PAK BANDJIR
Carita Kaki Banjir Ginuritakên.
Kadamêl dening Tuwan R.V.Bastian.
Kaêcap ing pangêcapanipun tuwan-tuwan: G.C.T. van Dhorêp en ko, ing nagari Sêmarang, Surabaya, Ghravênhaghê ing taun 1918.
--- [2] ---
Carita Kaki Banjir Ginuritakên.
Kadamêl dening Tuwan R.V.Bastian.
Kaêcap ing pangêcapanipun tuwan-tuwan: G.C.T. van Dhorêp en ko, ing nagari Sêmarang, Surabaya, Ghravênhaghê ing taun 1918.
--- 3 ---
1. Ana wong Jawa caritane[1] | Pak Banjir iku jênênge | amêlarat sêlawase | saking tan ana budine ||
2. sarupaning panggawean | ora nana ingkang doyan | mung karêm ayêm-ayêman | mila arang katutugan ||
3. duwe sadulur sawiji | asugih kêbo lan sapi | lumbunge akêbak pari | tur asugih anak rabi ||
4. sakdesa amung dhèwèke | winêdèn wong desa kene | kajèn măncapat limane | kèdhêp ing sawicarane ||
--- 4 ---
5. Pak Banjir kêrêp jêjaluk | amêrono sabên esuk | yèn tan winèhan tan mantuk | plaur nganti ngangsi ngantuk ||
6. kêrêp dèn ujar-ujari | kêlawan ipene èstri | nanging ora dèn praduli | wus tate ing sabên ari ||
7. sawiji dina amriku | ipene èstri arêngu | apa ta manèh karêpmu | tan ana liya gawemu ||
8. angrusuhi mring sadulur | tan duwe isin saumur | angur ngêndhata ing sumur | kêsètmu sangsaya galur ||
--- 5 ---
9. Pak Banjir sakit ing galih | lajêng tanpa pamit mulih | tanbuh karêp kang pinilih | nêpsune tan bisa lilih ||
10. sêdalu tan sagêd tilêm | kang èstri marêk tan gêlêm | turu sawijining dalêm | pikire kadi wus kêlêm ||
11. dangu-dangu wus amanggih | akal saking jroning galih | arsa malês ukum gipih | sakitiing manah tan pulih ||
12. esuk maruput tangine | marang gone kakangane | mring kandhang kêbo jujuge | anyolong siji kebone ||
--- 6 ---
13. binêkta marang ing wana | dèn rut kalawan wit soka | kêncêng tan bisa ucula | dèn ewuh-ewuh tangsulnya ||
14. sêkira aja na wagêd | nguculi dènnya ambêbêd | Banjir mantuk tanpa labêt | sawêngi atine pêpêt ||
15. kocap rina saya padhang | alok ana kêbo ilang | têtangga prapta atandang | nanging padha palingukang[2] ||
16. tan ana pikantuk titik | kang duwe kalangkung runtik | briga-brigi cêrak-cêrik | wong nglawat wus samya balik ||
--- 7 ---
17. kang duwe arsa nguculi | wong sêkawan dèn ajaki | sami asikêp kêkudhi | lumaku urut ing kali ||
18. Ki Banjir kêpapag gupuh | anèng dalan lagi luguh[3] | tinakonan apa wêruh | ilanging kêbo duk jawuh ||
19. agèdhèg-gèdhèg Ki Banjir | ing batin sampun kapikir | goleka ngangsi gabibir | yèn kêtêmu aku jungkir ||
20. yèn mêngkono sira tumon | kêbo iku ngêndi ing gon | Ki Banbir[4] nauri alon | sun wêruh saking parimbon ||
--- 8 ---
21. tak petangi mau êntas | kang kêbo ginawa bablas | saiki isih nèng alas | dèn godhi tan bisa tatas ||
22. ayo ingong duduhake | nanging gênahna opahe | asru sumaur kakangne | aja kok pikir kang kuwe ||
23. yèn dhasar bisa kêtêmu | sun opahi limang suku | nanging yèn linyok ujarmu | pêsthi sun tabok êndhasmu ||
24. lajêng wus umangkat samya | Ki Banjir lumaku ngarsa | sapraptanira ing wana | Ki Banjir anjujug wit soka[5] ||
--- 9 ---
25. kêbone isih ginodhi | kang duwe bungah tan sipi | nuli sami dèn uculi | kêbo tinuntun ing wuri ||
26. sadhatêngira ing omah | Banjir dèn alêm wong kathah | pêmbadhene luwih gênah | sêdaya wêdi satêmah ||
27. samya eram agêgêtun | Banjir bisa dadi dhukun | sêmana sinuhun-suhun | akèh wong mara mêdhukun ||
28. ana têka nyêmburake | tanapi wong nyuwukake | sabên dina kèh tindhihe | banjir amayar uripe ||
--- 10 ---
29. wau gênti cinarita | anuju sawiji dina | dèn bêndhèni wong sadesa | sapa kang dadi pandhita ||
30. miwah sapa kang abisa | mêmetangi kang dursila | tinimbalan mring sang nata | kèrida dening caraka ||
31. sakdesa tan ana siji | amung Banjir bokmênawi | iku bisa mêmetangi | sawab dhingin wus nglabêti ||
32. kêbo bingèn kang cinêlêr | dèn badhe sadaya bênêr | Ki Banjir tuhu apintêr | juru bêndhe wus dèn atêr ||
--- 11 ---
33. kêtêmu Ki Banjir sigra | juru bêndhe nari nulya | hèh sira apa ta bisa | badhèk kagungan sang nata ||
34. golèk kêncana kang ilang | wus pitung dina kawilang | tan wruh sapa kang alancang | wani nyolong kang kagungang ||
35. dolanane rajaputri | rina wêngi dèn tangisi | mulane kinèn amêrdi | sang nata duka tan sipi ||
36. Banjir sumaur macucu | itu saya sudhah tahu | juru bêndhe duk angrungu | tan kaduga jroning kalbu ||
--- 12 ---
37. micara durung dumugi | têka gampang anyanggupi | nyana edan wong puniki | ing prakara durung mangêrti[6] ||
38. juru bêndhe ngucap sêndhu | rungokna dhisik ujarku | Banjir nauri gumuyu | iya saya sudhah tahu ||
39. ana wong siji nambungi | inggih aturna nrêpati | tiyang sampun dèn sanggupi | pêsthi têtêp dèn kawruhi ||
40. pun Banjir punika awas | ing ngèlmi nujum wus nêlas | mila sampun uwas-uwas | juru bêndhê gêtun mawas ||
--- 13 ---
41. iya bêcik yèn mêngkono | sun matur sang ratu mêngko | nanging yèn nyata wong bodho | sira aja ngucap pindho ||
