Sajarah Dêmak, British Library (Add MS 12313 b), 1785, #971

JudulCitra
Terakhir diubah: 28-05-2026

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sajarah Dêmak

--- [f. 2v] ---

Sajarah Dêmak, British Library (Add MS 12313 b), 1785, #971: Citra 1 dari 58

Duk sinurat Sêtu Kliwon sasi Sapar tanggal gangsal wêlas taun Be sirah kalih tênggak satunggil tusan pitu.[1]

1. Asmaradana

1. caritane para nabi | Nabi Adam apêputra | Jêng Nabi Adam putrane | Nabi Êsis wastanira | Nabi Êsis pêputra | Sang Nurcahya wastanipun | Nurcahya putra Nurrasa ||

2. Sang Nurrasa asêsiwi | ajêjuluk Sang Yyang Wênang | Sang Yyang Wênang atmajane | apêparab Sang Yyang Tunggal | Sang Yyang Tunggal pêputra | iya Guru putranipun | Guru putrane lilama[2] ||

3. Sambu pêmbarêpe singgih | panênggak Bathara Brama | Mahadewa panêngahe | Sang Yyang Wisnu sumêndhinya | Dèwi Sri wuragilnya | Yyang Wisnu jumênêng ratu | nèng nagri Mêndhangkamolan ||

4. wêsana Wisnu anuli | kadukan dhatêng kang rama | purwa dening sêngkêrane | ya ta sampun ingapura | margane ingapura | amêjahi Watugunung | tinurunakên sêksana ||

5. anèng marcapada malih | kalawan Bathara Brama | ya ta ikang winiraos | ikang jumênêng narendra | anèng Mêndhangkamulan | Bathara Brama winuwus | tulus dènnya madêg nata ||

6. agêntosi ikang rayi | nèng nagri Mêndhangkamulan | Bathara Wisnu wiyose | dadi ratuning [ratu...]

--- [f. 3r] ---

Sajarah Dêmak, British Library (Add MS 12313 b), 1785, #971: Citra 2 dari 58

[...ning] lêlêmbat | dhêdhêmit barkasakan | ngratoni sakèh lêlêmbut | Bathara Brama pêputra ||

7. ingkang awasta Bramani | Bramani ika pêputra | Tritustha ika wastane | Tritustha nuli pêputra | Parikanan wastanya | Sang Parikanan sêsunu | kang nama Manumanasa ||

8. Manumanasa sêsiwi | Satrukêm ika wastanya | Satrukêm ika putrane | Sang Yyang Sakri wastanira | Sakri nuli pêputra | Palasara wastanipun | Sang Palasara pêputra ||

9. Abiyasa kang wêwangi | Abiyasa apêputra | Pandhu Dewanata rane | nuli Pandhu Dewanata | apêputra Hèrjuna | Hèrjuna putra Bimanyu | Bimanyu nuli pêputra ||

10. ajêjuluk Parikêsit | Sang Parikêsit pêputra | Gêndrayana kêkasihe | Gêndrayana apêputra | awasta Jayabaya | Sang Jayabaya sêsunu | aran Jaya Amijaya ||

11. Jaya Mijaya sêsiwi | awasta Jaya Misena | Jaya Misena putrane | aran Kusumawicitra | ya ta nuli pêputra | Citrasoma wastanipun | Citrasoma apêputra ||

12. Păncadriya kang wêwangi | Păncadriya apêputra | Anglingdriya jêjuluke | Anglingdriya apêputra | Raja Suwelacala | punika nuli sêsunu | Sri Mapugung[3]

--- [f. 3v] ---

Sajarah Dêmak, British Library (Add MS 12313 b), 1785, #971: Citra 3 dari 58

wastanira ||

13. Sri Mapugung asêsiwi | Kandhiawa wastanira | Sang Kandhiawa putrane | kathahira pan lêlima | Ki Panuhun pangarsa | mong tani rêmênanipun | ing Bagêlèn wismanira ||

14. dadi ratuning wong tani | Sandhanggarba panggulunya | adagang pakarêmêne | dadi ratuning juragan | awisma ing Japara | Karungkala kang jêjuluk | punika panêngahira ||

15. rêmêne saba wanadri | dadi ratuning wong Kalang | ing Parambanan wismane | amêmadung karyanira | kang sumêndhi kocapa | awasta Ki Tugul Pêngtung[4] | adèrès pakaryanira ||

16. Rêsi Gêthayu winarni | punika warujunira | saba paseban rêmêne | ya ta jumênêng narendra | Karipan[5] nagrinira | sakawan saduluripun | bulupêtinira prapta ||

17. Rêsi Gêthayu sêsiwi | pan lêlima putranira | putra kang sêpuh wastane | Rara Suciyan wastanya | panênggaking Jênggala | Lêmbu Pêtêng madyanipun | Lêmbu Pangarang arinya ||

18. Wuragilipun winarni | aran Ragil Prêgiwăngsa | Singasari nagarane | Lêmbu Miluhur pêputra | Radèn Panji wastanya | apanjang lamun cinatur | pinugêl[6] ikang carita ||

19. Panji apêputra malih | Laleyan ika putranya [putra...]

--- [f. 4r] ---

Sajarah Dêmak, British Library (Add MS 12313 b), 1785, #971: Citra 4 dari 58

[...nya] | Laleyan ika putrane | Banjaransari wastanya | Banjarsari pêputra | Mundhingwangi wastanipun | Mundhingwangi apêputra ||

20. ikang wasta Mundhingsari | Mundhingsari apêputra | Ciliwangi jêjuluke | Ciliwangi apêputra | Jaka Sêsuruh ika | Jaka Sêsuruh sêsunu | Brakumara wastanira ||

21. Brakumara asêsiwi | awasta Ardi Wijaya | Ardi Wijaya putrane | awasta Ăngga Wijaya | Ăngga Wijaya pêputra |[7] apan gangsal putranipun | Arya Damar pambajêngnya ||

22. Ki Bintara pangguluning | Lêmbu Pêtêng panêngahnya | ing Madura nagarane | gih punika katiganya | kêkalih kawarnaa | pan punika ibunipun | patutane saking Cêmpa ||

23. wastane ikang sumêndhi | Bathara Katong wastanya | ikang putra wuragile | kang wasta Bodhankêjawan[8] | ing Tarub nagaranya | Ki Arya Damar sêsunu | pan têtiga putranira ||

24. putra pambayun winarni | akêkasih Pêcattăndha | ing Têrung ika nagrine | panêngah Radèn Pauna | putra wuragil ika | Rara Sujiyah ranipun | patutane saking Cina ||

25. Dipati Bintara krami | nênggih angsal wastanira | Sunan Murya sudarane | apan nênêm putranira | ikang sêpuh wastanya | Pangeran Sabrang Lor iku | Sultan Dêmak panggulunya ||

26. ya ta arinira malih |

--- [f. 4v] ---

Sajarah Dêmak, British Library (Add MS 12313 b), 1785, #971: Citra 5 dari 58

Pangeran Seda Ing Toya | ari malih winiraos | kang aran Ratu Mas Nyawa | ari malih winarna | Kêndhuruhan wastanipun | wuragile kawarnaa ||

27. kang aran Radèn Mas Alit | kang aran Radèn Pamêkas | ya ta ikang winiraos | sajarah malih kinăndha | Pangran Sabrang Lor krama | nênggih angsal putranipun | Bathara Katong kawasa ||

2. Dhandhanggula

1. anglèrakên sakèhing prayayi | Pranaraga punika sadaya | Sultan Dêmak winiraos | pan nênêm putranipun | Jêng Ratu Mas Pêmbayun nênggih | punika pambajêngnya | panênggak winuwus | aran Susunan Prawata | panêngahnya Ratu Kalinyamat nênggih | arine kawarnaa ||

2. Ratu Mas Pajang ikang wêwangi | ikang rayi malih kawarnaa | Jêng Panêmbahan èstrine | lan malih arinipun | wasta ratu ing Kêmbangsari | ari malih wastanya | sinêmbah Madiyun | punika wuragilira | kawarnaa Ratu Mas Pambayun singgih | apan sampun akrama ||

3. angsal ki gêdhe ing Langgar uni | kyai gêdhe ing Langgar pêputra | ki gêdhe ing Sampang rane | pan kocap wayahipun | mring Ki Lêmbu Pêtêng mundrèki | kyai gêdhe ing Langgar | malih putranipun | Pangran Singabarong rannya | apêputra Pangeran Pangulu sigih[9] | anuli apêputra ||

4. igih Pangeran [Pange...]

--- [f. 5r] ---

Sajarah Dêmak, British Library (Add MS 12313 b), 1785, #971: Citra 6 dari 58

[...ran] Pangulu malih | Pangran Pangulu malih putranya | Mas Pangulu Dêmak mangke | ya ta malih winuwus | Susuhunan Prawata nênggih | nuli putra têtiga | wastane kang sêpuh | pangran dipati ing Pajang | jêjuluke Pangran Madepandhan adi | kang panêngah wastanya ||

5. Panêmbahan Wirasmara pêkik | nèng Kadhiri duk kala samana | ikang putra wuragile | kang putra luwih ayu | rat buwana tan ana tandhing | aran Ratuh Galuhan | malih kang winuwus | pangeran ing Madepandhan | apêputra pan sami jalu apêkik | pêkik-pêkik warnanya ||

6. ikang sêpuh sinungan kêkasih | Pangran Juru ing Bantên sumalah | kang taruna jêjuluke | Pangran Jayaprana wus | kang sinare anèng Matawis | ya ta malih kocpa[10] |[11] carita tinutur | Panêmbahan Wirasmara | ing Kadhiri apan aputra kêkalih | sami èstri taruna ||

3. Sinom

1. putra kang sêpuh kocapa | apan sinungan kêkasih | ratu mas ing Pananggungan | punika sampun akrami | Panêmbahan Kêdhiri | garwanira sang rêtna yu | putra ikang taruna | punika sampun akrami | angsal Panêmbahan Agung Surabaya ||

2. Panêmbahan Surabaya | pêputra gangsal winarni |

--- [f. 5v] ---

Sajarah Dêmak, British Library (Add MS 12313 b), 1785, #971: Citra 7 dari 58

putra kang sêpuh winarna | Ratu Mas Sidayu luwih | panêngah namanèki | Ratu Kalinyamatipun | ari kakung wastanya | warnane langkung apêkik | apêparab Panêmbahan Pasuruhan ||

3. arine malih wastanya | warnane langkung apêkik | Panêmbahan Surabaya | wuragilira pawèstri | warnane ayu luwih | jêjulukira sang ayu | jêng ratu mas ing Japan | ya ta kawarnaa malih | Jêng Ratu Mas Sidayu sampun akrama ||

4. igih angsal ki dipatya | ing Sidayu kang nagari | ki adipati pêputra | satugil[12] sinung kêkasih | warnanira apêkik | pêparab Pangran Tênggumung | ya ta malih kocapa | Ratu Kalinyamat krami | angsal Pangran Arya Sêmi Kalinyamat ||

5. wus lami nulya pêputra | pan têtiga putranèki | mas ayu ing Baletêngah | punika pambayunnèki | kang panêngah winarni | Mas Ayu Kambang ranipun | wuragile winarna | jalu warnane apêkik | Jêng Pangeran Singasari namanira ||

6. Panêmbahan Pasuruhan | pan têtiga putranèki | ikang sêpuh namanira | Ratu Ayu Mangkurati | panêngahe winarni | ajêjuluk Ratu Ayu | Dipati Anom ika | wastane ikang wuragil | Ratu Ayu Mêndhapa endah warnanya ||

--- [f. 6r] ---

Sajarah Dêmak, British Library (Add MS 12313 b), 1785, #971: Citra 8 dari 58

7. Panêmbahan Surabaya | apan gangsal putranèki | sakawan kang sami priya | ikang pawèstri satunggil | putra sêpuh rannèki | Nyai Ratu Mas puniku | Pêkik nèng Surabaya | kang panênggak namanèki | Jêng Pangeran Dipati Anom sêmana ||

8. Pangeran Karta arinya | Ratu Agêng ari malih | wuragil Pangran Pamêkas | pangeran ing Surabanggi | têtiga putranèki | putra kang sêpuh ranipun | Ratu Mas Pêmbayunan | Ratu Mas Podhang kang rayi | ikang jalu Radèn Mas Dhobras wastanya ||

9. Ratu Mas Pambayun krama | nênggih angsal sri bupati | kang sinare Têgalgănda | putrane jalu apêkik | sajagat tan na tandhing | ya ta uwus ajêjuluk | Kangjêng Sunan Mangkurat | Ratu Mas Podhang akrami | apan angsal Ki Tumênggung Jiwaraga ||

10. kang palênggah ing Mataram | anèng ing Dêmak nagari | jumênêng Ki Suranata | katrap ing paretah[13] lalis | layone dèn bêciki | ing Karoya gènnya ngubur | ya ta Radèn Mas Dhobras | sedanipun anyarêngi | guturipun[14] Ardi Mêrapi samana ||

11. Ratu Mas Japan akrama | angsal ing Kudus sang aji | anama Pangeran Japan | anthik-inthik[15] adipati | ya ta winarna malih | panêmbahan ing Madiyun | punika apêputra | kêkalih jalu lan èstri | putra sêpuh kêkasih Radèn Mas Lonthang ||

12. pan jumênêng panêmbahan | ing Japan putra kang èstri | apan sampun krama angsal | Panêmbahan Senapati | putra jalu apêkik | cahyanira tuhu mancur | wasta Pangeran Riya | Prigalaya[16] [Prigala...]

--- [f. 6v] ---

Sajarah Dêmak, British Library (Add MS 12313 b), 1785, #971: Citra 9 dari 58

[...ya] tanpa tandhing | apêputra Jêng Pangeran Kartasana ||

13. anglèrakên karsanira | dhatêng radèn adipati | putra ikang gumantia | ing Madiyun kang gumanti | ya ta ikang sêsilih | Panêmbahan Ngurawan ku | Panêmbahan Urawan | punika sampun akrami | apan angsal ing Kudus kang kawarnaa ||

14. pan sakawan putranira | putra sêpuh kang wêwangi | pangran dipati ing Japan | punika sampun akrami | angsal putranirèki | Panêmbahan Surèngkewuh | sangsaya lama-lama | têtiga wau kang siwi | pan kêkalih jalu kang èstri sajuga ||

15. Dèn Ayu Mangkunagaran | kasihe putra kang èstri | ikang jalu wastanira | Pangeran Sujanapuri | kang sawiji winarni | anênggih jêjulukipun | pêparab Radèn Tăndha | punika kang sêpuh sigih | apan sami sinare anèng Kêroya ||

16. putranira Panêmbahan | Urawan ikang pawèstri | punika sampun akrama | angsal ing Kudus nagari | ya ta alami-lami | nglèrakên kidulanipun | ari malih wastanya | Pangran Arya Urawani | lan Pangeran Arya Sêmi sawijinya ||

17. dene kang putra ampiyan | kêkalih jalu lan èstri | ikang jalu namanira | Pangran Arya Wiramantri | ikang putra pawèstri | pan sampun akrama atuk[17] | ikang jumênêng Pangran | Arya Tênggumung apêkik | Pangran Seda ing Lèpèn sampun pêputra ||

18. kêkalih sami satriya | ikang sêpuh akêkasih | Jêng Pangeran Arya Jipang | aladak sambada krami | wastane ikang rayi | warnane langkung abagus | Pangran Arya Mataram | ya ta cinarita malih | Pangran Arya Jipang pan sampun pêputra ||

19. aran Pangran Pataunan | apalênggah duk ing nguni | anèng nagri Garobogan [Garobo...]

--- [f. 7r] ---

Sajarah Dêmak, British Library (Add MS 12313 b), 1785, #971: Citra 10 dari 58

[...gan] | ganti malih kang winarni | Ratu Kalinyamati | punika sampun sêsunu | ikang putra wastanya | Jêng Pangeran Arya Sêmi | Kalinyamat Ratu Mas Pajang akrama ||

20. igih angsal Sultan Pajang | Jêng Sultan Pajang kawarni | apan sampun apêputra | Pangran Bênawa kang nami | ênêngna tan winarni | watên[18] malih kang winuwus | Ratu Mas Kagaluhan | cinarita wus akrami | igih angsal ing Batên[19] sangsaya lama ||

21. anglèrakên karsanira | mring sakathahing prayayi | ing Bantên ika sadaya | Ratu Mas Nyawa akrami | angsal sri narapati | ing Carêbon nagrinipun | anglèrakên karsanya | prayayi Carêbon sami | ya ta malih kasmaran dèning pawarta ||

4. Asmaradana

1. Kandhuruhan kang kawarni | ing Sumênêp nagrinira | kacarita saturune | wasta Ki Yudanagara | sêkti gagah prakosa | ajêjuluk Macan Wulung | Ki Lêmbu Pêtêng kocapa ||

2. ing Madura kang nagari | adarbe kêkalih putra | ikang asêpuh wastane | awasta Ki Gêdhe Sampang | ikang anèm wastanya | warnane langkung pinujul[20] | Kyaai[21] Galêdhah[22] Pamalêkasan[23] |[24]|

3. Kiyai Gêdhe winarni | ing Sampang sampun akrama | angsal putrane Ki Gêdhe | ing Pancuran duk samana | sangsaya lama-lama | cinarita asêsunu | kathahe amung taitaiga[25] |[26]|

4. samya jalu kang kêkalih | kang èstri amung sajuga | ikang sêpuh pêparabe | kiyai gêdhe ing Langgar | ya ta sampun akrama | angsal Ratu Mas Pêmbayun | ikang putra Sultan Dêmak ||

5. ikang satunggil pawèstri | anèng nagara ing Sampang | ki gêdhe ing Pamêkase | cinarita apêputra | winastan ikang rama | Ki Dipati Pramanèku | kang darbe nagri Madura ||

6. watên cinarita malih | Rahadèn Bodhankêjawan | ing Tarub [Ta...]

--- [f. 7v] ---

Sajarah Dêmak, British Library (Add MS 12313 b), 1785, #971: Citra 11 dari 58

[...rub] ika nagrine | rahadèn jêjulukira | Lêmbu Pêtêng samana | lama-lama asêsunu | kyai gêdhe ing Sêsela ||

7. Ki Gêdhe Sêsela uni | lama-lama apêputra | jêjulukira putrane | Ki Gêdhe Gêtaspêndhawa | ya ta sangsaya lama | Gêtaspêndhawa sêsunu | Ki Gêdhe Ngênis wastanya ||

8. ya ta ki gêdhe ing Ngênis | lama-lama apêputra | jalu abagus warnane | nama Kyai Pamanahan | nuli malih pêputra | warnanira langkung bagus | nama Senapati Nglaga ||

9. Radèn Mas Alit winarni | jêjuluk Pangran Pamêkas | anuli ika putrane | Kiyai Gêdhe Ngampuhan | Ngampuhan apêputra | ki gêdhe ing Karangêlu | anglèrakên karsanira ||

10. dhumatêng prayayi Jawi | sadaya malih kocapa | gênti ikang winiraos | kocapa ikang sajarah | Pangeran Ngampèldênta | kawarnaa Kajêng Rasul | warnanên ikang sajarah ||

11. Ni Pratimah kang wêwangi | Ni Pratimah apêputra | Bagedha[27] Usèn wastane | Bagedha Usèn pêputra | Jenal Ngabidin ika | Jenal Ngabin[28] asunu |[29] Jenal Khabir wastanira ||

12. Jenal Khabir kang winarni | lama-lama apêputra | Sèh Mudmadinil Khabire | Sèh Dinil Khabir pêputra | gih Sèh Jumadil Kobra | angsal jêng sultan ing Ngêrum | sakawan wau putranya ||

13. jumênêng Mahribi Brahim | asmara langkung ulama | putra wuragil namane | aran Maolana Iskak | ya ta kang kawarnaa | Mulana Ibrahim iku | wus antara nuli krama ||

14. putri ing Cêmpa karabi | ya ta ikang saya lama | kêkalih ika putrane | putra kang sêpuh wastanya | Radèn Ali utama | kang taruna wastanipun | Rahadèn Rahmat mêjana ||

15. putra kêkalih pan sami | anèng nagri Majalêngka | Rahadèn Ali wiyose | pinakramakakên ika | dhumatêng Brawijaya | angsal putri Madurèku | Rêtna Kusuma winarna ||

16. putrane Arya Baribin | ikang darbe kaponakan | kang aran Jaran Panolèh | jumênêng iman samana | anèng Garêsik ika | jumênêng [ju...]

--- [f. 8r] ---

Sajarah Dêmak, British Library (Add MS 12313 b), 1785, #971: Citra 12 dari 58

[...mênêng] pandhita luhung | lama-lama apêputra ||

17. têtiga atmajanèki | sêpuh Kalifah Nuraga | ikang panêngah wastane | Ngusman Khaji wus ulama | nênggih wuragilira | pan sampun sinung jêjuluk- | ira Nyai Gêdhe Tăndha ||

18. Radèn Rahman sampun krami | angsal Nyi Gêdhe Manila | pan sang rêtna sadulure | Ki Tumênggung Wilatikta | putrane Arya Teja | ing Tuban nagaranipun | jumênêng iman sêmana ||

19. nèng nagri Surabayèki | anênggih jêjulukira | kangjêng susunan ing Ngampèl | ya ta nuli apêputra | gangsal atmajanira | putra kang sêpuh winuwus | nyai gêdhe ing Pancuran ||

20. panênggakira winarni | nyai gêdhe ing Mêlaka | ikang panêngah wastane | Nyai Gêdhe Wilis ika | Sunan Benang arinya | wuragilira winuwus | Sausaunan[30] Dêrajat ika |[31]|

21. putra ampiyan winarni | pan sakawan kathahira | ikang kalih padha wadon | ikang kalih samya priya | kang sêpuh Kyai Mamat | Sèh Ambyah ikang panggulu | arine èstri wastanya ||

22. Nyai Madarung kang nami | wuragil Nyai Supiyah | ya ta ikang winiraos | nyai gêdhe ing Pancuran | apan sampun akrama | angsal putrane sang wiku | aran Kalifah Nuraga ||

23. atut dènnya palakrami | lama-lama apêputra | kêkalih èstri putrane | putra kang sêpuh wus krama | angsal Ki Gêdhe Sampang | ing nguni kang darbe sunu | Lêmbu Pêtêng ing Madura ||

24. putra kang anèm wus krami | pan angsal kangjêng susunan | ing Ngudung ika garwane | lama-lama apêputra | Sunan Kudus namanya | ya ta Suhunan ing Kudus | diwasa sampun akrama ||

25. angsal putranira sigih | Kyai Gêdhe Kalipucang | lama-lama winiraos | apan gangsal putranira | ikang sêpuh namanya | nyai gêdhe ing Pambayun | putra panênggak wastanya ||

26. Kangjêng Panêmbahan Kali | ingkang panêngah namanya | Panêmbahan Pulembange | arine malih wastanya | Pakaos Panêmbahan | anênggih wuragilipun | Pangeran Gêgênêng rannya ||

27. rabine sri narapati | ing Kudus ingkang pêputra | Dipati Siguruh rane | cinatur putra têtiga |

--- [f. 8v] ---

Sajarah Dêmak, British Library (Add MS 12313 b), 1785, #971: Citra 13 dari 58

ikang sêpuh namanya | Ratu Pakaja satuhu | putra panêngah wastanya ||

28. pan sampun sinung kêkasih | ran Panêmbahan Sujana | ika putra wuragile | Pangran Parada binabar | ya ta Ratu Pakaja | pan sampun akrama atuk | Pangran Singabarong ika ||

29. Mulana Iskak winarni | jumênêng Sèh Wali Lanang | sampun akrama wiyose | asal putri Balambangan | wus lama apêputra | Sunan Ratu Giri aku | sunan ing Giri pêputra ||

30. Susuhunan Dalêm sigih | wastanira ikang putra | Susunan Dalêm putrane | Sunan Parapèn namanya | Sunan Parapèn putra | nênggih wastane kang sunu | Panêmbahan Kawisguwa ||

31. Panêmbahan Guwakawis | akrama sampun pêputra | Panêmbahan Agung mangke | Kyai Agung apêputra | wasta Pangeran Êmas | Pangeran Êmas sêsunu | kang nama Sri Radèn Rêtna ||

5. Sinom

1. punika ikang sajarah | ing Ngadilangu winarni | kang aran Kiyai Răngga | ikang nêmbe Maospait | sasampuning akrami | lama-lama asêsunu | wastanira kang putra | Ki Arya Teja ing Tubin | pan Ki Arya akrama nuli pêputra ||

2. kêkalih èstri lan priya | kang sêpuh wastanirèki | nyai gêdhe ing Manila | punika sampun akrami | angsal pri[32] narapati | ing Ngampèldênta linuhung | Tumênggung Wilatikta | adarbe putra sawiji | ikang wasta Jêng Suhunan Kalijaga ||

3. Susuhunan Kalijaga | sasampunira akrami | adarbe putra têtiga | pawèstri ikang kêkalih | ikang sêpuh namèki | nyai gêdhe ing Pêmbayun | Nyai Gêdhe Panênggak | putra wuragil kang nami | Sunan Adi asangêt kasutapannya ||

4. Jêng Nyai Gêdhe Panênggak | sasampunira akrami | atut dènnya palakrama | ikang saya lami-lami | putranira kang nami | Jêng Panêmbahan Pangulu | panembahan pêputra | wasta Panêmbahan Kêtib | Panêmbahan Kêtib ika apêputra ||

5. sêsilihira kang putra | Panêmbahan Agung nêngih | Panêmbahan Agung putra | Panêmbahan Sabrang nênggih | sinêmbah Sabrang krami | lama-lama asêsunu | wastanira kang putra | Kangjêng Panêmbahan Wijil | Panêmbahan Wijil wus [wu...]

