Kancil Kridhamartana, H. Buning, 1911, #891 (Bagian 1)

Judul
Sambungan
1. Kancil Kridhamartana, H. Buning, 1911, #891 (Bagian 1). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
2. Kancil Kridhamartana, H. Buning, 1911, #891 (Bagian 2). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
3. Kancil Kridhamartana, H. Buning, 1911, #891 (Bagian 3). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
4. Kancil Kridhamartana, H. Buning, 1911, #891 (Bagian 4). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
Citra
Terakhir diubah: 17-07-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

[Grafik]

Sampeyan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom ing Ngayugyakarta, sakalihan garwa, nalika krama tanggal kaping 16 Agustus 1907, busana pangantèn sabibaripun panggih.

--- [0] ---

Sêrat Pananggalan

Ingkang kaping 25
Kangge ing taun Walandi 1909.

Miturut pananggalan ingkang kawêdalakên Kangjêng Guvrêmèn

Kaêcap sarta kawêdalakên ing gêdhong pangêcapanipun
N.V. Purhèn H. Buning.
Ing nagari Ngayugyakarta.

--- [1] ---

Sêrat Kancil Kridhamartana

Anggitanipun Radèn Panji Natarata, ing ngajêng Panji Dhistrik Ngijon, Ngayugyakarta lajêng pindhah nama Radèn Sasrawijaya, Ngayugyakarta.

(Sêrat kancil punika badhe kalajêngakên ngantos satamatipun).

--- [2] ---

[...]

--- [3] ---

1. Dhandhanggula

1. rarasing kang sêkar sarkara mrih | dènirarda mamrih sinêmbadan | pantaraning rèh sakèhe | jinodho mrih pakantuk | saanane wiyata jati | srananing pangawikan | wijiling cipta nung | jagad traya kaèbêkan | yayah kadi angganing bramara ngrêngih | ing maduning kusuma ||

2. ngawikani wadhahing wêwadi | yogya tama taman tumuwuha | gya ugêrên rambatane | karsa sêrêng sinêrung | têtalining kawula gusti | ing ari kailangan | kang kinêkêr amung | mapating turida brata | ngêngirangi ruwêt pandoming dumadi | kêtir-kêtir katrêsan ||

3. giyuhing tyas sêsêg saya rujit | têtayuhe tumibèng bêbaya | sambekalane kêlalèn | pundi margane ayu | kayuwanan tindak utami | êmar amoring tama [ta...]

--- 4 ---

[...ma] | sah saking sêsiku | anglirwakkên parikrama | kêni sambang rapêt nir wêweka wêrit | dhadhakan warna-warna ||

4. tênggêl-tumênggêl gigal amrêgil | pêpalange gung kapêlak-pêlak | rame ruhara arongèh | parusa sêsêg purun | rawat hawa awawan angling | menggal dadi dêdalan | kadadyaning dudu | wikan wusing kalampahan | kang kadyèku upadinên dèn kapanggih | jênggan lamun tan wikan ||

5. pangèsthine arahên dèn ririh | ngeman-eman manah manohara | ran kuringrat saindênge | sayuk sadaya suyut | srayaning rèh măngka pangarih | ninging cipta utama | ngrat Jawa kawêngku | kadi duk ing jaman kuna | lih-olihan Panêmbahan Senapati | kinondhang-kondhang ing rat ||

6. padmasana kênèng saking aris | maharaja jêng sultan ing Pajang | supêg rupak panggalihe | sasmitaning Hyang Agung | trajunira para bupati | tiniti tanpa tatal | gagah tanpa tangguh | rarêmpon mung

--- 5 ---

sapanginang | dèn gêgila giras anggêrus kang baris | ponthal-ponthal kabandhang ||

7. cacad agêng jênênging narpati | krêtarta tama duk timurira | tarpa tilas toging gawe | tangèh tuwuhing bêndu | sasat sisa sinêsêg wani | mirut marang Têmbayat | siswa gung kaplayu | wolu manambêr ing sata | tangèh kiwul kêkawale rontang-ranting | mablonglot sing palagyan ||[1]

8. sigêgên kang carita ginupit | măngsakalane ing jaman kitrah | nungswa Jawa santerone | khewan wana sadarum | isinira mawarni-warni | maksih arang manuswa | kèh khewan wana gung | bangkit tata silèng janma | wus pinasthi karsaning sipatul rakim | akèh khewan swagnyana ||

9. baut sastra aparamèng Kawi | Jawa Ngarab linantih ginulang | gunadi kasêktikane[2] | putus mangulah junun | agamaning Hyang maratani | ginêlarkên nèng khewan | samarna anuju | ing ajam kang madêg nata | Jêng Suleman malikul baladèng Mêsir | juru slamêting dunya ||

--- 6 ---

10. ratu agung sila kramaniti | putus saliring basa samoha | basukyagêng darajade | têntrêm arjaning kratun | sakurêbing ăntariksa di | salumahing bawana | kutu-kutu suyud | dalah jin pêri manusa | kabèh-kabèh wêdyasih birawèng Gusti | marma sadaya khewan ||

11. arêraton patraping utami | kabèh khewan mèh gulang kadibyan | ing gunasti pangatase | karardining tumuwuh | nuksmèng tama ing agal alit | ulah kridhaning jagad | swarjananing idhup | ing kawruh murti widagda | kasusastran basukine dèn kawruhi | kaya ta ywa karana ||

12. bausastra dèn ajar tiniti | kitab Kuran palak palakiyah | kukum anggêr sasamine | pangajaraning kawruh | buku-buku ananing bumi | wus dilalah karsèng Dat | kang wajibul wujud | tumitah ing jaman kitrah | kabèh khewan putus saliring pakarti | kinarya lêlampahan ||

13. ya ta ingkang jinêjêr ing Kawi [Ka...]

--- 7 ---

[...wi] | samana Hyang Kang Murbèng Bawana | nitahkên kaelokane | tan anurunakên truh | amung panas ing măngsa katri | tan ana kamurahan | antuk sangang tèngsu | sukêt tarulata sirna | glagah tuwin alang-alang lir kabasmi | bebas trapas baranang ||

14. ampak-ampak blêdug mawor angin | tumêmpuh karang kirna binăngsa | sindhung riwut tanpa lèrèn | mandira wrêksèng gunung | sirna larut tan ana kari | kang maksih sawatara | ing jurang myang trêjung | nanging sungil trêbis parang | sato datan bisa manjing ngupa bukti | wit bêbênduning Suksma ||

15. sumbêr sumur kali kalèn bêlik | bangawan rawa talaga asat | tan ana banyu satètès | sagung khewan angungun | nrantang jêntung putêg anangis | samya nêkung munajad | lunturing sih tumrun | salat istika norasah | nanging maksa tan ana parmaning Widhi | sangsara saya arda ||

16. kabèh sato priyèstri gêng alit | manjrit sumiyang swarèng karuna | nyipta kiyamat têkane [tê...]

--- 8 ---

[...kane] | mangkana sambatipun | subkanallah kang sipat basir | kadipundi kawula | tan bukti myang nginum | yèn tan pinaringan pangan | luhung tuwan muguta uswamba sami | gêsang dahat sangsara ||

17. èstu datan sagêd anglampahi | ngluhurakên asmaning Pangeran | wit lêsah jiwa ragane | kêkuwataning kayun | saha kayat saking rijêki | puji dikir lan dunga | saking dayanipun | pangan pêpancèning gêsang | punapa ta Gusti anyidrani dalil | Kuran kang kabyawara ||

18. wus kawêntar midrawa ing bumi | pangandikaning Allah tangala | makatên lafal unine | wa ama min dabatun | wapil arli illa ngalihi | muradipun kang komram | sawarnaning wujud | kang gumrêmêt mêngku khayat | atas saking kodrating Hyang Maha Sukci | rijêki pinaringan ||

19. măngka sampun tita ing watawis | lami tan wontên turuning jawah | kang nyukulkên ron-ronane | rijêkyamba sadarum | pikuwating pujarjèng [pujar...]

--- 9 ---

[...jèng] gusti | yèn makatêna Tuwan | yun ngrusak karatun | inggih karatoning Tuwan | ingkang tanpa wiwitan langgêng dumadi | kang tan ngalap wusana ||

20. duk samana durung amarêngi | tibaning sih mring kang papacinta | ya ta kang cinritakake | pinèt purwa witipun | wontên juga maesa bothi | jalu nom abirawa | santosa liripun | rêspati dêdêg prakosa | lagya nandhang papa kataman ing gêring | sabab dahat kasrakat ||

21. sampun catur dasa ri ngrêrintih | anèng ngisor wit sêmpu ngalemprak | gagra usika[3] daging tèk | swara srêt usadèng[4] luh | lir tinuras raine ngrungih | lir sundar katyub barat | sulap kang pandulu | mobah molah malik molak | sêsambate adhuh jawataning Widhi | pun bothi binanjuta ||

22. tan kuwawi amba ngrakêt urip | sêsikuning Hyang ingkang dhumawah | luhung pinêcata mangke | dhuh gustiku kang agung | dene amba puniki urip | sababipun punapa | tan boga [bo...]

--- 10 ---

[...ga] tan minum | măngka pikêkahing gêsang | gurung asat satètès datanpa warih | tan kirang lêlantaran ||

23. kodrating Hyang kang bilaalatin | wus gumêlar tăndha kasatmata | dene makatên ing mangke | catur dasa ri sampun | ingoncatan punang rijêki | tan kirang lêlantaran | kodrating Hyang Agung | ngluhurkên dikirul akmal | asmaning dat saking pangan kang nguwati | ing sipat kalih dasa ||

24. karya muji ngêningakên budi | nyuwun kawlasan sihing Pangeran | uluhiyah jro ciptane | nanging tan sagêd mungkul | tan tumêmên kêcaping puji | jalaran gondhang asat | wêtêng asuwung blung | makatên rèh kêmlaratan | yèn nênuwun cak-cèk tan sagêd ngantêpi | kawarnaa samana ||

25. maesa wus pasrah marang tokhid | kocapa kusumèng wanawasa | macan gembong panêngrane | santosa birawa nung | maksih anom kukunya lungit | radha angapurancang | tutuk mangah murub | netra lir baskara [baska...]

--- 11 ---

[...ra] kêmbar | lumampah nèng alang-alangan tan kèksi | marma miris pra khewan ||

26. samana mong marêngi kuliling | wana-wana amirêng suwara | tangis ngisor sêmpu gone | tiniling saya ngruntuh | manjing karna tangi kang budi | wêlas mring kang udrasa | sanadyan durung wruh | warnanira kang karuna | amrêpêki sor sêmpu kagyat mangèksi | mring wujuding maesa ||

27. angalemprak tinup lalêr wilis | wus tan pisan-pisan sipat mesa | sardula têtanya age | ririh dènira muwus | paran baya kêbo sirèki | wus lawas watarèngwang | kadulu ngalumpruk | wandanta sawang kunarpa | analăngsa ngumbar swara gèndèng pikir | kang nglunturkên kawlasan ||

28. danuka sumambung angrêrintih | hèh mitrèngsun kang sudibyèng wana | sira takon ing purwane | sun anèng ngisor sêmpu | uwis kawan dasa ri tampi | bêbênduning Hyang Suksma | kêlantih ragèngsun | tan boga tan ngombe ingwang | kinacèk lan sapêpadhaning dumadi | tinup lara sêngkala [sêngka...]

--- 12 ---

[...la] ||

29. măngsa iki nadyan kurang warih | larang rijêki cagaking gêsang | nanging mung awakku dhewe | kang tan antuk pitulung | siksaning Hyang ingkang ngrakêti | kaluwèn ngêlih ngêlak | sun tan bisa sung wruh | wit padha nglakoni sira | gembong wêlas ing nala rumăngsa sami | sasamaning agêsang ||

30. wajib lamun mahyakakên asih | supaya blabara samèng titah | wusana mong panabdane | dhuh maesa kalamun | ana ingkang têtulung asih | awèh lantaran gêsang | srana rijêkimu | banyu sarta tarulata | mikuwati dadi sêsambunging urip | punagimu punapa ||

2. Asmaradana

1. kasmaran kêbo miyarsi | dahat asrêping tyasira | antuk apuraning Manon | mêtu wasitahing sima | bothi alon manabda | kêrpana manuhara rum | adhuh sardula sing sapa ||

2. têtulung kuripan mami | nambak pralayèngsun mangkya | kang uwis laya mangkene | paribasane wong kuna | nganti kambanging sela |

--- 13 ---

silêming parau gabus | iku dununge ragèngwang ||

3. têgêse dahat mustakil | kang kaya awak sun macan | yèn nêmua urip manèh | sabab badanku wus lêsah | sanadyan ana pangan | sun kira tan bisa klêbu | rèh gurung asat kewala ||

4. ewasêmono manawi | rijêki kalawan toya | bêbarêngan têkèng kene | sun kira nikmat munpangat | tumamèng wandaningwang | èstu yèn bisa kalêbu | nanging sun kira tan ana ||

5. ana banyu saka ngêndi | prasanatiku lor wetan | kidul kulon kali kalèn | sumbêr bêlik rawa asat | paran derantuk tirta | kesari sumambung wuwus | bab iku ingsun kaduga ||

6. mung paran kang dadi jangji | maesa alon manabda | prakarèku mung rumojong | manut miturut ing karsa | aja kang têkèng lara | nadyan rêmuk dadi glêpung | sarambut pinara sasra ||

7. prabatapi mandayagni | tumêmpuh măngsa mirisa | bote sinambung uripe | kang

--- 14 ---

sarta nambahi nyawa | lah kayaparan sima | nglairna budi rahayu | dadya tandhaning susêtya ||

8. tuhu mêmitran lan mami | dunya ngakir ayya pisah | dene yèn sira ing têmbe | katêmpuh ing pringgabaya | kesari sun alangna | lakuning tulung-tinulung | mamrih basukining gêsang ||

9. lairna ciptanta mangkin | tumibèng sih kawêlasan | prasasat malakul maot | Ngijrail angejawantah | tumurun nyambung nyawa | sèwu yuta panrimèngsun | suka sukur ing Hyang Suksma ||

10. sardula wus anyaguhi | sigra wisata ngupaya | lata ron tilarsa drèngès | têbih watawis sangang pal | wusnyantuk kinum toya | kèhe watara rong panggul | ngrênggunuk ijo ngrêmbaka ||

11. tan dangu lampahnya prapti | ngisor sêmpu goning mesa | dèn brukkên anèng ngarsane | danuka jêngêr duk mulat | lata drèngès tilarsa | asrêping tyas suka sukur | dahat suka marwatatma [marwa...]

--- 15 ---

[...tatma] ||

12. manêmbah sujud sang bothi | ing ron kang wus kinum toya | saha matur mring arimong | adhuh singaning nèdêrlan | nglêngkara tamarjanta | satus kêthi amba nuwun | pintên banggi dintên benjang ||

13. kula tur walês nyamèni | saking darma marta tuwan | tan langkung amung sumendhe | atas karsaning Dat mulya | kang tan klimput ing lêmbat | ngalimun bidatisudur | ngawruhi krêntêging dhadha ||

14. samana ron wus binukti | tanggap rasa gêtih tămpa | sanalika netyanyajèr | sêgêr sumrah midrèng jiwa | lumpuh pêgêl mar sirna | dahat nikmat sêsêk sêngkut | tan siwah janma lan khewan ||

15. larang pangan bêras pari | sêga bêras sêpur doyan | kalane kêlantih kêbo | alang-alang garing doyan | kleyang kewala doyan | kang măngka mangke andanu | mangan taru kinum toya ||

16. antara ron tilarsanting | sima têrang ing paningal | nulya wisata ge-age | ngupaya maning rambanan [ramba...]

--- 16 ---

[...nan] | kang anèng têpi jurang | sadarpa sungil gonipun | watarantuk nêm bopongan ||

17. sinunggi mring narmada glis | subadya cangcut tandangnya | dèn brukkên samadyaning we | sasampunira ingêntas | binakta wisatenggal | binrukkên ing ngarsanipun | bothi tambah sukèng driya ||

18. alon matur èsmu tangis | marang risang budi darma | adhuh sardula wong salèh | sèwu yuta panrimamba | nanging panuwun amba | mugi kang pracayèng laku | srahna Dat ingkang murwèng rat ||

19. ywa mamang tindak kang yukti | wahyaning ngamal susila | kadarmanta kang lumèbèr | atas sadu parikrama | nyrambahi sariramba | ngalangi pêdhoting umur | marma sampun wancak driya ||

20. Suksma tan klimput ing gaib | ngodrat kalam bangkit molah | saking karsaning Hyang Manon | nulisi sagung klakuan | awon sae sinêrat | kang kadi paduka èstu | anèng loh makpul têtela ||

21. warah jêroning ngakaid [nga...]

--- 17 ---

[...kaid] | ngamal sapinaptu napsa | liripun klakuan sae | dados prauning sarira | kapanggih ing sakarat | wêwalês tikêl ping satus | atas ing basuki tama ||

22. nulya kang sukêt binukti | dupi kari sawatara | trangginas kesari age | ngupaya malih rambanan | kang sampat mawa toya | sadina ajêg ping têlu | mangkono prawirèng wagra ||

23. wusing watara sapta ri | rinangsum ping tri sadina | saha solan-salin godhong | sima sangsaya sihira | kongsi nyolong lung tela | lêmbayung rèndèng ron jagung | darbèking janma padesan ||

24. awit katarik trêsna sih | dènnya mèt pawong sudara | lir tunggal yayah renane | tan kêna bênggang sarema | nir subasitanira | rina wêngi tunggal turu | samana alama-lama ||

25. danuka wus lêmu gêmbil | rèhning datan kurang pangan | waluya waras wus pulèh | tambah praptèng măngsa sitra | ngrêcèh larabing wrêsa | cukulan ing wana

--- 18 ---

tuwuh | warata satanah Jawa ||

26. maesa wimbuh rêspati | santosa lêmu dagingnya | sampil punuk mendhol-mendhol | gêng luhur yayah prabata | klimis alus araras | sungu kupêng muka capu | netrane sumurut darah ||

27. tracak lantas kikil trincing | kulit tipis wulu ngawat | dhasar lamus sêmu ijo | jăngga gêng pranaja jêmbar | buntut mêrit tur panjang | badan gilig wêtêng dhadhut | kuwat sakti dibyèngkara ||

28. sima[5] miyat pasthi giris | kagum katuwawèng nendra | pantês linêbokkên kongrès | têntosêtèling Indiya | yakti antuk ganjaran | apêse mêdhali prunggu | mesa kang kadya mangkana ||

3. Dhandhanggula

1. lir sarkara dènnya mitran sami | sardula gembong lawan danuka | wuwusên arimong mangke | mulih ring wismanipun | dupi praptèng panti ngupadi | mêmangsan yun minăngsa | takdiring Hyang Agung | waktu samana tan daya | jangkah tuna nubruk luput kongsi laip | sonya tan [ta...]

--- 19 ---

[...n] antuk mangsan ||

2. lir kiniyas rijêkining dèbi | kidang saha manjangan andhapan | kadhal kodhok luwak rase | sapta ari tan mangguh | dahat luwe koncatan bukti | macan gembong klaipan | putêg pêtêng tanbuh | kontrang-kantringan kewala | ngalor ngidul ngetan ngulon datan manggih | nulyèngêt kang wardaya ||

3. ngunandika e lo tobil lali | ingsun dene wus potang kotaman | rijêki mring kêbo biyèn | drèngès lung tilar sagung | tarulata maneka warni | adoh panggonanira | lawas tanpa petung | wirang isin ingsun têmah | sabên dina nyunggèni brêngkut lir glidhig | saking yun budyotama ||

4. tamèng gêsang têtulung sasami | supayane têmbe antuk pahlal | wêwalêsan sapantêse | mangkya kêbo wus lêmu | ulur kisi punuke gajih | lantaran saka ingwang | pikuwating rangsum | lumintu ing sabên dina | rèhning mêngko sun tuna ngupa rijêki | kendran barang

--- 20 ---

mêmangsan ||

5. ingsun minta kawlasaning bothi | kang supaya nandhani katrêsnan | wajibing mitra gêgêntèn | rèh sun kapêtêg butuh | dahat luwe cape ing jisim | ingsun jaluke coba | punuke andanu | saparo kewala mangkya | nadyan kabèh sun kira tan malarati | wit adoh dalan nyawa ||

6. nguni dhasar wus darbe punagi | rikalane kataman sangsara | sing sapa kang marasake | yun mituhu satuduh | karsanira kang tumulung sih | tan pisan kumêdhapa | saguhe rumuhun | lah coba ingsun kêpanggya | macan gembong wisata tan dangu prapti | pinanggih lan maesa ||

7. wusing tatakramaning basuki | silaning kaanan titah gêsang | tan siwah adat sabêne | nulya mong nabda arum | mring danuka praptèngsun iki | tan katêmu wus lawas | yun wruh krahayonmu | kapindhone minta wêlas | marang sira gêntenan wong anèng bumi | wênang palar-pinalar ||

8. ingsun uwis sapta ri tan bukti [bu...]

--- 21 ---

[...kti] | midêr wana ngupaya tan daya | wahyakna wêlasmu mangke | iki mitranta lêsu | kendran pangan sira kang wajib | lamun dhangan ing karsa | punukmu puniku | wus sun timbang kaya nora | mêlarati rèhning punukira bothi | adoh lan dalan nyawa ||

9. măngka punuk ingsun kang murwani | sun rambankên ron drèngès tilarsa | sukêt banyu ron-ronane | nêmahi daging lêmu | anglêngguruk punukmu gajih | mangkya wus kyat santosa | saking kadarmanku | luwar saka kasangsaran | marma aja selak pamintaku uwis | bênêring tatakrama ||

10. ujaring dalil kalamollahi | wong kang potang ngamal rila eklas | tikêl satus wêwalêse | kang măngka pamintèngsun | muhung trima punuk sapalih | karya cagaking gêsang | ywa selak andanu | aja madayèng ubaya | Gusti Allah kang sipat rahmanirrakim | murah dunya sih kherat ||

11. mesa bothi kumêpyur ing ati | lir glas krêstal kêmprang tibèng srasah | mêstèr [mê...]

