Sêrat Panutan, Prawirasudirja, 1913, #1238

JudulCitra
Terakhir diubah: 21-05-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Prijs franco per post f ...

Verkrijgbaar bij het Dépot van Leermiddelen te-Weltevreden tegen toezending van een postwissel tot genoemd bedrag.

Sêrat Panutan

Anyariyosakên lare dhusun ingkang gumatos dhatêng biyung, tabêri nyambut damêl, gêmi tuwin angatos-atos, wêkasan dados mulya.

Anggitanipun Mas Prawira Sudirja, mantri guru pamulangan ing Garung, Wanasaba.

Kaêcap ing pangêcapanipun Tuwan H.A. Benyamin ing nagari Sêmarang ing taun 1913.

--- [1] ---

Serie uitgaven door bemiddeling der Commissie voor de Volkslectuur No. 136.

Sêrat Panutan

Anyariyosakên lare dhusun ingkang gumatos dhatêng biyung, tabêri nyambut damêl, gêmi tuwin angatos-atos, wekasan dados mulya.

Anggitanipun Mas Prawira Sudirja, mantri guru pamulangan ing Garung, Wanasaba.

Kaêcap ing pangêcapanipun Tuwan H.A. Benyamin ing nagari Sêmarang, ing taun 1913.

--- [2] ---

[...]

--- [3] ---

SERAT PANOETAN

DOOR

MAS PRAWIRASOEDIRDJA HOOFDONDERWIJZER TE GARUNG-WANASABA.

Semarang-Drukkerij en Boekhandel

H.A. Benjamins, Semarang.

1913

--- [4] ---

[...]

--- [5] ---

Tutur

Lêlampahanipun manungsa punika anut tuladha tuwin piwulanging tiyang sêpuhipun. Nalika lare taksih alit, nama dèrèng gadhah kasagêdan punapa-punapa, lami-lami lajêng sagêd: nêdha, wicantên, nyambut damêl saha sanès-sanèsipun. Kasagêdan makatên punika lantaran saking dipun wulang sarta niru solah tingkahipun tiyang sêpuh ingkang dipun tingali.

Saupami ingkang dados lantaran (piwulang sarta solah tingkahipun tiyang sêpuh) sae, kalakuwanipun lare inggih dados sae, dumugining sêpuh adat lêstantun saenipun.

Sarèhning tiyang sêpuh punika dados panutanipun lare, mila piyambakipun prêlu sangêt angatos-atos, têmbung sakêcap, lampah satindak saha piwulangipun kêdah sae, lêrês sarta maedahi.

Sok tiyanga lăngka ingkang botên rêmên dhatêng anak. Anak dados ênêring tingal, gêgantilaning manah, inggih

--- 6 ---

dêdolanan ingkang botên ambosêni, ngantos kabasakakên: kancana wingka. Punika anelakakên saking sangêting rêmênipun tiyang sêpuh dhatêng anak. Sanajan warninipun anak awon dipun upamèkakên barang ingkang botên pangaos makatên, ewasamantên trêsna saha rêmênipun kados dhatêng kancana. Malah sayêktosipun rêmêning tiyang dhatêng kancana wau dèrèng măntra-măntra animbangi agênging katrêsnanipun tiyang sêpuh dhatêng anak. Upami ing ngandhap punika minăngka tăndha yêktining agêngipun katrêsnaning bapa biyung dhatêng anak.

Tiyang sêpuh nyêpêng têtêdhan sacuwil badhe kaêmplok, anakipun dhatêng angrêbat têtêdhan wau, sanalika tiyang sêpuh ngulungakên kalayan suka bingahing manah.

Bilih pinuju botên karaos-raos,[1] anakipun nangis nêdha sêkul, raosing manahipun tiyang sêpuh kados dipun iris-iris, awit botên têgêl ningali saha mirêngakên anakipun ngalêntrèh lêsu tuwin sêsambat luwe.

--- 7 ---

Nalika anak sakit, bapa biyung langkung prihatos, punapa ingkang kinintên sagêd nyarasakên, sapitêdahing tiyang utawi dhukun, sasagêd-sagêd dipun wontênaken, botên ngetang kathahing wragad tuwin rêkaosipun.

Ing nginggil punika sampun cêkap kangge mratelakakên tăndha katrêsnan saha rêmênipun dhatêng anak, nanging rêmên sarta pangemanipun anak wau ingkang limrah sok kaladuk, botên kamanah kadospundi kadadosanipun ing têmbe, punapa pangemanipun badhe andamêl sae, punika awis ingkang nyumêrêpi. Wontên ugi satunggal kalih tiyang ingkang sampun sumêrêp, yèn pangemanipun badhe dados wisa mandi andamêl pêjah utawi awon dhatêng anakipun, ananging awit saking kagêngên trêsna sarta kirang pêngkuhing manah, gêgêmanipun wisa sagêd runtuh dhumawah ing lare. Mila lêrês tiyang sêpuh ambasakakên: wêlas tanpa alis (wêlas wêkasan lalis), kajêngipun: anggèning wêlas anjalari pêjah. Bêbasan punika yêktos. Upaminipun makatên:

--- 8 ---

Tiyang ingkang tinitah wontên[2] saking rêmênipun dhatêng anak, wiwit lare taksih wontên ing êmbanan, dèrèng sumêrêp dhatêng gunanipun arta lan botên gadhah panêdha punapa-punapa, asring dipun gêgêmi arta kabêkta dhatêng wande tumbas jajan utawi dolanan ingkang botên pantês ingatasipun lare taksih alit. Dipun wulang andhawahakên arta nampèni jajan, lami-lami ngêrtos dhatêng têtumbas. Sarêng sampun sagêd lumampah sarta wicantên radi cêtha, wira-wiri nêdha arta kangge têtumbas sadintên botên narimah rambah kaping tiga, tiyang sêpuhipun ngulungi kalayan gumujêng manahipun bingah, wicantênipun:

Wah, anaku wis bisa anjaluk dhuwit. Wah, baguse wis bisa tuku jajan dhewe.

Wicantên makatên punika anakipun sarwi dipun ambungi. Saya agêng saya kathah panêdhanipun arta, jajan ingkang katumbas botên mawi milih, namung nuruti rêmêning manahipun: pêlêm, balimbing, gowok, wuni. Anggènipun nêdha botên ngèngêti wanci. Sawênèh lare ingkang sampun [sampu...]

--- 9 ---

[...n] tuman jajan, wontên ingkang botên purun nêdha sêkul ocal-ocalanipun piyambak.

Wontên malih tiyang ingkang watêkipun botên pêngkuh, manawi anakipun nênêdha kêkathahên utawi kêkêrêpên, sok nyêntak, srêngên trêkadhang anggêbag, panêdhanipun botên dipun sukani, lare glinting gulung ing siti nangis agêmbrèk-gêmbrèk, botên dangu biyungipun dhatêng anulung ngusapi kalihan nyukani panêdhanipun. Anakipun kèndêl sarta ngêrtos, benjing malih manawi nênêdha botên dipun sukani lajêng gulung anangis.

Ing nalika tiyang sêpuh lêlinggihan manggihi tamu, anakipun dhatêng anglendhot, nuntên dipun ulungi têtêdhan utawi arta, têmbungipun:

Nya, wis mrana, lunga dolan.

Lare nampèni arta lajêng kesah tumbas jajan. Sasampuning jajan têlas katêdha, wangsul malih anglendhot, supados dipun sukani malih kados ingkang sampun, mripatipun kumêdhèp tismak mandêng têtêdhan ingkang kasêgahakên dhatêng tamu.

--- 10 ---

Manawi tiyang sêpuhipun kêkesahan, martamu utawi kondangan ing griyanipun tiyang gadhah damêl, limrah anakipun kabêkta, ing ngriku kesah dhatêng angrêsahi tiyang sêpuh sawêg wicantênan kalihan nêdha têtêdhan.

Lare sampun umur nêm dumugi sadasa taun, dèrèng dipun wiwiti kasumêrêpakên ing padamêlan, sinau kasagêdan, tata krama sasaminipun. Mila ingkang limrah taksih bodho sangêt, dèrèng kenging pinitados nyêpêng arta sarupiyah. Jirihipun anglangkungi, botên purun lumampah piyambak lêlampahan kalih pal. Punapa malih botên purun kakèngkèn sowan dhatêng priyantun Cina utawi tiyang sanès băngsa, awit saking kirang kulina sinau kêndêl, dumugi sêpuh dados tiyang ajrihan.

Mênggah karêmênanipun lare, sabên dintên dolan kalambrangan ing saênggèn-ênggèn awor lare kathah ingkang watêkipun awon: ambêbalang, ngundhuh susuh pêksi, nganiaya kewan alit-alit, kopyok, lowok, abên jangkrik, dherekan saha sanès-sanèsipun mawi totohan.

--- 11 ---

Lare watêk andhugal, sok dolan ing margi ambêbedhung tiyang langkung ingkang kinintên botên sagêd andamêl piawon ing piyambakipun, kados ta: amêjahi sawêr kaalangakên ing têngah margi murih andamêl kagètipun tiyang langkung, amoyoki tiyang lumampah, nabuhi tiyang pincang, nasarakên tiyang picêk sasaminipun. Manawi tiyang ingkang dipun poyoki nêpsu angoyak, piyambakipun sami lumajêng surak-surak kalihan mêmisuh ngangge têmbung botên patut, sangêt anggèning mêgêlakên manahipun tiyang langkung.

Manawi ngèngêti solah tingkahipun lare-lare makatên punika, têtela sangêt pamarsudinipun tiyang sêpuh dhatêng anak dèrèng paja-paja sagêd anggayuh dhatêng kasaenan. Sarêng lare dados tiyang sêpuh, kêpatuh bodho, goroh, sungkanan, jirih, croboh, botên antêpan, botên sumêrêp malês kasaenan dhatêng tiyang sêpuh, botên wêlasan ing sasamining titah, têbih kalihan sanak sadhèrèk tuwin mitra, botên [botê...]

--- 12 ---

[...n] sagêd anjagi gêsangipun, wêkasan cêpak manggih sangsara.

_________

Ing sêrat punika isi cariyos sae, prayogi sangêt kawaos kangge sambèn ing wêktu ngaso sabibaring nyambut damêl utawi ing wanci dalu sadèrèngipun tilêm.

Lugunipun suka pèngêt, supados sami marsudi anak putunipun dhatêng kasaenan, amurih sêpuhipun dadosa tiyang: angatos-atos, tata, titi, gêmi, tabêri, sagêd rêrawat barang darbèkipun. Inggih saking punika lantaranipun sagêd kacêkapan. Dene kacêkapan wau satunggaling sarana ingkang langkung rosa, kuwawi, andhatêngakên sêdya ingkang prêlu-prêlu ingatasipun tiyang gêsang, upaminipun: sênêng, sakeca, kajèn kèringan, sugih sanak sadhèrèk saha sanès-sanèsipun. Kacêkapan ugi sagêd dados lantaran anjunjung luhuring drajat, sabab anggampilakên dhatêng pangudinipun kasagêdan.

Kajawi saking punika, ugêr botên kêlèntu anggèning

--- 13 ---

matrapakên, kacêkapan ugi sagêd nyuda kathahing dosa, liripun makatên: tiyang ingkang cêkap, mokal manawi purun angraosi sarta alampah awon ingkang lantaran namung melik barang sapele pangaos sigar sadhuwit, malah manawi kalêrês purun kecalan sawatawis kangge têtulung tiyang kasangsaran.

Ing sarèhning sampun têrang sangêt, kacêkapan wau agêng paedahipun, sagêd mitulungi ngêntas saking kasangsaran, mugi-mugi sami tumuntêna karsa santun ada, ngungkurakên watêk boros tuwin sadaya ingkang botên sae, lajêng ngudi karaharjan, mêmêtri panggêsanganipun, saha malih sampun ngantos gadhah manah ngêntosi benjing-benjing, mangsanipun kasêlak kasèp, awit sabên wêktu umuring manungsa punika têmtu suda-suda, sawêg kasèp sabêdhug kemawon, umuripun sampun suda nêm jam.

Kajawi saking pituturing sêrat punika, kangjêng gupêrmèn ugi anggalih pêrlu karsa têtulung anjagi kawulanipun, murih uwal saking bêbaya kacingkrangan, lajêng angwontênakên bang ing kantor pos, sabên dhusun dipun adêgi bang sarta

--- 14 ---

lumbung panggenan tiyang pribumi nyèlèngi artanipun utawi sabageyan saking pamêdalipun siti kangge anjagi bokmanawi kêkirangan têdha tuwin sinau gêmi.

Wiwitipun adêging bang kalihan lumbung dhusun wau rêkaos sangêt, tiyang-tiyang sami botên rujuk jalaran saking dèrèng ngêrtos pikajêngipun, wontên ugi ingkang gadhah manah sumêlang, kuwatos dipun apusi. Nanging sarêng sampun tumindak sawatawis taun laminipun, piyambakipun sami bingah sarta angraos sakeca, badhe nyêbar wiji botên pados sambutan pantun, nuju pailan kantun mêndhêt pantun nyambut ing lumbungipun piyambak, manawi bêtah arta lajêng nyambut ing bang. Adatipun tiyang pribumi ingkang makatên wau, kaupamèkakên lare alit badhe dipun êdusi, wiwitipun budi sarta nangis kêkêjêr, sasampuning rêsik, tilêmipun anglênggêr.

Sumănggga sami karaosna, katêpakna ing slira piyambak, saiba sêdhihipun tiyang sêpuh jêmpo saha mlarat, sampun botên kuwawi nyambut damêl, sampun botên wontên ingkang kajagèkakên kangge têdha enjing sontênipun. [sontêni...]

--- 15 ---

[...pun.] Manawi èngêt ingkang samantên, manah ngêrês sarta nalăngsa, sanalika anggadhahi manah wajib sangêt nênuman gêmi, purun nyênyèlèngi wiwit ênèm kangge têdhanipun benjing manawi sampun sêpuh.

--- 16 ---

Dapa Anakipun Răndha Mlarat, Sagêd Dados Sugih lan Mukti Lantaran Saking Tabêri, Gêmi sarta Angatos-Atos.

