Panji Marabangun, Anonim, tengahan abad ke-19, #1298 (Pupuh 01–21)
1. | Panji Marabangun, Anonim, tengahan abad ke-19, #1298 (Pupuh 01–21). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
2. | Panji Marabangun, Anonim, tengahan abad ke-19, #1298 (Pupuh 22–42). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Panji Marabangun[1]
--- [42] ---
1. Mêgatruh[2]
1. [...] | [...] | [...] | [...]pa panji |[3] mung mèmpêr ngraka sang anom ||[4]
2. ujwalanya ingkang kathah kantunipun | Radèn Wasi Jayèngrêsmi | mèh nyandhak suwarnanipun | kirang kêncêng [...]jwala di | kêndho kêng manis lir wadon ||
3. ingkang tansah ngladosi si narpasunu | dènira busana adi | Rêtna Jinali Sang Ayu | Dyan Jayèngrêsmi tan têbih | kang dèrèng pantês winaon ||
4. busananya Radèn Panji Marabangun | Radyan Narawăngsa Wasi | miwah Onêngan Sang Ayu | pan sampun busana sami | de badhe patah sang karo ||
5. jawi ramya wurahan sagunging wadu | badhe andhèrèk sang pêkik | sami abusana murub | kang minta-minta ing kardi | Dyan Jayèngrana ing wiyos ||
2. Mijil
1. kawarnaa wus sumêkta sami | sagunge ingkang wong | anjajari mangampil barange | jalu èstri wus samya miranti | wahana rinakit | jêmpana gêng luhur ||
2. kamot sêlawe ingkang nitihi | pinarada abyor | pagêr gêdhah ngarsa wêranane | pinindha pêksi garudha srênggi | netra kumala di | payon sangklat wungu ||
3. pinalisir ing maliyo wilis | sinungkèt kêng wiron | ginubahan cindhe puspitane | ingkang ngrêmbat satus wus rinakit | sêksana gya mijil | Radèn Marabangun ||
4. lan Dyan Wasi nulya sami nitih | myang ragil sang sinom | ing jêmpana nêm cèthi kang dhèrèk | panganggya bra sami ngampil-ampil | pawohan tênapi | pamojokan kêbut ||
5. miwah saput upacaranya sri | ingampil pra sinom | sami dharat ngarsèng jêmpanane |
--- [43] ---
kang ngampingi wahana ban cèthi | songsongnya Dyan Panji | gilap sungsun têlu ||
6. tandya budhal sawadyakoswa sri | gumrah swaraning wong | gumalêgêr maryêm pratandhane | mangkat ngarak ping tiga gora tri | têngara barungi | kang mêrdăngga umyung ||
7. pangarsèng lampah wong magêrsari | lan kapêdhak awor | nulya para kadeyan lampahe | munggèng kuda asri dèn songsongi | upacara mrapit | jêjêl gunging wadu ||
8. saperang-perang rêntêp airir | wuri barising wong | jayèngastra nèng kuda lampahe | sikêp pêdhang lan panuwak karbin | sêpalih nèng wuri | sikêp tawok ganjur ||
9. wurinirèng jayèngastra ngarsi | trunaasmara wong | baris rampak mawarna astrane | waos tinggar lyan sikêp jêmparing | kêng anganan ngering | gulang-gulang agul ||
10. ngalih wêlas sikêp pêdhang tamsir | kang upacara wor | ngarsèng joli atata lampahe | ponakawan ngarsanira malih | panjidhur tan têbih | wau Lurah Cêkruk ||
11. lan Prasănta sami nunggang ilir | acucud sang karo | ingkang garbêg wuri jêmpanane | sangajênging Jayèngastra baris | ampilan astra sri | waos kantar busur ||
12. tamèng pêdhang myang nênggala piling | agêmnya sang anom | kang andhungan kuda nèng ngarsane | kya dhalang antêban rinêngga sri | kang swandana èsthi | palananya murub ||
13. kyai jaka maruta kêng nami | wuri pisan kang wong | pamajêgan atata lampahe | samarga-marga kang mêrdoga tri | tambur slomprèt suling | ramya kêng panjidhur ||
14. wong nêningal èbêk urut margi | jalwèstri sêpuh nom | kathah ingkang tan antuk ênggène | ngantya lunjak-lunjak anèng
--- 44 ---
wuri | lyan mènèk waringin | tan wênèh cinatur ||
15. namung patah priya [...][5] putri | anglela katonton | anèng ngarsa jêmpana èmpêre | ing wu[...]kêng garudha rukmi | jam gangsal kang wanci | baskara anglayung ||
16. soroting [...][6] sumilak kuning | dwi patah mêncarong | dhasar bagus Dyan Wasi warnane | samya lênglêng kang sami ningali | kang dèrèng mangêrti | patah kalih wau ||
17. ingran pêngantèn dening Dyan Panji | nèng lêbêt tan katon | ya ta prapta paglaran lampahe | pra kadeyan wus tumrun sing wajik | panggih lan apatih | lèn kêng pra wara nung ||
18. Radèn Nila Prabăngsa tênapi | atata gunging wong | kang jêmpana alaju lampahe | mijil mêngkang kandhêg sripanganti | sang pandhita putri | paregolan mêthuk ||
19. miwah Radèn Apanji Tohpati | anututi gupoh | ing jêmpana myang para arine | anampèni têdhaknya Dyan Panji | Sang Dyah Kilisuci | anyandhak kêng sunu ||
20. Dyan Pêngantèn Panji Wanèngpati | nèng madyaning regol | pan kinanthi lan Dyan Tohpatine | Radèn Sinompêrdhapa anganthi | Risang Dyah Jinali | Radèn Wukirsantun ||
21. nyandhak astaning Dyan Jayèngrêsmi | laju kinanthyalon | asta kering ingampil dangune | langkung sukèng tyas Dyan Wukirsari | mèsêm mawang liring | ing lyan kang andulu ||
22. parpat kalih mêksih nunggang ilir | nèng pura gaguyon | para èstri kang mulat sakèhe | pinaranan sinepak ing ilir | kang nyêngèl nèng ngarsi | susunya dinumuk ||
23. bubar-bubar sakathahing èstri | gumya para wadon | ingkang dadya sukaning manahe | Lurah [Lu...]
--- 45 ---
[...rah] Cêkruk kang irung dèn abrit | sarta dèn karahi | ing sêlaka pingul ||
24. sri narendra nèng jrambahing puri | kang putra sang sinom | Sang Dyah Galuh tansah [...] ngarsane | miwah sang dyah ratu pramèswari | pra pingitan tuwin | marak glar ing ngayun ||
25. lêbêtira kang putra Dyan Panji | jumênêng sang katong | Sang Dyah Galuh kinanthi astane | mring kang ibu sang dyah pramèswari | mring tratag sang aji | Radèn Marabangun ||
26. kinèn laju pan taksih kinanthi | mring sang wiku sinom | akalihan Dyan Brajanatane | Radèn Kuda Narawăngsa Wasi | myang Sang Dyah Jinali | ngampil kuncanipun ||
27. Radèn Sinompêrdapa sang pêkik | andhèrèk tan adoh | atanapi Dyan Wukirsarine | Dyan Mêlaya kang tansah kaèsthi | mung Rêtna Jinali | sasolah dinulu ||
28. Sri Jênggala sarêng aningali | mring wasi sang anom | langkung kumênyut rêsêping tyase | sangking bagusira ingkang warni | mêmanising liring | mirib Sang Dyah Galuh ||
29. sanèsira mung priya lan èstri | èsthinya sang katong | nora duga dewa sêsmitane | Sêkartaji prapta salin warni | gêng anggagilani | dudu timbangipun ||
30. ana wangsit kinèn mangun panggih | patah srananing wong | priya ingkang asigit rupane | dumadakan olèh bocah iki | yèn dadia èstri | uga nini Galuh ||
31. iya ingkang bakal ruwat êndi | apêpatah kang wong | paran iya uga pêngantène | luwih elok gaibing dewa di | Radèn Jayèngrêsmi | wau sarêng dulu ||
--- 46 ---
32. dhatêng Sang Dyah Rêtna Sêkartaji | amèsêm ing batos | ciptaning tyas [...]ye | putri adi sêsotya Kêdhiri | de ayu ngluwihi | bêdhawang [...] ||
33. pan sêmbada ulate angolik | baya ngêndi kang wong | ga[...] nalimur kêng aèng | kaya ngapa ing têmah Si Panji | sun arêp udani | [...]raning madu ||
3. Dhandhanggula
1. sri narendra angatag ing siwi | kinèn sami bêbalangan gantal | datan lênggana sang kinon | wusira Sang Dyah Galuh | gya kinanthi mring Radèn Panji | sang nata sampun lênggah | lan garwa dyah ratu | miwah sang pandhita lara | pra pingitan aglar kanan kering wuri | pêngantèn munggèng ngarsa ||
2. Radèn Brajanata datan têbih | Radèn Lêmpungkaras Wukirsêkar | Dyan Narawăngsa sêdene | myang Jinali Sang Ayu | ngungun-ngungun Dyan Wukirsari | mulat ing sang kusuma | kangbok Sang Dyah Galuh | mangkona ciptaning driya | salontara dhuh biyang sadulur mami | kangbok Candrakirana ||
3. dene kaya mêngkono kêng warni | kêna ngapa anandhang cintraka | warna dudu suwadine | kaya lègêr lêlaku | pinaesan rinênggèng rukmi | apa rêmên kakang mas | Panji Marabangun | sun duga yèn durung ruwat | kang cintraka tangèh tumêka ing rêsmi | katujune kakang mas ||
4. sugih klangênan pating salêmpit | sarta manggih kamrat patah priya | kaya mêngkono baguse | tinimbang ing jinêmrum | angêloni lègêr bisa ngling | tur kaya wewe manak | angur priyanipun | purplêsir dhi bawah tangan | dhalêm lelang libih baik main gundhik | nyang nècis tidhak kurang ||
5. para kadang ciptanya tan têbih | kadya Radèn Mêlayakusuma | ya ta wau jêng sang katong | mring pu[...]
--- 47 ---
[...] rum | dhuh putrèngsun Ki Wanèngpati | lah iku garwanira | kêrongron dèn a[...] | [...] papa cintraka | dipun ngandêl marang juwata linuwih | kaki anarimoa ||
6. aja êsak purbaning dewa di | sira winayang ing palakrama | jinodho du[...]nge | èsêming lyan ywa wiguh | pan wis untungira Ki Panji | mokal papêsthèning Ywang | kêna owah bawur | yèn sira tuhu narima | kaya-kaya gêlis apurèng dewa di | ruwat Căndrakirana ||
7. matur nuwun Radèn Kêrtapati | Sang Dyah Galuh wrin sêbdaning nata | kêlangkung trustha ing tyase | masang ulat malêruk | mring Dyan Panji ajawil-jawil | ewa sagunging mulat | ngling malih sang prabu | dhatêng Radèn Narawăngsa | hèh ta kulup Wasi Kuda Jayèngrêsmi | sun milu apêputra ||
8. marang sira aja taha kaki | duwe kadang kaki Rawisrêngga | dikaya nunggal renane | mring ibunira kulup | garwaningsun bok pramèswari | ywa wiguh ngaku rena | dèn tuhu kumlungkung | yèn ana kuranganira | jêjaluka sang dyah ratu anambêti | sêbdanirèng narendra ||
9. ya mêngkono kulup Jayèngrêsmi | sira pisah lawan yayah rena | sri naranata gêntine | utawa jênêng ingsun | matur nuwun rahadèn wasi | tumungkul sarwi nêmbah | ngandika sang prabu | lah ta kulup Rawisrêngga | wis mundura garwamu ajakên mulih | marang ing kasatriyan ||
10. Brajanata putraningsun kaki | lah êmongên kulup adhinira | kang liningan awotsinom | Rahadèn Marabangun | lawan garwa wus sami pamit | nêmbah manguswa pada | mangusapi lêbu | mring ramibu gêntya-gêntya | atanapi
--- 48 ---
ingkang para putra sami | ngabêktyèng yayah rena ||
11. sang rê[...] Kilisuci | badhe tumut dhatêng kasatriyan | myang sasêpuh [...]m | pingitannya sang prabu | pan sêdasa badhe lumiring | sêmana mu[...] | Radèn Marabangun | miyos sangking dhatulaya | pan kinanthi dhatêng sang dyah [...] putri | myang Radèn Brajanata ||
12. samya nganthi ajajar lumaris | patah kalih datan kêna têbah | gumêrdêg kang para sinom | ing paregolan rawuh | lajêng nitih jêmpana sami | Rahadèn Brajanata | lan pra arinipun | myang Patih Kudanawarsa | sakancanya tata mêdal nitih wajik | srang-srangan gunging wadya ||
13. sampun budhal sangking sripanganti | kang pêngantèn wau sêkatinya | kèndêl asalin gêndhinge | ladrang pangantèn umyung | găngsa Jawi samya nyarêngi | gadhog ngèrèk gumêrah | ramya kêng panjidhur | ing alun-alun wus prapta | gunging baris sami drèl tinggal swara tri | lir bêlah kang akasa ||
14. ting jalêgur kang maryêm barungi | kadi gêlap mungêl kaping songa | sagunging kang têngara ngrok | yayah gêrah kapitu | lampah tata makupu pipit | kadi duk angkatira | wêwah gunging laku | Rahadèn Nila Prabăngsa | sakadangnya myang Kudanawarsa Patih | dhèrèk dhatêng Kradenan ||
15. lampahirèng jêmpana aririh | wau Sang Rêtna Căndrakirana | tan tahan ngampah brangtane | dhatêng Dyan Marabangun | sang dyah ngrangkul sangking ing wuri | rajaputra tyas rêgag | tan tumimbang kayun | sang dyah rêtna mêsu ing byat | matak guna pêngasih sumbaga dhê[...]
--- 49 ---
[...] | [...] puruhita ||
16. dhatêng Mangundikrama ing nguni | kawimbuhan sêbda [...] | drubiksa gêng rêncana wor | nêmpuh monah tyas têguh | goyang ripta ka[...]ti | Dyan Panji Rawisrêngga | kabyatan driya kung | kongkal kèlu kalênglêngan | koluring tyas tumimbang karsaning rayi | cinandhak ingkang asta ||
17. sarwi gunturi srênggara manis | dhuh mas mirah kang asih mring garwa | gusti gon kawula ngèngèr | yangyanging jinêm-arum | ingkang sawang rêtna ingukir | lawas ingsun apisah | lan sira wong ayu | lir pêjah sajroning gêsang | mêngko timbul lir manggih rêtna sawukir | mirah kang sor supraba ||
18. suka ing tyas sang pandhita putri | aningali runtuting atmaja | wau Dyan Jayèngrêsmine | langkung bêntèring kalbu | sru sinamun mèsêm sang pêkik | ngliring sarwi ngandika | hèh ta Marabangun | iku luput wuwusira | ngungrum garwa kurang turut kang mêmanis | tirunên ingsun wulang ||
19. mirah ingsun panukmaning cicir | ingkang sawang wewe anak-anak | kaya lègêr asêsembong | lyan mindha gajah abuh | èsêm lêgi kêng bratawali | Sang Dyah Căndrakirana | sru runtik ing kalbu | myarsa wuwusira Radyan | Narawăngsa asêndhu dènira angling | iku patah mênyunyang ||
20. wani-wani mêmayok mring mami | kadang-kadang wong gunung tan tata | jaban rangkah doh prentahe | suwawi kakang brangus | udhunêna pun Jayèngrêsmi | ywa tumut nèng jêmpana | sangêt datan urus | ngandika sang rajaputra | mirah ingsun dèn gêng apuramu yayi | mring Wasi Narawăngsa ||
21. dening prêlu karyane si yayi | lan maninge wus janji lan ingwang | sobat manjing sadulure | ing lair batin [ba...]
--- 50 ---
[...tin] têrus | datan kêna nêja ngalani | kèndêl Sang Dyah Kirana | wrin sêbdaning kakung | [...]g ingkang jêmpana | duk sêmana kasatriyan sampun prapti | têdhak [...]lihira ||
22. sang dyah guru putri laju nganthi | mring atmaja risang ka[...] | pan sampun tata lênggahe | Jinali Sang Rêtnayu | cêlak kangbok Dyah Cê[...] ji | para dyah tata aglar | nganan ngering pênuh | wau Radèn Narawăngsa | datan arsa nèng lêbêt kêdah amijil | tunggil lan pra kadeyan ||
23. Radèn Nila Prabăngsa tanapi | sakadangira wus lênggah tata | myang Dyan Wiranatarjane | lênggah kursi sêdarum | pêpak para niyaka wrêsni | dining kanang Jênggala | wus aglar supênuh | Dipati Kudanawarsa | munggèng têngah lawan Dyan Panji Tohpati | kanan banjêng pra kadang ||
24. cakêtira Radèn Wanagiri | ingkang rayi Dyan Sinompêrdapa | gya Radèn Jayèngrêsmine | nulya Dyan Wukirsantun | Dyan Natarja ingkang nambêti | malih ing kilènira | amenggok mangidul | wau Radèn Jayèngrana | saurutnya kang nèng sakiwaning patih | para pratiwasmara ||
4. Asmaradana
1. ambanjêng anèng ing kursi | tumênggung sura dêksana | pêngangênging niyakane | pêpak adining amănca | pasisir măncanagra | pamungkasirèng tumênggung | têpang lawan para putra ||
2. pêndhapa pêpêt kang kursi | mêrdăngga ing ngarsa tata | pelog salendro ginantos | angrangin suwaranira | asri sindhèning kênya | sinêla musikan umyung | langkung sami sukèng nala ||
3. pakramanira Dyan Panji | pênuh ingkang kaurmatan [kaur...]
--- 51 ---
[...matan] | ing latri pandamira byor | marêngi padhanging căndra | sêkala lir raina | [...]na kêng para nung | asri pêkakasing meja ||
4. kêng ladosan sarwa asri | [...]ka rênaning driya | pra putra myang pratiwane | dening Radèn Narawăngsa | sasolahe pêsaja | jêtmika manising têmbung | tansah akarya la-êla ||
5. ketang sêsmitèng dewa di | Kusuma Căndrakirana | ing têmah badhe ruwate | dene winangun ing krama | lan sarat patah priya | pêrcayanirèng para nung | mulat Wasi Narawăngsa ||
6. sangking baguse kang warni | sênêne ngêbêki jagat | ngayêmi praja têmahe | ngandêl kuwasaning dewa | nitahakên manungsa | ywa pêcak birat tan patut | ing warna jawata wegya ||
7. myang nitah manungsa sigit | kêng langkung sangking ngakathah | dewa tan kewran yêktine | kadya Radèn Narawăngsa | langkung elok kêng warna | liya Radèn Marabangun | dyan wasi luhur priyăngga ||
8. kaotira namung kêdhik | Dyan Panji Gagakpêrnala | amrajuriti baguse | Radèn Kuda Narawăngsa | manisira lir kênya | mila prasami kayungyun | mring Jayèngrêsmi Dyan Arya ||
9. ngênting egarira sami | tan pêgat inum-inuman | dyan wasi pinêlêng ngakèh | ganti-ganti saos kurmat | kêng surak wantya-wantya | binarung ingkang panjidhur | nêlas dènira kasukan ||
10. luwaran kêng bojana tri | nulya sami tata lênggah | ambanjêng anèng kursine | badhe kêlangênan bêksa | pasindhènira tata | wau Radèn Marabangun | kang nèng dalêm lawan garwa ||
11. sawusira dhahar sami | wau Dyah Căndrakirana | tan kênèng ngampah brangtane [brangta...]
