana ingkang winarni | kyai gêdhe ing Sêsela | anênggih wau lamine | prajane kanggenan dhalang | datan kadi punika | sakêlangkung asihipun | mring dhalang bèbèr punika ||
2. miwah pangringgite singgih | punika kang rinêmênan | mring ki gêdhe i wiyose | Ki Dhalang Kêrèbèt ika | tansah sinuba-suba | ming Ki Gêdhe Sela iku | kêlangkung rinakêt krama ||
3. miwah sakèhing wong cilik | Sêsela asih sêdaya | dhatêng Ki Dhalang Kêrèbèt | nanging manggung riyalatnya | tanpa nendra lan dhahar | sakêlangkung lampahipun | siyang dalu pan mêngkana ||
4. nuju malêm Gara Kasih | ing dalu sira anendra | sêmana dhatêng wangsite | angimpi adhahar wulan | wulan satunggal têlas | kapês-kapês raosipun | kadi kênthosing kêlapa ||
5. kagyat awungu aguling | Ki Kêrèbèt dènnya
--- [f. 171v] ---
nendra | ya ta satangine sare | wau ta arsa matura | mring Kya Gêng Sêsela |[74] Ki Kêrèbèt karsanipun | atutur supênanira ||
6. sapraptanira tumuli | ngarsane Ki Gadhe[75] Sela | Ki Kêrèbèt matur alo | kawula atur uninga | inggih badan kawula | asupêna wau dalu | katingal anêdha wulan ||
7. pan têlas wulan satunggil | kawula têdha piyambak | kapês-kapês kadi kênthos | mêkatên raosing wulan | kadipundi punika | nadipungdi[76] wahyanipun | kawula anuwun têdah ||
8. Ki Gêdhe Sêsela angling | iya bêcik iku uga | lah aja sira wêwalèh | iya ipèning narendra | têmahan acilaka | mêngkana micarèng kalbu | kyai agêng ing Sêsela ||
9. yèn sun rasa-rasa ngati | gaibing Yyang Maha Mulya | iya tan kêna ginawe | lan malih jênêng manungsa | datan kêna ingina | ingsun iki sakêlangkung | anênêdha ing Yyang Sukma ||
10. prandene tan sinung mami | kudu tumitah ing liyan | baya ta uwis takdire | nanging kaya priye uga | yèn tan tinurutana | sapêkantuking wus nglalu | iya yèn tan têkiyara ||
11. sêmana ingkang winarni | kyai ageng ing Sêsela | wus saos dhêdhaharane | Ki Kêrèbèt ingacaran | sami sarêng adhahar | wus sami adhahar tuwuk | lan ki agêng ing Sêsela ||
12. sampune sampune sami abukti |[77] Ki Kêrèbèt tan atara | anulya anuntak age | ngarsane Ki Gêdhe Sela | sigra utah-utahan | kinakop[78] datan agigu | mring ki ageng ing Sêsela ||
13. nanging awis anglampahi | kadya Ki Agêng Sêsela | têgêg ngakop utahane | baya Ki Agêng Sêsela | wus takdiring Yyang Sukma | ing satêdhak-têdhakipun | nutugakên kanugrahan ||
14. wus mêngkana kang winarni | kyai gêng pitêdahira | dhatêng sira Ki Kêrèbèt | mêngkana pitêdahira | hèh Ki Kêrèbèt sira | yèn sira arsa katêmu | iya ta supênanira ||
15. lah sira maria ringgit | iya sira ngawulaa | mring Sultan Dêmak ta age | iku ênggon nyatakêna | putu ing impènira | iku ta pituduh ingsun | iya ta supênanira ||
16. kêlangkung padhanging galih | Ki Kêrèbèt amiyarsa | pituduhe kyai gêdhe | ya ta enjing kawarnaa | Ki Kêrèbèt sêmana | apamit nuwun pangèstu | dhatêng Ki Agêng Sêsela ||
17. sêmana sampun lumaris [lumari...]
--- [f. 172r] ---
[...s] | Ki Kêrèbèt dhatêng Dêmak | datan kawarna lampahe | sapraptanira ing Dêmak | wus lumêbêt puwita[79] | dhumatêng kanjêng sang prabu | kang jumênêng Sultan Dêmak ||
18. wus katur ing sri bopati | ing satèh têlatèhira | yèn saking Tingkir ajale[80] | angumbara ing Sêsela | nênggih ingangkên wayah | mring Ki Agêng Sêselèku | tinêdahkên ngabdi Dêmak ||
19. sêmana pan atuk kang sih | Ki Kêrèbèt pangabêktinya |[81] apan ta sampun ginawe | lêlurahing panakawan | kawarna sêmana |[82] sang yyang arka wus sumurup | nuju Gara Kasih iya ||
20. ing Êdal taune nênggih | tanggal ping songals[83] ika |[84] Rabingulawal sasine | wuku Prangbakat sêmana | sang nata dalu têdhak | anèng ing mêndhapa agung | ningali murub apadhang ||
21. pinariksa sri bopati | kang murub katon apadhang | i jajane rare mangke | lêlurahing panakawan | kang murub katon padhang | anulya sinuwèk sampun | sri narendra minggah nendra ||
22. kawarnaa sampun ejing | rare arame wurahan | ki lurah suwèk bêbêde | akèh-akèh dènnya ngucap | maring ing rewangira | sang nata tumêdhak sampun | alon dènira ngandika ||
23. aja ta kakehan uni | iya ingsun ngilènana | rare kang suwèk bêbêde | sira nulya pinaringan | kêlangkung asihira | marang Jaka Bodho iku | wau sira sri narendra ||
24. langkung antuk sihing gusti | Ki Jaka Bodho sêmana | apan ta sampun ginawe | lêlurahe wong tamtama | sultan langkung sihira | nahan ta ingkang winuwus | Sultan Dêmak kawarnaa ||
25. karsanira acêngkrami | kasukan anèng ing wona | anggêrit sangsa[85] myang banthèng | garwa kabêkta sêdaya | apan nèng garogolan | apan sami munggèng panggung | sultan nitih panggêritan ||
26. lêlurahipun satunggil | Ki Bagus Bodho sêmana | pan wus ingalih arane | Ki Bagus Lurah arannya | pan sampun rinabasang | sakèhe buron wana gung | wus kathah kang nandhang brana ||
27. ana ta banthèng satunggil | wayah lagya tumabirang[86] | nandhang brana lêlêmpènge | maksih takat pêngamuknya | anêmpuh panggêritan | kang angampil mawur-mawur | mung kantun lurah tamtama ||
28. aran Bagus Lurah singgih | punika ingkang apanggah | datan gumingsir tandange | punika kang tinêrajang [ti...]
--- [f. 172v] ---
[...nêrajang] | mring andaka galak |[87] wus cinandhak sungunipun | tan atara tinanganan ||
29. pêpathake dèn tampiling | andaka pan kapisanan | anjêngêr kang mulat kabèh | kanjêng sultan asru duka | ningali kang mêngkana | sêksana sultan dyan kondur | sampun malêbe[88] kêdhatyan ||
30. dupi enjing andhatêngi | dukanira Sultan Dêmak | anulya tinundhung age | Ki Bagus Lurah sêmana | saking nêgari Dêmak | anulya akesah gupuh | lurah tamtama sêmana ||
31. wus antuk satêngah sasi | Bagus Lurah kesahira | kandhêg ing gubug lamine | mangun tapa nglaya desa | laminira dinukan | manjing guwa lamun dalu | tan kauban wêwangonan ||
32. salire wêwangon jalmi | Ki Bagus apan tan arsa | angungkulana badane | tansah anèng ara-ara | ngaubi kêkajêngan | miwah yèn malêbèng dhusun | tan arsa ngaub ing wisma ||
33. kala sêmana winarni | wontên maesa angugal | wayahe pênggaron mangke | marmitane ngamuk ika | abêrik samya rewang | sinurak rare gumuruh | dadya satunggil kang kalah ||
34. kang mênang buru angukih | dumadak angamuk ika | langkung supe pêngamuke | wong desa gègèr sêdaya | samya ngungsi jro kandhang | sawênèh amènèk dhuwur | aramya gègèr puyêngan ||
35. anulya dèn parêpêki | ming Ki Bagus Lurah ika | maesa kang ngamuk mangke | yèn ana sujalma mara | nulya tinrajang egal | Ki Bagus Lurah agupuh | sarêng tinampuh[89] tinangan ||
36. andhêku ngrungkêbi siti | maesa kang mugal ika | kapêrwasa pêpathake | ya ta pêjah kang maesa | sakathahe wong desa | samya gêgêtun andulu | wruh ing Ki Bagus tandangnya ||
37. dene luwih anglangkungi | lan samine ing manungsa | dèrèng wontên tumon mangke | kadigdayaning sujalma | kadya Ki Bagus ika | kadya akathah kang gunggung | sasampunira mêngkana ||
38. enjing kathah anglangkungi | têtiyang dhusun sêmana | sumêdya sami atakèn | mring Ki Bagus Lurah ika | ana ingkang anêdya | kang gêgurus[90] sêdyanipun | asrah jiwa raganira ||
39. wênèh ana tanya yêkti | atakèn mulane ika | aririh pitêmbungane | adhuh ki mas sampun duka | kawula narukrama [na...]
--- [f. 173r] ---
[...rukrama] | tanya mulane karuhun | jêjêr satriya punapa ||
40. Ki Bagus Lurah nauri | lah paman wruhanandika | manira paman jatine | têtampikan wong tamtama | abdine Sultan Dêmak | kang mirsa sami gêgêtun | sami amicarèng driya ||
41. lamun mêkatêna ugi | gustiningsun Sultan Dêmak | tuhu yèn ratu kinaot | dene iki silih jalma | tinampik angawula | mendah silèh kang kalêbu | dhatêng tamtama ing Dêmak ||
42. yèkti kadigdayan jurit | kang luwihi[91] papipilihan[92] |[93] kang tandhing sèwu smije[94] |[95] baya kang mêngkana uga | kang kalêbu tamtama | nyata luwih gustiningsun | mêngkana ingkang kocapa ||
43. kawarnaa sri bopati | sira Kanjêng Sultan Dêmak | apan wus lilih galihe | sakesahe Bagus Lurah | wau Jêng Sultan Dêmak | asangêt dènnya kaduwung | nanging wus katur kang warta ||
44. yèn kang abdi datan têbih | gènnya nyinggaha dêduka | kèndêl ing gubug lamine | angantos lilihing duka | lan malih wus kawarta | yèn sinundhang kêbo ngamuk | nanging maesa palastra ||
45. sêmana wus dèn timbali | Ki Bagus mring gustinira | datan kawarna solahe | Ki Bagus Lurah wus prapta | ngarsane Sultan Dêmak | wus mantuk kadya karuhun | sultan kêlangkung sihira ||
46. kawarnaa sultan nênggih | nutugakên karsanira | anggêrit mring wona mangke | ginarêbêg pra dipatya | miwah samantrinira | mring wana ing Rame puniku |[96] anitih ing panggêritan ||
47. pêpak bêburon wanadri | kidang mênjangan punika | kêbo danu lawan banthèng | mênjangan wulung kêtingal | lan banthèng wulung ika | kinèn anyêkêla gupuh | marang Bagus Lurah ika ||
48. sigra nulya mêlayoni | banthèng wulung sampun kêna | lawan mênjangan wulunge | angandika kanjêng sultan | iya ta uwisêna | aturêna ing ibumu | Bagus Lurah sampun mêsat ||
49. wus tutug kasukan nênggih | kajêng sultan nulya bubar | kondur sawadyabalane | sampun prapta dalêm pura | sagung kang wadyabala | sêdaya pan samya mantuk | mring wismane sowang-sowang ||
50. sangsaya lami dhatêngi | sih mulènira jêng sultan | dhatêng Bagus Lurah mangke | sêmana wus tinariman | Bagus Lurah sêmana | mring sultan putra waruju | kang tinarimakkên iya ||
51. iya putrane kêkasih | arine Mas Kalinyamat | tan kawarna paningkahe | pan wus pinanggihkên iya | lawan lurah tamtama | putranira sang aprabu | apan patut kramanira ||
52. ri sampunira akrami | Ki Bagus Lurah sêmana | tinariman [tina...]