Ing dhusun Sidamulya wontên satunggaling tiyang tani, nama Singadrana, gadhah pakarangan cêngkal sawidak ubin, tanêmanipun karang kitri pêpak sarta lêma-lêma, ing ngandhap dipun tanêmi warni-warni: waeurut,[3] senthe, suwêg, êmpon-êmpon saha sanès-sanèsipun. Griyanipun satunggal adhapur limasan, atêpipun kambêngan. Gadhah sabin yasan salupit êloh sangêt, prênahipun cakêt dhusun angsal toya ilèn, kenging kaocal katiga rêndhêng.

Singadrana wau botên nama cêkap, ingah-ingahan rajakaya tuwin barang-barang ingkang pangaos botên gadhah, ananging dèrèng nate kêkirangan têdha, sabab sugih kasagêdan, tabêri nyambut damêl, gêmi lan angatos-atos.

--- 17 ---

Ing sasêlanipun pandamêlan anggarap sabin, tuwin wanci dalu sadèrèngipun tilêm, piyambakipun sok damêl salu, gêdhèg, kepang, rinjing, irig, tampah, iyan, centhong, siwur, kêlud, dhadhung (tambang), salang. Ugi rêmên dhatêng sinau mêmêthèl andamêl bawak, doran, dhingklik sapanunggilanipun. Barang-barang dêdamêlanipun sami dipun tumbasi tiyang sadhusun ngriku, trakadhang ngantos kasade dhatêng pêkên. Sanajan pêpajênganipun botên sapintêna, nanging inggih luwung cêkap kangge nambak kêkiranganipun. Kala-kala piyambakipun bêrah tumut undhagi ingkang sok amborong damêl griya, sadintên angsal epahan tigang kêthip utawi langkung. Manawi pinuju botên kêkirangan, arta bêrahan wau dipun cèlèngi, lami-lami ngalêmpak kathah kenging kangge ambayar paos, tumbas pangangge lan warni-warni pirantosing nyambut damêl. Padamêlanipun ingkang èstri nênun lurik badhe rasukan, ing wanci dalu sok anganam gêlaran mendhong.

Anggènipun emah-emah rukun sangêt, botên nate wontên pasulayan, kalihan tăngga têpalih têpangipun [tê...]

--- 18 ---

[...pangipun] rumakêt kados sadhèrèk, tiyang-tiyang sami rêmên dhatêng piyambakipun, sabab watêkipun jalêr èstri langkung sabar sumêrêp ing patrap, purun ngawon têmbung sakêcap, lampah satindak, ènthèngan têtulung tuwin gati têtuwi ing griyanipun tiyang kasusahan.

Nalika samantên Singadrana sampun gadhah anak jalêr satunggal sawêg umur kalih taun, nama Dapa, warninipun kalêbêt bagus, kulit jêne, mripat amblalak, dêdêg cêkapan. Bapa biyungipun langkung asih, awit anakipun namung satunggal punika. Pamulasaranipun sae ngungkuli sasamining tiyang dhusun, pêndhak enjing dipun dusi ngangge sabun, lajêng dipun anggèn-anggèni sarwa rêsik saha pantês, kadamêlakên dolanan ingkang nyênêngakên manahipun lare alit, botên ambêbayani tuwin andamêl kiyating badanipun. Manawi tilêm kasandhing kinêmulan barukut. Pun Dapa asring sangêt dipun kêkudang ing têmbe dadosa tiyang utami, kenging kangge pangengeran tiyang sêpuh lan pangauban sanak sadhèrèk ingkang kanalangsan.

--- 19 ---

Karsaning Allah, Singadrana jalêr pinasthi botên dumugi anggèning momong anak saha sih-sinisihan kalihan bojo. Ing satunggiling wêktu piyambakipun ginanjar sakit bêntèr sawatawis dintên laminipun dumugi ing janji wangsul dhatêng jaman kalanggêngan. Ingkang èstri kantun kapêgatan trêsna sangêt analăngsa, ngantos lami mèh supe nêdha tuwin tilêm. Badanipun kêra anglayung, sabên dintên linggih adhêlêg-dhêlêg kados tiyang kalap. Manawi wanci dalu tilêman ngêloni anak, sasampuning Dapa tilêm, lajêng linggih săngga uwang ngajêngakên dilah clupak, ngantos mèh natas byar enjing botên sagêd tilêm, ingkang dipun èngêt-èngèt namung pêjahing bojonipun. Kala-kala piyambakipun sok kesah dhatêng pajaratan anggendhong anakipun, lajêng mapan linggih kalihan mangku anak ing prênah daganing kubur awicantên piyambakan, nêdha ngapuntên dosanipun, gadhah panêdha karencangana nyêyuwun ing Gusti Ingkang Maha Agung, mugi-mugi pinaringan manah sabar, wilujêng saha panjang umur sagêd amomong anak, pun Dapa kasuwuna ing têmbe dados tiyang mulya utami ing budi. Sarêng sampun dumugi anggèning nyênyuwun [nyênyu...]

--- 20 ---

[...wun] makatên, lajêng wangsul linggih lênguk-lênguk ing èmpèr kathah-kathah ingkang rinaos. Tăngga-tangganipun ingkang sumêrêp sami ngintên, yèn Êmbok Singadrana ewah èngêtan lantaran katilar pêjah ingkang jalêr.

Wiwit nalika ajalipun Singadrana ngantos sêdhêkah ngawan dasa dintên, ingkang èstri gadhah sambutan tigang dasa rupiyah kangge pangupakaraning mayit, nuntên anggantosakên sabinipun salupit dhatêng tangganipun awasta Bauwijaya, janji manawi salêbêtipun sataun botên katêbus, sabin têtêp dados gadhahanipun ingkang anggantos. Êmbok Singadrana botên ngèngêti awrating janji makatên punika, sabab wêktu samantên panuju kêsulêk bêtah ngangge arta.

Dene Bauwijaya wau satunggiling tiyang tani cêthil manahipun kirang sae, botên wêlas dhatêng sasamining agêsang, ingkang dipun jăngka sagêda sugih piyambak, botên nolih kasangsaranipun tiyang sanès.

Sarèhning Êmbok Singadrana repot momong lare alit, botên kenging kasambi nyambut damêl nênun, măngka

--- 21 ---

badanipun sangêt kêrasa alungkrah prasasat botên sagêd anggulawat, wêwah malih sabin wontên ing gantosan, saya amêwahi rêkaosping[4] panggêsanganipun. Măngka pun Dapa sawêg sêdhêngipun sumêga botên kenging kêtowongan sêkul, anggèning nêdha sadintên botên narimah ambal ping tiga. Mindhak dintên mindhak sangêt kacingkranganipun, barang-barang isining griya ingkang pangaos têlas kasade kangge nêmpur, klapa sawêg dêmêgan dipun undhuhi. Awit saking makatên punika, manahipun Êmbok Singadrana sakalangkung sêdhih. Manawi dalu linggih mogok-mogok cakêt dilah clupak urubipun mêlik-mêlik sakonang, mripatipun tarocosan mili êluh, sakêdhap èngêt dhatêng ingkang jalêr, sakêdhap malih èngêt dhatêng agênging katrêsnanipun dhatêng Dapa. Sampuna wêlas ningali anak, saking putêking manah kados badhe anganyut tuwuh bela sumusul ing jaman kalanggêngan. Nuntên Dapa pinangku dipun ambungi sarta ingusap-usap sirahipun kalihan wicantên piyambakan:

Dhuh, ênggèr, anaku lanang kang dak trêsnani, bêbundhêlaning [bêbundhêla...]

--- 22 ---

[...ning] ati, pancêring pandêlêngku. Bêgja têmên awakmu têka ora tulus kêtunggon bapa, wuwuh-wuwuh mung narima mangan sêga bae rasaning ati kaya ora kasêmbadan.

Dapa kasèlèhakên, dipun kêloni.

Sok asring kemawon Dapa anênangi susahing biyungipun, wicantên cêblang-cêblung takèn bapa, wicantênipun:

Bapak êndi, yung, kok ola bali-bali.

Ora bali, wong bapakmu wis mati.

Nganti besuk ola bali, yung.

Ya ora bali.

Sing awèh dolanan aku sapa

Ora ana, saiki aja sok anjaluk dolanan

Nèk olah diwèhi, aku nangis

Aja nangis, ênggèr, aku mundhak sêdhih

Jaluk sêgane, ta, yung.

Iya

Ing satunggiling dalu Êmbok Singadrana angangên-angên kadospundi anggènipun badhe pados panggêsangan. Saking [Sa...]

--- 23 ---

[...king] parmaning Pangeran ingkang sipat mirah lan asih dhatêng kawulanipun ingkang sawêg nandhang prihatos, mêdal parêntuling manah manggih akal ingkang prayogi linampahan, gadhah kantêpan sumêdya bêrah nyambut damêl kasar, ciptanipun:

Iya, ngêndi ana wong urip tanpa pangan, aku pracaya bangêt marang Gusti Allah kang sipat murah, pasthi bakal paring rêjêki marang sadhengah wong kang gêlêm sêtiyar. Lan manèh aku ginadhuhan păncadriya pêpak sarta wutuh, kakuwatan durung suda, luput bangêt yèn ora daktamakake kanggo luru pagan. Pangupajiwa saka nênun wis ora kêna daklakoni marga saka repot momong anak, saiki prayoga aku ngupaya sandhang pangan mêtu saka liyane iku, sanajan sajêge urip aku durung tau bêburuh, samêngko wajib daklakoni, krana dadi panulaking bêbaya luwe. Mungguh panêmuku sanistha-nisthane wong bêburuh, isih nistha kang gawene anjêjaluk, luwih nistha manèh sing dhêmên nyênyolong.

Sarêng sampun têtêp têkadipun makatên, sirna sêdhihing

--- 24 ---

manah dados suka bingah sarta muji sukur ing Pangeran, sabab sampun linuwaran saking prihatos. Dèrèng wiwit nyambut damêl, raosing manah kados sampun kenging katêmtokakên badhe tuwuk nêdha. Botên dangu piyambakipun sagêd tilêm kêpati.

Wanci enjing umun-umun tangi tilêm lajêng rêrêsik, nyapu jogan, latar, pawon, ngangsu lan bêbênah. Sasampuning tata salêbêting griya, Dapa kagendhong nuntên kesah dhatêng griyaipun bakul uwos awasta Suramênggala, têbihipun namung êlêt kawan surup.

Kula nuwun.

Inggih. Lho, adhi Êmbok Singadrana, dawêg lungguh ngriki mawon dhi.

Inggih.

Kadingarèn, ontên prêlu napa, dhi, enjing-enjing dhatêng mriki.

Inggih, wontên prêlunipun.

Bok ênggih êmpun èwêd-èwêd, dika tutur blaka mawon, kasêlak awan, kula ajêng kesah têng pêkên adol bêras.

--- 25 ---

Inggih, dhatêng kula, manawi katampèn badhe nêdha padamêlan saparingipun.

O, lah, ing ngriki botên ontên padamêlan ingkang pantês kangge si adhi, ontêne mung padamêlan anggêntang. Dene epahane ing dalêm sapocong kalih sèn, angsal nêdha tuwuk sadintên sapisan, kinang sakênyèh. Liya niku olèh bageyan mênir lan bêkatul sapawèwèh kula. Kêpripun, dhi, napa dika purun anglampahi.

Inggih purun.

Tomblok.

Kula.

Ngudhuna pari saka lumbung sing wetan anaa rong gèdhèng bae, cik bèn ditutu adhi Êmbok Singadrana.

Inggih.

Bok Suramênggala lajêng kesah dhatêng pêkên, ingkang jalêr mangkat nyambut damêl ing sabin. Êmbok Singadrana anampèni pantun kalih gèdhèng nuntên dipun untingi alit-alit kaêpe ing latar mawi sèmèk gêlaran amoh, supados [su...]

--- 26 ---

[...pados] gabah ingkang gogrog botên dhawah ing siti awor lêbu. Sarêng sampun radi garing, dipun wiwiti kagêntang. Nylusuhi, napèni, ambêbak, nosoh, napèni, ngintêri, ngèncèk-èncèk, ninting, ngantos rampung dados uwos pêthak, mênir, dhêdhak, kêtêpu tuwin bêkatulipun kapisah-pisah. Mêrangipun kaklêmpakakên kangge bêdhiyan, omanipun calon kadamêl kêlud.

Wanci asar andhap, uwos, mênir, kêtêpu lan bêkatulipun kapasrahakên sadaya dhatêng ingkang gadhah griya. Êmbok Suramênggala sangêt suka bingah ing manah ningali uwosipun pêthak, mêniripun namung sakêdhik, jalaran anggènipun anggêntang ngatos-atos. Êmbok Singadrana dipun sukani arta wolung sèn, mênir sakuthuk, bêkatul sabathok. Dene kêtêpu kasukakên sadaya. Sasampunipun nampèni epahanipun anggêntang, nuntên pamit wangsul anggèndhong anakipun, wontên margi mampir tumbas gêndhis kalih sèn, sarêm sasèn, lisah patra sasèn, gantèn sasèn. Sarêng dumugi ing griya, [gri...]

--- 27 ---

[...ya,] mênir dipun bêthak, bêkatul kajênang dipun sarêmi sarta mawi gêdhis, kêtêpunipun kaêpès dipun gêndhisi, lajêng katêdha kalihan anakipun karaos nikmat sarta tuwuk. Dene artanipun taksih tirah tigang sèn kalêbêtakên ing celengan kangge jagi-jagi nêmpur manawi kalêrês botên angsal bêrahan. Makatên padamêlanipun, sabên enjing kesah bêrah anggêntang, wanci sontên wangsul ambêkta arta, mênir, bêkatul kalihan kêtêpu.

Sarèhning ajêg sabên dintên anggêntang, piyambakipun manggih akal murih rikating padamêlan sarta wêwah sae. Wanci enjing nampi pantun lajêng dipun untingi alit-alit kaêpe ing latar, sadangunipun ngêntosi garing, piyambakipun ambêbak, nuntên nosoh anggèning nylusuhi winginipun. Manawi sontên anylusuhi malih, sabab pantun garing sangêt, nêmbe kenging bêntèr sadintên muput, gogroging gabah langkung gampil, dipun bêbak tuwin kasosoh enggal pêthak, punapadene mêniripun namung sakêdhik.

Êmbok Singadrana tiyang wêkêl sarta têmên, botên [botê...]

