Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 01–16)
1. | Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri. |
2. | Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 01–16). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
3. | Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 17–33). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
4. | Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 34–48). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
5. | Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 49–60). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
6. | Damarwulan, Anonim, awal abad ke-19, #94 (Pupuh 61–70). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Sêrat Damarwulan[1]
--- [4] ---
1. Dhandhanggula
1. [...] | [...] | [...] | [...] | [...] | [...] | [...]sun |[2] sapu dhêndhaning bêthara | nora wurung pun kakang pêsthi nêmahi | sinurak pra juwata ||[3]
2. Menakjingga alêgok kang galih | pan kawiyak sadargane nala | ya ta wus sami makuwon | enjinge para ratu | para menak arya dipati | tumênggung dêmang răngga | ngabèi supênuh | tăndha mantri sinangsraya | para buyut êmpu mêlandang wêwasi | pandhita rêsi janggan ||
3. ajar-ajar manguyu mênuhi | èbêk pênuh ing Majalêngka |[4] mèstuti sang madêg rajèng | apan wus lumêstantun | lir Sang Maha Brawijaya di | ngrênggani Majalêngka | kasub ing rat punjul | maha sang prabu wanodya | wus tan kalih lan syarga kêng sudarmaji | jinurung Suksmanăngsa ||
4. Yyang Jaya Samba Kanekarêsi | pra juwata umung mèstudeya | widadari tumrun kabèh | kala jumênêngipun | prabu kênya ing Maospait | silih nama Ratu Mas | Ikêncanawungu | rêtnadi sêsotyaningrat | dhasar ayu kinamulèn widadari | lir sarining purnama ||
5. mangendralaya dahat tanpalih | mèmpêr mirib lir sêsotyaningrat | tuhu kumaraning sinom [si...]
--- 5 ---
[...nom] | prabu rara sang ingrum | wus tan kêna rinênggèng kawi | mêmanon ing buwana | ya ta kang winuwus | Kyana Patih Maundara | sakalangkung karêm ing puja samèdi | kocap angraga sukma ||
6. lumuh angolah ing kramaniti | datan pêgat gêntur kasutapan | angêdohi praja rame | kajuwatan rinasuk | pan ing mangkèng sampun gumingsir | pilênggah kêpatihan | ari gumantya wus | Patih Lugêndèr dipatya | kang gumantya ing rama Langyangkumitir[5] | Dyan Arya Simping dadya ||
7. mujanggani kabupatèn carik | wus kagêntyan Radyan Layangseta | ya ta malih winiraos | Sang Maundara wau | wus murcita katon pêsthiwi | winulat ing manungsa | katrimèng dewagung | apan wus sêsilih nama | apêparap Yyang Bêgawan Tunggulmanik | abrăngta ing Wisèksa[6] ||
2. Asmaradana
1. tulus panjênêngan aji | Ratu Mas sêsotyaningrat | luwih luhur krêratone[7] | kasub ing rat bumintara | têpung ing kina-kina | jangkane kêng para nujum | myang pandhita kang mrêtapa ||
2. besuk ana ratu èstri | jumênêng ing Majalêngka | suka bungah sagunging wong | murah sandhang tuwin boga | barang tinanêm arja | ardi wona[8] têmah dhusun | kang desa pindha nêgara ||
3. bèbèk ayam kêbo sapi | aglar anèng ing pangonan | tanpa kandhang sing arjane | ing mangke wus kalampahan | maha sang prabu rara | ing sabên-sabên ingkang wus | dènira miyos sinewa ||
4. ing wadyakusya gung alit | munggèng sitinggil kasongan | witanadi rinugmyabrong[9] | pinrak ing dhampar kêncana | pinatik nawa rêtna | sarya ingayab pra arum | samya ngampil upacara ||
5. dhasar samya ayu luwih | apêngadêg lindhu sêkar | surya bisika wèh mirong | kêmbar samya manuhara | ragi nata mangraras | lir apsari syarga nurun | wimbuh akarya la-êla ||
6. ginarêbêg para cèthi | miwah kang para biyada | supênuh èbêg punang wong | palawija anèng ngarsa | wong pandhak bule bêlang | cebol bucu wandhan jamus | miwah rare kêkesodan ||
7. rare wungkuk bajang wujil | rare suku dhampit kêmbar | padha arare kêbirèn | jajaranya tundha sapta | apan samya wanodya | têbih ingkang [ing...]
--- 6 ---
[...kang] para kakung | sèwu sisih amêlatar ||
8. pinarakannya sang dèwi | mawi langse tundha sapta | samir sinulam rugmyabyor | palisir sinêla-sêla | kinêmbang ing hèrnawa | umyang sunarnya sumawur | lir ngaras Jonggringsêlaka[10] ||
9. wimbuh ri sênsaya wingit | tan kèksi ing bala tăntra | kacatur sang prabu sinom | darbe kêkasih wanodya | kinadang sinarira | marentah ing para arum | putrane Arya Sindura ||
10. kasih rêtna Rarasati | bêsus olah kawiragan | wasis barang pakaryane | rampung sandining sêsmita | gandhang sèdhêt pêsaja | tan lyan kang sinawung têmbung | namung rêtna Rarasatya ||
11. ing sang mahaprabu dèwi | mênggah sapangrèhing praja | tansah sumiwèng karsane | sosoranira sêkawan | samya atmèng dipatya | nênggih pujaning rum-arum | Rêtna Dèwi Citrasmara ||
12. kalih Rêtna Citrawati | katri Rêtna Widawatya | Dyah Rêtna Widasmarane | tansah sumiwèng byantara | dyah para rat sêdaya | myang lurah pawonganipun | Sêpêtmadu lan Wilaja ||
13. tansah mong karsaning gusti | sagung kang para biyada | pra sari pingitan kabèh | tanapi ingkang bêdhaya | aglar munggèng ing ngarsa | pating parêlok dinulu | luhur-linuhuran raras ||
14. kêprabon sikêping jurit | panah dhadhap lan kang bêkta | tan têbih lan prabu sinom | dene sagung kang sumewa | andhèr ing pagêlaran | para raja pra tumênggung | dipati lan para menak ||
15. pra răngga dêmang ngabèi | kandhuruan sinangsraya | lan wadu aji jajare | tăndha mantri pêngalasan | kalanggawong mêlandang | para buyut para êmpu | Dipati Logêndèr starsa ||
16. ing kanan Dipati Tubin | kering Dipati Sindura | Menakjingga katigane | sinambungan para nata | Raja Ngriyo Sri Gêdhah | rajèng Jahor Jambe Prabu | rajèng Tatar Sri Pulembang ||
17. Raja Minangkabu tuwin | Raja Prêtani Sri Siak | raja Bugis lawan rajèng | Nglimpung Raja Sokadana | rajèng Kêling Sri Wandhan | atênapi sang aprabu | Trênate lan Ngambon Raja ||
18. Sri Ambandhung rajèng Bali | Madura rajèng Balega | Sumanêp[11] Mêkasan rajèng | tênapi ing Pêkacangan | Bupati Majalêngka | pangagêngnya kang winuwus |
--- 7 ---
sira Răngga Minangsraya ||
19. lawan Ki Menak Giyanti | Kumitir lan Layangseta | Arya Sêsimping jajare | sagunge ingkang sumewa | tinon aneka-neka | kadya ta prawata santun | lir wana karêmbun măngsa ||
20. sênsaya minuni sari | myang lungiding prênadèngrat | èbêg supênuh gunging wong | sabrang wor lan wadya Jawa | pasisir mancanagra | sangking mandrawa kadulu | lir sêgara rob bêlabar ||
21. kang wênang ngambah sitinggil | saha wadya sakusyala | amung Kya Patih Logêndèr | ingkang nampèni karsèng dyah | sabên-sabên mangkana | yèn miyos sang nataningrum | rêkyana patih ngandikan ||
22. lawan Rêtna Rarasati | dinangu solahing praja | miwah sawadyabalane | prêdata ngrèh aru-ara | padhang rêntênging tindak | tanduk sadarganing mungsuh | syuh sirnane kawêdakan ||
23. mêngkana apan wus lami | sampun andungkap sawarsa | jumênangnya[12] prabu sinom | pra raja ing tanah sabrang | pan wus sami bubaran | sêdaya tinundhung mantuk | prituwin măncanagara ||
24. miwah bupati pasisir | pasowannya warna-warna | sawênèh saban warsane | ana rong tahun sapisan | ana kang tigang warsa | kadya duk ing alamipun | Mahaprabu Brawijaya ||
25. amung Sang Dipati Tubin | tinundhung mantuk lênggana | andungkap gangsal warsane | tuguran nèng Majalêngka | tansah sumêlang driya | rèhning sang kumaraningrum | tan arsa nambut akrama ||
26. ajuwêt Dipati Tubin | aturnya lwir cacak măngsa | miwah Kya Patih Lugêndêr | sang dyah ingaturan krama | paran kêng dados karsa | sagunging kang para ratu | satriya miwah dipatya ||
27. tuwin atmaning bupati | sang prabu ning dyah tan arsa | pan ngantya runtik sang sinom | ing wusana cinarita | maha sang prabu rara | marna karsaning dewagung | duk anèng sanggar pamujan ||
28. kang paman Dipati Tubin | kang winisik karsaning dyah | lah paman Răngga karsane | nguni Yyang Jagad Pratingkah | ulun amuja brăngta | Yyang Panji Nrada tumurun | ingutus Yyang Jagatnata ||
29. paring uninga ing kami | karsane Yyang Sukmanăngsa | tangèh jatukramaningong | nanging wus pinêsthi ana | padane kang winênang | dados jatukramèng ulun | tur sampun bêkta nugraha ||
30. wus papêsthèning nrêpati | dibya sêkti mahambara | mêngku ing rat Jawa kabèh | siniwi samaning nata | adil tur palamarta[13] | rinowang sêbdèng dewagung |
--- 8 ---
sinihan tur binêthara ||
31. nanging paman sapuniki | têksih dados lêlampahan | sinimpên dening sukmanon | kêng cahya dèrèng tumiba | pan wontên kang pratăndha | yèn wus cêlak mangsanipun | amawi bêbantêning prang ||
32. sarta asêgaratih |[14] lumembak wukir kêpala | paman karsane sukmanon | lêgêk Sang Dipati Tuban | wusana suka ing tyas | narima titahing ulun | pasrah ing Yyang Sukmanăngsa ||
33. sawuse luwaran sami | mantuk dhatêng nagri Tuban | anggêgabah prajurite | sadhiya sikêping aprang | ya ta Dipati Tuban | cinarita garwanipun | putri sangking ing Lumajang ||
34. kalih sanak pan ing nguni | kang sêpuh Arya Butlawa | kang palênggah Lumajange | kêng rayi miyos wanodya | ran Rêtna Banowatya | ingkang kagarwa puniku | Ki Ranggalawe ing Tuban ||
35. Arya Butlawa mrêtapi | ing arga sampun murcita | apan ginantyan putrane | pilênggah nagri Lumajang | jêjuluk Menak Koncar | warnanira tuhu bagus | ambranyak lir Krêsnaputra ||
36. sêkawan kang para rabi | jamahane kawandasa | tur samya ayu warnane | Radèn Arya Menak Koncar | ladak para tantangan | dhasar bancèr kaduk cucut. | têka dadi pêpantêsnya ||
37. agadhah rayi kêkalih | wanodya endah warnanya | ingkang sêpuh wêwangine | Kusuma Kalpikawatya | Kalpikaningsih rinya | kalih samyayu pinunjul | malih mangsuli carita ||
38. Ki Ranggalawe ing Tubin | nênggih putrane têtiga | pan wanodya pêmbajênge | kang kêkalih sami priya | patutanira lawan | putri Lumajang sang ayu | Rêtna Dèwi Banowatya ||
39. ingkang wanodya kêkasih | Sang Dyah Sêkati utama | lir kêncana pamulune | rêspati dêdêg mêjana | wasis sêbarang karya | gandhang sêbda pasmon ruruh | lir pendah putri Ngastina ||
40. panênggak buntaran pêkik | lungit pasanging graita | akarya brangtaning tumon | kang anèm Radyan Watangan | sigit kaduk brêranyak[15] | kalihira sang abagus | awayah jaka kumala ||
41. ya ta kang kinăndha malih | wong agung ing kêpatihan | Sang Adipati Lugêndèr | têtiga atmajanira | kang sêpuh Layangseta | Layangkumitir panggulu | kalih samya andêladag ||
42. dhasar putraning pêpatih | tur angsal sih sri narendra | mêdanani wong saking jro | nora pati yèn bagusa | bêsuse [bê...]
