Damarwulan, Puspawijaya, 1952, #1319

JudulCitra
Terakhir diubah: 17-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sêrat Pêthikan Cariyos Damarwulan[1]

1. Mêgatruh

1. gênti ingkang kawuwusa sang hyang wiku | kang palênggah ardi Manik | sinuji ing jawatagung | wus băngsa dewa tan pasthi | kèksi ing sasamining wong ||

2. raga suksma pan sampun wêngku- winêngku | tiningalan aningali | wignya amarna ing suwung | suwungira amimbuhi | sêkarèngira sih pamor ||

3. Sang Hyang Ruci brăngta ing kênyatanipun | atuwuk datanpa bukti | kawiryan sampun kagadhuh | tan karana apiyarsi | tan guling tanpa kalêson ||

4. ing sadhepokira tan pasthi kadulu | mujude kalawan êsir | sirna kamanungswannya wus | bisikanira sang yogi | Hyang Bathara Murti kaot ||

5. hyang bathara iya ing Sang Hyang Suwèndu | iya Hyang Srêngkaramanik | Hyang Tunggul Winênang iku | iya Hyang Kumadhagiri | hya Hyang Ciptamaya kaot ||

6. Hyang Sakăntha Hyang Ganaswara sang wiku | iya Sang Hyang Tunggulmanik | watak nawa sanga sampun | linênggahan ing sang yogi | ran paringing jawatanom ||

7. mila aran Bathara Murti sang wiku | angluhuri ing sakalir | mila ran Sang Hyang Suwèndu | awas karsaning Suksmadi | kang durung kênyatan ing wong ||

8. mila Hyang Srêngkaramanik kang jêjuluk |

--- 218 ---

langgêng wus mungkur sing pati | mila pêparab sang wiku | Hyang Tunggul Winênang dening | jinurung ing Hyang Suksmanon ||

9. malih Hyang Kumadhagiri kang jêjuluk | dene awrat kang dumadi | tan kungkulan kawruhipun | Hyang Ciptamaya wêwangi | wus wruh ing sakrêntêging wong ||

10. mila juluk Hyang Sakăntha sang awiku | lamun ningali ing wêngi | jumbuh lan rainanipun | tan padhang sing surya sasi | tan pêtêng kalingan ing gon ||

11. apêparab Ganaswara sang awiku | wruh caturing widadari | myang pra jawata sadarum | miwah jin prayangan pêri | kapyarsa ing sang kinaot ||

12. mila Tunggulmanik ingkang ajêjuluk | awas ing warna piningit | wruh kang samya băngsa alus | singa kinarsan kaèksi | ing sawantahira pasêmon ||[2]

13. sangkêp lan babahan nawa sanganipun | pêparabira sang yogi | têtêp-tinêtêp pan sampun | trima-tinariman ing sih | sanga nênsuning[3] dumados ||

14. wus ingulihkên mring kang akarya pandum | mila namanya sang yogi | pambêk ta kalaning timur | Maudara tan kawarni | ing rèh jisim wus kagêntos ||

15. pamujudnya lawan kanugrahanipun | ing mangke sang mahayogi | kacatur adarbe sunu | pêpujan [pêpuja...]

--- 219 ---

[...n] kalaning nguni | pêparinging Hyang Suksmanon ||

16. alantaran Hyang Sêmbana Mayang Guru | Hyang Kamajaya myang Ratih | ingkang pinuja binêsut | winujudkên warna kalih | Hyang Cakrakêmbang sakaron ||

17. upamane sari ingambil kang arum | sêkarnya Hyang Asmaradi | lan Ratih dening ruhipun | kinarsan pinuja dadi | ing atma endah sakaron ||

18. winadhahan ing kunthi tirta martarum | Hyang Putrakaneka Rêsi | iya Hyang Kaneka tumrun | maringakên punang kunthi | sawusnya binuka alon ||

