Babad Purubaya, British Library (Add MS 12308 a), 1813, #1050 (Pupuh 59–64)
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
--- [f. 200v lanjutan] ---
59. Asmaradana[1]
1. wontên cinarita malih | sajênênge Sultan Pajang | sira Sang Raja Bantêne | kambil mantu Sultan Pajang | putrane kang panêngah | sakèh nagri samya suyud | sugih wadya tur prawira ||
2. cacah damêl tigang kêthi | lêlurahe kawan nambang | samya widadyèng jurite | sèwu nêgara tan ana | mênggahing kang mungsuha | sakèh ngraja sami nungkul | yèn kalane manggih yuda ||
3. prajurit Bantên anênggih | pêpitu sami prawira | yun bêbara kesah age | mring Mêtaram adêdolan | asuka prang tandhingan | sêksana samya lumaku | tan winarna anèng marga ||
4. wus prapta nagri Mêtawis | kèndêl sajawining kitha | wong Bantên pêpitu mondhok | wus kawarta ing ngakathah | wong Bantên apêpara | salêbêt kitha misuwur | wong Bantên para prang kêmbar ||
5. wong Mêtaram atur pêksi | dhumatêng Rahadèn Răngga | kadya mêngkana ature | gusti wontên wong pêpara | ngayoni prang tandhingan | kathahing jalma pêpitu | ginunggung purun Dèn Răngga ||
6. sapa namanirèng jalmi | nêgara ngêndi arannya | kang tinanya lon ature | abdining Bantên prawira | punjul saking ngakathah | namanipun ingkang rawuh | pêngajêng Sareyan Tompah ||
7. kalihe Jaladarèki | kapate Engke Mustaham | Maryam Borham kalimane | kanême Dhandhangsêngara | kapitu Pritajala | jalma sêpta têguh timbul | mila pêpara Mêtaram ||
8. enjing prasamya mêdali | wong Bantên lan wong Mêtaram | wus tinêmbang gamêlane |
--- [f. 201r] ---
gong kêndhang maguru găngsa | samya ngagêm bêdhama | kalaganjurira umung | samya agênti tumandang ||
9. suka tyase kang ningali | wong Bantên lan wong Mêtaram | dene sami prawirane | ana kang abêksa kantar | watang abêksa dhadhap | bêksa tamèng jêbêng gambuh | arame gêbang-ginêbang ||
10. sami andhatêngkên gêndhing | aramya dadar-dinadar | tan ana kasor tandange | wong Bantên samya sudira | wong Mêtaram kasoran | Radèn Răngga was andulu | galihipun tan dêrana ||
11. tumandang rahadèn mantri | wong Bantên samya nêrajang | prayitna sira rahadèn | ginoco rahadèn panggah | wong pitu ngrasa sayah | karsanipun rajasunu | winalês kang jalma sêpta ||
12. wong Bantên dipun tampiling | katut ing asta kulitnya | ing sirah muka kulite | ana sêmpal baunira | ingkang siwal uwangnya | pêpitu samya lumayu | amulih asangu brana ||
13. bubar kang sami prang tandhing | kang pêpara abêbêksan | sami mulih kapranane | datan kawarna ing marga | ing Bantên sampun prapta | nahan ta ingkang winuwus | Rahadèn Răngga sêmana ||
14. katur ing rama sira glis | katimbalan prapte[2] ngarsa | ramanta sangêt dukane | ala têmên sira Răngga | bocahe pamanira | aseba marang ing ulun | iku sira papag yuda ||
15. angandika sang narpati | hèh Răngga kita majua | rahadèn majêng sira ge | anêmbah sirèng suku sang | mara sira mutunga | jêjêmpol ingong sun dulu | suta ulun rosanira ||
16. manêmbah rahadèn mantri | anyandhak jêmpoling rama | siti amblês ing jêngkune | ingkang rama sru ngandika | uwis kulup alara | rahadèn mêksa amutung | kinipatakên rahadyan ||
17. malêsat kêtanggor aglis | pagêr bata bumi sigra | bata balong sêdhêng uwong | rahadèn pan lajêng kesah | lampahe ngalèr ngetan | tinututan lampahipun | wong gandhèn[3] catur kêpanggya ||
18. paduka kinèn abali | mring rama paduka radyan | wus ngapura sadosanggèr | wong papat apêksa lancang | mêgati anèng ngarsa | wus cinandhak gandhèk catur | kinêmpit jalma sêkawan ||
19. malêsat sirahnya kalih | kang kalih mrucut lumalya | matur marang sang akatong | warnanên Rahadèn Răngga | lampahnya anglir kilat | nêgara Pathi wus rawuh | kang paman lagya sineba ||
20. sapraptane radèn mantri | wus katur marang dipatya | nulya tinimbalan age | kulup dikêparèng ngarsa | kene sira linggiha | èwêd dènira lumaju | sela gêng ngapit wong seba ||
21. kang sela kêtrajang aglis | mring Radèn Răngga sêmana | dadya galêpung selane | wus mawur awor pêrtala | radèn prapta nèng ngarsa- | nira kang paman agupuh | gya manêmbah ing suku sang ||
22. Adipati Pathi angling | mas sira kinongkon apa | mring sudarmanira radèn | inggih kawula dinukan | dhatêng raka paduka | jêmpolan kinèn amutung | angraos gêrah rakanta ||
23. nulya kinipatkên aglis | kêtanggor banon kawula | sêdhêng tiyang banon balong | lajêng kawula akesah | datan amawi rencang | mila kawula andarung | asohan dhatêng paduka ||
24. sampun têlas kang pêrniti | sang dipati angêdhatyan | kang seba bubaran kabèh | kawarnaa sampun lama | kang kêmit cêcaturan | wong
--- [f. 201v] ---
tapa ingkang cinatur | garjita Rahadèn Răngga ||
25. kang kêmit dèn parêpêki | ngêndi gone wong atapa | ingkang tinakon ature | inggih ngandhap kajêng kamal | punika panggyanira | rahadèn murugi sampun | kayyan asêm glis rinusak ||
26. anulya radèn lumaris | tri wilaya wisthèngira | lênggah waskithèng tingale | awas puniku ing sirna | endah samêkta kirda | warnanên kang tapa lampus | têmên-têmên kênèng kêdhap ||
27. sarupa kelawan manis | datan kêna pisahêna | ingsun malês ing dhèwèke | benjang têka ing nêgara | ingsun rupa têksaka | iya ku pêmalês ingsun | Mas Răngga mirsa kang syara ||
28. Radèn Răngga anauri | pangucape ingkang syara | dèn kuwawa sira dumèh | radèn kondur nulya gêrah | sarawuhe lêligar | amawang lara alungguh | wus sênggang sohan kang paman ||
29. sarira dèn wawas liring | enjing aseba kang paman | dyan tuna dungkap dêlinge | kewran pramanan sujana | manêmbah ing suku sang | wus mangkat radèn manêmpuh | datan kawarna ing marga ||
30. wus prapta ngarsanirèki | sang adipatya ngandika | adhuh anak ingsun anggèr | lah nyawa sira muliha | sira diarsa-arsa | marang ramanira kulup | dene sira wus alama ||
31. Rahadèn Răngga ngabêkti | umêsat marang Mêtaram | lir kilat radyan lampahe | datan kawarna sêmana | rahadèn sampun prapta | ing Mêtaram gya cumundhuk | ing rama saha manêmbah ||
32. tinupiksa ing sudarmi | anglimputi liring guna | inggih dhatêng wingi sore | ingkang rama lon ngandika | iya babo nak ingwang | sira ngajia Yangamu | yèn sira arsèng prawira ||
33. Radèn Răngga datan angling | mêngkana osiking driya | kaya ngapa awak ingong | ingsun kinèn angajia | sapa kang ngluwihana | iya kaya awak ingsun | ingsun wus têguh prawira ||
34. Radèn Răngga atur bêkti | sang narpasuta ngandika | iya nyawa anak ingong | yèn ta sira yun prawira | ngajia eyangira | digbya sêkti maha punjul | sira durung winêjangan ||
35. manêmbah radèn lumaris | sohan ing eyang gya salat | rahadèn tumungkul age | anèng wurine kang eyang | sarwi nyublêki sela | kang eyang abakda sampun | Kae Juru angandika ||
36. sira putuningsun kaki | nora lara tanganira | watu sira cublês bae | pêsthi lara tanganira | ingkang sela sêmana | cinublêsan datan putus | sela tos munya kumêplak ||
37. Radèn Răngga atur bêkti | sumungkêm angaras pada | anêlăngsa ing ature | ing eyangira rêrêpa | mangaras ing suku sang | muka rèng[4] kajêm tumungkul | Kae Juru angandika ||
38. sira bagea Ki Bayi | kapan têkanira nyawa | dene lawas putoningwong | nora kadulu maringwang | rahadèn atur sêmbah | kala wingi dhatêng ulun | mila umarêk sampeyan ||
39. Radèn Răngga matur aris | eyang kawula têdahna | ing marga kang apadhange | Kyai Juru angandika | iya Răngga ta sira | adhuh nyawa putoningsun | iya nyawa angajia ||
40. iya sira arsa ngaji | marang jênêng ingsun nyawa | astra lêlima kathahe | êsad [ê...]
