Abunawas (Jilid 1), Petruk, 1930, #1821

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Abunawas (Jilid 1), Petruk, 1930, #1821. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita
  2. Abunawas (Jilid 2), Petruk, 1930, #1821. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita
Image

Serie No. 339.

Abunawas

Pêthikan saking cariyos-cariyos kina.

Ingkang nyariyosakên Petruk.

[Grafik]

Jilid I.

Bale Pustaka, Wèltêprèdhên 1930.

--- 1 : [2] ---

Wêwênangipun pangarang sinêngkêr, miturut bab 11 anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- 1 : [3] ---

I. Abunawas Api-api Edan.

Kacariyos, kala ing nagari Bahdad alamipun Prabu Harun Al Rasid, wontên satunggiling pêngulu nama Maolana Kadhi, gadhah anak jalêr satunggal nama pun Abunawas.

Nuju satunggiling dintên, Abunawas dipun undang ing bapakipun sarta dipun wêling makatên: Ênggèr, Abunawas, andadèkna kawruhanmu, yèn aku saiki wis wancine mulih mênyang jaman kalanggêngan. Mara saiki kupingku têngên lan kiwa iki gandanên.

Abunawas ugi lajêng anglampahi punapa prentahing bapakipun. Dene gandaning kupingipun têngên, saklangkung arum, ingkang kiwa saklangkung badhêg abacin. Sasampunipun pêngulu wau lajêng pitakèn dhatêng anakipun: Ênggèr, Abunawas, kêpiye mungguh ambune kupingku loro pisan mau.

Abunawas amangsuli: Kula nuwun, bapak, mênggah ambêting talingan panjênêngan punika, ingkang têngên saklangkung arum, ananging ingkang kiwa saklangkung badhêg abacin.

--- 1 : 4 ---

Bapakipun wicantên malih: Dhuh, anakku, gèr, kowe dak kandhani, mula gandaning kupingku beda-beda, jalaran sanyatane dhèk biyèn ana wong loro kêtêmu karo aku, ature kang siji dak rungokake, nanging ature sijine ora dak pikir babarpisan. Kang mangkono kuwi wis dadi lêlakone wong dadi pêngulu. Mulane yèn kowe ing besuk dadi pêngulu, ya mangkono kuwi mungguh lêlakone. Môngka yèn kowe ora gêlêm anglakoni dadi pêngulu, wis mêsthi dadi dukane sang prabu. Kajaba saka iku, para mukmin mêsthi bakal milih kowe supaya ditêtêpake dadi pêngulu.

Mirêng wêlinging bapakipun ingkang makatên wau, Abunawas rumaos nalôngsa manahipun. Botên antawis dangu bapakipun lajêng tilar donya. Sasampunipun layoning bapakipun kinubur, Abunawas karônta-rônta manahipun, ingkang kapisan, amargi mêntas katilar ing bapakipun, ingkang kaping kalih, amargi badhe kêpêksa anggêntosi pangkating bapakipun. Supados sampun ngantos katêtêpakên dados pêngulu, saking judhêging manahipun, Abunawas lajêng api-api edan.

Nuju satunggiling dintên, Abunawas pados papah pisang kangge [kang...]

--- 1 : [5] ---

[Grafik]

Abunawas pados papah pisang kangge jaranan.

--- 1 : 6 ---

[...ge] jaranan, salajêngipun samargi-margi tansah jêjogedan lan têtêmbangan makatên:

thung thung plak plak thung thung jur | mangan rujak, kêbanjur-banjur | barêng macak ha hak jêbul mangsur ||

Ningali tingkahipun Abunawas ingkang makatên punika, sawênèhing tiyang wontên ingkang gumujêng, ananging ingkang kathah sami ngungun sarta wêlas dhatêng pun Abunawas. Tingkahipun Abunawas ingkang anyalawadi wau, lami-lami kapirêng ing Sang Prabu Harun Al Rasid, satêmah lajêng katimbalan. Sarêng Abunawas sowan wontên ing ngarsanipun sang prabu, kadangu makatên: He, Abunawas, jalaran saka ajale bapakmu, saiki pangkat pêngulu ing kene komplang. Kang iku saka karsaningsun, lan panyuwune kawulaningsun para mukmin kabèh, kowe bakal ditêtêpake anggêntèni pangkate bapakmu.

Mirêng pangandikanipun sang prabu makatên punika, Abunawas saklangkung prihatos manahipun, sarta nuntên mantêp anggènipun badhe api-api edan. Pangintênipun, karsanipun sang prabu tamtu badhe sande, manawi anguningani bilih piyambakipun gadhah sakit ewah. Abunawas lajêng nyêmbah sarwi umatur: Kawula [Kawu...]

--- 1 : 7 ---

[...la] nuwun inggih, gusti, kapundhi dhawuh timbalan dalêm. Tempe punika asal saking dhêle, traos saking urang, lan sêkul gudhêg miwah tigan pindhang punika pakarêmanipun abdi dalêm. Sarêng sang prabu mirêng aturipun Abunawas clewa-clewo makatên, sangêt dukanipun. Abunawas lajêng kadhawuhan nyapu kaping salawe.

Sasampunipun Abunawas kasapu kaping salawe, lajêng mantuk. Sadumuginipun ing kori gapura, Abunawas dipun cêgat dening tiyang ingkang jagi gapura saha dipun pitakèni makatên: Dhuh, Abunawas, kados pundi samênika, kala sampeyan badhe lumêbêt ing kadhaton sampun anyagahi dhatêng kula, inggih punika badhe nyukani sapalihing ganjaranipun sang prabu dhatêng sampeyan, amila samangke kula badhe nagih kasagahan sampeyan punika. Mirêng rêmbagipun tiyang jagi gapura ingkang makatên wau, Abunawas ing batos gumujêng, saha lajêng wicantên makatên: O, inggih prayogi, sampeyan êntosi kemawon sakêdhap. Abunawas lajêng kesah amêndhêt kajêng. Tanpa sabawa malih tiyang ingkang jagi gapura lajêng dipun pênthungi kaping salawe, upami sagawona makatên ngantos kaing-kaing sayêktos. Sasampunipun mala tiyang jagi gapura wau, Abunawas lajêng mantuk. Dene têtiyang ingkang dipun pênthungi punika, botên narimah

--- 1 : 8 ---

sarta lajêng enggal-enggal ngadhêp dhatêng ngarsanipun sang prabu, unjukipun: Dhuh, gusti, sampun pisan dados dêduka dalêm, dene kawula kamipurun cumanthaka munjuk ing ngarsa dalêm, mênggah ing tingkahipun Abunawas, kala wau nalikanipun badhe mêdal ing kori gapura, mênthungi dhatêng kawula ngantos kaping salawe. Ingkang makatên wau kawula sumanggakakên ing ngarsa dalêm sang prabu, mênggah ing adilipun. Mirêng aturipun tiyang jagi gapura, sang prabu sangêt dukanipun sarta Abunawas lajêng enggal-enggal kadhawuhan nimbali. Sarêng Abunawas sampun ngadêp ngarsanipun sang prabu, kadangu makatên: He, Abunawas, apa nyata kowe wus mênthungi wong kang jaga gapura nganti kaping salawe.

Aturipun Abunawas: Dhuh, gusti pêpundhèn kawula, sadaya aturipun jagi gapura mila inggih lêrês, wontênipun kawula kamipurun mênthungi tiyang wau, amargi kawula kêpêksa anêtêpi ing kasagahan kawula, inggih punika: Kala kawula katimbalan ingkang kapisan, kawantos-wantos dening tiyang ingkang jagi gapura, supados sadaya ganjaran dalêm ingkang badhe kawula tampi kapaliha kalihan tiyang wau. Kala kawula mantuk, anglangkungi gapura, kawula dipun wêlèhakên ing kasagahan kawula. Ing sarèhning nalika samantên kawula kaparingan ganjaran kasapu kaping salawe, amila pun jagi

--- 1 : 9 ---

gapura ugi lajêng kawula pênthungi kaping salawe.

Dhawuhipun sang prabu dhatêng tiyang jagi gapura: He, apa nyata kowe duwe prajanjian karo Abunawas kang mangkono mau.

Aturipun ingkang kadangu: Dhuh, gusti, mila inggih makatên.

Sang Prabu ngandika malih: Yèn mangkono Abunawas dadi ora salah babar pisan, kang iku kowe wong loro wis padha mundura.

Abunawas lajêng mantuk dhatêng griyanipun.

Kacariyos, nuju satunggiling dintên Sang Prabu Harun Al Rasid, pinarak ing dhampar kêncana, kaadhêp ing patih saha wadyabala sadaya. Pangandikanipun sang prabu dhatêng kyana patih: He, patih, kapriye mungguh panêmumu, sapa kang pantês ditêtêpake dadi pêngulu ing Bahdad kene.

Aturipun kyana patih: Dhuh, gusti, kalilana munjuk ing ngarsa dalêm, sayêktosipun samangke ingkang pantês katêtêpakên dados pêngulu kêdah tiyang sanès, amargi tingalipun Abunawas anggènipun sakit botên badhe enggal sagêd mantun.

Para mantri ingkang kala samantên ugi ngadhêp ing ngarsanipun sang prabu, lajêng nyêmbah sarta matur makatên: Dhuh gusti, klilana

--- 1 : 10 ---

abdi dalêm munjuk ing ngarsa dalêm, kadosdene aturipun kyai patih punika mila lêrês, amargi ing samangke Abunawas mila sayêktos sakit ewah, dèrèng dangu punika kawula pinanggih kalihan Abunawas wontên ing margi sawêg jaranan papah pisang, sarêng piyambakipun sumêrêp dhatêng kawula lajêng nyirig-nyirig sarwi têtêmbangan lagu jathilan makatên:

jathilan kramaleya | nunggang jaran kliru kêbo | jare mantri, ngiras soto ||

sumêrêp tingkahipun Abunawas ingkang makatên wau, ing batos kawula rumaos ngungun, amila sampun layakipun manawi Abunawas botên katêtêpakên dados pêngulu.

Dhawuhipun sang prabu: Ya bênêr aturmu iku, mung bae padha diêntèni sawatara dina dhisik. Yèn Abunawas pancèn ora bisa waras, wis mêsthi wong liya kang ditêtêpake dadi pêngulu.

Sadangunipun ing Bahdad dèrèng katêtêpan pêngulu, Abunawas tansah rewa-rewa edan, sauruting margi jêjogedan tayungan, botên nyara Bratasena, nanging nyara Pênthul, kanthi dipun gamêli cangkêm piyambak: Ming, mung, ming, jur, ming, mung, ming, plêthêt, ming, mung, ming jur, ming, mung, ming,

--- 1 : 11 ---

gêjêglong. Lajêng nirokakên ungêling gêndèr: Gêntholalit, lit, lit, gêntholalit. Makatên satêrusipun.