19. kalih warna ingkang satunggal abagus | Tanpauna kang wêwangi | ya Hyang Kumajaya jumbuh | ingkang satunggal pawèstri | endah lan Ratih pan awor ||

20. Tanpauni anênggih ingkang rum-arum | sarining Hyang Kumasari | sarining sari pinrês kung | ing purwa atmajèng kalih | sajagad tanpantuk anon ||

21. dene Sang Hyang Kumajaya Ratih sampun | sinimpên anèng swargadi | apan kantun sêkaripun | arume sampun tumitis | anèng sang yogi ingêmong ||

22. Hyang Tanpauna Tanpauni sang ing rum | nanging ta tansah piningit | nèng sajroning kunthi cupu | pambabarira anganti | ing

--- 220 ---

jagad kang ponang lakon ||

23. pan ing mangke Hyang Sakăntha sang awiku | datan kapêtêngan galih | rèhning nagri Majalangu | sigra Hyang Narada prapti | lan Hyang Endra sabdanya lon ||

24. hèh ta babo mitraningsun sang awiku | prakara ing Majapait | atas karsaning dewagung | titahing Sang Prabu Dèwi | lagya kinarya lêlakon ||

25. lan sêbdène yogyanira Damarsantun | lagya kinarsan dewadi | anglakoni ing kaswayun | ing rèh bakal mutêr bumi | mila sinung karya abot ||

26. kang supaya kinarya sêsêpuhipun | ing sasêdyanira kaki | lir gluga sinusur santun | kawimbuhan ing mratapi- | nira atmanta sang anom ||

27. dhasar wijènira wus pinasthi ratu | amarentah nuswa Jawi | imbuh kang pujamăntra nrus | pamintanta ing Suksmadi | iya pawong sanak ingong ||

28. wimbungkungas tan ngluputi ing sakayun | nanging atmanta pribadi | misih kurang tapanipun | sayêkti anguciwani | awrat wong jumênêng katong ||

29. bênêr alusira wus pinasthi luhur | raga durung nêmbadani | akathah kuciwanipun | rèh padha rosane kaki | alus lan wadhag tan [ta...]

--- 221 ---

[...n] golong ||

30. kang sawênèh nugrahan kagowèng[4] alus | wênèh kapurba sing jisim | rong prakara pajunipun | dene kang kalêbèng jisim | ing nguni alusirasor ||

31. nanging wadhagira kang mratapa gêntur | akèh tapane kang jisim | ana tapa kurang turu | ana tapa kurang bukti | ana tapa mrih krahayon ||

32. yèn si dhasar têmên-têmên ing dewagung | aluse kapurbèng jisim | nadyan andhap sinung luhur | saking pamangsuding puji | sinung murahing Suksmanon ||

33. kang sawênèh wadhag pinurbèng ing alus | tur asor wujuding jisim | ing pangrèh datan rahayu | sing têmên-têmênnya luwih | alus minulyakkên kaot ||

34. sadurunge wus pinasthi băngsa luhur | kawasesa punang jisim | nugrahan pujining alus | sinung murahing Suksmadi | iku pawong sanaking wong ||

35. utamane babo titahing dewagung | nyawane nyawa kang luwih | tur pêpêsthèn băngsa luhur | jisime kang nêmbadani | tur warnanira kinaot ||

36. gêntur tapa sasolah ngrèh kang rahayu | wimbuh sinurung ing puji | utama puji kang wus wruh | awas ing kaanan jati | sumbaga palêmbaning[5] [palêmba...]