--- 52 ---
[...ne] | tansah jinawil kang raka | ngaturan minggah nendra | èmêng tyas sang [...] | dèrèng kolur galihira ||
12. pasah ing sumbaga dhêsthi | kandhê[...]an asta | dèrèng kagiwang jinêm-ron | narimèng cintrakanira | ngandêl karsèng [...]ra | Radèn Panji Marabangun | arsa miyos ing pêndhapa ||
13. ingkang kacipta ing galih | namung Radèn Narawăngsa | kaèsthi ing asmarane | kadya mring Căndrakirana | duk dèrèng kenging mala | cawêngah kang warni kakung | tansah mênggah nahên brăngta ||
14. nulya miyos sang apêkik | kang garwa tansah angampah | kêkah gendholi kuncane | nêbda sarwi sarengkodan | dhuperan sampun mêdal | suwawi sare rumuhun | najan arsa lalênggahan ||
15. mangko yèn wus sami guling | rajaputra pêgêl ing tyas | tansah angusap jajane | sang rêtna ingapus krama | manis dènnya ngandika | sarwi nglus sasinomipun | mas mirah ywa walangdriya ||
16. mêngko sun malêbu maning | dhingin arsa nêmonana | kangmas Tohpati rawuhe | utawa paman apatya | ewuh yèn tan mêtua | pandhita rara sumambung | babo bênêr lakinira ||
17. aja sira anggondhèli | ewuh-aya wus pêpanggya | nini sêmăngsa-mangsane | sang rêtna lilih ing driya | inguculkên kang kunca | laju miyos sang binagus | kang lênggah jumênêng samya ||
18. Radèn Inokêrtapati | kang jinujug dènnya lênggah | Sang Narawăngsa Rahadèn | Dyan Panji Sinompêrdapa | mingsrê pilênggahira | wu[...]
--- 53 ---
[...] lênggah sêdarum | linilan nèng kursi samya ||
19. mêrdapa sagung sumiwi | [...] Patih Kudanawarsa | mangukuh anèng kursine | Rahadèn Nila Prabrăngsa | taklim mring arinira | mung Jayèngrêsmi sang bagus | mring raka datan rêringa ||
20. wus èsmu kraos dyan wasi | dènira nginum akathah | dhinêsêk ing palênggahe | mring Dyan Panji tan kadriya | wau Dyan Narawăngsa | pangandikanira asru | hèh ta Panji kasatriyan ||
21. sêdya apa sira mijil | bêcik uga kêlonana | lan bojomu gajah barong | yèn sira tinggal nèng jaba | ing mêngko têmah mêta | mèsêm Radèn Marabangun | dyan wasi inglus pipinya ||
22. sarwi angandika manis | dhuh yayi mas sun tan bêtah | pisah suwe lan dhèwèke | lan arsa milya kasukan | angladèni kakang mas | ngliring Radèn Marabangun | mring raka Dyan Brajanata ||
23. miwah mring rêkyana patih | manis dènira ngandika | suwawi dugèkna age | sami kasukan abêksa | sanak-sanak myang kănca | niyaka para tumênggung | kawula arsa uninga ||
24. tan lênggana kang sinung ling | gya ngatag sami abêksa | rakit sêkawan ajênge | putra sisihan bupatya | bêksanira mawarna | neka-neka gêndhingipun | ana bêksa lawung sura ||
25. wênèh bindi gada mamrih | sami mêntarkên wiraga | angodhang kaprawirane | ana ujung băndabaya | lyan tawok tamsir waja | tan ana kuciwèng sêmu | tuhu sami wirutama ||
26. putra ing Jênggalamanik | tênapi para bupatya | putus wiramèng bêksane | kang kinentha[7] warna-warna | larasing langên bêksa [bêk...]
--- 54 ---
[...sa] | ana raras sasrabau | duk Radèn Patih Suwănda ||
27. nglama[...]da nagri | têmahan abitutama | lyan Rama Badra larase | duk tandhing wê[...] | lawan yêksa Ngalêngka | ana ngraras brata pupuh | pranging Pêndhawa Kurawa ||
28. pamiriting langên ngênting | bupati tandhing pra putra | kêng dadi èngêting ngakèh | duk bêksa Dyan Brajanata | sisih Radèn Pêrtala | Dyan Andaga tiganipun | catur Dyan Jayamiruta ||
29. bêksa tamèng gada bindi | kalaganjur gêndhingira | satindak pêngkuh gêdruge | kadi ngobahna byantala | gora-rèh gora-gadha | wêntus dhêndha krora digung | tan ana ingkang kuciwa ||
30. kêng surak ramya mawanti | sami sukaning wêrdaya | gya sami nginum sawuse | Ki Bancak lawan Prasănta | tansah nglarih kang bêksa | acucud sasolahipun | maminta kang majêng bêksa ||
31. Sang Kudanawarsa Patih | ingatag mopo kewala | mring Ki Prasănta wuwuse | kawula langkung lênggana | de wus kapara tuwa | sumăngga kêng anom asung | sêdhênge măngsa taruna ||
5. Sinom
1. Rahadèn Sinompêrdapa | ingatag ngraka Dyan Panji | bêksa lan kadang priyăngga | wau Radèn Wukirsari | tiga Radèn Pêrmadi | Dyan Wiranatarja catur | bêksa tamèng curiga | mênggêp kêtawang kang gêndhing | mirit raras duk yuda Karna tandhingan ||
2. lawan satriya Arjuna | tuhu bagus Dyan Sêsimping | wasis putus ing wirama | akarya brangtaning ngèksi | myang Radèn Wukirsari | tan kuciwa sigitipun | dhasar ladak sêmbada | lir Dyan Sămba mangun brangti | amantêsi wau Radèn Jayèngrana ||
3. luwês a[...]
--- 55 ---
[...] rama | obahing jăngga rêspati | tinon lir Dyan Narayana | Wiranatarja [...] | bêksa solah mêsajani |[8] dyan catur tuhu binaud | prayitna ujung katga | ta[...] nguciwani | kandêlira gya sami inum-inuman ||
4. sang catur nulya u[...]k | mring Rahadèn Kêrtapati | sarwi nyaosi minuman | anggur maderah tinampin | miwah Dyan Jayèngrêsmi | sang kalih anulya ngunjuk | matur Dyan Wukirsêkar | kakang mas kantun pribadi | sêkalihan kawula aturi bêksa ||
5. dadya pangirining kathah | pantês-pantêsing sarimbit | bêksa mêntarkên wiraga | yèn sampun gya sami guling | mèsêm Dyan Wanèngpati | dyan wasi kraos ing wuru | nulya jumênêng radyan | sêkalihan bêksa sami | gêndhing munya barang asmara angraras ||
6. rêspati padha kêrasa | pênabuhira aririh | kêng ricik rêbab kapyarsa | calêmpung suling dumêling | gambang salukat asri | kêtipung ukur dinumuk | langut sindhèning kênya | sênggakira angêdhasih | sabên găngsa kang surak lir bata rêbah ||
7. suka kang para kadeyan | miwah sagunging bupati | jumênêng kêplok sêdaya | kang dadya egarnya sami | dening Dyan Wanèngpati | wus sirna sungkawanipun | usadaning rudita | tuhu Radèn Jayèngrêsmi | mring sang wasi jumrung ngênting manglêmbana ||
8. mila nêlas sukanira | ana kang ngêrbat ngêpraki | wênèh kapilêng tumingal | sangking bagusnya sang kalih | kadya kêmbar ingèksi | wasis ing wirama putus | lyan kaduk wurunira | Dyan Kuda Antunan nênggih | pan kabyatan panginum rêbah
--- 56 ---
binayang ||
9. Kusuma Căndrakirana | tan jênak lênggah sang dèwi | akêdhap-kêdhap tumingal | nginjên kang raka sang pêkik | dahat kabyatan brangti | [...] padhaning kayun | tanbuh ing solahira | kêlangkung bêntèring galih | aningali Radèn Kuda Narawăngsa ||
10. dene solahirèng raka | gêrgête tan mêsajani | supe marang kang sarira | kathah solahnya sang dèwi | Sang Dyah Rêtna Jinali | tan pisah kangbok Dyah Galuh | risang pandhita lara | tansah ingimur kang siwi | iyeka ta wong agung kalih kang bêksa ||
11. tandya ngasta jêbêngira | kadya manyura kasimpir | saya wimbuh rarasira | dhasar abagus kêng warni | cahya kongas ngrimangi | lir prada ingkang pamulu | kasuluh pandam lumrang | gêbyar-gêbyar mêspadani | kênyarirèng rêtna pagut lan pangeswa ||
12. lir thathit mawra liwêran | angênglêng sagung ningali | pêngrasa bênggang sing kisma | sang kalih tuhu linuwih | dhasar ingkang mungkasi | panjilmanira Ywang Wisnu | mêntar sumbagèng deya | lawan sri angeka warni | tan kuciwa sami dewa ngejawantah ||
13. Ki Cêkruk lawan Prasănta | kêlangkung bungahing ati | duk bêksa sang kalihira | sêparan dipun tut wuri | pan sarwi angêploki | siji sowang kalihipun | malih bungahing manah | Ki Cêkruk myat ing parèstri | kang naningal ginambul abubar-bubar ||
14. wau Ki Menak Prasănta | sinambi anganginumi | ingkang pinêlêng ing manah | namung Radèn Wukirsari | dening berag tan sipi | duk bêksa dyan kalihipun | kraos ing wurunira | kawijil èsthining
--- 57 ---
[...] | rêngêng-rêngêng nut gêndhing ngidung wangsalan ||
15. tan lyan paraning asmara | [...] Dyah Rêtna Jinali | manthuk-manthuk Ki Prasănta | sayenggar putra Kadhiri | [...] gêmpunging galih | Rahadèn Prabatasantun | tanbuh paraning brăngta | nguyêl-uyêl wong ngladèni | ingkang mèrèt Lurah Bêkêl Trunasmara ||
16. suka kêng sami tumingal | gumyak-gumyak parpat kalih | wau Radèn Rawisrêngga | sadangunira angrangin | ngliring Dyan Jayèngrêsmi | saya kabyatan ing wuyung | èngêt srênggarèng garwa | nguni Sang Dyah Sêkartaji | duk parênging bêksa sami sêsambêran ||
17. anulya oyog-oyogan | dyan wasi sêmu pinidih | kang wêntis radyan garjita | gumêrgêt angêmu runtik | gya narik curiga glis | kang jêbêng kinèring mungsuh | saya jomblong gung mulat | wong agung kalih kêng ngrangin | ujung katga tangkis jêbêng wirutama ||
18. tan ana ingkang kuciwa | najan kêng dhuwung ngênèni | mring ăngga datan wigatya | lir panjang putra ngupami | sinasog ing ron pari | maras kêng sami andulu | Dyan Kuda Narawăngsa | panggoconira tinitir | dhasar kaduk wuru angêmu bramantya ||
19. mèsêm Radèn Rawisrêngga | kang rayi angêmu runtik | Dyan Panji tansah mangêrpa | ya ta Radèn Jayèngrêsmi | kêraos ragi arip | sangking pêndhapa gya mundur | mring gêdhong kuwunira | Rahadèn Pêrbatasari | Radèn Wukir ingkang dhèrèk datan pisah ||
20. Rahadèn Gagakpêrnala | sakêdhap datan udani | katilap Dyan Narawăngsa | têdhak ngulati kang rayi | bubar kang
--- 58 ---
lênggah sami | dhasar sami kraos wuru | kalungsèn wancinira | sampun jam sakawan enjing | radèn wasi ngisis nèng èmpèring kamar ||
21. sêsarean anèng risban | apan sarwi dèn kêbuti | dhatêng Radèn Wukirsêkar | tan dangu Dyan Kêrtapati | rawuh nusul kang rayi | tumut lênggah nèng kursya gung | kagèt Dyan Narawăngsa | wungu dènira aguling | èsmu mingsêr dhinêsêk dènira lênggah ||
22. èsmu sêndhu sêbdanira | arêp apa sira Panji | bêngi-bêngi kajumutan | anusul wong lagi guling | bênêre amarani | ing bojone Dèwi Galuh | kang bênthing kaya rêca | kang lindra-lindri lir babi | mêngko ngamuk yèn sira tan malbèng wisma ||
23. gumujêng Dyan Wukirsêkar | ngandika Dyan Wanèngpati | yayi Kuda Narawăngsa | bangêt aboting tyas mami | yèn bakyunira yayi | durung mulya malanipun | tangèh lunturing trêsna | gigu tunggalana guling | sru gumujêng Radèn Wasi Narawăngsa ||
24. sarwi manis angandika | iku ywa mêngkono Panji | najan rupa warak kawak | jêr iku Si Sêkartaji | sotah tan sotah pêsthi | cêkramanana bojomu | yèn tan sudi tumingal | rêmna netranira Panji | sarwi mèsêm dyan wasi kanthi rudita ||
6. Kinanthi
1. latah Radèn Wukirsantun | myarsa aturnya dyan wasi | umatur sarwi gumuywa | kakang mas lêrês dyan wasi | yogi si rupan kewala | mung mawrat grênjêling jalmi ||
2. najan grayangnya ngêndhuruk | gampil nahankên ing rêsmi | ugêre tan kasatmata | prandene kêng gănda wangi | winawrat lan wor asmara | lan kêng wade rakok wangi ||
3. lêhêng kangbok Dèwi Galuh | mèsêm Radèn Kêrtapati |
--- 59 ---
[...] Dyan Narawăngsa | pangandikanira manis | iku priya Wukirsêkar | ba[...]yune[9] dèn payoki ||
4. matur Radèn Wukirsantun | kakang mas ulun sayêkti | yèn taksih ingkang cintraka | pan dèrèng mathêm ing batin | ngakên kadang mring sang rêtna | Dyan Panji ngandika malih ||
5. mring Jayèngrêsmi sang bagus | dhuh ariningsun ki wasi | sangking wrat ingsun lumêksa | nglakoni karsèng rama ji | awit wangsiting jawata | garwèstri asor kêng warni ||
6. payo yayi têrna ingsun | marêk Nimas Sêkartaji | jêr sira srananing patah | mênawa ruwat sang dèwi | ywa adoh anèng jêrambah | drapon sun ayêm kang ati ||
7. dyan wasi darahing kayun | gya tindak sang rajasiwi | kinanthi Dyan Narawăngsa | gya prapta ing dalêm aglis | Kusuma Căndrakirana | duk wrin kang raka Dyan Panji ||
8. kêlangkung lêga ing kalbu | anulya dèn pêlajêngi | duk cêlak angrangkul tandya | Dyan Narawăngsa anêbih | Dyan Panji cinènèng agya | malêbêt ing jinêm-wangi ||
9. prabawèng dhêsthi tumanduk | tan wiyang Dyan Wanèngpati | dyan wasi lênggah ing jrambah | ya ta kang nèng tilamsari | Radèn Panji Rawisrêngga | tansah rinangkul mring rayi ||
10. dyan putra nirtyasèng limut | gajêg-gajêg tumimbang sih | dadya gunturi srênggara | dhuh mas mirah ingsun gusti | kang sêtya asih mring priya | manik sêsotyèng Kadhiri ||
11. musthikaning jinêm-arum | kang nukmèng purnamasasi | asor Dèwi Wilutama | intêne pun Kêrtapati | Kusuma Căndrakirana | kêmanisên [kêma...]
--- 60 ---
[...nisên] ing sêbda ris ||
12. saya kêncêng dènnya ngrangkul | Dyan Panji dipun [...]si | pêngkêran myang astanira | Radèn Kuda Jayèngrêsmi | miyarsa saking jêrambah | pangungrumira Dyan Panji ||
13. tansah amèsêm ing kalbu | angandika sang [...]wi | iku luput kasatriyan | kurang nyamlêng ngungrum rabi | mêngkenea kang srênggara | dhuh mas mirah ingsun yayi ||
14. kang ngèyèl minta jinêm-rum | gêgêlah nagri Kadhiri | kesedan ing pagulingan | kang nukma saliring najis | kang mindha Bêthara Gana | kuru rêca ngrandhu gunting ||
15. èsême lêgi cêmpaluk | ambune lir wêdhus wiwi | Kusuma Căndrakirana | duk mirêng bêndu tan sipi | sugal dènira ngandika | baya iku Jayèngrêsmi ||
16. yèn micara nora patut | agung gawe mêmayoki | jêr wong gunung kurang ajar | wani-wani marang putri | mulane iya jêng peran | rada ewa marang mami ||
17. jêr dhèwèke kang mêmurung | rêmêne marang ing mami | sang dyah pan lajêng karuna | gulungan nèng kasursari | gêra-gêro asêsambat | katuwona awak mami ||
18. wus lawas nora salulut | pijêr dipun cêcampahi | mring si kirik Narawăngsa | kangjêng peran nora galih | apa dipun ajanana | si dipongkrang Jayèngrêsmi ||
19. yèn mêngkono kakang brangus | trêsna mring si gênjik wasi | ujare mung dadi patah | kamrate tan mêsajani | anggung gawe rêrangkulan | iku kinapakna ugi ||
20. padha lanang lèngkèt langkung | Lahadèn[10] Si Wukirsari | milu ngêmong Narawăngsa | kamare dèn pêrantèni | lae angur dèn wayuha | sapadha-padhaning putri ||
21. nora gêrantês [gêrantê...]
--- 61 ---
[...s] ing kalbu | wus lumrahing satriya di | asugih garwa biyada | lan măngsa wania [...] | calathu sawiyah-wiyah | kaya si wasi sêkrobi ||
22. Dyan Jayèngrêsmi sang bagus | miyarsa runtik ing galih | tan pamit anulya mêdal | mring gyanya Dyan Wukirsari | wau Dyan Gagakpêrnala | kêlangkung putêk ing galih ||
23. ningali garwa Dyah Galuh | kewran pangêjuming galih | kêlamun pinutungana | ajrih wêlinging sudarmi | anganti ruwating garwa | yun tinahankên ing rêsmi ||
24. mêksa tan sotah ing kalbu | dhatêng ingkang mindha warni | dadya pinêsu kang driya | anyipta asmaragami | sang dyah ciniptèng asmara | apan sarwi dèn sirêpi ||
25. Căndrakirana Sang Ayu | kênèng pangaribawa di | kanikmatên ing asmara | lir sawantahing arêsmi | lan Radèn Gagakpêrnala | laju kêpati aguling ||
26. gya miyos Dyan Marabangun | mring gyanya Dyan Jayèngrêsmi | sêmana wus rina tatas | niskara datan kawarni | pan sabên-sabên mangkana | lamun Sang Dyah Sêkartaji ||
27. onêng langênirèng kakung | ciniptèng asmaragami | dadya sang dyah anarima | dene Radèn Wanèngpati | tan kewran asmaranira | kathah kang biyada sêlir ||
28. guru putri sang rêtna yu | miwah ingkang para manis | miyarsa sukèng wêrdaya | lamun Radèn Kêrtapati | wus sae lawan kang garwa | gya tur wrin ing sri bupati ||
29. sang nata suka ing kalbu | miarsa kabaring siwi | tata-tita kêng walgita | mêne gênti kang ginupit | nênggih nagri tanah sabrang | narendra ing Gêdhahwilis ||
30. ratu mahambara agung | marentah samining aji | prawira amăndraguna | jêjulukira sang aji | Mahraja Sukma Nglêngkara |
--- 62 ---
taruna kêng warna sigit ||
31. ambêranyak sêmonipun | mêksi[...]ka sang aji | dèrèng nambut ing akrama | pêpatihira wêwangi | Dipati Măndrasusena | kaprawiranira ngênting ||
32. kêkalihing namanipun | ya Lêmbulêksana Patih | agul prakosèng ayuda | titih pasah ngagal langit | mila sang prabu ing Gêdhah | kèringan ing nungsa bumi ||
33. dhasaring ratu pinunjul | pêpatihira mumpuni | pra punggawa wirutama | gangsal andêling nêgari | Tumênggung Kêbo Lorodan | lan Dêmang Dhandhang Minangsi ||
34. tiga Arya Jayèngkewuh | lan Răngga Kalamisani | gangsal Arya Wirubajra | nênêm ki rêkyana patih | pusakaning nagri Gêdhah | wontên raja kang piniji ||
35. kapêrnah pamaning prabu | nênggih sang raja ing Jambi | ngran Prabu Lêmbubirawa | kalih sang rajèng Pawahi | têngran Sri Maesadewa | pêrnah kang uwa sang aji ||
36. sang kalih andêling pupuh | dêdêg nung sarat ngajrihi | sêlawe kathahing raja | kêng karèh mring Gêdhahwilis | wadya gung datanpa petang | kêng gambuh sajroning nagri ||
7. Gambuh[11]
1. Maha Kangjêng Sang Prabu | Sukma Nglêngkara winuwus | apan lagya sangêt kêsmaraning galih | mring Putri Jênggala Prabu | Rêtna Jinali Sang Sinom ||
2. awit supênèng dalu | sang nata katon salulut | lawan Sang Dyah Kusuma Rêtna Jinali | sawungunira sang prabu | langkung kêsmaraning batos ||
3. nimbali patihipun | gusthi rèh supênèng dalu | karsèng nata sêdya dipun lêksanani | nglayari mring Jawi gupuh | sarta anglamar sang sinom [...]