--- [f. 173v] ---
[...riman] mring sang rajèng | nuli kinulawisuda | jinujung linggihira | sinêngkakangkên[97] ngaluhur | jinênêngakên dipatya ||
53. sarta sinungan nêgari | ing Pajang ika wêstanya | wisma anèng Pajang mangke | maksih kêdhik kacanira[98] | iya ta kadar pira | mung cacah wong walung atus | langkung dene abêbakal ||
54. dene jênênge dipati | inggih Adipati Pajang | anging parentahe rajèng | ing sabên warsa sebaa | iya maring ing Dêmak | apan sampun alêstantun | sabên warsa prapta Dêmak ||
55. dupi sangsaya alami | ing Pajang pan kacarita | kêlangkung mindhak cacahe | kaloka ing nagri liya | ing Pajang awibawa | lan kinajrihan ing satru | kêlangkung digdayanira ||
56. nahan ta ingkang winarni | nênggih Ki Agêng Sêsela | punika kala jênênge | kyai gêdhe ing Sêsela | nênêm sadhèrèkira | ki agêng kapitunipun | kang nênêm sami wanodya ||
57. ingkang asêpuh pribadi | iya Ki Agêng Sêsela | apan iku pêmbarêpe | kang rayi èstri sêdaya | sampun sami akrama | dènnya akêkadang patut | wus adhêkah sowang-sowang ||
58. mêngkana ingkang winarni | Kiyai Agêng Sêsela | kang dadi pêngaubane | kadang kadeyan sêdaya | sangêt pangabêktinya | taklim dhatêng sanak sêpuh | pan kinarya panêmbahan ||
59. pakêrtine asêsabin | kang dhêkah anèng Sêsela | punika panggaotane | agaga lawan sêsawah | têtanêmane akathah |[99] dadi sandhang panganipun | anyamadi wong Sêsela ||
60. ya ta udan riwis-riwis | Kiyai Agêng Sêsela | wontên ing pêsabinane | wayah sadèrènging asar | datan amawi rencang | ya ta pacule dèn pikul | sapraptane pêsawahan ||
61. ya ta amêmacul sabin | mung angsal tigang kêdhokan | sêmana prapta gêlape | rupa kaki-kaki ika | ya ta nuli cinandhak | syarane muni jumêgur | tan ucul panyêkêlira ||
62. pan arupa kaki-kaki | kang gêlap nulya binada | datan obah têtaline | akarsa angaturêna | mring Kanjêng Sultan Dêmak | sêmana kang dadi ratu | i tanah Jawa punika ||
63. igra[100] lumampah tumuli | ki agêng dhatêng ing Dêmak | sarta anggawa gêlape | datan kawarna ing marga | sampun prapta ing Dêmak | sampun katur ing sang prabu | yèn ki agêng atur gêlap ||
64. sang nata suka ningali | ing warnane punang gêlap | arupa kaki-kakine | linêbokkên ing kujaran |
--- [f. 174r] ---
wêsi kang punang gêlap | ya ta ingundhangan sampun | aja na kang suka toya ||
65. jêjêl ingkang aningali | agawok sira tumingal | maring ki gêlap warnane | sêdaya angalêm samya | mring Ki Agêng Sêsela | dene asêkti pinujul | pêrtandhane nyêkêl gêlap ||
66. ya ta ana gêlap èstri | anonton mring kaki gêlap | arupa nini-ninine | andhêpès anèng kujaran | sarwi ambêkta toya | sasiwur munggèng ing bêruk | wong akèh tan ana wikan ||
67. ya ta nuli jaluk warih | kaki gêlap tan sinungan | maring sakèh kang anonton | ajring[101] undhange sang nata | ya ta sang nini tuwa | angulungi banyu bêruk | tinampan marang ki gêlap ||
68. nuli ingombe tumuli | kang toya maring ki gêlap | sarêng angombe toyane | anulya mêsat ki gêlap | jumêgur syaranira | kunjaran wêsi wus mawur | kang gêlap pan sampun sirna ||
69. mantuk kayangane malih | kaki gêlap nini gêlap | mapan ta barêng lungane | mulih dhatêng angsalira | ya ta ingkang kocapa | ing Surabaya karuhun | wontên Maulana prapta ||
70. saking ing Ngêrum nêgari | sêmana sampun pêputra | Ki Bagus Satam wêstane | sampun putus ing aksara | kitab kêlawa Kuran | mukili mukarar nahwu | sêmana sampun akrama ||
71. angsal pawèstri yu luwih | Jawa Arab sampun limpad | ayu anom ing warnane | luwih saking ing wanodya | iya wong Surabaya | tan ana saminya wau | kêlangkung asih akrama ||
72. sêmana kang raka lalis | atilar rajabêrana | sêlaka êmas kêkate | reyal uwangira kathah | miwah rajabêrana | sakêlangkung sugihipun | anèng nagri Surabaya ||
73. sêmana ing lami-lami | rêmên samya ngêbotohan | anèng Surabaya mangke | anakira Maulana | langkung pamulangira | tan ana waratan ketung | tilar wêwarahing bapa ||
74. tan angangge etung nênggih | wêwarahe ingkang paman | sarengat hakekat mangke | ing agama datan arsa | langkung balunthahira | kawon ing bêbotohipun | mila sakit ingkang manah ||
75. yèn siyang dhatêng wanadri | aprang lawan luwenira | arame bratayudane | yèn dalu malêbèng guwa | aprang lan aripira | arame buru-binuru | aprang sabil astigapar ||
76. kêlangkung sakiting galih | atapa ngidang têlangkas | yèn mênangi [mênang...]
--- [f. 174v] ---
[...i] manungsane | lumayu anujang-nujang[102] | tan ketang jurang sêngkan | saya nêngah ing wana gung | kêdalon anèng ing wona ||
77. asare ngisor waringin | wayah têngah dalu ika | anulya bangun wayahe | ana syara kapiyarsa | hèh apa karsanira | anèng satêngah wana gung | apa ingkang sira sêdya ||
78. sira alakua ringgit | dhêdhalang wayang paruwa | iku ta wêwêkas ingong | poma sira dèn prayitna | pêsthi têka ing ajal | wus gaib ing takdiripun | wus pêsthi têka ing ajal ||
79. ilang kang syara anênggih | anulya nglilir kang nendra | wus raina ing wayahe | mulat-mulat ngilèn ngetan | ngalèr ngidul katingal | anulya ningali wau | kêmpul cumanthèl ing gurda ||
80. kêmpul anèng tunggak jati | sêmana sampun ingalap | nulya mantuk age-age | sapraptanira ing wisma | panggih lan rabinira | lah ta payo arèningsun | abêbarang laku dhalang ||
81. sêmana wêstane nênggih | ki dhalang wayang paruwa | nênggih Ki Bicak wêstane | dadya wontên Pultan[103] Dêmak | mondhok wontên Sêsela | cinatur rabine ayu | luwih saking ing akathah ||
82. lanang wadon aningali | rabine dhalang paruwa | dene ayu ing warnane | sami angalêm sêdaya | sakèhe kang tumingal | ya ta sêmona wus katur | dhatê[104] Ki Agêng Sêsela ||
83. pawèstri dipun tingali | dhatêng Ki Agêng Sêsela | sêmana giwang manahe | mulat ing suwarnanira | karsa dinamêl garwa | tan atara enjingipun | pinêpêkan wong Sêsela ||
84. dhêdhalang kinèn mêjahi | pan rinêbat rabinira | pêpak wong Sasela kabèh | dhêdhalang pruwa wus pêjah | kinêmbulan ing kathah | sampune Ki Bicak lampus | rabine lan dabèkira[105] ||
85. katur sêdayane sami | dhatêng Ki Agêng Sêsela | miwah ringgit lan kêndhange | ya ta kêmpul tiningalan | sarêng wau katingal | punang kêmpul gya pinundhut | dening Ki Agêng Sêsela ||
86. kêlangkung rêmên ningali | punang kêpul[106] ingaranan | Kiyai Bicak wêstane | kabêkta araning dhalang | sampunira mêngkana | mantun dènnya darbe kayun | maring rabine ki dhalang ||
87. sampune ki dhalang kêni | kêlangkung suka ing driya | sangking pêmawaning bêndhe | mantun dènnya darbe karsa | mring rabine ki dhalang | wus lami mangkya winuwus | punang bêndhe ingaranan ||
88. dening susunan ningali | yèn bêndhe dadi têngêran | sapa duwea ing têmbe | pinasthi dadi narendra |
--- [f. 175r] ---
bêndhe dadi têngêran | sêkti yudane tur unggul | yèn bêndhe muni angangkang ||
89. sampuning alami-lami | kyai ageng ing Sêsela | inggih pêpitu putrane | kang nênêm sami wanodya | ingkang jalu satunggal | anênggih wuragilipun | kang miyos jalu punika ||
90. pan sampun sami akrami | wau putrane sêdaya | sami salu panti dhewe | sami dhêkah sowang-sowang | patute akêkadang | mapan kathahe pêpitu | kang putra Kyi Gêng Sêsela ||
91. pêmbajêngipun winarni | Nyai Gêdhe Jurutêngah | wontên dene panggulune | nêgih Nyai Gêdhe Saba | anuli arinira | Nyai Gêdhe Bangsri iku | anuli arine ika ||
92. nênggih nyai gêng ing Jati | anuli arine ika | Nyai Agêng Pêtanène | anuli arine ika | anênggih ingkang rama | Nyai Gêdhe Pakis Kidul | wuragil jalu kang nama ||
93. anênggih Ki Agêng Ênis | punika ayun pêrtela | tinutura sêjarahe | mêngkana ta cinarita | nyai gêdhe ing Saba | pan kêkalih putranipun | jalu kêlawan wanodya ||
94. ingkang sêpuh pan pawèstri | kang jalu ingkang winarna | Kiyai Juru wêstane | sêmana abêbesanan | nyai gêdhe ing Saba | apan ta sami sêdulur | ayya kêparang doh ika ||
95. kang putra Ki Agêng Ênis | awêsta Ki Pêmanahan | pan sampun pinanggihake | lawan putrane kang uwa | nyai gêdhe ing Saba | kapêrnah ipe Ki Juru | kêlawan Ki Pêmanahan ||
96. nihan ta winarna malih | wontên kang kocapa ika | ingkang cinatur arine | Ki Agêng Gêtaspêndhawa | satunggil èstri ika | ingkang ingaran puniku | nyai gêdhe ing Pêndhawa ||
97. adarbe putra apêkik | kêlangkung inguparêngga | sampun mêpêg biraine | pan sampun apalakrama | asih dènnya kêkadang | mêngkana kang putra jalu | wus akrama kinasihan ||
98. kêkalih Ki Agêng Pathi | punika sampun pêputra | Ki Pênjawi kêkasihe | warnane bagus sinawang | sangsaya lama-lama | Ki Pênjawi wêstanipun | kambil putra marang sira ||
99. marmanipun Ki Pênjawi | kêlawan Ki Pêmanahan | ingaranan sadulure | tunggal saibu sarama | ingkang dèrèng uninga | anadene Kyai Juru | ipene Ki Pêmanahan ||
100. nihan ta ingkang winarni | ing Pajang pan kacarita | kêlangkung mindhak cacahe | kaloka kajana priya | ing Pajang awibawa | lan kinajrihan ing satru | kêlangkung digdayanira ||
101. mapan ta saya alami | Sultan [Su...]