--- [f. 202r] ---
[...sad] lawan êlamsurnya | ilpah ta ardi limar | ikyas tikbah iklar iku | wruhana lawang sêkawan ||
41. iku sira gowa kaki | aja ta sira kawêntar | wong wulu tanpa toyane | junub datan mawi japa | iku sira dèn yêtna | nanging ana ing prajèku | anggung salat lakunira ||
42. sampuning winêjang aji | ngèstokkên ujaring eyang | aprang sabil ing batine | Sang Senapati asalat | kaji marang ing Mêka[5] | sakêdhap netra wus rawuh | kesahe salat Jumungah ||
43. anjajah sêgara wêdhi | Rahadèn Răngga sêmana | ngidêri jagad lampahe | jagad kulon lawan wetan | kidul lor kaedêran | keblat papat pan wus têpung | rahadèn kondur Mêtaram ||
44. wus sumurup sang yyang rawi | nêngguh wayah bakda ngisa | Radèn Răngga migah sare | kang kêmit munggèng ing ngarsa | wayahe sirêp jalma | bêdhug panjang bêdhug têlu | kang kêmit samya rêrasan ||
45. sawênèh andongèng sami | ana ngidung amêmaca | ana ngura-ura rêpèn | ana tutur rewangira | manira amiyarsa | kabaring kang jalma langkung | yèn agêng digbya têksaka ||
46. Radèn Răngga priksa angling | ngêndi gone yo pinaran | ing Êtalpêgat ênggène | byar raina sigra mangkat | sirèng prapta Talpêgat | sêsumbêran kang jinujug | têksaka katon sumladhang ||
47. anèng saluhuring warih | têksaka nulya uninga | naga gêng anyandêr age | anrajang Rahadèn Răngga | pinulêt kang sarira | kêbêk sarira sang bagus | pinulêt dening têksaka ||
48. sigra cinandhak tumuli | kang buntut ing asta kiwa | kang sirah asta têngêne | siningkab cangklakanira | sawêr pêdhot mêrapat | gya binucal sirahipun | Radèn Răngga tanpa manah ||
49. sarira dèn êngluh sakit | nulya kondur Radèn Răngga | sapraptanirèng dalême | rahadèn anyandhak gêrah | antawis tigang dina | asangêt gêrahirèku | Radèn Răngga lajêng seda ||
50. kadya gêrah pramèsyari | sêdaya sami karuna | radèn wus sinalatake | sinarèkkên tunggil eyang | kawarnaa sêmana | sang narpasuta angungun | kêlangkung putêking driya ||
51. nihan ta ingkang winarni | wuwusên Tumênggung Mayang | mring Senapati kaipe | kapêrnah ingkang rayya |[6] maring Ki Senapatya | ya ta ki tumênggung wau | ing mangke dawêg kadukan ||
52. Ki Tumênggung Mayang iki | amisarèng[7] jroning driya | kayaparan ta dadine | ujare Susunan Arga | yèn dedea manira | amimitana karuhun | dadine nagri Mêtaram ||
53. adarbe putra satunggil | Ki Tumênggung Mayang ika | jalu apêkik warnane | dadi kondhang ing wanodya | rara miwah wêlanjar | dhasar bagus cahya mancur | sêmbada sasolahira ||
54. kêkasihe radèn mantri | jêjuluk Radèn Pabelan | sêmbada lawan dêdêge | dadi wêwêringning[8] Pajang | sakèh răndha wêlanjar | anaking manti[9] tumênggung | sêdaya sami kasmaran ||
55. tinari krama tan apti | mring ibu kêlawan rama | kang rama sangêt wirange | anggung gawe andon rasa | sakathahe wanodya | sêmana ngandikan gupuh | ing rama prapta manêmbah ||
56. ki tumênggung angling aris | adhuh nyawa anak ingwang | tur lanang bagus rupane | kulup mulane ngong undang | wis anggèr marènana | lèhira cidra pulang yun | sênadyan padha nyidraa ||
57. yèn putrane sri bopati [bo...]
--- [f. 202v] ---
[...pati] | nora tanggung labuhana | sênajan têka pati gèr | datan ana kaciwanya[10] | dhasar putraning nata | rara kênya luwih ayu | suwarga ing patinira ||
58. kang putra matur wotsari | kadospundi yèn panggiha | kalih kusuma kêdhaton | kang rama alon ngandika | ingsun duwe tarekah | sang rêtna arêmên santun | iku gèr sira gawaa ||
59. kêmbang rong conthong nak mami | iku iya aturêna | marang sang putri nak ingong | ngadhanga nèng galedhegan | mênawa silih ana | para gusti sing kêdhatun | nuju bane sang dyah rara ||
60. Rahadèn Pabelan aglis | kesah prapta galedhegan | angadhang-adhang rahadèn | nulya na pra nyai mêdal | nuju bane sang rêtna | arsa dhatêng pêkên agung | kinèn atumbasa sêkar ||
61. rahadèn agya kêpanggih | lawan sira nyai êmban | rahadèn alon wuwuse | lah nyai arsa punapa | dene asiyang-siyang | nyai êmban ika muwus | ingsun kinèn tuku kêmbang ||
62. marang gusti sang aputri | iki wayahe wus awan | dadi kasusu lakungong | mênawa silih tan angsal | matur Radèn Pabelan | kawula ngaturi santun | katura kusuma rara ||
63. nyai êmban anampani | sêkar rong conthong binêkta | umantuk egal lampahe | sapraptaning jroning pura | sêkar katur sang rêtna | kusuma atampi santun | binêkta minggah papêrman ||
64. wus binuka punang sari | pudhak ingkang isi surat | wus sinukme[11] wêrdayane | mêngkana ungêling sêrat | sapunika kawula | dèn abdèkêna wong agung | agêsang sasat pêrlaya ||
65. yèn tulusa sih mas gusti | nanging kang kawula têdha | kêkintune masku anggèr | kang dhatêng abdi paduka | inggih dhatêng kawula | yèn radèn ayu andangu | gusti ing nama kawula ||
66. Radèn Pabelan sun gusti | putrane Tumênggung Mayang | mila mêngkatên mas anggèr | baya ta dika kusuma | pêngawak ruming sêkar | cinampuran jêbad arum | gandane mêlêk kawula ||
67. tansah gumarit ing galih | gumantung kulunging manah | katingal andika anggèr | kawula nuwun usada | jampining gring asmara | rintên dalu gung wulangun | mas ayu kaciptèng driya ||
68. baya ta andika gusti | panukmaning putri Kendran | lir gambar winangun anggèr | andika kumba cêrana | saking surga di mulya | pinaringkên gêbalipun | abdi paduka Pabelan ||
69. ingkang kula suwun gusti | kawula kêkintunana | gantèn paduka nah anggèr | dados jampining abrăngta | yèn gusti sih kawula | mugi-mugi nimas ratu | tulusa asih ing papa ||
70. yèn dalu tan kinging guling | inggih gêbal jêngandika | yèn dedea sang lir sinom | sêsotya sajroning pura | ingkang ngusadanana | dhatêng kawula mas ayu | tan wande kawula pêjah ||
71. datan kawarna ing benjing | sang rêtna ayu ngandika | biyang miyanga dèn age | mring pasar iki wènèhna | maring jênat Pabelan | ingkang asung sêkar mring sun | si ludhês Kenthol Pabelan ||
72. ni êmban agya umijil | Radèn Pabelan wus prapta | angadhang galedhegane | aminta ingkang sêmaya |
--- [f. 203r] ---
nyai êmban wus prapta | rahadèn atampi sampun | nyai mban mulihèng pura ||
73. Radèn Pabelan wus mulih | sapraptanira ing wisma | umarêk ing rama age | ngaturkên sêkarèng pudhak | dalêm ngêmu aksara | kintaka sari pinudhut | ing rama sinukmèng driya ||
74. kadhadha ungêling tulis | mojar kulup adandana | payo mêngko sun têrake | kulup lumêbua pura | wayahe bakda ngisa | sirêp rare rawuhipun | angadêg têpining bata ||
75. anulya ingusap aglis | ping tiga kang pagêr bata | mêndhak awor lan sitine | Tumênggung Mayang ngandika | lah mara lumêbua | kang putra lumêbêt sampun | kang banon ngusap wus mulya ||
76. Tumênggung Mayang wus mulih | kawarnaa ingkang putra | wus prapta pêrnah kaputrèn | angintip-intip rahadyan | anjêjêp lampahira | sinambêr bênce têtuhu | kêkolik kêlawan têkak ||
77. warnanên rêtnaning puri | manahe sang dyah tan eca | ngandika marang êmbane | kara ngapa nora têka | biyang sêmayanira | wayahe iki wis dalu | si jênat Radèn Pabelan ||
78. Sang Rêtna Jumilah mijil | sapraptanira ing latar | kasênênan ing pandame | angulap-ulap sang rêtna | ya ta Radèn Pabelan | mêmêndhapan ajêngipun | kusuma sampun prayêtna ||
79. amuwus rêtnaning puri | si jênat cidra sêmaya | Radèn Pabelan ature | adhuh gustiku pêngeran | botên cidra sêmaya | sênadyan dhatênga nglampus | abdine botên lênggana ||
80. adhuh mirah gusti mami | ênggèn ingsun angawula | ratuning wanodya anggèr | baya dika Ratih syarga | nitis dadi andika | sotyaning mirah kêdhatun | dasihe kawulakêna ||
81. rahadèn angêrmih-rêmih[12] | angêrêpa ing dyah rara | kusuma pinadhong[13] nyemot | kusuma anyêngkah jaja | anyablèk-nyablèk asta | ingaras ingkang pêmbayun | sang rêtna angayang-ayang ||
82. ingaras awanti-wanti | binêkta migah papêrman | aprang bratayuda rame | prajurite kêsayahan | bêdhah kutha ing Pajang | pukul tiga wancènipun | rahadèn pamit mantuka ||
83. sandyah rara ambondhèti | kèmêngan manah rahadyan | wus bambang wetan wayahe | ri sampun tatas raina | nyai êmban lumalya | umarêk nata sung wêruh | kurda nalendra ngandika ||
84. hèh ya wong tamtama aglis | cêkêlên banthèng jro pura | kang lagi kêkambul age | yèn tan kêna anututa | măngsa bodhoa sira | sang dyah ayu manah mupus | arsa sarênga palastra ||
85. tan kêna bênggang sênyari | kêlawan Radèn Pabelan | wong tamtama prapta kabèh | angêpang Radèn Pabelan | saha sikêp gêgaman | sang rêtna yu ika ngamuk | tamtama bubar sêdaya ||
86. ana pratiwa nung tunggil | lêlurahe wong tamtama | Ki Brajadipa wastane | mila ingkang pêrsanakan | Tumênggung Mayang lawas | tan basan-binasan nêngguh | sira lan Tumênggung Mayang ||
87. nulya lumêbêt ing puri | sarêng prapta Brajadipa | astane angawe-awe | adhuh kulup anak ingwang | pagene sira nyawa | wani-wania sirèku | angrurah pura ing Pajang ||
88. rahadèn eca kang galih | ningali Ki Brajadipa | rahadèn alon wuwuse | adhuh gustiku pangeran | nimas dika kantuna | manira [ma...]