--- [f. 9r] ---

Sajarah Dêmak, British Library (Add MS 12313 b), 1785, #971: Citra 14 dari 58

[...s] krama pêputra ||

6. nugak[33] sêmi namanira | nanging mawi inthik-inthik | Pangeran Wijil kang seda | ing Kartasura ing nguni | ya ta Pangeran Wijil | kang seda Kartasurèku | apan sampun pêputra | wasta Jêng Pangeran Wijil | inthik-inthik Kangjêng Rahadèn Kusuma ||

7. Susunan Adi pêputra | panembahan ing Sêmawis | punika sampun akrama | pêputra Pambahan Patih | ya ta Pambahan Patih | wus akrama asêsunu | Panêmbahan Kanitèn |[34] punika sampun akrami | ikang saya lama-lama apêputra ||

8. panêmbahan ikang seda | ing Kêpuh kala rumiyin | punika sampun akrama | putra Panêmbahan Natapraji |[35] ya ta sampunnya krami | Natapraja asêsunu | wasta Pangeran Răngga | Suradiwăngsa asigit | Pangran Răngga Suradiwăngsa pêputra ||

9. wasta Pangran Răngga Kedang | ikang kawarnaa malih | nyai gêdhe ing Malaka | sêsampunira akrami | pan angsal Ngusman Khaji | lama-lama asêsunu | Susunan Muryapada | lan rabine ki dipati | ing Bintara Susunan Murya pêputra ||

10. Panêmbahan Patih ika | Panêmbahan Patih krami | ya ta nuli apêputra | warnane anom apêkik | baguse tanpa tandhing | nama Pambahan Tumênggung | cinatur sampun krama | atut dènnya palakrami | wus aputra Panêmbahan Pangulu ika |[36]|

11. punika sampun akrama | adarbe putra kêkalih | kang sêpuh Pangeran Murya | putra taruna winarni | Tumênggung Burêsèki | Pêkalongan nagrinipun | Tumênggung Baurêksa | sasampunira akrami | apêputra Dyan Wanasari wastanya ||

12. kalawan malih putranya | nama Radèn Martasari | Martasari apêputra | warnane tuhu apêkik | apan sinung kêkasih | kiyai gêdhe ranipun | Nayagaya pêputra | Kyai Kuwangsan kang nami | cinarita lama-lama apêputra ||

13. sasampunira akrama | atut dènnya palakrami | ya ta nuli apêputra | jalu warnane apêkik | tuhu datanpa tandhing | Kyai Patrêm wastanipun | Kyai Patrêm pêputra | pawèstri ayu linuwih | lir Supraba aran Radèn Ayudaya ||

14. akêdah ingalêm wignya | mangsuli carita malih | nênggih panjênênganira | Prabu Jênggala ginupit | ikang putra winarni | Rawisrêngga namanipun | Rawisrêngga pêputra | jalu warnane apêkik | apêparab Radèn Laleyan sêmana ||

15. Rahadèn Laleyan ika | kalane jumênêng aji | anèng nagri Pajajaran | satus taun laminèki | karatone ing nguni | nurunkên ratu têtêlu | Mundhingsari namanya | Mundhingsari asêsiwi | Mundhingwangi samya jumênê[37] narendra ||

16. anèng nagri Pajajaran | sakawan putranirèki | pawèstri pambayunira | kêni supata sudarmi | supatanira uni | muga dadi rara

--- [f. 9v] ---

Sajarah Dêmak, British Library (Add MS 12313 b), 1785, #971: Citra 15 dari 58

wudhu | aja tunggal manusa | tinudhung[38] marang sudarmi | apratapa nèng Gunung Kombang sang rêtna ||

17. sakalangkung mati raga | wus amor sasolahnèki | lawan lêlêmbut sadaya | sing Gunung Kombang wus gisir[39] | ya ta sang rêtna dèwi | ngêdhaton sagara kidul | sakèh lêmbut sadaya | karèh dhatêng sang lir ratih | arinira panênggak kang kawarnaa ||

18. pawèstri kawêlasarsa | akathah sakite uni | bisu myang sabarang lara | kang rama merang kapati | binuwang duk ing nguni | binuwang ing pulo Udrus | pinupu rajeng Kelan | anurunakên Kupêni[40] | apan dadya tigang tanah cinarita ||

19. pulo Drus Sapanyol ika | kang kalima basa lain | pan sadaya walung tanah | anulya arine malih | jalu warnane pêkik | pêparab Radèn Sêsuruh | tugal[41] ibu mung tiga | anuli arine malih | sanès ibu Rahadèn Siyungwênara ||

20. ênêngna datan kocapa | turune ikang winarni | sasedane Sri Narendra | Pajajaran rusak nênggih | cokrah[42] kala ing nguni | apan sami kadangipun | ya ta Siyungwênara | Pajajaran madêg aji | Dyan Sêsuruh jumênêng ing Majalêngka ||

21. nama Prabu Brawijaya | turune malih winarni | Brawijaya apêputra | Brakumara wastanèki | Pajajaran kang nagri | wus sirna karatonipun | kari bupatinira | kang sineba ing wadya lit | turunira Sang Prabu Siyungwênara ||

22. ikang saya lama-lama | nagara wus dadi siji | kalangkung gêmah raharja | nagari ing Maospait | Brakumara winarni | putranira kang winuwus | nama Ardiwijaya | Ardiwijaya winarni | apêputra awasta Martawijaya ||

23. ya ta Sang Martawijaya | atmajanira sêsilih | Sang Prabu Ekawijaya | punika ikang mêkasi | saturunira aji | Brawijaya wastanipun | ya ta Sang Brawijaya | kang kari ikang winarni | saturune pan akathah garwanira ||

24. garwa padmi kang kocapa | putra saking Cêmpa uni | ratu mas ing Darawatya | têtiga kadang winilis | putra sêpuh karabi | Brawijaya Majalangu | kang panênggak kagarwa | putra Sèh Jumadil Kèbri | mila-mila saking Arab pinangkanya ||

25. têdhake Nabi Mustapa | aran Pandhita Mustakim | Ki Sèh Ibrahim asmara | warujunira winarni | ya ta jumênêng aji | ing Cêmpa nagaranipun | ya ta raja pandhita | jalu putrane sawiji | pinaraban ing rama Rahadèn Rahmat ||

26. kesah mêlana ngêjawa | lan kang uwa arsa panggih | sadhèrèke ibunira | kagarwa Brawijayèki | wus prapta Maospait | Dyan Panggih lan sang aprabu | kang uwa langkung suka | Jêng Ratu Andarawati | ikang putra pan sanès agamanira ||

27. andikane Brawijaya | mring kang putra duk ing nguni | apan ta sinungan dhêkah | ing Ngampèldênta pinaring | paretahe Sang Aji | Brawijaya

--- [f. 10r] ---

Sajarah Dêmak, British Library (Add MS 12313 b), 1785, #971: Citra 16 dari 58

duk karuhun | pan nora winangênan | wong nusa Jawa sakèhni[43] | ikang kasdu umasuk agama Islam ||

28. apan ta Sang Brawijaya | sapunika dèrèng apti | kèhing jalma sêsênêngan | ikang wiwit gama sukci | dhatêng ikang pinundhi | ya ta malih kang cinatur | garwane Brawijaya | putri saking Cêmpa uni | putranira têtiga lir madu kilang ||

6. Dhandhanggula

1. putra pêmbayun pawèstri adi | ikang rayi kalih sami priya | Ki Lêmbu Pêtêng wastane | Madura parnahipun | namanira wau kang rayi | Radèn Gugur namanya | pakarêmanipun | apratapa anèng sonya | cinarita putra kang sêpuh ing nguni | pan kinarya ganjaran ||

2. duk nagri Bali pambakoknèki[44] | ya ta tinarimakakên ika | marang pugawa[45] ta mangke | têdhakipun Sang Prabu | Dayaningrat sang natèng Pêngging | nênggih nama dipatya | ing Pêngging jêjuluk | Dipati Andayaningrat | ya ta malih Brawijaya ikang siwi | patute lan dênawa ||

3. Ki Arya Dilah ikang wêwangi | wus tinanêm nagri ing Polembang | nulya putranipun malèh | patutane karuhun | putri Cina punika lair | anèng nagri Polembang | wus sinung jêjuluk | winastan Rahadèn Patah | ana malih putra ampiyan winarni | saking ban lèn ibunya ||

4. gadhah putra siji jalu pêkik | Radèn Jaran Panèlèh[46] wastanya | nèng Sumênêp Pamêkase | ing Balega kêdhatun | tuduhira ikang sudarmi | Sang Prabu Brawijaya | malih putranipun | kang samya ibu ampiyan | apan jalu warnane tuhu apêkik | pinarnah Pranaraga ||

5. jêjuluk Bathara Katong sigih | watên malih kang putra ampiyan | sampun pinakramakake | sal Dipati Lowanu | lan ing Gawong kang putra malih | Brawijaya kocapa | Wandhankuning iku | ibune Rahadèn Bodhan | pinarnahkên marang ing rama ing nguni | dhatêng ing Tarub ika ||

6. anèng Tarub ingalihkên nami | ajêjuluk Lêmbu Pêtêng ika | aja kaliru urute | samya putranirèku | Brawijaya kêkalih tunggil | nama ing Tarub ika | kang sawijinipun | palênggah anèng Madura | Ki Gêng Tarub kang ngalih namane dhingin | Radèn Bodhankêjawan ||

7. kang patutan saking Wandhankuning | Lêmbu Pêtêng kang anèng Madura | kang saking Cêmpa ibune | ya ta malih cinatur | saurute ikang winarni | aja kaliru basa | aja salang surup | caritane kang pratela | bokmanawa wantune wong jaman mangkin | kathah wong adol nama ||

8. Radèn Patah kawarnaa malih | patutane saking putri Cina | Sang Brawijaya putrane | anèng Polembang sampun | angêjawi lawan kang rayi | sadhèrèk sanès bapa | pan tunggil saibu [sa...]

--- [f. 10v] ---

Sajarah Dêmak, British Library (Add MS 12313 b), 1785, #971: Citra 17 dari 58

[...ibu] | Radèn Usèn namanira | pan suwita mring Sang Prabu Maospait | kêkasih Pêcattăndha ||

9. pan ginanjar ing Têrung nagari | Radèn Patah tan arsa suwita | angaji mring Sunan Ngampèl | ing Ngampèl kang sinuhun | garwanira ikang winarni | putra Arya Teja |[47] Tuban nagrinipun | lagya pêputra têtiga | putra sêpuh Nyai Gêng Manyura sigih | anuli Sunan Benang ||

10. Sunan Dêrajat ikang wuragil | Nyai Gêdhe Manyura pêputra | Nyai Gêng Mêlokong rane | pinanggihakên sampun | lawan Radèn Patah anênggih | dadya Rahadèn Patah | ngambil mantu putu | marang Sunan Ngampèldênta | Radèn Patah wus kandêl agama sukci | tinuduh mring kang eyang ||

11. radèn sira lungaa dèn aglis | angulona apan ana alas | Galagah Arum gandane | dhêdhukuha sirèku | anrapêna agama sukci | sarake Rasululah | manawa ing besuk | lama-lama dadi kutha | iya sira purwa raja amêkasi | mêkasi nata Buda ||

12. Radèn Patah tur sêmbah nulya mit | sakalangkung mêlêng kesahira | dene tuduhe gurune | angilèn lampahipun | tan kawarna lamining margi | prapta manggih galagah | gandaningpun[48] arum | ya ta nuli dhinêkahan | lami-lami akathah ikang tut wiking[49] | dènnya dhukuh Bintara ||

13. amêmuruk agamaning nabi | saya kathah kang wong atut wuntat | sampun ngadêg Jumungahe | sangsaya kathah rawuh | wong pasisir kanan lan kèri | awisma ing Bintara | wus dadya praja gung | watara ana salêksa | amiyarsa Brawijaya Maospait | nimbali Pêcattăndha ||

14. adipati ing Têrung wus prapti | ngarsanira Prabu Brawijaya | ya ta asru andikane | hèh Adipati Têrung | asaosa kaprabon jurit | ing kulon kene ana | iya wong dhêdhukuh | ing Dêmak bumi Bintara | wus angrabda manawa rêraton bejing[50] | nuli gitikên ing prang ||

15. adipati ing Têrung wotsari | gih pukulun kang dhêkah Bintara | kadang kawula yêktine | pun kakang tunggil ibu | nanging sanès ikang mancêri | kawula pun Dipatya | Polembang sêsunu | pun kakang Rahadèn Patah | pan pun ibu abêkta wawratan uni | kang saking tanah Jawa ||

16. amiyarsa aturing dipati | Brawijaya emut ing jro nala | lamun iku titipane | dadya ngandika arum | yèn makono[51] ta adipati | ya sira lumakua | timbalana gupuh | praptaa ing ngarsaningwang | ya ta lèngsèr lampahe ki adipati | ing Têrung marang Dêmak ||

17. tan kawarna ing marga wus prapti | Pêcattăndha nagri ing Bintara | wus panggih lawan kadange | dhinawuhakên sampun | kang timbalan sri narapati | kalamun ingandikan | dhumatêng sang prabu | sigra mangkat Radèn Patah | kering marang kang rayi ki adipati | Majapait wus prapta ||

18. adipati ing Têrung rumiyin | ikang raka ingantun ing jaba | Dipati Têrung praptane | mugèng[52] ngarsa sang prabu | apranata marang sang aji | katur solah dinuta [di...]

--- [f. 11r] ---

Sajarah Dêmak, British Library (Add MS 12313 b), 1785, #971: Citra 18 dari 58

[...nuta] | rèh dinuta ulun | animbali ing pun kakang | sampun prapta samangke katun[53] ing jawi | sumăngga karsa nata ||

19. sri narendra akèn animbali | aglis prapta salêbêting pura | tumanduk ngabyantara ge | Brawijaya andulu | Radèn Patah pinancêr liring | sêmu myang pasariran | Dyan Patah tumukul[54] | Brawijaya mudhut[55] kaca | sigra ngilo sêmana awas ningali | wêdana kang nèng kaca ||

20. Brawijaya amicarèng ati | iya uga atmaja manira | kang sun titipi ibune | duk sun paringkên iku | mring Polembang wawrat tri sasi | sun wêkasi Dipatya | Polembang karuhun | ya ta nuli nagri Dêmak | pinaringkên kang putra sinung kêkasih | Adipati Bintara ||

21. wus tinudhung[56] mulih ki dipati | mudur[57] saking ngarsaning narendra | lajêng mring Ngampèl lampahe | arsa panggih lan guru | kang sinuhun ing Ngampèlgadhing | pan nagri Surabaya | wus Sêlam sêdarum | timbalane Brawijaya | sêsênêngan wong Jawa tan sun wangêni | angimani kang putra ||

22. Adipati Bintara wus prapti | Ngampèldênta ngarsaning pandhita | wus sujud ngaras padane | nêmbah aris umatur | pan kawula anuhun idi | kula arsa bêdhaha | nagri Majalangu | nadyan punika na bapa | ratu kopar tan anut aga[58] sukci |[59] sang wiku angandika ||

23. aja mangkono sira ki bayi | ramanira apan nora nyêgah | wong kang mangsuk agamane | apadene maring sun | sinakarêp lan dèn paringi | beya sun dadi iman | anèng Surèngkewuh | apadene iku sira | pinaringan salêksa wong Bintarèki | kalilan gama mulya ||

24. apa cacade ramanirèki | dene durung arsa gama Islam | Alah durung marêngake | aja agege laku | dèn narima titahing Widi | ikang wayah tur sêmbah | tumukul abukuh | kawarnaa kalih dina | Kya Dipatya Bintara nèng Surèngwèsthi | wus kudur[60] prapta Dêmak ||

25. datatita lingira ing nguni | tan kawarna rocèning[61] carita | tinutur cindhake[62] bae | kathah mulana rawuh | saking tulèn samya ngêjawi | nênggih mulana Islam | Balambangan rawuh | krama putri Balambangan | apan sampun pêputra jalu satunggil | nanging ingalap suta ||

26. marang nyai patih ing Garêsik | wis diwasa kinèn angajia | anyabat Susunan Ngampèl | sampun ingambil matu[63] | mring sanuhun[64] ing Ngampèlgadhing | putra saking ampiyan | anuli tinuduh | dadi iman Garsik lawan | ing Sidayu jumênêng Susunan Giri | ana malih kang prapta ||

27. maolana saking Ngatasangin | Kalifah Kusèn jêjulukira | pan sampun prapta ing Ngampèl | wus lami pan tinuduh | mring sinuhun ing Ngampèlgadhing | dadi iman Madura | Lêmbu Pêtêng sampun | Sêlam kabèh wong Madura | myang Sumênêp

--- [f. 11v] ---

Sajarah Dêmak, British Library (Add MS 12313 b), 1785, #971: Citra 19 dari 58

Balega agama suci | Kalifah Kusèn krama ||

28. angsal putrane Arya Baribin | watên malih mulana Lul Islam | ngajawa prapta lampahe | ing Ngampèl kang sinuhun | asung tuduh ing Pakisaji | dadya iman Sêmarang | ana malih rawuh | samya trahing Rasululah | têdhakipun Ki Sèh Mahmudinil Kabir | ngêjawa sampun prapta ||

29. wus tinuduh angimani sigih | ing Garêgês Carêbon sadaya | Pajajaran Karawange | agêng Jumungahipun | nama sunan ing Gunungjati | kèh ajar kalajar |[65] bêbêtoh kabutuh | mangkana ing tanah Jawa | sampun kathah pandhita myang para wali | ana malih kocapa ||

30. Kyai Tumênggung Wilatiktèki | putranira Arya Teja Tuban | dadya ipe Sunan Ngampèl | adarbe putra jalu | akêkasih Rahadèn Said | gêguru Sunan Benang | ing nak-sanakipun | nèng pulo Upih pratapa | pinèt ipe mring Susunan Gunungjati | pêparab Sèh Malaya ||

31. adhukuh ing Kalijaga sigih | Sèh Malaya sangêt tapanira | dadya luhur kuwalène | jumênêng wali kutub | Panêmbahan Johar Manrakim | kunêng Ki Sèh Malaya | mangkana winuwus | kang Sinuhun Ngampèl seda | pan sinare ing Ngampèl kang para wali | -yulah prapta sadaya ||

32. samya nalatakên kang wus lalis | Sunan Giri samya ingestrenan | dadya iman wali kabèh | lan ing Benang sinuhun | kathah têrahing Ngampèlgadhing | jumênêng waliyulah | ing Murya lan Ngudung | mangkana nagring[66] ing Dêmak | saya arja wis rêbag[67] kang para wali | ingigahakên[68] raja ||

33. angrabasèng kitha Majapait | apan wênang angrusak wong kopar | kang para wali karsane | Dipati Bintarèku | kang kinarya ratu agami | Susunan Giripura | angidèni sampun | Sunan Gunungjati prapta | Sunan Benang wus prapta Dêmak nagari | miwah pra adipatya ||

34. ing bang kilèn sadaya wus prapti | Sunan Benang apan pirêmbagan | ikang tinuduh ing gawe | nênggih Susunan Ngudung | senapati angirid baris | wus budhal saking Dêmak | wadya gung gumuruh | dene para wali prapta | pagunêman nèng Dêmak akarya masjid | para wali bubuhan ||

35. kawarnaa kang lumakyèng jurit | Sunan Ngudung lan para dipatya | prapta ing Majapaite | wus katur mring sang prabu | yèn gêgaman Dêmak wus prapti | èstu lamun kang putra | kang ngrabasèng pupuh | angungun Sang Brawijaya | balakosya ing Majapait wus prapti | amapag ing ayuda ||

36. Adipati Têrung senapati | kang nidhihi[69] wadya Majalêngka | lan Gajahmada kanthine | putranira sang prabu | Radèn Gugur têtidhih jurit | ya ta campuh kang yuda | Adipati Têrung | kalangkung prawiranira | èsmu kewran ing Dêmak kadang sayêkti | gusti ing Majalêngka ||

37. sakèhing kang mangsuk ing agami | milu Dêmak ikang maksih Buda | milu [mi...]

--- [f. 12r] ---

Sajarah Dêmak, British Library (Add MS 12313 b), 1785, #971: Citra 20 dari 58

[...lu] ing Majapaite | lami dènnya prang pupuh | tan kawarna lamining jurit | sigêg kang pabarisan | Dêmak kang winuwus | abahan pêpak sadaya | ikang badhe kinarya dadanan[70] masjid | para wali bubuhan ||

38. nanging kangjêng suhunan ing Kali | bubuhane ikang durung ana | ngadhêp wong mêmadung bae | Susunan Benang muwus | sira iku ki jêbèng êndi | pan sira kabubuhan | iya saka guru | dene tan ana katingal | atur sêmbah igih panêmbahan gampil | mangke dalu ngupaya ||

39. mèsêm ngandika Sang Maha Yêkti | aja sira ki jêbèng sambrana | sesuk manira dêgake | nganti Ki Jêbèng Ngudung | kaya besuk esuk yèn prapti | barise dèn tigala[71] | agampang ing besuk | dimèn kari pra dipatya | ikang tunggu mêngkana prapta ing wêngi | Susunan Kalijaga ||

40. amung tatal kinumpulkên sami | sinambung-sambung wus dadi saka | Sunan Kali ing sabdane | enjingane winuwus | ya ta pêpak kang para wali | Susunan Ngudung prapta | wus mugèng ing ngayun | Pangran Dipati Bintara | kang sinuhun ing Benang ngandika aris | lah payo lêkasana ||

41. gumuruh jalma kang nambut kardi | tan rêkasa jalma nabut[72] karya | para pandhita sêbdane | rame sakèhing kaum | saka tatal punika sigih | pinarnah ing lor wetan | pangimanan walu | nanging ginatra kewala | samya karya tilas ikang para wali | sigra ukure padha ||

7. Pangkur

1. masjid ing Dêmak wus dadya | tudha[73] tiga langkung dene rêspati | têngah pangimanan agung | kanan kèri ginatra | langkung pelag kalamun wau dinulu | Sinuhun Benang ngandika | mring Dipati Bantarèki[74] ||

2. lah ki jêbèng kakonana[75] | mring Polembang sira awèha uning | aprakara anakipun | iya si Pêcattăndha | apan uwis Asêlam ing batinipun | milu labuh ratu kopar | jalukên lilane ugi ||

3. apan ta nora winênang | wong angrus[76] atawa amatèni |[77] sami Sêlam ta puniku | adipati tur sêmbah | sigra nuding mantri sakawan lumaku | wis alayar mring Polembang | saha sêrat adipati ||

4. tan kawarna punang duta | para wali pradongdi keblat masjid | satêngah kurang mangidul | bênêre Kakbatolah | kang sawanèh kurang ngalor bênêripun | ayog-ingayog[78] tan pêgat | pan sami asta sawiji ||

5. obahing masjid upama | lir dèn ingêr jalma walung atus sigih |[79] mingar-mingêr ngalor-ngidul | samya jinawil ngasta | kang Sinuhun Benang kewran ngandika rum | lah uwis padha mênênga | luwung sanak mangke bêngi ||

6. samya nênêdha Pangeran | ing bênêre Kakbatolah ku sigih | ya ta kawarna ing dalu | wali-wali prasamya | anênêdha sarwi mawas lêrêsipun | Kakbah ing Mêkah katingal | saking ing Dêmak nagari [na...]

--- [f. 12v] ---

Sajarah Dêmak, British Library (Add MS 12313 b), 1785, #971: Citra 21 dari 58

[...gari] ||

7. para wali mawas samya | ing bênêre Kakbah maksih pradongdi | Sunan Kali nêmbah matur | marang Sinuhun Benang | yèn makatên tanpa wêkasan pukulun | ngadêg Sunan Kalijaga | mring guru sarya ngabêkti ||

8. majêng mangidul margagah | asta kiwa nyandhak sirahing masjid | asta kang têngên anggayuh | sirahing Kakbatolah | tan antara masjid lan Kakbah wus gathuk | matur Sunan Kalijaga | lah sadaya kadipundi ||

9. punika măngsa owaha | saking misêr[80] anganan lawan ngèri | pan pitulunging Yyang Agung | samya amawas sigra | wus mufakat Kakbatulah nulya wangsul | wanci pajar sidik samya | asalat subuh pra wali ||

10. Sinuhun Benang imannya | Sunan Kali wau ikang ngamati | sampun salat bakdanipun | kumênyar kang raditya | pamidhangan kang kilèn ana gumandhul | kagèt pra wali sadaya | prasamya awas ningali ||

11. Susunan Benang ngandika | apa ika gumandhul sun tingali | ulêse walulang wêdhus | isine iku apa | kinèn nguthik bêbutêlan[81] sampun rutuh[82] | katur mring Sinuhun Benang | cinandhak wus dèn ukabi[83] ||

12. ing jro pan isi rasukan | dhapur rêkta ana isine tulis | lorodan andika rasul | dene kang dhinawuhan | Sèh Malaya ikang rasukan anggadhuh | Sinuhun Benang ngandika | lah nêdha Ki Jêbèng Kali ||

13. sira ikang agadhuha[84] | Sunan Kali sujud sarya atampi | ya ta adonga tafakur | lêngêng wali sadaya | Sunan Benang pangandikanira arum | puniku ăntakusuma | langsarane kangjêng nabi ||

14. ulêse puniku nyata | pan walulang wêdhus kongsi agudhil[85] | sawab saking laminipun | ginawe pasalatan | mring jêng nabi hèh iya karyanên iku | kulambi kang dhapur takwa | dene ikang ngago[86] bejing ||

15. bêbêkêl ing tanah Jawa | singa dadi ratu ikang darbèni | pan Ki Gudhil[87] aranipun | Sunan Kali tur sêmbah | wus mangkana lamine datan winuwus | Susunan Ngudung tinêdah | dhatêngakên karya jurit ||

16. panêmbahan angandika | ing ayuda lamun ikang nadhahi | yèn Si Adipati Têrung | rewangên sawatara | Sunan Ngudung anambut rasukanipun | mring Sinuhun Kalijaga | Kyai Ăntakusuma di ||

17. wus budhal saking Bintara | tan kawarna ing marga sampun prapti | pabarisan Majalangu | egar kang pra dipatya | dene senapati Sunan Ngudung rawuh | kocapa campuh ing yuda | Bintara lan Majapait ||

18. kalangkung ramening yuda | pan akathah prajurit Maospait | ki adipati ing Têrung | senapatining yuda | Kya Dipati Gajahmada êmbanipun | Radèn Mas Gugur kang putra | minăngka wakil sang aji ||

19. ramening prang long-linongan | Adipati Têrung ikang nadhahi | Susunan Ngudung kasambut | kanin lambung kang kiwa | Kyai Ăntakusuma mantuk karuhun | nagri ing Dêmak wus prapta | apan sarya kuthah gêtih ||

20. kang Sinuhun Kalijaga | gya cinandhak [cina...]