--- [f. 175v] ---
[...ltan] Dêmak wus di wayah | sêmana puput jênênge | sampun seda Sultan Dêmak | ing Pajang saya ngêrda | sêdaya apan kinêlun | nêgara kang tumut Dêmak ||
102. datan ana ingkang wani | mumpanga prentahing Pajang | milane lumrah ing mangke | sumawita dhatêng Pajang | miwah Sunan Pêrwata | datan nêdya manah mêsgul | kang rayi madêg narendra ||
103. malah dhatêng angèstrèni | ecane wêrdayanira | Susunan Kudus gurune | sapunika gancarira | wau Jêng Sultan Pajang | mêngkana wau winuwus | warnanên Ki Pêmanahan ||
104. karsane Ki Agêng Ênis | wong têtiga ja na pisah | Ki Juru kaponakane | Ki Pênjawi sanak misan | pan dadi dulurira | saparanira tan kantun | datan kêna pisahêna ||
105. wong têtiga sarêng ngaji | mring Susunan Kalijaga | pan sami tunggal gurune | lawan Adipati Pajang | anging kantun priyaga[107] | ya ta jiniyad ing guru | Dipati Pajang taruna ||
106. prasami kêlangkung asih | aruntut dènnya kêkadang | Dipati Pajang karsane | Ki Agêng Ênis ngaturan | kinarya pênêmbahan | ing Pajang sinêpuh-sêpuh | sinung dhêkah ing Lawiyan ||
107. sêmana Ki Agêng Ênis | adhêdhêkah ing Lawiyan | ya ta ingkang putra mangke | Ki Pênjawi Pêmanahan | asuwita ing Pajang | angsal pangawulanipun | pan sami kinakang-kakang ||
108. milane kêlangkung asih | sang adipati ing Pajang | mring Ki Gêng Ênis putrane | Ki Pênjawi Pêmanahan | Ki Juru katiganya | kang sami nunggil saguru | lawan Adipati Pajang ||
109. anggêguru Sunan Kali | tan pisah tiyang têtiga | sêkawan Sultan Pajange | marmane kinakang-kakang | Pênjawi Pêmanahan | sapunika gancaripun | Ki Juru iya mangkana ||
110. ucapên Ki Agêng Ênis | kang dhêdhêkah ing Lawiyan | sêmana puput jênênge | umantuk ing rahmatollah | sinare ing Lawiyan | kang putra kalih winuwus | Ki Pênjawi Pêmanahan ||
111. sumawita Pajang olih | anglurahi wong tamtama | dipati langkung asihe | Ki Pênjawi Pêmanahan | pan ingangkên sudara | ingandêlakên ing kewuh | ambaurêksa nêgara ||
112. kala sêmana winarni | dipati dèrèng pêputra | sudarma akèh putrane | anênggih Ki Pêmanahan | akèh atmajanira | kacrita kèhe pêpitu | kang sami jalu lima |[108]|
113. ingkang pawèstri kêkalih | jakêp[109] pêpitu ingetang | tan wikan anèm sêpuhe | duk sêmana sinêngkalan | kang desa ing Lawiyan |
--- [f. 176r] ---
rupa naga warna ratu |[110] ing Pajang lir guladrawa ||
51. Dhandhanggula[111]
1. jalu gangsal kang èstri kêkalih | atmajane Kyai Pêmanahan | kang sami jalu putrane | Radèn Danang abagus | lawan malih Raden Mas Santri | dene ingkang satunggal | wasta Radèn Jambu | lawan malih kang anama | Radèn Tompe Radèn Kêdhawung anênggih | jangkêpipun lêlima ||
2. pêpitune kang èstri kêkalih | iku putrane Ki Pêmanahan | kêlawan malih kandhane | Radèn Danang puniku | apan pinèt putra anênggih | dening sultan ing Pajang | kala timuripun | linêbokkên panakawan | sêmut gatêl kêrakêt asaba puri | ingambil alit mila ||
3. kadi putra gènira ayogi | sang dipati pan dèrèng pêputra | karya lanjaran putrane | ingangkên putra sêpuh | warnanira luwih apêkik | Radèn Danang sêmana | mapan maksih timur | amor panakawan kathah | sêmut gatêl nahan ta ingkang winarni | ucapên ing carita ||
4. wontên ingkang winuwusa malih | Arya Jipang kang arsa aseba | mring guru maha yêktine | pêpak kang wadya umung | para mantri para dipati | ki patih munggèng ngarsa | Tumênggung Mêtaun | Ki Arya Jipang ngandika | kayaparan karsaningsun bapa patih | ingsun madêg narendra ||
5. Ki Tumênggung Mêtaun turnya ris | inggih gusti yèn suwawi karsa | atur kawula nah anggèr | nuwun idi pukulun | dhatêng rama paduka aji | kanjêng susunan ika | ing Kudus pukulun | Arya Jipang angêndika | iya bênêr bapa aturira nênggih | payo bapa aseba ||
6. undhangêna balaningsun aglis | wong ing Jipang pra mantri sêdaya | wus pêpak wadyabalane | jêjêl ing alun-alun | pra punggawa miwah dipati | sigra nulya sanega | Arya Jipang wau | abusana murub mubyar | sampun miyos pangeran saking jro puri | nitih pun Gagakrimang ||
7. sampun budhal pangeran lumaris | wadyanira Jipang pan sêdaya | tumênggung para mantrine | lumaris lampahipun | sampun prapta wau nêgari | lampahe Arya Jipang | ing paseban rawuh | sawadyanira sêdaya | sampun prapta ing Kudus ingkang nêgari | nahan ingkang wus prapta ||
8. nênggih ingkang kawuwusa malih | Sunan Kudus wau kang winarna | kang ginuron ing wong akèh | dipati para ratu | puruhita datan gumingsir | susunan ing Pêrwata | anggêguru Kudus | lan malih Ki Arya Jipang | pan gêguru ing Sunan Kudus anênggih | sumungkêm pêtakonan ||
9. Jêng Susunan
--- [f. 176v] ---
Pêrwata anênggih | malik kapti ing pêtakonannya | pan kêkalih pagurone | dhingin Susunan Kudus | kaping kalih Susunan Kali | alon sira ngandika | susunan ing Kudus | dhumatêng Ki Arya Jipang | lah Ki Arya amituhu bumi kaki | wong ngalapdho upama ||
10. Arya Jipang matur awotsari | ukumipun inggih pinêjahan | tiyang ngalapdho kawruhe | wangsul amba ayun wruh | sapa sintên tuwa[112] raosi | ri sêksana ngandika | susunan ing Kudus | kakangira ing Pêrwata | apa rane iku nora malik kapti | matur Ki Arya Jipang ||
11. gih punapa ingantosan malih | apan ukumipun pinêjahan | Susunan Kudus dêlinge | sapa ingkang sumanggup | Arya Jipang matur wotsari | yen wontên pangandika | kawula pan purun | angukumakên ing pêjah | Arya Jipang Sunan Kudus angajani | lah payo lêkasana ||
12. Arya Jipang wuwusira dhêmit | duk angawe lurah kajinêman | ingandikan ngarsa age | pun Rangkuk[113] wêstanipun | lah miyanga sira dèn aglis | cidranên dening sira | pun Rangkud wotsantun | kawula nuwun sandika | sigra mangkat datan kawarna ing margi | prapta sira parwata ||
13. Arya Jipang sigra matur aris | adhuh gusti umatur ing tuwan | atur kawula nah anggèr | kawula madêg ratu | anèng Jipang ingkang nêgari | aba dipun jurunga | kawula pukulun | jumênêng anèng ing Jipang | nuwun idi kawula dhatêng sang aji | tulusa madêg nata ||
14. Sunan Kudus angandika aris | iya bênêr iku karsanira | anging ana wêwagêle | paran ingkang karsèku | Arya Jipang umatur aris | sarya madêg kang nala | jaja sumung-sumung | umatur sarya wotsêkar | inggih gusti kang dadya sêkêling galih | ing Sampang Surabaya ||
15. pan kawula purun amêjahi | inggih Sampang lawan Surabaya | kawula obrak-abrike | susunan alon muwus | dudu iku wêwagêl mami | iya ta kadangira | ing Pajang puniku | ingkang nimbangi ing sira | Sultan Pajang agagah rosa prajurit | têguh bawa lêksana ||
16. iya paran karsanira Bayi | yèn rusaka ingsun nora rêna | aja gawe susah ngakèh | susunan nulya kondur | sampun prapta ing dalêm puri | Arya Jipang sêmana | matah wadyanipun | samya kinèn matènana | wus ginanjar kajinêman kang lumaris | reyal nyapuluh nyowang ||
17. kawarnaa kang kantun ing puri | Arya Jipang [Ji...]