--- 9 ---
[...suse] angayangan | rada ambêdhah dêlanggung | tur dadi pangewan-ewan ||
43. kêkudangane kya patih | salah siji putranira | ciptane dèn magangake | Ratu Mas sêsotyaning rat | pirabara ing benjang | angginyêr sêsirahipun | kabèh wong sa-Majalêngka ||
44. mila radèn arya kalih | ing tingkah sawênang-wênang | nrêrajang[16] landhêp pamore | gêlarnya ambêg kuwawa | bèr donya sugih bala | pradhah kêpara ing sanggup | dora winor niti krama ||
45. rinapêtan adu manis | panastènira kaliwat | sinangkan sing nalar rèrèh | bara-bara dadi karya | sêsamanirèng wadya | tan sêpi sing pamrih luput | ginih tindak ing praja |[17]|
46. jahile sinamun lungit | lungite kinarya-karya | lumuh nganggur kurang gawe | warujonira wanodya | ran Dèwi Anjasmara | yêkti dadi panjang kidung | biyadaning kêpatihan ||
47. dhasar ayu dèn padèni | ingugung dening sudarma | apan dadi pêpantêse | sêmbada wasis ing karya | rampung sandining sastra | ing băngsa kawin wus putus | gulangane timur mila ||
48. Ramadaya Gada balik | Wiwaha lan Bomataka | myang kawin Pêndhawa rare | Sasrabahu Krêsna duta | sang dyah pragat sêdaya | tan ana kawignyan luput | miwah yèn tilawan[18] kur'an ||
49. pasekat syara rum manis | trampil milêting kalimah | datan pot limang wêtune | tangat tanapi puwasa | tuhu brăngta ing sukma | tan lali pêmbathikipun | nênun renda lan ngêmasan ||
50. punika sinambi nyungging | anyongkèt angalu alam | tênapi nênun limare | sêdina olèh rong kêbar | ngatih[19] alit anyulam | amrada myang nênun uluk | pratistha tanpa dondoman ||
51. sang rêtna tuhu winasis | bêsus olah kawiragan | gandês luwês lêlewane | dhasar malat karya rimang | kulita andon sêkar | minging sêparanira nrus | jêbat kêsturi tan pêgat ||
52. gănda-wida nora lali | tinoyan ambar hèr mawar | grêrah[20] uyang sarirane | yèn tan bêburat saêjam | biyadèng kêpatihan | singa mulat kuthah wuyung | cacade amung satunggal ||
53. ing têmbe yèn sampun krami | tan kêna winayuh ing dyah | tur gêdhe butarêpane | abot sinăngga ing priya | nora kêna kumingkang | têlike sinungsun-sungsun | nanging utamaning rumat ||
54. amêmantês mêmadèni | anyukupi
--- 10 ---
sumèh-sumrah | sok aja winayuh bae | sêdene sinêlirêna | Kusuma Anjasmara | mendah ta panjênggitipun | gliyak-gliyak linampahan ||
55. bêjane ingkang nglakoni | tan bisa nglakoni trêsna | nanging cupêt pisabane | ya măngsa tan binobota | wrate wong darbe garwa | eman yèn manise putung | gandhange yèn pêlarasan ||
56. owêl dlarènge yèn runtik | srèsèh kêmpyange yèn kesah | tur tan nyuda gumrininge | sapa bisa nglipurêna | yèn runtik Anjasmara | ngèngèhane kali gunung | yèn banjir măngsa dangua ||
57. mila kang rama langkung sih | gumatènira kalintang | tur pradhah barang karsane | sudarma nora cumêngah | mila ciptaning manah | dinola Cina ping sèwu | linakon tan nolèh wuntat ||
3. Pangkur
1. kawarnaa ing Bêlambangan |[21] Menakjingga datan arsa anangkil | mring nagari Majalangu | balela pangabdinya | tur rumăngsa bangkat[22] mukul ing prang pupuh | pan sampun angsal sawarsa | gènira nora sumiwi ||
2. akathah sêngadènira | mung rerehanira ingkang anangkil | mring nagari Majalangu | wênèh ana tan seba | ya ta sarêng ing nguni tinundhung mantuk | apan ta lajêng kewala | dhatêng Bêlambangan nagri ||
3. dene sagung para raja | wus kêpanggih anèng Blambangan sami | saha wadya sakusya nung | sira Sang Menakjingga | langkung suka wus dadi kêng punang rêmbug | siyang dalu akêsukan | arsa gêpuk Maospait ||
4. ngandêlakên kadigdayan | rowak rawuk adigung tur sinêkti | linulu dening dewagung | sira sang Menakjingga | pan prênyata[23] rèrèhane para ratu | pra dipati para menak | pra dêmang răngga ngabèi ||
5. kathah kadangnya priyăngga | sanak prênah paman wa bapa kaki | kang liya ingambil mantu | kaipe kang sêntana | kambil besan sawênèh sinung garwayu | pinikat ing boja krama | kèbêg kèlês ing kasêtin ||
6. prênyata Sang Menakjingga | ambêg rusuh sura brangasan kibir | tan kêni pinadhan sanggup | saadêg tur saênyat | para pisuh para tangan kêprak kêpruk | dene kang nunggil kulina | ingakên surawèdi |[24]|
7. kinulit daging winor byat | pradhah sanggup saêpal tur sayêkti | apan mari-mari yèn wus | mèstuti padadiya | saya kathah wong wetan kêng nunggil kayun | gilig trêmak Majalêngka | kapindho kêng pra dipati ||
8. dhasar jrih mring Menakjingga | kaping tiga ing mangke tan suwawi | parentah sing Majalangu | yèn mijil kyana patya | Adipati Lugêndèr
--- 11 ---
kèh manah putung | tangèh amriha utama | kanisthan kasrambah dadi ||
9. kagiri kagora-godha | tur cêndhala nora têpung lan budi | gèsèh lan rarasing ratu | tan panggah pambêking tyas | kumalungkung ing wêweka kirang putus | ngandêlkên pusakaning rat | binapa-bapa ing gusti ||
10. katêmu pirang prakara | ratu èstri wignya gulêt lan dasih | pangragoh mangrowang wuwus | sêdene wadya ingkang | sêtya tuhu kakênaning rèh tan ayu | tangèh katura narendra | prituwin kang lara ati ||
11. pangunêk-unêking praja | sri wanodya mendah ta lamun èksi | jinum kumbala kang matur | rèh ratu binêthara | karêm puja sêmèdi nukmèng dewagung | mung rêsêp mulyaning jagad | sumingkir rèh kang tan yukti ||
12. yèn ing kalanira sang dyah | mujèng wadya manukmèng[25] silajuti | sadarga rênggèng wèh sadu | sêkala sumrik sumrak | titih tatas sakirna prana mangungun | pinuji pinuja arja | panglêmbananira ngênting ||
13. sang maha sêsotyaning rat | ratu adil asih ing praya minging | kêkuwunging rat ginêlung | suci anras kamulyan | pragat titih ing pradata sumrahnyarum | mila lamun ana tindak | ing praja dhompo tan yêkti ||
14. kuwur tinawar ring praya | yèn amijil kang lumrahing apatih | asring kathah nalar kungsul | glar arja têmah rusak | wus kawayang dudu traping băngsa luhur | kèh wadya salah grahita | tan têpung larasing gusti ||
15. mila sagung rerehannya | Menakjingga ènthèng sêtyaning gusti | ing prana tata sru bingung | antêpe asasaran | sosrah kisruh kuwuring tyas têmah lulun | wêkas gon awalik sungsang | Menakjingga nêng ginusthi ||
16. malih mangsuli carita | Menakjingga Ajar Pamênggrê[26] siwi | pêpujan atêguh timbul | trus nanging pinanjingan | kumarane ing rasêksa raja diyu | wimbuh adarbe pusaka | wêsi kuning dhapur bindi ||
17. pinanjingan Sang Yyang Brama | pan pranyata nguni dhapur mangungsi | sing jrihnya mring Sang Yyang Wisnu | ing sapta sapta jalma | nora kongkih mangrurah kurdha mapikut | kasor kèlês kabudayan | mawanti mangkrag katitih ||
18. nèng Saptatala kabêdhag | madyapada wanti-wanti kapilis | nèng triloka kosik kawus | ngariloka kabuncang | baydan[27] dewa wiguh krudhanya tan pangguh | nèng Suralaya kabrêbah | sêdene manungsa jisim ||
19. gora rèh kagiri kentas | mila mangko manjing ing wêsi kuning |
--- 12 ---
pan luput wong têguh timbul | miwah sêkti yuwana | punang bindi pênuh gènnya makan ratu | miwah prajurit wudhu prang | tanpa wilang kêng kapilis ||
20. mila risang Menakjingga | pan sumêdya ngrata ing nungsa bumi | pra pandhita para nujum | mambêt tan piniarsa | ajar ajar kapêlajar kèh kapikut | labêtnya lir cocak măngsa | mambêng ing rèh nalar sisip ||
21. wêwasi kèh pinêjahan | guntur-guntur manguyu makan bindi | rèh madhangi tyas kalingkung | kalimput ing mukarda | miwah Rêsi Pamênggrê tansah pitutur | ing atmaja Menakjingga | kagèdhèg nora prêduli ||
22. Yyang Pamênggrê kawlasarsa | pangucapnya sarta angasih-asih | kang putra tansah rinangkul | sinungan erang-erang | têpa telad ing kina kang para ratu | miwah para adipatya | kang sampun dadya palupi ||
23. kang nistha madya utama | tur jinantèn[28] ing sabda kang piningid | kênyatahan ing dewagung | lah wahyuning narendra | ing rèh wadyakusyala samya tinutur | sang wiku sarya ngrarêpa | dènnya pitutur mring siwi ||
24. Menakjingga tansah nêntak- | nêntak sugal pangucape mabêngis | sudarma tan kêna muwus | tan sinêngap-sêngap |[29] yèn ta aja sudarma pêsthi pinukul | myang Pamênggrê nglênggrê[30] mulat | tinundhung mantuk mring wukir ||
25. sang pandhita sru sungkawa | klangkung dènnya kapinta èsmu tangis | byating wong adarbe sunu | têmah amurang krama | nêngèng wiyat umatur mring dewanipun | hèh juwata ingkang mulya | Menakjingga suta mami ||
26. sungana manah raharja | Sang Yyang Nrada asung syara dumêling | hèh Pamênggrê mitraningsun | sayêkti nora kêna | budi andhap kêlawan kang budi luhur | pinintakakên ing liyan | wus ganjarane pribadi ||
27. lamun ta Si Menakjingga | darbe sêbda mêmintèng ing sukmadi | ing bêbudèn kang rahayu | sayêkti pinaringan | aja sira salah cipta ing dewagung | Sang Yyang Pamênggrê karuna | gya mantuk dhatêng ing wukir ||
28. mêngkana wus madêg nata | Menakjingga ran Prabu Urubismi | siniwi kang para ratu | miwah kêng para menak | dêmang răngga ngabèi para tumênggung | prajuritira bêlabar | lir sagara tanpa têpi ||
29. pêpatihira sang nata | Angkatbuta Kotbuta gêng ngajrihi | kalih sami suranipun | kêcatur roro sanak | kêmbar pindha drubigsa kang punang diyu | têguh timbul widigdaya | sumewa ngarsaning gusti ||
--- 13 ---
30. datansah sinewagana | para raja aglar samyanèng kursi | Dewataka rajèng Bandhung | Sumênêp Dawasraya | sru Dewagung Walikrama natèng Wangsul | Sang Bthara Basutantra |[31] Mêkasan Mandura aji ||
31. mraja Dewa Baudhêndha | Dewa Jarumaka sang rajèng Bugis | Dewa Prêlugi sang prabu | ing Kêling maharaja | Dewa Danurwenda ing Balega têpung | anênggih ing Pêkacangan | Menak Prêmangsul dipati ||
32. ing Japan Menak Calunthang | Menak Cluring dipati ing Wêlèri | Panatasingron Tumênggung | nênggih ing Pêjarakan | Menak Wiladaka ing Gêmbong sumuyud | Menak Pangsêng Pasuruan | Menak Pênuncung ing Bangil ||
33. Dyan Menak Jayalêlana | Prabalingga nênggih sang adipati | ing Trênggalèk sampun nungkul | Dyan Arya Menak Sopal | para raja pra menak para tumênggung | anigan sapêtarangan | gilig rêrêmponing jurit ||
34. kantun dipati satunggal | ing Lumajang mogok angadêg baris | Arya Menak Koncar pêngkuh | nadyan têkêmanira | Menakjingga apan ta sayêkti purun | ingkang angrèh nagri Daha | kathah nungkul pra dipati ||
35. kagyat Dipati Sindura | Bêlambangan ing mangke madêg baris | bawahira kathah têluk | rumăngsa lamun tiwas | ingabdèkkên dadya nanggulang ing mungsuh | saklangkung ing dukanira | durma tan sêdya gumingsir ||
4. Durma
1. siniwaka sira Sang Dipati Daha | munggèng ing pancaniti | aglar kang sumewa | punggawa myang sêntana | Patih Kêbogêdhah ngarsi | samya siyaga | sasikêping ajurit ||
2. sang dipati jêjabang lir malêdhosa | kêdah nglanggar tumuli | dhatêng Bêlambangan | mangkat sami sakêdhap | kêsaru wau kang prapti | Dyan Menak Koncar | sigra dènnya lumaris ||
3. sang dipati Sindura kagyat tumingal | tandya ngancaran aglis | Arya Menak Koncar | ri wusnya tata lênggah | gêpah Sang Sindura angling | lah paran Arya | sira gêpah sun èksi ||
4. awotsêkar sira Radyan Menak Koncar | amba atur udani | uwa ing panduka[32] | ing mangke Menakjingga | sumêkta atata baris | sarereyannya | saraja saha dasih ||
5. apan sampun sêsilih nama narendra | ran Prabu Urubismi | sumêdya mangrurah | nêgari Majalêngka | sêdaya wus kathah balik | kang para menak | ya ta sang adipati ||
6. sarêng priksa
--- 14 ---
ature Dyan Menak Koncar | talingan lir sinêbit | panêbdanira kras | lidok Si Bêlambangan | gya kinèn têngara jurit | Ki Kêbogêdhah | gêpah nungkêmi nangis ||
7. dhuh gustiku anggèr dèn rèrèh kewala | pun Menakjingga sêkti | bala yutan widran | kainan mapak ing prang | ngantosa para dipati | myang para menak | sêdhêng umangsah jurit ||
8. lawan malih pukulun dèrèng tur wikan | mring mahaprabu dèwi | sampun-sampun tuwan | pukulun mangsah ing prang | yogi turuning adhingin | sarta mêpêkna | kewala punang baris ||
9. sêdhêng pêpak bupati lan para menak | sêdhêng sadhiyèng jurit | gmêgah[33] sang dipatya | tansah angusap jaja | kumrêkèt kang waja gathik | sira dyan arya | umatur awotsari ||
10. kangjêng uwa lêrês turipun pun bapa | pan prayogi lumirih | lêrês tan wande prang | nanging ta amrih mênang | pintên dangune wong mati | yèn pandukarsa | unggul ing prang kêng pinrih ||
11. sang dipati wus rèrèh ing dukanira | karya nuwala aglis | dhatêng Majalêngka | duta wus lumêksana | miwah kajinêman sami | mentar sinêbar | dhatêng mănca dipati ||
12. mêne gênti sakarêngkang kawarnaa | nênggih Sri Urubismi | sampun aputusan | patih kalih umêsat | sah ingkêng surat katur mring | sang prabu rara | dhapur ngêbun bun enjing ||
13. sarta nungkak wang[34] agung ing Bêlambangan | ciptanira ing galih | kêlamun katampan | laju kang ngarak pisan | jumênêng ing Maospait | lamun katulak | lajêng ngrisak nêgari ||
14. mila ingkang pramèsyari[35] para garwa | manggung lan para sêlir | binêkta sêdaya | muwah kêng para raja | samya bêkta garwa gundhik | măngsa wurunga | anyakup prabu dèwi ||
15. kang sumêdya baris nèng nagri Lumajang | wus badhol[36] saha dasih | pan windran ayutan | jurang maalas-alas | kèdêk kèlês gunging jalmi | têmah rêratan | samarga angajrihi ||
16. rawak rawuh prajurit ing Bêlambangan | angsal pêngaja gusti | samarga ngrêrayah | aran wong gala gothang | bajo barang owak kawik | wong gathudara | jurang gathu mangiyip ||
17. macan ambal caruk dhênggung sura rayah | lawan wong cukil manik | rujak polo lawan | sura bêthot sumahap | asikêp ganthol cêmpuling | grêrènèng canggah | papênthung lan suligi ||
18. tangèh lamun cinăndra wong Bêlambangan [Bêla...]
--- 15 ---
[...mbangan] | datan kawarnèng margi | wus praptèng Lumajang | parêng lan Menak Koncar | sing nagri Daha wus prapti | amêthuk ing prang | sing kitha wus mêdali ||
19. nanging para garwa pra sêlir sêdaya | wus ingilèkkên sami | rumăngsa tan kangkat | suwung sajroning kitha | anak rabi samya ngili | jalmane lanang | krêrig[37] umagut jurit ||
20. wong Lumajang dêdamêlira rong nêmbang[38] | rong biting nitih wajik | wadya gêgangsingan | ingaran truna lanang | tur tate tinumbak milir | tinatah mêndat | kawan dasa kinanthi ||
21. mring dyan arya samarga tansah bêk pêjah | campuh pêngarsèng jurit | rarme[39] long-linongan | brêrêg-binêrêg[40] panggah | rêmpak rinêmpak tan kongkih | samya sudira | tan ana ngeman pati ||
22. baris wetan makêthèn mayutan-yutan | dhasar mangrobing tandhing | manginglês mangidak | rok biring caruk pêdhang | kumrapyak pating carêngkling | syaraning surak | lir udan sinêmèni ||
23. tambur awor kêndhang gong gumrah sauran | bêgor kang bêndhe bèri | akuwêl dènnya prang | kèkèt jambak jinambak | sawênèh agênti krêris[41] | dugang dinugang | rame banting binanting ||
24. Menak Koncar wuru gêtih pêngamuknya | sarya asikêp biring | mamuk nèng turăngga | têguh sakudanira | pun jêthayu raning wajik | pamulu krêsna | sukunya panggung putih ||
25. galak naut ing mêngsah mapagas tatas | radyan manumbak nitir | lawung lir kitiran | singa katrajang bubar | sinasog ganjur tan osik | sira dyan arya | singa sinêrang mati ||
26. wus carub wor tanbuh[42] mungsuh lawan rowang | wong Lumajang kèh mati | sasisaning pêjah | lumayu asasaran | dyan arya maksih mangungkih | lan truna lanang | kêsangsang dening biring ||
27. saya sayah dyan arya dènira aprang | sêksana angunduri | sarya pinètaran | wadyane truna lanang | siji tan ana kêng cicir | amung kudanya | akathah kêng ngêmasi ||
28. wus ingusir rahadyan sêparanira | lumêbêt mring wanadri | langkung kuwalahan | mundur ngurugan bathang | rêgak kang samya mangungsir | sampun katilap | nglarug lampahing baris ||
29. mring Lumajang sapraptanya angrêrayah | gègèr kang kawulalit | Prabu Urubisma | ngêbrêki jroning kitha | para nata magrêsari[43] | abêbarisan | lir samodragni ngalih ||
30. wadyanira ambêbahak kering kanan | sarya ngabong-abonging | gantya kang kocapa [koca...]
