Kitiran Măncawarni, Padmasusastra, 1922, #222

JudulCitra
Terakhir diubah: 29-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Kitiran Montjowarni

Sêrat Cariyos Winastan Lampahan Kitiran Măncawarni

Pêthikan saking sêrat pakêm ringgit madya anggitan dalêm swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang kaping 4.

Kasêkarakên dening Radèn Ngabèi Jagakartika abdi dalêm mantri ngajêng, kawêdalakên dening Ki Padmasusatra ing Surakarta.

N. V. Albert Rusche & Co. Surakarta, 1922.

--- 1 ---

[Grafik]

Sêrat Kitiran Măncawarni.

1. Dhandhanggula

1. anyarkara ngrênggèng madya ruwi | mrih kadadyan prasida ing sêdya | dera mangarah babare | pinda [...]bèring kawruh | kang minihi wahyaning budi | raharja lir kawarja | magatra gita lus | wignya akarya pirêna | winigati tinetah nuntêna lantih | mangreka darsanarja ||

2. sang budiman bêkdarmotama sih | dêdalane tarlyan lam-lam nulat | nilas têpa palupine | para kaonang anung | animpune gunadibyanti | marma pruntusing sita | satata ka[...]n | ayun ngurayèng ruwiya | wuryèng gita ran Kitiran Măncawarni | nilas wrêdining gita ||

3. amèt saking pêpakêm kintaki | lêlampahan ringgit jaman madya | duk ing nguni iyasane | risang wibawa luhung | Kangjêng Gusti Pangran Dipati | Arya Mangkunagara | ingkang kaping catur | ing praja di Surakarta | sinukartèng kidung mrih pirênèng ati | sèbêt byar ginupita ||

4. kang minăngka bêbukaning rawi | nagari gung ing Malawapatya | karta arja tur arame | tulus sarwa tinandur | miwah murah busana bukti | marmanta wong sapraja | ing tyas suka nulus | tanapi pra punggawendra |

--- 2 ---

agung alit têtêp têntrêm tyase sami | sumungku ing sri nata ||

5. de ta ingkang umadêg narpati | tarunèstu sulistya ing warna | sênên sumunu sunare | kawangwang angênguwung | ing pamulu mêlês lus manis | jatmika nrusing budya | dibyambêk darma nung | nimpunèng rèh nitipraja | mandraguna sura sudira tur sakti | tyas para martotama ||

6. kaojat ing jagad pinudyèng sih | Risang Maha Prabu Anglingdarma | trahing Parta prawitane | saking Sang Abimanyu | apêputra Sri Parikêsit | putra Sri Yudayana | punika sêsunu | Sang Aprabu Yudayaka | ya Sang Sudarsana Wastina nagari | rining Sri Gêndrayana ||

7. yekang pindhah mring Mamênang nagri | ya Ngwidarba Kadhiri karanya | Sang Sudarsana pamase | lajêngipun sêsunu | Risang Sariwahana Aji | putra Sri Astradarma | dyan salin jêjuluk | Mahprabu Purusangkara | duk kramantuk dèwi pramèsthi putra ji | Sang Prabu Jayabaya ||

8. dadya Risang Purusangkara Ji | lan kang garwa dhaup kadang misan | sêpuh sang putri prênahe | punika gya sêsunu | Sri Nglingdarma ingkang winuni | de ta kamulanira | jumênêng nata gung | ngrênggani prajèng Malawa | wit puraning ramèndra Wastina nguni | swuh duk tirta pidana ||

9. wong sapraja kaprajayèng warih | marma saking karsane jawata | Sri Nata Nglingdarma kinèn | madêg nèng Mlawa wau | angêtrêpi purèng narpati | Sang Prabu Ajidarma | kadangira sêpuh | kalawan Sri Astradarma | wit Sang Raja Ajidarma duk [du...]

--- 3 ---

[...k] muksa nis | dèrèng apalakrama ||

10. saking karsèng Hyang Wisesa Jati | cinupêt ing tuwuh tanpa tuwas | tiwas tan awas pandone | panduming Suksma Luhung | muksa munggwing madyaning jurit | duk jaman Ajidarman | nihan ta winuwus | wusing bawani bawana | samantara Sang Prabu Malawapati | nambut silaning krama ||

11. dhaup lawan rêtna yu ing wukir | kang wus pinacang wit duk nèng garba | kalokèng rat wêwangine | Dyah Sêtyawati luhung | atmajanya sang maha yogi | Bagawan Manikara | de asramanipun | aran wukir Nilandusa | warnanira sang dyah lir kumarèng sari | sarira rurus jênar ||

12. tinon pindha gambar kang rinukmi | maya-maya lir siringing wulan | patut sasolah bawane | sakalire wèh yungyun | nadyan sami èstri makingkin | myat sampurnaning warna | sajagad pinunjul | tuhu endah tampa sama | pantês dadya sêsêkar sajroning puri | kadhaton ing Malawa ||

13. kusuma yu Dèwi Sêtyawati | wanci mèndêm mendahing kumuda | nging sih doh tampi sihe |[1] ing priya lalu lumuh | baya lagya karsèng dewa di | kinarya lêlampahan | wau ta winuwus | Maha Prabu Anglingdarma | kacarita duk ing ari Soma Manis | amiyos sinewaka ||

14. pratistha ing made păncaniti | pinarak nèng singangsana rêtna | gumêbyar abyor prabane | ginarbyêg para arum | rinancana ing busana di | angampil upacara [upa...]

--- 4 ---

[...cara] | caraning kaprabun | yèn sinawang sri narendra | lir Hyang Endra ingayap pra widadari | munggwing paparyya warna ||

15. kang nèng ngarsa Patih Bathik Madrim | dwi brahmana Rêsi Acitraka | Sasrakirana katrine | yeka ta mahayampu | kapat senapatyèng prajurit | Arya Sanjayaningrat | kyat ing rat pinunjul | bra sinanging busanendra | sapunggawa lir lintang jrah ing wiyati | atulya sri kawuryan ||

16. kawursita miyosnya sang aji | karêrantan sungkawa ing nala | linglung lênging tyas ngalèlèh | wit dèn ta dèrèng atut | runtut carêm caraning krami | lan garwa sang dayita | marmanta sang prabu | sênên wênês anglong jiwa | ujwalanya lênyêp nyarong anglam-lami | lir Bathara Asmara ||

17. samangkana locitèng tyas aji | yun pasaja sajarwèng rayindra | Sang Jaya Misena rêke | êmbok ambukèng kalbu | bangkit ngangkah kongkaling kingkin | wau ta sri pamasa | alon ngandika rum | marang sang mantri wisesa | rêngên ta hèh kakang Patih Bathik Madrim | paran wartaning praja ||

18. myang ing desa ing rèh among tani | kang dinuk ing sabda atur sêmbah | dhuh pukulun jêng pamase | mênggahing wontênipun | praja dalêm Malawapati | têtêp têntrêm atata | tanapi ing dhusun | pra among tani sadaya | yêm ing driya sarayat yitna dèn yomi | yumana martèng nata ||

19. nanging radi rudah arudatin | wit kataman tumularing warta | tutur pinajarkên ing

--- 5 ---

lèn | ingothak-athik mathuk | ing prakawis kangjêng dewaji | dèrèng kasamèn karsa | lan dayita prabu | têmah sagung dasih nata | sanityasa ngungun mangunêng ing ati | pugale sri dayita ||

20. mila mangke dasih sanagari | tansah nungku mudyastutèng dewa | nênuwun jêng sang pamase | katongton nuntên atut | lawan gusti sang pramèswari | samana sri narendra | wimbuh tyas wulangun | mring ri Sri Jayamisena | wasana rum wacana sarèh aririh | ruruh mangarah-arah ||

21. kakang Patih Arya Bathik Madrim | wis watara lawas sun tan panggya | lan rêrasan mrih saarse | kalawan yayi Prabu | Jayaamisena Kadhiri | sotanityas manira | sru onêng kalangkung | kadya wus luwih sawarsa | ing pangrasa gon ingsun ora kapanggih | pagut langgatan kata ||

22. awit saka iku adipati | amataha ing andhahanira | konên mring Kadhiri age | nimbali yayi prabu | wêwêlingên ingkang dumêling | kyana pati[2] manêmbah | sandika turipun | samantara naranata | gya luwaran dènira miyos tinangkil | kondur angênya pura ||

23. ginarbyêg ing pra parêkan cèthi | datan siwah tata laksitanya | kadya duk wau wiyose | praptaning dalêm agung | panggih lawan ibu myang bibi | ibendra yeka risang | kusumaning ayu | Dèwi Pramèsthi lan rinya | Sang Pramuni tuwin Sang Rêtna Susanti | lênggah nèng prabayasa ||

24. pinaraking pra garwa paminggir | tuwin para biyada badhaya | pra sarimpi

--- 6 ---

apadene | para manggung kêtanggung | samya ayu endah kang warni | wancining kang kumuda | mèdêm kèh kang kuncup | dumungkap ambabar gănda | gandês-gandês manise mêmanas ati | satindak malad driya ||

25. ya ta wau jêng sri narapati | eca lênggah satata sineba | samangkana ujwalane | wimbuh kambuh ing kalbu | katon wingit nawung wiyadi | lir wulan karainan | wèh trênyuh kang dulu | marma wong sajroning pura | tan nyabawa myang tan awalang asisik | dhêdhêp sirêp sadaya ||

26. umi nata tanggap nungsung warti | dene dangu nora kadi saban | dèn ta nangkil wigatine | Dyah Pramuni sumambung | ing wacana lan Sang Susanti | satata mamèt prana | mring putra sang prabu | sang narpa matur ing rena | mila dangu don ulun siniwèng dasih | tan kadi saban-saban ||

27. sotaning tyas lir manawung wingit | dhatêng putra paduka ri nata | ing Kadhiri sumarmane | ulun wau anuduh | ing punggawa kinèn nimbali | kerida dening duta | tyas ulun wulangun | mring yayi Jayamisena | umi nata miyarsa sru sukèng galih | miwah bibi kalihnya ||

28. myarsa lamun Sri Natèng Kadhiri | tinimbalan mring praja Malawa | sukèng tyas kalih-kalihe | wus lami ngayun-ayun | mring kang putra Sang Sri Kadhiri | ing mangke tinimbalan | kapasang yogyèstu | sang nata malih ngandika | dhuh jêng ibu putranta mantu ni dèwi | samangke kadi paran ||

29. paran sampun kawêngan ing

--- 7 ---

ati | engêt tindak-tanduking akrama | kadya ing tata ngadate | dyah winêngku ing kakung | arsaya yun tumiyung ing sih | sang ibu amaluya | adhuh kaki prabu | garwanta ni padniswara | wus dèn pripih ing pamurih ngarih-arih | dening Ninban[3] Mandhala ||

30. myang bêbolèh ingkang makolèhi | lêlambaran mardawaning basa | ananging ta praptèng mangke | garwanta durung kengguh | ing pangungkih ngangkah ngangkuhi | ewadene tan kêmba | gon ingsun biyantu | mêmêling mring Ban Mandhala | dipun pandak ing pangudi dimèn dadi | dêdalan sidèng sêdya ||

31. samangkana wau sri bupati | lajêng jêngkar manjing pamidikan | minta arjaning prajane | dene ta kang para rum | bibar lèngsèr sing dalêm puri | ring tênggan sowang-sowang | kunêng ing kadhatun | kocapa kang magêlaran | nindya mantri lan saandhahannya sami | akèh nêdhêng taruna ||

2. Sinom

1. atap lungguhe atata | wau ta kang sami nangkil | kang cakêt sang mantri muka | ing kanan Sang Brahmanarsi | Acitra kapituwin | kadwi sang mardawa lagu | Êmpu Sasrakirana | kering pramudyèng wiradi | yèku Risang Ariya Sanjayangingrat ||

2. miwah Sang Arya Sunjaya | senapatyèng brêtyapati | sinambêtan lungguhira | para jajar punggawa ji | munggèng ngarsa kapering | kanan kering jèjèr lajur | juga Arya Darmastra | Arya Darmanta anuli | ing kiwane Risang Arya Darmastawa ||

3. yèku perangan ing kanan | dene [de...]

--- 8 ---

[...ne] ta kang munggwing kering | Risang Arya Darmaksana | Arya Marmata nyambêti | kabèh puniku sami | pêpak sapanêkaripun | kèhe kang wadyabala | balabar bèr angêlèbi | ing bacira tinon lir samodra bêna ||

4. ya ta sang nayaka waktra | Dyan Ariya Bathik Madrim | aris wijiling wacana | mring Arya Sunjaya adhi | dhawuh nata wus pasthi | sira lumaku ingutus | nganthia dwi punggawa | wrêdha kang padha patitis | liring karsa nimbali Sri Natèng Daha ||

5. kerida salakunira | aja bali dèn sanggupi | karana dhawuh pacuhan | wanti-wanti awigati | Natèng Kadhiri nuli | seba mring jêng sang aulun | Arya Sunjaya tanggap | sandika matur aririh | dhuh ki lurah punapa wontên daruna ||

6. mantri mukya mèsêm lingnya | adhi tan ana punapi | nanging prêlu karananya | Sri Natèng Kadhiri wasis | ulah upaya sandi | mêmalat milutèng ripu | pangrapu ring pra kênya | kang lagi dadya panggalih | Dyan Sunjaya miyarsa sukèng wardaya ||

7. nun prêlu sangêt ki lurah | pambengkasing nala kingkin | nêngna wusira pinatah | kang dèn utus mring Kadhiri | kanthi punggawa kalih | pêpilihan tandhing jitus | yeka Arya Darmastra | myang Arya Darmanta sami | agul-agul gêgala manggalèng laga ||

8. mangkana Arya Sunjaya | riwusnya winêling-wêling | dhawuh timbalaning nata | kang tumrap Rajèng Kadhiri | saksana minta amit | budhal sakêkondhangipun | sami

--- 9 ---

wahana kuda | sapanêkarira kêrik | dyan ing wuri kang magêlaran bibaran ||

9. sigêg gantya ginupita | pantaran wuryaning ruwi | narendra ing tanah sabrang | Baka araning nagari | de ta kang madêg aji | yaksa prakosa dibya nung | kaloka ing bawana | ran Prabu Kalawrêdati | trahira Sang Kalasrênggi Ditya Raja ||

10. yèku ingkang kacarita | muksa winasesa dening | Risang Arjuna ing kina | samana sang yaksapati | Prabu Kala Wrêdati | kabangan tyas angun-angun | mangănta-ănta arsa | amaluya nglêbur maring | trah Pandhawa lawan rèh sampekandaya ||

11. nuju ing ari sajuga | wau sang raksasa aji | umijil ing panangkilan | siniwèng sagung para wil | de kang parêk ing ngapti | ditya măngka mantri ngayun | wasta Kala Gorandha | lan manggalèng punggawa ji | apêparab Risang Ditya Kalasrêngga ||

12. wau ta sang ditya raja | manabda mring kyana patih | hèh bapa Kala Gorandha | manira miyarsa warti | yèn Sri Malawapati | iku trah Arjuna tuhu | nguni kang amisesa | jêng eyang Sang Kalasrênggi | iku bapa saka ing karsa manira ||

13. mangkyarsa gênti misesa | mring Rajèng Malawapati | măngka walês saurupnya | utang pati nyaur pati | ya ta rêkya patih |[4] umatur saha wotsantun | dhuh gusti yaksa dewa | karsa paduka anguni | mrih amalês kawula mangayubagya ||

14. awit botên andupara | bilih paduka mrinani |

--- 10 ---

lêbure eyang paduka | Maha Raja Kalasrênggi | wus jamaking dumadi | ambêk sikara winangsul | sinikarèng wisesa | nging dipun sarănta gusti | dimèn sida labda pamanduking sêdya ||

15. ing bêbasan nadyan gita | yèn sampun uningèng gati | makatên pamanggih amba | anjawi saking karsa ji | ing samangke prayogi | inggih utusan rumuhun | matitiskên pawarta | bilih kapara sayêkti | têmbe gampil panindaking karsa nata ||

16. samangkana sang yaksendra | dahat kapanudyèng kapti | wasana aris wacana | hèh bapa ingsun ngrujuki | ing rêmbugira yêkti | marma mêngko sira banjur | mijia wil punggawa | ingkang padha sura sakti | yogyaning rèh ingsun pitaya ing sira ||

17. patih tur sêmbah sandika | wau sang raksasapati | samantara gya luwaran | mentar manjing dalêm puri | ing wuri kyana patih | matah tri punggawa diyu | juga Kala Duswrêka | Kala Duswrêta lan malih | aran Kala Dusmeya samya digdaya ||

18. ya ta punggawa têtiga | dinuk ing sabda kya patih | hèh adhi katêlu pisan | marma padha sun timbali | aja nyana sireki | tămpa dadar lèlèr ingsun | gêtih kang jêjêmbangan | lan danging kang sêlap gajih | nora pisan balik sira mêngko padha ||

19. piniji panggawe gawat | pêpucuk dadining jurit | aniti turun kang têrang | sira dèn utus sang aji | tumama ing arêpit | maring Malawa praja gung | yèku ing tanah Jawa [Ja...]

--- 11 ---

[...wa] | matitisakên pawarti | Sri Malawa paran yêkti trah Arjuna ||

20. sira padha dèn prayitna | wiweka waskithèng wèsthi | tumanduking gati karya | dèn bisa rapêt arêpit | sadoning adu manis | nis naya daya ywa konus | ganas panas baranan | lir buta butêng nir budi | sira pinaringan kanthi tuwanggana ||

21. iyèku Kala Wrêkongsa | lan Wrêkosa dhihin sami | wus anjajah tanah Jawa | kêna sira têtakoni | lan sira têtarèni | taringaning barang rêmbug | alaa yèn wong wrêdha | lowung iku ta nyawabi | karaharjan jêr brata sukur narima ||

22. ya ta Sang Kala Duswrêta | sakancuhnya ditya katri | sami sandika turira | amit sampun dèn lilani | myang sinung mantrastuti | têtêp basukining laku | samana anrus budhal | sakondhangira tan kari | ciptèng driya kadi age uni ngala ||

23. anane prajèng Malawa | lawan tuk warta patitis | tatas tan amindho karya | amrih sinêbut duta di | ing ênu tan winarni | nagari Baka kêpungkur | lampahira wus prapta | talatahing nuswa Jawi | pra raksasa sêsêg kasêsa ing karsa ||

24. pandhuking sadaya-daya | tan ngarah-arah ri-irih[5] | marma glis praptèng laladan | praja ing Malawapati | karsaning bathara di | lampahing yaksa acundhuk | lawan wadyèng Malawa | sami kagyatirèng ati | wong Malawa agugup tanpa jamuga ||

25. wit lakune yêm-ayêman | marang nagara Kadhiri | mung mikir brokoh

--- 12 ---

nèng marga | tutuging praja Kadhiri | marma samargi-margi | lumaku sarwi mangidung | pamrihe tan rêkasa | tan nyipta pringganing margi | panganggêpe lir lurah patuh mring bawah ||

26. duluran sami lumampah | manusup ing wana wrêgil | jêbul cinêgat ing buta | satêmah alok ana wil | tiga gêng gêgirisi | ya ta sang pramudyang[6] laku | yèku Arya Sunjaya | gadgada mapan inganti | dyan têtanya marang manggalèng danawa ||

27. hèh sirèku buta apa | gêng berawa barewok bris | baya sabrang prajanira | sapa aranta sayêkti | paran sinêdyèng ati | tandya Duswrêta sumaur | hèh wong Jawa wruhanta | ngong saking Baka nagari | nadyan buta dudu buta sok butaa ||

28. misih pungawèng yaksendra | drajad kaojad bupati | tan antuk papat ran ingwang | Kala Duswrêta prêmati | praptèng sun tanah Jawi | ingutus pêpundhèn ingsun | kang madêg Natèng Baka | Sang Prabu Kala Wrêdati | mipik wade wêdalan prajèng Malawa ||

29. wit kasusra saking Baka | yèn wade wêdalan Jawi | kang tanah tinotog tênan | pantês kagêm ing narpati | ing mêngko ngong wus olih | arsa bali mring prajèngsun | balik ingsun atanya | sapa aranira yêkti | bagus brêgas ganggas prigêl ing tanaga ||

30. sumaur Arya Sunjaya | sun punggawèng Mlawapati | ranku ring rat Dyan Sunjaya | senapatining wiradi | arsa maring Kadhiri | ingutus gusti Sang Prabu | Mahraja Anglingdarma [Anglingdar...]

--- 13 ---

[...ma] | animbali ingkang rayi | jêjuluk Sang Prabu Jayaamisena ||

31. sumambung Kala Duswrêta | hèh kabênêran wong sigit | ingong pagut lawan sira | bangêt bungahing tyas mami | ing mêngko ngong minta sih | marang ing sira wong bagus | yèn panuju ing driya | ngong minta wadyanira lit | nora pira amung sajuga kewala ||

32. apa sapamintanira | liru ingsun minangkani | rajabrana tanah Baka | kang warna endah tulya sri | de ta tuking wigati | mung kinarya saksi tuhu | katur ing sang yaksendra | gon sun cinundaka iki | dimèn têtêp saungkuring dutotama ||

3. Pangkur

1. Dyan Risang Arya Sunjaya | duk miyarsa sojaring punggawa wil | angas wêngis sauripun | hèh buta tanpa krama | yya gumampang sirarsa mèt wadyaningsun | sarana rinoban băndha | kang luwih kèh ing pangaji ||

2. ingsun tan kurang branarta | tur tan watak waton antuk pamelik | sih kadarmaning sang prabu | mring ngong tan kêkurangan | nganti tumrah mring nak rabi muwah-muwuh | dêstun sira suwitaa | iya marang jênêng mami ||

3. ayun sun karya titihan | yèn wisata mring sajaban nagari | nadyan ora pati mungguh | nanging kêpara canthas | jêr prajèng sun durung ana băngsa diyu | kang kêni kinarya tundhan | pindha turăngga myang èsthi ||

4. wau ta Kala Duswrêta | lir sinêbit talinganira kalih | duk myarsa ujar tan arus | sumambung wuwus sugal | hèh

--- 14 ---

wong Jawa jawane budimu kathung | winèhan rêmbug prayoga | têka angajap tan bêcik ||

5. lah ta anggêpira apa | arsa nganggo tunggangan mring wak mami | têtêp yèn sirèku gêmblung | sumambung Sang Duswrêka | hèh dig aja age gumampang-gumampung | misesa kadang sun wrêda | yèn ijèh Duswrêka iki ||

6. lah ta suwawi ki raka | engal lajêng dipun băndawasani | Wrêkongsa golèka dhadhung | ingsun gone ambănda | iki si wong Jawa kang paksa kumlungkung | măngsa găndraa sapira | wau ta danawa katri ||

7. parêng angrik singa nabda | grêng lir gêrah gora rèh gêgirisi | tan taha sumahab naut | mring punggawèng Malawa | Dyan Darmastra ingkang nanggulang rumuhun | tandhing lan Kala Duswrêka | kèh-kèhan angkah ingungkih ||

8. Kala Duswrêka jinambak | gya pinok ping tinepang tibèng têbih | Duswrêka tangi anubruk | nganan ngering ingindhan | duk kapranan sang arya ginawa mlayu | sirah kinêrah tan têdhas | dyan binanting singsal têbih ||

9. samana wus ginosongan | gantya Arya Darmanta apêpulih | wus ayun-ayunan pagut | Duswrêka atêtanya | sapa iki ingkang umangsah kêkiwul | sumaur kang ingujaran | Arya Darmanta ran mami ||

10. aja mati tanpa aran | buta sapa aranira sajati | ditya ing Baka sumaur | ingsun Kala Duswrêka | lah ta mara payo kêtogên budimu | nanging yèn kêna sun eman | bêcik mundura wong

--- 15 ---

sigid ||

11. milua mring jênêng mara | marang prajèng Baka pasthi sirèki | nêmu kabêgyan linuhung | ingsun melik warnanta | satuhune arsa ingsun ambil mantu | dhaup sutèng sun wanita | iba bungahe bok nyai ||

12. antuk suta mantu brêgas | jêr sutèngsun si dhenok kuning nèncis | timbang yèn dadi bojomu | yèn uwis kalampahan | ingsun sèlèh kalungguhan mring sirèku | sun magawan bae trima | mung momong sira sarimbit ||

13. Sang Darmanta nambung sugal | lah ta apa abamu buta pidhir | mêngko praptaning patimu | katiban pusakèng wang | Dyan Darmanta sura tan taha umagut | sarwi amusthi gadastra | Duswrêka pinanduk kêni ||

14. kumêpruk murda lir pêcah | pining kalih ambruk dhêpani siti | satêngah kalêngêr sêpuh | dyan sukunya cinandhak | cêg ginèrèt rêgadag nuli jinunjung | kinaryonclang gya tinêndhang | kapalêsat tibèng têbih ||

15. ri saksana ginosongan | Sang Dusmeya mayat gantya pêpulih | polahnya lir banthèng ngamuk | karya wiwrin kang mulat | lajêng nêmpuh nadhahi gada gumadul | gadgada Arya Darmanta | panggadanira tinitir ||

16. antèr tanpa rinasa |[7] Sang Dusmèya gumuyu sarwi angling | Ah hah hah hah hah hèh kacung | mung samene budinta | mara payo tutugna ing sak sayahmu | wuwuha sayuta êngkas | yêkti ingsun tan gumingsir ||

17. Dyan Sang Darmanta cinandhak | binanting bêt [bê...]

--- 16 ---

[...t] binalèn dèn pêpinging | kinêrêg gêgithokipun | tangan suku cinandhak | gya ingungsêb-ungsêbkên ing lêmah lêbu | lêbus wimbuh babak bunyak | binuwang brung kontal têbih ||

18. duk kasilir samirana | kumarengkang rêngkêng-rêngkêng atangi | Sang Sunjaya awas dulu | dyan mangsah sarwi mojar | hèh hèh buta yya girang-girang gumuyu | anyipta tan antuk lawan | samêngko dèn ngati-ati ||

19. tandhing lawan jênêng ingwang | wil Dusmeya kotbisu tan nauri | riwut uwêt tandangipun | anaut Sang Sunjaya | ingindhanan Dusmeya kêna tinapuk | ambruk tangi atrangginas | nyikêp kuwêl silih-ungkih ||

20. rame dêdrêg drêg-udrêgan | saya dangu Dusmeya kurang titih | karepotan tandangipun | duk uwal cêk cinandhak | lambungira kinêplèkkên wit gurda gung | bêt bêt tiba bêntayangan | gya tinêndhang praptèng têbih ||

21. Sang Duswrêta awas mulat | yèn Dusmeya yudanira kalindhih | gadgada mangsah kêkiwul | wus panggih yun-ayunan | tan sarănta Risang Sunjaya tinubruk | gogot paguting karosan | acêngkah gantya katitih ||

22. dangu-dangu wil Duswrêta | kawon titih têmah kalimpe kenging | tinampiling plêk gumluyur | mêtu kêkonangira | pining kalih Duswrêta tiba gumêbrug | cinandhak cêk kinakahan | tinêkak kang kalamênjing ||

23. wis[8] Duswrêta pundêlikan | binubutan brewoke mobrak-mabrik |

--- 17 ---

mewak-mèwèk bêkah-bêkuh | gya cinulkên tinepang | tinututan cinandhak binuwang sêbrung | kumaleyang lir layangan | pêgat katiyub ing angin ||

24. samana ditya Wrêkongsa | lan Wrêkosa samya ge malayoni | sarwi nangis sênggruk-sênggruk | sêsambat ngaruara | dhuh ki lurah lurah kula turi emut | yèn dika têkèng wêkasan | sintên kang kula tut wuri ||

25. samangkana wil Duswrêta | duk kasilir ing samirana aris | nglilir saking dènnya kantu | atangi lon-alonan | sarwi sêgu anêbut ing dewanipun | wil Wrêkongsa lan Wrêkosa | sukur sukèng tyas tan sipi ||

26. Wrêkongsa Wrêkosa mojar | lah ta bagya lurah tan sida lalis | sirku klêngêr tuwa têrus | anua rak kêbekan | kyai lurah kula kalilana matur | yèn suwawi karsandika | prayogi sami ngoncati ||

27. sampun ngumbar budi arda | adatipun ardaya kang pinanggih | wangsul sami dipun emut | wigatine dinuta | apan botên kinèn murwandon prang pupuh | jêbul dadak kaya bocah | ngrêbut balung tan isi |[9]|

28. mila saking atur kula | sae pados budidaya kang yogi | asanès ing gêlaripun | kang kalayan sarănta | măngga lajêng tilar galanggang lumayu | sampun mawi tolih merang | muriha dhatêng basuki ||

29. wil Duswrêta duk miyarsa | ing ujare tuwanggana kêkalih | dadya kapanudyèng kalbu | laju apirêmbagan | lan kancanya [ka...]