--- 222 ---

[...ning] wong ||

37. myang panggunggung sagung titah kang tumuwuh | tuwuhing rèh ngraharjani | lawan sing darajatipun | tumindak nugrahan jati | marma pawong sanak ingong ||

38. putradika Ki Damarwulan saklangkung | pinratapakên ing bumi | sawab gêgadhangan ratu | aja kawisisèng[6] budi | ing nyawa jisime golong ||

39. wadhag alus têrusa nugrahanipun | ywa karana dèn murahi | mulyaa lan tuhonipun | sêmbada lan kang pamuji | iya pawong sanak ingong ||

40. Hyang Suwèndu wotsêkar umatur nuwun | Hyang Panji Nrada ngling malih | babo-babo mitraningsun | karsane Sang Hyang Pramèsthi | pan ing mangke kita kinon ||

41. manjingakên Si Tanpauna dèn gupuh | mring atmanta Damarsasi | dene Tanpauni iku | panjingna mring Prabu Dèwi | ing Maospait kêdhaton ||

42. Hyang Srêngkara wotsêkar umatur nuwun | sapakon dasih mèstuti | latah Hyang Manikmaya wus | mêsat lan Hyang Endra sami | sri natanira gumantos ||

2. Sinom

1. ya ta sang tunggul ngasrama | wus marêm ing tyas mèstuti | mêsat dhatêng Majalêngka | gantya winursitèng kawi | sira Dyan Damarsasi | kinunjara lan sang

--- 223 ---

ing rum | Kusuma Anjasmara | kalangkung dènnya lulut sih | anujoni ing dina Anggara mulya ||

2. lingsir dalu wancènira | Dyan Săngka eca alinggih | kagyat duk kala tumingal | cumlorot saking wiyati | ujwala mindha sasi | praptèng jro kunjara lungguh | gandanya sumrik kongas | titise ing sapta swargi | Dyan Sasăngka mangrêpa nêmbramèng sabda ||

3. pukulun sintên kang prapta | amêrpêki ing kaswasih | arum dêlingnya sang prapta | iya kêkasih dewadi | sira tanya mring mami | Sang Hyang Tanpauna ingsun | titising Kumajaya | piturun saking swargadi | babo arsa manjing marang garbanira ||

4. umatur Dyan Damarwulan | paran gèn tuwan margani | lan ing pundi pêrnahira | amanggèn sajroning jisim | rèhning wus pênuh sami | kagungane Hyang Suksmagung | lan punapa kang marga | ing rèh samya darbe kardi | Tanpauna manabda ing lesanira ||

5. umatur Radyan Sasăngka | hyang pukulun lesan mami | rinowang nabda mring dewa | suksmana kang luwih adi | Hyang Tanpauna angling | saking netra marganingsun | umatur Dyan Sasăngka | pukulun netra ngong kalih | darbe karya

--- 224 ---

mulat ing kaanan tunggal ||

6. Hyang Tanpauna ngandika | iya kaki saking kuping | umatur Radyan Sasăngka | karnaningsun darbe kardi | myarsakkên swarèng bumi | tur swara saking dewagung | Hyang Tanpauna nabda | saking grananira kaki | Dyan Sasăngka umatur grana kawula ||

7. pan sampun adarbe karya | gănda pangwasaning Widi | tur ta dadya palawangan | napsu têtalining urip | Tanpauna lingnyaris | iya kaki saking êmbun | umatur Dyan Sasăngka | êmbun kawula sayêkti | panggenane ing budi kang luwih mulya ||

8. Hyang Tanpauna ngandika | iya saking pusêr kaki | umatur Radyan Sasăngka | pusêr kawula sayêkti | wus andarbèni kardi | nêggih pakumpulanipun | sagung kang samar-samar | kang alus sajroning jisim | anèng pusêr atas saking Hyang Wisesa ||

9. Hyang Tanpauna ngandika | saking jajanira kering | umatur Dyan Damarwulan | kang jaja kering sayêkti | pasênêtaning urip | kang urip lawan pangèstu | tur pangèstuning Suksma | prasasat [pra...]