--- [f. 13r] ---

Sajarah Dêmak, British Library (Add MS 12313 b), 1785, #971: Citra 22 dari 58

[...ndhak] rasukan lajêng sung warti |[88] mring garwane Sunan Ngudung | bok raka katiwasan | pan si kakang kasambut ing prang wus lampus | garwa Sunan Ngudung lingnya | yayi sitên[89] kang sung warti ||

21. Suhunan Kali ngandika | Kyai Gudhil ikang matuk[90] kariyin | apan sarya kuthah marus | kakang anyurtanaha | pan rasukan kula Ki Gudhil sinambut | jawining pasthi rinêksa | dening salêbêting pasthi ||

22. sitên kawasa nyêgaha | ya ta garwa Sunan Ngudung anangis | asru dènira amuhun | wus mulih Sèh Malaya | tan alama layone Susunan Ngudung | nagri ing Dêmak wus prapta | sinare lèr kilèn masjid ||

23. duta ing Dêmak kocapa | ikang dhatêng Polembang sampun prapti | ikang nuwala wus katur | mring Ki Agêng Polembang | wus sinungan duta sêrat angsul-angsul | Ki Arya Dilah ngandika | iki sun gawani pêthi ||

24. duta mintar prapta Dêmak | sampun panggih lawan sang adipati | katur solahirèng ngutus | miwah kêkitunira[91] | Kya Dipati Pulembang pan sampun katur | sigra Dipati Bintara | seba dhatêng sang ayogi ||

25. ngaturakên duta prapta | matur nêmbah sira sang adipati | wus katur saaturipun | duta saking Pulembang | purwa katur dhatêng ing wêkasanipun | Sinuhun Benang ngandika | Pangeran Kudus tinuding ||

26. sumiliha senapatya | pan Pangeran Kudus putranirèki | dhumatêng Susunan Ngudung | aturipun sandika | Sunan Gunungjati bêktani pangulu | kalawan bêbadhongira | kirabên têngahing jurit ||

27. kang ngêcap Sinuhun Benang | ginawakkên marang kang andon jurit | gêgaman Madura rawuh | ing Giri pakumpulan | pan sakawan putra jalu dadya mungsuh | kang wus kait milu Dêmak | Madura lan Panaragi ||

28. ing Sumênêp Pamêkasan | sigra budhal wadya ing Dêmak aglis | pangirid Pangeran Kudus | ing Majapait prapta | Sunan Giri wus agawani[92] pangulu | lan dhuwung kinèn abêkta | Ki Kalamunyêng kang nami ||

29. tinarika ing paprangan | sampun kêbut gêgaman saking Giri | sakilèning Majalangu | gènira pagunêman | wadya Majapait alêksan kang magut | ing dalu pagunêman |[93] Wong Agung Dêmak lan Giri ||

30. bêbadhonge jêng susunan | ing Carêbon rêmbug kinirab dhingin | ing Giri ta besuk esuk | lan kang saking Pulembang | sampun rêmbag bêbadhong kinirab dalu | nèng jawining pabarisan | byar mêdal tikus sakêthi ||

31. ping kalih rong kêthi prapta | kaping tiga pan mêdal tigang kêthi | sadaya tikus tumanduk | marang barising mêngsah | pan kumêrab ing barisan udan tikus | mêmăngsa pondhoking mêngsah | sadaya sangune ênting ||

32. miwah ambêning turăngga | samya sêdhih tan kêna disayuti | ginitak[94] saya kèh rawuh | giris wong Majalêngka | pênyanane tikus alasan sêdarum | gègèr sakèh wong barisan | suwe-suwe nyalawadi ||

33. sadalu gègèr puyêngan | wong barisan langkung sêdhih kang ati | ejingira[95] kang winuwus | gêgaman samya kirab | yun-ayunan Ki Lamunyêng ingunus |[96] pan mêdal tawon ayutan | ngêbyuki wong Majapait ||

34. pêthi kang saking Polembang | wis binuka jumêgur pêthi muni | ing awiyat gumalêdhug | pêtêng dhêdhêt limunan | angin mêsês bayu bajra awor lesus | lir ginojing[97] bumi obah | prahara maruta midid ||

35. gurnita bumi prakêmpa | gêtêr patêr dhêdhêt wun-awun prapti | wrêksa sol rug kabarubuh | mabyungan satu wana | têtumpêsan wong Majapait [Ma...]

--- [f. 13v] ---

Sajarah Dêmak, British Library (Add MS 12313 b), 1785, #971: Citra 23 dari 58

[...japait] kèh bingung | dening tawon aliwêran | Adipati Têrung ngisis ||

36. tan mudur marang nagara | lajêng matuk marang nagrinirèki | Brawijaya mekrad sampun | lan para garwanira | nanging Ratu Darawati datan tumut | pramèsyari saking Cêmpa | ing batin sampun agami ||

37. wis anut dhatêng kang putra | Ngampèldênta wus lami gama suci | kala bêdhah Majalangu | samana sinangkalan | sirna ilang kêrtining bumi winuwus |[98] pêtêng ilang wus apadhang | wong Dêmak majing[99] nagari ||

38. putra jalu kang kasimpar | Radèn Gugur angungsi Panaragi | tan sakeca manahipun | atunggil lawan kadang | dadya lampus adhêdhêkah gunung Lawu | langkung sangêt tapanira | mangsuli kăndha pamijil ||

8. Mijil

1. wadya ing Dêmak winuwus malih | wus majing kadhaton | ajêjarah jro pura isine | pajêksane binubrah tumuli | kinarya surambi | Dêmak badhenipun ||

2. gumrah wadya ing Dêmak ngusungi | asêlur punang wong | pra dipatya kabubuhan kabèh | adipati ing Têrung kawarni | pan umadêg baris | dèrèng ar[100] nungkul |[101]|

3. kang mawi jrih solahirèng nguni | kang sampun kalakon | pan Susunan Ngudung kasambute | ikang putra Sunan Kudus nênggih | dadya senapati | masesani laku ||

4. manawa tyasira tan sayêkti | karya mudhut liron | dene ikang rama kasambute | Pêcattăndha ikang marwasani | dadya abêbiting | Adipati Têrung ||

5. yèn Dipati Têrung amiyosi | angudi palugon | sakalangkung awrat sêsanggane | pan kalindhih sagung pra dipati | samya tur upaksi | mring Pangeran Kudus ||

6. ikang maksih anèng Maospait | wus matur kang kinon | pra dipati yèn asor yudane | Jêng Pangeran Kudus anindaki | tan mawi wadya lit | amung wong pêpitu ||

7. praptèng pakuwoning pra dipati | gumrahing pawartos | wadya Têrung siyaga yudane | mirsa senapatine kang prapti | ngungak saking biting | katingal kang mungsuh ||

8. yutan lêksan akêthèn kang prapti | pangrasane katon | katon têpung jasat sabawane | wadya atêr[102] wingwrin kêkês sami | para mantri nangis | angaturi nungkul ||

9. Adipati Têrung anuruti | badhe aduta wong | apan sarya binaktan surate | pan katur ing Pangran Kudus nênggih | atur pati urip | Adipati Têrung ||

10. Pangeran Kudus suka ing galih | angandika alon | salawase niyata mangkene | nora kongsi wong cili kèh mati | ing paman dipati | sumêlang maring sun ||

11. dumèh kangjêng rama duk ing nguni | seda ing palugon | pan si paman marwasèng yudane | apa iya wong urip puniki | tan wêruh ing pasthi | karsaning Yyang Agung ||

12. duta kalih ing Têrung miyarsi | lêga tyase karo | dene Pangran Kudus tibalane[103] | wus tinulak caraka wotsari | sampun dèn paringi | sêrat angsul-angsul ||

13. praptèng jro biting kang duta mantri | aturira alon | sêrat winaca lêga galihe | măngsa cidraa kêcaping tulis | dene para wali | nora laku bujuk ||

14. asanega sugata rinukti | wus abongkok waos | garwa putra wus ginawa kabèh | rakite lir wong dinutèng gusti | mêntas jêjarahi | sawakèng [sawa...]

--- [f. 14r] ---

Sajarah Dêmak, British Library (Add MS 12313 b), 1785, #971: Citra 24 dari 58

[...kèng] kang ngutus ||

15. wus mêdal prapta jawining biting | asêlur punang wong | sampun prapta ing pabarisane | Jêng Pangeran Kudus animbali | ing ngarsa wus prapti | Adipati Têrung ||

16. arsa nêmbah ing Têrung Dipati | glis cinandhak dèn wot | paman dawêg sêsalam bae |[104] paman sampun andika ngabêkti | angarah punapi | paman lawan isun ||

17. apan igih sami tunggil jinis | dipati abukoh | Pêcattăndha mangrêpa lungguhe | ngaturakên pati lawan urip | miwah anak rabi | rajabrana katur ||

18. Pangran Kudus suka tyas ningali | angandika alon | paman dawêg kula bêkta age | dhatêng Dêmak panggiha pribadi | lan rakanirèki | tuwin sang awiku ||

19. Adipati Bintara sayêkti | lêga tyase tumon | lamun paman ngabêktia dhewe | miwah Sinuhun Benang sayêkti | pan tustha ing galih | Pêcattăndha matur ||

20. inggih sakarsa paduka aji | pan lêgawèng pakon | sigra budhal sabalane kabèh | sapraptane nagri Maospait | nuli dèn bubuhi | Kya Dipati Têrung ||

21. angusungi kang bakal surambi | marang Dêmak kang wong | pan paseban pajêksan ginawe | wus ingusung saking Maospait | mangkana winarni | kang gêgaman agung ||

22. budhal saking nagri Maospait | wus kêbut punang wong | tan kawarna ing marga lampahe | sampun prapta ing Dêmak nagari | gumrah kang ningali | mugèng alun-alun ||

23. Dipati Bintara wus mijil |[105] saking jro kadhaton | wus pinarak sineba wadyane | Pangran Kudus prapta mugèng ngapti | kalawan kang rayi | Adipati Têrung ||

24. samya ngaras pada mring dipati | rêrangkulan alon | langkung samya karasèng manahe | binakta wus marak ing sang yagi[106] | praptèng masjid sami | ing ngarsa sang wiku ||

25. sarêng nêmbah ing pada sang yogi | sang dipati anon | ngaturakên purwa wêkasane | ing solahirèng wau ing jurit | miwah pun Dipati | Têrung nukulipun[107] ||

26. langkung sukanira tyas sang yogi | angandika alon | iya apa kang kinarêpake | liya saking agamaning nabi | rèh samya ngaurip | pan tutun-tinuntun[108] ||

27. yèn nampika agamaning nabi | wong urip pakewoh | Ki Bintara paran ing karsane | marang arinira ki dipati | ing Têrung puniki | Bintara wotsatun[109] ||

28. igih taksih têtêp adipati | nèng Têrung palunggoh | angrataa ing bang wetan kabèh | anraprêna[110] agamaning nabi | dèn samya nastiti | asri yèn dinulu ||

9. Sinom

1. wus samya apamodhokan[111] | sakèhing para dipati | sutanira Pêcattăndha | ing Têrung ayu linuwih | pinanggihakên nuli | kalawan Pangeran Kudus | wus panggih anèng Dêmak | ing Kudus jinujung[112] sigih | ajêjuluk ing Kudus kangjêng susunan ||

2. mangkana ing dina Soma | pakumpulan para wali | Sang Adipati Bantara[113] | jinênêngakên nêrpati | sadaya angèstrini | nama Senapati Jimbun | Panêmbahan Polembang | punika bisikan aji | amisuwur adipati tanah Jawa ||

3. dene ta pêpatihira | jalma saking Ngatasangin | anama Patih Mangkurat | punika ikang sêsiwi | Ki Gêdhe Pala sigih | angêjawa mulanipun | nuli truka ing Dêmak | anake kinarya patih | wicaksana Patih Mangkurat widagda ||

4. kawarnaa Pêcattăndha | wus matuk Têrung nagari | bêndhene aran Ki Macan | tinilarakên putrèki | kang dipun wasiyati | anênggih Susunan Kudus | malih kang cinarita [ci...]

--- [f. 14v] ---

Sajarah Dêmak, British Library (Add MS 12313 b), 1785, #971: Citra 25 dari 58

[...narita] | Pramèsyari Darawati | putri Cêmpa garwanira Brawijaya ||

5. tan tumut mekrad kang raka | sabêdhahe Majapait | apan kêdah mati Islam | binakta marang sang yogi | Sinuhun Benang nênggih | dene sampun sangêt sêpuh | seda anèng ing Benang | sinare Karang Kêmuning | watên malih wong agung kang cinarita ||

6. palayon sing Majalêngka | Ki Juru ikang wêwangi | kala kawone sang nata | aprang lan putranirèki | Kyai Juru winarni | lumayu lan putranipun | wanodya kawlasarsa | pisah lan ibunirèki | pramilane sang dyah binakta ing rama ||

7. lampahe amurang marga | manjing wana malbèng sungil | anusup wana gêrotan | prigabaya[114] tan kaèksi | jurang jro dèn lêbêti | Ki Juru lawan kang sunu | saya kalunta-lunta | lampahe sangsaya lami | kawarnaa Ki Juru manggih pratapan ||

8. ing Ardi Êduk wêstanya | sigra dhinukuhan aglis | sêksana nênandur sigra | jagung canthèl lawan jali | kara gudhe cêcipir | gadum[115] kalawan jêwawut | jugul lan karayana | bondhot kalawan kêpoging | asri edah[116] sêdhênge lagi têmruna ||

9. pêpak kang tanduran ngarga | miwah pasêkaran sami | srigadhing lawan sridênta | lawan sêkar aningali | sêkar bonang kapêncil | lawan sêkar tujung[117] tutur | lawan sêkar asumpah | langkung langêning kang sari | jalma sêpuh kalawan sêkar wiraga ||

10. lawan sêkar mangan ujar | lan sêkar mandhêg anolih | lan sêkar panggugah putra | Ki Juru apan wus lami | kang putra èstri nênggih | diwasa warnane ayu | yèn cinăndra kang warna | kurang daluwang lan mangsih | arsa siram wau sang rêtna kusuma ||

11. ya ta kesah mring bêngawan | tan adangu nulya prapti | sakeca sang dyah asiram | ya ta na titahing Widi | nêgarane ing nguni | ing Sawangan duk karuwun | ya ta lampahanira | ajajah sakèh nêgari | kasarêngan waspada dènnya tumingal ||

12. anèng têpining bangawan | wanodya ayu linuwih | pinaranan gya binêkta | dyan ingêmban kusuma di | binaktèng jinêm wangi | pinriyêmbada dyah ing rum | luntur sihe sang rêtna | sasampuning pulangrêsmi | sang dyah têdhak angadêg têpining tirta ||

13. lênglêng tyasira sang rêtna | rinasa nikmat kapati | sarira lêsu marlupa | bayune lir dèn lalosi[118] | matuk mring wisma prapti | sang dyah lênggah tan amuwus | lênglêng buh kawibuhan[119] | karaos kalaning rêsmi | manah tarnyuh anggane wayang-wuyungan ||

14. manahe lir pa jamuga | kadi sata amèmèti | munggah tumurun tan pêgat | kaèsthi kalaning rêsmi | manahe sênag-sênig | lir katon sawahyanipun | konang gung akayangan | pring tulis panyipta wali | nora mamang panutule duk samana ||

15. cinarita sampun lama | nyidham sawulan sang dèwi | wus dungkap ing kalih wulan | tigang wulan anglêlêntrih |

--- [f. 15r] ---

Sajarah Dêmak, British Library (Add MS 12313 b), 1785, #971: Citra 26 dari 58

sangsaya ngêtarani | kang rama ngandika arum | andangu ikang putra | hèh rara wêkcaa nini | sapa ikang rara lêlawanira |[120]|

16. lah nyawa ngakua sira | kang putra umatur aris | dhuh rama batên rumasa | tan watên kula rêmêni | saking karsaning Widi | dhumatêng sariranisun[121] | ya ta sangsaya lama | wus jangkêp sêmaya sasi | jabang bayi luwar saking guwagarba ||

17. jalu warnane anawang | cahyane amindha sasi | kadya murca kêdhèpêna | cahyane langkung nêlahi | Kyai Juru ningali | amerang sajroning kalbu | dene ta kang atmaja | darbe putra tanpa krami | Kyai Juru anutuh ikang sarira ||

18. wis karia sira rara | isun tan bisa ningali | sira monga anakira | isun lunga têka ngriki | Ki Juru dan lumaris | Kyai Juru kesah nglangut | sang dyah ayu karuna | sêsambate mêlasasih | kesahira Ki Juru wau kawarna ||

19. kiwa têngên padhêkahan | wong kang kêmit jabang bayi | prasamya wêlas miyarsa | dene langkung mêlasasih | watên cinatur malih | watên jalma kamisêpuh | bêkta recang[122] sakawan | sabên-sabên dalu prapti | saulihe wong pănca katun piyambak ||

20. ulihira bangun ejang[123] | sabên-sabên dalu prapti | apan sami abêbêkta | sang dyah graita ing galih | emut duk kala nguni | kalanira tilam arum | èmpêr-èmpêre uga | sang kakung nampèni liring | dhuh mas ayu ya isun kang muja sira ||

21. nanging gusti wêkas iwang[124] | sakèh dadanan wong èstri | yèn ngukulana[125] wong priya | suda lêksanane ugi | kalawan kaping kalih | suda ing darajatipun | lan apês barang karya | yèn sira dadan nastiti | pasthi sira ora wèt panggih lan iwang ||

22. ya ta ikang kawarnaa | wus puput kang jabang bayi | ikang kêmit karainan | kukulan[126] dadanan èstri | bêbêthut kang ngukuli | lan kisi sumêlap dhuwur | sarêng kang malih warna | kukulan bêthut lan kisi | anglagarong dadi baya putih brăngta ||

10. Asmaradana

1. baya putih aling[127] aris | yayi racutên dèn egal[128] | bêbêthut lawan kisine | samana èngêt manah |[129] yèn iku lakinira | age anuli dèn racut | bêthut kisi kang sumêlap ||

2. baya putih muwus aris | dèn abêcik babo sira | sira amamong[130] putrane | sang rêtna asêmu waspa | emut sajroning nala | ika lakiku satuhu | baya mring bangawan sigra ||

3. ilang prabawane uni | pratuwin dadi sêngara | ya ta ilang kasêktène | laire Jaka Sangara | ing besuk turun tiga | kinasihan ing Yyang Agung | tinurunan rasa mulya ||

4. ikang ibu kawlasasih | kala timure kang putra | liwat saking musakate | angop panuture rena | tanpa kadang lan bapa | darbe putra kawlasayun | tan ana kuwat kanggenan ||

5. sing sapa kanggenan gêring | mring bagus Jaka Sêngara | nanging kathah darajate | bêgjane ikang kagenan[131] | ya ta kang kawarnaa | lagya umur walung taun | mothah atakon sudarma ||

6. amothah ing siyang latri | kang ibu aris ngandika | abêbisik ing putrane | wus ilang marang bangawan | iku wong tuwanira | nora duwe kadang sunu | mulanira kawlasarsa ||

7. Jaka Sêngara wus tasdik | winêkas mring ibunira | tan arsa dhahar asare | yèn [yè...]

--- [f. 15v] ---

Sajarah Dêmak, British Library (Add MS 12313 b), 1785, #971: Citra 27 dari 58

[...n] dalu nutug raina | sangêt manting sarira | dadi jalma kawlasayun | datan etang yayah rena ||

8. apratapa pigir[132] kali | yèn dalu ngidêri jagat | yèn rina angon srangenge | yèn bajir[133] tapa angambang | yèn jawuh udan-udan | mring guwa mugah[134] ing gunung | tan kèndêl dènnya pratapa ||

9. tan pêgat ngalaya bumi | ngaluwat sadina-dina | wus tilar têbih ibune | ya ta nuli apratapa | sira Jaka Sangara | apan lajêng adhêdhukuh | asangêt panêkungira ||

10. anèng sor Gunung Mêrapi | wus kasub kajana priya | sakulon Gunung Lawune | Gunung Mêrapi wetannya | gêng alit anom tuwa | samya ngèstokkên sadarum | Kyagêng Pêngging namanira ||

11. cinarita wus akrami | Jaka Sêngara pêputra | sawiji jalu putrane | abagus dèn êla-êla | marang ibu lan rama | pinaraban putranipun | Rahadèn Andayaningrat ||

12. ikang saya lami-lami | Jaka Sêngara wus seda | Gunung Mêrapi ngisore | Rahadyan Andayaningrat | gumanti ikang rama | panjênênganira tulus | Andayaningrat sêmana ||

13. jumênêng Ki Agêng Pêngging | mukakat ing tăngga desa | parapat măncalimane | samya ngèstrini sadaya da |[135] mring Kyai Pêngging ika | sangsaya lami cinatur | Ki Agêng Pêngging wus krama ||

14. atut dènnya palakrami | sih-sinihan èstri priya | saya lami winiraos | Ki Agêng Pêngging pêputra | miyos jalu warnanya | kalangkung tuhu abagus | aran Kêbo Kanigara ||

15. anuli pêputra malih | apan sami mêdal priya | warnane tuhu abancèr | pinaraban mring kang rama | Radèn Kêbo Kênonga | Ki Agêng Pêngging cinatur | puput panjênênganira ||

16. Kêbo Kênonga gumanti | kadya jênênge kang rama | karta-karti nagarane | duk sêmana maksih Buda | Ki Kêbo Kanigara | tansah sawala ing kayun | lan rayi Kêbo Kênonga ||

17. tan arsa agama nabi | wau Kêbo Kanigara | pan maksih Buda idhêpe | sira Ki Kêbo Kênonga | angsal tofèking Sukma | sarengat nabi kang tinut | wus angsal agama mulya ||

18. sadaya wadya gung alit | tan ana rêngat ing nala | ajrih tur asih sakèhe | tan ana malang ing karsa | saking arjaning[136] praja | ing Pêngging wadya pan agung | maesa glar ing pangonan ||

19. sanadyan kathah dipati | lan ki agêng nora padha | ing Pêngging panjênêngane | kocapa sampun akrama | Kyai Kêbo Kênonga | sangsaya lami cinatur | Ki Agêng Pêngging sêmana ||

20. puruhita gama sukci | mring Pangeran Siti Jênar | Ki Agêng Pêngging kandhane | Ki Agêng Tikir[137] samana | mantêp agamanira | lir yayah lawan ibu |[138] tan ana rasa-rumasa ||

21. ing lair tumêkèng batin | ing donya rawuh ngakerat | Kyai Pêngging pangidhêpe | mri[139] Ki Gêdhe Tikir ika | nugil sakaptinira | sawab sarêng gènnya mangsuk | guru Pangran Sitijênar ||

22. dhepoke Ki Agêng Tikir | padhukuhan Ngardi Purwa | langkung kuwat [ku...]

--- [f. 16r] ---

Sajarah Dêmak, British Library (Add MS 12313 b), 1785, #971: Citra 28 dari 58

[...wat] ngibatate | tan angrasani kamutyan[140] | sokur rêna ing Sukma | sangsaya sangêt anêkung | tan sumêlang ing sri nata ||

11. Sinom

1. ya ta ikang kawarnaa | Kajêng Sultan Bintarèki | apan sampun amiyarsa | solahe Ki Agêng Pêngging | sampun waspadèng batin | maksih sumêlang ing kalbu | kangjêng sultan ing Dêmak | dhumatêng Ki Agêng Pêngging | ciptanira angragoni madêg nata ||

2. karsanira tinimbalan | anuduh mantri kêkalih | kang kinèn nêmbah saksana | wus mêsat mantri kêkalih | sabalanira ngiring | lampahira lumastatun[141] | kapungkur ing Bintara | lampahe duta kêkalih | siyang dalu lampahe amurang marga ||

3. datan kawarna ing marga | duta wus prapta ing Pêngging | sampun panggih punang duta | kalawan Ki Agêng Pêngging | caraka matur aris | ulun dinutèng sang prabu | andika tinibalan | dhatêng ing Dêmak nagari | pan keringa dhatêng salampah kawula ||

4. Ki Gêdhe Pêngging ngandika | wong punapa awak mami | tinibalan ing narendra | endah punapa wong santri | andikaning narpati | măngsa wruha basanipun | hèh caraka matura | dhumatêng sri narapati | sakalangkung nuhun duka palamarta ||

5. caraka mêsat saksana | merang datan angsal kardi | ya ta mangkya kawarnaa | anênggih Ki Agêng Tikir | sampun miyarsa warti | yèn kang rayi Pêngging iku | ngandikan mring Bintara | Ki Agêng Tikir mring Pêngging | sampun panggih lawan Ki Kêbo Kênonga ||

6. wus samya lênggah atata | ngandika Ki Agêng Tikir | yayi sira tinimbalan | marang Sultan Bintarèki | apa wadine yayi | mulane nora lumaku | ikang rayi turira | punapa kakang ing kardi | wong dhêdhukuh tinibalan ing narendra ||

7. Ki Gêdhe Tikir lingira | andikanira amanis | mulane yayi ta sira | amopo timbalan aji | apa ta sira yayi | nora kabawah ing ratu | lêmah kang sira ambah | saisine jagat iki | sarupane iku kagunganing nata ||

8. Kiyai Pêngging turira | Alah ikang darbe bumi | kadar anêdya punapa | wong dhêdhukuh dèn tibali | angling Ki Agêng Tikir | aja wangkot arinisun | aja tampani lămba | aja agêgampang pikir | pakewuhe yayi sira ulatana ||

9. yayi mungguh kaya sira | pan kalênthing isi masin | ambune pan durung sirna | pan sira turuning aji | ratu ing Pajang Pêngging | pan tilase durung alum | ratu agung prakosa | katutuh rama ingambil | kya dipati pinèt mantu Brawijaya ||

10. lah yayi kaya punapa | sira angrikês[142] prakawis | ngandikan marang sang nata | manawa iku udani | marang ing sira yêkti | arine ibu satuhu | manawa palimarma | ika wong dadi nêrpati | darbe pyunan[143] ana desa ing adesa ||

11. bêcik para lumakua | manira tut wiking yayi | sun măngsa tega mring sira | pakewuhe sun calangi | kang rayi matur aris | kadya batên sapuniku | kakang bara tan bara | mandah wong jumênêng aji | emut dhatêng ing sanak lambung kasimpar ||

12. yayi yèn pinidho[144] [pini...]