--- 18 ---

[...ncanya] punggawa kalih wus cundhuk | dyan samyoncat murang marga | kang anjog ing wana tagil[10] ||

30. de ta para wadyabala | ing Malawa wus wikan yèn para wil | tilar glagang[11] colong pluyu[12] | dadya surak wurahan | risaksana anglajêngkên lampahipun | maring Kadhiri prajarja | akanthi tusthaning ati ||

4. Kinanthi

1. ngasramèng wiku kasêbut | ngarga Căndragni winarni | wontên kang madêg pandhita | trahing Hyang Srita kawarti | kalokèngrat sang bagawan | Citradana kang wêwangi ||

2. ambêk santa budya sadu | sidya sidana di murti | têtêp tapane santosa | pamindênge mring dewa di | widagda wadining raga | karêgêm tan salah tampi ||

3. dadya tapane tinêmu | pinaringan ing dewa di | momongan minăngka garwa | saking jaman sunyaruri | absari Dyah Nawangwulan | ing warna tuhu linuwih ||

4. nging pinunggêl nora tulus | dènnya swami widadari | karsaning Suksma kinarya | lantaran nurunkên wiji | karaton ing nuswa Jawa | saking sutanira èstri ||

5. de ta wau sang awiku | patutannya lan kang swami | kusuma yu Nawangwulan | kêkalih jalu lan èstri | kang wrêda priya awasta | Rêsi Sucitra rêspati ||

6. trapsila solahira lus | pasanging graita lantip | putus salir pangawikan | wêngkoning wiweka niti | niti krama basa gita | mardawa sudarmèng budi ||

7. ing sasolah bawanipun [bawani...]

--- 19 ---

[...pun] | tan mèmpêr wijiling wukir | tata panitining raga | tan kêndhat dènnya têtaki | labêt trahing dwijotama | limpad patraping sêmèdi ||

8. kang mudhèstri citranya yu | Sang Citraswara wêwangi | warnendah kadi kumuda | mrêdu manis mêrak ati | abêsus bisa busana | wiragane mikat ati ||

9. ing tyas nulus susila yu | yayah kang para apsari | sarira rurus araras | sêmbada dêdêg mantêsi | wadana piandha căndra | purnama nêdhêng dhadhari ||

10. netra anjait malatkung | ngênguwung imbanya kalih | sri nata kêtêp atata | gêgodhèg angudhup turi | turut panjang kang kesawa | sawawrat drawela wilis ||

11. grana mali carma patut | kang lathi gula sathêmplik | rêkta lir manggis karêngat | mêngês wajanya duk kengis | jangês gumêbyar ngujwala | wangun lir tètèsing warih ||

12. pasanging lungaya lumung | pamidhangan nraju rukmi | sarêntêg kang payudara | lir cêngkir gadhing piningit | lambung mêmbat ngulan-ulan | bocong mipit adu manis ||

13. sapangandhap turut lurus | sarwa sumêdhêng nêtêpi | papêthinganing wanita | sumèh ing sêmu nglam-lami | ruming swara yèn micara | carêm nêming surendra lit ||

14. linut èsêm pait madu | mardawèng basa basuki | kusuma yu Citraswara | hyang-hyanging ayu sabumi | yèn cinandra kang suwarna | saratri yakti tan ênting ||

15. wau ta sang maha wiku | Citradana sajuga ri | munggwing made [ma...]

--- 20 ---

[...de] pamidikan | sinusul dening kang siwi | wara Dèwi Citraswara | sarwi maudrasa ririh ||

16. dumrojog nungkêmi suku | sang wiku kagyat ing galih | dadya age atêtanya | dhuh dhuh rara suta mami | kang dadya woding wardaya | paran karananta nangis ||

17. apa ingkang sira jaluk | lah wêcaa sira nini | baya rèwèle duk bocah | iki têka aniliki | rara rara wis mênênga | apa kang sira karêpi ||

18. sang dyah misih sênggruk-sênggruk | pêgat-pêgat dènira ngling | dhuh dhuh jêng rama wruhanta | mau ratri aku ngimpi | nambut silaning akrama | antuk priya nom apêkik ||

19. jêjulukira Sang Prabu | Jayaamisena Aji | ngrênggani Kadhiri praja | ana ing kanane kuwi | tan măntra-măntra supêna | kadi wentehan sayêkti ||

20. bungah bongohing atiku | sor manggih rêtna sawukir | wit dadi garwaning nata | nata taruna rêspati | patut sasolah bawanya | ngong sinêbut pramèswari ||

21. ana kanane anutug | sih-sinihan sari ratri | tan kêna pisah sadhela | tan lawas ngong anggarbini | praptaning masa ambabar | mijil dhampit jalu èstri ||

22. brol wahyaning bayi iku | aku anuli umèksi | cahya lir daru liwêran | wraning praba mrabawani | wong sajro pura katrêsnan | ing kono aku ngalilir ||

23. tangi ngong slamur tan lipur | ginugu saya ngranuhi | rinasa-rasa karănta | rontag [ronta...]

--- 21 ---

[...g] dadya arudatin | kang iku rama têmăkna | ipènku[13] kang wus winuni ||

24. sang bagawan duk angrungu | pratela ture sang dèwi | kodhêng ing tyas kawêdhêngan | pitung pandurat tan angling | anglês ngêrês de nglêngkara | supênan kinèn ngulati ||

25. wasana lon wacana rum | dhuh dhuh sutaningsun nini | wruhanta lwirning supêna | tan pênêd dipun pracadi | awit iku wus kalumrah | kalêbu bêbasan nini ||

26. wong ngipi kêmbanging turu | tan tartamtu duradarsih[14] | witing ipèn pat prakara | kawasita kang kariyin | kapindho kacakrabawa | kaping tri kaduradarsih ||

27. kadarsana kaping catur | patang prakarèku nini | nora kêna pinardika | de lire sawiji-wiji | ipèn ingkang kawasita | têgêse katayuh yêkti ||

28. iku ipène wong antuk | wangsit wasitèng dewa di | upama tunggu wong lara | kang tunggu nuju aguling | ngipi kinèn nambanana | sabarang kang dadi wêling ||

29. lamun iku pinituhu | wastu waluya kang sakit | de ipèn kacakrabawa | wit kacipta ing pandêling | ya iku ipèning janma | mêntas rêrasan mukawis ||

30. dupi praptèng ratri turu | kang rinasan mau kèpi | de duradarsih supêna | têgêse kang têrus nini | kalawan wahananira | kaya upamane ngipi ||

31. wikan wêwarnan di luhung | dupi tangine aguling | têka wêruh têmênanan | yèku ipèn duradarsih | de ipèn kasudarsana | têgêse katulat nini [ni...]

--- 22 ---

[...ni] ||

32. kaya ta durunge turu | wêruh kuda miwah èsthi | dupi anendra supêna | wruh lir duk durunge guling | pêpadhane kang mangkana | nora kêna dèn wardèni ||

33. karana wahananipun | ana ing kaanan nini | de ipènmu palakrama | iku kiraning tyas mami | tarlèn wit kacakrabawa | ing ratri duk nendra kèpi ||

34. dhuh anjaba iku gêndhuk | wahanane wong angipi | katêmu ing patang pangkat | ingkang karihin kapanggih | saka ing rèh pêpiridan | kaya upamane nini ||

35. ngipi wruh dahana murub | panggihing wahana dadi | dêduka arda andadra | karanagni iku dadi | piridan napsuning janma | mangkono pêpadhannèki ||

36. kaping pindhone katêmu | saka têturutan nini | kaya upamane janma | supêna bêbuwang nuli | tinêmuning wahananya | dadya kêkelangan nini ||

37. wit sahing sêsukêr iku | dadi têturutannya nis | dene ta kang kaping tiga | saka wêwangsulan panggih | kaya pamane supêna | anêmu sungkawèng ati ||

38. panggihing wahananipun | dadya nêmu sukèng ati | karana ta tyas sungkawa | wangsulane suka yêkti | de kang kaping pat kapanggya | saking sasêmonan nini ||

39. mungguhing wahananipun | pasupênan ingkang dadi | sasêmonan iku rara | kaya pamane wong ngipi | wisma dunungane rêbah | panggihing wahana dadi ||

40. pan kêpatèn swaminipun | sapanunggalane nini | supênan [supêna...]

--- 23 ---

[...n] ingkang mangkana | dene supênan kang dadi | sasêmonan iku rara | ipène wong waras-wiris ||

41. têgêse wong kang tan ngêmu | sungkawa lan ora agring | de ipèn kang wahananya | dadi wêwangsulan nini | iku ipène wong sayah | sadhengah gatining kardi ||

42. ipèn kang wahananipun | dadi têturutan yêkti | iku ipène wong lara | dene ipèn ingkang dadi | wahananing pêpiridan | iku ipène wong sêdhih ||

43. rara mungguh supênanmu | kaya tan na kang gêpoki | lèn saking panyakrabawa | ana ingkang angèmpêri | sathithik saking sêmonan | samonoa kae nini ||

44. pedah apa amituhu | ipèn êndadak binudi | luwih manèh pamintanta | mrih jatukrama narpati | iku rara ewuh-aya | ing pambudi nora gampil ||

45. ingkang wus kaprah kalaku | kalakoning jatukrami | priya kang milih wanita | dyah tan wênang darbe kapti | milih sawênèhing priya | pinriya anjatukrami ||

46. wênanging dyah mung anggayuh | dumunung anèng pangèsthi | sinaranan tapabrata | piniptèng Hyang Udipati | lamun têmên tinêmênan | tinêmu ingkang kaèsthi ||

47. nini gaduging budiku | mêngko tarlèn amimbuhi | têtaki lan pudyastawa | tuwin ta sira pribadi | nambahana pudya brata | mrih prasida duradarsih ||

48. nanging tan kêna kasusu | kudu sarănta ing budi | myang lila suka narima | nalăngsa srah ing Hyang Widhi | wit geyonganing [geyonga...]

--- 24 ---

[...ning] kawiryan | yayah woh duryan anèng wit ||

49. yèn durung ing wanci sêpuh | măngka kasusu ingambil | srana sinènggèt sing ngadhap | wus awastu iya kêni | nanging iku apa iya | mirasa enak binukti ||

50. tur ta sisip sêmbiripun | nalikèng ngundhuh nibani | marang awake priyăngga | sapira cuwaning ati | wus kangelan lan rêkasa | wêkasan tanpa pakolih ||

51. balik dèn saranti tunggu | têgên anèng cêdhaking wit | yèn uwis ing wayah tuwa | si duryan runtuh pribadi | binukti yêkti mirasa | tuwuk tur amupangati ||

52. ya ta wau Sang Rêtna Yu | Citraswara duk miyarsi | wulang wêwêling rama |[15] kumêl yèn ta amangsuli | dadya mung mèndêl kewala | kang wulat saya gung kingkin ||

5. Asmaradana

1. berawèng tyasnya sang dèwi | lir wukir sinrang bajrarda | tangèh bangkit ngongkalake | mandar tuwuh ing pangăngka | mangkya arsa jinangkah | jêngkar sing patapan jungkung | jangkaning tyas mrih tinêkan ||

2. samangkana sang dyah dèwi | sigra mundur palarasan | laju mentar muhung ijèn | tan ana ingkang uninga | wau ta sang bagawan | kamitênggêngên andulu | wijilira sang kusuma ||

3. dupi wus datan kaèksi | sigra nimbali kang putra | Risang Rêsi Sucitrane | tan antara dangu prapta | risaksana jinarwan | ing saliring nalar wau | purwa prapta ing puwara ||

4. ya ta Sang Sucitra Rêsi | duk winartan ring kang rama | sanalika trênyuh tyase | rêntêng

--- 25 ---

rontag karănta |[16] tingkahira sang rêtna | tri pandurat datan muwus | kadya tugu sinukarta ||

5. wasana sang maha yogi | aris pangandikanira | adhuh kulup sutaningong | sarèhne uwis têtela | ing pangira arinta | dèn ta wisata tartamtu | tarlèn mring Kadhiri praja ||

6. dhuh marmane sira kaki | ayya awêdi kangelan | ing dumadi wus mêsthine | tinitah jroning kangelan | lan tan bisa suminggah | saka kêkurangan iku | dadine ana itiyar ||

7. kaki têgêse pamilih | ing rèh marang karaharjan | mrih sambada panêdyane | mêne sira dhisikana | marang Kadhiri praja | angawula sang aulun | Prabu Jaya Amisena ||

8. dèn nganti katrima kaki | sira sun kanthèni parpat | kang lêladi sadinane | sabarang ing wigatinta | karo padha wong tuwa | Si Balas lan Geyot iku | aywa adoh lawan sira ||

9. parpat loro iku awit | wulucumbu saking eyang | Rêsi Sudhanyana biyèn | yekang anème anama | iya Bambang Sumedha | de ta kaki wêkas ingsun | yèn sira wus anèng praja ||

10. aja pêgat taki-taki | takêrên ing atinira | ing sari ratri yya supe | pawitane wong suwita | iku limang prakara | iya guna kang rumuhun | kaping pindhone sarana ||

11. kang kaping têlune sakti | kaping pat surèng durgama | nurutan kaping limane [li...]

--- 26 ---

[...mane] | lire kulup ingkang guna | yèn kanggo kagunanta | ayya adi gunalangguk | angadi-adi lêleda ||

12. ing lire sarana kaki | saguging rajabranarta | ingkang wus kalêbu dados | pêpundhutaning narendra | dèn eklas nrus ing driya | ywa rumasa potang kulup | lan ngayun-ayun waluyan ||

13. dene ta ing lire sakti | manawa sira katrima | saking dinadar kasêktèn | aja banjur sumakehan | yèn kasaktène dadya | mrabawani sapraja yu | yêkti têmahan kaewan ||

14. ing lire kang surèng wèsthi | yèn kapracayèng sri nata | cinoba kakêndêlane | kaki ayya andaluya | anggung anggunggung angga | kasudiranira ketung | ngrasa tan ana kang madha ||

15. lire kang anurut kaki | kalamun kêrêp dinuta | yya ngrêsula ing driyane | têtaline tri prakara | kang dhihin mantêp ing tyas | kapindhone sêtya tuhu | tri tabêri barang karya ||

16. dhêdhasare dipun bangkit | nglakoni narimèng titah | sarèh sarekaning tyase | kalawan lila lêgawa | amot mêngku aksama | kang sumèh manis ing têmbung | tindak tanduk anoraga ||

17. sajak pasaja tarampil | cikat-cakut yèn kacakan | ing karya cukup gatine | wigati tansah angona | wahyaning măngsakala | sabdèng gusti pinituhu | wêdia ing pêpacuhan ||

18. agêmi nasabi wadi | nastiti tatraping karya | myang ing gusti wêwêlinge | lus alon [a...]

--- 27 ---

[...lon] ing solah bawa | wruh ing kêdhap sasmita | salir karsèng sang aulun | cinandhak cundhuk kacupan ||

19. dene cêcêgahe kaki | ayya awatak melikan | sabarang kang dudu kake | lan aja watak merenan | wahya sihing sang narpa | marang ing lèn kang lumuntur | sadhengah karananira ||

20. lawan aja watak drêngki | dahwèn para jêjailan | tuwuh ing tanduk panastèn | anêdya maha maeka | mrih duduning sasama | sêngsêm ngumbar arubiru | amberat berawèng rowang ||

21. lan aja pisan sêdyapti | angarangkêp pangawulan | yèku mangro sirah rane | dene kaki pikukuhnya | mungguhing wong ngawula | tarlèn awas lawan emut | amot mêmêt nuju karsa ||

22. samono kewala kaki | karya pawitan suwita | lawan lumaku undhake | sang rêsi matur mastawa | dhuh rama mugyantuka | sawab paduka pukulun | sagêd ngangge yogyawara ||

23. mangke kawula minta mit | mangkat ngèstokkên satêdah | sang maharsi manthuk alon | katangi tangising sita | kèh kang karasa-rasa | saksana manglung anyêbul | bun-bunaning sutanira ||

24. sarwi matak mantrastuti | asêsanti ing jawata | minta arjaning lakune | têkan doning kang sinêdya | samana Sang Sucitra | bidhal parpatnya tan kantun | sang bagawan atut wuntat ||

25. ngatêr praptèng jaban kawis | kawistara mangu ing tyas | ngungak-ungak [ngungak-u...]

--- 28 ---

[...ngak] kongsi suwe | lampahnya wus tan kawuryan | sang dwija dyan maluya | ya ta tindaknya sang bagus | lir mas tumimbul ing tirta ||

6. Maskumambang

1. inastutèn samarga dening pra wasi | manguyu jêjanggan | sêsuba pudya basuki | sang bagus suka narima ||

2. wus tumurun saking srêngganirèng wukir | praptèng wana wasa | myarsa sabawaning paksi | wurahan andon wowohan ||

3. lir sasmita sung pudyarjaning lumaris | Sang Rêsi Sucitra | tanggap ing cipta tumampi | sasmita swarèng kukila ||

4. datatita ing carita amangsuli | wau lampahira | putri wukir Căndraagni | rêtna Dèwi Citraswara ||

5. baya ta wus karsaning dewa linuwih | kinarya lampahan | dene ta dipun upadi | ring raka datan kapanggya ||

6. dupi sang dyah prapta madyèng wana wrêgil | kèndêl lampahira | anèng sasoring waringin | makundhah kandhêm ing kisma ||

7. sang juwita langkung kawêkèning galih | tambuh ing rèh dèn ta | mrih kalakon mring Kadhiri | binudi-budi tan dadya ||

8. dyan miyarsa swaraning kukila kathik | kuthilang thèlungan | ling-lingan pêlung nyêlingi | jagigèring sata wana ||

9. myang kiswara mangunkung swaranya sari | sru kang bangkong kongkang | ngumandhang jro jurang trêbis | cênggèrètnong munyèng tawang ||

10. nulya ana umarêg mêrak sarimbit | nêdhêng pêpasihan | samya angigêl rêspati | wênèh nyangungong anèng pang ||

11. yèn bisaa [bisa...]

--- 29 ---

[...a] amicara tata jami[17] | têmbunge mangkana | adhuh babo sang rêtna di | sampun sandeya driyanta ||

12. dipun kandêl-kumandêl kawasèng Widhi | ing têmbe sêdyanta | tan wun kalampahan yêkti | nging samangke dèrèng măngsa ||

13. dèn sarănta ngêntosi wahyaning pasthi | pêpasthèning dewa | wèstu tumuntên dhatêngi | marma dèn santa santosa ||

14. tandya wontên gandaning puspita amrik | kentaring maruta | lumrang nungsung mring sang dèwi | karya sumyahing sarira ||

15. kyèhning taru tarêman wana mawarni | kang wohe mirasa | ri sêdhêng matêng ing uwit | duk praptanya sang kusuma ||

16. samya mebah niyung katiyub ing angin | yèn ta micaraa | suka ingundhuh sang dèwi | minăngka pambojanira ||

17. dimèn dadyosadarma lêsuning dhiri | samana sang rêtna | myarsa swara milangêni | tan dadya lipuring tikbra ||

18. dyan tumonton têtaru taruntum sami | tungtum tumaruna | muyêg maya-maya kadi | tilas paèsing pangantyan ||

19. amimbuhi arda rudah arudatin | dangu-dangu saya | mêtêk putêking panggalih | dadya nglocitèng wardaya ||

20. kang kaetung ewuh-pakewuhing dhiri | tumanduking patrap | têmbe yèn têkèng Kadhiri | upama nora tinampan ||

21. suwitane mring Jayamisena Aji | priye polahira | yèn ta wangsul mring asrami | kagagas merang ing driya ||

22. duk samana baskara wus manjing wukir | sumamaring tingal | rêgêmêng [rê...]

--- 30 ---

[...gêmêng] pêtêng nglimputi | srining wana wus kalingan ||

23. ing rêrêgu siluk singub nguwatiri | sabawaning wana | kalêsêding naga ngalih | kumrosaking lutung mlembang ||

24. sakèh tingkah miwah swara jroning ratri | lir akèn wangsula | eman-eman sang sudèwi | dene dyah endah ing warna ||

25. mung anggana nêmpuh byat sêdya nglampahi | ing tingkah sangsaya | yèn ta kongsi têkèng sisip | adhuh eman mirah eman ||

26. dènnya lênggah sang rêtna nglosod nèng siti | matimpuh sukunya | sarira sumendhe ing wit | waringin rone ngrêmbaka ||

27. amimbui lindhuk rêgêmênging ratri | tan ana katingal | mung rasa sajroning urip | rinumpukan tyas duhkita ||

28. putêk pantog amêtêg buntêt mêpêti | rila têkèng lina | nglalu lumêkas mrih pati | kosoding rasa pangrasa ||

29. lir kinukut rasa sêsranduning dhiri | amung kari cipta | pranawa ingkang dumêling | lumêkêt rakêting yitna ||

30. sinangsaya cipta rila têkèng pati | pati tinaratas | pitung bumi pitung langit | sirnèng jaman kamanungsan ||

31. samangkana tandhanya sêsatya ngati | rêmbêsing kusuma | darahing andana warih | wijiling sudira brata ||

32. kongas praptèng kahyangan nulya na prapti | pulung pitulungan | parmaning Hyang Udipati | jlêg kang ibu tumrah prapta ||

33. dyan sang rêtna rinangkul lungayanya ris | sarwi ingarasan | kagyat ing tyas sang rêtna di | dupi waspadèng [wa...]

