Kancil Kridhamartana, H. Buning, 1911, #891 (Bagian 2)

Judul
Sambungan
1. Kancil Kridhamartana, H. Buning, 1911, #891 (Bagian 1). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
2. Kancil Kridhamartana, H. Buning, 1911, #891 (Bagian 2). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
3. Kancil Kridhamartana, H. Buning, 1911, #891 (Bagian 3). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
4. Kancil Kridhamartana, H. Buning, 1911, #891 (Bagian 4). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
Citra
Terakhir diubah: 25-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

[Iklan]

--- [0] ---

[Grafik]
1. Sri Bagendha Maharaja Putri, 2. Sang Pangeran Hèndrik, 3. Kangjêng Ratu Ibu Sori, 4. Putri Yulianah, ing Nèdêrlan.

--- [0] ---

Sêrat Pananggalan

Ingkang kaping 26.

Kangge ing taun Walandi 1910.

Miturut pananggalan ingkang kawêdalakên Kangjêng Guvrêmèn.

Kaêcap sarta kawêdalakên ing gêdhong pangêcapanipun pakêmpalan among dagang, rumiyin nama: H. Buning, ing nagari Ngayugyakarta.

--- 80 ---

kênèng supata utawa kasamaran, tinulakan yèn nuju wêtone, dene sidêkahe sêga punar, iwake pitik wiring kuning ginorèng lan jênang abang, slawate picis lima, dongane ngumur lan bala srèwu. Jabung kalajaya bumi ana wetan, pitung dina aja lunga nungsung kala.

Ngahad Kaliwon, Yama, Aryang, Nohan, Lêbu katiyup ngangin, lintang, tumuruning kuthilapas, wariga gêmêt, ala, amasanga tumbal wurungan lan sêsirêp, kang sêdya ala ora tumama.

Sênèn Lêgi, lodra, wurungkung, wogan, tunggak sêmi, angin, sumêngkaning sri, rahayu, angunggahna pari ing lumbung: brêkat.

Slasa Pahing, Brama, Paningron, tulus, satriya wirang.

--- 161 ---

kingkin | bapa biyung condhong | uga ngrujuki Si Kakang Kêdèl | marma wus katêkêm ngasta mami | si rara kêkalih | arsa ingsun wayuh ||

20. Kinanthi

1. kêkanthèn roro garwèngsun | si bapak nyarah ing karsi | amung kinarya jimatan | pinèt turun trah sun benjing | yèn turasing wicaksana | pasthine bangkit nuruni ||

2. lawase wus pitung taun | dènnya mrih sabên kapanggih | ingsun ingimur kinudang | winehan sabda mêmanis | sinungan garwa parawan | Dyah Kêntruk lawan Kèn Mênik ||

3. nguni sun sakêthi lumuh | nambut tataning akrami | dene mangkya sun manyarah | watara kêna ing dhêsthi | sêmar mèsêm jaran guyang | marma dèn pasangi kenging ||

4. wong-wongan kang crêma pulut | sun wus wêruh yèn piranti | saking wêlas sun mring bapak | nrajang pulut nuli kenging | tansah kinuswa kinudang | pinangku dèn isik-isik ||

5. sun molah sarosa gêtun | yun miruda ciptèng galih |

--- 162 ---

laju linêrêpkên ingwang | malêbu jêroning sênik | tinumpangan watu krama | sarat supaya sun krami ||

6. dêlêngên ing dhuwur iku | watu kang tumumpang sênik | adoh pinangkaning sela | canthèng Kuthagêdhe iki | sing sapa kang kaungkulan | kuwat wayuh prawan kalih ||

7. sesuk ijab banjur têmu | sangat Ahmat wayah enjing | nuju wuku Măndhasiya | dewa Kamajaya Ratih | suku ro kêkobok toya | mandhi umbul-umbul kalih ||

8. gêdhong mênga ngarsa pungkur | kayu gurda manuk nori | etung satriya wibawa | iku dina benjing-enjing | tumurune sri sadana | păncasuda tiba bêcik ||

9. marmane lurahmu gusruk | mêcah krambil marut krambil | ngolah sidêkah wiwaha | mêmule ngatur-aturi | dhanyang kang kahyangan miwah | kang cakal bakal ing ngriki ||

10. bojakrama nanggap krumpyung | tăngga-tăngga dèn suruhi | măngka kaurmataningwang | jaka antuk prawan kalih | lah

--- 163 ---

mara sesuk nontona | asu ing bawahan mami ||

11. saiba ontungmu balung | dhasar sira karuh mami | balung kang nom tan sun klêthak | sun uncalakên sirèki | sêga wuduk golong punar | tuwin walimah sun wèhi ||

12. apamanèh roti gandum | martega kèju sirdhèn cis | lan lidhah sun wèhkên sira | ywa sumêlang yèn sun gêmi | nora ana trah satriya | ingkang kumêt saha ithil ||

13. ingsun rèh wus kondhang kidung | ranku ring rat datan kalih | mardu kasêbut swarjana | caksana budi martani | widagda pangulah yoda | dibyarja sujana murti ||

14. iku sababe dèn luru | midêr ing rat jajah wukir | sapira bae saratnya | masrut kinarya ngupadi | marang sarirèngsun mangkya | katêmu cêk lagi wingi ||

15. pamungsênge bapak iku | kabrangtan saka pawarti | dhasar nyata kang pawarta | kang midêr anyakrawarti | kancil trahing yogiswara | kênthus dhepok Ngampèlgadhing ||

16. marma yèn wus dadi mantu |

--- 164 ---

lunggyèng bale jajar linggih | lan bapa biyung pra kadang | sun kabênêr tuwa dhingin | mangan sêga tuwin iwak | wedangan tèh nuli nyukit ||

17. hèh sona tontonên sesuk | adining panganggo mami | raja kaputran sarwendah | wah ingsun anèng jro sênik | watu canthèng kang tumumpang | pusaka jêng senapati ||

18. sona duk prastawèng wuwus | palguna dahat mêmengin | kanikmataning kamulyan | srênggala dahat kapengin | wit kênèng sih pamiluta | wusana pasrangkara ris ||

19. bagyanta angumbuk-umbuk | seje kaya awak mami | ngèngèr kirik kongsi sona | nora dèn trimani siwi | luput sathithik kewala | pinênthungan dèn pisuhi ||

20. pirabara pinèt mantu | mung trima ywa dèn kêrêngi | sayuta suka wiryèngwang | aja kang lir sira kancil | têka wingi kinasihan | mandhak tinariman siwi ||

21. apa ta kancil dongamu | saha sarate punapi | supaya

--- 165 ---

sihing bandara | bok ingsun jaluk sathithik | têtulunga wong cilaka | pasthi yèn sun walês benjing ||

22. lan malih manawa sarju | ciptanta kang rila suci | pacangamu kang sajuga | sing êndi kang sira tampik | prayoga paringna mringwang | sun tampani tangan kalih ||

23. têlungane sira baud | bisa nandhing milih rabi | sêmpulur saciptanira | bobote kewan wanadri | sadarpa kinaya lepa | paran gon sun ngirib-irib ||

24. supaya tiru sirèku | apa sun manjing jro sênik | kang kongkulan wau[1] bêgja | parênga panêmpil mami | cuwilna lelatul kadar | kadi kang sinihan Widhi ||

25. palguna nabda mring asu | mungguh prayogèngsun mangkin | ingsun ngalah tampanana | wanudya ro mring siranjing | ananging salah satunggal | ywa sira wayuh tan bêcik ||

26. siji kewala wus ontung | dene mungguh awak mami | darbe swami wong punika | durung mathuk ing panggalih | kang dhihin rupane [rupa...]