--- [f. 16v] ---

Sajarah Dêmak, British Library (Add MS 12313 b), 1785, #971: Citra 29 dari 58

[...dho] sira | tinimbalan ing sang aji | priye yayi karêpira | umatur Ki Agêng Pêngging | igih watên punapi | amêksa wong batên purun | kang raka sru ngandika | apa yayi wong aurip | yèn mopoa marang ri balaning nata ||

13. gih puniku wong duraka | wasisan ngadêgna baris | aja tanggung tikahira[145] | aja sira mungal-mungil | manawa na wong juti | têmah kêtail sirèku | wong ala alah begal | ngakali melik sadhidhik | ikang pinrih kandêle wong sêsuwitan ||

14. Ki Agêng Pêngging asuka | kakang têka pidho kardi | sampeyan mêrangi tatal | bilai lara lan pati | sitên ikang darbèni | pan kagunganing Yyang Agung | sadèrènge gumêlar | pasthi puniku wus dadi | awon pênêd ing nokil mahpul wus nyata ||

15. sadèrènge ana jagat | kawulane wus pinasthi | dhumatêng kang Maha Mulya | sitên kang sagup[146] ngowahi | yèn pasthine wus dadi | sitên kang sanggup mêmurung | gusti lawan kawula | kêkalih sampun pinasthi | wus pinasthi dening Yyang tan kenging owah ||

16. Ki Agêng Tingkir ngandika | iya yayi apa maning | yèn wis pasthi tekadira | pun kakang têka ngamini | sadina mituturi | kawarnaa sampun dalu | wêktu salat sêmana | sampuning asalat sami | ikang raka kalangkung sinuba-suba ||

17. ing dalu arêrigitan[147] | wau ki agêng ing Pêngging | anyugata ikang raka | rigite bèbèr sawêngi | sêmana anarêngi | garwanira wawrat sêpuh | jabang bayi ababar | ing sasi Jumadilakir | tanggalipun ping walu Dal taunira ||

18. mangsane nuju kalima | ditênira[148] Rêbo Pahing |[149] wayahe bangun raina | miyos jalu warna pêkik | apan Ki Agêng Tikir | mêdalkên bing-êmbingipun | kya ing Pêngging sêmana | kalangkung suka ing galih | kang ningali sadaya pan kagegera[150] ||

19. ana kêkuwung gêng prapta | têtiga anêrot kali | garimis sarêng sakala | ngandika Ki Agêng Tikir | yayi nakisun iki | manira asung jêjuluk | Mas Karèbèt wastanya | dene têka anarêngi | sira nanggap wayang bèbèr lairira ||

20. Ki Agêng Pêngging lingira | nuhun kalangkung prayogi | angsala sawab paduka | mugi kalisa ing sakit | kawula kakang darmi | igih kakang kang sêsunu | mugi pinanjangêna | yusyane kang jabang bayi | mugi-mugi tulusa nugrahaning Yyang ||

21. cinarita tigang dina | Ki Agêng Tikir nèng Pêngging | ya ta ikang kawarnaa | dutane sri narapati | ing Dêmak sampun prapti | punang caraka tumanduk | ngarsanira sang nata | wus katur marang sang aji | pamopone Ki Agêng Pêngging sêmana ||

22. panêmbahan ing Bintara | sigra nuli anibali | ing Ki Gêdhe Wanapala | kang rama rêkyana patih | tan adangu wus prapti | ing ngarsanira sang prabu | apan tinuwa-tuwa | kang putra kinarya patih | angandika kangjêng sultan ing Bintara ||

23. hèh ta kakang ana karya | patut para kang nindaki | agawaa bantah iwang | para dadi wakil mami | marang Ki Gêdhe Pêngging | rong prakara bantah isun | hèh kakang wruhanira | ana kêrasa ing batih | bokmanawa ing têbe[151] têmah wisuna ||

24. iya sapukur[152] manira | mulane sun takiyari [ta...]

--- [f. 17r] ---

Sajarah Dêmak, British Library (Add MS 12313 b), 1785, #971: Citra 30 dari 58

[...kiyari] | puniki tulis manira | atêpên[153] Ki Jêbèng Pêngging | êndi kang dèn labuhi | salah siji saking iku | sakèh karsa manira | wus ana ing sira yêkti | sigra lèngsèr ki gêdhe ing Wanapala ||

25. sahbat sakawan binakta | Gêdhe Wanapala nênggih | datan kawarna ing marga | lampahe wus praptèng Pêngging | wus panggih anèng panti | Kiyai Pêngging amuwus | kiyai pêkênira | igih wong agung ing pundi | lawan sitên ikang sinambat ing nama ||

26. ki gêdhe ing Wanapala | aris dènira nauri | bayi ing Dêmak manira | dutane sri narapati | prapta ngarsanirèki | amundhi tibalanipun | sinuhun ing Bintara | apriksa marang sirèki | dene sira kapriksa ulah pratapa ||

27. apa ikang sira sêdya | tibalane sri bupati | jawabên dipun pratela | basa kang kalih prakawis | aja simpang ing kapti | asikara têmahipun | marang ngibadatira | aja angrangkêp ing kardi | datan eca yèn sira anggung asmara ||

12. Asmaradana

1. payo sira pilih êndi | ana luwih saking ana | kang suwung langkung suwunge | kalawan turu sapisan | mêlèk salawasira | lawan sabên dalu turu | lawan mêlèk sabên dina ||

2. mangan sapisan marêgi | tinitah salawasira | lawan mangan sabên sore | pangêlihe sabên dina | payo sira piliha | tibalane sang aprabu | yèn sira milih kang ana ||

3. lan amangan sabên ari | alapên nagri ing Dêmak | mupung maksih sang akatong | Ki Gêdhe Pêngging lingira | punapa ta sang nata | salah gawe ing tumuwuh | ing ngriki watên punapa ||

4. manira gita kapati | mring dikane jêng sang nata | ngangge karya walangatos | kiyai duga kawula | ratu kalifatolah | yêkti ambêk langkung luhur | wêkas-wêkasing utama ||

5. kawula tan purun milih | sadayanipun pan arsa | yèn miliha suwung bae | pan suwung amêngku gêlar | punapa siya-siya | mring anak putu ing pukur | yèn miliha ikang ana ||

6. pira suwene wong urip | pira rasane wibawa | pan batên watên adate | jalma gêsang sèwu warsa | liyane Nabi Adam | ikang umur sèwu taun | liyane iku tan ana ||

7. kamuktèn sajroning pati | sirik ingaran palastra | angalih panggonan bae | taune yutan awêndran | maksih ngangge itungan | pan boya kêna pinitung | puniku atur kawula ||

8. apan jênênge wong urip | kinèn manjangêna titah | siyaa marang turune | punapa batên duraka | marma aja kainan | dening karsaning Yyang Agung | ing wiking sitên uninga ||

9. Gêdhe Wanapala uni | langkung kewran ing wardaya | dene pakewuh saure | abênêr kang salah cipta | wong iki wis katara | nora marêm adhêdhukuh | sandine nandur katela ||

10. yèn makono sira iki | wiku-wiku ing antiga | nora putih sayêktine | jêro maksih ana rêkta | ciptane kawoworan | sira wong alpèng tumuwuh | kabèh-kabèh sira arsa ||

11. Ki Agêng Pêngging nauri | sampun ta mênggah kawula | yèn kêna suminggahe |[154] nadyan Gusti Rasululah | tanpa ingan ing karsa | igih watên têdhakipun | sultan sèh nagri Bragêdad ||

12. Ngabdul Kadir Jayalani | pan batên bucal luamah | punika langkung parêke | saking sihing Yyang Kang Mulya | tur trah Rasululah |[155] purwanya wali linuhur | tan pêgat luamahira ||

13. pinakanan kaya kucing | yèn sampun nuli inguntal | aja kang kaya wak ingong | bisa apisah luamah | yèn maksih anèng donya | kuwate ibadat iku | atapa saking luamah ||

14. Ki Gêdhe Wanapala ngling |

--- [f. 17v] ---

Sajarah Dêmak, British Library (Add MS 12313 b), 1785, #971: Citra 31 dari 58

kalamun mangkono sira | iya nora ngimanake | marang karaton ing Dêmak | saking pitung madahab | nora ngimpi angêmpêlu[156] | sebaa marang ing Dêmak ||

15. sitên uninga ing wuri | langkung gaibing Yyang Sukma | Ki Gêdhe Pala wuwuse | lah payo sira sebaa | marang nagara Dêmak | Ki Agêng Pêngging umatur | igih samangsananeya ||

16. yèn Alah sampun marêngi | pitên[157] dangune lumampah | samangke nuhun dukane | gampil masalah ing benjang | Ki Wanapala mojar | isun alingi sirèku | ing tigang warsa kewala ||

17. isu[158] ikang angalingi | ing dukane jêng sang nata | maklum manira wiyose | bok durung pinanggih sira | ing pikir pakanira | ki gêdhe wus mudur |[159] aglis prapta ing Bintara ||

18. lajêng tumamèng jro puri | praptèng ngarsaning narendra | ingawe lajêng lampahe | agupuh ngaturi salam | katur sasolahira | purwanira ingutus |[160] dhawuhe kang pangandika ||

19. jawabe Ki Agêng Pêngging | suwal kang kalih prakara | dipun pilih sakarone | alêrês cipta paduka | ing watawis sêmbada | Ki Gêdhe Pêngging katrèng wus | pan èstu angramkêp[161] karya ||

20. yèn pinêngkok anyidrani | dene lamun ingoberan | mèlèd tur tega patine | nanging ta atur kawula | paduka dèn sagara | wêwangên ămba pukulun | apan inggih tigang warsa ||

21. ikang saya lami-lami | tigang warsa datan prapta | andhatêngakên dukane | Susunan Kudus ngandikan | wus praptèng ngarsa nata | angandika sang aprabu | ki jêbèng paran karsanya ||

22. prakara Ki Jêbèng Pêngging | madayèng karaton iwang | sira lumakua dhewe | luwih ta prayoganira | sira pan wis wêweka | amrih lêgane tyas isun | Susunan Kudus sandika ||

23. wus lumampah cara santri | pêpitu sahbat binakta | satunggil agedhong[162] bêndhe | Kyai Macan kang binakta | wus sah saking Bintara | ênêngêna kang winuwus | Ki Gêdhe Tikir wus seda ||

24. tan dèn sirami tumuli | layone nganti praptanya | Ki Gêdhe Pêngging praptane | duk samana ingutusan | Ki Gêdhe Pêngging prapta | anukêmi[163] jisimipun | karuna kadya wanodya ||

25. kakang antènana mami | alayar sagara rahmat | aja alawas wak ingong | tan bisa lawas nèng donya | pisah kakang paduka | tan kêna cinêgah kang luh | Ki Gêdhe Pêngging tigapar ||

26. maca subuhkhanêlahi | nulya age siniraman | sinalat nulya sinare | nênggih anèng Ardi Purwa | Kyai Pêngging winarna | cinarita tigang dalu | dènira nèng Adi[164] Purwa ||

27. wus pamit mring raka èstri | Nyai Gêng Tikir ngandika | yayi ing pitung dinane | kakangira antènana | ikang rayi turira | kawula amêksa matuk | sumêlang manah kawula ||

28. Nyai Gêng Tikir lingnya ris | têtilare raka para | yayi pariksanên kabèh | manawa na karsanira | yayi para gawaa | ikang rayi ris matur |[165] kakang sampun pindho karya ||

29. Ki Agêng Pêngging wus mulih | aglis prapta wismanira | kawarnaa ing lampahe | Kangjêng Sunan Kudus prapta | salor kali Cêmara | sumurup kang pratăngga wus | kèdêl[166] samadyaning căndra ||

30. tarataban pigir kali | kanan kèrine kang desa | Susunan Kudus karsane | tan arsa sipêng ing desa | pigir kali samana | mila rèrèn ing pêpudhung | kang kiwa ja na kang wikan ||

31. ing dalu arsa yêktèni | karsane bêndhe sêmana | lan arsa mirsa syarane | yèn bêngkak bêndhe ungêlnya | tiwas ing lampahira | mangkana ciptaning dalu | bêndhe tinabuh sêksana ||

32. ngukung[167] syara bêndhe muni | lir pendah macan angombang | lir macan satus syarane | agita sakèh wong desa | sakiwa têngênira | macan angombang sadalu |

--- [f. 18r] ---

Sajarah Dêmak, British Library (Add MS 12313 b), 1785, #971: Citra 32 dari 58

ejing samya pinariksa ||

33. tan ana macan kaèksi | mung wong pitu ikang ana | wong desa kabèh atakon | ing pudi[168] syaraning sima | sadalu dènnya ngombang | ngandika Pangeran Kudus | ing riki tan watên sima ||

34. ikang saya kathah prapti | wong sakiwa têngênira | adruwêng dènnya têtakon | mokal yèn batên watêna | sadaya samya mirsa | gumujêng Pangeran Kudus | yèn mangkono desanira ||

35. aranana sima bêcik | dene datan ana sima | dene ta ana syarane | nulya ngèstokkên sadaya | wong kathah jurung karsa | wus lajêng Pangeran Kudus | kang arsa anatas nyawa ||

13. Mêgatruh

1. sampun lêrês mangidul ing lampahipun | sabat pêpitu tan kari | wanci sangigil[169] sadhawuh | aliwati kali cilik | sabat Dul Bèsèk turnya lon ||

2. luwung kèndêl sakêdhap kularsa nginum | Pangeran Kudus nauri | lah sabarêna karuhun | lan lagi buthak kang kali | manawa na ngarêp kono ||

3. hèh ngumbea ing kono dipun atuwuk | mila katêlah ran kali | Kali Buthak aranipun | tan antara lampahnèki | ana kali wêning katon ||

4. ya ta kèndêl lampahe Pangeran Kudus | nyêmpal pang pepe aligih[170] | sabatnya sadaya nginum | katêlah araning kali | Kali Pepe rannya kaot ||

5. sami rèrèn watên soring kajêng pucung | linud ing maruta midid | samyayêm dènira luguh[171] | sabat mugèng kanan kèri | rinubung ing rare angon ||

6. rare angon gumêdêr takon arubung | angadêg bari nakoni | apa sira gendhong iku | gumariwis ting kacuwis | tan sumaur kang tinakon ||

7. ala têmên bocah iki padha bêsur | ting pringis maksa nakoni | ganti-ganti gumarumung | sami rewang ting kalêsik | sun badhene iku gembol ||

8. rewangira ana ikang badhe dudu | ana badhe layah piring | kang patitis badhe kêmpul | rewange sugal nauri | pagene kêmpul digedhong ||

9. kaya kêkêb kucunge[172] kaya pêpêcuk | ana badhe kêba iki | ana badhe bèri iku | kang gawa kaku tinèki | anyêntak sabat kang gedhong ||

10. ting dalêjêg bocah iki padha bêsur | bok dêlêng uwong sadhidhik | dèn aruhi nora mudur | têka banjur agrayangi | kang agawa mekad-mekod[173] ||

11. ya ta mèsêm ngandika Pangeran Kudus | bok karêpe bocah cilik | ana ka[174] aruh-aruh |[175] kidul pangrunjang ling aris | jêr rarene padha bancol ||

12. atêtakon isun tan kabêr[176] sumaur | têka pijêr nênakoni | sami naracak sadarum | Karang Bancol sun arani | ya ta na wong tuwa takon ||

13. sarta mikul pasangan nyukêlang[177] pêcut | cawête maksih mathathing[178] | jêbabog[179] ikête sabuk | upête mêrang cinangking | rinangkêp lawan sêratong ||

14. saking kilèn ningali rare arubung | padha ngrubung wong aligih | jêlah-jêlih cêluk-cêluk | padha edan si pênyakit | ana uwong padha dhadhok[180] ||

15. padha ngrubung padha ngadêg ting jêlanggrung | apa ta kadêlêng iki | kaya ta jajahan mungsuh | nora ngajèni wong ligih | ngong gêbug sambilan pethot ||

16. ya ta ligih asèlèh pasanganipun | pangeran mèsêm lingnya ris | paman ja kaaru-aru | wis adate rare cili | jêr kêkasihing Yyang Manon ||

17. kaki tuwa sigra aligih tumukul | upête mêrang sinandhing | ngukabi kandhutanipun | sata sompok nèng salêpi | nulya anyagok[181] srêratong[182] ||

18. alah dawêg anak bagus dika udud | Pangeran Kudus [Kudu...]

--- [f. 18v] ---

Sajarah Dêmak, British Library (Add MS 12313 b), 1785, #971: Citra 33 dari 58

[...s] ngecani | dyan ngakêp sêratongipun | Pangeran Kudus ling aris | hèh sanak isun têtakon ||

19. dhêkah pundi kang katon ngajêng puniku | lan watên langgare asri | punapa ta dalêmipun | wakane gêdhe ing Pêngging | kang tinanya matur alon ||

20. apan igih padalêmane satuhu | Jêng Gusti Kiyai Pêngging | apan lagya brăngta wuyung | pan siyang dalu prihatin | tansah ngêkêb nèng ing kabong[183] ||

21. sarawuhe saking Tikir pan wulangun | kadange Ki Agêng Tikir | ikang raka tugil guru | punika mangke ngêmasi | duk malêm Jumungah Ngêpon ||

22. anauri wau Jêng Pangeran Kudus | hèh paman tarima mami | saking tuturira tuhu | ngêndi rane desa iki | kang tinanya saurnya lon ||

23. igih dhusun ing Kênayan wastanipun | Pangeran Kudus nauri | paman lèhna Ngaru-aru | manira ngalihkên nami | igih pênêd saurnya lon ||

24. sigra lajêng lampahe Pangeran Kudus | prapta ngandhaping kuwèni | agêng ngrêmbaka tur aub | gèn rare dêdolan sami | wit kuwèni cilik kêbo ||

25. prapta pigir lor kuwèni siyubipun | panggenan wong nêningali | dyan kèdêl Pangeran Kudus | murid sapta kinèn kari | sami winangsit punang wong ||

26. lamun ana gumêdêr jrêro wêkasku | bêndhe tabuhên dèn aglis | padha karia sêdarum | isun malêbu pribadi | watên nini-nini anon ||

27. pangran angling isun titip batur isun | isun mêdhayoh kiyai | pan saru yèn gawa batur | isun tan mêtu ing kari[184] | mêtu bêbutulan kulon ||

28. lah ta pundi umah jêngandika bagus | ikang tinanya nauri | manira nyai ing Kudus | kiyai lagi prihatin | Pangeran Kudus mêksa kon ||

29. lamun isun gandhèke Yyang Maha Luhur | isun wong têka ing langit | wismanisun mega biru | parêkan matur wotsari | saking sajawining kabong ||

30. adhuh gusti ing jawi watên têtamu | ngakên dutaning Yyang Widi | sangkane sing mega biru | ki agêng mèsêm jro ngati | aturana mring ngarsa ngong ||

31. cèthi mêdal dyan ngawe pangran malêbu | rawuh jro dalêm aligih | pangran uluk salam sampun | ki agêng ambiyak samir | lah ta ngriki sami lugoh ||

32. wusnya samya jawat tangan samya lungguh | ki agêng ngatag ing rabi | rubiyah saosa gupuh | kabèh dèn padha prayagi[185] | nyai gêng mintar mring pawon ||

33. Pangran Kudus dhawuhkên timbalan prabu | hèh ta ki gêdhe ing Pêngging | timbalane sang aprabu | êndi ikang sira pilih | ing jaba utawa jêro ||

34. miwah ngisor utawa miliha dhuwur | Ki Gêdhe Pêngging nauri | tan kawasa milih isun | kabèh arêp nganggo mami | pan isun tan dhadhang[186] ênggon ||

14. Dhandhanggula

1. yèn miliha ing jêro pan jindik | yèn miliha jaba luwih sasar | sêmang-sêmang pangidhêpe | yèn miliha ing dhuwur | pan kêmandhang dèn kabêktèni | yèn miliha ing ngandhap | pasthi sasar-susur | kapir ing patang madahab | jaba jêro ngandhap luhur dabèk mami | orane darbèk iwang ||

2. Pangran Kudus lingira abêngis | sira iku mula kêkandhangan | apa mantêp panggilute | ki agêng aris muwus | pidho gawe sira ki bayi | yèn wis dèn kêcapêna | pasthine dèn ulu | linêpèha siya-siya | pan was-uwas iku panggawene ngiblis | angas pangidhêpira ||

3. Pangeran Kudus ngandika malih | sira bisa mati jroning gêsang | urip sajroning patine | manira arsa wêruh | Kyagêng Pêngging aris nauri | masa kalah yèn aja | anaa sire wus | pan nora jêjampang iman | sira iki baya arsa ayêktèni[187] | tan sumigah[188] manira ||

4. lamun sira andaliha santri | iya santri satuhu manira | yèn narkaa rare angon | nyata wijining ratu | yèn narkaa Alah sayêkti | pan iya nyata Alah [A...]

--- [f. 19r] ---

Sajarah Dêmak, British Library (Add MS 12313 b), 1785, #971: Citra 34 dari 58

[...lah] | sakarêpirèku | kawula nyata kawula | Pangran Kudus ngandika sun angyêktèni | arsa wruh patinira ||

5. anauri ki agêng ing Pêngging | yèn mangkono karsaning narendra | sira karyaa labête | manira durung nêmu | umat bisa mati pribadi | nanging pajaluk[189] iwang | ing sapukur isun | aja ngèbèti[190] ing kathah | ya amunga manira dhewe nglabuhi | Pangran Kudus lingira ||

6. iya aja sira walangadi[191] | Kyai Agêng Pêngging wuwusira | payo sêkingira kuwe | bêlèkna sikut isun | gya binêlèk sikut ing sêking | ki gêdhe narik napas | aniba wus lampus | Pangeran Kudus agêtak[192] | uluk salam Ki Agêng Pêngging nauri | ya ngalaekum salam ||

7. Pangran Kudus sigra mêsat mijil | sawêdalira kapanggih samya | sadaya wau sabate | kocapa garwanipun | Kyagêng Pêngging datan udani | miyak gubah saksana | uning yèn seda wus | ikang raka gilang-gilang | karunanjrit kang raka dipun sukêmi | sambate lara-lara ||

8. para cèthi sadaya anangis | kapiyarsa jaban pakarangan | sadaya sanak putune | jalyèstri samya mêlbu | sampun gumrah lamun ngêmasi | ki gêdhe kênèng cidra | ing jawi gumuruh | kulawăngsa sami prapta | sawatêne wau samya anututi | sarya asru karuna ||

9. sahbat jêro Pak Kadim nulya glis | manjing dalêm sigra lampahira | gènira amêndhêt bêndhe | Kiyai Udanarum | bêndhe iku kala rumiyin | Prabu Andayaningrat | ing nalikanipun | anglurug bêdhah nêgara | lamun bêndhe tinabuh ana gêrimis | pasthi lanang kang yuda ||

10. Kyai Udanarum gya tinitir | abusêkan ing Pêngging wurahan | alok awor karuna kèh | watara kalih atus | ikang sami tumandang dhingin | kang kari sigra-sigra | liwêran asêlur | Pangeran Kudus ngandika | myarsa kèndêl nèng sadhaping[193] pucung uni | Ngaru-aru Kênayan ||

11. Kyai Macan tinitir ngêbêki | syaranira lir macan angombang | wadya Pêngging pandulune | balane Sunan Kudus | yutan kêthèn kathahirèki | anggabag warna-warna | lir jaladri têdhuh | ngalèr ngilèn lampahira | kulawăngsa ing Pêngging kabèh nututi | dèrèng watên mirisa ||

12. hèh wong cidra rampên[194] sun iki |[195] aja tanggung matia sadaya | ilokêna ing gustine | katutna sanak isun | ilokêna wong tuwa mami | tinon samya kotbuta | pangeran ing Kudus | nolih kèndêl angandika | hèh wong Pêngging isun iki tan ngèbèti | marang kang kaya sira ||

13. kulawăngsa prasamya sru anjrit | hèh wong cidra sakêthi wuwuha | payo atamèng jaja ge | agiling tosing balung | lan angadu kandêling kulit | atêpung pupu jăngga | akantaran bau | payo atakêr ludira | kêkêncênganing atot[196] isun tan ajrih | dèn pasthi aja cidra ||

14. Pangran Kudus mèsêm sarya nolih | ris ngandika sarya ngawe asta | lah payo lungaa age | aja na salah dudu | pan wong cili nora udani | dosane gustinira | aprana ing ratu | têtêkên kinipat ngetan | pangrasane mungsuhe mangetan sami | wong Pêngging padha ngetan ||

15. abêbujung padha anututi | gêgamane wetan katon gabag | tan kêna tinangguh lire | kasaput dening dalu | musuhira nganan angèri | pijêr ajêjimbungan | tan ngalor tan ngidul | ngetan ora ngulon ora | Pangran Kudus ing Kali Pepe wus prapti | lor kali lênggah tata ||

16. anyirati têgal kidul kali | angandika marang sahbatira | wong Pêngging amêlasake | têpa-têpa lan isun | duwe sanak lan duwe gusti | dimène padha prapta | ing sasêdyanipun | yèn wis karingête mêdal | lan yèn uwis ngancik têgal kidul kali | dene napsune ilang ||

17. dipun awe têtêkênirèki | ngidul ngetan kang bingung waluya | sigra anut salasahe | samya surak gumuruh | pitung atus yèn winêtawis | samya rêmpêg ing ngarsa | kidul kali rawuh | mungsuhe ika katingal | pangrasane mungsuhe ana sakêthi | abra lir wukir nala ||

18. wadya Pêngging ngancik kidul kali | manahira prasamya dêrana | pan sampun ilang nêpsune | milane watên dhusun | ing Dêrana dalasan mangkin | kala ajêjibungan[197] | susunan ing Kudus | ikang aparing wasiyat | wadya Pêngging wadya Pêngging sadaya wus padha mulih |[198] amênêdi kunarpa ||

19. pangran lajêng lampahira aris | kawarnaa ing Pêngging punika | layone sampun sinare | lor wetan dalêmipun | garwanira langkung prihatin | putra jalu sajuga | wayahe cumucud | pan sampun pinitung dina | garwanira Ki Agêng Pêngging ngêmasi | tinunggil [tinung...]