--- 16 ---
[...pa] | Kotbuta Angkatbuta | rahintên dalu lumaris | untap-untapan | lan dutèng Daha mijil ||
5. Mijil
1. kawarnaa kang miyos tinangkil | prabu ruming sinom | magêp anèng ing siti inggil lèr | kasong anèng witanadi rukmi | pinrak dhampar gadhing | rinênggèng mas murub ||
2. sarya ingayap pingitan cèthi | munggèng jro kêkobong | Rêtna Rarasati ing ngarsane | Citrasmara lawan Citrawati | Widasmara tuwin | Widawati ngayun ||
3. Sêpêtmadu Wilaja tinuding | lumaksana alon | animbali Kya Patih Lugêndèr | praptèng ngarsa ngandika sang dèwi | paran kang kawarti | bapa karanipun ||
4. Menakjingga sawarsa tan nangkil | paran kang suwados | awotsêkar kya patih ature | ing pamirêng ulun ing pawarti | kêdah madêg aji | gêmpur Majalangu ||
5. tan rumaos gusti lamun dasih | angrêbat karaton | nanging dèrèng yakin sayêktose | dagang layar kang sampun wêradin | pawartinya sami | Menakjingga purun ||
6. prabu rara duk miyarsa angling | brêmantya winaon | sasinomnya goyang pilênggahe | prênajanya lir mawulat agni | pan sinamun manis | sing pangandikarum ||
7. sun wêtara yayi Rarasati | yèn èstu kang wartos | Menakjingga yêkti darma bae | wus karsane Hyang Sukmana Luwih | kêng amayang dasih | pakartining tuwuh ||
8. wus pinêsthi ing jangji tan gingsir | karsaning sukmanon | Dèwi Rarasati tur sêmbahe | lêrês andrês kang punang wêwarti | nging kawula gusti | ing wartos tan tumut ||
9. dene rama Sindura Dipati | tan wontên tur anon | nadyan yaktosa malih tingale | Menakjingga pêksa ngrata bumi | kadi tan nêdhasi | mring wong Majalangu ||
10. prabu rara mèsêm winor angling | yayi măngsa borong | kang amarna isining rat kabèh | nêmbah matur sang rêkyana patih | gusti yèn suwawi | kramaa pukulun ||
11. para raja satriya bupati | dasih pandukèng wong | pra prawira ing Majalêngkane | paran ingkang kinarsanan gusti | dados jatukrami | pamintaning ulun ||
12. mèsêm ngandika sang prabu dèwi | ya tarima ingong | bapa gampang yèn ta wus mangsane | pira bara ana sun karsani | wong sa-Majapahit | miwah para ratu ||
13. ing saiki dahat tan sun apti | maksih karêm momong |
--- 17 ---
ing sarira alêlamban bae | ngêndi ana wong lumuh akrami | besuk ana ugi | bapa karsaningsun ||
14. eca lagya imbal wêcanaris | kêsaru praptèng wong | kajinêman sing Daha wiyose | bêkta sêsuras[44] tinampèn aglis | mring Arya Sêsimping | praptèng siti luhur ||
15. wus tinampèn mring rêkyana patih | katur prabu sinom | kang supatra sinukma têmbunge | sah ing sêmbah Sindura Dipati | katur prabu dèwi | kang sinyan dewagung ||
16. gusti pun dasih tur pati urip | ing panduka katong | lir wong tambêt akagèt wiyose | Menakjingga ing mangke ambalik | wus ngadêg kang baris | tur jumênêng ratu ||
17. para raja satriya bupati | pra menak gunging wong | biluk dhatêng Menakjingga kabèh | kula mangke wus atata baris | namung angantosi | ing karsa pukulun ||
18. anggèn kula anglanggar ing nagri | Bêlambangan katong | titi ingkang supatra têmbunge | gya sinung mring Dèwi Rarasati | kêsaru gègèring | jawi pan gumuruh ||
19. sapraptanya punang duta patih | Bêlambangan katong | pun Katbuta Kotbuta wadyane | pan sagêlar sapapan ngajrihi | jêjaranan sami | dhomas kathahipun ||
20. datan ana kang dharat sawiji | anggrêgut punang wong | dhêdhêg anèng pangurakan andhèr | gêpah Si Radyan Seta Kumitir | minggah mring sitinggil | saniskara katur ||
21. punang duta kinèn animbali | praptèng ngarsa katong | apan sarta bêkta nuwalane | nging tan suka tinampèn kya patih | Dyan Seta Kumitir | kalih ngingrê[45] dhuwung ||
22. samya dhêsêk dènira alinggih | kalih mring dutèng wong | Layangseta mrêdapa lênggahe | asta kiwa ngusap-usap rawis | kang têngên mipit kris | akras dènnya muwus ||
23. hèh Kotbuta apa bosên urip | sira kudu nglamong | nora suka kang surat tinampèn | amangsuli Kotbuta saryandik | kula tan tinuding | mring rama pukulun ||
24. dinuta mring sang narendra putri | surat kinèn nyaos | akên sarta tinampèna dhewe | nênggih mring sang mahaprabu dèwi | horêg kang jêjaring | majêng baris têpung ||
25. lir ingunggar Dyan Seta Kumitir | mulat garguting wong | pun Kotbuta cinandhak bahune | prabu rara mèsêm jroning galih | langsene winingkis | gumêbyar kadulu ||
26. mukanira lir konjêm ing siti |
--- 18 ---
pan sarwi dharadhog | kang nuwala gya ingaturake | mring kya patih tinampèn marsa[46] glis | Rêtna Rarasati | nampèni surat wus ||
27. ya ta ngandika arum amanis | mahaprabu sinom | mara yayi wacanên dèn age | layanging wong ingkang pêksa luwih | Dèwi Rarasati | manukmèng sastra wus ||
28. nora paja kawêntaring lathi | ya ta kang pamiyos | wusing sêmbah ing mangkya dyah rajèng | pun Menakjingga wus madêg aji | juluk Urubêsmi | bumintara kasub ||
29. amarentah samaning nrêpati | wudhu ing palugon | sarta lawan yèn sarju nak anggèr | Urubisma suwitèng jinêm mrik | owêl lami-lami | lêlamban sang ingrum ||
30. yèn panduka tan arsa mring mami | Urubisma abot | datan wande manglanggar jurite | Majalêngka têmah karang abrit | tur tan wurung panggih | sri nata kêcakup ||
6. Sinom
1. Rêtna Dèwi Rarasatya | riwusnya manukmèng tulis | waspa drês jaja kadya rah | kang surat sinêbit-sêbit | gya matur awotsari | rasèng srat tan yogi konjuk | dhapur sawênang-wênang | anglamar panduka gusti | prabu rara mèsêm sajroning wrêdaya[47] ||
2. nora talah Menakjingga | bisa têmên anglakoni | dadi wayanging juwata | wusana sang prabu dèwi | ngandika mring kya patih | kinèn magêlaran gupuh | sang dyah têdhak sing dhampar | sarya riyak têbèng puri | prabu rara wus kondur mring dhatulaya ||
3. kya patih wus magêlaran | prayitna sagunging nangkil | sira Katbuta Kotbuta | wus ajêng-ajêngan linggih | tandya pawongan mijil | Wilaja lan Sêpêtmadu | manêdhakkên nuwala | ya ulês taluki kuning | dhatêng Tubin miwah wêwangsul mring Daha ||
4. myang sêsêbitan nuwala | ya ta wus tinampèn sami | wangsul Ni Sêpêt Wilaja | Dyan Layangseta trêrampil[48] | sêbitan nuwala glis | kinêpêl binanting mawur | anèng ngarsaning duta | riyak sarwi ngusap rawis | Dyan Kumitir nêpsune tan kêna ngampah ||
5. mring Ki Răngga Minangsraya | miwah mring Menak Giyanti | Kumitir makas anacak | mring Buta Katbuta patih | datan kawrat ing kapti | mulat mring sang pêksa digung | risang duta Sindura | apasang dènira linggih | saya nêsêk rakiting wong Majalêngka ||
6. krêkut karkut Angkat Buta | lir buta manaut jalmi | horêg wong ing Balambangan | sêdya rarêmponing
--- 19 ---
jurit | ya ta sang adipati | Lugêndèr alon amuwus | duta sira muliha | sang nata datan mangsuli | umatura sêsmita ajuring sastra ||
7. Buta Katbuta gya mêsat | asêndhu dènnya lumaris | koncanira anêrampad | kya patih dènira linggih | sawadyanira sami | asugal sasolahipun | mangajap dadining prang | sing alun-alun wus mijil | tandya bubar dêdamêl wadyèng Blambangan ||
8. wolung atus jêjaranan | sêmarga ngabong-abongi | pasar kamargan rinayah | dhusun turut margi tapis | ingkang kawarna malih | duta ing Daha pan sampun | sinung wêwangsul mêsad | nuwala kang dhatêng Tubin | Arya Simping kang bêkta agêgancangan ||
9. kocapa Dyan Menak Koncar | kang têtruka nèng wanadri | lan sagarwa sêlirira | sagung kang samya angili | ngumpul dados satunggil | sampun ngrakit bingipun |[49] wus tigang dalu dènnya | anèng satêngah wanadri | cinarita radyan dalu lampah dhustha ||
10. rong puluh wong truna lanang | kang kinèn têngga ing biting | sêpalih tumut rahadyan | mring Lumajang nyidrèng pati | nuju Sang Urubêsmi | mêntas abubaran nayub | ya ta kêpati nendra | Menak Koncar anglêbêti | roro ingkang binêkta wong truna lanang ||
11. dene ingkang kathah-kathah | wus pininta-pintèng kardi | nyèluman ing prênah samar | pêngamuke kinèn nganti | ing mêngko radyan mantri | yèn wus karuwan kêpangguh | anigas Menakjingga | amêsthi suwarèng dasih | truna lanang rong puluh kinèn tumandang ||
12. dyan arya amping-ampingan | wus dèn ngon Sri Urubasmi | angaglah dènira nendra | ambathang nèng kasur sari | wus awas radyan mantri | wadyanya kalih ingantun | Menak Koncar nrêrajang | Prabu Bêsma[50] dèn kakahi | sinudukan eca angarok[51] kewala ||
13. mukane cinacah-cacah | tan pasah nora ngulisik | netranira ingurêkan | gumilir tan mawi osik | sêmana amarêngi | Sri Urubêsma anglindur | kagyat dyan arya milar | ngêjlogi kang samya guling | sami opyak sajroning pura gumrêrah[52] ||
14. gègèrira apuyêngan | pasanggrahan kalbon maling | abor sumêbar lir rina | radyan sêparane kèksi | wong bajo barang aglis [agli...]
--- 20 ---
[...s] | wong galagothang angêbyuk | Dyan Arya Menak Koncar | pêngamuke karo krêris | singa ingkang tinarajang anggêlasah ||
15. singa maju maju pêjah | ingkang mundur nandhang kanin | sêdaya wong truna lanang | ngamuk ingulari gusti | rinampok nora busik | linamêng pinêdhang milur | singa tinrajang pêjah | ngamuk liwung karo krêris | saya kathah sumahab wong Bêlambangan ||
16. Radyan Arya Menak Koncar | lumayu sarya nuduki | sawadyane truna lanang | lumayu amiyak biring | ya ta radyan kasupit | milar mring bata sumiyut | laju atrêrantanan[53] | wus anjlog prapta ing jawi | sawadyane ana kang mêdal ing lawang ||
17. wênèh nusup margi toya | warna-warna rêbut urip | wênèh ngancik padha rowang | gênti-gênti anulungi | wus samya praptèng jawi | anti-inganti wus kumpul | dyan arya mêgap-mêgap | sêsira ngebat-ebati | kautaman damare tan pêjah-pêjah ||
18. wadyanira truna lanang | akathah laju gumlinting | sawênèh watuk kasêlak | sêlak watuk turut margi | wênèh sêngara angling | tobat yèn kambona apyun | bukan makanan orang | taiyoli wong madati | radyan arya sêmarga mantuk mring wana ||
19. samarga agiyak-giyak | amarna tingkahing nguni | si binantang[54] menak alas | sakrêmin sakrêji anjing | sun suduk nora nglisik | ondroplas si asu buntung | kranjingan setan kawak | si luwak anggêgilani | sun tatêdha oleha tandhing prawira ||
20. kawarna ing pasanggrahan | têksih gumuruh syara tri | gègèr wong sapabarisan | Prabu Bêsma tan ngalisik | ya ta kawarna enjing | kajinêman Daha rawuh | Adipati Sindura | sineba busanèng jurit | sêkarine pra menak para dipatya ||
21. wus kumpul aprêdandanan | duta prapta awotsari | ing purwa madya wusana | saaturira wus titi | sarya ngaturkên tulis | wêwangsul sing Majalangu | tinampèn kang nuwala | binuka sinukmèng galih | sêsampune paman pangèstu manira ||
22. rèh paman atur uninga | yèn pun Menakjingga balik | andika nuwun parentah | dènnyarsa umagut jurit | langkung tarima mami | ananging tan sagêt ulun | paman asung parentah | wuruk-wuruk kêng nglakoni | lamun ajrih paran gèn sun [su...]
--- 21 ---
[...n] murunêna ||
23. yèn purun ulun tan wignya | angêndhak suraning jurit | dene ta pun Menakjingga | ing mangke sampun dhatêngi | pênglamarnya mring mami | yèn sun lênggana ginêmpur | kinarya karang abang | paman nagri Maospait | datan wande Menakjingga nglanggar ing prang ||
24. wangsul manira têtanya | paman anggêpe mring mami | ing mangke kahanan ana | manira arsa udani | titi ungêling tulis | sang dipati mijil kang luh | sarta nungkêmi sastra | wusana sang adipati | ciptanira mangajap yudakênaka ||
7. Pangkur
1. kapitèng tyas sang dipatya | rèrèhannya wus kathah ingkang balik | pra menak para tumênggung | ing Gêmbong Pasuruan | ing Trênggalèk ing Bangil Japan wus têluk | sêklangkung dènira merang | lawan ingkang kaping kalih ||
2. cinacat kirang grahita | awusana sinêmon wêdi mati | sami sakêdhap wus daud | budhal sakancanira | pra dipati pra menak para tumênggung | krêrigan wadya ing Daha | kadya ta sela blêkithi ||
3. Yang yang wardu ăngga sasra | têngara ngrok wor pangriking turanggi | gumêntar kêng kalaganjur | cucukira ing lampah | giwangkara ing mambêng sira tumênggung | sumambung Dipati Ngrawa | Dyan Arya Suranggapati ||
4. Kalangbrèt kinilasraya | Angun-angun ing Ngyajak[55] Watu urip | ing Pranaraga sumambung | kalih bupatènira | Endrajaya lawan Menak Căndrakètu | ya ta wong agung ing Daha | anitih syandana èsthi ||
5. sinongsongan sutra jênar | prajuritnya pat nêmbang wani mati | sèwu gêgangsinganipun | aran wong saradula | winêkasan wong Surabaya sêdarum | dêmang ngabèi lan răngga | rèrèhannya sang dipati ||
6. sinawang sangking mandrawa | abra murub kadya wukir kabêsmi | wênèh lir mêndhung lêlaku | myang lir sêkar sêtaman | winêtara salêksa pan rêbut punjul | untabe kang balakusya | lir sêgara tanpa têpi ||
7. pamugarining ngalaga | Adipati Sindura gêng ngajrihi | dhasar pamulu ngroning puh | wimbuh jaja lir ngobar | yèn sinawang lir Jayadrata makukuh | netrandik lir surya kêmbar | mêgêp limpungnya ingampil ||
8. jajar lan bindi agêngnya | gatong walu tur wêsi purasani | sinarasah ing mas murub | mênur manik dumilah |
--- 22 ---
sarta agêngira turangga nèng ngayun | aran pun jabung payudan | ulêsira mangsi warih ||
9. kalihnya gêmpung ingaran | pun Subrastha tate ingagêm jurit | anglarug ing lampahipun | sêmarga gêgancangan | ya ta gênti wau ta ingkang winuwus | sira dipati ing Tuban | kang lagya miyos tinangkil ||
10. mêgêp anèng sokasana | pêpak sagung nararya pra dipati | muwah kang para tumênggung | răngga lan para menak | kandhuruhan êmpu mêlandang bêbuyut | angabèi sinangsraya | supênuh kêng tăndha mantri ||
11. pasisir măncanêgara | sampun pêpak sêdaya anèng Tubin | Menak Binarong Tumênggung | bupati ing Grobogan | Menak Găndamêstaka Dipati Ngyarung[56] | ing Mdêmak[57] Menak Slingsingan | Menak Widuri ing Pathi ||
12. ing Lasêm Menak Prêmuja | ing Balora ran Menak Sănggalangit | Purbarana ing Sidayu | Tohpati ing Lamongan | ing Garêsik Ki Sawunggaling Tumênggung | Dyan Kartagnyana ing Jipang | aglar samya anèng kursi ||
13. saha bala sakusyala | amiranti sêsikêping ajurit | dipati Tuban pan sampun | nukma mring Bêlambangan | wus saèstu Menakjingga mangke purun | sêkait lan para raja | gilik lan para dipati ||
14. pangrurah sudirèng aprang | marêbut rok lan nagri Maospait | mila kinêpak sêdarum | pasisir măncanagra | eca lagya agunêman patihipun | Dyan Arya Jayapuspita | kêsaru dutendran[58] prapti ||
15. Dyan Arya Sêsimping sarya | mundhi surat miyak sagunging nangkil | dipati Tuban agupuh | têdhak sing kursènira | kalih gêpah dhodhok Dyan Sêsimping muwus | ki răngga tampi timbalan | kêng pangèstu prabu dèwi ||
16. dhumawuha jêngandika | lawan malih nata paring sastradi | gêpah tampi matur nuwun | riwusnya tata lênggah | gya binuka nuwala udayèng têmbung | paman pangèstu manira | dhatênga paman dipati ||
17. sampune kadya punika | wiyos ulun paman asung udani | Menakjingga madêg ratu | saha nglamar maringwang | pan kinarya pêpucuk băndayuda rug | ing mangke sumăngga ingwang | pasrah nagri Maospait ||
18. sintên ingkang mapag ing prang | kêlamun ta dede paman dipati | mngong[59] darmi jumênêng ratu | paman ingkêng kawogan | sukrêring[60] rat [ra...]