--- 225 ---

[...sasat] Sang Hyang Suksmadi | angadhaton anèng soring susu kiwa ||

10. Hyang Tanpauna ngandika | yèn mangkono ingsun kaki | sira sun tunggu sing jaba | Dyan Săngka umatur aris | dadya datanpa kardi | tuwan arsa nitis mringsun | têmah wayang-wayangan | tanpawor sarosing urip | tanpa karya ngêmadhean sanès raga ||

11. ngandika Hyang Tanpauna | yèn mangkono Damarsasi | ingsun manjing guwa garba | awor lan alusmu kaki | dene margèngsun yêkti | iya sakaduganingsun | rèhingsun sipat samar | măngsa kewuhana margi | Dyan Sasăngka arum amangsuli sabda ||

12. inggih Sang Hyang Tanpauna | pukulun nuksmèng jro jisim | kadospundi esthanira | raga siji nyawa kalih | Tanpauna tan angling | Hyang Suwèndu tandya rawuh | ngintip jawi kunjara | amèsêm sang mahayêkti | myarsa dènnya umatur Dyan Damarwulan ||

13. dhatêng Sang Hyang Tanpauna | ya ta Sang Srênggaramanik | pinêsu kang pujamăntra | cinipta Dyan Damarsasi | saksana anglimputi | Hyang Dewa [De...]

--- 226 ---

[...wa] Ruci wus rawuh | mijil saking ing grana | kumutug raga tan kèksi | wus kagantyan ing mujude Ruci brăngta ||

14. Dyan Săngka sampun murcita | kalimputan dening ing sih | warăngka manjing curiga | curigane Dewa Ruci | Hyang Tanpauna aglis | ingatag dhatêng sang wiku | payo klayatan apa | Tanpauna dipun aglis | lah rasukên aluse Si Damarwulan ||

15. dènnya nabda sang pandhita | sinurung lawan sêmèdi | ginêlak sing pujamăntra | Sang Hyang Tanpauna aglis | ngrasuk mawor manitis | wimbuh kawimbuhan sampun | karo-karoning tunggal | lir kilang pamor lan manis | padha alus aluse tanpa wangênan ||

16. pamor ponang cipta rasa | rasane wus dadi siji | Tanpauna Ruci brăngta | kalimputan ing Suksmadi | ing yang[7] hyang dewa luwih | kang mêngku saliring suwung | suwunge wus kanyatan | ing aluse Damarsasi | alusira jumênêng kalawan wadhag ||

17. wadhagira Dyan Sasăngka | sangkane jumênêng urip | uripe tanpa kêrana | kêrana Dyan Damarsasi | kang nêmbah kang amuji | marang iya pujènipun | liya Dyan Damarwulan |

--- 227 ---

tan beda sagunging urip | namung kari kang isih kasrah kewala ||

18. mahawiku tandya muksa | ya ta Radyan Damarsasi | ragane wus paripurna | alusnya wus angrêsêpi | mujud kalawan jisim | ya ta sira sang binagus | cênging duk kalênglêngan | rumasuk kalawan ing sih | sumyar-sumyar kang cahya saya gumawang ||

19. kadya ta purnama wulan | sumyak manglela nêlahi | padhang sajroning kunjaran | kungas[8] kang gănda mimbuhi | asor jêbat kasturi | sarining Hyang Kumasantun | dewa mulya ing swarga | pinujwa ingkang wêwangi | wus karasuk ing Radyan Damarsasăngka ||

20. ya ta Rêtna Anjasmara | sadangonira aguling | sarêng nglilir kagyat mulat | padhang sajroning piranti | kasênênan cahyaning | rakanta Dyan Damarsantun | mêncorong kadya wulan | sêdhênge purnamasidik | tanpa gănda arume ngêbêki papan ||

21. ngungkuli wangining sêkar | ambar lan jêbat kasturi | kanyataan ruming swarga | saking sih nugrahan jati | sang dyah saya lulut sih | ing rakanta sang binagus | sang dyah tan nyipta krama | ing sama-samaning jalmi | anggêpira angabdya jawata mulya ||

22. sêbdene ni êmban inya | tanapi parêkan [pa...]