--- 28 ---

[...n] melikan dhatêng samukawis gêgadhahanipun tiyang sanès, saupami manggih punapa-punapa utawi sumêrêp wontên barang gumlethak, lajêng kapêndhêt dipun sukakakên ingkang gadhah. Mila Êmbok Suramênggala pitados sangêt ing piyambakipun, salaminipun anggêntang botên nate dipun tênggani, malah kawênangakên lumêbêt mêdal ing griya. Manawi sontên bakda anggêntang sok ngrencangi bêbênah nglêbêtakên barang-barang ingkang prêlu kasimpên ing griya. Jalaran saking punika, Êmbok Suramênggala saya wêwah trêsna, anggènipun nyadhong sêkul botên kapanci ngangge piring kados ingkang sampun, nanging ing wêktu nêdha dipun sandhingi sumbul saanakipun sami nêdha tuwuk, cadhongipun gantèn botên kapasthi, ugêr kêpengin inggih lajêng mêndhêt piyambak ing wadhah gantèn. Manawi wangsul dipun sukani mênir kalihan bêkatul langkung kathah tinimbang ingkang sampun, trakadhang Dapa kabuntêlakên sêkul kangge têdhanipun ing griya.

Nalika samantên panggêsanganipun Êmbok Singadrana sampun radi mayar, sanajan nyambut damêl rêkaos, nanging têdha sadintênipun botên kêkirangan, arta bêrahan awis-awis kangge, lajêng dipun simpên ing celengan bumbung.

--- 29 ---

Ing wêktu botên wontên padamêlan anggêntang, piyambakipun angrencangi nyambut damêl sanèsipun, kadosdene wontên ing griyanipun piyambak, nyapu jogan, latar, pawon, mêmasuh, ngasah-asahi piring, bêbênah, ngopèni samukawis ingkang pating klêndhang gumlethak saênggèn-ênggèn.

Lami-lami Suramênggala jalêr èstri langkung pitados lan trêsna, panganggêpipun kados dhatêng sadhèrèk èstri piyambak, kawênangakên nyumêrêpi sadaya barang gêgadhahanipun salêbêting griya, pun Dapa kapêndhêt anak pambajêng, sandhang têdhanipun kasanggi dening Suramênggala. Makatên ugi Êmbok Singadrana, rumaos kadamêl sae dipun gêgêsang saanakipun, ingkang kawalêsakên botên sanès, namung têmên tuwin kasrêgêpanipun angrencangi nyambut damêl. Wiwit wêktu punika bok răndha botên dipun sukani epahan anggèning nyambut damêl, kajawi manawi piyambakipun gadhah panêdha sabab prêlu ngangge arta. Dene sandhang têdha tuwin kabêtahan samurwatipun tiyang gêsang, kados ta: wragad majêng griya, andhangir [a...]

--- 30 ---

[...ndhangir] utawi magêr pakarangan, sadaya dipun cêkapi Ki Suramênggala.

Gêntos kacariyos, salaminipun Ki Bauwijaya nyambutakên arta dhatêng Bok Singadrana tansah dipun èngêt-èngêt kemawon. Sarêng sampun dumugi ing dintên jangkêpipun sataun, mêdal angên-angênipun botên sae, nêdya nindakakên siya ngangkah supados sabinipun Êmbok Singadrana têtêp kadarbe ing piyambakipun. Ing batos makatên:

Bakda mahrib mêngke[5] sore ganêpe sataun ênggone Bok Singadrana utang dhuwit marang aku, kasêbut ing layang tăndha tangan, yèn dhèwèke ora nyaur sajroning sataun, sawahe têtêp dadi duwèkku. Kang iku mêngko sore bakal daktagih, wêktune sompok tur wayah bêngi, pasthi dhèwèke ora bisa nyaur kropyok sanalika, dadi kêna dak ênggo gaman anêtêpake sawahe dadi darbèkku.

Sasampuning ngangên-angên makatên, bakda mahrib Ki Bauwijaya kesah ing griyanipun Êmbok Singadrana, pinanggih

--- 31 ---

sawêg linggih kalihan mangku pun Dapa, wicantênipun Bauwijaya:

Dhi, Êmbok Singadrana, têka kula mriki ajêng nagih utang dika têlung puluh rupiyah, yèn wêktu niki uga botên nyaur, sawah dika têtêp dadi duwèk kula, sabab lawase anggèn dika utang êmpun trêp ganêp sataun.

Êmbok Singadrana kagèt, wicantênipun: Napa ênggih, kang, êmpu sataun.

Ênggih, dawêg, ta, dika etung, kriyin nalika dika utang dhuwit tanggal sapisan wulan Rabingulakir, tumapaking tanggal sapisan Rabingulakir malih sontên niki.

O, ênggih lêrês, kang. Kula kêsupèn botên angèngêt-èngêt, dawêg, ta, niki arta têbusane sawah sawêg ontên sadasa ringgit, dika tapani. Dene kirange gangsal rupiyah benjing enjing kula jangkêpi, ajêng kula sambutake têng Bakyu Suramênggala.

Ah, botên, nèk dika êncrit-êncrit mêkotên, masthi kula jaluk sapisan kropyok kayadene dhèk dika tămpa saking kula.

Gih êmpun, kang, benjing enjing mawon kula sauri [saur...]

--- 32 ---

[...i] babarpisan, sabab saniki wayah pêtêngan, kula botên bisa sêtiyar dhuwit.

Êmbok Singadrana, dika êmpun ngajak gêguyon, kula mung omong sapisan, saniki uga dhuwit kula jaluk bali kabèh, yèn botên ambayar, sawah dika kula êpèk.

Kêpripun, kang, kakang êmpun mèpèkake ngotên, rak êmpun lumrahe wong ditagih utang botên bisa nyaur niku sêmaya. Kalihdene malih dintên benjing enjing prasasat dèrèng nama kasèp, sabab sataunipun sawêg langkung sadalu niki. Kajawi saking punika, kakang ênggène nagih blêjogan tur dina bêngi, botên dina awan wau utawi wingi-wingine, dadi maksude kakang ênggène nagih mung ajêng melik têng sawah, botên nêdya nampani dhuwit panyaur kula.

Bauwijaya mangsuli sêrêng ngatingalakên solah tingkah dêksura tanpa tata krama, wicantênipun:

Ya arêpa mênthang-mênthang kaya gawangan, amalang kaya prabatang, măngsa aku wêdia, wong wadon băngga sapira. [sapi...]

--- 33 ---

[...ra.] Awèh sawah dak êpèk, ora awèha dak êpèk, têkana pangadilan luhur pisan, ora-orane aku kalah.

Kalêpat Ki Bauwijaya wangsul, Êmbok Singadrana linggih ing ambèn sandhing anakipun kalihan brêbês mili, manahipun nalăngsa malih, èngêt sabinipun badhe ical kacêpêng sambutan sarta rumaos dados răndha punika botên kajèn dipun sawiyah ing tiyang sanès. Dapa tumênga ningali biyungipun sawêg nangis lajêng takèn:

Dene nangis, yung, lala, yung.

Ora lara, nanging biyung sêdhih.

Nèk sêdhih, tambane apa, yung.

Tambane: kowe enggala gêdhe, miturut, bisa ngrewangi luru sandhag pangan, besuk yèn tuwa kênaa dak ngèngèri. Karo biyung sing gêmati, ya, ênggèr.

Iya.

Anakipun kaambung lajêng dipun kêloni.

Sarêng byar enjing Êmbok Singadrana tangi tilêm, dèrèng ngantos rêrêsik ing salêbêting griya, lajêng kesah anggendhong [ang...]

--- 34 ---

[...gendhong] anakipun manggihi Suramênggala, anyariyosakên solah tingkahipun Bauwijaya nagih kalihan anggènipun badhe andarbe sabinipun. Kajawi saking punika êmbok răndha jawab nyambut arta gangsal rupiyah kangge anjangkêpi artanipun piyambak ingkang salangkung rupiyah dadosa tigang dasa rupiyah, badhe kadamêl nêbus sabinipun.

Suramênggala mirêng cariyosipun Bok Singadrana makatên punika manahipun langkung eram, dhêlêg-dhêlêg ngantos dangu botên wicantên, ing batos murinani êmbok răndha sarta gêthing dhatêng Ki Bauwijaya, sabab kêsangêtên anggènipun nandukakên pratingkah ambêg sumakèhan dupèh tinitah dados tiyang jalêr lan tinakdir cêkap. Punapa malih anggèning botên taha mangarah sabinipun êmbok răndha, ngantos anyupèkakên wajibing wêlas asih dhatêng sasamining agêsang. Suramênggala lumêbêt ing griya mêndhêt arta gangsal rupiyah, kasukakên dhatêng Êmbok Singadrana, lajêng kesah manggihi Bauwijaya. Suramênggala tumut. Sasampuning atata linggih ing ambèn jawi,

--- 35 ---

êmbok răndha ngulungakên arta tigang dasa rupiyah, wicantênipun:

Dawêg, kang, niki arta tigang dasa rupiyah têbusane sawah kula, dika tampani.

Bauwijaya wicantên sugal: Dika niku kêbanjur-banjur ênggone botên wêruh tata, bangêt ambocahake têng kula, gawe mêntahe rêmbug. Kula wong tuwa, calathu kula têtêp, yèn prakara sawah: kula botên awèh ditêbus, sabab êmpun kasèp.

Suramênggala tumut urun rêmbag: Adhi Bauwijaya, êmpun dados manahe si adhi. Tumut kula mriki manawi kangge ajêng tumut urun rêmbug, sarèhning Êmbok Singadrana niku wong răndha botên duwe, pantês dipun wêlasi, napa malih kalihan tăngga, wajib tulung-tinulungan. Saking rêmbug kula, sawah ditêbus dika ulungake, dhuwite adhi bali êmpun bathi anggarap sabin kalih oyod. Dene wêktune kasèp sawêngi, adhi kenging nêdha pituwas samurwate têng Êmbok Singadrana minăngka dhêndhane ngantos kasèp anggèning nêbus.

--- 36 ---

Wicantênipun Bauwijaya: Ajêng răndha, ajêng botên, prêduli napa. Tăngga, ênggih tăngga, rêmbug dhuwit, ênggih dhuwit. Êmpun dicarub mawon, lan malih wêlas sarta têtulung têng wong liya niku kangge kula kirang prêlu, sabab dèrèng mêsthi kang ditulungi wau ing têmbe malês kabêcikan têng kula. Yèn dheweke kêkah ajêng nêbus sawahe, kula gih awèh, nanging sawidak rupiyah, kiranga sigar kula botên.

Manawa sêmăntên panjaluke adhi, rasa kula botên murwat, pundi ontên wêktu kasèp sawêngi dhêndhane têlung puluh rupiyah, padha kalih babone.

Gih murwat botêna prêduli napa, sintên ajêng malangi ngrêgani duwèk kula dhewe.

Suramênggala kupingipun anjêpiping, rai abrit, dhêdhamak, dhêg, kados tinotog alu. Sampuna adhasar watêk sabar santosa mênggak nêpsu, raosing manah kados jêblès anêmpiling. Wusana nêpsunipun sinamun ing ulat manis, lajêng pamit wangsul kalihan angigit-igit. Êmbok răndha manahipun dèrèng narimah, [na...]

--- 37 ---

[...rimah,] nuntên kesah nêdha lêlêrêsan lurah dhusun, Bauwijaya dipun undhang sampun dhatêng. Kalih-kalihipun kapriksa aturipun cocok kados kasêbut ing ngajêng.

Pangagênging dhusun anêrangakên kalêpatanipun Êmbok Singadrana anggèning badhe nêbus sabin sampun kasèp, nanging sabab sawêg sadalu, lurah suka pratikêl: Tiyang kalih supados rêrukunan sami ugi kalihan pamanggihipun Ki Suramênggala, kasèping wêktu sadalu Êmbok Singadrana cêkap anyukanana pituwas dhatêng Bauwijaya saringgit. Bauwijaya kêkah pikajênganipun botên kenging kaêndhakakên, wicantênipun:

Mas lurah, sampeyan sampun ilon-ilonên, botên prêlu ngèngêti rondha, mlarat, tiyang sanès utawi sadhèrèk, namung kêdah nêtêpi wajibing lurah jêjêg adil pancasaning prakawis, ngawonakên tiyang ingkang lêpat, mênangakên ingkang lêrês. Dhodhoking prakawis punika sampun têrang lêrês lêpatipun, pedah punapa badhe sampeyan udhari dipun kèn rêrukunan.

Wicantênipun Bauwijaya makatên wau anjangêt manahipun [manahi...]

--- 38 ---

[...pun] lurah, nanging botên kawiyak, api-api suka bingahing manah, wicantênipun alon:

Kakang Bauwijaya, dika êmpun kalèntu tampi angintên yèn kula ngiloni Êmbok Singadrana. Anggèn kula akèn rêrukunan ênggih nêtêpi kawajiban, murih raharjaning desa êmpun nganti ontên pasulayan. Dene botên gêlêm karukunake gih êmpun, sawah têtêp dadi duwèk dika. Êmbok Singadrana kudu narima kawon ilang sawahe. Kajaba saka niku yèn salah sawijine ontên kang dèrèng narima têng pancasaning prakara niki, kêna sumêngka nyuwun bêbênêran têng pangadilan luhur.

Lajêng bibar.

Wangsulipun êmbok răndha kalayan susahing manah lajêng manggihi Suramênggala, anyariyosakên karampunganing prakawis kalihan ngulungakên wangsul arta ingkang kalih ringgit, sabab botên èstu kangge nêbus sabin. Ingkang dipun cariyosi manahipun tumut nalăngsa, wicantênipun:

Dhi, ilange sawah niku êmpun dika prihatinake,

--- 39 ---

lan dhuwit kula kalih ringgit dika êpèk kangge ngimbuhi dhuwit kang salawe rupiyah, benjing ngajêngakên măngsa labuh katumbasna sabin sewan saoyod, apêse angsal tigang iring, garapane kapalihna mawon, narimah kasil sakêdhik, nanging mayar pagaweyane, manawi pinaringan wilujêng măngsa ngantos sakawan taun, adhi têmtu sagêd tumbas sabin yasan angungkuli sawah kang ilang niku. Dene prakara sandhang têdha lan pamulasarane Dapa kula kang ngrasakake. Kajaba saka niku, manawa rujuk, adhi bêcik ngalih nunggil sagriya ngriki, omahe adhi diêdol mawon sapayu-payune kangge ngimbuhi pawitan tuku sawah.