--- 166 ---

[...ne] kiwa | pindho asor tanpa krami ||

27. wus mangkono prawan dhusun | irêng bêsisik alêdhis | lamun pinggiring samudra | rambute abang juwiwig | cahyane lutih yèn prawan | pinggiring bangawan pasthi ||

28. bêlang krowak tilasipun | gudhigên pating bênyinyih | rèmbès raine amangkak | bêlakên sikile kalih | utawa bubulên padha | ambune amis asangit ||

29. ingkang ingsun pungsêng amung | wanodya atmèng priyayi | putus silakramèng priya | sutaning panèwu mantri | bokmanawa kabênêran | bapa seda mlêbu waris ||

30. sukur sèwu lamun antuk | dhuwure panèwu mantri | sangkêping warna utama | ulat tangguhe rêspati | nugraha gumantyèng drajad | dadi abdining narpati ||

31. biru sèrèt payungipun | dèn iring panurung lampit | yèn gaweku bêsik munggah | dadi kaliwon bupati | kongsi tumrah putra wayah | iku adating priyayi [pri...]

--- 167 ---

[...yayi] ||

32. mangkono asu ciptèngsun | marma pinèt mantu suthik | rèh wong desa luwih papa | tanpa tata yudanagri | yèku Kyai Sutatruna | wong dhukuh tur tani bêntil ||

33. rèh sun bangêt wêlas dulu | marang ing sira samangkin | urip sapisan nèng dunya | rina wêngi lara ati | yèn darbe bojo manuswa | dhasar bandara pribadi ||

34. iba nikmatira besuk | marma karsaningsun nuli | manjinga sênik dèn enggal | gêntèni kawiryan mami | ingsun sèlèh kadrajadan | sira gumatia waris ||

35. sesuk-esuk ijabipun | surup rêp pangantèn panggih | adate balangan gantal | ingayap kang para ahli | panggya nèng madyaning lawang | sikilira dèn wisuhi ||

36. dening bojomu Dyah Kêntruk | nuli kanthèn canthèl jênthik | lunggyèng kêbèt seta jajar | samantara angabêkti | mring para wrêda sadaya | sigra sêga iwak mijil ||

37. kadawan lamun sun tutur | enggaling crita [cri...]

--- 168 ---

[...ta] sira glis | manjing jêroning pasuptan | sakarsa-karsamu dadi | mahyakkên asmara tăngtra | manuhara rarasing sih ||

38. srênggala nambungi wuwus | kayaparan ingsun manjing | ing sênik rèh dhuwur ana | watu canthèng măngka tindhih | apa sun ungkil kewala | mêngko watune nibani ||

39. palguna sumambung wuwus | e bodho têmên si anjing | mangkono bae têtanya | klimput nalarmu nyang êndi | lah jongkèngên iku sela | supaya tiba ing siti ||

21. Pocung

1. yayah pucung srênggala angungkil watu | tungku kang tumumpang | anèng sadhuwuring sênik | tibèng kisma palguna tyasira suka ||

2. dupi krungu watu tibane gumêbrug | wus nyiptantuk marga | sihing Hyang Kang Murbèng Urip | lantarane saka pitulunging sona ||

3. kancil muwus age malêbua asu | mring jro sênik ana | kabagyan lelatul kadri | tampanana kamulyan kang tanpopama ||

--- 169 ---

4. ingkang emut gêganjaraning tumuwuh | bêcik lide ala | asu manjing kancil mijil | mahya saking sênik bablas têkèng latar ||

5. nulya emut aywa katara yèn palsu | bali sigra-sigra | marang pawon sandhing sênik | alon nabda hèh sona sun tan kapenak ||

6. ingsun pundhut bali kabagyan sun mau | sun timbang ing nala | datan prayoga wong nampik | nora wurung antuk sikuning Hyang Suksma ||

7. ingsun emut darma wasita sung tutur | ywa nampik sabarang | lamun durung olèh tandhing | kang sinêdya yèn wurung katêkêm ngasta ||

8. măngka durung kacêkêl kang ingsun luru | marmènggal mêtua | sun jabêl kewala mangkin | ingsun arsa bali marang sênik sona ||

9. owêl gêtun sira tampani bêgjaku | amung srana trima | pangalêmbana ing lathi | sona matur noraga amêlasarsa ||

10. sèwu nuwun manawi panduka pundhut | bok inggih bêndara | sampun [sa...]

--- 170 ---

[...mpun] kagungan panggalih | amangsuli dhawuh kang sampun kawahya ||

11. datan baut matur têmbe walês ulun | tan langkung mung pasrah | mring Hyang kang samingun basir | ingkang wikan awon saening kawula ||

12. nambung wuwus kancil sru gumuyu guguk | yèn mangkono sira | dahat wus mathêm nampani | sèwu suka sukur mantêp mêngku garwa ||

13. sun jumurung rahayu bagya sêmpulur | muga tumêraha | nanging ing têmbe ywa lali | wis ta sona kèria slamêt sun lunga ||

14. nulya mlayu sukèng tyas marwata sunu | bagya tanpa kira | sasat mati urip malih | wus adate duka ciptantuk kamulyan ||

15. dahat sukur ing Hyang Kang Murwèng Pandulu | nulya gêgulungan | jingklak-jingklak asêsirig | sarwi rêngêng-rêngêng ngura-ura gita ||

16. nahên kang wus ucul kacarita wrêku | kang nèng sênik tansah | anggagas kawiryan adi | ngajap-ajap enggala tumêkèng rina ||

17. kabagyèngsun sesuk-esuk tanpa petung | ijab nuli [nu...]

--- 171 ---

[...li] panggya | lungguh jajar lan bok rabi | sun nèng têngên Nikèn Kêntruk lunggyèng kiwa ||

18. tan cinatur pangrêmbug mulyaning asu | wus trontonging surya | bang-bang wetan mèh byar enjing | jam satêngah lima tambure yun munya ||

19. nguwuh-uwuh Ki Sutatruna mring sunu | hèh thole tangia | pragatên ika si kancil | mumpung bangun esuk kèh gajihe nglênga ||

20. gupuh-gupuh kang ingagnyan gregah wungu | ngadêg nyangking gobang | mring pawon marani kancil | kagyat mulat sênik tindhihe wus tiba ||

21. kiranipun Kêdèl yèn kancile ucul | rinogoh yèn ana | nabda e e sukur isih | sru gambira sênik binukak sakala ||

22. sikil catur kacandhak tinêkêm kukuh | glis ginawa mêdal | kala nèng pawon tan kèksi | sabab maksih pêtêng tan pati nglêgewa ||

23. wusnya mêtu nèng latar têrang yèn asu | binanting saksana | kantêb tibane tan mosik | pêt sumaput suna dahat kapidhara ||

--- 172 ---

24. dyan pinênthung klengkengan tansah pinupuh | Kêdèl sarwi nabda | adhuh katiwasan kyai | kancilipun binadhog dening srênggala ||

25. gupuh mêtu sabrayate èstri jalu | Kyai Sutatruna | dupi myarsa swarèng siwi | nyandhak slumbat milu mala marang sona ||

26. sarwi muwus dene ta saya kêpaung | dènira caluthak | nora pisan amarèni | ngingu kirik kongsi sona tanpa tata ||

27. nora patut wêwalêse wong diingu | nyêkêl manèh yaa | mandhak nyêkèk mring si kancil | hèh ta thole nuli titikên tilasnya ||

28. apa ucul apa binadhog ing asu | karuhane mangkya | gampang ênggone matèni | kudu têrang ywa kongsi gawe duraka ||

29. pinriksa wus kayaktène kancil ucul | lamun pinangana | ing suna ana kang gêtih | nadyan ucul uga panggawening sona ||

22. Asmaradana

1. srênggala kasmaran arsi | miruda rèh yun pinatyan | marang bapakne [bapa...]