--- [f. 203v] ---
[...nira] sohan sang prabu | rama paduka narendra ||
89. Ki Brajadipa nulya ngling | age kulup marenea | adhuh anak ingsun dhewe | sigra rinangkul sêmana | ingalap dhuwungira | Radèn Pabelan andhêku | tinubruk ngakèh binada ||
90. binêkta mêtu sira glis | wus prapta ing pagêlaran | nèng wringin kurung amanggèn | sigra nuli sinudukan | marang sagung prawira | Radèn Pabelan wus lampus | kuwandane gilang-gilang ||
91. kêlangkung duka nêrpati | marang Ki Tumênggung Mayang | dosa têka ing anake | mila dhingin wus dinukan | dhatêng sira sang nata | sangêt dukane sang prabu | tinudhung[14] saking nêgara ||
92. tinudhung dhatêng Sêmawis | mantri numbak anyar samya | kinon ngiringkên lampahe | wus mangkat dhatêng Sêmarang | sira Tumênggung Mayang | kang garwa utusan sampun | mring Mêtaram mawi surat ||
93. agancang lampahira glings[15] | ing marga datan winarna | wus prapta Mêtaram age | cumundhuk lawan narpatya | manêmbang[16] ing suku sang | ambungkuh ngusapi lêbu | cêraka matur sung surat ||
94. narpati atampi tulis | sinukmèng driya nuwala | mêngkana pan têmbayane | kawula atur upiksa | dhatêng kakang nalendra | yèn kawula manggih bêndu- | nira ramanta jêng sultan ||
95. putra ngong Pabelan uni | kakang sampun pinêjahan | sinudukan jalma akèh | nèng têngah waringin kêmbar | kula inggih kabucal | mring Sêmarang kawlasayu[17] | wong numbak anyar sanambang ||
96. punika rumêksèng margi | botên mawi dipun rêmbat | dhumatêng pawong sanake | wong sèwu ingkang nanggulang | nêpsune kang angêrmbat[18] | di egal paduka rêbut | kawula ngabdi sampeyan ||
97. bramantya Narpa Mêntawis | antarane lamun duka | arkamaya pêrnajane | malatu-latu kumirah | muka kadya sinêcang | tingal andik ujyalèku | lir thathit gêlap kasapta ||
98. kumêjot padoning lathi | garap ingkang pangandika | ebat sakèhing punang wong | mantri pêmajêgan samya | ingandikan ing ngarsa | sêdaya ajrih mambungkuh | anon narpati gya duka ||
99. sru ngandika sang narpati | hèh ya mantri pêmajêgan | ulun anjaluk gawene | hèh wong mantri kawan dasa | rêbutên sanak ingwang | Tumênggung Mayang digupuh | mêtua Kêdhu kewala ||
100. saênggonira kêpanggih | rêbutên iku dèn kêna | anulya sami sinangon | para mantri pêmajêgan | darijinya sêdaya | kinêbêkan singsim sampun | kêncana mawi sêsotya ||
101. gêbyar-gêbyar sêsotya di | kêkuwunge warna lintang | angalih kêlamun tinon | arêmên jalma kang mulat | jalyastri[19] samya ebat | pracina rêtna dinulu | èstinya[20] tinohan pêjah ||
102. mantri kawan dasa bêkti | sêdaya sami anarka | mêngkana ing sêsmitane | mangke ingong naur karsa | sarèh ulun kêdanan | boga ing gusti pan agung | mung tugêle jangganingwang ||
103. nadyan têkèng lara pati | pênaur ulun pan kirang | gusti pan agung danane | ngong walêse lara pêjah | iku măngsa puliha | anging panêdhaning ulun | saurana de Yang Sukma ||
104. mantri pêmajêgan amit | wus samya tumamèng kuda | wong kawan dasa kathahe |
--- [f. 204r] ---
asarêng pênandêrira | ing Kêdhu kang sinêdya | margane wong patang puluh | sigra prapta Jatijajar ||
105. wong Pajang agya kêpanggih | ingamuk wong kawan dasa | mantri Pajang dêdamêle | sèwu kang angiringêna | malayya salang tunjang | pêrange wong patang puluh | lir macan rêbat bayangan ||
106. pan sarêng pêmatangnèki | tumandang ngamuk sêdaya | maksih tumamèng wajike | wong Pajang akèh kêcandhak | tinigas jangganira | winot ing kuda sêdarum | nênggih mantri kawan dasa ||
107. sêdaya akurah[21] gêtih | pêrnaja kadi rinêngga | Ki Tumênggung Mayang mangke | mapan sampun karêbata | dening mantri majêgan | wong patang puluh kèhipun | wong Pajang sèwu kèh pêjah ||
108. sakarine kang ngêmasi | malayya mulih mring Pajang | gêgancangan ing lakune | praptèng alun-alun Pajang | tumama ing byantara- | nira sang aprabu nêngguh | wus katur sapêrkaranya ||
109. sultan kapitèng ningali | marang prawara kang prapta | umatur tangis sêmbahe | Tumênggung Mayang karêbat | wontên ing Jatijajar | abdi dalêm Pajang sèwu | ingamuk de wong Mêtaram ||
110. mantri kawan dasa kèhning | prasamya wahanèng kuda | kotbuta sarêng tandange | wadya ing Pajang kang pêjah | murdane tinigasan | winot ing kuda sêdarum | kênine Tumênggung Mayang ||
111. sakantune kang ngêmasi | lumalya mantuk sêdaya | ulun pan tiwas ing gawe | wadyanya takut sêdaya | datan măngga puliha | sultan angandika asru | apêrnyata pêmbaliknya ||
112. èstu balik Senapati | pratăndha amurwèng aprang | payo linurugan age | sultan angrasuk busana- | nira wong ngadêg aprang | dhuwung anuriga sampun | arasukan lampis[22] tiga ||
113. baludru lan sora-sari | aleja lan bêbêrkatan | kang dhingin-dhingin sakabèh | jimat paripih bêbintang | murub ujyalèng sotya | surêm giwangkara mêndhung | aprawirèng yudèng sultan ||
114. sultan angêndika aris | dhatêng prawara santika | lah payo mangkat yuda ge | sultan wus nitih dirada | sira Sri Nara Pajang | ingiring punggawa agung | pêpak ingkang pra sêntana ||
115. gêgamanira tulya sri | endhe parise lan pêdhang | panah busur lan tigare | tawok tulup lêmbing kantar | mungge[23] kereng[24] kanannya | lêlayu lan ganderèku | kêkadha munggèng manggala ||
116. tumbak bung ampèl lan jinggring | ganjur lawan tumbak pêthak | sinulam kêncana abyor | lir kilat thathit gurnita | gêbyaring kang gêgaman | yyang arka makucêm mêndhung | kèri dening ujyalastra ||
117. wadya ing Pajang ngajrihi | lir pendah giri pawaka | busananira sri tinon | ingkang têtapong kêncana | abêbadhong kumala | agêgêlang akêkalung | dariji singsimnya kêbak ||
118. ana jamang mas linuwih | wênèh kulambi sangkêlat | bênapang-bapang kinaot | wênèh arasukan aleja |[25] ana kulambi srupa | ana kang sop jênar biru | baludru lawan wadhidhar ||
119. tuhu lir pêrwata sari | lampahira wadya Pajang | busana abra sang katong | amakutha murub muncar | pêpucak intên abra | surêm baskara angusut | dening ujyalaning rêtna ||
120. bopati măncanêgari | lampahe tumamèng ngarsa | wadyanya lir sêgara rob | têtindhihira lumampah | Patih Măncanêgara | wadyane lir laron bubul | pênganggene abra sinang ||
121. kang wadyabala pasisir | lampahe tumamèng wuntat | lir jalaguna [jala...]
--- [f. 204v] ---
[...guna] lampahe | akonthi-konthi awêndran | kang minăngka pugêran | Pangran Bênawa digbya nung | atma nalendra ing Pajang ||
122. lumintu lampahing baris | narpa arsa mêsanggrahan | Pêrambanan amakuwon | abaris kubêng sêdaya | wadya rineka kutha | sang narpasuta Mêtarum | baris mêthuk Randhulawang ||
123. pêpakan wadya Mêtawis | abaris nèng Randhulawang | wong dhomas sagêgamane | cacah mantri pitung dasa | ya ta surup yyang arka | Ki Bicak sigra tinabuh | angangkang anèng awiyat ||
124. ing Gunungkidul gyannèki | sang narpasuta Mêtaram | tan mawi wadyabalane | mung cantrik ingiring arga | ingkang dhèrèk ngayuda | sarya anênumpuk kayu | jinajar sapăntha-păntha ||
125. Kae Bêngkung kang kinanthi | kinêrig wong Jalasutra | sami ngusungi kayu kèh | lan pikulan alang-alang | wus samya tinumpukan | binasmi apine murub | Ki Bicak munya ing wuntat ||
60. Pangkur[26]
1. lir pendah gêlap sayuta | Kae Bicak munya anèng ing langit | amirsa sultan syarèku | unine Kyai Bicak | tyas kapinta gya mojar ing wadyanipun | Prawatakidul katingal | kabèh murub dadya gêni ||
2. ika unine Si Bicak | pan angangkang syarane wong Mêtawis | ingsun dulu kadi mau | dahana ngawang-awang | gurnitane lir pendah kang langit rubuh | angling Adipati Tuban | sultan têka mêmêdèni ||
3. umatur ring rama sultan | lir lare lit dados aba puniki | mapan suta samya purun | yèn ingabêna pêrang | lan pun kakang Senapati Ngalagèku | abdi paduka tamtama | ulun dèrèng magut jurit ||
4. widagdya yèn samya aprang | têguh purun anyêkêl Senapati | lan angruraha Mêtarum | boyonga rayatira | wong Mêtaram angandika sang aprabu | sutèng ulun ki dipatya | aja sira wani-wani ||
5. mring kakangira Mêtaram | Senapati nyawa ja salah ati | nyumbari kakangirèku | wruhanira wus prapta | ing janjine cahya nur ngalih Mêtarum | Senapati Ingalaga | ingkang mêngku tanah Jawi ||
6. sakèhe pra Raja Jawa | seba marang Senapati Mêtawis | pêsthi dadi damar agung | nihan ta Sultan Pajang | kang kocapa Senapati ing Mêtarum | Ki Juru Martani ngucap | sutèng ulun Senapati ||
7. lah kadipundi ing karsa | boya wurung aprang lan sultan iki | pira dohe gunung iku | êlêt sadhidhik iya | ya ing enjang aprang lan wong Pajang ulu | kaliwat wirang manira | anon ing muka ring mantri ||
8. benjang yèn prapta ing yuda | dening bapa myang sunu silih ukih | dening aprang lawan guru | Senapati gya mojar | kadya paran pêkênira kang kêpangguh | pundi ingkang linampahan | ulun anut paman karsi ||
9. jarwanana rèh andika | Kyai Juru Martani sigra angling | yèn sêmbada lawan kayun | uni ingkang sêmaya | rinya kidul ing mangke gèh sêdhêngipun | mapan tinagih kêlawan | kang kayangan ing Mêrapi ||