--- 23 ---
[...t] rêrêntênging praja ayu | manira sumăngga paman | wus titi ungêling tulis ||
19. brêmantya Dipati Tuban | wêdana brit sumyak lir wora-wari | jajanya manglatu-latu | kadya blêdhos winulat | cingak sagung pra menak para tumênggung | goyang dènira lêlênggah | pan sarwi ngusapi rawis ||
20. sinamur mêksa kawêntar | sasrêmutên salira mulu gêtih | surat ingidrêkên[61] sampun | gênti manukmèng driya | warna-warna pra menak para tumênggung | sawênèh mijil kang waspa | sawênèh kêng waja gathik ||
21. nging tan kawêdharing sabda | pating krêkuh samya angajab jurit | sigra lêluwaran sampun | sarta ubaya mangkat | Radyan Jayapuspita suwarèng wadu | prajurit wong dulang mangap | kêlawan wong jadhipati ||
22. tanapi wadya tamtama | sarawisa sadhiya ing ajurit | Ki Rănggalawe wus kondur | tansah kêkanthèn asta | lan Dyan Arya Sêsimping aruntung-runtung | bisik-binisik sumrasah | adu sêmu pasang lungit ||
23. gya pinarak ing pêndhapa | sang dipati lan Dyan Arya Sêsimping | ing purwa wusananipun | andangu mring dyan arya | amangsuli ing saniskara wus katur | manggut Ki Răngga ing Tuban | tan mawi mangsuli ing ling ||
24. wus mijil punang tadhahan | binggêl bot lor kampuh lan ali-ali | paningsêt calana sampun | tinampèn mring dyan arya | tandya ngunjuk dhasar kang dhêdharan rawuh | kêmbul boja kalihira | kang ngladosi para sêlir ||
25. miwah kang para bêdhaya | ragi nata surya bisika minging | kang gêndhis lukat binarung | rêbab suling mangraras | sang dipati dènira dhahar ajunun | sabên-sabên katamuan | wong agung miwah dipati ||
26. mangkana yèn anunggata | mila sami sêdaya ajrih asih | rèrèhane para ratu | sêdene pra dipatya | para menak ambêk darma among tuwuh | miwah tamuwan pandhita | têlatèn gunêm sêmèdi ||
27. sawusira kêmbul buja | Dyan Sêsimping sinung wangsulan gyamit | mêsat saha bala daud | lampahe gêgancangan | aprayitna dyan arya sawadyanipun | kunêng gênti kawarnaa | sang adipati ing Tubin ||
28. nimbali sêntananira | kasalira pamomonge dyan kalih | awasta Ki Dêmang Gathul | sêpuh cucuting sêbda | praptèng ngarsa kang putra kinèn nênungkul | dhatêng wana pagrogolan | dhasar têtumpon wus lami ||
29. Dêmang Gathul sampun [sa...]
--- 24 ---
[...mpun] mêsat | radyan kalih ngaturan mring wanadri | mangkat lan panakawan wus | asikêp towok kantar | panah pasrê[62] suligi sawadyanipun | dhasar sami rênanira | dyan kalih nêdhêng birahi ||
30. cêngkrama sangsam andaka | kêbo danu siniwo sing turanggi | wulanging rama wus rampung | radyan wus kêlampahan | wasis ulah turăngga manandêr mamprung | onclang manumbak anggêbang | cupiting wêweka ngênting ||
31. tuwin yèn asikêp panah | myang sênjata tuhu yèn angênèni | sêdene ing dharatipun | rikat rampit trêngginas | tau ngijèn banthèng minungsuh wan suduk | lumpatira kadi kilat | yèn ngancap angrêspatèni ||
32. anuduk sarya amilar | mila klangkung rênanira ing galih | panglulanging rama langkung | rampung lesan sêbarang | main pêdhang atanapi ngulah ganjur | wus laju mring pagrogolan | mêgatruh kang anèng wuri ||
8. Mêgatruh
1. wus sadintên sêdalu dènnya ngimur kung | sira sang dipati Tubin | mriyêmbada para arum | ginantyan pênawunging sih | tuhu baud asmarèng ron ||
2. nanging garwa pêpusrêring[63] tyas kang kantun | dènnya andhatêngkên ing sih | ing mangke sang dyah ingimur | Rêtna Dèwi Banowati | gêpah sinambut jinêm ngron ||
3. lah kantuna gusti mêmanising arum | pun kakang apamit jurit | minta sih dika mas ingsun | mapak wong sura sinêkti | widibya wrating palugon ||
4. tan tumama ing braja tapaking palu | gorendra sisaning kikir | sèwu tan roro kang purun | mring pun Menakjingga yayi | mung ingsun purun silih rok ||
5. yènta dhasar angsal pangèstu sang ingrum | sarta tampi sihing gusti | têlênging pinujèng kayun | ya tansah mindêl wong kuning | baya pun kakang rinêngon ||
6. yayi apa suwadine duka mringsun | pun kakang atadhah runtik | suka sinêrêng ing lulut | ginanjara ing jinêm mrik | mangèstu pada sumaos ||
7. nadyan akèh kêng para maru rèningsun | tanapi kang para sêlir | nora paja-paja masku | sajrahing ngangin ngèmprêri[64] | lan dika guruning sinom ||
8. Wilutama ing syarga pan rêbut pasmun | tandhinga ruming mêmanis | yayi tan măntra mèmprê[65] kung | sagunging kang widadari | pantês nyênyèthi mor mawong ||
9. mung andika gusti kang asih mring kakung | kang ngratoni ing wêwangi | musthikaning arum-arum | pun adipati ing Tubin [Tu...]
--- 25 ---
[...bin] | sinihan dening sukmanon ||
10. pinaringan garwa têtungguling patut | sêsasotyaning luwês manis |[66] kumaraning widasantun | pinuja ing Yyang Pramèsthi | tumitis dadi mas ingong ||
11. ciptaningsun mring yayi dika wong ayu | angabdi-abdi sayêkti | tan kraos krama rèningsun | ing ariloka mas gusti | pun kakang malawijangron ||
12. lamun cidra têtêngrêrana[67] saumur | ing ariloka mas yayi | tagihên ngarsèng dewagung | gusti yèn ginalih lamis | pun kakang tumamèng pangkon ||
13. pangèstulun ing agêsang amung catur | kang dhingin Yyang Sukmanadi | kapindho dyah ratu ayu | kaping tri sira wong kuning | baku titising krahayon ||
14. lawan ciptaningsun mring kang mrih rahayu | kang mupangati nèng bumi | puniku jangkêpnya catur | ewasamono mas yayi | pêpêt-pêpêting tyas ingong ||
15. amung sira kang gumarit ing sir suwung | suwunge yayi nglimputi | kang ana wujud dewangrum | kang pawor jroning sêmèdi | mung dika sang kumarèngron ||
16. sang dyah dangu ingimur anèng jinêmrum | pinangku nèng kasur sari | sêmang driya kapirangu | kawlasên sabdaning laki | nambang liring aturnya lon ||
17. gusti sang dipati nuwun nuwun sampun | kapundhi sihing akrami | wrating tyas tinilar pupuh | ulun datan sagêd kari | mênang tiwas ing palugon ||
18. ulun tumut yèn layon tunggil campurung | yèn unggul kula ngladosi | mawongan madyaning pupuh | suka sang kakung namur sih | mangras binarung sêbdalon ||
19. nora kaya nah anggèr kang gêtir juruh | kasuwun kapundhi-pundhi | kasuksmana wrêdayèngkung | wong ayu trêsna ing laki | dadyarsa milwèng palugon ||
20. yêkti rikuh cèwèng pamêlênging mungsuh | măngsa kobrêra[68] ngladosi | nak anggèr mring dika masku | baya durung babak busik | wadyagung sun têkèng layon ||
21. sing labête pangèstu puja mantranus | sun tan ngetang baya pati | katongton manising pasmun | èsême gumarit ati | kepyan ingrêring palugon ||
22. nora liwat gusti kang asawang santun | mung sihira kêng kaèsthi | dhuh gusti lunturna masku | kang dadya jimating jurit | sun cipta jroning palugon ||
23. dèn prêcaya yayi gèningsun prang pupuh | yèn rinusak ing
--- 26 ---
dewadi | nora pilih marganipun | tan kêna dèn pêpalangi | andhap tiwasing palugon ||
24. wus pinêsthi ing janji tan bisa wurung | yèn rinêksyèng ing sukmadi | sapa bisa ngrusak mring sun | yèn kinarya unggul jurit | sapa klar mungsuh maring ngong ||
25. balik yayi lindhungêna mring dewagung | sapangrèh darma nglakoni | myang andhap ungguling pupuh | dudu pakaryaning jalmi | atas karsaning sukmanon ||
26. sang dyah kèndêl luhura sêbdaning kakung | nanging datansah rudatin | rèhnyarsa tinilar pupuh | ing kakung kapranan dêling | sinamun mucang sang sinom ||
27. sang dipati angrakêt ing jyala rungrum | ngladosi gantyaning rayi | aluwês sasolahipun | ngisêp-isêp mawang liring | lir brêmara mangusyèng ron ||
28. nyênyêt manis aluwês têmbunging kakung | mangranu pada ing sari | nak anggèr jimating ulun | musthikaning adi luwih | mung dika gusti sun êmong ||
29. wus sêdene yèn sira kêng ngakon wurung | pun kakang tan èstu jurit | prandene para tumênggung | pra menak para dipati | pêpak lir jalanidi rob ||
30. lawan bênrê[69] pamintanira mas ingsun | ulun kinèn wurung jurit | nanging wus karsaning ratu | ewasêmono mas yayi | wuruk-wuruk karsaningong ||
31. prabu rara pantês dhahara rah ingsun | sênadyan murungna jurit | pun kakang sayêkti sanggup | pirang bara têmbe yayi | namtokkên pramadoning ron ||
9. Dhandhanggula
1. sang dyah nyiwêl aturnya mikat sih | gêgawokan lamun darbe sêbda | iku tur lêlamis bae | mendah suraking mungsuh | yènta lamun wong agung Tubin | tan miyosi kêlagan | ngèsêman dewagung | prajurit anjayèng rana | mung cacade tan asih marang ing cèthi | nora nimbangi trêsna ||
2. kang sun têdha ing siyang myang latri | sun bêbuntar nèng panoning kănca | aja pisah lan dhèwèke | nanging tan pinilaur | cinampahan ngrubêdi jurit | sang kakung rêsêp mulat | mèsêm mangusyèng glung | gumuywa binarung sêbda | nahing anggèr kang ora-ora ginalih | mendah yèn mêngkonoa ||
3. nora liwat gusti wong akuning | ginaliha utamaning yuda | lir wong sêmèdi ciptane | ing pandêngan pan anrus | pêndadaran Suksmana luwih | tan kêna silir cipta | dhompo wawasipun | sêdene yèn têkèng ajal | keron budi kurang utamaning [u...]
--- 27 ---
[...tamaning] pati | cinêla ing Sukmana ||
4. bènèh lamun pati kêng patitis | trus ing tingal têkèng kawisiksan | agung langgêng kasyardane | marma mirah rèningsun | dipun pasrah kang murbèng bumi | kang gêlar isèning rat | tan liwat wong ayu | amung ta sih dika sêbda | sun karyane nah anggèr sangu ngajurit | minangka tumbaling prang ||
5. sang dyah mengo ngêsêb nambang liring | anoragèng lumèngsèr sing pangkyan | winor ing sêm sêpdane |[70] bok sampun sang binagus | mriyêmbada dhatêng kang cèthi | apa tan bosên mana | wong wis padha sêpuh | bok têpung sanak kewala | nora isin putrane têtiga sami | tur padha wis diwasa ||
6. sang dipati dêlingnya amanis | nahing anggèr duk pêngrasan ingwang | nanging bènèh lan yêktine | Sêkati putraningsun | kakang sari pantêsing adhi | mas mirah marang sira | pinasthi dewagung | gêsang dèn tumêkèng lena | ngariloka wong roro manggung don rêsmi | mêmanoning asmara ||
7. yèn sun andulu mring dika gusti | lir dukanya durunging diwasa | lami sayembah lêng ngêse | duk putra siji wuwuh | mêmanise saya nusuli | pêputra kalih wêwah | ingungsi sumrah rum | pêputra tiga mas mirah | kumaraning luwês mêsês mulêting sih | ngumpul mring banowatya ||
8. srining buwana srining mêmanis | pasrangkara myang srining sêsăngka | ngumpul marang dika kabèh | srining kasyargan pitu | srining widadari wus ênting | ngumpul mring banowatya | gusti mirah ingsun | midrêring[71] rat tanpa sama | sumrahnyarum gandhange angrêspatèni | ngêbêki nagri Tuban ||
9. kêmanisên Rêtna Banowati | sinunggun-sunggun pinudèng tilam | cêngêng lênglêng ing driyane | lir sarah munggèng ranu | wus rumojong karsaning laki | wimbuh ing kadrêsanan | ginunturan madu | winayang susela brăngta | amartani ing rêsmi rêsmyarsèng ing sih | sih arsèng tama sêbda ||
10. tan kacatur kang anèng jinêm mrik | dumugi dènnya apulang raras | enjing gumêntar syarane | têngara umyang gumruh | kang kêndhang gong wor tambur muni | salomprètira raras | têtêgnya lir kêtug | sumahak kêng balakusya | pra dipati menak răngga lan ngabèi | anglur anèng paseban ||
11. sajuru-juru sagunging dasih | neka-neka [neka-ne...]