Pirêmbagipun Ki Suramênggala katampi kalayan bingahing manah, piyambakipun rumaos dipun gêgêsang karoban kasaenan, ananging wontên ingkang andamêl pakèwêd, ciptanipun:

Iya, pitutur lan pangajake kakang Suramênggala supaya aku ngalih mrene, dak rasa-rasa bênêr, kabèh murih slamête awakku. Saupama ora dak turut masthi suda trêsnane marang aku, yèn dak turut marakake [mara...]

--- 40 ---

[...kake] kurang kajèn, aku dianggêp dadi bau sikile lan ora disapirakake ing ngakèh, kaya ujare wong tuwa mangkene: Wong mondhok kêcênthok-cênthok, wong ngèngèr kêsêngèr-sêngèr.

Sasampuning ngangên-angên makatên, lajêng mangsuli kangge samudana anyakecakakên manahipun Suramênggala, wicantênipun:

Sangêt ing panarimah kula dhatêng sih pitulungan sampeyan, sudi ngukup angraup dhatêng kula tiyang sudra papa, lair batos sumêdya nglampahi. Nanging kula nêdha sarèh ngêntosi têlasing sidhêkahipun tiyang jalêr, sabab nalika badhe ajal tilar pawêling, kula botên kenging pindhah mêdal saking pakarangan ngriku sadèrèngipun sidhêkah nyèwu, sukur sagêd têtêp salaminipun. Awit saking punika, kula ajrih sangêt nêrak piwêlingipun, kuwatos ing têmbe wontên alatipun.

Suramênggala jalêr èstri kèndêl, ing batos ngalêm bêktinipun Êmbok Singadrana dhatêng bojo, ngantos pêjah piwêlingipun taksih dipun èstokakên.

Sadintên punika bok răndha botên nyambut damêl, manahipun [ma...]

--- 41 ---

[...nahipun] sêdhih badan karaos lêsu, lajêng pamit wangsul ing griya tilêman kemawon, pun Dapa dolanan piyambak angglibêd ing sandhingipun. Êmbok Suramênggala kengkenan ngêtêri sêkul salawuhipun, nanging Êmbok Singadrana botên nêdha, ingkang kamanah botên sanès, namung icaling sabin sarta sakiting manah, rumaos dipun sawiyah sangêt dening Bauwijaya. Sabab saking sangêtipun cêngêng angangên-angên sakiting manah, dumadakan kados wontên ingkang ngosikakên, manahipun dados padhang narawang sarta mêdal tekadipun gumolong pasrah ing Pangeran, wicantên piyambakan makatên:

Luput bangêt ênggonku amiduwung marang barang darbèkku kang wis kêbanjur uwal saka gêgêmanku, sanajan bangêt olèhku nalăngsa, tuwas ngrusak awak anggêringake pikir, măngsa balia. Luwih prayoga aku têmên-têmên nyênyuwun ing Gusti Kang Maha Luhur lan tabêri nyambut gawe, bok manawa lawas-lawas katutugan duwe sawah manèh angungkuli sawahku kang uwis ilang.

Botên antawis dangu kapirêng swaraning sawung kaluruk rame, [ra...]

--- 42 ---

[...me,] amratandhani manawi mèh gagat raina, Êmbok Singadrana mêdal ing latar ningali mangetan sumirat badhe byar enjing, lajêng kesah dhatêng lèpèn ngangsu, tuwin rêrêsik salêbêting griya, pawon, mêmasuh kados adatipun. Sarêng sampun rampung, tumuntên mangkat dhatêng griyanipun Suramênggala badhe bêrah anggêntang.

Artanipun tigang dasa rupiyah dipun ulur-ulur kangge pawitan, ingkang salangkung rupiyah katumbasakên sabin saoyod pikantuk tigang iring, lajêng kapalihakên dhatêng tiyang tani tangganipun. Dumugi măngsa panèn nampi pantun palihan nêm anggi, kasade ing wêktu pailan pajêng mitung rupiyah, dados salêbêtipun satêngah taun artanipun êmbok răndha sampun kawan dasa kalih rupiyah. Lajêng kasewakakên sabin malih angsal sabau langkung sairing. Dene kakantunanipun arta pawitan ingkang kalih ringgit katumbasakên menda angsal kalih, dipun titipakên janji malih anakipun. Sarèhning sadaya bêtahanipun kasanggi dening Suramênggala, dados tangkar-tumangkaring [tang...]

--- 43 ---

[...kar-tumangkaring] arta pêpajêngan pantun kalihan menda wêtah, lami-lami ngalêmpak kathah anjalari sugihipun.

Kacariyos pun Dapa sarêng sampun umur nêm taun, warninipun wêwah sae, kulit kalimis tanpa cacad, badan bagas kasarasan, manahipun lantip, sabên dintên dolanan kalihan lare kathah, wiwitipun angrêmênakên sangêt. Aggènipun dolan botên têbih, ngolah-ngalih namung ing latar tuwin wontên sakiwa têngêning griya kemawon, karêmênanipun sulapan ing lêbu, pong-pongan, panggalan, gobag saha sanès-sanèsipun, ngantos srêngenge ngombang sawêg sami bibar, nuntên dipun êdusi santun pangangge ingkang rêsik, bakda nêdha, tilêmipun kêpatos jalaran saking sayah. Nanging saya agêng dolanipun saya têbih, kaajak kănca-kancanipun kalambrangan ing saênggèn-ênggèn, sami nindakakên pratingkah awon. Pun Dapa kawonan sangêt, sami-sami kancanipun dolan kalêbêt alit piyambak, anak răndha lan botên nate dipun sukani arta biyungipun. Damêlipun kangge kengkenan lare kathah tumbas jajan, ambêbêkta [ambêbê...]

--- 44 ---

[...kta] dados panakawan, epahanipun namung têtêdhan sacakotan, manawi lêpat utawi botên purug kakèngkèn lajêng sami dipun kêrêngi kaundhamana ngangge têmbung ingkang botên pantês kapirêngakên, anyênyangking tiyang sêpuhipun trakadhang pinisakit.

Lare-lare dolan wau asring kemawon anglampahi pandamêl awon, amêmêjahi tuwin nganiaya kewan tanpa dosa, ngundhuh susuh pêksi, ambalangi kodhok, nyathok kinjêng saha sanès-sanèsipun. Manawi mêjahi sawêr sok lajêng kapasang ngalang margi nuntên katilar umpêtan, murih andamêl kagètipun tiyang langkung. Upami ingkang kagèt wau tiyang èstri kakintên botên sagêd damêl piawon ing piyambakipun, lajêng dipun suraki kalihan kêplok-kêplok. Manawi tiyang ingkang dipun suraki nêpsu sarta murugi, enggal katilar lumajêng asurak-surak, mêmisuh tuwin ngatingalakên solah tingkah saru andamêl wêwahing pamuring-muringipun. Kala-kala sok masangi tiyang langkung ngangge êri utawi rêrêgêd sapanunggilanipun. [sapanunggilani...]

--- 45 ---

[...pun.] Malah asring purun mêmoyoki dhatêng tiyang gruwung, pincang tuwin nasarakên lampahipun tiyang picêk.

Wontên malih karêmênanipun lare-lare wau, kopyok, lowok, kênthing lan warni-warni dolanan ingkang mawi totohan. Manawi kawon, lajêng purun mêndhêt barang gadhahaning tiyang sêpuhipun piyambak, nuntên kasade kangge pawitan kopyok sarta jajan. Lêlampahan makatên punika tumrapipun dhatêng lare dados wisa ingkang langkung mandi, anênuntên dhatêng bêbaya agêng. Lare mindhak umuripun, akal tumut wêwah, awonipun nyarêngi andados, rumêsêp sumarambah ing badan sakojur, wêkasan dhumawah ing tiwas.

Êmbok Singadrana botên kasamaran dhatêng kalakuwaning lare-lare makatên wau, manahipun susah sangêt, kuwatos anakipun kêtularan awon. Badhe aruh-aruh pakèwêd jalaran piyambakipun rumaos tiyang răndha sawêg nandhang papa, têmtu panyaruwenipun botên pinaèlu, malah manawi botên kalêrêsan dipun cêmpaluki lare kathah, pituwasipun namung badhe kawirangan.

--- 46 ---

Lan malih sagêd ugi andamêl kêlèntu tampi ing tiyang sêpuhipun kawastanan dahwèn pati opèn, anuwuhakên wêwinihing pasulayan tuwin gêgêthingan.

Pamanggihipun êmbok răndha makatên punika lêrês, sabab limrah manahipun tiyang dhusun cêkak, awis ingkang marsudi kasaenan dhatêng anak, sanajan kalakuwan anakipun awon, manawi dipun aruh-aruhi tiyang sanès, sok sakit manahipun. Awit saking punika Mbok Singadrana namung ambudi anakipun piyambak sampun ngantos kêtempelan lampah awon, pun Dapa sagêda pisah kalihan kănca-kancanipun.

Anuju satunggiling dalu sadèrèngipun sirêp lare, Dapa mapan tilêm, biyungipun wicantên:

Dapa, anakmu mung kowe, ênggèr. Aja kêtungkul dolan yab-yaban tanpa dunung anglakoni panggawe ora bêcik. Saiki anakku wis gêdhe sêdhênge wiwit sinau nyambut gawe ngrewangi biyung golèk sandhag pangan, wayah esuk nyapu jogan karo latar, awan tunggu memehan pari, aja kongsi dicucuki pitik. Manawa biyung lagi

--- 47 ---

nutu anggusahana pitik kambi ngêludi gabah sing mawut saka lumpang. Yèn kowe gêlêm, biyung masthi bungah. Dhuwit opahan paron, cèlèngana ing bumbung, besuk dibobok katukokake babon cikben tangkar-tumangkar dadi akèh, banjur diêdol kanggo tuku wêdhus wadon.

Têmênan, apa, yung.

Ya, têmênan.

Yèn wêdhuse dadi akèh, diênggo apa.

Anake diêdol, dhuwite katukokake gudèl.

La, cèlèngane ya dadi akèh manèh. Diênggo apa, yung.

Dikukokake sawah, katanduran pari.

Aku banjur sugih, ya, yung. Duwe celengan, pitik, wêdhus, kêbo, sawah karo pari.

Iya. Aku ngèngèr kowe, tunggu omah sambi ngliwêtake.

Biyung jaluk opah apa.

Ora anjaluk opah, mung nunut mangan bae.

--- 48 ---

Ya, sesuk aku nunggoni biyung nutu.

Dapa arip, lajêng tilêm. Biyungipun bingah, linggih cakêt dilah kalihan nganam gêlaran mèndhong.

Enjingipun êmbok răndha nyambut damêl malih kados adatipun, Dapa angrencangi ngisèni kêndhi ing pancuran, ngêdalakên kajêng kaêpe ing latar tuwin nyapu jogan. Sarêng sampun rampung padamêlan ing griya, nuntên kesah bêrah anggêntang, Dapa mapan linggih cakêt lumpang nyêpêng oprak-oprak anggusahi ayam kalihan ngêludi uwos bêbakan ingkang mêdal saking lumpang, nata oman, nglêmpakakên mêrang saha sanès-sanèsipun, tandangipun prigêl acukat katingal badhe sagêd dhatêng nyambut damêl, ènthèng bokongipun, sakêdhap-sakêdhap lumajêng anggusah ayam ingkang nucuki gabah ing memehan pantun.

Wanci sontên sakèndêlipun anggêntang, Êmbok Singadrana tampi mênir, bêkatul kalihan sêkul salawuhipun, dene arta namung dipun sukani gangsal sèn, lajêng kasuakên[6] Dapa ingkang kawan sèn kangge isi cèlèngan [cè...]

--- 49 ---

[...lèngan] bumbung. Sarèhning piyambakipun botên nate nyêpêng arta, dipun sukani biyungipun samantên punika manahipun bingah sangêt. Ing pundi-pundi krupyak-krupyuk celenganipun kabêkta, manawi tilêm kasandhing.

Sanès dintên pun Dapa tuman, tumut malih grencangi biyungipun nyambut damêl, botên purun dolan kalambrangan kados ingkang sampun, sabab kuwatos botên dipun sukani arta. Kănca-kancanipun asring ngundang-undang saking tatêbihan ngajak dolan, nanging Dapa botên purun, lare-lare sami gêthing ing piyambakipun, lajêng sami rêrêmbagan, wicantênipun:

Ya, kapan Si Dapa mèlu dolan, aja awèh, ayo padha dikêrêngi bae.

Wincantêning kancanipun makatên punika mitulungi agêng dhatêng pun Dapa, piyambakipun saya ajrih nyakêt, jalaran kuwatos dipun kêrêngi, sabên dintên akêkinthil biyungipun bêrah nyambut dhamêl ing griyanipun Suramênggala. Watêkipun Dapa gêmi dhatêng arta, botên nate purun jajan utawi tumbas dêdolanan ingkang botên migunani. Sarêng

--- 50 ---

celenganipun radi kathah, dipun bobok katumbasakên babon satunggil, sawêg kalih têngah taun babon tumangkar dados kathah, anakipun kasade artanipun katumbasakên menda.

Sabên dalu sadèrèngipun tilêm, biyungipun sok andongêng warni-warni bab lêlampahanipun manungsa ing alam donya. Ingkang kalakuwanipun awon, drêngki, angkuh, sumangkehan, kêsèd, goroh, rêmên main, madat sasaminipun, wêkasan manggih sangsara. Kosokwangsulipun, ingkang kadunungan watêk sae, sabar, têmên, tabêri, gêmi, angatos-atos, wêlasan saha sapanunggilanipun, sadaya sami manggih kamulyan. Trakadhang anyariyosakên reka-rekanipun tiyang pados pangupajiwa ingkang sah sarta nyêkapi kangge gêsangipun, mawi dipun sêbutakên nama lan padamêlanipun. Saangsal-angsal ingkang dipun cariyosakên wau tiyang ingkang wêktu punika têksih gêsang tuwin kasumêrêpan anakipun, kados ta: anyariyosakên tiyang tabêri dhatêng têtanèn, bêbakulan, nukang, bêrah

--- 51 ---

saha sanès-sanèsipun. Wontên malih cariyos tiyang pados pagêsangan tansah manggih pituna lantaran saking bodho tuwin kêsèd.

Pun Dapa rêmen sangêt mirêngakên dêdongengan makatên punika, manawi kalêrês wêkasaning dongèng dados mulya, parêntuling manah badhe niru. Biyungipun pancèn tiyang wicara, talatos sarta sagêd mêmulut manahing lare murih kèlu dhatêng piwulangipun.