10. ing nguni ya kabareyan | iya padha bêcik
--- [f. 205r] ---
sami tinagih | yèn ki dhatêng janjènipun | narpati ing Mêtaram | pan umiring jumênêng tumêngèng luhur | angèstokkên janjinira | kêlawan sang raja dèwi ||
11. umêsês langiting kagyar | bayu bajra nrajang sêmpal sol kapit | kayu pokah kèh kabyrubuh[27] | gumêrot gêng syaranya | prabata rug angin udan kumarusuk | cinane jim sami prapta | tan atara sangking langit ||
12. gurnita lir langit bêdhah | kadya gunung rubuh sèwu pêrtiwi | kang prakăntha padha umung | nêngguh datan atara | Gunung Mrapi nauri munya gumlêdhug | sarta gêni sumamburat | udan awu andhatêngi ||
13. gunung gugur watu kawah | lan karikil lèngsèr sami nibani | agya Kali Umpak ladhu | wau gêng digbya kathah | sami prapta maring Kali Umpak nêngguh | alarut ngidul parannya | warnane lir dhandhang muni ||
61. Dhandhanggula[28]
1. watu gêdhe akèh ingkang prapti | samya ladhu anèng Kali Umpak | amung kang sela syarane | padha sira amuwus | hèh wong batur kang gêdhe cili | sira padha ngandikan | mapagakên mungsuh- | ira anèng Pêrambanan | Sultan Pajang iku mungsuhira jurit | sawêngi kalahêna ||
2. Sultan Pajang miwah para mantri | kagegeran dening ladhu minggah | andhêsêk pêsanggrahane | mantri Pajang lumayu | sowang-sowang arêbut urip | anarka yèn kiyamat | dening watu nêmpuh | pêsanggrahan kawêratan | nora layak watu ladhu angunggahi | padha bisa angucap ||
3. Sultan Pajang balanya angisis | sênjatane akèh ingkang sirna | binakok[29] binêkta mulèh | Sultan Pajang gya mundur | agya daut pratiwa rêsi | narpa wahana liman | goranya gumuruh | limannya manglumba-lumba | nateng Pajang sing liman dhawuh sira glis | wadya samya ngêrampa ||
4. sarêng dhawuh nêngguh si bopati | langkung sangêt gêrahe sang nata | anulya nitih tandhune | uni ingkang winuwus | Senapati ingkang winarni | sakondure ramanta | Sultan Pajang nêngguh | Sang Senapati anyabrang | ngatêrakên dhatêng ramendra anênggih | kapalan kawan dasa ||
5. Sri Nalendra Pajang wus udani | yèn kang putra Narpati Mêtaram | angatêrkên sajugane | Sultan Pajang amuwus | sutèng ulun Ki Senapati | ngatêrkên marang ingwang | trisnane mring ulun | matur Adipati Tuban | gih punika putra paduka Mêtawis | Senapati Ngalaga ||
6. yèn paduka akarsaa nênggih | Senapati nênggih kawangsulan | dene akêdhi[30] wadyane | Sultan Pajang amuwus | sutèng ulun Dipati Tubi | Senapati Ngalaga | wruhanira iku | angatêrakên maringwang | kakangira Senapati ing Mêtawis | têrsnane maring iwang ||
7. Sultan Pajang sigra angling malih | wruhanira Senapati iya | wus takdiring Yyang karsane | pan têrsnaningsun agung | kakangira Ki Senapati | kadya gon ingsun yoga | lan ibunirèku | cahya nurbuwat ing Pajang | ya wus ngalih ing mêngko ana Mêntawis | sutèngong Senapatya ||
8. tan kawarna lampahirèng margi | Sultan Pajang tumamèng kêdhatyan | sakèhe wadyabalane | miwah kang para ratu | samya kunêng ing Senapati | para mantri sêdaya | ing Pajang [Pa...]
--- [f. 205v] ---
[...jang] anêngguh | sang narpasuta Mêtaram | kang kocapa rawuh ing Mayang anênggih | rêrêb ana ing Mayang ||
9. datatita lingira ing nguni | kang kocapa sang nata wus wikan | yèn Senapati amanggèn | desa ing Mayang nêngguh | ingutusan de sultan nênggih | duta rawuh ing Mayang | cundhuk gya umatur | paduka nêngguh ngandikan | de ramanta Jêng Sultan Pajang dèn aglis | Senapati gya mojar ||
10. tami[31] mangke anging boya mulih | ulun iki ngatêr karsaning Yyang | lan sira matura age | dutanira wus wangsul | mring jro pura matur narpati | marang sultan ing Pajang | ature wus katur | ucapên kang anèng Mayang | narpasuta têpakur sêmadi êning | pun Juru Taman prapta ||
11. mêng-amênganira narpasiwi | gêdhenira sagunung anakan | mêndhêk anèng ing ngarsane | pun Juru Taman matur | yèn suwawi lan karsa gusti | mênawi darbe karsa | maring ăngga ulun | adunên lan Sultan Pajang | mumpung ana margane mangke asakit | lah kantuna awirya ||
12. narpasuta ing Mêtaram angling | Juru Taman lah ingsun tarima | iya ing sapracayane | ulun tan darbe kayun | pan sakarsanira angiring | Juru Taman manêmbah | gya mêsat tumanduk | maring sajroning kêdhatyan | Sultan Pajang agêrah kêpanggih linggih | binithi jajanira ||
13. Sultan Pajang kantaka tan eling | tinangisan dening para garwa | miwah putra sêntanane | prakăntha kadya umung | sarêng anjrit sultan anglilir | saya sangêting gêrah | Senapati wau | wong Mêtaram pinudhutan[32] | iya kabèh padha tukua sêlasih | tinumpuk kilèn lawang ||
14. Senapati Ngalaga Mêtawis | kacarita nèng desa ing Mayang | wus olèh têlung bêngine | nulya sira umantuk | mring Mêtaram kocapa mangkin | pangeran ing Bênawa | agya sira matur | kawula atur uninga | ing paduka putranta kang Senapati | tumbas sêlasih kathah ||
15. agotongan apikulan nênggih | jêjodhangan tinumpuk sêdaya | nèng kori sakèthèng kilèn | Sultan Pajang gya muwus | kakangira Ki Senapati | asru gumatènira | duwe bapa mringsun | yèku cina sih-sinihan | pan waspada sutèng ulun Senapati | ya ingsun mèh pralina ||
16. Sultan Pajang nulya dèn tangisi | dening putra lawan para garwa | alara-lara tangise | miwah mantri tumênggung | dêmang răngga lawan ngabèi | waduaji sêdaya | kandhuruan umung | sêdaya sami karuna | pan gumêrah syarane kawula nangis | gurnita lir sêgara ||
17. adipati ing Bênawa angling | hèh sakèhe para mantri Pajang | ulun jaluk rèhe kabèh | ulun kinèn amatut | ing syargane rama narpati | lan kakang Senapatya | putra kang pêmbayun | ramendra Pajang wus seda | prayogane ing Mêtaram sun utuhsi[33] | pinajar sultan seda ||
18. gêlêm bêci ora gêlêm bêcik | pan pêrnyata sanak ingsun tuwa | ramendra dadi gêntine | dununge sêmbah ingsun | mantri Pajang kabèh umiring | dutanira umêsat | ing Mêtaram rawuh | tumamèng sirèng kêdhatyan |
--- [f. 206r] ---
wus kêpangguh manêmbah ing Senapati | duta sigra tur sêbda ||
19. ulun iki kinèn atur pêksi | dene rinta Pangeran Bênawa | rama paduka Sang Rajèng | Pajang mangkya wus surud | inggih tuwan dipun aturi | praptaa maring Pajang | dera nganti dangu | arita[34] Pangeran Bênawa |[35] dening layon ramanta sultan pan maksih | nênggih agilang-gilang ||
20. narpasuta tumamèng turanggi | lampahira adheyan anyoklang[36] | wus prapta Pajang sira ge | kang bêskarèng kêdhatun | narpasuta nangis ing ati | nulya nungkêmi pada- | nira kang asurud | tan beda kalane gêsang | ing bêktine Sang Senapati Mêntawis | marang ramendra Pajang ||
21. prabu layon siniraman aglis | sampun suci sinalatkên pisan | wus ginawa layon age | pinêtak anèng Butuh | sampun sami maca talêkim | dêdonga wus atamat | ri bubaran mantuk | wus samya prapta rèng Pajang | kalêmpakan sakèhing sarika mantri | miwah atma sêntana ||
22. jêng susunan ing Kudus sira glis | hèh sakèhe punggawa rèng Pajang | putra sapa prayogane | gumantia kêprabun | sinebaa pra maca[37] mantri | rasi[38] prameya Pajang | samya atur manuk | yèn suwawi lawan kita | Adipati Bênawa ingkang prayogi | gumantiyèng nalendra ||
23. Sunan Kudus asru dènira ngling | tan sêmbada ulun gêntèkêna | Adipati Bênawane | kang patut madêg prabu | Adipati Dêmak puniki | pan atmaja tuwa |[39] iku karsèng ulun | madêga natèng ing Pajang | sinebaa rasika prawara mantri | miwah nata pra mănca ||
24. iya wado[40] patut dadya aji | najan mantu Adipati Dêmak | yèku trahing kusumane | Dipati Bênawèku | jumênênga Jipang nêgari | wis patut putra lanang | dadia pêpaku- | ne nagri Pajang prayoga | sinebaa pra mantri Jipang sakèhing | dene Si Martasmara ||
25. duwènana ing Jagaragèki | Senapati yun turun asêbda | Ki Juru mojar sira ge | jêbèng ya milu-milu | mayo mulih maring Mêtawis | karêpe rêrêbutan | ing warisirèku | iya kêrpe[41] rêrêbutan | silih tungkih[42] wong padha aduwe waris | ngantia pêpêrangan ||
26. iya kita akirima dhikir | myang sidhêkah burua mênjangan | kidang kancil lawan banthèng | nagrènira Mêtarum | murah bêras kêlawan pari | akèh ingkang tinumbas | têtanduran tulus | malarta sirèng kasukan | ing Mêtaram wismanira wus abêcik | aja narka ing Pajang ||
27. narpasuta kondur mring Mêtawis | ênêngêna nêngguh kang kocapa | kang andum waris Pajange | Dipati Dêmak matur | kang gêntèni madêg narpati | dipati ing Bênawa | madêg Jipang tulus | pandumira mantri Pajang | pinartiga rong duman pinundhut mangki | maksih ingkang saduman ||
28. kang rong duman winèhakên aglis | marang wadyanira Dêmak lawas | padha jinujung linggihe | ana jênêng tumênggung | răngga dêmang lawan ngabèi | arya lan pêcattăndha | kandhuruan iku | wus samya tămpa lêlênggah | wadyèng Dêmak prasamya asuka sugih | wisma nêgarèng Pajang ||
29. wadya Pajang samya grahèng ati | dene sira linongan kang lênggah | darindra ing pangucape | age anaa mêmusuh |[43] dèn rusaka
--- [f. 206v] ---