--- 28 ---
[...ka] dinulu asinang | kumlap têtunggul ayune | ngobar-abir ngênguwung | kang bandera kêkăndha asri | supênuh wadyèng Tuban | maglar ngalun-alun | Dyan Patih Jayapuspita | matah-matah mêminta lakuning baris | ya ta sang adipatya ||
12. wus angrasuk kêpraboning jurit | sang dipati pinrak ing pêndhapa | kinubêng para garwane | Banowati sang ayu | lir mintuna kêlawan mimi | dahat tan kêna bênggang | sang dipati baut | nglêlipur ing paribrăngta | rêbut manis pra garwa kêng para sêlir | sinêmbramèng ing sêbda ||
13. putranira Dyah Rêtna Sêkati | tansah rinangkul dhatêng kang rama | winawang-wangwang citrane | lir sunggingan winangun | kraosing tyas dipati Tubin | apan kadya sinêndhal | kang putra ingimur | dhasar gungan ing la-êla | saha garwa putra myang kêng para sêlir | riwusnya nukmèng pada ||
14. angandika risang adipati | dhatêng garwa Rêtna Banowatya | wis yayi kantuna anggèr | poma sapungkuringsun | putranira manira titip | alya nganti ruditya | atmanira têlu | lare luwih gunganira | dene ingsun titipna mring Suksmadi |[72] dèn sami jurung mulya ||
15. alon mangkat risang adipati | ginarêbêg para garwanira | putrèstri bondhèt koncane | kanthèn asta amungguh | lawan garwa Sang Banowati | kandhêg ing paregolan | Ki Răngga nêbdarum | lan kantuna mirahingwang | nahing anggèr pun kakang amagut jurit | sun minta jampi brăngta ||
16. sang dyah mucang mulung sangking lathi | tinarimèng waja sang dipatya | mangras mangrangkul garwane | kadya kupu atarung | dangu dènnya amêgat ing sih | sêdaya ngêmu waspa | sagung para arum | ya ta lajêng lumêksana | sang dipati wus pinrak ing păncaniti | aglar ingkang sumewa ||
17. menak răngga lan para dipati | kinèn mangkat saha balakusya | budhal tinêmbang gêndhinge | kalataka[73] jumêgur | kadi grêrah syaraning jalmi | lir sulung mêdal enjang | èbêg wra supênuh | tan kaliru prênahira | wijah-wijah masêlur magolong pipis | makupu-kupu atap ||
18. ya sranggunitaning kakusya sri | tan jrak bajra prakatha kadya grah | sumahab patya wèsthine | yan saraning mawatub | perang-perang winulat kadi | tarunaning udaya | kang mangsaning catur | kang dadya
--- 29 ---
cucuking lampah | Krêtagnyana ing Jipang sumambung wuri | Tohpati ing Lamongan ||
19. Sawunggaling Garêsik nambungi | gya sumundhul Arya Purbarana | Sidayu ya ta wurine | Sănggalangit Tumênggung | ing Balora ingkang nambungi | Nglasêm Menak Prêmuja | sumundul ing pungkur | Menak Slingsingan ing Dêmak | sinambungan Menak Widuri ing Pathi | tandya wadya ing Tuban ||
20. sarawisa araning prajurit | sèwu asikêp biring sunapan | sinambungan ing wurine | dulang mangap păncatus | sikêp karbin ingkang sêpalih | sêpalih towok kantar | dhadhap lawan tulup | sinamungan[74] wong tantraman | satus samya winaron sikêp jêmparing | jamang mas kinartipa ||
21. wuri pisan ingkang amêkasi | kawan dasa prajurit ingaran | wong Jodhipati andêl tos | dharat asikêp ganjur | gagah gagah prakosyèng jurit | brêngos godhèk plawangan | gêng-agêng kaluhur | rampèk polèng kuluk cabang | abêbadhong kotangnya baludru langking | rinenda nut dondoman ||
22. dhuwungira sami cara Bali | tau tate mêndat |[75] pinetar tètèr amèntèr | tate samya ingadu | banthèng danu ingijèn sami | sawancine digdaya | jalmi catur puluh | tau mangrêmpak warastra | ganjur biring upacara anambungi | asri yèn tiningalan ||
23. lante kêndhaga bawat tanapi | kuthuk lawan kêkacu ajajar | lantaran lawan kandile | pan samya munggèng ngayun- | nira wau sang adipati | kering kanan sêntana | miwah magrêsantun[76] | syaraning bala gumrêrah | nulya tindakira risang adipati | mêgêg anumpak durma ||
10. Durma
1. kang minăngka pamugarining ngalaga | sira sang adipati | mêgêp nitih kuda | dhawuk ran sariyuda | pinênganggyan abra rukmi | solah wiraga | asongsong mliyo kuning ||
2. yèn sinawang lir sasrabahu mangsah prang | makutha bra rêtnadi | murub kang ujwala | kênyar liringe netra | merang yyang pratănggapati | kinare wadya | saya minuni sari ||
3. udanira andhungan pan anèng ngarsa | aran pun sangupati | ulêse dhawuk bang | nate ingabên aprang | gulang gulang amrêrapit | Dipati Tuban [Tu...]
--- 30 ---
[...ban] | kadya binayangkari ||
4. ginarêbêg pra mantri tuwin sêntana | asongsong warni-warni | lir krêndha manglayang | abên busana raras | pirang-pirang kêng kosya sri | rahadèn patya | Jayapuspita pêkik ||
5. amêkasing ing wuri amangku wadya | ngirit kalih bupati | Binarong Grobogan | Ngyarum Găndamêstaka | pratistha rahadèn patih | nitih turăngga | aran pun layar warih ||
6. sinongsongan dyan arya maliyo jingga | jamang mas winarja sri | ginarudhèng wuntat | arundhing ganggêng kentar | sêmbada dêdêg rêspati | jênar brêranyak | lir sahadewa jurit ||
7. sampun daud sêdaya prawiraning prang | yang yang sela blakithi | wardu ăngga sasra | mawukir guntur abra | tanjrak kumilating rawi | singgunging sara | lir pendah kilat thathit ||
8. rindik-rindik gunastra manggănda raras | tunggul kêkăntha asri | lêlayu bandera | yang yang lêngkawa teja | sangking mandrawa kaèksi | kêng balakusya | lir jalanidi ngalih ||
9. asri tinon busana mawarna-warna | kêng kuning samya kuning | amrok tiningalan | lir podhang sèwu abang | samya bang sinang lir agni | kêng samya seta | lir kuntul nêbèng rawi ||
10. wulung galong[77] lir mêndhung ngêmu ludira | kang ijo ijo asri | lir bèthèt sayuta | biru wor biru samya | lir mêndhung tumibèng siti | wênèh kêng samya | mênganggo sora sari ||
11. lir manyura rêraton langking sinawang | galong pra sami langking | lir dhandhang sayuta | tuhu maneka-neka | lir sêkar sêtaman asri | untabing bala | lir guntur sèwu ardi ||
12. mêne gênti ucapên Sri Urubêsma | ri sêdhêngnya tinangkil | para raja-raja | nararya para menak | kêlawan para dipati | kêng sinangsraya | dêmang răngga ngabèi ||
13. para dhaèng para andêl para lurah | tinon mawarni-warni | ana lir rasêksa | wênèh pindha andaka | ana kadi gajah srênggi | wênèh lir macan | barong dèn bêbasahi ||
14. kang sawênèh pinangku jêjinggotira | brêngos sacirak sisih | godhèk wok talingan | simbar lir bêbarongan | busana mawarni-warni | wênèh makutha | kêncana kang pinardi ||
15. kang sawênèh trêpong pindha kumala |[78] praba mangringih-ringih [mangringih-ri...]
--- 31 ---
[...ngih] | dinulu lir parang | têbah jaja asinang | bêbadhong sawanci-wanci | kadya kumba mas | têkês mawarni-warni ||
16. jamang sungsun-sinungsun abra asinang | sawênèh udhêng gilik | sêpupu gêngira | rinenda ing kêncana | sêsumping mawarni-warni | wênèh kêncana | rineka surèngpati ||
17. kang sawênèh pindha sêkar kanigara | wênèh gajah manguling | satêngah sumping mas | reka pudhak satêgal | sawênèh ingkang sêsumping | masêkar-sêkar | gêgodhongan wanadri ||
18. kang sawênèh rinangkêp ingkang curiga | katiga carabali | angracak sêdaya | ukiranya kêncana | rineka mawarni-warni | ingkang satêngah | sagolèk gêng ngajrihi ||
19. mangah-mangah lir dauta lambung kiwa | wênèh nyuriga bindi | kang sawênèh pêdhang | panjang sadhêpa ngayang | ana ingkang gendhong karbin | kalung bêdhama | wênèh kadi pinandhi ||
20. ana ingkang rambute pinara tiga | cinakot kêng sasisih | prajurit bêlabar | aran wong golo gothang | bajo barang kanan kering | wong gathudara | jurang gathu nisihi ||
21. macan ambal caruk dhênggung sura rayah | miwah wong cukil manik | rujak polo lawan | sura bêthot mêlatar | samya ugungan ing gusti | sawênang-wênang | gunging wong ngajap jurit ||
22. Prabu Bêsma dumugi sinewagara | kasukanira ngênting | giyak andrawina | kêsaru praptanira | Katbuta Kotbuta patih | asigra-sigra | miyak sagunging nangkil ||
23. kagyat mulat sang nata duk praptanira | duta patih nèng ngarsi | lah kapriye bapa | sun kon mring Majalêngka | angaturkên surat mami | mring sotyaning rat | dhenok wong anjukining ||
24. kang kaèmpi ing siyang dalu katingal | ratu mas Majapahit | kang akarya rimang | wèh edan karungrungan | kang gawe bingunging ati | katiga dawa | kêsêl angêluk gigir ||
25. age arsa ngêmban ratu Majalêngka | matura bapa patih | apa karanira | dene tan gawa sastra | wêwangsul sing prabu dèwi | Kotbuta nêmbah | gusti tan angsal kardi ||
26. surat dalê[79] wus katur mring prabu rara | dene kang nukmèng tulis | sêntanane nata | wanodyayu utama | aran Dèwi Rarasati | wusananira | srat sinêbit-sêbit |[80]|
27. apan ngantya
--- 32 ---
prabu dèwi lêluwaran | ulun tan dèn wangsuli | dhatêng prabu rara | wusana Layangseta | mangsuli pêpucuk jurit | apêksa lancang | ngungkurakên ing gusti ||
11. Pangkur
1. ya ta risang Urubêsma | duk miyarsa aturira kya patih | sakêlangkung dukanipun | idêp mangada-ada | wêdana brit wor suh kithal kêng pamuwus | wus pinêsthi ing juwata | tan kêna ginawe bêcik ||
2. nêgara ing Majalêngka | nora wurung sun karya karang babrit[81] | dene angrêgêdi dhêngkul | kang aran Layangseta | ambêg sura mangajap dadining pupuh | êndhasa sèwu sênajan | rupaa buta sakêthi ||
3. ingkang aran Layangseta | sun tan ulap dene kêpati-pati | mangindhakkên suraningsun | padene Rarasatya | kumalancang manêbit nuwalaningsun | lumuh bosên ing agêsang | si binantang gege pati ||
4. yènta si sêsotyaning rat | mokal lamun nampika mring wak mami | tan ana ginawe ayu | lamun tan arsa mring wang | Angkatbuta Kotbuta nêmbah umatur | ngrêrês tuwanku Sri Bêsma | apan adatnya ing nguni ||
5. yèn siniwi prabu kênya | dèrèng nate pukulun miyak samir | pan amung sapraptèng ulun | anglela miyak gubah | mancêr liring mring kawula sang aprabu | trêsăndha panggil kewala | dènira akarya sandi ||
6. Larasati Layangseta | kumapurun adigung kumasêkti | dene ta sang ratu ayu | katêmbe kula mulat | suwarnanya pun dasih tan sagêd munjuk | lir gambar jroning supêna | sajagad tan wontên kalih ||
7. Sri Bêsma kadya ingunggar | sigra kinèn nêmbang têngara jurit | kang wadya ingatag daud | gumêntar salang tunjang | nata lampah saha bala sakusya nung | pra dipati para menak | gumrêgut anata baris ||
8. kawarna Sang Prabu Bêsma | wus angrasuk kêpraboning ajurit | miwah garwa sêlir manggung | wus tata prajuritan | tandya miyos malih dhatêng tarub agung | sang nata sagarwanira | manggung myang kêng para sêlir ||
9. majêmur têngara gumrak | kang kêndhang gong têtêg mawanti-wanti | sênjata maryêm jumêgur | pracina mangkat ing prang | mawurahan gora rèh syara gumuruh | bodhol sêkala sumahab | Sri Bêsma manitih èsthi ||
10. Seta galaknya kagila- | gila têngran pun palwaga ngajrihi | songsong lar manyura sungsun | pratistha Sang Sri Bêsma | agêmira pusaka bindi amungguh | tan [ta...]
--- 33 ---
[...n] pisah anèng matêngga | para garwa manggung sêlir ||
11. kawan dasa anèng ngarsa | warna-warna wahananira sami | ana kang nitih crêrumpung | wênèh joli jêmpana | kang satêmah pêdhati wahananipun | wênèh grêbong ya ta ingkang | têtiga kang pramèsyari ||
12. pan samya nitih dipăngga | kêng pawongan parêkan para cèthi | anitih kuda sêdarum | samarga gêgancangan | Sang Sri Bêsma asangêt parentahipun | pacuwan wong murang dalan | miwah wong rèrèn nèng margi ||
13. wadyabala ing Blambangan | lampahira lir ladhu gunung Bêlis | lir sulung kadrêsan jawuh | umèb[82] mangambak-ambak | wêndran yutan maalas magunung-gunung | têmpur atêmah rêratan | jurang miwah kali-kali ||
14. kèdêk kèlês ing kusyala | sagungira wadya mănca dipati | nagri Lumajang kapungkur | sêdalu rêrêp marga | enjing budhal ing Prabalingga wus rawuh | kawarna dipati Daha | Pasêdhahan dènnya baris ||
15. sampun amiyarsa warta | Menakjingga ing Prabalingga prapti | enjing têngara gumêntur | sumrêp kang bala budhal | mapak ing prang tan ana kêng ngucap takut | ya ta Sang Sri Urubêsma | nèng Prabalingga sêlatri ||
16. enjing wus budhal sumêdya | rêrêp anèng Pasêdhahan nêgari | saha bala sakusya nung | makêthèn-kêthèn yutan | wong bang wetan mangarap-arap supênuh | lêlakon sêpalih dina | gya têmpur kang punang baris ||
17. dêdamêl ing Majalêngka | manrod giyak saha ambendrong bêdhil | gègèr wong bang wetan kuwur | kagyat kinêpruk ing prang | bilulungan jinêjêl sangking ing pungkur | wong Majalêngka mangidak | wong wetan kathah ngêmasi ||
18. pra menak para dipatya | langkung duka ngawaki ing ajurit | mangêtab turăngga mamprung | singa katrajang bubar | kathah pêjah wong Maospait pan kisruh | bubrah tataning payudan | para menak Maospait ||
19. ngawaki kuwêl padha las | angrok kèkèt pêdhang-pinêdhang gênti | sawênèh suduk-sinuduk | wênèh tumbak-tinumbak | para menak pra dipati Majalangu | kinaro tiniga kapat | tan ana kang nguciwani ||
20. manungkêp wadya ing Daha | Sang Sindura ngamuk mangowak-awik | gumêntar kêng kalaganjur | surak lir langit rêbah | kalataka mariyêm lir gunung guntur | sang dipati saya nêngah | singa kêng tinrajang gusis ||
--- 34 ---
21. pra dipati ing bang wetan | kathah pêjah linimpung myang binindi | dipati Bangil wus lampus | Menak Calunthang pêjah | Menak Wiladaka ing Gêmbong wus lampus | pênatasing ron wus pêjah | bubrah wong wetan kêng baris ||
22. pra dipati Majalêngka | kalih ingkang kêsambut ing ajurit | Ngyajak Menak Angun-angun | Kalangbrèt Nilasraya | wus campuh wor tambuh rowang lawan mungsuh | têmah pêtêng magagapan | clèrèting mimis lir thathit ||
23. tan liyan swaraning paprangan |[83] namung sêbrak rêkatak ting carêngkling | kumrapyak gropak makêpruk | pating krêkuh wong brana | ing payudan atêmah sêgara marus | kapalang drês ingkang jawah | cuwa kêsaput ing wêngi ||
24. wus mundur kang bandayuda | Sang Sri Bêsma langkung duka tan sipi | wadyanya tumpês manglarut | ginêtak ing ayuda | pra dipati pra menak kathah kang lampus | wus mundur ing Prabalingga | anggagap samargi-margi ||
25. malih ingkang kawarnaa | adipati ing Daha nata baris | anggêgrê[84] anggajah watu | rêrêp anèng Ngajangan | tan kawarna ing latri enjing wus daud | mangangsêg mring Prabalingga | datan kawarna ing margi ||
26. wus prapta kikising kitha | wadya Daha kumrab ngabong-abongi | Sri Urubêsma kawuwus | sêklangkung dukanira | gya parentah pra menak para tumênggung | kinèn sami ngantêp yuda | sarya ngawaki ngajurit ||
27. gya budhal sabalanira | wong bang wetan krêrig tan ana kari | kadya wukir sèwu guntur | rumambak ing ra-ara | pirang-pirang magênggêng datanpa etung | umèb supênuh bêlabar | lir jalanidi mangalih ||
28. dêdamêl ing Majalêngka | saya cêlak bêbahak urut margi | saksana parêng andulu | mring dêdamêl bang wetan | adipati ing Daha ngabani wadu | kêng kala ganjur tinêmbang | têngara majêmur atri ||
29. wong saradula nrêrajang | para menak manurung saha dasih | mangêdrèl surak gumuruh | baris ing bang wetan |[85] tadhah angrok rinok binrêrêk[86] mapangguh | tur sami sudaranira | tan ana angeman pati ||
30. dhasar samya warêk dana | tuwuk dadar myang lèlèr sihing gusti | tan ana angucap takut | sênjata wus kawuntat | gumrêrabyak tumbak-tinumbak makêpruk | kulewang tarung lan pêdhang | gêbrag-ginêbrag ing tamsir ||
31. ing payudan [payuda...]