--- 173 ---

[...kne] Si Kêdèl | sigra-sigra dènnya lunga | sêdya nêgês ing Suksma | pêlênging tyas maring gunung | malbèng guwa Suracala ||

2. palguna ucapên malih | mulih praptèng Ngampèldênta | nora êsah pangungune | lakuning tumitah gêsang | têrang ngrakêt sangsara | wus akèh kupiyanipun | ingkang durga kang susila ||

3. bab wus nglaya jajah bumi | nyêrang wèsthi păncabaya | kancil saya mêmêt tyase | nênitèni lêlampahan | kewan sato wanarga | dahat undhagi ing kewuh | saking kathahing lêpihan ||

4. kang ganal tuwin kang gaib | tingkah polahing sasama | pinulung manuksmèng batos | marma kèn maenda bungah | punapadene mesa | dahat ascaryaning kalbu | wit momongane caksana ||

5. dupi samantara lami | lêledhang malih palguna | awit saking gambirane | mring gon kang durung winruhan | ngiras pantês ngupaya | pangan ing saolèhipun | samana kacaryaning tyas ||

6. ana [a...]

--- 174 ---

[...na] papan kang prayogi | nguni tilas pakarangan | manuswa ingkang dhêdhepok | nyambi among tani gaga | dene papaning wisma | arja sawataranipun | ananging tan kongsi lama ||

7. tinilar kewala nuli | ana sabab kurang têrang | maksih katara tapake | batur wisma pawon kandhang | wus kathukulan glagah | alang-alang kandri sêmbung | kêmadhuh uyah-uyahan ||

8. parnah lor wetan tan têbih | ana tilasing guskara | tawinge mubêng wus longsor | awit wêdhi lêmahira | maksih jêro wus asat | korugan romot-romot wuh | lamun udan kilèn toya ||

9. dene ambaning parigi | ana tri mètêr Nèdêrlan | sapuluh mètêr jêrone | kancil sonya pasang cipta | nir prayitnaning nala | nusup-nusup kajalungup | têmah kacêmplung guskara ||

10. kagyating tyasira kancil | kumêsar kêkonang buyar | dupyèngêt wruh lamun jêro | pangunandikaning nala | saiki ingsun sida [si...]

--- 175 ---

[...da] | mati anèng jêro sumur | marga nora bisa mêntas ||

11. nulya klintar-klintêr mlipir | jinjat-jinjit andêngangak | tumênga tumungkul bae | ngira jêroning guskara | apadene ambanya | kancil amicarèng kalbu | yèn tan antuk gaibing Hyang ||

12. nora wurung têkèng pati | wus ana tăndha satmata | sumur samene jêrone | sanadyan anaa ăndha | sun iki sikil papat | kayaparan pamancatku | ewasamono manawa ||

13. ana pitulunging Widhi | atas kauripaningwang | malaekat nyunggi gêdhèg | sinèndhèkkên kene nulya | pasthi sun bisa mêntas | ananging sun durung wêruh | malaekat gawa êmpyak ||

14. kancil nuli mêrês budi | mêmuja ing Suksmantaya | ngêningkên kalbu sêdyane | anjêrit kanang suwara | sadat klimah tayibah | têlu kang pinudyèng têmbung | sinait mutawasitah ||

15. mutaakirah prituwin | mutaawilah katrinya | galik-galik suwarane [suwa...]

--- 176 ---

[...rane] | wusirantuk kalih dina | tan ngombe datan nadhah | nulya na gajah gung luhur | wisata krungu suwara ||

16. angêlik agalik-galik | mêmuji marang dat mutlak | ngucap têtêlu klimahe | ngluhurakên Nabi Sleman | ratuning sato kewan | dwirada kenyut ing kalbu | mangkana liman osiknya ||

17. swara apa gèndèng ati | ewuh panyakrabawèngwang | ucape kanthi pasêmon | ngapilkên klimah tayibah | ngluhurkên nabiyollah | Sulemaning jagad agung | èstu iki wong utama ||

18. yèn dudu kewan murtyadi | tan baud mring têmbung Arab | jungjung karatoning Manon | pantêse iki utusan | oliyaning Pangeran | sigra linuru katêmu | ana sajroning guskara ||

19. kancil kang sru muja bêkti | lungguhe jingkrung amawas | tikswèng nasika dèn ilo | palguna nglirik mring gajah | mung wêruh sawatara | kalamun angungak sumur | age dènnya pasang cipta ||

--- 177 ---

20. rèhning wus putus ing sandi | sakêplasan nora kewran | mingising budi nalare | ngupaya sirnèng sangsara | sêngadi tan uninga | malah saya tambah sêngkut | sinêngkakkên swaranira ||

21. tandya gajah tanya aris | kancil sirèku lagyapa | dene ta ana ing kono | wataraningsun wus lama | katara tapak tilas | punapa kancil sêdyamu | kang tinakon tanggap sabda ||

22. sarwi tumênga nauri | mring èsthi kang ngungak-ungak | o o bodho têmên ta nèh | apa nora krungu warta | caritaning kiyamat | Pangeran wus paring dhawuh | gumêlar anèng musakab ||

23. mratani ing bumi-bumi | tinampèn para anbiya | kang sinêdhahan ngabarke | mring umat tunggal agama | wus dene Nabi Sleman | rina wêngi tansah muruk | bab praptanirèng kiyamat ||

24. muhung kurang têlung ari | tangkêbing bumi akasa | mung pitung dina lawase | ingaran kiyamat sogra | uuwis [u...]

--- 178 ---

[...uwis] arêp tumêka |[2] lah apa sira kalimput | tan ngèsthi unining kitab ||

25. dene wus sinung pamyarsi | pangucap gănda paningal | panganggonira wus suwe | tan ngupaya kautaman | kang sayogya ingalap | aywa dahat kumprung pêngung | tan maèlu dalil Kuran ||

26. marma wêruha sirèki | tangkêbe bumi akasa | kurang tri dina têkane | marma sun malbèng jugangan | rèhning kiyamat sogra | mung sadhela langit mumbul | mangkono dhawuhing Suksma ||

27. yaktine yun karya suci | Allah ngrusak wong durcara | kèria kang yukti bae | marma sun iki istiyar | ywa katangkêban kisma | wajihe atasing makluk | ngupaya sarating gêsang ||

28. dhasar trang dhawuhing Nabi | Suleman kinèn ngupaya | jugangan sumur kang jêro | supaya ywa katangkêban | saha sun kinèn maca | klimah tayibah kang jumbuh | sirnaning gusti kawula ||

29. laillaha illallahi | mukammadan rasullollah [rasullo...]

--- 179 ---

[...llah] | nuli sun gulung rasane | ilat tinêkuk ing cêthak | mawas wijiling napas | lawan manêmbah muni hu | ran tarèkna kisbandiyah ||

23. Maskumambang

1. ywa kumambang ing kono panggonan kang ning | nêgêsing tyas pana | mring Dat kang murwèng dumadi | nulya katon kasat mata ||

2. panêngêran dat mutlak kang ngenal yakin | wujud sipat seta | tan siwah solah myang warni | mila kodrating Pangeran ||

3. kacihna yun nyirnakkên sukêring bumi | kang ngrusak silarja | kang mungkir tataning dini | karsèng Hyang bakal binrastha ||

4. bebas larut ingkang malang-malang gusis | mungguhing klakuan | wus kabyawara nèng kadis | nuli-nuli klakonira ||

5. saking kira-kira panimbang sun èsthi | têlung dina êngkas | tumêkane ingkang jangji | yèn tan ngandêl tumêngaa ||

6. dhuwur bênêr langit iki wus kaèksi | ika mêngkap-mêngkap | kèri sèkêt pal watawis | gajah dêngangak osiknya ||

7. e e nyata dene

--- 180 ---

tan ana pawarti | layak kancil ngupa | sarana sambunging urip | umanjing marang guskara ||

8. pantês bae muji angêningkên budi | wong wis tămpa prentah | dening Suleman Jêng Nabi | ratuning sato wanarga ||

9. kutu-kutu kang gumrêmêt kang kumêlip | kang sarta wiyangga | ing bênawi myang jaladri | ngidhêp Suleman samoa ||

10. pantês bae jêng nabi murtining bumi | ganal gaib wikan | aja kang tangkêbing langit | nadyan kherat wus pramana ||

11. brajamuka alon nabda marang kancil | adhuh sang sinihan | wêlasa mring amba mangkin | kawula srah jiwaraga ||

12. yun mruwita karatoning maha sukci | ing dunya dêlahan | ciptamba ngupaya yukti | nêtêpi sarak utama ||

13. mèstutyarja ing satêbyat puji dikir | muja sukmantaya | marma yèn panujwèng galih | kawula dhèrèk paduka ||

14. sêg-êsêgan wontên ing jugangan sami | dunya ngakir tunggal | mituhu tataning dini | kawula [ka...]