--- 63 ---
[...] ||
4. sêmana prentah sampun | sadhiya sikêping pupuh | lan sumêkta baita kapal myang kunthing | badhe linayaran gupuh | ing rat Jawi karsèng katong ||
5. Jênggala kang jinujug | wadya pininta pan sampun | sapêrtigan kang kinèn têngga nêgari | raja dwi wêlas kang tumut | karsanira sang akatong ||
6. dènnya sumêktèng pupuh | yèn dadya panglamaripun | ngiras ngarak yèn panglamarnya tinampik | laju angêrbasèng pupuh | tandya sumêkta gunging wong ||
7. sigra budhal sang prabu | sawadya sing praja kêbut | Sang Sri Sukma Nglêngkara ginarbêg dasih | mênggêp munggèng rata murub | praptèng muara sang katong ||
8. gya nitih palwa sampun | kamot sawadyakoswa gung | gajah rata kuda myang sikêping jurit | sêdaya kawrat pêrau | sawidak palwa mirantos ||
9. asri anèng ing laut | kêng layar katon kumêndhung | langkung kêras kêng baita angsal angin | datan kawarna ing ênu | muara Jawi wus rawoh ||
10. gya labuh jangkaripun | mêntas sêdaya sing laut | Sang Sri Gêdhah tata pakuwon sêdasih | rakit kitha biting pêngkuh | nèng pasisir amirantos ||
11. Jênggala tlatahipun | gègèr wong padesan sumyur | pan kadhêsêk wadya gung ing Gêdhahwilis | wêtawis kathahing wadu | pitung lêksa amirantos ||
12. nanging tan karya rusuh | dening parentah sang prabu | krana dèrèng tamtu panglamar tinampik | duk trang mrih arja kang rawuh | têntrêm dêsa-desa kang wong ||
13. wênèh kathah kang têpung | samyalit [sa...]
--- 64 ---
[...myalit] adol tinuku | urup brana jêr wong Gêdhah akèh sugih | lintu boga lyaning wadu | ana ingkang bukak toko ||
14. Sukma Nglêngkara Prabu | gya minta utusan gupuh | nglamar dhatêng nêgari Jênggalamanik | raja kalih kang lumaku | Pawahi lan Jambi Katong ||
15. saha srat mêsat sampun | raja kalih sabalanipun |[12] kêkapalan anyèwu ingkang prajurit | kunêng malih kang kawuwus | ing Jênggala Jêng Sang Katong ||
16. bubaring karyanipun | mangun pakramaning sunu | wadyèng mănca pan dèrèng kalilan mulih | dening warta wus misuwur | yèn pasisir pering kulon ||
17. wontên ratu gêng rawuh | kathah wadyabalanipun | Sri Jênggala parentah angati-ati | sumêkta sikêping pupuh | Radèn Tohpati sang anom ||
18. sêmana sampun kundur | sing dalêming arinipun | myang pra kadang kêng karèh Dyan Wonagiri | lan Dyan Natarja sang bagus | patih myang para bupatos ||
19. sêdaya sampun mundur | warnanên kangjêng sang prabu | nuju ingkang ri Soma miyos tinangkil | pêpak kêng wadyabala gung | anèng sitinggil sang katong ||
20. patih ngandika sampun | Kudanawarsa mabukuh | atanapi kang putra Radèn Tohpati | sakadang kadeyanipun | lan Dyan Natarja sang anom ||
21. myang pratiwa nung-anung | Sura Dêksana tumênggung | pan wêwalu niyaka Jênggalamanik | kalihira ngran Tumênggung | Sura Sênjaya dêl kewoh ||
22. tiga ingran Tumênggung | Maesapati kang catur | ngran Tumênggung Maesa Mêrjaya nênggih | gangsalira Mas Tumênggung | Sêcanêgara dêl tatos ||
23. nêmnya ingran [ing...]
--- 65 ---
[...ran] Tumênggung | Sura Pêrwăngga pinunjul | pitu Arya Adiraja jêksèng nagri | Dyan Sastrasancaya walu | pujangganing praja kaot ||
24. silanira mabukuh | tandya sang nata nêbda rum | hèh Kudanawarsa paran putra mami | kaki Panji Marabangun | dènira krama karongron ||
25. paran tulusa atut | apa tan mamang ing kalbu | sang dipati matur sarywa awotsari | dhuh dewaji putra prabu | lêstantun rukun karongron ||
26. nanging wêtawis ulun | anggèr Pangran Marabangun | dèrèng patya eca pisan ingkang galih | dhatêng garwa Sang Dyah Galuh | mêksih ruwatnya ingantos ||
27. nanging sungkawanipun | jêng anggèr sirna sêdarun[13] | sêmunira kang dadya usadèng kingkin | dede garwa sang rêtna yu | ugi dyan wasi sang anom ||
28. Dyan Brajanata matur | rama kangjêng sang aprabu | langkung lêrês turnya pun uwa dipati | mila yayi Marabangun | sêmune ayêm ing batos ||
29. tan pisah siyang dalu | lan pun wasi runtang-runtung | sri narendra ngungun-ngungun ingkang galih | ketang sêsmitèng dewa gung | malih angandika alon ||
30. hèh Brajanata kulup | kayaparan wartanipun | raja sabrang kêng ngancik talatah mami | kayaparan sêdyanipun | hèh patih paran kang wartos ||
31. kancanira tumênggung | tamping apa tan atur wruh | Dyan Tohpati lan patih sarêng turnya ris | diwaji raja kêng rawuh | warti sae sêdyèng katong ||
32. dangu nêbda sang prabu | sêmana tandya kasaru | dhatêngira raja caraka kêkalih | sabalanira
--- 66 ---
gumrudug | jêjaranan sagunging wong ||
33. karya gitaning wadu | ing pangurak [...]jug | orêgirèng jawi wus kapirsèng sang aji |[14] kya patih kêng saos atur | sasaniskarèng kang rawoh ||
34. sang nata duk myarsa tur | yèn wontên caraka rawuh | sangking Gêdhah kampita nglociptèng galih | apa baya karyanipun | Raja Gêdhah kokonan wong ||
35. dingarèn lakunipun | narendra parentah sampun | animbali raja kalih kang tinuding | Sêcanêgara Tumênggung | mêsat nimbali duta ro ||
36. pangurakan prapta wus | lan Narendra Jambi pangguh | myang Pawahi dhawuh timbalan sang aji | tan wiyang sang kalihipun | kerid adhandhang wiraos ||
8. Dhandhanggula
1. raja kalih tan ambêkta dasih | pan ingantun anèng pangurakan | mung kêng ngampil pawohane | lan pakêcohanipun | miwah rakok sabêt nyatunggil | langkung lambaning manah | tan prayitnèng kewuh | kibir kang surat kêtampan | dhasar sura kasantikanira ngênting | tan wangwang kirdhaning lyan ||
2. narpa kalih ebat aningali | rakitira nêgari Jênggala | kêlangkung-langkung tatane | wingit sêmuning kratun | datan kadi sabrang nêgari | tan antara wus prapta | ngarsaning sang prabu | piyak sagunging siwaka | Radèn Brajanata ngandikan rama ji | minggah dhatêng witana ||
3. pan kapering ngarsa dhampar rukmi | raja duta sampun kinèn lênggah | nèng kursi sor witanane | nata kalih mabukuh | langkung ajrih sarêng ningali | dhatêng Natèng Jênggala | kaprabawèng luhur | Mahraja Dewa Kusuma | angandika nêmbrama arum amanis | sanak katuran samya ||
4. satêka para ing ngarsa mami | sintên ingkang
--- 67 ---
sinambat ing nama | paraning karya dhatênge | Lêmbubirawa Prabu | gêpah matur sarwi ngrêp asih | dhuh kangjêng sri narendra | kang sêbda kasuwun | dhawuh ingkang parikrama | jêng paduka andangu ing nama mami | ngran Si Lêmbubirawa ||
5. apalênggah nêgari ing Jambi | de punika ing Pawahi Raja | Maesadewa têngrane | karya amba sang prabu | pan ingutus putranta aji | Prabu Sukma Nglêngkara | ing Gêdhah praja gung | dhingin ngaturakên ingkang | sêmbah bêkti kunjuk paduka nêrpati | lan kaping kalihira ||
6. nyaosakên pisungsung putra ji | warna pèni-pèni sarwa endah | miwah sirpis kêncanane | myang pêkakas meja gung | sarwa perak gêlas nêm sêtil | kêng kaping tiganira | kawula ingutus | anyaosakên nuwala | mring paduka sang nata ngandika manis | kisanak lah anêdha ||
7. angandika mring Radèn Tohpati | hèh ta kulup nuli tampanana | Raja Gêdhah supatrane | tan wiyang kang tinuduh | tumrun arsa nampèni tulis | Mraja Lêmbubirawa | netyandik tanpasung | manthêlêng Dyan Brajanata | Prabu Jambi matur dhatêng sri bupati | diwaji wêlingira ||
8. putra paduka Sri Gêdhahwilis | tan kalilan srat kêng nampènana | liyane paduka katong | sang nata ngandika rum | hèh kisanak ywa walangati | têka dika sungêna | pêniku putrèngsun | ing têmbe puput manira | yogya madêg Narendra Jênggalamanik | nambung putunging watang ||
9. Raja Jambi alêga kêng ati | kang nuwala sigra sinungêna | dhatêng Dyan Brajanatane | Radèn Tohpati wau | èsmu duka nampèni [na...]
--- 68 ---
[...mpèni] tulis | cinandhak nginggilira | sapangrèh asêndhu | wus wangsul mring pêrnahira | Sri Jênggala pangandikanira manis | kulup sira kon maca ||
10. matur sandika Dyan Wonagiri | gya nimbali Dyan Sastrasancaya | kinèn nupiksa sêrate | majêng ing ngarsa prabu | kêng supatra sinungkên aglis | tandya wau binuka | udayaning têmbung | papèngêt ingkang nuwala | saha ingkang sêmbah bêktining pamuji | mijil eklasing manah ||
11. sangking narendra ing Gêdhahwilis | Prabu Sukma Nglêngkara sudibya | amarentah samèng katong | Ngatasangin misuwur | kaatura rama nêrpati | sang prabu ing Jênggala | Sri Lêmbumiluhur | ya Mraja Dewa Kusuma | kêng kasosra dibya mahambara murti | sinihan ing wisesa ||
12. kinamulèn jawata apsari | baudhêndha ngrat Jawi minulya | ingkang nuwala wiyose | dhapur amba nênuwun | jawah sontên ngêbun-bun enjing | yèn parêng karsa nata | putranta sang prabu | Sang Dyah Jinali sriwara | amba suwun dadosa kêng pramèswari | wontên nêgari Gêdhah ||
13. sangêt-sangêt tur amba rama ji | dening ulun wus lami gêng brăngta | mring putra paduka katong | punapa kang pinundhut | kirangirèng pisungsung mami | mundhuta wêwah brana | sajong sapêrau | kawula sampun sadhiya | mung paduka galiha ing atur mami | sangêt panuwun amba ||
14. yèn paduka tan arsa anggalih | awrat kawula adarbe karsa | ngong rêbat ing prang têmahe | sadhiyoa ngapupuh | nginggilêna kang baluwarti | tan wande ulun prapta | anggêmpur praja gung | wau Dyan Nila Prabăngsa [Prabăng...]
--- 69 ---
[...sa] | duk miarsa ijêmanira ing tulis | sêklangkung kurdhanira ||
15. dening sangêt dènnya nglaluhuri | dhatêng ingkang rama sri narendra | têmah anantang yudane | kang srat sinêbit asru | radyan nêbda mring duta kalih | duta sira matura | mring Gêdhah Sang Prabu | jêng rama tan mangsulana | mung matura sêsmita ajuring tulis | yun prapta saha bala ||
16. kapan-kapan têka sri bupati | mring Jênggala pêsthi sun papag prang | tan susah ngluhurkên bètèng | Sri Jambi langkung bêndu | sarêng ingkang sêrat sinêbik[15] | andik netra ngatirah | Tohpati Dyan sunu | duk mulat duta sudira | tan sêrănta jumênêng nèng ngarsa aji | arsa mêrwasèng duta ||
17. Risang Lêmbubirawa Nêrpati | madêg arsa jangkah Dyan Prabăngsa | gêpah Sang Pawahi rajèng | mêgati anèng ngayun | sêbdanira angasih-asih | sampun-sampun ri nata | tan kinèn apupuh | tan lyan kinèn sung nuwala | dening dadya brawala ajuring tulis | yêkti măngsa wandeya ||
18. benjang angadoni jayèng jurit | wau Ki Patih Kudanawarsa | mêgati Dyan Tohpatine | sarwa ngandika arum | sampun anggèr kasêrêng runtik | dede lampahing praja | duta pinrih lampus | karya nisthaning narendra | malah-malah duta yogya pinisalin | najan ta murang krama ||
19. inggih dèn apura sawêtawis | benjang tan wande abitutama | angêtog kaprawirane | lilih tyasnya sang bagus | nulya tata lênggah sumiwi | caraka kalih mêsat | tan pamit mring prabu | asêndhu sasolahira | tan rêringa mangajap dadining jurit | prapta ing pangurakan ||
--- 70 ---
20. raja kalih nulya sami nitih | ing turăngga myang sabalanira | budhal sing jêng[...] age | wau kangjêng sang prabu | mêksih dènnya siniwèng dasih | nêbda marang apatya | hèh patih dèn gupuh | dhawuhana kancanira | radèn sumêkta sasikêpirèng ajurit |[16] tan wurung bitutama ||
21. Raja Gêdhah sayêkti nêkani | kang sun karya senapatining prang | Ki Tohpati putraningong | dening Ki Marabangun | aja sira paringi uning | dimène pêngantenan | kiwala rumuhun | gampang yèn abot ing aprang | matur nêmbah sandika sang adipati | malih narpa ngandika ||
22. hèh putrèngsun kaki Wanagiri | lah adunên kabèh wong Jênggala | sira kang misesèng prange | kang liningan wotsantun | pan sandika Radèn Tohpati | langkung egaring manah | ingidèn ing pupuh | gya jêngkar sri naranata | malbèng pura maglaran sagunging nangkil | ngrakit yudakênaka ||
9. Pangkur
1. Dyan Nararya Brajanata | sakadangnya sigra sumêktèng jurit | tanapi sabalanipun | ingkang para atmaja | miwah para bupati sawadyanipun | prang srangan kang nata bala | anggêrgut sagunging dasih ||
2. sêmana apagunêman | rajaputra lawan Sang Adipati | Kudanawarsa umatur | nah anggèr Brajanata | paran karsa paduka prakawis mungsuh | punapa anglurugana | punapa tadhah ing jurit ||
3. mêngsah wus anèng muara | tata kuwu santosa ingkang biting | Radèn Tohpati nêbda sru | uwa patih karsèngwang | mêngsah arsa sun lurugi saha wadu | drapon aywa nganti cêlak | ing nagri Jênggalamanik ||
4. wadya lit ywa karisakan [karisaka...]
--- 71 ---
[...n] | ing sagène wong Gêdhah ulun usir | najan nèng pakuwonipun | sayêkti ingsun langgar | gèn ngong tata baris nèng jawi praja gung | ing wona Randhukumbala | sêdhêng doh pêraking nagri ||
5. dening paduka wa patya | sampun tumut mring amba magut jurit | lawan sêpalih wadya gung | myang kangmas Nataarja | pra bupati sêkawan samia kantun | dèn prayitna ngrêksèng praja | yèn mêngsah cidra mrih jurit ||
6. sampun ngantya kasusahan | kêng bupati catur tumuta mami | de măncanêgari sagung | sêdaya ulun bêkta | kyana patih sakarsèng putra jumurung | wau Dyan Nila Prabăngsa | prentah nêmbang têngara glis ||
7. Rahadèn Kuda Gadhingan | mêsat sangking ngarsa suwarèng dasih | tandya pun guna pamukul | nabuh bêndhe angangkang | sinauran mariyêm munya jumêgur | pracina umangkat ing prang | gya daut sagunging baris ||
8. muntab lir jêladri bêna | srang gurnita swarèng têngara atri | para pratiwa tumênggung | sami nindhihi bala | miwah ingkang para atmaja sêdarum | golung-golungan pêpanthan | sajuru-juru arakit ||
9. Radyan Arya Brajanata | kang minăngka senapatining jurit | kinare ing wadya agung | mênggêp munggèng matêngga | busana bra songsong jênar yèn dinulu | kadya Prabu Bogadênta | sêmbada prakosèng jurit ||
10. para ri nèng wuri ngarsa | Radèn Kuda Gadhingan kang pangarsi | Dyan Pambêrêg Dyan Pamêcut | Radèn Kuda Layaran | Dyan Antunan Panji Sutra malihipun | Panji Gêdhah Panji Têpas | witana pêndhawa wijil ||
11. mangku wadya sowang-sowang | munggèng kuda
--- 72 ---
asongsong kartas putih | lampahing baris anglurug | kunêng gênti kawarna | Sang Sri Sukma Nglêngkara kang agêng wuyung | dhatêng putri ing Jênggala | Kusuma Rêtna Jinali ||
12. linipur mêksa kêrantan | ing sêmana lagya miyos tinangkil | mênggêp munggèng tarub agung | pinêpak wadyanira | sarta sami sumêkta sikêping pupuh | yèn tinampik dera nglamar | laju arsa budhal nuli ||
13. dhatêng nêgari Jênggala | sang dyah rêtna rinêbat ing ajurit | wadya gung miranti sampun | para raja dipatya | busana bra lir pendah ardi katunu | pratistha Sang Rajèng Gêdhah | lênggah anèng kursi rukmi ||
14. pra raja nèng kursi aglar | ngering nganan wadya aglar ing ngarsi | Patih Măndrasena ngayun | Prabu Sukma Nglêngkara | sadangunya lênggah kêng kaciptèng kalbu | namung Jinali Sang Rêtna | tansah ngandika lan patih ||
15. dêdugi panglamarira | wangsul tuwin kêtampana kêng tulis | sêmana tandya kasaru | dhatênge kang dinuta | raja kalih dumrajog anèng ing ngayun | Pawahi lan Jambi Nata | kagèt Sang Sri Gêdhahwilis ||
16. dhatêngira kêng wa paman | gêpah-gêpah pandangunya sang aji | lah andika paman prabu | manira dulu prapta | ge matura paran antuk karyanipun | matur Sri Lêmbubirawa | amba ingutus dewaji ||
17. anaosakên nuwala | mring ramanta Prabu Jênggalamanik | yêkti tiwas anak prabu | nuwala tan kêtampan | malah-malah kang sêrat sinêbit ajur | dhumatêng pun Brajanata | akarya pêpucuk jurit [juri...]