Watêk lan solah tingkahipun Dapa andêmênakakên sangêt, sawêg umur sangang taun sampun prigêl nyambut damêl, kadunungan watêk sabar, titi, têmên sarta gathèkan. Suramênggala trêsna sangêt ing piyambakipun, ngalêm dhatêng Êmbok Singadrana sagêd amêmulang anak.

Wontên tangganipun sumêrêp, rêmên sangêt gadhah anak kados Dapa, wicantên dhatêng ingkang èstri: Bokne, anakmu tuturana dikaya Bok Singadrana muruk marang anake Si Dapa. Aku dhewe ora kobêr mêmulang marga kêrêp pisah nyambut gawe ing sawah, trakadhang lêlungan adoh, dadi biyung kang wajib awèh wuruk, nênuntun marang kabêcikan, [kabêci...]

--- 52 ---

[...kan,] nglantih nyambut gawe lan tabêri, sabab wiwit bayi kongsi gêdhe, bocah iku lulut ing biyung. Awit saka iku wajib ingatase wong wadon anyumurupi kawruh pamulasaraning anak, krana dhèwèke kang bakal kêjibah.

Ênggih, pakne, kula êmpun nyandhak têng karêp dika, nanging kêpripun, anak dika Si Gombak niku nèk kula tuturi botên anggugu, malah sok wantun, bangêt ênggène mêgêlakên manah. Kalawingi kula kèn mêndhêtake kajêng, malengos kalih ngêmprêti. Kula parani ajêng kula cêthoti sing nganti gêsêng, dhèwèke lumajêng asipat kuping. Sarêng êmpun adoh, mandhêg amalangkêrik, nantang ngajak balapan, lajêng kula oyak ngangge gantar, dhèwèke lumajêng malih, sarêng adoh, mandhêg angisin-isin lan ngiwi-iwi. Sabên kesah dolan sadintên muput, bali-bali yèn wêtênge karaos luwe, têksih adoh cangkême êmpun wak-wakan nêdha sêkul.

Ya kuwe, sabab kasèp pamulange, wiwit cilik ora [o...]

--- 53 ---

[...ra] tau mambu wuruk, barêng gêdhe kêpatuh dadi bocah ambêlêr ora wêruh kabêcikan. Besuk manèh yèn ngono aja tumuli diwèhi sêga, cikbèn ganti palintiran luwe bangêt, banjur konên mangan kokoh banyu bae supaya kapok.

Gih, niku, pakne. Kula niki botên tegan, barêng ningali bocah bali wêtênge nglêmpèt kêluwèn, manah kula mêlas, gih lajêng kula pêndhêtakên sêkul sawarêge. Manawi botên enggal kula wèhi, sok amuk-amukan, mêndhêt tugêlan banon kangge ambalangi. Winginipun mèh mawon rai kula kenging balang, tujunipun kaling-kalingan saka dêling, êmpuna ngotên têmtu balange ngèngingi bathuk.

Iya. Sapa wonge sing ora dhêmên marang anak, nanging yèn lagi ana prêlune ngapokake bocah, bêcik tegakna, măngsa dadak lantaran kêluwèn sadhela andadèkake patine, rak ya ora.

Gih, ta. Benjing malih kula cobine.

Wiwit punika, manawi pun Gombak botên manut wuruking

--- 54 ---

biyung, dipun ukum, kasukanan nêdha kokoh toya tanpa sarêm, mangsanipun kasèp. Arta botên nate dipun sukani. Lami-lami kapok, mantun anglampahi pandamêl awon, dhatêng tiyang sêpuh ajrih asih, purun angrencangi nyambut damêl manut saparentahing bapa biyung. Sarêng sêpuh dados pêpilihaning tiyang sae.

Sasampuning Dapa umur sadasa taun, kadadosakên pangonipun Ki Suramênggala angèn maesa sarakit, janji salêbêtipun kalih taun badhe dipun sukani gudèl satunggil, sandhang kalihan têdha pikatuk. Pun Dapa purun anglampahi kanthi bingahing manah, awit gadhah pangajêng-ajêng badhe tampi ganjaran gudèl. Biyungipun inggih rujuk, supados anakipun gadhah padamêlan ingkang têmtu minăngka panyêgah anggènipun rêmên dolan tuwin ngiras sinau mulasara kewan rajakaya.

Ing wanci byar enjing Dapa kesah ucul anggiring maesa dhatêng têgil pangenan, kaprênahakên ing panggenan ingkang rumputipun kêtêl sarta ijêm, dumugi srêngenge mêmpêng [mê...]

--- 55 ---

[...mpêng] kalirigakên, maesa kaugêr ing buritan, lajêng ngrêsiki kandhang nyoroki talethong dipun kalêmpakakên ing panggenan kiwa. Saubênging kandhang sinaponan rêsik, nuntên nyêpakakên larahan, bugêl, blowah sapanunggilanipun ingkang garing badhe kangge bêdhiyan mangke sontên. Bakda bêdhug ucul malih ambêkta bathok pirantos angguyang dipun kalungakên ing gulu maesa. Sarêng asar andhap maesa kagiring dhatêng lèpèn dipun guyang rêsik, lajêng lirig kalêbêtakên kandhang dipun têdhani rumput utawi damèn. Slarakipun katutupakên dipun pathoki kêkah, nuntên andadosakên bêdhiyan ing ngajêng kandhang kukusipun kumêlun. Muring, lêmud, lalêr, pitak sami kesah têbih.

Ing nalika maesanipun nyênggut wontên pangenan, pun Dapa dhasar lare gathekan srêgêp nyambut damêl, piyambakipun ngeyub ing ngandhap kêkajêngan ayom, nyambi damêl tambang (dhadhung), pêcut, ugi sagêd damêl dêdolanan saking lêmpung, kados ta: topèng, kêbowan, sapèn, tuwin wêwadhahan warni-warni pirantos pasaran lare-lare [lare-la...]

--- 56 ---

[...re] èstri. Dêdamêlanipun laris sangêt, dipun tumbasi kancanipun lare angèn lan lare-lare èstri, sadintênipun nampi arta ngatos gangsal sèn trakadhang langkung. Sasampunipun radi eyub, ngarit rumput sapikantukipun, dipun bêntèli. Sarêng lirig kabêkta wangsul dipun tumpangakên ing gigir maesa badhe kapakakakên manawi sampun wontên kandhang. Ki Suramênggala manahipun sakalangkung bingah ningali maesanipun lema-lema sarta kalimis, sabab pangonipun gumatos, srêgêp angguyang tuwin ngaritakên, mila pun Dapa dipun trêsnani sangêt, anggènipun nêdha tuwuk sarta eca, panganggenipun wêtah malah rangkêp gadhah pameran.

Sarêng jangkêp kalih taun anggènipun Dapa dados pangon, ing satunggiling dintên pêkênan, Dapa kaajak dhatêng pêkên kewan, dipun tumbasakên gudèl èstri satunggil rêgi tigang dasa rupiyah minăngka epahan anggènipun angèn maesa. Pun Dapa bingah sangêt, saya srêgêp saha gumatos dhatêng maesanipun.

Nuju mirah rêgining rajakaya maesa, cèlènganipun kabobok sampun ngalêmpak salangkung rupiyah, nuntên kangge [kang...]

--- 57 ---

[...ge] tumbas gudèl angsal satunggil, sapunika Dapa gadhah gudèl kalih, menda lan ayamipun kathah.

Ki Suramênggala wicantên dhatêng anak-anakipun: Mara dêlêngên, saiki Dapa dadi bocah sugih. Ngêndi ana bocah kang madhani dhèwèke, ingatase sadinane racak mung nyèlèngi têlu utawa patang sèn, sajroning patang taun ngalumpuk salawe rupiyah bisa olèh gudèl siji, wêdhuse kang diparokake dadi wolu, babone tangkar-tumangkar ngêbaki pranji. Apa kowe ora padha kepingin kaya Si Dapa. Mara etungên, dhuwit kang kojajakake lan kanggo tuku dolanan, manawa kocèlèngi masthi kasugihanmu ngungkuli Si Dapa, sabab ing dalêm sadina racak ora kurang saka limang sèn. Sarèhning wis têtela sumurupmu, kalumpuking dhuwit sathithik kang tanpa kêndhat kaya ilining banyu êtuk iku lawas-lawas dadi akèh, mulane kuwe dipadha gêmi. Wiwit saiki wis ora dak wèhi dhuwit manèh saliyane sing bakal kocèlèngi. Kapriye, apa kowe padha saguh nyèlèngi.

--- 58 ---

Anak-anakipun sami mangsuli sagah, awit raosing manah langkung sae nyèlèngi tinimbang kalihan botên dipun sukani arta babar pisan.

Bapakipun wicantên malih: Sukur, ênggèr, yèn kowe padha nurut. Wiwit dina iki sadinane uga dak wèhi nglimang sèn, besuk ing wêkasaning taun kabobok. Sapa sing cèlèngane akèh dhewe, dak ganjar gudèl siji.

Anak-anakipun Suramênggala katiga pisan mantuni anggèning ngêcèh-êcèh arta kados ingkang sampun, lajêng damêl cèlèngan bumbung tigang êros gandhèng dados satunggal, kapaku kalihan saka guru. Saêros nginggil piyambak celenganipun pambajêng, ingkang têngah celenganipun pandhadha, dene wuragilipun ing ngandhap piyambak. Sabên dintên lare têtiga wau dipun sukani arta anggangsal sèn, lajêng kalêbêtakên ing celenganipun piyambak-piyambak. Sabab lare têtiga wau sami ngangkah ganjaran gudèl, sasagêd-sagêd ambudi murih indhaking artanipun. Sarêng celenganipun sampun [sampu...]

--- 59 ---

[...n] radi kathah, nuntên kabobok, wontên ingkang kangge tumbas ayam, kambangan utawi pantun. Ing wasana dumugining wêkasan taun lare têtiga kaganjar gudèl nyatunggal sadaya.

Wiwit ing wêktu punika salajêngipun, botên mawi kaêbang ganjaran malih, sabab sampun matuh sami rêmên nyèlèngi, angindhak-indhakakên arta lantaran kangge tumbas punapa-punapa ingkang damêl kauntungan sarta sami gadhah maksud kêpingin sugih. Dene ingkang dados luguning karêmênan amung têtanèn tumbas sabin oyod-oyodan, garapanipun têksih nunut tiyang sêpuh. Nalika samantên, Suramênggala jalêr èstri manahipun sakalangkung bingah kados manggih pêndhêman kancana saklapa tabon, sabab ningali anakipun ambangun turut, calon pikantuk bageyan kamulyan ing donya ingkang linangkung. Nuntên sami muji sukur ing Pangeran Ingkang Maha Agung lan suka panarimah dhatêng Êmbok Singadrana kalihan Dapa, jalaran sagêdipun mêmulang anak makatên wau mêndhêt tuladha saking piyambakipun.

--- 60 ---

Wêktu samantên êmbok răndha sampun nama cêkap, anggènipun nyewa sabin saya ngrêda angămbra-ămbra, sabên usum botên kirang saking nêm bau. Dene nampinipun pantun palihan sakêdhikipun sangang amêt. Kajawi saking malihakên sabin, piyambakipun asring nêbas[7] pantun ing sabin tuwin mêkên.[8] Rêginipun saanggi kirang langkung gangsal rupiyah. Sarêng măngsa pailan dipun uyangakên,[9] saanggi pajêng nênêm utawi pitung rupiyah. Saking reka makatên punika kauntunganipun Bok Singadrana sabên taun langkung kathah anjalari sugihipun. Ewasamantên piyambakipun botên angewahi adat andhap asor saha lêstantun anggènipun sok têtulung nyambut damêl ing griyanipun Suramênggala.

Sarêng Dapa sampun umur gangsal wêlas taun, katrapan padamêlan nagari kados kuli ingkang kathah, nanging piyambakipun botên sagêd anglampahi awit saking repot padamêlan ing griya, lajêng ambêrahakên sataun tigang ringgit. Ing dhusun ngriku limrah amastani kuli

--- 61 ---

nanêm. Kajawi saking punika, nêdha mêdal saking pangèn, badhe sinau têtanèn angocal sabin, têgil, malasara griya tuwin pakarangan. Nuntên pados tiyang cancingan satunggil dipun purih ngrencangi anggarap sabin tuwin samukawis padamêlan ing griya. Pangèn ugi gadhah satunggil, manut pranataning dhusun, anyukani sandhang têdha tuwin gudèl satunggil sasampuning kalih taun. Gudèl satunggal punika etangan saking maesa satunggal ingkang dipun êngèn. Ki Suramênggala inggih lajêng pados pangèn malih kangge gêntosipun Dapa.

Mênggah yêktosipun sarêng Dapa kèndêl saking dados pangèn, Ki Suramênggala repot sangêt, sabab botên sagêd angsal pangèn ingkang tumêmên lan gumatos dhatêng ingah-ingahanipun kados Dapa, langkung malih manawi pinuju madamêl maluku utawi anggaru, pangon gêntosipun botên sagêd ngrencangi anglampahakên. Maesanipun radi kêra tuwin kirang rosa jalaran pamulasaranipun kirang sae. Ananging sanajan sangêt karepotan

--- 62 ---

kèndêlipun Dapa saking pangèn lajêng jumêjêr anggaota piyambak, inggih andadosakên suka bingahing manahipun, botên beda kalihan ningali anak sampun wiwit kuwawa misah gêgriya piyambak. Mila lair batos tansah muji sukur ing Gusti Allah anggènipun paring kamirahan dhatêng anakipun pupon.

Bab tabêri lan ngêrtosipun Dapa dhatêng têtanèn, ing dhusun Sidamulya sampun ingkang nyamèni, sawêg mèmpêr kemawon saèstu lăngka. Wanci enjing umun-umun sampun kesah dhatêng sabin, srêngenge mêmpêng wangsul nêdha lajêng ngaso sakêdhap, bakda bêdhug kesah malih ngantos asar andhap. Manawi garapanipun sabin sampun rampung ningali Ki Suramênggala karepotan, botên mawi kajawab dipun têdhani tulung, nuntên tumandang angrencangi nyambut damêl ngantos rampung.