42. sayêkti katrap ing ukum | ratu tan kêna ingêjum | aja sira gawe umum | sayêkti tan wurung kokum ||
43. juru bêndhe pamit nuli | wau wus prapta jro puri | umatur marang sang aji | wontên dhukun kang nyanggupi ||
44. wau kala omba[7] tari | dèrèng dugi mituturi | inggih lajêng dèn sanggupi | nanging maksih sănggarunggi || ||
--- 14 ---
45. prayogi dipun timbali | praptaa ing ngarsa aji | tinanggapa aturnèki | sawab tan angsal ngucali ||
46. dhêdhukun kang lajêng saguh | sampun misuwur sadhukuh | nanging omba maksih èwuh | kados wong ewah têtangguh ||
47. sang nata nulya ngandika | iya age timbalana | wong kapêdhak loro padha | konên angirid lakunya ||
48. mundur juru bêndhe nuli | sapraptanira ing jawi | wong kapêdhak loro sami | aglis kang kinèn nimbali ||
--- 15 ---
49. wong kalih sampun kapangguh | Ki Banjir katêmu lungguh | wong kalih lajêng adhawuh | lah ta apa sira wêruh ||
50. ilange kagungan katong | aranana sapa nyolong | Ki Banjir dangu mêlompong | ngucap sudhah tahu inyong ||
51. kapêdhak kalih sru angling | payo age ingsun iring | aja suwe sira baring | yèn nyata bisa atuding ||
52. yèn sira angapirani | lah sira nêmu bilai | Ki Banjir alon nauri | iya sudhah tahu kami ||
--- 16 ---
53. wong kalih jro kêbatinan | hèh iki baya wong edan | cara Mlayu kang saradan | ora muni basa liyan ||
54. Banjir lumaku ing ngarsa | wong loro ngiring wurinya | sêdalan-dalan tan liya | kang dèn ucap mung mangkana ||
55. apa gawene sang ratu | nimbali wong sudhah tahu | sadurung-durunge kawêtu[8] | ngong wêruh kabèh wis têmtu ||
56. barang sapa kang anyolong | saking doh wus ingsun sêmprong | wong kalih myarsa mêlompong | micarèng tyas iku bohong ||
--- 17 ---
57. apa wêruha têmênan | wong iki edan-edanan | yèn mawang ing kakêncêngan | kaya wruha sapêkaryan ||
58. yèn ora wêruha têmtu | măngsa ayêma ing èsmu | lan basane sabên iku | bola-bali sudhah tahu ||
59. kapêdhak kalih winarni | satêmêne gih puniki | malinge kang barang nguni | kagunganira nrêpati ||
60. tan ana kawruhan ing wong | yèn loro iki kang nyolong | apa manèh sang akatong | tan wruh wong loro gumolong ||
--- 18 ---
61. sangêt dèn andêl wong kalih | mila tan tinarkèng galih | warnanên ing marga gipih | tan ècèng tyas wong kêkalih ||
62. bokmênawa dhukun iki | wruh têmênan ing pakarti | pêsthi benjing bilaèni | tan wurung awèh pêpati ||
63. wau wong kalih kang nginthil | samarga jawil-jinawil | nanging tan ana kawijil | mung adu ulat mucicil ||
64. bêbisik ingkang satunggal | kakang kêpriye ta akal | ngur blak salah satunggal[9] | aja ngasi kapêrapal ||
--- 19 ---
65. irèn wong kêkalih sami | dènira akèn dhingini | jawilên mumpung nèng margi | aja kasèp ing pawarti ||
66. wau Ki Banjir ing ngarsa | angin-angin amiyarsa | ana panêrkaning nala | nanging sinamur pamêca ||
67. saya amicara asru | lah ta saya sudhah tahu | kapêdhak kalih duk wau | sigra anunjang kang suku ||
68. kagyat Banjir sarêng nolih | ngrasa anjarag wong kalih | gumuyu sarwi anjêlih | saya sudhah tahu lêbih ||
--- 20 ---
69. sira wong kalih malinge | sun wis wêruh sasuwene | mara bêlakaa bae | ana ngêndi barang kuwe ||
70. mêngko sira sun alingi | aja sira wêdi-wêdi | tan kongsi nêmu bilai | nanging wèha tuwas sami ||
71. wèhana sèkêt rupiyah | dadi sira nora susah | iku wang pêtambak pêjah | wong kalih lêga ing manah ||
72. iya sira sun wènèhi | nanging dèn bisa ngalingi | yèn ingsun nêmahi pati | yêkti sirèku bilai ||
--- 21 ---
73. Ki Banjir sanggup wuwuse | wus dèn arani prênahe | gènira mêndhêm barange | nulya mangkat age-age ||
74. saprapranira ing puri | Ki Banjir wus dèn timbali | wus kinèn lênggah ing ngarsi | sang nata cingak ningali ||
75. dene mêngkono rupane | apa dhukun satêmêne | sang nata sru andikane | apa anggawa petange ||
76. Ki Banjir nêmbah ature | tan susah pêpetangane | omba wus wruh sêdangune | malah duk wontên wismane ||
--- 22 ---
77. sang nata eram angrungu | apa ta bisa katêmu | miwah wruh malinge iku | Banjir matur sudhah tahu ||
78. sang nata duka miyarsa | aja gumampang ta sira | sira nèng ngarsane sapa | iku sira dèn emuta ||
79. banjur umatur andhêku | punika ujar satuhu | wus omba pikir duk wau | nanging omba sudhah tahu ||
80. sang nata angatag enggal | mara kapriye kang akal | umurira aja gagal | pan sira sun ganjar bakal ||
--- 23 ---
81. Ki Banjir umatur enggal | wondene barang kang ical | golèk kêncana satunggal | punika pan maksih enggal ||
82. dèrèng dumugi mring têbih | kang nyolong tiyang kêkalih | nanging wus aminggat gipih | tan wontên kang sêdya mulih ||
83. pinêndhêm ing pojok banon | kang wetan kang cêlak kêbon | nulya wong kalih kinongkon | andhudhukana kang waton ||
84. èstu kang golèk pinanggih | sagung wong eram ing galih | dene awase linuwih | sapamêcane salêsih ||
--- 24 ---
85. nuli putrane sang aji | sira sang raja pinutri | sukanira tan sinipi | dolanane wus abali ||