--- 35 ---
[...n] sêgara rah | watang bangke sarah kêpala jisim | lumut bandera lêlayu | parang-parang turangga | liman pênuh muksyale sundawa têdhuh | kang yuda gagap ginagap | ting brêkuh syaraning kanin ||
32. dhêdhêl ngarsa wuri ngidak | ting salêbrak syaraning kêng mangungkih | wong saradula asêngkut | lawan Bugis Madura | kuwêl kèkèt pan kadya gêmak atarung | wênèh manakot manêkak | manuduk awanti-wanti ||
33. acangklèt wong Pranaraga | mambêng bali bandhung kuwêl kadya glis | maputrê[87] mangkrak manuduk | anglir sulung tumangan | tumpês ngarsa ing wuri ngidak manubruk | maglut mapikut macuthat | ambandhol grènèng mawal kris ||
34. mangsah giwangkara nêngah | ngiwang-ngiwung mangamuk karo krêris | gya nrombol Menak Prêmangsul | dipati Pêkacangan | sru mangrênjah ing kuda kèkèt manaut | pêmatangira kaliwat | suduk-sinuduk sing wajik ||
35. kalih sami suranira | anrêrajang dipati ing Wêlèri | kinalih giwangkara wus | pêjah niba sing kuda | Ki Surănggapati ing Ngrawa mangamuk | Menak Pangsêng Pasuruan | tadhah akèkèt kang wajik ||
36. panumbakira kaliwat | Menak Pangsêng sinabêt wus ngêmasi | Surănggapati saya nglut | linambung sangking kanan | Menak Jaya Lêlana sampun mawêntus | ngêstul sinarêngan tumbak | dipati Ngrawa ngêmasi ||
37. Căndrakètu Endrajala | manrod mamuk singa tinrajang gusis | Sri Dewataka ing Bandhung | nadhahi Êndrajaya | rajèng Bali gung Walikrama manglambung | asikêp bindi nrêrajang | Căndrakètu anadhahi ||
38. trêngginas Sri Basutăntra | Căndrakètu sinabêt wus ngêmasi | Êndrajaya rajèng Bandhung | dangu pêdhang-pinêdhang | Dewa Jarumaka rajèng Bugis nêmpuh | sèlèh têgar narik pêdhang | Êndrajaya dèn larihi ||
39. nora titis pinêdhangan | saya dangu rêmpun ngêmasi |[88] dipati Daha kawuwus | sampun ajêng-ajêngan | lawan rajèng Madura dènira pupuh | kalihnya anitih liman | acangklèt kang punang èsthi ||
40. asikêp lawung nênggala | rame jojoh jinojoh nora osik | ngrangkêp gada bindi nêmpuh | tan ana kang kuciwa | kalih sami widigbya sudirèng pupuh | lumumpat dipati Daha | angrasuk tunggil saèsthi [sa...]
--- 36 ---
[...èsthi] ||
12. Durma
1. tan gumingsir sira sang rajèng Madura | kèkèt luhuring èsthi | agada-ginada | tan ana kang kuciwa | risang Sindura dipati | Sri Baudhêndha | samya èbêg ing galih ||
2. buwang gada mawa glut dhêngkah-dhinêngkah | kêpalaning kang èsthi | dhinêngkul wus rêmak | gya rêbah kapisanan | sarêng lumumpat sang kalih | tumibèng kisma | angisar gada bindi ||
3. umyang gumrah suraking mungsuh lan rowang | kadya ngrubuhnya langit | gong maguru găngsa | têtêg kaya butula | kêng kala ganjur mêlingi | para dipatya | para raja nungkêbi ||
4. Adipati Sindura kèsisan bala | kinarubut ing bêdhil | sinasok ing watang | suligi kadya udan | sang dipati nora osik | singa rinêmpak | mawur tan măngga pulih ||
5. anrêrajang malih risang Baudhêndha | pinupuh sang dipati | nanging tan wigatya | kalih wus guwang gada | dhasok-dhinasok[89] tan kongkih | sêndhal-sinêndhal | tarik-tinarik gênti ||
6. para raja mudhun sing turangga liman | ngêmbuli sang dipati | ana sikêp barga | sawênèh limpung kunta | wênèh gora piling gadhing | datan rinasa | ing Sindura dipati ||
7. maksih kèkèt cêcêpêngan ikêt pinggang | lan Sang Madura aji | astanira kanan | ingkang kiwa manglawan | singa cinandhak tininggil | binuncang kentas | rêmuk luluh ngêmasi ||
8. singa ingkang mangrasuk dhinupak pêjah | Menak Sopal ngêmasi | dhinêngkul muka crah | ya ta Sri Baudhêndha | duk ginggang sigra ingungkil | binuwang kentas | Jaya Lêlana aglis ||
9. numbak sangking kiwa rinêbut wus kêna | watang atugêl kalih | Dyan Jaya Lêlana | kinisar anèng tawang | sinabêtakên tumuli | dening prêbatang | luluh wus angêmasi ||
10. Sri Dewagung Walikrama sigra mangsah | ngrasuk goco kêtampin | curiga rinêbat | binuwang sampun kentas | maputrê mawa glut tunggil | sigra binuwang | kentas sang rajèng Bali ||
11. Sira Menak Caluring nuduk katampan | kinisar nèng wiyati | Caluring kinarya | mamuk mamupuh lawan | wus bubrah tataning baris | amawurahan | menak raja ngunduri ||
12. Sang Sindura wus kawuron ing ngayuda | singa sinêrang gusis | Kotbuta umapag | mangrênjah kuda galak | pamêdhangira tan titis |
--- 37 ---
kuda dhinupak | rêmak wus angêmasi ||
13. tibèng kisma Kotbuta ngrasuk binuwang | Angkatbuta ngingrêri | sing wuri manrajang | mêdhang sampun kêtampan | binuwang kentas lir mimis | Sri Urubêsma | dukanira tan sipi ||
14. sigra mangsah ginarbêg wadya sêliran | sarya anitih èsthi | seta pun palwaga | wong galagothang arsa | bajobarang kanan kering | wong gathudara | juranggathu nisihi ||
15. Macan Ambal Caruk Dhênggung Surarayah | miwah wong Cukil Manik | Rujakpolo lawan | Surabêthot sumahab | asikêp ganthol cêmpuling | grêrènèng canggah | pêpênthung lan suligi ||
16. wong ing Daha wus kumpul malih barisnya | sasisaning kang mati | nusul mring dipatya | sarya nêmbang têngara | sumêdya mangantêp jurit | rêrêmponing prang | ya ta sang adipati ||
17. sarêng mulat Sri Bêsma umangsah ing prang | lêgèng tyas sang dipati | majêng mangsah dharat | gadanira kinisar | saha bala galong pipis | surak lir grêrah | kalaganjur munya sri ||
18. sarêng cêlak sira Sang Sri Urubêsma | sigra têdhak sing èsthi | wadya kinèn surak | rame têngara gumrah | salomprèt kakênthung bèri | bêndhe sauran | têtêg mawanti-wanti ||
19. Sênsayenggar[90] sira dipati Sindura | dhasar agêng ainggil | asinggah wiraga | sigra ing tindakira | kadya anggobahna bumi | amandhi dhêndha | ebat kêng aningali ||
20. amakutha jamang sungsun pinaraba | remanya pinara tri | atêngbah mênggala | tinon lir Jayajrata[91] | Sri Urubêsma sru angling | lah ta Sindura | sun eman mapag jurit ||
21. nora wurung sira tumêka ing pêjah | dudu lawanmu jurit | angur anututa | sira nora palastra | besuk yèn ingsun wus panggih | lan prabu rara | sira sun gawe bêcik ||
22. lawan ingsun têtêpakên anèng Daha | lan sun wuwuhi linggih | Kalangbrèt Trêsana | Trênggalèk lan ing Rawa | lawan sun trimaning putri | nyunyah Mrêtisa | lawan picis sakêthi ||
23. adipati ing Daha sarêng miyarsa | talingan lir sinêbit | akras sêbdanira | ora Si Menakjingga | tan kêna ginawe bêcik | tan duwe ala | Maha Brawijayadi ||
24. sira dadak balela amurang krama | pêksa angrata bumi | yèn maksih Sindura | alya[92] agirang gumya | kêplok tangan banting sikil | tan wurung sira | rêmuk katiban bindi ||
25. gumyalatah [gumyala...]
--- 38 ---
[...tah] sira Sang Sri Urubêsma | ambapang sarwi angling | mara Sindu mara | tibakna bindènira | Kotbuta Sang Adipati | krura mawa glap | kumrêkèt waja gathik ||
26. punang dhêndha tinimblasakên buntala | bungkar kang punang bumi | anggrêro lumumpat | Urubêsma jinangkah | ginada mawanti-wanti | kêng gada rêmak | kurdhanira tan sipi ||
27. gya rinasuk Sri Bêsma sigra kinisar | sinabêtakên aglis | ing watu kumlasa | ajur kêng punang sela | sênsaya krura mawêngis | manaut rema | Bêsma tinubruk aglis ||
28. sinabêtkên prabatang ajur kang wrêksa | risang Daha Dipati | klangkung bêk sarosa | mangrik mangrah ruhara | kumutug mawulat agni | ambêdhol sigra | waringin gya tininggil ||
29. wong ing Daha alok mati mati sira | surak gumêntur asri | makubêng sumahab | wong Daha lan wong wetan | Sri Bêsma bapang mabêlik | dhapur mathingkrak | bêksa anolèh wuri ||
13. Pangkur
1. bêkuh mabutênging manah | sang dipati giro andrês waspangrik | magarot bau sumiyut | lumumpat ngisar[93] gurda | kadya baubajra[94] kêng gadhong[95] mawêdrug | sinabêt Sang Urubêsmi |[96] angglêpung punang waringin ||
2. gumrah suraking wong wetan | kênthung bèri syaranira mêlingi | risang Sindura mawêdrug | bêkuh Bêsma cinandhak | putrê cangklèt ambêg sarosa kumutug | rinaruwuk Sang Sri Bêsma | dhinêkah mangungkil wanti ||
3. kinisar kumbul kêtampan | sinabêtkên ing wrêsa[97] nora osik | dhinupak kontal tinubruk | winangkris dhuwung rêmak | kèdêg kèlês ingukêl wanti ginuntus | cape astane dipatya | sêkala angêmu gêtih ||
4. kinipat kontal lir balang | Urubêsma tibèng siti kuwalik | sakêlangkung dukanipun | nyandhak bindi pusaka | wêsi kuning ingikal kinisar wêtu | dahana mangarab-arab | Sri Bêsma asru dènnyangling ||
5. hèh Adipati Sindura | lah pilihên urip kêlawan pati | dene ta kêlangkung-langkung | bêk sura digung ing prang | Sang Dipati Sindura nauri wuwus | iya sun pêlaur pêjah | mulih kawisiksan mami ||
6. untapna mring ariloka | ingsun nusul Maha Brawijaya ji | lah ta payo-payo gupuh | tibakna bindènira | sang dipati gya mêgat napas wor pamruh | lan dewane Yyang Wisiksa |[98]
--- 39 ---
Sri Bêsma nrêrajang aglis ||
7. sidhakêp risang Sindura | nora lawan binindi kêng pok kuping | kapisanan lumêstantun | seda anèng kêlagan | sasisaning pati wong Daha mangamuk | sawênèh ngrêbat kunarpa | layoning sang adipati ||
8. gêpah winrating turăngga | wus binêkta lumayya[99] dening dasih | lumêbêt jroning wanagung | wong wetan wus katilap | marêbut rok wong Daha sarêng gumulung | Ki Kêbo Gêdhah umangsah | labuh pan sarya anangis ||
9. para sêntona[100] karuna | samya labuh mangamuk karo krêris | wong galagothang mangêbyuk | wong juranggathu panggah | macan nambak rujakpolo daragathu | caruk dhêgung surarayah | Surabêthot ngrubut jurit ||
10. Ki Kêbo Gêdhah magalak | wong Blambangan akèh wonge kang mati | Angkatbuta sigra nêmpuh | Kotbuta ngingtrê[101] wuntat | Kêbo Gêdhah kinalihan dènnya pupuh | pinêdhangan sampun pêjah | pra sêntana para mantri ||
11. kinarubut sampun gêmpang | kang kusyalit larut tan măngga pulih | Katbuta Kotbuta manglud | sarowangnya mangrêmpak | Urubêsma kondur masanggrahan sampun | saha bala sakusyala | ya ta gênti kang winarni ||
12. nguni Kumitir lan Seta | nuwun mangsah mêthuk Sang Urubêsmi | ngirit wong sajro sêdarum | lan menak kêpatihan | sampun prapta pasêdhahan gunêm rêmbug | lawan Madiun Dipatya | kincang menak balaruci ||
13. gêlar gajah têpèng sara | Jagaraga Ki Menak Brajamusthi | ing Kartasana Kêlungkung | Sarêngat Bagaspatra | angulari nênggih pakewuhing laku | paran yayi dayanira | si paman Sindura uwis ||
14. anglanggar mring Prabalingga | kari gawe nêmu sisa ing jurit | Layangkumitir umatur | kakang mas Layangseta | tan suwawi ulun nusul mring apupuh | kados dede wong prawira | amomor nunggil pakardi ||
15. asae bawa priyăngga | kantênane benjing paman dipati | andhap ungguling apupuh | yèn marêngi kangkang[102] mas | paman Kartasana priyogi ingutus | lan yayi mas ing Sarêngat | pun kakang ing Saosragi ||
16. angaturna kang nuwala | nênggih dhatêng Daha paman dipati | nantun kêsagahanipun | yèn kêdah binantonan | kănca tiga wau lajêng amangêmbul | sarta inggal aputusan [aputusa...]
--- 40 ---
[...n] | mring kakang atur udani ||
17. sêdhêng panduka umangsah | ngirit kănca Madiun lan jro sami | tan ngèsêman jananipun | lamun paman dipatya | sinagahan priyăngga ingkang apupuh | yudane pun Menakjingga | apa gawe magut jurit ||
18. kănca tiga awangsula | ulun ajak baris ngriki priyogi | sêdhêng têbih cêlakipun | datan kontap ing mêngsah | tan kagêpok kanisthan lingsêming pupuh | jrê[103] paman Dipati Daha | cupêt nalar ing wêwadi ||
19. angandika Layang Seta | iya bênêr ing aturira yayi | paman Sindura abusuk | nora nganggo wêweka | tan ngawruhi anggah[104] ungguhe mring mungsuh | tan malipir kasujanan | sêksana akarya tulis ||
20. dhapur mring dipati Daha | sampun dadya Layangseta nêbdaris | lah paman Menak Kêlungkung | lan yayi Bagaspatra | lawan kakang Brajamusthi ingsun utus | anusul mring Prabalingga | angaturna surat mami ||
21. nuwala wusnya tinampan | Adipati Trêsona Saosragi | Srêngat mangkata sawadu | antara saonjotan | gya kapêthuk wong kang sangking kawon pupuh | saya sinêrang lampahnya | anulya kapêthuk malih ||
22. wong brana sapirang-pirang | tinupiksa sasolahing ajurit | umatur andhap kang pupuh | wadya ing Majalêngka | saya manrod lampahnya tandya kapêthuk | dêdamêl loroding aprang | saha tawan-tawan tangis ||
23. tinanya mangsuli tandya | Adipati Sindura wus ngêmasi | kasambut madyaning pupuh | pra dipati tumpêsan | para menak dêmang răngga sirna gêmpur | dèrèng dumugi têtanya | kêsaru wong wetan prapti ||
24. wong Trêsăna samya nulak | wong Sarêngat Saosragi mangisis | kathah pêjah rinaruwuk | kang mlayu nandhang brana | pra dipati angawaki ing apupuh | ngêtap kuda ngêmbat watang | singa kang sinêrang mati ||
25. kêkênthung bèri gumrêrah | surak awor lawan krutuging bêdhil | Kotbuta mingrê manapuk | Angkatbuta mangrêmpak | Bagaspatra ingindhih sêkala têmpuh | silih rok bêbang ginêbang | Menak Kalungkung nulungi ||
26. Kotbuta nrombol manumbak | tatas têrus Menak Klungkung ngêmasi | mangrêmbat wong juranggathu | nigas mêstakanira | Bagaspatra agiras sigra lumayu | Menak Brajamusthi panggah | kinarubut [kinaru...]