--- 22 ---

[...stèr] ingkang mawa sêmèn | nglong cipta slira kumyus | kètès-kètès swanita mijil | tri pandurat tan nabda | jêntung pungun-pungun | tungtunging nala narantang | ringa-ringa lêsah lir pendah wong ngimpi | sulap pangèksinira ||

12. amarlupa nir bayunirèki | cakraning wardaya cipta ilang | kadya kênganglangan tyase | wusananing panggayuh | gayuh-gayuh wangsulan ririh | mring sima ngarah-arah | manuhara arum | dhuh dèbi aja mangkana | dudu padon sira mundhut gêtih daging | kang tumèmpèl ing badan ||

13. sèwu tangèh sun ulungna dèbi | rèh sun datan jangji lawan sira | awèh daging punuk priye | prasêtyèngsun mung tanggung | nanggulangi satru jayasti | kang sun saguhi macan | têmpuhing pakewuh | prabatapi tasik wongwa | têkèng lara nadyan tumêkaning pati | tan nêdyoncat sakeswa ||

14. liya iku tan darbe punagi | ingkang kadya pamintamu macan | iku nêdya karya dede | yèn [yè...]

--- 23 ---

[...n] mangkono sirèku | wong têtulung têmah mênthungi | pati dèn go dolanan | mung siji uripku | tan duwe urip padinan | yèn anaa pamerane bae gampil | rèh sira mitraningwang ||

15. lah elinga ywa tindak tan yukti | kayaparan macan karêpira | landradên atimu dhewe | tan gampang culing wuwus | kudu nganggo tinimbang dhisik | jroning atimu ana | rêmbug bênêr luput | ajara budi kraharjan | potang pangan èstune anagih bukti | karya anyaur karya ||

16. rajabrana tuwin guru dadi | baya arta sapira ing rêga | mirit sapira bobote | bobot utawa traju | karya nimbang amrih satiti | yèku lakuning potang | măngka sira jaluk | punuk arsa sira măngsa | ingkang ora wicaramu wani-wani | manut pikir tan arja ||

17. lah trajunên kêcapirèng lathi | ywa kuwahya yèn durung têtela | timbangên bênêr lupute | saking prasan atiku | lèhmu nganggo

--- 24 ---

cangkêm wus lami | de cule kongsi salah | têmah murang laku | ngrusak pranataning gêsang | kaya priye wicara lèhmu balèni | kagyat dèbi swardana ||

18. pasrangkara aja kumawasis | lungiding sabda mung amrih murka | iku dudu sabênêre | ngatokakên tyas palsu | mracihnani budi pranatis | kumêtmu nurut êmpyak | sajatine punggung | e lo kojur raganingwang | wong têtulung têmahan pinênthung linggis | awit alaning sanak ||

19. lah ta mara ling-elingên bothi | durung klingganata daluwarsa | maksih katara tilase | nguni nyarah satuduh | ing wong ingkang gêlêm nulungi | ilange cintrakanta | mangke mungkir mungkur | mara age katokêna | dudu gêni sagara banyu bae wis | danuka gêbyurana ||

20. kêbo nulya sumambung mlasasih | dhuh sardula aja klèru tămpa | nora mangkono patrape | nanggulang satru mungsuh | sun pamèkkên samudra agni | rêmuk kasawurêna [kasawurê...]

--- 25 ---

[...na] | srah jiwa ragaku | wruhanira nora ana | mandayagni prabatapi mung upami | dhasar yèn mula ana ||

21. pawakardi yun nêmpuh sirèki | ywa sandeya sun dhisik pralaya | lah êndi macan rupane | jamunapi kang magut | dene nganggo mêlèhkên jangji | sanatiku wus tuwa | mong akèh umurmu | dene tan wêruh pralambang | lah ngajia macan pasêmon kang lungit | supaya wruh utama ||

22. macan gembong alon nambung angling | iya bênêr kêbo wuwusira | sagara gêni pasmone | têgêse kang puniku | bab bêbaya pakewuh mami | sira kang wani malang | mring sun atêtulung | sèwu sukur nêdha nrima | nora sida sun minta punukmu bothi | yèn nyata tuhu sêtya ||

23. kabênêran bangêt anujoni | uwis tigang dasa ri punika | sun păncakara katitèh | lan mong lorèk dibya nung | tan kawawa sun mungsuh jurit | wit sura sakti guna | prawira pinunjul | sasat Hyang Bathara Kala | ngapurancang

--- 26 ---

radha catur ngilat thathit | ingsun murut ngendrarsa ||

24. minta tulung marang sira bothi | sun karya srana lêliru lambang | campuh ing băndawala ge | nanging pangiraningsun | tan kuwawa sira ngalangi | marma sun panggya sira | datan minta tulung | amung klantihe ragèngwang | ambawana punukmu ingkang sapalih | iku daging mirungga ||

25. kaya nora tumêkaning pati | rèhning adoh lan dalaning napas | sira mopo wusanane | saguh dadya têtanggul | lamun baya pakewuh prapti | kapasang yogya bagya | ontunge ragèngsun | sanadyan mati tan mangan | nanging nora pinatenan lorèk dèbi | kang mangkono tyas tama ||

26. sira saguh angalang-alangi | lah ta payo sun tuduhkên sira | panggonane macan lorèk | kang karya dudu mringsun | kêbo dupi miyarsa angling | gembong ingkang mangkana | pucat netya murut | kêju dharêdhêg kumêsar | nar-ênaran bunaring tyas tistis atis | sirna dayaning gêsang ||

27. gêdhêg-gêdhêg [gêdhêg-gê...]

--- 27 ---

[...dhêg] judhêging pamikir | ing wusana nyanggêmi jangjinya | manjing marang samudra we | mangkono wong kasusu | dhasar bodho kaburu ngisin | kesari sabdanira | hèh ta kêbo bagus | nanging sun pasthèkkên sira | nora klakon ewasamono sun irid | mlakua wuriningwang ||

28. wisata lon arimba nèng ngarsi | maesa tut wuri wancakdriya | satus yuta bingung tyase | rèhning mong ambêg punggung | ciptèng kêbo tan wurung mati | rinoda ripu paksa | ya sapuluh-puluh | mati mringkus lan margagah | yogya panggah saguh tumêmpuh ing jurit | ya saajênging ajang ||

29. abote wong nêdya luru urip | datan dangu karweka tumêka | tirahing samudra jèjèr | sima nolih andanu | asru nabda payo dèn aglis | gêbyura mring samudra | ngatokna panggahmu | tan susah sagara wongwa | banyu bae yèn nyata wani ngantêpi | mirib punaginira ||

4. Sinom

1. rèhning

--- 28 ---

tyas mudha sru kewran | kêbo saking dahat miris | sumêlang wêngkuning gêsang | malêlêng netyasmu isin | sêdhih kaworan ajrih | kêbutuh nglakoni saguh | gugup akêdandapan | kawêlèh-wêlèh ing jangji | nalarira kasor sawuwuse salah ||

2. mangkono yèn wus kajibah | kasaguhan kang kawijil | tanpa duga lan watara | yèku siratal mustakim | kaplèsèt tibèng têrbis | yèku wiyosirèng tutuk | wuwus kang tanpa duga | dene artining mustakim | bênêr lêmpêng lunyune kagila-gila ||

3. iku caturing manuswa | ingkang nora dèn ijêpi | lir talang sèng tadhah udan | gumrojog wutah ing warih | wêweka wadi-wadi | tan pinikir wêtunipun | nanging iku wus lumrah | wong kasusahan nênangis | jaluk tulung ngêsrahake pêjah gêsang ||

4. kusung-kusung minta wêlas | mêlasasih ngasih-asih | panangise amangarah | he sagung sarjana murti | têrangna kang satiti |

--- 29 ---

mungguh surasèng pituduh | têpa lupya maesa | sugih miskin ingkang nganggit | umanjinga puating sanubarinta ||

5. arimba pasrangkaranya | ngèsi-èsi saha wêngis | hèh durcara malêbua | sun tonton antêpmu bothi | miriba bae mangkin | kasaguhanta ing dangu | tandhane tuhu sêtya | ngantêpi kêdaling lathi | sun pasthèkkên sira măngsa ngungkirana ||

6. jamake ingsun arimba | satriyotamèng dumadi | sarambut tan nyuda sêtya | aja kang wus dèn bêciki | lagya têpung bae wis | wani toh jiwa ragaku | apa sirarda dama | maesa sumaur bêcik | sigra-sigra gumahas gêbyur samudra ||

7. lumembak ngêlangi nglangak | nêmpuh trunaning udadi | anjagêdhêg nolih wuntat | sumêlanging nyawa gingsir | yèn oncat saking jisim | ciptèng kêbo adhuh adhuh | iki bêbaya apa | dene dahat mêrês budi | yèn mangkono prayoga mêntas kewala ||

8. yèn sun cacaka kang toya [to...]

--- 30 ---

[...ya] | mangidule tanpa têpi | nêm cêngkal kewala sida | warêg banyu anêmahi | pati datan patitis | ginawa Jêng Ratu Kidul | kalap ing panasaran | mati ping pindho kaping tri | utamane sun bali nanggulang sima ||

9. yèn pralayaa sun asap | nulya bali marang gisik | marêki unggyaning sima | muka konjêm ing pratiwi | pasang wêlas minta sih | kêbo mangkana kang wuwus | dhuh sang maha widagda | maap sambutan kulèsthi | nyuwun inah sadalêming kawan dina ||

10. yèn sampun praptèng sêmaya | kawula ngaturi uning | katêranganing sambutan | sadasa lah kadipundi | sardula nabda wêngis | kêbo sira murang laku | dhustha kartining gêsang | kelasèngrat glahing bumi | nora bêcik anglêbur silaning krama ||

11. utang pangan sambung nyawa | wirang isin sun labuhi | kalakon nyunggi ron-ronan | mung iku sajêgku urip | ing mêngko têmah dadi | rubeda wit kacidranmu | la dalah

--- 31 ---

apa ora | saiki saguhmu ênting | wus têtela sirèku ngrusak planggêran ||

12. kêbo mangke wruhanira | sun rodapaksa sun bistik | punukmu saparo iya | wus kêri untuku ngèksi | ginorèng pasthi gurih | yèn panggah tokna budimu | manawa arsa têrang | mring dibyèngsun jayèng jurit | sajatine sun Ngijrail ngejawantah ||

13. nagih potang marang sira | ingungkiran têmah dadi | padudon atasing dunya | sira wong utang rijêki | panas prih sun lakoni | wêkasan mung nyaur wuwus | tan ana êntèkira | têmbung ngonggrong murih aris | nora daya iku dudu bênêrira ||

14. rijêki padhane arta | tan kêna dèn mêmanisi | tansah saking alêmbana | yeka jatining pranatis | swara ngrêgêdi kuping | yèn sirarsa nyaur wuwus | yaktine kêna uga | nanging kang condhong lan pikir | nadyan ewon lêksana tan dadi ngapa ||

15. sirèku dosa rong warna [war...]

--- 32 ---

[...na] | kang dhihin maring Hyang Widhi | kapindhone lan kang potang | yèn sirarsa ngadu sakti | sun pasthèkkên nêmahi | kuwandamu nora ngukup | uripa rip-uripan | mung bakal sun cupêt bothi | aja kongsi alamu kadawa-dawa ||

16. marma srahna patinira | mumpung durakanta tipis | dhustha kartining silarja | lêlêthêg sarining juti | bumi banyu anjêrit | gumêtêr dèn ambah ing dur | dursila salah ing rat | sirnaa kewala bêcik | mesa asru kagyat myarsa sabdèng wagra ||

17. hèh bêcik têmên arimba | siya tan kêna dèn aji | aja nglakokakên soba | nindakna budi lastari | aji-ajining urip | sasami kèh wêdi sayuk | trisna lair batinnya | sirarsa madhêm mring mami | tangèh lamun sun eringa marang sira ||

18. wong kalah siniya-siya | wus mlayu binuru wani | mogok rèh kajibah sayah | nekat toh lara lan pati | apa tan wruh Kumpêni | kang ulah marta [mar...]

--- 33 ---

[...ta] mring satru | kang wus kalah sinarah | mungsuhe dipun bêciki | wêkasane ala wêdyasih sutrisna ||

19. iku lupiya klakuan | titènana jroning ati | tega pati rilan dunya | subagya yuwana murti | ywa sira maca kadis | yèn maksih kuthung pikirmu | yèn swagnyana krêtarta | miriba kangjêng guprêmin | cipta ngăntariksa sinuhun sasama ||

20. ingkang sinuhun têgêsnya | puniku sinunggi-sunggi | susuhunaning buwana | sipat kodrat kang pinuji | kumpuling rahsa jati | nèng sunan panggonanipun | tunggal lan sastrajendra | ayuning buwana dèbi | aja ngrusak ngalam jroning jisimira ||

21. duga lawan kira-kira | yudanagara nèng ati | yèn tan linakon karweka | sastrajendra tanpa dadi | kalah ciptaning eblis | jin setan măngka wujudmu | macaa surat kul a- | ngudubirabin hinasi | sabanjure pardikane takokêna [takokê...]

--- 34 ---

[...na] ||

22. kesari sira ywa merang | isin mamèt warah mami | dadia conto kraharjan | ora mung sungkan tinagih | dhasare nora apti | kabanjur wêtuning wuwus | uga bênêr sorahnya | uwot siratal mustakim | anèng tutuk musamane kang sanyata ||

23. dene kêlamun wong buda | ingaran wod ogal-agil | tan pae panggonanira | mung beda têmbungirèki | wong Ngarab lan wong Jawi | nanging rasanira gathuk | paran sardula sira | sinungan beda ing budi | lairêna budimu wêlas maringwang ||

24. kang mawantah jajalanat | racutên buwangên têbih | kalbul mukmin baetullah | sirèku omahing Widhi | têgêse mukmin dèbi | sira dhewe wruhanamu | kaparêk tur kapurba | purbaning Hyang nyarah kapti | rèh wus paring gumêlaring kautaman ||

25. lantaran rasuling Suksma | iya iku kangjêng nabi | murti mulkuning buwana | kutu-kutu kang kumêlip | Sleman baladèng Mêsir | Ibnu [I...]

--- 35 ---

[...bnu] Dawud sudibya nung | winênangkên wêwarta | kang wus katimbang prayogi | măngka sira murang arjaning buwana ||

26. wêtune kang păncadriya | murungkên cipta lastari | saka solan-salining tyas | lanat kang tanpa upami | cêgah paworing Gusti | puniku budi kêlurung | laranganing sujana | kang ahli klakuan ngakir | lah elinga yèn sira bakal pralaya ||

27. mamriha tama sampurna | urip mati kang nyukupi | pangudining sangkan-paran | ungsêdên kitab lan tapsir | ywa sira gêdhag-gêdhig | gumunggung sarta kumlungkung | uripmu mung sapisan | yogyane ngupa utami | laku arja măngka sanguning pralaya ||

28. busanane mukmin kang kas | kang kanggo ing ngrika-ngriki | aja nglakokakên jajal | lair batine Ijajil | pragalba sru angêrik | gora rèh magêtêr wagyut | orêg pratiwi jinjang | nulya mesa pasang liring | buntut jênthar lir wangkawaning mandrawa ||

29. arimba nubruk saksana |

--- 36 ---

katampan murdaning bothi | tinamèng sungu gumêbrag | rêbut jaya sura sakti | dangu ungkih-ingungkih | kêkalih têguh timbul tus | wal kontal ting cêkekal | kêbo mahyakkên gunasti | bijig sela dadya amun-amun awra ||

30. kumêdhut digdèng awiyat | ngampak-ampak mawa bahni | mayuta-yuta dahana | lir wrêsa sing awiyati | bayak nêmpuh arimbi | arimong kewran ing kalbu | kamayan dahanarda | daruna cidraning mundhing | macan gembong mamrês budi tiwikrama ||

31. mêkar kang guna widagda | dayèng kamayan mawêrdi | tinarimèng janaloka | sakala jawah nêkani | păncawora wor riris | gumrujug nyirêp kang latu | wus nir dayaning wongwa | campuh malih danu dèbi | kadibyane karo pisan tanpa guna ||

32. danuka mamrês ing nala | mahyakakên aji bothi | lênga rasatala wrata | saking punuk sudirasthi | saciptanira dadi | Bandung Băndawasanipun | dahat [daha...]

--- 37 ---

[...t] subadyèng kara | sakala sarira wêsi | macan gembong nulya mahyakkên danuja ||

33. asidhakêp suku tunggal | nutup wiwara nawa di | nyumpêt kanang păncadriya | ngèksi tikswèng grana lungit | mandhêng kang puja jati | kajatèn katrimèng sujud | sakala malih warna | wujud waja purasani | iya iku wêsi ibrani nagara ||

34. ngêndhih kasêktèning mesa | sanalika dadya glali | dlèdèk wus tanpa budaya | nulya kasaput ing ratri | samya mundur nyakalih | sima tansah ngunggut-unggut | ketang ardaning driya | dènnya sru kapengin daging | saya sêngkut rèh bênêri tata praja ||

35. ucapên sira maesa | sawusnya ngaso pribadi | ngunandika jroning nala | kayaparan awak mami | nir budayaning urip | sun timbang-timbang ragèngsun | kaya tan bisa wudhar | kadhang saya ruwêt mangkin | nora ana wêkasane kang prakara ||

36. sun saraha karsèng wagra | sun wèhi punuk sapalih | adate wong mangan [manga...]

--- 38 ---

[...n] enak | tan trima yèn mung sapalih | bagja kèri sathithik | cilakane nyawèl gurung | kadhang durung narima | malah ulur lidhah kisi | yèn mangkono nyawaningsun kalambrangan ||

37. mênawa ingsun panggaha | pira boboting kesari | ngadu guna dibyèng rana | kapêksa sun tan gumingsir | wangsul watêking dèbi | culika dursilèng laku | pêng-pêngane pragalba | nglimpe dursilèng pakarti | nubruk gurung gulu rantas ngêtus darah ||

5. Maskumambang

1. kumambanging nala danukarda miris | sun gagas tan enak | yogya miruda ing wêngi | ngupaya sambunging gêsang ||

2. marang ngêndi pangungsine nyawa mami | tiwas yèn tan ngendra | istiyar wajibing urip | sun ngalor kene kewala ||

3. mring wismane manjangan kang tunggal jinis | padha băngsa kalal | manawa bisa ngayomi | patiku kang siya-siya ||

4. nadyan ringkih paribasan giri lusi | mokaling tumitah | sigra wanci ratri [ra...]

--- 39 ---

[...tri] anis | dhêmitan tan dangu prapta ||

5. wismèng randhing ingacaran tata linggih | sinungan kramarja | bagya binagya ing wuri | kêbo nulya pasrangkara ||

6. hèh ta yayi manjangan praptèngsun iki | arsa minta wêlas | pancasên susahing ati | tan ana manèh mung sira ||

7. bothi nulya jarwa purwa amêkasi | manjangan sru jola | rumăngsa yèn tunggal jinis | kalaling kukum agama ||

8. nambung sabda manjangan dhumatêng bothi | mundhing kadyaparan | prakaranta luwih sungil | bab mungsuhan seje băngsa ||

9. ingsun nora kaduga ngawat-awati | nadyan sun kêrigna | ranggah komprèng tuwin randhing | saeka prayambêk sura ||

10. tan kuwawa aja kang têmpuh ing jurit | pinandêng kewala | kancaningsun anggêlali | wêruh bae klêngêr tuwa ||

11. rèh wus komuk kasêbut kabar kesari | prawira digdaya | kalana jaya di murti | putus munah gunging kewan ||

--- 40 ---

12. hèh danuka pratikêl ingsun sira glis | coba mangalora | ana sujanambêk niti | kuwuk para rab sugriwa ||

13. anèng kêndhal growong dènnya mangun tèki | dhasar tunggal băngsa | lan macan pangane sami | manawa bisangsung mulya ||

14. banjur srahna pati uripira bothi | sun kira kaduga | si kuwuk sanadyan cilik | nanging putus ngèlmu byakta ||

15. saha bangkit wirasat Iman Supingi | kêbo glis pamitan | ngalor wisatanya papti[6] | sangisoring kayu kêndhal ||

16. kêbo ngungak wiwarèng kuwuk kapanggih | sru kagyat wil pusa | ngacarani tata linggih | kuwuk nabda nyakrabawa ||

17. sarwi mèsêm janur gunung sira bothi | kadingarèn mangkya | prantèng kene netya lutih | lah apa nêmu prakara ||

18. ingsun kira prakaramu bangêt sungil | turidaning muka | kucêm ngêlob-êlob bothi | apa ta darunanira ||

19. kêbo matur ing purwa madya mêkasi | dènira [dè...]

--- 41 ---

[...nira] wêwarta | mring sugriwa èsmu tangis | mukane konjêm pratala ||

20. dhuh sang wiku mugi pêparinga ing sih | pêgating uswamba | paduka ulun watawis | sagêd ngêndhih dibyèng sima ||

21. ulun dhèrèk ing dunya tumêkèng ngakir | kuwuk nambung sabda | ingkang sarta kirig-kirig | o o yèn mêngkono sira ||

22. barang pêtêng sing sapa kanggonan wêdi | anggèng apyun gêlap | măngka kêncêng pra pulisi | kagledhah tan wun sangsara ||

23. tibèng dhêndha kêna punukmu sapalih | têrkadhang rinampas | bab jangjimu kurang rêsik | pratikêlku wènèhêna ||

24. nadyan mati sapisan slawase urip | nrimaa kewala | ing benjang antuk suwargi | langgêng nikmat tur munpangat ||

25. kang măngka wis mupakat bênêring kakim | sing sapa wong utang | iku kudu nyaur pasthi | măngka utang seje băngsa ||

26. apamanèh dudu sapadhamu bothi | sanadyan bênêra | nanging sira tan ngundhili [ngundhi...]