86. sang nata kalangkung suka | eram pra abdi sadaya | tan măntra iku wong desa | guna ngalahkên pandhita ||
87. nata gawok ing tyas wingit | Ki Banjir ginanjar ringgit | satus tan luwih sadhuwit | Ki Banjir anuwun pamit ||
88. sang nata malih ngandika | lah benjing yèn ana karya | pêsthi sun timbali sira | lan saiki pêkênira ||
--- 25 ---
89. sabên mèlua aseba | sun karya dhukun jro pura | Banjir nêmbah mundur sigra | wus pinganggul kanthongira ||
90. wus dumugi anèng omah | lajêng rinubung wong kathah | dèn takoni wong saomah | bingung lajêng lumah-lumah ||
91. têka-têka nênakoni | bingung dènira nyauri | sami sukane tan sipi | dene angeram-erami ||
92. kêpriye akalmu kana | têka bisa wêruh sira | Banjir nauri ku wadi | tan kêna tutur wak mami ||
--- 26 ---
93. iya saking awas ingsun | pangwruhe wong dadi dhukun | wau ta ing lama-lama | akèh wong madhukun samya ||
94. Banjir wus atuku griya | bale omahe wus tata | saya akèh wong dhatêngi | wus kajèn marang wong nagri ||
95. ya ta gênti cinarita | ana nangkoda nglêlana | prapta ing nagari ngriki | sakantune numpak kèci ||
96. gawene punang nangkoda | ing nagri kene wêruha | kapindho amawa karsa | arêp murih untung arta ||
--- 27 ---
97. arsa angajak totohan | pan adarbe bêbadhekan | aduwe pênthung sawiji | pucuk kiwa têngên sami ||
98. sapa kang bisa ambadhe | pênthung duk maksih uwite | ngêndi bongkot lan pucuke | kang tuwuh godhong maune ||
99. miwah êndi kang adhangkèl | sayêkti punika angèl | sawab pucuk kiwa têngên | rinata kaya lêlêngên ||
100. sapa kang tan bisa badhe | iku kalah totohane | lan duwe sêmăngka siji | kon badhe pira kang isi ||
--- 28 ---
101. tan ana ngêladènana | wong desa miwah nêgara | totohane ki nangkoda | malah katur mring sang nata ||
102. nangkoda dipun timbali | sapraptanira jro puri | wus katur sadaya sami | dènira arsa notohi ||
103. sang nata nuli nyanggupi | Banjir kang kaciptèng ati | pêsthi bisa dhukun mami | sawab awase kêpati ||
104. nangkoda angêntosana | Banjir kinèn nimbalana | caraka wus têmu gupuh | Banjir wus katiban dhawuh ||
--- 29 ---
105. kerid lampahe caraka | Ki Banjir pan abusana | nora kawarna ing margi | wus prapta ing dalêm puri ||
106. dèn awe marang sang nata | tinêmokakên nangkoda | sadaya wus jinarwanan | kang badhe dadi totohan ||
107. Ki Banjir myarsa macucu | iya saya sudhah tahu | sang nata nambungi wuwus | Banjir pikirên kang têrus ||
108. aja age ananggupi | pan gêdhe totohan iki | prakara kang pênthung iku | sun totohi rolas èwu ||
--- 30 ---
109. anadene kang sêmăngka | ingsun totohi salêksa | gunggunge sadaya iku | rong lêksa punjul rongèwu ||
110. sira aja asêmbrana | agawe lingsêm manira | upama sun kang mênanga | sira sun ganjar salêksa ||
111. ananging yèn ingsun kalah | sira anêmahi pêjah | Ki Banjir dhèhèm macucu | iya saya sudhah tahu ||
112. nanging kula nuwun inah | nêm dintên kiwala gênah | ulun pêsthi sagêd badhe | nangkoda sayêmbarane ||
--- 31 ---
113. sang nata mèsêm nauri | nadyan sawulan sun anti | nangkoda lan Banjir mundur | sang nata jêngkar akundur ||
114. ing marga datan winarna | sapraptanira ing wisma | Ki Banjir susah tyas kusus | angrasa lancang pamuwus ||
115. sêdalu nangis ngrêrintih | tan bisa turu asêdhih | miwah tan bisa abukti | rabine kagyat ningali ||
116. tinakonan tan bêlaka | mila susah pranggraita | sambate ing pêndhak dalu | sapisan iki patiku ||
--- 32 ---
117. prakara durung ngawruhi | lancang wus ingsun sanggupi | kapriye besuk ing têmbe | yèn ingsun tan bisa badhe ||
118. tan wurung sun dèn patèni | mendah isinku kêpati | angur sun ngêndhata dhewe | lan dèn ukum ing wong gêdhe ||
119. Ki Banjir poyan ing rabi | yèn badhe ngêndhat ing kali | angur matia pribadi | lan mati tinonton jalmi ||
120. rabine nangis ngrêrêpa | angur minggata kewala | nanging Banjir datan arsa | anguncatana wicara ||
--- 33 ---
121. wondene yèn ora bisa | angur banjur angêndhata | ing wuri bêcik suwurnya | nglampahi ayahan nata ||
122. wau duk nuju ing wêngi | Banjir wus pamit ing rabi | kathah pitungkase sami | arsa anggêbyur ing kali ||
123. sêmana nora cinatur | Ki Banjir iku wus gêbyur | angentir turut ing kali | lumarag marang jêladri ||
124. angrasa awaknya atis | nanging ta pinupus uwis | tan ana ingkang kawilis | mung patine kang cumawis ||
--- 34 ---
125. rumăngsa baya wus pêsthi | lakone awak ingsun iki[10] | durung warêg gonku mukti | nuli tinagih pêpati ||
126. wau dènira akentir | dumugi laut Ki Banjir | jroning pati maksih mikir | bisaa ingsun amampir ||
127. tan bêtah atise iki | sun maras yèn banjur mati | kaduwungira tan sipi | kaya wong edan sun iki ||
128. eca ngentir lumah-lumah | wau kajêglug kang sirah | anyana êndhase pêcah | guragapan mênggah-mênggah ||
--- 35 ---
129. tanganira anggagapi | wus kagrayang kang nanggori | kagyat wruh yèn prau kèci | lajêng mènèk ing kamudhi ||