Sarêng sampun jangkêp sawulan, Abunawas katingal dèrèng mantun anggènipun sakit ewah, saking mundhi dhawuhipun Sang Prabu Harun Al Rasid, ingkang katêtêpakên dados pêngulu saèstu tiyang sanès. Ing dintên punika sadaya kawula ing Bahdad sami ngêmpal ing paseban. Makatên ugi pun Abunawas ugi tumut dhatêng, kanthi numpak jaranan papah pisang, sarta lajêng ambêngingèh-ambêngingèh kados dene kapal. Wicantênipun: He, gundhal, jaranku iki wis ngêlih bangêt, enggal tukokna kupat saoto kanggo makani jaranku kiyi.

Kala samantên wontên salah satunggiling tiyang ingkang ngadhêp ing ngarsanipun sang prabu, saha munjuk, bilih piyambakipun ingkang katêtêpakên dados pêngulu ing Bahdad. Sasampunipun punika, sadaya tiyang lajêng sami mantuk sêsowangan. Dene pun Abunawas sangêt bingahing manahipun, sarta ngucap alkhamdulillahi robil alamin, dene samangke sampun linêpatakên saking bêbaya wau.

Kacariyos pun Abunawas, padamêlanipun sadintên-dintênipun, [sadintê...]

--- 1 : 12 ---

[...n-dintênipun,] namung mulang ngaji Kitab Kuran dhatêng têtiyang kathah, lan muridipun saya dangu saya wêwah-wêwah.

__________

II. Abunawas kalihan Sudagar Mêsir.

Kacariyos, nuju ing satunggiling dintên wontên sudagar asal saking Mêsir dhatêng ing Bahdad, sêsadeyan barang mawarni-warni. Botên antawis dangu barangipun sagêd pajêng kasade sadaya, pun sudagar lajêng sumêdya mantuk dhatêng ing nagarinipun. Sarèhning kala samantên dèrèng sagêd angsal tumpakan baita kapal, amila kêpêksa ngêntosi wontên ing Bahdad sawatawis dintên. Salêbêtipun sudagar ngêntosi tumpakan wau, sabên dintên tansah asênêng-sênêng kalihan pitêpanganipun ing Bahdad ngriku. Satunggiling dalu pun sudagar nyupêna semah angsal anakipun pêngulu ing Bahdad, sarta salêbêtipun nyupêna sampun anyukani sasrahan dhatêng tiyang sêpuhipun pangantèn èstri. Supênan ingkang makatên wau enjingipun lajêng kacariyosakên dhatêng kônca-kancanipun. Saking gêthok tularipun para kônca, ing wusana supênanipun sudagar lajêng sumêbar ing tiyang kathah, satêmah kapirêng ing pêngulu Bahdad. Pun pêngulu lajêng dhatêng ing griyanipun sudagar Mêsir sarta [sar...]

--- 1 : 13 ---

[...ta] pitakèn makatên: He, sudagar, apa nyata kowe wis ngimpi ditêmokake karo anakku, sarta uwis awèh sasrahan marang aku. Manawa pitakonku mau nyata, kowe saiki kudu awèh sasrahane kaya dene impènmu kuwi.

Pun sudagar amangsuli: Kadosdene ingkang sampeyan ngêndikakakên wau mila lêrês, ananging namung kandhêg ing supênan kemawon, sanyatanipun kula botên pisan-pisan semah kalihan putra sampeyan.

Sarêng mirêng wangsulanipun sudagar, pun pêngulu sangêt jèngkèl manahipun, barang darbèkipun sudagar lajêng karampas sadaya sarta lajêng wicantên makatên: Kasugihanmu iku sabênêre durung cukup kanggo kudangane anakku. Sadaya barangipun sudagar lajêng kabêkta mantuk, dene pun sudagar namung katilaran sandhangan sapêngadêg. Sasampunipun makatên, sudagar Mêsir lajêng kesah dhatêng panggenaning para hakim sanès-sanèsipun, anglapurakên mênggah tindaking pêngulu makatên punika. Ananging botên wontên satunggal-tunggala tiyang ingkang pitados saha amrêduli dhatêng aturipun pun sudagar wau. Nuju satunggiling dintên sudagar dhatêng griyanipun tiyang èstri sêpuh, sumêdya nêdha sêdhêkah. Tiyang èstri sêpuh sumêrêp kawontênanipun sudagar Mêsir wau sangêt wêlasipun sarta lajêng pitakèn [pi...]

--- 1 : 14 ---

[...takèn] mulabukanipun, dene lare neneman makatên têka ngêmis. Pun sudagar lajêng anyariyosakên lêlampahanipun wontên ing nagari Bahdad saking kawitan dumugi pungkasan. Tiyang èstri sêpuh sangêt wêlas mirêng cariyosipun sudagar Mêsir punika, mila lajêng kaajak kesah sêsarêngan dhatêng ing griyanipun Abunawas, bokmanawi Abunawas sagêd mitulungi mênggah ing kasusahanipun, tiyang kêkalih punika ugi tumuntên pangkat. Sadumugining griyanipun Abunawas, tiyang èstri sêpuh lajêng nyariyosakên sadaya lêlampahanipun sudagar Mêsir sarta angarih-arih murih Abunawas puruna amitulungi kasusahanipun sudagar wau. Abunawas anyagahi, janji pun sudagar wani munjuk ing ngarsanipun Sang Prabu Harun Al Rasid, sadaya lêlampahanipun ingkang sampun kacariyosakên punika. Pun sudagar anyagahi sarta lajêng mantuk dhatêng griyanipun tiyang èstri sêpuh wau.

Kocapa, sarêng tiyang èstri sêpuh sampun kesah, Abunawas lajêng angêmpalakên para muridipun sadaya sarta lajêng wicantên makatên: He, murid-muridku kabèh, saiki padha muliha anjupuk pacul, linggis lan liya-liyane, mêngko sore padha ngumpula mrene kabèh.

Para murid sadaya sami ngungun mirêng parentahing gurunipun ingkang [ing...]

--- 1 : 15 ---

[...kang] makatên punika, sarta lajêng sami mantuk ing griyanipun sêsowangan. Sontênipun para murid sampun kêmpal sadaya ing griyanipun Abunawas sarta ambêkta pirantos-pirantos kasêbut nginggil. Wicantênipun Abunawas: Bêngi kiyi kowe lungaa mênyang omahe pêngulu kang anyar sarta rusakên omah kuwi, yèn ana wong pitakon, aja pisan-pisan kok prêduli, omonga nèk aku sing akon.

Para murid lajêng sami kesah dhatêng griyanipun pêngulu, sarta amiwiti angrisak griyanipun. Saking ramening suwara, pêngulu kagèt tangi saking anggènipun tilêm sarta lajêng pitakèn dhatêng para murid-murid wau: Sapa kang wani kongkonan kowe kabèh ambubrah omahku kiyi.

Para murid amangsuli: Inggih guru kula pun Abunawas.

Enjingipun pun pêngulu sowan ing ngarsanipun Sang Prabu Harun Al Rasid ngunjukakên sadaya ingkang sampun kalampahan ing dalu punika. Abunawas lajêng katimbalan ing sang prabu. Botên dangu pun Abunawas ugi lajêng ngadhêp sêsarêngan kalihan sudagar Mêsir. Sang prabu nuntên andangu: He, Abunawas, kowe anjupuk waton saka apa, dene kowe wani-wani kongkonan muridmu angrusak omahe pêngulu.

--- 1 : [16] ---

[Grafik]

Para murid lajêng sami kesah dhatêng griyanipun pêngulu, sarta amiwiti angrisak griyanipun.

--- 1 : 17 ---

Aturipun pun Abunawas: Dhuh, gusti pêpundhèn kawula, waton ingkang kawula angge punika, salêrêsipun miturut watonipun pêngulu piyambak. Kala winginipun sontên, kawula nyupêna, bilih murid-murid kawula sami angrisak griyanipun pêngulu, amila sontênipun malih para murid wau enggal-enggal kawula purih ngrisak griyanipun pêngulu sayêktos. Wontênipun kawula purun tumindak makatên, jalaran abdi dalêm pêngulu sampun nindakakên pranatan punika. Kauningana, gusti, dèrèng dangu punika wontên satunggiling sudagar asal saking Mêsir, nyupêna rabi kalihan anakipun pêngulu sarta sampun suka sasrahan dhatêng pun pêngulu. Sarêng pêngulu wau mirêng, sadaya barang darbèkipun sudagar lajêng karampas sadaya dening pêngulu.

Mirêng aturipun Abunawas, sang prabu sangêt dukanipun. Sasampunipun katitipriksa mênggah ing kalêpatanipun pêngulu, sanalika pêngulu lajêng kapêcat saking pangkatipun, dene sadaya barang darbèkipun pêngulu kaparingakên dhatêng sudagar Mêsir wau.

__________

III. Lêmbu Nênêm ingkang Sagêd Wicantênan.

Nuju satunggiling dintên, Sang Prabu Harun Al Rasid utusan [utusa...]

--- 1 : 18 ---

[...n] nimbali Abunawas. Sarêng Abunawas sampun ngadhêp ing ngarsanipun sang prabu, sang prabu lajêng andhawuhi makatên: He, Abunawas, mulane sira dak timbali ana ing ngarsaningsun, sira sun utus ngupaya sapi nênêm cacahe, kang ajenggot sarta kang bisa tata jalma. Poma sajêrone pitung dina kiyi, sira mêsthi bisa ngolèhake apa kang dadi pamundhut ingsun mau, dene yèn nganti ora olèh gawe, gulumu kang bakal dadi lirune.

Mirêng dhawuhipun sang prabu ingkang makatên punika, Abunawas lajêng nyêmbah sarta matur, unjukipun: Kawula nuwun, gusti, sadaya ingkang dados karsa dalêm wau, kawula ugi badhe angèstokakên.

Para punggawa ingkang kala samantên sami ngadhêp ing ngarsanipun sang prabu, ing batos sami raosan makatên: Sapisan kiyi Abunawas wis mêsthi bakal katiwasan. Sasampunipun Abunawas lajêng nyuwun pamit mantuk. Sadumugining griyanipun, Abunawas lajêng linggih anggagas mênggah ingkang dados karsanipun sang prabu wau. Sarêng sampun dumugi ing dintên patêmbayanipun, Abunawas lajêng mêdal saking griyanipun sarta lajêng lumampah ing saurutipun margi agêng. Manawi kalêrês pinanggih tiyang, lajêng dipun cêpêng sarta dipun pitakèni makatên: Kang, kula ajêng takon têng dika, niki dina napa. Dene sakathahing tiyang ingkang [ing...]

--- 1 : 19 ---

[...kang] dipun takèni wau wontên ingkang lêrês wangsulanipun, ananging ugi wontên ingkang kalintu. Ingkang lêrês wangsulanipun kaêculakên malih, dene ingkang kalintu lajêng kaêndhêg sumêdya kaadhêpakên ing ngarsanipun sang prabu. Sarêng Abunawas sampun jangkêp angsal tiyang nênêm, lajêng sowan lumêbêt dhatêng karaton. Kala Abunawas ngadhêp ing ngarsanipun sang prabu, kalayan ngirid tiyang 6, sadaya sami ajenggot. Sang prabu sarêng uninga Abunawas, sanalika lajêng katimbalan sarta kadangu, punapa Abunawas sagêd anglêksanani pamundhutipun sang prabu ingkang sampun pitung dintên kapêngkêr. Abunawas lajêng angunjukakên tiyang 6 ingkang kairid wau, sarta umatur makatên: Dhuh, gusti pêpundhèn kawula, sumôngga, punika pamundhut dalêm rumiyin.