--- [f. 177r] ---
[...pang] kang dhatêngi Pajang | kajinêman sêdaya ge | kang arsa nyidra wau | dhatêng sultan ing Pajang nênggih | sigra anulya prapta | lampahe agupuh | wus malêbèng jroning kitha | kawarnaa kang surya gumanti wêngi | wus manjing kutha Pajang ||
18. sampun ngrampid pagêr banon nênggih | kajinêman padhang ingkang căndra | wayah ping kalih tanggale | aglis ing surupipun | wayahipun wus sirêp jalmi | sultan aminggah nendra | lawan garwanipun | Radèn Danang anèng dagan | tan adangu kajinêman nulya prapti | angliga dhuwungira ||
19. gya ginoco Sultan Pajang aglis | wanti-wanti ing panggoconira | lir lalêr mencok kampuhe | pisan pindho ping têlu | ping pat ika ping lima nênggih | Radèn Danang umiyat | mring pandung kang rawuh | agya anulya cinandhak | wus binêkta wau sira mijil aglis | binanting duratmaka ||
20. kajinêman wêspada ningali | tandangira Radèn Danang ika | apan tinanganan bae | kajinêman lumayu | datan ana purun nadhahi | opyaking wong dalêm pura |[114] sêdaya amburu | Ki Pênjawi Pêmanahan | wus malêbu kanjêng sultan maksih guling | samya wangsul sêdaya ||
21. kajinêman ing Jipang winarni | pan lumayu mantuk dhatêng Jipang | arsa umatur gustine | sêdaya sami mantuk | tan kawarna lampahing margi | nahan kang kawuwusa | lampahira wau | Ki Rangkud kang kawarnaa | sampun prapta ing parwata tan asari | wayah bangun raina ||
22. Jêng Susunan Parwata grah linggih | alendhehan dhatêng ingkang garwa | nulya pun Rangkud dhatênge | tinakèn tan asantun | paran karsanira mariki | pun Rangkud atur sêmbah | kawula ingutus | anyidra dhatêng panduka | angêndika Susunan Pêrwata nênggih | lah age lêkasana ||
23. anging aja angèmbèt-èmbèti | Rangkud ingkang sun jaluk ing sira | amunga awakku dhewe | pun Rangkud narik dhuwung | nulya goco nêrus ing gigir | nêratas ingkang garwa | sajrone tan emut | Si Rangkud cidra wêcana | milanipun Ki Bêthok nulya tinarik | kajinêman sinawat ||
24. saking ampuhing dhuwung ngênèni | gih pun Rangkud kêna kêmbang kacang | amung bêlèr ing kulite | niba Ki Rangkud lampus | ya ta sarêng wau ngêmasi | susunan ing Parwata | lawan garwanipun | tangis lir pendah ampuhan | sinêngkalan gunung yêksa warna nabi |[115] pra garwa kèh karuna ||
25. kang tan suka sêdhèrèke èstri | arinira Susunan Pêrwata | Mas Ratu Kalinyamate | nêdha ukum mring Kudus | lampahira mapan sarimbit | prapta ing ngayunanira |[116] susunan ing Kudus | matur Ni Mas Kalinyamat | milanipun kawula dhatêng mariki |
--- [f. 177v] ---
nêdha ukum ing tuwan ||
26. pan pun kakang nênggih dèn pêjahi | dhatêng utusane Arya Jipang | punapa ing saukume | aglis Susunan Kudus | sayêktine wong utang pati | winalês pinatenan | iku ukumipun | Nimas Ratu Kalinyamat | nulya mantuk tur sêmbah mantuk sarimbit | wau ta kawarnaa ||
27. Arya Jipang angadhang ing margi | lakinipun ingarah patinya | binegal ing dêlanggunge | sêmana kinarubut | apan sampun wau ngêmasi | ya ta nangis alara | sira nimas ratu | kang dhingin katilar kadang | kaping kalih katilar ing anak laki | apan kinaniaya ||
28. datan mantuk ing dalêm nêgari | pan abanjur mring wukir atapa | ing Danaraja gununge | ênggènira ambangun | asru brăngta amati ragi | dadya atapèng wuda | rema karya pinjung | sangêt ambantêr sarira | sawarnine têtilarane kang syargi | apan sarta ginawa ||
29. nimas ratu mangke pasang giri | ingsun benjang arsa asêsinjang | yèn uwis ana belane | patine lakiningsun | atanapi sadulur mami | padha kinaniaya | sahid patinipun | pan ingsun tan arsa sinjang | lamun durung ana ingkang anyanggupi | patine Arya Jipang ||
30. yèn tan ana ingkang anyanggupi | ing patine iya Arya Jipang | pan wus ujar ingsun mangke | nuli ingsun apinjung | lamun Arya Jipang tan mati | pan palawasaneya[117] | tan sinjang katèngsun | yèn tan olèh bela iya | muni gêtêr patêr anauri |[118] umyang wong kasinoman ||
52. Sinom[119]
1. pan sampun tatas raina | kang thustha dènnya lumaris | datan kawarna ing marga | sampun prapta ing nêgari | sêdaya sarêng bêkti | sêkawan sarêng umatur | pan sampun kêlampahan | tuwan kinèn amêjahi | inggih dhatêng Dipati Pajang katulak ||
2. kêlangkung saking prayitna | wong ika kêlangkung wêgig | kawula botên tumama | sêdalu tan kêna manjing | nuntên kêsaput enjing | kawula anuntên mantuk | yèn suwawi lan karsa | yèn botên dipun apusi | wong punika kadi tan kinging cinidra ||
3. pangeran arya ing Jipang | amirsa aturing têli[120] | kèmêngan ing manahira | akarsa atur upêksi | kêlamun botên kêni | dhatêng susunan ing Kudus | sigra anuli seba | wus malêbêt ing jro puri | sampun prapta Pangeran Jipang tur sêmbah ||
4. tumulya umatur sigra | kawula atur upêksi | utusan tan angsal karya | punapa karsaning gusti | ing mangke kadipundi | ing karsa dika pukulun | suwawi ingutusan | tinimbalana mariki | kawaraha sami rêmbag ngèlmu rasa ||
5. Susunan Kudus ngandika | yèn sira mêngkono [mêng...]
--- [f. 178r] ---
[...kono] kaki | lah iya ingsun utusan | sun timbalane mariki | anulya ngandika ris | dhatêng Pêngalasan sampun | lumampaha mring Pajang | putra ngong sang adipati | timbalana mring Kudus ingkang nêgara ||
6. warahên sun rêrêmbugan | agunêm ing rasa wadi | kang kinon nuli wotsêkar | lampahira tan asari | datan kawarna margi | prapta ing Pajang kêdhatun | utusan sampun prapta | ing ngarsa sang adipati | wong ing Pajang sami pêpakan sêdaya ||
7. utusan matur anêmbah | kawula sang adipati | ingutus rama andika | Susunan Kudus nêgari | andika ngandikan aglis |[121] dhatêng nêgari ing Kudus | arêmbag ngèlmu rasa | jêngandika dipun ati[122] | sang dipatya agupuh ing manahira ||
8. saking jrihira ngandikan | ing guru sang maha yêkti | karsanira nulya bubar | Ki Pêmanahan Pênjawi | kawula atur peling | pêngraos kawula ewuh | botên yèn sayêktia | angraosakên ing ngèlmi | tunggilipun nguni pandung ingkang prapta ||
9. nadyan tuwan lumampaha | anging dèn angati-ati | para mantri andhèrèka | miwah kang para prajurit | rêna sang adipati | amituhu aturipun | Kiyai Pêmanahan | sigra ingkang para mantring[123] | tinimbalan kinèn adandan sêdaya ||
10. sampun sami asênega | sakathahe pra pajurit | kang sami akêkapalan | ingkang binêkta kariyi | sakathahe ingkang kari |[124] pan samya akinèn nusul | bubar sang adipatya | sadadananing[125] ajurit | pra prawira samya andhèrèk sêdaya ||
11. putrane Ki Pêmanahan | ingkang binêkta kariyin | ing mangke sampun diwasa | angêmbat watang kuwawi | punika dèn kasihi | sampun katon damêlipun | mapan kinarya lurah | pêranakan dèn titihi | sinung aran Radèn Ngabèi wastanya ||
12. ingangkên putra kawitan | kêlangkung dènira asih | pêrnahira tan atêbah | sampun utamèng wêwadi | sigra sang adipati | lampahira lumastantun | datan kawarna ing marga |[126] prapta ing Kudus nêgari | kang utusan sampun ngaturi uninga ||
13. yèn Dipati Pajang prapta | Susunan Kudus sigra ngling | timbalana putraningwang | Dipati Jipang dèn aglis | sira konên nêmoni | mring Dipati Pajang iku | lawan sira waraha | ing mangke isun wiyosi | yèn wus pêpak sakathahe putraningwang ||
14. sigra Adipati Jipang | apan sampun dèn timbali | anulya sigra adandan | pan sampun angati-ati | punika witing kardi | marmanipun tan adangu | pra prawira pêpakan | pan sampun sami winangsit | Arya Jipang pan sampun prapta paseban ||
15. Adipati Pajang prapta | asuwe anganti jawi | pan anganti kang timbalan | Susunan Kudus dèn ati | utusan [utusa...]
--- [f. 178v] ---
[...n] sigra prapti | yèn dika kinèn tumanduk | pinarak ing paseban | Ki Arya Jipang manggihi | yèn wus pêpak para dipati sêdaya ||
16. jêngandika winiyosan | susunan miyos tinangkil | tumulya sang adipatya | tumanduk anganti-anti | Rahadèn Angabèi | tan têbih ing pêrnahipun | miwah Ki Pêmanahan | Ki Pênjawi angampingi | sampun prapta ing bangsal pan parêmbagan ||
17. alinggih ayun-ayunan | Arya Jipang aningali | dhatêng Adipati Pajang | pan sami lirik-linirik | suwe tan ana angling | Arya Jipang lon amuwus | jêngandika ngaturan | alami botên kêpanggih | amung mangke jêngandika kêparênga ||
18. kawula atambung lam lampah |[127] punika kris saking pundi | kang dika wangking ing wuntat | Dipati Pajang nauri | pan igih dhuwung lami | kêris kula pun Carubuk | nyanane Arya Jipang | sok kênaa sun tingali | nora wande sira mênangi pêrlaya ||
19. Arya Jipang lon angucap | kawula ayun udani | yayi kêris jêngandika | Dipati Pajang anarik | anuli dipun jawil | Pêmanahan angsung pemut | dipati wus prayitna | dhuwunge wus dèn tampani | cêcothene tinarik sarwi ngandika ||
20. dhuwung kawula pêmêjah | puniki sun karêmêni | Arya Jipang sigra mojar | inggih puniki abêcik | dipati anauri | nanging kantun mandinipun | batên kados punika | sok cècèl anuli mati | nuli miyos Susunan Kudus uninga ||
21. yèn sami narik curiga | anulya dipun parani | iki baya arêp apa | dene kaya wong bêlantin[128] | padha angunus kêris | apa arêp urup dhuwung | lah padha sarungêna | ora bêcik dèn tingali | sampun sami dhuwungnya manjing wêrăngka ||
22. Pangeran Arya ngandika | baya ta durung pinasthi | olèh ingsun gawe răndha | Dipati Pajang sigra ngling | durung kontuk puniki | arêp gawe pakan manuk | gagak durung pêsthinya | Susunan Kudus sigra ngling | lah ta uwis ki jêbèng aja dinawa ||
23. balik sira apatuta | aja sira salah ati | singa olèha nugrahan | rêmbuga para dipati | dene mêngko puniki | padha sira ingsun tundhung | padha mêsanggrahana | yèn wis pêpak pra dipati | ingsun udang[129] payo padha rêrêmbugan ||
24. kêkalih sampun arêmbag | Arya Jipang bubar dhingin | nuli Adipati Pajang | bubar lampahe lumaris | prapta kilèning kali | atata mondhokanipun | wong Pajang ingkang dharat | gêgaman pan sampun prapti | tata mondhok kang magêrsari akapang ||
25. Arya Jipang pondhokira | inggih sawetaning kali | Bêngawan Sore punika | sampun gumatya[130] ing wêngi | sira sang adipati | ing Pajang dèrèng aturu [a...]