--- 181 ---

[...wula] anjlog kewala ||

15. kancil nabda o gajah sira tan mikir | saking bodhonira | arsa tunggal anèng ngriki | ewuh-pakewuh asêsak ||

16. kapindhone sira iku agung inggil | ingsun cilik andhap | yèn tan kabênêran mati | golèk urip têmah lena ||

17. nora wurung macèdhèl kapidak sikil | tlapakamu kaya | tampah nyamlêng anasabi | sarirèngsun tanpa polah ||

18. nadyan ingsun dhampenga ana ing pinggir | uga tan kapidak | nanging tansah ingsun sêdhih | marga tlethongmu gajaksa ||

19. măngka suwe nèng kene nunggoni jangji | kongsi pêndhak dina | tlethongmu tan wun ngrêgêdi | iba susahe tyas ingwang ||

20. wong wus rêsik suci awoworan tai | apamanèh muja | kalimah tayibah muksis | dwirocana nambung sabda ||

21. lah bok inggih paduka têtulung urip | bab sêsaking papan | sarta [sar...]

--- 182 ---

[...ta] rêgêding rêrêpih | prayogamba ing paduka ||

22. kula gendhong tansah wontêna ing gigir | gêgêr amba wiyar | èstu wagêd klintang-klinting | kancil sukaning wardaya ||

23. ngunandika ing tyas sukur bage èsthi | saguh gendhong ingwang | yèn wus anèng gigir mami | nuli munggaha mancêlat ||

24. ingsun kira iku gajah rolas kaki | kuranga sapira | sun nyêngka nracag manginggil | kaya nuli bisa luwar ||

25. alon nabda lamun mangkono prayogi | yèn sira kaduga | salawase gendhong mami | ngêntèni bubar kiyamat ||

26. ingsun dhampèng anjloga dwipa dèn aglis | angkahên ywa midak | sun kamiwêlasên ngèksi | marang sira brajamuka ||

27. wêkas ingsun dina ngakir aja mungkir | sun sambungi gêsang | sarana nalar utami | olèh marganing raharja ||

28. nulya kancil dhampèng sanalika èsthi | malêbèng guskara | anjlog kang pratiwi gonjing | nuli

--- 183 ---

jêrum brajamuka ||

29. sarwi matur paduka minggaha gigir | sampun wancak driya | pintên bobot tuwan inggih | kancil miturut ing têdah ||

30. munggèng gigir ngadêg mlaku wira-wiri | alon pasrangkara | coba ngadêga sirèsthi | sun arsa miyat kang tăndha ||

31. sun têrangne kapan tangkêbing pratiwi | yèn kurang têtela | mêngko sun ngatas jêng nabi | suwun priksa besuk apa ||

32. wusnya ngadêg gajaksa nuli sang kancil | ngukur kurangira | saking dharat têkèng gigir | kari rong mètêr kewala ||

33. ciptèng nala mancêlata durung dugi | kawêkèn tyasira | mênêng ngupaya pambudi | budayèng dora sêmbada ||

34. aywa kongsi katara dènnya ngapusi | marang dwirocana | dènira mèt akal sandi | rèh atasing urip wênang ||

35. ngupa srana isarat ingkang nguripi | nanging ywa mitênah | awit kayat kayun dadi | sipating Hyang Maha Mulya ||

--- 184[3] ---

24. Pangkur

1. kapungkur gunging piwulang | kancil nulya nabda dhumatêng èsthi | kayaparan pamikirmu | apa sun matur nêrang | sowan kangjêng nabi ngatas ingkang dhawuh | têkaning dina kiyamat | besuk apa kang wus mêsthi ||

2. ingsun manut karêpira | apa amung ngêntèni anèng ngriki | dwipăngga alon umatur | bab punika prayoga | lamun sarju paduka ngatasa dhawuh | sowan Jêng Nabi Suleman | benjing punapa kang mêsthi ||

3. manawi kalamèn têngga | wontên ngriki kalirên datan bukti | pados gêsang têmah lampus | dene yèn sampun têrang | benjing dintên punapa ingkang saèstu | paduka kalihan amba | mlêbêt ing jugangan malih ||

4. palguna tanggap ing sabda | yèn mangkono ingsun arsa sumiwi | age unggahna mandhuwur | sarana tlalenira | kancil nulya kinruwêl ing tlale sampun | kainggahakên dharatan | srêk tan rêkasa nèng nginggil ||

5. kancil alon sabdanira | hèh gajaksa [gaja...]

--- 185 ---

[...ksa] sira tungguwèng ngriki | poma-poma wêkas ingsun | ywa sira lunga-lunga | lamun ingsun durung bali aja mêtu | dwipa manthuk kancil mentar | sukèng tyas marwata siwi ||

6. sasat pêjah manggih gêsang | sukuring tyas antuk parmaning Widhi | sèwu yuta nuwun nuwun | lir manggih wukir rêtna | jingklak-jingklak sirig-sirig pacak gulu | wus mangkono kauripan | tan siwah kewan lan janmi ||

7. palguna èngêt ing rena | ingkang anèng pasraman Ngampèlgadhing | praptaning dhepok katêmu | uga samya raharja | dupi antuk rong dina kancil gya emut | ubayane mring dwirada | kang ana ing sumur mati ||

8. enggal dènira wisata | tan kacrita ing marga praptèng prigi | uluk salam ngalaekum | akul mukmin dirada | anauri wangalaekum salamu | kancil ngungak alon nabda | o o bênêr sira èsthi ||

9. ingsun wus ngatas parentah | nyuwun wikan praptanirèng prajangji | kangjêng

--- 186 ---

nabi paring dhawuh | Hyang Kang Murwèng Buwana | durung têmtu panggulunging bumi pitu | tangkêbe bumi akasa | gumantung karsaning Widhi ||

10. ananging pasthi klampahan | rèh wus komram kasêbut dalil kadis | pangandikaning pra kutub | kang winahya ing Kuran | marma kangjêng nabi pangandikanipun | besuk yèn kurang sapasar | paring dhawuh marang mami ||

11. Jabarail kang dinuta | angupaya ngêndi gone pinanggih | dhawuhing Hyang mangke mundur | dhawuh iku pacuwan | tan karilan sabên kewan bae krungu | nanging ingsun sira padha | dhinawuhan ulah dini ||

12. jênêngkên klimah tayibah | rina wêngi kinèn cipta tyas eling | salat sarta sujud rukuk | kadya prentahing Kuran | saha kinèn gêgulang surasèng ngèlmu | kang maksud sajroning tekad | kang cocog surasèng dalil ||

13. mangkana jarwaning cêgah | wasrengatu bila tarekad batil | têgêse sarengat kudu | nganggo ngèlmu tarekat |

--- 187 ---

lamun datan mangkono batal kang laku | tarekat bila makripat | loro iku tanpa dadi ||

14. têgêse ngèlmu makripat | barang kawruh kudu wruh tăndha saksi | surasa myang rasanipun | tanpa kacakrabawa | basukining nala narima satuduh | sajroning atimu ana | patang prakara ngèlmu writ ||

15. iyèku ngèlmu sarengat | tarekat lan kakekat makripati | papat pisan kudu wêruh | kang muksis ingkang pana | jênêng urip wus pasthi jodhone lampus | nèng ngakir nêmu panggonan | kang tan ana ngupamani ||

16. dwipăngga tanggap ing nala | wasitaning kancil kang wus kawijil | mawèh tăndha ahli ngèlmu | sangkêp silaning gêsang | praptèng layu sangkan-paranira putus | gajah matur nganoraga | silakramanirèng urip ||

17. dwirada nir subasita | tanpa kira lamun panggawe sandi | amung ngungun mantêp jêtung | rèh tyase wus kakênan | kênèng wuwus dibya pangulahing [pangulah...]