--- 42 ---

[...li] | sasat timun mungsuh duryan ||

27. si arimba mungsuh lan sira samênit | tan găndra sapira | wagra sura dibya sêkti | dhasar singaning Nèdêrlan ||

28. santerone ing tanah Jawa tan mirib | prabawa goraya | yèn gêro bumi sru gonjing | gumêtêr singa miyarsa ||

29. mesa dupi krungu sugriwa dènnya ngling | tanduk ngerang-erang | nutuh lêlakon ingkang wis | sanalika nir dayanya ||

30. gagas-gagas tan antuk wênganing pikir | samana maesa | maksih noraga minta sih | danuka matur ngrêrêpa ||

31. dhuh sang brewa kawula srah pati urip | tan sagêd matura | manuhara mrih mêmanis | mung uswamba kaatura ||

32. dene mangke lamun pun arimba prapti | ulun tan suminggah | rèh kajibah soroh pati | mung paduka sêksènana ||

33. kawularsa nanggulang ngêkahi urip | kuwuk dupi myarsa | sabdaning kêbo mlasasih | luntur wêlase sakala ||

34. pasrangkara [pasrangka...]

--- 43 ---

[...ra] marang sira mesa bothi | hèh kêbo kang sabar | ywa nglalu mangkono bothi | sun golèk wênganing driya ||

35. nêngna gantya kocapa ingkang kinawi | sajuganing kewan | kênthus kasubing pawarti | êndhèk cilik trincing kêras ||

36. sêmu bundêr abang nom gigire dalir | sungune tan panjang | lir lombok abang alungit | wulu lêmês alus raras ||

37. kulit tipis pandhês prabane mathathit | wênês prabèng netya | sumèh sabare rêspati | polatane lêmbah manah ||

38. cakêp cukup basa-basaning kumêlip | putus kasusastran | pangulahing nitisruti | bangkit têmbung Lănda Ngarab ||

39. kèhing kitab Kuran tapsir kaelani | supi kawruh palak | mukarar juhmiyah bahwi | usul wus dene maknunat ||

40. tasrip nahwu naola anwar bajuri | daka bayanallah | kitab samsarah tajuwit | palanggêraning wêwacan ||

41. mat kang wajib id ambilagonah [a...]

--- 44 ---

[...mbilagonah] prail | wus ngêntèk sadaya | apamanèh sastra Jawi | pramasastra ywa karana ||

42. dasanama bausastra buma kawi | saha layang babad | asthabrata rama kêling | tekawardi ramayana ||

43. myang anbiya pustakaraja prituwin | layang anglingdarma | nawawi Iman Bukari | makutharaja lan menak ||

44. marmanira pêthangkus ahli ing budi | wit dhêmên piwulang | buku saananing bumi | saka Nèdêrlan Indiya ||

45. kawruh ukur algêbrah myang règêl pandri | kèh ukuran anyar | elo mètêr dèn kawruhi | bobot lita kilo myang gram ||

46. têtimbangan cêngkal ukuran kalanji | kati pun Nèdêrlan | palêm mil ukuran bumi | marma kênthus swarjanèng rat ||

47. planggêraning nagara krama sitruksi | wèt tuwin sêtat blad | anggêr pranatan pulisi | buku kandhungan datansah ||

48. myang nawala pradata lan anggêr rêdi | arubiru miwah |

--- 45 ---

règêlmèn sadaya ngênting | cukup praboting agêsang ||

49. kasudibyan cakêp cukup liring ngèlmi | pangulahing pêrang | pangrusakirèng dur juti | kang mangudi karaharjan ||

50. lêgawèng tyas cipta budi amumpuni | sadu parikrama | tan kadho ulah lêlungid | tanggap graitane pasang ||

51. tan kawêkèn agal alus sungil rumpil | sarta ahli brata | mudyastuti mring Hyang Widhi | susilarja nrang wikara ||

52. guna srana krêtarta wêweka murti | sabar sănta budya | asih ing Dat maha sukci | putus ubênging buwana ||

53. pangadilan kukum lawan yudanagri | kêncêng sinantosan | marma sayuk para kumlip | rèh wasis mranata basa ||

54. basa-basa basukine dèn kawruhi | mrih wrata raharja | agama nêmbah Hyang Widhi | saya kasub kasumbaga ||

55. panêngrane kumênthus mèt dasanami | pangrekadayanya | katyaka gumira tuwin | pathangkus saha kênthorang ||

56. myang kwandaka [kwa...]

--- 46 ---

[...ndaka] kênthula punika sami | kênthus jarwanira | kalokèng sêrat pawarti | têmbung Lănda Mlayu Jawa ||

6. Mijil

1. wijiling tyas padhang nrawang mingis | mêmêt nyamut kamot | widagda ing budi wus rêjasèng | guna sakti samaning dumadi | marmane kawarti | kênthus dadi pokrur ||

2. bangkit mancas prakara kang slundhit | ribêd ruwêt bolong | saking dènnya luhur pangawruhe | ngayu yukti kayaktèn nastiti | surti ngati-ati | timbuling pitutur ||

3. akèh lamun rinumpakèng tulis | ucapên sang kêbo | dènnya minta kuwuk kawlasane | tansah anèng ngarsa sru mangudi | wuwuse ngrêrintih | manuhara arum ||

4. samana wil pusa koguk myarsi | têmahan nabda lon | hèh danuka mituruta mangke | ing sapangrèh pratikêl sun bothi | sirarsa sun irid | ring omahing pokrur ||

5. kang subrata dhepok Ngampèlgadhing | kênthus prawira nom |

--- 47 ---

baut munah ing prakara gêdhe | nalar ingkang dahat ribêt sungil | kang slundhitan klêmpit | malang-malang putung ||

6. rawe-rawe rantas sirna gusis | undhagi ing kewoh | wignya laku goroh sarta barès | sigra budhal kuwuk lawan bothi | wisatanya prapti | dhepokirèng kênthus ||

7. ingacaran wus satata linggih | kênthorang nabda lon | paranbaya karo praptèng kene | kang sawiji anandhang prihatin | kuwuk matur inggih | dhuh sang maha wiku ||

8. rèh pininta sraya sumitra di | punika pun kêbo | waktu mangkya manggih susah gêdhe | ribêd langkung saking sèwu kêthi | punika pun bothi | sumăngga kang atur ||

9. alon nabda kênthus marang bothi | lah kapriye kêbo | purwa madya tutura kang barès | aja goroh barang laku kang wis | bothi matur aris | purwa wusana wus ||

10. ing mangkyamba asrah jiwa ragi | dhumatêng sang kaot | nyumanggakkên [nyumanggakkê...]

--- 48 ---

[...n] paduka sapangrèh | ujêr dede băngsa kulit daging | nyuwun aling-aling | pêsatirèng umur ||

11. datan sagêd matur kadipundi | muhung jèrèng lakon | nanging dintên wingking amba darbe | punagi kang sung raharjèng urip | yun mruwita nyantrik | dadya uluguntung ||

12. saha makmum puja taki-taki | ngataskarèng Manon | kênthus dupi têrang pamyarsane | marang kêbo dènnya gung prihatin | têmahan trisna sih | wruh nalar ingkang wus ||

13. alon nabda mring mesa hèh bothi | bab nalar mangkono | datan ewuh mungguh pratikêle | kang kasêbut anggêr tanah Indi | kalaku nèng Jawi | bab sêlang myang sambut ||

14. iya iku ran prakara sipil | nora dadi ewoh | wusnya têrang sugriwa lumèngsèr | arsa mulih rinilan lêstari | gantya kang winarni | sima kang angluru ||

15. marang kêbo ngubrês ing wanadri | pèrèng jurang jêro | tan kapanggya anglarah tapake | mangkana osiking nala dèbi | mring

--- 49 ---

ngêndi si bothi | lungane ing dalu ||

16. rèhning sima taruna dibya di | têguh prawiratos | angungkuli sasami-samine | pilih tandhing boboting kumêlip | tan ana kang mirib | kasêntikanipun ||

17. marma dahat mangancam mring bothi | lalu mêlok-mêlok | katon bae saparipolahe | wus linali-lali datan lali | lêlakon ngalani | tan nêdya rahayu ||

18. pantês lamun pinugut kang urip | ala samèng sato | ingsun pungsêng ing êndi parane | tan antara mong antuk pawarti | kêbo mangkya dhêlik | anèng wismèng pokrur ||

19. manjangan kang nyukani pawarti | katranganing kêbo | mong wisata mangalor parane | prapta wismaning kuwuk pinanggih | anèng growongan wit | kêndhal tata lungguh ||

20. wusnya samyandum arjaning wuri | gembong tanya alon | hèh wa kuwuk têkaningsun kene | angupaya

--- 50 ---

buron ingsun mundhing | pawarta kang yakin | nèng kene andanu ||

21. sira ingkang ngumpêtakên mangkin | yèn nyata mangkono | sun prajaya wandanta ywa kagèt | rèhning sira sabiyantu juti | patute pinatin | ngubungi laku dur ||

22. kuwuk kagyat tyasira gung miris | maras mar dharodhog | sru wel-welan nir budidayane | têmahane kuwuk datan wêdi | wandane pribadi | alon dènnya muwus ||

23. bênêr sira panyakramu dèbi | sun kanggonan kêbo | nanging ora mung mampir nyatane | ing mêngko nèng kulon kene bothi | wismaning undhagi | kênthus karan pokrur ||

7. Pangkur

1. kapungkur kuwuk wêlasnya | marang kêbo sarèhning ati drêngki | nglairkên krenah kang dudu | nir trêsnaning sasama | tanpa tilas kawêlasane mring danu | pasrangkara hèh arimba | sira mangkata dèn aglis ||

2. ananging ingsun mêminta | jangji marang sira yèn kêbo kenging | ingsun mujur wit bakyumu |

--- 51 ---

lagya nyidham kaworan | saha rina wêngi ngrêrintih jêjaluk | gêtih daging jantung manah | yèn si kêbo têkèng pati ||

3. sun pasthèkkên kabrabeyan | kêbo lawan sira angadu sakti | wus tamtu yèn nora ngukup | nanging sumêlanging tyas | kang ngayomi si kêbo kênthus dibya nung | rèh adpokad widisana | baud ngrekadaya sandi ||

4. sigra arimba pamitan | lumaksana ngulon têlênging ati | ucapên kêbo lan kênthus | kang lagyeca gunêman | ya ta wau katungka ing praptanipun | mong sirna kramaning gêsang | nguwuh-uwuh minta tandhing ||

5. hèh danuka prastawakna | kadibyèngsun singa Nèdêrlan Indi | kang putus pratamèng kewuh | munah durtaning karta | anatasi sukêrtining jagad rampung | wong murang pranata arja | si cêmêr satruning urip ||

6. kêbo dhasaring jahanam | kêkêl langgêng sajroning nraka api | druhakamu tanpa petung | lêksan kêthèn mayutan | wus têtela

--- 52 ---

wong dama tinuntun bagus | sinung bukti têkèng lêma | dadi pêpalanging pati ||

7. sasat sinambungan nyawa | êmèh bae ragamu têkèng pati | kalantih tan bukti nginum | nglemprak yayah gusthika | wus rinubung ing lalêr maèwu-èwu | nulya na wong salèh prapta | asung rijêki umintir ||

8. janjimu srah jiwaraga | têkaning don mungkir cidra ing jangji | kodhig dahat murang patut | damanira midrèng rat | alingana gunung sèwu bumi pitu | yèn ala pasthi katara | rèh gêlah-gêlahing bumi ||

9. kênthus dupi myarsa swara | sru sêsumbar angèsi-èsi bothi | nir tatakramèng tumuwuh | duka sajroning nala | pasrangkara hèh pragalba ywa kumlungkung | wêruha tataning gêsang | sabar pitukuning swargi ||

10. nèng dunya ngupa utama | wajibing wong mêngku trapsila yukti | lah apa prakaranipun | enggal sira tutura | rèhning kêbo ana kang kuwasa mêngku | têgêse wêngku pikuwat | ingkang tanggung ala bêcik [bê...]

--- 53 ---

[...cik] ||

11. ingsun kang wênang masesa | saisine jroning kukuban mami | lamun ana nalaripun | prayoga pratelakna | wus lakune prakara kudu dèn atur | kamot anèng gugat jawab | saha paturaning saksi ||

12. porsès pêrbaling papriksan | pra kumisi kang wajib ngudanèni | dakwa myang panangkisipun | êndi kang bênêr mênang | marma jroning anggêr Nèdêrlan kasêbut | bab kaping nênêm mangkana | wênang wajibing prakawis ||

13. hèh macan age tutura | purwa madya wusananing prajangji | wanci dina sasi taun | sun pacake nèng layang | sarta asli kalairamu kasêbut | lan manèh panggaotanta | yèku lakuning prakawis ||

14. lamun nora mangkonoa | tan tumindak lakuning gugat mangkin | wit anggêr Nèdêrlan sung wruh | bab ping nêmlikur munya | nora kêna wong kasêrêg dening khukum | yèn tan têrang nalarira | marma dina tanggal sasi ||

15. kudu kasêbut nèng dakwa | bokmanawa nalar kadaluwarsi [kadalu...]

--- 54 ---

[...warsi] | bab tri dasa juga nutur | prakara klengga nata | mung rong warna siji kang ginugat lampus | kapindho kadaluwarsa | wus kasèp kaliwat lami ||

16. yèn sira wus atur gugat | si danuka sun priksa nuli-nuli | ngaku mungkir jawabipun | uga kamot ing layang | yèn wus gathuk gugat jawab ingsun putus | watone anggêr Indiya | marma sun mangkono dèbi ||

17. miturut dhawuhing nata | Kangjêng Nabi Suleman prajèng Mêsir | kang ngratoni kutu-kutu | dharatan lan samudra | waktu iki paring bêbênêran amung | cacahing adil nêm warna | siji bêbênêran dhistrik ||

18. pindho bênêran bupatya | ping tri landrad kaping pat rat kuliling | lima rat yustisi iku | bêbênêraning Jawa | kang kaping nêm aran pangadilan luhur | iki unining pranatan | jroning bab sapisan dèbi ||

19. lan manèh ana pranatan | kang winênang padha nyêkêl pulisi | uga nênêm cacahipun | sawiji lurah desa | pindho

--- 55 ---

lurah dhistrik ingkang kaping têlu | up jaksa lan para jaksa | kaping pat para bupati ||

20. para residhèn ping lima | kaping nême sarupaning priyayi | lan para wonge wus tamtu | kang pinarcaya jaga | dene ingsun iki dhawuhe Sang Mulku | kinawasa ngrèh kang tata | ingkang kasêbut nèng buslid ||

21. dadya dhistrik ngrangkêp jaksa | marma kudu wruh pranatan bab kaping | awit patang puluh têlu | têkan bab satus astha | sarta bab ping têlung puluh nêm kudu wruh | têkaning bab sèkêt papat | iku wajibirèng dhistrik ||

22. marma macan prayogèngwang | sun pacake nèng tulis supayeling | ciptaning mong bênêr kênthus | sakèhing gugat jawab | luwih titi ing atur pratelanipun | hèh pêthangkus rungokêna | juti culikaning bothi ||

23. dèn jarwa purwa wusana | sanyatane tan suda tan muwuhi | tinulisan dening kênthus | satiti têrus têrang | kênthus nulya nabda mring maesa danu |

--- 56 ---

sarèhning wus antuk wulang | ature danuka mungkir ||

8. Durma

1. durmaning tyas danuka matur tan ngrasa | utang kang rupa daging | dhumatêng sardula | yakti nguni kasrakat | kalantih tan minum bukti | tandya pragalba | têtulung lata warih ||

2. ron katela rèndèng drèngès ron tilarsa | amba bukti nyêkapi | angsal slapan dina | sadintên kaping tiga | sampat tan kirang punapi | praptamba lêma | èstu mong kang ngingoni ||

3. dene mangke mong nagih kula sandika | badhe kula sauri | sapintên kang gugat | darèngès ron tilarsa | kinum warih kadya nguni | ujêr wus têrang | pangadilan dhawuhi ||

4. macan dupi krungu jawabing danuka | ngungkiri kang prajangji | madêg suraning tyas | ngêrik gora goraya | sru minta lawaning tandhing | lir yun nguntala | kumênthus nabda ririh ||

5. hèh sardula ywa ge mahyakkên diksura | kumlungkung kumawani | yèku salah tămpa | dudu caraning tata | mungguh tataning prakawis | kudu

--- 57 ---

katimbang | mupakat lan para lid ||

6. yèn wus kumpul siji panimbanging nalar | nuli dhawuhing ponis | têgêse prampungan | uga kamot ing layang | nanging arès kudu mawi | dèn sahkên marang | up nagara Batawi ||

7. têrus marang Mêsir konjuk Nabi Sleman | ratuning para kumlip | mêngko yèn wus têka | măngka sira tan trima | kêna rêkwès badal ponis | de gugatira | iki prakara sipil ||

8. sarèhêna bae sawêtara dina | kang sabar kang aririh | aja murang tata | pragalba wus darana | dupyantara ri kang ponis | satêkanira | bab prakaraning dèbi ||

9. dènnya drêdah rêbut bênêr lan danuka | prakara potang silih | adiling pradata | wêwaton wèt Indiya | saka panimbanging pra lid | kesari mênang | bênêr tămpa rijêki ||

10. rupa sukêt tarulata ron tilarsa | lung rèndèng tuwin warih | anêtêpi gugat | bab gugate mong minta | daging sacuwil tan kêni | dene maesa [ma...]

--- 58 ---

[...esa] | iku kudu num bukti ||

11. bab ping satus sawidak pitu uninya | pranatan tanah Indi | kang dadya gêgaran | mungguh apsahing tăndha | sajroning prakara sipil | marma danuka | kapêksa ambayari ||

12. yèn bab punuk macan nora pisan kêna | awit tan darbe saksi | dhasar kêbo singlar | ngaku mung utang pangan | gêgodhongan miwah warih | iki putusan | dhumawuh mong lan bothi ||

13. sima dupi miyarsa punang rampungan | butêng riwut netyandik | anggêro lir gêlap | liwunging păncadriya | kabasmaraning tyas wani | nyat ngadêg malang | megung anguwuh tandhing ||

14. anggurnita sayuta jagad kèbêkan | prabawane wèh miris | giris kang miyarsa | tandanging singa rodra | netra lir danumaya di | dènira sumbar | rêbutên ing ajurit ||

15. iya iki leyo singaning Nèdêrlan | kênthus dulunên mami | yèn sirarsa sirna | lêbur luluh wor kisma | barênga maju lan bothi | kang dus sutêrta[7] [su...]

--- 59 ---

[...têrta] | lêlêthêk satru juti ||

16. kênthus dupi myarsa sabdaning arimba | nambung sabda sung peling | hèh mong ywa mangkana | wruha tataning praja | bageyanirèng prakawis | dèn silah-silah | mung kinarya rong warni ||

17. kang sawiji sipil araning prakara | loro aran kriminil | de sipil punika | kaya ta apyun gêlap | myang lakune potang silih | saha yèn ana | nalar kang cilik-cilik ||

18. yèn kriminil iku mring bab kadurjanan | kaya ta: wong ngapusi | maling culêng kampak | ngimpês wong tuwin begal | ngobong omah gawe dhuwit | yèku sadaya | munggah landrad wus pasthi ||

19. măngka macan prakarinira punika | klêbu bageyan sipil | pamancasing nalar | tan trima kêna munggah | badal ponis iya kêni | kasêbut nèng bab | satus sangang dasa dwi ||

20. têkaning bab satus sangang dasa astha | kêna rêkwès manginggil | anjèrèng lampahan | sarta nampik [na...]

--- 60 ---

[...mpik] putusan | papriksan sadaya bali | yèn wus nèng kana | yakti katimbang malih ||

21. macan maksa tan darana ambêg arda | kêras mawinga wêngis | ngisis siyungira | tinon lir kapurancang | kuku mêgar ngilat thathit | pasang wêweka | rèhning sura di murti ||

22. suraweyan sêsumbar aminta lawan | kênthus wikrama wrêdi | mêkar jaja jêmbar | wadana mijil gêlap | sru tumanggap hèh kesari | tan kulak warta | anon rungoning kuping ||

23. yèn si kênthus prawira murti sudibya | putus kridhaning jurit | iyèki kwandaka | sring gadho daging macan | kapasang yoga sirèki | sun patagihan | durung kambon saari ||

24. rèhning sabên dina wus nadhah satunggal | yèn tan pracaya dèbi | lah ta tilikana | sumur ing wurinira | ruwiyan êndhas mong siji | kang kaya sira | nora êntèk sun bukti ||

25. kabênêran arimba mundur angungak | sajroning sumur kèksi | ana sirah macan |

--- 61 ---

gêngnya kagila-gila | mong tandya lumayu gêndring | tan wruh yèn sirah | layangane pribadi ||

26. graitaning nala si kênthus sanyata | digdaya sura sakti | guna wirotama | sun sakêthi tan nyana | yèn bisa munah kesari | mong nunjang-nunjang | lumayu sipat kuping ||

27. sarwi gêro goraya gêtêr gumêntar | ngetan ya ta winarni | kuwuk krungu swara- | ning macan kamigilan | pinêthukakên sira glis | wusing kapanggya | wil pusa tanya aris ||

28. paranbaya sira mlayu sarwi mahyang | gugup dènnya mangsuli | kuwuk bênêr sira | kênthus tuhu widagda | ubêding nalar mangênting | prakaraningwang | kalah sarta mèh mati ||

29. ing samêngko si durcara kinukuhan | sun jaluk nora olih | nganggo gugat jawab | laras lakuning nalar | prampungane sun katitih | nêdya sun paksa | têmahan sun sinung wrin ||

30. jêron sumur ana êndhas mong sajuga | ika sisaning bukti | kênthus sabên dina | siji tadhahe macan [ma...]