--- 31 ---

[...spadèng] paningal ||

34. yèn kang ngrangkul angaras iku apsari | sigra ngaras pada | kalangkung dènira ajrih | tumungkul datan wacana ||

35. ya ta Dèwi Nawangwulan wus udani | jrihira kang putra | katambêtan ing panggalih | sajatine kang sarira ||

36. marma laju ngandika arum amanis | dhuh nini wruhanta | ingsun iki widadari | aran Dèwi Nawangwulan ||

37. sajatine ingsun ibunta pribadi | kang yoga ing sira | dene praptaningsun iki | ingutus Hyang Jagadnata ||

38. wigatine iya kinèn nambadani | ing panêdyanira | awit sira wus pinasthi | adadi jatukramanya ||

39. Prabu Jayaamisena ing Kadhiri | de kalakonira | kinèn sarana dumadi | kitiran amăncrêwarna ||

40. ing wasana nini ingsun sung wêwêling | yogya kawruhana | patrap pratikêling èstri | lawiyèng winêngku priya ||

41. iku kanthi pangkat-pangkat nigang warni | ing sapangkatira | dene ta nini kang dhihin | rigên têgên mugên ing tyas ||

42. lire rigên iku bisa barang kardi | rampung paripurna | angrêrakit jroning panti | tinata pantês sambada ||

43. ing pangrukti titi tan asêlang titih | lire têgên jênak | junun ing sabarang kardi | salir rèh tan salewengan ||

44. ing pakaryan kongsi têkèng rampung-ramping | kang mugên wardinya | wêkêl mungkul tyas sawiji | tan amangro tingalira ||

--- 32 ---

45. mantêp tekadira lumuh rèh tan yukti | doh ring kadursilan | dene pangkat kang kaping dwi | mangkene nini rêngênta ||

46. kudu gêmi nastiti angati-ati | lire gêmi bisa | angrumati myang mêmardi | dadining kang baranarta ||

47. tan alèrwèh nora brah-brèh sarta sirik | saru srênging basa | sarwa sasab barang wadi | sinimpên nèng gêdhong rêtna ||

48. lire ingkang nastiti tansah mrih titis | tètèsing petungan | lumuh tuna barang kardi | ngeman mring lalu tan pedah ||

49. lire ingkang ngati-ati jroning ati | sêsêm[18] masang nitya | murwèng manubawa ririh | ruruh ing rèh ngarah-arah ||

50. patrap ingkang tanggap tanduk laku linggih | solah lawan muna | mrih tyas wiweka wikaning | pakewuh kudu kawawas ||

51. lamun lagi pinitaya barang budi | miwah pinasrahan | angopèni barang wadi | datan kêna asêmbrana ||

52. dene pangkat kaping tri ingkang winarni | nini kawruhana | gumati tuwin mangrêti | miranti sarwa samêkta ||

53. lire ingkang gumati puniku nini | tumêmêning manah | kang tinêmu dèn opèni | rumêsêp pinulasara ||

54. lire basa mangrêti puniku bakit[19] | anênuju prana | tansah angon angawruhi | ing wahyane masakala ||

55. de ta nini wardining kang amiranti | sanityasa dèn ta | cumadhong cêcadhang kapti | manci-manci sawancinya ||

56. myang tabêri berat baruwêting ati | têgêse abisa | basukining basa mamrih |

--- 33 ---

suka pirênaning prana ||

57. dhuh mangkono nini wêwulanging nguni | Sang Bagawan Drawa | kang asramèng wukir Kawi | iya marang sutanira ||

58. kang kêkasih Kusuma Rara Sarwasri | basa wus diwasa | dadi sorining narpati | Sri Bathara Jayabaya ||

59. ing Mamênang yekang mêngko ran Kadhiri | yèku ingkang eyang | Sang Jayamisena Aji | bakal jatukramanira ||

60. marma lamun sira bisa anglakoni | têtêp tinuhonan | yêkti kinasih ing laki | kasêbut ambêk utama ||

61. ya ta Dèwi Sitraswara dupi myarsi | wasitaning rena | sukur anarimèng ati | anulya sinidhikara ||

62. ring kang ibu sami sakala wus dadi | kukila kitiran | ulêsira măncawarni | sênên sumunu kang cahya ||

63. ting parêlik pêlonging wulu dumêling | yèn pinandêng nulya | sêsêr mungsêr balêrêngi | pindha kêdhèping mutyara ||

64. patut turut dêdêg lan agênging paksi | swara kinalimat | ing makdum ratuning dhêsti | pinasthi gunèng apsara ||

65. wus aparipurna kang ibu sung wangsit | wasita mangkana | adhuh sutaningsun nini | sira ngadhanga ing marga ||

66. samadyaning wana wawêngkon Kadhiri | ingkang anjog marang | nagara Malawapati | wit Prabu Jayaamisena |[20]|

67. nuli arsa liwat tur pisungsung maring | Prabu Anglingdarma | wêkasan wêling ngong nini | sira yya sandeyèng driya ||

68. salakunta iya ingsun jêjampangi | ya ta ponang kaga | amituhu ing wêwêling [wê...]

--- 34 ---

[...wêling] | kunêng ratri kawarnenjang ||

69. sang kukila kitiran amănca warni | ibur angambara | angambah pasaban têbih | nut tuduhing uminira ||

70. yeka tekang nityasa anjangkung saking | ngalam palimunan | praptaning sasana nuli | mandon taru nagapuspa ||

71. kang pratistha anèng satêpining margi | wananjog Malawa | nèng ngriku mangungkung muni | manggung anggambuhkên swara ||

7. Gambuh

1. jarag dimèn rinungu | dera ulah lêlagon swara rum | rumarah mrih sêming kang sami miyarsi | winahya karya kayungyun | lir liking apsari kaot ||

2. nahên gantya winuwus | lampahira pra punggawa diyu | cundakanya Yaksendra Baka nagari | nèng madyaning wana bingung | kenging paribawèng katong ||

3. nata binathara nung | nuswa Jawi winong jawata gung | samangkana anggusthi sidaning laris | wil Duswrêta alon muwus | hèh hèh adhi sakaloron ||

4. paran yogyaning laku | yèn manggunga makètên saèstu | badhe botên sagêd angêntasi kardi | sakadar kêdah sinêngkut | tumindaking pangupados ||

5. sagêda nuntên antuk | tyang Malawa kang sakintên patut | dados saksi katur ing jêng yaksapati | gèn kula sami kautus | ngruruh pawarti wigatos ||

6. wil Duswrêka sumambung | pamanggihe ki raka puniku | kula ênggih kalangkung ngayubagyani | kadugi ngêcapi dumuk | murih enggaling [eng...]

--- 35 ---

[...galing] lêlakon ||

7. nging ki raka kêprèhpun | sagêdipun gangsar nuntên antuk | wit andika sakănca tan sagêd mijil | saking madyaning wana gung | bingung tan wrin wetan kulon ||

8. untara miwah kidul | nadyan lampahipun sinasêngkut | rêrikatan ing bêbasan sipat kuping | jêr judhêg tan sagêd jêdhul | ing padesan myang dhêdhukoh ||

9. tansah ubêngan grumbul | kongsi kêsêl clêkik jêbul wangsul | gène lawas wira-wiri ping sêtali | punapa darunanipun | kula ajudhêg sayêktos ||

10. mara kowe wong bawuk | kawak awu Wrêkongsa wil jambul | kayaparan dayaning budinirèki | jêr sira katêmpuh sêpuh | lir kêmudhi mêngku pandon ||

11. udhalên bundhêlanmu | gajêg bisa mantra tulak tanggul | yèn nèng omah sabên bêngi andrêmijil[21] | matak mantrastuti umung | mara bok coba dianggo ||

12. panawaning wong bingung | dimèn èngêt uningèng lor kidul | wil Wrêkongsa sumambung turira aris | dhuh ki lurah sakalangkung | gèn kula muji trus batos ||

13. mêmatak tulak tanggul | miwah mantra sêsinggahing kewuh | wangsal-wangsul mawi adêdupa wangi | tlas sakatos mênyan madu | bingunge geyot kemawon ||

14. wikana nalaripun | măngka adatipun ingkang sampun | mantra singgah yèn sampun winatak ping tri | sakèh kala durga lêbur | păncabaya sumimpang doh ||

15. Dusmeya [Du...]

--- 36 ---

[...smeya] nambung wuwus | wèthèh thithèh pêng-pêngan si bawuk | ana kae barêng ana tanah Jawi | kadibyane jêbul bubur | bubar nglahan tanpa dados ||

16. lagyeca wawan wuwus | wil Wrêkosa prapta sigra matur | kyai lurah kula nyaosi udani | ngrika wontên katon langkung | tiyang jalêr bagus anom ||

17. ingiring rencangipun | tiyang kalih sampun sami pikun | de lurahe sawang-sawunge awingit | bokbilih trahing aluhur | pantês pasanging pasêmon ||

18. wil Dusmeya sumambung | we lah kiye baya yun tuk tulung | hèh Wrêkosa ing samêngko ana ngêndi | wau katingal angaub | kèndêl wontên ngandhap kêtos ||

19. wil Duswrêka amuwus | lah suwawi ki raka rinuruh | pinurugan rinênggês kalawan ririh | êmbok kenging dipun ipuk | ingaturakên sang katong ||

20. wil Duswrêta umanthuk | ditya tiga lan sakondhangipun | gya wisata marêk murugi sang rêsi | praptaning don sampun panggut | Sucitra kagyat tumonton ||

21. praptaning ditya têlu | dadya laju mapan lungguhipun | de parpat ro wingwrina wrin angawêri | ngênên nising naya konus | lir kênas tinaman dêmon ||

22. Ki Balas asru muwus | apa kae dara wawi mlayu | dênawane agêng-agêng gêgirisi | mêngke anu niku anu | jêr gawene sok nganu wong ||

23. bêgya nèk botên anu | nah

--- 37 ---

nèk anu rak nganoni anu | Kyai Geyot sumambung anyêndhu ririh | sirèku wong sugih rêmbug | babaganing anon-anon ||

24. pancèn nêninco lucu | si kêsanga sangu jaluk kutug | katogêna dimène abis mangêrti | katujune lurahipun | asabar sabarang kamot ||

25. duwea lurah aku | si mêkothok warêg makan thuthuk | kêthip-kêthip matane patut dèn prusi | pinarusa si dêdohun | sangsaya lir bêlo angop ||

26. sang rêsi tan sumaur | amung mèsêm sadalêming kalbu | ya ta wau wil Duswrêta têtanya ris | hèh kisanak wong abagus | manira arsa pitakon ||

27. sapa sinambat ing rum | sarta ngêndi pinangkanirèku | wigatine karsanta arsa mring ngêndi | kang tinanya mèsêm muwus | Rêsi Sucitra ran ingong ||

28. de padunungan ingsun | ing asrama Candragêni gunung | sêdyaningsun arsa mring praja Kadhiri | balik sapa ranirèstu | ngêndi dhangkanta kang manggon ||

29. paran parasdyèng kayun | têka ana madyaning wana gung | winangsulan wil Duswrêta aran mami | sabrang Baka prajaningsun | ingutus dening sang katong ||

30. yaksendra ajêjuluk | Prabu Kalawrêdati dibya nung | gatining rèh kinèn angupaya janmi | kang bangkit anêmbang kidung | mungguhing Jawa lêlagon ||

31. kapasang yogya ingsun | pagut lawan sira wong abagus | pasêmonmu sajak pêng-pêngan kumêcis [kumêci...]

--- 38 ---

[...s] | yèn sarju sun aku sunu | sun sabrangke mring prajèngong ||

32. apa kang sira jaluk | băngsa kètès-kètès mubyar murub | rajabrana pêpènine praja mami | sakayun ta ingsun turut | tan kêcuwan tyasmu yêktos ||

33. dene ta karyanipun | tar lyan masakala lamun dalu | ingsun purih langênswara angrarêpi | kang wilêtan nganyut-anyut | mung sinambi bari turon ||

34. yèn sayah dèn ta ngidung | lèrèn sarwi macit kasêptanmu | aminum tèh utawa puhan lan kopi | myang nyamikan tarcês sêpur | kang nyata tigang miraos ||

35. yèn sira doyan udut | sru tukang pêng-pêngan gandanya rum | ran abanah las ès mirah kang tan lincip | tan kurang ing prajaningsun | yêkti sakayunta dados ||

36. ya ta wau sang bagus | mangsuli ngling hèh di buta pêngung | ywa gumampang yun nyabrangkên jênêng mami | saliring rêmbugmu iku | doh tuking kang sun upados ||

37. ewadene kalamun | sira bisa ngasorkên dibyèng sun | iku layak ingsun suka minangkani | yèn tan mangkono sirèku | aja ngalindur ngêcêmong ||

8. Durma

1. gagat banguning tyas wil Duswrêta mojar | ladak lirih wong iki | sinung rêmbug yogya | têka ngajap tan arja | ujare amêjanani | suwawi kănca | pun kêparat cinobi ||

2. Dyan Dusmeya tanggap trangginas tumandang | jumangkah manakêti | ngrangsang Sang Sucitra | tinapuk mukanira | Dusmeya kalumah

--- 39 ---

tangi | mangkrak kruraya | abikut mobat-mabit ||

3. panubruke nganan ngering ingindhanan | yèn pêrak tinampiling | pilingannya nglenyam | rudira marawayan | saya riwut ing pangèksi | kasok sinêngka | nekad nyakêt nyakoti ||

4. ngolah-ngalih milih kang êmpuk kinêmah | prandene datan bucik | Sang Rêsi Sucitra | risi rasaning driya | kadrawayan ilêring wil | sigra anyandhak | wil Dusmeya binanting ||

5. kajungkelang tibèng bantala tinêndang | kadhungsangan anjungkir | tinungka dhinupak | lamun nyêlak sinepak | Risang Sucitra tarampil | kêbat acukat | lir parênjak tinaji ||

6. dadya bingung sira Sang Kala Dusmeya | sigra musthi suligi | umangsah narajang | Rêsi Sucitra tatag | nadhahi tibèng suligi | asru sinêngka | kongsi mawanti-wanti ||

7. nging nirdeya dayane Ditya Dusmeya | asru amuwus wêngis | hèh babo Sucitra | mara payo malêsa | ywa kadi priya pribadi | Dyan Sang Sucitra | kêbat ngrêbat suligi ||

8. tinandukkên marang sira Wil Dusmeya | kapisanan ngêmasi | ya ta wil Duswrêka | duk mulat kancanira | lina samadyaning jurit | dahad bramantya | lila abela lalis ||

9. wil Duswrêka umangsah sura tan taha | sarwi amusthi lori | asru asêsumbar | hèh hèh babo Sucitra | lah tadhahana iki |[22] mêngko patinta | katiban dhêndha mami ||

10. Dyan Sucitra trangginas [trang...]

--- 40 ---

[...ginas] nadhahi dhêndha | dhadhanira tinitir | tar pati rinasa | sigra asru manabda | hèh buta kêtogên yêkti | sabudinira | sêdya sun sambadani ||

11. ra-orane ingsun atinggal galanggang | nilap lumayu ngênthir | nginthar anrang nistha | wil Duswrêka sru mojar | hèh kêparat manas ati | mara malêsa | yêkti ingsun tadhahi ||

12. sarwi riwut dènira angundha dhêndha | Dyan Sucitra nakêti | ngrêbat kang gadastra | trus pinupuh Duswrêka | kumêpruk murdanya kêni | rudira muncar | Duswrêka wus ngêmasi ||

13. ya ta wau parêpat Ki Lurah Balas | lan Geyot duk umèksi | Sang Rêsi Sucitra | manjaya jayèngrana | miris marasira wus nis | konus ing naya | ngayang arsayèng ati ||

14. tyas berawa pangrasa cilik prabata | gung cêblèk-cêblèk wêntis | duk myat wil Duswrêka | pêjah pêcah murdanya | Ki Balas sumbar tan aris | hèh babo buta | payo rêbutên mami ||

15. aja maju siji majua barêngan | lêganing ati mami | sigra wil Duswrêta | manguwuh-uwuh sora | hèh hèh wong Jawa sirèki | ywa girang-girang | gumuyu ngèsi-èsi ||

16. dupèh rowang ingsun wil loro kasoran | koprajaya ngêmasi | mara êntènana | kang ala dhapurira | Duswrêta mangsah krodha ngrik | masinga nabda | kruraya gêgirisi ||

17. Lurah Balas lawan Geyot nyêla mangsah | parêng angêbut jurit | kidhung tandangira | ing prang yêkti digdaya | dayane [da...]

--- 41 ---

[...yane] parêk maharsi | dadya widagda | aji jaya jayanti ||

18. parpat kalih wus panggih ayun-ayunan | parêng kuwêl nadhahi | agêlut gulêtan | gantya ingkang katimpah | adangu banting-binanting | têpak-tinêpak | gantya ingkang katitih ||

19. dangu-dangu wil Duswrêta karepotan | wantu binut ing kalih | Ki Balas cêk nyandhak | angundha wil Duswrêta | binanting sru kontal têbih | dyan tinadhahan | Ki Geyot cêk ambanting ||

20. bêt-bêt ambruk ing bantala anjrêbabah | gantya Ki Balas banting | anyepak andhupak | Duswrêta sru kantaka | Ki Geyot nyêlak nguyuhi | raining buta | Ki Balas angêmpoki ||

21. sarwi sumbar ini Balas punya nama | hèh malêsa pêpidhir | arangkêpa papat | kang kaya dhapurira | yêkti ingsun tan gumingsir | sigra tinilar | kinira wus ngêmasi ||

22. sajatine lagi kapati kantaka | marma duk kasilir ing | kang maruta manda | ngalilir gumaregah | garêgut angigit-igit | gadgada mangsah | nanggala kang pinusthi ||

23. sarwi bêkis nêlojar ing swara sora | hèh hèh Si Jawa baring | bangsat kurang ajar | lah mara tadhahana | tibaning nanggala mami | măngsa ta sira | dadak jaluka wari ||

24. dyan lumêpas plas sumêbut kadi kilat | Risang Sucitra Rêsi | awas aprayitna | cêg nanggala cinandhak | tinampan ing asta kering | asru ngandika | hèh buta dèn patitis ||

25. lah dulunên iki ta nanggalanira [nanggala...]

--- 42 ---

[...nira] | cumundhuk ngasta mami | mara diprayitna | samêngko tampanana | balia marang sirèki | sigra ingayat | lumarap anglir thathit ||

26. wus cumundhuk mring jajane wil Duswrêta | kapisanan babarji | Duswrêta wus lina | kocapa wil Wrêkongsa | lan Wrêkosa sru anangis | kèh kang karasa | sambate mêlasasih ||

27. dhuh dhuh adhuh dhuh lae lae ki lurah | têka kadêrêng runtik | iki tuwasira | wong andarung tilarda | êndadak angas mêmingis | mengos ing cipta | ancung tan miyatani ||

9. Pocung

1. karsa nèng hyun băndha wani kurang têpus | adoh ing dêduga | rêringa myang pamatawis | tuwas tiwas murang wuwuse wong tuwa ||

2. puluh-puluh sêpuluh ping têlung puluh | baya wus cinêtha | ing pêpasthèning dumadi | tarlèn amung kari sumendhe ing titah ||

3. payo cêblung Wrêkosa samêngko banjur | mulih marang Baka | lapur ing sri narapati | ditya kalih gya wangsul mring prajanira ||

4. de ta wau Rêsi Sucitra anglaju | ing lampahirarsa | marang ing praja Kadhiri | parpat kalih rêruncungan atut wuntat ||

5. samarga gung anon têtaru taruntum | tungtum tumaruna | sumunar sênêning warni | sri kawuryan karya kayungyuning driya ||

6. myang andulu plênuk-plênuking gêgumuk | lêlêmpiting lêta | lêlongkang lêngkèh wukir |[23] miwah gênggêng rêgênging karang kawulat ||

7. amêmungu mèngêt ing asramanipun | ing

--- 43 ---

tyas gung kagagas | lêlakone ingkang rayi | Rêtna Dèwi Citraswara tan kapanggya ||

8. jroning kalbu rikala prang lawan diyu | tansah kaemutan | mring ari kang kawlasasih | sumawana lêlakonya kang sarira ||

9. tyas wulangun kèh kawilang karya mèpu | Dyan Rêsi Sucitra | amanggih talaga wêning | nulya rêrêm lan parpat sami sêsotya ||

10. sang abagus karênan anon ing ranu | kang kumucur muncar | anjog ing jêjurang trêbis | samana wus dungkap suruping baskara ||

11. lamut-lamut lêlamatan angrêrumung | rumimăng ing arga | kapraban hyang bagaspati | sêsunare narontong pitasmu rêta ||

12. angalayung ing malaya layu-layu | ajênang sumunar | lir mas murub ing wiyati | sèsiningrat kawratan ujwalèng jadha ||

13. tan adangu kang diwangkara sumurup | rêp rêpêt sumamar | ginantyan kênyaring sasi | ri sêdhênge ing wulan purnamasada ||

14. wit kasaput ing ratri dadya sang bagus | kèndêl lampahira | sinêdya rêrêm wanadri | anglagèyèh sarean soring mandira ||

15. wulucumbu kêkalih wus sami turu | ngorok asênggoran | sang rêsi tan sagêd guling | lam-lam mulat rêsminingkang cakrawala ||

16. susup-susup palêncatan ting palancur | kang lit tan kumênyar | kandhih prabèng sitarêsmi | mung aliyêp ting karêlip rêbut praba ||

17. madya dalu sang rêsi matak mantrastu | mêmintèng Suksmaya |

--- 44 ---

yuning sarira myang ari | sida antuk wahyu wahya wiryèng praja ||

18. tan ginalur naluri larining kalbu | samana hyang candra | mring arah prasima lingsir | ting jagigèr kaluruke sata wana ||

19. binabarung swaraning mêrak manguwuh | sêling lir imbalan | lan kukila cingcinggoling | putêr jawa anggantêr gêtêr kang swara ||

20. myang brakutut munya duduk layu-layu | kang ngangkat andadya | sêlingan manggung nibani | pratandhane wus wanci bangun raina ||

21. mungup-mungup hyang pradănggapati mêtu | bang wetan katingal | lumrang prabane ngênani | ing pêpêdhut padhang kadya sinaponan ||

22. siluk-siluk ing guthaka jurang sirung | byar wus katrontongan | sirat soroting hyang rawi | kêmbang-kêmbang babar gănda rum angambar ||

23. brêmara gung brêngêngêng anggung ngrêrubung | kabèh kêmbang-kêmbang | kang mèdêm madune pinrih | pinrawasa kang puspa tinon marlupa ||

24. prêntuling bun kang nèng roning taru-taru | lir wosèn sêsotya | sênên sunare tulya sri | samangkana sang rêsi anuli mangkat ||

25. lampahipun alon-lonan tan sinêngkut | mêngkêrkên ing wana | samantara wus angancik | ing padesan kikising Kadhiri praja ||

26. dyan andulu rajakaya ambarubul | mijil sing padesan | dèn ngon dening pra raryyalit | kumaritig nèng wuri mandhi pêcutnya ||

27. myang asêlur pra wong tani èstri jalu | arsa don makarya | mring sawah

--- 45 ---

miwah ing têgil | mamrih asil pakolihing ngupajiwa ||

28. tekang tandur ana kang nêdhêng gumadhung | dhêndhêng kang gumundha | wênèh ana malêncuti | Sang Sucitra samarga ngèsthi sri nata ||

10. Sinom

1. titih ruwading ruwida | nitya sumringah rêspati | kunêng gênti ginupita | nênggih nagari Kadhiri | kang umadêg narpati | ing warna sêdhêng abagus | taruna widigdaya | mahambêk paramarta sih | pinudyèng sih Prabu Jayaamisena ||

2. sinidya tyas wicaksana | sinung santosa bèrbudi | manyukup ing kacingkrangan | sung suka kang para kingkin | tur ta putus patitis | ing titah gumêlaripun | marma pra wadyanira | sumungku sungkêm trus ngati | praptèng pati tumuntur datan ngrasula ||

3. sang sri wau kang pêputra | Sang Jayamijaya Aji | putraning Sri Jayabaya | Sri Jayabaya kang siwi | Sang Gêndrayana Aji | yekang wus sinêbut ngayun | dadya Sri Naranata | Jayamisena lan sang sri | ing Malawa Maha Prabu Anglingdarma ||

4. kaprênah kadang nak-sanak | saking ibu dyah pramèsthi | wit sang pramèsthi kadangnya | Sang Jayamijaya Aji | prênah sêpuh sang dèwi | sami putranya sang prabu | Dewaji Jayabaya | ya kang wus winarnèng ngapti | nahên amangsuli sulanging carita ||

5. Sang Prabu Jayamisena | jumênêngira narpati | nèng Kadhiri misih jaka | dèrèng nambut silakrami | dadya karatèn[24] maksih | kirang sênêning kaprabun | sêpi sêkaring pura | ananging ta

--- 46 ---

sri bupati | nadyan mudha nimpunèng rèh manuhara ||

6. paramèng gita srênggara | ngrabasa rosing mêmanis | dene ta ing karsa nata | dera dèrèng arsa krami | saking pamirsa aji | kyèhning dyah dèrèng panuju | ingkang pantês minăngka | sêkaring pura Kadhiri | marma sarèh mrih ntuk kang sarwa sambada ||

7. nihan ta sri naranata | sadèrèngira nampèni | timbalanirèng rakendra | Natèng Malawa kawarti | uwus arsa sumiwi | sumawana wus adhawuh | mring Patih Sindubaya | mrih tata-tata miranti | sêsaosan bulubêkti mring Malawa ||

8. de ta ari bidhalira | muhung kantun angêntosi | angsalipun sêsaosan | bêbujungan ing wanadri | te kang sayogya dadi | lêlangêning narendra gung | ing puwara katungka | praptèng duta Mlawapati | yeka Arya Sunjaya sakondhangira ||

9. dadya ta kapasang yogya | lir ngenggalkên dènirapti | sumiwi maring Malawa | marmanta saking karsa ji | dutèng Malawapati | kinèn arêrêm karuhun | nèng panti kapatihan | ngantos sawatawis ari | wit undurnya kinarsakkên sêsarêngan ||

10. tindakira sri pamasa | sowan mring Malawapati | samana Arya Sunjaya | sandika ngayubagyani | wau tarya duta di | ing ri ratri gung sinugun | bujana andrawina | winantu-wantu mênuhi | warata mring pra wadya tan kalintangan ||

11. de ta Sri Jayamisena | wus dhawuh mring nindyamantri [nindya...]