Sang prabu lajêng andangu dhatêng Abunawas: He, Abunawas, apa kang sira aturake marang ingsun iki.

Unjukipun Abunawas: Dhuh gusti, mugi karsaa andangu dhatêng tiyang 6 punika, dintên punapa ing samangke punika.

Sang prabu ugi lajêng anglêksanani punapa aturipun pun Abunawas. Dilalah wangsulanipun tiyang 6 wau sami kalintu sarta beda-beda. Abunawas lajêng munjuk dhatêng sang prabu makatên: Dhuh gusti, manawi tiyang 6 punika sayêktos bangsaning manungsa, têmtunipun botên badhe kalintu anggèning mangsuli pandangu dalêm wau. [wa...]

--- 1 : [20] ---

[Grafik]

Sumôngga, punika pamundhut dalêm rumiyin, lêmbu ingkang ajenggot sarta sagêd tata jalma.

--- 1 : 21 ---

[...u.] Punapa malih dhatêng bab-bab sanès mangrêtosa. Ingkang punika punapa botên dados lêrêsipun, bilih tiyang 6 punika kawastanana kewan, utawi lêmbu ingkang ajenggot sarta sagêd tata jalma.

Sarêng mirêng aturipun Abunawas ingkang makatên wau, sang prabu sangêt ngungun ing panggalihipun. Abunawas nuntên kadhawuhan maringi ganjaran arta 5000 dinar sarta lajêng kalilan mantuk ing griyanipun.

__________

IV. Abunawas Anyade Sang Prabu Harun Al Rasid.

Kacariyos, nuju satunggiling dintên, Abunawas kêsêpênan ing arta, amila lajêng kèndêl angulir budi, kadospundi sagêdipun angsal arta. Pangunandikanipun: Kapriye mungguh patrikêlepratikêle murih bisane aku olèh dhuwit, tinimbang aku laku nistha anjêjaluk nyang liyan, luwih bêcik aku tak ngêdol sang prabu bae. Salajêngipun, Abunawas nuntên kesah dhatêng kraton, ngadhêp sang prabu. Sarêng sang prabu uninga dhatêng Abunawas, Abunawas enggal katimbalan. Pangandikanipun sang prabu: He, Abunawas, têka

--- 1 : 22 ---

lawas têmên anggonira ora ngadhêp-ngadhêp ing ngarsaningsun.

Abunawas lajêng nyêmbah umatur: Dhuh gusti pêpundhèn kawula, sampun pisan andadosakên dêduka dalêm, dene lami kawula botên angadhêp ing ngarsa dalêm, sayêktosipun kawula mêntas kêkesahan dhatêng sajawining kitha Bahdad, prêlu ningali cara-caranipun têtiyang Baduwi ananêm gandum. Saking sayahipun, kawula nuntên kèndêl wontên sangandhaping wit waringin agêng, ing ngriku kawula mirêng swaraning gôngsa sangêt anglangut, ngantos kawula botên anggadhahi rumaos, bilih kawula manggèn wontên ing alam donya, kintên kawula kemawon, punika gôngsa ing swarga tumurun ing ngarcapada.

Sarêng sang prabu mirêng aturipun Abunawas ingkang makatên wau, saklangkung kapencut panggalihipun kêpengin ugi mirêngakên swaraning gôngsa ingkang kacariyosakên dening Abunawas, dhawuhipun: He, Abunawas, gamêlan kang sira critakake marang ingsun, andadèkake ngunguning panggalih ingsun, kang iku ingsun dhèrèkna mênyang panggonaning gamêlan kang sira critakake mau, supaya ingsun bisa mèlu amirêngake.

Abunawas amunjuk: Kawula nuwun sandika, gusti, amung kemawon kalilana kawula matur ingkang dados wêwalêripun, sintên kemawon ingkang sumêdya mirêngakên swaraning gôngsa [gông...]

--- 1 : 23 ---

[...sa] wau, botên pisan-pisan kenging ambêkta mitra, ngêmungna piyambakan kemawon, amila manawi adrêng karsa dalêm badhe amirêngakên swaraning gôngsa wau, mugi sampun karsa kadhèrèkakên dening abdi dalêm sanès-sanèsipun, kajawi amung kawula piyambak.

Saking kapencutipun sang prabu dhatêng aturipun Abunawas wau, botên amênggalih panjang malih, enjingipun lajêng tindak badhe amirêngakên gôngsa sarta namung kadhèrèkakên ing Abunawas piyambak.

Kintên-kintên wanci subuh, sang prabu miyos saking kraton kadhèrèkakên dening Abunawas tindak dhatêng sajawining kitha. Kala jêngkaripun sang prabu, botên wontên tiyang ingkang nyumêrêpi, amargi tindakipun wau, sadèrèngipun wontên tiyang tangi. Kacariyos tindakipun sang prabu sampun dumugi ing sajawining kitha, saha lajêng dumugi ing panggenanipun tiyang Baduwi ananêm gandum, jagung lan pisang. Kala samantên sang prabu andangu dhumatêng Abunawas, dhawuhipun: He, Abunawas, apa panggonan kang bakal diparani kuwi isih adoh.

Unjukipun: Dhuh gusti, nun inggih sampun cêlak, punika sampun katingal witipun waringin. Mugi panjênêngan dalêm karsaa pinarak ing ngandhaping wit punika, kawula badhe cariyos rumiyin dhatêng tiyang Baduwi ing dhusun cêlak ngriku, kadospundi

--- 1 : 24 ---

patrapipun, murih panjênêngan dalêm sagêd gamblang anggènipun amirêngakên gôngsa.

Sang prabu ugi lajêng amituruti punapa ingkang dados aturipun pun Abunawas. Dene pun Abunawas têrus kesah dhatêng dhusun sacêlakipun ngriku, sumêdya amanggihi salah satunggiling tiyang Baduwi ingkang sugih. Sarêng sampun sagêd pinanggih kalihan tiyang ingkang dipun padosi, Abunawas wicantên makatên: He, kisanak, punapa sampeyan kintên-kintên purun numbas kônca kula, tiyange waras kathik lêma badane.

Tiyang Baduwi amangsuli: Pundi tiyange sing ajêng sampeyan sade, cobi kula sampeyan tuduhi.

Abunawas wicantên malih: Kisanak, sabênêre kula niki trêsna bangêt têng tiyange niku, dadi nèk adhêp-adhêpan botên têgêl, mulane kula nuduhake saka kadohan mawon, dene tiyang niku mung kula rêgèni 100 dinar. Tiyang Baduwi sagah anumbas, ananging pun Abunawas kêdah suka sêrat ingkang anêrangakên bilih Abunawas sayêktos sampun anampi arta kathahipun 100 dinar, sumêrêp rêgining tiyang ingkang kasade wau. Abunawas ugi lajêng anglêksanani dhatêng panêdhanipun tiyang Baduwi punika. Sasampunipun anampèni arta 100 dinar, saha anêdahakên panggenanipun pinarak sang prabu, Abunawas lajêng enggal-enggal mantuk [mantu...]

--- 1 : 25 ---

[...k] dhatêng griyanipun, dene tiyang Baduwi lajêng amurugi sang prabu, sarta wicantên makatên: He, dhi, awi sampeyan tumut têng kula. Sang prabu sangêt ngungun ing panggalihipun, dene ujug-ujug têka wontên tiyang angajak mantuk. Sang prabu botên ngandika punapa-punapa sarta lajêng angêtutakên lampahing tiyang Baduwi wau. Sadumuginipun ing griyaning tiyang Baduwi, sang prabu kapurih lênggah sarta kacaosan dhahar awarni sêkul kalihan lisah samin. Sang prabu ugi lajêng dhahar sarta angunandika makatên: Sanajan iki dudu dhêdhaharan ingsun, ananging mêksa ingsun dhahar, jalaran bokmanawa mula rêjêki paringane kang kuwasa.

Kacariyos, salêbêting kadhaton gègèr apuyêngan, amargi kala tindakipun Sang Prabu Harun Al Rasid, botên wontên satunggal-tunggala abdi utawi santana ingkang nyumêrêpi, punapa malih têtiyang sajawining kadhaton botên wontên ingkang mangrêtos, bilih sang prabu linggar saking pura. Dene sang prabu piyambak, kala samantên botên pisan-pisan kagungan panyana, bilih kasade dening pun Abunawas dhatêng tiyang Baduwi. Enjingipun, sang prabu kapasrahan padamêlan anyigar-nyigar kajêng, amila lajêng kaaturan pirantos dening tiyang Baduwi, inggih punika wadung, supados sang prabu enggala amiwiti nyambut damêl. Sang prabu ugi lajêng anyandhak [anya...]

--- 1 : 26 ---

[...ndhak] wadungipun sumêdya anuruti punapa prentahipun tiyang Baduwi. Ananging pamadungipun sang prabu botên kados limrahing tiyang madung, inggih punika gêgêring wadung ingkang kaêmpakakên. Ingkang makatên wau andadosakên ngungunipun tiyang Baduwi, amila lajêng pitakèn makatên: Sampeyan niku wong pundi, dene madung mawon kok ngotên.

Sang prabu angandika: Anggèn kula madung makatên punika, jalaran kula dèrèng nate anglampahi padamêlan punika. Salajêngipun sang prabu lajêng andangu dhatêng tiyang Baduwi, wontên pundi ing samangke pun Abunawas.

Pun Baduwi amangsuli: Abunawas saniki êmpun mulih têng omahe, amarga êmpun nômpa dhuwit 100 dinar saka kula, sumurup ênggone ngêdol sampeyan têng kula. Niki lo layange dol tinuku. Tiyang Baduwi ugi lajêng anyaosakên sêrat tôndha tanganipun Abunawas. Sarêng sang prabu amriksa sêrat wau, duka salêbêting panggalih, sarta lajêng angandika makatên: He, Baduwi, andadèkna kawruhanmu, sajatine ingsun iki Sultan Harun Al Rasid kang amrentah praja ing Bahdad kene. Mirêng pangandikanipun sang prabu ingkang makatên wau, pun Baduwi sangêt ajrih manahipun sarta lajêng andheprok sarwi anyêmbah: Dhuh gusti, pêpundhèning jagad, sadaya gênging kalêpatanipun abdi dalêm kawula,

--- 1 : 27 ---

panjênêngan dalêm mugi karsaa paring pangaksama, dene abdi dalêm kawula kumapurun nyuwiyah dhatêng sarira dalêm, amargi saking botên sumêrêpipun abdi dalêm kawula.