--- 228 ---

[...rêkan] kalih | kagyat mulat jro kunjara | anyana katiban sasi | saha gănda sumyak mrik | samya anjêngêr duk dulu | wêkasan suka ing tyas | rumaos badhe angsal sih | samya sukur ing Maha Hyang Suksmanăngsa ||

23. malih ingkang winurcita | maha sang narendra putri | kang tansah èsmu sungkawa | sare anèng măndragini | lami datanpa guling | lagya ing mangke sang ingrum | eca dènira nendra | pinêtêkan Rarasati | Prabu Rara amujung kampuhnya jingga ||

24. andungkap bangun raina | Rarasati datan guling | kagyat aningali cahya | lir wulan saking wiyati | kungas gănda nrus minging | angambar ambêtirarum | cumlorot tibèng jajan- | nira sang narendra putri | Prabu Rara amurub sariranira ||

25. kantar-kantar kang ujwala | mawulan jroning jinêm mrik | sumuk ing sadhatulaya | Rarasati anungkêmi | cêngêng lêlêng ningali | kanikmatan ing sumrah rum | kadya datanpa jiwa | kasor ingkang cahya adi | tandya wungu maha sang prabu wanodya ||

26. pêpungun carêm ing driya | driya kadriyan sumrah mik[9] | upama lêbu katiga | kasok kabêntèr ing rawi | kadya

--- 229 ---

katiban riris | siram-siram sing tawang rum | rumêsês kanikmatan | nikmating sih jawatadi | duk mawore Tanpauni lan alusnya ||

27. ketang sajroning supêna | lir samêloknya kaèksi | sukur ing Hyang Sukmanăngsa | karênan pinawor ing sih | matur Dyah Rarasati | duk mirsa kang cahya murub | cumlorot sing awiyat | tibèng jaja lir kabêsmi | manrus sumyak jinêmrum dadya pawaka ||

28. Prabu Rara angandika | sêjatine ingsun ngimpi | rinasuk ing widadarywa | aran Sang Dyah Tanpauni | sarining Dèwi Ratih | pinujwa dening dewagung | kinèn anitis maringwang |[10] sawuse pawor lan mami | rasa roro wus dadi karoning tunggal ||

29. yayi ing cipta manira | ingsun ya Ratih ing swargi | Tanpauni iya ingwang | Kêncanawungu ya mami | tur sinung gănda mami | kênyataan ing swargagung | kumaraning kayangan | Hyang Cakrakêmbang ing swargi | pustakane wus kagadhuh marang ingwang ||

30. iya ta măngsa bakala | nguni Hyang Kaneka Rêsi | ingutus Hyang Jagadnata | marna karsaning Suksmadi | baya mèh amêkasi | lêlakon ing Majalangu |

--- 230 ---

cahyane wus tumiba | kang bakal mangku rat Jawi | duk ing ariloka wus katanggon ingwang ||

31. ing sapta-sapta pan japma | yayi tan wurung kapanggih | pangajapan ingsun tawang | kang piningit ing dewadi | sêbdène sira yayi | baya pinêsthi dewagung | barêng mukti lan ingwang | anduwèni Majapait | nora bakal nglabuhi lêlakon ingwang ||

32. rèhning ta sira tumingal | praptèngsun saryambêktasih | nugraha jati wasesa | pan ing têmbe sira yayi | barêng lara lan mukti | Rarasati matur nuwun | ing tyas marwata suta | Rêtna Dèwi Rarasati | langkung dènnya kapencut ing madubrăngta ||

 


Judul berdasarkan pada daftar isi. (kembali)
Lebih satu suku kata: ing sawantahira pasmon. (kembali)
nêpsuning. (kembali)
kagawèng. (kembali)
panglêmbaning. (kembali)
kawisesèng. (kembali)
sang. (kembali)
kongas (dan di tempat lain). (kembali)
mrik. (kembali)
10 Lebih satu suku kata: kinèn nitis maringwang. (kembali)