--- [f. 179r] ---
[...turu] | Kiyai Pêmanahan | punika atur upêksi | pan kawula anêngguh miyarsa warta ||
26. anênggih bok jêngandika | Ratu Kalinyamat nênggih | sasedane ingkang raka | miwah kang laki pribadi | punika gêring kapit | kêlangkung prihatinipun | pan atilar nêgara | ing mangke wontên ing ardi | wartinipun anênggih atapa wuda ||
27. botên ayun atapiha | yèn dèrèng pun Jipang mati | punika atur kawula | nênggih andika tiliki | mênawi kêni lilih | ginontoran ing pitutur | sigra Dipati Pajang | miyarsa ature nênggih | Pêmanahan alêga ing manahira ||
28. akarsa anilikana | kang êmbok sawêngi mangkin | anulya sami lumampah | datan kawarna ing margi | nanging ingkang tut wuri | sêkawan lan putranipun | Pênjawi Pêmanahan | sêkawan Radèn Ngabèi | kapatira lawan Adipati Pajang ||
29. datan kawarna ing marga | lampahira prapta ngardi | sang adipatya wus minggah | sapraptanira ing kari | angundang para nyai | pan sampun awêling atur | ingsun arsa marêka | parêkan tumulya bali | sampun prapta angantos pamijilira ||
53. Mijil[131]
1. sapraptane parêkan wotsari | aturira alon | rayi dika Dipati Pajange | arsa marêk ing sampeyan gusti | têtilik anênggih | kapiyarsa rêngu ||
2. Ratu Kalinyamat sigra angling | undangê[132] rèningong | lan warahên yèn ingsun mêngkene | pêsthi nora kêna apêpanggih | pêsthi sun panggihi | saking jroning kambu[133] ||
3. sigra mintar utusan wus prapti | lawange kang regol | sampun marêk utusan ature | jêngandika nênggih dèn aturi | nanging ingkang wêling | raka dika ratu ||
4. jêngandika tan kinging pêpanggih | rakanta sang katong | sang dipati aris andikane | pan wus wêruh kang êmbok prihati | nanging sun puniki | arêp duwe atur ||
5. wus malêbêt sira sang dipati | wong papat tan adoh | sampun prapta wau ing pêrnahe | kang utusan umatur aririh | inggih sampun prapti | arinta pukulun ||
6. angandika ratu mas aririh | dhatêng ari katong | yayi êmas baya na gawene | atêtilik marang awak mami | sira sang dipati | alon aturipun ||
7. yèn kênia kawula aturi | sampun kasi nglamong | pan manungsa mati bubuhane | raka dika pan sampun pinasthi | karsaning Yyang Widi | patine atatu ||
8. raka dika mapan mati sahid | antuk syarga kaot | angulari punapa patine | Nimas Ratu saurira aris | nora arsa tapih | tumêka ing lampus ||
9. sokur sira yayi praptèng ngriki | ingsun pan wong wadon | apan sira sun tari budine | kaya ngapa gènira malêsi | Si Jipang puniki | sira ingsun tutur ||
--- [f. 179v] ---
10. lamun ana ingkang amatèni | Arya Jipang katong | mapan ingsun nora adêduwe | ing Pêrwata Kalinyamat iki | ingsun tan duwèni | iku ujar ingsun ||
11. lawan ingsun angèngèr ing benjing | yèn sampun kêlako[134] | Arya Jipang ing benjing patine | lah ta sira yayi sun tangisi | malêsa dipati | iku wêkas ingsun ||
12. datan ana ingkang apêryogi | têtulung maringong | mapan ingsun tan darbe sêdhèrèk | amung sira ingkang asih kami | yogya amatèni | mring Si Jipang besuk ||
13. Adipati Pajang matur aris | dhatêng ingkang êmbok | pan kawula tan purun jurite | amungsuha wong Jipang ajurit | wo punika sêkti | arosa atêguh ||
14. Ratu Kalinyamat nulya angling | tanpa gawe ingong | pan adarbe sanak ing dhèwèke | nora kêna sira sun tangisi | sira tanpa kardi | têtinjo maringsun ||
15. Pêmanahan nulya abêbisik | punika karsèngong | jêngandika pikira ing mangke | raka dika dika sêmayani | apikir sawêngi | benjing dawêg wangsul ||
16. Adipati Pajang anuruti | matur ingkang êmbok | pan kawula apikir samangke | benjing enjing kawula abali | lamun atuk[135] pikir | kawula asanggup ||
17. pan kawula kang êmbok mit mulih | mantuk mring pakuwon | Ratu Kalinyamat andikane | lah ta iya yayi yèn wus olih | dènira apikir | wangsula rèningsun ||
18. sampun kondur sira sang dipati | mring pakuwonnyang[136] wong | Pêmanahan wau tan andhèrèk | aturira karsa mituturi | kakang gih prayogi | lamun dika kantun ||
19. ring yang Kyai Pêmanahan angling | marêk mring kang êmbok | kang parêkan tur pêksi gustine | rayi dika Sêsela abali | karsane akêmit | mring dika sang prabu ||
20. lamun rayi andika abali | punika tur ingong | wong punika wontên rêrêmêne | sajrihane lamun aningali | pawèstri abêcik | adarbe pêpurun ||
21. pan kawula karuwun ningali | wontên èstri kao[137] | raka dika dhingin têtilare | pan punika andika paèsi | pêsthi benjing enjing | rayi dika wangsul ||
22. pan pawèstri kang wontên ing wuri | punika tur ingong | rayi dika pan mêdal sanggupe | wong punika yèn ningali èstri | pan kawula pêsthi | lamun darbe sanggup ||
23. lah ta iya adhi sun lakoni | yèn sira kang akon | Pêmanahan nulya pamit mulèh | sampun prapta ing pondhok aguling | kawarnaa enjing | dipati awungu ||
24. ingkang raka sampun dèn timbali | mapan sampun saos | Pêmanahan seba lan arine | sampun prapta ing ngarsa anênggih | sang dipati angling | sira ingsun utus ||
25. kadipundi karsanira singgih | pêrkara kakang bon[138] | pan asêrêng punika sêbdane | pan manira kinèn amatèni | Si Jipang
--- [f. 180r] ---
Dipati | pan ingsun kang purun ||
26. Pêmanahan nulya matur aris | punika karsèngong | tinurutan mapan sakarsane | jêngandika kang dipun tangisi | botên wontên malih | kang yogya têtulung ||
27. pan sampeyan botên kirang budi | akathah punang wong | tinantuna sêdaya budine | măngsa botên wontêna kang wani | mring Jipang Dipati | apêranga pupuh ||
28. Adipati Pajang mirsa angling | lêga manahnyang[139] wong | lah anêdha abali ing mangke | mapan aja dadi watir galih | maria anangis | kang êmbok puniku ||
29. nulya bubar wau sang dipati | ingiring punang wong | kawan dasa punika kathahe | Pêmanahan datan kêna têbih | tan kawarna margi | wus prapta ing gunung ||
30. sampun katur yèn kang rayi prapti | sigra nulya kinon | tumanduka lumêbêt arine | kang pawongan tumulya nimbali | andika dipati | pan kinon tumanduk ||
31. wus lumêbêt sira sang dipati | kang raka tan doh |[140] sampun prapta ngarsane êmboke | kang parêkan aturnya aririh | yèn kang rayi prapti | wanodya nèng pungkur ||
54. Pangkur[141]
1. Adipati Pajang prapta | anèng latar tumulya aningali | wanodya roro yu-ayu | kagyat mulat kumêsar | kênyut-kênyut manahira sampun gugur | kedanan sajro wêrdaya | Pêmanahan dipun tulih ||
2. lah kakang punika sapa | kang adarbe bojo dene abêcik | warnanira luwih ayu | ingsun pan dèrèng mulat | Pêmanahan aris dènira umatur | kang têtilar raka dika | nanging dèrèng dèn sarèni ||
3. Dipati Pajang ngandika | sun jaluke baya ta uwong puniki |[142] kakang bok punapa angsung | matur Ki Pêmanahan | mapan wontên kariyin ing janjinipun | sampun kang mênggah punika | yèn andika anyanggupi ||
4. pêsthi kêna kang wanodya | botên ngraos ra dika darbèni |[143] dipati nulya alaju | wus prapta pagêdhongan | Ratu Kalinyamat anulya amuwus | alah sira yayi prapta | apa na kêrasèng galih ||
5. Dipati Pajang ngandika | kakang êmbok prapta kawula mriki | inggih kawula asanggup | matèni Arya Jipang | sampun dadi galih dika kang bok ayu | pintên banggi rayi dika | bisa malêsa ing pati ||
6. nanging kang kawula têdha | wontê[144] èstri ayu nênggih kêkalih | punika kawula suwun | inggih Si Arya Jipang | kêpanggiha patine kawula besuk | Ratu Kalinyamat mojar | botên duwe ujar kalih ||
7. aja mungguhing wanita | tan kuwasa ingsun andarbèni |[145] saliya saking puniku | mapan kagunganira | wong pawèstri sampun kinèn marêk wau | adipati kering kanan | liringe galak amanis ||
8. sang dipati gya tumingal | manahira wau agonjang-ganjing | manahira kanyut-kanyut | tumulya sigra bubar | kangkang[146] êmbok kawula apamit mantuk | kawula apêdandanan | anêdya malêsa pati ||
9. pêngraose manah kula | dèrèng ulap kawula aningali | Si Arya Jipang amungsuh | Ratu Mas mèsêm nala [na...]
--- [f. 180v] ---
[...la] | angandika lah yayi jumurung ingsun | sapa kang sun adêlêna[147] | yèn dudu sira mas ari ||
10. Dipati Pajang wus bubar | èstri kalih sampun sami dèn jali | dipati suka tyasipun | wus prapta pamondhokan | angandika dhatêng mantri-mantrinipu[148] | sawarnane wadya Pajang | prasamya dipun timbali ||
11. hèh sakèhe mantriningwang | amungsuha Si Jipang apa kuwawi |[149] atawa kangsia lampus | gêdhe ganjaran ingwang | pan suk[150] ganjar nêgara Pathi puniku | kêlawan desa Mêtaram | yèn Arya Jipang ngêmasi ||
12. pra mantri matur sêdaya | botê[151] wontên wadya ingkang nyanggupi | mapan sampun samya takut | mring dipati ing Pajang | sami uni prakosa kêlamun têguh | utama yèn ulah aprang | kêraos botên ngudhili ||
13. adipati angêndika | lah sakèhe iya ing wadya mami | mênawi ta wontên purun | nora milih têtiyang | pan wus pêsthi nêgara ganjaran ingsun | tumulya samya bubaran | sampun gumantya ing wêngi ||
14. warnanên Ki Pêmanahan | gêgunêman kêlawan Ki Pênjawi | katiga lan ipenipun | Ki Juru wêstanira | sapunika saparane nora kantun | sêkawan lan ingkang putra | kang aran Radèn Ngabèi ||
15. Ki Juru atêtanya |[152] pan manira mangke anungsung warti | Ki Pêmanahan amuwus | wau sang adipatya | siyumbara sintên ta purun puniku | dhatêng Adipati Jipang | utawa kangsia mati ||
16. apan ginanjar nêgara | pan ing Pathi lawan desa Mêtawis | nanging tan wontên sumanggup | Ki Juru lon anguca[153] | yèn mêkono[154] gugunên ing ujar ingsun | pêkênira sanggupana | eman kaliya kang nagri ||
17. ing Pathi lan wong Mêtaram | yêkti eman singa wonga andarbèni |[155] Kyai Pêmanahan muwus | ki ipe dene gampang | wong atapa ganjaran nêgara agung | sapa wani amungsuha | Dipati Jipang ajurit ||
18. Ki Juru alon angucap | pan kawula idhêp watêke nênggih | nyata Arya Jipang têguh | pêsthine pinaekan | pan kawula dèrèng ulap yèn amungsuh | gampange ta wong punika | watêke buyan kuwanin ||
19. yêkti awrat tinadhahan | aprang papak gêdhe kêlawan cilik | pêsthi pêkênira rêmuk | ingsun milu ing sira | bêbatohi ing benjang apranga pupuh | amungsuh Dipati Jipang | anênggulang ing ajurit ||
20. wong punika tuhu kêras | yèn tinantang pêsthine anêkani | tan anganti baturipun | lamun têka piyăngga[156] | pêsthi ènthèng wong punika yèn minungsuh | kinarubut wong akathah | pinrih loyoning ajurit ||
21. yèn ta sampun kêsahyahan[157] | pêkênira ngaronana ngajurit | pêsthi mati lamun kontung | lah nêdha benjang enjang | lah sebaa [se...]