--- 47 ---

[...mantri] | tartamtuning bidhalira | mring praja Malawapati | ing ri Rêspati ngapti | marma kyana patih sampun | samapta ing laksita | satata rakit ling margi | myang anata kang pisungsung rajabrana ||

12. nihan mêne winursita | praptèng ari Wrahaspati | sang prabu miyos sewaka | munggwing bale păncaniti | siniwèng brêtyapati | pra nak-sanaknya sang prabu | byukan saandhahannya | kang para punggawa mantri | pêpak andhèr ambèr lir robing udaya ||

13. lêlirangan lungguhira | ing prênah tan sêlang titih | tata nut ing pêpangkatan | sagolong gêlêng pribadi | tinon atharik-tharik | kêncêng lir sinipat kênur | kang parêg ngarsèng nata | Sang Sindubaya Dipati | lawan Arya Sunjaya dutèng Malawa ||

14. gya ing wuri pra pratiwa | Sang Dwijakăngka anunggil | Risang Arya Dwijatmaka | Arya Wiratmaka tuwin | Sang Yudyana satharik | anuli ing wurinipun | Risang Arya Darmaka | Arya Surangga lan malih | keringira Risang Arya Surènggana ||

15. nuli Sang Surènggakara | Sang Sumantra myang Sumantri | Dyan Arya Pranatabasa | Sang Wirasăngka mungkasi | wurinya kang nyambêti | Adiyana jejaripun[25] | lan Arya Sumayana | prabaning kang busana ji | myang punggawa abyor lir prabata kobar ||

16. nahên ta sri naranata | alon awacana manis | hèh ta Patih Sindubaya | paran dera angruktèni | saosan bulu bêkti | kang yun katur kaka

--- 48 ---

prabu | apa ta wus samêkta | lan paran gyanta ngupadi | buron wana kang pantês langêning nata ||

17. lamun iku tan antuka | tyas ingsun cuwa sayêkti | kya patih atur pranata | pukulun sang misudhèng sih | anggèn ulun ngrêrakit | samamun sami sampat saput |[26] mung bêbujêngan wana | lir dhawuh kangjêng dewaji | praptèng mangke mêksa botên sagêd labda ||

18. saking pamanggih kawula | anjawi saking karsa ji | prayogi sowan paduka | punika kemawon gusti | ngiras pantês ngupadi | saurutipun wana gung | mangkana sri narendra | duk mirêng ture apatih | sêmu suka têmah kapanudyèng karsa ||

19. lagyeca imbal wacana | kasarêng wontên kaèksi | punggawa kang jagi praja | umarêk ngabyantara ji | ngirid priya nom pêkik | kadwi duk sami lumaku | angrêpèpèh kawuryan | lir sata amanggih krami | ya ta risang prapta ngandika mangarsa ||

20. wimbuh wimbèng manubawa | wibaksa angrêspatèni | samangkana sri pamasa | mèsêm angandika aris | dhuh yayi padha bêcik | sapraptanta prajaningsun | ngêndi pinangkanira | lawan sapa kang wêwangi | tuwin apa wigatining parasdyanta ||

21. risang teja sulaksana | mangarcana turira ris | raras ruruhing wicara | dhuh pukulun jêng dewaji | sakalangkung kapundhi | ing sabdendra kang dhumawuh | kacancang pucuk rema | dadosa jimat paririh | mimbuhana rahayu yuwana bagya ||

--- 49 ---

22. pukulun nama kawula | pun Sucitra sutèng yogi | Citradana kang asrama | wontên wukir Căndraagni | de ta tuking wigati | gèn kawula kusung-kusung | sumêngka cumanthaka | sumiwèng ngabyantara ji | wahyèng driya sru kayungyun yun ngawula ||

23. ngandhap pada padukendra | suka dadosa pakathik | tuwin juru mamèt tirta | tartamtu ulun lampahi | mangkana sri bupati | dupi miyarsa turipun | sira Rêsi Sucitra | karênan ing tyas suka sih | sri narendra dangu dènnya anupiksa ||

24. citrane Rêsi Sucitra | tansah pinanduk ing liring | pangudasmaraning driya | wau Sri Natèng Kadhiri | sawangane wong iki | atêtêg tanggon tyas tangguh | pasaja ing wicara | tètèh nora sêlang titih | sasolahe noraga mêmalat driya ||

25. kêkuwunge wutuh kêbak | tutut ayêm ingkang liring | sêmune rawat utama | patut kinondhang praja di | baya tan nguciwani | wusira ngartikèng kalbu | kabuka atrawaca | candrane Sucitra Rêsi | samantara dhinawuhkên winisudha ||

26. dadyabdi punggawa wrêdha | miwah sinungan wêwangi | karan Sang Arya Sucitra | samangkana kyana patih | saandhahannya sami | amangayubagya umyung | ri saksana sri nata | mangagnya mring nindyamantri | arsa laju bidhal mring praja Malawa ||

27. dene ta para punggawa | kang kinèn dhèrèk sapalih | miwah sang mantri wisesa | tinanggênah têngga nagri | lan punggawa [pung...]

--- 50 ---

[...gawa] sapalih | pinilah kari atugur | kya patih tur sandika | sigra amatah kang sami | mangkat dhèrèk iyèku Arya Sucitra ||

28. miwah Arya Dwijakăngka | Arya Dwijatmaka kalih | Sang Yudyana Sang Darmaka | Risang Surangga lan malih | Sang Suranggana tuwin | Sang Suranggakara anung | sadaya iku samya | sapanêkarira kêrig | samantara ing laksita wus atata ||

29. têngara bêndhe angangkang | tăndha wus sampat miranti | sigra sang sri sung sasmita | kalilan amurwèng laris | samangkana anuli | bodhol wadya kang nèng ngayun | jèjèr pat kang jajaran | dharat kang para wadya lit | kang apangkat punggawa wahana kuda ||

30. prabot èbèg sinongsongan | ginarbyêg ing pra pakathik | ngêtêbi panêkarira | atata atap tarêtip | nut sêpuhing palinggih | runtut turut tumaruntun | wurinya para wira | golongan lêbêt nyambêti | nuli upacara kapraboning nata ||

31. ingampil wadya kaparak | ambarèk berag baju brit | laju jêng sri naradipa | nitih prasita kinasih | ki jongmèru rêspati | binusanan abra murub | ingurung-urung wadya | sikêp buntar brongsong rukmi | kanan kering cacah kawandasa astha ||

32. wuri wira kêkapalan | satus cacahira sami | angrênggêp pêdhang lêligan | kacarita busana ji | myang sagung kang umiring | neka warna sarwa luhung | anglir giri kusuma | kang sotya abra nêlahi | lir panjrahning [pa...]

--- 51 ---

[...njrahning] tranggana ing antariksa ||

33. têdhaknya sang sri inargyan | unèn-unène kawarni | monggang kodhokngorèk ngangkang | mawor swarèng tambur suling | barung gumuruh atri | ing lampah tembak asêlur | urut têpining marga | kang miyat jêjêl apipit | samantara mêngkêrkên Kadhiri praja ||

11. Pangkur

1. kasidèn dohing sangsaya | Sri Kadhiri sawadya lumastari | wau ta gênti winuwus | Sang Dèwi Nawangwulan | ingkang munggwing alam palimunan jangkung | putrèng kang mancala kaga | samana waspadèng ngaksi ||

2. untabing baris lumampah | kawistara wadyabala Kadhiri | sigra ngejawantah pangguh | kalawan ingkang putra | sang mancala kitiran măncawarna nung | sarwi manising wacana | dhuh nini gèr putra mami ||

3. andadèkna wruhanira | yèn ing mêngko sang prabu ing Kadhiri | kang dadi pangajapanmu | ing lakune wus cêdhak | sira dipun bisa ngarah ing panuju | mêngko kalamu[27] dèn angkah | aja tutut aja kêsit ||

4. nini têgêse dèn bisa | mamrih srênge pangangkahe kang ngungkih | dene ta kalamun ingsun | wus ngêjèpi ing sira | nuli enggal anandukna kamayanmu | dimèn sang prabu kapisah | lan wadyane kang umiring ||

5. ing kono dadi marganya | ênggon ingsun arsa nurunkên yêkti | wasiyatira cêcupu | ran manik asthagina | sang kitiran măncawarna amituhu | sang dèwi lajêng umêsat | manjing palimunan malih ||

--- 52 ---

6. ya ta wau lampahira | Sri Kadhiri dupi praptèng wanadri | kagyat mirêng ungêlipun | ing kukila kitiran | langkung agêng swara rum jangkêp atêmbung | mencok panging nagapuspa | ri saksana dèn pêraki ||

7. dupi wus cakêt kacêtha | sangsayarda karya yung-yuning ati | tumonton ing wulunipun | têka amăncawarna | mawojwala jwali tanira ngênguwung | locitanirèng wardaya | baya ta brakutut iki ||

8. pantês kalamun dadia | lêlangêning para nata sayêkti | samangkana sang aprabu | mandhap saking turăngga | karsanira tindak pribadi bêbujung | kang kitiran măncawarna | samana laju nimbali ||

9. punggawa Arya Sucitra | praptèng ngarsa saksana dèn dhawuhi | yayi cadhanga sirèku | gon ingsun dêkêp kaga | sarta para kancanira konên ngêpung | măngka sêsiwo anulak | playune brakutut iki ||

10. Arya Sucitra sumêmbah | dyan dhawuhkên sagunging brêtyapati | timbalanira sang prabu | sigra sami angêpang | sumawana para pratiwa sadarum | sami mapan aparênca | ngubêngi wit nagasari ||

11. saksana sri naranata | têdhak ngrundhuk saking wuri arindhik | dupi yun dinêkêp mabur | ngalèprèh kang kukila | dyan cinêgat dening para punggawa nung | cangkelak wangsul gènira | tinadhahan mring sang aji ||

12. wola-wali tan kapranan | yèn sinêngkut cukat dènnya ngoncati | mumbul ibêr ragi dhuwur | sadangunya [sadangu...]

--- 53 ---

[...nya] mangkana | sang aprabu tuwin sapunggawanipun | riwut uwêt tandangira | prandene tanpa pakolih ||

13. ya ta Dèwi Nawangwulan | kang nèng alam palimunan anuli | mawas marang sang aprabu | Jayamisena kêna | ing kamayan sakti panglunturing sarju | tyas ajur dadi sajuga | mung dumunung marang paksi ||

14. tan ana liyan kacipta | marma Dèwi Nawangwulan sung wangsit | ngêjèpi mring putranipun | sang mancala kukila | tanggap sigra amatêk aji pambawur | pangrasane sowang-sowang | kalilan dening dewadi ||

15. kang kitiran byar ababar | dadya cacah sèwu anunggil warni | sang sri myang punggawanipun | ambujung sowang-sowang | ing wêkasan karsaning dewa sang prabu | kapisahan wadyatăntra | prapta madyaning wanadri ||

16. kang paksi kitiran sirna | sang aprabu gita myat cêmung rukmi | malumah marêp mandhuwur | sapalih kandhêm kisma | tinon mèsi tirta pawitra sumunu | dupi inginguk uninga | wontên wayanganing putri ||

17. mèdêm yu endah kang warna | sang aprabu dahad krêdyat ing galih | tumratap tap-tap kumêpyur | saksana inginggatan | sarwi nolih tumingal pêngkêranipun | sêpên asêpi kewala | dyan angungak cêmung malih ||

18. ponang wayangan sangsaya | wela-wela wiraga ngujiwati | samangkana sang aprabu | kataman larasmara | rongèh ing rèh wira-wiri ngungak cêmung | sarwi ngidung pralampita | mangkana dènnya ngrarêrêpi |[28]|

--- 54 ---

19. dasanamane ing swarga | pantèk waja pisang mijil kang sari | dhuh dhuh wêwayangan ayu | sirèku băngsa apa | de cahyanta pindha trontonging sitangsu | nyalundhing payoning wisma | dinulu tulya nglam-lami ||

20. wastra tèbènging wiwara | rining gadhung graning lawung lêlungit | liringta lir thathit barung | busananing kukila | kang pamulu alus manis angsung wuyung | prajane Sri Sasrabuja | sumèhing sêmu rêspati ||

21. ugêr sangganing adesa | patra lêsah kang balasah ing siti | ing sajêg ingsun tumuwuh | puspa măndra sugănda | durung tumon kusuma kang lir sirèku | sêsêg isining kang boga | sarwa sumêdhêng mantêsi ||

22. sardulanirèng narmada | baya sira yangyanging dyah sabumi | jênang sela warna pingul | ancur timah upama | andalênjêt jajah tribawana kêmput | wadhuking băngsa kukila | layak boya olèh kalih ||

23. rèh pamambêng mring siwaya | pêparikan rangkêp tundhaning sari | nanging kiraning tyas ingsun | kapithing lit ing rawa | nadyan ana kang mirib warnanira yu | sata wana awibaksa | misih mrakati sirèki ||

24. sundari munggwing kukila | teja panjang mijil sore kang wanci | myang sawang-sawunganipun | angêmban tanpa wastra | pêthingane wignya anyondhongi kayun | prajane Sri Bomantaka | malad wijiling trêsna sih ||

12. Mijil

1. punggung panggêng ginggunging panggalih- | ira nara katong | marma sudi sidaning sêdyane | marma tansah [ta...]

--- 55 ---

[...nsah] manuhara ririh | rêrêpène pèni | pinatut swara rum ||

2. dhuh kusuma kang ayu jêkining | kuning mêlok-mêlok | kisma măngka pambombong pantine | saruwenên ature pun dasih | dus manjrênih wèni | yèn sira mas ingsun ||

3. supênuh ing narmada kang warih | gung minggu kemawon | mênyan seta lumaris tan lèrèn | ingsun wastu kadurus ing brangti | tiris nom ingambil | saparan anggandrung ||

4. patra wisa ron kamal kang kuning | dhuh dhuh sang lir sinom | winda madya senthe jurang gone | marma mugi sajarwaa jati | raning suling dami | dimèn mari gandrung ||

5. tambang bêling kang rinujit miring | pruntusing tyas ingong | lêlampahan katon jroning sare | kapiadrêng kumêdah andasih | putra sulam rukmi | mring sang murtining rum ||

6. sotya rêta sêsara munggwing wit | dhuh mirah riningong | klalar agni raning sêkar jambe | sèwu bagya kamayangan yayi | Patih Maèspati | de ta wandaningsun ||

7. warujune sutèng Dyah Sukèsi | bisaa patêmon | gudhe ruwit kang kulit godhonge | ijèn ana madyaning wanadri | keswa kang wus putih | nging kuciwaningsun ||

8. danu madya kasidaning pêntil | ing marganirèng woh | burat pada pan ika sungginge | dhuh bok iya yayi sira nuli | kanthong lir jala lit | mawantahing wujud ||

9. kasang gêbang tan măngga ing ati | iba bungah ingong | kunir pita guskara [guska...]

--- 56 ---

[...ra] kurang we | sasat nêmu barliyan bisa ngling | suku giyota di | èsême lir dhuyung ||

10. tawas pita keswatap ingapti | dhuh murtining sinom | kukila gung sabawèng ratrine | dasihira asrah jiwa dhiri | tawon talèng siti | sapangrèh tumuntur ||

11. kramèng wrêdha mring kadang taruni | Kadhiri kadhaton | kang prabata jro samodra gone | sun srahakên marang sira gusti | Nata Pandhusiwi | ngong darma anggadhuh ||

12. pamèting woh parabing pawèstri | dhuh yayi aywandon | sarpa krêsna pra wipra parabe | nèng jro cêmung yogyane saiki | ingkang bibis tasik | mring Kadhiri kondur ||

13. warăngkendra Madura nagari | mukti wibawandon | pinjung pari pari lawal[29] wohe | amisesa sèsining jro puri | blantik mas sotya di | siniwèng para rum ||

14. satriya di Nglesanpura nagri | prasêtyaning batos | wanci dungkap baskara wijile | ingsun ora mangun silèngkrami | nendra sarwi linggih | yèn tantuk mas ingsun ||

15. waja kongkal kalalun tan pulih | nadyan praptèng kêmpong | pasir krêsna sumirat sorote | suka lila wahdat tanpa krami | yuyu gung jaladri | bok kinging ta èstu ||

16. panjang lamun jinlèntrèh ing tulis | sang sri dènnya nglamong | nging sang rêtna mêksa minggu bae | tarlèn amung mèsêm ngujiwati | marma sri bupati | wimbuh tyas wulangun ||

17. kunêng sang sri kang anggung ngrarêpi | gênti cinariyos [cinari...]

--- 57 ---

[...yos] | para wadya kang sami andhèrèk | duk sang pêksi ulês măncawarni | ical tanpa lari | sami sru mangungun ||

18. nuli myarsa kang bêndhe tinitir | angungkung tumlawong | ri saksana sinungsung prênahe | praptaning don angalêmpak sami | Sang Sucitra nuli | pêpoyan mring sagung ||

19. pra pratiwa sami kinèn kari | karyaa pakuwon | de Sucitra yun ngruruh sang rajèng | pra punggawa kabèh nayogyani | mangkana sang sigit | Sucitra mentar trus ||

20. angulati samana akanthi | Kyai Lurah Lenggot | lan Ki Bawa dwi sang sri parpate | dupi prapta samadyang[30] wanadri | Sucitra sang pêkik | sru kagyat ing kalbu ||

21. amiyarsa lir sabawèng janmi | dadya lampahnya lon | ing sakala locitèng driyane | layak swarèng brakasakan iki | baya ta mêdèni | marang awak ingsun ||

22. dyan sang arya atêmah kawijil | ing wuwus wêngwangson[31] | hèh mêmêdi angatona age | pasthi lamun sira abilai | Ki Lenggot nambungi | e e radèn ampun ||

23. ontên ngalas ampun sok ngrasani | ngancam gonggo pêlong | layak niku bojon wewe gèmbèl | sok ngrancana nandukkên durniti | kula kala siyin | pun nate diganggu ||

24. Kyai Lurah Bawa sumambung ngling | hyah bisa mên omong | o o botên dhik niku yêktose | amung kangge angajrih-ajrihi | andika pinurih [pi...]

--- 58 ---

[...nurih] | nêdhaa pitulung ||

25. anyingkirkên sarana sêsanti | sêsinggah durgewoh | tindhihipun uwang satak sawe | nging thokthêle mung minta mêjani | sanadyan sakêdhik | kangge jajan lowung ||

26. pun adate Ki Lenggot aglênik | ucal tukon klobot | mila ampun ginalih dhik radèn | mêngke tiwas kecalan mêjani | luhung kula niki | kêdhik-kêdhik baut ||

27. anênulak durgamaning margi | mamrih sumimpang doh | petang botên mawi barang-bèrèng | gêdhang suruh ayu botên mawi | mung tela sakêthip | kanthi gêndhis bubuk ||

28. Kyai Lenggot anyêndhu lingnya ris | hêm ambakna uwong | bisa têmên angomèl ngêtèprès | ngarani wong amelik mêjani | awake pribadi | arêp jabung alus ||

29. Sang Sucitra mèsêm tan nauri | aturing parpat ro | laju lumaksita satitahe | dangu-dangu kang swara dumêling | rêrêpèning janmi | wangsalan swara rum ||

30. dadya kanggêg ing lampah tan dugi | ingkang dumadi ros | de ing wana ana wong rêrêpèn | ya ta dupi waspadèng pangaksi | têka Sri Kadhiri | wau kang angidung ||

31. Sang Sucitra kagawokan mèksi | solahnya sang katong | de kadya wong bingung ing sêmune | têmah risang aryantuk pambudi | arsa lampah sandi | dènira mahayun ||

32. matitiskên lampahannya sang sri | nulya manabda lon | mring parpat ro hèh wa kyai [kya...]

--- 59 ---

[...i] kowe | sakêloron padhaa andhêlik | ingong yun mangintip | mêmêdi kang ngidung ||

33. parpat kalih wus sami maningit | dupi wus tan katon | ya ta wau Arya Sucitra ge | maspadakkên ing solah sang aji | wusnya angrêrêpi | tansah ngungak cêmung ||

34. mèsêm-mèsêm angrêraga gêng sih | katon kang sih kasok | mring kang ana jro cêmung sêmune | sanalika Dyan Sucitra Rêsi | anggarjitèng galih | solahe sang prabu ||

35. kadya kêna ing guna piranti | kamayan kang mandos | panggawene kang kayangan kene | yèn ta ingsun tan mancala warni | sang prabu tan mari | ingsun katut wuyung ||

36. dene lamun ingsun salin warni | tan ana kang wêroh | sawusira mangkana nulya ge | muntu cipta amancala warni | sakala wus kadi | janma gêng aluhur ||

37. barêngose gêng sakêpêl sisih | godhèg bris barewok | pantês ngrênggêp gada gêgamane | dyan manusup garumbul supadi | tan dèn uningani | dening sang aprabu ||

38. dupi cakêt lan sang sri anuli | anggêtak tan alon | samangkana wau sang pamase | garagapan gugup nabda manis | hèh kisanak yogi | aywa akaryewuh ||

39. mara iki sira sun wènèhi | busana kinaot | agêm ingsun lah pilihên dhewe | êndi ingkang sira karêmêni | ugêre sira sih | nora ngarubiru ||

40. Sang Sucitra sawusnya nyakêti | myat jro cêmung katon |

--- 60 ---

nora samar yèn iku kadange | Dèwi Citraswara kang lunga nis | osiking panggalih | lah iku si gêndhuk ||

41. dènnya lunga saka ing asrami | anêmpuh laku bot | mring Kadhiri pakewuh patrape | dadi iki anyêgat nèng margi | gêlar guna sakti | ambawur pandulu ||

42. têmah èngêt wêlinging ayadi | duk nèng pahoman don | mentarirèng ari apadene | wus cinathêt ing cipta kalingling | ing lêlakon iki | priye patutipun ||

43. sawusira dadi ing pambudi | panduking pêpadon | sumawana kang rayi wêdale | saking jroning cêmung mrih apanggih | tan sêmang ing galih | dènnya karya tanduk ||

44. sang mancala barewok mangsuli | têmbungira songol | hèh-hèh babo karêpira priye | têka ngêngkos marang jênêng mami | arsa amènèhi | busana di luhung ||

45. ingsun uwis sugih rajatadi | balik sun pitakon | apa ingkang dadi karanane | sira wani amêlung ngrarêpi | anèng dhăngka mami | têmah karya gidhuh ||

46. ênggon ingsun amuja sêmèdi | mulane samêngko | sira kênèng pidana yêktine | sun pilara asarana bindi | mangkana ta sang sri | sru krodha dyan cancut ||

47. agêmira calana winingkis | tan taha sang brewok | amajangkah nandukkên gadane | mring sang nata trangginas ngindhani | dadya silih ungkih | kah-ingangkah pêngkuh ||

48. cekat-cèkêt rukêt kalih [ka...]

--- 61 ---

[...lih] sami | prigêl ing palugon | marma tan na kang kasor jurite | dangu dugang-dinugang agênti | abanting-binanting | yèn singsal gya pupul ||

49. apèt-pètan papan mrih pêpulih | mangkana sang katong | kapanduk ing bindi wêwêntise | sakalambruk andhêpani siti | anuli binanting | brêg binuwang sêbrung ||

50. duk sang nata kontal tibèng têbih | sang mancala brewok | ngling ngêlokkên dhawahing pamase | kadi gêrah swara manêngkêri | sêsumbar wèh wingwrin | pêsthi dadi awu ||

51. lah ta sapa kang sira sambati | ing jagad dèn kêtog | têkakêna mring dhangkaku kabèh | nora wurung sira têkèng pati | kantêban ing bindi | kang ana tanganku ||

52. sarwi gêdhug ing bumi ngorêgi | ing jro cêmung gênjot | gêgirisi ing solah bawane | ya ta wau sang rêtna kang munggwing | ngalam sunyaruri | tan kawawandulu ||

53. dyan ngatingal jlêg angrêbut bindi | wau ta sang brewok | api-api kagyat ing wuwuse | hèh dyah apa tanpa sangkan prapti | yun alabuh sakit | angêmping mêgatruh ||

13. Mêgatruh

1. gati gita sang dyah rum lingnya mlasayun | dhuh dhuh adhuh dhuh kiyai | punika sang maha prabu | sampun sampeyan pisakit | yèn anu kula kemawon ||

2. sang mancala warni sumambung amuwus | hèh bocah wadon kumini | iku kaprênah apamu | dene ta sira kukuhi | tan lila yèn têkèng layon ||

--- 62 ---

3. sang rêtna yu umatur sarwi rawat luh | puniku jatine inggih | dede sanak kadang ulun | nanging upami ngêmasi | kula kecalan sayêktos ||

4. sang brewok bris mojar hèh rara sirèku | sapa sinambat ing wangi | lan ing ngêndi pinangkamu | miwah sapa kang sêsiwi | paran ing sêdyanta dhenok ||

5. dhuh Kiyai Citraswara nama ulun | saking ardi Candraagni | sutèng Citradana Wiku | sêdya amung nanggulangi | ingkang misesa sang katong ||

6. ya ta risang mancala warni sumambung | hèh rara samêngko mami | tan yun milara sang prabu | nanging kudu ngaggo jangji | prasêtya kalawan maton ||

7. anggêr sira bisa nêkakkên sang wiku | sudarmanira saiki | mangkana sang rêtna saguh | andhatêngkên kang sudarmi | ngandika malih sang brewok ||

8. lah ta sira wong lanang kang pantês kokum | awit dènira ngrêrêpi | mawèh badharing panêkung | gêdhe ukumira yêkti | samêngko ana wong wadon ||

9. wani nanggung luputira saking ukum | sira apa duwe jangji | maring dyah ingkang ananggung | kalis ing lara lan pati | sri nata manabda alon ||

10. yêkti ingsun nata pêpakuning tuwuh | satlatah praja Kadhiri | Jayaamisena ingsun | panêbute wong sabumi | tuhu turasing kinaot ||

11. sabarang rèh nora karya sêlang tanduk | wong ala ingsun alani | yèn wong bêcik sun pitulung | ingsun malês ambêciki | lawan têtulungan kaot ||

--- 63 ---

12. wêktu iki ingsun anandhang pakewuh | kêna ing wêwalêr awit | ambadharakên panêkung | saking tarkanira pasthi | iya ingsun ora megos ||

13. angakoni ura-ura amalat kung | lan mangungak cêmung rukmi | ya ingsun wus ngrasa luput | dene ta datantuk idi | kang darbe cêmung mancorong ||

14. de ta mêngko ana kang sarju ananggung | abangêt tarima mami | ingsun walês tikêl sèwu | rumasuka kulit daging | tunggala gêtih saotot ||

15. kapanujon jro pura Kadhiri suwung | durung ana kang darbèni | iku bae panêdhaku | dadia panêbasing sih | sih piwêlase sang sinom ||

16. ya ta wau sang brewok suka gumuyu | mangucap kapriye mangkin | tekadira kang satuhu | hèh wadon aja kêkêlir | wangsulana ingkang yêktos ||

17. sang rêtna yu mangsuli sarwi tumungkul | sumanggèng karsanira ji | adadosa siti lêbu | kèsède Natèng Kadhiri | amba srah ing lir batos |[32]|

18. dasat ulun rumaos sadarmi gadhuh | sri nata ingkang darbèni | wau ta nalikanipun | Sri Jayamisena myarsi | ture sang murtining sinom ||

19. panggalihe lir alit wukir Sêmèru | kêbêg yayah sundhul langit | ngraos kasaman ing kayun | sang mancala angling malih | wong tuwamu apa adoh ||

20. sang rêtna yu aris aturira arum | winatawis botên têbih | yèn sagêd ingkang lumaku | mêruhi sêrating

--- 64 ---

bumi | sasat namung sapênggayoh ||

21. lah ta age paranana wong tuwamu | ingsun arsa amêruhi | wau ta sang rêtnaning rum | sigra mêsat ngawiyati | sakêdhap wus datan katon ||

22. dyan ing wuri sang mancala warni laju | maluya jati adadi | Sang Arya Sucitra bagus | gya gapyuk rinangkul aris | kang lungaya mring sang katong ||

23. sarwi angandika groyok tuntung guyu | labêt bingahing panggalih | dhuh yayi tan nyana tuhu | dèn ta karya gêlar sandi | gawe gawoking tyas ingong ||

24. wusing tata lênggah Sang Sucitra matur | pukulun sang misudhèng sih | mênggah gèn ulun tumuju | rèh makatên wau gusti | mung murih sagêdnya ngaton ||

25. ingkang karya paribawa têmahipun | sadhèrèk kawula èstri | amba sumăngga pukulun | pami puspita pun patik | sadarmi ngrêksa kemawon ||

26. sang aprabu angayang arsayèng kayun | dadya angandika aris | dhuh dhuh paran yayi mau | sira tuduh marang ngêndi | Sucitra matur wotsinom ||

27. kawula kèn mrih pun bapa dhatêngipun | ing ngarsa paduka ngriki | de ta gusti gatosipun | supados sampun udani | pan lamun kawula yêktos ||

28. sang sri dupi myarsa tyasa katrênyuh |[33] anyuh aturida gati | byatita wau sang prabu | kocapa Sang Maha Rêsi | Citradana kang kinaot ||

29. sapêngkêring putranta dyah lan sang bagus | tilar dhahar lawan guling | ri ratri

--- 65 ---

tansah manungku | ing puja arjaning siwi | pinêrês rosirèng batos ||

30. duk samana sang wiku nuju nyênyuwun | ing dewa ingkang linuwih | ruwata ruwêting kalbu | bêbuka amandêng dhiri | nèng sanggar ingkang mirantos ||

31. madu pala garu candhana rum-arum | murub gandane ngêbêki | ing pamujan tan kadulu | kalimput pêdhut wêwangi | kang muja mantrane dados ||

32. sanalika wela-wela wus kadulu | kang putra kêkalih sami | ngadêg busana di luhung | pinanyungan mega putih | langite têrang katongton ||

33. ciptaning tyas Rêsi Citradana wiku | sokur ing dewa linuwih | de kang putra kalihipun | wus katon ilapat bêcik | samyantuk mulyèng dumados ||

34. duk samana pinarêng kang putra rawuh | jumujug sanggar panêpi | alon dènira umatur | rama rama ingsun prapti | arsa matur bab wigatos ||

35. sang awiku jroning puja trang mangrungu | pangucape kang putrèstri | sanalika mudhar kayun | luwar dènira sêmadi | samadya kagyat gya miyos ||

36. saking jroning pidikan dupi andulu | kang putra rinangkul ririh | adhuh nyawa putraningsun | ana apa sira bali | wêwaraha kang sayêktos ||

37. sang dyah matur rama nguni saundurku | saka ngarsanta anuli | sun tinêmon kangjêng ibu | sinung wangsit wasita di | aji kamayan kang mandos ||

38. lawan ingsun sinidi dumadi manuk | kitiran amănca warni [war...]