--- 73 ---
[...t] ||
18. kang wasta pun Brajanata | putranira natèng Jênggalamanik | langkung dening kumapurun | kawula ywa èngêta | kirang kêdhik kêraos ing tangan ulun | sumăngga ing karsa nata | Sang Sukma Nglêngkara Aji ||
19. duk mirsa ing aturira | ingkang paman Risang Narendra Jambi | sakêlangkung dukanipun | idêp mangada-ada | prakampita kang pêrnaja sumung-sumung | miyud kang kursi kêncona | akêras dènira angling ||
20. ora talah Brajanata | kumalancang nêbit nuwala mami | kaya apa warnanipun | tan kêna pinrih arja | wong Jênggala Si Tohpati gege lampus | hèh bapa Măndrasusena | Kusuma Rêtna Jinali ||
21. arsa sun rêbut ing aprang | ingsun budhal iya sadina iki | angkatna baris pênganjur | patih matur sandika | nêmbah mundur sing ngarsa suwarèng wadu | gumêrah wadya ing Gêdhah | srang-srangan anata baris ||
22. pra raja sabalanira | pra bupati sawadya galong rakit | êncik-êncik para twangku | sigra têngara budhal | tinêngêran mariyêm munya jumêgur | daut ingkang balakoswa | umèb lir jêladri ngalih ||
23. kêkasir kêkondha dwaja | pan kumêlab kadya alun pan asri | kênyaring gunastra marcu | yayah trunèng udaya | payung-payung lir pêksi krêndha rêratun | maryêm gêng asêla-sêla | sinarad ing kuda sapi ||
24. Sang Prabu Sukma Nglêngkara | apratistha munggèng ing rata rukmi | pangirid kuda nung-anung | tèji kawan kêmbaran | pan anglela kêng songsong rukma lir daru | dhasar sigit sri narendra | karênggèng busana adi ||
25. yèn sinawang warnanira | kadya Radèn Rukmarata duk jurit | kang dadya pangarsèng laku | Sang Sri Lêmbubirawa | lawan Prabu Maesadewa sawadu | anggêrgut gunging kuswala [kuswa...]
--- 74 ---
[...la] | kêng para raja pêngalit ||
26. nèng wuri myang wuri pisan | lyan pi[...] ngrêksèng pêkakas jurit | datan kawarna ing ênu | sêlatri lêrêb marga | enjing budhal ginêlak ing lampahipun | kawarna baris Jênggala | Dyan Brajanata sadasih ||
27. sêmana pan sampun prapta | wona Randhukumbala tata baris | anglêrêbakên ing wadu | sadalu mêsanggrahan | enjing budhal sêdya anglanggar ing pupuh | gya pangarsèng baris mulat | mêngsah ing Gêdhah kaèksi ||
28. prayitna wadya Jênggala | tata gêlar liman mêta ngajrihi | wong Gêdhah duk wrin ing mungsuh | prayitna dhèdhèr gêlar | prit anêba golong-golongan gumulung | Sang Prabu Sukma Nglêngkara | gêgununganirèng baris ||
29. ginarbêg wadya sêliran | kawan èwu padha wong wani mati | pêpatih dhadhaning pupuh | cucuk Sang Jambi Raja | lan Pawahi sabala galong anggêrgut | pênjawat ing kering kanan | pra raja para dipati ||
30. baris Jênggala wus tata | kang minăngka têtalèning ajurit | Dyan Kuda Gadhingan pêngkuh | sabala wingkridita | lawan rayi tatiga de gadhingipun | Tumênggung Sêcanêgara | lan Arya Maesapati ||
31. lawan Kya Surasênjaya | myang Tumênggung Mesamêrjaya nênggih | pêngawat kering pra sunu | kanan măncanêgara | tan antara kêng yuda anulya campuh | mungsuh rowang barêng surak | tan ana sêdya gumingsir ||
10. Durma
1. kang minăngka tulale Radèn Gadhingan | sabala nêmpuh wani | wong Jambi atadhah | wong Pawahi cucuk prang | kanan kering barêng ngungkih | rame kêng tinggar | kadya
--- 75 ---
[...] ingkang ardi ||
2. sênjata gêng sinungsun-sungsun lir gêlap | barung sakêthi tarik | mimis drês lir jawah | mungsuh rowang kèh pêjah | tan ana kang ngucap ajrih | wangke gêlasah | tansah ungkih-ingungkih ||
3. kêng swara ngrok kadi alun nêmpuh parang | prakêmpa bumi gunjing | langit lir kumêlab | pêtêng kokaping obat | wor lêbu kambah ing jurit | dadya gagapan | lir pendah têngah wêngi ||
4. gêbyaring kang cumbon pan kadi bêsrasa | mimis saengga thathit | lir tawon swaranya | lyan sumêngèr kapyarsa | anratas manêmpuh baris | sikêpaning prang | murub katiban mimis ||
5. payung dwaja lêlayu pêdhot manglayang | lir kuwung tibèng siti | nêmpuh jalma tatas | kang têguh toblag kuntal | jêmparing pasêr mênuhi | kuda kèh pêjah | wangke lir parang curi ||
6. rajèng Sambas Mêlayu myang Puntianak | kang nèng pangawat kering | yuda lan pra putra | maryêm tinggar wus pêjah | caruk watang gandhi piling | limpung nênggala | tan ana nguciwani ||
7. kang nèng kanan wong Gêdhah gangsal bupatya | Dêmang Dhandhang Minangsi | lan Kêbo Lorodan | tri Arya Wirubraja | catur Dyan Kalamisani | jangkêpnya gangsal | Tumênggung Jayèngwèsthi ||
8. saha bala têmpuh lan măncanêgara | rame asilih-ungkih | Radèn Brajanata | pamugarining laga | kang dadya awaking baris | kinare wadya | mênggêp swandana èsthi ||
9. anung dibya awasta pun Puspadênta | nate
--- 76 ---
ingagêm jurit | têguh tur anjalma | galak kagila-gila | Rahadèn Panji Tohpati | datan sêrănta | mulat ingkang ajurit ||
10. kang swandana dèn angkus nrêgakên bala | pêpulih longing baris | tulalening gêlar | Radèn Kuda Gadhingan | miwah kang minăngka gadhing | catur niyaka | duk binrêg sangking wuri ||
11. saha bala mangamuk lir saradula | tadhah prajurit Jambi | Pawahi kotbuta | caruk biring lugora | nênggala pêrasu piling | lyan ujung pêdhang | swara pating kalêngcring ||
12. ting galothak kumêpruk kang bindi gada | braja putung cumêngkling | swara lir ampuhan | pêpati anggêlasah | dhêdhêl ngarsa jêjêl wuri | sami sudira | tan ana ngeman pati ||
13. kanan kering pan sarêng panêmpuhira | rame rok silih-ukih | gêdêr magênturan | carub wor liru papan | wong Jênggala măncanagri | kuciwa ing prang | mandhêlong ingkang baris ||
14. dening pamukira bupati ing Gêdhah | gangsal sura sinêkti | Dyan Kuda Gadhingan | prayitna awas mulat | yèn pênjawat kanan ngisis | mingêr tulung prang | tinilar ingkang dasih ||
15. lawan rayi tiga sawadya sêliran | wolung dasa nuranggi | angrapakên kuda | tulung măncanêgara | tinêmpuh mêngsah kang ngusir | gègèr puyêngan | kathah tatu myang lalis ||
16. pulih barisira wong măncanêgara | rame malih kang jurit | Sri Lêmbubirawa | lan Sri Maesadewa | angantêp dènira jurit | têdhak sing kuda | sikêp dhêndha sang kalih ||
17. miyak bala mangamuk lir saradula [sa...]
--- 77 ---
[...radula] | singa sinêrang ngisis | kêng kaciptèng nala | Risang Lêmbubirawa | mung senapatining jurit | Dyan Brajanata | ngruruh sarywa mrih pati ||
18. sru kaetang bêntèring tyas duk nêbit srat | dadya ambubrah baris | glar dirada mêta | tulale lagya bênggang | kêng măngka gadhing kalindhih | catur bupatya | kiwul-kiwul katitih ||
19. kalihira dhasar wantêr widagdaya | kinêmbulan tan osik | kèh mantri Jênggala | kêbabit gada pêjah | Tumênggung Maesapati | kawal kasingsal | kungsul rêmpu kang wêntis ||
20. Dyan Tohpati mulat kêlangkung bramantya | rusak gadhinging baris | mangsah miyak bala | ingangkus kêng dipăngga | amandhi gada ngajrihi | wrat sèwu katya | wadya sami nututi ||
21. raja kalih wus panggih ayun-ayunan | Rajèng Jambi sukanting | asru sêbdanira | lah dalah ingsun bêgja | têmu lan sira Tohpati | payo tutugna | nguja suraning jurit ||
22. nguni cuwa nèng ngarsaning ramanira | yèn kêna sira ugi | sun eman ywa yuda | angur angaturêna | Kusuma Rêtna Jinali | mring Natèng Gêdhah | mênawa têkèng pati ||
23. apa sira nora kulak tuku warta | yèn ingsun ratu luwih | andêle Sri Gêdhah | gagêdhug anjlagêdhag | Dyan Brajanata duk myarsi | wuwusing nata | dukanira tan sipi ||
24. sru ngandika sarwi anudingi dhêndha | ora talah sira ngling | denea suwiyah | têka amonyah-monyah | si yayi Rêtna Jinali | sun ulungêna | yèn ingsun mêksih
--- 78 ---
urip ||
25. tanbuh wuri yèn ingsun wus têkèng lena | ywa sira mangsah jurit | Si Sukma Lêngkara | majua ing ayuda | sun ujane padha siji | Sang Jambi Raja | kotbuta myarsa ing ngling ||
26. ngikal dhêndha mangangkah kumbaning gajah | prayitna Dyan Tohpati | tinangkis ing gada | kasingsal ponang dhêndha | sayandik Narendra Jambi | pêksa mangrangsang | dèn tulale ing èsthi ||
27. gya binucal mamprung dhawahira têbah | rajèng Pawahi ngukih | kêng bindi ingikal | dirada saya galak | Maesadewa binabit | tulale rêbah | rinênjah wus ngêmasi ||
28. wadya Jambi Pawahi mangêbyuk ing prang | mring Radèn Wanagiri | tawok lêmbing kantar | mangrampog ganjur atap | rajaputra nora osik | saya gambira | ngiwa nêngên anggitik ||
29. kêng dirada pun Puspadênta magalak | kinarayok saya ngrik | ngolang-ngaling mêta | tan na braja tumama | wong Jambi kathah ngêmasi | ginadhing tatas | rinênjah jur wor siti ||
30. kawimbuhan wadyanya Dyan Brajanata | nungkêb sing kanan kering | mêngsah saya sosrah | kang nèng kering kawarna | putra nênêm kyat ing jurit | Radèn Antunan | Jêjêtan Radèn Wijil ||
31. Radèn Kuda Pambêrêg Dyan Panji Têpas | Kuda Layaran tuwin | arame prangira | lawan katri narendra | wus kathah ingkang pêpati | mungsuh lan rowang | riwut tan nolèh wuri ||
11. Pangkur
1. wadya lit mirut malarat | sasisaning pêjah sami anêbih | dhasar balaning pra sunu | akêdhik têdhakira | nora tahan nrang baya akuthah marus | kang mêksih panggah tumanggah | kantun pra abdi kêkasih ||
2. ana ngênêm myang
--- 79 ---
nyadasa | pêngkuh ing prang datan nêdya gumingsir | sangkut lan wadya Mêlayu | ing Sambas Puntianak | tan prabeda namung kari andêlipun | pra twangku êncik ramya prang | lan kêkasih para aci ||
3. ana kêng ijèn-ijènan | wênèh dèn but tiga kinaro kuntit | mêksih kathah wong lumayu | lawan wadya pra putra | sêprandene wong sabrang kalês ing pupuh | dhasar sami widagdaya | kêkasihing para siwi ||
4. ginlintir dinulang mangap | tan kumêdhap labuh pati mring gusti | wontên juga kinarubut | wasta pun Suradarsa | dening êncik tiga nênggih wastanipun | êncik Purtin êncik Mandras | katiga êncik Kampodin ||
5. tan kewran pun Suradarsa | sikêp pêdhang kinarubut ing bodhik | Dyan Panji Têpas winuwus | ingkang ayuda lawan | twangku Mandar tan ana kuciwanipun | sami dharat sikêp watang | adangu ukih-ingukih ||
6. Dyan Pambêrêg kang yuda lan | twangku Marjan rame agênti kêris | Dyan Wijil tandhing apupuh | lawan Nêrpati Sambas | Sri Baswara Dyan Jêjêtan rame pupuh | lan wong agung Puntianak | wasta Mraja Ibniyodin ||
7. Rahadèn Kuda Antunan | ijèn lawan Sri Malayu Nêrpati | têngran Raja Pasaksiyung | kuntit Mlayu Narendra | ya ta Patih Măndrasusena kawuwus | duk cucuking yuda dhadhal | Rajèng Jambi myang Pawahi ||
8. sigra mangsah miyak bala | arsa mêthuk pamuknya Dyan Tohpati | wadya sumusul gumulung | wau Dyan Brajanata | wus kawuron ing aprang nirbayèng pupuh | têdhak sing diradanira | mangsah dharat [dha...]
--- 80 ---
[...rat] sudira ngrik ||
9. pratistha amandhi dhêndha | kêng netyandik tinon ngebat-ebati | tuhu sang narendra sunu | bêbanthènging Jênggala | tau tatal angrusak gêlaring mungsuh | sawadyanira gambira | tansah prayitna nèng wuri ||
10. sarwi amukul têngara | bêndhe bèri kêndhang gong têtêgnya tri | wor surak gora gumuruh | Patih Măndrasusena | awas mulat mring Dyan Tohpati Sang Bagus | gya pinapag yun-ayunan | kya patih wuwusnya bêngis ||
11. hèh prajurit sira sapa | kumasura solahmu nglêlanangi | apa senapatènipun | nêbda Dyan Brajanata | aja tambuh ya ingsun mênggalanipun | bêbanthènge wong Jênggala | aran Dyan Panji Tohpati ||
12. lah ta sira iku sapa | wani-wani mapag ing yuda mami | baya sira gege lampus | êndi Sukma Nglêngkara | sun ujane kadigdayaning apupuh | bêndu Ki Măndrasusena | akêras dènira angling ||
13. aja tambuh iya ingwang | Măndrasena ing Gêdhah kang pêpatih | ya Lêmbulêksana ingsun | aja sira anantang | sri narendra ingsun bae tandhing pupuh | lan sira kaya tan cuwa | kurdha Radèn Wanagiri ||
14. gêgêt waja ngikal dhêndha | Măndrasena jinangkah yitna tangkis | ing bindi wêntusnya murub | sami karosanira | dadya rame ayuda pupuh-pinupuh | yèn gadanira kaliwat | bungkar orêg kang pratiwi ||
15. wong Jênggala myang wong Gêdhah | tansah sami surak ramya nèng wuri | têngara tinêmbang umyung | ebat gusti kang yuda | ramya pupuh-pinupuh sami kyatipun | kasliring Dyan Brajanata | kêsabêt kungsul kang wêntis ||
--- 81 ---
16. rêbah nèng kisma sakêdhap | nulya wungu gêdrug karêkat pulih | kêlangkung bramantyanipun | ingantêp rosanira | Măndrasena ginada tangkisnya murub | nratas kang dhêndha mring ăngga | ambruk ing kisma kya patih ||
17. pinupuh malih ing gada | sirahnya crah kapisanan kya patih | wadya ing Gêdhah mangêbyuk | dhatêng Dyan Brajanata | balanira Dyan Prabăngsa nungkêb pupuh | kêlangkung ramening yuda | mungsuh rowang akèh mati ||
18. Rahadèn Nila Prabăngsa | saya sura mamuk mêngsah matitih | kinêmbulan nora wiguh | ngiwa nêngên anggada | singa ingkang tinarajang kèlês gisus | wau bupati tatiga | duk wrin senapati ngukih ||
19. nulya ngêmbul ing ayuda | wadya Gêdhah saya bubrah kang baris | myang kanan kering mangêlud | baris măncanêgara | antuk titih Bupati Gêdhah kaburu | Rajèng Sambas Puntianak | sami kêplajêng ing jurit ||
20. baris ing Gêdhah upama | lir dhawuhan larut katêmpuh banjir | mung kantun lêlajêripun | Prabu Sukma Nglêngkara | kang minăngka pangungsèning baris agung | sabala pan dèrèng obah | malang ratanya tan osik ||
21. mèsêm Sri Sukma Nglêngkara | aningali Radèn Panji Tohpati | dènnya nglanangi ing pupuh | kang wadya karisakan | sru bramantya ngabani ing balanipun | pilihan nanggulang ing prang | arame malih kang jurit ||
22. Rahadèn Nila Prabăngsa | nirbayèng tyas kawuron ing ajurit | ngamuk lan sawadyanipun | lir banthèng tawan brana | bala Gêdhah papilihan kathah lampus | Sang Prabu Sukma Nglêngkara | kêlangkung bramantyèng [bra...]
--- 82 ---
[...mantyèng] galih ||
23. mangsah gumrit ratanira | musthi capa prabawa kadya riris | kumrêcêk nibani mungsuh | wong Jênggala kèh pêjah | sêprandene tan ana kang sêdya mundur | Rahadèn Nila Prabăngsa | kotbuta saya krura ngrik ||
24. ngiwud dènira ayuda | ngiwa nêngên pagadanira[17] ngukih | ingkang pinêlêng ing kayun | namung Sang Rajèng Gêdhah | mêksih kathah baris kang mêpêti ngayun | radyan sinêrang prangira | ngisis wadya Gêdhahwilis ||
25. sêmana wus katingalan | sri narendra munggèng ing rata rukmi | Dyan Tohpati sukèng kalbu | sigra mêpêki rata | ponang kuda kusir miwah rodhanipun | ginada jur ting palêsat | sang nata malumpat aglis ||
26. sakêlangkung dukanira | musthi capa pamungkasing ajurit | ran hru pratama kumutug | murub tikswaning braja | Dyan Tohpati sinipat pêrnajanipun | warastra dibya lumêpas | kacundhuk Dyan Wonagiri ||
27. jajanira amalêsat | kentas têbih dhawah jawining baris | tan pasah usikanipun | sangking ampuhing braja | Dyan Tohpati kantaka dangu tan emut | tandya rinămpa ing wadya | binêktèng pakuwon aglis ||
28. mring wona Randhukumbala | wadya ingkang kantun nanggulang jurit | dyan wrin gustinya kêsambut | sêdya labuh pulih prang | kêtadhahan arame dènira pupuh | kêsapih latri sêmana | samya mundur ngêmu kingkin ||
12. Asmaradana
1. sang nata ing Gêdhahwilis | tan arsa mring pasanggrahan | dènira lêrêb dalune | namung mundur satêngah pal | sangking papaning aprang [a...]