--- 62 ---

[...can] | nuju norantèk sun èksi | sru kamigilan | lumayu yèn binukti ||

31. katujune kakang sun ora dèn untal | buru daging sacuwil | mèh kelangan nyawa | yèn mangkono sugriwa | sun rilakake bae wis | kêbo satunggal | ngupaya dina buri ||

32. lamun maksih urip kaya nora nguyang | dilalah wus pinasthi | dawa uswèng mesa | ing wana ora kurang | mung nyingkiri kêbo siji | kuwuk tumanggap | wuwuse ngèsi-èsi ||

33. o o bodho têmên sira iku macan | kêna dipun apusi | adating kênthorang | bêbujuk ngomandaka | baud jêlag angalêntik | saking blilunta | tan wruh dugi prayogi ||

34. sayêktine kang nèng jêron sumur ika | layangamu pribadi | dudu lêluwihan | iku sababe macan | jatine sirahmu dèbi | yèn tan pracaya | ngombea marang bêlik ||

35. mêsthi ana sirah macan kaya sira | gêdhene nora slisir | mong sigra [si...]

--- 63 ---

[...gra] ingajak | mring bêlik gêgancangan | wusnya prapta ngungak nuli | wêruh ing rupa- | nira nèng jroning bêlik ||

36. dahat ngungun ing driya kêna paeka | arimba muwus aris | kayaparan brewa | mungguh pratikêlira | sun manut sarèhirèki | supaya gampang | si kêbo sun patèni ||

37. sira kuwuk sumambung sabda hèh macan | prayogane samangkin | balia kewala | kang têtêg yya sumêlang | cature ywa piniyarsi | rak banjur lunga | si kênthus kêbo kari ||

38. nadyan wani panggah si kênthus tan găndra | ingsun wani prang tandhing | ngadua kadibyan | sira prang lan maesa | aku muhung jaluk dhidhih | bakyumu nyidham | iku kang dadi ati ||

39. dene sira yèn sumlang payo lan ingwang | kang ngatêrake bali | buntutmu cinancang | kalawan buntut ingwang | tăndha yèn saeka kapti | wus linaksanan | buntut cinancang nuli ||

40. tali pati murih kêncêng kukuh kuwat | kuwuk nemplok nèng gigir [gi...]

--- 64 ---

[...gir] | sigra mong wisata | mring Ngampèlgadhing prapta | pêthakus kagyat mangèksi | kalong suranya | mangkana ciptèng ati ||

41. lah ta sapa kang ngojok-ojoki macan | dene ta wani bali | mokal yèn oraa | ana ingkang gêgasah | kênthus nulya trang mangèksi | gigiring sima | kuwuk ingkang mêthangkring ||

42. asru nabda pêthangkus marang sugriwa | sira bombong prakawis | pakaryèng adpokad | kasbut anggêr Indiya | bab ping satus tigang dèsi | lan sajroning bab | rongatus kawan dèsi ||

43. uga kêna wong têtulung ing prakara | kudu nganggo notaris | nyêkêl layang kwasa | saka kang darbe nalar | balik palilahe êndi | kang wus tinandhan | dening tuwan notaris ||

44. yèn mangkono têkamu mung nyaur utang | macan sawiji iki | minăngka anakan | lah ta sun datan arsa | lakune ing jaman iki | akèh wong utang | kudu kêndêl nganaki ||

45. măngka ingsun [ing...]

--- 65 ---

[...sun] kuwuk sêlak pêtagihan | kongsi lungse kang wanci | sira padha uga | kasèp mangan rah limpa- | ning macan pasthi nagihi | dene ta sira | mung gawa macan siji ||

46. gawe apa malah anggêgalak racak | nora gawêr binukti | yèn sugriwa sira | tan bisangsung entresan | sabên dina macan kalih | sun wèhi mayar | nicila sabên ari ||

47. têlu-têlu ananging utangmu dadya | macan sawidak iji | babone tri dasa | yèn tan dadya pêjahan | sabên dina anganaki | nora sah-êsah | sun wêlas mring sirèki ||

48. sima dupi myarsa sabdaning kwandaka | yèn mung karya ngrèntêni | dahat kamigilan | dhêg-dhêgan têrataban | kasudiranira ênting | gêmprong anggiwar | sigra lumayu gêndring ||

49. nyêrang alang-alang glagah padhas parang | buntut kêsèrèt muntir | sugriwa gandhulan | nanging tansah linarak | kala maju macan wani | ngadêg buntutnya | yèn kalah ngawêt silit ||

50. kuwuk babak [baba...]

--- 66 ---

[...k] bunyak dhodhal-dhadhil bundhas | kulit lir dèn sèsèti | akuthah ludira | tètès samarga-marga | nulya mandhêg macan nolih | lah rasakêna | wong arsa digo nicil ||

9. Sinom

1. mudhaning budi surakah | sandhangên wêwalês mami | sandining cipta wil pusa | mêmagan ngloropke pati | utang-utang pribadi | sun nêdya dèn go panyaur | malah dudu sauran | muhung kinarya ngèntrèsi | tanpa êsah yèn ora nyaur tri dasa ||

2. kèhe sêmono utangnya | sêngadine wani ngirid | sun tan uning dèn pitênah | tan wruh lamun satu budi | lan kênthus mangan dèbi | saiki sun wruh yèn palsu | kuwuk wus kapidhara | ning kabudayaning urip | mêgap-mêgap nulya ginugut palastra ||

3. patining kuwuk têtinggal | swami nyidham têlung sasi | dahat sungkawaning nala | garbini tinilar nglaki | wau ta sira dèbi | sonya panguguting kalbu | mring maesa wus rila | nadyan kapêthukèng margi | wus tan [ta...]

--- 67 ---

[...n] pisan darbea pangancam-ancam ||

4. sigêgên wahyaning gita | ing nagari Ngatasangin | ugi maksih wanawasa | kewan wignya tata janmi | tan pae tanah Jawi | wus karsane Hyang Maha Gung | waktu ing jaman kitrah | kaelokaning Hyang Widhi | tanah Ngatasangin wontên trahing wirya ||

5. kèn wêdhus prucul arannya | maksih kênya mati ragi | midêr-midêr wanapringga | sabên guwa dèn lêboni | ngambah jurang kang sungil | wus nir baya gêntur laku | nêlas saliring tapa | kang pininta mring Hyang Widhi | ngungkulana sasaminirèng têtaga ||

6. ngungsêd pamungsênging cipta | lali nendra nginum bukti | kyating sêdya murti tama | tumaninah mamèt jais | sirna kang jair lalim | lalu luluh labda makbud | budi nuksmèng susila | silarja jananing akir | karaharjan madhêp cukuling kamukswan ||

7. swatama yun daniswara | puwarèng wêrda kapusthi | dayèng angga suksmantaya | mrih tumrah mratani warti | murcita dayèng budi | adining wanudya [wa...]

--- 68 ---

[...nudya] punjul | ngêningkên măntra sêdya | sobaskara limun anis | pindha suranggana dwisthèng cakrakêmbang ||

8. bagyarja jawata mulya | mawantah kèksi bumyadi | diwangkara sor prabanya | wimbuh liwêraning thathit | kusuk rêbut pangèksi | têtela nugraha tuhu | rabana sipat rahman | rakim kang yitma sêmadi | nirdèyèstu sêtya-sêtya taga brastha ||

9. tan kandhêg pamintanira | munah driya mardi budi | lir madubrata manidra | darana mungsêng manganti | diwarèng ati mati | pinêdhêp sangkaning idhup | ngadhêp-adhêp arjana | laksiteka wasulkamsi | tan sapa miwit jaèt samanul janat ||

10. tinutug sêdyaning puja | wong têmên Allah nêmahi | nêmu ring atma pramana | Manon jaya kang kapusthi | pinasthi antuk jais | kabul tinarimèng sujud | mujud hidayatullah | ana kaki-kaki prapti | jog tumurun saking wiyat mawa praba ||

11. rinubung thathit liwêran | teja wangkawa ngèbêki | mancur

--- 69 ---

sumundhul ngakasa | saputên miris kang ngèksi | satêngah kadi ngimpi | satêmêne nora turu | sang wrêda pasrangkara | mring dyah kang muja sêmadi | hèh ta nini munajadira katrima ||

12. sinarah karsèng iswara | kinacèk samèng dumadi | biratên subratanira | wus takdirnya Hyang Kang Luwih | nanging lantaran nini | nambut tataning tumuwuh | sira sinungan graja | satriyotama linuwih | gêntur laku subrata amati raga ||

13. asrama ing Ngampèldênta | agraning Sundara adi | wus lami antuk nugraha | dene kasubing wêwangi | radèn pêthangkus nini | dwija kang susila punjul | aryaning tanah Jawa | madhangi ing wana ardi | sira nini ing têmbe darbe atmaja ||

14. jalu nur nuksmèng sasăngka | pêparab Dyan Bagus Yatin | karan Kancil Amongpraja | lirnya dyan iku wiradi | basa wiradi nagri | lah iku pardikanipun | nini sira cupana | dhawuhing Hyang Maha Sukci | anyiptaa padhêmên păncadriyanta ||

15. mangkya sun untapkên [unta...]

--- 70 ---

[...pkên] sira | sakêdhap prapta ing Jawi | wruhanira nini ingwang | Suleman dutaning Widhi | sang rêtna wus nampani | sujuding tyas suka sukur | ana malih sasmita | pratima lit mawa thathit | saking wiyat manjing sajêroning grana ||

16. nulya sang kusumaning dyah | cahyanya padhang nêlahi | nêrawang sumilak têrang | mantêping budi katawis | asrêp kulunging galih | kaki kaki kang tumurun | maksih imbal wacana | hèh payo kêjêpa nini | tyasmu srahna nurbuwat kang tokid jana ||

17. gancare lêlakonira | pêparêngan tunggal ratri | kang mardikèng rat supêna | lir wêdhus prucul sang dèwi | ananging datan guling | jumbuh ing wirayatipun | samana kèn maenda | nariswara wus tinarik | kadya thathit jog tumêkèng tanah Jawa ||

18. pratistha agrèng Sundara | sang sukèsi tumrun ririh | lir suranggana kasasar | midrawa agraning wukir | sajêg durung tau wrin | sanadyan pawarta durung | sang nariswara mulat | pratapan ngebat-ebati [ngeba...]

--- 71 ---

[...t-ebati] | arsa nginte sapa kang darbe suyasa ||

19. ucapên kang nungku puja | eca pitêkur pribadi | kagyating nala dupyana | aturing wuta wèh margi | gănda marbuk mrik wangi | gadag ngungkuli menyak rum | pacoli rasatala | kasoran aruming putri | tanpa sangkan garjitaning tyas mangkana ||

20. baya iki ana apa | gănda marbuk amrik wangi | apa dewa ngejawantah | tumurun ngudankên wangi | sajêg sun durung uning | sari rum kadya puniku | lênganing ariloka | jroning jagad sonya ruri | tejamaya kratone bathara maya ||

21. pathining jaya kusuma | lêlangêning Hyang Pramèsthi | nilakăntha jonggring slaka | bayèki padmaning kuldi | kang nèng janatun nangim | sêsêngkêraning Hyang Guru | tumanggal ngejawantah | apa baya ingkang dadi | dadi apa gănda mangkene punika ||

22. samana musthikaning dyah | wus nyipta suyasèng rêsi | katara ingkang wangunan | botrawi mubêng rêspati | tirtanya [tirta...]

--- 72 ---

[...nya] biru wêning | kêmbang jêmbangan tinatur | nulya kèn menda wikan | sanggar pamêlêngan kèksi | ing jêrone ana arya seta mulya ||

23. cinakra maharsi tapa | dyan marpêki lunggyèng ngarsi | kagyat sang iswara tama | wruh wangkawa angawêngi | tumèjèng kara wêning | pênêsing cahya sumunu | wingit prabaning netya | tuhu siwayaning èstri | tri pandurat pêthangkus angunjal uswa ||

24. pungun-pungun lir supêna | lah apa iki kalkuri | dyan mangarsa lênggah tata | têmpuhing netra kêkalih | kumêsar anganyut sir | dyi ika sami gêgêtun | hyang-hyang murcitèng kăntha | kêkalih sêmune isin | kèn maenda prucul tansah ngincang imba ||

25. kang wèni anggung ingusap | sêngadi ngupaya itik | nguruti lingsa kapriksa | yaktine tan kêdhah-kêdhih | wus jamaking pawèstri | kang ngangkat birai kakung | tênaga solah bawa | bangkit anggêgèndèng ati | pawèh brăngta ing para priya taruna ||

--- 73 ---

26. dupi mawas wus tanpa was | kèn maenda matur aris | dhuh sang dwija amba tanya | sajara ingkang sayakti | pukulun nênuwun sih | pituduhing maha wiku | ing pundi kang ingaran | pratapan ing Ngampèlgadhing | rèh kawula atas dhawuhing Hyang Suksma ||

27. praptèng ngriki srana cipta | dening Hyang kang ama[8] luwih | nglampahi ingkang pitêdah | pêpasthèn tan owah gingsir | sinungan woding ati | jatukramaning tumuwuh | pêthangkus widisana | undhagining tanah Jawi | amba wêca mokal paduka yèn dora ||

28. ulun sidhêp wiku tama | tan wontên pandhita kidip | lah ing pundi parnahira | pidikan ing Ngampèlgadhing | kênthus graitèng galih | baya iki kang tinuduh | hidayating Pangeran | kaki-kaki ingkang prapti | alon nabda hèh teja kang sulaksana ||

29. dene dahat dèn ta ngupa | dhawuhing Hyang Maha Sukci | ing ngêndi sang dyah pinăngka | yèn wus warah sun sajari | sun dhèrèkkên kapanggih | wik wadi bang-bang [bang-...]

--- 74 ---

[...bang] kumênthus | asrêp musthikaning dyah | umatur maring sang rêsi | kawulèstu wanudya trah Daniswara ||

30. wana ing Atasmaruta | menda prucul kang kawarti | praptèng ngriki lir supêna | jog agrèng Sundara wukir | mèsi suyasèng rêsi | Ngatasyun minta pituduh | pêthangkus nambung sabda | kapasang yogya rêtna di | iya iki yayi dhukuh Ngampèldênta ||

31. pituduhe kaki wrêda | iyèngsun ingkang mandhiri | wiku ingkang maha brata | muja mangêningkên budi | wus antuk sasmita di | sujanma wrêda tumurun | ngaku Nabi Suleman | ngêmban timbalaning Widhi | duk samana karweka cocog sajarnya ||

32. tan winarna dhaubira | kèn menda lawan sang rêsi | sawusnya antara lama | tan ana winacak galih | sampat atasing urip | widada kêkalihipun | samana kacarita | tètèsing nutfah wus dadi | menda prucul angidham-idham kaworan ||

33. sinome ngrompyoh nèng imba | kadi wangkawa ngawêngi |

--- 75 ---

tăndha ing guwa garbana[9] | nayakèng jagad yun lair | wirayat wus mratani | ing janaloka misuwur | samana sang dyah nendra | ngimpi panggya Nabi Kilir | ngandikane wus garbini nini sira ||

34. ing têmbe umahya priya | iku aranana benjing | radèn kancil wicaksana | wus pasthi karsèng dat sukci | putranira sayêkti | pingul dibyambêg rahayu | murwani daniswara | ingidhêp kewan sabumi | lah ta nini ingkang ngati-ati sira ||

35. nulya nglilir kèn maenda | dyan marêk ngarsèng sang rêsi | ngaturakên kang supênan | nyuwun dipun wahanani | kumênthus muwus aris | sira mênênga mung sukur | mring Hyang Kang Maha Mulya | ywa kongsi kawêdhar nglathi | yèn karungu ing liyan kurang prayoga ||

36. wus dungkap ing kawan wulan | maenda nora sah ngimpi | para nabi sung wêwarah | lamun jabang bayi lair | sinungan nama kancil | dupi prapta pitung tèngsu | kênthus tampi sasmita | ngalamat gaib kaèksi | mawèh tăndha yun tumêkèng

--- 76 ---

têpêt mulya ||

37. nabda marang swaminira | yayi sira sun jarwani | sun tan mênangi sutanta | marga wus prapta ing têkdir | panêngêran wus kèksi | kang pintêr sira mong sunu | dene praptèng sun măngsa | yayi sira sun jatèni | lan sun tèni playaran sagara rahmat ||

38. praptaningsun puput jiwa | amung kurang pitung ari | nur mukamad wus tan ana | iku muksising prajangji | marma yèn sira benjing | wus parêk datan kadulu | yeka ran johar awal | lamun kurang tigang ari | palênggahan rasul yayi tan karasa ||

39. ing tutug panggonanira | dene yèn kurang saari | napas mlêbu mêtu kurang | asrêp kewala sayêkti | sumpêk rasaning ati | wit Hyang pramana ginulung | angên-angên kuwasa | gulung napas saking sikil | ing jêmpolan kang kiwa manjing sopana ||

40. nulya mring Betal Mukaram | ing jantung angukut gêtih | ginulung dadya samrica | wusing gêtih nis manginggil | kumêplas yayah thathit | mring sajroning betalmakmur | lire bèt iku [i...]

--- 77 ---

[...ku] omah | makmur prameyaning urip | anèng kono ngukut kèhing păncadriya ||

41. pangucap ambu pamyarsa | paningal riningkês maring | sajêroning bètmakmurnya | ingaran tanajul tarki | utêk têgêse yayi | nulya ingsun nyipta mlêbu | marang pancêring netra | aran mukamad kakiki | sajatine angên-angên badan suksma ||

42. têgêse abadan napas | kêna dèn asmani gusti | wus carêm tunggal kawula | ya ingsun iya sirèki | sajatine mung mami | lagêng[10] wujud awang-uwung | suwunge mêngku ana | jumênêng ngaenal yakin | nêmu ngalam jêmbar tan kêna cinêngkal ||

43. liyêp nglangut tanpantara | sarwa sarwendah mênuhi | tan krasa sawiji apa | mung nikmat munpangat yayi | ingsun lan sira panggih | jodho nèng ngakir katêmu | yèku nugrahaning Hyang | kiyamu sipatul kadim | kanjanmahpyan nora angalap wasana ||

44. hèh yayi kang eling sira | kawruhing kewan wanadri | wus putus mutakayijan [mutaka...]

--- 78 ---

[...yijan] | iku yèn sato ngèlmu writ | ulur tan ana nyami | sasamaning kutu-kutu | nanging janma utama | kawruh mêngkono tan apti | wit manungsa tinitah sipat mukarab ||

45. lire mukarab kacêdhak | dening Hyang Kang Maha Sukci | marma ywa kapengin sira | nora luwih wêkas mami | maklum tataning urip | sampurnakna pangawruhmu | wêruha Sastrajendra | hayuning jagad sakalir | kang mutamat mungguh èsthining pandhita ||

46. têrangna rupaning sastra | myang swara unining tulis | mungguh sipate kang nyata | pêcahing lambe kang nginggil | unine manut angin | napasmu kang manjing kalbu | umunggah sipat kodrat | kumpuling rasa sajati | anèng utêk kang mancorong lir barliyan ||

47. wêdhus prucul wusing tămpa | bengat pamijanging ngèlmi | tumancêp kulunging nala | ya ta tan antara prapti | malakul maot nuli | saking jro kodrat tumurun | munpakun kayun kayat | tan ana barang kang kèksi [kè...]

--- 79 ---

[...ksi] | wus sampurna kênthus jatining têtaga ||

48. kuwanda ingupakara | lir adat kewan ingkang wis | maenda dènira wawrat | samanantuk wolung sasi | măngka tinilar nglaki | karantan-rantan ing kalbu | lênglêng linglung ing nala | dyan ana swara kapyarsi | saking wiyat hèh nini aja udrasa ||

49. wêlasa kang nèng wêtêngan | yun dadi suryaning bumi | pangaubanirèng kewan | kutu walang taga asih | nrimaa bae nini | wus pasthi karsèng Hyang Agung | lakimu nuksmèng swarga | jinagang ing widadari | nora wurung ing têmbe panggya lan sira ||

50. wus cinêtha sadurungnya | nèng lohkil makpul ing nguni | mangkya munajada sira | kang nèng guwa garba iki | jabang bayi kang sigid | yèn lair arane besuk | kancil minăngka duta | kanang susila rèh niti | wêdhus prucul umatur nuwun sandika ||

51. wus sirna punang suwara | maenda gêtun tan sipi | suka sukuring wardaya | parmaning Hyang Maha Sukci [Su...]

--- 80 ---

[...kci] | tan kêndhat sabên ratri | para anbiya sung tutur | ri wusnya lama-lama | sampun dungkap sangang sasi | dera wawrat babar jalu nuksmèng arya ||

52. akèh malaekat prapta | saha para widadari | sêsanti ngudankên kêmbang | gunasti jaya basuki | nanging tan ana kèksi | marmane kancil sêmpulur | adoh kang sambekala | gara-gara andhatêngi | lidhah kilat thathit wangkawa liwêran ||

53. wangwang lir sutejèng kara | tanpa kara-kara yakti | nulya na swara kapyarsa | hèh nini sutamu iki | lêstarèkna kang nami | kancil pêparabe patut | arane kang sanyata | dèn bagus yatin prayogi | wruhanira ingsun iki Nabi Adam ||

54. kancil nuli rinêsikan | wênêsing cahya rêspati | sumèh pasuryan ngatirah | prabaning waktra nêlahi | surêm soroting sasi | merang kasoran kang sêmu | laire ri Salasa | Kliwon măngsa palguna di | taun Iwa ingetang surya sangkala ||

55. suwara [su...]