--- 188 ---

[...ing] ngèlmu | dhasar nyata kancil tama | putus ngèlmu dunya ngakir ||

18. palguna malih manabda | rèhne sira nèng sumur kadipundi | lah apa ta bisa mêtu | saking daya priyăngga | lamun nora bangkit ingsun enggal matur | marang Bagendha Suleman | malaekat kang nulungi ||

19. nanging prayogèngsun gajah | êntèkêna kuwat rosanta dhihin | budidayanirèng kalbu | dene lamun wus tita | nora bisa ingsun ingkang enggal munjuk | brajamuka nambung sabda | yèn namung sêmantên inggih ||

20. kados-kados dèrèng wêgah | ewadene yèn têlas ingkang budi | tan daya amba pukulun | inggih măngsa boronga | wangsul ingkang sampun mung samantên baud | paduka nyingkira enggal | kawularsa mamèt budi ||

21. manawi katut ing kisma | kancil mire gajah tumandang aglis | sarosa gadhing tumanduk | jugrugi ngering nganan | ngarsa wuri têmah longsor punang sumur | warata padha sakala | mangkono [mang...]

--- 189 ---

[...kono] digdayèng èsthi ||

22. aja kang tilas guskara | nadyan jurang pèrèng wrêksa gung gusis | samantara dwipa mêtu | saking tilas jugangan | kancil maksih nunggoni arsa wèh tutur | nulya dwirocana mêndhak | esthane ujung mring kancil ||

23. sarwi matur nganoraga | manuhara mlasarsa milutèng sih | adhuh sang widagdèng kawruh | bijaksa nawung kridha | amba nyuwun barkah puruhitèng ngèlmu | sarengat dinil mustapa | kamukswan tingkah agami ||

24. agama gaman akirat | manjing Islam kangge ing dunya ngakir | amba nyuwun wijangipun | ingkang wijang-wijangan | galur turut têturutanirèng ngèlmu | ingkang kangge ngriki ngrika | rèh paduka akul mukmin ||

25. amba dèrèng nate wikan | kewan wana kang putus ngèlmu jati | cakêp silaning tumuwuh | wanuh lan Nabi Sleman | saha bakit mêdharkên ngèlmu linuhung | marma sadarpa mêminta | sajar wijangirèng ngèlmi ||

26. têdahna ing sangkan-paran | kang sanyata kulèsthi dunya [du...]

--- 190 ---

[...nya] ngakir | nadyan kinèn ambêg sadu | sabar lêgawèng nala | yèn wus têrang gadhuhan kawula tuhu | dados botên lêbar lahan | mangkana sabdaning kancil ||

27. bab iku luwih prayoga | sira darbe cipta kapengin mami | nglakoni mangulah ngèlmu | agama kang sampurna | Islam kudu mituhu rèhirèng rusul | pra nabi kêkasihing Hyang | gampang kewala yun ngèlmi ||

28. ngèlmu apa bae ana | ingkang dakik-dakik atasing urip | abote pitukunipun | gadhuh ngèlmu utama | ingsun kira sira gajah durung cukup | tyas sudirja paramarta | sabar pêrang rina wêngi ||

29. darêdah akèh kang ala | rina wêngi wahyaning pikir silib | kêrêp kalindhih kang ayu | dening jajal jin setan | luwih kuwat panggodha dayaning napsu | yèku lakuning oliya | sapa kang bisa nglakoni ||

30. sayakti mukmin utama | manut ing rèh napsu kang rupa putih | lurus mulus cipta alus | anglês rasaning driya | budi

--- 191 ---

pasèk bidêngah sirna sadarum | yèku kang kasêbut Islam | cocog daliling ngakaid ||

31. unining lapal mangkana | al islamu dabikul nupusati | têgêse Islam puniku | nambêlèh napsunira | kang mangkono ngampah budi cipta dudu | têtêp oliyaning Suksma | budyarja rilambêk niti ||

32. marma ngèlmu luwih gampang | mung lakune kang ewuh dhêmit rungsit | sèwu siji ingkang saguh | nglakoni tyas raharja | ajining wong akul mukmin putus ngèlmu | wranane sabar darana | sêtyeklas raina wêngi ||

33. akèh lamun sun jèrènga | patrapira pêrang lan napsu katri | sabên kewan bae wêruh | ngèlmu agama Islam | mung rêgane luwih larang tanpa petung | rina wêngi nêmbah ing Dat | lan prihatin cipta eling ||

34. iku musthikaning tama | yèn katiban ngèlmu makripat wêning | wênang winruhkên kang jêntus | pathining rasa mulya | iya iku dhalang sajati kang mêngku | mosik mênênga

--- 192 ---

tan karsa | wus tan rumăngsa darbèni ||

35. dwipangga matur sandika | bab punika nuwun sakêthi amin | lampah kang sampun tinutur | cêgahaning makripat | kêdah lampah sabar santa budi sadu | bokmanawi angsal barkah | kawula sagêd nglampahi ||

25. Dhandhanggula

1. lir sarkara sabdanirèng kancil | hèh dwirada rèh sira wus sagah | ngèlmu kinaot lakune | atasing kewan sagung | ing makripat yèn wus ngawruhi | têgêsirèng makripat | wruh rasaning ngèlmu | manjing sajêroning nala | nora samar pramana dat maujudi | tan ana Pangran liya ||

2. anging Allah kang sinêmbah puji | daliling kitab usul pratela | la makbuda pil wujude | Ilallah têgêsipun | tan manêmbah wujud sakalir | anging Allah tangala | wondene patrapmu | anêmbah marang Pangeran | mobah molah mosik mênêng atas Gusti | ingkang samingun basar ||

3. aywa ngaku kuwasa sirèki | paningalmu pangambu pamyarsa [pa...]

--- 193 ---

[...myarsa] | pangucap Allah kang darbe | cêngkrama nèng sirèku | yèn wus têrang tămpa bab iki | tamtu karan wong wikan | măngka panêmbahmu | pramana gusti kawula | iya sira dadi kwula dadi gusti | sirnane anèng sira ||

4. rusul rasul Mukhamad nèng jisim | wus têngaluk jaba jêronira | dene Mukhamad jabane | rasa kapenakipun | lara lapa rasa mêngkoni | rusul mobah pratingkah | awasna bab iku | kabèh kawulaning Allah | dene Allah tanpa rupa tanpa warni | nanging mêngku ciptanta ||

5. upamine yèn sira lagyangling | aningali mirêng tuwin gănda | sapa puniku kang akèn | lan sapa ingkang krungu | sira amung darma nglakoni | sumarah ing saprentah | mungguh Hyang Maha Gung | ingkang sipat kadim baka | tanpa arah nora jaman makam sêpi | nora kacakrabawa ||

6. datan ngalap wiwitan mêkasi | mung jumênêng lawan dhewe nyata | pira-pira pralambange | lêmbut ngungkuli

--- 194 ---

banyu | lumpuh bisa ngidêri bumi | cebol anggayuh lintang | kadayane punjul | kasampar kasandhung kocap | nanging arang sato kewan kang udani | cêdhak tanpa gêpokan ||

7. sarta tanpa lesan lamun angling | aningali tanpa nganggo netra | tanpa karna pamirênge | nuksma ing wicaramu | sajatine gajah sirèki | nora bisa micara | yèn tan ana iku | padhange ngungkuli surya | barang karsa nglindhung karsanirèng Gusti | pungsêngên kang kapanggya ||

8. barang karsa kudu andhisiki | arsa sêmbahyang iku wus salat | lumaku dhisik parane | prentah mring rusul rasul | nora kêna mrêngkang pribadi | maksih angatas karsa | tandhane yèn makluk | datan rumăngsa kuwasa | anging Allah kang sipat sulbiyah yakin | wujud kang tanpa warna ||

9. nanging yèn wus panganggêpmu muksis | saha wus wruh budayaning akal | salin-salin pangwasane | gunge sajagad kêmput [kê...]