130. mêthangkrong nèng petak kapal | tan ana ingkang tumingal | sêpi tanpa wong satunggal | Banjir angupaya akal ||
131. lah iki sapa kang duwe | prau sun ênciki kiye | dene tan ana uwonge | banène asêpi bae ||
132. dangu Ki Banjir nèng ngriku | cublangan nut polah prau | kagyat ana swara krungu | wong loro banène iku ||
--- 36 ---
133. siji wong tuwa swarane | swara bocah kang sijine | Banjir tumèmpèl adêge | nilingkên sawicarane ||
134. dangu-dangu anggraita | apa kang dadi wicara | iki kapale nangkoda | kang mêntas prapta nagara ||
135. ingkang angajak totohan | pênthung sêmăngka kalihan | nuju kang dadi rêrasan | kang rinêmbug wong kalihan ||
136. bocah iku atêtakon | lah paman sun arsa tumon | kêpriye akale arsa wruh[11] | bongkot pucuke tumuwuh ||
--- 37 ---
137. bongkot pucuke kang pênthung | duk maksih uwit galundhung | wong tuwa iku sumambung | kabèh wong padha apêngung ||
138. iku gampang pratikêle | ingsun gêlêm nuturake | nanging priksanana age | aja na wong ngrungokake ||
139. sumaur kang lare iku | măngsa ana wong kang ngrungu | mung wong loro anèng prau | tan ana malih rewangmu ||
140. wong tuwa iku nauri | iya bêcik sun tuturi | yèn sira arsa ngawruhi | gampang bae ing pakarti ||
--- 38 ---
141. yèn arêp wêruh bongkote | têngah talènana lawe | ukurên sing bênêr dhisik | aja kacèka sathithik ||
142. yèn wis têmu têngah bênêr | talènana patang êlêr | angkatên timbangên bênêr | mêngko nuli ana têngêr ||
143. yèn isih jomplang sasisih | kang abot iku salêsih | sing êndi sing isih abot | ya iku bingèn kang bongkot ||
144. kang ènthèng sisih bobote | ya iku bingèn pucuke | sawab alus jêjarote | tan wadhag kaya bongkote ||
--- 39 ---
145. lare agumuyu suka | dene agampang kewala | nuli malih atêtanya | mênggah kang punang sêmăngka ||
146. wong tuwa ika nauri | isine mung têlung iji | wus angsale saking bumi | wêton nêgarane nguni ||
147. nauri kang lare lanang | yèn mêngkono bakal mênang | ki nangkoda untung uwang | marga totohan kang gampang ||
148. wong kene măngsa wêruha | kabèh kang dadi wadinya | ya ta Banjir kagyat myarsa | anggêbyu[12] malih sêmodra ||
--- 40 ---
149. kalangkung lêganing galih | nuli ngentir bali mulih | gêmpaling pikir wus pulih | tan ana kang dadi galih ||
150. Ki Banjir kala gêbyure | wong loro sami kagète | nyana ulam kang agêdhe | kang molah nèng samodrane ||
151. wuwusên sira Ki Banjir | wau kang mulih angentir | rabine kagyat apikir | nyana yèn edan Ki Banjir ||
152. jare angêndhat mring kali | wusana têka abali | nanging tan wani nakoni | Ki Banjir suka tan sipi ||
--- 41 ---
153. esuk amaruput seba | lagi olèh mung rong dina | sang nata kagyat uninga | Banjir tinakonan sigra ||
154. iki durung janjinira | sira ajanji nêm dina | Ki Banjir gupuh turira | inggih ta bêrkah sang nata ||
155. omba wus pinaring wisik | saking Yyang kang mobah mosik | winurukaning sapêkarti[13] | prakawis totohan nguni ||
156. nangkoda dèn aturana | omba badhe sapangarsa | sang nata gumujêng suka | nulya dhawuh nimbalana ||
--- 42 ---
157. nalika tan winurcita | nangkoda sampun aseba | bêkta pênthung lan sêmăngka | ngulêsan cindhe puspita ||
158. sang nata kinèn ngumpulna | para bupati sadaya | miwah ta sabarang jalma | kang sami arsa nontona ||
159. sêsêk gumuruh paseban | abane kang arsa wikan | ya ta sami sinirêpan | jalma tan ana rêrasan ||
160. nangkoda maju mring ngarsa | sarwi ngaturkên pênthungnya | tanapi punang sêmăngka | Ki Banjir sampun atămpa ||
--- 43 ---
161. dangu dèn iling-ilingi | api lir kaya wong ngêrti | winolak-walik kaping tri | kang pênthung nèng asta kèri ||
162. dangu-dangu pan dèn ukur | mangisor miwah mandhuwur | wus têmu têngahe bênêr | Banjir mundhut lawe salêr ||
163. dèn talèni têngahe[14] | tinimbang-timbang pênthunge | abot sisih sadangune | Ki Banjir asru ature ||
164. lah punika kang apênthung | tingalana omba gantung | maksih awrat ing sisihe | tur sampun lêrês ukure ||
--- 44 ---
165. suprandene bot sisihe | yêkti kang abot bongkote | duk maksih dados uwite | tan kêna anyolong badhe ||
166. kang ènthèng punika pucuk | Banjir sarwi guyu guguk | cingak miyarsa kèhing wong | sawênèh ngasi malompong ||
167. nangkoda kucêm ing panon | rumăngsa yèn sampun kawon | nulya sosokan ardana | rongèwu lan rong lêksa[15] ||
168. ing tyas eram tur bramatya | dene wong iki aguna | nangkoda panas ing nala | nanging sinamur sêsuka ||
--- 45 ---
169. sang nata suka ningali | eraming tyas ing pakarti | angatag nangkoda nuli | sêmăngka kinèn gumanti ||
170. Bajir sampun anampèni | sêmăngka tininggi-tinggi | kinarya onclang adangu | nulya mèsêm amacucu ||
171. punika isine inggih | tiga abrit cêmêng putih | nangkoda eram ing galih | nuli asok-sokan malih ||
172. sang nangkoda tanpa gawe | badhekan kabèh kêbadhe | ing batin bangêt nêpsune | tur isin polahe dhewe ||
--- 46 ---