Sang prabu lajêng angandika: Kang mangkono mau ora dadi ngapa, mung bae saiki ingsun dhèrèkna kondur ing kadhaton.

Tiyang Baduwi ugi lajêng anglampahi punapa dhawuhipun sang prabu. Sadumuginipun ing kadhaton, tiyang Baduwi kaparingan arta 100 dinar sarta kadhawuhan dening sang prabu makatên: Baduwi, lêlakon ingsun iki aja pisan-pisan sira critakake mênyang liyan, sanajan pêpatih ingsun pisan, manawa pitakon mênyang sira bab lêlakon ingsun mau, aja sira walèhi.

Kacariyos, Sang Prabu Harun Al Rasid ing salêbêting panggalih sangêt dukanipun dhatêng pun Abunawas, amila nuntên dhawuh ngupadosi saha nyêpêng pun Abunawas. Ananging pun Abunawas kesah tanpa lari, dipun padosi ing pundi-pundi botên pinanggih, dalasan ing griyanipun ugi botên wontên. Ingkang punika para utusan lajêng sami munjuk ing sang prabu, bilih pun Abunawas botên pinanggih, botên kasumêrêpan dhatêng pundi mênggah kesahipun. Ananging sajatosipun pun Abunawas andhêlik. Nalika mêntas anyade sang prabu dhatêng tiyang Baduwi, inggih lajêng mantuk [ma...]

--- 1 : 28 ---

[...ntuk] sarta ugi lajêng anyariyosakên sadaya lêlampahanipun dhatêng ingkang èstri. Pungkasaning cariyos, Abunawas anêrangakên makatên: Ibune, mulane saiki sang prabu andhawuhake nyêkêl aku, lan aku kirane bakal diukum pati. Sasampuning rampung anggènipun nyariyosi ingkang èstri, Abunawas sumêdya ngapusi dhatêng sang prabu malih, wicantênipun dhatêng ingkang èstri: Ibune, wis bêcike mangkene bae, aku saiki dak ethok-ethok mati, kiraku sang prabu bakal rawuh ing kene. Manawa sang prabu têmênan rawuh mrene, suwunna ngapura kabèh dosaku, ing donya tumêkane akerat. Ingkang èstri ugi lajêng anyagahi punapa wêlingipun pun Abunawas wau.

Botên antawis dangu, sadaya tiyang ing Bahdad mirêng pawartos, bilih Abunawas samangke sampun tilar donya, pawartos wau ugi kapirêng ing sang prabu. Sang prabu sangêt kagèt ing panggalihipun, sarta lajêng andhawuhakên dhatêng para abdi sadaya, manawi sang prabu badhe rawuh amriksani mayitipun pun Abunawas. Kala rawuhipun sang prabu wontên ing griyanipun Abunawas, sampun kathah para kônca-kancanipun Abunawas ingkang sami layat mriku, mênggah swaraning tangisipun tiyang ingkang sami layat wau, sayêktos angêrês-êrêsi. Kala samantên sang prabu lajêng andangu dhatêng semahipun [semahipu...]

--- 1 : 29 ---

[...n] pun Abunawas, sêsakit punapa ingkang anjalari pêjahipun Abunawas punika. Ingkang kadangu amunjuk, bilih ing sakawit Abunawas mila botên sakit punapa-punapa, ananging sarêng wanci subuh, badanipun sampun kakên saha napasipun sampun botên wontên. Sang prabu sangêt ngungun ing panggalih, dene lêlampahanipun Abunawas namung dumugi samantên. Sasampuning badanipun Abunawas dipun sucèni, nuntên badhe kalêbêtakên ing krêndha, kala samantên semahipun pun Abunawas munjuk ing sang prabu makatên: Dhuh gusti, mugi kawula kalilana matur ing ngarsa dalêm mênggah wêlingipun pun Abunawas inggih punika: Panjênêngan dalêm mugi karsaa paring pangapuntên mênggah ing dosanipun pun Abunawas. Sang prabu ugi manthuk sarta angandika makatên: He, kawulaningsun kabèh kang ana ing kene, sira kabèh padha anêksènana, yèn ingsun saiki aparing ngapura marang sakabèhing dosane Abunawas ing donya tumêkane ing akerat.

Kala samantên pun Abunawas lajêng jênggèlèk tangi saking anggènipun ethok-ethok pêjah, sarta lajêng anyuwara makatên: Alkamdulillahi robil ngalamin.

__________

--- 1 : 30 ---

V. Abunawas Sakit, Badhe Gadhah Anak.

Kacariyos sarêng Sang Prabu Harun Al Rasid sampun kondur saking layat ing griyanipun Abunawas ingkang rewa-rewa pêjah wau, lajêng tuwuh malih dukanipun, jalaran saking pokalipun Abunawas ingkang sayêktos adamêl kapitunanipun tiyang kathah, amargi sawênèhing tiyang, sabab saking gilanipun dhatêng satunggiling mayit ingkang tangi malih, lajêng sami lumajêng salang-tunjang, wontên ingkang dhawah ngantos putung tangan utawi sukunipun, wontên ingkang tatu rainipun, lan sapiturutipun. Ingkang punika sang prabu lajêng andhawuhakên angawisi pun Abunawas lumêbêt ing karaton.

Kalampahan kala samantên, sarèhning Abunawas dipun awisi lumêbêt ing karaton, Abunawas inggih lajêng botên nate ngatingal, ngantos antawis pitung wulan laminipun. Dilalah panggalihipun sang prabu, sarêng Abunawas lami botên nate ngatingal, têka lajêng kagungan osik, bilih ing salêbêting kadhaton lajêng katingal sêpên, mila Abunawas nuntên kadhawuhan nimbali sowan lumêbêt ing kadhaton.

Kala samantên pun Abunawas sawêg linggih athênguk-thênguk kados wontên barang ingkang dipun pikir. Botên antawis dangu

--- 1 : 31 ---

utusanipun sang prabu dhatêng, lajêng andhawuhakên timbalan dalêm sang prabu. Ananging Abunawas lajêng amangsuli makatên: Sampeyan munjuk kalihan sang nata, bilih kula botên sagêd sowan, lajaran kula sakniki sêg nyakiti ajêng gadhah anak, kantun ngêntosi dhatênge dhukun mawon. Utusan ugi lajêng wangsul munjuk sang nata punapa aturipun pun Abunawas. Sarêng sang prabu mirêng unjuking utusan, sangêt ngungun ing panggalih, dene wontên lêlampahan ingkang makatên punika. Wusana sang prabu nuntên rawuh ing griyanipun Abunawas prêlu badhe anguningani lêlampahan ingkang elok makatên wau. Sarêng Abunawas sumêrêp sang prabu rawuh, lajêng gupuh-gupuh amêthukakên sarta nuntên kaaturan pinarak ing panggenan ingkang mulya piyambak. Sasampunipun lênggah, sang prabu andangu dhatêng Abunawas, mênggah pikajênganipun punapa, dene gadhah atur ingkang makatên punika. Unjukipun Abunawas makatên: Dhuh gusti, mugi andadosna kawuningan dalêm, wontênipun abdi dalêm kawula gadhah unjuk ingkang makatên punika, sajatosipun kadosdene ingkang badhe kawula unjukakên punika:

Mênggah pikajêngipun mêtêng punika, wontên satunggiling raja agêng karatonipun, kagungan abdi ingkang dipun usir, nanging

--- 1 : 32 ---

botên antawis lami lajêng dipun timbali malih, sarta pun abdi wau inggih badhe nglêksanani sowan. Ingkang makatên wau dados pasêmonipun pamoring jalêr lan èstri, sampun têmtu kemawon lajêng anggarbini, ngantos andadosakên kuwatosing têtiyang kathah. Inggih makatên pikajêngipun abdi dalêm kawula, pramila wontên têtêmbungan: sabda pandhita ratu, punika pikajêngipun, sampun ngantos amangsuli pangandika ingkang sampun kawêdhar, amargi punika prasasat andilat idunipun piyambak. Amila manawi badhe nindakakên sadhengah prakawis, sadèrèngipun kêdah sampun kagalih ingkang panjang rumiyin, inggih punika pikajêngipun tiyang jalêr badhe manak. Mênggah ingkang dipun sêbut dhukun punika, manawi tiyang badhe manak sampun kadhatêngan dhukun, punika limrahipun lajêng sirna sumêlanging manahipun. Makatên ugi rawuhipun sang prabu ing pondhok kawula ngriki, andadosakên icaling was sumêlangipun manah kawula.

Sarêng sang prabu mirêng unjukipun Abunawas makatên punika, panggalihipun lajêng lêjar, sarta aparing dhawuh, Abunawas kenging lumêbêt dhatêng karaton malih kados adat sabênipun.

__________

--- 1 : 33 ---

VI. Wurung Dipun Sapu Malah Angsal Ganjaran Arta Dinar.

Kacariyos, nuju satunggiling dintên Sang Prabu Harun Al Rasid, pinarak ing dhampar kêncana kaadhêp para mantri lan para punggawa sadaya, kasaru sowanipun Abunawas dumrojog tanpa larapan, lir pendah lare têtak ingkang mêntas mêdal saking kobongan: krêmbyah-krêmbyah. Sarêng Abunawas sampun linggih, sang prabu angartika salêbêting panggalih: Mara, saiki Abunawas sun cobane mungguh ing kapintêrane. Sang prabu lajêng dhawuh dhatêng Abunawas makatên: He, Abunawas, dina kiyi ingsun anduwèni pamundhutan marang sira, yèn sira bisa anglêksanani apa kang dadi pamundhut ingsun mau, sira bakal ingsun ganjar 100 dinar.

Abunawas mirêng dhawuhipun sang nata satus dinar wau, trangginas lajêng anyagahi, ananging ing batos wicantên makatên: Awas, Bu, sang prabu dugaku miyos panggalihe sing mêthakil.

Sang prabu lajêng dhawuh malih: He, Abunawas, dina sesuk ibumu adhêpna mênyang kraton, poma aja nganti kêlalèn mungguh dhawuh ingsun iki.

Abunawas wicantên ing salêbêting batos: Hara, lidok [lido...]

--- 1 : 34 ---

[...k] ta, lah wong biyung wus bôngka salawas-lawase lah kok didhawuhi ngadhêp, apa iya kranjingan jênêngane kuwi. Ananging tidhak pêrsetan, dak saguhane bae. Abunawas munjuk sagah saha nuntên nyuwun pamit mantuk dhatêng griyanipun. Ananging lampahipun Abunawas botên lajêng têrus dhatêng griyanipun, jalaran lajêng ngupadosi tiyang èstri sêpuh ingkang pantês kaakên dados biyungipun. Botên antawis dangu sumêrêp tiyang èstri sêpuh sawêg damêl apêm. Abunawas lajêng anyêlaki sarta wicantên makatên: O, ibu, wiwit dintên niki, mugi sampeyan karsaa ngakên dhatêng kula kadosdene dhatêng anak piyambak. mirêng wicantênipun Abunawas ingkang makatên wau, tiyang èstri sêpuh sêmu kagèt, satêmah pitakèn mênggah mula bukanipun, dene pun Abunawas anggadhahi panêdha ingkang makatên punika. Sasampunipun Abunawas angandharakên sadaya dhawuhing nata, lajêng wicantên makatên: Salêrêse biyung kula niku êmpun dangu anggène tilar, ing sarèhne adrêng pamundhute sang nata, murih sowane pun ibu dhatêng karaton, milane sampeyan kemawon minôngka dados lintune, mangke ganjaran paringane sang prabu warnia punapa kemawon, lajêng kapalih, sing sapalih têng sampeyan, sapalihe malih kula. Ananging poma, yèn wontên pandangune sang nata, inggih kadangua [kadangu...]