Pajang nêgari | kacuwone wakingwang | katilar ing ratu | kaliwat dening alara | hèh durjana wong ngampak begal mêmaling | nayab ngutil de nama ||
30. matri[44] Pajang kabèh padha miring | digbya tamèng ing sadeyanira[45] | mring ratu anyar patrape | mapan lêbêting kayun | amung narpasuta suta Mêtawis |[46] ingkang dèn arsa-arsa | Pêngalasansèwu | kongkonan marang Mêtaram | duta mêsat gya lumampah kadya angin | praptèng sirèng Mêtaram ||
31. duta mêsat tumamèng ing puri | gya kêpangguh lawan narpasuta | duta mangêrpa sêmbahe | lungguhirèng mangmbungkuh[47] | nulya matur mring narpasiwi | ulun iki dinuta | kinèn angsung wêruh | maring rita[48] Pêngalasan | ari kita dipati ing Dêmak mangkin | anitih ing byantara ||
32. mantri Pajang samya arsèng balik | maring kita manahe tan eca | ngawula ratune mangke | dening gadhuhanipun | pinudhutan kang para mantri | kang rong duman dalêman | saduman kang kantun | karanta giwang kang manah | Pajang rusak yèn bêngi garimis maling | yèn rintên rêbut sawah ||
33. hèh mênawi pukulun ing mangkin | darbèng karsa angêrbasèng Pajang | mumpung mangke wus ungsume | ing Pajang arubiru | botên wontên têlêbing ati | wadya Pajang sêdaya | anging mung pukulun | samăngsa kita mijila | saking kitha mantri Pajang nulya balik | umiring karsa tuwan ||
34. Senapati sigra dènnya angling | hèh ta duta matura samintra[49] | Pêngalasansèwu mangke | atarima ing ulun | ing parcayanira ing mangkin | ulun pan durung ana | karsaning Yyang Agung | angêrbasèng marang Pajang | pirabara dongane wong sanêgari | rusak Dipati Dêmak ||
35. lamun iku kinèn ing Yyang Widi | apan gampang rusake wong Dêmak | hèh duta ing kaprabone | yèn kinêrsakkên iku | dening Sukma jumênêng aji | ari Dipati Dêmak | apan iku kukuh | tan kêna sinêdya rusak | maring Pajang pan jênêngira nêrpati | ayun wêruh taruna ||
62. Sinom[50]
1. datatita kawarnaa | Adipati Bênawèki | kang awisma anèng Jipang | tansah sêdayèng ati |[51] satilare rama ji | Kajêng Sultan Pajang dangu | tansah ngugung sarira | maladi sêmadi êning | tansah nêgês marang Kang Murbèng Buwana ||
2. yèn măngsa aun[52] adhahar | yèn wontên ingkang rajêki | kang tibèng siti dhinahar | tan asare lamun wêngi | duk malêm Sênèn nênggih | Adipati Bênawèku | asare tan kauban | bantal bata nênggih |[53] lêlêmèke[54] aran gadhong damala |[55]|
3. duk kalane têngah wêngya | ana syara kapirsèki | ujare kang punang syara | hèh Dipati Bênawèki | ayun sira alinggih | ing kaprabonira dangu | ramanira Jêng Sultan | Pajang kêprabonirèki | lah gubêdên kakangira Senapatya ||
4. Ngalaga anèng Mêtaram | iku prananira[56] aji | pintên enake kang manah | tan ana sranane malih | gya wungu dènnya guling | Adipati Bênawèku | nulya dangu punggawa | kajinêman kang tinuding | hèh miyanga kajinêman mring Mêtaram ||
5. aturana kakang êmas | Senapati ing Mêtawi | ulun iki èstrènana | marang kakang Senapati | tilare rama aji | Sultan Pajang sampun surud [suru...]
--- [f. 207r] ---
[...d] | tan lila gêntènana | wong Dêmak ipene nênggih | ingkang duta gya mêsat saking ngayunan ||
6. gya nitih kapal angêrap | datan kawarna ing margi | duta gya prapta Mêntaram | tumamèng byantara aglis | cundhuk lan Senapati | kang duta sinapa sampun | umatur punang duta | pukulun Sang Senapati | pan kawula dinuta arinta tuwan ||
7. adipati ing Bênawa | ngaturi paduka nênggih | kita tumamèng mring Pajang | èstrènana arinèki | gènnya madêg nêrpati | ari tuwan Bênawèku | tan suka gêntènana | ari tuwan Dêmak nênggih | Senapatya sumaur dhatêng kang duta ||
8. hèh duta sira muliha | matura ari Dipati | Bênawa ingsun tan miyang | pan karêpe silih ukih | samya rêbat nêgari | pan sami saduluripun | karêpe wong sêsanak | pan ingsun wus duwe waris | ing Mêtaram wasiyate rama sultan ||
9. kang duta mit sigra nêmbah | anitih kapal sira glis | mêsat tan kawarna marga | wus prapta Jipang nêgari | tumamèng sirèng puri | gya cundhuk mring gustènipun | Adipati Bênawa | duta matura sira glis | inggih sampun kawula dhatêng Mêtaram ||
10. punika atur kawula | ing raka tuwan Mêtawi | ulun punika kang duta | ari tuwan Adipati | Bênawa Jipang nênggih | angaturi mring pukulun | dhumatênga ing Pajang | èstrènana arinèki | ing Bênawa madêg nêgari ing Pajang ||
11. ari tuwan ing Bênawa | tan suka dipun gêntèni | ari dipati ing Dêmak | sauripun Senapati | raka kita Mêtawis | hèh duta muliha gupuh | matura arèningwang | pan karêpe silih ukih | wong sêsanak kudon arêbut nêgara ||
12. isun pan wus winarisan | ing Mêtaram sun kukuhi | wasiyate kajêng sultan | pan karêpe silih ukih | mas si sanakirèki[57] | iku pan saduluripun | pagene sun marina[58] | rêbut garis kang nêgari | ing Mêtaram wasiyatèn[59] pan wus jêmbar ||
13. puni[60] kang pangandika |[61] raka kita ing Mêtawis | nulya Dipati Bênawa | ngandika mring duta aglis | iya balia ugi | mring Mêtaram dèn agupuh | matura marang kakang | yèn tan purun angèstrini | suka lila yèn kakang mas gêntènana ||
14. satêtilare kang syarga | nêgara Pajang puniki | nora suka ingkang lina | kagêntèn wong Dêmak iki | liyane kang Senapati |[62] pan dununge sêmbah ingsun | lah duta gya balia | kang duta manêmbah ami[63] | nulya mêsat nitih kuda sigra ngêrap ||
15. tan kawarna lampahira | dut[64] wus prapta Mêtawis |[65] wus lumêbêt ing jro pura | cundhuk lawan Senapati | duta manêmbah angling | kajêm mangusapi lêbu | Senapati Ngalaga | ulun iki kinèn bali | dhatêng ari Ki Adipati Bênawa ||
16. kawêling rayi paduka | Adipati Bênawèki | yèn paduka datan arsa | ngèstrèni arinirèki | lila tuwan gêntèni | paduka putra kang sêpuh | gêgêntine ramendra | sakèhe ari ta sami | anging tuwan gêntèni dununging sêmbah ||
17. sang narpasuta Mêtaram | pangandikanira aris | hèh ya duta yèn mangkana | sêbdane ari dipati | têmua lawan mami | ya matura ing gustimu | yèn rêmbaga ing karsa | miyanga Mêtaram agli | Gunungkidul aringong dèn marganana ||
18. iring kang lor kang pêryoga | hèh duta mulihèng[66] aglis | duta nêmbah sigra mêsat [mêsa...]
--- [f. 207v] ---
[...t] | datan kawarna ing margi | nagri Jipang gya prapti | lajêng tumamèng ing ngayun- | ira Pangran Bênawa | mangêrpa ngusapi sikil | lon ngandika pangran paran lakunira ||
19. umatur punang caraka | ulun wus praptèng Mêtawis | wus katur sawêling tuwan | paduka dipun dikani | dhatênga ing Mêtawis | margia ing Ardikidul | Adipati Bênawa | ngundhangi wadyanira glis | enjing mangkat wadya Jipang mring Mêtaram ||
20. warnanên ing lampahira | Dipati Jipang sirèki | rêmbên lampahing gêgaman | Gunungkidul dèn margani | margi lèring kang ngiring | wus prapta desa ing Wêru | narpasuta Mêtaram | wus budhal saha prajurit | wong Mêtaram ing desa Ngwêru gya prapta ||
21. agya tata pêsanggrahan | sagunging wadya Mêtawis | nalendra putra Mêtaram | wus panggih lawan kang rayi | Pangran Bênawa aglis | agya rêrangkulan gapyuk | ing dalu pagunêman | pêkantuke wong ajurit | mantri Pajang sêdaya pan sami priksa ||
22. mantri Pajang samya priksa | yèn narpasuta Mêtawis | ing Wêru amêsanggrahan | yèn amapag ingkang rayi | ing Jipang Sang Dipati | sabiyantu lan Mêtarum | awrat sinanggèng aprang | yèn kumpul priyagung kalih | wong Mêtaram tan kondur dening sênjata ||
63. Durma[67]
1. mantri Pajang sêdaya panarkanira | yèn kang adarbe waris | Pangeran Bênawa | kanthi lawan Mêtaram | sêkti digdaya ngajurit | têguh prakosa | yêkti wong Pajang wingwrin ||
2. aniskara Nalendra Pajang kasoran | pra mantrine ambalik | sagêgamanira | sumaos ingkang karsa | ing desa Ngwêru wus prapti | tumamèng ngarsa- | nira sang narpasiwi ||
3. mantri Pajang prasamya mangêrpa nêmbah | ngusap pada narpa ji | sarêng aturira | yèn tuwan ngêrbasènga | Pajang ulun kang pangarsi | mantri sêdaya | purun dunên ngajurit ||
4. lawan ari paduka Dipati Pajang | ulun ingkang nanggupi | nigasa kang jăngga | ari ta sang dipatya | paduka sampun ngawaki | ămba kewala | ngêmbari ing ajurit ||
5. mantri Pajang sêdaya pan sampun têlas | amung kantun prajurit | bêktane sing Dêmak | lan wadya Kudus ika | ingkang rumêksa ing puri | sang narpasuta | mêksa aturing mantri ||
6. samya jêjêl aseba anèng byantara- | nira sang narpasiwi | trêping galihira | de mantri padha sura | anarka bêdhahirèki | nêgarèng Pajang | sumêkta saguhnèki ||
7. anung-anung rasika prameya sura | karsane sang siniwi | andadar kang wadya | rêtna lawan kêncana | arta lawan ing dyah luwih | egar sêdaya | mantri Pajang Mêtawis ||
8. enjing mangkat wadya Pajang lan Mêtaram | pêmajêgan tan kari | miwah wong Kajoran | pêngangge abra sinang | upama pêrwata sari | dinuk mandrawa | tuhu awarni-warni ||
9. tan kawarna kang bajo sangkêlat abang | bapang sinimping-simping | wênèh gêgênderan | ana kulambi sutra | wênèh maliyo kinardi | baludru ana | miwah kang sora-sari ||
10. têtopong mas angrasuk [angrasu...]