173. sadaya wus sami bubar | sang nata lajêng ajêngkar | wong akèh pating salêbar | Banjir atine abigar ||
174. sawab wus ginanjar malih | nuli wus dèn iring mulih | sang nata trisna ing galih | mring Banjir jinunjung linggih ||
175. wus anama tuwan guru | dadi pandhitaning ratu | wong sanagri mêndhak dhêku | ajrih sang pandhita iku ||
176. sapa-sapa kang kapêrgok | nèng dalan amêsthi dhodhok | tan ana wani nyak-ênyok | apamanèh gawe linyok ||
--- 47 ---
177. guru Banjir gung drajade | kinulit daging ratune | saiba-iba bêgjane | kaugung paripolahe ||
178. kawuwusa ki nangkoda | wus layar mantuk nêgara | kapok ing pratingkahira | tan sumêja abalia ||
179. gênti ingkang winurcita | ing nagari Kartabaya | ingkang ajumênêng raja | maksih anom tur prawira ||
180. pan prênah kaponakane | lawan sang ratu ing kene | sugih tan ana samane | agunging rajabranane ||
--- 48 ---
181. sêmana iku sang prabu | lagi kasêkêlan kalbu | ana gêdhonge pêpitu | kothong isine sêdalu ||
182. gêdhong pitu iku isi | simpênan rajabrana di | kothong ing dalêm sawêngi | tan wruh sapa kang jukuki ||
183. kapan dènira angusung | barêng sawêngi asuwung | pagêr tan ana kang gêmpung | wong sanagri dadi pêngung ||
184. dudu panggawe manungsa | baya panggawening dewa | isine gêdhong kang sapta | bisa ngothongkên sadina ||
--- 49 ---
185. gègèr wong sadalêm nagri | gung alit mêmariksani | tan ana olih praniti | sawab angeram-erami ||
186. wau ta sira sang nata | wus lawas miyarsa warta | kang paman ngurung pandhita | Ki Guru Banjir wêstanya ||
187. sang nata sigra utusan | bupati roro ngandikan | nyuwun pandhitaning paman | kanthi nuwala dalêman ||
188. lampahe mêdal samodra | wong roro mancal baita | wêtara pangiringira | ana abdi kawan dasa ||
--- 50 ---
189. ing marga datan winarni | lampahe sampun dumugi | caraka manjing nagari | wus katur sri narapati ||
190. kagyat sang nata andulu | rawuhe caraka wau | atur nuwala sang prabu | binuka sinukmèng kalbu ||
191. mèsêm sang nata ngandika | ambagèkakên caraka | pinisalin sadaya[16] | kinèn amondhoka samya ||
192. enjing sang nata tinangkil | andhèr wadya kang angampil | ingapitan tumbak bêdhil | Guru Banjir wus pinanggil ||
--- 51 ---
193. sumaos wontên ing ngarsa | pêrak lawan kang caraka | sang nata mèsêm ngandika | Bajir sun tămpa nawala ||
194. săngka nagri Kartabaya | ratu pulunan manira | surasane tur pariksa | yèn kasêkêlan wardaya ||
195. kelangan rajabrana gung | wong sanagri padha bingung | kèhe kabèh pitung lumbung | sirna sawêngi agêmpung ||
196. tan karuhan sapa jukuk | pagêr tan ana kang rêmuk | miwah ciria sadumuk | Ki Banjir gumuyu guguk ||
--- 52 ---
197. ngeram-eramipun niku | sirnaning barang sêdalu | nanging prakawis puniku | ugi saya sudhah tahu ||
198. sang nata rêngu ngandika | sira aja asêmbrana | ora kaya sabên dina | iki prêkara kêpala ||
199. lawan dudu dêdolanan | iku prakara kangelan | yèn ora pulih têmênan | dadi rusaking karajan ||
200. sirèku dèn ngati-ati | lan pikirên sing prêmati | caraka matur nambungi | lêrês paduka nrêpati ||
--- 53 ---
201. prakawis ingkang punika | kula umatur pratela | wêwatêke gusti omba | tan kenging damêl sêmbrana ||
202. Pak Banjir malih gumuyu | itu saya sudhah tahu | balik kapan ing angkatmu | manira pêsthi amèlu ||
203. sang nata akèh pemute | nanging Banjir mêksa bae | sêmana matêng rêmbuge | Banjir samêkta ngomahe ||
204. bojone bakal ginawe | sawab rewange lara lapa[17] | mati urip padha wruha | sokur bisa andum bêgja ||
--- 54 ---
205. sêmana sampun miranti | caraka sarencangnèki | tanapi Banjir lan rabi | samya numpak prau kèci ||
206. nawala wus dèn wangsuli | katur yèn Banjir nanggupi | ambadhe ingkang jukuki | miwah amulihkên lami ||
207. sang nata anitipake | marang Banjir pangrêksane | dèn ugunga sapolahe | sawab wus tuman nèng kene ||
208. nuwala mangkat dhisiki | ya ta caraka bupati | pamit ing sri narapati | samya anumpak ing kèci ||
--- 55 ---
209. Banjir apamit sang nata | kalilan wus lajêng sigra | layar kang punang baita | sang nata jêgkar mring pura ||
210. ing marga nora winarni | laju lampahe kang kèci | amung lakon kalih ari | wus samya dugi ing nagri ||
211. sang ratu ing Kartabaya | amapag ingkang aprapta | numpak palwa rinarêngga | pan sarwi tabuhanira ||
212. duk pandukipun prasamya | Banjir arsa ngaras pada | asta cinandhak sang nata | lah ta bapa aja aja ||
--- 56 ---
213. payo numpak tunggal ring wang | malêbu karaton ingwang | gumêrah kang swara umyang | awor tabuhan angangkang ||
214. sarêng dumugi dharatan | tinampan wadya papagan | urut marga jinajaran | dumugi ing kraton pisan ||
215. sêmana wus manjing pura | wau sira sri narendra | Banjir arsa ngantun jaba | tan kalilan ing sang nata ||
216. kinanthi barêng lêbune | wong nonton bungah arame | kawuwusa ing dalune | samya ăndrawina rame ||
--- 57 ---