--- 1 : 35 ---

[...a] punapa kemawon, sampeyan êmpun mangsuli, ngêmungna angetangi têsbèh mawon, kanthi grundêlan sasagêd-sagêd sampeyan, napa gih ngetangi mêrine tanggane, napa ngetangi apêm sampeyan sing têngik, cêkake sing sampeyan apalake: sakajêng sampeyan mawon, asal botên kapirêng sang nata. Tiyang èstri sêpuh wau anyagahi sarta enjingipun inggih sumêdya badhe sowan sang prabu.

Enjingipun, taksih umun-umun, Abunawas pangkat saking griyanipun kalihan anggendhong tiyang sêpuh ingkang dipun akên ibunipun, sumêdya angadhêp Sang Prabu Harun Al Rasid. Sarêng sang prabu uninga dhatêng tiyang èstri sêpuh wau, lajêng enggal andangu, ananging tiyang èstri botên amangsuli, têrus maos têsbèh kemawon. Ingkang makatên punika andadosakên ngunguning panggalihipun sang prabu, amila sang prabu lajêng andangu dhatêng pun Abunawas: He, Abunawas, apa kiyi ibumu, ingsun sawang têka murang tata têmên, ana ing ngarsaningsun, kok tansah maca tasbèh, apa bae sing diapalake.

Aturipun Abunawas: Dhuh gusti, mugi andadosakên kauningan dalêm. Mênggah sayêktosipun, ibu kawula punika dumugining samangke sampun semah kaping 99, pangajêng-ajêngipun sabên dintên, anggènipun semah wau sagêda

--- 1 : [36] ---

[Grafik]

Abunawas pangkat saking griyanipun kalihan anggendhong tiyang sêpuh ingkang dipun akên ibunipun.

--- 1 : 37 ---

jangkêp ngantos kaping 100, amila sabên dintên tansah ngetangi têsbèh kemawon, punika prêlunipun supados sampun ngantos kasupèn, benjing punapa sagêdipun angsal jangkêp satus wau.

Sarêng tiyang èstri sêpuh mirêng aturipun Abunawas makatên wau, sangêt jèngkèl manahipun, ing batos wicantên makatên: E, lah, sambêr gêlap kaping ora karu-karuwan, Si Abunawas, ana wong kathik sagêlêm-gêlême, dupèh aku dijanji kon mênêng bae, banjur diaturake nyang sang prabu sawiyah-wiyah. Tiyang èstri sêpuh wau lajêng munjuk dhatêng sang prabu makatên: Dhuh gusti, mugi kalilana matur ing ngarsa dalêm. Mênggah aturipun pun Abunawas punika sayêktosipun dora sadaya, salaminipun gêsang, kawula punika namung semah sapisan, dene anggèn kawula kadangu tansah kèndêl kemawon, punika jalaran saking panêdhanipun abdi dalêm pun Abunawas. Salajêngipun tiyang èstri sêpuh wau lajêng ngaturakên sadaya cariyosipun Abunawas kala wontên ing griyanipun. Ingkang makatên wau andadosakên dukanipun sang prabu. Abunawas lajêng kadhawuhan ngukum sapu kaping satus. Sadèrèngipun kapatrapan ukuman sapu, Abunawas munjuk dhatêng sang prabu makatên: Dhuh gusti, ing sarèhning prajanjian kawula ing ngajêng kalihan tiyang èstri sêpuh [sê...]

--- 1 : 38 ---

[...puh] punika, bilih sadaya ganjaran paring dalêm badhe kabage kalih, amila mugi karsaa andhawuhakên, supados ukuman ingkang badhe kapatrapakên dhatêng badan kawula, mugi kapaliha kalihan tiyang èstri punika. Sarêng sang prabu mirêng aturipun Abunawas ingkang makatên punika, lajêng ngunandika makatên: Tumrape wong tuwa iki, aja manèh disapu nganti kaping 50, lagi kaping sapisan bae, kiraku wis andadèkake tiwase. Amila pangukumipun lajêng sande, ananging lajêng kaparingan ganjaran satus dinar.

__________

VII. Botên Ngêmungakên Babon, Sanadyan Mantri Ugi Sok Anigan.

Kacariyos, anuju satunggiling dintên sang prabu utusan animbali abdi dalêm mantri cacahipun sadasa. sarêng ingkang tinimbalan wau sampun angadhêp sadaya, sang prabu lajêng dhawuh makatên: He, abdiningsun para mantri, kaya sira kabèh wus padha nyumurupi, yèn ing sangarêping karaton ingsun kene, ana balumbangane padusan. Ing kene ingsun arêp nyoba marang kapintêrane Si Abunawas, dene tumêkane dina kiyi dhèwèke tansah bisa ambengkas [ambengka...]

--- 1 : 39 ---

[...s] sakabèhing paukuman kang sêdya ingsun patrapake marang awake, iku kabèh ora liya jalaran saka pinunjuling kapintêrane. Sira padha ingsun paringi êndhog nyiji, sira nuli padha nyilêma ing balumbang kono. Dene manawa sira anjêdhul manèh saka panyilêmmu, êndhog kang sira cêkêli enggal ketokna. Sarèhning sadurung-durunge Abunawas ora sun kandhani, wis mêsthi yèn dhèwèke ora bakal anyêkêli êndhog kaya sira kabèh, sauwise ingsun kêpengin anyumurupi kapriye mungguh aturane Si Abunawas.

Sasampunipun andhawuhakên kados ing nginggil punika, sang prabu lajêng dhawuh animbali pun Abunawas. Sarêng ingkang tinimbalan sampun sowan, sang prabu lajêng angandika makatên: He, Abunawas, sarta para mantriningsun kabèh, sira kabèh sun timbali ana ing ngarsaningsun, sumêdya sun utus nyilêm ing balumbang sangarêping karaton ingsun kiyi, ananging pamundhut ingsun, sapa kang anjêdhul saka panyilême mau, ing tangane kudu ana êndhoge nyiji.

Sarampungipun sang prabu dhawuh makatên wau, para mantri sadaya ingandikakakên nyilêm ing balumbang urut satunggal, lan sintên ingkang mêdal malih saking toya ugi kalêksanan sami nyangking tigan nyatunggal. Abunawas tansah gumun ningali lêlampahan [lê...]

--- 1 : 40 ---

[...lampahan] ingkang makatên punika, pangunandikanipun: E, lah, awak, awak, niyate sang prabu kiyi rak mung arêp ngukum aku bae, ananging ya durung kinar yèn aku ora bisa ambengkas mungguh kang dadi karsane sang prabu.

Sasampunipun para mantri sadaya sami nyilêm, kantun Abunawas piyambak ingkang dèrèng, amila lajêng enggal kadhawuhan nyilêm. Sadaya para mantri angintên, bilih sapunika Abunawas têmtu botên sagêd angoncati dhatêng paukuman. Sarêng anjêdhul saking panyilêmipun têrus minggah ing dharatan sarwi anyirig-nyirig kanthi mungêl makatên: Bêg, bêg, bêg, kukuluruk, kukuluruk.

Tingkahipun Abunawas ingkang makatên wau, andadosakên ngunguning panggalihipun sang prabu, sarta Abunawas lajêng kadangu punapa sababipun, dene anggadhahi tingkah makatên punika. Aturipun ingkang dinangu: Dhuh gusti, pêpundhèn kawula, kalilana matur ing ngarsa dalêm. Sadangunipun abdi dalêm kawula aningali solahipun para abdi dalêm mantri sadaya, punika sangêt andadosakên ngunguning manah kawula, dene para mantri punika sadaya sami anigan, ing môngka ing alam donya punika sadaya kemawon, murih sagêdipun tansah wêwah-wêwah kêdah wontên timbanganipun, cêkakipun kêdah wontên èstri lan ugi wontên jalêripun. Ing Sarèhning abdi dalêm [da...]

--- 1 : [41] ---

[Grafik]

Amila abdi dalêm kawula lajêng dados sawungipun.

--- 1 : 42 ---

[...lêm] para mantri punika sadaya èstri, tôndha yêktinipun sami anigan, manawi lêlampahan ingkang makatên punika kakèndêlakên, sampun tamtu lajêng angewahi dhatêng anggêr-anggêring alam, ingkang makatên wau tamtunipun sang prabu botên badhe amarêngakên, amila abdi dalêm kawula lajêng dados sawungipun, supados sagêd dados jalêranipun para mantri-mantri sadaya ingkang sami anigan wau.

__________

VIII. Abunawas Badhe Dipun Sêmbêlèh.

Kacariyos, anuju satunggiling dintên, Abunawas mlampah-mlampah lumêbêt kampung mêdal kampung, sarêng nyêlaki wanci Mahrib sumêdya mantuk lan lajêng anglangkungi kampung griyanipun tiyang Baduwi. Ing ngriku Abunawas sumêrêp satunggiling tiyang sawêg anjênang. Botên kalayan taha-taha Abunawas ujug-ujug kacêpêng dening tiyang Baduwi ingkang sawêg anjênang wau, sarta lajêng kabêkta dhatêng ing salêbêting griya badhe dipun sêmbêlèh. Sumêrêp tindakipun tiyang Baduwi ingkang makatên wau, Abunawas nuntên wicantên: Lo, kisanak, kula niki ajêng sampeyan napakake, kok sampeyan ngèrèt-èrèt kula ngètêniki

--- 1 : [43] ---

[Grafik]

Kula niki ajêng sampeyan napakake.

--- 1 : 44 ---

Wangsulanipun tiyang Baduwi: Pitakonan sampeyan niku, pancène botên prêlu kula wangsuli, lajaran ngriki niki pun dadi carane, wong sing ngliwati omah kula niku kudu dicêkêl lan disêmbêlèh, prêlune ajêng digodhog kalih glêpung digawe jênang. Ngotêniku pagaweyan lan pakanan kula sabên dinane.

Mirêng wicantênipun tiyang Baduwi ingkang makatên wau, Abunawas saklangkung ngungun manahipun, dene ing nagari Bahdad têka wontên lampahan ingkang makatên, Abunawas lajêng wicantên: O, kisanak, kliru sampeyan nèk duwe melik têng kula, awit kula niki badane kuru, cêkakane nèk nyêmbêlèh kula niki, mung olèh balung kalih kulit thok, mulane kula mang culake mawon, mangke kula golèkake wong lanang jing lêmu, jing gajihe sap-sapan, sing kira-kira dipangan limang dina botên êntèk, tur wonge niku isih ênom, dadi daginge gih êmpuk, prasasat botên susah dimamah malih, cêkake upama êmpun diêmplok, niku daginge saking êmpuke prasasat bisa mlayu dhewe.