--- [f. 208r] ---
[...k] têtaratehan | wênèh kêre kulambi | tawok gêgamannya | ingkang kulambi bapang | tamèng pêdhang sikêpnèki | ganjur sun atap | atêratehan abrit ||
11. kêre waja suduk lêmbing gêgamannya | aos[68] benang lan jinggring | sondhèr pênganggenya | ingkang ngagêm gandhewa | salukup endhong jêmparing | abra asinang | lir prawata binasmi ||
12. kutha Pajang sampun sira kaèbêkan | Dipati Bênawèki | sigra angandika | hèh kakang Senapatya | yèn suwawi karsanèki | kutha ing Pajang | dawêg ingêsêg wani ||
13. nulya laju mring jro pura ingamukan | tinigas gulunèki | dipati ing Dêmak | bojone binoyongan | sinarah[69] rajakayèki | rêtna kêncana | dinum ing wadyanèki ||
14. Senapati Ingalaga angandika | hèh yayi Bênawèki | aja ge binêdhah | kuthanira ing Pajang | ja gawe susah wong cili | sira nèng jaba | ulun kang anglêboni ||
15. kacêkêla ari dipati ing Dêmak | sira yogya gêntèni | nulya Senapatya | sigra anitih kuda | aran pun Bratayudèki | nênggih ulêsnya | putih irêng kang tulis ||
16. Senapati miyo[70] kilèn katingalan | sarwi sira sêsirig | pan wong Dêmak wikan | samya sira mêlatar | wong Kudus rewangirèki | padha angucap | prasamya ambêdhili ||
17. Senapati sinipatan nora kêna | mêksih eca sêsirig | wong Kudus ing Dêmak | ingkang ngagêm sêjata[71] | apêgêl atènirèki | dene tan pasah | kakune ingkang galih ||
18. wadya Dêmak la wong Kudus aturira | maring gustinirèki | hèh Dipati Dêmak | Senapati Ngalaga | wus prapta sor kutha nênggih | ing lawang ika | kilèn sampun angrampid ||
19. ulun mapag sênjata eca têtêgar | tan ana miyatani | ulêsing turăngga | putih purnamadasa[72] | dadya dhawuk tutul ngaksih | pun Senapatya | têguh lan kudaki |[73]|
20. adipati ing Dêmak sigra ngandika | hèh wadyaningsun sami | payo papagêna | lawang sakèthèng kilyan | mimisana mas sabiting | lawan sêlaka | aja sêla gumanjing ||
21. pan wong sabrang sira munggah ing pêlatar | wong Banjar lawan Bugis | Mêkasar lan wong Bima |[74] kêlawan wong Sêmbawa | wong Siyêm lawan wong Bali | Ambon Palembang | kêlawan wong Pêtani ||
22. samya ngagêm sênjata tulup lan panah | wong têtumbasan sami | tawok lêmbing kangkam | busur panah sêsawat | gamêlan munya lan bêdhil | surak gumêrah | anèng pêlatar sami ||
23. Nyai Kidul nyauri surak ngawiyat | kadya rubuh kang langit | lindhu awor udan | gêlap samya angampar | nauri Gunung Mêrapi | myang pêrayangan | ladhu mili karikil ||
24. umung mêsês bayu bajra anêrajang | rug sêmpal gumuling |[75] pracina jim prapta | milu bêdhah ing Pajang | Senapati dèn bêdhili | mimis kêncana | tibèng jaja lir warih ||
25. Senapati angrampid sasoring kitha | pinapag dening bêdhil | suligi lawan panah |[76] busur lawan sêsawat | mimis kêncana ing ngarsi | kadya pêrada | nèng jaja narpasiwi ||
26. Senapati asasat wayang-wayangan | cina ayun bêkèki | dene tan tumama | kèh braja tan amăngga [a...]
--- [f. 208v] ---
[...măngga] | mring Senapati Mêtawis | nulya ngêndika | hèh wong têtukon sami ||
27. lumayua aja sira milu aprang | ing wong rêbut nêgari | milu apa sira | măngsa sira muktia | wong tukar sabăngsanèki | balikan sira | hèh paman dika sami ||
28. tuwas apa sira milu baya pêjah | pan sira lêskar sami | payo mardikaa | muliha sowang-sowang | nulya padha bubar sami | sakèh wong sabrang | Senapati angrampid ||
29. soring lawang Senapati sigra mojar | ming[77] wong kang tunggu kori | hèh wong tunggu lawang | lah wênganana lawang | kang tunggu kori mirsèki | yèn Senapatya | nyêluk anjaluk kori ||
30. sami mirsa sakèhe kang tunggu lawang | nanging ajrih mêngani | maring Senapatya | ajrih mring gustinira | Adipati Dêmak nênggih | ingkang kocapa | kang milu tunggu kori ||
31. mitranira Senapati Ingalaga | Ki Gêdhong namanèki | tunggal guru ika | Susunan Ngadilangya | myang Senapati Mêtawis | pan ajrih ika | yèn mênganana kori ||
32. nulya ngamuk Ki Gêdhong mring kancanira | bubar kang tunggu kori | dèn amuk sêdaya | gusis sami lumalya | Ki Gêdhong kari pribadi | ngêngakkên lawang | panggih lan narpasiwi ||
33. atur sêmbah Ki Gêdhong mring narpasuta | kawula tur upêksi | marang ing paduka | barise wadyèng Dêmak | ing alun-alun gyannèki | yèn tuwan mangsah | ămba botên suwawi ||
34. luhung ămba pêjaha anèng paprangan | ing ngayun kita dhingin | ingayahan tuwan | nalendra putra mojar | hèh ya Gêdhong mitra mami | tarima ingwang | prasêtyanirèng kami ||
35. agya laju nalendra putra Mêtaram | Ki Gêdhong angriyini | pan dadya pambatak | barising wong Mêtaram | sapraptane lampahnèki | Ki Gêdhong sigra | dènnya ngamun[78] ngriyini ||
36. anêrajang Ki Gêdhong ing ganjur atap | Ki Gêdhong tan gumingsir | bêdhil lawan panah | Ki Gêdhong kinathahan | angamuk wêkasan mati | wantu karoban | pêjah angalang pati ||
37. Kae Gêdhong atêguh lamine gêsang | tan wruh gêtihirèki | pan wus takdiring Yyang | narpasuta nèng wuntat | tumingal sang narpasiwi | Ki Gêdhong pêjah | jisime ngalang pati ||
38. narpasuta anjola sarêng tumingal | yèn Ki Gêdhong ngêmasi | hèh iya mitraningwang |[79] pan durung nginum toya- | nisun satètèsirèki | kasêlak pêjah | dhuh Gêdhong mitra mami ||
39. sri atmaja asru dènira ngandika | Ki Gêdhong mintra[80] mami | ing saturunira | kêlawan turun ingwang | muktia saturunnèki | lan turun ingwang | aja sêlaya benjing ||
40. wong Mêtaram age sira mirèkêna | jisime Gêdhong iki | sasabana lincak | mênawa kaedêkan | maring wong lumampah jurit | yèn mulih benjang | pêtakkên[81] dèn abêcik ||
41. agya mangsah sang narpasuta ngayuda | praptèng sira madyaning | alun-alun Pajang | manêngkung karsanira | maladi sêmadi êning | anêgês ing sang | sirèng murwèng pangliring ||
42. dènnya nêgês kêkapa kang sinungkêman | manggung nginggiling wajik | wong Kudus lan Dêmak | kang padha baris
--- [f. 209r] ---
aprang | gègèr apuyêngan sami | tan wruh ing rowang | kêlawan mungsuhnèki ||
43. wênèh mati kêna ing sênjata dhawak | ludira kadya kali | sambating kabranan | lir dèn amun[82] ngandaka | tarung lan baturirèki | gusis lumajar | tan ana tolèh gadhi ||
44. Kae Juru gya nitih kuda anyoklang | anusul sutanèki | narpati Mêtaram | baris Dêmak kêpapag | Kae Juru takèn aglis | wong apa sira | gègèr lumayu gêndring ||
45. wong ing Dêmak gumêtêr ing saurira | ulun wong Dêmak singgih | lan jalma Kudusan | gègèr padha lumalya | dèn amuk mring Senapati | Ki Juru mojar | hèh sira mêmêdèni ||
46. Kae Juru kudanya agya kinêtab | anusul ingkang siwi | ngalun-alun prapta | narpasuta katingal | anjêjêp luhuring wajik | sang narpasuta | nulya winungu aglis ||
47. lah Ki Bayi age sira awunguta[83] | pagene sira guling | lali kita baya | lamun kita ayuda | kagyat wungu narpasiwi | agya atanya | hèh paman wontên pundi ||
48. kang abaris ngalun-alun wadyèng Dêmak | Kae Juru nulya ngling | kèhing bala Dêmak | gègèr padha lumalya | nêdha sami manjing puri | prandene rinya | tan miyosi ngajurit ||
49. baya takut mring kita mêmpên jro pura | narpasuta sira glis | têdhak saking kuda | astanira kang kiwa | ngasta kêndhang suling wajik | têngêning asta | pêngawinan sira glis ||
50. kandhêg anèng sitiluhur agya mojar | Ki Juru Amartani | aja para têdhak | maksiha manggung kuda | lajua marang jro puri | ja walangdriya | Pajang darbènirèki ||
51. sri atmaja ngandika karane paman | mudhun saking ing wajik | nguni palinggiha- | nira jêng rama sultan | tuwanku nora ngarusi | lamun puruna | ing gusti lawan malih ||
52. panjênêngan nalendra ping tiga bapa | kapat guru sayêkti | mapan ta[84] prabeda | mulyane lawan seda | gèn ingsun amundhi-mundhi | nulya gya prapta | sapisan ingka[85] kori ||
53. narpasuta jumênêng madyaning lawang | sêmana mapag sami | sagung para garwa- | nira dipati ing Dêmak |[86] sununya sultan ing nguni | bungkuh[87] manêmbah | mring raka mangusapi ||
54. pada kalih tumungkul padha mangêrpa | kumêmbêng waspa miji | sri atmaja nglingnya | ari ngong ja karuna | kusuma Pajang turnya ris | atur kawula | kangmas natèng Mêtawis ||
55. rayi tuwan sang adipati ing Dêmak | sampun dika pêjahi | narpasiwi mojar | mokal ngong matènana | marang ing lakènirèki | ari ngong Dêmak | tan nêdya ingsun yayi ||
56. pamrih ulun idhêpe marang ing kadang | tuwa de majêg[88] aji | Pajang tan naria | marang jênêng manira | dadi salah tampa yayi | Dipati Dêmak | bêcike sunga manis ||
64. Dhandhanggula[89]
1. malah ingsun pinagut ing jurit | ingsun maksih eling kang sawarga | yèn kita gusti dhingine | yèn ta naria mringsun | dene karsa jumênêng aji | pantês ingsun kang tuwa | kang umadêg prabu | lah kacêkêla denera | pama èstri pracinane adipati | yèn Dêmak kalah aprang ||
2. udhêtira karyanên têtali | cindhe kêmbang bastanên denera [dene...]