--- [f. 181r] ---
[...baa] sanggupana juritipun | amungsuh Dipati Jipang | umatur sang adipati ||
22. sampun dènnya rêrêmbagan | samya guling kawarnaa ta enjing | sampun prapta enjingipun | samya dandan aseba | Pêmanahan katiga lan ipenipun | Ki Juru kang atut wuntat | wus marêk sang adipati ||
23. pra mantri samya pêpakan | Adipati Pajang ngandika aris | lah apa ana sumanggup | amungsuh Arya Jipang | para mantri sêdaya samya umatur | tan ana wani maguta | amungsuh Jipang ajurit ||
24. umatur Ki Pêmanahan | pan kawula sanggup mungsuh dipati | Si Jipang ing aprangipun | sakulawarganingwang | jêngandika aja lunga saking pungkur | dadia sêmang kewala | kawula ingkang ajurit ||
25. sampeyan sampun katingal | yèn katingal yêktinipun dipun êprih |[158] yêkti wong punika purun | têguh lawan pêrkosa | wong akathah pêsthi norana dinulu | yèn tumingal ing sampeyan | wong punika anêkani ||
26. dipati suka tyasira | angandika sira sang adipati | lah kakang ingsun jumurung | sokur yèn pêkênira | anyanggupi Arya Jipang pêrangipun | nêgara Pathi Mêtaram | aja liya kang duwèni ||
27. ing mangke ta sira kakang | kadipundi antuk dika budèni | Kyai Pêmanahan matur | inggih ing benjang enjang | wadya Pajang saosa gêgamanipun | nanging sampun katingalan | kawula mêdal kariyin ||
28. wontên ing rana kawula | kantênane inggih ing benjing enjing | Dipati Pajang amuwus | lah nêdha bubarêna | samya dangdan sasikêping aprang pupuh | pan sampun bubar sêdaya | surup kang bêrdănggapati ||
29. Ki Pênjawi Pêmanahan | lan Ki Juru samya gunêm ing wêngi | Ki Juru alon amuwus | benjing ing karsaningwang | pêngarite wong Jipang mangke rinuruh | sokur lamun kêparênga | pêkathike sang dipati ||
30. sinungan layang pênantang | lan pinêrung kupingipun sasisih | kinon matur gustinipun | pêsthi kêlamun têka | ki dipati ing Jipang kêlamun bêndu | măngsa angantia bala | wantu wong buyan kuwaning[159] ||
31. sampun mupakat katiga | kadangira sêdaya prapta ngarsi | patut lanang wadon rawuh | sami kumpul sêdaya | awêtara wontên tiyang kalih atus | kadang kadeyan sêdaya | sami aprayitne[160] wèsthi ||
32. sêdalu tan ana nendra | wus raina samya adandan baris | Kyai Pêmanahan sampun | mêdali wong têtiga | lampahira apan ta anyamur laku | anjujug ing pêngaritan | wong Jipang kang dèn ulati ||
33. wus nyamur lan wong akathah | nulya panggih pêngarit amung sawiji |[161] wong Jipang pêkathikipun | dhatêng Dipati Jipang | pan pêngarit punika sampun kinêpung | sigra sami tinakenan | sira iki wong ing ngêndi ||
34. kang tinanya lon angucap | pan kawula pêngarite dipati | kapal agêm kang sun tunggu | wasta pun Gagakrimang | Ki Pênjawi anulya sigra anubruk | pêkathik pan nora obah |
--- [f. 181v] ---
Kyai Pêmanahan aris ||
35. lah sun jaluk lilanira | kupingira ingsun jaluk sasisih | puniku ta dede padu | pan dede jêjalukan | kuping roro satunggil andika jaluk | Kyai Pêmanahan ngucap | sun tuku kupingirèki ||
36. sênadyan dika tukua | botên tau kawula awade kuping |[162] botên ta adamêl butuh | Kya Pêmanahan ngucap | angur êndi sun patèni lan pun[163] tuku | pêkathik alon angucap | andika tumbas sadhidhik ||
37. wus dinawir kupingira | Kyai Juru sampun akarya tulis | pêkathik pan sampun sinung | ardana gangsal wêlas | ingkang sêrat apan kinanthilkên sampun | unine nuwala patra | anênggih cêrakan singgih ||
38. pêkathik wus kinon pulang | poma-poma layang ingsun puniki | mring gustinira dèn katur | sigra nulya lumajar | sampun prapta pêkathik ing pondhokipun | akathah ing wong tumingal | kang prapta yèn adus gêtih ||
39. nêrajang mantri sêseban | mantri samya ningali wong kang prapti | dene dawir kupingipun | sarwi akanthi layang | Ki Mêtaun atanya mring baturipun | lah ta iku gègèr apa | kang tinanya turnya ris |[164]|
40. inggih pêkathik dipatya | dipun pêrung kupingipun sasisih | kinanthilan suratipun | karsanira matura | tur uninga ing gusti ing karsanipun | Mêtaun alon angucap | undurêna iku dhingin ||
55. Durma[165]
1. gustinira ing wau pan lagya dhahar | sigra dipun cêkêli | pêkathik arosa | kêdah wau lumêbua |[166] arame gègèr ing jawi | sang adipatya | mirsa gègèr wong cilik ||
2. ing utusan Mêtaun wau ngandikan | prapta ngarsa dipati | sigra tinakenan | apa gègèr ing jaba | ki patih sigra wotsari | anuwun duka | aturnya amlasasih ||
3. adhuh gusti tutuga sampeyan dhahar | botên liya kang warti | ing mangke katura | yèn sampun dènnya dhahar | adipati sigra angling | têka matura | apan ingsun alimi ||
4. Ki Mêtaun umatur sarya anêmbah | sun wruh watêking gusti | wong kang cinêkêlan | abudi nulya uwal | lumayu ngarsaning gusti | sang adipatya | kagyat sira ningali ||
5. lah ta iki baya wong kêna ing apa | dene akuthah gêtih | Mêtaun wotsêkar | inggih gusti punika | kang dado[167] gègèr ing jawi | pêkathik tuwan | inggih ingkang kairis ||
6. dipun pêrung kupingipun kinanthilan | layange ta puniki | sigra sang dipatya | mundhut kang punang surat | pan têksih angêpêl nangsi[168] | asta kiwa |[169] nampèni punang tulis ||
7. pan sinukma surat sajroning wêrdaya | dening kang
--- [f. 182r] ---
punang tulis | pa hana caraka | data ingkang sawala | payo yèn padha wong bêci[170] | măngga bathonga[171] | aja na kang gumingsir ||
8. lah ta ingsun mungsuhira ing ayuda | Raja Pajang dipati | lah ta sira Jipang | yèn tuhu sira lanang | katêmua padha siji | sira dipatya | bêndunira sinipi ||
9. kêpêlira sigra binanting ing panjang | panjang sigar kêpalih | sigra sang dipatya | akèn akêkapa |[172] Si Gagakrimang sira glis | kêkapanana | ingsun miyosi jurit ||
10. wus sanega sang adipati ing Jipang | waosira cinangking | dhapur biring lanang | pun Dhandhangmungsuh wêstanya |[173] kapale sumaos ngarsi | pun Gagakrimang | sigra dipun titihi ||
11. Ki Mêtaun wanti-wanti aturira | adhuh sang adipati | kèndêla sakêdhap | angantospana[174] wadya | sampeyan dipun pasangi | sang adipatya | ingaturan aruntik ||
12. jêng pangeran ing Jipang darbe sudara | nanging asanès bibi | Pangeran Ariya | Si Baras wêstanira | Kapang-kapang anututi | sangêt aturnya | dika kèndêl rumiyin ||
13. kya dipati angantosana kang bala | angling sang adipati | alah sira kèndêla |[175] ingsun măngsa wêdia | wus pantêse wong ajurit | binyok ing kathah | pan nora sun gingsiri ||
14. wanti-wanti ature kang rayi ika | ingkang raka arunti[176] | karia ta sira | sadulur seje biyang | tan akudu ingsun iki | arewang sira | ingkang rayi aruntik ||
15. lah punapa andika tan kêna ngeman | pêsthi arêbut urip | Mêtaun anyonglang[177] | nututi Kapang-kapang | nanging ta nora nututi | pun Gagakrimang | sandêre anglir mimis ||
16. Ki Mêtaun wus tuwa ing wayahira | adarbe lara mêngi | pan saya anêngah | lan pangeran ing Jipang | sigêgên sang adipati | Ki Pêmanahan | kulawăngsa rinakit ||
17. pan Ki Juru Pêmanahan lan kang putra | kapat Kyai Pênjawi | sawangsane samya | mapan sampun tinata | abaris ing pinggir kali | gêgaman Pajang | wontê[178] ngwingking atêbih ||
18. Adipati Jipang kandhêg sabrang wetan | kandhêg pinggiring kali | Bêngawan Sore ka | dhêp-adhêpan ta sira | kocapa carita nênggih | sapa nabranga | pêsthi apês kang jurit ||
19. adipati ing Jipang asru ngandika | hèh sapa kang adadi | asung layang mringwang | mara sira nabranga | kêmbulana ingsun iki | bêbungah ingwang | yèn jurit dèn kêmbuli ||
20. wong Sêsela prasamya ngucap sêdaya | lah iya gusti mami | sung surat ing sira | alah Dipati Jipang | nabranga ingsun kêmbari | dudu prawira | yèn kandhêga ing kali ||
21. adipati ing Jipang asru dukanya | kêrna kadya sinêbit | kudane kinêtab | cinamêthi malumpat | pan sampun ambyur ing kali | pun Gagakrimang | kêbat dènnya anglangi ||
22. kadi palya antuk angin dhêdhayungan | nora cacab palisir | sêntana Sêsela | sampun sami prayitna | Pêmanahan lan Pênjawi | lan putranira | Ki Juru datan têbih ||
23. sampun prapta
--- [f. 182v] ---
ing pinggir Pangeran Jipang | kinarutug ing bêdhil | sinasog ing tumbak | linêmbing binarkolang[179] | saligi kadya garigi[180] | Ki Arya Jipang | kudane cinamêthi ||
24. Gagakrimang sigra dènira lumumpat | tiba têngahing baris | kinarya wot pisan | jalma kathah katunjang | anyakot nyepak ngidêki | wadya Sêsela[181] | akathah wadya kanin ||
25. tinumbakan Pangeran Jipang tan pasah | mapan nora dèn tolih | mung Dipati Pajang | sinêdya ing wêrdaya | asangêt dènira angling | alah wong Pajang | gustinira nèng ngêndi ||
26. ingkang sanggup anglawani jurit ingwang | amungsuh padha siji | mêngko angucira | angandêlakên bala | katêmua sun blaèni | wadya Sêsela | anasog anumbaki ||
27. kang tinujang[182] wong Sêsela bubar-bubar | wong Pajang anyuraki | lir karênging wiyat | syaranya ingkang surak | dipati suka ningali | pêngrasanira | lir wong binayangkari ||
28. pêngamuke kêsangsang ing ganjur atap | rinêbut ing ajurit | ana kang rêbutan | Pêmanahan tumingal | yèn wong Sêsela angisis | arsa tumandang | kêlawan Ki Pênjawi ||
29. Kyai Juru asru dènira angucap | mindêla sira kalih | măngsa ngêntasana | dudu bubuhanira | kiyai ingkang darbèni | pan pêkênira | dudu patah prajurit ||
30. putranira ingkang yogya amapaga | iku yogya ngêntasi | nadyan tarunaa | wus karsaning Yyang Sukma | pinasthi dadi prajurit | lah pêkênira | nêdha padha ngampingi ||
31. sigra mangkat Radèn Ngabèi sêksana | ingkang rama ngampingi | Ki Juru tut wuntat | Pênjawi datan têbah | wus parêk lawan Dipati | Jipang angucap | wong apa sira iki ||
32. têka sira ngadhangi ing lakuningwang | rupanira apêkik | pan maksih taruna | baya ta arêp apa | sira arsa kumawani | mungsuh maringwang | mundura dèn aririh ||
33. mapan sira iya dudu mungsuh ingwang | êndi Si Adipati | Pajang pêksa lancang | apan ta mungsuh ingwang | asêrngên[183] Radèn Ngabèi | asru anumbak | lambungipun dipati ||
34. sigra mangsah Dipati Jipang anjola | jêjaringane miji | amalês anumbak | numbake tuna dungkap | pêpathak kapalang kêni | kapal anjola | angadêg ngolang-aling ||
35. kudanira Radèn Ngabèi sêmana | bêlo maksih kinaci[184] | ngadêg ngulêr kilan | jinambak nora kêna | kuda bandhang nandêr pati | sira rahadyan | gulu dipun cêkêli ||
36. pan sêmana anibakakên wasiyat | nak putuningsun benjing | aja nunggang kuda | kêkoncèn yèn ayuda | iku pêsthi ngapirani | sira dipatya | asru dènira angling ||
37. hèh wong Pajang sira salah ja ngucira | payo padha wong bacik[185] | sigra bali radyan [ra...]