Mirêng wicantênipun Abunawas ingkang makatên wau, saking kêmêcêripun, gorokaning tiyang Baduwi lajêng lerag-lèrèg minggah mêdhak, amila pun Baduwi lajêng wicantên makatên: E, lah dalah, nèk ngotên gih luwih bêcik sampeyan [sampe...]

--- 1 : 45 ---

[...yan] kula culake, mung mawon, poma, lo, sampeyan pun ngapusi têng kula, sesuk sore sampeyan kudu bali mriki malih, anggawa wong lanang jing sampeyan omongake wau niku. Nanging nèk sampeyan nganti ambalenjani, botên nêkani napa jangji sampeyan niku, mangke sampeyan sida kula gadho urip-uripan têmênan.

Abunawas anyagahi sarta lajêng pamit mantuk. Ing samargi-margi tansah anggagas makatên: E, lah, mula anggumunake têmênan, dene nagara Bahdad kiyi sawijining nagara kang gêmah ripah tata raharja, têka ana lêlakon kang kaya mangkono, suprandene sang prabu kok ora anguningani. Lah apa gunane dadi ratu, kok ora anguningani kang anjalari ruwêt rêntênging praja. Upamane dak aturana pirsa mungguh kaanan kang kaya mangkono mau, mêsthine aku ora diprêcaya. Kang iku luwih bêcik sang prabu dak apusane, tak wènèhake mênyang wong Baduwi, yèn sang prabu mula sawijining sarjana kang wignya, wis mêsthi bisa lêpas saka bêbaya maot mau. Dene yèn nganti têmênan disedani dening wong Baduwi, kuwi ya tôndha yêkti yèn ora sêpiraa kawignyane sang prabu. Kang mangkono mau anjalari kauntungane para kawula kabèh. Amarga nagara kang

--- 1 : 46 ---

diratoni ratu kang bodho kuwi, ora wurung mêsthi bakal ngrusakake tata têntrêming praja.

Kacariyos, enjingipun, Abunawas pangkat dhatêng kraton sumêdya sowan sang nata, sadumugining ngarsanipun sang prabu, Abunawas lajêng ngadhêp ngêdhêpês saha munjuk makatên: Dhuh, gusti, pêpundhèn kawula, mugi tinêbihna ing tulah sarik, dene sowan kawula dumrojog tanpa larapan, punika jalaran saking eman kawula dhatêng panjênêngan dalêm, ngantos supe dhatêng patrap-patrapipun kawula alit ngadhêp ing nata.

Mirêng unjukipun Abunawas ingkang makatên wau, sang prabu lajêng andangu: He, Abunawas, andadèkake rênaning panggalih ingsun, dene sira anduwèni eman marang ingsun, sanajan ta durung sira unjukake apa kang dadi jalaraning emanira iku. Kang mangkono iku anelakake bêktinira marang ingsun. Mara saiki sira munjuka, apa kang dadi jalaraning emanira marang ingsun iku.

Abunawas matur nêmbah: Dhuh, gusti, klilana munjuk ing ngarsa dalêm, mênggah ingkang andadosakên eman kawula punika, dene kala wingi sontên kawula sumêrêp têtingalan ingkang sayêktos nganèh-anèhi, saking anèhing têtingalan wau ngantos kawula rumaos botên kêconggah anggambar mênggah kawontênanipun. [ka...]

--- 1 : 47 ---

[...wontênanipun.] Kawula sagêd anêmtokakên, bilih panjênêngan dalêm, sadangunipun jumênêng nata ing nagari Bahdad dèrèng nate anguningani têtingalan ingkang makatên wau. Mila sangêt eman kawula ing panjênêngan dalêm. Amung wontên cacadipun sakêdhik, dene têtingalan ingkang nganèh-anèhi punika, botên kenging pinriksanan ing para pangagêng, têmtu lajêng bibar. Dados manawi panjênêngan dalêm kagungan karsa badhe amirsani têtingalan wau, sampun ngantos angagêm kaprabon, ngêmungna kados tiyang limrah kemawon. Saha kawula ingkang tansah badhe andhèrèkakên.

Sang prabu mirêng unjukipun Abunawas kados ing nginggil punika, satêmah lajêng kêpencut badhe mirsani, dhawuh pangandikanipun: He, Abunawas, unjukira iku kaliwat andadèkake ngunguning panggalih ingsun. Sarta ingsun sumêdya mirsani, lan besuk kapan sira bisa andhèrèkake tindak ingsun.

Unjukipun Abunawas: Kados mangke sontên sabibaripun asar kawula sagah andhèrèkakên tindak dalêm. Sasampunipun rampung unjukipun, Abunawas lajêng kalilan wangsul mantuk.

Sontênipun kintên-kintên wanci sabakdanipun asar, sang prabu kadhèrèkakên ing Abunawas, têdhak dhatêng panggenan ingkang

--- 1 : 48 ---

sampun kaaturakên ing Abunawas kasêbut nginggil. Wusana sarêng dumugi panggenanipun tiyang Baduwi adamêl jênang, kapirêng suwara ingkang saklangkung rame. Sang nata lajêng andangu dhatêng pun Abunawas: He, Abunawas, kae swaraning apa, dene rame têmên.

Abunawas lajêng nyuwun pamit sumêdya aniti pirsa. Sang prabu katilar wontên ing ngriku, dene pun Abunawas lajêng lumêbêt ing griyanipun tiyang Baduwi ingkang damêlipun nyêmbêlèh tiyang. Sarêng pinanggih kalihan tiyang Baduwi, Abunawas wicantên makatên: Dhèk wingi kula janji têng sampeyan ajêng anggawakake wong sing ênom tur lêmu, lah nika lo, wonge, êmpun kula gawa. Tiyang Baduwi lajêng enggal amurugi sang prabu. Sang nata ujug-ujug dipun cêpêng saha lajêng kasèrèt dhatêng griyanipun tiyang Baduwi wau, dene Abunawas lajêng anggêndring lumajêng. Ing batos wicantên makatên: Yèn sang prabu mula nyata nata kang wignya têmênan, ya bisa ambengkas bêbaya kang arêp nêkani, dene yèn sang prabu mau bodho, ya, êmbuh ora wêruh.

Kocapa Sang Prabu Harun Al Rasid, binêkta dening tiyang Baduwi dhatêng papan pambêlèhan sumêdya dipun sêmbêlèh jangganipun, sarêng sang prabu anguningani solah tingkahipun tiyang Baduwi ingkang makatên wau, saklangkung kagèt panggalihipun saha [sa...]

--- 1 : 49 ---

[...ha] nuntên dhawuh makatên: Mangke ta, kisanak, mungguh sampeyan ajêng nyêmbêlèh kula kanggo jênang niku pintên pakolèhe. Kintên kula langkung sae, upamane kula niki sampeyan kèngkèn gawe kopyah, dol-dolane têmtu langkung kathah tinimbang yèn kula sampeyan bêlèh, tur yèn kula sampeyan uripi, salawase bisa ngêpèk wohe. Pintên ta pêpayone, yèn kula niki sampeyan gawe jênang.

Tiyang Baduwi amangsuli: Sêringgit.

Sang prabu angandika malih: Êlo, dadi pêpayone mung saringgit, lah kok sakêdhik têmên, mung saringgit, môngka nèk kula sampeyan uripi, sadinane kula bisa gawe kopyah satunggil, lan kopyah satunggil niku sok bisa payu 5 rupiyah, dadi tikêl loro kalih pêpayone nèk kula sampeyan gawe jênang, tur salawase urip sampeyan saanak bojo sampeyan botên bakal kapiran.

Sarêng tiyang Baduwi mirêng pangandikanipun sang prabu wau, sande anggènipun badhe anyêmbêlèh, wusana pamundhutipun sang prabu tinurutan.

Kacariyos, tiyang ing salêbêting kadhaton, sami pating bilulung angupadosi sang prabu, ananging botên sagêd pinanggih. [pinang...]

--- 1 : 50 ---

[...gih.] Botên antawis lami wontên pawartos, bilih sang nata katahan dening satunggiling tiyang Baduwi, ingkang padamêlanipun sabên dintên, botên sanès namung adamêl jênang tiyang. Pawartos wau ugi anyariyosakên, bilih sang nata sabên dintên tansah adamêl kopyah, kopyahipun lajêng kasade ing tiyang Baduwi. Mênggah kauntunganipun tiyang Baduwi jalaran saking sade kopyah wau, sayêktos saklangkung kathah. Dene sumêbaring pawartos makatên: sasampunipun sang prabu dipun kunjara pintên-pintên dintên dangunipun wontên ing salêbêting griyanipun tiyang Baduwi, lajêng adamêl kopyah satunggal, warninipun saklangkung pèni. Rendaning kopyah wontên sêsêkaranipun mawi ciri sêratanipun sang prabu dhatêng abdi dalêm mantri, suraosipun makatên: he, abdiningsun mantri, sapira panjaluking wong kang anggawa kopyah iki, aja pisan-pisan sira tulak, poma enggal bayarên bae. Ananging mêngko bêngi, sira aja wêdi kangelan, anggawaa bala kira-kira cacah wong satus, sarta nuli anêmpuha ing omahe Baduwi kang gawene adol jênang, amarga wis ana sawatara dina ingsun dikunjara dening wong Baduwi iku mau. Sasampunipun kopyah wau rampung panggarapipun, lajêng kaparingakên dhatêng tiyang Baduwi sarwi angandika makatên: Kisanak, niki kopyah sampeyan dol têng abdi dalêm mantri,

--- 1 : 51 ---

amarga niki pancèn panganggone wong kang apangkat mantri, êmpun sampeyan ulungake, nèk sampeyan botên dibayar 10 ringgit.

Sarêng Baduwi nampèni kopyah damêlanipun Sang Prabu Harun Al Rasid, saklangkung bingah manahipun, saha lajêng pangkat sumêdya amanggihi abdi dalêm mantri. Dumugi ing griyanipun mantri, kopyah lajêng katampèkakên. Mantri sumêrêp kopyah katingal rêmên, sarta lajêng pitakèn dhatêng Baduwi, pintên rêgining kopyah. Wangsulanipun ingkang tinakenan: Dhuh, bêndara, mênggah rêgining kopyah punika botên kenging kirang saking 10 ringgit. Mirêng aturipun Baduwi, pun mantri saklangkung gumun manahipun, dene wontên kopyah awisipun makatên, amila lajêng katitipriksa sayêktos, rendaning kopyah pancèn pèni saèstu. Sarêng dangu anggèning nitipriksa, pun mantri lajêng sumêrêp, bilih ing rendaning kopyah wau wontên sêkaranipun mawi ciri sêratanipun sang prabu dhatêng abdi dalêm mantri, mila sanalika ugi pun mantri lajêng ambayar 10 ringgit dhatêng tiyang Baduwi. Sasampunipun nampèni arta, tiyang Baduwi lajêng pamit mantuk.