--- [f. 19v] ---

Sajarah Dêmak, British Library (Add MS 12313 b), 1785, #971: Citra 35 dari 58

[...gil] lan kang raka ||

20. Mas Karèbèt pan ginanti-ganti | ikang ngêmong santana sadaya | apan pinrih kêrasane | ya ta Susunan Kudus | kawarnaa ing Dêmak prapti | katur sasolahira | prating[199] ingutus |[200] tustha sang natèng Bintara | datatita sawusira lami-lami | Kang Sinuhun Bintara ||

21. apêputra nênêm kathahnèki | èstri satunggal jalu lêlima | pangeran ing Sabrang Êlèr | punika kang pambayun | krama angsal ning[201] Pranaragi | Bathara Katong rannya | ikang kambil mantu | panênggak Radèn Tranggana | ikang rayi Pangeran Seda ing Kali | lan Pangran Kandhuruhan ||

22. Radèn Pamêkas dening kang èstri | Ratu Mas Nyawa akra[202] angsal |[203] Panêmbahan Carêbone | Sinuhun Bintarèku | kawarnaa pan sampun lalis | ikang gumantya nata | putra ikang sêpuh | Pangran Sabrang Lor kang nama | tan alami jênênge nulya ngêmasi | sinare tunggil rama ||

23. Radèn Tranggana jumênêng aji | ingestrenan pra wali sadaya | Sultan Dêmak bisikane | pangulu Sunan Kudus | pêpatihe tumut ngêmasi | Patih Mangkurat ika | sutanya jêjuluk | nama Patih Wanasalam | tan kawarna ing Pêngging kocapa malih | Mas Karèbèt kang nama ||

24. umurira pan sadasa warsi | langkung pêkik wau warnanira | bakal pidêksa dêdêge | alus sariranipun | bau wijang rema awilis | cahya lir Endracapa | mangsane katêlu | anging kuciwane lola | maksih rare karêm ing wong barang rigit | asring ngèngèr dhêdhalang ||

25. sêntanane nyêkarêp sakapti | Mas Karèbèt pinrih ecanira | dipun ugung sapolahe | malah bisa amanggung | kawarnaa Nyai Gêng Tikir | marang Pêngging samana | karsane yun wêruh | mri putrane arinira | dene ibu rama sampun angêmasi | ing Pêngging sampun prapta ||

26. Mas Karèbèt sampun apêpanggih | tinangisan dhatêng ikang uwa | sanak-sanak sadayane | samya anglud amuwun | kathah-kathah karasèng galih | Nyai Gêng Tikir lingnya | sanak-sanak isun | ngong jaluk sukane padha | sutanira iya sun gawa mring Tikir | kabèh matur sumăngga ||

27. wus binakta Ki Jaka mring Tikir | sapraptanira dinama-dama | dipun ugung sapolahe | Nyai Gêng Tikir uwus | pan kèringan ing kanan kèri | saking tilasing raka | pan sinuhun-suhun | pinundhi mring taga[204] desa | Mas Karèbèt ngalih Ki Jaka ing Tikir | anèng ing Ardi Purwa ||

28. nanging karêm asaba ing sêpi | jurang pèrèng wana pagunungan | malah nginêp ing pêpèrèng | rêmên sare ing gubug | akêkaring têgal kang sêpi | dènnya mrih kabudayan | anung ing tumuwuh | agraitèng prajuritan | amrih widigjaya wau ing jayanti | anèh lan rare kathah ||

29. ikang uwa langkung ing prihatin | lama-lama Ki Jaka diwasa | anggung saba wana bae | asipêng tigang dalu | malah kongsi ing pitung bêngi | langkung susah kang uwa | duk samana rawuh | ikang putra tinangisan | lingnya manis apa sêdyanira gusti | anggung sipêng ing wana ||

30. aja sira sipêng wana malih | kulup agawe rasaning nala | tan ana sun dulu anggèr | balikan sira kulup | apa ikang sira karêpi | mara ajêjaluka | ing sapatutipun | wong dama mêskin pan ana | amêpêki tigale[205] wakira syargi | kang sirna ing parannya ||

31. lamun sira rêmên dhedhe gusti | nora rêmên sira saba wisma | aranana papan anggèr | aja milu amatun | marang baturira ta gusti | wong roro juru gaga | iya anênungkul | anaa sun arsa-arsa | ikang putra ya ta nuli mudhut wangkil | anusul mring pagagan ||

32. pagagane sawetaning kali | nusul marang rewange bunira | kêkalih juru sawahe | sadina datan matuk | santri kalih matuk yèn bukti | mulih sawising asar | riris sarta têdhuh | Kang Sinuhun Kalijaga | saking kidul lêlampah têtêkên êcis | pan saking Pamantingan ||

33. nguwuh-uwuh sing jawining têgil | hèh ya kulup ja karêm agaga | nuli marènana age | pan sira bakal ratu | kang amêngku ing tanah Jawi | lah sira suwitaa | marang Dêmak iku | kono kang dadi jalaran | nulya lajêng wau Jêng Sinuhun Kali | ngalèr lêpas lampahnya ||

34. Ki Jaka mulat dhatêng ing wuri | dupi sampun têbih tan katingal | Ki Jaka mulih ge-age | matur mring uwa sampun | watên tiyang langkung ing margi | sarya ngundang kawula | sarwi apituduh | lah aja karêm agaga | suwitaa marang ing Dêmak nagari | sirèku bakal nata ||

35. ikang ibu langkung dènnya niti | kaya sapa dêdêge kang liwat | ikang nguwuh sira anggèr | kang putra

--- [f. 20r] ---

Sajarah Dêmak, British Library (Add MS 12313 b), 1785, #971: Citra 36 dari 58

lon umatur | ragok-ragok pan ragi igil | wulung ikang rasukan | langking kulukipun | kang ibu aris ngandika | iya iku Kangjêng Susunan ing Kali | age turutên nyawa ||

36. sira olih sêbdane ing wali | lah ta age sira lakonana | ngabdia mring Dêmak anggèr | nanging ta wêkas isun | ing Sêsela jujugên dhingin | lah sira nênuwuna | idi lawan tuduh | uwis sira umangkata | wêkas isun aja sira salah kapti | kinèn ngatêrkên sigra ||

37. mring santrine nyai mung kêkalih | wau ikang anuduhkên marga | Ki Jaka umangkat age | nyai gêng aris muwus | lamun sira praptèng nagari | jujuga pamanira | ari ngong satuhu | lêlurah wong agajur[206] ika |[207] nama Gadamastaka krakêt nêrpati | pan gêgênti wakira ||

38. Jaka Tingkir wus mangkat ingiring | santri kalih tan kawarna prapta | Sêsela dyan marak age | Ki Jaka nulya ngujung | Kyagêng Sela têtanya aris | kulup sun têmbe mulat | Ki Jaka wotsantun | pangraos manah kawula | sadèrènge umatur tuwan wus uning | dhatêng lampah kawula ||

39. kyai agêng mèsêm jroning ati | angandika arum ing wacana | iya wis wêruh karêpe | apa luwihan ingsun | yèn tan wruha karsaning prapti | antara pitung dina | nèng Sela sang bagus | ki agêng langkung sihira | mring Ki Jaka wus angsal raosing ngèlmi | Ki Jaka matur purwa ||

40. myang wêkasan ki agêng ngidèni | poma larangan kalih prakara | sumangah kibir riyane | wus têtajumên iku | têrangêna yèn padhang iki | wus putung tugêlana | yèn dawa sinambung | yèn wis cêndhak kêthokana | awasêna wus dulu dipun lumaris | lan aja maro tingal ||

41. nora beda ing lair lan batin | ratu iku kalifahing Sukma | yèn maro tingal anggèr |[208] gustinira wis wêruh | apan loma tingal nêrpati | sanadyan nora muna | osikira wêruh | yèn wis sukci rêsikana | sampun atam ejing Ki Jaka tur pamit | lajêng dhatêng ing Dêmak ||

42. santri kalih tansah atut wiking | praptèng Dêmak wêlinge kang uwa | jujug Gada Mastakane | dhingin lurah wong ganjur | wusnya panggih santri turnya ris | salame raka dika | nyai wêlingipun | kinèn ngaturkên kang putra | dhatêng tuwan Ki Jaka karsane ngabdi | dhatêng sri naranata ||

43. iku putrane kangbok sun dugi | gone mipil matur kang tinanya | ikang rama duk syargine | ing Pêngging mulanipun | ikang rama ibu ngêmasi | Kyai Gadamastaka | wus kadugèng atur | santri kalih sinugata | nulya mulih Gadamastaka kawarni | Suranatan wismanya ||

44. Gadamastaka kalangkung asih | mring Ki Jaka datan kêna pisah | sakalangkung ing asihe | saya lami cinatur | kawarnaa sri narapati | kangjêng sultan ing Dêmak | Jumungah ariku | salat dhatêng Suranatan | amarêngi sabên-sabêne sang aji | salat mring Suranatan ||

45. upacara sadaya wus mijil | bubar kang wong nèng masjid punika | mire jêng sultan rawuhe | yèn migah[209] sang aprabu | ing masigit wangsul wadya lit | Gadamastaka mojar | mring putra agupuh | hèh kulup age mrenea | ika nyawa kangjêng sultan amiyosi | salat mring Suranatan ||

46. Ki Jaka Tikir tan obah osik | apan eca adhadhok kewala | saya cêlak tindak rajèng | Jaka malumpat asru | sarta mungkur datan kuwatir | sakilèn kambang prapta | jêng sultan winuwus | kagyat waspada tumingal | sarya mèsêm ngandika arum amanis | iku anake sapa ||

47. Gadamastaka umatur aris | igih pukulun anak kawula | rare saking Tikir rajèng | Nyai Tikir kang sunu | angandika sri narapati | sun pudhut anakira | udangên[210] dèn gupuh | marang ing ngarsa manira | Jaka Tikir tinibalan sampun prapti | ing ngarsane narendra ||

48. pan sumungkêm mukane nèng siti | kangjêng sultan aris angandika | hèh rare sapa arane | pan sira rare dhusun | warnanira dening apêkik | Ki Jaka aturira | kawula pukulun | anênggih abdi patikbra | sultan mèsêm ngandika tan mantrèng lathi | gugung[211] solah Ki Jaka ||

15. Kinanthi

1. têmbang kinanthi ing ngayun | bakda salat asar nuli | sang nata kodur[212] mring pura | Ki Jaka Tikir kinanthi [ki...]

--- [f. 20v] ---

Sajarah Dêmak, British Library (Add MS 12313 b), 1785, #971: Citra 37 dari 58

[...nanthi] | winor lawan panakawan | tunggil putra alit-alit ||

2. yèn cangkrama sang aprabu | bale lumur dèn titihi | amawi kabong panggritan | para garwane jro sami | wuruk kalih pan binakta | katiga Ki Jaka Tikir ||

3. anitih tunggil lan wuruk | binêrêg dhatêng wanadri | ana sima kumaresak | ngandika sri narapati | apa kumaresak ika | wuruk kalih awotsari ||

4. punika sima pukulun | ngandika sri narapati | apa wadon apa lanang | wuruk umatur ngabêkti | gusti anuwun kawula | duka dalêm datan uning ||

5. Ki Jaka Tikir wotsatun | malumpat sing garbong aglis | sigra abêbujung sima | cinêpêng sima wus kêni | binapong[213] dhatêng ngayunan | wus katur dhatêng sang aji ||

6. sang nata gumujêng guguk | kalangkung tustha ing galih | saya wuwuh kapracaya | wau Ki Jaka ing Tingkir | yèn amêng-amêng ing toya | sungapan miwah jaladri ||

7. titayanira[214] sang prabu | palya rêmbaya lan kothing[215] | abêkta jukung sang nata | Ki Jaka mugèng cêcanthik | yèn ana gumêbyur toya | sang nata ngandika aris ||

8. hèh apa ikang gumêbyur | Ki Jaka sigra gêbyuri | salulup bêbujung baya | cinandhak binapong aglis | kang baya tan darbe polah | wus katur marang sang aji ||

9. tyas langkung marwata prabu | asih dhatêng Jaka Tikir | katingal prawiranira | sêmana sri narapati | wadya prawira tantama[216] | kalih atus wong sinêlir ||

10. digdaya wong kalih atus | pan sami gambirèng wèsthi | tate amamah curiga | susur cèkèl tatog[217] biring | cêcukil kudhup cêpaka | cêcak-cêcak cacing anil ||

11. ya ta malih sang aprabu | acangkrama ing wanadri | wadya prawirèng tamtama | ambêdhili sangsam sami | wong kalih atur[218] prasamya | angsal mênjangan satugil ||

12. tibalanira sang prabu | mênjangan kinèn milihi | nulya samya pinilihan | pinisah agêng lan alit | ikang agêng winatara | sadasa pinudhut aglis ||

13. wadya tamtama tinantun | sira kêlar padha siji | tur pêjah gêsang sadaya | angraos datan kadugi | Ki Jaka Tikir tur sêmbah | mênjangan dèn angkat aglis ||

14. manjangan ènthèng lir kapuk | kinèn ngatukkên[219] mring puri | Ki Jaka tur sêmbah mintar | datan dangu nulya bali | angsal gantèn praptanira | wus katur marang sang aji ||

15. tustha tyasira sang prabu | ningali Ki Jaka Tikir | wus jêngkar nata kodur mring pura |[220] wus rawuh Dyan Jaka Tikir | kinarya lurah tamtama | misuwur wong sanagari ||

16. bagus prawira satuhu | jêtmika alus ing budi | lungid pasanging graita | sura wêweka nrang wèsthi | wadya prawira tamtama | anggêpipun wêdi asih ||

17. wus dadi têmbang kêkidung | dadi kundhanging pawèstri | dadi ujaring wêlanjar | radha[221] nom ananontoni | sanadyan ta sami priya | kasmaran mring Jaka Tikir ||

18. sandhung jêkuk tiba kabyuk | dhuh lae Ki Jaka Tikir | wong angob ngulèt sêsambat | kulakêp dhuh Jaka Tikir | kang turu tangi sêsambat | guregah dhuh Jaka Tikir ||

19. kang mangan lagi amuluk | lêgêndêr dhuh Jaka Tikir | agêng alit anom tuwa | kang sinambat Jaka Tikir | kang lunga lagi tumindak | satindak dhuh Jaka Tikir ||

20. wong lakirabi kèh padu | kang wadon dipun tampiling | tinarka gugung Ki Jaka | dilêlarak dijêjêki | sêsambate lir gêrantang | dhuh lae Ki Jaka Tikir ||

21. yèn têtêgar anèng lurung | ya ta Radèn Jaka Tikir | kang nonton tembaking marga | kasmaran mring Jaka Tikir | bisa molahkên turăngga | baguse tan ana tandhing ||

22. kocapa ing alun-alun | ing Dêmak pan sabên kejing[222] | Kyana Patih Wanasalam | anyaoskên sabên kejing | lêlêbon bakal tamtama | anaking mantri bupati ||

23. jinajal padha ingadu | lawan banthèng padha siji | lamun banthèng tan palastra | karo tangan padha siji | nora kalêbu tamtama | akathah ikang tinampik ||

24. tuwin lan kêbo andhanu | kinêmbaran padha siji | linawan tanpa gêgaman | karo tangan kèh matèni | tinapuk miwah dhinupak | maesa dhanu ngêmasi ||

25. pagunungan nurut dhusun | wong kang luwih rosa sêkti | samya malêbu tamtama | sadaya dipun ayoni | ana dadi ana ora | ya ta ana kang kawarni ||

26. ana wong luwih pinujul | ing Kêdhu wismanya Pingit | Dhadhungawuk namanira | têguhe kêpati-pati | malèsèd katiban braja | pan kadi balabak wêsi ||

27. lir sinasog[223] gadhong[224] têbu | sakèh braja tan nêdhasi | kèringan ing tăngga desa | Ki Dhadhungawuk miyarsi | lamun

--- [f. 21r] ---

Sajarah Dêmak, British Library (Add MS 12313 b), 1785, #971: Citra 38 dari 58

nata ing Dêmak |[225] milih ing wong rosa sêkti ||

28. Dhadhungawuk wus malêbu | prapta ing Dêmak nagari | ajujug ing pagêlaran | sangisoring kang sitigil[226] | gone prawira tamtama | Ki Dhadhungawuk wus ligih ||

29. rahadèn lurah winuwus | lagya ngandikan mring puri | ikang anèng ing paseban | samya kagèt aningali | yèn ana wong anyar prapta | nulya tinakonan aris ||

30. kisanak dika puniku | dika jalma saking pundi | Dhadhungawuk saurira | kawula Kêdhu ing Pingit | arsa malêbêt tamtama | Dhadhungawuk wasta mami ||

31. tanpa tandhing sampun wudhu | sakèh braja tan nêdhasi | kawula igih miyarsa | lamun gusti sri bupati | akarya abdi tamtama | jalma ikang luwih-luwih ||

32. kang têguh prakosa timbul | prapta kawula yun ngabdi | tamtama manawi dadya | tamtama samya nauri | igih mangke radèn lurah | lagya ngandikan sang aji ||

33. tan adangu radyan rawuh | saking pura èsmu wingit | sapraptanira rahadyan | alênggah têngah pribadi | umatur ubul[227] tamtama | anggèr watên tiyang prapti ||

34. kêdah katura sang prabu | igih tiyang saking Pingit | arsa malêbêt tamtama | mèsêm radèn ngandika ris | ênggèh paman saupama | jinajal karsaning gusti ||

35. kănca manira sêdarum | pan samya asusur biring | kabèh tate siring pêdhang | kalis sakathahing wêsi | Dhadhungawuk aturira | anggèr sumăngga ing kapti ||

36. badan kawula alêsu | yèn batên katiban biring | akêri tawong[228] sadina | yèn batên rinampog biring | pating karêjot kang badan | yèn batên dipun gêbugi ||

37. ing alu kalawan watu | dene kangjêng sri bupati | ngarsakakên wong prawira | mila kula arsa ngabdi | dados prawira tamtama | Radèn Jaka Tikir angling ||

38. paman ngong coba karuwun | Dhadhungawuk matur igih | anggèr lêga manah kula | ngandika malih sang pêkik | iyan[229] isun dhewe paman | kang ajajal[230] sira iki ||

39. dicêdhak kalawan ingsun | Dhadhungawuk marêpêki | rahadèn lagi mucang |[231] agigit sadak sang pêkik | saksana sinuduk sadak | pêcah jajane ngêmasi ||

40. ngêjèpi kancanira wus | sadaya waskithèng wangsit | sigra kinaracok[232] gantal | ajur mumur rotang-ranting[233] | Dhadhungawuk jisimira | apan nora dadi takir ||

41. tan watên kang liya iku | anging gantal kang kinardi | sagung bupati kang seba | kagyat sagung kang ningali | pangrasane pra dipatya | anglunas kancanirèki ||

42. kala sêmana glis katur | dhumatêng sri narapati | dyan lurah matèni jalma | wong Kêdhu wismanya Pingit | tanpa dosa mung jinajal | sinuduk gantal ngêmasi ||

16. Dhandhanggula

1. langkung bêndu wau sri bupati | jênênge ratu adil pariksa | ki patih ngandikan age | Wanasalam prapta wus | jroning pura ngarsa narpati | sang nata angandika | hèh patih sirèku | apa tan wêruh ta sira | sapolahe marang Si Jaka ing Tikir | wong tanpa dosa pinatyan |[234]|

2. Wanasalam umatur wotsari | wantu putra paduka taruna | kados taksih manah rare | pan dèrèng darbe maklum | pan kasêlak panas ing galih | mulat wong paksa lanang | mila dipun suduk | ing sadak anulya pêjah | sru ngandika tudhungên[235] age Si Tikir | ngalasakên nagara ||

3. anyukêri iku ing nagari | wêtokêna sajabaning rangkah | jêr iku ngalas karêpe | aja wènèhi batur | dêdimène lunga pribadi | jêr iku wong alasan | ki patih wotsantun | sawêdalira sing pura | sapraptane pagêlaran wus apanggih | kalawan Radèn Jaka ||

4. dhinawuhkên tibalaning aji | dika tampi dukaning narendra | andika kesah samangke | andika ngancik sampun | sawêwêngkoning kang nagari | poma-poma sang nata | ing tibalanipun | Ki Jaka matur sandika | ya ta dhuwung wus ingaturakên aglis | ya ta sakancanira ||

5. sadaya waspanira drês mijil | ikang sawênèh ngusapi waspa | wênèh nênggak-nênggak bae | antara datan dangu | prapta malih tibalan aji |

--- [f. 21v] ---

Sajarah Dêmak, British Library (Add MS 12313 b), 1785, #971: Citra 39 dari 58

sarwi ambêkta arta | kèhe gangsal atus | hèh apatih tampanana | iki arta diyate ikang ngêmasi | bok prapta kangdang lina ||

6. pinaringna artane dèn aglis | iki diyate ikang palastra | arta limang atus kèhe | apan tinampan sampun | arta marang rêkyana patih | Jaka Tikir kocapa | lampahe lêstantun | lajêng saking pasewakan | datan ana jalma kang ngiring satunggil | kalangkung amlasarsa ||

7. mirong kampuh lampahe aririh | lir linarut bayune mring Sukma | ya ta sumaput panone | sariranya marlêsu | anglir rubuh kasilir ngangin | kadya sinampirêna | sarira sang bagus | wadya ing Dêmak sadaya | myang tamtama datan sagêd aningali | sadaya ngêmu waspa ||

8. sakalangkung dènira mlasasih | ya ta Ki Jaka samarga-marga | tan kêna sinayut luhe | wus prapta ing wana gung | jurang sêngkan dipun lêbêti | tan etang prigabaya | manjing jurang trêjung | siluk-siluk rumpil rampal | ikang sungil singub-singub dèn lêbêti | dhumatêng Kae Jaka ||

9. sarirane tansah dèn pêpati | dèn lêlara angur palastraa | tan jamak lawan wong akèh | kidul wetan wana gung | parnahira Ki Jaka Tikir | pinggir kali kalingan | pêpèrèng sang bagus | datan purun umatuka | marang Tikir manawa ngèbèt-èbèti | dhatêng ing ibunira ||

10. matrênyuh kèsthi wèsthining galih | dadya gêng merang osiking driya | palastraa wana rèjèng | minăngsaa mong isun | urip datan pêpadhèng jalmi | anguran palastraa | nèng wana kang trêjung | wayahipun sirêp jalma | trênyuh ing tyas ingkang saya angranuhi | Jaka Tikir anendra ||

11. nèng sadhaping kayu Jaka Tikir | bayu bajra prahara gung prapta | pring ari[236] gumrèt syarane | prakêmpa sidhung[237] riwut | kilat thathit lidhah kèh prapti | tarik kang păncawura | ing wiyat ngêndhanu | midid angin riris prapta | syarèng wana gumuruh kêkês ngajrihi | mabyungan lesus prapta ||

12. wraksa gêng bêdhol katiyub ngangin | sêmpal kabarubuh kaparapal | pating garopak syarane | lir ginonjong[238] wana gung | gojang-ganjing[239] gênjoting wukir | lèngsèr rug kagunturan | busêkan gumuruh | saisi-isining wana | ting galêro păncalita gêtêr muni | kumrasak syaranira ||

13. sumrêg umrês atêr[240] kewrawrati[241] | papas ari tapis kaparapal | rêbah kabarubuh kabèh | gumruh gumuruh-guruh | gumêrbêg grit kagiri-giri | sadaya kabêrabas | wor sato wana gung | têdhuh dhêdhêt awurahan | pênuh ing lor ya ta ikang kidul muni | lir rêbah cala sasra ||

14. mèh raina riris samun prapti | maruta wus kumênyar sêsăngka | baskara mêlok padhange | Kae Jaka lumaku | kang tinurut pigiring ardi | nuli ajujur cala | wus lami cinatur | Ki Jaka dènnya nèng wana | tan kauban wangon Ki Jaka sawêngi | akathah buron wana ||

15. kang kapanggih marang Jaka Tikir | macan warak banthèng kagegeran | blêgêdaba sênuk mèmrèng | akathah sami lampus | anèng jajah madya wanadri | Gunung Kêndhêng samana | tinugêl angidul | sabên dhukuh ingampiran | ênêngêna lampahe Ki Jaka Tikir | watên malih kocapa ||

16. kyai gêdhe ing Butuh winarni | lan ki gêdhe ing Pêngging tunggalnya | dènira magurokake | duk samana Ki Butuh | apan kesah tirakat sigih | sêdyane manggihana | ajar kang nèng gunung | Ki Butuh salampahira | kapêranggul lampahe Ki Ja[242] Tikir |[243] Ki Butuh nguwuh sigra ||

17. hèh apa kulup ta sira iki | anèng wana lan pêkik warnanya | sangsaya dangu ki gêdhe | waspada tingalipun | ngèpêr-èpêr[244] sangsaya mirib | sun takoni ta măngsa | ngakua sirèku | bunyak pira sun corana | sun atanya ngakua kulup sirèki | kaya na èmpêrira ||

--- [f. 22r] ---

Sajarah Dêmak, British Library (Add MS 12313 b), 1785, #971: Citra 40 dari 58

18. syargi kakang ki agêng ing Pêngging | jaiting netra myang pasariran | nora adoh pasêmone | Ki Jaka aris matur | igih kula sahing[245] ing Pêngging | gih Kyai Gêng Kênonga | parnah sudarmèngsun | Ki Butuh angrangkul sigra | tinangisan sirahe kinêmpit-kêmpit | dhuh anake pun bapa ||

19. solahira dene amlasasih | mula katêmu anèng ing wana | Ki Jaka aris ature | solahira tinutur | duk mêntase seda kang syargi | manira tan tijoa[246] | pan sira sun catur | pawartane wis ginawa | maring kakangbok nyai gêdhe ing Tikir | lêga ati manira ||

20. mêngko sira kapanggih ing ngriki | pamulane radèn aturira | saking ing Dêmak milane | kula suwitèng prabu | kinèn dening sri narapati | alurahi tamtama | nênggih purwanipun | pan wis tinutur sadaya | solahira dinukan marang sang aji | wêkasan lan wiwitan ||

21. kiyai buyut lêngêng ing ati | wus binakta mulih praptèng wisma | ki buyut ing Ngêrang age | pan ingutusan sampun | aglis prapta wus tata ligih | Ki Butuh dêlingira | lah kakang rakèku | suta manira piyambak | têtilare kang syargi kakang ing Pêngging | nglampahi kawlasarsa ||

22. Ki Buyut Ngêrang mandêng aliring | angandika dhuh nyawa nak iwang | sun ngêmpèk anak dhèwèke | Ki Jaka nuwun-nuwun | cinarita sangsaya lami | anèng Butuh Ki Jaka | laminya winuwus | apan lagya kalih wulan | wus winuruk sakathah raosing ngèlmi | myang wêkasaning tunggal ||

23. suruping pati wêkasing urip | myang ngèlmune jalma dadi nata | pan sampun pugas sakèhe | myang jaya-jayanti ku | miwah but[247] ing Ngêrang sami |[248] wutah ing ngèlminira | sadaya wus kêbut | katampèn marang Ki Jaka | sakalangkung Ki Jaka widagdèng ngèlmi | tampi wiyosing sêbda ||

17. Mijil

1. duk sêmana naline[249] uni |[250] pinarak nèng suro | Buyut Ngêrang katiga rahadèn | datan kèdêl dènnya mituturi | kulup sira ugi | bakal saka guru ||

2. dèn prayitna bekaning dumadi | kang murung lêlakon | pan sira bakal dadanan gêdhe | lah mêndhêka sira dèn ladaki | ambapang sumikir[251] | ana catur mungkur ||

3. dêdalane guna lawan sêkti | saking ngandhap asor | wani kalah luwih wêkasane | kaya sira dhingin anuduki | ing gantal ngêmasi | iku dudu laku ||

4. pan wis kocap ikang dhingin-dhingin | laku andhap asor | ikang padha pinujul dadine | para ratu myang para bupati | ikang luwih-luwih | papa purwanipun ||

5. ikang tinut iya para nabi | kang ngiras kêraton | pan kinarya dening Yyang karsane | wiwitan papa wêkasan luwih | Nabi Yusup dhingin | miwah Nabi Dawud ||

6. Nabi Mungsa lan Nabi Ibrahim | kang mangku kaprabon | apadene nabinira dhewe | Kangjêng Rasul niyakaning bumi | papa duk rumiyin | awêkasan luhur ||

7. nanging Nabi Soleman tan kawit | karsaning Yyang Manon | pan kinarya lairkên kodrate | amarentah sakèhing dumadi | tan sinung papa wit | mung sawiji iku ||

8. datan kêna èmpêrên samangkin | kamuktèn mangkono | lamun nora musakat kawite | lamun ana wong dalundung mukti | iku wahyaning blis | muktining panglulu ||

9. wus wajibing wong ikang nênilih | ngulihkên sayêktos | tanpa potang priye panagihe | longka lamun olèha nênagih | iku tuwis[252] isin | nyawa anak isun ||

10. lamun sira yèn arsa nênagih | potanga nak ingong | lamun nora olih panagihe | pasthi sêmaya kêna inganti | yèn tan potang dhingin | anagih tan atuk ||

11. Radèn Jaka apadhang kang ati | miyarsa wiraos | sakalangkung kaduwung polahe | kang wus kalakon kang dhingin-dhingin | èstu lamun sisip | manah wiwit sêpuh ||

12. kulup balia mring Dêmak malih | aja kongsi adoh | bokmanawa sultan pandangune | angliwêra kanan lawan kèri | yèn wis tan ngulati | tan ana dinangu ||

13. iya nuli balia mring Pêngging | lan ing Tikir kono | têmbe-têmbe yèn ana lilihe | sri bupati yèn arsa nimbali | kawijilannèki | pasthi kang jinujug ||

14. dèn narima kalawan dèn eling | dèn prayitnèng kewoh | aja mikis[253] rêrasan kang kiye | bok sêntona [sênto...]