--- 83 ---
[...prang] | andadak pakuwonipun | kêng kimah binabar wiyar ||
2. motha myang lakên kinardi | mila Sri Sukma Nglêngkara | tan arsa mundur barise | yèn gêmpal manahing wadya | dene ing prang kuciwa | wong Gêdhah akathah lampus | kantun sêpalih kang gêsang ||
3. kang tan pêjah sami kanin | sawênèh wontên kang minggat | giris mulat pangamuke | Rahadèn Nila Prabăngsa | wantêr kagila-gila | tan wrin yèn lagi kêsambut | senapatining Jênggala ||
4. sang nata sêkêlnya malih | pêpatihira pralaya | lan kang wa Pawahi Rajèng | sami andêling ayuda | kantun Sri Jambi Raja | dawêg dhangan sakitipun | duk yuda rêmpu kang ăngga ||
5. karsanya Sri Gêdhahwilis | sadintên tan arsa aprang | arsa ngayumi balane | sukaning galih sang nata | dening Dyan Brajanata | lagya kêsambut ing pupuh | najan tan têkèng palastra ||
6. măngsa sarasa tumuli | ngandêl ampuhing sarawa | narpa pangarsa-arsane | mirisa Natèng Jênggala | amasrahna atmaja | Rêtna Jinali Sang Ayu | tan wrin putra sanèsira ||
7. kang dadya andêling jurit | langkung sangking Dyan Prabăngsa | kasudibyaning palugon | kunêng Sri Sukma Nglêngkara | kocap baris Jênggala | sami prihatin ing kalbu | Dyan Tohpati nandhang brana ||
8. nora ngapa ingkang kanin | mung bintul ingkang usika | nanging kêlangkung gêrahe | sakêdhap-kêdhap kantaka | sangking mandining capa | ireka sarêng sêdalu | binêkta marang Jênggala ||
9. tinitihakên ing plangki | kang dhèrèk ing kundurira | namung kang rayi kalihe | Rahadèn Kuda Antunan | lawan Dyan Kuda Têpas | tansah karuna sang
--- 84 ---
bagus | sarwi anyundhang ing raka ||
10. saunduring Dyan Tohpati | kang gumantyèng karyanira | madêg senapati warnèn | Rahadèn Kuda Gadhingan | sangking rêmbaging kathah | ing sadèrèngira katur | mring Sang Nêrpati Jênggala ||
11. yèn wontên prakara nuli | kinarya watoning rêmbag | sadèrèngira ginantos | wau Dyan Kuda Gadhingan | kêng karsa rèhing aprang | sadintên tan arsa pupuh | anglêrêbakên ing wadya ||
12. nèng Radhukumbala latri | tansah anggusthi ing yuda | lan pra niyaka sagunge | sêbyantu pirêmbagira | sêdya tadhah kewala | ngandêli bitinganipun | maryêm gêng tata pinasang ||
13. kunêng kang miranti baris | kocap Sri Dewa Kusuma | lagya pinarêk kêdhaton | gya gusthi lan pramèswara | miwah sang rêsi kênya | dirèng pakramaning sunu | myang praptaning parangmuka ||
14. kêsaru wau kang prapti | Rahadèn Nila Prabăngsa | kêng kanin sangking palugon | nèng plangki tansah jinagan | laju manjing têratag | sang nata duk mirsa gugup | têdhak amêthuk ing putra ||
15. miwah sang dyah pramèswari | tênapi pandhita lara | sami kalara tangise | mring plangki mêrpêki samya | ngungun-ngungun sang nata | dening brana namung bintul | asangêt gêrahing putra ||
16. tansah grêng-gêrêng sang pêkik | anulya binayang mêdal | sangking ing jro pêlangkine | rayi kalih junjung ngandhap | nginggil rama sang nata | pinarnah ing jrambah sampun | kang ibu mêksih karuna ||
17. sêmana dèn usadani | dhatêng sang pandhita lara | rahadyan sênggang gêrahe | sakêdhap sagêd alênggah | nging mêksih jinaganan | lêjar tyasira sang prabu | gya miyos nimbali [nimba...]
--- 85 ---
[...li] patya ||
18. tan adangu sampun prapti | sang nata gêpah ngandika | hèh patih mintara age | mring nêgara Pranaraga | warahên anakira | kaki putra Marabangun | ing awite dadi yuda ||
19. nglamar Ni Rêtna Jinali | ing mêngko kadange brana | kaki Panji Tohpatine | nglabuhi kadange kênya | ni putra yèn sêmbada | dèn rêbuta prajanipun | kaya tan ana kang năngga ||
20. yudane wong Gêdhahwilis | liyane Ki Rawisrêngga | kawarta luwih sêktine | nguni gon ingsun ngajokna | kakange Ki Prabăngsa | dening anyar kramanipun | mênèk ana kang rubeda ||
21. putrèngsun Ki Wanèngpati | yèn takon Ki Brajanata | nora ngopoa kanine | malah tan têtês kang ăngga | nging bangêt laranira | baya sing ampuhe kang hru | nging mêngko pan mèh waluya ||
22. kancamu catur bupati | sakancane wong bumija | bantua marang palugon | andhèrèka putraningwang | dene kang ngrêksèng praja | ngamungna prajurit ingsun | lan Ki Wiranataarja ||
23. matur sandika kya patih | gya mêsat sing ngarsa nata | tan mawi mampir wismane | laju dhatêng Pranaraga | namung abdi sêdasa | sami kapalan sêdarum | gêgancangan lampahira ||
24. datan kawarna ing margi | praptèng dalêm kasatriyan | anuju sang sudibya nom | Rahadèn Gagakpêrnala | pinarak ing pêndhapa | amêpak kadeyanipun | dening wus miarsa warta ||
25. yèn wontên mêngsah gêng prapti | sangking nêgari ing Gêdhah | wus pinapag ing palugon | kang raka Dyan Brajanata | senapatining yuda | Radèn Panji Marabangun [Marabangu...]
--- 86 ---
[...n] | tansah kewran ing wêrdaya ||
26. arsa tan nusul ing jurit | tan tega dhatêng ing raka | arsa bantu ing palugon | ajrih ing rama sang nata | yèn dede ingkang karsa | dadya sang narendra sunu | tansah miranti ing yuda ||
27. sakadeyanira sami | sumêkta saha kuswala | datan antara dhatênge | Dipati Kudanawarsa | kagêt kang para putra | Radèn Panji Marabangun | ki patih pinêthuk tandya ||
28. gya tata lênggahan malih | kya patih bukuh silanya | tandya wêcananira lon | dhawuhkên sêbdaning nata | nêlas ing aturira | dhatêng Radèn Marabangun | wêkasan sang rajaputra ||
29. sinrahan pakaryèng jurit | wau Radèn Rawisrêngga | duk wrin Sri Gêdhah ardane | nglamar kang rayi sang rêtna | lumawan bitutama | têmah kang raka kêsambut | Dyan Tohpati nandhang brana ||
30. langkung bramantyaning galih | prakampita arka maya | sumung-sumung pêrnajane | miwah ingkang para dang |[18] sami amangku duka | tuwin Radèn Wukirsantun | sru kurdha datan girisa ||
13. Girisa
1. manguntar-untaring nala | Rahadèn Wukirkusuma | dening pêpacanganira | linamar Sang Natèng Gêdhah | kadya ge monah narendra | Sang Prabu Sukma Nglêngkara | mèsêm Radèn Narawăngsa | mulat Dyan Mlayakusuma ||
2. ki patih malih turira | nah anggèr Dyan Rawisrêngga | paduka binêktan wadya | kănca sêkawan bupatya | sarèrèhanya bumija | matur nuwun rajaputra | Dipati Kudanawarsa | pamit mundur sing byantara ||
3. wau sang narendra putra | gya prentah budhalkên bala [ba...]
--- 87 ---
[...la] | mêsat Dyan Jayamiruta | swarèng wadyabala kuswa | dhasar wus sami mirantya | wadya gung ing Pranaraga | daut pangarsaning bala | wau Dyan Jayamiruta ||
4. kang dadya mênggalanira | anggêrgut tandanging wadya | nulya Dyan Jayaandaga | sabala sami gambira | tandya Radèn Jayasena | sawadya apartisara | anracak wong Judhipatya | gêng luhur polèng kampuhnya ||
5. nulya Radèn Jayèngrana | saha bala sura-sara | tuhu radèn kang minăngka | kumêndhaning adilaga | anata lampahing wadya | tan manggèn ing pêrnahira | sru mulat bubrahing bala | nulya Dyan Wukirkusuma ||
6. lawan Dyan Sinompêrdapa | tan pisah sami nèng kuda | saprajuritira tata | tandya wadya Jayèngastra | sèwu wahana turăngga | sikêpannya warna-warna | tri atus waos talêmpak | ngrangkêp pêdhang pastul tinggar ||
7. nulya wong Trunaasmara | pan sèwu dharat sêdaya | upêsir kang munggèng kuda | lurah myang wêdananira | saduman sikêp sênjata | buwis paston sumbunira | sikêp biring kang saduman | tri atus sikêp warastra ||
8. anulya ing tindakira | Jêng Radyan Gagakpêrnala | rêspati nitih turăngga | dhawuk pan agêm pusaka | kya dhalang antêban dibya | kinare wadya prawira | asri ingkang upacara | songsong gilap tunggul rêtna ||
9. Radèn Kuda Narawăngsa | tan pisah sami nèng kuda | arapêt wahananira | samarga mangun pisuka | Radèn Panji Rawisrêngga | lan ari Radèn Ngasrama | pamungkasing [pamungka...]
--- 88 ---
[...sing] barisira | catur niyaka Jênggala ||
10. ing ênu datan kawarna | rawuh ing Randhukumbala | Rahadèn Gagakpêrnala | sawadyanira atata | Rahadèn Kuda Gadhingan | miwah para arinira | tuwin gung wadya Jênggala | duk rawuh Dyan Rawisrêngga ||
11. sami egaring wêrdaya | ngraos badhe numpang prangnya | pêrcayèng dibyaning yuda | Radèn Inokêrtapatya | langkung sing Dyan Brajanata | gêrgut kêng para prawira | najan tan nyaliranana | ing aprang sang rajaputra ||
12. ugêr jênêngi kewala | agêng manahe gung wadya | kunêng ing Randhukumbala | kocap Sri Sukma Nglêngkara | kêng ngayumi barisira | mêmulih tyasing kuswala | datan antara wus tata | anggêrgut gungirèng wadya ||
13. longing baris tan katara | dene giranging prawira | têkèng sikêp ngajap yuda | pracaya dibyaning narpa | jêr wus trang pawartanira | yèn senapatining Jawa | Rahadèn Nila Prabăngsa | lagya sangêt nandhang brana ||
14. sigra Sri Sukma Nglêngkara | parentah ngangsêg ing yuda | marang ing Randhukumbala | kang dadya cucuking yuda | Sang Prabu Lêmbubirawa | wus arkat sariranira | pulih kasudiranira | ngeja pêpulihing yuda ||
15. wadya gung budhal sêksana | muntab pan kadi hèrnawa | sêdya nglanggar baris Jawa | mring têgal Randhukumbala | warnanên wong Pranaraga | daut sangking pêrnahira | sêdya anglantak wong Gêdhah | kang dadya mênggalèng laga ||
16. Rahadèn Jayamiruta | lan Radèn Kuda Gadhingan | sabala sami sudira | sumêdya ngantêp ing yuda | tan antara wong Jênggala | tanapi ing
--- 89 ---
Pranaraga | mulat barise wong Gêdhah | gya pinêlak lampahira ||
17. wadya Gêdhah duk tumingal | ngangsêg barising Jênggala | dinulu langkung gêngira | kaot lan kang wus kalakyan | lir samodra tanpa tirah | sarta amawi prabawa | singêr sênêning gunastra | kêng tejamaya ngambara ||
18. wong Gêdhah miris tyasira | rangu-rangu sru rêringa | dadya ririh lampahira | Sang Prabu Lêmbubirawa | mulat rêmbêna kêng wadya | bramantya datan sêrănta | majêng anglancangi bala | gumulung para prawira ||
19. sumêdya nêmpuh ing yuda | mungsuh rowang barêng mara | sigra campuh padha sura | tinggar rug lir guntur arga | mariyêm lir bajrapaka | wor surak kagiri gora | barung têngara gurnita | kadi ngrubuhna akasa ||
20. mimis andrês pindha warsa | pêtêng mukswa ling kucika | mungsuh rowang long-linongan | kanin pêjah tan ingetang | dhêdhêl ngarsa wuri nunjang | tinggar pêjah caruk watang | gada nênggala kris pêdhang | kang aprang sêrang-sinêrang ||
21. wong Gêdhah kèlês katimpah | pulih-pulih kasulayah | dhasar karoban ing mêngsah | Sri Jambi bêndu manêngah | ngiwa nêngên nrêgkên bala | bola-bali mêksa sosrah | gya mangsah lan andêlira | wolung dasa padha sura ||
22. Rajèng Sambas Puntianak | balanya wus kathah pêjah | krodha sêdya ngantêp ing prang | lan andêlira wong dhomas | tan ana wong nêdya gêsang | mangamuk lir banthèng brana | cucuking prang wong Jênggala | Pranaraga karepotan ||
23. Sang Puntyanak Narendra |[19] nora pati yèn wantêra | nging ragi ampuh ing yuda | dènira
--- 90 ---
asugih donga | tuhu darbe paguronan | ngran Sang Tobrani Bêgawan | marma ing prang wirutama | sabala pêpulih rampak ||
24. Rahadèn Jayamiruta | miwah Dyan Kuda Gadhingan | kêlangkung bramantyanira | wadya kalindhih ing yuda | umangsah nglancangi bala | sikêp waos dyan kalihnya | mangamuk lir saradula | kêlangkung ramening yuda ||
25. kawarna Dyan Jayèngrana | manêngah mangsah ing laga | bêndu kêng cucuk kuciwa | rêspati sasolahira | lir sangsam ranggah mrih yuda | nampir kunca ing wêrăngka | winingkis kampuh kêng kiwa | angering jêbêng pratistha ||
26. anganan curiga dibya | singa sinêrang gêlasah | Rahadèn Jayaandaga | nêmpuh sangking kering sura | mangsah dharat tilar bala | mangamuk lan suku asta | jêjêk nêndhang mancad pundhak | bêthot murda kapisanan ||
27. Rahadèn Kalang kawarna | nêmpuh sing kanan bêk krura | pinarbutan mêngsahira | tinon lir dirada mêta | mangamuk lan suku asta | dhenga kang dhinupak rêmak | jinêjak ajur wor kisma | nirbaya tan gumingsira ||
14. Durma
1. wadyanira wong Judhipati nusul prang | saya kiwul ing jurit | Radèn Jayasena | kawuron ing ayuda | anyandhak bangke turanggi | kinarya balang | miwah maryêm cinangking ||
2. pan kinarya mangamuk mupuh ing mêngsah | sosrah wong Gêdhahwilis | pra andêl kèh pêjah | êncik-êncik kêcandhak | lyan irung pisêk kasêbit | mata macuthat | ana bau kapalih ||
3. wontên êncik sajuga kêcandhak gêsang | kinarya amupuhi | cik Kêring ranira | wong Gêdhah saya bubrah | êncik Kêring jur ngêmasi | raja ing Sambas | lan Mêlayu Nêrpati [Nêrpa...]
--- 91 ---
[...ti] ||
4. sarêng mangsah bêndu wadyanira sosrah | sikêp pêdhang sang kalih | Radèn Jayasena | kinaro ing ayuda | pinêdhangan nora osik | raja kalihnya | cinandhak kanan kering ||
5. gya ingadu kumba sirah crah wus pêjah | wau Puntyanak Aji | kawuron ing yuda | pinapag Dyan Gadhingan | rame ujung jambiya kris | datan kuciwa | Lurah Cêkruk kawarni ||
6. nêngah ing prang bungah ngêrbuti dandanan | mêngsah kang sami lalis | tênapi kêng brana | bikut nèthèli anggar | mulat kang rukêt ajurit | Radèn Gadhingan | lan Mraja Ibniyodin ||
7. wau Prabu Puntianak kathetheran | ginoco tan nêdhasi | nging kajêngkang-jêngkang | rumangkang karepotan | Radèn Gadhingan anitir | panudukira | Sang Prabu Ibniyodin ||
8. surbanira kasingsal pan kaleweran | kêthu malêsat têbih | Ki Cêkruk sukèng tyas | mulat gundhul malinas | gya nyandhak rêmukan bêdhil | Sri Puntianak | pinapor dhasnya titis ||
9. rah sumirat kapisanan wus pralaya | Sadulumur nèthèli | sapêlik tanpa mas | mung kêng cathok suwasa | lawan angandhut hèrlaji | sampun dèn alap | kawarna Rajèng Jambi ||
10. wus tandhing prang lan Radèn Jayaandaga | rame dènira jurit | sami rosanira | kèkèt kêng pupu jăngga | dhasok-dhinasok mrih titih | sêndhal-sinêndhal | cêngkah ungkih-ingukih ||
11. Radèn Jayaandaga ambêk sarosa | Narendra Jambi kuntit | cinêngkah kalumah | sigra jaja ingidak | pinancad kêng pundhak kosik [ko...]
--- 92 ---
[...sik] | murda pinêgat | kapisanan Sri Jambi ||
12. wadya Gêdhah mawut sasisaning pêjah | Sang Sukma Nglêngkara Ji | langku[20] dukanira | kêng wadya sirna gêmpang | kantun kêng abdi pinilih | mung kalih kupang | gya binêrêg pêpulih ||
13. Prabu Sukma Nglêngkara munggèng turăngga | kamot kaprabon jurit | kang wadya sêliran | tan ana sêdya gêsang | wong jayèngastra ngêbyuki | rame kang yuda | wong Gêdhah mêksa klindhih ||
14. Sang Sri Sukma Nglêngkara musthi sarawa | prabawa kadya riris | wadya Pranaraga | Jênggala kagegeran | akathah tatu myang lalis | Dyan Rawisrêngga | dukanira tan sipi ||
15. musthi capa panulak bubul abaran | ngênèni panah sêkti | myang Dyan Narawăngsa | anglêpasi warastra | jêmparing prabawa ênting | Sang Rajèng Gêdhah | kodanan ing jêmparing ||
16. wangsulirèng sarawa sarêng katulak | ngênèni sri bupati | lan sabalanira | wong pinilih dwi kupang | sosrah kèh tatu myang lalis | sisaning pêjah | bubar wadya pinilih ||
17. Prabu Sukma Nglêngkara kesisan bala | siji tan ana urip | anglela nèng kuda | tansah kadrêsan capa | têguh lawan kang turanggi | Dyan Wukirsêkar | mulat bêntèring galih ||
18. dhatêng Rajèng Gêdhah dènnya datan obah | kataman ing jêmparing | Dyan Prabatasêkar | pamit ngraka Sang Panjya | ingidèn umangsah jurit | wus munggèng kuda | ngêmbat watang kumitir ||
19. pra prawira Jênggala myang Pranaraga | nungkêb sing kanan kering | kinêpung Sri Gêdhah | mrih
--- 93 ---
aywa wegya gagal | wong jayèngastra nututi | mêngsah kêng mlajar | pinlêcit ing turanggi ||
20. lyan kêcandhak gêsang pan laju binănda | wênèh kêcandhak lalis | Sri Sukma Nglêngkara | kinêpung tan rêringa | byating tyas wus ngèsthi pati | atmajèng Daha | wus yun-ayunan jurit ||
21. lan Sri Gêdhah sang nata ngasta talêmpak | nêbda Dyan Wukirsari | lah ta baya sira | kang ran Sukma Nglêngkara | kang nglamar Sang Dyah Jinali | apa tan wruha | yèn Onêngan Sang Dèwi ||
22. pan wis lawas gon ingsun magangi sang dyah | sira sru mêjanani | mêngko rasakêna | wus gusis wadyanira | yèn kênoa sri bupati | angur nututa | eman mênawa mati ||
23. warnanira bagus pan mêksih taruna | ngabdia mring rama ji | pêsthi dadi sira | litnan kolnèl tamtama | besuk sun suwunkên putri | darahing nata | mung aja Dyah Jinali ||
24. sira suwun amêsthi ingsun tan suka | sang nata bêndu myarsi | dirèng wuwusira | Radèn Wukirkusuma | akras ngandika sang aji | ywa kakyan ujar | ingsun tan nêdya urip ||
25. wus jamake ratu anglabuhi bala | wadyaningsun sirnanting | merang sun uripa | yèn putri ing Jênggala | nora kagarwa mring mami | angur matia | nora dêdawa warti ||
26. Radèn Wukirkusuma langkung bramantya | gêgêt waja netyandik | lawungnya dèn ikal | sang nata linarihan | prayitna Sri Gêdhah tangkis | lawung ginêbang | dadya rame ajurit ||
27. gênti watang-winatang gêbang-ginêbang | tan ana kêng kasliring | sami prawiranya | najan amrananana | mring ăngga tan ana busik | sami nèng kuda | wasis molah turanggi [turang...]