--- 66 ---

[...ni] | wuse ingsun dadi manuk | kinèn nyêgat pinggir margi | kang mring Mlawapati anjog ||

39. ing wasana ingsun wus kalakon wêruh | lan narendra ing Kadhiri | nging mêngko nêmu pakewuh | binegal dening băngsa jin | gagah prakosa gêng bênthot ||

40. pangucape si jin yèn ana kang nanggung | wong ika ya diuripi | jine cêkêlane pênthung | rama tulungana nuli | wong ika yèn têmah layon ||

41. lêlakone sang rêtna sadaya katur | ing purwa madya mêkasi | wau ta sang maha wiku | duk myarsa aturing siwi | tyasira lir tinêbak mong ||

42. risang rêsi lan siwi dyan budhal sampun | wantuning pandhita luwih | wus dadi saciptanipun | adoh pinarêkkên kêni | saking sihira Suksmanon ||

43. lampahipun apindha thathit sumêbut | sarêng sanalika prapti | wana ngarsane sang prabu | jlêg wau ta sri bupati | kagyat ing tyas duk tumonton ||

44. sigra mêthukakên sarwi yun mangèstu | cinandhak astanya dening | Risang Citradana Wiku | sarwi matur mêmalad sih | dhuh dhuh anggèr sang akatong ||

45. mugi sampun kirang aksama pukulun | botên pisan yèn pun patik | katênta wangkot tinanduk | ing parikramèng narpati | inggih saking jrih trus batos ||

46. dhatêng wadya batha ingkang linuhung |[34] tekang nitahkên luhuring | paduka jêng sang aulun | jêr sanadyan amba rêsi | ananging tinitah [tini...]

--- 67 ---

[...tah] asor ||

47. pami ulun anampènana saèstu | ntuk saru sikuning Widhi | sang prabu nambung sabda rum | inggih lêrês paman rêsi | nanging dunungnya kang manggon ||

48. pangastawa kula punika tumanduk | nugrahaning Suksmaya di | kang dhumatêng paman wiku | tinitah dibya di murti | putus rèh rosing dumados ||

49. sang pandhita umatur kalangkung nuhun | nanging kulunun prayogi | panêmbah solah bawèstu | muhung kawêngkua munggwing | sadalêm batos kemawon ||

50. dadya kêtrimahnya ing paminta ulun | ingkang dhatêng raharjaning | karaton paduka nulus | puwara wau sang kalih | mung anjum asta kemawon ||

51. wusing tata lênggah sang wiku umatur | pukulun sang misudhèng sih | anggèn ulun kusung-kusung | sumungsung ing byantara ji | punika sinungan wartos ||

52. ring pun Rara Citraswara sutèng ulun | kalamun jêng paduka ji | binegal dening janma dur | ing samangke wontên pundi | tiyangipun kang miawon ||

53. sang aprabu anuli nolih ing pungkur | sang arya dinuk ing liring | Sucitra tanggap ing sêmu | ing atur nora sajarwi | salugu liring lêlakon ||

54. wit bokbilih karya lingsêmnya sang prabu | amung mangkana dera ngling | dhuh rama sang maha wiku | botên wontên kêdhah-kêdhih | muhung putranta pun dhenok ||

55. ulun tuduh angaturi jêng pukulun | punika tuking wigati |

--- 68 ---

ing sêdyamba tarlèn muhung | dimèn jêng paduka uning | dhumatêng sri nara katong ||

56. sang bagawan tanggap ing sêmu sinamun | maluyèng sabda rum manis | adhuh kulup sutaningsun | dahat panarima mami | akanthi sukur ing manon ||

14. Kinanthi

1. wau ta sang maha wiku | wèstu wus waskithèng wèsthi | kêdhapira sri narendra | kênèng sambang lara brangti | marma matur anoraga | pukulun sang misudhèng sih ||

2. bilih paduka pukulun | kapanudyan ing panggalih | karsa angagêm puspita | wijilan ing Candraagni | pun paman sumanggèng karsa | ing pangrêksamba mung darmi ||

3. ananging saèstunipun | kiwa kuciwa ing warni | kadyangganing sêkar klurak | datanpa gănda sayêkti | kang pinurih mung satunggal | wêtah mabêning kang sari ||

4. wasana panuwun ulun | mugi paduka marêngi | mariksani kang cêmung mas | ingkang tiningalan dening | rayi jandika Sucitra | punika wasiyat yêkti ||

5. pangèsthining manah ulun | tinêbihna tulah sarik | de ta ulun cumanthaka | purun nêmbungakên rayi | dhumatêng Arya Sucitra | saking èngêtnya pun patik ||

6. kados-kados botên klèntu | wit bêbasan nadyan têbih | ing prênah taksih kantênan | upami urubing agni | lamat-lamat katingalan | kêluning kukus sayêkti ||

7. yèn gănda kentaring ranu | wontên ambêtipun taksih |

--- 69 ---

sumar-sumar sawatara | de ta wêwijanging luri | tuwin cêmung caritanya | badhe ulun turkên wingking ||

8. bilih jêng paduka sampun | rawuh ing pakuwon gusti | wit sagunging wadyabala | sami rudah arudatin | mangajap rawuh paduka | panggih kalihan basuki ||

9. sang sri kapanudyèng kalbu | tandya abudhalan sami | ri kanang cêmung binêkta | dening kang parêpat kalih | Ki Lurah Lenggot lan Bawa | ing pakuwon sampun prapti ||

10. sarawuhipun sang prabu | sakèh wadyakuswa sami | sumungku sukur sru suka | dyan tata lênggah atartip | samangkana sang bagawan | matur ing sri narapati ||

11. dhuh anggèr ing mangke ulun | yun murwa ngurayèng ruwi | lêluryamba kang kacêtha | ing maha dewa kintaki | lêluhur amba Hyang Srita | ran Hyang Panyarikan ugi ||

12. punika atampi dhawuh | saking Sang Hyang Wisnupati | kinèn anglampahi nrima | têmah katarimah yêkti | dyan sinabdan hèh samangkya | saturunira ing wuri ||

13. yya pisah lan turun ingsun | makatên wau nêtêpi | bêbasan sabdèng pandhita | pangandikaning narti |[35] anggèr makatên lirira | awit Sang Hyang Srita dupi ||

14. pinetang têtêrahipun | kaping sawêlas dumugi | Bagawan Sidhiwacana | dhepok Manikmaya wukir | punika pêputra tiga | kang wrêdha Dèwi Suyati ||

15. dumugi diwasanipun | kagarwèng Dwara Apatih | patutan kalih kang juga [ju...]

--- 70 ---

[...ga] | Patih Supadma wêwangi | kalihe mijil wanita | awasta Dèwi Supadmi ||

16. dene ta panênggakipun | kang rayi Dèwi Suyati | awasta Dèwi Satapa | dadya garwaning narpati | Sang Prabu Darmasarana | patutanipun kêkalih ||

17. kang sêpuh punika kakung | Sri Yudayana wêwangi | ingkang taruna wanita | awasta Dèwi Pramasti | de kang waruju putranya | Sidhiwacana Maharsi ||

18. punika ta mijil jalu | wasta Sidhikara Rêsi | parampara ing Ngastina | lajêngipun asêsiwi | kêkalih èstri lan priya | Dèwi Sadu sinambat sih ||

19. kagarwa dening Sang Prabu | Yudayana Ngastina di | patutan satunggil priya | Sang Sudarsana Narpati | rining Dyah Sadu kang priya | Rêsi Sadhana kêkasih ||

20. Dyan Rêsi Sadhana wau | pêputra jalu kêkalih | kang sêpuh Bambang Sumedha | dhepok Candramuka wukir | dumugining wrêdha nama | Risang Sudhatnyana Rêsi ||

21. kang taruna wastanipun | Bambang Susena martapi | ing Candraagni prabata | dupi wrêdha salin nami | Risang Rêsi Dhanudhana | trus ngasramèng Candraagni ||

22. Rêsi Dhanudhana wau | putra kalih priya sami | sajuga Rêsi Rasika | Brahmana Yawastinadi | kalih Rêsi Acitraka | Brahmana Malawapati ||

23. Rêsi Acitraka wau | sêsuta amung satunggil | nama Rêsi Citradana | inggih pun ulun puniki | sinung anuwila gănda | dening jawata

--- 71 ---

linuwih ||

24. absari sinambat ing rum | Rêtna Dèwi Nawangsasi | salajêngipun patutan | kêkalih jalu lan èstri | pun Arya Sucitra lawan | rayi paduka puniki ||

25. agêntos cariyosipun | inggih ingkang cêmung rukmi | ing nalika semah amba | badhe muksa amarêngi | rayi paduka umurnya | lagya pitung lèk winilis ||

26. punika tilar wartyèstu | makatên ingkang wêwêling | dhuh dhuh bapakne Sucitra | rèhning pasthèning dewadi | mung tutug samene gyanta | amêngku maring wak mami ||

27. sira yya sandeyèng kalbu | wit ngêmong sutanta bayi | misih ing wanci sêsêpan | sabên mular miwah budi | iku iyèngsun kang bakal | nulung tumurun nêsêpi ||

28. ya saka ing alam samun | samar lèn jamaning janmi | nganti praptaning diwasa | sarta wruhanira benjing | sutanta Kèn Citraswara | iku ing têmbe pinasthi ||

29. kuwat nurunkên pra ratu | ratuning rat nuswa Jawi | marma bapakne Sucitra | pamomongira dèn bêcik | de ing têmbe yèn wus cêpak | jatukramanya ni dèwi ||

30. wasiyate rupa cupu | manik asthagina yêkti | ingsun turunkên arupa | cêmung kancana mahisi | rikana tirta wimasa | dene pigunane kyai ||

31. iya mubarang maujud | kang tinawangakên tuwin | dèn ungkuli dening kaca | tutuping kang cêmung rukmi | yèku kang ana ing sira | padha sanalika

--- 72 ---

yêkti ||

32. sawastu dadi mas tatur | yèku kang minăngka bêkti- | ning sutanta mring lakinya | pun swami lajêng murca nis | bokbilih babaring wêca | inggih lampahan puniki ||

33. dene tutupipun wau | anggèr kulunun samangkin | inggih sampun ulun bêkta | lah ta punika kang warni | kulunun amba sumăngga | tutup wus tinampèn sang sri ||

34. sang rêsi nungka umatur | dhuh anggèr kados prayogi | kang cupu wau cinoba | kamayannya mrih patitis | ing bêbasan awon kăndha | wontên ing tăndha lan yêkti ||

35. karyaa lêlangên luhung | sakarsèng sang misudhèng sih | binadhenana punapa | kang dados parênging galih | Prabu Jayaamisena | dahat kapanudyèng kapti ||

36. samangkana lajêng dhawuh | mring pra punggawa akardi | kang lêlangên binadhenan | inggih saking kajêng jati | yun sinaoskên ing raka | Sri Natèng Malawapati ||

37. pra punggawa mantri laju | sami tumandang ing kardi | akarya jantran gilingan | likasan jolèn pituwin | pêksèn-pêksèn sato wanan | kang pantês amilangêni ||

38. dupi dadya lajêng katur | tinawangkên cêmung rukmi | dyan kaungkulan tutupnya | sami sanalika dadi | warna kancana sadaya | sang sri sru marwata siwi ||

39. ya ta ing nalika wau | sang rêsi anuju kapti | mrih wimbuhing tyas êntyarsa | amit gya mijil ing jawi | lajêng mindêng hninging cipta |

--- 73 ---

minta găngsa surendra tig ||

40. kaèsthi osiking kalbu | sami sanalika ugi | katrimah jlêg tinurunan | dwi rancak surendra adi | katur sang sri sukèng driya | yayah kalaban mêmanis ||

15. Dhandhanggula

1. mantihanta kacaryaning ati | pra manguri miyat kamayannya | ponang cêmung satutupe | miwah kadibyanipun | Risang Citradana Maharsi | samantara sang nata | saksana adhawuh | atata nrus ing laksita | dupi sampun sampat samapta miranti | sang prabu adan budhal ||

2. lan kang garwa nitih jêmpana di | Risang Rêsi Sucitra tut wuntat | tata rakiting lampahe | kadya duk angkatipun | mandarmêne wimbuh tulya sri | wit amawi pradăngga | samarga tinabuh | ngrêrangin ngênganyut driya | marma para wadyendra wulingèng ati | gumêr samarga-marga ||

3. samangkana wau ta sang yogi | nèng jêmpana sung marta ing putra | mangkana ing pituture | dhuh babo sutaningsun | dipun bisa suwitèng gusti | dhasar nata sudibya | trah titising Wisnu | kasub kaonang ing jagad | susatyambêk wasis waskitha wus pasthi | nini sira èngêta ||

4. iya lamun bèbèting wong cilik | dèn agêdhe suka sukurira | nêrus narimèng titahe | de sira sinung wahyu | wahyaning kang nugraha jati | sumarambah wibawa | sor kinarya luhur | kinèn amisesanana | sèsining jro dhatulaya ing Kadhiri | yêktyakèh [yê...]

--- 74 ---

[...ktyakèh] marunira ||

5. para putri utama di-adi | dèn tumanên ing manah bisaa | mong ngêmuli salawase | mring pra marunirèku | aja karya saksriking ati | dèn arakêt rukuna | kadi kadang tuhu | ywa ciptantuk sih priyăngga | sokur bisa nêtêpi têpa palupi | lêpihan dyah utama ||

6. kaya ingkang cinaritèng nguni | dening sira Sang Bagawan Drawa | mring Kèn Sarwasri putrane | yèku taturutipun | kang wus ingsun tutur ing ngapti | nging mêngko wus ngong jugag | gatining pitutur | mrih cêkak cakêping gita | nguni ana putri mêngkumbêk utami | têmah têtêp mulyarja ||

7. tur ta misih luhur ta pribadi | yèku sorining Sri Sudarsana | ing Ngastina kadhatone | dene jêjulukipun | Kusuma Yu Dyah Padmasari | putrèng Patih Supadma | prênahe puniku | wayahe warèng manira | Sang Bagawan Sidhiwacana palinggih | ing wukir Manikmaya ||

8. de ta wau Dèwi Padmasari | sru kasusrambêk santa santosa | tansah noraga patrape | mong rumakêt sih lulut | kinêmeron marunirèki | tinahên ing tyas marta | saka jrih ing kakung | lan rumasa yèn ngawula | măngka kèhe garwa paminggiring aji | Sang Prabu Sudarsana ||

9. pan salawe bêboyongan nguni | saking praja ing Manimantaka | garwane rêksasa rajèng | nalika nêmbenipun | apan kasor

--- 75 ---

kasêsêr ing sih | kèsi-èsi sasolah | bawane sinaru | marang maru-marunira | mring raka ji kalakon kinèn sumingkir | kinêkêr ing udyana ||

10. parandene sang rêtna lumirig | tan lênggana tuduhing rakendra | wiwit samana mèh bae | kasingkur sihing prabu | labêt saking karoban sihing | para garwa taruna | amêmalad kalbu | nanging Risang Padmiswara | nora pisan-pisan gumingsir ing galih | mutung sukur narima ||

11. ing têmahan wuryantuk pêpulih | têtêp dadya pramudèng garwendra | ngrèhkên para garwa kabèh | sinung wawênang mêngku | misesani sèsining puri | myang para marunira | jrih sungkêm sumungku | asih ngèstokkên sakarsa | rumasa yèn ngayum sinung yêming ati | ngêtog tanpa pêpinda ||

12. suprandene Sang Dyah Padmasari | panggalihe samêndhang tan ngrasa | yèn kinarya tunggul dhewe | tuhu măngka têtunggul | sagung ingkang garwa paminggir | mandar mandya miluta | lir kadang satuhu | ciptanya sami ngawula | marma datan ana kang winalangati | wus tanpa subasita ||

13. malah para maruyèntuk runtik | maring raka saking kaluputan | ing sadhengah dhadhakane | kadi ta saking tanduk | solah bawa kang tan mrakati | iku sawastu enggal | sinuwunkên maklum | murih sida widadarja | dènnya sami dêdasih suwitèng laki | sayuk saabipraya ||

14. tuhu lamun mêmaniking bumi | pramèswarining [pra...]

--- 76 ---

[...mèswarining] Sri Sudarsana | pantês dadya ondhe-ondhe | sumawita ing kakung | anêtêpi ambêking èstri | atêmên katêmahan | utama tinêmu | kataman ing parimarma | ya marmane dèn abisa ngirib-irib | labuhan kang utama ||

15. tur tinimbang lawan sira nini | mungguh lêlurining para băngsa | sayêkti dudu simake | samono ambêkipun | panganggone suwitèng gusti | eling yèn kawisesa | sira dèn tuwajuh | sinung wimbuh gêng nugraha | pan sapira nini bêgjanira mangkin | ing tyas aja pêpeka ||

16. dipun wêdi bêkti anglakoni | ing sabarang parentah sang nata | lair batin aja mèngèng | lawan aywa nak ingsun | rumasa yèn ginarwèng aji | ngrasaa yèn kawula | suwita ing ratu | wênang kapurba wisesa | dadi datan arda ing driyanta nini | widada salaminya ||

17. wêkas ingsun yogya dipun eling | aja kandhêg ing ucap-ucapan | kang abisa matrapake | arahên nyatanipun | sabarang rèh ingirih-irih | aywa sadaya-daya | dèn matarèng kayun | dêduga lawan prayoga | aywa tilar rêringaning nitya lungit | laksitaning nityarja ||

18. dadya têmên wêlasira nini | mring wong tuwa kang nglakoni lapa | sira kang nampani anggèr | ugêring nugraha gung | pan mangkono nini ing nguni | ringkêsaning wulangnya | Rêsi Drawa Wiku | mring putra sang rêtnaning dyah |

--- 77 ---

Kèn Sarwasri duk pinundhut garwa dening | Sri Aji Jayabaya ||

19. yèku ingkang eyang sri bupati | Sang Aprabu Jayamisena |[36] iya ta gustimu kuwe | mangkana ta sang prabu | ing Kadhiri dupi miyarsi | sabdèng dwija mêmarta | mring garwa sang ayu | mèsêm sêmu ngayubagya | gya sang sori Citraswara mangênjali | maluya ruming sabda ||

20. dhuh jêng rama anuwun kapundhi | ing mastaka dadia jêjimat | tambang jiwa salawase | sawabing rama wiku | aku muga bisa nglakoni | wosing wasitanira | kadi kang winuwus | patrap busanèng akrama | sêtya tuhu ingsun bisa angiribi | pramèswari Ngastina ||

21. pirabara bisa angêplêki | kêlabêtan labuhan utama | linantèh ing salintire | kasidaning tumuwuh | sinungana saarsaning sih | dunya praptèng dêlahan | sinarduèng sadu | sinidikarèng ciptarja | pajampua sinambadan ing pangèsthi | pinasthi tuwanggana ||

22. sang bagawan astamèng panggalih | myat ing putra Dèwi Citraswara | tanggap pasang pasêmone | ing wulang wus kacakup | cinanthêt ing budi pinêtri | marma sang rêsi dahad | kasok trêsnanipun | de Sang Sri Jayamisena | sanityasa tyase êntyarsa miyarsi | surasaning warsita ||

23. byatatita kang lagya lumaris | rêke gêntya ingkang winursita | Sang Anglingdarma pamase | sajuga ari nuju | miyos lênggah ing păncaniti | tan pae kadi [ka...]

--- 78 ---

[...di] saban | kang parêk ing ngayun | Sang Prabu Jayakusuma | ing Mataun kalih Patih Bathik Madrim | pêpak para pramudya ||

24. tuwin sagung pra punggawa mantri | Sang Iswara wusing imbal sabda | ing praja karaharjane | samantara nabda rum | kakang patih seje panggusthi | wus ana pirang dina | gon ingsun anuduh | bocah punggawa Malawa | animbali yayi prabu ing Kadhiri | de durung ana prapta ||

25. pangiranta apa ingkang mawi | kyana patih matur apranata | pukulun jêng sang pamase | saking pangintên ulun | punggawendra ingkang tinuding | dumuginipun Daha | botên parêng mantuk | badhe ingajak sarêngan | sowanipun rayi paduka Kadhiri | ing ngabyantara nata ||

26. dados angêntosi sawatawis | wastunipun mawi tata-tata | samaptaning ubarampe | tarlèn pamurihipun | karya lêga arsayèng galih | sri nata dupi myarsa | kapanudyèng kayun | lagyeca imbal wacana | tan antara rawuhnya Natèng Kadhiri | duk praptèng pangurakan ||

27. cingak sagung kang sami sumiwi | miyat sumrêg myang gumyahing swara | gumuruh barêng êloke | kinira lamun mungsuh | dupi uwus waspadèng ngaksi | yèn Sri Kadhiri praja | puniku kang rawuh | prawira tata mangargya | ya ta Prabu Jayamisena sarimbit | sawadyabalanira ||

28. ingkang sami wahana turanggi | sampun mandhap mandhêg ing bacira | de sang narpa [nar...]

--- 79 ---

[...pa] lan sorine | miwah Sang Maha Wiku | Citradana laju sumiwi | ngarsèng Sri Anglingdarma | dyan sami mangèstu- | pada dupi wus atata | tandya Prabu Anglingdarma ngandika ris | dhuh yayi padha arja ||

29. praptanira ing Malawapati | kang dinuk ing sabda atur sêmbah | tatas patitis ature | pukulun kaka prabu | sakalangkung nuwun kapundhi | ing sabda jêng paduka | wau kang dhumawuh | kacancang pucaking kiswa | mimbuhana yuwana bagya salami | lumèbèr saprajamba ||

30. ri saksana sang wara mahisi | Citraswara trus tumamèng pura | ingiringkên sudarmane | Sang Citradana Wiku | dyan ing wuri sri narapati | Mah Prabu Anglingdarma | angandika arum | dhuh yayi dahad astama | ing tyas ingsun miyat ing sira sarimbit | nanging ta ing bêbasan ||

31. ingsun ayun tan atanya yayi | dene wikan yèn ingsun tanyaa | dene tan tămpa dutane | yayi angsung pangrungu | ya ta sang sri prajèng Kadhiri | atanggap ing wardaya | anuli umatur | saking pangèstu paduka | lêlampahan amba punika nêtêpi | sêkaripun bêbasan ||

32. jodho ngêngago[37] krama mrandangi | kalingana ardi myang samodra | lamun pinasthi jodhone | ing sayêkti acundhuk | dhuh makatên kangjêng kaka ji | liripun botên nyana | kapanudyèng ênu | kêpanggih rayi paduka | yayi dèwi dene ta kapasang yogi | sutanipun pun paman [pa...]