--- 81 ---

[...wara] matênggèng karna | kèn prucul ascaryèng ati | dahat suka sukurira | dene cundhuk lawan gaib | wirayat kang dumêling | timbuling pawarta mathuk | muhung kuciwanira | pêthangkus datan mênangi | among suta puwara prucul nalăngsa ||

56. tujune jinagèng mesa | sêtya tuhune lêstari | anjaga satru duryasa | kang sarta minăngka dadi | êmban mangatas pardi | mardi budi anênuntun | sakadaring kagunan | winahya têmên nastiti | ing kadunyan têrus praptaning dêlahan ||

57. ngrasa sinambung umurnya | dening kênthorang ing nguni | samana alama-lama | tan kurang siji punapi | lir kagege sang kancil | tan siwah lawan pêthangkus | êndhèk cilik adawa | abang nom gigire dalir | kulit tipis kêncêng apandhês tur gilap ||

58. kocapa antara lama | kancil mèh baligul ngakli | yèn janmaa lagi yuswa | nêmbêlas warsa lumaris | mêmpênge ulah tulis | kawruh têtinggalanipun | kênthus [kê...]

--- 82 ---

[...nthus] sudarmanira | buku Lănda layang Jawi | kitab Ngarab rontal kropak têmbung Buda ||

59. sadaya kawruh ginulang | wong sinau kang tabêri | lawas-lawas iya bisa | nadyan tanpa guru kancil | rèhne trahing linuwih | tajêming tyas yayah punglu | pêsate saking tinggar | marma Jawarab patitis | Mlayu Lănda moncol ing rat pramudita ||

10. Asmaradana

1. dene subrataning kancil | wusnya putus ing kagunan | kêrêp pêpara lungijèn | malbèng wana sonya pringga | jurang trêbis gothaka | jajah ingkang singit singup | munggah wukir malbèng guwa ||

2. dhugal nakale kêpati | drêngki baud ngrekadaya | panasbaranan panastèn | ngrusak silarjaning dunya | rèh maksih kurang yuswa | dene maesa andanu | datan crah mèstuti karsa ||

3. kancil yèn nêrak trap silib | maesa matur ngrêrêpa | manyêgah karsaning radèn | ananging ta tanpa guna | wus mangkono

--- 83 ---

klakuan | wong ala tan bisa kawus | yèn durung kênèng rubeda ||

4. ciptaning kêbo ngantêpi | tekade tan nêdya ginggang | ngawula ing salawase | makathik amanakawan | dunya praptèng dêlahan | ngêmbani barang rèh nurut | minăngka walêsing sêtya ||

5. warnanên samana kancil | nyingit pribadi lêledhang | marang sapinggiring kalèn | kang mili anjog ring sawah | têtanèning manusa | nungsung tirahirèng ranu | têbih watawis kalih pal ||

6. toya agêng biru wêning | nèng têngahing ara-ara | sukêt ron pinggiring kalèn | kancil kacaryan duk mulat | ananing cêcukulan | palguna sêdyaning kalbu | yun wruh uluning susukan ||

7. lumaku sarwi mênyanyi | rêngêng-rêngêng ngura gita | têmbangan kang sarta lagon | suluk kawin sangsêkrita | slawatan pêpujian | nganam-anam agal lêmbut | mangulah liding prakara ||

8. tan dangu lampahnya prapti | ulu kalèn sètubănda [sè...]

--- 84 ---

[...tubănda] | si kancil siram pamrihe | dupyarsa manjing ring toya | kancil kagyat duk wikan | kewan sajuga gêgêtun | nèng pinggir angum ing toya ||

9. grêmêt ngarah-arah ririh | darana dwistha ing karya | kancil mèksi gèdhèg-gèdhèg | rêrupan ananing jagad | bangsaning buron toya | kancil manggraitèng kalbu | lah iku buron punapa ||

10. mokaling titah dumadi | asnapun kodrating Pangran | kaliwat timên sarune | kayat kayun kang cangkrama | dumunung ananira | palguna atêtanya rum | hèh teja kang sulaksana ||

11. tigas mangkyèng sun mangèksi | wujud sipating kaanan | ngêndi pinangkamu kowe | mring ngêndi paraning karsa | nêmbe ingsun uninga | hèh saru sapa aranmu | asal lan jinising apa ||

12. de kaliwat saru nisthip | nistha kauripanira | sinauran ingsun keyong | jinisku bangsaning toya | akèh tunggal manira | ing bangawan miwah laut [lau...]

--- 85 ---

[...t] | warna-warna kuwasèng Hyang ||

13. kaya ta pong-pongan kijing | yode kima kraca bangkang | tirêm kêrang sasamine | ingsun kira nora beda | titah kang anèng wana | sipat ingkang saru-saru | mratani saisining rat ||

14. balik ta sira pribadi | jinis apa ranmu sapa | tuwin ngêndi pinangkane | kancil mèsêm nambung sabda | sun kancil ranku ring rat | swarjana kang sarwa putus | gunawan mahardikèng rat ||

15. nanging salawas sun urip | kêrêp cêngkramèng wanarga | camudra[11] kali myang kalèn | durung tau wêruh sira | turon weda anistha | sudine kang ngaku sunu | darbyatma kang kaya sira ||

16. luhung cupêta bae wis | urip dêdawa cilaka | wujud sipatira asor | sarta tyasmu punggung mudha | tan kaprah makluking Hyang | mobah molah wisma katut | ngrêribêdi barang karya ||

17. cacat bangêt gonmu urip | kurang sampurna ing rupa | bok matia bae keyong | jaluk urip kang utama | aywa [a...]

--- 86 ---

[...ywa] cêmêr tan misra | sudine kang angsung susu | nusoni wujudmu ala ||

18. mokal darbea sirèki | kagunan ingkang mulyarja | pantêse atimu bodho | klêlar-klêlêr mak-êmakan | tur tan darbe agama | kitab Kuran nora wêruh | apamanèh tatakrama ||

19. seje lan ingsun puniki | musthikèng jagad wiryawan | turasing dwija kinaot | ibu trahing daniswara | pantês lamun caksana | sabarang kawignyan putus | têmbung ngoko krama limpad ||

20. luwih manèh têmbung Kawi | nadyan Kuran kitab palak | Lănda Enggris Pran Sêpanyol | bab etung wutuh pêcahan | tèlêr nomêr sun bisa | ukur elo mètêr putus | bobot litêr kilo myang gram ||

21. sarengat tarekat ngèlmi | kakekat trusing makripat | asmamu samaning Manon | nora kaya keyong sira | gêndhêng bangêt cilaka | sêpi kawignyaning makluk | keyong pinggir adoh [a...]

--- 87 ---

[...doh] praja ||

22. mara coba sun takoni | rupa lan dununging Allah | pasthi nora wêruh kowe | nadyan bisa ngaranana | anèng luhur ngakasa | yèku ciptane wong gêmblung | trima lowung anggêr gêsang ||

23. tan pisan nuskmèng utami | sarua ika tarima | tăndha yèn budine rèmèh | romot rucah tan kacacah | cacad dunya ngakirat | puniku têdhaking pikul | karêm kuru doyan mangan ||

24. beda lan sarjana murti | kancil susilarja tama | angur mati lamun bodho | rèh eling trahing kusuma | rêmbêsing madukara | rina wêngi mamrih baud | kautamaning agêsang ||

25. ywa lir sira tanggung urip | cêmêr ratuning kanisthan | sapa kang sudi mring kowe | caturan kewala sungkan | ingsun iki kabêtah | kajibah awawan wuwus | tan wurung yèn katularan ||

26. lan ngêdohakên rijêki | mêrakkên ati kiyanat | wong cubluk lir kowe keyong | apa

--- 88 ---

nora darbe wirang | wruh sasamining gêsang | asor pribadi badanmu | klêlar-klêlêr tanpa guna ||

27. kêpêthuk bae niwasi | sasat wong kelangan amal | bêgja ilang rijêkine | jroning patang puluh dina | anjangkah gayuh tuna | wus prasasat tai basu | keyong dumunung ring sira ||

28. padha-padha buron warih | luwih bodho amung sira | tan maedahi ing ngakèh | mandhak nulari ing kathah | pêngungira tinelad | luwih gampang tiru blilu | kangelan nyonto caksana ||

29. kaya ta upama janmi | sakolah mring Tuwan Rordhah | slawe taun durung êntèk | balik ngaji marang sira | sadina bae pana | rèhning kawruhmu truwilun | blilu kumprung datan pakra ||

30. coba matia bae wis | jaluka urip kang brêgas | lamun kapengin kinaot | ingkang sadu parikrama | dibya niti sasmita | ingsun nguntapakên saguh | tumêkèng jaman kamuksan ||

31. keyong katgada miyarsi [mi...]

--- 89 ---

[...yarsi] | sabdèng kancil ngerang-erang | tumulya mijil budine | wangsulane anoraga | ywa tanggung budi dama | darmambêg asoring laku | hèh kancil aja mangkana ||

32. sanadyan ingsun nglêmimir | grumutan kêthêr nèng tirta | nanging tan wêgah yèn playon | ngadu dibya kasêntikan | rikat-rikatan balap | utawa bantêring playu | lan sira ingsun kaduga ||

33. lamun pinuju ing karsi | ngadu guna kaprawiran | ngatokkên kautamane | sira lumayuwèng dharat | ingsun ana ing tirta | sira mlajar sun lumayu | cacade sun kapambêngan ||

34. tan bisa yèn dina iki | kancil sru gumuyu latah | toblas tobat aku keyong | sirèku apa supêna | nglindur mêlèk-mêlekan | de wani playon lan ingsun | saya edan têmên sira ||

35. pramanakna keyong dhisik | lurua kaca brênggala | kang gêdhe têrang padhange | dene ta wani balapan | mlayu angadu yasa | sacêngkal kewala êmbuh | măngsa bisa [bi...]

--- 90 ---

[...sa] nututana ||

11. Pangkur

1. keyong mangkur nabda kêras | bab palayon durung karuan kancil | nanging sun sêmaya besuk | êmbèn esuk balia | marga mêngko sore sun ewuh nênuwun | mêmuja muji raharja | ing Dat kang murwèng dumadi ||

2. kancil tyasira sru girang | marwatatma myarsa punang prajangji | sigra nabda amit mantuk | wusing adoh lampahnya | kawarnaa keyong nalarira cukup | ngumpulakên para wrêda | kulawarga yun pêrgadring ||

3. pêpak sagung nawung kridha | para nitisurti sasmita lungid | sinung wruh wit-kawitipun | dènira pasulayan | lawan kancil daruna puwaranipun | sadaya kul keyong rêmbag | dene timbuling pamikir ||

4. mangkana pamuwusira | hèh kang guyub kabèh ana ing pinggir | susukan gandhulan lumut | lêt patang mètêr padha | yèn si kancil wus lumayu nguwuh-uwuh | kang nèng ngarêp sumaura | hèh kancil ingsun wus dhisik ||

--- 91 ---

5. dene kang cêdhak andhêgnya | ywa sumaur yèn kêwiyak kang sandi | kabèh sanak-sanak ingsun | enggal padha mapana | ngèli bae supaya rikating laku | kang kongsi têkaning sawah | kang mulat playuning kancil ||

6. wus abipraya samoa | nalar ingkang wus kasêbut ing ngarsi | nulya budhalan sagung kul | lir inpantri kumandhah | nadyan rindhik nanging rikat kentir ngranu | sabên patang mètêr juga | keyong kang jaga nèng pinggir ||

7. susuk lan angum ing toya | gumandhul ing lumut nyamar tan kèksi | racak samya agêngipun | bangsaning kasusastran | ing sasmita tuwin sampurna ing kawruh | sangkan-paraning agêsang | caksana mangulah dini ||

8. budi wus saekapraya | bisa nanggung barang pakewuh prapti | dadya têtangkising kewuh | yèku dayaning nalar | gêcul kumpul bandhol ngrompol basanipun | luwih manèh para janma | lamun guyup anguwati ||

9. upamane sapu sada |

--- 92 ---

sajroning suh pinutung nora kêni | wit dayaning ngakèh kumpul | yèn saka siji gampang | pinutungan wus mangkono adatipun | gêmah arjane ing Jawa | sing Kumpênika sathithik ||

10. sawusing keyong sumêbar | kacarita praptanirèng prajangji | kancil wayah jam nêm esuk | prapta ing sètubanda | sru gambira kang nala dahat kumlungkung | marma anêtêpi sêtya | nèng kono uwus pinanggih ||

11. gumuyu latah tan taha | sarwi nabda hèh keyong prapta mami | kene maksih umun-umun | yun nyatani ubaya | pratignyanta rikat-rikatan malayu | amung tuturku mring sira | yèn kalah poma ywa isin ||

12. mumpung durung linampahan | prayogane wurung kewala mangkin | aja gêla tyasirèku | sun pasthèkkên panimbang | nora pisan-pisan bisaa mlayu kul | lakumu bae katara | repot anglêlêr tur rindhik ||

13. marmane wurung kewala | yèn sarjana kang durung [du...]

--- 93 ---

[...rung] wus pinikir | pupur sadurunge bênjut | keyong nambungi sabda | iya bênêr nanging kene wus sun rêmbug | tan ngamungkên sira ingkang | kanggonan budi patitis ||

14. kancil muwus keyong sira | nora kêna sun eman mangkya yakti | kumawani isin mundur | ngantêpi culing basa | lah ta age tututata[12] sun lumayu | karo êngklèk pêpincangan | sirig-sirig guyu gligik ||

15. playune mung api ora | ciptanira keyong datan nututi | mandhak mungkur dènnya mlayu | antuk nêm mètêr nulya | kancil mandhêg cêluk-cêluk sarwi guyu | hèh keyong sun tututana | burunên iki sang kancil ||

16. kul ingkang ngarsa tumanggap | wuwusira rèh wus saeka kapti | kadi kang sampun kasêbut | hèh kancil tututana | payo ngadu kabantêraning palayu | kancil kagyat dupi myarsa | swaraning keyong nèng ngarsi ||

17. sigra-sigra pinaranan | panggya keyong munggèng têpining warih |

--- 94 ---

pratistha gandhulan lumut | dhasar rupane padha | nora ngira yèn puniku akal palsu | kancil ngunandikèng nala | e e keyong gêgumuni ||

18. keyong nulya sru wacana | kayaparan êndi playumu kancil | kancil sigra dènnya mlayu | nyirig-nyirig anyongklang | watara wus têlung puluh mètêr antuk | tandya mandhêg ngundang-undang | keyong tututana mami ||

19. nauri kang dipun undang | êndi kancil ingkang ngaku linuwih | tututana playuningsun | kancil marpêki wikan | wus têtela kul kèksi gandhulan lumut | palguna nir kang wêweka | rèh sipating keyong sami ||

20. kancil trangginas lumajar | ngantêp ngêntingakên ingkang subadi | paribasan sipat buntut | watara satus cêngkal | nuli lèrèn mêmpis-mêmpis manguwuh kul | saiki sun tututana | kang ngarêp mangsuli wêngis ||

21. iki keyong wicaksana | lah êntèkna karosanira kancil | iya sun kul sudibya nung | murtining

--- 95 ---

buron tirta | kang mumpuni ing kawruh samining makluk | anaa sèwu lir sira | barêng mlayu sun tandhingi ||

22. lah wêtokna kadibyanta | lan raupa raimu ingkang rêsik | kumawani ngadu playu | lan keyong dibya tama | kancil dahat merang dupi myarsa wuwus | plas lumayu kadya kilat | antuk satus mètêr nuli ||

23. ambruk anglemprak sakala | gêrêng-gêrêng ngrintih waspa drês mijil | napase angangsur-angsur | anèng pinggir susukan | gêtuning tyas nora ngira satus èwu | kaelokaning lampahan | paribasan giri lusi ||

24. keyong tansah panguwuhnya | lah ta êndi kang ngaku dibya murti | dene dahat kumalungkung | budinên sabab apa | têka kasor rikat-rikatan lumayu | lan umat kang bangêt nistha | mangke utamane kèksi ||

25. yèki rupaning glah-gêlah | nanging nora wigih lan gêdhag-gêdhig | tuwin ingkang ambêg digung | paksa unggul priyăngga | ngungkak krama wahyèng basa tan [ta...]

--- 96 ---

[...n] pa kogug | lah ta mara tutugêna | êntèkna budimu kancil ||

26. palguna têrang miyarsa | pamuwusing keyong mangèsi-èsi | dahat merangirèng kalbu | nanging jêngêr kewala | narimèng tyas alon maju klunun-klunun | kawula samangke tobat | dhumatêng paduka kyai ||

27. mugi paringa ngapura | sakathahing lêpat kawula kyai | sampun kang mlajar pukulun | jungjung kuping kewala | datan kangkat têlas krosan amba sampun | bunar linglung cipta rasa | mênggah-mênggèh kêmpis-kêmpis ||

28. kul gumuyu sarwi nabda | dene amung samono togmu kancil | tan timbang lan culing clathu | lir ngrubuhna akasa | iya iku rupane wong kumalungkung | murang arjaning agêsang | kumingsun anggunggung dhiri ||

29. prasanatimu kul nistha | dumèh kuru kèri karo sasami | dèn piyagah ina tan wruh | wêkasan nawung kridha | gunardika sujana putus ing kawruh | satus yuta kang lir sira | tangèh bisaa

--- 97 ---

nimbangi ||

12. Dhandhanggula

1. lir cintaka sumbare mring kancil | palgunanggung dènnya mangap-mangap | gumêtêr ngarêpkên kalèn | muka nor nguswèng lêbu | sru mabungkuh mariklu nangis | bab kasoring kagunan | dening prawira kul | nulya matur têmbung krama | kramèng titah tataning wong madyèng bumi | darmambêg silotama ||

2. dhuh sang keyong kang swarjana murti | èsthining tyas kularsa mruwita | ngatas wasita mrih anglèng | keyong wangsulanipun | hèh palguna sira wus uning | mubaling păncadriya | ingkang klèru gêtun | dadya piwulang sanyata | kèhing wuruk ala bêcik saka ati | atinira priyăngga ||

3. nadyan para nabi wali-wali | wus anglunturakên jarwotama | nanging arang kang cumanthèl | rèh budi nora rujuk | rina wêngi asolan-salin | akèh kang datan yogya | tur ati wis wêruh | nandhing ala bêcikira | parandene kang ala dipun lakoni | rèh durung tau [ta...]

--- 98 ---

[...u] wirang ||

4. wirang iku kasăngga pribadi | yèn wus nyăngga lagyeling kluputan | iku wêruha sababe | uripe wong sawêgung | jroning ati ana pêpali | amêmulang klakuan | ala bêcik wêruh | rèh kuwat ridhuning hawa | èstu budi kèlu panggawe kang juti | padha sabên wong gêsang ||

5. lah pikirên wasitèngsun kancil | aja merang mèt warah wong nistha | nadyan rupaningsun èlèk | nanging pitutur bagus | anênarik tyas nitisurti | kalawan malih sira | ungas ambêg baud | saha nglairkên pangerang | anênacad nguman-uman tan pakering | têmbe elinga sira ||

6. sakabèhing kewan kutu kumlip | ingkang sipat kayun kayating Hyang | pasthi gêdhe paedahe | nadyan barang kang cukul | wujud gumlar isining bumi | kabèh dadya piwulang | ngluhurkên Hyang Agung | kang bodho myang pra sarjana | karodene nguni ciptamu lan mami | mokal kalah lan ingwang ||

7. lawan [lawa...]

--- 99 ---

[...n] sira tikêl sèwu kêthi | saking gêdhe dhuwur sipatira | parandene kasor kowe | yeka tandhaning kayun | nora kêna dèn wêwaoni | kang dama sor nistharda | jodhone kang punjul | yèn dama nistha tan ana | wus têrtamtu tama luhur tan pinanggih | bêcik jodhone ala ||

8. gêdhe cilik sugih lawan mêskin | lanang wadon bodho lawan limpat | êlor kidul wetan kilèn | ing ngisor lawan dhuwur | surya căndra sagara ardi | sakèhing kadadeyan | kodrating Hyang Agung | kang gumêlar bumi kasa | têtimbangan dunya ngakir nraka swargi | iku pikirên poma ||

9. aja sira ngandêlake kancil | ing kagunan tuwin kasantikan | nitisastra lukitèng rèh | santero aran punjul | pasthi ana ingkang munjuli | sarèhning păncadriya | pangambu pangrungu | pamuwus saha pamriksa | cukul saka ing liya marmane kancil | sira ngati-atia ||

10. lamun arsa [ar...]

--- 100 ---

[...sa] swarjana murtyadi | dèn wêweka wahyaning wicara | ywa kaya duk wingènane | marma ingsun tan gumun | lumyat solahbawanta kancil | kacihna arda dama | tyas kuthung truwilun | pangucapmu wus wèh wikan | yèn kang blilu pintêre amung sacuwil | siranggêp dirgèng guna ||

11. waspadakna umiyat wong bangkit | wus tan tampik sabarang kawignyan | tan tampik takon ing ngakèh | kang sawataranipun | seje kaya sirèku kancil | pintêrmu mung samêndhang | pangrasanta putus | umuk trahing daniswara | trah pandhita ngaku satriya utami | o gampang têmên sira ||

12. nora kurang satriya trah gusti | dadi kompra nrutus adol kăndha | ngalor ngidul golèk-golèk | yèn kojah katon cubluk | awit nome tan ulah budi | turun pindho ping tiga | nuli dadi bau | radène bae wus ilang | kari êmas mas ngantèn kadhang amungsi | yeka wong tanpa guna ||

--- 101 ---

13. ingkang kadya sariranta kancil | marma racutên budimu rucah | lir kang wus kwêtu wingine | saha pikirên kulup | akèh para pidak wong cilik | trah kuli olèh bagya | kombul wrajatipun[13] | ing măncapraja tan kurang | anak bau sinêmbah-sêmbah sasami | iku sababe apa ||

14. upayanên yèn sirarsa luwih | iku dadi wuruk trah satriya | kusuma kang kaya kowe | antêpana wuwusmu | ngaku-aku satriyotami | yèn wus panggih sababnya | wruh jêjodhon mau | jodhoning gêsang pralena | jroning urip kudu ngupa tamèng budi | rèh urip nora lama ||

15. urip iku pacanganing pati | măngsa sira umur sèwu warsa | sangang puluh bae jidhèt | arang kang umur satus | urip ngakir tanpa winilis | swarga nraka cinadhang | myata kitab usul | lapal maknane pahamna | pal mayitu pingalamil kubriyajid | kalibahu têgêsnya ||

16. pati iku ngalam kobur manggih | badan kadi nèng dunya [du...]