--- 41 ---
[...but] cêmpuling |[105]|
27. kudanya ginanthol rêbah | Brajamusthi cinandhak dèn kêmbuli | pinikut pusara sampun | rinusak dhinèdhèlan | kari ngadêg mung cêlana ingkang kantun | Bagaspatra wus binêdhag | wong Surarayah nadhahi ||
28. Buta Kotbuta mangrêmpak | galagothang rukdhênggung cukilmanik | gathudara juranggathu | wong bajobarang ngrayah | Surabêthot Rujakpolo sru mangêbyuk | ngêdrèl nyêmpuling manyanggah | grêrènèng nurung mênthungi ||
29. kinarubut ing akathah | Adipati Srêngat numbak manitir | wong Caruk Dhênggung gumulung | mamrêm mamuk mangrêmpak | Bagaspatra kudanya rêbah wus lampus | pangamukira adharat | watang rinêbut wus kêni ||
30. cinanggah dening wong kathah | wus pinikut sarta dipun dhèdhèli | wong gathudara arusuh | apan sawênang-wênang | jinogètkên sarta tinimblis ing pênthung | sinurak agiyak-giyak | babêstan kalih dipati ||
31. ngaturkên mring Prabalingga | Angkatbuta Kotbuta manglut sami | sakancanira manglarug | prapta ing Pasuruan | ngabong-abong anjêjarah ngrayah mikut | Dyan Kumitir Layangseta | gugup tyasnya sang kalih |[106]|
32. datansah abilulungan | wăngsa ing jro bubar larut kang baris | Buta Kotbuta wus rawuh | sabala sakusyala | ngobrak-abrik amêdhang numbak manuduk | nyêmpuling masrê[107] manyanggah | kênthung bèrinya tinitir ||
33. wong Majalêngka sumêbar | asasaran tanbuh ingkang dèn ungsi | pra mantri kathah kapikut | Kumitir Layangseta | kêkadhalan aniba tangi lumayu | anjrunthul turut jêjurang | Menak Madiun kawarni ||
34. sira Gajah Têpèngsara | Balaruci kêpanggih mêmpên sami | arakit sawadyanipun | anèng sajroning wana | labêtira kabrukan wong Majalangu | dhasare nora pitaya | tinindhihan radyan kalih ||
35. mila ing manah sumêlang | rangu-rangu dènnya nglabuhi jurit | Seta Kumitir wus pangguh | lan Gajah Têpèngsara | Balaruci kudanya kalih pinundhut | syandana sami pamêjah | asêndhêt dipati kalih ||
36. dènira mangsuli sêbda | sinaosan liyan agêming jurit | Layangseta langkung bêndu | ngundhat mangundhamana | Dyan Kumitir manarik curiga gupuh |
--- 42 ---
kuda kalih cinuriga | kapisanan wus ngêmasi ||
37. kurda gajah têpèng sara | Balaruci wadyane dèn kêjèpi | gya giyak ngêdrèl gumrudug | dyan kalih nêbas-nêbas | pinêtakan pêlayune nusup-nusup | dipati kalih wus rêmbag | ngumpul mring Katbuta patih ||
38. anulya minta putusan | kajinêman kêkalih tur upêksi | mring Buta Kotbuta sampun | panggih punang utusan | awotsêkar kya patih ulun ingutus | dening Gajah Têpèngsara | Gêgêlang lan Balaruci ||
39. ing kinandhang saha sêmbah | yèn ing mangke gusti kula dipati | datan eca manahipun | suwitèng Majalêngka | sêdya biluk angabdi jêng sang pukulun | narendra ing Bêlambangan | yèn parêng lawan kya patih ||
14. Asmaradana
1. kêsmaran[108] sarêng miyarsi | Ki Patih Buta Katbuta | lah ta utusan dèn age | aturana gustènira[109] | luwih rumojong ingwang | biluk marang jênêng ingsun | kang punang duta umêsat ||
2. prapta aturnya wus titi | dipati kalih gya mangkat | wus prapta sasolahnyanor | ki patih ngrêsêpi sêbda | sami sêtya sumêtya | miwah janji toging pupuh | ki patih wus tur uninga ||
3. mring gusti Sang Urubêsmi | ya ta ri sêdhêng kawarna | ing Prabalingga sang rajèng | datansah sinewagara | nayub lan para nata | dipati menak tumênggung | pra dhaèng lan para răngga ||
4. dhasar mêntas mênang jurit | gumuntur syaraning gumrah | ya ta kêsaru praptane | utusanira dipatya | lêlurah kajinêman | Udan Prahara ranipun | lawan pun Barat Katiga ||
5. mangah-mangah wêdana brit | lir sêkar wora-wari bang | kanyina yèn angsal gawe | wus titi saaturira | anyaoskên trêsăndha | kêpala menak kêlangkung | lawan ngaturkên bêbêstan ||
6. Jagaraga Brajamusthi | ing Sarêngat Bagaspatra | Sri Bêsma pangandikane | lah yayi mas ing Madura | kadya paraning karsa | Sri Baudhêndha umatur | dewaji yèn pandukarsa ||
7. prayogi dipun têlasi | jamak wong tilasing aprang | amanggih pati têmahe | lamun ajriha ing pêjah | ing nguni punapaa | tan têluk dèrèng ing pupuh | angêdohi tindak nistha ||
8. Sang Prabu Bêsma lingnyaris | lêrês yayi mas Madura | nêdha pinêjahan age | ya ta sampun [sampu...]
--- 43 ---
[...n] kêlampahan | tinunuh ing akathah | tinigas murdanira wus | Brajamusthi Bagaspatra ||
9. gya wontên utusan malih | sing patih Buta Katbuta | atur uninga sang rajèng | ing măngka rêkyana patya | wus ngancik padhêkahan | Seta Kumitir wus pangguh | nanging oncat sing barisan ||
10. mawut sawadya magusis | lan malih atur uninga | dipati Madiun karo | aran Gajah Têpèngsara | kithanira Gêgêlang | lawan malih wêstanipun | Balaruci ing Kinandhang ||
11. têluk dhatêng kyana patih | tan mawi krêrana aprang | laju kinandhi ing mangke | baris anèng Pasêdhahan | lawan miyarsa warta | Rănggalawe badhe rawuh | ing Tuban sabala tăntra ||
12. sapasisir măncanagri | Sri Bêsma kêlangkung suka | kang duta tinulak age | sarta paring mimis obat | mring Madiun dipatya | sarta makutha lan dhuwung | kampuh tênapi cêlana ||
13. miwah inuman ngajurit | brandhuwin arak wêragang | tan winarna ing lampahe | gêntya ingkang kawarnaa | ing Tuban sang dipatya | sakănca wadya nung-anung | prapta ing Bangil nêgara ||
14. wus tarub kawula alit | têluk mring dipati Tuban | ya ta duk sarêng praptane | pra dipati para menak | răngga lan sinangsraya | akumpul dhahar makêmbul | kang gêndhing munya mangraras ||
15. anginum dhasar wrêradin | ya ta sawusnya luwaran | sowang-sowang mring kuwone | kêsaru Dyan Layangseta | Kumitir gurewalan | manangis sumungkêm suku | angling sang dipati Tuban ||
16. putraningsun radyan kalih | sampun amănca udrasa | paran purwa wusanane | umatur Dyan Layangseta | dhapur ulun dinuta | ing maha sang umarèng rum | kinèn nindhihi panduka ||
17. minăngka tingale gusti | anjênêngi yèn tuwan prang | nging lami ngantosi ingong | paman dhumatêng panduka | kalungsèn datan prapta | ulun nganti sarya magut | andhêsêg mring Prabalingga ||
18. botên nyata botên ngimpi | para menak kêpatihan | ing manah wus mirong kabèh | kaid lan wong Bêlambangan | anèng ngarsa manulak | ambanggèl ngêpruk ing pupuh | kawula kasoran ing prang ||
19. wăngsa ing jro mawur gusis | kèlês karoban ing mêngsah | wantu wong Madiun [Madiu...]
--- 44 ---
[...n] kabèh | ing Kartasana Sarêngat | ing Saosragi lawan | Kotbuta Katbuta manggut[110] | ulun karobaning lawan ||
20. kêsangsang ing ganjur lungit | wong Majalêngka sumêbar | mila kawula lumèngsèr | yèn enggal paman praptaa | kados tan ngantos tiwas | sang dipati mèsêm muwus | anak lêrês jêngandika ||
21. Dyan Seta umatur malih | paman Dipati Sindura | ing mangke wus têkèng layon | tumpês ing sabala tăntra | awit para dipatya | ambalik nulak manapuk | punika tiwase paman ||
22. wimbuh pun Kotbuta patih | Katbuta samya mangrêmpak | paman kalantur yudane | pitambêt cidra ing aprang | têmahan kenging gêlar | kagyat sang dipati ngungun | wusana arum ngandika ||
23. baya karsaning suksmadi | kakang mas dipati Daha | kêsambut madyèng palugon | tansah kumêmbêng kang waspa | matur Dyan Layangseta | wong wetan ing mangke manglud | baris anèng Pasêdhahan ||
24. wangsul paman adipati | ing mangke karsa panduka | kadi pundi ing palugon | nêgari ing Majalêngka | panduka kêng kawogan | timbalannya sang dyah prabu | ulun kinèn dados tingal ||
25. anggêp panduka ngajurit | tênapi kang pra dipatya | para menak sêkathahe | ulun sumăngga ing tuwan | mênggah dadosing aprang | tanapi sirnaning mungsuh | prabu rara wus pitaya ||
26. dumugi agunêm kawis | sang adipati ing Tuban | ing dalu tan winiraos | enjing budhal saha bala | nglanggar mring Pasêdhahan | kadya gunung alêlaku | lir samodra rob bêlabar ||
27. lir sêkar sêtaman asri | sinang lir gunung pawaka | èbêg mandrawa pênuh wor | sotyampayana kumilat | jatha mangarab-arab | kang hru sêsêg-sêsêg gêntur | gora rèh mangrah ruhara ||
28. têtunggul kêkăntha asri | lêlayu lawan bandera | teja wangkawa pindhane | kuwung kawawang ing tawang | lir obar-abir sinang | nagri ing Bangil kapungkur | lir pêksi andon kunarpa ||
15. Dhandhanggula
1. sira Buta Katbuta winarni | Balaruci Gajah Têpèngsara | gunêm rèhirèng palugon | rêmbug kang baris mundur | sawetane ing Kalicacing | mancal sing Pasêdhahan | saha bala daut | dinugi [di...]
--- 45 ---
[...nugi] tan bangkat karya | wus binabot abot boboting ajurit | risang dipati Tuban ||
2. datan wêgah prakosyaning jurit | nora wang-wang sêkti kadigdayan | ingkang dadya pakeringe | dènnya maglarkên wadu | saha dasih sakănca mantri | menak răngga dipatya | mèstuti tyas kêmbul | raharja sura wêweka | bisa ngadu ing bala tăntra mamrêsih | sumbaga Jayèngrana ||
3. nora wurung pakewuh dènnya mrih | ayêm ginasah waskithèng gêlar | ngarah-arah pakewuhe | patitis ing apupuh | pilih gêlar atandhing jurit | jrê Buta Angkatbuta | wus tau padha wruh | gya badhol[111] ngunduri lampah | macak baris sawetane Kalicacing | mangongkang ing hèrnawa ||
4. biting kapang amidrê miranti | sinêla-sêla ing kalataka | sarta minta bantu age | mring gusti sang aprabu | Urubêsma krêrig bantoni | dhaut[112] sing Prabalingga | sabalakusya nung | pabarisan amêltar |[113] biting rompoh anèng sawetaning kali | mariyêmnya pinasang ||
5. malih warnanên dipati Tubin | mangu sarêng praptèng Pasêdhahan | wong wetan sampun lumèngsèr | dadya lêrêp sadalu | sang dipati sêksana enjing | budhal sabakusya |[114] lumrang wra supênuh | lir jalanidhi lumembak | rênggèng sarabusana lir surya sangking | ngudayagiri Bêsma ||
6. sampun prapta sakilèn bênawi | baris aglar tata pabitingan | pinasang kalatakane | sinang abra supênuh | lir mahendra sêkar mangalih | sonar yyang arka merang | gêbyar-gêbyar santun | pating karênyêp sumirat | prênadèng rat sênsaya minuni sari | nanging tan nglanjak ing prang ||
7. atanapi wong wetan kêng baris | datan purun mêdali ing aprang | eca nèng jro bitingane | tansah samya anayub | asauran kang gêndhing muni | surak ambata rêbah | agênti gumuntur | sadintên sadalu pisan | tan ana prang kang gêndhing munya mangrangin | mawêntar kawiragan ||
8. lamun dalu sumuk mring ngyiyati[115] | tatorira wadyèng pabarisan | ngakasa gumêrah tinon | mega-mega manglayung | lir rahina padhanging siti | myang jalma ngambil tirta | mring kali [ka...]
--- 46 ---
[...li] masêlur | sumilak obor sumêbar | mubyar-mubyar munggah mudhun mring bênawi | wimbuh srinya winulat ||
9. dungkap kalih dintên kalih latri | datan ana mêtoni ing aprang | rèrèh padha pêngarahe | miranti siyang dalu | sagunging kang para dipati | ngumpul makuwon Tuban | drawina manayub | mêntarakên kawiragan | kasêntikan abêksa rinakit-rakit | gêndhing munya mangraras ||
10. wênèh bêksa rinakit wong jurit | kang sawênèh bêksa rangin dhadhap | bêksa kêmbang myang jêbênge | wênèh abêksa gambuh | wênèh bêksa manginum larih | ngêdhasih punang sênggak | lokira gumuruh | kang kêplok ambal-ambalan | sang dipati tansah mèsêm aningali | nyêngaja sukaning lyan ||
11. ingkang dadya gawoking ningali | lamun bêksa Arya Purybarana[116] | lan Krêtagnyana sisihe | rèh gora-godha digung | aprakosya ngobahna bumi | Kumitir Layangseta | bêksanira baud | bêsus rarasing irama | sapêngadêg sasolah pawor lan gêndhing | dadya pangeram-eram ||
12. ya Yang Utara Warasăngka mrih | ri sêdhêngira mangrêpa [mangrê...]
--- 47 ---
[...pa] ing dyah | urut lan solah netyane | radyan patih amungguh | sisih lawan Menak Widuri | ing Pathi kadya kêmbar | solah wiraga nrus | tan kêbatang asung rimang | mung sêdhêpe prawira amrak atèni | lir Nakula Sêdewa ||
13. lyaning para menak pra dipati | samya dawêk tan ana kuciwa | Ki Rănggalawe duk anon | mèsêm suka ing kalbu | tandya dhahar minum wêradin | ngênting dènnya kêsukan | Sri Bêsma kawuwus | magiyak amawurahan | Urubêsma acucut dènnya mangibing | mangèbyèng kasêntikan ||
14. slomprèt kênthung bèrinya tan kari | wadya kinèn bêkik asauran | têka dadi pêpantêse | sawênèh para ratu | ingkang gêndhing Acarabali | wênèh bala gumêntar | wênèh slomprèt tambur | sawênèh rêbab biola | sasukanira wusnya mangêmbul bukti | minum aprajanjeyan ||
15. para dhaèng para răngga sami | para menak tinodhi ing aprang | Malangsumirang ature | sumbar-sumbar gumuruh | lir gapyuka padha sawêngi | miwah kang para lurah | tansah ngajap pupuh | Maharaja Bêsma sru suka |[117] gathudara juranggathu dèn kilèni | miwah wong galagothang ||
16. bajobarang rujakpolo manik | carukdhênggung myang wong surarayah | gumrêrah kêsaguhane | wênèh ana bêngkilung | miwah padha rowang cangklèt brik | kèkèt makuwêl krêrah | macaruk gumulung | putrê-maputrê kakinak |
--- 48 ---
pèngêl mangkral datan kawarna ing latri | ngênting durma kasukan ||
16. Durma
1. kawarnaa sira Radyan Layangseta | enjing nyêpêng wong Bugis | nuju pêkathiknya | Sri Dewa Jarumaka | kupingnya pinrung sasisih | cinukur mrapat | gya kinalungan tulis ||
2. dhapur dhatêng rajèng Bugis Jarumaka | surat pênantang jurit | sêksana wus prapta | ngarsane Jarumaka | kagyat sarêng aningali | wêngis sêbda kras | surat binuka aglis ||
3. ijêmannya pèngêt ingsun Layangseta | kang angsal sihing gusti | turing kang minăngka | pramugari ngalaga | praptoa[118] mring rajèng Bugis | Sri Jarumaka | yèn padha wong linuwih ||
4. anabranga mring sakulone bêngawan | payo tandhing lan mami | yèn dhasar prawira | prajurit suramrata | eman jumênêng nrêpati | yèn tan puruna | angur nisila têki ||
5. jrê wong Bugis iku cocote lir luwak | tan patut awor jalmi | akuthuh tur mangkak | ngawula Menakalas | ratu jêjêmbrêri[119] bumi | tan wurung sira | dadi pasrahan pati ||
6. sampun putus ungêle punang nuwala | sigra ngabani dasih | Dewa Jarumaka | sabala sakusyala | bêngkêlung gêbyur bênawi | wong kawan nêmbang | mangrêmpak anèng warih ||
7. gamanira mung cundrik lawan kulewang | towok wargu cêmpuling | nglangi ting kurambang | Bugis sapirang-pirang | pinetaran sangking nginggil | akathah pêjah | prandene tan ngunduri ||
8. sampun nabrang mring sakuloning bêngawan | Jarumaka abêkik | sabala nrêrajang | mangrêmpak pabitingan | ingêdrèl nora manglèsi | nusup magalak | Layangseta anggêndring ||
9. amarêngi pabitingan ing Lamongan | lan bitingan Garêsik | rinêmpak wus bubrah | gègèrira puyêngan | kadya gabah dèn intêri | Sri Jarumaka | manon mangowak-awik ||
10. sigra mangsah Menak Tohpati Nglamongan | Sawunggaling Garêsik | dharat sikêp watang | sawadyanya kinêtap | gapyuk kèkèt silih ungkih | kuwêl sangkut prang | wong Bugis kadi bêlis ||
11. Jarumaka amuwuh mring Layangseta | hèh papagêna mami | payo Layangseta | padha wong suramrata | ngling sarya nyukit mapiling | mêncak macithat | nêpak lamêng-mêng [lamêng-...]