--- 80 ---

[...man] ||

33. Rêsi Citradana ngasramardi | Candragêni kagolong santana | lan jêng paduka witdene | nguni lêluhuripun | inggih Sang Hyang Srita kawarti | nahan ta Sri Mamênang | ngaturakên sagung | lêlangên sarwa kancana | myang sajarwa saliring rèh duk nèng margi | wus katur Sri Malawa ||

34. Sang Aprabu Nglingdarma duk myarsi | sakalangkung tusthaning wardaya | nging dupi myat kaanane | kang lêlangên mas tatur | muhung dhawuh dhatêng kya patih | kinèn amasrahêna | kewala mring ibu | kang dinuk ing sabda tanggap | matah marang punggawa nulya lumaris | ngirid tumamèng pura ||

35. wau Natèng Malawa duk mèksi | kang lêlangên kancana dumadak | rumaos merang galihe | locitanirèng kalbu | ya jagad dewa bathara di | kuciwa têmên dènnya | nitahkên maring sun | paran ta têka kasoran | lan ri Prabu Jayamisena Kadhiri | hêm bêgjane wak ingwang ||

36. antuk garwa kewala tan apik | titikane datanpa pagunan | tur ta nganggo misih rèwèl | brawala datan patut | yayi Prabu Kadhiri kuwi | sing tan bagus kadyèng wang | sor wibawanyantuk | bojo yu endah ing warna | miwah bapa wiku wibi widadari | lan wignya ing sarana ||

37. sumawana sugih rajatadi | tur ta nganggo bêkti marang priya | mangkana unandikane | Sang Anglingdarma Prabu | sami sanalika dumugi | kaswargan suralaya | karya rêngunipun [rêngu...]

--- 81 ---

[...nipun] | Hyang Jagad Wisesa tunggal | dyan tumêdhak maring taman bagendha di | lawan para jawata ||

38. amancala warna dadya paksi | karsa matitiskên kaanannya | ing solah bawa sang rajèng | ya ta mangkana wau | Sri Kadhiri tanggap ing galih | kêdhapnya ingkang raka | lir kanggêg ing kalbu | sigra matur umastawa | dhuh kaka ji punapa ta ingkang mawi | dene ta jêng paduka ||

39. kèndêl èsmu èmêng ing panggalih | ulun mugi tuwan jarwanana | bok manawi ulun badhe | sagêd atur pirêmbug | murih ruwat ruwêting galih | Sang Prabu Anglingdarma | datan sajarwèstu | mangkana pangandikanya | dhuh yayi mas pun kakang rada rudatin | dera durung kapadhan ||

40. pandhuking hyun lan bakyunta yayi | ya ta Sang Sri Jayaamisena | sumambung umatur dene | punika têka namung | kewala ing prakawis gampil | liripun ing usada | dyah wangkot puniku | tinanduk ana ing basa | manuhara bilih mêksa botên kenging | inggih dipun srênggara ||

41. bilih botên măngga nyrênggarani | yogi dipun pêgata kewala | yèn tan sagêd mêgatake | dèn tilara ngalangut | alêlangên ing udyana di | utawi amisaya | paksi lan lènipun | băngsa bêbujungan wana | wit dyah lamun tinilar saèstu thikil | èngêtnya dhatêng priya ||

42. Sri Nglingdarma dupi amiyarsi | sami sanalika tyasnya lêjar | sumèh sumringah sêmune | kang rayi

--- 82 ---

dyan rinangkul | kinakudang dhuh babo iki | suwargane adarwa | kadang taruna nung | bisa akarya pisuka | marang kadang wrêda kang turida gati | ya ta wusnya ngandika ||

43. laju wangsul lênggah dhampar gadhing | samantara alon ing wacana | hèh kakang apatih rêke | kaparênging tyas ingsun | yun tumêdhak lêlangên maring | ngudyanarja bagendha | iku sira banjur | sawegèng laku dhèrèka | lan ri Prabu Mataun dimèn umiring | mangimur driyasmara ||

16. Asmaradana

1. tri yayi Prabu Kadhiri | Dyan Patih Matah pratiwa | sapalih ingkang andhèrèk | sami sapanêkarira | dupi sampun samapta | samangkana sang aprabu | kridhasta angsung sasmita ||

2. kalilan murwa lumaris | tinampèn juru têngara | tandya ngunèkkên slomprète | imbal tampèn-tinampenan | binarung kalasăngka | gubar gong bèri gumuruh | obah wadya kang nèng ngarsa ||

3. dadya pucuk anjajari | sajuru-juru atata | tinon tulya sri rarase | saksana sri nata budhal | dhinèrèkkên dyi narpa | ing Kadhiri myang Mataun | kêbut sawadyabalanya ||

4. gumêr gumrêdêg samargi | ing ênu datan winarna | ya ta wau ing lampahe | anglarug ing wanawasa | atri alangên jiwa | dènira sami mêmanggut | anandukakên warastra ||

5. marjayèng sato wanadri | akathah kidang myang sangsam | kancil atanapi bandhèng[38] | ingkang sami [sa...]

--- 83 ---

[...mi] kaprawasa | lan kang kapikut gêsang | mangkana sang mantri anung | parentah matah punggawa ||

6. kinèn samya mangruktèni | saangsale bêbujêngan | wus linakon sagatine | Dyan Sang Prabu Anglingdarma | sapara wadyakuswa | nglajêngakên lampahipun | duk praptèng taman bagendha ||

7. sagung wrahatbala sami | kagyat ing driya umulat | têtaru-taru oyage | sinêngguh yèn singgunkara | dangu-dangu katingal | acêtha kalamun iku | Sang Nagagini lagyeca ||

8. pulêtan apulang rêsmi | kalawan taksaka tampar | dupi matur sang pamase | sanalika sru kabangan | murina mring kang raka | Risang Nagapratala nung | wit kadang tunggil pruwitan ||

9. sang prabu sigra amusthi | warastra ingayat-ayat | supadi dimèn asande | Nagagini dènnya kirda | anging tan kèngguh ing tyas | mandar nêmaha dinulu | wiraga dènnya pulêtan ||

10. marma laju dèn lêpasi | panah ponang sarpa tampar | kataman pêjah angênggèn | anyarèmpèt pêthitira | Sang Nagagini nulya | mlajêng sarwi nguwus-uwus | hèh hèh Prabu Anglingdarma ||

11. têka gêndhak sikara mring | titah kang lagi pasihan | tur ta asèjèn bangsane | dhèwèke klepetan apa | yèn mangkana kang padha | nêbut ratu pandhita nung | iku kabèh datan nyata ||

12. sajatine ratu êdir | durta bae ing pangulah | lah ya

--- 84 ---

rasakna bakale | yêkti sun wadulkên marang | kakang Nagapratala | dhandhang sun unèkkên kontul | mêsthi bilai takanta ||

13. ya ta jêng sri narapati | dupi myarsa sumbarira | Sang Nagagini nulya ge | malajêngi sumêdyarsa | aminta pangaksama | sang naga wus doh katrucut | dadya datan kêtututan ||

14. nuli wangsul sri bupati | dhawuh mring sang mantri mukya | sagung wadya sami kinèn | angasoa sowang-sowang | de ta sang narèswara | karsa yun si dadal banyu | bèji karang pakitrenan ||

15. patih sandika wotsari | sang prabu lajêng tumêdhak | mung parpat loro kang dhèrèk | Lurah Capi lawan Capa | dupi prapta ing ngarsa | korining bèji sang prabu | mulat miwah amiyarsa ||

16. ungêling paksa mawarni | gêntosan angsung sasmita | winursita pamunane | dhuh sang prabu pajampua | nêtêpana kang asma | nata binathara anung | ing têgêsipun punika ||

17. botên ngêmungkên nêniti | nata jagad ngarcapada | kewala dalah jagade | priyăngga yogya tinata | wênèh sumambung munya | o o inggih sang aprabu | wontênipun kang manuswa ||

18. kinasihan ing dewa di | puniku purwanya tar lyan | saking asih sasamine | samana Sri Anglingdarma | tar mantra anggaliha | mila dupi sang aprabu | prapta madyaning gapura ||

19. munggwing nataring botrawi | sagunging para kukila | byur barêng ambyar abure | yayah

--- 85 ---

akagyat ginêtak | mawoswara gumêrah | nganti roning taru-taru | sami gogrog ambêlasah ||

20. drodhug ing wit nagasari | kacaritèng kono ana | kaga kuthilang sajodho | ri sêdhêng apêpasihan | sajatine punika | iya Hyang Pramèsthi Guru | lawan Sang Rêsi Narada ||

21. dupi myat aburing paksi | paksi wanita pitanya | ingkang dadi karanane | kaga samya bur barêngan | ya ta kuthilang priya | maluya manis ing têmbung | hèh wong wadon wruhanira ||

22. pra kukila padha wêdi | êmbok katut kalepetan | ing sang prabu angkarane | ênggone anglirwakêna | cêgah pakoning dewa | yèn têtêp mingkarèng tuduh | ing dewa antuk pidana ||

23. tandya kasarêng rawuhing | Maha Prabu Anglingdarma | kagyat umiyat tumrahe | tambêlèking kang kukila | ri saksana tumênga | myat kuthilang karon lulut | lagi aloloh-lolohan ||

24. dadya dinalih mêmengin | mangun langêning asmara | linêpasan warastra ge | kang kagèstri kenging pêjah | dene ta ingkang priya | muluk ngupatani muwus | hèh hèh Prabu Anglingdarma ||

25. sira têtêp tan marta sih | ing dumadi anyikara | mêgatkên katrêsnaning lèn | amatèni rabiningwang | ingkang datanpa dosa | sawastu sira ing besuk | anêmahi kang mangkana ||

26. sang aprabu duk miyarsi | mêsa ugi tan kadriya |

--- 86 ---

muhung laju siram bae | sapragatira sêsotya | dyan kondur maring taman | wirandhungan lampahipun | anggung ancung angrancana ||

17. Pocung

1. ngarang ing yun nyut èngêt garwa sang ayu | dyan kayatnan dènnya | dèrèng katêrasan ing sih | sih-sinihan sacara carêming karsa ||

2. gantya emut ing panguwus-uwusipun | Nagagini sarpa | nuntên kaèngêtan maring | ingkang raka Sang Naga Raja Pratala ||

3. ing sawastu yun nganggêp sawadulipun | ing swami tur dora | manawi inggih manawi | tan wun dadya mêngsah akarya rêkasa ||

4. têmahipun mirong muring ring sang prabu | marma dupi prapta | taman bagendha anuli | tarantara dhawuh risang mantri mukya ||

5. sanggyanipun wadyabala kinèn tugur | baris angêpanga | saidêring udyana di | lamun wontên warni punapa-punapa ||

6. kinèn laju marwasa tumêkèng lampus | sang mantri wisesa | sandika atur astuti | sang aprabu gya tumamèng pasanggrahan ||

7. mêmpên tan yun miyos ing jawi mrih lipur | ya ta samangkana | Patih Arya Bathik Madrim | dyan dhawuhkên mring sagunging wadyatăntra ||

8. sami gugup ing tyas sami mapan tugur | sasikêping yuda | ngêpang pacangkraman adi | sarwi pating kalêsik pangucapira ||

9. nêdha sagung pra kănca ing mangke sampun | pêpeka ing karya | awit jêng sri narapati | lagya mirong mirangrong ing rèh mangarang ||

10. kunêng wau kang ajaga [a...]

--- 87 ---

[...jaga] yitnèng kewuh | gênti ginupita | Sang Prabu Kalawrêdati | wus abudhal rêke ngêbrêgi nagara ||

11. ing Malawakusuma saputranipun | miwah balakuswa | nihan ta ing sajuga ri | sang yaksendra nuju miyos sinewaka ||

12. pêpak sagung sumantri sandhahanipun | kang cakêt nèng ngarsa | yeka sang rêkyana patih | kang kinasih Sang Ditya Kala Gorandha ||

13. kalihipun manggala măngka gul-agul | Ditya Kalasrêngga | mangkana sang yêksapati | ngandika lon hèh bapa Kala Gorandha ||

14. jênêng ingsun dahad amangayun-ayun | maluyèng cundaka | kang angisêp-isêp warti | mring Malawa têka suwe nora prapta ||

15. panêmumu apa kang dadi pakewuh | Sang Kala Gorandha | tanggap matur mangênjali | dhuh pukulun pamanggihipun pun bapa ||

16. duta prabu tan trimah tampi pitutur | saking sok tiyanga | manawi asêlang titih | dados dadak upados tèsing pawarta ||

17. ingkang êtus atas saking pra priyantun | pantês pinarcaya | pakantuk têtêp patitis | ing pangangkah sampun ngaping kalih karya ||

18. nadyan dangu ntuk tuwas sagatosipun | sang raksasa raja | dadya kapanudyèng kapti | samantara kasaru dhatênging duta ||

19. kang kaplayu wil Wrêkosa Wrêkongsaku | ngaturkên sasolah | tiwasira kang tinuding | saking purwa titi prapta ing puwara ||

20. èstunipun Natèng Malawa puniku | inggih

--- 88 ---

trah Pandhawa | saking Radèn Partasiwi | mêne sawêg tindak mring taman bagendha ||

21. yaksa prabu dupi miyarsa turipun | wil wrêda Wrêkosa | sru duka yayah sinipi | ing wasana cipta antuk kaladesa ||

22. marma laju ayun tumêdhak anglurug | mring taman bagendha | karsa anyidra pribadi | nging pinambêng mring Patih Kala Gorandha ||

23. aturipun dhuh pukulun maha prabu | pamanggih kawula | anjawi saking karsa ji | sampun-sampun paduka têdhak priyăngga ||

24. yogyanipun utusan kemawon rampung | jêr ta jêng paduka | sugih wadya dibya sakti | măngsa găndra sapintên mêngsah tyang Jawa ||

25. nata diyu ing driya condhong umanthuk | dyan miji pramea | têtiga sudirèng wèri | juga nama Sang Ditya Kalasrênggara ||

26. kalihipun Sang Kala Duskara anung | tri Kala Dusmaya | kinondhangan pra jajar wil | kawandasa sami gambuh ing ayuda ||

18. Gambuh

1. jêng sri yaksa nabda rum | hèh hèh bocah punggawa têtêlu | sira padha dèn bisa tumamèng wêrit | nindakkên upaya samun | nyidra Sri Anglingdarma nom ||

2. diprayitna ing kewuh | aja kurang wiweka ing kalbu | Ditya Kalasrênggara amangastuti | matur sandika dyan mundur | sakancanya wil gya bodhol ||

3. samantara Sang Prabu | Kala Wrêdati kondur ngêdhatun | ditya patih saandhahannya kang kari | bubar sowang-sowang mantuk | ya

--- 89 ---

ta mangsuli cariyos ||

4. lampahnya para diyu | tan winarna kaananing ênu | praptèng taman bagendha wus sirêp janmi | Sang Kalasrênggara laju | mangsit mring kancanya kinon ||

5. sami ningit anamun | priyangganya kang nyadhang sang prabu | de ta lamun ana sabawa angêrik | pratandhane iku uwus | băndawasaning sang katong ||

6. dienggal sami ambyuk | marwasa Sang Anglingdarma Prabu | sagung ditya manggala anayogyani | sigra singidan sadarum | ing wuri sang sitya[39] gembong ||

7. gêgambèn pramudya nung | matak mantra sêsirêpi ripu | sami sanalika lir babadan pacing | gulasah lèsèh pra tugur | turu ngorok sênggor-sênggor ||

8. Kalasrênggara Diyu | dyan mancala warna dadya wadu | ayu endah apindha endhang ing ardi | jujug sangajênging pintu | butulan sanggrahan manggon ||

9. kocapa sang linuhung | Patih Bathik Madrim sakalangkung | sandeyèng tyas ênar-ênar sênig-sênig | dènira tidhêm ing dalu | tan ana sabawaning wong ||

10. dalah sabawanipun | walang talisik tan na karungu | samangkana saksana wisata maring | sanggrahan pakuwonipun | Sang Jayamisena Katong ||

11. ya ta praptaning ngriku | Sri Kadhiri panggih taksih wungu | lagya eca pinarak lawan kang rayi | Sang Jayakusuma Prabu | ingadhêp Sang Sucitra nom ||

12. tandya sang mantri anung | sojar dènnya

--- 90 ---

sandeya ing kalbu | de ta padhang wulan apurnamasidi | pra wrahatbala sadarum | prasami tilêm angorok ||

13. kadi kataman jênu | sumawana kaelokanipun | dalah para tiyang sêsadean sami | tilêm ing sadhawahipun | tanpa kukudan amandon ||

14. ingkang makatên wau | ing pangintên punika saèstu | saking tanduk karti sampekaning wèri | amila prayoginipun | suwawi nganglang pakewoh ||

15. wau ta sang aprabu | ing Kadhiri kalawan Mataun | myang Sucitra prasami anayogyani | trus nganglang prayagung catur | praptèng pêngkêraning gêdhong ||

16. ngajêng butulan kidul | pasanggrahan samya non dyah ayu | kyana patih bêbisik mring risang katri | pinrih kèndêl wus mituhu | sang patih trus lampahnya lon ||

17. murugi dyan pinagut | mring kang namur pindha endhang gunung | sarwi tanya wahyaning wacana manis | dhuh dhuh lae sang abagus | brêgas sumèh ing pasêmon ||

18. anilakrami ulun | jêng paduka paran kang jêjuluk | Prabu Anglingdarma ing Malawapati | kya patih prayitnèng kalbu | sumlènggrêngakên sang katong ||

19. mangkana têmbungipun | dhuh bok adhi iya jênêng ingsun | kang ngarjani praja ing Malawapati | sami sakala sang namur | glêgêr dadya buta klekoh ||

20. anggro sarwi manaut | kyana patih milar sarya napuk | mukèng yaksa kakênan jungkêl ing siti | tinepang singsal gya wangsul [wang...]

--- 91 ---

[...sul] | punggung lir bandhèng[40] kêtaton ||

21. ariwut iwat-iwut | gulung gulangsaran gumarêgut | solahira dinulu anggêgilani | kya patih tatag tan keguh | umagut gêlut agogot ||

22. saksana para diyu | kang singidan parêng sami ambyuk | tanpa taha iyêg ibut mobat-mabit | tinadhahan mring Sang Prabu | Jayaamisena anom ||

23. lan sang sri ing Mataun | tuwin Arya Sucitra tumangguh | langkung rame caruk rok asilih-ungkih | pet-petan papan pur pupug | adêdrêg tan ana kasor ||

24. tandhing prakosanipun | pra rêksasa ngêtog dibyanipun | samya ngêrik ngêrêg gêbêg gobag-gabig | sang catur panggah tan keguh | kinêrah akekot-kekot ||

25. datan bucik sarambut | sang awirya catur narik dhuwung | sami linarihkên mring para wira wil | sadhengah ingkang kapanduk | kapisanan bangke bosok ||

26. kang kari tyasnya mirut | kerut larut sinêngka sru riwut | andhadhagi mêksa dhadhal tan ngundhili | ingamuk kadga sang catur | sadaya diyu wus kaog ||

27. tumpês tapis atumpuk | tumpang tindhih wangke ngundhung-undhung | wor kang taru rêbah kabarubuh dening | kambah nalika prang pupuh | pating jalêmpah kadya sol ||

28. sasesanya kang lampus | pothar-pathir ngêthèthèr lir kuthuk | kuthetheran nginthar ngênthu ngèsthi urip | ngarêp-arêp [ngarêp-a...]

--- 92 ---

[...rêp] praptèng dunung | lapur mring sang yaksa katong ||

29. wontên juga kêpikut | tinakonan dening Sri Mataun | asajarwa yèn duta sang yaksapati | ing Baka kinèn anamun | nyidra Sang Malawa Katong ||

30. wau wil minta ampun | asru tobat srah jiwangganipun | Sang Sri Jayakusuma ing tyas marma sih | wil cinulkên gêblas mumbul | kanthi tusthèng tyas tan anggop ||

31. ya ta nalika iku | wancinira uwus bangun esuk | samantara byar padhang hyang arka mijil | saking udayaning gunung | kawarna Sri Nglingdarma nom ||

19. Sinom

1. ing tyas wus sawatarenggar | miyos saking langên adi | lênggah pandhapèng cangkraman | siniwi ing parpat kalih | Ki Capa lawan Capi | tan antara Sri Mataun | lan Sri Jayamisena | tri Apatih Bathik Madrim | myang Sucitra marêk ing ngabyantarendra ||

2. riwusing lênggah satata | Dyan Ariya Bathik Madrim | matur sarwi tur pranata | dhuh pukulun jêng dewaji | ing kala wau ratri | wontên panuksmaning diyu | nanjak karti sampeka | awarni endhang yu luwih | asêngadi ngupadi jêng padukendra ||

3. rahayunya ri paduka | Sri Mataun lan Kadhiri | kawula lan pun Sucitra | sampun sami yitnèng wèsthi | nganglang dupi dumugi | ngajênging butulan kidul | sumêrêp wanodyendah | dupèpèl pipining kori | kaundhukan wêwayanganing laleyan ||

4. angganya botên [botê...]

--- 93 ---

[...n] kacêtha | namung wadana dumêling | mêlok-mêlok ngandrawila | saking panyiptamba gusti | arum dalu pun Slinthis | nusul rinta Sri Mataun | wit kala badhe bidhal | dhèrèk pêpara mariki | kinarsakkên ngladosi ombêr borongan ||

5. wau Sri Jayakusuma | sumambung wacana manis | e lah kakang Madrim dhugal | sêmbrana matur kaka ji | jêntolan ombêr mligi | lugu kanggo cagak lungguh | kinirombêr brêng-brêngan | tinêpa badan pribadi | dhuh kaka ji pun kakang patih adora ||

6. nun yêktosipun jêntolan | ombêr kalihan pun Slinthis | saking tuking sêdya amba | muhung badhe anêpangi | wit suwantênipun tig | kapirêng anganyut-anyut | yun amba patah ngajar | tyang ulun Mataun mardi | wilêtaning gêndhengan lagu Malawa ||

7. lowung bilih sampun labda | tartamtu badhe ngèmpêri | para matraping kang swara | miwah wiramaning gêndhing | ya ta Sri Mlawapati | dupi myarsa aturipun | Natèng Mataun praja | gumujêng sarwi ngling manis | kakang Madrim marahi mêdhar kêkêran ||

8. bokmanawa yèn klênengan | kakang Patih Bathik Madrim | karênan yèn sinindhenan | dening si cèthi Cilinthis | winong wêninging wêngi | winungu lêlangên gagkug | wau ta kadwi nata | Sucitra lan Bathik Madrim | sami suka gumujêng ngêntrog pranaja ||

9. Ki Capa calak nêlojar | sokur lah sira mas Capi | olèh têlih wadhuk [wa...]

--- 94 ---

[...dhuk] ayam | ayêm winahyu sajati | jêr ta ngeja ngijèni | jinêm jumrênih lir nujum | Ki Capi cêpêt ngucap | damar mancung nèh bok uwis | awis-awis awas wosing wasitarja ||

10. sigêg dènnya gêgujêngan | Sang Ariya Bathik Madrim | trus matur Jêng Sri Malawa | saliring rèh duk ing ratri | purwa puwara titi | mangkana sang maha prabu | kamantyan tyas astama | wasana ngandika aris | hèh apatih ingsun yun kondur ngadhatyan ||

11. ing samêngko iki uga | kyana patih angastuti | saksana undhang parentah | mring sagunging brêtyapati | sawega ing sagati | sarana têngara ngungkung | samantara wadyendra | sampun samapta miranti | samangkana Maha Prabu Anglingdarma ||

12. myang ri nata sakalihan | bidhal kondur mring nagari | yèku purayèng Malawa | tata tatraping lumaris | sumrêg samarga kadi | duk nalika têdhakipun | wimbuh pra wrahatbala | rênaning manah mênuhi | ciptèng driya yatna sinuba sakarsa ||

13. kunêng kang lumaksèng marga | rêke gantya kang winarni | jroning kadhaton Malawa | Sang Dayita Sêtyawati | saking karsèng dewa di | samêne panggalihipun | lilih luntur wilasa | mring priya tumiyung ing sih | dening bolèhing ibu marsêpuh tiga ||

14. lamun tan pinituhua | yun tinilar mring Kadhiri | milalah momong kang putra | mantu Citraswara sori | samana pramèswari | Sêtyawati [Sêtyawa...]

--- 95 ---

[...ti] murtiningrum | miyos pănca panirat | ingayap pra garwa sêlir | myang biyada manggung tumanggung sadaya ||

15. kang parêk sumiwèng ngarsa | Ni Êmban Mandhala kèwi | samangkana sang duhita | Maha Dèwi Sêtyawati | ngandika rum aririh | dhuh biyung pan wruhanamu | sapêngkêre sang nata | cangkrama mring taman adi | ing tyas ingsun têka rontag kararănta ||

16. ketang katongton nèng mata | paripolahe sang aji | ngeja ngêjoni mrah srêda | sidaning rèh mangun krami | rumasèng sun kang sisip | têka wangkot tan mituhu | biyung pan priye baya | sang prabu gèk banjur runtik | de cangkrama tan nuli angênyapura ||

17. yèn mangkono biyung êmban | ingsun yun nusul sang aji | dhèrèk mring taman bagendha | wit tyas ingsun sênag-sênig | êmbok sri narapati | nèng taman kataman kewuh | dhuh priye priyoganya | ruwate ruwêting ati | payo biyung saiki aku susulna ||

18. Ni Mban Mandhala tur sêmbah | dhuh gusti sang maha dèwi | anjawi karsa paduka | amba botên nayogyani | lamun paduka gusti | kêdah kadêrêng anusul | luhung sinarantosna | wit jêng raka paduka ji | ing watawis nuntên kondur saking taman ||

19. katăndha sing angsal-angsal | bêbujunganing wanadri | sampun dhatêng dhatulaya | katur ing dèwi pramèsthi | mila samangke gusti | paduka prayogi mêthuk | ing dalêm [dalê...]