--- 102 ---

[...nya] tan siwah | olèh swarga nraka gêdhe | marma salawasipun | urip anèng dunya ngupadi | budyayu utamarja | mumpung sira kulup | maksih ngrakêt păncadriya | iku ingkang bangkit ngrewangi pamuji | sakumrêntêging dhadha ||

17. lah ajarên alamu pribadi | rèhning păncadriya manut manah | mrih jaba jêro rujuke | tunggal sawiji bagus | bagus solah tingkah myang karsi | karsa kang murang sarak | binuwang linêbur | ngrakêt kang yogyarja tama | têmên-têmên pangêkêring patrap silib | têtêp wong sarjanèng rat ||

18. sing sapa kang bangkit ngampah juti | nyirnakakên nêpsu tri prakara | sida ing kono pamore | kawula gusti kumpul | nora pisah nora sawiji | jarwèngsun rasakêna | kang umanjing kalbu | wajibing kawula pana | kang pramanêm tindak ala tindak bêcik | iku budi sujana ||

19. băngsa ngajam ingaran prang sabil | sabilullah dêdalan ring Allah | wong kang nyêgah [nyê...]

--- 103 ---

[...gah] kanêpsone | kang ngubungi rèh dudu | têtêp dadi rêgêding bumi | dadya kapir sanyata | dalil Kuran sung wruh | wal kapir sipatul kadas | pardikane rêrêgêd sipating kapir | iku ingkang prastawa ||

20. pêpêtêng gêng tumêmpuh ing pati | tan patitis adhêping kamuksan | bab saka rêgêd budine | luput nuksmèng pamurud | marma sira miriba thithik | marang sudarmanira | sang dwija pêthangkus | undhagi murti widagda | pangajaran rèh susila kramaniti | dunya mukswèng kasidan ||

21. kancil jêngêr lênglêng jroning ati | ngungun jêntung kalairan jarwa | warsitarja sakathahe | wus kajaja dhinaku | awit cundhuk lawan pamikir | luluh lumêkêting tyas | atas betal makmur | mantêping kawruh murtyarja | kancil saya ngangsêg nêsêg minta malih | blabaring kanugrahan ||

22. nulya matur dhuh bapak manawi | parênging panggalih suci eklas | amba nyuwun wijang malèh | bab sajatining layu | murud saking iradatihi | keyong [ke...]

--- 104 ---

[...yong] marwatèng nala | insya Allah sukur | sira bisa tămpa jarwa | pasang cipta karni sopana dumêling | titis tămpa wasita ||

23. nabda malih keyong maring kancil | poma thole aywa nglirkên wêkas | babing urip klakuane | asiha samèng makluk | urip iki sasmitèng bumi | dadya saksinirèng dat | kang wajibul wujud | pacêngkraman kodratollah | khayat khayun punika sipating Gusti | dat ingkang sukci mutlak ||

24. marma kitab tapsir wus wêwarti | khayun bilaraokin têgêsnya | Allah tanpa roh uripe | bal bikayati iku | balik urip lawan pribadi | tan têngaluk sabarang | nora ngêlak lêsu | nora susah tuwin bungah | mutamate loghad kang mangkono kaki | dadya jatining Islam ||

25. dadi tali pikukuh imani | yèn tan jumênêng kayun punika | ragamu lêbur yaktine | amor lêmah tan wujud | bumi langit danumaya nir | kabèh gumlaring [gu...]

--- 105 ---

[...mlaring] dunya | yeka kayat kayun | kang măngka sirarsa tămpa | ngèlmu rasa rasane ing ngrika-ngriki | ungsêdan dèn prayitna ||

26. ana rupa kulup kang sajati | sebak tawon gumana manuksma | lah êndi dumukên thole | wujud kang padha ratu | kinawasa aluwih sakti | panjing-pinanjing karsa | yèku sipat alus | aliru-liniru nuksma | ingkang dadya mukaning wujud sakalir | lah mara aranana ||

27. kancal[14] matur adhuh bapak kyai | kawula èstu dèrèng uninga | muhung sawêg wruh asmane | mênggah musamanipun | dèrèng sagêd kawula kyai | tan liyan mung sumăngga | srah nylilu truwilun | nyuwun ngataskarèng têdah | asma miwah musamane kang khakiki | ambèstu yun prastawa ||

13. Sinom

1. rèh amba maksih taruna | sagêda muksising puji | aywa muja tawang-towang | suwung wangwung tanpa saksi | kang cocog sajroning sir | gusti myang kawula jumbuh | ngenal yakining [yaki...]

--- 106 ---

[...ning] cipta | amba èsthi kang tan slisir | laksitamba ing têmbe manggih punapa ||

2. sajatine kul wus wikan | yèn kancil titah linuwih | têmbe yun kasumbagèng rat | mardu mardika ing bumi | susila kramaniti | budyayu maharja tulus | lulus panjênêngannya | tata-titi yudanagri | ambêg tama putus mranata agama ||

3. ngluhurkên datul maola | wêdi asih amêmuji | kancil sinihan ing para | nabi mukmin ulya wali | ahli yukti kang budi | kadarman tyas sănta sadu | sutrisna ing sasama | kaananirèng dumadi | pratignyèng rèh ngèlmu rasa sasmitarja ||

4. saha têmbe mêngku drajad | nurbuwat midrawèng bumi | kajibah ruwêd-rêntêngnya | sukêrtining rat tinapis | sato kutu kumêlip | wêdyasih manêmbah sayuk | tuhu yèn wirotama | nanging mangke maksih nganti | rèh tinutup sinêngkêr dening Hyang Suksma ||

5. ciptèng keyong wus tan samar | satiti mèksi mring kancil |

--- 107 ---

sanadyan ambêge mangkya | nglunyat kiyanat adrêngki | awit durung nêkani | jangji tarbukaning wahyu | maksih sinurang lampah | dèrèng kawistarèng bumi | wahyèng drajad nganti lohmahpuling kodrat ||

6. marma pramana pamriksa | tăndha kasat mata gaib | sumêla antarèng imba | kadya wangkawa ngawêngi | prabane ngilat thathit | pasuryanira nyutèngsu | keyong nulya mêmijang | mring kancil sampun dèn cupi | kawruh murti sampurna ing sangkan-paran ||

7. mukswaning ăngga waspada | yayah brăngta ulah ngèlmi | kancil matur angrarêpa | bapak kulèsthi yun muksis | ywa bawur samar miring | kyai kususe kang jêntus | gêsang trus pêjah mulya | mulyèng ngakir kadospundi | nyatanipun kang têtela kasat mata ||

8. kapriksa netra kêpala | supados mantêp ing ati | ngèsthi nganggêp ingkang muhtas | sahir kabir dèn ngèngèri | pinungsêng jroning urip | tunggal rasa cipta

--- 108 ---

jumbuh | pamoring gusti kwula | paran dènnya nglaksanani | laksitanya têmbe ingkang amba sêdya ||

9. keyong mèsêm nambung sabda | kancil wuwusmu patitis | mawèh tăndha cipta rasa | klair pêcah silèng budi | yèn mangkono sirèki | têmên-têmên pangungsêtmu | èstu datan suminggah | ingsun darma wasita di | pami wiji cukul ora wit sasana ||

10. sirèku pami panggonan | ngèlmu luwih dadi winih | yèn loh saha rabuk kathah | wijine luwih andadi | woh mêntês mêratani | mawur sumêbar misuhur | kang mangkono sêdyanta | payo umanjinga aglis | marang kana sajêroning guwa garba ||

11. garbaningsun lêbonana | kancil kagyat matur aris | ing pundi margi kawula | rèh amba agêng tur inggil | tinimbang lan kiyai | buntut kawula kang pucuk | yakti măngsa sêdhênga | keyong mèsêm nabda aris | gêdhe êndi sira lan gumlaring dunya ||

12. sakurêbing dirgaloka | kang isi surya [sur...]

--- 109 ---

[...ya] sitèngsi | salumah isining dunya | tan sêsak ring garba mami | yèn manjing lobok pasthi | kancil saya dahat sêngkut | mèdêm danurjèng nala | matur sandika ing tuding | mèstuti swèng sutagnya karsa tan taha ||

13. kakyage sira parêka | iki grananingsun kering | dwara adoh tanpantara | kancil nawang sigra manjing | cocog wasita uning | pintu sajuga anglangut | tan dangu laksitanya | praptèng jro garba byar mèksi | tanpa tirah awang-uwung nglangut nglamat ||

14. tan wêruh kulon lan wetan | lor kidul myang ngandhap nginggil | ngarsa wuri kering kanan | dudu rina dudu wêngi | kancil sêdhih kang ati | keyong nabda hèh ta kulup | ywa maras atinira | sanalika kancil ngèksi | ing kul darma wasita asrêp tyasira ||

15. nulya wruh padhanging jagad | lor kidul wetan kulon wrin | ngisor dhuwur têtela trang | wêruh surya căndra tuwin | têtuwuhaning bumi | kadulu

--- 110 ---

pêpak sadarum | lawan keyong pinanggya | nèng sajroning alam sahir | saha sami sagêd awawanan sabda ||

16. kul nabda dhatêng palguna | hèh kancil kang awas eling | nuli dêdulua sira | apa kang katon ing warni | kang kinon matur inggih | wontên kang kawula dulu | kăntha catur prakara | abrit cêmêng kuning putih | adhuh kyai punika jinis punapa ||

17. mangsuli ingkang tinanya | hèh thole sira mangèksi | durung wêruh asmanira | iku sajatine kaki | păncabayaning ati | kang nênuntun marang dudu | iyèku sipat mokal | dadi manggalaning ati | luwih kuwat gêgèndèng sipat kang mulya ||

18. yeka paningaling cipta | têngêrana kang sayêkti | ing ngêndi panggonanira | dene irêng abang kuning | iku durtaning budi | ngêbêki jagad jisimmu | dayaning tigang warna | dadi pamurung utami | ambuntoni marang cipta kautaman ||

19. marma sapa bangkit nulak | ing warna bang irêng kuning | katriku munah [mu...]

--- 111 ---

[...nah] ing tapa | guna dikane tan yukti | ngadhangi tyas kang suci | nyirnakkên sakèhing ayu | arda ngrusak kamulyan | mahyèngkara durtèng bumi | sapa ingkang bangkit nulak sabilolah ||

20. bisawor gusti kawula | yèn sirna bang irêng kuning | lêstari wor sajugarsa | dene jèrènge napsu tri | dayane datan sami | ingkang irêng luwih kukuh | mahyakkên duka cipta | narik dur pamuring-uring | ngămbra-ămbra brangasan tanpa wusana ||

21. nutupi pangudi wirya | dene napsu ingkang kuning | gêgèndèng mring panasaran | cêgah nêmbah mring Hyang Widhi | sabarang karya yukti | pinambêngan kuwat kukuh | kudu karêm musibat | dene kang abang karêm ring | sandhang pangan turu tanpa nganggo duga ||

22. cipta ngăngsa-ăngsa kurang | drêngki srèi kang ingathik | dene kang putih punika | antêng ora ika-iki | prawirarja basuki | susila kramambêg alus | ngèlmu sasmita rasa | sarjana murtining budi | sănta darma ayu sabar

--- 112 ---

ring klakuan ||

23. yeka putih tanpa daya | tansah kasoran pribadi | dening irêng kuning abang | gênti karsa tan watawis | yèku paminirèki | marma yèn ngasorkên têlu | dadi musthikèng titah | murtyadi sarjana murti | kanugrahaning Hyang Kang Murwèng Buwana ||

24. tandya nir kang kăntha papat | nulya ana malih kèksi | manthêr murub mung sajuga | nanging wêwolu kang warni | palguna matur aris | dhuh punapa wastanipun | pundi ingkang sanyata | kang yogya dipun ulati | wontên kadi rêtna muncar mawa praba ||

25. saha wênês maya-maya | istha pradapaning jêring | kang wilis abra markata | biru wênês angebati | wênèh lir golèk gadhing | prabanya adi umancur | dhuh punika punapa | keyong amangsuli aris | wruhanira iku cipta lan pangrasa ||

26. mungguh sakabèhing warna | ana ing sira pribadi | samoa gumlar ing dunya | ginambar sajroning jisim | ngalam sahir lan [la...]

--- 113 ---

[...n] kabir | nora siwah ananipun | waspadakna kang nyata | muhsis pamriksaning sahir | iya iku ing têmbe panggonanira ||

27. mungguh uriping buwana | kang ngêbêki bumi langit | ingisèn dat wajib mutlak | ingkang jumênêng pribadi | yèn iku tan ngênggoni | tamtu lamun jagad suwung | sabarang tanpa warna | datan manggya makluk kaki | jroning suwung ana isi wujud apa ||

28. mangkya sun ringkês sajuga | datan kakung tan pawèstri | nora rupa nora warna | datan kasatmata kèksi | mung awra midrèng bumi | iku kaananing wujud | dat kang mulyèng buwana | musamanira Hyang Widhi | kang ngêbêki dununge panggonan sonya ||

29. dene kang cêngkrama nuksma | aran datul insan kamil | dadi sahadat kang nyata | ingaranan salat daim | puji kang tanpa tuding | sahadat kang tanpa sadu | komram dadi pralambang | pasêmone pra undhagi | randhu alas mrambat witing kêsèmbukan ||

30. sipate langgêng tan owah | nora milu [mi...]

--- 114 ---

[...lu] ngêlak ngêlih | suka bungah lara lapa | datan pisan dèn rakêti | de kang kanggonan kaki | Mukamad kang mêngku rasul | rasuling Suksmantaya | ingkang yogya amumpuni | tur waskitha pramana rèh karsaning Hyang ||

31. dene kang cêngkramèng jiwa | hyang pramana dèn wastani | iku têmbunge wong buda | kalamun basa Ngarabi | napas arane kaki | mutamating para guru | ing Jawa kang wus pana | napas iku tali urip | angên-angên panggonane kang sanyata ||

32. yèn pisah urip priyăngga | jumênêng suksma sajati | nuksma mratani buwana | palguna umatur inggih | yèn makatêna kyai | inggih punika saèstu | pathining rasa mulya | kang sayogya dèn ulati | wujud tunggal-tunggale yèn sampun pisah ||

33. keyong alon wuwusira | lah pisahe kadipundi | myang kumpule kayaparan | upayanên kang pinanggih | yèn wus katêmu mangkin | kasêbut jatining wujud | răngka manjing curiga | têtêpe [têtê...]

--- 115 ---

[...pe] sira lan mami | iya ingsun iya sira tunggal karsa ||

14. Pocung

1. marma lamun sira tinakonan kulup | apa aran Islam | wangsulana kang patitis | basa Islam têgêse slamêt nèng dunya ||

2. lire ayu panjing wêtunirèng kayun | kaki dadya sêmbah | puja-puji rina wêngi | bakin langgêng salami tumitah gêsang ||

3. sapa tan wruh Eslame ingkang saèstu | tumiba ing sasar | tlusuran jênênging urip | tanpa kasil prasasat kewan alasan ||

4. kapir kupur kapiran agamanipun | kayaparan sira | tan ulah tandhaning urip | kapriyang hyang mubêng tan darbe pencokan ||

5. jênêng makluk kadadeaning tumuwuh | lire kadadean | pasthi ana ingkang kardi | ananira thole saka kodratollah ||

6. nora nêmu Pangeran loro têtêlu | de jatining rupa | iya Mokamad kakiki | wujudira mula jamah sipatollah ||

7. luwih ewuh gêgulang [gêgu...]

--- 116 ---

[...lang] muksising kawruh | kang wêruh satmata | ewuh rungsit dèn kawruhi | nora wikan yèn cêdhak tanpa gêpokan ||

8. sira kulup anèng jroning garbaningsun | yaktine tan beda | nèng jro garbanta pribadi | iya sira wujud tan pisah lan Suksma ||

9. dene sun wus sung wruh sanyataning kawruh | tilik maring paran | ngalam sahir ngalam kabir | nora beda jaba jêro warna juga ||

10. saksènipun yèn sira dulu-dinulu | apa jroning kaca | sawujud ngalam sakalir | nora siwah cocog lan daliling Kuran ||

11. wal ngalamu kabir dakala sahiru | jarwane mangkana | jagad gêdhe manjing cilik | wruhanira sira yun manjing ngakirat ||

12. warnanipun iya iki kang têrtamtu | nikmat lan munpangat | nora ngrasa ngêlak ngêlih | kang mangkono aran jaman uluhiyah ||

13. kancil matur kyai kula nyuwun tuduh | kadadosan amba | saking punapa ing nguni | wontên ngriki dipun wastani punapa [puna...]

--- 117 ---

[...pa] ||

14. mênggah ulun dumunung sajroning kalbu | pundi sasananya | mugi kajarwakna kyai | keyong darma wasita gya anarbuka ||

15. wruhanamu mas kaki dadining makluk | wit iradatollah | ingaranan roh ilapi | tunggal wujud dèn arani johar awal ||

16. asal catur bumi gêni angin banyu | kumpule satunggal | iya gusti iya abdi | sayaktine gusti kawula sriranta ||

17. lamun puput oswamu bali mring usul | aran wujud tunggal | tan ana kawula gusti | badan suksma langgêng ing salawasira ||

18. kang kadyèku mati mulih ilang nglangut | kang mati roh kadas | kang mulih wujudmu kadim | nanging thole nora katon kasat mata ||

19. panggonamu iya kang dèn arani nur | nuring Mukhamad kak | pardikane cahya nabi | kakekate ênur cahyanta priyăngga ||

20. rupa jumbuh istha cahyaning jabarjud | kuning maya-maya | iku kang sira lêboni | lah puniki rasane karasakêna [kara...]

--- 118 ---

[...sakêna] ||

21. kancil matur yèn makatên kyai ulun | sampun datan nêdya | wangsul saking ngriki mangkin | sampun kraos judhêg nikmat amunpangat ||

22. keyong muwus o o kaki iku dudu | yakti durung kêna | lamun tan kalawan pati | aywa sira gege măngsa kodratollah ||

23. balik amung ngêningna musthikèng kawruh | ngungsêda ing cipta | mumpung gêsang yya salisir | barang pikir kabèh hidayating Suksma ||

24. saksinipun jroning tapsir sung pituduh | muni ina huda | hudallah jarwanirèki | karsanira saka pitukuh Dat mulya ||

25. ing jro kalbu rumăngsaa sira makluk | sakrêntêging cipta | ngrasaa dat ingkang sukci | nanging aja wani angaku Pangeran ||

26. rèhning wujud kidam baka mukalapu | sinandhang ing sira | ing ananira pribadi | al insanu siri waanasirollah ||

27. têgêsipun rasanira rasaning hu | tan liya dat mutlak | marma tan pisan sirèki | kagadhuhan [ka...]

--- 119 ---

[...gadhuhan] kuwasa kalawan karsa ||

28. mobah muwus kumrêntêg arahing kalbu | purbèng kodratollah | tan miwiti tan mêkasi | tan timbangan datan nganggo lêlawanan ||

29. marma jromu sayaktine iku dudu | rèhning maha mulya | nora pakra nalan dasih | lah budinên manawarsa danurjèng rat ||

30. Hyang Maha Gung nora wênèh ananipun | kartining buwana | gêdhe cilik amênuhi | pandulune pamyarsane anèng sira ||

31. ing pamuwus gusti datan mawa tutuk | karsa tanpa măngsa | budinên pasthi pinanggih | awit nora adoh saking ananira ||

32. tan lyan nêmu urip kang luwih pakewuh | rasaning agêsang | wus jamak jênênging urip | lir kalpika êmbanan kalawan soca ||

33. yayah alun lan sagara tunggal banyu | myang kalak kênanga | Wisnu Krêsna dadi siji | wujud loro wêwayangan jroning kaca ||

34. paminipun sira yèn dulu-dinulu | anyar sipat padha | jaba paesan jro carmin | sapa

--- 120 ---

ika sajati-jatine sira ||

35. ingkang maksud gêgulang lakuning wujud | wong kang ahli tekad | darajatun dunya ngakir | kang tan mikir yakti pêkir budi dama ||

36. kudu maksud lumiyat rupa satuhu | lamun wus waskitha | titi kasat mata muksis | nora lami bangkit jumbuh ăngga suksma ||

37. yèn wus mathuk gusti lan kawula jumbuh | ywa dèn go rêrasan | sungkan kasoran pamanggih | sasabana mangkono trahing kusuma ||

38. lamun muwus parah-parah aja kaduk | awit sêsêngkêran | laranganing dwija wali | yèn kongsia kawahya mêdhotkên jăngka ||

39. mung wêkasku ingkang eling pisah kumpul | yèn tunggal lir paran | lamun pisah kadipundi | sabên dina kudu wêruh kasat mata ||

40. aja kanut santri kang kranjingan kulhu | Allah sabên dina | dèn onggrong-onggrong ing dikir | nanging maksa nruthuk mamak tuli wuta ||

41. arang wêruh wandane ngalor angidul | kinandhut ginawa |

--- 121 ---

nyunggi anggendhong anyangking | marma akèh bae santri kang kiyanat ||

42. kitab usul Kuran tapsir kang ginilut | prandene kasasar | èngêtane narik silib | ngămbra-ămbra kèhing dalil manjing jiwa ||

43. nanging bawur saya gasruh mawut-mawut | mirang miring merang | kêndho nora na ngantêpi | moh mangeran wujud moh mangeran swara ||

44. êmoh dhaku asma moh mangeran suwung | sajatine sonya | mung aran kang dèn gandhuli | sasat Cina nèng klênthèng mêndêm carita ||

45. durung wêruh nèng dunya panggonanipun | ngakir manèh wruha | ngantêpi unining tulis | pakaryane sampurna jênêng manuswa ||

46. tiru-tiru rukuning Islam dhinaku | sadat salat jakat | puwasa myang munggah kaji | akèh bae santri ingkang kasangsaran ||

47. nadyan cukup barêng têka kaji jlêbut | awit arta têlas | dhasar dhuwite mung thithik | inthik-inthik nèng laut kandhêgan utang ||

48. ingsun wêruh [wê...]