217. antara wus têlung dina | sang nata apajar nulya | pratingkah ilange brana | dudu panggawe manungsa ||
218. Banjir matur ing sang ratu | nuwun inah pitung dalu | pambadhènipun puniku | arsa adamêl lêlaku ||
219. lampahipun badhe mutih | lan angêtokakên gêtih | saking badan kang kapurih | sarta anglakoni ngêlih ||
220. sang nata sangêt mangrêpa | tulungên têmên ta bapa | sun cadhang ganjaranira | aja tanggung ing prakara ||
--- 58 ---
221. Bajir sumanggup andhêku | ginampilakên puniku | sampun uninga yèn pêrlu | nanging saya sudhah tahu ||
222. Ki Banjir wus mêtu nglatar | amondhok panggenan anyar | kang èstri sangêt abigar | rinaja-raja ingunggar ||
223. Banjir wau sadhatênge | kang èstri kathah omonge | nanging Banjir mênêng bae | awit sêdhihe atine ||
224. êmbuh kang dèn rasakake | awake tinutuh dhewe | besuk kapriye dadine | yèn mêlothot sanggupane ||
--- 59 ---
225. pêsthi bakal nêmu pati | nèng kene ginantung mami | eman kamuktènku iki | jêr cocot iki marahi ||
226. cangkême tinapuk-tapuk | kang èstri mulat marêngguk | sira iku apa mabuk | apa ethok-ethok busuk ||
227. Banjir sumaur asora | wong wadon măngsa wêruha | apa kang dadi bêbaya | pratingkah jroning prakara ||
228. sira apa tan ngawruhi | bingèn ing sêsanggup mami | dhek isih ana ing nagri | kang èstri aglis nauri ||
--- 60 ---
229. sanggupmu bakal ambadhe | ana ing nagara kene | rajabrana ingkang ilang | isèn-isèn pitung gudhang ||
230. malah sanggup mulihake | sakiki apa susahe | sira wus sumanggup dhewe | pêsthi kari badhe bae ||
231. Banjir anyêntak saurnya | ya yèn ingsun iki bisa | apamanèh winicara | balik yèn ingsun tan bisa ||
232. kêna ngapa kowe sanggup | malah mangkat gugup-gugup | apa kowe kuwe owah | sanggup barang ora prênah ||
--- 61 ---
233. Banjir muni wis mênênga | aja kowe andêdawa | tur măngsa anulungana | mundhak mêngko dadi gadra ||
234. mêngko bêngi aku pamit | kowe sing bisa awingit | arêp ngêndhat marang alas | aja kowe ngitung wêlas ||
235. yèn aku mêlothot janji | pasthi anêmahi pati | angur matia saiki | ora tinonton ing jalmi ||
236. mendahne baya suwure | yèn aku digantung kene | êndi gawanên marene | pêdhang cilik bingèn kae ||
--- 62 ---
237. kang èstri runtik ing driya | ujare măngsa bodhoa | polahe wong angêlămpra | pêdhang dèn ulungkên sigra ||
238. Banjir ing dalu umangkat | pêtênge kaliwat-liwat | maring wana arsa ngêndhat | nanging ati durung kuwat ||
239. satêngah kaya kaduwung | kaya pa mêngko yèn wurung | baya diarani pêngung | tanpa aji kaya lutung ||
240. Banjir kêbacut polahe | isin balia ngomahe | angur baya nyidakake | matia nèng alas kene ||
--- 63---
241. nuli Ki Bajir anêngah | mring alas kang kêbak glagah | pêtênge agawe wêgah | ngawur tan wruh bênêr salah ||
242. wus wayahe têngah wêngi | ing alas kêlangkung sêpi | tansah gumêtêr ing ati | tan karuhan jujugnèki ||
243. ana ngrêgêmêng katingal | sawiji uwiting kamal | gêdhene mèh limang êtal | Ki Banjir marani enggal ||
244. ciptanira jroning ati | arêp ngasuhakên ragi | sêdhêng nèng kono anganti | anata pratikêlnèki ||
--- 64 ---
245. asèndhèn ngisore uwit | manahe kadi jinait | angliga pêdhange alit | kang alandhêp mingit-mingit ||
246. satêmêne durung tega | yèn asuduka salira | pijêr anganggar pêdhangnya | ngancang-ancangi gulunya ||
247. gêmbar-gêmbor asêsambat | dhuh guluku bakal pêgat | bok iya ana ilafat | iki susahe kaliwat ||
248. dhuh nyawa iki sirnamu | yèn sun tamakakên gulu | pêdhang kiye pusakaku | prandene bakal akolu ||
--- 65---
249. kocapa punang wit kamal | ana êjime satunggal | kêkayangan ana kono | wus satus taun samêngko ||
250. êjim langkung dugalira | jênênge iku Si Nyawa | kagyat sinambat jênênge | ana ngisore wit kene ||
251. dene wêruh jênêng ingwang | lan ujare arêp mêdhang | nyirnakake marang aku | iki mêdèni satuhu ||
252. yèn wêruh marang jênêngku | pasthi wruh panggawehaku | dudu wong bedak arakan | pasthi turun Nabi Sleman ||
--- 66 ---
253. bayangur ingsun balaka | asrah tobat si manusa | apa sak panggawe ngiwa | supaya sun ingapura ||
254. anulya pun Nyawa enggal | tumurun saking wit kamal | Ki Banjir duk atumingal | mêngkorog pêdhange gigal ||
255. ana gumêrmêng tumurun | Banjir gila sarwi gêtun | wulu githoke mangkorog | kadhingkêlên andharodhog ||
256. wus narka lamun mêmêdi | nanging tinekatkên ngati | wis kapêngkok maring ngêndi | apa dadine angênti ||
--- 67 ---
257. jim Si Nyawa mara dhewe | Banjir mèh salah tampane | isih angagar pêdhange | batin wus tinekatake ||
258. jim Si Nyawa mara dhodhok | mring Ki Banjir nyêmbah cedhok | sarwi matur angrarêpa | pukulun nyaoskên duka ||
259. kula pun êjim abdinta | anuhun ing pangaksama | ing sakalêpatan amba | èstu asagah mangsulna ||
260. Ki Banjir eram angrungu | byat apikir jroning kalbu | nauri sarwi gumuyu | itu saya sudhah tahu ||
--- 68 ---
261. yèn mêngkono sira kuwe | kang jênêng Si Nyawa kae | baya kang duwe panggawe | ngothongi gudhang sakèhe ||