--- [f. 209v] ---
[...ra] | nulya iringna marene | karo bongkokanirèku |[90] aturêna marang ing kami | egal sami umangkat | èstri kalihipun | nyêkêli Dipati Dêmak | para rabi sami ambêkta ing laki | narpasuta umiyat ||
3. sela bêntar dènira alinggih | adipati ing Dêmak lan garwa | sri atmaja andikane | ari Dêmak sirèku | mapan kita nora darbèni | jumênêng anèng Pajang | pantês putra jalu | ari Pangeran Bênawa | jumênênga agêntènana rama ji | sineba wadyèng Pajang ||
4. adipati ing Dêmak sirèki | warisira nêgara ing Dêmak | lah mintara dipun age | wong Mêtaram sirèku | amilua sangunirèki | hèh wong Singanêgara | lan wong Martalulut | adhêpên Dipati Dêmak | gêntènana awon sirnane pawèstri | anyêkêli bêbandan ||
5. Martalulut lan Singanêgari | agya matur mring rang[91] sri atmaja | Adipati Dêmak anggèr | ninriha[92] pêjahipun | sri sang narpa atmaja angling | unii[93] tan wênang |[94] dudu pasthènipun | yèn anarka mêjahana | marang ari dipati ing Dêmak mami | amêjahi panjara ||
6. Adipati Bênawa winarni | akasukan anèng pagêlaran | umung gumêrah syarane | anabuh kalaganjur | mangan nginum abêksa rangin | wênèh abêksa kêmbang | arame awuru | amrang lêngên pa tantang |[95] para campah cêndhala anyênyampahi | barang sura kadiran ||
7. sri atmaja Mêtaram umijil | sarya mundhi kêkapaning kuda | Ki Gêthayu ing namane | kêndhali Macan-guguh | mampan[96] sami kêpandhi-pandhi | găngsa Sêkardalima | wasiyating ratu | sakathahe bêbêrkatan- | ing nata kang dhingin-dhingin |[97] binakta magêlaran ||
8. Sri Mêtaram sineba ing mantri | pagêlaran lun-alun ing Pajang | prasamya bungkuh lungguhe | lênggah lêlèmèk kasur | bludru rêta ing jro si sari | ujyalanirèng muka | lir baskarèng mêtu | tumamèng jagad kang wetan | para mantri prasamya merang ningali | takut driyèng mangêrpa ||
9. Adipati Bênawa sira ngling | kakang atma Nalendra Mêtaram | kita jumênênga rajèng | amangkua kêdhatun | sinebaa ing para mantri | tuwan ingkang pêryoga | kita putra sêpuh | kawula lila trus driya | têkèng pati tan adarbe atur kalih | lah kita jumênênga ||
10. mring atmaja Mêntaram sira ngling | yayi adipati ing Bênawa | tarima ing pêrcayane | pan dudu garis ulun | najan ulun madêga aji | nora nèng nagri Pajang | karsa ngong rèn ingsun | pinasthi ulun Mêtaram | tanah Jawa ngong kalahakên ngajuri | sakèh para nalendra ||
11. kyèhing ratu amaca dipati | Ratu Jawa tan ana suwala | padha amêrkara kabèh | jagad Jawa kinêlun | yèku stan[98] Mêtaram bening[99] |[100] yayi buyut ingwang |[101] ratu digbya putus | agama rêsi nalendra | kèdhêp dening nalendra sabrang lan Jawi | miwah jim pêrayangan ||
12. apan ingsun uwis dèn warisi | ing Mêtaram marang me[102] sultan |[103] sun lakoni kangelane | lah yayi Bênawèku | uwis yayi madêga aji |
--- [f. 210r] ---
bêskarèng ing jro pura | mangkua kêdhatun | matur Pangeran Bênawa | kakang aji kawula darmi nglampahi | atas pakoning tuwan ||
13. sakathahe saisining puri | inggih katur dhatêng padukendra | amba botên ngrasa darbe | sang narpasuta muwus | gèh tarima manira yayi | pêrcaya pêkênira | yayi maring ulun | sakèhe bêrana Pajang | lah karyanê[104] yayi adandan nêgari | reyang wus sugih donya ||
14. bêcik karyanên anglulut mantri | datanana[105] rêna[106] lawan boja | lan atèra bêbudène | ya iku karyaningsun | wong ngayula miyang narpati | yayi wong abêbakal | jênêng para ratu | yèn kirang sênjatanira | tumbasêna lawan karyaa pribadi | dandananing ayuda ||
15. salir bawaning kang sinung wadi | kinaryaa momong jaga jagad | arjaning ratu èsthine | gulang-gulangên nêngguh | dipun yitna ulah nêgari | duwea wong têtiga | yayi kang rumuwun | pandhita lan wong tapa |[107] katêlune wong petangan iladuni | palakiyah lan ramal ||
16. yèn sira yun wêruh ing pandêling | pêrnatane wong dadi nalendra | atakèna dipun age | wadyanira sang wiku | lamun wikan sira ing sandi | takèna wong petangan | kang rada dhumukun | yèn ayun uninga wasa | kang kêjaba wisayanirèng tulis |[108] takèna wong petangan ||
17. Adipati Bênawa turnya ris | kakang narpamaja[109] ing Mêtaram | bêbêrkatan sakathahe | rama aji pukulun | inggih kakang sumanggèng karsi | tuwan bêkta Mêtaram | pantês putra sêpuh | kang anduma wêwarisan | mung paduka ulun datan masesani | sagunging kang barkatan ||
18. sri atmaja Mêtaram sira ngling | adipati ing Bênawa iya | yayi bênêr sasmitane | bêbarkatan ngong pundhut | ulun gawa marang Mêtawis | cina gêdhe kang purna | rama ji lan ingsun | têmên-têmên kanèng[110] kêdhap | wus arupa sêngkara[111] kêlawan mani[112] | tan kengang pisahêna ||
19. wus karia yayi ngong apamit | arsèng mulih yayi mring Mêtaram | sun èstokkên sawêlinge | sêlamêt sira kantun | Adipati Bênawa gipih | nèng ngarsane kang raka | padane dèn suwun | sêsambate amlasarsa | yèn tinilar bapa babu ingka lali[113] | ya tan narka panggiha ||
20. enjang mangkat Sang Narpa Mêntawis | gêgancangan lir angin prahara | glis praptèng Mêtaram age | bêskarèng nèng kêdhatun | arsa madêg natèng Mêtawis | pêpak wadyèng Mêtaram | sêntana lan punu[114] | lirna mantri pêmajêgan | wong Kajoran pêpaka anèng ing Mêtawis |[115] nahan ingkang kawarna ||
21. datatita lingira ing nguni | kang kocapa kang anèng pêrtapan | wus asêpuh wawratane | nênêm pêpitu walu | songa sampun sêmaya sasi | jabang bayi ambabar | warnane abagus | satanah tan ana memba | sawarnane nêngguh ingkang jabang bayi | ri wus sinungan aran ||
22. Radyan Umbaran ingkang wêwangi | sakêlangkung kang cahya dumilah | anawang săngka wulane | lumingling[116] wayahipun | kyai gêdhe langkung sihnèki | miyat ingkang atmaja |
--- [f. 210v] ---
miwah rikang ibu | sadina-dina ingêmban | mring kang uwa kinudang-kudang liningling[117] | ya Radèn Umbaran |[118]|
23. duk sêmana nêngguh wus alami | sira Radèn Umbaran wêlagang | kadya dinus banyu gege | lagya umur sêtaun | warnanira langkung manglingi | tigang taun sêmana | wayahe sang bagus | tan arsa dhahar anendra | kae jaka rêmên adêdolan singgih | asring kêlayèng uwa ||
24. yèn kang uwa dhatêng ing wanadri | datan kêna wau yèn kantuna | ababad gaga karyane | mantuk-mantuk yèn dalu | sabên dina mêngkana ugi | Radèn Jaka Umbaran | dhasare ingugung | saya gêng Radèn Umbaran | duk sêmana diwasanira anênggih | takèn darmanya lanang ||
25. pitung dina nêngguh pitung bêngi | dera mothah atakyan ramanta | kang ibu tanbuh saure | ibunira amuwus | adhuh nyawa putrangong kaki | yaiku ramanira | sudarmamu kakung | atmanya matur karuna | ibu dede rama kawula kiyai | sayêktinipun uwa ||
26. ingkang ibu wuwuse amani | adhuh anggèr nyawa putraningwang | rara gêdhang ingsun kiye | kang putra lon umatur | adhuh ibu pisanga yêkti | wontên ingkang agadhah | witipun kang nandur | puniku ibu kang yoga | adhuh ibu pundi rama kang sayêkti | ing ibu ngandika |[119]|
27. nyawa sira ngawulaa gusti | marang nagri Mêntaram denera | adhuh anak ingsun dhewe | ingkang uwa gya muwus | iya nyawa dèn bisa kaki | tata titining praja | lakonana kulup | dèn rumêksa ing rayatnya | ing gustine sêdaya anggêpên gusti- | nira miwah pra putra ||
28. aja pêgat dènnya minta wisis[120] | kang wus guna nêstapa bêndara | padha pètên barêkate | kulanana sêdarum | agung alit prihên padha sih | miwah yèn apêpara | dèn rumêksèng kewuh | lawan malih yèn lêlampah | ayya parêk ayya têbih kaki |[121] sarêbahing landheyan ||
29. radèn sigra ya anulya pamit | mring kang ibu miwah ingkang uwa | jinurung umêsat age | datan kawarna ngênu | lampahira rahadèn mantri | sampun prapta Mêtaram | wau sang abagus | lêstari bêskarèng praja | ngalun-alun anjujug ngisor waringi | pepe Radèn Umbaran ||
30. awêtara lagya pitung bêngi | Sri Mêtaran[122] rawuh ing kêdhatyan | sawadya kadang putrane | ya ta wau sang prabu | ing Mêtaram enjing tinangkil | pêpak para atmaja | sêntana nèng ngayun | Kae Juru wus aseba | wadyabala Mêtaram pêpak tinangki[123] | andhèr mangêrpèng lêmah ||
31. Sri Mêtaram kagyat aningali | ngandika sru hèh gandhèk dèn egal | priksanên wong apa[124] pepe | sangisor wringin kurung | gya manêmbah ingkang sinung ling | gupuh gandhèk wus prapta | ngarsanya dyan sunu | ngling gandhèk wong ngêndi kita | sapa ranmu apepe ngisor waringin | mujar ingkang tinanya ||
| 1 | Terdapat tulisan tanggal pada tanda pergantian pupuh (madyapada) ini: 1738 [1811–2]. (kembali) |
| 2 | praptèng. (kembali) |
| 3 | gandhèk. (kembali) |
| 4 | lir. (kembali) |
| 5 | Mêkah. (kembali) |
| 6 | Kurang satu suku kata: kang kapêrnah ingkang rayya. (kembali) |
| 7 | amicarèng. (kembali) |
| 8 | wêwêrining. (kembali) |
| 9 | mantri. (kembali) |
| 10 | kuciwanya. (kembali) |
| 11 | sinukmèng. (kembali) |
| 12 | angrêmih-rêmih. (kembali) |
| 13 | pinondhong. (kembali) |
| 14 | tinundhung (dan di tempat lain). (kembali) |
| 15 | glis. (kembali) |
| 16 | manêmbah. (kembali) |
| 17 | kawlasayun. (kembali) |
| 18 | angrêmbat. (kembali) |
| 19 | jalyèstri. (kembali) |
| 20 | èstrinya. (kembali) |
| 21 | akuthah. (kembali) |
| 22 | lapis. (kembali) |
| 23 | munggèng. (kembali) |
| 24 | kering. (kembali) |
| 25 | Lebih satu suku kata: wênèh rasukan aleja. (kembali) |
| 26 | Terdapat tulisan tanggal pada tanda pergantian pupuh (madyapada) ini: 1738 [1811–2]. (kembali) |
| 27 | kabrubuh. (kembali) |
| 28 | Terdapat tulisan tanggal pada tanda pergantian pupuh (madyapada) ini: 1738 [1811–2]. (kembali) |
| 29 | binongkok. (kembali) |