Ing sasêlanipun anggarap sabin, inggih punika wêktu lêbar tanêm kalihan bakda matun, tiyang tani kathah ngangguriwun,[10] ingkang limrah sami ngaso, dolan-dolan, kêkesahan tuwi-tinuwi dhatêng sanak sadhèrèkipun ingkang

--- 63 ---

têbih. Nanging Dapa botên makatên, bab têtuwi sanak sadhèrèk namung sakêdhap ambujêng prêlunipun kemawon, sănja-sinanjan andon omong-omong ingkang tanpa pedah botên rêmên, piyambakipun sungkan nganggur lênguk-lênguk ngêkêp dhêngkul, ambănda tangan utawi sêdhakêp, wontên ing griya: cêg, nyêpêng pacul andhangir pakarangan tuwin ananêm punapa-punapa ingkang mêdal kasilipun, andandosi griya, pagêr saha sanès-sanèsipun.

Kasagêdan lan katabêrènipun Dapa botên nilar tiyang sêpuhipun, sagêd dêdamêlan warni-warni sarta sae, kados ta: kranjang, rinjing, cêthing, irig, tepas, tampah, tambir, iyan, wuwu, susug, irus, siwur, centhong, kêlud, sapu, kèsèd, tambang (dhadhung), sapanunggilanipun. Ugi sagêd anggarap padamêlan băngsa kajêng, damêl griya lan samubarang pirantos ingkang prêlu kaangge tiyang dhusun. Malah asring piyambakipun sarêng nyambut damêl kalihan blandhong amborong damêl griya, gêbyog, kori sasaminipun. Artanipun borongan kabage radin.

--- 64 ---

Kala samantên, kasugihanipun Bok Singadrana sampun misuwur ing mănca dhusun, gadhah arta, sugih pantun, rajakayanipun kathah. Limrahipun tiyang kathah sami nyêbut: răndha sugih, utawi: Dapa sugih.

Bok răndha sampun ayêm, sabab botên kêkirangan sandhang têdha, anakipun sêmpulur gumatos dhatêng tiyang sêpuh, kantun saprakawis ingkang tansah dados manah, inggih punika anggènipun kêpengin nyawang anakipun emah-emah dèrèng kasêmbadan, ing batos sangêt kumacèlu dipun ladosi anak mantu. Sampun kaping pintên-pintên biyungipun tuwin Suramênggala jalêr èstri angrêrimuk murih puruna anglampahi emah-emah, awit ingatasipun lare dhusun umur pitulas taun sampun pantês sinau gêgriya piyambak, punapa malih tumrapipun lare wêkêl tabêri lan botên kêkirangan, saya mungguh sangêt upami puruna emah-emah. Kajawi saking punika, mumpung têksih katênggan tiyang sêpuh wontên ingkang têtulung ngiguhakên manawi wontên lampah ingkang botên prayogi.

Sakathahing pangrimuk botên migunani, Dapa sangêt wangkod, [wang...]

--- 65 ---

[...kod,] botên purun anglampahi pakèning biyung bab emah-emah, wangsulanipun panjang angalur-alur mawi nêrangakên sababipun botên purun. Ingkang sapisan: têksih kênèmên, dêrêng pantês ajêjodhon. Kaping kalih: kaskayanipun sakêdhik, manawi emah-emah têmtu wêwah rêrêngganing gêgriya andamêl kuwatos dados jalaraning kacingkrangan. Kaping tiga: dèrèng manggih lare èstri ingkang dados cocoging manahipun. Mila sêdyaning manah badhe kasarèhakên rumiyin atata-tata kakiranganipun, ngrosa anggaota têtanèn mêwahi wiyaripun sabin. Badhe damêl griya sarta angwontênakên isinipun ingkang pantês, mêpakakên sandhang pameran sapantêsipun kangge wontên pasamuan. Salaminipun makatên kalihan miling-miling pados lare èstri timbanganipun.

Mênggah padosipun lare èstri badhe têtimbanganipun wau beda kalihan lare neneman ingkang kathah, limrahipun pados ingkang warninipun ayu lan anakipun tiyang sugih. Nanging Dapa botên makatên, bab warni narimah ugêr pantês, mlarat botên dados punapa, namung prêlu

--- 66 ---

angsal têtimbangan lare ingkang ngêrtos, manah tulus, tabêri, gêmi, opèn, wêlasan, angatos-atos tuwin kalakuwan ingkang nurunakên sae. Mila tiyang sêpuhipun tumut katiti, awit piyambakipun ngèngêti ungêling bêbasan: kacang ora tinggal lanjaran. Manawi lêlampahanipun ingkang nurunakên awon, anakipun inggih awon.

Biyungipun sarta Suramênggala jalêr èstri botên sagêd mangsuli, jalaran rumaos kalindhih ing sêsêrêpan. Wusana dipun sakajêng anggèning emah-emah ngêntosi sasampuning mêdal kaniyatanipun piyambak.

Sabab saking titi pamilihipun, pintên-pintên lare èstri ingkang katawèkakên, tinampik, warni-warni cacad ingkang murugakên botên rêmên, wontên ingkang ayu warninipun, kacacad ajrih ing damêl. Ingkang tabêri botên gêmi. Wontên gêmi kêsangêtên awatêk cêthil, sawênèh dipun wada rêmên saba tăngga, botên opèn, brangasan saha sanès-sanèsipun.

Tiyang ingkang gadhah anak jalêr sami pinarsudi nulad kalakuanipun [kalaku...]

--- 67 ---

[...anipun] Dapa, dene ingkang gadhah anak èstri sampun diwasa mêdal karêkating manah rêmên badhe mêndhêt mantu. Biyungipun lare èstri sok sănja dhatêng griyaning bok răndha (Bok Singadrana), trakadhang kengkenan tiyang sêpuh rewa-rewa dolan utawi takèn punapa-punapa kangge lantaranipun ginêman, undêraning ginêm gumathok ngajak besanan. Bok Singadrana mangsuli pasaja, sampun rêmên sangêt gadhah anak mantu, nanging anakipun sangêt puguh botên miturut tiyang sêpuh, mila dipun sakajêng sapurunipun piyambak.

Dumugi măngsa labuh Dapa anggènipun anggarap sabin mindhak wiyar, ngantos numbasi sabin ing tăngga dhusun, wontên ingkang dipun palihakên, kagarap piyambak tuwin kagarap tiyang bêrahan. Ing măngsa panèn pantunipun tumpuk angundhung-undhung, dumugi wêktu pailan kasade pêpajêganipun kathah botên mawi kesah saking griya, sabab sarêng sampun kasumêrêpan dening para bakul uwos, ingkang nguyang sami dhatêng piyambak numbasi. Dapa lajêng tumbas sabin malih badhe kaocal taun ngajêngipun.

--- 68 ---

Dene lampahipun bakul uwos wau, wontên ingkang ambayar kêncèng, wontên malih pambayaripun sasampuning pantun ingkang kapêndhêt dados arta (ngalap nyaur). Lantaran saking kawêlasanipun Dapa, pintên-pintên bakul uwos ingkang dados mulya, kathah tiyang tani mlarat ngungsi gêsang bêrah macul utawi malih sabinipun.

Padamêlanipun Bok Singadrana angrencangi anakipun, rêrêsik ing griya, bêbênah, ngopèni samukawis ingkang kumlêndhang, gumlethak ing saênggèn-ênggèn, matrapakên rencangipun sami nyambut damêl, ocal-ocal tuwin nyade pantun. Kala-kala tumut dhatêng sabin anênggani tiyang nyambut damêl, mluku, anggaru, tanêm, matun lan wêktu andêrêpi.

Sarêng sampun nyêpêng arta kathah kajawi ingkang kangge pawitan têtanèn, piyambakipun damêl griya gêbyok agêng kalih iji (griya wingking lan pandhapi) ing antawisipun kaadêgan kampung, balunganipun kajêng bêton apayon gêndhèng, pasang rakiting griya sarta rêrêngganipun botên kuciwa, ingatasipun wontên ing dhusun kalêbêt sae piyambak, [piya...]

--- 69 ---

[...mbak,] sabab Dapa sagêd dados tukang kajêng, botên kêkirangan wragad, sanajan griyanipun lurah kasoran botên paja-paja anyamèni. Ing sisih kiwa lêrêsipun griya wingking kaadêgan gandhok, sisih kiwa radi wingking pawon, ing sisih têngên lêrêsipun pandhapi kaadêgan langgar agêng sarta inggil, cakêtipun wontên sumur mawi kulah kêbak isi toya, kandhang maesa, menda, pranji wontên wingking radi têbih.

Ing wêktu punika umuripun Dapa kalih dasa taun lumampah, sampun birai, krêkating manah sumêdya emah-emah, kangge wragad tuwin kas kayanipun sampun cêkap, kantun ngêntosi angsalipun lare èstri ingkang badhe dados têtimbanganipun.

Ing satunggiling dintên kalêrês măngsa panèn, Dapa kesah dhatêng sabin nênggani tiyang dêrêp. Biyungipun sarta Bok Suramênggala tumut wira-wiri ing wingkingipun tiyang dêrêp, ngelikakên manawi anggènipun andêrêpi botên rêsik, dene pun Dapa ngadêg wontên galêngan ngawasakên pantun tumpukan ing galêngan kalihan ngopèni sanèsipun.

--- 70 ---

Dumadakan kados sampun pinasthi pinanggihakên kalihan lare èstri badhe jodhonipun, sarêng piyambakipun ningali ing prênah padoning kothakan sabin, ing ngriku wontên lare èstri satunggal sawêg dêrêp, kintên umur nêm bêlas taun, warninipun sae, dêdêg cêkapan, kulit jêne, ulat manis sêmu sabar. Anggènipun andêrêpi botên rikat, naging anggliyêg tanpa kèndêl, titi lan ngatos-atos, sanajan pantun sawuli ingkang langkung lêmbut sumlêsêp ing kuwêlan damèn, dipun pêndêng kaêni, pandèkèking pantun ririh supados gabahipun botên gogrog, kalêrês piyambakipun sumêrêp wontên pantun sajatha dhawah ing galêngan, agahan kapêndhêt dipun lêbêtakên ing poncotan slendhang badhe kabêkta mantuk.

Dapa manahipun kasêngsêm ningali warni lan solah tingkahipun lare èstri wau, ing batos makatên: Opène marang pari sajatha iku dadi titikan kang prêlu bangêt ingatase kanggo nyumurupi watêk opèn lan gêmi. Sabar, titi angati-ati bisa katitik saka pasêmon lan solah tingkahe. Yèn kabênêr bocah kuwe besuk [be...]

--- 71 ---

[...suk] dadi têtungguling wong wadon. Mungguh ayune ora piraa, nanging dhèwèke luwês, sumurup sarta rumêksa marang uripe, tandhane: sing wis kalakon lumrahe wong dêrêp ora mangkono, sok padha ngrêbut pari sing lêmu-lêmu lan ora kuwêlan, prêlune gampang olèhe ngênèni, olèh-olèhane akèh. Ajaa kêpêksa dikon utawa wêdi disrêngêni kang duwe sawah, pari kang wulène lêmbut sarta kêslêsêp panggonane, masthi ditinggal bae. Malah wong sing ora dêmuwe, manawa kalimpe sing duwe, pari kang mangkono iku diilês bae kasasaban damèn murih aja kongsi konangan, yèn ênggone ngênèni ora rêsik, apa manèh pari jathan diopènana. Awit saka titikan pari sajatha iku, kaya-kaya ora nalisip pêthèkku, yèn dhèwèke bakal bisa omah-omah.

Sasampunipun angangên-angên makatên, lajêng kesah nyakêti Bok Suramênggala pinuju linggih ngaub ing gubug, nakèkakên lare èstri wau sintên nama griyanipun, ingkang gadhah anak tuwin kalakuaning tiyang sêpuhipun.

--- 72 ---

Bok Suramênggala eram mirêng pitakènipun Dapa, ngintên manawi piyambakipun sampun kajêng emah-emah sarta rêmên dhatêng lare èstri punika. Wagsulanipun: Bocah wadon kuwe arane Têntrêm, sing anak-anak Darmadrana, kêbayan Sidamulya. Lan Darmadrana mau sadulure lanang mas lurah kene kaprênah adhi êlêt siji, karo aku sadulur nak-sanak kaprênah ênom. Mungguh kalakuane kalêbu bêcik-bêcike wong Sidamulya, kabèh wong sadesa padha dhêmên sarta ngajèni ing dhèwèke. Dene Si Têntrêm lagi umur nêm bêlas taun, pantarane anakku pambarêp lair tunggal sawêngi ing dina malêm Kêmis Lêgi wayah bangun raina. Kowe durung tau wêruh, layak, sabab Têntrêm panci arang mêtu saka omah jalaran saka repot kabotan pagaweyan rêrewang wong tuwane, momong adhine, rêrêsik, bêbênah, olah-olah. Sabên dina wis ora ana nganggure lan tanpa mêcut,[11] sabab wiwit cilik mula pêdhês pamardine marang pagaweyan. Êmbokne bakul bêras, sabên dina pasaran iya lunga mênyang pasar, [pa...]

--- 73 ---

[...sar,] ulihe kongsi bakda bêdhug. Dene bapakne mung têtanèn bae ngolah sawahe, kala-kala nglakoni pagaweyan nagara. Darmadrana kuwe lanang wadon kalêbu pintêr lan tabêri ing gawe, nanging mlarat, sabab sugih anak, atine pradhah, kêbrukan sanak sadulure, anak-anake kaponakan kang kanlangsan padha ngungsi urip ing dhèwèke, apa manèh dikêdugani wong akèh, dhayohe bruk-brukan ora ana lèrène. Sabab saka wêlasan ati, rilan, dadi sugih sadulur lan mitra bêcik. Kêna dak arani sugih ora simpên, mungguh nyatane mlarat, nanging manawa ana kabutuhane, sadhela bae olèh pitulungan. Dapa, saiki aku gêntèn takon: Prêlune apa, kowe nakokake bocah wadon iku, apa kowe wis kepingin omah-omah, lan apa dhêmên marang dhèwèke.

Wangsulanipun: Botên punapa-punapa.

Lajêng kesah nênggani tiyang dêrêp malih, mripatipun tansah

--- 74 ---

mancêr ing prênahipun Têntrêm, ningali anggènipun dêrêp saking katêbihan. Sadangunipun kawaspaosakên botên wontên solah tingkah ingkang andamêl gêlaning manahipun. Nanging Têntrêm botên nyana manawi dipun tontoni. Tiyang sanès botên anggraita, namung Bok Suramênggala manahipun sampun nyandhak dhatêng pikajênganipun Dapa, lajêng ngundang Bok Singadrana kaajak ngeyub ing gubug.