--- 195 ---

[...mput] | yèn de[4] ringkês amung satugi[5] | malah tan kăntha warna | sonya êmbuh mau | gajah ywa sira pêpeka | nora kêna mungkir tanpa budi pikir | wus kasandhang nèng sira ||

10. marma dwipa yèn sira hyun ngèlmi | makripat kang kanggo kene kana | yèn wus wruh sipatmu dhewe | nanging ywa sira dhaku | rèhning sira maksih kêkalih | wujud loro jro jaba | uga wênang ngaku | manawa wus warna juga | wujud tunggal iya kawula ya gusti | sah badan suksmantaya ||

11. dene lakuning urip kudu wrin | atasing sato buron wanarga | sampurnakna wruhmu dhewe | lan têgêsing sastra yu | yuning jagad ananing tulis | têgêse jendra dunya | luwih jêmbar nglangut | rahayu kaananira | kana kene ujare pandhita murti | kewan wruh dadya janma ||

12. Sitijênar asal saking wrêjit | dupi ngrungu kang sastra harjendra | nulya dadya manusa ge | dinangu bangkit matur |

--- 196 ---

warnèng jendra rasanirèki | tuwin suwaranira | dene warnanipun | pêcahing lambe punika | maratani mênuhi badan sakalir | ratunirèng antaya ||

13. unine hu umanjing ing tarki | betal makmur basane wong Arab | lirnya bèt omah têgêse | makmur prameyan agung | yeka dhatu karaton suci | kasuciyaning kewan | mungguh aranipun | kang kalumrah băngsa Jawa | têmbung Ngarab alip mutaklimun wakid | lambe nginggil galêrnya ||

14. uga padha mung têmbunge slisir | wong Jawa lan wong Arab tan siwah | nanging surasane cècèg | marma gajah dèn emut | rumakêting ngèlmu sajati | luluh wor sêdya tunggal | wruh pisah myang kumpul | kumandêla ing dat mutlak | kang tan samar krêntêg polah cipta uning | cundhukna dalil Kuran ||

15. kang jinarwan dening pra musanip | tanah ngajam gêlêngan Asiyah | mungguh Allah waskithane | wa allahu ngalimun | bidatisu

--- 197 ---

sudurinasi | têgêse Gusti Allah | ngawruhi krêntêgmu | dhadhaning umat sadaya | marma kudu tingkah polahmu kang yukti | wong tarikul ngapiyah ||

16. rina wêngi pasraha ing Widhi | yèku Islam ingkang ahli ngamal | aywa sah mêmuji dhewe | nèng panggonan kang samun | patitisna kêcaping lathi | mau sun wus wêwarah | yèn sira dikir Hu | ilatmu têkukna cêthak | ngèksi grana luluh tekad kang sawiji | tarèk nakisbandiyah ||

17. yèn sira yun wêruh warna putih | sipatmu têtela rupa seta | nèng ngarsanta kaya kowe | dikira ingkang jumbuh | pandêngên trus ing lair batin | tanganira kang kiwa | nutupa pusêrmu | tumumpang pangkon kang kanan | dikira hu hu hu hu tamtu dumêling | ing sipat seta mulya ||

18. wus sun ringkês pamijangsun èsthi | wuwuhing nugraha ngèlmu rasa | tan ingan budinên dhewe | bab jerenganing kawruh | pami wit pang godhong lan pêntil [pê...]

--- 198 ---

[...ntil] | wuwuhana priyăngga | rèh lajêre sun wus | awèh pancêr marang sira | lamun kewan kawruh mangkono wus inggil | yèn manusa tan arsa ||

19. brajamuka dupi wus nanggapi | sasmita di tumanêm ing puat | sanubari sadayane | tyas judhêg tanpa wuwus | sirnaning was lakuning urip | pangulahing kasidan | andhêpa lon matur | sèwu panuwun kawula | datan bangkit atur walês kang ngiribi | tarlèn mung tuhu sêtya ||

20. botên langkung amba amêkathik | munakawan nglêbur tapak tilas | mèstu mituhu sapangrèh | kancil sumambung wuwus | ingsun trima sêtyanta èsthi | aywa sira tut wuntat | besuk dina pungkur | lamun sira tămpa warta | sarirèngsun sangsara utawa mukti | enggal sira nusula ||

21. lan kancamu dwipa liman èsthi | ingkang padha nèng Krêndhawahana | kang sarju iridên kabèh | myang tularana kawruh | ngèlmu rasa sasmita kang writ | pangawulaning gêsang | dunya ngakiripun [ngakiripu...]

--- 199 ---

[...n] | sun arsa nutugên lampah | mèstu ing tyas nuruti paraning sikil | ngêndi tibaning mulya ||

22. amituhu warahirèng dalil | Kuran pangandikaning Pangeran | kang mungguh kalame dhewe | mantala basa heun | wajidahu sing sapa mamrih | sayakti tinurutan | rahmaning Hyang Agung | lah age gajah muliha | mring wismanta Krêndhawahana wanadri | dwipa sandika mangkat ||

23. datan lami dwirocana prapti | ing wismanya mêpakakên kadang | warga mitra sasamine | samya winehan kawruh | ing makripat dinil agami | tarekat lan kakekat | kathah suka sukur | sadayèsthi muruhita | mantêp têtêp têmên-têmên ing pangèsthi | nglakoni rèh susila ||

24. akèh ingkang angêningkên budi | nglaksanani sabar rila eklas | ucapên kancil lampahe | anjajah singit singup | rumpil sungil kang wêrit-wêrit | ngupa tambahing nalar | lawan kupiya gung | pinulung sajroning nala |

--- 200 ---

wus mangkono tyasing Jawa kang linuwih | saka gênturing tapa ||

25. nênitèni midêr milang kori | jalak paningal kang sêpi sunya | seje wong Eropah wite | pintêr saka winuruk | pangajaran mèstêr kang luwih | sakolah dalu rina | kaananing buku | kagêlung nala ginulang | pan mangkono caraning wong kulit putih | ya ta wau palguna ||

26. dèrèng măngsa praptanirèng gaib | maksih sinêngkêr dening Pangeran | kudu kasangsaya bae | dènnya murang silayu | sring kasandhung dalan waradin | kabêntus ngawang-awang | kasrêg pagêr suru | mangkono ingkang klakuan | agêng alit dahat kabyatan ing cobi | nanging ujaring jăngka ||

27. yèn ing têmbe mêngku wibawa di | jinunjung ing kutu alang taga | samya anganggêp pamase | sinêngkakkên ing luhur | mêngku kukum yudanagari | mancasi sukrêtyèng rat | doracara lêbur | rawe-rawe pêtêng ilang | kawimbuhan [kawimbuh...]