--- 94 ---
[...gi] ||
28. dangu yuda tan ana ingkang kuciwa | tandya Radèn Sêsimping | ngrapakên turăngga | ngêmbat watang pratama | Rajèng Gêdhah dèn kalihi | kewraning yuda | sang nata ambêk pati ||
29. Radèn Sinompêrdapa pinêlêng ing tyas | linantaran ing biring | kêng waos ginêbang | Dyan Wukirsari numbak | sing kering kanggêk sang aji | Dyan Lêmpungkaras | sangking kanan nglarihi ||
30. lambungira Sri Gêdhah pan kawatgata | prana rahira mijil | kêng jaringan mêdal | sang nata mêksih sura | usus sinampir ing kêris | nging astanira | gumêtêr sri bupati ||
31. waos rêntah sêdya anarik curiga | Rahadèn Wukirsari | sing kering manumbak | jaja trus ing walikat | tan tahan Sri Gêdhahwilis | dhawah sing kuda | nèng kisma angêmasi ||
32. kuda bêdhal nulya rinampog ing kathah | wau Dyan Wukirsari | têdhak sing turăngga | Prabu Sukma Nglêngkara | tinigas murdanya titis | surak gung wadya | enggar sri nata lalis ||
15. Sinom
1. sukèng tyas kang mênang yuda | wadya ing Jênggalamanik | tênapi ing Pranaraga | sami bêbandhang brana di | miwah astraning jurit | wong jayèngastra kang ngêlud | mêngsah ingkang lumajar | sêdaya pan sampun prapti | anèng ngarsanira Radèn Rawisrêngga ||
2. kang sami kêcandhak gêsang | wadyabala Gêdhahwilis | kawan atus wus binănda | para prawira pra êncik | liya kang nutut sami | bablas minggah mring pêrau | sawênèh ngungsi wona | lyan namur dadya wong Jawi | rajaputra gya nimbali pra kadeyan ||
3. tan antara sami prapta | kubêng ngarsaning Dyan Panji | andangu kraharjanira [krahar...]
--- 95 ---
[...janira] | sêdaya kang mêntas jurit | matur Radèn Pêrmadi | pan wus dèn rolis sêdarum | para kadang kadeyan | bupatya tan ana cicir | mung prajurit lan mantri pêjah sawidak ||
4. tri atus kang sami brana | sokur ing driya Dyan Panji | sangking pangrêksaning dewa | anjurung ungguling jurit | ya ta ngandika manis | Radèn Panji Marabangun | dhatêng Radèn Gadhingan | kakang muliha dèn aglis | umatura mring rama Prabu Jênggala ||
5. ing sasaniskarèng yuda | sira pan wêruh pribadi | têlukan prajurit Gêdhah | saosna rama sang aji | sun nuwun apuntên sih | banjur mulih bae ingsun | nora seba sang nata | Radèn Gadhingan mastuti | narpaputra parentah budhalkên bala ||
6. kundur dhatêng kasatriyan | gya daud sagunging dasih | kadya duk ing angkatira | sowang-sowangan kêng baris | Dyan Gadhingan sêdasih | bala ing Jênggala kumpul | budhal malbèng nêgara | tan kari wong Gêdhahwilis | kawan atus pan têksih sami binêsta ||
7. datan kawarna ing marga | prapta sajroning nêgari | Rahadèn Kuda Gadhingan | tênapi kang para ari | tuwin sagung bupati | myang wadyabala sêdarum | orêg nagri Jênggala | samyenggar unggul ing jurit | kang ngêntasi ing karya Dyan Rawisrêngga ||
8. wus katur ing sri narendra | dhatêngnya kang mêntas jurit | Rahadèn Kuda Gadhingan | miwah ingkang para ari | tuwin sagung bupati | tandya ngandikan sêdarum | kang anèng ngarsa nata | Rahadèn Panji Tohpati | pan wus dhangan dènira grah nandhang brana ||
9. miwah Kya Kudanawarsa | wau ingkang mêntas jurit | nulya sami ngaras pada | sêlur majêng gênti-gênti | wusira
--- 96 ---
tata sami | Dyan Kuda Gadhingan matur | ing rama sri narendra | pukulun sri narapati | putra dalêm nah anggèr Dyan Rawisrêngga ||
10. nuwun duka sri narendra | tan mawi sowan ngrama ji | pan laju kundur kewala | akathah karya ing wuri | dening prakawis jurit | sangking idi sang aprabu | mêngsah wus sirna gêmpang | pun Sukma Nglêngkara Aji | wus pralaya laju tinigas kêng murda ||
11. pêjahira Natèng Gêdhah | ing yuda dipun kalihi | pun yayi Sinompêrdapa | lan yayi mas Wukirsari | wong Gêdhah kêng katali | kathahira kawan atus | sumăngga karsa nata | sang narpa ngandika manis | hèh Gadhingan kabèhe ingsun tarima ||
12. dene bêbandan wong Gêdhah | lah padha tarinên sami | kêlamun anêdya gêsang | kabèh sun apura yêkti | namung sun mundhut kêdhik | kabèh kasraha nak ingsun | sêtun satus kèhira | kakangira Ki Tohpati | paringana jêr padhantuk karyanira ||
13. sandika kang sinung sêbda | ngandika malih sang aji | hèh Patih Kudanawarsa | wadya gung ganjarên sami | pêpangkatirèng kardi | wadya kang padha kêsambut | ing aprang gêntènana | kadang utawa kang siwi | sapantêse miwah ingkang nandhang brana ||
14. padha sira opènana | pangan myang tambaning jalmi | kabèh iku wajib ingwang | nêmbah sandika kya patih | gya luwaran sang aji | kyana patih mêdal sampun | miwah Dyan Brajanata | tênapi sagung sumiwi | wadya Gêdhah sêmana wus linuwaran ||
15. kang pinundhut mring narendra | mung wong pitung dasa êncik | lawan mantri tigang dasa | pinatah-patah kêng kardi | ana kinarya
--- 97 ---
koki | wênèh kinarya pênatu | ana dadya musikan | liyan dadya wong mênjait | mantrinira pan kinarya juru dagang ||
16. Rahadèn Nila Prabăngsa | satus bageaning jalmi | kêng kalih atus wong Gêdhah | mring Dyan Panji Wanèngpati | ya ta wau kawarni | Radèn Putra Marabangun | kundur sangking payudan | sakadeyanira ngiring | pra prajurit laju mantuk sowang-sowang ||
17. dene kang para kadeyan | dèrèng wontên bubar sami | laju marang pêkajangan | wau sang narendra siwi | kundur ing dalêm nuli | pinêthuk mring garwanipun | Sang Dyah Căndrakirana | myang Sang Dyah Rêtna Jinali | atênapi kang para sêlir biyada ||
18. cundhuk anèng ing taratag | Dyah Galuh laju mijilki[21] | dirèng padanirèng raka | dyan putra sarêng ningali | kang rayi sang dyah ragil | kraos ing driya kumênyut | dening dadya lampahan | ingêlus bune kang rayi | rajaputra laju lênggah ing jêrambah ||
19. nahan ing kala sêmana | Radèn Inokêrtapati | mêksa tan marêm ing driya | ningali Dyah Sêkartaji | ing galih tansah nganti | ruwatira sang rêtna yu | lir nganti timbulira | watu itêm nèng jro warih | sang kusuma lami tan kapadhan karsa ||
20. dening raka manggung ewa | tan pupug raosing galih | cuwêngah asmaranira | marêming Dyah Sêkartaji | lamun ngangkat aguling | kalingling lêlatèng lulut | kadibyanirèng raka | panyiptèng asmaragami | wungu nendra sang dyah rêtna kudandapan ||
21. dening Dyan Panji tan ana | têrkadhang nimbali sêlir | kang asring lênggah nèng jaba | lan Dyan Wasi Jayèngrêsmi | tan kenging pisah kêdhik | wau sang narendra sunu | lawan Dyan Narawăngsa [Nara...]
--- 98 ---
[...wăngsa] | tansah manguswèng pudya sih | runtang-runtung lir mimi saparanira ||
22. Rahadèn Gagakpêrnala | wau ing sansaya lami | kraos onênging asmara | mring garwa Dyah Sêkartaji | kang jinêmpana ngangin | mêksa tan marêm ing kalbu | dhatêng kang mindha warna | tan lyan paraning wiyadi | dhatêng ingkang rayi Radèn Narawăngsa ||
23. tan kadya mulat ing priya | lir kagiwang asmarèstri | kewran mrih têlênging tilam | dadya manggung manguswèng sih | sih titising mêmanis | manrus kongasing pudya kung | kungkal ing kalênglêngan | sêtun pambukèng brăngta sih | namur guwya sarya ngras angrangkul madya ||
24. Radèn Kuda Narawăngsa | yèn raka dyan Kêrtapati | kaduk panrêging asmara | sru duka laju ngewani | risang narendra siwi | kêlangkung pangrêpanipun | minta-minta apsama | lêjar Radèn Jayèngrêsmi | dening sampun kêpapan janjining sobat ||
25. Kusuma Căndrakirana | tansah nginjên nitik-nitik | sasolahira kang raka | yèn nuju rukêt pawor sih | sang dyah nèng dalêm anjrit | gêgulungan nèng bêbatur | gêra-gêro karuna | lir sapi kelangan siwi | sru sêsambat tan kêpadhan kanthinira ||
16. Kinanthi
1. pamanglahira sang ayu | dhu lae paran wak mami | wus lawas gon ingsun panggya | lan Jêng Peran Wanèngpati | yêkti nora ganêp rong jam | nèng dalêm lênggah lan mami ||
2. sênajan sare yèn dalu | kaya tan pupug ing rêsmi | baya dèn sirêpi ingwang | tan wruh pamarnèng pudya sih | sabên ingsun tangi nendra | katêmu lênggah ing jawi ||
3. gêgujêngan nutug-nutug | lan kamrate Jayèngrêsmi | sabên dina rêrangkulan | iku [i...]
--- 99 ---
[...ku] pratingkah punapi | padha lanang tan pêsaja | akaku rasaning ati ||
4. Lahadèn Si Wukirsantun | lawan Si Rêtna Jinali | karone milu Jênggala | sakêrsane kangmas Panji | dhasar padha asih trêsna | mring Si Kuda Jayèngrêsmi ||
5. mring ingsun padha tan sarju | nora ngêthukkên si wasi | Kangjêng Peran Rawisrêngga | iya padha dèn prantèni | klangênan kênya dhêlikan | iku pamrihe punapi ||
6. mula peran kakang brangus | mring sun saya doh ing galih | kadange kang amrih rênggang | padha sêngit marang mami | apabaya dosaningwang | sarwi gra-gêro sang dèwi ||
7. Dyan Jayèngrêsmi sang bagus | mirsa tangise sang dèwi | èsmu lingsêm ing wêrdaya | ngandika dhatêng Dyan Panji | hèh kasatriyan rungokna | bojomu angot ngrak-ngêrik ||
8. tulungên si gajah abuh | saru rinungu ing jalmi | rusak wanguning satriya | yèn garwa amurang niti | Rahadèn Gagakpêrnala | malêbêt ing dalêm aglis ||
9. sang kusuma dèn lêlipur | ya ta lêjaring kang galih | warnanên dalu sêmana | Radèn Inowanèngpati | arsa klangênan ringgitan | Rahadèn Kuda Sasimping ||
10. kinèn angringgit sang bagus | gêdhog sêksana wus nyimping | kêlir balencong pinasang | dhasare anyar kang ringgit | mubyar kang sungging prêdapa | sêmbada wangunnya luwih ||
11. Ki Sogèng lawan Ki Cêkruk | kang sami ngladosi Simping | gamêlan sampun tinata | kang sami nabuh ing gêndhing | sagunging para kadeyan | myang pra wêdana pangarsi ||
12. kang ngrêbab Dyan Wukirsantun | angêndhang Radèn Pêrmadi | Dyan Jayamiruta bonang | panrus Dyan Andaga nênggih | anabuh barung ing bonang | kang êgong Dyan Jayèngpati ||
--- 100 ---
13. kêng nyaron gambang nyalêmpung | lukat ngêthuk ngênongi |[22] ajangkêp para wêdana | Radèn Wasi Jayèngrêsmi | tansah nèng wurining dhalang | Rahadèn Panji Sêsimping ||
14. Radèn Panji Marabangun | ningali nèng lêbêt kêlir | lan garwa asêsarean | Kusuma Rêtna Jinali | miwah sagunging para dyah | samyatap cakêt kang kêlir ||
15. wau rahadèn kumêndhung | Sêsimping Panji Dhadhari | sêksana lêkas amayang | sasolahira mantêsi | dhasar bagus warnanira | bêsus sêmbada sung brangti ||
16. ingoglèngakên kang dhuwung | anampir kunca rêspati | munya sri ingkang mêrdăngga | kang nabuh sami winasis | aririh padha kêrasa | anganyut-anyut kapyarsi ||
17. kang mulat jêjêl supênuh | samya kayungyun ing ati | dhêdhalang wasis ukara | kêng panjak apêkik-pêkik | lakoning rigit[23] winêdhar | mungêl walgita maarti ||
18. Panji Anom kalanipun | ngawula mring Pranaragi | risang panji kasatriyan | ambêdhah nêgara Bali | nyabrang ing sêgara rupak | mênang dènira ajurit ||
19. angsal dirada gêng luhur | pêthak sratinira putri | aran Sang Dyah Dèwi Saga | undurnya prapta ing margi | Dyan Sinom kinaniaya | dening Panji Pranaragi ||
20. cinidra pinrih kêng lampus | karuna lintang kaswasih | sêsambatira lir grantang | wêlas sagung kang ningali | pamayangira rahadyan | tanduk pêsaja mantêsi ||
21. Dyan Jayèngrêsmi sang bagus | mèsêm sêbdanira manis | hèh yayi Sinompradapa | wus bêcik dènira ngringgit | nanging kêdhik pamrihira | tan ana raras pinirit ||
22. sêpi wanguning pasêmun | utamanira wong ngringgit | ing lakon mamiringana | wêktu wahyaning dumadi | tan kêmba dinêlêng kathah |
--- 101 ---
lah mundura Panji Simping ||
23. sun gêntèni pamayangmu | anulya mundur Dyan Panji | wus majêng Dyan Narawăngsa | amanggung ngarsaning kêlir | rêspati sasolahira | ngoglèng curiga mantêsi ||
24. tinêtêpakên kang kuluk | mênggêp kang kunca sinampir | salewanira sung brăngta | dhasare bagus kang warni | lênglêng sagunging tumingal | ya ta wus salin kang gêndhing ||
25. angrangin asri milêt kung | Ki Cêkruk ingkang nyindhèni | lawan Ki Menak Prasănta | sêksana lêkas angringgit | Radèn Wasi Narawăngsa | mêdhar carita pamirit ||
26. amunggêl lêlakonipun | kala Panji Pranaragi | suwita mring Bauwarna | kanggêp ing sri narapati | tinriman putraning nata | wasta Sang Dyah Wadalwêrdi ||
27. kang warna kêlangkung saru | kadya lègêr dèn paèsi | sêmbada ngèyèl mring priya | angayok murwa ing rêsmi | kakung pinangku ingaras | dadya priyanira sêdhih ||
28. langkung kuciwa ing sêmu | tan lamak ing palakrami | dening Dyah Căndrakirana | lagya anamurkula lit | ngawula anèng Jênggala | anglampahi kawlasasih ||
29. ngungun kang sami andulu | dènira ngringgit dyan wasi | Radèn Panji dhawuh marma | miyarsa mèsêm ing galih | lir ginugah onêngira | mring garwa kang mukswèng latri ||
30. kang mindha warna sang ayu | kalangkung dènira runtik | miyarsa dènnya carita | Radèn Wasi Jayèngrêsmi | asru dènira ngandika | iku wong mayang pênyakit ||
31. datan apantês rinungu | sasuwene mamiringi | kaya satru kabuyutan | iya marang awak mami | kadang-kadang wong ing arga | tan wruh tataning prayayi ||
--- 102 ---
32. dèn ugung mring kakang brangus | gêdhe atine si kirik | mring ingsun saya suwiyah | calunthangan anyênyêngit | kadar wong kumbah kêrakah | tan karuan kang sasiwi ||
33. dèn ugung marang wong agung | saya mênyunyang si baring | lah uwis aja amayang | bêcik si yayi Sêsimping | dadak gêntèni andhalang | Dyan Rawisrêngga ngrêpa sih ||
34. dhuh mas mirah jiwaningsun | mindêla aja aruntik | mring si yayi Narawăngsa | mung ingsun dêlêngên yayi | jimat mundrine pun kakang | sêsotyaning tilamsari ||
35. kang nukmèng purnama santun | ratu-ratuning mêmanis | wau Radèn Narawăngsa | miyarsa sang dyah aruntik | saya bêntèring wêrdaya | sêbdanira sru dyan wasi ||
36. lah nêpsu si gajah abuh | anyrêngêni wong angringgit | pêrdulèn si warak kawak | hèh kasatriyan dèn bêcik | gonira ngrêksèng dirada | mêta mêngko ngobrak-abrik ||
37. kurang nyamlêng pangungrummu | rungunên ingsun warahi | jimat kêmate pun kakang | kêkesedaning jinêm-mrik | kang nukmèng sasi grahana | ratuning kêkator najis ||
38. pêngawak lègêr winangun | bênthing ngrêca ngrandhu gunting | amêngkik-mêngkik lir warak | èsême lir bratawali | sudine kang nusonana | parikudu ngasmara di ||
17. Asmaradana
1. Sang Kusuma Sêkartaji | saya sangêt runtikira | karuna sru gêra-gêro | tansah linipur ing raka | ngungun sagung miarsa | sêmana Ki Sadulumur | tansah ngacuwis carita ||
2. Ki Sogèng kang dèn kandhani | mangkana ing wuwusira | lah ingsun tuturi Dhayok | nguni jênate si bapa | reyang nonton wong mayang | Patrakuwal aranipun | amayang ing Pawêdhusan ||
--- 103 ---
3. aku Dhayok aningali | pêksaningsun arsa berag | ikêt kopyah nora duwe | gundhulku cinukur anyar | têka duwe karenah | sirahku sun wèhi apu | rinekaa kêkopyahan ||
4. ing dhuwur sun wèhi jait | rineka tarak limalas | anadene nyênyamate | iya kunir kang sun karya | ana ngunyêng-unyêngan | wêtara ana sajumput | ing ancur wus kaya êmas ||
5. sarta damar ingsun sandhing | gon ingsun linggih nèng têngah | reyang sambi mangan tape | sêkathahe wong wayangan | kapengin nyamat ingwang | baya ingaran mas tuhu | sinêbrot kukuh kêng nyamat ||
6. dening ancur lèngkèt luwih | wêkasan gundhul ngalinyam | wêtara ana sabêton | aku Dhayok galimpangan | nangis angaru-ara | gègèr wong kang andêdulu | dene wong anyêbrot nyamat ||
7. gumuyu sagung miarsi | kandhane Ki Lurah Bancak | pra kadeyan suka kabèh | wau Radèn Narawăngsa | mêksih dènira mayang | lêlagon kêng swara arum | nêpangi rarasing kăndha ||
8. Rahadèn Panji Sasimping | kang sami dadya tontonan | dènnya bêsus panylêmpunge | dhasar bagus gawe brăngta | mirib dhêdhalangira | rahadèn wasi sang bagus | mangkana wangsalanira ||
9. gayung sumur sun arani | lumbung alit jroning wisma | padha dèn prayitna rèhe | akèh rêmbêng ngimba-imba | salam sabrang upama | kêrangeyan nèng têgal gung | sun anti pangrasanira ||
10. lah iya Rahadèn Panji | gong alit ing pawayangan | muga kinumpulna têmbe | prakutut gung saupama | parikan dadol gula | ywa lali sira wong agung | kasatriyan aku sapa ||
11. Kusumayu Sêkartaji [Sê...]
--- 104 ---
[...kartaji] | tan pêgat dènnya karuna | kadi gulamit sasote | asu gunung kurang ajar | daluya nora tata | tan wis-wis panyêngèsipun | ladak saya ngicak-icak ||
12. kaya maru marang mami | margane yèn mêngkonoa | jêng peran kang ngugung wite | sakarêpe tinurutan | tur angsring kakêlonan | mulane saya dalurung | marang sun sawiyah-wiyah ||
13. wau Radèn Kêrtapati | sang dyah tansah rinarêpa | tandya masang sasirêpe | pinrih enggala anendra | Sang Dyah Căndrakirana | gya sare sang kusuma yu | kenging ing pangaribawa ||
14. gêluran ngarok sang dèwi | lir maesa pinaragad | radyan saya ewa tyase | dhatêng ingkang mindha warna | nguni kolur ing driya | sawêtara wlas andulu | tuhu sing godha rêncana ||
15. sêbdaning Ywang Durga Dèwi | miwah saliring sumbaga | pasah magoyang driyarjèng | lan ajrih ing sudarmendra | manganti ruwatira | lami yungyunên sang bagus | tan ana wusananira ||
16. tan lyan paraning trêsna sih | dhatêng Radèn Narawăngsa | kasuksmèng cipta langêne | kadya mring kang lagya murca | kusuma di ing Daha | cawêngah kang warna kakung | kewran panujwèng asmara ||
17. sêdangunira ningali | dènira marnèng carita | Dyan Kuda Jayèngrêsmine | wau Radèn Rawisrêngga | saya kraos ing driya | rêncana ingkang nalimur | sarêng kang mindha wus nendra ||
18. têdhak sing paprêman aglis | mêrpêki dènira mayang | Dyan Wasi Narawangsane | ingoyag kakêlirira | radyan sarwi ngandika | yayi wasi dèn agupuh | wêtokna Kirananira ||
19. kagèt Radèn Jayèngrêsmi | ingoyag-oyag kêlirnya | dyan wasi sêndhu dêlinge | lah sapa ngregoni mayang | ing mêngko kêpradangan | katiban curiganingsun [curi...]