--- 49 ---
[...mêng] makitir |[120]|
12. Sawunggaling angucap mring Bugis Raja | adoh elok mangincih | mring Dyan Layangseta | payo nrajanga mring wang | sun kêmbari padha siji | Sri Jarumaka | ngikal lamêng mawêngis ||
13. mêncak milar manapuk ing kering kanan | singa tinêbak mati | maputrê nrêrajang | nglamêng sarya amilar | Sawunggaling anadhahi | landheyan patah | pêdhangira tinarik ||
14. nabêt langkah Sri Jarumaka malumpat | Tohpati anglarihi | tinangkis watang crah | rinukêt jaja bêncah | cinorok murda cinangking | abyuk mangrêmpak | wong Bugis galong pipis ||
15. Sawunggaling sampun katangkêb ing papan | kinrutug ing cêmpuling | rêbah gya tinigas | sirah kinarya onclang | sang adipati ing Tubin | duk amiyarsa | dukanira tan sipi ||
16. amarêngi Radèn Arya Purbarana | lawan rahadyan patih | nèng ngarsèng dipatya | kalih wus sigra-sigra | kêlawan wong Jadhipati | prapta ingajang | ngrêmpak rok silih ungkih ||
17. wadya Bugis nyêmpuling ginêbang kentas | nusub kacundhuk biring | amêncak tinumbak | milar-milar winatang | nadyan putunga kang biring | lamun ingancap | nadhahi mêdhang miring ||
18. kêngkat lampik akèkèt dugang-dinugang | manglut untir-inguntir | cinundrik tan tatas | wong Jadhipati panggah | winangkris Bugis kèh mati | rahadyan patya | kinrubut kalih katri ||
19. sinêkawan liniman dyan patih panggah | linamêngan tan osik | cinundrik pinêdhang | tansah wayang-wayangan | brêstha kawal tinampiling | pèngêl kalênggak | binithi crah kapicil ||
20. Purbarana kinêmbulan ing akathah | gêbang buntar manitir | singa maju pêjah | numbak cinuthat kentas | akathah laju pinandhi | bangke tumawang | dhupak manganan ngering ||
21. Jarumaka amêndhak pilar nrêrajang | tinadhahan ing biring | katulak manrajang | malih ginêbang kontal | mamuk mabutêng manangrik | miring lumumpad | sarya manangkis biring ||
22. gapyuk mocok ing griwa kuwêl magalak | Purbarana tan osik | mangungkil binuwang | gya dhawah ngering nganan | mêcok kêpala prajurit | matigas tatas | gapyuk wor kèkèt malih ||
23. lan Dipati Sêdayu Dyan Purbarana | wêntus lamêng mawal kris | mawa glut putrêran |
--- 50 ---
kalih sudirèng aprang | mangungkih bênggang tininggil | Sri Jarumaka | binuwang tibèng têbih ||
24. anututi Dyan Arya Dayapuspita | ngancap kêt pinggang muntir | kang rema mangikal | pinutrê anèng tawang | winuwung sang rajèng Bugis | dening curiga | salang tatas ngêmasi ||
25. wus gumulung pra menak para dipatya | mangrêmpak ing wong Bugis | manigar manumbak | ngêstul nuduk amêdhang | manah masrê anyêmpuling | mangglut manigas | saya kathah ngêmasi ||
26. wadya Bugis lir sulung lêbu tumangan | bangke sungsun matindhih | ingkang lagya nabrang | tinadhahan wong Jipang | Krêtagnyana numbak nitir | asarah bathang | bêngawan mili gêtih ||
27. wadyèng Bali anggêbyur aramon watang | wong Jipang ametari | bangke ting kurambang | ing wuri jêjêl nabrang | Katbuta Kotbuta patih | kadya kitiran | lawungnya ngampah jurit ||
28. rajèng Bali umangsah wus ingadhangan | mring Prabu Urubêsmi | wong wetan mêlatar | aglar anèng pinggiran | sampun sinapih kang jurit | ingkang wus nabrang | tumpês tan ana kari ||
29. sampun sami amakuwon pabitingan | sira Sang Urubêsmi | siniwèng pra raja | pra menak pra dipatya | para dhaèng para mantri | ya ta ngandika | mring sang Madura aji ||
30. yayi prabu paran prayogining lampah | pakewuh dènnya jurit | kalangan bêngawan | wadyakèh samya risak | tan kêna nrokos jurit |[121] kêlamun datan | linanggar tan nglawani ||
31. dèn antosna sacăndra măngsa lawana | paran rêmbage yayi | matur Sri Madura | dewaji yèn kawula | sae ginêbyuran sami | singa kang bêja | pasrah ing Yyang Suksmadi ||
32. rajèng Bali tinaria ta aturnya | yèn marêngi dewaji | yogi kinartêgan | nênggih ingkang bêngawan | ngong merang wandea jurit | mendah ta ingkang | pocapan ing sabumi ||
33. lamun datan dados ing rêmbag punika | suwawi milih malih | sabrangan kang kêna | cinacak dening kuda | nadyan campuh jroning kali | yèn têbih lawan | pabitingan kang lami ||
34. rajèng Kêling tinaria ta aturnya | ulun rêmên anganti | tan kenging inguntap | nadyan sasèn-sasèna | arjaning bala kêng pinrih | lan sampun ngantya | cuwa [cu...]
--- 51 ---
[...wa] karsèng nrêpati ||
35. yèn kinginga[122] tuwanku sampun kêmaga | amondhong prabu dèwi | ya ngrisakkên bala | tuwan yèn pandukarsa | Buta Katbuta tinari | kapriye bapa | prayoganing ajurit ||
36. sira Buta Katbuta matur wotsêkar | lamun suwawi gusti | baris ingunduran | dimèn wong kilèn nabrang | dhumatêng wetan bênawi | tuwan kondura | mring Prabalingga gusti ||
37. kang supados pun Rănggalawe ing Tuban | galak anêmpuh jurit | gampil tinadhahan | mila mangke tan nglanggar | ering mring panduka gusti | alit kang manah | manungsa Maospait ||
38. kang supados kinginga ginlaran ing prang | têmah ènthènging jurit | dipati ing Tuban | kêlamun dèrèng nabrang | ginêbrag ing rèh tan kongkih | ayêm ginasah | papanipun miranti ||
39. Sang Sri Bêsma sakêlangkung dukanira | manêntak sabda wêngis | langkung merang ingwang | ngantya mundur sajangkah | mendah ratu Maèspait[123] | mèsêm ing manah | dinugèngsun gumingsir ||
40. rèrèh têmah miranti srayaning aprang | kurang gugur Kumitir | kaya dudu lanang | wong agung Bêlambangan | wiguh mawigih ing pati | matur wotsêkar | Buta Katbuta patih ||
41. hèh prabuku pukulun ginalih wangwang | rêbut rok silih ungkih | nèng madyaning aprang | ulun mundur sajangkah | cacahên sabiting-biting | lamun kumêdhap | mingo sagadhong[124] pari ||
42. sinosoga ing ganjur biring mangatap | datan langkung dewaji | mung sagêd amangsah | rèh mungsuh ayêming prang | julig ing gêlar patitis | datan maganas | kewran tangkêbing dasih ||
43. para raja gumulung ngêmbul aturnya | Buta Katbuta patih | wus lilih Sri Bêsma | kundur mring Prabalingga | pra raja menak dipati | dhaèng myang răngga | daut sakusyanya tri ||
44. sira Buta Katbuta mundur sêksana | manglar atata baris | nèng kikising kitha | menak raja dipatya | sêpalih sampun rinakit | gênti kawarna | sri nataning ajurit ||
1 | Judul ini merupakan tambahan dari redaksi. (kembali) |
2 | Kurang lima suku kata: semestinya suku kata yang kurang ini ada di halaman yang hilang sebelumnya. (kembali) |
3 | Kurang enam gatra: ke-1 (10i), ke-2 (10a), ke-3 (8e), ke-4 (7u), ke-5 (9i), dan ke-6 (7a). Semestinya gatra yang kurang ini ada di halaman yang hilang sebelumnya. (kembali) |
4 | Kurang satu suku kata: èbêk supênuh ing Majalêngka. (kembali) |
5 | Layangkumitir. (kembali) |
6 | Wisesa. (kembali) |
7 | kêratone (dan di tempat lain). (kembali) |
8 | wana (dan di tempat lain). (kembali) |
9 | rinugmyabyor. (kembali) |
10 | Jonggringsalaka. (kembali) |
11 | Sumênêp. (kembali) |
12 | jumênêngnya. (kembali) |
13 | paramarta. (kembali) |
14 | Kurang satu suku kata: sarta asêgara gêtih. (kembali) |
15 | bêranyak (dan di tempat lain). (kembali) |
16 | nêrajang (dan di tempat lain). (kembali) |
17 | Kurang satu suku kata: ginitik tindak ing praja. (kembali) |
18 | tilawat. (kembali) |
19 | ngantih. (kembali) |
20 | gêrah (dan di tempat lain). (kembali) |
21 | Lebih satu suku kata: kawarnaa ing Blambangan. (kembali) |
22 | bangkit. (kembali) |
23 | pranyata. (kembali) |
24 | Kurang satu suku kata: ingakên sudara wèdi. (kembali) |
25 | manuksmèng (dan di tempat lain). (kembali) |
26 | Pamênggêr (dan di tempat lain). (kembali) |
27 | nadyan. (kembali) |
28 | jinatèn. (kembali) |
29 | Kurang satu suku kata: tansah sinêngap-sêngap. (kembali) |
30 | nglênggêr. (kembali) |
31 | Kurang satu suku kata: Sang Bêthara Basutăntra. (kembali) |
32 | paduka (dan di tempat lain). (kembali) |
33 | gregah. (kembali) |
34 | wong. (kembali) |
35 | pramèswari (dan di tempat lain). (kembali) |
36 | bodhol. (kembali) |
37 | kêrig (dan di tempat lain). (kembali) |
38 | nambang. (kembali) |
39 | rame. (kembali) |
40 | bêrêg-binêrêg. (kembali) |
41 | kêris (dan di tempat lain). (kembali) |
42 | tambuh (dan di tempat lain). (kembali) |
43 | magêrsari. (kembali) |
44 | sêsurat. (kembali) |
45 | ngingêr (dan di tempat lain). (kembali) |
46 | ngarsa. (kembali) |
47 | wardaya (dan di tempat lain). (kembali) |
48 | têrampil (dan di tempat lain). (kembali) |
49 | Kurang satu suku kata: sampun ngrakit lêmbingipun. (kembali) |
50 | Bisma (dan di tempat lain). (kembali) |
51 | angorok. (kembali) |
52 | gumêrah (dan di tempat lain). (kembali) |
53 | atêrantanan. (kembali) |
54 | binatang. (kembali) |
55 | Wajak (dan di tempat lain). (kembali) |
56 | Warung (dan di tempat lain). (kembali) |
57 | Dêmak. (kembali) |
58 | dutendra. (kembali) |
59 | ngong. (kembali) |
60 | sukêring (dan di tempat lain). (kembali) |
61 | ingidêrkên. (kembali) |
62 | pasêr (dan di tempat lain). (kembali) |
63 | pêpusêring (dan di tempat lain). (kembali) |
64 | ngèmpêri. (kembali) |
65 | mèmpêr (dan di tempat lain). (kembali) |
66 | Lebih satu suku kata: sêsotyaning luwês manis. (kembali) |
67 | têtêngêrana. (kembali) |
68 | kobêra (dan di tempat lain). (kembali) |
69 | bênêr (dan di tempat lain). (kembali) |
70 | Kurang satu suku kata: winor ing èsêm sêpdane. (kembali) |
71 | midêring (dan di tempat lain). (kembali) |
72 | Kurang satu suku kata: dene ingsun titipna mring Suksmanadi. (kembali) |
73 | kalantaka (dan di tempat lain). (kembali) |
74 | sinambungan. (kembali) |
75 | Kurang empat suku kata: yèn tinatah tau tate mêndat. (kembali) |
76 | magêrsantun. (kembali) |
77 | golong (dan di tempat lain). (kembali) |
78 | Kurang satu suku kata: kang sawênèh tarêpong pindha kumala. (kembali) |
79 | dalêm. (kembali) |
80 | Kurang satu suku kata: sêrat sinêbit-sêbit. (kembali) |
81 | abrit. (kembali) |
82 | umob (dan di tempat lain). (kembali) |
83 | Lebih satu suku kata: tan lyan swaraning paprangan. (kembali) |
84 | anggêgêr (dan di tempat lain). (kembali) |
85 | Kurang satu suku kata: barisan ing bang wetan. (kembali) |
86 | binêrêk. (kembali) |
87 | maputêr (dan di tempat lain). (kembali) |
88 | Kurang dua suku kata: saya dangu rêmpu sampun ngêmasi. (kembali) |
89 | dhosok-dhinasok. (kembali) |
90 | sansayenggar. (kembali) |
91 | Jayajatra. (kembali) |
92 | aywa. (kembali) |
93 | ngisor. (kembali) |
94 | bayubajra. (kembali) |
95 | godhong. (kembali) |
96 | Biasanya guru lagu a: Urubêsma. (kembali) |
97 | wrêksa. (kembali) |
98 | Wisesa (dan di tempat lain). (kembali) |
99 | lumaywa. (kembali) |
100 | sêntana (dan di tempat lain). (kembali) |
101 | ngintêr. (kembali) |
102 | kakang (dan di tempat lain). (kembali) |
103 | jêr (dan di tempat lain). (kembali) |
104 | unggah. (kembali) |
105 | Kurang satu suku kata: kinarubut cinêmpuling. (kembali) |
106 | Kurang satu suku kata: gugup tyasnya sang akalih. (kembali) |
107 | masêr (dan di tempat lain). (kembali) |
108 | kasmaran (dan di tempat lain). (kembali) |
109 | gustinira (dan di tempat lain). (kembali) |
110 | magut. (kembali) |
111 | bodhol. (kembali) |
112 | daut. (kembali) |
113 | Kurang satu suku kata: pabarisan amêlatar. (kembali) |
114 | Kurang satu suku kata: budhal sabalakusya. (kembali) |
115 | wiyati (dan di tempat lain). (kembali) |
116 | Purbarana. (kembali) |
117 | Lebih satu suku kata: Mahraja Bêsma sru suka. (kembali) |
118 | praptaa. (kembali) |
119 | jêjêmbêri (dan di tempat lain). (kembali) |
120 | Lebih satu suku kata: nêpak lamêng matitir. (kembali) |
121 | Kurang satu suku kata: tan kêna kinrokos jurit. (kembali) |
122 | kenginga (dan di tempat lain). (kembali) |
123 | Maospait. (kembali) |
124 | sagodhong. (kembali) |