262. gudhang ing jêro kêraton | nanging mêngko ingsun takon | sira sapa ingkang akon | dene prawira tan katon ||
263. Nyawa aris anauri | pan inggih amba pribadi | dupi amba mirêng wau | kagyat saraosing kalbu ||
264. tuwan ajêng nyirnakakên | mring amba kalayan têmên | pêdhang arsa tinamakkên | mila pun amba tumuntên ||
--- 69 ---
265. tumurun nuwun apura | Ki Banjir gumuyu suka | iya tak apura sira | sawab sun wus wruh sadaya ||
266. yèn sira tan balèkêna | isining gudhang kang sapta | yêkti sira iku sirna | pinangan pêdhang manira ||
267. pun Nyawa matur sandika | sampun kuwatos paduka | amba wangsulkên saêkal | ing dalu punika enggal ||
268. sarta pulih kados lami | sacacah miwah saisi | paduka amba aturi | kundura mring dalêm puri ||
--- 70 ---
269. iya Banjir amêmêling | aja ngasi bangun enjing | wau sêmana kocapa | wus mulih kêkalihira ||
270. Ki Banjir eram atine | katuju dadi mangkene | mendah bungahe sang aji | lan erame wong sanagri ||
271. Ki Banjir wus bali mulih | ing pondhok datan ginalih | kang èstri eram ing galih | manahira sampun pulih ||
272. samana wus byar raina | Ki Banjir nuli aseba | enjing nata siniwaka | kagyat dene Banjir ana ||
--- 71 ---
273. mèsêm ngandika sang ratu | bapa pan durung jangjimu | inahira pitung dalu | apa na seje karyamu ||
274. Banjir umatur tan susah | amba angêntosi inah | sampun kula pêsu gênah | ing wau dalu katrimah ||
275. mung wontên panuwun kula | tuwan kumpulna kang wadya | pra bupati lan ngulama | mirêngna pambadhe kula ||
276. sang ratu parentah enggal | nimbali ngulama gangsal | lan para bupati kabèh | gumrudug kang têka akèh ||
--- 72 ---
277. ingkang ora katimbalan | padha mèlu gurawalan | kêbak dasih ajêjêlan | swara lir surak ambalan ||
279. nuli sinirêp sadaya | sami tan kenging ngucapa | Banjir ngadêg ngarsa nata | asru wau acarita ||
280. hèh sakèhe para abdi | kang nganan miwah kang kèri | padha kawruhana sami | ilange rajabrana di ||
281. ing saiki pan wus tintrim | iku panggawening êjim | Si Nyawa aranirèki | bur julig kapati-pati ||
--- 73 ---
282. iya iku ingkang jukuk | isining gudhang kalumpuk | ngusungi dalêm sawêngi | sapa kang bisa udani ||
283. basa si jim iku wêruh | yèn ingsun iki têlutuh | Nabi Suleman ing kuna | dadi atutur balaka ||
284. Si Nyawa wêdi ing kami | jangjine ing mau bêngi | wis kapok nora mindhoni | lan ambalèkakên isi ||
285. wis mêsthi pulih puniku | saisine gudhang pitu | pan ora kurang satugi | Si Nyawa bangêt awêdi ||
--- 74 ---
286. yèn ora ambalèkake | pasthi tak kêthok gulune | Banjir sawusnya ucape | ngajak amariksa age ||
287. sang nata gugup nuruti | kumrab bala atut wuri | tunjang-tinunjang dhisiki | jujug gêdhong pitu sami ||
288. juru gêdhonge wus prapta | samya anyorog korinya | byar wus katingal sadaya | pulih saisine lama ||
289. tan ewah rajabrana gung | tumpukan sapundhung-pundhung | miwah kang samya gumantung | tan kalong tan ana gêmpung ||
--- 75 ---
290. sang nata nulya angrangkul | mring Banjir amêngkul-mêngkul | wadya padha ting barubul | sokur ing dhukun kang kabul ||
291. bungahe marwata suta | sang nata mring pra bupatya | parentah boja drawina | kinèn sêsukan nêm dina ||
292. saundurira ing ngriku | lajêng wit sêsuka wau | rame anutug nêm dalu | akèh wong prapta dêdulu ||
291. antara ing pitung dina | sang nata mijil sineba | undhang mara wadyanira | yèn Banjir ginanjar nulya ||
--- 76 ---
292. isining gêdhong satunggil | isi dhuwit kadya krikil | ginanjarkên Banjir iku | kalangkung bingahing kalbu ||
293. lawan malih dèn undhangi | wadya kinèn amiranti | palwa pêpitu prasami | kang kinarya angêmoti ||
294. arta ganjarane Banjir | lan amatah pra upêsir | ngatêrkên ing tuwan guru | mantuk lan sakèhing sangu ||
295. duk samana wus anuju | dina panumpaking prau | têdhak angatêr sang prabu | gumrah wadya sabiyantu ||
--- 77 ---
296. awor têtabuhan muni | salomprèt kêndhang saruni | lir kinêbur ing lautan | jêjêl palwa rêbut dalan ||
297. samana pan kacarita | wus lajêng angkate samya | palwa wus ambabar layar | asri tinon ting salêbar ||
298. sang nata wus wangsul kundur | wau ta kang sami banjur | antara ing sangang dina | wus dumugi ing nagara ||
299. sang nata têdhak amapag | wus têmu gurune pelag | Banjir ngaturkên nuwala | sang nata anukmèng driya ||
--- 78 ---
300. sukanira tan sinipi | tan nyana sampurnèng kardi | Banjir mantuk wismanira | wus misuwur sanêgara ||
301. sugihe anglêliwati | gawa brana pitu kèci | dadi gêgêdhuging nagri | ngêlar desa kanan kèri ||
302. karya griya binacingah | nyai guru langkung bungah | asring nêdhaki sang nata | tanapi para bupatya ||
303. misuwur sang apandhita | suyud kang para ngulama | dene sadulure tuwa | milu krasa ing wibawa ||
--- 79 ---
304. sang pandhita yèn lumaku | akèh pangiringirèku | tan ana wani kabèhe | angidaka layangane ||