--- [f. 183r] ---
[...dyan] | amiyarsa sêsumbar | kapale dèn ulih-ulih | arsa balia | Ki Juru angadhangi ||
38. Kyai Juru apan èstri kudanira | inguculakên agli | anulya lumajar | marêki Arya Jipang | pun Gagakrimang abudi | Pangeran Jipang | rêntag ususe mijil ||
39. glis dinudut ingubêdakên wêrăngka | tinon saya amijil | gêtih sumêmbirat | jaja kadi rinêngga | jaringan lagya sinampir | sang adipatya | warnanira apêkik ||
40. sinurakan ingurung-urung punika | kangdi[186] binayangkari | pan saya kêrasa | gêtihe kathah mêdal | Dipati Jipang ngranuhi | anuli nibang[187] | sinurak dèn bêdhili ||
41. adipati ing Jipang agulasahan | sigra Radèn Ngabèi | arsa anigasa | janggane Arya Jipang | Ki Juru sigra mêgati | nulya binêthot |[188] ususe bêbanyaki ||
42. tan asuwe Pangeran Jipang wus pêjah | sigra Mêtaun prapti | mirsa gusti pêjah | karsa bela ing rona[189] | anabrang dipun tadhahi | dhasar wus sayah | tiba dipun gêbugi ||
43. Ki Mêtaun sêmana sampun pêrlaya | sirahira ingambil | pinanjêr ta sira | anèng pinggir bêngawan | wong Jipang prasamya prapti | arahe samya | angantêpi ngajurit[190] ||
44. sakathahe wong Jipang prapta sêdaya | gêgamane ngajrihi | sakèh mantrinira | sami pêpak sêdaya | prapta sawetaning kali | gêgaman kathah | kandhêg pinggiring kali ||
45. Pêmanahan asru dènira ngandika | wong Jipang sira prapti | baya arêp pa |[191] têka sira nungkula | bêndaranira wus mati | pêpatihira | iya sun panjêr iki ||
46. wong ing Jipang pan sami darbe pêngrasa | apa rinêbut jurit | angur anungkula | pan gusti sampun pêjah | tumbake wus dèn bongkoki | anulya nabra[192] | prasamya atur pati ||
47. Kyai Juru angling dhatêng kang sudara | lah mêngko pikir mami | dipati ing Jipang | pêkênira akua | wong roro ingkang matèni | lan arènira | dene putranirèki ||
48. apa sarèh pêkênira dhumèrèka | pan sira kang nanggupi | pan sami mupakat | sami mundur sêdaya | wus prapta ngarsa dipati | atur bandhangan | tumbak kêlawan kêris ||
49. aturira Dipati Jipang wus pêjah | lahn[193] pêpatihe singgih | wong Jipang punika | sami nungkul sêdaya | pan sami srah pati urip | mangke katura | dhatêng sang adipati ||
50. adipati ing Pajang kêlangkung suka | sigra atakèn malih | dhingin sun miyarsa | yèn Adipati Jipang | aduwi[194] sadulur siji | pan seje biyang | mêngko ana ing ngêndi ||
51. pinariksa wong Jipang matur kukila | inggih wau tut wuri | dhatêng ingkang raka | wartènipun kadukan | kesahipun tanpa pamit | atilar bala | purugipun tan uni[195] ||
52. angandika sang adipati ing Pajang | lah kakang ta ing mangkin | nêgara Mêtaram [Mê...]
--- [f. 183v] ---
[...taram] | Pathi lah tampanana | sakarsa andum amilih | lan arènira | ingsun nora ngawruhi ||
53. Pêmanahan matur marang sang dipatya | inggih nagri ing Pathi | pun adhi darbea | kawula pan wong tuwa | abêbakal ing Mêtawis | sira dipatya | manira angamini ||
54. adipati ing Pajang asru ngandika | manira ayun mulih | mring nêgara Pajang | pêkênira matura | mring kakang êmbok dèn aglis | Dipati Jipang | yèn sampun angêmasi ||
55. aturana kakang bok alêluwaran | sampun anggung prihati | pan sampun katêkan | Dipati Jipang pêjah | pêkênira kang matèni | lah ta manira | bubar sadina mangkin ||
56. adipati ing Pajang têngara bubar | wadya sampun cumawis | sigra nulya bubar | Kiyai Pêmanahan | lumampah dhatêng ing ardi | ungkur-ungkuran | kêlawan sang dipati ||
57. Ki Pênjawi kinèn mantuk mring Santênan | nataa kang nêgari | Kyai Pêmanahan | lampahe sampun prapta | Ki Juru pan atut wuri | tan kêna têbah | ingkang tansah kinanthi ||
56. Kinanthi[196]
1. sapraptanira ing gunung | malêbêt pan wong kêkalih | sampun katur ing ratu mas | sigra dipun andikani | Ki Pêmanahan wus prapta | ing ngarsanira sang putri ||
2. Kyai Pêmanahan matur | kang êmbok kawula iki | ingutus ing rayi dika | kinèn angaturi uni | Dipati Jipang punikang[197] | kawula ingkang mêjahi ||
3. ratu mas rêna angrungu | sokur rinêksa Yyang Widi | Si Jipang pêjah denera[198] | nora duwe dulur maning | yayi amung pêkênira | kang yogya ingong ngèngèri ||
4. ing mêngko ta karêp ingsun | ing Kalinyamat puniki | Pêrwata sakarsanira | pan ingsun nora duwèni | Ki Pêmanahan tur sêmbah | kawula anuwun ing sih ||
5. kawula ginanjar sampun | desa aran ing Mêtawis | nêgara Padhi[199] punika | dipun sungkên[200] pun adhi |[201] kawula angaluallah | bêbakal anèng Mêtawis ||
6. Ratu Kalinyamat muwus | iku ta luwih prayogi | rajabrana Kalinyamat | usungana mring Mêtawis | têtilare kakangira | Pêrwata aja na kari ||
7. kang rayi kêlangkung nuwun | sarwi sira matur aris | kawula nuwun kang bêrkat | punapa kang adi-adi | kakang kang kawula têdha | Ratu Kalingamat[202] angling ||
8. mapan wus ing karsaningsu[203] | pusaka sira duwèni | mirah ingsun Si Jêmbangan | pêsthi sira kang duwèni | intên Si Uluk wêstanya | iki pan jangkêp kêkalih ||
9. rajabrana sampun mêtu | wong Sêsela anampani | Kyai Pêmanahan nêmbah | kawula ngaturi pami[204] | sang ratu mas angêndika | lah iya muliha adhi ||
10. kalih samya awotsantun | bubar tumurun sing wukir | datan kawarna ing marga | Sêsela dipun ampiri | anak putune sêdaya | arsa binêkta Mêtawis ||
11. kulawarga sami
--- [f. 184r] ---
tumut | patut lanang patut èstri | awêtara kalih bêlah | kang tumut dhatêng Mêtawis | wus bubar saking Sêsela | wus prapta Pajang nêgari ||
12. Kyai Pêmanahan lajung[205] | sohan marang sang dipati | Ki Juru apan tut wuntat | prapta ngarsane dipati | Pêmanahan aturira | kawula atur upêksi ||
13. yèn andika angsung wêruh | dhatêng Ratu Nyamatkali | yèn Arya Jipang wus pêjah | kêlangkung suka ing ati | rajabrana Kalinyamat | binêktakakên ing kami ||
14. ing mangke punika katur | jêngandika adarbèni | kawula darma lumampah | angandika sang dipati | lah kakang ingsun tarima | saking pêrcayane ugi ||
15. mapan kayanira agung | Dipati Jipang wus mati | kêna lan nêgaranira | ingsun ingkang anduwèni | sakèhe kang rajabrana | bêktanên marang Mêtawis ||
16. karyanên angipuk-ipuk | wong Mêtaram bêbakali | nanging mênira ta kakang | ana[206] kuwatiring ati | manira mirsa wirayat | Mêtaram ana narpati ||
17. mosa bêcika tinêmu | yèn aba botên sayêkti | punika sêtya kawula | ing jayad[207] kula pribadi | lah kakang ingsun tarima | prasêcanira ing kami ||
18. Kyai Pêmanahan matur | kawula dika alimi | awismaa nèng Mêtaram | bêbakalana nêgari | sapindhah abdi sampeyan | pukulun dadosa kanthi ||
19. ing mangke kawula suwun | agriyaa ing Mêtawis | yèn wontên karsa andika | nadyan siyang nadyan latri | kawula botên angrasa | darbe putra pun Ngabèi ||
20. sang adipatya amuwus | lah kulup sira dèn sèngi | ming Mêtaram ramanira | sira milua dèn aglis | bêbêkêlana Mêtaram | sang anom sigra ngabêkti ||
| 1 | Catatan: mulai ganti tangan. (kembali) |
| 2 | kori (dan di tempat lain sesuai konteks). (kembali) |
| 3 | konjêm (dan di tempat lain). (kembali) |
| 4 | ngandika. (kembali) |
| 5 | kaum. (kembali) |
| 6 | Kurang satu suku kata: sêdaya umatur alon. (kembali) |
| 7 | nulya. (kembali) |
| 8 | mayidnya. (kembali) |
| 9 | Lebih satu suku kata: ambêkan gudrya jaba. (kembali) |
| 10 | babad. (kembali) |
| 11 | Kurang satu suku kata: kang samya babad ngandhape. (kembali) |
| 12 | oyodira. (kembali) |
| 13 | Kurang satu suku kata: kang êcis dinudut age. (kembali) |
| 14 | kêkêtêge. (kembali) |
| 15 | Kurang satu suku kata: kêkêtêge sumyar-sumyar. (kembali) |
| 16 | bisa. (kembali) |
| 17 | Kurang satu suku kata: bisa punapa tuwan. (kembali) |
| 18 | kantun. (kembali) |
| 19 | nulya. (kembali) |
| 20 | Kurang satu suku kata: apan ta anèng ing ngriku. (kembali) |
| 21 | kêrai. (kembali) |
| 22 | angajak. (kembali) |
| 23 | mangkya. (kembali) |
| 24 | kaum. (kembali) |
| 25 | ngambil. (kembali) |
| 26 | nyarah. (kembali) |
| 27 | prabu. (kembali) |
| 28 | Lebih satu suku kata: tumulya layar sang prabu. (kembali) |
| 29 | kinengkenan. (kembali) |
| 30 | Lebih satu suku kata: wong adol bikang karyane. (kembali) |
| 31 | suwe. (kembali) |
| 32 | Kurang satu suku kata: ajrih mijil ingkang mulad. (kembali) |
| 33 | Terdapat tulisan tanggal pada tanda pergantian pupuh (madyapada) ini: 1737 [1810–1]. (kembali) |
| 34 | wau. (kembali) |
| 35 | Kurang satu suku kata: tan tinabuh wau ta bêdhuge. (kembali) |
| 36 | lohor (dan di tempat lain). (kembali) |
| 37 | Biasanya guru lagu o: lumpoh. (kembali) |
| 38 | dhêdhukun. (kembali) |
| 39 | alon (dan di tempat lain). (kembali) |
| 40 | osike. (kembali) |
| 41 | sok. (kembali) |
| 42 | ênting. (kembali) |
| 43 | Kurang satu suku kata: ya ta sang dipati. (kembali) |
| 44 | Kurang satu suku kata: ya apa sêdyanira ing mangke. (kembali) |
| 45 | Lebih dua suku kata: sabat turêna glis. (kembali) |
| 46 | Terdapat tulisan tanggal pada tanda pergantian pupuh (madyapada) ini: 1737 [1810–1]. (kembali) |
| 47 | Sêrondhol. (kembali) |
| 48 | wêstanipun. (kembali) |
| 49 | katiban. (kembali) |
| 50 | wong. (kembali) |
| 51 | wolung. (kembali) |
| 52 | Terdapat tulisan tanggal pada tanda pergantian pupuh (madyapada) ini: 1737 [1810–1]. (kembali) |
| 53 | ginêntyan. (kembali) |
| 54 | mring (dan di tempat lain). (kembali) |
| 55 | Lebih satu suku kata: mêcapate sêdaya. (kembali) |
| 56 | kocapa. (kembali) |
| 57 | kocapa. (kembali) |
| 58 | Kurang satu suku kata: wau datan kocapa. (kembali) |
| 59 | arènira. (kembali) |
| 60 | anuli. (kembali) |
| 61 | angkas-angkas. (kembali) |
| 62 | ujum. (kembali) |
| 63 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: gènnya ingêmong ibunya (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 26.1.3). (kembali) |
| 64 | ibunipun. (kembali) |
| 65 | ana (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 26.2.7). (kembali) |
| 66 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: yèn tan ana sinêdya (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 26.2.7). (kembali) |
| 67 | wêtune (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 26.5.4). (kembali) |
| 68 | wêstanèki. Bandingkan: wastanèki (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 26.6.8). (kembali) |
| 69 | kesah (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 26.6.9). (kembali) |
| 70 | Biasanya guru lagu i: brangti. Bandingkan: jalu èstri samya asih (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 26.8.8). (kembali) |
| 71 | kathah. (kembali) |
| 72 | Kurang satu suku kata: kathah wong trêsna sih lulut. (kembali) |
| 73 | Terdapat tulisan tanggal pada tanda pergantian pupuh (madyapada) ini: 1737 [1810–1]. (kembali) |
| 74 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: marang Ki Agêng Sela (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 27.7.5). (kembali) |
| 75 | Gêdhe. (kembali) |
| 76 | kadipundi. (kembali) |
| 77 | Lebih tiga suku kata: sampune sami abukti. Bandingkan: sawuse samya abukti Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 27.14.1). (kembali) |
| 78 | kinokop (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 27.14.6). (kembali) |
| 79 | suwita. (kembali) |
| 80 | asale. (kembali) |
| 81 | Lebih satu suku kata: Ki Krèbèt pangabêktinya. (kembali) |
| 82 | Kurang satu suku kata: kawarnaa sêmana. (kembali) |