Sontênipun pun mantri angêmpalakên bala kathah, kanthi mirantos dêdamêl sarta lajêng bidhal dhatêng kampung panggenanipun tiyang Baduwi tukang adamêl jênang wau. Sadumuginipun ing ngriku,

--- 1 : 52 ---

sadaya lajêng sami lumêbêt ing griyanipun tiyang Baduwi, angupadosi sang prabu. Sarêng sampun pinanggih sang prabu lajêng enggal kawêdalakên saking griya ngriku, saha lajêng kadhèrèkakên kondur dhatêng kadhaton. Dene sapalihing prajurit, katilar saha kadhawuhan dening sang prabu anyêpêng sadaya têtiyang Baduwi ing kampung ngriku, jalaran manawi tiyang-tiyang wau kakèndêlakên kemawon, têmtu tata têntrêming praja badhe risak. Dhawuhipun sang prabu wau ugi lajêng katindakakên, sadaya tiyang kampung ngriku kacêpêng sarta lajêng kairid dhatêng griya pakunjaran. Enjingipun lajêng sami kaadhêpakên ing ngarsanipun sang prabu, prêlu kapriksa mênggah ing kalêpatanipun, ingkang pancèn lêpat lajêng kadhawuhan ngukum pêjah, dene ingkang botên lêpat kadhawuhan angluwari. Dhawuhipun sang nata makatên wau inggih kalêksanan. Wusana sang prabu lajêng andhawuhakên nyêpêng pun Abunawas, amargi badhe kadhawuhan ngukum anggènipun adamêl wirangipun sang prabu. Ingkang dhinawuhan sanalika punika inggih lajêng bidhal dhatêng ing griyanipun pun Abunawas.

Kacariyos, kala utusanipun sang prabu dumugi ing griyanipun Abunawas, ing ngriku Abunawas kalêrês sawêg sêmbahyang luhur. Sasampunipun rampung anggèning sêmbahyang lajêng kacêpêng ing utusan kasêbut nginggil, sarta lajêng kasowanakên [kasowanakê...]

--- 1 : 53 ---

[...n] ing sang prabu. Sarêng sang prabu priksa wujudipun Abunawas, duka yayah sinipi, wadana abrit kadya sinêcang. Dhawuh pangandikanipun sang prabu: He, Abunawas, sarèhning sira wis anindakake patrap kang ora pantês bangêt tumrap panjênêngan ingsun, kang iku sira bakal ingsun patrapi paukuman pati.

Abunawas anyêmbah saha umatur: Dhuh, gusti pêpundhèn kawula, dhawuh dalêm wau kawula pundhi, ananging sadèrèngipun abdi dalêm kawula kapatrapan paukuman pêjah, mugi kalilana matur ing ngarsa dalêm.

Sang prabu angandika: Iya bêcik, ananging manawa ana kalirune aturira marang panjênêngan ingsun, wis mêsthi panjênêngan ingsun andhawuhake ngukum pati dina kiyi uga.

Abunawas matur anêmbah: Dhuh, gusti pêpundhèn kawula, sajatosipun kawula ing sadèrèngipun sampun kacêpêng ing tiyang Baduwi wau, sumêdya badhe dipun sêmbêlèh. Ing wusana abdi dalêm kawula lajêng wicantên makatên: Kisanak, sampeyan rak gih wêruh, nèk awak kula niki kuru bangêt, prasasat botên ontên daginge babar pisan, luwih bêcik kula sampeyan êculake, mangke kula golèkake wong sing lêmu tur têksih ênom, daginge akèh tur êmpuk. Dhuh, gusti, sarêng abdi dalêm kawula wicantên makatên wau sanalika lajêng kaêculakên. Dene anggènipun abdi dalêm kawula [ka...]

--- 1 : 54 ---

[...wula] kumawani ambêkta panjênêngan dalêm dhatêng ing griyanipun tiyang Baduwi punika, jalaran manawi abdi dalêm kawula namung lajêng sowan ing ngarsa dalêm prêlu angunjukakên lêlampahan ingkang makatên wau, kintênipun panjênêngan dalêm botên badhe pitados dhatêng atur kawula. Ananging manawi panjênêngan dalêm ingkang sinuhun sagêd anguningani piyambak, botên kenging botên panjênêngan dalêm têmtu badhe ngukumi tiyang Baduwi wau, jalaran sadaya solah tingkahipun têtiyang punika dados têtanggêlan dalêm ing têmbe wingkingipun. Dados anggènipun abdi dalêm kawula ambêkta panjênêngan dalêm dhatêng panggenan ingkang ambêbayani, punika murih panjênêngan dalêm sagêda anguningani piyambak kawontênaning lêlampahan-lêlampahan wau, saha sagêda oncat saking kalêpatan ingkang dados têtanggêlan dalêm wau. Kados panjênêngan dalêm botên kêkilapan, bilih satunggiling nata ingkang adil palamarta punika kêdah mirsa tindak tandukipun para kawulanipun sadaya. Dene sagêdipun kalampahan, sabên gangsal dintên sapisan sang nata kêdah anganglangi. Namung samantên mênggah atur kawula, wusana abdi dalêm kawula nuwun sumôngga ing ngarsa dalêm, saha bilih karsa enggal-enggal matrapakên paukuman pêjah dhatêng badan kawula, kawula namung kumurêb ing ayahan dalêm atadhah wadana. Ananging dosanipun, benjing [be...]

--- 1 : 55 ---

[...njing] ing akerat panjênêngan dalêm ingkang anyanggi.

Sarêng sang prabu mirêng aturipun Abunawas kados ing nginggil wau, sang nata lajêng ngunandika: Mungguh ature Abunawas kabèh mau, kaya-kaya iya bênêr. Salajêngipun sang nata angandika makatên: He, Abunawas, pisan kiyi kabèh dosanira sun ngapura, mung bae ing têmbe burine aja sira lakoni manèh.

Sasampunipun tampi dhawuh makatên, Abunawas lajêng kalilan mantuk.

__________

IX. Abunawas kalihan Lumpang Kênthèng.

Kacariyos Sang Prabu Harun Al Rasid, tansah angupados rekadaya, murih sagêdipun andhawahakên paukuman pêjah dhatêng pun Abunawas, jalaran anggènipun sampun damêl lingsêming sang prabu kados ingkang sampun kacariyosakên ing ngajêng.

Ing satunggiling wêkdal lumpang kênthèng karaton, sigar dados kalih, sarêng sang prabu anguningani bab wau, rêna ing panggalih amargi punika kenging kangge dhadhakan anggènipun badhe andhawahakên ukuman dhatêng Abunawas. Sanalika punika sang prabu lajêng andhawuhakên salah satunggiling abdi dalêm mantri

--- 1 : 56 ---

nimbali pun Abunawas. Ingkang kautus inggih lajêng bidhal. Sarêng pun Abunawas sampun angadhêp ing ngarsanipun sang prabu, lajêng kadhawuhan makatên: He, Abunawas, mulane jênêng sira sun timbali ana ing ngarsaningsun, panjênêngan ingsun mung arêp paring wêruh marang sira, yèn saiki lumpang kênthèng ing karaton kene sigar dadi loro. Ing Sarèhning lumpang mau kalêbu pusaka, saka karsaningsun sabisa-bisa kudu didandani. Dene panggalih ingsun, ora ana wong kang bisa andandani lumpang mau, kajaba mung sira. Ananging pamundhut ingsun marang sira, anggonira andandani, kudu sarana didondomi. Poma, Abunawas, yèn sira ora bisa ambalèkake wujuding lumpang kaya mau-maune, wis mêsthi sira bakal kapatrapan ukum pati.

Sarêng Abunawas mirêng dhawuh pangandikanipun sang prabu makatên wau, ing batos angunandika makatên: E, lah dalah, dene nganèh-anèhi karsane sang prabu kiyi, lah wong lumpang sigar kok didhawuhi andondomi nganti bisane rapêt manèh. Sabênêre kuwi rak mung kanggo lantaran bae, supaya aku bisa dipatrapi ukum pati. Nèk sang prabu pancèn angarsakake marang patiku, lah bok ya utusan wong bae, dhawuh nyêmbêlèh utawa mênthung cêngêlku, thêg, rak wis, kathik nganggo reka-reka barang. Aku ya ora bakal selak, [se...]

--- 1 : 57 ---

[...lak,] dak saguhane bae. Sasampunipun angunandika makatên, Abunawas lajêng nyêmbah sarwi matur: Dhuh, gusti pêpundhèn kawula, sadaya dhawuh dalêm kawula pundhi ing asta kalih, sasagêd-sagêd dhawuh dalêm ingkang saklangkung angèl wau, badhe kawula lampahi. Ananging saking atur panuwun kawula, mugi-mugi panjênêngan dalêm karsa paring palilah dhatêng abdi dalêm kawula, panggarapipun padamêlan punika ing dintên benjing enjing.

Sang prabu ugi amarêngakên mênggah ing panuwunipun Abunawas. Sasampunipun rampung dhawuh pangandikanipun sang prabu dhatêng Abunawas, Abunawas lajêng kalilan mantuk. Sadangunipun lumampah, ing samargi-margi Abunawas tansah anggagas mênggah dhawuhipun sang prabu wau, dene têka saklangkung anganèh-anèhi.

Salêbêtipun lumampah Abunawas tansah ngupados rekadaya, kadospundi sagêdipun uwal saking bêbaya ingkang angancam dhatêng badanipun. Dangu-dangu rainipun katingal sumringah, nandhakakên manawi ing batos bingah. Nalika punika Abunawas botên lajêng têrus mantuk, ananging lajêng kesah dhatêng pêkên. Sadumugipunsadumuginipun ing pêkên lajêng numbasi sakathahing lumpang kênthèng alit-alit, ngantos angsal satenggok, sasampunipun lajêng kabêkta mantuk.

Enjingipun pun Abunawas sowan dhatêng karaton.

--- 1 : 58 ---

Sarêng sang prabu uninga bilih Abunawas angadhêp, enggal kadhawuhan majêng. Dhawuh pangandikanipun sang prabu: He, Abunawas, kapriye mungguh pamundhut ingsun kaya kang wus ingsun dhawuhake marang sira ing dina wingi, apa saikine sira bisa miwiti anggarap.

Abunawas nêmbah sarwi matur: Dhuh, gusti pêpundhèn kawula. Mênggah dhawuh dalêm kala wingi sasagêd-sagêd ugi badhe kawula wiwiti ing dintên punika, amung kemawon ing samangke kawula taksih kêkirangan pirantos ingkang abdi dalêm kawula botên sagêd adamêl piyambak. Ingkang punika panyuwun kawula, mugi-mugi panjênêngan dalêm karsaa dhawuh angyasakakên kêkiranganing pirantos wau, murih abdi dalêm kawula sagêd enggal miwiti panggarapipun, dene manawi panjênêngan dalêm botên sagêd anglêksanani panuwun kawula, sampun tamtu yèn abdi dalêm kawula ugi botên sagêd anindakakên punapa dhawuh dalêm wingi.