Dhi, Bok Singadrana, dika mriki sakêdhap mawon.

Mangke rumiyin, yu, sawêg kêtanggêlan ngênèni pantun janggar kêkum ing toya.

Bok êmpun, lèrèn dhisik ênggène ani-ani.

Gih, ta, yu. Arêp ana prêlu apa, kadingarèn angundang-undang.

Anu, dhi. Si Dapa sêmune êmpun kêpengin omah-omah.

Lah, êmpun botên mawon, yu, kula botên pitados. Wong watêke anèh, botên sami kalih lare-lare neneman kang kathah. Mênggaha sanèse Dapa, êmpun samantên tuwane inggih êmpun gadhah anak satunggil [sa...]

--- 75 ---

[...tunggil] utawi kalih. Nanging dhèwèke wangkod sangêt, sabên kula tari rabi lajêng nècèk jèngkèl, mulane saniki kula sakarêp mawon.

He, adhi kok maido. Êntas mawon dhèwèke têka mriki nakokake Si Têntrêm. Nika, lho, bocahe wadon sing nganggo klambi lurik kêmbang blimbing aslendhang modang têngah putih. Saêmpune kula jatèni jênênge, umure, wong tuwane lan liya-liyane, dhèwèke katon bungah. Barêng kula takoni sêjane, botên gêlêm tutur balaka, sêmune isin, lajêng kesah nênggani tiyang dêrêp malih. Dawêg, ta, dhi, dika awasake saking ngriki, tingale Dapa mancêr têng prênahe Têntrêm mawon, lakune klintar-klintêr botên adoh saking ngriku. Mungguh gagasan kula kados botên badhe nyimpang sarambut, yèn dhèwèke duwe karêp dhatêng Si Têntrêm. Lho, dhi, dawêg dika tingali, napa adhi têksih botên ngandêl.

Kula sampun ngandêl, yu, ênggih sukur, dhasar sampun lami kula kêpengin diladèni anak mantu.

--- 76 ---

Kula gih ngotên, sanajan Dapa niku dudu anak kula dhewe, nanging raosing manah kaya têng anak kula pambarêp.

Bakyu, kula dèrèng sulang têng bocah wadon niku lan wong tuwane.

Bok Suramênggala lajêng anjalèntrèhakên kados nalika mangsuli pitakènipun Dapa. Bok răndha bingah ing manah, muji sukur lan ngajêng-ajêng lulusipun dados anak mantu.

Wicatênipun bok Suramênggala: Mangke kang ambawoni Têntrêm kula mawon, dhi.

Ênggih, yu.

Dawêg, ta, sami ambibarakên wong dêrêp, niki wayahe êmpun sontên.

Ênggih.

Tiyang dêrêp sami dipun kèn kèndêl, angsal-angsalanipun pinocongan lajêng kausung wangsul, ing griya dipun bawoni mara sadasa. Sarêng badhe ambawoni Têntrêm, Bok Suramênggala wicantên:

--- 77 ---

He, tobil, jêbul ponakanku si gêndhuk mèlu dêrêp, rewange sapa, êndhuk.

Piyambak mawon, wak.

Olèh pirang pocong.

Namung tigang pocong punika, wak.

Ya wis kalêbu rosa ani-ani, ingatase lagi sapisan iki, bisa olèh samana.

Inggih, wak, angsal pangèstunipun si wak. Sanajan botên kulina inggih kula sagêd-sagêdakên, awit ajrih dhatêng tiyang sêpuh.

Apa bapake lan êmboke padha slamêt.

Wilujêng, wak.

Ya wis, gêndhuk, muliha, mêngko bawonmu dak kone ngatêrake mrana.

Mênawi parêng kula nyuwun bawon sapunika kemawon, murih botên dados damêlipun si wak.

Ora dadi apa, dadi gawe sathithik wis lumrahe karo ponakane dhewe. Karo tutura êmboke mêngko sore bakda mahgrib aku arêp mrana.

--- 78 ---

Inggih sampun, wak, kula badhe wangsul.

Iya. He, êndhuk.

Kula.

Iki, lho, kêtan lan wajik gawanên, lumayan kanggo ngolèh-olèhi adhimu.

Kêsuwun, sampun, wak, kula kalilana wangsul.

Iya.

Dumugi ing griya Têntrêm dipun takèni êmbokipun: Ya gene gêndhuk, kongsi sore têmên ora barêng karo kancamu, lan bawone êndi.

Mila ngantos sontên, kula ngêntosi bawon, anggèn kula dêrêp angsal tigang pocong, nanging dèrèng dipun bawoni. Kula dipun kèn wangsul, mangke Uwak Suramênggala kalihan Bok Singadrana badhe mriki sarta kèngkènan ngatêrakên bawon kula.

Têntrêm lajêng nyariyosakên punapa wontênipun nalika dêrêp saking wiwitan dumugi wêkasan.

Êmbokipun wicantên: O, la, arêp ana dhayoh. Wis ta, gêndhuk, mlêbua pawon anggodhog [anggodho...]

--- 79 ---

[...g] wedang, nuli ngrêratêngana, aku têtêbah sajroning omah.

Inggih.

Bok Darmadrana anggraita, dhatêngipun Suramênggala lan Bok Singadrana badhe prêlu nakèkakên anakipun èstri. Lajêng manggihi ingkang jalêr, sadaya cariyosipun Têntrêm sarta panggraitanipun kasanjangakên. Pamanggihipun ki kêbayan botên beda kalihan ingkang èstri. Manahipun sakalangkung bingah saha muji sukur ing Pangeran, mugi-mugi kalêksanan kadosdene panggraitanipun. Măngka saèstunipun Darmadrana jalêr èstri sampun dangu angge[12] nyênyuwun dhatêng Hyang Maha Luhur kepengin gadhah mantu pun Dapa, ing samangke badhe kasêmbadan panyuwunipun, raosing manah kados pinaringan nugraha ingkang langkung agêng.

Wanci bakda magrib tamunipun dhatêng, Suramênggala jalêr èstri, Bok Singadrana anggendhong angsal-angsal têtêdhan warni-warni, sadaya damêlanipun piyambak, Dapa ing wingking angrêmbat bawon tigang pocong kalihan uwos jawi tuwin kêtos. Ingkang gadhah griya jalêr èstri ngancarani

--- 80 ---

mêthuk ing latar, lajêng kairid lumêbêt atata linggih ing ambèn agêng mawi gêlaran pasir, babêktanipun sampun tinampèn, Dapa linggih ing ngandhap prênah wingkingipun Bok Suramênggala.

Botên antawis dangu pasugatan wedang kaladosakên pun Têntrêm, sadaya sami medang kasambi gêginêman. Bok Suramênggala lajêng masajakakên prêlunipun, yèn dipun têdha mitulung Bok Singadrana, manawi rujuk badhe ngajak besanan. Kajawi saking punika, sanjang manawi Dapa sampun kapêndhêt anak pambajêng dening Suramênggala, mila saupami kadadosan ing rêmbag, ingkang mangku mêmanton inggih piyambakipun.

Darmadrana jalêr èstri langkung jumurung saha sangêt panarimahipun, sudi ngukub angraup anakipun èstri. Nuntên arêrêmbagan nêmtokakên wêktuning ijab kadhawahakên ing dintên Saptu Kliwon wulan Bêsar. Dene uparêngganing mêmanton botên kadamêl rowa, namung ambujêng prêlunipun kemawon murih botên kêkathahên wragad. Manawi wontên arta, tinimbang karisak kangge rame-rame

--- 81 ---

lan angwontênakên rêrênggan ingkang tanpa pedah, luwung kasukakna dhatêng larenipun supados kenginga kangge imbêt-imbêt pawitan pados têdha. Sarêng sampun golong ing rêmbag, tamunipun pamit mantuk, ingkang gadhah griya ngatêrakên dumugi korining pakarangan.

Kantun kirang sawatawis dintên dumugi wêktuning ijab, Suramênggala badhe mangku gadhah damêl mantu, katingal ayêm kemawon, beda kalihan tiyang kathah, mawi ribêt padamêlan, tratag, damêl kajêng, nyambat anggêntang, angwontênakên badhe pasugatan, pangangge pangantèn saha sanès-sanèsipun. Nanging Suramênggala namung akèn rêrêsik salêbêting griya, latar tuwin pakarangan, murih tiyang ingkang dhatêng kondangan manahipun sênêng lan sakeca linggihipun, botên mamrih dhatêng pangalêm tuwin dipun erami ing ngakathah.

Sarêng dumugi ing dintên ingkang katamtokakên, Dapa kaningkahakên kalihan Têntrêm, pindhah nama sêpuh Kêrtarêja. Tamu ulêm-ulêman ingkang dhatêng kondangan langkung kathah, sadaya sinugata tuwuk sarta eca-eca, dalah

--- 82 ---

tiyang ingkang sami nglagani nyambut damêl tuwin rencang botên wontên kalangkungan.

Dene tiyang ingkang kondangan wau badhe sami nyumbang anut adat caraning dhusun, nanging Kêrtarêja botên purun tampi, sadaya pasumbang kawangsulakên kanthi têmbung manis murih botên andamêl pinggêting manahipun, sarta samudana arewa-rewa anggèning emah-emah botên kenging nampèni sumbangan, jalaran sampun dados punagi.

Andungkap salapan dintênipun, Kêrtarêja boyong ing griyanipun piyambak, lajêng atata-tata punapa caranipun tiyang gêgriya. Anggènipun jêjodhon runtut rukun botên nate wontên pasulayan, dhatêng tiyang sêpuh ajrih asih sarta gumatos, andamêl suka bingahing biyungipun.

Padamêlanipun Kêrtarêja lêstantun kados ingkang sampun, ngagênggakên dhatêng têtanèn, ing sasêla-sêlanipun padamêlan anggarap sabin, wonten ing griya dêdamêlan warni-warni saking dêling tuwin kajêng, mèh sadaya pirantos ingkang prêlu kangge ingatasing tiyang gêgriya cêkap saking dêdamêlanipun [dê...]

--- 83 ---

[...damêlanipun] piyambak. Trakadhang piyambakipun sok ngrencangi nyambut damêl ing griyanipun Suramênggala utawi ing marasêpuhipun.

Ingkang èstri tiyang opèn sarta tabêri sangêt, sanajan kathah rencangipun cancingan, ewasamantên mèh botên wontên ngangguripun, purun tumandang ing damêl piyambak, ocal-ocal, bêbênah lan nyumêrêpi samukawis padamêlan ing salêbêting griya. Manawi nuju măngsa tanêm, matun, panèn, piyambakipun sok tumut dhatêng sabin nênggani tiyang nyambut damêl.

Saking pikajêngipun anak, Bok Singadrana botên suka nyambut damêl awrat, kantuna mukti sakeca tilêm, nêdha eca, ananging sabab piyambakipun dhasar tiyang tabêri sampun kêpatuh sungkan kèndêl, sabên dintên awira-wiri ngêngopèni samukawis ingkang kumlêndhang, gumlèthèk botên pêrnah panggenanipun. Trakadhang ngubêngi griya, pawon, kandhang maesa, pranji, lumbung, utawi ningali têtanêman salêbêting pakarangan saha sanès-sanèsipun.

--- 84 ---

Suramênggala, Bok Singadrana, Darmadrana saha anak-anakipun sami rukun, sănja-sinanjan, tulung-tinulungan. Manawi wontên ingkang sakit utawi kasusahan, enggal anggènipun têtuwi nêdya têtulung bau lan rêmbag saprêlunipun, Kêrtarêja minăngka sadhèrèk ingkang sêpuh piyambak dados pusêring rêmbag. Awit saking guyub makatên, anjalari kajèn kèringan, tiyang-tiyang sami ngilo ing piyambakipun.

Ing satunggiling dalu sadèrèngipun tilêm, bok răndha linggih nyambi nganam gêlaran mendhong, Kêrtarêja ing sandhingipun anam-anam kalihan rêraosan kepingin gadhah sabin yasan, sabab sanajan wêktu samantên sagêd ngocal sabin wiyar, nanging manahipun têksih cuwa, padamêlanipun rêkaos, pamêdal kirang, jalaran limrahipun sabin sewan punika têbih panggenanipun sarta kirang êloh. Mila piyambakipun gadhah panêdha supados biyungipun ngrencangi sêtiyar manawi wontên ingkang sade sabin yasan katumbasa, sukur angsal sabin ingkang cakêt lan êloh.

--- 85 ---

Sarêng biyungipun mirêng Kêrtarêja rêraosan makatên, kèndêl anggènipun anganam gêlaran, tumungkul amrêbês mili èngêt jaman kanalangsan, sabinipun yasan kacêpêng sambutan dening Bauwijaya mawi andamêl pinggêting manah. Kêrtarêja kagèt ningali biyungipun nangis, kalèntu tampi ngintên kêsiku anggènipun gadhah panêdha karencangana pados sabin yasan, lajêng nêdha ngapuntên sadaya kalêpatanipun, botên badhe kumapurun marentah dhatêng tiyang sêpuh.

Biyungipun angrangkul Kêrtarêja kalihan micantên, yèn piyambakipun botên kalêpatan satunggal punapa. Dene anggènipun nangis, amung èngêt ing jaman rumiyin nalika Kêrtarêja têksih alit.

Anakipun saya ngangsêg takèn, kepingin sumêrêp lêlampahaning biyung nalika piyambakipun têksih alit. Wiwitan Bok Singadrana kèndêl kemawon, sabab pakèwêd badhe kapiyak wadosipun anggèning sakit manah dhatêng Bauwijaya, sarta sampun kamanah botên wontên pikantukipun, manawi botên kalêrêsan damêl nêpsuning

--- 86 ---

anak anjalari congkrah kalihan tăngga. Ananging dangu-dangu kêpêksa walèh, lajêng ngandharakên lêlampahanipun saking wiwitan dumugi wêkasan.