| 83 | songalas. (kembali) |
| 84 | Kurang satu suku kata: tanggal ping songalas ika. (kembali) |
| 85 | sangsam. (kembali) |
| 86 | tumambirang. (kembali) |
| 87 | Kurang satu suku kata: mring andaka agalak. (kembali) |
| 88 | malêbèng. (kembali) |
| 89 | tinêmpuh. (kembali) |
| 90 | gêgurus. (kembali) |
| 91 | ngluwihi. (kembali) |
| 92 | papilihan. (kembali) |
| 93 | Lebih satu suku kata: kang ngluwihi papilihan. (kembali) |
| 94 | sijine. (kembali) |
| 95 | Kurang satu suku kata: kang tandhing sèwu sijine. (kembali) |
| 96 | Lebih satu suku kata: mring wana Rame puniku. (kembali) |
| 97 | sinêngkakakên. (kembali) |
| 98 | kancanira. (kembali) |
| 99 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: têtanêmane kathah (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 26.18.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 26.18.5). (kembali) |
| 100 | sigra (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 26.22.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 26.22.1). (kembali) |
| 101 | ajrih (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 26.26.4; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 26.26.4). (kembali) |
| 102 | anunjang-nunjang (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 103 | Sultan (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 26.29.4; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 17.10.4; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 26.29.4). (kembali) |
| 104 | dhatêng (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 26.30.7; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 17.11.7; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 26.30.7). (kembali) |
| 105 | darbèkira. Bandingkan: darbenira (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 17.12.7). (kembali) |
| 106 | kêmpul. (kembali) |
| 107 | priyăngga (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 26.56.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 26.56.5). (kembali) |
| 108 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: kang sami jalu lêlima (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 26.63.7; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 17.34.7). (kembali) |
| 109 | jangkêp (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 26.64.2; SL1016, Pupuh 17.35.2). (kembali) |
| 110 | Tanggal: rupa naga warna ratu (S 1481). Tanggal Masehi: 1559–60. (kembali) |
| 111 | Terdapat tulisan tanggal pada tanda pergantian pupuh (madyapada) ini: 1737 [1810–1]. (kembali) |
| 112 | tuwan (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 27.7.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 27.7.5; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 18.6.5). (kembali) |
| 113 | Rangkud (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 27.9.4; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 27.9.4). (kembali) |
| 114 | Lebih satu suku kata: opyak wong dalêm pura. (kembali) |
| 115 | Tanggal: gunung yêksa warna nabi (S 1457). Tanggal Masehi: 1535–6. (kembali) |
| 116 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: wus prapta ing ngayunan- (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 27.16.6; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 27.16.6); rawuh ngayunanira (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 18.12.6). (kembali) |
| 117 | salawasaneya (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 18.17.6); salawasanea (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 27.21.6). Bandingkan: salamènaneya (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 27.21.6). (kembali) |
| 118 | Kurang dua suku kata. Bandingkan: ya ta muni gêntêr patrê anauri (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 27.21.9); ya ta muni gêntêr patêr anauri (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 18.17.9); ya ta muni gêtêr patêr anauri (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 27.21.9). (kembali) |
| 119 | Terdapat tulisan tanggal pada tanda pergantian pupuh (madyapada) ini: 1737 [1810–1]. (kembali) |
| 120 | têlik. (kembali) |
| 121 | Lebih satu suku kata: dika ngandikan aglis. (kembali) |
| 122 | anti (dan di tempat lain sesuai konteks). (kembali) |
| 123 | mantri. (kembali) |
| 124 | Lebih satu suku kata: sakathahe kang kari. (kembali) |
| 125 | sadandananing. (kembali) |
| 126 | Lebih satu suku kata: tan kawarna ing marga. (kembali) |
| 127 | Lebih satu suku kata: kawula atambung lampah. (kembali) |
| 128 | bêlantik. (kembali) |
| 129 | undang. (kembali) |
| 130 | gumantya. (kembali) |
| 131 | Terdapat tulisan tanggal pada tanda pergantian pupuh (madyapada) ini: 1737 [1810–1]. (kembali) |
| 132 | undangên. (kembali) |
| 133 | klambu. Bandingkan: kubut (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 28.2.6; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 28.2.6). (kembali) |
| 134 | kêlakon. Bandingkan: kalakon (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 28.13.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 28.13.2). (kembali) |
| 135 | antuk. (kembali) |
| 136 | pakuwonnya. (kembali) |
| 137 | kaot. (kembali) |
| 138 | bok. (kembali) |
| 139 | manahnya. (kembali) |
| 140 | Kurang satu suku kata: kang raka tan adoh. (kembali) |
| 141 | Terdapat tulisan tanggal pada tanda pergantian pupuh (madyapada) ini: 1737 [1810–1]. (kembali) |
| 142 | Lebih satu suku kata: sun jaluke baya ta wong puniki. (kembali) |
| 143 | Kurang satu suku kata: botên ngraos raka dika darbèni. (kembali) |
| 144 | wontên (dan di tempat lain). (kembali) |
| 145 | Kurang satu suku kata: tan kuwasa ingsun kang andarbèni. (kembali) |
| 146 | kakang. (kembali) |
| 147 | andêlêna. (kembali) |
| 148 | mantri-mantrinipun. (kembali) |
| 149 | Lebih satu suku kata: amungsuha Si Jipang pa kuwawi. (kembali) |
| 150 | sun. (kembali) |
| 151 | botên. (kembali) |
| 152 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: samana Ki Juru tanya (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 29.14.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 29.14.1). (kembali) |
| 153 | angucap. (kembali) |
| 154 | mêngkono. (kembali) |
| 155 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: eman têmên liyaa kang darbèni (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 29.16.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 29.16.2). (kembali) |
| 156 | priyăngga (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 29.19.4; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 29.19.4). (kembali) |
| 157 | kêsayahan. (kembali) |
| 158 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: yèn katingal pasthi sampeyan dèn prih (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 29.24.2). (kembali) |
| 159 | kuwanin. Bandingkan: kawanin (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 29.28.7; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 29.29.7). (kembali) |
| 160 | aprayitnèng. (kembali) |
| 161 | Lebih satu suku kata. Bandingkn: nulya manggih pangarit siji mêncil (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 29.32.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 29.31.2). (kembali) |
| 162 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: dèrèng tau kawula adol kuping (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 29.36.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 29.35.2). (kembali) |
| 163 | sun. Bandingkan: ingsun (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 29.36.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 29.35.5). (kembali) |
| 164 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: ingkang dinangu turnya ris (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 29.39.7; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 29.38.7). (kembali) |
| 165 | Terdapat tulisan tanggal pada tanda pergantian pupuh (madyapada) ini: 1737 [1810–1]. (kembali) |
| 166 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: kêdah yun lumêbua (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 30.1.4; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 30.1.4). (kembali) |
| 167 | dados (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 30.5.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 30.5.5). (kembali) |
| 168 | nasi. (kembali) |
| 169 | Kurang satu suku kata: asta kang kiwa. (kembali) |
| 170 | bêcik (dan di tempat lain). (kembali) |
| 171 | bathanga. (kembali) |
| 172 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: akèn kêkapa jaran (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 30.9.4); akèn kakapa jaran (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 30.9.4). (kembali) |
| 173 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: dhangdhang mungsuh wastanya (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 30.10.4); Dhangdhangmungsuh wastanya (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 30.10.4). (kembali) |
| 174 | angantosana (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 30.11.4; SL1024, Pupuh 30.11.4; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 45.4.4). (kembali) |
| 175 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: lah sira mindêla (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 30.13.3; SL1024, Pupuh 30.13.3). (kembali) |
| 176 | aruntik. (kembali) |
| 177 | anyongklang (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 30.15.3). (kembali) |
| 178 | wontên. (kembali) |
| 179 | binangkolang. (kembali) |
| 180 | garigis (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 40.3.5). Bandingkan: garimis (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 57.6.5); gumiris (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 45.16.5). (kembali) |
| 181 | Catatan: terdapat dobel sandangan: Sêsela atau Sêsila. (kembali) |
| 182 | tinunjang. Bandingkan: katrajang (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 30.31.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 30.31.3); kêtrajang (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 45.21.1). (kembali) |
| 183 | asrêngên. (kembali) |
| 184 | kinancing. (kembali) |
| 185 | bêcik. (kembali) |
| 186 | kadi. (kembali) |
| 187 | niba. (kembali) |
| 188 | Biasanya guru lagu a: binêthot nulya. (kembali) |
| 189 | rana. (kembali) |
| 190 | Catatan: penulisan kata "ngajurit" menggunakan aksara ta cerek sebagai ganti pangkon. (kembali) |
| 191 | Kurang satu suku kata: baya arêp apa. (kembali) |
| 192 | nabrang. (kembali) |
| 193 | lan. (kembali) |
| 194 | aduwe. (kembali) |
| 195 | uning. (kembali) |
| 196 | Terdapat tulisan tanggal pada tanda pergantian pupuh (madyapada) ini: 1737 [1810–1]. (kembali) |
| 197 | punika. (kembali) |
| 198 | denira. (kembali) |
| 199 | Pathi. (kembali) |
| 200 | sungakên. (kembali) |
| 201 | Kurang satu suku kata: dipun sungakên pun adhi. (kembali) |
| 202 | Kalinyamat. (kembali) |
| 203 | karsaningsun. (kembali) |
| 204 | pamit. (kembali) |
| 205 | laju. (kembali) |
| 206 | Catatan: Aksara "na" pada kata "ana" disisipkan di bawah gatra. (kembali) |
| 207 | jasad. (kembali) |