--- [f. 22v] ---

Sajarah Dêmak, British Library (Add MS 12313 b), 1785, #971: Citra 41 dari 58

[...na] amirsa udani | yèn anyalawadi | sira ngandhut rukun ||

15. nanging jalukên marang Yyang Widi | gêng kang sih sang katong | pulung iku angèl pangalihe | nora tiba ikang dèn sêngiti | pasthi kang dèn sihi | pangalihing pulung ||

16. nadyan pinasthia ing Yyang Widi | aja marga ewoh | basa ewoh pan mangkene lire | yèn darbea sira ciptèng batin | rusake sang aji | egal ikang lampus ||

17. age pulunge ngalihèng kami | tan kêna mangkono | iku cipta pan ewoh arane | dèn aririh dèn narimèng pasthi | satitahing Widi | nyawa dèn rahayu ||

18. dèn patitis marang ing Yyang Widi | puji kang waspaos | iya pintanên marang kang gawe | bumi langit iku ikang pasthi | jalukên dèn kêni | angudia kayun ||

19. yèn dohêna kang dera jaluki | sayêktine adoh | parêkêna apêdhak ênggone | aja kandhêg dènira ling-aling | dadi tan matitis | gènira jêjaluk ||

20. Radèn Jaka tur sêmbah nuhun sih | ki agêng lingnya lon | pujinisun ing siyang dalune | lan ramanira ki buyut iki | sira kang darbèni | wis mintara kulup ||

21. sigra radèn tur sêmbah nulya mit | lumaris mangalor | tan kawarna ing marga lampahe | praptèng Dêmak ngancik têpis wiring | Radèn Jaka Tikir | langkung kasmaran kung ||

18. Asmaradana

1. ya ta Radèn Jaka Tikir | sapraptanira ing Dêmak | amêkasakên kancane | wadya prawira tamtama | kathah prapta singidan | amanggihi sang abagus | prasamya lara karuna ||

2. atanya Ki Jaka Tikir | kaya ngapa sri nalendra | datan ana pandangune | marang ing jênêng manira | umatur kancanira | dèrèng watên kang pandangu | ing mangke wus pitung căndra ||

3. Ki Jaka alit kang galih | dene sampun pitung căndra | datan ana pandangune | pamit marang kancanira | anutugkên lêlona | kancane prasamya matur | nging sampun têbih kewala ||

4. sêdya matuk dhatêng Pêngging | lampahira Radèn Jaka | sarwi sungkawa manahe | katiwang-tiwang samarga | ajujur wanapringga | sapraptane Pêngging sampun | dêdagan kuburing rama ||

5. datatita kang kawarni | watên trahing Brawijaya | sêmpaling Jaranpanolèh | nama Arya Jambaleka | kesah sing Majalêngka | adhêdhukuh ing Talpitu | sukune Ardi Dumilah ||

6. Ki Jămbaleka kawarni | adarbe atmaja lanang | Ki Mas Mănca kêkasihe | kang rama alul pratapa | ya ta Ki Mas Amănca | tan arsa nugil lêlaku | ênggèn pratapa kang rama ||

7. sêdya pratapa pribadi | karsane Ki Mas Amănca | pasisir kidul karsane | lampahe kaluta-luta[254] | sampun ingambil putra | mring Ki Buyut Banyubiru | dhêdhêkah kiduling Balak ||

8. sakulone Gêtasaji | dadya kèndêl anèng kana | dènnya sangêt pangandhêge | ki buyut ingambil putra | kalangkung trasnanira[255] | ki buyut ing Banyubiru | lir putrane gènnya yoga ||

9. ki buyut waspadèng gaib | kalamun Ki Mas Amănca | ngêmbani ratu bakale | wus katingal cahyanira | sêlaning alisira | pulung êmbananing ratu | ki buyut waspadèng tingal ||

10. têtiga kadange sami | Buyut Banyubiru ika | buyut Majasta arine | lawan Ki Wuragil ika | Ki Majasta pêputra | Jaka Wila wastanipun | kinadang lawan Mas Mănca ||

11. ya ta kang winuwus malih | ikang lagya adêdagan | anèng kubure ramane | Ki Agêng Pêngging punika | wau Rahadèn Jaka | lagya angsal kawan dalu | lamat-lamat mirsa syara ||

12. ujaring syara dumêling | hèh aja sira sungkawa | angidula ngetan kene | ngèngèra jalma dhêdhêkah | sakidul desa Balak | ki buyut ing Banyubiru | pituture lakonana ||

13. kagèt wungu dènnya guling | duk sare rêm-êrêm sata | anuli kesah ge-age | tan ana wikan wangsanya | wancine bangun raina |[256] kesahira sang abagus | ngidul ngetan lampahira ||

14. datan kawarna ing margi | Ki Jaka salampahira |

--- [f. 23r] ---

Sajarah Dêmak, British Library (Add MS 12313 b), 1785, #971: Citra 42 dari 58

prapta ing Balak arèrèn | atanya wong dhangir kapas | ing pundi dhukuh paman | ki buyut ing Banyubiru | saure kidul punika ||

15. sigra radèn ngambat wukir | ing Banyubiru wus prapta | kèndêl nèng jawi dhadhahe | sajawining pakarangan | Radèn Jaka têtanya | tinêdah radèn lumaju | ki buyut ikang kocapa ||

16. alênggah lawan kang rayi | Ki Wuragil Ki Majasta | punika samya kadange | sira Ki Buyut Majasta | tan suwe lagi prapta | katiga samya alungguh | kapat lawan Mas Amănca ||

17. Ki Banyubiru ling aris | mêngko isun dhêdhayohan | pan bakal ratu yêktine | ikang mêngku tanah Jawa | datan adangu prapta | sigra Buyut Banyubiru | mêdhun sarya latah suka ||

18. kang rayi kêkalih angling | hèh kakang watên punapa | tumurun latah guyune | ki buyut sumaur suka | dhêdhayoh isun prapta | kang sêsotya mèh tumimbul | kari saparoning kênthang ||

19. ki buyut amapag aglis | cinandhak Rahadèn Jaka | adhuh gustiningsun anggèr | radèn arsa ngabêktia | ki buyut kipa-kipa | adhuh gusti sampun-sampun | kamangkara ngabêktia ||

20. kang badhe agulung bumi | amêngku rat pramudita | sêksana ginawa lunggoh | ki buyut aris lingira | kulup Ki Mănca sira | ngabêktia wong abagus | iya iki gustinira ||

21. pan wis karsaning Yyang Widi | sotya ngêmbanan kêncana | sigra dènnya awotsinom | wau Ki Mas Amănca |[257] nulya lênggah atata | ki buyut ing Banyubiru | sakalangkung trêsnanira ||

22. cinarita tigang sasi | nèng Banyubiru Ki Jaka | Ki Buyut nêlas wêlinge | ngèlmu jaya kajigjayan | widig kawidigan |[258] miwah ngèlmuning kaprabun | ki buyut nêlas wulangnya ||

23. kadangira Ki Wuragil | kocapa sêsilihira | ki buyut ing Majastane | putranira Jaka Wila | tinitipkên rahadyan | mring Ki Buyut Banyubiru | Ki Jaka sigra ingatag ||

24. anggèr sêdhênge samangkin | pasang tibaning nugraha | andika mantuk rahadèn | marang ing Dêmak nagara | mupung rama andika | ri sêdhêngira ngêdhatun | watên ing Ardi Prawata ||

25. andika ngatingal nuli | pun bapa kang bêktanana | kang dadi sarat masrute | isun gawani buntala | lalohêna[259] maesa | yèn angsal mesa andhanu | dimèn ngamuk kang maesa ||

26. nèng pasanggrahan narpati | măngsa ana kang nănggaa | liyane andika radèn | rayi dika Ki Amănca | sampun pisah lan dika | Ki Wila Wuragil iku | rumêksaa gustinira ||

27. ki buyut sigra ngudhangi[260] | marang anak putunira | prasamya akarya gèthèk | akukuh pan sampun dadya | ginayut lan duk ika | kang badhe titihanipun | radèn gènnya mêdal toya ||

28. milir marang ing bênawi | saking Banyubiru benjang | anjog saking Kali Dêngkèng | ing Banyubiru sêmana | kidul Dêngkèng sêmana | iring loring Wukirkidul | kidul wetan Pamasaran ||

29. ki buyut awanti-wanti | lêmah punika ing benjang | lalohêna ing kêbone | kang kêbo ngamuk sêksana | iku dadi saratnya | jalaran sira dinangu | marang sultan ing Bintara ||

30. radèn tur sêmbah nulya mit | kalawan Ki Mas Amănca | katiga lan Wuragile | sakawan lan Jaka Wila | amit sarêng anêmbah | Ki Buyut Majasta tumut | ngiras mulih mring Majasta ||

31. wus mangkat sakawan nuli | Ki Banyubiru samana | angatêr ing Kali Dêkèng[261] | wus numpak gèthèk sadaya | toya gêng milir kêras |

--- [f. 23v] ---

Sajarah Dêmak, British Library (Add MS 12313 b), 1785, #971: Citra 43 dari 58

Ki Wila Wuragil sampun | angagêm satang prasamya ||

32. Ki Mănca mêlah nèng kèri | kalawan Rahadèn Jaka | datan kawarna ilire | prapta ing dhukuh Majasta | tigang dalu sêmana | anuli lajêng lêstantun | kawuntat dhukuh Majasta ||

19. Pangkur

1. sampun ajog[262] ing bêngawan | gèthèk milir wanci asar marêngi | ing Kêdhung Srêngenge rawuh | mêndhung riris mor barat | ya ta nuli ana katon rara ngangsu | tinakon marang Mas Mănca | sira iki bocah ngêndi ||

2. ni rara anuli musna | gèthèk mubêng pan nora kêna milir | amalir-malir kawangsul | winêlahan tan kêna | sinatangan datan jajag lêbêtipun | ngalor ngidul aputêran | datan antara kaèksi ||

3. bajul agêbèl arangap | pigir Kêdhung Srangenge angèbêki | kang toya kadya kinêbur | ikang baya bêbegal | pan kinongkon baya marang ratunipun | ratune ran Baurêksa | Jalumampang kang tinuding ||

4. bêkta tigang atus baya | sigra mangsah gujêg gèthèk gumriwis | Wila Wuragil adulu | ajungkêl[263] supe mulat | ya ta radèn aris dènira amuwus | hèh yayi dipun prayitna | bilai gêng adhatêngi ||

5. gèthèk mubêng lumba-lumba | Ki Mas Mănca sinaut anadhahi | sarêng sinarab amêluk | kuwat Jaka Amănca | bajul siji binanting binuwang mamprung | tibèng dharat wus palastra | kang kari baya ngêbyuki ||

6. pigiring gèthèk arangap | radèn angling yayi dèn ngati-ati | sira jaba jêro isun | poma aja pêpeka | sigra radèn agêbyur malêbèng kêdhung | baris katingalan gabag | anglir ratu mangun jurit ||

7. gègèr praptane Ki Jaka | lajêng mangsah angamuk radèn mantri | ajêjêk dhupak anapuk | cinandhak ngadu kumba | barang katon rahadèn angamuk liwung | saking pangraksaning Sukma | mêngsah miris kèh ngêmasi ||

8. singa mangsah kasulayah | kinêmbulan Radèn Jaka tan miris | kinêrah-kêrah sinaut | datan pasah wêntala | yèn abanting rinangkêp tiga malêdug | rinangkêp sakawan bebas | rêmpu datan măngga pulih ||

9. bramatya ratuning baya | mulat lamun balane akèh mati | Baurêksa mangsah kiwul | rahadèn tinarajang | duk sinaut rahadèn jajanya cukup | gêdhene Ki Baurêksa | sabongkot tal winêtawis ||

10. ilate kadi daludag | anglir kapurancang utune[264] rèki | warnane pêthak lir kapuk | netra kadya mutyara | Radèn Jaka sinaut-saut marucut | mubêng anèng sukunira | kinipat malumpat kuping ||

11. rinagoh[265] matane kêna | lumba-lumba radèn kukuh nyêkêli | bangawan kadya kinêbur | ya ta kang anèng dharat | Ki Mas Mănca arame pêluk-pinêluk | lawa[266] baya Jalumampang | adangu ukih-ingukih ||

12. Ki Jalumampang cinandhak | datan obah sinawatakên aglis | malêdug nèng kayu wêru | patine Jalumampang | baya kathah kang mara mara kasambut | aglasah[267] binuwang dharat | kang urip pating karêmpis ||

13. Mas Mănca tuhu prawira | sampun têlas bajul kang anèng ngigil | Ki Wuragil Wila sampun | tangi lêngêng tumingal | dening baya agêlasah dharat lampus | wau kang anèng jro toya | Baurêksa wus kajudhi ||

14. asolah-solah tan bisa | wus anungkul balane dèn sapihi | kang samya nêdya têtulung | radèn aris ngandika | iya apa nungkulira maringsun |[268] umatur Ki Baurêksa |

--- [f. 24r] ---

Sajarah Dêmak, British Library (Add MS 12313 b), 1785, #971: Citra 44 dari 58

punapa pinudhut gusti ||

15. rahadèn malih ngandika | sun ajaluk pajêg bajul siji-siji |[269] iku sabên-sabên taun | ature Baurêksa | igih kula sumăngga karsa pukulun | inguculakên saksana | byar nuli katon jro puri ||

16. andhêdhêng[270] kadhatonira | Baurêksa sineba jroning puri | rahadèn sinuhun-suhun | pasrah kadhatonira | cinarita Radèn Jaka tigang dalu | mugèng kayanganing baya | nulya mit radèn wus mijil ||

17. Ki Baurêksa tut wuntat | ngatêrakên mugèng jawining kari | lawan angaturi bajul | kawan dasa ngatêrna | anănggaa ing gèthèk pamiliripun | rahadèn prapta ing jaba | wus anitih gèthèk malih ||

18. wus panggih rowang sadaya | sami ngungun radèn dipun tangisi | panyananira wus lampus | anèng dhasaring toya | radèn angling lah uwis padha rahayu | ana pangraksaning Sukma | marang sira lawan mami ||

19. ratuning baya wis kêna | pan kajudhi lawan ingsun ajurit | kang dadi panukulipun | iya Si Baurêksa | pajêg bajul siji-siji sabên taun | atur sêmbah Ki Mas Mănca | tan pêgat trêsnaning gusti ||

20. Mêgatruh

1. sigra milir gèthèk sinăngga ing bajul | kawan dasa ajagani | ing ngarsa miwah ing pungkur | atanapi kanan kèri | kang gèthèk lampahnya alon ||

2. binuwangan satang lawan wêlahipun | Ki Wila lan Ki Wuragil | eca prasamya pitêkur | dènnya angadhêp ing gusti | bakda ngisa prapta Bêton ||

3. sirêp bocah lampahira praptèng Butuh | Radèn Jaka tanpa ling |[271] lamun jajahan ing Butuh | arsa kèndêl sang apêkik | amangsit baya kang gedhong ||

4. ikang gèthèk ginêdhog-gêdhog pi[272] têlu | sadaya bajul miyarsi | mring wangsite radèn bagus | anuli ginawa migir | praptèng pigir gya gineyot ||

5. mring Ki Wila lawan Ki Wuragil sampun | ing uwit potat puniki | akukuh ginayut ngêduk | samya karipan aguling | sakawan samya kuwayon ||

6. samya eca sadaya samya aturu | Ki Gêdhe Butuh winarni | ing nalika têngah dalu | tumingal padhanging langit | ana gumêbyar saking lor ||

7. ya ta kagèt ki gêdhe anuli mêtu | tiningalan pigir kali | anglir wulan padhangipun | lagya pamatining sasi | pigir bangawan mêncarong[273] ||

8. sigra têdhak wau ki gêdhe ing Butuh | apa padhang-padhang iki | sun watara ika wahyu | nanging datan marang kami | kaya wahyuning karaton ||

9. praptèng pigir kali ki gêdhe adulu | wong sakawan padha guling | nèng luhur gèthèk sêdarum | kang siji dipun ungkuli | wahyu mancur ngulon-ulon ||

10. sakalapa antawis satabonipun | Ki Gêdhe Butuh tanpa ling | dene iki anak isun | dadak sare pigir kali | ya ta ki gêdhe anguwoh ||

11. kulup-kulup awungua anak isun | abêtah têmên sirèki | asare nèng pigir ranu | tan wruh dutaning Yyang Widi | prapta cahyane mêncarong ||

12. radèn kagèt wungu ana nguwuh-uwuh | ting garegah padha tangi | katingal Ki Gêdhe Butuh | angadêg nèng pigir kali | radèn anuli wotsinom ||

13. gya angrangkul ya pagene anak isun | sare anèng pigir kali | Rahadèn Jaka umatur | tinutur solahing nguni | purwa wêkasane kantos ||

14. pan ki gêdhe duk amirsa mathuk-mathuk[274] |

--- [f. 24v] ---

Sajarah Dêmak, British Library (Add MS 12313 b), 1785, #971: Citra 45 dari 58

iya ta lah sira kaki | pinarêng padha rahayu | apa ta ingucap malih | wahyu pan wis ngalih ênggon ||

15. wus binakta radèn mring wismanirèku | tatasing raina prapti | Ki Gêdhe Ngêrang puniku | wus tata samya aligih | Ki Buyut Ngêrang têtakon ||

16. wus tinutur purwa lan wêkasanipun | Ki Buyut Ngêrang miyarsi | lêngêng sokur ing Yyang Agung | cinatur satêngah sasi | dènira kèndêl nèng Butoh ||

17. angandika wau ki gêdhe ing Butuh | iki wus lêga kang galih | lah payo mangkata kulup | mupung ramanta sang aji | nèng Prawata lagya andon ||

18. angabêkti apamit rahadèn bagus | ki agêng ngatêr ing kali | lan Ki Buyut Ngêrang iku | wus numpak ing gèthèk sami | lajêng milir lampahnya lon ||

19. bajul saking kêdhung Srangenge gumuruh | kang jagani gèthèk sami | kasukan pating galêbyur | samya suka ing tyasnèki | wus warêg dènnya bêbadhog ||

20. sugatane bajul sapangisoripun | tatane pan kadi jalmi | sing kadalan padha suguh | kakonane ratunèki | pagiliran ikang gedhong ||

21. ing gèthèke mila bajul saking luhur | samya nganggur tan jagani | samya ngiring anèng pungkur | agilir samargi-margi | ya ta ikang winiraos ||

22. salor wetan Majênang bangawan tikung | kang gèthèk ginêdhog malih | bajul mirsa wangsitipun | anuli ginawa migir | wus mêntas rahadèn gupoh ||

23. wus tinatas tali gèthèk sampun rampung | mangsiti mring bajul sami | kalamun gawene sampun | bajul sadaya udani | mring sêmu ikang mangkono ||

24. samya wangsul gumuruh baya kang nungsung | wau ta rahadèn pêkik | kèndêl sangandhaping bulu | ana wong babad marani | pan sarwi anyangking ayol[275] ||

25. atêtanya wong papat kang padha ngaub | anak pêkênira pundi | rahadèn aris sumaur | ing Dêmanira[276] iki |[277] pundi margane kang anjog ||

26. marang Gunung Prawata nulya sumaur | kang ngalèr ngilèn puniki | rahadèn lingira arum | paman alasira iki | besuk yèn wis dadi dhukoh ||

27. aranana desa ing Tindak puniku | purwa tindak isun iki | têka bangawan katèngsun | jalma kang babad nauri | igih apênêd nakingong ||

28. sigra lajêng ngalèr ngilèn lampahipun | anjog jujur jurang rumpil | sampun lêpas lampahipun | wong papat tan angsal margi | brêrêg maesa lor kulon ||

21. Durma

1. sampun prapta jajahan wukir Prawata | kèndêl rahadèn mantri | dene sampun cêlak | kalawan pasanggrahan | wong papat anèng wanadri | paya maesa | andhanu kang prayogi ||

2. datan angsal wus dangu dènnya ngupaya | ya ta ana kaèksi | kinêpung wong papat | cinêkêl mring Mas Mănca | kêna maesa tan osik | wus linolohan | lêmah sing Banyuwilis ||

3. têtibule[278] ki buyut wêwêlingira | dupi kalêbon siti | abêkos janggirat | malêlêng kipat-kipat | gobag-gabig amucicil | lir singa lodra | anggêbrès kirig-kirig ||

4. mesa dhanu gêbrès-gêbrès janggiratan | pan sarya gobag-gabig | Radyan Jaka lon mojar |[279] sun jaluk gawenira | ngamuka Prawata Ardi | maesa urmat | sungu sumungkêm siti ||

5. yèn ngucapa gusti kawula sandika | nadyan tumêkèng pati | nglampahi parentah | tuwan madêga nata | maesa dhanu wus tangi | sigra lumajar | mangulon dhatêng ardi ||

6. pan kadhaton Prawata ikang sinêdya | tan adangu wus prapti | jujug pasanggrahan | nuju Kasuratanèn |[280] pakuwone dèn lêbêti | gègèr puyêngan | wong Suratanèn aglis ||

7. samya alok yèn ana maesa [mae...]

--- [f. 25r] ---

Sajarah Dêmak, British Library (Add MS 12313 b), 1785, #971: Citra 46 dari 58

[...sa] kurda | wus rakit têpung kikis | kêbo sinanjata | ginanjur pinanahan | nanging kêbo tan nêdhasi | nyungu anujah | anujah agambuli ||

8. samya tandang sagunging para wêdana | bature ngêpung sami | rinampog tan pasah | sagung braja sadaya | tan ana braja nêdhasi | pra mantri mangsah | nanging datan nyampuni ||

9. pan akathah para mantri pan kantaka | myang santana bupati | kathah kang kacurnan | nulya katur sang nata | tamtama kinèn ngêmbari | nulya umangsah | sawiji kang ngêmbari ||

10. Radèn Arya wastane ubul tamtama | wantêr tur trah prajurit | dèn bithi maesa | nèng alun-alun gènnya | aniba kêbo binithi | tangi anujah | Radèn Arya tan eling ||

11. gênti niba adang kakal-kakalan |[281] kuwat maesa nênggih | ngalumpruk rahadyan | sisihe nulya mangsah | Radèn Truna wastanèki | sigra tumandang | ngêmbari maesa glis ||

12. duk samana sultan migah pêpagungan[282] | ningali ikang abdi | tamtama tandangnya | Kya Patih Wanasalam | wau ikang anjênêngi | Dyan Radèn Truna | pan gênti niba nênggih ||

13. yèn binithi jinêjêk kêbo aniba | tangi kabo[283] ambijig | Dyan Truna kantaka | banjur tinujah-tujah | pan sarya dipun kambuli | sarwi ingundha | Radèn Truna tan eling ||

14. wus rinêbat marang kancane tamtama | ingudurakên aglis | kêbayan tamtama | ikang nrajang maesa | tarunge kadya rumiyin | kuwat maesa | kêbayan wus kajudhi ||

15. wong tamtama kêbayan rolas wus kalah | majêng saking satunggil | udure kantaka | nuli timbalan nata | lurah kawan dasa nênggih | kinèn nêmpuha | kêbo kang paksa wani ||

16. lurah kawan dasa kêkalih wastanya | Dyan Sanjaya satugil | lan Radèn Panatas | kang kinèn umangsaha | kinèn gênti angêmbari | rame sakala | ganti kasoran nênggih ||

17. dangu-dangu kawon lurah kawas[284] dasa | wus karsaning Yyang Widi | ingudurkên sigra | Radèn Panatas mangsah | tarunge kadya rumiyin | Panatas niba | nulya timbalan aji ||

18. kang maesa kinèn angrubut sakawan | dèn byuk sakawan aglis | tamtama kasoran | samya mudur kantaka | tamtama rongatus sami | mudur kantaka | kathah kang datan eling ||

19. abdi dalêm kawan dasa lan tamtama | tan ana măngga pulih | ngandika sang nata | bupati lah majua | lah majua têka siji | singa kang mangsah | udure datan eling ||

20. langkung bêndu wau Kangjêng Sultan Dêmak | sêntana lan bupati | kinèn angrapoga[285] | wau ikang maesa | wadya ing Dêmak ngêbyuki | rinampog kathah | sênjata lan jêmparing ||

21. kang maesa andhanu kang saya kurda | lir singa lodra amrih | gamêlan tinêmbang | giro-giro polahnya | sing katrajang kathah kanin | nyingat anujah | ambijig tan ngabêri ||

22. kang sawênèh ana mati lawan rewang | saking kathahing jalmi | kunêng kawarnaa | Dyan Jaka Tikir mulat | ngaliwêr parêk lan patih | amrih katona | sandine nêningali ||

23. sakalangkung dukane sri naranata | emut sajroning galih | mring atmajanira | Jaka Tikir punika [puni...]