--- 201 ---

[...an] darajading narapati | pati panatagama ||

28. amêngku rat ing jagad kapusthi | mangkya dèrèng pisan kawistara | maksih gumantung kodrate | mokal karsèng Hyang Agung | yun sinêmbah kutu sakalir | kombul ing jagad raya | kasub kondhang kidung | kontap tumutur katular | kotamane ing kukum tyas susiladil | budyarja samahita ||

29. martotama gunardika murti | nora cara nir saking widibya | maling mala merang kabèh | wus karsaning Hyang Agung | jaman kitrah kewan wanadri | mungkul budi raharja | tatakrama putus | mangulah gama sampurna | yèka kancil bakal jumênêng sêsilih | Suleman mulkuning rat ||

26. Asmaradana

1. palguna brangtaning ati | kayaparan raganingwang | nora ana wêkasane | yèn mangkene bae nyawa | tan yogyantuk utama | ngalor ngidul mung gadêbus | adol dora mrana-mrana ||

2. bakale cupêt ing wuri | kagunan lan kasantikan [kasantika...]

--- 202 ---

[...n] | kanalaran tanpa gawe | kasusastran tanpa guna | yèn kurang mêrês tekad | tan tumrah sewaya putu | cabare tumibèng kompra ||

3. yèn sun tan ngupa utami | anak putuku sangsara | lanang mikul wadon gendhong | bagjane dadi ojogan | nyênyunggi mring Samarang | run-tumurun dadi bau | ilang bibiting kusuma ||

4. lan malih lakungong silib | mêmêt lêmbut tan katara | nandukkên goroh tan katon | nanging Dat kang murwèng jagad | kang sipat samak basar | kodrat ngèlmu kayat kayun | waskitha tingkah durcara ||

5. ngawruhi lakuning abdi | ala bêcik kalamollah | nulisi apa anane | saking kodrating Pangeran | ujaring paribasan | yèn kêbak sundukanipun | lawas-lawas kawadaka ||

6. upama uwong mêmaling | nadyan tan ana kang wikan | patrap pratikêling colong | angên-angên pasthi têrang | sapolah laku jăntra | măngka

--- 203 ---

angên-angên iku | kawulanirèng Hyang Suksma ||

7. kaya ta si gajah nguni | gung luhur sakti sudibya | kalana jayèng palugon | prandene sun pala cidra | kaping pindhone iya | ingsun ngrusak timun wuku | anggêmpal têntrêming janma ||

8. nyuda rijêkining janmi | têmahan sun tămpa siksa | ing dunya kang luwih gêdhe | kênèng saya pulut bêndha | kapikut kinurungan | sênik tinindhihan watu | tujune srênggala têka ||

9. ingsun bujuk ujar manis | gugu tyas sona kagiwang | miturut ujar sun goroh | yèn mangkono wus têtela | sun iki doracara | dhuh Allah Ingkang Maha Gung | tobat kula kasaida ||

10. lampah dur ingkang kawuri | yun ngèsthi cêgahing Kuran | ngluhurkên kratoning Manon | yaktyamba dahat nalăngsa | sêdya mituhu jarwa | sarak kitab kang misuwur | warata cakraning dunya ||

11. bab lêthêg gêlahing bumi | durta lanating Pangeran | marma tobat [to...]

--- 204 ---

[...bat] salamine | he bumi langit maruta | saisining buwana | dahana kalawan banyu | para nabi wali sanga ||

12. uliya saha musanip | jamhur pukaha pandhita | naksènana sêtyaningong | yèn têmbe lakua ala | lêbura wor pratala | nulya na swara gumludhug | gêtêr patêr ing akasa ||

13. tranggana surya lan sasi | ngèstrèni kancil tobatnya | cukulaning bumi kabèh | samya muji sukur suka | kancil dènnya prasêtya | bayar satimbuling tutur | bakal sucining buwana ||

14. pamrêsing budi rudatin | tumulya kancil wisata | sêdyèng tyas mring guwa Langse | guthaka têpi samudra | manrang ing wèsthi pringga | anêmpuh baya pakewuh | datan ngetung jiwa raga ||

15. sonya wancaking driya nir | mung ketang druhakanira | patrap dur kang wus linakon | cakraning nala narantang | was sumêlang kabrastha | linglung lalu tekad luluh | lêbura rêjasèng kisma ||

16. karuna waspa drês mijil | lir riris yayah [ya...]

--- 205 ---

[...yah] kinuras | nir deya manrang pakewoh | nulyanjog ing parang tigan | laju ngetan kewala | nurut tirahirèng ranu | nêmpuh trunaning udaya ||

17. ngungun ngrês rarasing ati | pasrah ing Dat sukci mutlak | mêlêng cukuling pawartos | Kuran dhawuhing Pangeran | jaèt samanul janat | wong tapa manjing pituku- | ning swarga dunya ngakirat ||

18. wus aring bab antuk wukir | kang katêmpuh ombak toya | lampahe kancil nut pèrèng | curi tumawing samodra | samantara wus prapta | guwa patilasanipun | Kangjêng Sunan Kalijaga ||

19. saha Sèh Mulana Mahgrib | tuwin Hyang Bathara Suman | nulya winuryan jamane | Sri Naranata Mataram | Sultan Agung ing Kêrta | sinung gawang mawa pintu | tinrapan ing gubah mulya ||

20. ingatur rinêngga adi | natar pinatut araras | sinung têngran guwa Langse | samana kancil kacaryan | sarining kang asrama | rêspati

--- 206 ---

pantês gon nêkung | mangatasing cipta maya ||

21. wiwarèng guwa sawiji | blumbange pasagi papat | angidul ngetan arêpe | dupi kancil waskithèng tyas | umangsah manjing sigra | jêroning guwa luk têlu | dêrês tètèsirèng toya ||

22. ing jêro kadi garimis | ajêg slamine tan kêndhat | botrawi kanan keringe | mili anjog ing balumbang | kancil tumêngèng keblat | silasta tumumpang jêngku | amèksi tikswaning grana ||

23. ciptaning tyasira kancil | nêgês puadul jakiyah | mantêp mathênthêng ciptane | luwiha sasamèng titah | sakti gunardikanya | luhung mati lêbur luluh | yèn tan antuk kang nugraha ||

24. nurbuwat drajad narpati | kasub ing jagad wiryawan | èstu cabar yèn tan darbe | kadibyan amêngku praja | marmane dahat pasrah | ing Dat kang murwèng pandulu | nyumpêt kanang nawa sanga ||

25. napi isbat kang pinusthi | sujud takbiratul [takbiratu...]

--- 207 ---

[...l] ekram | jumbuh ing rahsa rasane | tunggal urip lan kang gêsang | anggulung cipta maya | wus wêning wênanging kalbu | yayah Radèn Dananjaya ||

26. duk anèng Ngendrakilardi | ana rupa tan kapriksa | swara tan rinungokake | ana ambu tan ginănda | mung rukyatu tangala | ingkang pinêlêng wus jumbuh | Gusti lan kawula tunggal ||

27. Arjuna kalawan kancil | mung slisir kewan manusa | nanging surasane cècèg | kamurahaning Dat mulya | tan kalimput ing lêmbat | Indhu Ngarab Cina antuk | sapa têmên tinêmênan ||

28. rèh sipat rahmanirakim | murah dunya sih ngakirat | têmên-tinêmênan yaktos | saciptaning nala têka | nadyan kapir Budaa | nora beda anggêpipun | mung seje patrap kewala ||

29. paminta kanthi prihatin | èstu lamun katurutan | apa kang kinarêpake | nadyan minta ngejawantah | Hyang Suksma kasat mata | têtêmon imbal pamuwus | nora wurung tinurutan ||

--- 208 ---

30. kancil lami nungku puji | tan bukti nginum lan nendra | ngalumpruk jiwa ragane | kari gagra lan usika | lir gusthika wor kisma | mung kêtêg kang maksih wutuh | mracihnani maksih gêsang ||

31. dupyantuk tri warsa nguni | dènnya ana ing guthaka | antuk ilhaming Hyang Manon | tinarbuka ing paningal | nuju dina Jumungah | wayahira lingsir dalu | ngèksi padhanging akasa ||

32. sorot sêmu ijo kuning | agêngnya satabon klapa | pracimantara sangkane | lir cancala praptèng ngarsa- | ning kancil nuli ana | cinandhak-candhak plas mlêbu | saukiran manjing grana ||

33. padhange saya nêlahi | lir bêdhahing langit sapta | datan katon guwa Langse | nuli ana janma wrêda | prapta saking awiyat | paring sêsanti rahayu | kancil gupuh pasang cipta ||

34. mulat mring kang nêmbe kèksi | wênêsing cahya ariya | ngasorkên diwangkarane | ki wrêda lunturing sabda | hèh sira wus tinrima [tinri...]