--- 122 ---

[...ruh] contone kêrêp kapangguh | Yogya Surakarta | Kêdhu Pagêlèn Kêdhiri | ing Batawi Samarang lan Surabaya ||

49. wruh saèstu kaji andhêg luru butuh | anèng Singgapura | Mlaka pulo Penang tuwin | nglarut Ngacih kaji macul nandur kênthang ||

50. iya iku wong Jawa kang kapiluyu | kèlu ciptanira | Mêkah Madinah kang kèmpi | yun sampurna dèn lakoni utang-utang ||

51. ingkang putus kudu awas saha emut | ningirèng sarira | nadyan kaji ping sakêthi | yèn nora wruh wandane pribadi wuta ||

52. Kuran sung wruh waman ngarapa napsahu | pakat ngarapalah | têgêse wong wruh ing jisim | ing wandane têmên-têmên wruh Hyang Suksma ||

15. Asmaradana

1. brăngta nadyan nora kaji | yèn patitis budi cipta | tan darbe polah kang awon | sanadyan budi bêk murka | yèn badan tan lumaksa | yakti nora nêmu dudu | ing sarak yudanagara ||

2. marma kang bangkit prang sabil | suci dêdalan kamukswan [kamukswa...]

--- 123 ---

[...n] | dunya ngakir bagya gêdhe | ambêg sănta budi darma | tamarja nyinggah durta | muksising ngakir kajurung | jinurung tutug sêdyanya ||

3. wêkas ingsun wanti-wanti | ambudi rasaning Suksma | ayya rumăngsa siranggèr | ngaku sipating Pangeran | mung narimaa sira | mobah molah mosik muwus | atas karsaning Dat mulya ||

4. têrang yèn sirèku abdi | pamine wayang walulang | mring ki dhalang mung cumadhong | yèku angên-angênira | kumpule tanpa arah | yèn pisah kanthaning wujud | padha rupa kaya sira ||

5. lire wayang kewan urip | blenconge Hyang Danumaya | dêbog bumi upamane | kêlire jagad punika | lor kidul kulon wetan | têmu gêlang kongsi kêmput | nurut pakone ki dhalang ||

6. wit ing urip mêngku kalih | sira dhalange myang wayang | ayya nuksma ing tyas awon | rèh badan enggal lumaksa | dhalange tanpa bahya | puniku upamanipun | pasthi lamun tibèng sasar ||

--- 124 ---

7. palguna umatur inggih | kasinggihan sabda tuwan | nanging kula kintên dèrèng | sagêd rumakêt susila | ambêk sănta budyarja | yaktine klakuan bagus | angèl mênggahing sarjana ||

8. gampil ingkang tanpa budi | ngantêpi ulah agama | kang măngka kintên-kintêne | awon-awoning manuswa | botên sanès kang limpat | kang duraka kèhing dudu | dununge inggih sarjana ||

9. amba yakti dèrèng manggih | undhagi kang lêmbah manah | kang susanta budi kaot | kang kathah durta murkarda | makatên sumrêp kula | pundi ingkang lampah dudu | èstu janma wicaksana ||

10. keyong pasrangkara malih | kancil bênêr wuwusira | marma mau sun asung wroh | sing sapa kang sabilollah | yakti kramat gêng prapta | lirnya sabil bisa ngêluk | ati ingkang durtèngkara ||

11. sapa kapulêt ing katri | kuning irêng tuwin abang | sida ing kono wurung wong | tan bisa wor Gusti kwula | sasar tanpa

--- 125 ---

wusana | ing dunya ngakir kalantur | sira dhewe tămpa siksa ||

12. kanut tinuntun ing juti | kagèndèng ing păncadriya | pantoging rèh patakane | dunya ngakir tibèng nistha | rèmèh tan yun sujana | kalanggêngan nora ngrêmbug | mung wêdharing karsa ala ||

13. kang măngka urip puniki | nèng dunya upama sănja | umur sapira lawase | têtaunan wêwindonan | maksih nganggo etungan | yèn ngakirat tanpa petung | langgêng kang tanpa wusana ||

14. Palguna umatur inggih | kasinggihan bab punika | nanging èsthi kula mangke | rèh amba trahing kusuma | rêmbêsing madukara | kawruh wusananing idhup | amba pusthi tan kawahya ||

15. nanging batin kula budi | kang tanpa ingan pamawas | kang kongsi waskitha mangke | luluh pangudining laya | prandene sinasaban | ywa kongsi kawiyos wuwus | mangkatên trahing satriya ||

16. keyong pasrangkara aris | iku bênêr tekadira | ingsun nayogyani

--- 126 ---

anggèr | nanging sasab kang utama | sarengating anbiya | wus wrata ing jagad agung | lakuning sarak sanyata ||

17. ginêlar winurunkên mrih | rata tataning agama | yogya nêmbah ring Hyang Manon | dhasar laku wus byawara | narik rèh susilarja | muksis kinarya kêkudhung | mèstu para nabi kuna ||

18. ngali mukamil-mukamil | pangulah laksanèng dunya | pinusthi ngakerat kanggo | upama sira lêlungan | ing têmbe bakal pulang | apa kinaryantuk-antuk | kang kanggo ing kene kana ||

19. yeka sarengating bumi | kang gumêlar kasat mata | kêna kapriksa ing ngakèh | mungguh srengating anbiya | kancil matur krêpana | lêrês bapak kula nyuwun | ngèlmu jêro kawijanga ||

20. mumpung wontên ngalam sahir | tan mêdal yèn dèrèng têrang | mênggah ing badan lênggahe | ingkang dados ngèlmu rasa | keyong mèsêm wacana | kancil majua sun pêluk | kang dinuh ngangsêg manguswa ||

21. murdanya tansah tumiling | pasanging [pa...]

--- 127 ---

[...sanging] karna sopana | mangkana wijanging keyong | anggèr iki tampanana | lailaha illolah | waanahu mukamaddun | rasullollah jarwanira ||

22. tan ana Pangran sajati | kang sinêmbah dalêm dunya | anging Allah sajatine | Mukamaddun rasulollah | Kangjêng Nabi Mukammad | utusanira Hyang Agung | juru wartaning manuswa ||

23. de rasul rasanirèki | Mukhamaddun wujudira | mim awal sirahmu dhewe | hake dununge ing dhadha | mim akir pusêrira | sastra dal têgêse suku | dene Allah iku napas ||

24. nanging napas kang sayakti | dudu sipating Pangeran | kêmladhehan nunut bae | kayun arane kang nyata | tandhane maksih muja | lêbuning napas muni hu | lamun mêtu muni Allah ||

25. yèku aran salat daim | mau ingsun wus sung warah | dudu iku sayaktine | wong Buda ran Hyang Pramana | mungguh wujuding Allah | kang ngêbêki buwana gung | dudu angin dudu hawa ||

--- 128 ---

26. wêkas ingsun manèh kaki | mungguh kanthaning ngagêsang | waspadakna tyas rasane | bab jroning wujudmu ana | mosik mênêng dat mulya | angên-angênira kulup | winastan kayatu dunya ||

27. ingkang cebol gayuh langit | lumpuh angidêri jagad | luwih mokal budayane | miyarsa tan mawa karna | nupiksa tanpa netra | ngandika tan mawa tutuk | puniku dating manuswa ||

28. mungguh lungguhing kang pasthi | nèng utêg sasananira | ing benjang yèn praptèng layon | iku ingkang ngikal nyawa | dèn gulung kadi bolah | wusing nis nyawa kinêlun | angên-angên badan suksma ||

29. sigra manjing ngalam sahir | kang tanpa kinira-kira | roh ilapi panêngrane | cahya lir nuksmèng cancala | danumayaning kăntha | lungsir kuning lungsir biru | wungu warnaning jabar jat ||

30. yeka sasana kang suci | aran jaman uluhiyah | sirèku jumênêng dhewe | sirna Gusti lan kawula | sira pribadi iya | tunggal wujud atêtêmu |

--- 129 ---

pêpasihan aranira ||

31. kancil pungun-pungun tampi | andhadha surasèng jarwa | nulya matur mêlasasor | miluta lunturing jarwa | kyai amba yun wikan | panêngêraning tumuwuh | lamun mèh têkèng antaka ||

16. Dhandhanggula

1. madukara kul pasrangkara ris | sira takon babing panêngêran | yèn arsa têkèng jangjine | lamun kurang sataun | kudu mulat ing wayah enjing | soroting bon umahya | cahyane umancur | rupa pitu măncawarna | êndi ingkang kaya kaca angebati | sajroning kono ana ||

2. jalanidhi nglangut tanpa têpi | thole nulya netramu kêjêpna | tamtu gya parêk ênggone | kasat mata satuhu | kongsi kanggo ing têlung sasi | nuli salin kang tăndha | dulunên wujudmu | wayangan kang warna rêkta | pasthi katon lir sira rupane putih | solah-tingkah tan siwah ||

3. dene lamun mung kurang nêm sasi | wujud seta mau tan kapriksa | antuk tri

--- 130 ---

wulan lamine | bêbarêngan pandulu | ana warih kumilah wêning | kèksi ing ngarsanira | saha malih kulup | plênggahan rasul tan krasa | yèn wus kurang pitung dina cahya nabi | nur Mukhamad tan ana ||

4. yèn kurang tri dina kulit daging | tan kumrisik myang swarèng talingan | gumrêbêg ilang swarane | yèn kurang sadina wus | Hyang Pramana asrêp kapati | lêbu wêtune kurang | mahya kăntha catur | irêng abang kuning seta | anyiptaa ana rupa kang sajati | tan slisir lan rupanta ||

5. nanging gawa tăndha cap kang yakin | sastra alip manthêr ing wadana | yèku panêngêran gêdhe | alip mutakalimun | sastrajendra ayuning bumi | tumuli sira pasrah | nala ring Hyang Agung | munpakun pêcat kang oswa | wusing puput angên-angên gulung angin | nuksmèng sahiru ngalam ||

6. iya iku sampurnaning urip | manjing kanjanmahpiyan têgêsnya | gêdhong samar panggonane | ngaèn musamanipun | ngalam langgêng tanpa

--- 131 ---

winilis | jumênêng wujud tunggal | ngaenal yakinu | nugraha munpangak[15] nikmat | nora nana ing dunya kang ngupamani | karaton ing ngakerat ||

7. tanpa arah nglangut angrêsêpi | rata jêmbar tan kêna kacêngkal | kasilir samiranane | gănda kasturi mêrdu | bangawan Nil nurut botrawi | woh anggur tinaratag | mas pinatik jumrut | pasèt barliyan sumêbar | nèng plataran marma datan rina wêngi | kamulyaning suwarga ||

8. akèh bae kang uwis nastiti | tandhaning wong yun murut kamuksan | miwah swarga kamulyane | sira lan sun katêmu | garwa suta bapa myang bibi | sanak sadulur panggya | rèhning jagad agung | jagad cilik nora beda | bangkit panjing-pinanjing jangjining tapsir | kang tan kliru paningal ||

9. ngèlmu iki yèn kewan wus inggil | boboting sato buron wanarga | judhêg mulya panggonane | seje lan janma luhung | kang wus muhsis pangulah ngèlmi | sayakti nora arsa | kabèh

--- 132 ---

mau palsu | kang sarjana musthikèng rat | wus pramana dudu iki kang dèn èsthi | maksih sasar satus grad ||

10. ora nana janma kang linuwih | nganggo ngèlmu lir wijanganingwang | kang wus kotampani anggèr | ananging mungguh ingsun | atasing kul iku wus muksis | cukup dunya ngakirat | tandhane wus wêruh | kanthi mantêp cipta rasa | rasèng suksma manuksma ing sahir kabir | tamat warsitaningwang ||

11. lah ta uwis kancil sira bali | marang jaman rame tutukêna | ngawula uripmu dhewe | mring dunya ywa kaliru | ywa kasuwèn sira nèng ngriki | kêjêpna netranira | kancil amituhu | kêjêp kang dwi aksa nulya | byar katingal ara-ara pinggir kali | kalèn kalane mlajar ||

12. pinanggih kul anèng pinggir warih | gêgandhulan lumut kancil têrang | dahat jêktung ngungun tyase | tapak tilasing playu | maksih anyar măngka si kancil | ciptaning tyas wus lama | pirang-pirang taun | elok mokaling [mo...]

--- 133 ---

[...kaling] lampahan | sira kancil gyèngêt patapaning bibi | nèng alas Ampèldênta ||

13. nulya pamit kalilan wus mulih | tan antara praptèng Ngampèldênta | atur uninga ibune | purwa wusananipun | amaguru kang ibu amin | tyas suka marwatatma | awit ngèlmunipun | cocog lan suwarginira | langkung malih maesa suka ing ati | titi panjaganira ||

14. wus têtela wau sira kancil | putusing kawruh sampurnèng gêsang | têrusing kamukswan tètèh | nanging cacade amung | kurang yuswa wus ulah ngèlmi | sampurnaning kasidan | têmah kurang laku | watêking sato taruna | kaduk wani ananging kurang dêdugi | dupi alama-lama ||

15. ing panuju ari sira kancil | pêpara pribadi murang marga | mring wana gung jurang pèrèng | anjajah gon kang ewuh | guwa-guwa kang sungil wêrit | nulya mring patêgalan | kang cêlak lan dhukuh | ing janma bêbara babad | wus raharja akèh wonge [wong...]

--- 134 ---

[...e] sawatawis | samya dhêdhukuh gaga ||

16. ana tuwa-tuwaning wong tani | dhukuh kono aran Sutatruna | karan anak Pakne Kêdèl | wayahe têngah tuwuh | kèh sutanya jalu lan èstri | ana kang wus diwasa | ananging ta durung | nambut tataning akrama | rèhning mlarat Sutatruna mêngku singgih | kamituwaning desa ||

17. upajiwanira amung tani | nandur palawija warna-warna | waktu samana Pak Kêdèl | darbe tanduran timun | salor ngomah wayah sumêrit | siji loro kang tuwa | karan timun wuku | kang măngka bênêri măngsa | larang timun ambaning papan salupit | rong atus sèkêt cêngkal ||

18. luwih dadi akèh wong kang prapti | para bakul nganyang sèkêt rupyah | Ki Sutatruna tan awèh | kudune pitung puluh | lunga têka bakul kang prapti | nganyang timun punika | Pak Kêdèl tyas sêngkut | timune tansah jinaga | pinagêran rapêt saubênging têgil | sato

--- 135 ---

mlêbu tan bisa ||

19. kawuwusa malih wau kancil | miling-miling jabaning talunan | wayahe jam papat sore | kagyat ing tyas dupi wruh | pagêr dhêndhêng rapêt tur inggil | ngunadikèng wardaya | lah apa ta iku | atêrtip nganggo jinaga | nulya nginjên palguna waskitha ngèksi | e e dene sarapan ||

20. ana timun sêdhêng rênyah lêgi | tuwa anom nandhing milih bisa | saiba sumrah sêgêre | samana ingkang tunggu | lagi mulih ngupaya warih | kancil tuwuh budinya | barobos malêbu | nèng jêro sukèng wardaya | dupi wikan timun lagyakèh sumêrit | agahan ngăngsa-ăngsa ||

21. nandhing milih ingkang tan prayogi | binuwangan nadyan kang prayoga | amung cinakot pucuke | sinêsêp-sêsêp muhung | oyot godhong winolak-walik | ron timun ting balengkrah | kêmbang pêlik runtuh | pêntil-pêntil karusakan | ciptanira nutuki sênênging ati | wantu kewan taruna ||

22. watawis [wa...]

--- 136 ---

[...tawis] wus tigang jam tumuli | sampun surup sang hyang danupraba | kancil barobos wêtune | pangunandikanipun | sesuk-esuk bae sun bali | nutukkên sukaning tyas | amangani timun | tan dangu wus praptèng wisma | kancil dènnya turu tansah mêrêm mêlik | eling timun satêgal ||

23. byar raina kancil nulya bali | marang têgal timunan anasak | kèh bosok gogrog pêntile | yèn wus bigarkên kalbu | mlayu-mlayu anuli mulih | tan dangu anèng wisma | cangkelak awangsul | malbèng pagêr patimunan | esuk sore gulungan koming sêsirig | nahên kang kawuwusa ||

24. Sutatruna angendhangi têgil | yun mangèksi timun nom tuwanya | dupi wêruh tyase jèngkèl | bab rusakirèng timun | akèh gogrog bosok kang pêntil | godhong wit pating slengkrah | woh kèh krowak pucuk | ngungun jêntung jroning nala | e lo kojur dene ta sun nora ngimpi |

--- 137 ---

arda bilai prapta ||

25. kewan apa iki gawe rugi | kapitunan luwih slawe reyal | wasana sru muwus thole | mrenea wruhanamu | suta prapta nulya mangèksi | gèdhèg-gèdhèg anggrêsah | adhuh bapak kojur | buron punapa punika | kang ngrêsahi salami kawula urip | têka dèrèng uninga ||

26. kados kidang tapakipun alit | lêbêtipun ambêrobos bapak | punika bolong margine | wit saking alitipun | wontên ngriki agulung koming | tabête lusah-lusah | kados dèrèng dangu | e e sêpahe angêmbrah | kaya kalong pamangane dèn sêsêpi | ananging buron alas ||

27. marma kula tan nglêgewa kyai | saking alitipun tan katingal | tibane wus rusak kabèh | Ki Sutatruna muwus | narimaa thole wus pasthi | rèhning manuswa wênang | iktiyaring laku | gawea uwong-uwongan | papat pojok lima têngah nyêkêl gitik | kayu randhu

--- 138 ---

kewala ||

28. nganggo sirah tangan tuwin sikil | yèn dinulu katona lir janma | lah age jukuka pêthèl | nulya atmaja mantuk | sigra bali pêthèl cinangking | sinungkên ing sudarma | sigra nêgor randhu | enggaling crita wus dadya | lima iji istha janma nyêkêl gitik | punang sikil mragagah ||

29. sirah agêng tangan malang kêrik | mandhi gantar sinampiran gombal | tumuli pinasangake | pojok papat têngah wus | bapa lawan anake mulih | praptèng wisma wêwarta | bab rusaking timun | gêtun ngungun wong saomah | kawuwusa palguna kang dahat ngincih | timun wuku ing têgal ||

30. lampahira duk nèng pagêr ngèksi | pojok papat lima têngah -ana | sujanma jêjêr adêge | mathènthèng nyêkêl gêbug | kancil wuwus lah apa iki | mragagah mandhi watang | bandera ing pucuk | apa ta pandhêl Nèdêrlan | wus pramana têrang manawa mêmêdi | o o dene wong-wongan ||

--- 139 ---

31. nulya manjing ing pagêr sêsirig | mlayu-mlayu akoming gulungan | saha marêki mêmêdèn | sru muwus têmbung Mlayu | apa kao ini mêmêdi | pênatut jangan saya | masuk makan timun | tapi nin kita tiyadhak | ambil takut adha sribu saya brani | kayu binijig sigra ||

32. wusnya glimpang rubuh kancil nuli | marang pojok papat gon wong-wongan | binijigan ambruk kabèh | nulya mangani timun | sarwi rêngêng-rêngêng mênyanyi | guyu alatah-latah | ngunadikèng kalbu | iki sèwu kêthi bêgja | mung cacade ora ana cokak landi | anaa digo ngacar ||

33. nahên kancil ucapên Kiyai | Sutatruna kang darbe tanduran | sabrayat mring têgal tabèh | praptèng kono samya wruh | mêmêdine wus rubuh sami | tumuli pinaranan | kancil alon mêtu | nanging tan ana kang wikan | dupi padha wruh wong-wongan tibèng siti | tilase binijigan ||

34. kanan kering roning timun [timu...]

--- 140 ---

[...n] malik | sêpah blasah angêt dadi cihna | yèn lungane durung suwe | wong-wongan lima gupuh | tinupiksa ing kanan kering | trang rubuh saking kewan | kang durta silayu | tuwuh tyase Sutatruna | alon muwus mring sutane thole yakin | kang rusuh iki kewan ||

35. ingsun kira rubuhing mêmêdi | iya saka panggawening kewan | katara kiwa têngêne | bosah-basihing timun | sêpah tlethong angêt katawis | hèh thole prayoganya | ngupayaa pulut | pulut bêndha pulut gondhang | dadèkêna siji ulêtên kang murni | pasangna ing wong-wongan ||

36. ingkang kandêl kang alus manawi | gêlêm bali bijigi wong-wongan | pasthi pulut plikêt kêlèt | wit cilik kiraningsun | kewan ingkang ngrusuhi iki | sêmbranane andadra | gawe krugèhaku | kang sinungan ling lumampah | ana ingkang gawa wêdhung arit kudhi | cuwo kinarya wadhah ||

17. Sinom

1. para mudha kang ngupaya | pulut marang [ma...]

--- 141 ---

[...rang] wana sami | antuk wit gondhang lan bêndha | cuwone dipun kêbaki | têkèng ngomah tumuli | winuwuhan malih sampun | pulut năngka lor wetan | wus winèhkên kang sudarmi | tinampanan pinasangkên ing wong-wongan ||

2. lima pisan kandêl rata | winatara nyatêngah dim | mêmêdi dèn dêkkên sigra | sadayatma kinèn mulih | Sutatruna pribadi | kang tunggu ana ing gubug | dangu angantya-antya | dupi wayah asar inggil | samana Pak Kêdèl lèyèh-lèyèh nendra ||

3. kêpati wong tani yuta | sadina dhêg ngangkat kardi | wuwusên kancil wus têka | nginte-inte pagêr srisig | wêruh ingkang mêmêdi | wus ngadêg manèh lir wau | sigra malbèng timunan | jujug sandhinging mêmêdi | tan uninga yèn tinambahan wisaya ||

4. kancil mèsêm sarwi nabda | hèh sira iki mêmêdi | adha sribu saya tidhak | takut jangan ambil posing | apa lu mau jadhi | kêndhati trêbang trak takut [ta...]