--- [f. 25v] ---

Sajarah Dêmak, British Library (Add MS 12313 b), 1785, #971: Citra 47 dari 58

[...ka] | digdayane anglangkungi | yèn ta maksiha | kaya nora niwasi ||

24. kadangira Ki Jaka tansah nèng wuntat | Dyan Mănca lan Wuragil | lawan Wilamarta | ya ta ki patih mulat | yèn Jaka Tikir aningali |[286] kagyat ki patya | age seba sang aji ||

25. prapta sandhaping pagung nulya tur sêmbah | gusti kula tur uning | abdi sri nangrendra[287] | Jaka Tikir punika | sumăngga karsa sang aji | mangke wus prapta | ingapura kinanthi ||

22. Kinanthi

1. manawi gusti asanggup | ngêmbari maesa wani | yèn mungkasi karya nata | matuka lênggahe lami | anglurahi wong tamtama | sang nata kagyat sarya ling ||

2. apa nyata turirèku | Si Tikir yèn maksih urip | ki patih matur wotsêkar | igih gusti kula uning | piyayambak[288] nuju nêningal |[289] abdi dalêm Jaka Tikir ||

3. ngandika sang nata gupuh | yèn garoh[290] sun bilaèni | yèn mangkono timbalana | Si Tikir mring ngarsa mami | kya patih tur sêmbah mintar | nimbali mring Jaka Tikir ||

4. tan adangu nulya rawuh | Ki Ja Tikir wus kèri |[291] kadang têtiga tinilar | anèng sajawining kari | radèn prapta ngarsa nata | soring panggung awotsari ||

5. sang nata sigra andulu | marang Radèn Jaka Tikir | sang nata ngawe munggaha | radèn sandika wotsari | Jaka Tikir nulya migah | mring panggung prapta ngarsa ji ||

6. ingawe dyan ngaras suku | ngandika sri narapati | hèh Tikir sira bageya | Dyan Jaka nuhun ngabêkti | malih sang nata ngandika | lawase sira nèng ngêndi ||

7. Dyan Jaka matur wotsatun | kesah nut liwunging galih | ămba pan watên ing wana | sang nata ngandika aris | hèh Tikir lah ilangêna | kêbo ikang dadi ati ||

8. Dyan Jaka matur wotsatun | sandika mudhun sing ngigil | sang nata ngatag mring patya | hèh ta Wanasalam aglis | Carabali konên nêmbang | wadya ngong suraka agli[292] ||

9. lah konên mudur sêdarum | dimène tarung pribadi | di rame suraking jalma | dhawuhna Si Tikir iki | konên tarung karo tangan | dimène nyukakkên galih ||

10. radyan dhinawuhan sampun | wadya gung ngudurkên aglis | Carabali munya ngangkang | Jaka Tikir mangsah aglis | tibalan kinèn abêksa | dyan bêksa limrak[293] kasimpir ||

11. singa mulat lênglêng wuyung | jalu èstri samya brangti | ana wong wadon kasmaran | uyuhira kocêr-kacir | marga sutanya abantat | kinukur dipun cêthoti ||

12. sinigêg kang brăngta wuyung | warnanên Ki Jaka Tikir | wus campuh lawan maesa | dipun udha[294] dèn bijigi | Radèn Jaka pan sinudhang[295] | amrih sukane nrêpati ||

13. Ki Jaka tiba ngalumpruk | tangi maesa binithi | kêbo niba kalesedan | kêbo tangi bijig malih | sêmana gênti aniba | kalangkung sang aji |[296]|

14. surake lir gunung rubuh | singa mulat marmèng galih | wong kathah binadhe radyan | kang ngêntasi kêbo wani | Dyan Jaka Tikir ingundha | tiba aglis nulya tangi ||

15. dyan malês kêbo tinapuk | kêbo kêkèjèk dagangi[297] | samana suka tyas nata | gumujêng atukup lathi | jugirat[298] malês maesa | Jaka Tikir dyan binijig ||

16. ingundha-undha amuluk | wus tibakkên ing siti |[299] Dyan Jaka sigra anyandhak | congoring kêbo pan aglis | rinagoh[300] lêmahe kêna | wus ilang kasêktènnèki ||

17. dyan ingundha jêbul butut[301] | binêthot [bi...]

--- [f. 26r] ---

Sajarah Dêmak, British Library (Add MS 12313 b), 1785, #971: Citra 48 dari 58

[...nêthot] bututira glis | lajêng sungune pinokah | maesa dhandhu[302] ngêmasi | surak wong Dêmak lir gêrah | kadya karêngèng langgit |[303]|

18. wus katur marang sang prabu | yèn maesa wus ngêmasi | sang nata tustha ing nala | kinèn nyaoskên mring ngarsi | Radèn Jaka Tikir agya | bapong maesa mring ngarsi ||

19. sang nata têdhak sing panggung | pinarak dhêdhampar gadhing | para bupati akapang | mantri sêntana ing ngarsi | sang nata waspadèng mulat | maesa dhanu kang warni ||

20. layak prawiraa tuhu | maesa gêdhene luwih | sang nata arum ngandika | hèh Jaka Tingkir sirèki | muliha luguhmu lawas | tamtama pretahên[304] malih ||

21. hèh sakèhe wadyanisun | padha ngèstrènana sami | têtêpe Si Tikir ika | sang nata kodur pura glis | pura Prawata kawarna | ejinge sri narapati ||

22. kodur pura Dêmak prabu | sagung pratiwa umiring | bungah sagung wadya Dêmak | samya mulih wismanèki | Dyan Jaka Tikir winarna | kadange tiga tut wiking ||

23. Dyan Mănca Wilamarta wus | katigane Ki Wuragil | antara satêngah căndra | Radèn Jaka dèn trimani | sang putri adi ing Dêmak | warnane lir dhadhanggêndhis[305] ||

23. Dhandhanggula

1. datatita lingira ing nguni | Radèn Jaka wus carêm akrama | lan putri Dêmak wiyose | Sultan Dêmak kalangkung | sihe dhatêng Ki Jaka Tikir | suka sakacanira[306] | nêngna tan winuwus | Lêmbu Pêtêng Tarub ika | kang akrama angsal Sang Rêtna Nawangsih | putri ing Tarub ika ||

2. sasedane kang rama gumanti | Radèn Lêmbu Pêtêng wus anama | ki agêng ing Tarub mangke | sawiji putranipun | nama Kyai Gêtaspêndhawi | Kyai Gêtaspêndhawa | punika sêsunu | nama Ki Agêng Sêsela | sakalangkung dènira amati ragi | sangêt kasutapannya ||

3. wus misuwur jalma sanagari | miwah parapat lan măncalima | Ki Agêng Sela sêktine | purwanira karuwun | nyêkêl gêlap padha sawiji | nèng sawah parnahira | ki agêng misuwur | wus kasub kajanapriya | ênêngêna kocapa malih sang aji | anuju dina Soma ||

4. kangjêng sultan asuwarèng dasih | arsa pêpara mring Kalijaga | sarta madhongi[307] karsane | dhumatêng kang piluguh | Kalijaga kang mahayêkti | samakta saha bala | budhal sang aprabu | watara wong tigang lêksa | kang umiring sawadya para bupati | busana warna-warna ||

5. anglir sêkar sataman kaèksi | sri narendra anitih dipăngga | pan sampun lêpas lampahe | ing dhêkah tan winuwus | ing Carêbon pan sampun prapti | ing dhêkah Kalijaga | wus panggih sang wiku | sultan mangaras suku sang | mangusapi ing lêbu Sang Mahayêkti | mangrêpa aturira ||

6. pinodhongan[308] mring Dêmak nagari | anglêgani wau sang pandhita | nalikarsa ing sutane | akèn marang wadya gung | samya saos gadhong pribadi | pra dipati satriya | mantri sadaya wus | lurah pêkathik sadaya | kang sinuhun angliwêt amung sakêndhil | kêndhil Siyêm sêmana ||

7. gawa solèd amubêng pribadi | ngêdhuk liwêt ing ngarêpanira | pra dipati dhewe-dhewe | miwah sawadyanipun | datan têlas kêndhil sawiji | tuwuk wong tigang lêksa | kêndhile kinêdhuk | parandene datan têlas | karamate wong tigang lêksa prasami | langkung

--- [f. 26v] ---

Sajarah Dêmak, British Library (Add MS 12313 b), 1785, #971: Citra 49 dari 58

nikmat ing raga ||

8. wis mangkana kering sang ayogi | praptèng Dêmak sinakarèng karsa | singa kang dèn karsakake | amilih Kadilangu | dhukuh ikang awon pribadi | kang bêcik datan arsa | mila Ngadilangu | ya ta ikang kawarnaa | sri narendra nênêm putrane winarni | ikang sêpuh wanodya ||

9. krama angsal Kyagêng Langgar sigih | putranira ki agêng ing Sampang | panênggak jalu wastane | Pangran Arya Abagus | nutên[309] arinira pawèstri | krama angsal Pangeran | Kalinyamat iku | ya ta ikang kawarnaa | èstri malih krama angsal Jaka Tikir | nama Dipati Pajang ||

10. wus tinanêm ing Pajang nagari | ari malih èstri Ratu Kambang | waruju laju[310] wastane | aran Radèn Mas Timur | jangkêp nênêm putra sang aji | kang rayi kangjêng sultan | pangeran puniku | seda ing kali samana | tilar putra sawiji jalu apêkik | nama Radèn Panangsang ||

11. wus tinanêm ing Jipang nagari | nama Pangeran Arya Panangsang | ing Pajang kang winiraos | sakidul kilèn Butuh | binabadan sawetan Pêngging | ikang kinarya kutha | kathah kang tut pungkur | nagara Pajang wus dadya | duk samana Sultan Dêmak wus ngêmasi | ing Pajang madêg nata ||

12. sinangkalan madêge narpati | sarêng lan Sultan Dêmak sedanya | tri lunga mănca bumine |[311] putra Dêmak kang jalu | wus tinanêm dipati mukmin | nama Sunan Parwata | putra kang waruju | pan ginawa marang Pajang | wus tinanêm anèng Madiyun nagari | ya ta kang cinarita ||

13. pusaka Dêmak wus dèn gawani | marang Pajang tan ana malanga | dènnya jrih kadigdayane | pinasthi gênti pulung | suyud kabèh kang pra dipati | dene Ki Mas Mănca |[312] pêpatih jêjuluk | anama Măncanagara | abêbêngkok salêksa nêmatus mukti | Wuragil lan Ki Wila ||

14. pan kinarya bupati jro sami | pan Ki Wila aran Wilamarta | gangsal èwu lêligihe | Ki Buyut Banyubiru | apan tulus pinundhi-pundhi | lawan Buyut Majasta | samya pinisêpuh | Ki Agêng Butuh samana | putranira dadya sêntananing aji | lawan jinujung nama ||

15. Pangeran Wanèngsasi apêkik | wus angrabda ing Pajang nagara | arja wingit kêratone | kutha kinarya sampun | akêkajor[313] kukuh rêspati | sakèthèngnya majupat | pasange manguntur | ginapura kutha gara | pinalatar amugul[314] kang baluwarti | kutha Pajang rakitnya ||

16. ya ta ikang cinarita malih | putranira Ki Agêng Sêsela | Ki Agêng Ngênis wastane | lawan saputranipun | asuwita ing Pajang sami | apan pinêndhêt kadang | sarya tugil guru | ing Susunan Kalijaga | Kyai Ngênis kinarya pradikan sigih | marang sang natèng Pajang ||

17. sinung dhukuh ing Lawiyan nênggih | wus anama Ki Gêdhe Lawiyan | sinêpuh-sêpuh wong akèh | kêkalih putranipun | samya jalu pupon satugil | kadange naking-sanak | ikang asêsunu | Ki Agêng Ngêrang namanya | alit mila kinadang-kadang sayêkti | kalawan putranira ||

18. ikang nama Rahadèn Pênjawi | kakang adhi lan Ki Pamanahan | putrane Gêng Ngênis dhewe | angsal pangwulanipun | marang kangjêng sri narapati | ingandêlakên prana | pinarcayèng kewuh | kinarya lurah tamtama | karo pisan sisih lawan Ki Panjawi | lawan Ki Pamanahan ||

--- [f. 27r] ---

Sajarah Dêmak, British Library (Add MS 12313 b), 1785, #971: Citra 50 dari 58

19. kalih pisan kinanthi ing supit | Ki Panjawi lawan Pamanahan | anglurahi tamtamane | angrèh wong kawan atus | pêpilihan sang ulah jurit | ngandêlakên ing prana | mangkana winuwus | Ki Pamanahan pêputra | pêmbayune Mas Dana namanirèki | pinupu mring sang nata ||

20. pan kinarya lanjaran sang aji | dene sang nata dèrèng pêputra | Mas Dana ika wiyose | putra ikang pêmbayun | Radèn Bagus ikang wêwangi | Ngabèi Loringpasar | supe rama ibu | marang radèn ambêndara | sawab dadi putranipun sri bupati | kagung rinaja-raja ||

21. sinung êmban sinungsongan[315] kuning | langkung sihira sri naranata | lir gènira yoga dhewe | watên malih winuwus | pangeran ing Jipang kawarni | Pangran Arya Panangsang | agêng manahipun | lumuh aseba mring Pajang | Sunan Kudus ginuron dèn kabêktèni | ginubêl ing prakara ||

22. tansah anèng ing Kudus sang pêkik | awis anèng ing Jipang nagara | kang manah langkung susahe | kêkuwu anèng Kudus | gènnya amrih madêg narpati | amêngku tanah Jawa | asangêt turipun | nora sotah asebaa | marang Pajang ratu bèbète Si Pêngging | tan arsa ngabêktia ||

23. wani angrok bedawala[316] pati | takêr marus têpung pupu jăngga | kêncêng atot liru kanthèt | wor pragulaning pupu | akantara bau tan ajrih | Sunan Kudus ngandika | aja gege laku | Ki Jêbèng Pajang digdaya | dèn adhêmit ing solah muna lan muni | aja rêngat ing nala ||

24. yèn ana wong ngalapdho upami | ing pangawruh muguh[317] saya sira | ki jêbèng apa ukume | Pangran Jipang umatur | ukumipun dipun pêjahi | balik tuwan ucapna | sitên ta pukulun | Susunan Kudus ngandika | apa rane kakangira pratèki[318] |[319] amaro patakonan ||

25. Pangeran Jipang sigra ngabêkti | igih gampil ikang pangandika | pun kakang Prawata mangke | Pangeran Jipang kodur | sapraptane pakuwonnèki | nibali kajinêman | awasta pun Rakut | hèh Rakut ge lumakua | ge cidranên kakang Prawata dèn mati | Rakut nêmbah mit sigra ||

26. binaktanan dhuwung marang gusti | Pangeran Arya Panangsang Jipang | Ki Rakut prapta lampahe | ing dhukuh Prawatèku | Jêng Susunan Prawata lagi | lênggah sêsèdhèn[320] garwa | Ki Rakut gya rawuh | Sunan Prawata ngandika | apa gawe sira Rakut praptèng ngriki | Ki Rakut nêmbah turnya ||

27. kula ingutus rayinta gusti | amêjahi dhumatêng paduka | Sunan Prawata dikane | lah iya bage Rakut | nanging aja ngèbèt-èbèti | marang garwa manira | Ki Rakut gya nuduk | pranaja kang cinuriga | kawatgata anêrus ing garwanèki | anjrit garwa karuna ||

28. Sunan Prawata ngandika aris | hèh ta Rakut pa mulane cidra | garwa manira kaèbèt | Rakut sinawat dhuwung | ran Ki Bêthok Ki Rakut kêni | tunggaking kêmbang kacang | aniba wus lampus | mila Ki Bêthok tamtunya | maksih gowang kêmbang kacange ing nguni | Sunan Prawata seda ||

29. apan sarêng lawan garwanèki | tilar putra têtiga samana | siji jalu kêkasihe | èstri warujunipun |

--- [f. 27v] ---

Sajarah Dêmak, British Library (Add MS 12313 b), 1785, #971: Citra 51 dari 58

ikang rayi amirsa warti | Ratu Mas Kalinyamat | mring Prawata sampun | têtilare ikang raka | putra alit binakta marang kang bibi | Ratu Mas Kalinyamat ||

30. nêdha ukum mring Kudus nagari | dene patine kadange tuwa | Susunan Prawata rane | kalawan lakinipun | Pangran Kalinyamat tut wuri | wus prapta ngarsanira | Jêng Susunan Kudus | kèndêl datan angandika | ya ta ajrih Sunan Kalinyamat mulih | binegal anèng marga ||

31. mring utusan sing Jipang wong katri | Sunan Kalinyamat kaprajaya | sampun palastra layone | sinarèkakên sampun | ikang garwa langkung prihatin | kapatèn kadang tuwa | kalih lakinipun | tanbuh rasane kang driya | gya anglampus tan ana ikang tinulih | kapungkur dhahar nedra[321] ||

24. Pangkur

1. Jêng Ratu Mas Kalinyamat | tilar wisma pratapa anèng wukir | tapa muda tapih rambut | nèng Wukir Danaraja | aprasapa nora tapih-tapih isun | yèn tan ana adiling Yyang | sun têtêdha ing Yyang Widi ||

2. sadulurku lakiniwang | padha mati dene Si Jipang anjing | yèn nora kalakon lampus | si ewan cèlèng Jipang | ênêngêna gêntia ikang winuwus | Pangeran Arya Panangsang | kajinêmane dèn ulig ||

3. kalangkung prawiranira | agal rêpit tan ana dèn kewuhi | papat kajinêmanipun | padha wong tate tatal | asring kinèn akarya randhaning mungsuh | kêkês bupati bang wetan | dèning wong papat sinêkti ||

4. Pangeran Arya Panangsang | angandika mring wong sakawan sami | papat sun jaluk gawemu | padha lakua dhustha | hèh cidranên natèng Pajang dipun lampus | yèn kalakon karyanira | papat sun karya bupati ||

5. Sitankabêr[322] angsahêna | sarêng nêmbah papat dhuwung tinampi | dèn wanti-wanti duta wus | mangkat sakawan pisan | tan kawarna sakawan lampahe rawuh | têpis iring kutha Pajang | samya amamor[323] duk manjing ||

6. wus prapta sajroning kitha | kawarnaa lêbêting maling sêkti | apan wanci têngah dalu | malumpat pagêr bata | panjingira dhatêng sajroning kêdhatun | maling sêkti kapat pisan | praptane sarya andikik[324] ||

7. kang kêmit tan ana wikan | panjingira maling sakawan sêkti | wus angrampid dalêm agung | anuju pasarean | kang sawiji nèng jawi rumêksèng kewuh | kang tiga mring pasarean | sêsirêpira wus manjing ||

8. tinarima ing Yyang Sukma | istijêradira dinutèng gusti | salampahira lêstatun[325] | miwah sêsirêpira | wus tumama kang kêmit kabèh lir lampus | tan ana ketang drigama | ajêjêp têtiga sami ||

9. marêngi sang nata nedra | nanging dèrèng kapati dènnya guling | dadya amamor pi turu | wau kang punang dhustha | marang cèthi anganti kapatinipun | sarene sri naranata | ênêngna ikang kawarni ||

10. Pênjawi lan Pamanahan | samya langlang watir sajroning puri | rahadyan kalih tyasipun | kalangkung mêlang-mêlang | ing tyas kaya ana duta mara sadu | anajok[326] pangendrajala | kêkalih padha sinêkti ||

11. cara maling panjingira | wus malumpat bata ing kênyapuri | Pamanahan asru muwus | hèh adhi dèn prayitna [pra...]

--- [f. 28r] ---

Sajarah Dêmak, British Library (Add MS 12313 b), 1785, #971: Citra 52 dari 58

[...yitna] | saya sangêt marase ati kumêpyur | kaya wus kalêbon dhustha | ing jro kadhaton sun dugi ||

12. Ki Panjawi saurira | igih kakang kawula iki dugi | yayi dèn prayitnèng kewuh | si maling wus tumama | pratandhane tanpa têkak lan têtuhu | payo jêjêp pasarean | mêtu ngulon-ulon yayi ||

13. kêkalih pan sarêng mara | kawarnaa duta kang sampun manjing | sami ajêjêp katêlu | sultan kapati nedra | sarêng jangkah miyak samir sarêng nuduk | asangêt panggoconira | wong têtiga wanti-wanti ||

14. kasangsang kêmul kewala | eca sare sang nata dèn suduki | lir lalêr mecok[327] nèng kêmul | ulêse datan pasah | para garwa prasamya gita adulu | sang nata pinaributan[328] | anarka sampun ngêmasi ||

15. sarêng anjrit para garwa | sri narendra wungu dènira guling | maling katiga pan lumpuh | tan sagêd tumindaka | astanira sang nata abuwang kêmul | kasabêt singubing nata | maling tiga ting gulinting ||

16. maling kang siji nèng jaba | mirsa ing jro gumrah pating jalêrit | tumindak arsa têtulung | tinubyuk saking wuntat | wus kacêkêl arosa tan kêna ucul | lajêng malêbêt kalihnya | atêtulung nyangking maling ||

17. sang nata lênggah atata | aningali Pêmanahan Pênjawi | ngandika wakane sokur | karone padha prapta | takonana maling anyidra maringsun | Ki Panjawi Pamanahan | sigra maling dèn takoni ||

18. kang dhustha matur sawêca | sampun katur mala[329] buka tinuding | dinangu aturing padung[330] | lamun duta ing Jipang | Singaprana Wanèngpati Jagasatru | kang sawiji Kartijaya | ngungun sang nata lingnya ris ||

19. kakang padha wêtokêna | sun apura kabèh iku si maling | iku darma wong ingutus | kapat wus ginajar[331] mas | anyêtail kalawan reyale nyatus | poma ja kongsi uninga | kakang maring para mantri ||

20. wus samya ginawa mêdal | mari lumpuh tobat sarya ngabêkti | Sitankabêr dhuwungipun | wus ngaturakên sigra | marang Kyai Pamanahan wêdalipun | minăngka têbasing pêjah | bok pinidho[332] anèng jawi ||

21. sapraptanira ing jaba | wus apamit lajêng sakawan sami | datan kawarna ing ênu | nagri Jipang wus prapta | atur tiwas sasolahira ingutus | Pangeran Jipang ngandika | iya luput saking mami ||

22. punang duta aturira | sakalangkung nagri ing Pajang wêrit | sadalu tan kenging mangsuk | malah kongsi byar rina | tan katingal nagari katingal ranu | langkung kewraning wardaya | Pangeran Jipang lingnya ris ||

23. sun dhewe besuk mangsaha | ênêngêna Pajang malih kawarni | ikang saya arjanipun | murah sandhang lan pangan | abdi nata samya eca manahipun | tan ana wong doracara |

--- [f. 28v] ---

Sajarah Dêmak, British Library (Add MS 12313 b), 1785, #971: Citra 53 dari 58

sri nata ikang kawarni ||

25. Sinom

1. ikang saya lama-lama | kocapa sri narapati | sultan ing Pajang pêputra | sakawan putra winarni | mila nata sêsiwi | alanjaran Radèn Bagus | wanodya kang têtiga | kakung sawiji apêkik | pêmbayune Ratu Pêmbayun namanya ||

2. nulya Ratu Mas Tumalat | anuli kang rayi malih | jalu Pangeran Bênawa | wuragilipun pawèstri | Rêtna Sêkaringpuri | nanging maksih sami timur | Radèn Bagus diwasa | pan sampun jinujung ligih | nama Radèn Ngabèi Saloringpasar ||

3. ya ta ikang kawarnaa | sanega sampun alami | sakapraboning ayuda | wus mintar saking nagari | wus sah sabala mantri | saha bala praptèng Kudus | karsane paksa iya | marang ing Pajang narpati | sakalangkung dènnya lumuh karèhêna ||

4. praptane lajêng sewaka | ing Kudus umatur aris | putra paduka ing Pajang | punika sampyan tibali | kula arsa ngayoni | ing kasap lan lêmbutipun | singa ikang tiwasa | mila sampeyan tibali | sangadia pirêmbagan ngèlmi rasa ||

5. apan sangêt aturira | Jêng Sunan Kudus nuruti | sigra mêsat dutanira | saha sêrate sang yagi | datan kawarnèng margi | nagri ing Pajang wus rawuh | wus katur sri narendra | lamun ana duta prapti | saking Kudus pratuwin mănca aseba ||

6. agêlar mantri satriya | pratuwin macanagari[333] | busana awarna-warna | anglir giwangkara mijil | saking udaya giri | ambêranang yèn dinulu | anglir wukir pakaja | sa[334] nata mugèng sitigil | atap andhèr ampilan lan upacara ||

7. dènnya pinarak sang nata | mugèng singasana manik | alêlèmèk prangmêdana | sinuji isinya sari | pêpak ampilan aji | banyak dhalang kang pinangku | kidang ardawalika | kêkacu mas sawunggaling | pêdhang tamsir sanjata Jêpun ing ngarsa ||

8. wadya jro gêdhong kêparak | ikang watên ing sitigil | miwah ta măncanagara | lan sagung para bupati | satriya para mantri | jêjêl nèng têtarub agung | kadya giri kusuma | busana awarni-warni | kyana patih ngandikan marang sang nata ||

9. migah marang sitibêntar | ngaturakên duta prapti | saking ing Kudus nagara | sêrat wus katur sang aji | sêrat sinukmèng galih | bêbukaning sêrat putus | jêngkar dènnya sineba | ngadhaton sri narapati | praptèng pura amapag kang para garwa ||

10. pinarêk nèng made sana | nibali rêkyana patih | Ki Wuragil Wilamarta | Ki Pamanahan Pênjawi | cèthi prapta ing jawi | gandhèk kang tinundha mêtu | kalima ingandikan | wus prapta sajroning puri | pan kalima wus praptèng ngarsaning nata ||

11. tumukul kajêm[335] pratala | ngandika

--- [f. 29r] ---

Sajarah Dêmak, British Library (Add MS 12313 b), 1785, #971: Citra 54 dari 58

sri narapati | hèh apatih kayaparan | surate Sang Maha Yêkti | manira dèn tibali | padha pagunêman ngèlmu | apikir ngèlmu rasa | udhangana kèhing dasih | ya ta Kyai Pamanahan aturira ||

12. pukulun atur kawula | punika anyalawadi | mênggah wêtawis kawula | batên sakeca ing galih | sêrat kawula dugi | tugilipun pandung dalu | tan kenging linambanan | nadyan lumampaha gusti | sampun tukul sagêgamaning ayuda ||

13. garjita sri naranata | angandika mring apatih | ana bênêre si kakang | kaya ngapa sira patih | matur saha ngabêkti | igih alrêrês[336] pukulun | kados yèn makatêna | pukulun sêrat kang prapti | datan liya igih saking Arya Jipang ||

14. sang nata malih ngandika | yèn lumakua sun iki | kalawan praboting yuda | sayêkti ngowah-owahi | dadya ngagèt-agèti | nistha panjêngan[337] ratu |[338] Pamanahan turira | lampah dadosa ping kalih | jêng paduka kariyin lêlancarana ||

15. bêktaa andêl kewala | sampun bêkta tiyang alit | abdi dalêm jro sadaya | pinilihan kang prayogi | sampun kathah ngrubêdi | mungna kuda kawan èwu | katingal galacutan | ngandikan guru sang yagi | kados batên tindak dalêm kacinaa ||

16. dene pun rêkyana patya | nidhihana pra dipati | sawadya jawi sadaya | lan kagungan dalêm èsthi | sarênga lan apatih | kaprabon lampahing ratu | marêngi aturira | ling nata kakang prayogi | aja suwe kakang payo asanega ||

17. wus mêdal rêkyana patya | ngudhangi para bupati | sang nata sigra busana | sakapraboning ajurit | bala sampun miranti | kang binakta kawan èwu | têtidhihing lumampah | Pamanahan lan Pênjawi | ya ta Radèn Ngabèi Saloringpasar ||

18. tan têbih lawan sang nata | usap tangan kang dèn ampil | wus budhal sri naranata | duta sing Kudus kinanthi | sigra-sigra lumaris | wadya kuda kawan èwu | datan kawarnèng marga | wus praptèng Kudus nagari | duta kinèn malêbêt atur uninga ||

19. kèndêl pasowan ing jaba | wau sang sri narapati | rakiting lênggah tinata | asadu prayitnèng batin | Pamanahan Pênjawi | nganan ngèri parnahipun | Ngabèi Loringpasar | nèng ngarsa ragi kapering | apan sarwi angampil dhuwung curigan ||

20. sakèh prawira tamtama | atarap wiking narpati | duta ing Kudus kawarna | jumrajog[339] ing jro wus prapti | mugèng ngarsa sang yagi | Sunan [Suna...]