--- 96 ---

[...m] prabayasa | kewala sampun nyêkapi | ya ta risang pramèswari tan lênggana ||

20. dyan tumamèng prabayasa | sawadya parêkan cèthi | tata tarap lênggahira | urut tan asêlang titih | samantara anuli | Prabu Anglingdarma rawuh | sigra sang padniswara | mêthuk tumanggap mijiki | padèng raka we munggwing sangku kancana ||

21. sumawana ingusapan | kiswa kongsi wola-wali | ya ta Prabu Anglingdarma | duk tinaman bêktyèng sori | tyasira cilik wukir | tanpa pindha sukanipun | dadya datan sarănta | kang garwa risang garini | dyan sinawung binêkta malbèng paprêman ||

22. lon sinarèkkên sang rêtna | têngah sasêlaning guling | sinèlèh lèh dyan kinuswa | wusing tumangkêp kang samir | sang prabu angrarêpih | ruming sabda nganyut kalbu | dhuh atma jiwaningwang | musthikèng ayu sabumi | tuhu ratu-ratuning wanitotama ||

23. sapa kang duwe pêpujan | sarira lir mas ingukir | sêdhêng sèdhêt amêjana | manise mêmanas ati | pasaja mêrak ati | gandês sabda kaduk arum | luwês nora lêlewa | wiragane amikat sih | liringira lir Pasopati lumarap ||

24. wadana nuksmèng sasăngka | maraba balengah kuning | cahya wênês sumaringah | amancêning mining-mining | pranaja wêwêg isi | asêsêg samandaka duk | otote wilis ngrêncang | tumênggèng kang cêngkir gadhing | mênthêk-mênthêk mubyar lir puthon [putho...]

--- 97 ---

[...n] kancana ||

25. pilih wong kawawa miyat | pingitan lir puthon rugmi | nadyan pra wiku ing arga | kang kontap dibya di murti | yêkti ing tyas kagimir | gumrêmêng sêdhih angadhuh | bêgyane raganingwang | winisudha ing dewa di | duwe garwa panuksmèng apsari swarga ||

26. dhuh kusuma yangyang tilam | mirah intênku pribadi | baya sira rêrêmukan | lan lawêdaning sotya di | musthikèng sari-sari | angumpul nuksmèng mas ingsun | bok aja sajak mewa | mitambuh ngêlongi liring | praptèng tilam miring anyingkur pun kakang ||

27. wong ayu aywa mangkana | pun kakang mundhak asêdhih | gidhuh kodhênge kadhudhah | dhuh pratignyaningsun yayi | tan duwe tingal kalih | lèn sira woding tyas ingsun | mulya sadyan papa |[41] lêbur luluh wong kêkalih | benjang praptèng petak kapatèn twa pisah ||

28. rêruntunga padha suksma | nèng kayanganing dewa di | dhuh mirah kusuma rara | jiwa raganingsun yayi | kasraha sira gusti | nging aja pijêr wulangun | babo kapriye baya | yèn dasihe tantuk kapti | suka lila lulus linuluh nèng tilam ||

29. cancangên kasmêkanira | jiniwitana ing liring | cêthotên lêlewanira | cakotên èsêmu yayi | grautên pasmon manis | gêbugên bangun turutmu | tundhungên ing ni wêlas | balêdigên kyai asih | kêkuyanên sru trêsnanta trus tyas sêtya ||

30. dhuh lamun mangkono [mangko...]

--- 98 ---

[...no] lêjar | gon sun ngarah ngarih-arih | ngrêrapih mamrih pungkasan | kasamaning tyas srêdasih | ya ta sang pramèswari | ru-ara tyasnya matrênyuh | ginunturan srênggara | lir brêmara ngingsêp sari | sru brangêngêng mamrih maduning kumuda ||

31. suh rêmpu angga marlupa | gumêtêr gung prindang-prinding | tambuh sotaning wardaya | ênar-ênar sênig-sênig | gêgondhangira salit | sanalika yayah limut | kataman manuhara | tan yatna nyamping kawingkis | kawisesa ngalokro kasmêkanira ||

32. watês têpining musthika | kababar ngalela kèksi | sang prabu kumênyut ing tyas | miyat pêpingitan kengis | dhasar sampun alami | dènira kandhuhan wuyung | saya datan kawawa | nanggulang ardaning kapki[42] | marma mangke ngêtog punagining driya ||

33. dyan umangsah tanpa taha | ngungkih rangkahe wus kongkih | sêngkêran rujak barliyan | byar sumêblak wus kalingling | wela-wela dumêling | gumêbyar-gêbyar narawung | angênguwung kawangwang | sang prabu sêngkut marsudi | sidyèng sêdya lêbda andon yudasmara ||

34. sang sori yun miwal karsa | ananging datanpa dadi | wit ta wus kasor prabawa | bawane tinêmbe ing sih | pinanduk astra lungit | sru kongah-kangih angadhuh | sêsambat ibu rama | kapiyarsa mêlasasih | kawatgata ing gati nutug wus purna ||

35. ya ta sang sori kawuryan | yayah pradapa ngalêntrih | swanita drês marawayan [marawa...]

--- 99 ---

[...yan] | ing busana angêbêsi | lêsah sayah kêpati | bayu mirut kerut larut | nglumpruk lir kapuk kapas | mangkana sri narapati | kasok suka saking wus kasamèn karsa ||

36. wasana wêlas tumingal | mring risang sajak kaswasih | nityasa kinuswa-kuswa | myang dèn lus-lus kang sukèsi | sarwi ingarih-arih | ing tyas pinrih têntrêm tuntum | kang pinjung myang kasmêkan | wus winaonan atrêtip | sakalihan dyan tumêdhak ing patirtan ||

37. apan sami asêsotya | ya ta sang wara mahisi | wusing kataman we marta | tis-tising cahya wus pulih | kadi ing wingi uni | rênggang gingganging bêbalung | wus tuntum paripurna | nir labêt anandhang kanin | malah wimbuh ayu muyêg maya-maya ||

38. sri nata êntyarsèng driya | miyat ing garwa yu luwih | byan kondur akanthèn asta | wangsul mring pathika malih | rêrêm ing jinêmwangi | sang kalih kêlèt lir pulut | sang prabu gung mêmalat | miluta mrih lulusing sih | lukitanya linut kidung pralampita ||

39. ya ta sang narpa duhita | rikalanta dèn rêpèni | ring raka ayêm ing driya | lilih pulih tan gêndhulik | sumèlèh lês aguling | gilang-gilang anglir pulung | mangkana sri narendra | lon tumêdhak sing jinêmrik | miyos maring pănca panirat pungkuran ||

20. Pangkur

1. nahan nèng kono sang nata | lênggah munggwing dhampar pinandara sri | samantara dyan adhawuh | mring

--- 100 ---

wanita darsana | animbali patih ngandikan malêbu | wus kerit ngabyantarendra | samangkana dèn dhawuhi ||

2. hèh kakang Madrim wruhanta | ing samêngko ingsun wus jayèng jurit | ambêdhah kutha winangun | kang lawas wèh wiyoga | boyongane akarya arsayèng kayun | yu ngayomi yêming driya | drawaya mring wong sanagri ||

3. marma ing karsa manira | sira lawan saandhahanta sami | manguna samuan agung | atugur makajangan | patang puluh ari anèng alun-alun | manjêr warastra daludag | miwah lêlayu dwija di ||

4. patih tur sêmbah sandika | sigra mundur sapraptanirèng jawi | undhang mring pra punggawa nung | andhawuhkên parentah | saliring rèh dhawuh timbalan sang prabu | ingkang sami dhinawuhan | sru suka sukur ing ati ||

5. nulya sami tata-tata | samantara wus samapta miranti | bacira rinêngga luhung | sapetaking paseban | sinung pagêr rajut wêsi tinalajug | kayu cinèt wilis mănda | korine pratisthèng ngapti ||

6. wangun gapura jiglagan | sêsakane kanan keringnya rakit | myang rêrênggan nginggil sinung | buntal binuntêl patra | têtêngahing kori nginggil katon munggul | pinanjêran ing bandera | kumêlap katiyub ngangin ||

7. sabên têbênging gapura | sinung ciri cêcitran sastra ngrawit | pindha pradapa nglêlumung | tekang sastra kacêtha | apratela wastèng kabupatènipun [kabupatè...]

--- 101 ---

[...nipun] | kang ngrênggani pawatangan | sulang silahing palinggih ||

8. pungkas dhêmpêling gapura | ingkang nginggil pinatut kanan kering | myang jênênging pagêr rajut | pucak nginggil sinungan | pandam kurung agêng wangun nistha wolu | kaca kurunging panjuta | wêwêngkune cinèt wilis ||

9. panataraning pamedan | turut pinggir pagêr jro dèn panjêri | bandhera rontèk lêlayu | sêlingan lan warastra | tharik-tharik panatane tinon patut | karya kayungyuning driya | yayah myat anjrahing sari ||

10. kanan keringing gapura | pinanjêran umbul-umbulnya rakit | saking mandrawa kadulu | ngrêlap lir widyatmala | de wismaning pawatangan ingkang ngayun | tinambah tarub taratag | watês turuting taritis ||

11. jawining tarub wangunan | satêngêning pandhapa dèn êtrêpi | wisma pagongan amungguh | nuli wuri tan têbah | wontên malih tarub panjang dhapur kampung | yèku palêbanira |[43] pra jajar punggawa mantri ||

12. sisih sasananing wadya | ingadêgan wisma kinarya ngrukti | bojana sapranti saput | ya ta praptaning măngsa | tumplêg salir têtingalan kang wèh yungyun | ri ratri atri mong suka | aboga drawina ngênting ||

13. janma jalwèstri sapraja | myang ing desa-desa parêdèn têbih | sami sumêngka sumungsung | manonton makajangan | siyang dalu dulur lun-alun supênuh | myat tontonane kawarna | rêna tan bosên ningali ||

--- 102 ---

14. kunêng kang lagyandon suka | rêke gantya kang ginupitèng tulis | maha wiku sarpa agung | naga raja pratala | kang ngarjani Guwa Dhadhong kang winuwus | sajuga ri winadulan | ing garwa Sang Nagagini ||

15. ngucap sarwi maudrasa | têmbungira pêgat-pêgat mlasasih | dhuh dhuh kakang lakiningsun | wruhanta ingsun mêntas | wisata mring taman bagendha yun nginum | katrênjuh sumitranira | Sri Nglingdarma Mlawapati ||

16. wruh maring ngong karya tiga | gêtak-gêtak wadyane anyawati | ingsun anuli lumayu | malumpat ing laleyan | Sri Nglingdarma manungka manah cumundhuk | iya marang buntut ingwang | mêngko dadya nandhang kanin ||

17. iku kakang sun tan nrima | tanpa dosa sinikara mrih pati | walêsên pidana lampus | ujêr ratu dursila | lamun sira tan măngga kawal kêkiwul | sun pribadi mring Malawa | yun soroh amuk sayêkti ||

18. tan etung praptèng palastra | mung saclèrèt kilat ingsun lakoni | jêr wus jangjining dewa gung | lamun ambêg sikara | winalês ing wasesa saurupipun | wau ta sang wiku sarpa | dupi ginubêl ing èstri ||

19. sakala bangun kabangan | dyan mancala warna wong kaki-kaki | mangkat mring Malawa gupuh | yun nètèskên têtika | wit sambawa dahad yèn panuksmèng Wisnu | adarbe tingkah mangkana | tarantara sampun prapti ||

20. bacira prajèng Malawa | duk samana [sama...]

--- 103 ---

[...na] wus surup bagaspati | sang mancala warna pikun | kalangkung gawok mulat | kathah ingkang warastra myang umbul-umbul | rontèk lêlayu daludag | dinalih anyadhiyani ||

21. ya marang priyangganira | anging rangu-rangu andêling ati | dene dèrèng tuk pituduh | ingkang titis têtela | dadya laju alon-lonan lampahipun | sarwi tansah wirandhungan | gya tumamèng srimanganti ||

22. pinêthukkên mring Sucitra | sumawana ngakên rencanging mantri | awit wus waspadèng kalbu | lamun Nagapratala | marasandi mindha-mindha janma pikun | Dyan Sucitra lon têtanya | têmbunge mêmês adhamis ||

23. dhuh dhuh lurah kyai wrêda | nuwun kula nyuwun pitakèn kêdhik | ing pundi panggenanipun | tiyang asade sata | samangkana ki pikun maluyèng wuwus | anak jawi kori ngrika | kathah kang sade sata tig ||

24. wangsul kula apitanya | punapa kang dadi gatining kardi | ing alun-alun supênuh | pinanjêran warastra | lan lêlayu atanapi umbul-umbul | sang mindha rencang sajarwa | jatining karsa narpati ||

25. sumawana apratela | ingkang dadya rudatinnya sang aji | nalika nèng udyana nung | marwasèng sarpa tampar | jinalèntrèh ing purwa puwaranipun | ki pikun nulya tinilar | wuri sang mancala warni ||

26. nyipta sidi pamêcanya | tuhu dora pamêcane kang swami | ananging adrêng kumudu | yun miyarsa priyăngga | kadiparan [ka...]

--- 104 ---

[...diparan] pangandikanya sang prabu | sigra sang mancala janma | dumadi taksaka kisi ||

27. gya tumamèng dhatulaya | laju manjing pasuptaning narpati | sumlêsêp ing karangulu | samangkana dumadak | têka sang sri nuju yatna tingkahipun | Sang Nagagini sakala | lênggah tumungkul kaswasih ||

28. sarwi amanênggak waspa | risang pramèswari kagyat umèksi | solahing raka sang prabu | dadya matur tur sêmbah | anoraga dhuh pukulun jêng sinuhun | paran ta karantênira | paduka lir nawung wingit ||

29. Sang Aprabu Anglingdarma | lon maluya sêrêt wijiling kang ling | dhuh yayi kawruhanamu | duk nèng taman bagendha | sun wruh marang Nagagini andon lulut | pulêtan lan sarpa tampar | sarèhne Sang Nagagini ||

30. iku swamine mitrèngwang | kakang Nagapratala wit ing nguni | tunggal pruwitan lan ingsun | dadya ingsun sih marma | murinani sarpa tampar ingsun tuju | ing warastra kapisanan | dene ta Sang Nagagini ||

31. kêna kêsprèmpèt pêthitnya | trus lumajar sarya ngujar-ujari | maring sun myang yun wêwadul | marang ing lakinira | doracara dhandhang ingunèkkên kontul | sun nututi mintaksama | nanging datan winigati ||

32. iku kang karya sandeya | bok si kakang naga raja kagimir | amung miyandêl wêwadul | sêpên titi pariksa | kabêranang runtik prapta soroh amuk | marene ngrabasèng praja | misesa [mise...]

--- 105 ---

[...sa] mring jênêng mami ||

33. sang dèwi dupi miyarsa | ing tyas wingwrin awrin kewran ngawêri | têmah muwun sarwi matur | dhuh susuhunan amba | măngka guru nadi kawula satuhu | yèn praptèng wêkasing tiwas | amba abela bilai ||

34. wau ta sang naga raja | kang sumlêsêp ing karangulu nyandi | myarsa wela-wela wutuh | datan anyilih karna | osiking tyas têtela sang maha prabu | kadang sajati têmahan | rumasa kasambutan sih ||

35. marma Sang Nagapratala | sinêdya yun mangsul kadarman yêkti | ri saksana mêsat mêtu | jawining prabayasa | sarwi nguwuh-uwuh dhuh dhuh yayi prabu | sira mijila sadhela | ana karyane wigati ||

36. Maha Prabu Anglingdarma | dupi myarsa kagyat tuwin tan pangling | yèn puniku swaranipun | Risang Nagapratala | ing sakala nyipta yèn èstu minungsuh | samangkana tar sarănta | wungu yun manglawan jurit ||

37. acipta lêbu tumangan | binondhetan dening sang pramèswari | sarwi mular kawlasayun | anging datan kadriya | sang aprabu tumêdhak saking jinêmrum | ingkang rayi sang dayita | kinipatkên sampun kongkih ||

38. gya mijil jawi pungkuran | samangkana sang sri sinaud dening | Risang Nagapratala nung | binêkta maring wana | apan sarwi pinuja-puja mantrastu | wit kadang kinudang-kudang | pantês kinancuh salami ||

21. Kinanthi

1. gadhangan antuk wêwangsul | sinung sênêng sasanèng sih | wit ta Sang Nagapratala [Nagapra...]

--- 106 ---

[...tala] | nadyan dede sipat janmi | anging têrahing jawata | sartambêg darma budyasih ||

2. kunêng pêngkêrnya sang prabu | wau Dèwi Sêtyawati | pan kapati kapidhara | dadya pra parêkan cèthi | myang sambita babu inya | gugup gègèr kontrang-kantring ||

3. sami anambut sang ayu | binêkta mring têpaswangi | sinasanti pudya mantra | myang rinapih ngarih-arih | pinurih pêpêr lipura | pinasrahna ing dewa di ||

4. dimèn rinaksa rahayu | pinayu yuwana jati | samangkana sori wrêda | sang maha dèwi pramèsthi | agita matah utusan | nimbali rêkyana patih ||

5. samantara prapta sampun | kerit dening darsanèstri | tandya sinungan uninga | saliring rèh narapati | titi tan na kalintangan | puwara sang nindyamantri ||

6. rêke tinuduh mangruruh | tekang anganti pinanggih | patih tur sêmbah sandika | mundur sampun praptèng jawi | dyan ngumpulkên pra punggawa | sadaya wus sinung uning ||

7. ing sagatining rèh wau | nuli sami andum kardi | bidhal sumêbar parênca | angupadi sri bupati | kya patih agolong lawan | Sri Mataun myang Kadhiri ||

8. wau ta malih winuwus | lampahnya taksaka pati | sang naga raja pratala | dènnya bêkta sang siniwi | Maha Prabu Anglingdarma | prapta madyaning wanadri ||

9. kèndêl sang naga gya matur | lus mêmalat milutèng sih | dhuh yayi Prabu Malawa | byaktambêg martotama sih | sih satya ing kadang [ka...]

--- 107 ---

[...dang] wrêda | dahad panarima mami ||

10. dèn ta yayi prabu uwus | yatnèng tyas amurinani | misesa kang sarpa tampar | duk kirda lan Nagagini | ngong rumasa kapotangan | sih kotamanta sayêkti ||

11. marma kadarpaning kayun | kayungyun pun kakang apti | maluyèng sih kadarmanta | mung sakadaring sampali | yèku ta wangsit wasita | aji dipa wedha adi ||

12. lah ta mara yayi prabu | tampanana dèn patitis | sang prabu datan langgana | jăngga manglung wus winangsit | samantara wus widagda | sang naga nulya manjarwi ||

13. wosing paribawanipun | kang aji sawastu bakit | nuksma saliring tumitah | tuwin ta wignya mumpuni | sabasanipun sadaya | wasana sang sri winêling ||

14. laksitaning aji wau | pinacuhan ayya kongsi | kajambar marang ing liyan | jêr lamun kongsi kêsrêmpil | yêkti têmahan pralaya | samangkana sri bupati ||

15. ing tyas dahat suka sokur | sumungku nyanggêmi wêling | wau ta sang naga raja | laju muksa tan kaèksi | ya ta kang kari anggana | Mah Prabu Malawapati ||

16. atindak sinêdya kondur | mring praja amung pribadi | samantara dyan kapapag | Patih Arya Bathik Madrim | myang ri Sri Jayakusuma | sakalihan Sri Kadhiri ||

17. sapunggawa wadyanipun | sang katri duk myat sang aji | dahad gugup gurawalan | ngraup pada gênti-gênti | sarya kawahya ing sabda | kang nelakkên [nela...]

--- 108 ---

[...kkên] sukèng galih ||

18. Risang Anglingdarma Prabu | tumimbang tusthaning kapti | tan pae sang tri wibawa | sarwi awacana manis | dhuh yayi mas sakalihan | miwah kakang Bathik Madrim ||

19. sumawana ibu ratu | bok ratu lan wong sanagri | satuhu tan andupara | marmaras mirising ati | ngrêrasa gon sun ginawa | ing Nagapratala yêkti ||

20. sanadyan ta jênêng ingsun | pribadi sakala giris | nanging sun èngêt yèn titah | tan bisa suminggah saking | pêpasthèning Hyang Wisesa | mung sadarma anglakoni ||

21. lan ana bêbasanipun | ala tan têdhas ing bêcik | jêr ta wus jangjining dewa | yèn bêcik winalês bêcik | lamun akarya piala | winalês piala pasthi ||

22. dadya kandêling tyas ingsun | katêmahannya nêtêpi | si kakang Nagapratala | rumasa kapotangan sih | têmah maluyèng kadarman | sung timbang-timbanganing sih ||

23. wangsit wasita linuhung | anggon-anggoning jalma di | ingaranan aji dipa | bisa nuksma ing sakalir | nging pinacuhan tan kêna | kajambar mring lèn sujanmi ||

24. sang katri duk tampi dhawuh | pawarti kang wus winuni | saya sakalangkung suka | sukur sakarsèng dewa di | samantara sang sri dhal |[44] kondur mring Malawapati ||

22. Durma

1. rêrindhikan mung sasêloting laksita | nahên gantya rinuwi | sang naga raksasa | ing Malayakusuma | Sang Prabu Kala Wrêdati | nuju ri Soma | mijil [mi...]

--- 109 ---

[...jil] ing păncaniti ||

2. siniwi ing Kya Patih Kala Gorandha | kalawan senapati | Ditya Kalasrêngga | miwah jajar punggawa | Kala Wiwaktrasi tuwin | Kala Wiwaksa | Kala Wiwagra sakti ||

3. sumawana Sang Ditya Kalagoraya | pêpak para wadya wil | ambèr ambalabar | lir robing waudaya | kocapa sang yaksapati | sru ngarsa-arsa | praptaning brêtyapati ||

4. kang dinuta marang ing taman bagendha | lawan labda ing kardi | marma masewaka | ayun karsèmbal sabda | kalawan rêkyana patih | ing rèh wêkasan | panduking andon jurit ||

5. samangkana wau sang narpa raksasa | manabda mring kya patih | hèh Kala Gorandha | paran puwaranira | gyanta matah amarsandi | malês misesa | mring Sri Malawapati ||

6. têka suwe durung ana katon prapta | paran ta mampar-mampir | ana kang sêmbrana | dadak asalah karya | baya nyalèwèng nguliwing | bapa tan eca | sotanirèng tyas mami ||

7. nindyamantri Sang Ditya Kala Gorandha | dèrèng ngantos mangsuli | andikaning nata | kaparêng praptanira | punggawa diyu kêkalih | kang kapalajar | dyan matur mring yaksa ji ||

8. ngaturakên tiwase ingkang dinuta | miwiti amêkasi | mangkana yaksendra | duk myarsa turing wadya | lir kawlagar ing panggalih | sami sakala | kalangkung kruraya ngrik ||

9. gumaludhug jumêglug ing antariksa | lir Hyang Kala duk apti [a...]

--- 110 ---

[...pti] | ngrabasèng bawana | dyan dhawuh ngrigkên wadya | tata samêtèng ajurit | srana têngara | gêntha kêkêlèng atri ||

10. samantara pra ditya diyu raksasa | anglêmpak tata baris | sasikêping yuda | sangkêp tanpa kuciwa | wusing samapta miranti | Sang Endrayaksa | Prabu Kala Wrêdati ||

11. apan budhal kêbut sawadya balanya | marang Malawapati | ayun amukul prang | nut pangancaming driya | gumrêgêt sru ngigit-igit | mring Sri Malawa | suka barê[45] ngêmasi ||

12. ting galidrah solahe prati wadya |[46] gêrgut anggêgirisi | kang buta brêduwak | ana jêmpalik nungsang | kadhungsangan lir têmpaling | wênèh nyênyakar | nyawur-nyawurkên siti ||

13. wênèh ana rêksasa pangantèn anyar | sêdhênge amangun sih | èstrine tut wuntat | angatêr jaban kutha | tansah katangi kang tangis | răntag karănta | bok kapêgatan ing sih ||

14. dupi prapta kori sakèthènging kitha | kang rasêksa-rasêksi | gapyuk rêrangkulan | suka kuswa-kinuswa | sarwi mingsêg-mingsêg maksih | mêksa udrasa | rasêksi abêbisik ||

15. adhuh lae kang ngantèn kawruhanira | mau bêngi sun ngipi | nèng kanane wikan | gustimu sang yaksendra | muksa wit kasor ing jurit | sawadyabala | bilai tumpês tapis ||

16. dhuh bok iya sira yya milu nglurug prang | matang putung hwe ya wis | kaya lamun jaga | ngêdhunake

--- 111 ---

entresan | sanadyan satusa anggris | aku sing bayar | anggêre kowe kari ||

17. lah rak rèwi yèn sira kaparèng tiwas | sapa kang sun ngèngèri | yèn anu wak ingwang | luhung milu nglurug prang | rasêksa nauri aris | kêlêbu bonggan | mituhu ipèn sing-sing ||

18. yèn tyas ingsun tan watos watêsing tiwas | wit utamèng wiradi | linamadyèng rana | lan sira sumurupa | atasing prakara pati | tan kêna mingkar | nandyan ingsun nèng panti ||

19. yèn wus măngsa sayêkti tan wun antaka | balik yèn durung wanci | nadyan andon yuda | tan tartamtu palastra | sira dèn pitayèng ati | kang rêrangkulan | pisah sampun kasapih ||

20. kèh warnane solahing para raksasa | dènnya andum basuki | lawan rabinira | miwah siwi-siwia | tambuh solahe kang kari | lara karuna | mêtêg putêg kapati ||

21. mawurahan swaraning wadya raksasa | wor swaraning thongthonggrit | gumrah kalasăngka | barung bèri gêgubar | lir gurnang nêngkêr wiyati | samarga surak | gumuruh gêgêtêri ||

22. wuryaning kang warastra daludag dwaja | asri amăncawarni | sinrang ing maruta | tinon saking mandrawa | pating karêlap lir thathit | alêliwêran | munggwing agraning tasik ||

23. kacarita lampahe sang yaksa dipa | sawadya balanya wil | sinêngkut sinêngka | daya-daya ge prapta | nagara [naga...]