| 30 | akêdhik. (kembali) |
| 31 | Bandingkan: amit (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 39.39.1; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 29.78.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 39.39.1; Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 30.109.1). (kembali) |
| 32 | pinundhutan (dan di tempat lain). (kembali) |
| 33 | utusi (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 29.85.9; Babad Mataram, British Library (MSS Jav 36 a), Pupuh 8.16.9). Bandingkan: putusi (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.113.9); aturi (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 39.46.9;Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 39.46.9). (kembali) |
| 34 | arinta. (kembali) |
| 35 | Lebih satu suku kata: arinta Pangran Bênawa. (kembali) |
| 36 | anyongklang (dan di tempat lain). (kembali) |
| 37 | mănca (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 38 | rêsi. Bandingkan: mantri (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 39.51.6; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 39.51.6; Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 30.120.6; Babad Mataram, British Library (MSS Jav 36 a), Pupuh 8.21.6); wadya (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 29.90.6). (kembali) |
| 39 | Kurang satu suku kata: apan atmaja tuwa. (kembali) |
| 40 | wadon. (kembali) |
| 41 | krêpe. (kembali) |
| 42 | ungkih. (kembali) |
| 43 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: age anaa musuh (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 29.97.4); age anaa mungsuh Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.126.4; Babad Mataram, British Library (MSS Jav 36 a), Pupuh 8.28.4). (kembali) |
| 44 | mantri (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 39.59.1; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.127.1; Babad Mataram, British Library (MSS Jav 36 a), Pupuh 8.29.1). (kembali) |
| 45 | sandeyanira. (kembali) |
| 46 | Lebih dua suku kata. Bandingkan: Kyai Senapati Mêtawis Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.127.5). (kembali) |
| 47 | mabukuh. Bandingkan: abukuh (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 39.60.4; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 39.60.4; Babad Mataram, British Library (MSS Jav 36 a), Pupuh 8.30.4). (kembali) |
| 48 | rinta. (kembali) |
| 49 | samitra (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 39.63.2; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 29.102.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 39.63.2; Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 30.131.2; Babad Mataram, British Library (MSS Jav 36 a), Pupuh 8.33.2).). (kembali) |
| 50 | Terdapat tulisan tanggal pada tanda pergantian pupuh (madyapada) ini: 1738 [1811–2]. (kembali) |
| 51 | Kurang satu suku kata: tansah sêmadayèng ati. (kembali) |
| 52 | ayun. (kembali) |
| 53 | Kurang dua suku kata: abantal bata anênggih. (kembali) |
| 54 | lêlèmèke. (kembali) |
| 55 | Kurang satu suku kata: lêlèmèke arane godhong damala. (kembali) |
| 56 | srananira. (kembali) |
| 57 | Catatan: Terdapat dobel sandangan: sanakirèki atau sanake rèki. (kembali) |
| 58 | murina. (kembali) |
| 59 | wasiyate. (kembali) |
| 60 | punika. (kembali) |
| 61 | Kurang satu suku kata: punika kang pangandika. (kembali) |
| 62 | Lebih satu suku kata: liyan kang Senapati. (kembali) |
| 63 | amit. (kembali) |
| 64 | duta. (kembali) |
| 65 | Kurang satu suku kata: duta wus prapta Mêtawis. (kembali) |
| 66 | muliha. (kembali) |
| 67 | Terdapat tulisan tanggal pada tanda pergantian pupuh (madyapada) ini: 1738 [1811–2]. (kembali) |
| 68 | waos. (kembali) |
| 69 | jinarah. (kembali) |
| 70 | miyos. (kembali) |
| 71 | sênjata. (kembali) |
| 72 | purnamasada. (kembali) |
| 73 | Kurang satu suku kata: têguh lan kudanèki. (kembali) |
| 74 | Lebih satu suku kata: Mêkasar lan Bima. (kembali) |
| 75 | Kurang satu suku kata: êrug sêmpal gumuling. (kembali) |
| 76 | Lebih satu suku kata: suligi lan panah. (kembali) |
| 77 | mring. (kembali) |
| 78 | ngamuk. (kembali) |
| 79 | Lebih satu suku kata: hèh ya mitraningwang. (kembali) |
| 80 | mitra. (kembali) |
| 81 | pêtakên. (kembali) |
| 82 | amuk. (kembali) |
| 83 | awungua. (kembali) |
| 84 | tan. (kembali) |
| 85 | ingkang (dan di tempat lain). (kembali) |
| 86 | Lebih satu suku kata: nira Dipati Dêmak. (kembali) |
| 87 | bukuh (dan di tempat lain). (kembali) |
| 88 | madêg. (kembali) |
| 89 | Terdapat tulisan tanggal pada tanda pergantian pupuh (madyapada) ini: 1738 [1811–2]. (kembali) |
| 90 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: sarta bongkokanipun (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.179.4); sarta bokokanipun (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 31.11.4). (kembali) |
| 91 | sang. (kembali) |
| 92 | pinriha. (kembali) |
| 93 | ulun iki (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 31.14.6; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.182.6). (kembali) |
| 94 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: ulun iki tan wênang (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 31.14.6; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.182.6). (kembali) |
| 95 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: amrang lêngên para tantang (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 41.16.8); amrang lêngên para tangtang (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 41.16.8). (kembali) |
| 96 | mapan. (kembali) |
| 97 | Kurang empat suku kata: ingkang saking sang nata kang dhingin-dhingin. (kembali) |
| 98 | Sultan. (kembali) |
| 99 | benjing. (kembali) |
| 100 | Kurang satu suku kata: yèku Sultan Mêtaram benjing. (kembali) |
| 101 | Kurang satu suku kata: ya iku buyut ingwang. (kembali) |
| 102 | rama. (kembali) |
| 103 | Kurang satu suku kata: ing Mêtaram marang rama sultan. (kembali) |
| 104 | karyanên (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 41.23.9; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 41.23.9). (kembali) |
| 105 | dananana (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 41.24.2; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 31.23.2). Bandingkan: dêdanaa (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 41.24.2; dananira (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.191.2). (kembali) |
| 106 | rêtna (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 41.24.2; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 31.23.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 41.24.2). (kembali) |
| 107 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: pandhita ing wong atapa (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 41.25.8; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 41.25.8); kapindho kang wong atapa (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 31.24.8; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.192.8). (kembali) |
| 108 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: kang kajaba sangking wirayating tulis (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 41.26.9; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 31.25.9; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 41.26.9; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.193.9). (kembali) |
| 109 | narpatmaja. (kembali) |
| 110 | kênèng (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 41.28.8; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 31.27.8; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 41.28.8; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.195.8). (kembali) |
| 111 | srêngkara (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 31.27.9; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.195.9). Bandingkan: sarkara (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 41.28.9; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 41.28.9). (kembali) |
| 112 | manis (dan di tempat dan bentukan lain sesuai konteks) (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 41.28.9; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 31.27.9; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 41.28.9; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.195.9). (kembali) |
| 113 | lalis (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 41.29.9; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 31.28.9; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 41.29.9). (kembali) |
| 114 | sunu (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 41.30.7; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 41.30.7). (kembali) |
| 115 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: wong kajoran pêpêk anèng ing Matawis (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 41.30.9); wong Kajoran pêpêg anèng ing Matawis (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 41.30.9). (kembali) |
| 116 | lumiling. (kembali) |
| 117 | liniling. (kembali) |
| 118 | Kurang satu suku kata: ya ta Radèn Umbaran. (kembali) |
| 119 | Kurang satu suku kata: ingkang ibu ngandika. (kembali) |
| 120 | wasis. (kembali) |
| 121 | Kurang dua suku kata: ayya parêk ayya têbih sira kaki. (kembali) |
| 122 | Mêtaram. (kembali) |
| 123 | tinangkil. (kembali) |
| 124 | tapa. (kembali) |