305. wêdi yèn kêna wilalat | tawa ngambah marga gawat | sapa kapranggul agancang | nulya dhodhok ngapurancang ||
306. akèh kang seba dalême | sadina-dina arame | kang padha madhukunake | tanapi wong metangake ||
307. nanging ki guru wis bosên | sinăngga aras-arasên | wêdi manawa kacina[18] | bok dèn arani wong guna ||
--- 80 ---
308. sawiji dina micara | mring rabi asok pangrasa | lah nyai mara rungokna | ana akalku kang têka ||
309. upamane omah iki | mêngko padha dèn obongi | donya padha dipêndhêmi | alok kêna ing bilai ||
310. kabèh sirna kêna gêni | têkan parimbon tan kari | supaya dina ing wuri | aku bisa gawe uni ||
311. sakobonge parimbonku | ora bisa metang iku | pasthi padha amituhu | jêr iku ingkang bêbaku ||
--- 81 ---
312. dadi sun bisa waluya | tan kêna kinuya-kuya | luwar săngka ngamadaka | êntèk gonku anggumuna ||
313. iya yèn kaya slawase | sok bênêr yèn ingsun badhe | yèn mêngko sok luput bae | sêpira iku wirange ||
314. pêsthi ora kajèn manèh | sawab antuk ing pamêlèh | Ki Banjir saiki malèh | wis ora nana makolèh ||
315. mara pikirên sing tamtu | sarekaku kabèh iku | Nyai Banjir amacucu | arêmbug sajroning kalbu ||
--- 82 ---
316. enjingira tata-tata | samya angusungi donya | siji wong tan ana wruha | bêngi yèn kalane gawa ||
317. barang-barang ingkang rowa | samya tinitipkên tăngga | ana dèn usung mring desa | mring omahe sanakira ||
318. barang ringkês-ringkês sami | miwah sêsotya di-adi | sami pinêndhêm ing siti | tan ana ingkang udani ||
319. sawusira sami kothong | lajêng griyanya dèn obong | kobar saking doh mêncorong | kang dahana mubal ngêsong ||
--- 83 ---
320. kagyat wong ing dalêm nagri | wruh ana griya kabêsmi | gègèr ewon wong nêkani | gumuruh kang tandang sami ||
321. bêndhe kakênthong anitir | akèh wong kang kocar-kacir | alok yèn goning Ki Banjir | wuwuh gègère awiwir ||
322. dahana tumimbal-timbal | wus amangan kampung gangsal | wong kampunge samya dhadhal | tan wruh lor kulon ambêdhal ||
323. swaraning gêni barêngi | lawan panjriting kang jalmi | ya ta sêmana winarni | wus kapyarsa ing sang aji ||
--- 84 ---
324. gugup têdhake sang prabu | atandang mring goning guru | tan nganti abdi kang mèlu | turăngga sinandêr asru ||
325. kocapa Ki Guru Banjir | lumayu mêtu angênthir | tanbuh jro batin pinikir | api-api molar-malir ||
326. kapranggul lawan sang nata | Banjir lajêng ngraup pada | kathah-kathah sambatira | sarta têbah-têbah dhadha ||
327. nangis sarwi aturira | yèn donya têlas sadaya | nanging botên dipun rasa | mung icale primbonira ||
--- 85 ---
328. katut sirna dening gêni | dados amba sapuniki | botên wagêd mêmetangi | mung punika dadi ati ||
329. sang nata ngungun miyarsa | saêjam datanpa wêca | Banjir kinèn amupusa | ing sacilakanira[19] ||
330. wau ta kang punang agni | wus surut ênting wus mati | têntrêm sakathahing jalmi | sowang-sowang mantuk sami ||
331. antara ing lama-lama | sasampunira atata | Banjir pulih kadya lama | tutug amukti wibawa ||
--- 86 ---
332. nanging ora dadi dhukun | malah ginanjar pènsiun | sanêgara samya gêtun | nganti pirang-pirang taun ||
333. tulus kinasih sang aji | taksih gung tinari-ari | pan maksih nipun[20] ji-aji | marang wong sajroning nagri ||
__________
1 | Lebih satu suku kata: Ana wong Jawa critane (kembali) Lebih satu suku kata: Ana wong Jawa critane |
2 | palingukan (kembali) palingukan |
3 | lungguh (kembali) lungguh |
4 | Banjir (kembali) Banjir |
5 | Lebih satu suku kata: Ki Banjir jujug wit soka (kembali) Lebih satu suku kata: Ki Banjir jujug wit soka |
6 | Lebih satu suku kata: ing prakara durung ngêrti (kembali) Lebih satu suku kata: ing prakara durung ngêrti |
7 | amba (dan di tempat lain). (kembali) amba (dan di tempat lain). |
8 | Lebih satu suku kata: sadurung-durunge kwêtu (kembali) Lebih satu suku kata: sadurung-durunge kwêtu |
9 | Kurang satu suku kata: ngur ngêblak salah satunggal (kembali) Kurang satu suku kata: ngur ngêblak salah satunggal |
10 | Lebih satu suku kata: lakone wak ingsun iki (kembali) Lebih satu suku kata: lakone wak ingsun iki |
11 | Lebih satu suku kata: priye akale arsa wruh (kembali) Lebih satu suku kata: priye akale arsa wruh |
12 | anggêbyur (kembali) anggêbyur |
13 | Lebih satu suku kata: winurukan sapêkarti (kembali) Lebih satu suku kata: winurukan sapêkarti |
14 | Kurang satu suku kata: dèn talèni ing têngahe (kembali) Kurang satu suku kata: dèn talèni ing têngahe |
15 | Kurang satu suku kata: rongèwu lawan rong lêksa (kembali) Kurang satu suku kata: rongèwu lawan rong lêksa |
16 | Kurang satu suku kata: pan pinisalin sadaya (kembali) Kurang satu suku kata: pan pinisalin sadaya |
17 | Lebih satu suku kata: sawab rewange lêlapa (kembali) Lebih satu suku kata: sawab rewange lêlapa |
18 | kacihna (kembali) kacihna |
19 | Kurang satu suku kata: maring sacilakanira (kembali) Kurang satu suku kata: maring sacilakanira |
20 | dipun (kembali) dipun |