--- 142 ---

[...kut] | lah mau main apa | sêkadrun sêkèrêmdhagi | apa sukak marilah kita sêgotrah ||

5. apa lu trak cari kabar | ini kancil memang cêrdhik | antero bukit dhan hutan | trak brani lawan sadhikit | dhari sayini sakti | jangan lagi lah mukak lu | randhu nyang purak-purak | rupa orang saya brani | tradhak heran kao mau kajadhian ||

6. tinabok punang wong-wongan | tinepang suku kang ngarsi | katampan pulut wus makan | suku kanan dèn gandhuli | dinudut nora kongkih | wali-wali pulut gandhul | palguna durung wikan | mandhak ascarya ing ati | malih nabda hèh bêcik mêmêdi sira ||

7. sêmbrana aparikêna | dene anggandhuli sikil | ingsun dudu mitranira | ko jak tabik cara Wlandi | salaman kaya kaji | prasan atinira patut | yaktine kurang tata | tan wêruh dugi prayogi | têtêp sira murang silaning akrama ||

8. dene têka sumêntana | nganggo gèndèng-gèndèng [gè...]

--- 143 ---

[...ndèng-gèndèng] sikil | wruha yèn rupamu papa | amung mandhi gombal jarik | ciptamu lir angampil | pandhêl mas Nèdêrlan umuk | jatine rontèk nistha | gombal amoh jarik lurik | jaran kepang kramaleya samarata ||

9. punang pulut saya gupak | kancil tambah sukèng ati | gumuyu alatah-latah | suku kang kering nêmpiling | thèmêl pulut gandhuli | sigra murdèng kancil numbuk | ganul pitrang wus mangsah | marang cangkêm irung kuping | suku ingkang wingking mancal wus katampan ||

10. pulut mulêt gupak wrata | nutupi dalaning angin | gèbès-gèbès sru subadya | nora daya malah mipit | mêpêti dalan angin | kagyating tyas wruh yèn pulut | paekaning manuswa | sakala kancil anangis | ardaning kang sangsara nêmpuh sarira ||

11. ngantêp budi tiwikrama | ngapalakên măntra sêkti | kêmat bandung băndawasa | kêmayan lan donga sèpi | giling kre gilingwêsi | tracah bêsmah [bê...]

--- 144 ---

[...smah] bala srèwu | nurbuwat donga kasah | ayat-ayat sinuksmèng sir | wêlut putih panglemunan donga sleman ||

12. pulut maksih plikêt kuwat | kêkêt lèngkèt buntut kuping | dadya sakêpêl pangrasa | kancil rumăngsa tan bangkit | hèh para mitra sami | kang maca saha kang krungu | sapambêg kasusastran | myang ngèlmu kang luwih-luwih | lamun nora wêweka têmah sangsara ||

13. kancil lêsu lêsah ing tyas | pulut lèngkèt midrèng jisim | dupi wus nir dayanira | mangkana osiking ati | o o dene ta dadi | rubeda sèwu miliyun | tan wurung puput jiwa | tinjo marang jaman akir | saking pitrang bêndha ingkang èstha janma ||

14. ingsun sêsuwun ing Suksma | manuswa kang masang sandi | muga-muga ngungkulana | satus sangsaraku iki | têtêp janma tan yukti | mitênah samèng tumuwuh | walêsing Dat wasesa | tan lawas pasthi nêmahi | adat kuna wong siya nêmu cilaka ||

15. dhuh

--- 145 ---

Allah Kang Murbèng Jagad | wêlasa satriyotami | kang manggih bênduning Suksma | lantaran janma tyas drêngki | tan wun badhe dhatêngi | kayat kayun yun ginulung | dayaning pulut gondhang | năngka bêndha paksa srèi | wus katêkêm pangwasanirèng sujanma ||

16. rèh sampun tita diwasa | kawula molah tan bangkit | mupus karsaning dat mulya | kang wajibul maujudi | marma mêmalad budi | muhung nêgês karsèng ulun | lunturing trêsna tuwan | kang mayuta-yuta margi | datan kirang kodrat iradating tuwan ||

17. kèhing kewan wanawasa | èstu tan sagêd nulungi | bab pulut akaling janma | marma liyaning Hyang Widhi | kang paring sih ing dasih | wajibing sipat kadirun | bila alatin lirnya | kawasaning Maha Sukci | datan mamèt lêlantaran gaibing Hyang ||

18. kadi datan kêkirangan | matrapkên siksa mring kancil | lah bok sampun srana pitrang | mindhak dados kidung benjing | kancil gêlahing bumi | têmah kasasar ing laku [la...]

--- 146 ---

[...ku] | kajlungup ing sangsara | datansah lakuning ngèlmi | dadya kondhang lir undhang margi prapatan ||

19. pêjah amba dados koran | lokomutip bramartani | bintang timur slomprèt mlajar | yapa bodhê ing Batawi | kabagyaning redhaksi | pra korèspondhèn manjurung | yèn kancil kenging saya | malbèng babad jamak ngakir | sinawung ing têmbang dadya uran-uran ||

20. saiba wirang kawula | dados gêguyon ing benjing | dene kancil nawung kridha | ulah dini dibyèng bumi | susilarja mumpuni | sadu parikrama ayu | tyas dirga samaita | têka katamèng prana tis | adhuh rabil ngalamina tobat amba ||

21. ing dintên wingking tan nêdya | ngrusak tanduraning tani | kang tanpa duga watara | wana tan kirang rijêki | gumêlar ing sabumi | ingkang sêgêr lêgi kêcut | dadya panganing kewan | kang măngka kulambêk srèi | ngrusak palawija panganing sujanma ||

22. sabab kasupèn kawula |

--- 147 ---

amila nyuwun aksami | hèh surya căndra tranggana | bumi gêni angin warih | rewangana minta sih | ring Dat kang wajibul wujud | suwuna luwar ingwang | saking sangsaya puniki | tan wun mati tan pakantuk kênèng siksa ||

23. hèh kutu wong alang taga | mujia ayuning kancil | sukur salah siji wignya | awèh lantaraning urip | ngluwari kang piranti | rupa janma carma pulut | kang lumêkêt ragèngwang | kang yun ngêlun nyawa mami | lah wêlasa ring kusuma kawiradya ||

24. adhuh ibu sori amba | punapa ta datan ngimpi | pun kusnun kenging rubeda | bapa kêbo paran mami | tulungana dèn aglis | dhuh nabiku satus èwu | saha wali sasanga | myang yogiswara mahmuni | ngulama gung musanèp para pukaha ||

25. pintanên luwar kawula | abot siksa nêmpuh jisim | dahat susah sayah lêsah | tan wun kulit daging gusis | lamun kang masang prapti | kawulèstu winayungyung | kinarya mêmainan | watêking [wa...]

--- 148 ---

[...têking] manuswa jail | pinilara tan wande yèn pinêjahan ||

26. kang măngka wong tani desa | kaya buta doyan daging | rase luwak kuwuk doyan | aja ingkang daging kancil | rèh sujanma datan wrin | yèn kancil putus ing kawruh | caksana nawung kridha | ing kasusastran mumpuni | datan wurung kinayah lir kewan rucah ||

27. yèn wruha gunadikèngwang | wirama ulah lêlungit | putus munah kang tiarda | murtyambêk susatyèng wukir | kadhang sun dèn guroni | wruha wicarèng sun ngèlmu | saking bodhone ingkang | masang pulut mikat kancil | mung miyagah ingsun kewan bodho mamak ||

28. e e dene tan ana wlas | wus ratuning pasthi mati | yèn tan wis sêsangat êngkas | tinarik talining urip | uripa wiji aming | yun mati kabèh ragèngsun | ngênting panlangsanira | kongsi luhe dadi gêtih | tandya kancil nêku ing puji mantrarja ||

29. jinumbuh ing puji-puja | tyas wêning paningal êning [ê...]

--- 149 ---

[...ning] | mênêng ngèksi tikswèng grana | jumbuh kawula lan gusti | napi Isbat pinusthi | maksa tan wal saking pulut | nulya nêbut istipar | kalimah tayibah drindhil | maksa tita diwasa judhêg tan daya ||

30. angapalakên kidungan | ayat limalas kang pamrih | enggala luwar sing pitrang | nanging pulut angranuhi | yèku lêpiya dadi | têpa larasing pituduh | cocog daliling Kuran | kang kajarwa nèng ngakaid | hayuk biluli pikdi inti salirnya ||

31. nora tinarima sira | rèh sêpi tan ngalap warti | têrange kang sapa manggya | rubeda kang gêgirisi | tan sirna saking puji | awit sadurunge nêmpuh | tan pinikir dadinya | marma janma kang tyas murti | wus pinikir sadurunge mas kinambang ||

18. Maskumambang

1. wus mangkono atining wong ngaku luwih | wruh ing kasampurnan | ambêg jumbuh kwula gusti | prasanatine wus pana ||

2. dupi nêmu pakewuh Gusti tan bangkit | têtulung wèh luwar |

--- 150 ---

padha lan kang wus wruh ngèlmi | dèn andêlkên nora kêna ||

3. dumèh putus ing kawruh kang dakik-dakik | yèn katêmpuh lara | ngèlmu êntèk sirna gusis | marma padha rasakêna ||

4. rikalane kancil marang sila yukti | tan tinambang nalar | angên-angêne tan mikir | mung nguja wawar ing durta ||

5. apamanèh manuswa jaman saiki | dahat muji muja | nanging yèn wus anèng sêpir | utawa yèn lagi susah ||

6. kawuwusa Kyai Sutatruna nglilir | dènnya lêleyehan | gregah tangi yun mangèksi | wong-wongan kang mawa pitrang ||

7. kagyating tyas kang lor kulon datan kèksi | wus anyakrabawa | rinubuhkên kewan drêngki | kang dahat gawe pituna ||

8. sigra cancut trangginas anglinting klambi | marani gonira | kagyat Pak Kêdèl mangèksi | kewan kang nakal wus kêna ||

9. nulya surak-surak amarwata siwi | têtaya tayungan | uning unong jênthik manis | tibaning gong pasrangkara [pa...]

--- 151 ---

[...srangkara] ||

10. padha manèh padhaa sira lan mami | untap-untapana | kewala prasasat mirib | bilai antakanira ||

11. rasakêna sira dhustha laku juti | maling palawija | mêmagan tindak pranatis | panastèn gawe pituna ||

12. ana timun lagi wayahe sumêrit | dene sira dhustha | bisa têmên karya rugi | luwih yèn rong puluh reyal ||

13. dyan cinandhak kancil maksih kêmpis-kêmpis | Sutatruna nabda | e e sukur ijèh urip | cilik têmên têka glathak ||

14. wus sinrimpung sikil papat dadi siji | nuli tinalenan | pulut binuwangan rêsik | marang gubug ginosongan ||

15. dèn brukakên kantêb palguna anjêrit | dyan thinuthuk sangkal- | ing pêthèl ênggon pok kuping | pêt sumaput konang buyar ||

16. huh rasakna êndhasmu saiki posing | nora wurung mangkya | praptèng wisma dadi tai | balunge kang ênom rênyah ||

17. mung cacade cilik têmên tan [ta...]

--- 152 ---

[...n] mratani | tăngga-tangganiwang | mung bangêt lêganing ati | sirna wêrinirèng têgal ||

18. lah kapriye iki wus sore kang wanci | jam satêngah lima | punjule patbêlas mênit | bocah ora ana têka ||

19. prayogane nuli sun gawane mulih | yèn kawêngèn mangkya | pangolahe kewan iki | enggal-enggal Sutatruna ||

20. sikil kancil taline wus dèn kêncêngi | cinocol pikulan | kasisihan kayu garing | kancil gumandhul ing ngarsa ||

21. samantara laksananira wus prapti | sapinggiring dhadhah | Pak Kêdèl nguwuh ing siwi | hèh thole kewane kêna ||

22. samya ngrungu swami suta priya èstri | mêthukkên gancangan | gumrubyug sabrayat sami | bungahe marwata suta ||

23. suka sukur para tăngga akèh prapti | samya takon warta | tuwa anom gêdhe cilik | lanang wadon elur prapta ||

24. sadaya kang nonton durung ana kang wrin | warna myang arannya |

--- 153 ---

nyalênèh samining kumlip | warta kewala tan ana ||

25. kono ana janma wrêda marêpêki | mring kang nêmbe kêna | pamuwuse kaki-kaki | iki kancil aranira ||

26. sasamining têtaga nakal pribadi | baud ngomandaka | ngrekadaya ngathik-athik | nanging ujaring wirayat ||

27. kang wus kocap ing kuna rontal tinulis | iki dadi srana | sarate wong among tani | bisa nyingkirake ama ||

28. buntut kanggo nyêbar gaga iku benjing | dene patrapira | pinêndhêm madyaning têgil | winor godhong dhadhap kleyang ||

29. mung sadina sawêngi nuli dèn jrangking | sabên măngsa gaga | maksih kanggo bola-bali | dene tracak papat pisan ||

30. bisa dadi sarak yèn kinarya jugil | nandur kacang tunggak | kacang lanjaran andadi | lan nyirnakkên ulêr wana ||

31. cumplungira pinêndhêm tulakan sabin | kang kiliran toya | ama mênthèk walang

--- 154 ---

kalis | wulu dadi tămba kadhas ||

32. kulit tipis lêmês wulêt kanggo mranggi | gawe jangêt kuwat | dadi tali jara bêcik | iwak lêgi gurih kêsat ||

33. nadyan dèn go ulap-ulap uga kenging | lulange punika | rèhne tipis rangkêp kalih | Sutatruna suka ing tyas ||

34. saha para brayat swami tuwin siwi | angrubung palguna | ana kang jèwèr nyalênthik | ya ta surup danupraba ||

35. Kyai Sutatruna nabda marang swami | êmbokne lir paran | prayogane iku kancil | sinambêlèh sapunika ||

36. bokmanawa kasulak wêngi tan rêsik | iki sun watara | jam nênêm luwih sathithik | olahên sakarêpira ||

37. Biyang Kêntruk mangsuli dhumatêng laki | yèn panujèng karsa | ing mangke dalu prayogi | wanci bangun mijil lêga ||

19. Mijil

1. ingkang kaping kalihipun kyai | kula sampun kongkon | ngajak-ajak tăngga samya dhèdhèl | bucali glagah [gla...]

--- 155 ---

[...gah] gadhangan gagi | dintên benjing-enjing | kancil kangge lawuh ||

2. nadyan alit tinambahan krambil | rinêmpah kemawon | murih babar warata ing akèh | ingkang priya nabda bênêr yayi | wayah bangun enjing | lêmu gajihipun ||

3. sarèhning wus kasulak ing wêngi | dokokna ing pawon | ngarêp luwêng kurungana bae | sênik gêdhe tindhihana nuli | watu kang supadi | kukuh nora mêtu ||

4. uculana taline ing sikil | mèn bisa têturon | mubang-mubêng anèng jro sênike | nulyatmaja sami nyandhak kancil | kinurungan sênik | tinindhihan watu ||

5. Sutatruna nutuk sênêng pikir | dènyantuk bêburon | kancil ingkang karya guyokake | akèh tăngga kiwa têngên prapti | pitakon ingkang wit | kancil kênanipun ||

6. sinung wikan yèn kênèng piranti | pulut kèh kang jonto | rigên nalar mungguh kapikute | tan ngapaa rupane anylinthis |

--- 156 ---

ngrusakakên pêntil | timun kèh kang runtuh ||

7. ya ta wau kancil kang nèng sênik | dhat-dhatan andhrodhog | gêtêring sanubari puate | ciptaning tyas wus tamtu tan urip | tiwikrama ngungkil | sênik nora keguh ||

8. dahat kukuh watu kang têtindhih | ciptèng nala ngaso | pasrahing tyas narima patine | wus rumăngsa yèn tan antuk margi | lantaraning urip | kang bisa têtulung ||

9. nabda dhuh sang sukci murwèng bumi | sumăngga kemawon | kawula mung sumarah sapangrèh | tan rumaos amba darbe jisim | kataman ing pasthi | sirna trahing pungkur ||

10. kabudayan amba sirna ênting | siniksa dening wong | awit saking klakuan kang dede | culika gung tindak kang tan yukti | katêmpuh bilai | aksamanên ulun ||

11. dyan ngêningkên panêngêran pati | sawiji tan kalong | dahat ngungun pangunandikane | hèh dene ta sèwu mokal iki | sun tan praptèng pati | apa

--- 157 ---

marganipun ||

12. sigra mêpêt napasira kancil | nyipta nganyut layon | rumăngsa wus tan wurung patine | ya ta ing ratri wanci jam kalih | Sutatruna nglilir | angunggahi sunu ||

13. Kêntruk Mênik kinèn marut krambil | sawusa mirantos | bumbu-bumbu sapanunggalane | anèng ngomah kewala lamun wis | sadaya rumanti | rèhning maksih dalu ||

14. pating klêpruk mêcah marut krambil | jawah cinariyos | Kyai Sutatruna ngon-ingone | sona lanang abang buntal putih | ratri rèhning riris | srênggala malêbu ||

15. brobos gêdhèg angupaya gêni | rèh adhêm mring pawon | kêrug-kêrug nèng ngarêp luwênge | ngringkêl anèng awu cêlak sênik | palguna duk uning | asu kêrag-kêrug ||

16. nulya darbe èngêt ngreka sandi | wajib wênang goroh | wong katêmpuh ing bilai gêdhe | ngomandaka kêna yèn nguripi | nulya nabda wêngis | kancil marang asu ||

17. sigak-sigak [sigak-si...]

--- 158 ---

[...gak] hus hus mambu sangit | hèh sira sagawon | lah lungaa kang adoh dèn age | ywa nèng kene wèh kuwuring ati | kang lagya mangèksi | ing dat kang linuhung ||

18. sun mulya di susila rèh niti | kusuma kinaot | putus guna dibya sasamine | sicing-sicing sumingkira anjing | ingsun lagi sêdhih | mambu sira langu ||

19. gawe kuwur nyipta nranging Widhi | najis marêk kelon | ing pamawas tan awas ciptane | lamun sira cêraki puniki | jêjămbaa maring | kali adus slulup ||

20. ambunira bacin prêngus lêdhis | bab panganmu crobo | patut têmên kirik sipat kere | kuru kèri karo samèng kumlip | tanpa guna niti | mung ngèngèr uripmu ||

21. karam mutlak cêmêr tanpa budi | cêgahanirèng wong | dahat nistha dama sirig gêdhe | kitab kadis Kuran wus jarwani | sor-asoring bumi | tan ana lir asu ||

22. sona kagèt krungu sabda wêngis | nginjên kang anèng jro | atêtanya [atê...]

--- 159 ---

[...tanya] hèh ta sapa kowe | nèng jro sênik akêmering-kering | bangêt ngèsi-èsi | mring padhaning makluk ||

23. apa sira kang kênèng piranti | pulut kang istha wong | uwong-wongan randhu wingi kae | sumakeyan têmên tur gumaib | kancil nabda malih | o budhêg si asu ||

24. nora krungu tan yun ngupa warti | atimu lir togog | tunggak kobong iku pardikane | ingsun kira lêluhurmu nguni | kakèk moyang anjing | marma tyasmu kuthung ||

25. durung manjing pasamuwan lungit | dêlês tyas sagawon | tan wruh guna myang tatakramane | apamanèh sastra Ngarab Jawi | sasmitarjèng ngèlmi | nora pinaèlu ||

26. kitab Kuran kadis ulah dini | tan pisan mangartos | sabab srawungamu salawase | kirik kuru gudhigên agêring | mung ngupaya tai | iku kadayanmu ||

27. lah ajara titi surtèng budi | budyayu kinaot | ingkang neka-neka pangawruhe | supayane bisaa umanjing |

--- 160 ---

mring padhanging bumi | kumpulan wong putus ||

28. o o asu tan ngrasa sirèki | uripira bodho | solah wicaranta tăndha rèmèh | bobote sun iki satriya di | pangrasamu kenging | punangsaya pulut ||

29. tan wruh sun dèn ulati wus lami | wit kèh barkah ingong | siji loro têlu têlu gawe | dhihin kinèn dadya mèstêr tulis | pindho mulang ngèlmi | ping tri pinèt mantu ||

30. marma dahat kapungsêng binudi | munggu praptaningong | mring si bapak Sutatruna kinèn | nglaksanani tri prakara iki | nanging sun tan apti | tyas sun luwih kukuh ||

31. sapiraa yèn tan pinèt siwi | cinaosan bojo | suta èstri kang gêdhe karone | Rara Kêntruk kalawan Kèn Mênik | nadyan ingsun sêlir | si bapak jumurung ||

32. saking dahat kasêngsêming warti | bab kotamaningong | trahing daniswara ingsun kiye | marma nastiti sabarang bangkit | putus ing agami | gêgamaning maut ||

33. yèku wite prawan ro gung

 


Pupuh 1.1 sampai dengan Pupuh 1.7 ini, terdapat sandi asma: "Radèn Panji Sasrawijaya ing Ngayogyakarta ingkang mangikêt gita, sampun kaêsahakên dhatêng para paramèng kawi Kangjêng Pangeran Sasraningrat kalih Ki Padmasusastra tiga Radèn Păncakrêtarta sami siswatama". (kembali)
kasêntikane. (kembali)
kusika. (kembali)
udrasèng. (kembali)
singa. (kembali)
prapti. (kembali)
sukêrta. (kembali)
maha. (kembali)
garbanya. (kembali)
10 langgêng. (kembali)
11 samudra. (kembali)
12 tututana. (kembali)
13 drajatipun. (kembali)
14 kancil. (kembali)
15 munpangat. (kembali)