Sadanguning Kêrtarêja mirêngakên cariyosing biyungipun, kèndêl adhêlêg-dhêlêg, rainipun abrit untu gathik katingal nêpsu ngigit-igit dhatêng Bauwijaya. Biyungipun waspaos, sumêrêp anakipun nêpsu, lajêng wicantên suka piwulang sarta sangêt pangarih-arihipun. Têmbungipun:

Anakku, ênggèr, poma disantosa ngunjara hawa napsu, lulusna sabar drana. Sabêcik-bêcikane satron, isih bêcik kang ora. Yèn wong sumakehan dilayani angkuh, wong brangasan ditimbangi bambung, dadi ala kabèh ora ana kang pinilih bêcik salah siji. Karodene manèh kowe saiki wis tinitah mulya, dhèwèke katon luwih nalăngsa, iku minăngka pamalês saka sih kamurahaning Pangeran. Mulane dibungah muji sukur marang Kang Kuwasa. Malah saka panêmuku: Bauwijaya kuwe bêcikana, cikbèn rumăngsa dhewe alane atine.

--- 87 ---

Anakipun ajrih dhatêng biyung lan kurugan piwulang, nêpsunipun ical sakala, lajêng muji sukur ing Gusti Ingkang Maha Agung tuwin nêdya andamêl sae dhatêng Bauwijaya.

Gêntos kacariyos, sanajan Bauwijaya anggèning nyambut damêl mêrês kringêt amasuh badan, suku kadamêl sirah, sirah kadamêl suku, dipun rencangi mlirit anjêpit tiyang sanès, ewasamantên sêdyanipun sugih bătên kasêmbadan. Kathah kemawon ingkang dados jalaraning karisakan. Anak-anakipun botên têdhas pitutur sae, sami mrusal ngawut-awut arta kangge kasukan, sungkan nyambut damêl, watêkipun ambêk sumakehan botên rukun kalihan tăngga têpalih. Anggènipun sêsabin namung sakêdhik sarta kirang mêdal, sabab tăngga-tangginipun sami gêthing botên wontên ingkang purun ngrencangi utawi bêrah ing piyambakipun. Manawi wontên satunggil kalih ingkang purun, epahanipun mlarangi, êcakipun nyambut damêl sawiyah, maculipun cèthèk, matun botên rêsik. Bok Bauwijaya sade uwos tansah tuna, trakadhang badhar, jalar[13] saking awatêk angkuh,

--- 88 ---

tiyang-tiyang sami gêthing botên purun nêmpur uwosipun.

Lami-lami Bauwijaya dados malarat sangêt, sabên taun tombok nyade barang-barang gêgadhahanipun. Rajakaya, rajaamal ingkang pangaos sampun têlas balindhis. Sabinipun kantun sakêdhik, griyanipun kalih agêng-agêng botên kapulasara, payon turuh dabag risak. Saking sangêting kacingkrangan, kathah-kathah ingkang rinaos, badhe nyade griya pakaranganipun, nêdya kesah saking Sidamulya, sabab rumaom[14] kêpêpêtan margi pagêsangan tuwin dipun gêthingi tiyang kathah.

Manawi tăngga-tangganipun gadhah kajat, tiyang sadhusun dipun ulêmi, nanging Bauwijaya dipun langkungi kemawon.

Ing satunggiling wêktu piyambakipun gadhah damêl mantu, kadamêl rowa, kiranging arta kangge wragad ngantos nyambut-nyambut, sadiyanipun[15] pasugatan tuwin tratagipun botên kuciwa. Saking pangangên-angênipun têmtu badhe angsal sumbangan kathah, sagêd mangsulakên sadaya wragad ingkang dipun angge. Ananging ciptanipun makatên wau lêpat, dumugining wêktu ingkang [ing...]

--- 89 ---

[...kang] katêmtokakên botên wontên tiyang dhatêng kajawi namung kere kêluwèn dhatêngipun sumêdya ngêmis sêkul. Dados sadiyanipun muspra ngantos sami mambêt botên katêdha lan botên pikantuk sumbangan sigar gowèng.

Kajawi saking punika, piyambakipun dipun sêngit lurah, wiwit nalika dipun kèn rukun kalihan Bok Singadrana botên purun, kawêwahan malih anggènipun ambêk sumakehan dumèh wêktu samantên sawêg ginanjar cêkap badhe botên mraduli dhatêng paprentahaning lurah nêdya nyahak panguwaos, mila asring piyambakipun dipun pakèwêd dening lurah.

Anuju satunggiling dintên, Bauwijaya èstri gadhah pirêmbag dhatêng ingkang jalêr badhe nyambut arta utawi pantun dhatêng Kêrtarêja kangge pawitan bakul uwos, griya lan pakaranganipun kangge tanggêlan. Manawi botên pikantuk nyambut, griya tuwin pakarangan wau badhe kasade babar pisan, têmtu piyambakipun purun numbas, jalaran pêrlu ngêlar pakarangan.

Wangsulanipun ingkang jalêr: Aku rikuh katêmu karo Kêrtarêja, masthi dhèwèke gêthing marang aku lantaran sawahe [sa...]

--- 90 ---

[...wahe] salupit dak cêkêl utang. Yèn eling dhek jaman samana, têmtu ora gêlêm ngutangi, trakadhang malah angisin-isin.

Pakne, êmpun kêkathahên sing dipikir, olèh botên olèh gih dijajal dhisik. Dene saranane wiwit saniki kudu gêlêm ngawon têmbung sakêcap, yèn dika ewuh, mangke kula sing nêmbung.

Ingkang jalêr manut sapirêmbagipun ingkang èstri, sumêdya angêpèk-êpèk dhatêng Kêrtarêja.

Wanci sontên Bauwijaya jalêr èstri sami sănja dhatêng griyanipun Kêrtarêja mawi ngatingalakên ulat susah amêmêlas. Ingkang gadhah griya ngacarani mêthuk ing kori, lajêng kapapagakên linggih ing ambèn griya wingking asèmèk gêlaran pasir enggal, sêsêgahipun kathah lan eca-eca. Kêrtarêja andhap asor sangêt, anggènipun ngajèni kados dhatêng tiyang sêpuhipun piyambak.

Kalêrêsan, botên dangu Suramênggala jalêr èstri dhatêng têtuwi jalaran kangên, ambêkta angsal-angsal têtêdhan kathah minăngka tăndha katrêsnan. Bok Singadrana,

--- 91 ---

Kêrtarêja jalêr èstri gugup mêdal amêthukakên ing latar, nuntên atata linggih sarta bage-binage ing kawilujêngan, lajêng medang kasambi ginêman.

Bok Bauwijaya wicantên: Adi Singadrana kula wastani bêgja sangêt, saya tuwa rêjêkine tumpuk angumbuk-umbuk, têkane ambanyu mili tanpa lèrèn. Anak jalêr satunggil êmpun sugih, sêmpulur lan gumatos ing biyung, sawêg nyawang mawon êmpun marêm ngimbuhi tuwuk. Wangsul kula niki wong ratuning cilaka, rumiyin êmpun nama sugih, barêng tuwa suda tênaga băndha sirna. Têtanèn botên mêdal, sêsadean tuni, nyambutakên dipun kêmplang, anak botên wontên ingkang miturut ing pitutur sae. Panggêsangan kula langkung rêkaos, nêdha enjing, sontên botên. Saèstu lăngka tiyang gêsang ingkang nandhang kasangsaran kados kula. Mênggah dhatêng kula mriki wontên prêlu sangêt, ingkang sapisan nêdya tuwi kawilujêngan, kaping kalih angungsi gêsang nêdha pitêdah isarating pados pangupajiwa, kaping tiga badhe nyambut pawitan arta utawi pantun. Kula sagah ngaturi sarêman ngalih wêlasi [wêla...]

--- 92 ---

[...si] ing dalêm sawulan, dene ingkang kula angge cêpêngan griya sapakaranganipun.

Ki Suramênggala wicantên: Kula botên andugi sangêt manawi adhi Bauwijaya ngantos dhumawah ing kacingkrangan, sabab panggaotane rosa, sabin wiyar, nglampahi bakul uwos. Nanging ênggih niku: Gusti Allah sipat adil, samukawis kang têkane gampang, ilange têmtu enggal, kayadene kasugihane adhi bisa sirna padha sadhela, sabab dhèk kriyin genjah têkane. Pundi ontên dhuwit têlung puluh rupiyah bisa olèh sawah salupit lan êmpun ngolah dhisik rong oyod.

Bok Singadrana gêntos wicantên, sawêg samăntên mawon bakyu êmpun angraos karepotan bab têdha lan ngaku ratuning cilaka. Saking panyawang kula dèrèng ontên saponcote kanalangsan kula nalika anyar dados răndha, manah sêdhih ditinggal bojo, repot momong bocah tanggung botên kenging kasambi nyambut damêl. Sawah, pari, dhuwit saontêne têlas kangge wragad. Têtiyang kang waune lulut asih dadi sumingkir têbih, sawênèh [sa...]

--- 93 ---

[...wênèh] anggêpipun sawênang-wênang, dumèh kula tiyang răndha papa prasasat dipun sanèsakên bangsaning manungsa. Manawi kula èngêt jaman samantên, raosing manah kula kados rinujit.

Bok Singadrana wicantên makatên punika kalihan mrêbês mili, jalaran kathah-kathah ingkang rinaos nalika sawêg kanalangsan.

Wicantênipun Ki Suramênggala kalihan Bok Singadrana ingkang gêpok awonipun Bauwijaya, mila sadanguning mirêng wicantên makatên, piyambakipun palengosan isin sangêt, botên mangsuli sakêcap. Ananging wêkasan andamêl karahayon, sabab ing batos rumaos kenging bêbênduning Pangeran, winêlèhakên anggèning ambêk sumakehan tuwin mangarah dhatêng barang darbèkipun tiyang kalayan pangreka botên sah. Osiking manah: kapok botên badhe nglampahi malih-malih.

Kêrtarêja sumêrêp ing sêmu, wêlas dhatêng Bauwijaya, wicantênipun: Panêdha sampeyan kula sukani pawitan warni pantun kawan anggi, anut rêgi pêkên sapunika pangaos [pangao...]

--- 94 ---

[...s] salangkung rupiyah, botên mawi sarêman, cêpêngan inggih botên, kula sampun pitados ing sampeyan. Namung panêdha kula: sasampuning dados arta, tumuntèn sampeyan bayar, lajêng kenging mêndhêt malih pantun kados ingkang sampun. Dene isarat murih larising sêsadean utawi mêdaling têtanèn, kula botên gadhah, kajawi namung têmên, tabêri, angatos-atos. Tumraping bakul prêlu sangêt asarana andhap asor, sabar, manis ing budi, sabab punika ingkang nuntun kathahing kawanuhan, ngrakêtakên sadhèrèk, watêkipun damêl laris sêsadean tuwin angènthèngakên tiyang purun têtulung. Kajawi saking punika, sampun kalèntu tampi, ngintên kula gadhah manah awon utawi angigit-igit dhatêng sampeyan, malah lair batos sangêt panarimah kula ing sampeyan, sabab kamulyan kula punika botên sanès sampeyan ingkang dados lantaran. Sampuna sabin tilaranipun bapa, sampeyan cêpêng sambutan kanthi aminggêtakên manah, pun biyung lan kula têmtu kirang prihatos, botên sagêd mulya makatên.

--- 95 ---

Cariyosipun Kêrtarêja rumêsêp ing sanubari sumarambah dhatêng badan sakojur, saya mantêp anggènipun badhe santun adat, angoncati pandamêl kirang sae, sasagêd-sagêd sumêdya nelad lêlampahanipun Kêrtarêja. Sasampunipun dumugi arêrêmbagan, Bauwijaya pamit mantuk, manahipun bingah margi angsal pawitan.

Enjingipun Bauwijaya dhatêng malih, Kêrtarêja sampun sumêrêp pikajênganipun, lajêng akèn ngêdhakakên pantun saking lumbung kawan anggi kasukakên ing piyambakipun. Pantun sampun katampèn, nuntên kausung mantuk, lajêng kagêntang, uwosipun kasade dhatêng pêkên. Sawêg pêndhak Paing pantun kawan anggi sampun dados arta, kapasokakên dhatêng Kêrtarêja, nuntên mêndhêt malih kados ingkang sampun. Makatên salajêngipun, Bauwijaya dados bakulipun Kêrtarêja ngalap bathi sakêdhik, kajawi mênir, bêkatul, dhêdhak lan oman. Punika sadaya inggih pajêng kasade.

Sarèhning Bauwijaya mantuni awatêk angkuh ambêk sumakèhan, purun andhap asor ngajèni dhatêng sasami, [sasa...]

--- 96 ---

[...mi,] lami-lami sugih mitra lan kawanuhan. Sêsadean laris, kathah bakul uwos alit-alitan sami rêmên kilak ing piyambakipun, sanajan botên dados sugih, nanging mayar panggêsanganipun.

Kasugihanipun Kêrtarêja saya angrêda, salêbêting dhusun Sidamulya tuwin kiwa têngênipun botên wontên ingkang nyamèni, watêkipun wêlasan, rêmên têtulung dhatêng tiyang kasusahan. Pintên-pintên kere turut margi dipun opèni, lare yatin dipun gêgêsang, sami kapulasara sandhang têdhanipun sarta dipun sumêrêpakên ing damêl, winulang lampah-lampahing pados têdha, supados benjing manawi sampun sêpuh sagêd pados panggêsangan piyambak. Wontên ugi satunggil kalih ingkang têtêp dados rencangipun, sabên dintên nyambut damêl anggêntang, ngangsu. Rencang jalêr tumut nyambut damêl ing sabin. Tiyang sêpuhipun dipun gumatosi sangêt, punapa ingkang dados karêmênanipun dipun sadiyakakên. Tiyang sadhusun sami rêmên saha trêsna ing piyambakipun. Wêkasan ngantos dumugi sêpuh Kêrtarêja lêstantun dados tiyang mukti wibawa.

Tamat.

 


§ botên karaos-raos= botên gadhah punapa-punapa. (kembali)
§ tinitah wontên= sugih, cêkap, botên kitirangan. (kembali)
§ utawi: garut. (kembali)
rêkaosing. (kembali)
mêngko. (kembali)
kasukakakên. (kembali)
§ Nêbas= tumbas pantun adêgan ing sabin. (kembali)
§ mêkên= tumbas pantun ing pêkên. (kembali)
§ uyang= tumbas pantun. (kembali)
10 ngangguripun. (kembali)
11 § tanpa mêcut= tanpa diparentahi. (kembali)
12 anggènipun. (kembali)
13 jalaran. (kembali)
14 rumaos. (kembali)
15 sadhiyanipun (dan di tempat lain). (kembali)