--- 105 ---
[...ganingsun] | ampuh mêngko babarpisan ||
20. dyan putra ngandika malih | yayi iya jênêng ingwang | kudu yun wruh Kiranane | yayi age wêtokêna | manirarsa uninga | dyan wasi ngandika arum | lah Panji tangèh wêdalnya ||
21. tandya Radèn Kêrtapati | miyos mring jawi wêrana | cêlak andhêsêk lênggahe | kang rayi Dyan Narawăngsa | pinidih wêntisira | cinêpêngkên astanipun | ing ringgit sarwi ngandika ||
22. payo wêtokêna nuli | lah yayi Kirananira | sun arsa wêruh babare | ngandika Radyan Ngasrama | hèh Panji dhawuh marma | ywa ngregoni wong amanggung | lungguh aja dhadhêsêkan ||
23. ing mêngko sun pêrang kêris | sira mati kapisanan | mendah bojomu tangise | kaya gajah kaluwenan | kang mindha bêdhawangan | yèn takon Kirananingsun | yêkti tangèh wêtunira ||
24. najan sun mayang rong sasi | pêsthi nora mêdal-mêdal | yèn durung têkèng masane | wêtune Kirananingwang | yèn Jênggala wus arja | ngandika Dyan Marabangun | lah ta yayi Narawăngsa ||
25. saikine ana ngêndi | adhi mas Kirananira | arsa sun susul yêktine | tan bêtah sun pisah lawas | nganti-anti wirayat | ruwate kang aran Galuh | tan ana wusananira ||
26. ngandika Dyan Jayèngrêsmi | kasatriyan apa nyata | sira gêng trêsna sang sinom | Kusuma Căndrakirana | kang piningit mring dewa | nêbda Radèn Marabangun | lah adhi mas pindho karya ||
27. tumêkoa lara pati | yayi gon ingsun ngupaya | anggêr karuan jujuge | sayêktine ingsun larah | najan anèng tlak naga | jimat manira sun ruruh | ngandika Dyan Narawăngsa ||
28. nyata mantêp Wanèngpati | hèh kasatriyan wruhanta | wus [wu...]
--- 106 ---
[...s] adoh Kirananingong | anèng luhuring ngakasa | pamingit ing jawata | kêng kaping pat langit iku | jajahan lakuning căndra ||
29. awor lawan widadari | kang padha mêmajang wulan | rajaputra andikane | yayi wus ingsun talika | sangking pamuja măntra | sêpi tan ana kadulu | adhi mas Kirananira ||
30. ngandika malih dyan wasi | kêlamun wus nora nana | ngalih langit ping pitune | jajahan lakuning surya | kayanganing jawata | yèn wus tan ana ing ngriku | banjur mring junggringsêlaka ||
31. pakujati parewarni | ngayunan Ywang Girinata | upama tan ana kono | banjur mring sasoringaras | goning Sukma Kawêkas | ngandika sang narpasunu | yayi kabèh wus sun jajah ||
32. amêksa nora kêpanggih | nêbda Radèn Narawăngsa | bali mring marcapadane | hèh Panji Kirananingwang | nukmèng pangrasanira | ngandika Dyan Marabangun | yayi mas pangrasaningwang ||
33. Kusumayu Sêkartaji | nukma ing dhalang myang wayang | kudu sira ariningong | kang yogya ngruwat cintraka | nirèng Căndrakirana | dyan wasi kewran ing kalbu | binêtahakên ing raka ||
34. pangandikanira manis | lah ta iya kasatriyan | ing mêngko ingsun ruwate | bojomu Căndrakirana | kang kaya gajah băngka | dèn pêpak sêsajènipun | kawijil sarating sêbda ||
18. Mijil
1. duk sêmana kang wanci wus enjing | mega bang sumarot | radèn wasi kèndêl pamayange | laju kundur dhatêng dalêm alit | Dyah Rêtna Jinali | kang mêthuk sang bagus ||
2. wau Radèn Panji Kêrtapati | kundur dhatêng gêdhong | Dyan Prabata kusuma kang dhèrèk | atanapi parêpat kêkalih | tan arsa umanjing |
--- 107 ---
dhatêng dalêm agung ||
3. pra kadeyan wus bubaran sami | sowangan makuwon | kawarnaa Dyan Jayèngrêsmine | ingkang kundur lan Sang Dyah Jinali | laju sami guling | pranya sang ayu |[24]|
4. dhatêng ingkang raka radèn wasi | gêng trêsnaning batos | nguni tuhu kêlangkung lulute | dhatêng kangbok Sang Dyah Sêkartaji | sarêng salin warni | ewanira langkung ||
5. dadya trêsnanira mring dyan wasi | tan raos-rumaos | tan rêringa lir kadang jatine | dhasar sang dyah pan dèrèng birai | sêmana aguling | atunggil sakasur ||
6. Dyah Onêngan wus kêpati guling | dhasare alembon | pan kalungsèn wus enjing wancine | jam sêkawan langkung pitung mênit | Radèn Jayèngrêsmi | tan eca aturu ||
7. tansah kêgagas rujiting galih | èsthinirèng batos | hèh jawata kang marnèng titahe | paranbaya ing lêlakon mami | lamun sun turuti | ngrucat warna kakung ||
8. anèng nagri ing Jênggalamanik | mandah wirang ingong | ingsun têmah tumêkèng patine | katon têmên rarêbutan laki | dening Radèn Panji | wus darbe garwa yu ||
9. lamun ora ambabara mami | tanpa wêkasing don | yèn muliha marang Kadhirine | iya misih andêdawa warti | gêgawa sudarmi | ing kanisthanipun ||
10. bêcik ingsun marang Bauwarni | marêk paman katong | tambuh têmbe ing kawêkasane | măngsa barong pamarnèng dewa di | hèh Rêtna Jinali | karia riningsun ||
11. mung lembone kang nora marèni | alit têkèng tuwoh | dèn abisa ngladèni kadange | kangjêng pangeran kantuna mukti | ngong pamit ngêmasi | kesah andon nglangut ||
12. wau Radèn Wasi Jasèngrêsmi[25] |
--- 108 ---
têdhak sing jinêm-ron | kapirangu kêrantan trêsnane | dhatêng rayi Dyah Rêtna Jinali | tinilar aguling | kalingling tyas trênyuh ||
13. tandya sang dyah dèn apit gêguling | sasingêb winaon | radyan laju miyos butulane | lir dinulur tan ana kang uning | kêng wanci sayènjing | jam gangsal anuju ||
14. sata kaluruk piniarsa sri | kang wulan angayom | riyêm-riyêm sumilak padhange | radèn wasi kagagas ing galih | pamêgating kang sih | kathah kang kaetung ||
15. dhatêng rayi Radèn Wukirsari | myang ragil sang sinom | miwah dhatêng Dyan Rawisrênggane | rangu-rangu wirang kari ringgit | dadya radèn wasi | amijil ingkang luh ||
16. tibèng sêsalang lantaran pipi | ingusapan alon | buntaring kunca laju lampahe | sarwi ngrimong kuncanira kering | tinon kawlasasih | tindakira rawuh ||
17. ing ujwana ararywan dyan wasi | têpining tlaga gon | sangandhaping kang nagasarine | duk sêmana ywang arka wus mijil | sri rênggèng ujwani | papêthetan turut ||
18. sêdhêng măngsa kang woh sinang asri | taru-taru ngayom | sêkar-sêkar angambar gandane | kumbang darpa mrih wêdharing sari | kumênyut dyan wasi | myat rêsmyèng jwana rum ||
19. ketang langên pudyasmarèng laki | duk nèng sawargandon | kala mêksih Wisnu lawan Srine | anèng kayangan Ngutaratasik | mong wibawèng rêsmi | rêsmyarjèng jwana rum ||
20. lir sumaput ing galih dyan wasi | kabyatan onêng wor | merang-merang sêmana rahadèn | nglokro sagung ingkang busana di | wus karsèng dewa di | babar warnanipun ||
21. pan waluya atêmahan jati | jatining sang sinom | tuhu Sang Dyah Căndrakiranane | manik sêsotya [sêso...]
--- 109 ---
[...tya] putri Kadhiri | guruning pawèstri | iya Sang Dyah Galuh ||
22. ngupoyoa sajagat tan olih | kang kadi sang sinom | dhasar ayu-ayu sawantahe | tan kaworan wiraga myang dhêsthi | trusing susela di | adining wong ayu ||
23. pra apsari pantês anyênyèthi | mring sang kadi sinom | tangèh lamun winarnèng kandhane | citranira Sang Dyah Sêkartaji | dhasar sang rêtna di | sinihan dewa gung ||
24. dènnya lukar kang busana sami | sang dyah tan kêraos | lir tinata marang juwatane | myang salinnya sumbaganing putri | sang rêtna tan uning | kuwasèng dewa gung ||
25. tuhu busana sangking sawargi | sinjang miwah kampoh | myang paningsêt cindhe puspitane | êmêrlulut cinitrèng rêtna di | ukêl amantêsi | kinancing hèrlaut ||
26. rumbing agantya sêngkang rêtna di | sênsaya yu kaot | sang dyah ngrasuk busanèng swargane | dene ingkang busana priya di | tumpuk dadya siji | clona kampuh kuluk ||
27. amangsuli kandhanira nguni | mila sang lir sinom | warna kakung wit sangking murahe | ywang jawata sinrang ing pamuji | Sang Dyah Wadalwêrdi | kang puja jinurung ||
28. sangking sangêt kêsmaraning galih | mring Dyan Panji Ino- | kêrtapati Ywang Durga mong rèhe | dadya Sang Ywang Nêrada nuruni | Sang Dyah Sêkartaji | sêkala binanjut ||
29. pinudya warna satriya sigit | pinarnah ingkang gon | ing aldaka Jênggala tlatahe | mrih ywa klajêng cobaning Dyan Panji | de Dyah Wadalwêrdi | mila-milanipun ||
30. putrinira natèng Bauwarni | duk nandhang wirangrong | nulya kesah sêparan-parane | sêdya ngupaya guna pêngasih | sêmana [sê...]
--- 110 ---
[...mana] pinanggih | mring Jagal mèt sunu ||
31. Ki Karungbang kêlangkung asugih | dunyane tanpa gon | asor Nyai Ronamênggalane | gêng sêsarat mring Blarong mrih sugih | Ki Jagal ngrajongi | dhatêng sutanipun ||
32. dènnya kêsmaran mring Radèn Panji | tan ngeman brana grong | mèt sêrana wong guna bisane | sinêpuhan mring Ywang Durga Dèwi | kêlampahan ugi | kanggêp Sang Dyah Galuh ||
33. mangkya dugi ubayaning pêsthi | wêkasing lêlakon | mung sêmono rêncana pasahe | wau Sang Dyah Rêtna Sêkartaji | nulya anênulis | ing pandhan ronipun ||
34. pan sinêrat ing kênaka lungid | kang sastra awados | sandi sancaya nênggih wastane | pilih jalma kang wegya nupiksi | liya sang rêtna di | mung Dyan Marabangun ||
35. ingkang wegya nukma rasèng tulis | sêmana wus dados | èsthining tyas kawrat jro sêstrane | tinumpangkên nèng busana nuli | pinarnah ing tambi | ning wit nagasantun ||
36. sang dyah laju miyos ing ujwani | samarga angrempong | kapirangu kagagas rujite | rasa-rasa tumindak sang dèwi | kabyatan gêng kingkin | kèlu lir pêpucung ||
19. Pocung
1. kunêng Sang Dyah Kirana kang sêdya nglampus | malih ginupita | Kusuma Rêtna Jinali | karainan wus wungu dènira nendra ||
2. kudandapan myat dyan wasi tan kadulu | nulya ingupaya | adangu datan kêpanggih | akaruna sang dyah mring gyaning kang raka ||
3. Radyan Panji Rawisrêngga lagya wungu | sang dyah sarêng prapta | nungkêmi raka sarywanjrit | awêwarta yèn dyan wasi datan ana ||
4. rajaputra duk myarsa turnya sang ayu | sru gêtêri driya | têdhak arsa angulati | Dyah Onêngan tansah kinanthi ing raka ||
5. Radèn [Radè...]
--- 111 ---
[...n] Wukirkusuma pan datan kantun | parpat kalihira | kinèn sami animbali | pra kadeyan ngupaya Dyan Narawăngsa ||
6. Radèn Sinompradapa Rahadèn Wirun | Dyan Puntapêrtala | Dyan Jayamiruta tuwin | duk miarsa yèn Dyan Jayèngrêsmi murca ||
7. gêpah-gêpah gurawalan sami ngruruh | jro dalêm myang jaba | wus tapis datan kêpanggih | sami ngungun-ngungun kang para kadeyan ||
8. dening sami wus rêntah katrêsnanipun | mring Dyan Narawăngsa | sasolah angrêspatèni | Dyan Pramadi tansah têbah-têbah jaja ||
9. Radèn Punta tan pêgat acêlak-cêluk | yayi Narawăngsa | paduka dhatêng ing pundi | sumaura Dyan Panji sangêt sungkawa ||
10. orêg wadyèng kasatriyan sami ngruruh | srang-srangan sumêbyar | laju mring jawining nagri | wênèh bablas ngulati ring wana arga ||
11. pra kadeyan dupi antara tan pangguh | ngumpul marêk samya | ngarsèng Radyan Kêrtapati | rajaputra pan tansah nglênggêr kewala ||
12. Dyan Pêrmadi sumungkêm sarwi umatur | jêng paran sumăngga | kundur kewala rumiyin | dimèn kănca kewala kang ngulatana ||
13. ing dyan wasi amba wus nyêbar wadya gung | anglarah wanarga | ngulati Dyan Jayèngrêsmi | mung paduka sampun kêlajêng sungkawa ||
14. ngandika lon Radèn Putra Marabangun | kakang Jayèngrana | wruhanira karsa mami | yayi wasi arsa sun ruruh priyăngga ||
15. ingsun ora sêdya mulih yèn tan pangguh | tan kudu wibawa | yèn tan panggya yayi wasi | ingsun têmah tumêka ing lara pêjah ||
--- 112 ---
16. gêdhêg-gêdhêg ngusap jaja Radèn Wirun | alon aturira | dhuh jêng paran kadyapundi | dene sangêt kasêngsêm Dyan Narawăngsa ||
17. lah punapa ingkang dadya sababipun | rèh têbih sing murwat | raos tan têpang lan budi | dene namung awit pinrih dadya patah ||
18. sarta datan kantênan ing wijilipun | yêktos bagusira | kêlangkung-langkung asigit | ing sênajan mêngkatên pan dede lampah ||
19. jêng paduka amathêm kalangkung-langkung | murwating watara | jêr patah sarating krami | amrih mulya cintrakaning putri Daha ||
20. ing wusana datan wontên yêktosipun | prayogi sarèhnya | sampun-sampun ngendra pati | angulati patah Radèn Narawăngsa ||
21. yèn tan kanggêp arinta Sang Dèwi Galuh | prayogi matura | mring rama sri narapati | kados wontên karsanira sri narendra ||
22. tuwin laju kinesahakên Dyah Galuh | sêtun ngulatana | putri Daha kang sayêkti | pan sumăngga wus lêrês ngupaya garwa ||
23. karsa tuwan pun Narawăngsa rinuruh | kinarya punapa | kêpati dipun ulati | kadingarèn paduka kenyut ing priya ||
24. najan kêrsa măngsa kiranga wong bagus | nêgari Jênggala | kang dhandhing jlarat jukithit | inggih dèrèng sami lan pun Narawăngsa ||
25. angandika Radèn Panji Marabangun | kakang gawe apa | milihi wong pêkik-pêkik | saliyane yayi Kuda Narawăngsa ||
26. rasaning tyas sênajan durung katêmu | putri ing Mamênang | kang jati-jatining nguni |
--- 113 ---
ingsun marêm sandhing lan Ki Narawăngsa ||
27. dene sira yèn nora trêsna maring sun | lah iya karia | tunggua ing Pranaragi | aja matur dhingin marang kangjêng rama ||
28. lah sakèhe iya kakang-kakang ingsun | myang sira adhi mas | Sêsimping lan Wukirsari | padha sira karia mukti wibawa ||
29. ingsun ingkang nglakoni kawêlasayun | kang para kadeyan | myarsa sêbdane Dyan Panji | akaruna ngrubung sang raja pinutra ||
30. matur sarêng tan ana kang nêja kantun | Radèn Wukirsêkar | mingsêk-mingsêk dènnya nangis | sarwi dhêsêk kang êmbok Dèwi Onêngan ||
31. sang dyah runtik mingsêr dènira alungguh | mèsêm Lurah Bancak | mirsa solahe Dyan Wukir | ya ta lajêng Radèn Kuda Rawisrêngga ||
32. sêdya ngruruh dyan wasi kang kesah nglangut | karsa dhatêng taman | mênawi Dyan Jayèngrêsmi | sêdya nilib cêngkrama marang ujwana ||
33. tindakira Dyan Panji tansah mong gandrung | kapirangu brăngta | kabyatan trêsnaning galih | dhatêng ingkang rayi Radèn Narawăngsa ||
34. tansah manglah ing driya kalingling gandrung | adhuh ariningwang | baya sira marang ngêndi | dene nora pêpoyan marang manira ||
35. bisa têmên yayi gawe lara gandru[26] | apa sisip ingwang | lungane anyalawadi | lah elinga yayi mring wong kawlasarsa ||
36. praptèng taman Dyan Panji sênsaya gandrung | mulat kêmbang-kêmbang | myang rêsmining kang ujwadi | kagurawa langêning Dyan Narawăngsa ||
37. pra kadeyan nêlasah kang ujwana rum | sami angupaya | ing Dyan Wasi Jayèngrêsmi | ting carêluk amêksa datan kapanggya ||