--- 112 ---

[...ra] Malawapati | umagut yuda | rok băndawala pati ||

24. dupi prapta talatah praja Malawa | saya gambirèng ati | samarga jêjarah | baksanarta busana | ambahak kêbo lan sapi | pinangan mêntah | wantahan tanpa ragi ||

25. wus watêknya buta sêpta iwak mêntah | kuthuh kêthoh bêg nisthip | dadya padhusunan | kang kambah dening buta | rusak wonge ngungsi urip | bubar kabrasat | tikbraning tyas kawijil ||

23. Mijil

1. sumaruna katangi kang tangis | kengis sanggon-ênggon | sumawana pamularing lare | karya maras ngêrês-rêsi ati | lir paksi kadhasih | ngajap tumrahing truh ||

2. kunêng wau lampahing yaksa ji | gênti cinariyos | jroning pura Malawa kocape | padniswara Dèwi Sêtyawati | samana marêngi | munggwing dalêm agung ||

3. lênggah madyang[47] suyasa siniwi | dening para sinom | kang wus pinangkat garwa pangrêmbe | lawan para parêkan piniji | ambadhaya srimpi | myang manggung tumanggung ||

4. ingkang parêk lawan pramèswari | sambitaning katong | Ni Mban Mandhala kinasih dhewe | dhatêng risang narendra garini | wit wignya malatsih | myang nênuju kayun ||

5. kawursita miyosnya sang sori | manggêng tyas wirangrong | sapêngkêring raka sri pamase | sanityasa ngasta patrêm lungit | liniga kang kèsthi | sadalêming kalbu ||

6. ing samasa miyarsa pawarti- | nira raka katong | seda dening Nagapratala [Naga...]

--- 113 ---

[...pratala] ge | èstu arsa amilalu lalis | srana suduk dhiri | ambelani kakung ||

7. marmanira rasing panggalih |[48] gung ketang katongton | tingkahira kang raka sang rajèng | datan lipur kasalimur dening | bêbolèh kang dêling | gambaran basa lus ||

8. miwah mulat langên tayèng srimpi | kang nèng pandhapandon | datan dadya sudaning wirage | mangkana ta sang nata mahisi | angandika ririh | srêt wijiling têmbung ||

9. dhuh biyung ban paran gonmu nlisik | ngingsêp-ingsêp wartos | kang tus tètès kalawan nyatane | lampahannya kaka sri bupati | apa sida jurit | lawan sang naga gung ||

10. kayaparan kalamun kaka ji | kalakon binadhog | ring ki naga apa ta ing têmbe | winêtokkên ing mèdine misih | abisa basuki | kang sarira wutuh ||

11. dêstun yèn mung inguntal maligi | lêgêndêr tan watos | lah yèn dadak kinêmah gèk priye | yêkti ajur tanpa kukupanting | kênèng wisa mandi | kang sok dinggo nyêmbur ||

12. priye biyung êmban polah mami | sayêktine ingong | nora bisa kari anèng kene | suka lila lulus milu lalis | urip tanpa kardi | kadari ngês gandrung ||

13. Ban Mandhala nêmbah turira ris | dhuh gusti sang sinom | bilih gumyahing pawartos anggèr | ingkang saking pêpêkênan tuwin | umijil ujaring | kang karna binandhung ||

14. sumawana clêmiking kalêsik | asêpên [asêpê...]

--- 114 ---

[...n] kemawon | nanging gusti wontên sêsungute | cipta sasmitaning bathara di | tyang sadalêm puri | samya yêm tyasipun ||

15. bok manawi punika ta gusti | anartani dados | pratandhaning raka jêng pamase | pinayu ing yuwana basuki | saking tyas marma sih | sinung nugraha yu ||

16. sang rêtna yu sumambung ngling manis | biyung ya mangkono | pangajapku lir aturmu kuwe | nanging biyung rasaning tyas mami | mamang sêmu miris | mar maras dumurus ||

17. ya ta wau duk nabda mangsuli | sang dewaning sinom | marang Ni Mban Mandhala ature | nitya ajèr lir lêjar ing galih | nging sapangu nuli | angon gung agandrung ||

18. netra suntrut nênggak waspa kèksi | kengis tyas sru kasok | kawistara mawêlu jwalane | lir basănta katawêng rarabi | prabane kalindhih | ngarêmêng lir gandrung ||

19. gung kacakra paribawèng aji | duk mangun lêlangon | linglingan nèng jro tilamsarine | rinoban ing basa rum amanis | mangkana sang sori | nglocita anggandrung ||

20. dhuh dewa gung dhuh bathara luwih | wahyakna sang katong | saking sakèhing bilai gêdhe | rinêksaa sakèhing basuki | suka lulus asih | mring dasih agandrung ||

21. ayya ana kang ngalang-alangi | ngalangut praptèng don | kalanggêngan wèta rèntèng-rèntèng | nêtêpana pratignyane nguni | nguninong anuning | anong mari gandrung ||

22. de ta lamun pangajapan mami | risang prabu anom |

--- 115 ---

bagus alus anjênthara dhewe | wus pinulang marang ing swarga di | sisakna wak mami | tan dêdawa gandrung ||

23. puluh ingsun urip dadya sori | mêngku jro kadhaton | bêbasan mung kari aran bae | jêr mung ijèn tan na kang mêngkoni | misesa mamrês sih | mrih sah tan mong gandrung ||

24. samantara kasarêng swara tri | ing jawi gumuroh | tambur rumpul tanapi salomprèt | pratandhaning pahargyan narpati | myang pradăngga muni | gêndhing ladrang kuwung ||

25. samangkana risang pramèswari | kagyat tyas sumêdhot | wus anyipta pahargyan rawuhe | ingkang raka jêng sri narapati | kayêktèn anuli | tan antara dangu ||

26. sang sri katon atindak dumugi | nataring kadhaton | sang duhita ambucal patrême | mêthuk marang sajabaning kori | prabasuyasa di | samantara tundhuk ||

27. tar sarănta ing tyas sri bupati | kang garwa pinondhong | trus binêkta tumamèng tilame | lumêkas mrih ruwating wiyadi | wantuning sang kalih | kalalun sih lulut ||

28. dyan kêpêksa pisah pasanging sih | tur ta mutawatos | sakalihan dadya sru saarse | de wus ruwat ruwêting panggalih | mangke minangkani | kaninditaning hyun ||

29. tan rinonce cara carêming sih | samana sang katong | lan sang sori lulus lulut kêlèt | nêdhêng condhong mangun langêning sih | kunêng rêke gênti | ginupitèng kidung ||

30. nindyamantri Arya Bathik Madrim | lan [la...]

--- 116 ---

[...n] para wiranom | Sri Kadhiri miwah Mataune | sami lêrêm munggwing păncaniti | nutukkên sukanting | lir kang wus kapungkur ||

24. Pangkur

1. rarase duk mangun suka | kyana patih lan Sri Natèng Kadhiri | tuwin pramudyèng Mataun | samyèsmu pancakdriya | sumawana pra partiwadya nung-anung | dadya sami pirêmbagan | babagan prayitnèng wèsthi ||

2. wit sami nyiptèng wardaya | tan wun narpa danawa anêkani | mring Malawa ngamuk punggung | panggêng sêdya misesa | watak buta pêngung gambirang-gambirung | gambira gambuh ing laga | lagawa prapta ing pati ||

3. lagyeca imbal wacana | sakecane pananggulanging wèri | kasaru ing praptanipun | mantri tamping tur wikan | kikis praja wontên baris gêng kang rawuh | danawa diyu raksasa | saking Mlayasuma nagri ||

4. dene namaning narendra | kasumbaga Prabu Kala Wrêdati | sakalangkung gêng aluhur | pindha prabata suta | balanira tan petungan kathahipun | ambêbahak myang ngrêrayah | uruting dhusun paminggir ||

5. kathah ingkang katriwandhan | kèhning jalma jalwèstri ngili ngalih | praptaning wil kang bêg rusuh | sêdya ngrabasèng praja | ing Malawa kawarti yun malês ukum | lêburing êmbahe buta | saking Dyan Arjuna nguni ||

6. bêncèt satru bêbuyutan | atas dènnya miyarsa kyana patih | Sri Kadhiri myang Mataun | kalih alon dêlingnya | kyai raka punapa ta botên katur [ka...]

--- 117 ---

[...tur] | kauningan sri pamasa | yèn wontên mêngsah gêng prapti ||

7. kya patih mèsêm têmbungnya | botên susah tur wikan ing sang aji | mindhak ngrêregoni kayun | dènira sih-sinihan | jêr ta sampun lami dènnya ngayun-ayun | lunturing sih mrih kasaman | ing mangke sawêg pinanggih ||

8. ing karsa mangun mong suka | nata kalih Mataun lan Kadhiri | ngacêmut mèsêm tumanduk | ing rasa nuju prana | yèn makatên suwawi lajêng pinagut | hèh bocah juru tampingan | pira dohe mungsuh iki ||

9. kang dinangu atur sêmbah | ing watawis mung lampahan saari | digunge kalangkung-langkung | kang mêngsah angrêrisak | kawula lit lêbur dalah darbèkipun | sinrênggara siya-siya | ngrayah sarwi ambêsmèni ||

10. wismèng desa kang kaambah | sadayanya tinumpês bosah-basih | wau ta sakala ngrungu | kya patih sru bramatya | tyas gumrêgêt mring buta ingkang karyewuh | mangkana wijiling sabda | sumăngga sri nata kalih ||

11. lajêng bidhal sapunika | mumpung-mumpung papannya radi têbih | tan kamirêng sing kadhatun | suraking andon yuda | nata kadwi mangayubagya ing kayun | sawusnya pinangkat-pangkat | ing lampah tataning baris ||

12. Natèng Kadhiri pininta | dadi cucuking marga ngundhagèni | dene Sri Natèng Mataun | dhadhani anèng têngah | sawadyane tinata sajuru-juru | de ta sang nayaka waktra | dadi pêpathoking wuri [wu...]

--- 118 ---

[...ri] ||

13. lan sagunging pra punggawa | kang saparo tinilar têngga nagri | srining lampah tan winuwus | cinêndhak kang carita | sêsunguting pabarisan wus atêpung | lan mêngsah wadya danawa | tata ngêntèni ing wuri ||

14. sawuse tata samêkta | kèhning baris kang saking Mlawapati | pinatrap byuha pinatut | gêlar garudha nglayang | Sri Kadhiri kang pinatah munggwing patuk | panjawat para punggawa | ing dhadha Mataun Sang Sri ||

15. ing buntut sang mantrimuka | mangke măngka pêpati senapati | ri kang mêngsah gêlaripun | kadi samudra bêna | wutah atah ngêlèbi lêlêbak cêrung | Arya Sucitra umangsah | nitih kuda dèn songsongi ||

16. kawuryan barèk aberag | maju ngrana sêsumbar amantêsi | Kala Wiwagra kang magut | wus panggih yun-ayunan | Sang Sucitra asru dènnya mêdhar wuwus | buta wuta bubrah cara | sapa aranira yêkti ||

17. dene ngrampit gêpuk praja | danpa[49] duta ingkang gunêm prakawis | pratingkahmu clula-clulu | banjur ngrusak jajahan | patut têmên tingkah kalawan dhapurmu | sanggrê sênggrang pandirangan | kaya kuwuk melik pitik ||

18. Kala Wiwagra angucap | ilah babo kaparat si wong iki | wuwuse angamun-amun | yèn sira tambuh mring wang | sabupati lungguhku ana ing ngayun | Kala Wiwagra ran ingwang | ratuku Kala Wrêdati ||

19. prajane Mlayakusuma | têkaningsun ing kene ngajak jurit | rajaku yun malês ukum [u...]

--- 119 ---

[...kum] | marang Sri Anglingdarma | ingkang dadi raja nèng Mlawa wit iku | kawarti trahing Arjuna | marma arsa dèn patèni ||

20. jêr ta satru bêbuyutan | apa sira raja ing Mlawapati | rupamu nom sulistya lus | Sucitra nambung sabda | wruhanira sun Sucitra pratiwa nung | ing Kadhiri prajaningwang | sumiwi mring Mlawapati ||

21. Kala Wiwagra sru mojar | glis balia aja prang lawan mami | muhung Anglirdarma Prabu | iku kon mêtu ing prang | sun pêdhange gulune sapisan rampung | Sucitra sru wuwusira | si kaparat buta baring ||

22. kang ora-ora ingucap | angrasani gusti pêpundhèn mami | lamun ingsun durung lampus | tumpêkên tri bawana | ingkang padha rupa buta lir sirèku | măngsa gagala saking wang | mati dening tangan mami ||

23. Sang Kala Wiwagra ngrangsang | ambadhama Dyan Sucitra ngindhani | kudane ginêtap nubruk | nujah ngêrah ing yaksa | kabadhama binênthak tiba sinambut | ing têmbung mukaning buta | jrêbabah dhêpani siti ||

24. dèn ungêl-ungêl mring kuda | panyepake asru tur miyatani | wil Kala Wiwagra glundhung | galedhag bisa bênggang | tangi gregah maoni busananipun | sarosa mêtokkên dibya | capêng cancut tali dhiri ||

25. Dyan Arya Sucitra nglela | turanggannya sêsirig angidêri | sarwi sêsumbar lah iku | buta kang kaya sira | kinêrêk ing kuda êndhasmu jalêbut | irung kuping bisa dubang | pating

--- 120 ---

dlèwèr amantêsi ||

26. Kala Wiwagra angucap | ge mêdhuna aja prang mangkrik-mangkrik | nora wurung sun bêkungkung | sun gaglag lir bêkakak | Dyan Sucitra nauri sarwi gumuyu | pangucape si kaparat | apa sire dèn wêdèni ||

27. hèh ta buta lamun sira | bisa nyêkêl maringsun sasat kadi | bisa nyathok layangamu | dhewe kang atut wuntat | radyan arya sigra dènira tumurun | saking turangganira rarsa |[50] maoni kang busana di ||

28. tinubruk Kala Wiwagra | sarwi anggro gumlêgêr gêtêri |[51] anyrênggara tingkahipun | wasa-wasa masesa | panubruke sinepak suku tinapuk | poking wang kalawan jêngkang | tiba kongsêp kajêmpalik ||

29. kumrengkang solahe gagap | mara wungkuk dinugang sru kuwalik | tangi napas ngangsur-angsur | pêtêng pandulunira | ditya Kala Wiwagra tan sêdya mundur | gut-gutên narik kalewang | wangwang sinabêtkên aglis ||

30. trangginas Arya Sucitra | ugêl-ugêl cinêkêl sru kapidih | amblês têkèng kulit balung | grèwèl klewange tiba | drêg-udrêgan Kala Wiwagra andudut | baune mrih nuli luwar | dyan arya waskithèng wèsthi ||

31. panyêndhale sinarêngan | ing panjêngkang kontal tiba kuwalik | Dyan Sucitra tandangipun | asarèh tar rêkasa | mêmungsuhe niba tangi saya riwut | sinurak ambal-ambalan | suka sagung kang ningali ||

32. dangu-dangu pinungkasan |

--- 121 ---

dening kadga gumêcos wus babarji | Sang Kala Wiwagra lampus | surake kadi gêrah | wong Malawa sami ebat dènnya dulu | tandange Arya Sucitra | wrêsni Sri Nata Kadhiri ||

25. Sinom

1. kartarta kridhaning laga | mring mungsuh bisa nguwisi | winursita para wadya | Kadhiri myang Mlawapati | dupi sami ningali | mring Arya Sucitra wau | tangkêpe marang mêngsah | sadaya tuwuh winani | rumangsane mungsuhe tan găndra pira ||

2. nyipta age nuli aprang | nging gusti durung ngidini | wau ta manggala ditya | senapatining ajurit | Kalasrêngga duk myarsi | cucuking prang buta jadhug | Kala Wiwagra lina | kalangkung dènira runtik | tilar bala anggêro mangsah nirbaya ||

3. Arya Sucitra umiyat | gustine Natèng Kadhiri | wus angasta langkapira | dadya mire saking ngarsi | angampingi kapering | Kalasrêngga mangsah kiwul | wus panggih yun-ayunan | lawan Sri Natèng Kadhiri | Kalasrêngga sora dènira pitanya ||

4. hèh apa sira kang aran | Anglingdarma Mlawapati | dene ta rinêngga-rêngga | ing upacara narpati | yèn iya dipun aglis | masrahna pati uripmu | tan wun sira palastra | kagêm dening pêdhang mami | Sri Kadhiri miyarsa nauri sabda ||

5. sun Prabu Jayamisena | narendrane wong Kadhiri | balik sira iku sapa | buta gêgêdhêging bumi | Kalasrêngga nauri | senapatining pra diyu | kang mêngku pabarisan [pabari...]

--- 122 ---

[...san] | iki kabèh iya mami | ranku ring rat senapati Kalasrêngga ||

6. kang kalok kalokèng jana | sa-Mlayasuma nagari | sarosa sura digdaya | tan ana kang kaya mami | tau bêdhah praja di | ngirup mikut para ratu | bêcik sira mundura | yèn dudu Anglingdarma Ji | mundhak-mundhak sira tombok milu pêjah ||

7. wau rikala miyarsa | Sri Naranata Kadhiri | angandika hèh ta buta | tuhu tan wruh bênêr bêcik | swaramu sru baribin | datan wruh dibyaning satru | ya bênêr tau mênang | lan titah kang ukur urip | wus katitik tatamu tanpa rêrawat ||

8. senapati nunjang-nunjang | nora wruh bênêring jurit | nyawamu wus kalêpêran | kaya agea ngêmasi | Kalasrêngga nauri | hèh babo apa abamu | sida ko tombok nyawa | mati dening dibya mami | nganggo mundhi gandhewa ge tibakêna ||

9. ingsun tadhahane dhadha | sun kantari bau kalih | Natèng Kadhiri dyan ngayat | gandhewa kang wus pinusthi | jêmparing Pasopati | lumêpas manatas tuwuh | Kalasrêngga wus pêjah | dening Sang Prabu Kadhiri | surakira wong Kadhiri bata rêbah ||

10. ulêng para buta rucah | ing patine senapati | sanalika kapiyarsa | mring Kala Gorandha Patih | dukanira tan sipi | mangamah-amah manaut | ing wulu jenggotira | gêrêng ngilêr apêpulih | lampahira jumujug baris Pandhawa ||

11. Sri Mataun kang tinrajang | jog [jo...]

--- 123 ---

[...g] mandhap saking turanggi | cukat cêk angasta tlêmpak | sompok wus kapara ngarsi | tan ana tanya kalih | sumrikut Gorandha mupuh | gadastra ingindhanan | sumiyut tinlêmpak kêni | têpakira kang kanan bruk kapisanan ||

12. surake ambata rêbah | ambal lir manêngkêr langit | pêjahing pêpatih buta | sakala wus kapiyarsi | ring Sri Kala Wrêdati | dukarda kamoran mèpu | puwara karsanira | suka lêbur barêng mati | sakèrine ingagnyan barubuhing prang ||

13. buta wujil ănja-ănja | arêngês rèngès gumriwis | kêthêk-kêthêk kala nadhah | dhudhak wadhuk nginum gêtih | mara arêbut dhingin | mangrangsang mungsuh manggraut | wau ta para wira | Mlawa Mataun Kadhiri | ngawaki prang mangsah cancut taliwănda ||

14. sêrsêg sumrêg asrang-srangan | mungsuh rowang wus nangkêpi | panduk-pinanduk tanpa was | datan ana milih tandhing | ewasamana olih | manggala kathuk gul-agul | gulêt prang ripu rêmpak | pog-pogan tan angindhani | kang akalah galangsar kinêpruk pêjah ||

15. jroning prang ribut kawangwang | nging bala Malawapati | ayêm tatag tan kasêsa | pakolih mapankên dhiri | bala rêksasa sami | ebyoh ribêt tandangipun | nyêngka dhapur rêkasa | maju mati tan ngundhili | punggawane kari têlu sami pêjah ||

16. Kala Gorandha wus lina | pinanah Natèng Kadhiri | sami lawan Kalasrêngga | senapatining bala wil | Kala Wiwaktra [Wi...]

--- 124 ---

[...waktra] mati | dening Sang Natèng Mataun | tinumbak lumba-lumba | rinampok bangkene rujit | ana manèh punggawa Kala Wiwaksa ||

17. ngamuk nglawat mring panjawat | kinrubut pra punggawa ji | mati lawan tinanganan | rêmuking balung wor gêtih | gênjur-gênjur nangkêpi | ing napas datan lumaku | mati rêmuk dinugang | wau Sri Kala Wrêdati | sirnanira punggawa kari anggana ||

18. umangsah katon malela | lan pangayap sawatawis | nindyamantri ing Malawa | Risang Arya Bathik Madrim | wutuh ayam kang liring | sasêrênge wuwuh sirung | kêlabing kang bandera | lêlayu rontèk kumitir | pasêmone kadi panigasan nyawa ||

19. awas denira amulat | Adipati Bathik Madrim | mring Kala Wrêdati Raja | arsa ngawaki ing jurit | wau sang nindyamantri | majêng ing rana umagut | wus panggih yun-ayunan | lan Prabu Kala Wrêdati | asru nabda sira sang raksasa raja ||

20. hèh hèh babo iki baya | raja ing Malawapati | kang aran Sri Anglingdarma | satru bêbuyutan mami | ingkang madahad kèsthi | gon ingsun amalês ukum | katêkan sêdyaningwang | panagihku potang pati | marang sira bayarên saiki uga ||

21. apa sapanjalukira | pasthi bae sun turuti | apa pati sinasuwak | apa ta mati ginitik | apa pinalu piling | apa pilih sun jur-êjur | kalawan gadaningwang | kabèh wis padha cumawis | saur sabda sang mantrimuka [mantri...]

--- 125 ---

[...muka] Malawa ||

22. hèh buta binto wruhanta | sun dudu Sri Mlawapati | ratu musthikaning jagad | sun iki amung pêpatih | ingkang kinadang kadi | tunggal yayah lawan ibu | sarta lawan winênang | mangrèh kang para narpati | kang katêmpuh mis bacining tanah Jawa ||

23. sarta bambang lum-alumnya | sadhêdhak mêrange sami | kasrah lan wisesaningwang | mau sira angrasani | gustiku sri bupati | aja sira age muwus | yèn ingsun misih ana | rampung ingsun kang mungkasi | sabudinta yakti ingsun ora wêgah ||

24. sru mojar sang raja yaksa | babo sira talang pati | Madrim Madrim ingsun eman | rupanira anom pêkik | lamun tumêkèng pati | pasthi rabinira gêtun | kelangan laki canthas | martuwanta katut sêdhih | ge balia aja mapak yudaningwang ||

25. sang nindyamantri manabda | angomyang si buta baring | micara kang durung ana | têkakna sêdyanirèki | pilihana kang tipis | sang yaksa raja dyan nyaut | ing lambung blêng kacakan | sarosa dènira gigit | gya kinêmah-kêmah kulite tan pasah ||

26. krasa linu siyungira | linêpèh lawan ambabibit |[52] kontal risang mantrimuka | kumleyang sarèh aririh | gagat grêguting galih | cangkelak wus mapan wangsul | saya jêjêg dêdêgira |[53] tinubruk risang yaksa ji | tinadhahan sinăngga sêsingkabira ||

27. anggêro gêrêng kalaran | ya ta risang Bathik Madrim | nadyan ali[...] | [...] | [...] | [...] | [...] | [...] | [...] ||[54]

 


Kurang satu suku kata: nanging sih doh tampi sihe. (kembali)
patih. (kembali)
Nimban. (kembali)
Kurang satu suku kata: ya ta rêkyana patih. (kembali)
rih-irih. (kembali)
pramudyèng. (kembali)
Kurang satu suku kata: antèr tanpa rinarasa. (kembali)
wil. (kembali)
Kurang satu suku kata: ngrêbut balung tanpa isi. (kembali)
10 têgil. (kembali)
11 glanggang. (kembali)
12 playu. (kembali)
13 impèn (dan di tempat lain). (kembali)
14 duradasih (dan di tempat lain). (kembali)
15 Kurang satu suku kata: wulang wêwêlinging rama. (kembali)
16 Kurang satu suku kata: rêntêng rontag karêrănta. (kembali)
17 janmi. (kembali)
18 sêngsêm. (kembali)
19 bangkit. (kembali)
20 Lebih satu suku kata: wit Prabu Jayamisena. (kembali)
21 andrêmimil. (kembali)
22 Kurang satu suku kata: lah ta tadhahana iki. (kembali)
23 Kurang satu suku kata: lêlongkang lêngkèhing wukir. (kembali)
24 karaton. (kembali)
25 jajaripun. (kembali)
26 Lebih satu suku kata: samun sami sampat-samput. (kembali)
27 kalamun. (kembali)
28 Lebih satu suku kata: mangkana dènnya ngrarêpi. (kembali)
29 lawan. (kembali)
30 samadyèng. (kembali)
31 wêwangson. (kembali)
32 Kurang satu suku kata: amba srah ing lair batos. (kembali)
33 Kurang satu suku kata: sang sri dupi miyarsa tyase katrênyuh. (kembali)
34 Kurang satu suku kata: dhatêng wadya bathara ingkang linuhung. (kembali)
35 Kurang satu suku kata: pangandikaning narpati. (kembali)
36 Kurang satu suku kata: Sang Aprabu Jayaamisena. (kembali)
37 ngênganggo. (kembali)
38 banthèng. (kembali)
39 ditya. (kembali)
40 banthèng. (kembali)
41 Kurang satu suku kata: mulya sanadyan papa. (kembali)
42 kapti. (kembali)
43 Kurang satu suku kata: yèku palêrêbanira. (kembali)
44 Kurang satu suku kata: samantara sang sri bidhal. (kembali)
45 barêng. (kembali)
46 Kurang satu suku kata: ting galidrah solahe pratiwa wadya. (kembali)
47 madyèng. (kembali)
48 Kurang satu suku kata: marmanira rarasing panggalih. (kembali)
49 tanpa. (kembali)
50 Lebih satu suku kata: saking turangganirarsa. (kembali)
51 Kurang satu suku kata: sarwi anggro gumlêgêr gêgêtêri. (kembali)
52 Lebih satu suku kata: linêpèh lawan ambabit. (kembali)
53 Lebih satu suku kata: saya jêjêg dêdêgnya. (kembali)
54 Halaman 126 dan seterusnya hilang. (kembali)