--- [f. 29v] ---

Sajarah Dêmak, British Library (Add MS 12313 b), 1785, #971: Citra 55 dari 58

[...n] Kudus apalungguh | lawan Ki Arya Jipang | punang duta matur aris | putra tuwan sang natèng Pajang wus prapta ||

21. kèndêl nèng pasowan jaba | tan amawi bala alit | langkung gupuh lampahira | tan abêkta upacawis | kapraboning nrêpati | sadaya tinilar pungkur | mèsêm Ki Arya Jipang | atur sêmbah sigra mijil | apan sarwi ningsêti bêbêntingira ||

22. ciptane Ki Arya Jipang | ing Pajang sri narapati | agya ginoco sêksana | lawan dhuwunge pribadi | sapraptanirèng jawi | ligih sêsalaman gupuh | Arya Jipang lingira | tuwan kêrana kakang ji | watên karya prapta ing Kudus nagara ||

23. nauri ikang tinanya | ingutusan mring sang yagi | mila agêpah manira | karsane Sang Maha Yêkti | prasamya angrasani | kang ngèlmu rasa satuhu | saking gupuh manira | tan abêkta wadya alit | Arya Jipang lingira anilakrama ||

24. sampeyan wangking punika | kakang dhuwung ikang pundi | kawula arsa uninga | Sultan Pajang anuruti | ingulungakên aglis | sawiji kang siji kantun | Arya Jipang wus tămpa | kang dhuwung lajêng tinarik | apa mandi kakang dhuwung jêngandika ||

25. Pênjawi lan Pamanahan | ngangsêg dènira aligih | amèpèd mangsit sang nata | wêntise jinawil-jawil | Sultan Pajang anarik | cêcothene Ki Carubuk | sarwi aris ngandika | tan padha lawan puniki | pun Cêrubuk ampuhe kagila-gila ||

26. Dyan Ngabèi Loringpasar | dhuwunge pinipit-pipit | tan kumêdhèp tingalira | Pamanahan lan Pênjawi | sami prayitnèng galih | dhuwunge sinikut-sikut | miwah wadya tamtama | sadaya wus ngati-ati | osiking tyas sadaya sarêng palastra ||

27. kari gêcose kewala | Sunan Kudus sigra mijil | lah iki karane apa | prayayi padha balantik | padha sarungna kalih | pan asaru tingalipun | sinarungakên samya | Pangeran Jipang lingnya ris | mèh-saêmèh manira agawe răndha ||

28. Sultan Pajang ris ngandika | dene ta kurang sadhidhik | su[340] wèh pakaning dhadhang |[341] ya ta radèn angabèi | garjita jroning galih | mirsa ujar salah dudu | kumêpyur ing tyasira | tingalnyandik sarya ngliring | kang pinandêng solahe Ki Arya Jipang ||

29. Susunan Kudus ngandika | uwis [u...]

--- [f. 30r] ---

Sajarah Dêmak, British Library (Add MS 12313 b), 1785, #971: Citra 56 dari 58

[...wis] ja na salah kapti | êmboh-êmboh winicara | karo aja salah galih | rêbut balung tan isi | aja na ujar kang dudu | dene sing ora-ora | kabèh kang sira rasani | karo padha atuta kadang sudara ||

30. angur padha pagunêman | kang ngèlmu rasa sayêkti | mupung pêpak pra dipatya | anulya saosan mijil | kinèn dhahara sami | nèng ngarsane sang awiku | ambêngan sowang-sowang | wus dhahar linarod[342] sami | wus binagi mring wadya-wadya sadaya ||

31. antara tigang pamucang | luwaran makuwon sami | antara ing kalih dina | praptanira Kyana Patih | Măncanagara kalih | mantri pugawa gung-agung | santana lan satriya | gêgaman lir gunung gêni | tigang lêksa kathahe gêgamanira ||

32. kajawi para dipatya | măncanagara pasisir | tanpa wilang gumêrah |[343] ya ta sang sri narapati | pakuwonira[344] ngalih | ing bumi Dêmak rinêngkuh | ing dhusun Pajimatan | salor wetan kuthanèki | amêlatar pakuwone wadya Pajang ||

33. wongira Ki Pamanahan | santana Sêsela prapti | sampun sami winangsitan | sadadananing ajurit | ya ta sri narapati | ing Pajang têtuwi sampun | mring Wukir Danaraja | Ki Pamanahan tan kari | mring parnahe gènnya tapa ikang raka ||

34. Nimas Ratu Kalinyamat | ing marga datan kawarni | prapta Wukir Danaraja | kang raka dènnya manggihi | êlêt gubah kêkêlir | apan maksih tapih rambut | kang rayi aturira | kakangbok sijanga[345] aglis | Nimas Ratu Kalinyamat angandika ||

35. tan arsa sijang manira | yèn durung ana nyanggupi | patine si edan Jipang | prapta kiyamat upami | tan arsa sijang mami | Sultan Pajang aris matur | paduka asijanga | kawula ikang nyanggupi | lah kondura kakangbok mring Kalinyamat ||

36. nimas ratu angandika | iya lamun sira yayi | kang akon sijang maringwang | sayêkti isun atapih | anging pajaluk[346] mami | dèn kalakon yayi prabu | kang raka nulya sijang | sang prabu nulya ngastuti | Ki Panjawi Pamanahan bêkti samya ||

37. kang raka malih ngandika | yèn sira prih mulih mami | iya marang Kalinyamat | kakangira salah siji | yèn nora Si Panjawi | Pêmanahan luwih sokur |

--- [f. 30v] ---

Sajarah Dêmak, British Library (Add MS 12313 b), 1785, #971: Citra 57 dari 58

Ngatêrna ing manira | sang nata ngandika aris | lah ki raka kang tuwa sira karia ||

38. wus mintar sri naranata | Ki Pamanahan kang kari | adhèrèk[347] mring Kalinyamat | prapta pakuwon sang aji | wau kang saking wukir | ing Kalinyamat wus rawuh | samya apagunêman | Pêmanahan kang tinari | dhatêng Nimas Ratu Kalinyamat mara ||

26. Asmaradana

1. lah yayi sira sun tari | amrih nuli kalakona | sanggupane ariningong | bokmanawa dèn lêlawas | marang yayi narendra | kayaparan polah isun | kewran panagih manira ||

2. Pamanahan atur bêkti | lamun mangke têkèng karsa | sampeyan amrih egale | pêjahipun Arya Jipang | igih gampil kewala | nanging watên saratipun | watune[348] rayi paduka ||

3. ing kalih ditên puniki | rayi paduka turana | andika pikat wong wadon | kang anèm ayu warnanya | kang langkung ing akathah | angadhanga anèng pintu | sakêdhap nutên ngicala ||

4. yèn punika aningali | wanodya nom luwih endah | watêke rayi sang katong | asanggup sarêng sakala | mêdal sêsanggupira | nadyan agêmpura gunung | angasatêna samodra ||

5. sayêkti dipun lampahi | tangkêpa sakêthi ngarsa | salêksa kanan kèrine | pasthi nulya katandangan | dening rayi paduka | nistha ngawaki prang pupuh | mêngsah lawan Arya Jipang ||

6. dening ta nutên anuding | mring wadyane kang prayoga | lumampah lan ganjarane | kang raka lêga tyasira | sarya aris ngandika | iya yayi duwe isun | kang luwih endah warnanya ||

7. abênêr rèhira yayi | isun ganjar yayi sira | mirah isun siji kiye | aran si mênjangan nêbang | pan iki wasiyatan | Pêmanahan nêmbah matur | nuhun-nuhun aturira ||

8. nuli ingaturan aglis | sang nata mring Kalinyamat | Pêmanahan nulya lèngsèr | aglis prapta pasanggrahan | lajêng tumamèng ngarsa | umatur wêwêlingipun | Nimas Ratu Kalinyamat ||

9. Sultan Pajang ngandika ris | lah iya kakang ing benjang | dhasar niyat ingsun dhewe | bali marang Kalinyamat | ing latri tan kawarna | enjing mangkat sang aprabu | datan kawarna ing marga ||

10. ing Kalinyamat wus prapti | nimas ratu wus amasang | wanita mugèng karine | kinèn apasang ulatnya | sarwi adhêdhakona | sijangira limar wungu | kêkêmbên jiga[349] rinenda ||

11. yèn sang nata praptèng kari | api-apia papagan | nuli mirea dèn adoh | pan sarwi

--- [f. 31r] ---

Sajarah Dêmak, British Library (Add MS 12313 b), 1785, #971: Citra 58 dari 58

nolèh-nolèha | pasangên sêmunira | aja rindhik aja gugup | lan kicangên[350] alisira ||

12. tan adangu sultan prapti | gumêrah upacaranya | wanodya wau wus manggon | mire nrajang upacara | sultan kagyat tumingal | pinandêng datan lumayu | lakune datan rêkasa ||

13. apan nora pati têbih | nolèh-nolèh lampahira | pinutung-putung imbane | ya ta sang sri naranata | kasmaran ing wardaya | kang raka sigra amêthuk | wus samya lênggah atata ||

14. Sultan Pajang matur aris | kakangbok kula tumingal | watên èstri ayu kaot | kawula duk praptèng lawang | punapa lêlêgana | dene sae sajakipun | kang raka aris ngandika ||

15. têtilare ikang syargi | dhingin iya pêpingitan | nanging biyèn maksih rare | ing mêngko sampun diwasa | durung kambon ing priya | ikang rayi aris matur | punika kawula têdha ||

16. kang raka alon nauri | yayi prabu aja ika | nadyan bêbêrkatan kabèh | ing Kalinyamat Parwata | sadaya duwèkira | yayi sira kang ngrêngkuh |[351] mung patine Arya Jipang ||

17. nuli kalakona aglis | kang rayi mèsêm turira | sampun kakang walangantos[352] | wuwuha satus satriya | kang kaya Si Panangsang | yèn kawula sampun sanggup | lah kakang măngsa gisira[353] ||

 


Tanggal: Sêtu Kliwon, gangsal wêlas (15) Sapar Be. Tahun dalam teks dinyatakan dengan frasa "sirah kalih tênggak satunggil tusan pitu", yang belum jelas pembacaannya. Ricklefs (1977) mencatat tahun naskah sebagai AJ 1712; kemungkinan hal ini berkaitan dengan pembacaan "sirah kalih" = 2, "tênggak satunggil" = 1, dan "tusan pitu" = 7. Jika mengikuti tanggal 15 Sapar Be AJ 1712, tanggal Masehi adalah Minggu 18 Desember 1785. Perbedaan satu hari (Sêtu versus Minggu) sering terjadi dalam konversi tanggal Jawa. (kembali)
lalima. (kembali)
Mapunggung (dan di tempat lain). (kembali)
Tunggul Pêtung. (kembali)
Koripan. (kembali)
pinunggêl. (kembali)
Lebih satu suku kata: Ăngga Wijaya putra. (kembali)
Bondhankêjawan (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
singgih (dan di tempat lain). (kembali)
10 kocapa. (kembali)
11 Kurang satu suku kata: ya ta malih kocapa. (kembali)
12 satunggil (dan di tempat lain). (kembali)
13 parentah (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
14 gunturipun. (kembali)
15 inthik-inthik. (kembali)
16 Pringgalaya. (kembali)
17 antuk (dan di tempat lain). (kembali)
18 wantên (dan di tempat lain). (kembali)
19 Bantên. (kembali)
20 pinunjul (dan di tempat lain). (kembali)
21 Kyai. (kembali)
22 Gêdhe. (kembali)
23 Pamêkasan. (kembali)
24 Lebih tiga suku kata: ? Kyai Gêdhe Pamêkasan. (kembali)
25 têtiga. (kembali)
26 Lebih dua suku kata: kathahe amung têtiga. (kembali)
27 Bagendha (dan di têmpat lain). (kembali)
28 Ngabidin. (kembali)
29 Kurang satu suku kata: Jenal Ngabidin asunu. (kembali)
30 Susunan. (kembali)
31 Lebih dua suku kata: Susunan Dêrajat ika. (kembali)
32 sri. (kembali)
33 nunggak. (kembali)
34 Biasanya guru lagu a. (kembali)
35 Lebih dua suku kata: Panêmbahan Natapraji. (kembali)
36 Lebih satu suku kata: wus aputra Pambahan Pangulu ika. (kembali)
37 jumênêng. (kembali)
38 tinundhung. (kembali)
39 gingsir (dan di tempat lain). (kembali)
40 Kumpêni. (kembali)
41 tunggal (dan di tempat lain). (kembali)
42 congkrah. (kembali)
43 sakèhning. (kembali)
44 pamogoknèki. (kembali)
45 punggawa. (kembali)
46 Panolèh. (kembali)
47 Kurang satu suku kata: putrane Arya Teja. (kembali)
48 gandanipun. (kembali)
49 wingking (dan di tempat lain). (kembali)
50 benjing (dan di tempat lain). (kembali)
51 mangkono (dan di tempat lain). (kembali)
52 munggèng (dan di tempat lain). (kembali)
53 kantun (dan di tempat lain). (kembali)
54 tumungkul (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
55 mundhut (dan di tempat lain). (kembali)
56 tinundhung (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
57 mundur (dan di tempat lain). (kembali)
58 agama. (kembali)
59 Kurang satu suku kata: ratu kopar tan anut agama sukci. (kembali)
60 kundur. (kembali)
61 roncèning. (kembali)
62 cêndhake. (kembali)
63 mantu. (kembali)
64 sinuhun. (kembali)
65 Kurang Satu suku kata: kèh ajar kapalajar. (kembali)
66 nagri. (kembali)
67 rêmbag. (kembali)
68 inginggahakên. (kembali)
69 nindhihi (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
70 dandanan (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
71 tinggala. (kembali)
72 nambut. (kembali)
73 tundha. (kembali)
74 Bintarèki. (kembali)
75 kongkonana (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
76 angrusak. (kembali)
77 Kurang satu suku kata: wong angrusak atawa amatèni. (kembali)
78 oyog-ingoyog. (kembali)
79 Lebih satu suku kata: lir dèn ingêr jalma wlungatus singgih. (kembali)
80 mingsêr. (kembali)
81 bêbuntêlan. (kembali)
82 runtuh. (kembali)
83 ungkabi. (kembali)
84 anggadhuha. (kembali)
85 agundhil. (kembali)
86 nganggo. (kembali)
87 Gundhil (dan di tempat lain). (kembali)
88 Lebih satu suku kata: gya cinandhak rasukan jêng sung warti. (kembali)
89 sintên (dan di tempat lain). (kembali)
90 mantuk (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
91 kêkintunira. (kembali)
92 anggawani. (kembali)
93 Kurang satu suku kata: ing dalu apagunêman. (kembali)
94 ginitik. (kembali)
95 enjingira (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
96 Kurang satu suku kata: yun-ayunan Ki Kalamunyêng ingunus. (kembali)
97 ginonjing. (kembali)
98 Tanggal: sirna ilang kêrtining bumi (S 1400). Tahun Masehi: 1478–9. (kembali)
99 manjing (dan di tempat lain). (kembali)
100 arsa. (kembali)
101 Kurang satu suku kata: dèrèng arsa nungkul. (kembali)
102 otêr. (kembali)
103 timbalane (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
104 Kurang satu suku kata: paman dawêg sêsalaman bae. (kembali)
105 Kurang satu suku kata: Adipati Bintara wus mijil. (kembali)
106 yogi (dan di tempat lain). (kembali)
107 nungkulipun (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
108 tuntun-tinuntun. (kembali)
109 wotsantun (dan di tempat lain). (kembali)
110 anrapêna. (kembali)
111 apamondhokan. (kembali)
112 jinunjung (dan di tempat lain). (kembali)
113 Bintara. (kembali)
114 pringgabaya (dan di tempat lain). (kembali)
115 gandum. (kembali)
116 endah. (kembali)
117 tunjung. (kembali)
118 lolosi. (kembali)
119 kawimbuhan. (kembali)
120 Kurang satu suku kata: sapa ikang rara lêlawananira. (kembali)
121 sariraningsun. (kembali)
122 rencang. (kembali)
123 enjang. (kembali)
124 ingwang (dan di tempat lain). (kembali)
125 ngungkulana (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
126 kungkulan (dan di tempat lain). (kembali)
127 angling. (kembali)
128 enggal (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
129 Kurang satu suku kata: samana èngêt ing manah. (kembali)
130 amomong. (kembali)
131 kanggenan. (kembali)
132 pinggir (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
133 banjir. (kembali)
134 munggah. (kembali)
135 Lebih satu suku kata: samya ngèstrini sadaya. (kembali)
136 Terdapat dobel sandangan: arjaning atau arjane. (kembali)
137 Tingkir (dan di tempat lain). (kembali)
138 Kurang satu suku kata: lir yayah kalawan ibu. (kembali)
139 mring (dan di tempat lain). (kembali)
140 kamuktyan. (kembali)
141 lumastantun. (kembali)
142 angringkês. (kembali)
143 plunan. (kembali)
144 pinindho (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
145 tingkahira. (kembali)
146 sanggup. (kembali)
147 arêringgitan (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
148 dintênira (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
149 Tanggal: Rêbo Pahing (Paing) walu (8) Jumadilakir Dal: tahun tidak ada. (kembali)
150 kagegeran. (kembali)
151 têmbe. (kembali)
152 sapungkur (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
153 antêpên. (kembali)
154 Kurang satu suku kata: yèn kênaa suminggahe. (kembali)
155 Kurang satu suku kata: tur têrah Rasululah. (kembali)
156 angrêmpêlu. (kembali)
157 pintên. (kembali)
158 isun. (kembali)
159 Kurang dua suku kata: kiyai gêdhe wus mundur. (kembali)
160 Kurang satu suku kata: purwakanira ingutus. (kembali)
161 angrangkêp. (kembali)
162 agendhong (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
163 anungkêmi (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
164 Ardi. (kembali)
165 Kurang satu suku kata: ikang rayi ris umatur. (kembali)
166 kèndêl (dan di tempat lain). (kembali)
167 ngungkung. (kembali)
168 pundi. (kembali)
169 sanginggil (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
170 alinggih (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
171 lungguh (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
172 kuncunge. (kembali)
173 mengkad-mengkod. (kembali)
174 kang (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
175 Kurang satu suku kata: ana ingkang aruh-aruh. (kembali)
176 kobêr. (kembali)
177 nyungkêlang. (kembali)
178 mathingthing. (kembali)
179 jêbobog. (kembali)
180 dhodhok (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
181 anyogok. (kembali)
182 sêrotong (dan di tempat dan bentulan lain). (kembali)
183 kobong (dan di tempat lain). (kembali)
184 kori (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
185 prayogi. (kembali)
186 dhandhang (dan di tempat lain). (kembali)
187 angyêktèni. (kembali)
188 suminggah. (kembali)
189 panjaluk. (kembali)
190 ngèmbèti (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
191 walangati. (kembali)
192 anggêtak. (kembali)
193 sandhaping (dan di tempat lain). (kembali)
194 rampêd. (kembali)
195 Kurang satu suku kata: hèh wong cidra rampêden sun iki. (kembali)
196 otot. (kembali)
197 ajêjimbungan. (kembali)
198 Lebih empat suku kata: wadya Pêngging sadaya wus padha mulih. (kembali)
199 pratingkah. (kembali)
200 Kurang satu suku kata: pratingkah ingutus. (kembali)
201 ing. (kembali)
202 akrama. (kembali)
203 Kurang satu suku kata: Ratu Mas Nyawa akrama angsal. (kembali)
204 tangga. (kembali)
205 tinggale. (kembali)
206 aganjur. (kembali)
207 Lebih satu suku kata: lêlurah wong gajur ika. (kembali)
208 Kurang satu suku kata: yèn amaro tingal anggèr. (kembali)
209 minggah (dan di tempat lain). (kembali)
210 undangên. (kembali)
211 gunggung (dan di tempat lain). (kembali)
212 kondur (dan di tempat lain). (kembali)
213 binopong (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
214 pitayanira. (kembali)
215 konthing. (kembali)
216 tamtama. (kembali)
217 totog. (kembali)
218 atus. (kembali)
219 ngantukkên. (kembali)
220 Lebih dua suku kata: wus jêngkar nata mring pura. (kembali)
221 randha. (kembali)
222 kenjing (dan di tempat lain). (kembali)
223 sinosog. (kembali)
224 godhong (dan di tempat lain). (kembali)
225 Kurang satu suku kata: lamun sang nata ing Dêmak. (kembali)
226 sitinggil (dan di tempat lain). (kembali)
227 umbul (dan di tempat lain). (kembali)
228 towong. (kembali)
229 iya. (kembali)
230 anjajal. (kembali)
231 Kurang satu suku kata: rahadèn lagi amucang. (kembali)
232 kinarocok. (kembali)
233 rontang-ranting. (kembali)
234 Lebih satu suku kata: wong tan dosa pinatyan. (kembali)
235 tundhungên. (kembali)
236 ori. (kembali)
237 sindhung. (kembali)
238 ginonjèng. (kembali)
239 gonjang-ganjing. (kembali)
240 otêr. (kembali)
241 erawati. (kembali)
242 Jaka. (kembali)
243 Kurang satu suku kata: kapêranggul lampahe Ki Jaka Tingkir. (kembali)
244 ngèmpêr-èmpêr. (kembali)
245 saking. (kembali)
246 tinjoa. (kembali)
247 buyut. (kembali)
248 Kurang satu suku kata: miwah buyut ing Ngêrang sami. (kembali)
249 nalikane. (kembali)
250 Kurang satu suku kata: duk sêmana nalikane uni. (kembali)
251 sumingkir. (kembali)
252 tuwas. (kembali)
253 mingkis. (kembali)
254 kalunta-lunta. (kembali)
255 trêsnanira. (kembali)
256 Lebih satu suku kata: wanci bangun raina. (kembali)
257 Kurang satu suku kata: ing wau Ki Mas Amănca. (kembali)
258 Kurang satu suku kata: widigda kawidigan. (kembali)
259 lolohêna (dan di tempat lain). (kembali)
260 ngundhangi (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
261 Dêngkèng. (kembali)
262 anjog. (kembali)
263 anjungkêl. (kembali)
264 untune. (kembali)
265 rinogoh (dan di tempat lain). (kembali)
266 lawan. (kembali)
267 angglasah (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
268 Kurang satu suku kata: iya apa panungkulira maringsun. (kembali)
269 Lebih satu suku kata: sun ajaluk pajêg bajul sawiji. (kembali)
270 andhêndhêng. (kembali)
271 Kurang satu suku kata: Radèn Jaka tanpa angling. (kembali)
272 ping. (kembali)
273 mêncorong (dan di tempat lain). (kembali)
274 manthuk-manthuk. (kembali)
275 oyol. (kembali)
276 Dêmak manira. (kembali)
277 Kurang satu suku kata: ing Dêmak manira iki. (kembali)
278 têtimbule. (kembali)
279 Lebih satu suku kata: Dyan Jaka lon mojar. (kembali)
280 Biasanya guru lagu a: Kasuratanan. (kembali)
281 Kurang satu suku kata: gênti niba adangu kakal-kakalan. (kembali)
282 pêpanggungan (dan di tempat lain). (kembali)
283 kêbo. (kembali)
284 kawan. (kembali)
285 angrampoga. (kembali)
286 Lebih satu suku kata: yèn Jaka Tingkir ningali. (kembali)
287 narendra. (kembali)
288 piyambak. (kembali)
289 Lebih satu suku kata: piyambak nuju nêningal. (kembali)
290 goroh. (kembali)
291 Kurang satu suku kata: Ki Jaka Tikir wus kèri. (kembali)
292 aglis. (kembali)
293 mêrak. (kembali)
294 undha. (kembali)
295 sinundhang. (kembali)
296 Kurang dua suku kata: kalangkung suka sang aji. (kembali)
297 dugangi. (kembali)
298 junggirat. (kembali)
299 Kurang satu suku kata: wus tinibakkên ing siti. (kembali)
300 rinogoh. (kembali)
301 buntut (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
302 dhanu. (kembali)
303 Kurang satu suku kata: kadya karêngèng ing langgit. (kembali)
304 prentahên. (kembali)
305 dhandhanggêndhis. (kembali)
306 sakancanira. (kembali)
307 mondhongi. (kembali)
308 pinondhongan. (kembali)
309 nuntên (dan di tempat lain). (kembali)
310 jalu. (kembali)
311 Tanggal: tri lunga mănca bumine (S 1503). Tahun Masehi: 1581–2. (kembali)
312 Kurang satu suku kata: dene Ki Mas Amănca. (kembali)
313 akêkojor. (kembali)
314 amunggul. (kembali)
315 sinongsongan. (kembali)
316 băndawala. (kembali)
317 mungguh. (kembali)
318 Prawatèki. (kembali)
319 Kurang satu suku kata: apa rane kakangira Prawatèki. (kembali)
320 sêsèndhèn. (kembali)
321 nendra (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
322 Setankobêr (dan di tempat lain). (kembali)
323 amomor (dan di tempat lain). (kembali)
324 andingkik. (kembali)
325 lêstantun. (kembali)
326 ananjak. (kembali)
327 mencok. (kembali)
328 pinarêbutan. (kembali)
329 mula. (kembali)
330 pandung. (kembali)
331 ginanjar. (kembali)
332 pinindho. (kembali)
333 măncanagari. (kembali)
334 sang (dan di tempat lain). (kembali)
335 konjêm. (kembali)
336 alêrês. (kembali)
337 panjênêngan. (kembali)
338 Kurang satu suku kata: nistha panjênêngan ratu. (kembali)
339 jumrojog. (kembali)
340 sun (dan di tempat lain). (kembali)
341 Kurang satu suku kata: sun awèh pakaning dhandhang. (kembali)
342 linorod. (kembali)
343 Kurang satu suku kata: tanpa wilangan gumêrah. (kembali)
344 Terdapat dobel sandangan: pakuwonira atau pakewonira. (kembali)
345 sinjanga (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
346 panjaluk. (kembali)
347 andhèrèk. (kembali)
348 wantune. (kembali)
349 jingga (dan di tempat lain). (kembali)
350 kincangên. (kembali)
351 Kurang satu suku kata: yayi sira kang angrêngkuh. (kembali)
352 walangatos. (kembali)
353 gingsira. (kembali)