Mirêng aturipun Abunawas kados ingkang kasêbut nginggil wau, sang prabu lajêng enggal andangu: He, Abunawas, mara aturna marang panjênêngan ingsun, piranti apa kang sira suwun mau, lan sira anggawa tenggok iku isi apa.

Atur sêmbahipun Abunawas: Dhuh, gusti, mênggah ingkang kawula bêkta ing tenggok punika salêrêsipun botên [botê...]

--- 1 : [59] ---

[Grafik]

Ing sarèhning ingkang kadhawuhan anjarumi punika lumpang kênthèng, ingkang punika bênangipun inggih kêdah saking sela.

--- 1 : 60 ---

[...n] sanès, inggih punika badhe ingkang kadamêl yasa pirantos ingkang kawula suwun wau. Kados dhawuh dalêm wingi, kawula kadhawuhan anjarumi lumpang kênthèng ingkang sigar dados kalih punika. Upami ingkang kadhawuhakên anjarumi wau bangsaning mori lan sasaminipun, sampun têmtu inggih mawi bênang limrah kemawon. Ing sarèhning ingkang kadhawuhakên anjarumi punika lumpang kênthèng, ingkang punika bênangipun inggih kêdah saking sela. Pramila abdi dalêm kawula samangke sadhiya pintên-pintên lumpang kênthèng alit ingkang kawula wadhahi wontên ing tenggok punika, supados panjênêngan dalêm karsaa dhawuh ngyasakakên bênang sela, ingkang kenging kangge anjarumi lumpang ingkang sigar wau.

Sarêng sang prabu mirêng aturipun Abunawas kados makatên, saklangkung ngungun ing panggalihipun, dene samantên kalantipanipun Abunawas, amila sang prabu lajêng sande anggènipun badhe andhawahakên paukuman, wusananipun Abunawas lajêng kaparingan palilah mantuk.

__________

X. Kauling Sudagar.

Kacariyos, wontên sudagar jalêr èstri manggèn wontên ing nagari Kopah. Sudagar wau sampun dangu sangêt kêpenginipun [kêpengi...]

--- 1 : 61 ---

[...nipun] gadhah anak, ananging dèrèng sagêd kasêmbadan. Anuju satunggiling dintên, pun sudagar wicantên dhatêng ingkang èstri makatên: Nyaine, aku duwe nadar, yèn samôngsa-môngsa aku diparingi momongan, aku sumêdya nyêmbêlèh wêdhus kang gêdhe, kang ambane sungune ana sacêngkang. Kajaba kuwi aku arêp sêdhêkah marang wong pêkir miskin ing nêgara kene.

Dilalah karsaning Allah, botên watawis dangu malih ingkang èstri lajêng karaos ngandhêg. Kadospundi bingahipun ingkang jalêr sumêrêp ingkang èstri ngandhêg wau, ing ngriki botên prêlu kacariyosakên. Sarêng sampun dumugining wanci, ingkang èstri anglairakên jabang bayi, warninipun sae. Sanalika punika pun sudagar lajêng angêdum arta kathahipun kintên-kintên 1000 ringgit dhatêng têtiyang pêkir miskin, sarta sadaya wau lajêng kasêgah nêdha satuwukipun. Sasampunipun sadaya punika kalampahan, pun sudagar èngêt nadaripun badhe anyêmbêlèh menda agêng ingkang wiyaring singatipun sacêngkang. Sudagar lajêng enggal-enggal kengkenan rencang-rencangipun angupados menda kadosdene ingkang dipun nadarakên wau, sarwi wicantên makatên: Samôngsa-môngsa olèh wêdhus kaya sing dadi nadarku mau, aja pisan-pisan kok ênyang, sapira rêgane nuli tukunên bae. Sadaya [Sada...]

--- 1 : 62 ---

[...ya] rencangipun lajêng sami bidhal sumêdya angupados menda ingkang agêng makatên wau, ananging sanajan sampun midêr ing pundi-pundi, mêksa botên sagêd pikantuk menda ingkang sungunipun sacêngkang wiyaripun, kathah menda ingkang agêng-agêng, ananging wiyar-wiyaring sungunipun namung wontên kawan nyari. Ingkang makatên wau andadosakên sangêt prihatosipun sudagar, amargi rumaos badhe botên sagêd anêtêpi punapa ingkang dados nadaripun. Jalaran saking punika, pun sudagar lajêng kesah dhatêng griyanipun pangulu, bokmanawi sagêd suka pratikêl, murih sagêdipun luwar saking nadaripun wau. Sarêng sampun dumugi ing griyanipun pangulu, pun sudagar dipun takèni mênggahing sêdyanipun. Sudagar lajêng angandharakên lêlampahanipun saking wiwitan dumugi ing pungkasan, sarta lajêng dipun sambêti makatên: Mênggah nadar kula badhe mragad menda agêng ingkang wiyaring sungunipun sacêngkang, punika punapa botên kenging dipun lintoni ing menda 10 utawi langkung. Pun pangulu amangsuli, bilih nadaripun wau kêdah dipun têtêpi kadosdene jangjinipun ing ngajêng.

Mirêng rêmbagipun pangulu wau, pun sudagar saya karônta-rônta raosing manahipun, ing wasana lajêng pamit mantuk. Samargi-margi tansah anggagas kadospundi pratikêlipun, murih sagêd angluwari nadaripun wau.

--- 1 : 63 ---

Kacariyos, sudagar ing nagari Kopah, sabên dintên tansah nandhang prihatos, amargi botên sagêd anglêksanani punapa ingkang dados nadaripun, inggih punika amragad menda ingkang wiyaring sungunipun sacêngkang. Dumadakan piyambakipun lajêng mirêng pawartos, bilih ing samangke ingkang jumênêng nata ing nagari Bahdad, Sang Prabu Harun Al Rasid, satunggiling nata ingkang adil ambêk paramarta. Kala samantên pun sudagar gadhah cipta makatên: Mung sang prabu ing Bahdad kiraku kang bisa angluwari mungguh kang dadi nadarku kiyi.

Enjingipun sudagar saanak bojonipun, saha kairing ing rencang-rencangipun, bidhal dhatêng nagari Bahdad. Sadumuginipun ing ngrika, kêlêrêsan Sang Prabu Harun Al Rasid sawêg lênggah siniwaka kaadhêp para mantri lan punggawa sadaya. Sarêng sang prabu uninga dhatêng sudagar wau, sudagar lajêng enggal katimbalan. Wontên ing ngriku pun sudagar lajêng kadangu mênggah ing pinôngka tuwin sêdyanipun. Pun sudagar ugi lajêng angunjukakên sadaya lêlampahanipun saking wiwitan dumugining pungkasan. Mirêng aturipun sudagar wau, sang prabu sagah badhe aparing pangadilan, saha pun sudagar enjingipun kadhawuhan wangsul malih sowan dhatêng karaton.

Kocapa Sang Prabu Harun Al Rasid, sadalu muput tanpa sagêd sare, amargi tansah amanggalih kadospundi mênggah [mêng...]

--- 1 : 64 ---

[...gah] rekadayanipun murih sagêdipun aparing pangadilan, ananging mêksa botên sagêd angsal wêwêngan. Sarêng wanci surya sampun malêthèk, sang prabu enggal utusan nimbali Abunawas. Sasowanipun Abunawas ing karaton, lajêng dipun ngandikani sadaya ingkang sampun kaaturakên dening sudagar Kopah, sarta sang prabu mundhut pamrayogi kadospundi pratikêlipun murih sagêd aparing pangadilan. Abunawas anyagahi badhe anyaosi rekadayanipun, sarta nyuwun dhatêng sang prabu, supados pun sudagar kadhawuhana sowan ing karaton malih kanthi ambêkta anakipun ingkang taksih jabang saha menda ikangingkang agêng. Cêkaking cariyos, sadaya aturipun pun Abunawas sampun dipun lêksanani dening sang prabu, ing dêntêndintên ingkang sampun katêmtokakên kathah têtiyang ingkang sami sowan ing karaton prêlu badhe anyaksèni pangadilaning prakawisipun sudagar saking Kopah. Makatên ugi pun sudagar saanak bojonipun kanthi ambêkta menda agêng sampun sumadhiya. Sarêng Abunawas sampus tampi dhawuh dalêm sang prabu kadhawuhan anglairakên rêmbagipun, sanalika lajêng mênyat saking palinggihanipun sarta amurugi jabang bayining sudagar kabêkta dhatêng panggenaning menda ingkang agêng wau, darijining bayi kajèrèng saha kadèkèkakên ing sanginggilipun sunguning menda, ing ngriku têtela bilih cêngkanganing [cêngkang...]

--- 1 : [65] ---

[Grafik]

Ing ngriki têtela, bilih wiyaring sungu menda sampun anglangkungi tinimbang cêngkanganing bayi.

--- 1 : 66 ---

[...nganing] bayi wiyaripun botên langkung wiyaring sungunipun menda. Sasampunipun, Abunawas lajêng munjuk dhatêng sang prabu makatên: Dhuh gusti pêpundhèn kawula, kalilana matur ing ngarsa dalêm, kintên kawula, kala pun sudagar anglairakên nadaripun, namung anyariyosakên, bilih wiyaring sungu menda ingkang badhe kapragat punika kêdah sacêngkang. Ing ngriku têmtunipun botên kacariyosakên cêngkanganipun. Ing sarèhning ingkang dipun nadari punika jabang bayi, dados cêngkanganing jabang bayi kados ugi sampun anyêkapi. Ing ngriki têtela, bilih wiyaring sungu menda sampun anglangkungi tinimbang cêngkanganing bayi, dados menda punika ugi sampun anyêkapi punapa nadaripun. Mirêng aturipun Abunawas wau, sadaya tiyang ingkang wontên ing ngriku sami gumun manahipun, dene pun sudagar bingahipun tanpa upami, Abunawas ugi bingah, lajêng kasukanan arta 100 ringgit.

Lajêng nyandhak jilid 2.

__________

--- 1 : [67] ---

Isinipun.

... Kaca:

I. Abunawas api-api edan. ... 3

II. Abunawas kalihan sudagar Mêsir. ... 12

III. Lêmbu nênêm ingkang sagêd wicantênan. ... 17

IV. Abunawas anyade Sang Prabu Harun Al Rasid. ... 21

V. Abunawas sakit, badhe gadhah anak. ... 30

VI. Wurung dipun sapu malah angsal ganjaran arta dinar. ... 33

VII. Botên ngêmungakên babon, sanajan mantri ugi sok anigan. ... 38

VIII. Abunawas badhe dipun sêmbêlèh. ... 42

IX. Abunawas kalihan lumpang kênthèng. ... 55

X. Kauling sudagar. ... 60

--- 1 : [0] ---

[...]