38. Ki Prasănta tênapi Ki Sadulumur | dènira ngupaya | papêthetan dèn pènèki | cêlak-cêluk [cêlak-cêlu...]
--- 114 ---
[...k] ing Dyan Kuda Narawăngsa ||
39. sarwi mangan wowohan anyamak-nyamuk | Radèn Jayèngrana | myat tumpukan busana di | anèng tambi nagasari pinggir tlaga ||
40. kagyat ing tyas nulya pinaranan gupuh | wau tiningalan | tan samar agêming rayi | Dyan Ngasrama Wasi Kuda Narawăngsa ||
41. gêtêring tyas mênawa tiwas ing ranu | gya kêng para kadang | inguwuh sêdaya prapti | gênti-gênti ningali ingkang busana ||
42. datan samar yèn agêmira sang bagus | sumêlang sêdaya | yèn tiwas anèng jro warih | margi siram ya ta Radèn Jayèngrana ||
43. aningali ron pandhan sumlêmpit kampuh | anulya cinandhak | wontên sêstranira sandi | nanging Radyan Wirun tan sagêd nupiksa ||
44. gênti-gênti para ri kinèn andulu | tan ana kêng wegya | nupiksa kang sastra sandi | Dyan Pêrmadi gya matur mring rajaputra ||
45. gêpah-gêpah Radèn Panji Marabangun | mring gyaning busana | tan pisah Sang Dyah Jinali | dupi prapta mulat saliring sumbaga ||
46. datan samar yèn agêm-agêmanipun | Radèn Narawăngsa | sêkala Dyan Kêrtapati | lir sumaput ing driya kanthi rudita ||
20. Kinanthi
1. kêgagas onênging kalbu | mring ari Dyan Jayèngrêsmi | kadi katon sumandhinga | kêng kampuh dèn asta aglis | tan pêgat ingaras-aras | saya kalimput Dyan Panji ||
2. srat kang nèng roning pandhan rum | dèrèng arsa aningali | kêtungkul mulat busana | winiwir winolak-walik | tandya Radèn Jayèngrana | matur sarya ngasih-asih ||
3. paran emuta ing kalbu | sampun kalimput tanpa wit | sêrat yogi tinupiksa | bilih mrih karya kêng
--- 115 ---
gati | amba tan sagêd maosa | de sastra sandi tur rêpit ||
4. ya ta Radèn Marabangun | srat pandhan pinundhut aglis | kumêpyur raosing driya | ningali kang sastra sandi | tuhu kang wêrga sancaya | kaluwihaning wong Bali ||
5. liya sang narendra sunu | dèrèng wontên kang mangêrti | nguni kang sampun winulang | mung garwa Dyah Sêkartaji | tuhu lantip ing sasmita | putri adi ing Kadhiri ||
6. tandya sinukma kang têmbung | mangkana udayèng tulis | pèngêt ingkang sêrat saha | sêmbah sungkêming pamuji | sangking pun Căndrakirana | cèthi kang sangking Kadhiri ||
7. kang nglampahi kawlasayun | winayang ing dewa luwih | mêntas sinipatan priya | awasta pun Jayèngrêsmi | ing mangke sampun binabar | wangsul kadya wingi uni ||
8. wiyos kawula sang bagus | pamit sêdya ngendra pati | paduka kantuna wirya | baudhêndha nyakrawati | pintên banggi yèn kanggea | patikbra malih nyênyèthi ||
9. dening paduka sang bagus | wus krama putri yu luwih | inggih ngran Căndrakirana | tur antêng jêtmika manis | ngungun kawula kalintang | wontên Galuh tiga kalih ||
10. nging warti ingkang asamun | paduka cinidra ing sih | binawur ing lêlampahan | wiyah ngakên Sêkartaji | yêktosing sutaning Jagal | wasta Dèwi Wadalwêrdi ||
11. ngakên wasta Sang Dyah Galuh | kenging cintrakaning bumi | mila malih warnanira | paduka kêdah trêsna sih | sumăngga wawrat-wawratan | mung amba anuwun pamit ||
12. kesah ing sapurug-purug | ngulati margining pati | sèwu panjalma tan nêdya | nyèthi liyan sang apêkik | têrkadhang jujug kawula | dhatêng nagri Bauwarni ||
13. titi saèsthining [sa...]
--- 116 ---
[...èsthining] kalbu | kawrat ing pustaka sandi | ya ta sang raja pinutra | duk mirsa ungêling tulis | sumrêpêt paningalira | tandya kantaka Dyan Panji ||
14. sinundhang agupuh-gupuh | mring rayi Radèn Sêsimping | miwah Sang Dèwi Onêngan | sami karuna sarêng jrit | sagunging para kadeyan | parêpat ngrubung anangis ||
15. akathah sêsambatipun | wau gunging busana di | tumpukan sumbaga priya | gya sirna kabêktèng angin | kang sangêt dènnya karuna | Kusuma Rêtna Jinali ||
16. sêsambatira mlasayun | lah elinga kakang Panji | kêna ngapa sira kakang | dene barêng maca tulis | banjur niba kapidhara | kakang-kakang aja mati ||
17. sapa kang ngêmong maring sun | lah sapa kang sun ladèni | sapa kang muruk mêmaca | Ki Cêkruk ajêlah-jêlih | gusti pangeran èngêta | baya kêna ngapa iki ||
18. mêntas maos ron pandhan run | têka andhawuh tan eling | kang pandhan tumumpang clona | agême Dyan Jayèngrêsmi | baya ana tênungira | busanane radèn wasi ||
19. kadeyan nangis gumrumung | anglênggêr Dyan Jayèngpati | dangu dènnya kapidhara | Radèn Inokêrtapati | satêngah jam winatara | gya wungu pêpungun nglilir ||
20. wus tata lênggah sang bagus | kagagas raosing tulis | kaetang runtiking driya | dhatêng ingkang mindha warni | alon dènira ngandika | mring raka Radèn Pêrmadi ||
21. wruhanira kakang Wirun | kang ron ijêmaning tulis | yêkti yayi Narawăngsa | adhinira Sêkartaji | kinarsan dening jawata | warna priya luwih sigit ||
22. mêngko wus babar warna yu | mulya kadi wingi uni | laju pamit ngendralaya | dene [de...]
--- 117 ---
[...ne] sru wiranging ati | ana ingkang mindha-mindha | ngaku Sang Dyah Sêkartaji ||
23. sajatine wadon iku | aran Rara Wadalwêrdi | anake Jagal Karungbang | lah ta kakang Jayèngpati | jawi kang tracak malela | anetra kumala adi ||
24. kang bakal nyudhang maring sun | ana sajroning jinêm-mrik | iku kakang patènana | tuhu wong niyaya luwih | mring nimas Căndrakirana | tur gawe bodho mring mami ||
25. Dyan Jayasena mêsat wus | ing driya sru ngingkid-ingkid | dhatêng ingkang mindha warna | wau Radèn Wukirsari | tan pamit dhatêng ing raka | tumut Radèn Jayèngpati ||
26. bramantyanira kêlangkung | dene ngakên Sêkartaji | dyan kalih enggal-inggalan | sêdya lumêbêt ing puri | kocap ingkang mindha warna | nèng dalêm tansah anganti ||
27. kundurnya Dyan Marabangun | ingayap kang êmban cèthi | sang kusuma angandika | dhu lae paran kang warti | kangmas Kuda Rawisrêngga | baya têdhak marang ngêndi ||
28. dene swarane ting grubyug | banène anggêgolèki | matur kang sinungan sêbda | gusti ing pamirêng mami | sabubarira ringgitan | Radèn Wasi Jayèngrêsmi ||
29. kesah datan mawi matur | mring raka dalêm Dyan Panji | dadya sami ingupaya | jêng gusti tindak pribadi | sêmune kasêsa-sêsa | kêbut wadya Pranaragi ||
30. samya ngulati sêdarum | ing Dyan Wasi Jayèngrêsmi | sang rêtna sêndhu ngandika | iku biyung sêdhih mami | kamas Peran Rawisrêngga | olèhe kêpati-pati ||
31. mring Si Narawăngsa gunung | nganti akaku kang ati | bangêt supene maringwang | pijêr kèkèt lan si wasi [wa...]
--- 118 ---
[...si] | anggung gawe gêgandhengan | wong wis minggat lah bok uwis ||
32. tur dudu sêntananipun | trêsnane kêpati-pati | dhasare Si Narawăngsa | marang sun cumêri-cêri | kaya maru potang pêjah | kangjêng peran angiloni ||
33. mulane saya dêlurung | gêdhe êndhase si wasi | sêmune agêmbelingan | dèn ugung mring kangmas Panji | anyuwuna barang-barang | tan luput dipun têkani ||
34. sandhangane tumpuk-tumpuk | nganti sêpuluh kang kêris | kêrtêpe sapirang-pirang | mula Peran Wanèngpati | utange nganti rong lêksa | marang toko koja êncik ||
35. ginawe ngrêga si gunung | angur dèn paringna sêlir | ingsun nora munasika | kang dadi laraning ati | sun kêpingin klambi duryas | jêbul dèn paringi êncit ||
36. ni êmban nêmbah umatur | dhuh gustiningsun sang dèwi | sampun mêngkatên bêndara | wus limrahing satriya di | sêbarang numpang mring kênya | ing sakarsa-karsa dadi ||
37. lêhêng sumarah ing kakung | têrkadhang luntur ingkang sih | dangu dènira ngandika | sang dyah lan kang êmban cèthi | kêsaru dyan kalih prapta | agatya tan nolèh wuri ||
21. Pangkur
1. Radèn Arya Jayasena | akalihan Dyan Arya Wukirsari | kêng netya tansah sinamun | sêdya mangapus krama | sang kusuma pisaha lan cèthinipun | praptaning dyan kalihira | sang dyah atêtanya aris ||
2. sira yayi Wukirsêkar | lawan kakang Jayasena kang prapti | apa karyanira malbu | ana ngêndi jêng peran | pawartane nusul wong lunga anglangut | si binatang Narawăngsa | wong wis minggat dèn ulati ||
3. kaya wong kurang manungsa | kang ngladèni dene kêpati-pati | wong wis mêlsat dipun ruruh | ngontog Dyan [Dya...]
--- 119 ---
[...n] Wukirsêkar | nging sinamun ing guywa sarwi umatur | kangbok dèn sarèh ywa duka | mangke kawula atur wrin ||
4. lampah kawula dinuta | mring rakamta kakang mas Kêrtapati | nimbali paduka sang rum | dhatêng ujwana sêkar | kados onêng kangmas Pangran Marabangun | dhatêng paduka sang rêtna | arsa cêngkramèng ujwani ||
5. dene ta pun Narawăngsa | inggih yêktos kesah datanpa pamit | nanging tan patya kaetung | dènira mring ujwana | mila arsa plêsir lan kangbok sang ayu | dene yêktos ingupaya | kangmas Kuda Jayèngrêsmi ||
6. pan awon nganggur kewala | namung nyêbar kapêdhak kalih dèsi | sang rêtna duk mirsèng atur | kumêpyur sukèng driya | ngandika lon apa nyata Wukirsantun | sun ora pati pitaya | marang sira yayi Wukir ||
7. jêr ta sira rada-rada | lali kadang trêsna mring Jayèngrêsmi | ngubungi mring kakang brangus | lulut mring Narawăngsa | kanggêk ing tyas Rahadèn Prabatasantun | malih sang rêtna ngandika | sira kakang Jayèngpati ||
8. mung sira ingsun pracaya | sêlawase ana Si Jayèngrêsmi | pan ora pati mailu | lumrah-lumrah kewala | saliyane angrojongi kakang brangus | dènira sih Narawăngsa | ingsun duga tau sami ||
9. sobat blèngkèt padha lanang | têpa-têpa ngomong mring kangmas Panji | kakang tutura dèn tuhu | kapriye yêktinira | apa nyata sun dèn undang kakang brangus | lawan iya apa nyata | dènnya ngruruh Jayèngrêsmi ||
10. pan ala nganggur kewala | Radèn Jayasena ngandika aris | aja sumêlang ing
--- 120 ---
kalbu | yayi Căndrakirana | mula sira dèn undang Ki Marabangun | bakal ingajak cêngkrama | si wasi wus tan dèn pikir ||
11. lah idhêpên ujar ingwang | bojonira bangêt angarsi-arsi | marang sira yayi Galuh | kinèn nuli mangkata | lawan aja sira nganggo gawa batur | kang mindha putri ing Daha | wrin sêbda Dyan Jayèngpati ||
12. kêlangkung bungahing manah | ngraos badhe tutug apulangrêsmi | maoni busananipun | angagêm gănda wida | megal-megol pupure tansah rinêmbug | gya mangkat inggal-inggalan | dyan kalih tansah ing wuri ||
13. dungkap mèh praptèng ujwana | Radèn Jayasena tan srontèng galih | tandya jinambak sang ayu | keswanira sing wuntat | sru kalumah jinêjak wantya jinagur | sang rêtna datan gulawat | karuna sambat kaswasih ||
14. hèh ta kakang Jayasena | ya pogene ingsun sira larani | apa baya dosaningsun | sun nora palacidra | nora sèdhèng mring adhimu kakang brangus | kakang sun jaluk apura | uculêna rambut mami ||
15. mêngko ingsun punjung sira | sèwu rispis namung uculna mami | baya ta ing pakonipun | si kêpruk Narawăngsa | nyênyetani kang ora-ora tinutur | nêbda Radèn Jayasena | aja kakehan sêtari ||
16. buh-êmbuh kang sira ucap | dosanira niyaya Sêkartaji | dene têka ngaku-aku | sira wong Pêjagalan | gawe bodho mring Ki Putra Marabangun | Rahadèn Wukirkusuma | datan sêrănta ing galih ||
17. sigra anarik curiga | sang kusuma pan arsa dèn larihi | Sang Ywang Durga kêbatipun | sang dyah nulya sinêndhal | ingantukkên dhatêng Pêjagalan [Pêjaga...]
--- 121 ---
[...lan] sampun | radèn kalih kari gona | gagêtunira tan sipi ||
18. de Dyah Wadalwêrdi murca | tandya sami marêk mring Radèn Panji | matur saniskaranipun | dhatêng Dyan Rawisrêngga | narpaputra duk myarsa kêlangkung ngungun | yèn ingkang nalimur sirna | pra kadang gagêtun sami ||
19. tan dugi lamun mangkana | katujune dèrèng trêsna Dyan Panji | dhatêng kang mindha Dyah Galuh | tan bodho asihira | dhatêng Radèn Narawăngsa sang abagus | wau Dyan Gagakpêrnala | saya kêraos ing galih ||
20. onêngira mring kang garwa | Sang Dyah Daha Kusuma Sêkartaji | ketang dènnya pamit nglampus | kêng kawrat ing ron sastra | kagurawa mangu-mangu gung mangun kung | gya tindak sang rajaputra | agandrung samargi-margi ||
21. sêdya angulati garwa | kang pra kadang parêpat datan kari | wus têbih sing ujwana rum | pinunggêl kang carita | sampun ngambah drigama sumêngkèng gunung | sakèhing cira-ngacira | sato kabarasat wingwrin ||
22. bayak-bayak apêpanthan | isthanira kadya baris jajari | lyan lir têdah marganipun | panjriting kancil kidang | piniarsa lir pasambating dyah muwun | kumênyut sang agêng brăngta | ketang Sang Dyah Sêkartaji ||
23. kêng pamit angendralaya | iya uga karuna ing samargi | radyan karujit tyas gandrung | brăngta kawêdhar sêbda | dhuh riningsun antènana dasihipun | ywa age lêpas riningwang | pun kakang kèri gêng kingkin ||
24. yayi ing apsamanira | ingsun rada kèlu kang mindha warni | nanging tan pisan wak ingsun | kagimira ing manah | mring kang mindha tan lyan mung sira wong ayu | najan nganggo cara jendral [je...]
--- 122 ---
[...ndral] | sun nêdya sumiwèng rêsmi ||
25. gumrah swaraning kukila | mencok ing pang isthanya lir nêmbrami | takèn warta sugun-sugun | ingkang nusul ing garwa | risang agêng brăngta kagagas ing gandrung | wimbuh myat ing kêmbang-kêmbang | kongas kasilir ing angin ||
26. ketang asmaraning garwa | sang kusuma sêsotya ing Kadhiri | mangu mênggah ing tyas gandrung | ngungun karsaning dewa | pamayanging kawula tan mantrèng pasmun | wau Sang Dèwi Onêngan | kêraos sayah sang dèwi ||
27. samarga tansah karuna | rêreyongan tindakira Dyan Panji | sangking rêmbênnya sang ayu | sakêdhap-kêdhap raryan | pra kadeyan parêpat adulur-dulur | kang tansah nganthi sang rêtna | kang raka Radèn Sêsimping ||
28. dene wau tindakira | Sang Dyah Galuh untap-untapan margi | ananging datan kapranggul | pamayanging jawata | dèrèng dugi ya ta Radèn Marabangun | èngêt ijêmaning sastra | yèn Sang Rêtna Sêkartaji ||
29. sêdya dhatêng Bauwarna | dadya Radèn Apanji Wanèngpati | ingkang sinêdya ing kayun | nêgari ing Ngurawan | datan kandhêg tindaknya sang among gandrung | para kadeyan tan pisah | cipta tan nêdya gumingsir ||
1 | Judul tambahan dari redaksi berdasarkan nama yang digunakan dalam naskah. (kembali) |
2 | Halaman sebelumnya hilang. Belum jelas berapa halaman yang hilang, tetapi penomoran naskah ini mulai halaman 42. (kembali) |
3 | Kurang lima suku kata. (kembali) |
4 | Kurang tiga gatra: ke-1 (12u), ke-2 (8i), dan ke-3 (8u). Semestinya gatra yang kurang ini terdapat di folio yang hilang. (kembali) |
5 | lawan. (kembali) |
6 | surya. (kembali) |
7 | kinăntha. (kembali) |
8 | Lebih satu suku kata: bêksa solah msajani. (kembali) |
9 | bakayune. (kembali) |
10 | Rahadèn (dan di tempat lain). (kembali) |
11 | Ketiga pupuh Gambuh dalam naskah ini (Pupuh 7, 32, dan 39) tidak sesuai dengan aturan tembang macapat pada umumnya. Semua gatra yang ke-2 kurang dua suku kata menjadi 8u (biasanya 10u). Variasi ini tidak dicatat sebagai catatan kaki. (kembali) |
12 | Kurang satu suku kata: raja kalih myang sabalanipun. (kembali) |
13 | sêdarum. (kembali) |
14 | Lebih satu suku kata: orêgirèng jawi wus kapirsèng aji. (kembali) |
15 | sinêbit. (kembali) |
16 | Lebih satu suku kata: radèn sumêkta sasikêpirèng jurit. (kembali) |
17 | panggadanira. (kembali) |
18 | Kurang satu suku kata: miwah ingkang para kadang. (kembali) |
19 | Kurang satu suku kata: Sang Puntianak Narendra. (kembali) |
20 | langkung. (kembali) |
21 | mijiki. (kembali) |
22 | Kurang satu suku kata: lukat ngêthuk angênongi. (kembali) |
23 | ringgit. (kembali) |
24 | Kurang satu suku kata: pranyata sang ayu. (kembali) |
25 | Jayèngrêsmi. (kembali) |
26 | gandrung. (kembali) |