--- 209 ---

[...ma] | mungguhing Allah tobatmu | dene ta munajadira ||

35. ngungkulana ing sasami | samining bêburon wana | ngidhêpa ing sira kabèh | kukum lan yudanagara | mancasi sukêrtyèng rat | doracara laku dudu | kartane kasrah ing sira ||

36. wus têrang dhawuhing Widhi | kinèn mratakakên sira | ing rata karta têntrême | kang sarta dinil mustapa | milati ibrahima | myang sarengat mukamadun | rasulollah wratakêna ||

37. kang kaping pindhone kancil | dhawuhing Hyang Kang Murwèng rat | sira pinaringan mangke | kalpika di mawa praba | lètêr W pasèt Prasman | gosok Nèdêrlan umancur | sumorot tumejèngkara ||

38. iki kang minăngka buslid | aktê piyagêm wêwênang | pangêrèhmu marang sato | kutu-kutu alang taga | katêkêm nèng astanta | nanging sira kudu-kudu | ngluhurna Bagendha Sleman ||

39. ibnu Dawud prajèng Mêsir | yeka dhêdhuwuranira [dhêdhuwur...]

--- 210 ---

[...anira] | kang kadi sêdyanta dhewe | têgêse sira warăngka | aran nayaka waktra | patihing Suleman Mulku | sira sinung mêngku praja ||

40. antuk pangkat Dyan Ngabèi | Mongpraja Gêbangtinatar | parnahe lor kulon kene | babadên dadi nagara | rèh wus kacêthèng jăngka | Gêbangtinatar praja gung | sira kang murwani yasa ||

41. hèh kancil wruhanta mami | Jabarail malaekat | dutaning Hyang dhawuhake | kabèh sato ing wanarga | miwah buron ing toya | dhawuhing Hyang kinèn mèstu | atasing panguwasanta ||

42. wus biratên dèn têtaki | sêmadimu wus katrima | sigra malekat tan katon | ucapên kancil sêmana | malad ing cipta maya | padhang narawang lir bonu | dyan mahya saka ing guwa ||

43. rampunging sêmadi êning | nèng plataraning guthaka | mulat kidul wetan kulon | ingkang lor kèksi aldaka | laju munggah ing arga | lèrèn anèng pucak gunung | sèndhèn wrêksa [wrê...]

--- 211 ---

[...ksa] truh ing driya ||

27. Mêgatruh

1. gantya ingkang kawuwusa kutu-kutu | alang têtaga kang sami | tampi sasmitèng Hyang Agung | lanang wadon agêng alit | gambirèng tyas mirêng wartos ||

2. gajah warak banthèng macan mesa danu | kidang manjangan myang kucing | gogor rase luwak sênggung | cèlèng kêthèk lan anjani | wa-uwa rangutan bangkong ||

3. myang manyawak garangan tikus truwèlu | babi jaran wêdhus sapi | pêpanthan sabangsanipun | tan ana carup wor linggih | pangkat-pangkat lir traping wong ||

4. ana ingkang mlaku ngidul ngalor sêlur | ngetan ngulon dupi myarsi | swara wanci lingsir dalu | mawa cahya anêlahi | ing langit padhang mancorong ||

5. wênèh ana kang ngimpi ing wanci wau | katêkan wong kaki-kaki | sung wruh nuring rat tumurun | kang antuk nugraha kancil | sêsilihing Sleman Katong ||

6. ana manèh krungu swara anèng luhur | dumêling mratani bumi | mangkana ananing [a...]

--- 212 ---

[...naning] tutur | hèh sato kewan gêng alit | tuwa anom lanang wadon ||

7. mituhua mangkya karsaning Hyang Agung | nurunkên drajad narpati | kang wênang mavsesèng kukum | mratakkên kitab agami | Islam sukcining Hyang Manon ||

8. saha ingkang kajibah mranata padu | padudon sipil kriminil | rusuh saru sirna larut | tinrapan kukuming nabi | Suleman murih kinaot ||

9. musamane anèng trah yogiswara nung | kancil sudibya di murti | ambêg sănta martèng satru | susilèng rèh kramaniti | budyarja paramarta nom ||

10. anêtêpi jăngka wirayating dangu | ing Gêbangtinatar mangkin | dadi nagara karta yu | tur ana ratu kang adil | madhangkên ruwêd pakewoh ||

11. dina iki kanyataning kabar timbul | anèng guwa Langse wukir | tirahing sagara kidul | wus tămpa kalpika buslid | intên lètêr W mancorong ||

12. sarawèdi barleyan Nèdêrlan [Nèdêr...]

--- 213 ---

[...lan] mancur | tumejèngkara nêlahi | mawa wangkawa kêkuwung | ngawêngi cahya rêspati | dene kancil prawira nom ||

13. iku durung têtêp madêg dadi ratu | maksih aran dyan ngabèi | nanging kuwasaning ratu | ginadhuhkên mranata dil | yeka tandhanirèng katong ||

14. bakal ana patih jaksa myang pangulu | wus pasthi kodratullahi | datan salisir sarambut | jayabayaning nagari | ing Gêbangtinatar mêngko ||

15. ya ta sagung kewan wana kutu-kutu | alang taga kumpul budi | sabiyantu samya tunggu | nèng Gêbangtinatar nganti | praptaning musthikèng sato ||

16. saking tanah Balambangan elur sêlur | lumaku mangulon maring | Gêbangtinatar wana gung | samarga-margantuk kanthi | gêdhe cilik lanang wadon ||

17. ing bang kulon tanah Bantên Têluk Bêtung | ing Anyêr saha Ciringin | andulur mangetan sêlur | gumrudug umyung mawarni | pêpanthan bangsane awor [a...]

--- 214 ---

[...wor] ||

18. anèng marga-marga kèh kewan kang katut | lanang wadon gêdhe cilik | sadaya ciptaning kalbu | yun mèstutyarja mring kancil | kang mêngku darajad katong ||

19. kabar anèng Gêbangtinatar gènipun | nêtêpi jăngka kang klair | tarbukaning kanang wahyu | Gêbangtinatar nagari | dene sato kang têmbing lor ||

20. tanah Krawang Crêbon Têgal Gunung Prau | angidul ngetan lumaris | gumlêndhêng saha gumrubyug | singa lumiyat tyas giris | samana wus samya anjog ||

21. kang lor wetan Lumajang Pugêr Madiun | ing Gêndul Lodhaya prapti | nglumpuk anèng Gunung Kidul | parêngan têkanirèki | bagya-binagya kaya wong ||

22. nulya takon-tinakon kang dadi pêrlu | sadaya cocog ngulati | kancil kang wus tămpa wahyu | dadya sêsilihing Nabi | Suleman ratuning sato ||

23. ingkang antuk buslid lètêr W umancur | barleyan kang sarawèdi | cahyane tumeja nguwung [ngu...]

--- 215 ---

[...wung] | ngawêngi sajagad radin | malukat gaib kinaot ||

24. sato kewan akèh ingkang gunêm wuwus | sagêlêngane pribadi | kabèh kănca-kancaningsun | ywa lunga-lunga nèng ngriki | rèh kene timbuling wartos ||

25. kang sawênèh ana kewan ingkang muwus | hèh ta kănca paran marmi | kene karan Gunung Kidul | sapa ingkang asung nami | yèn sun dêlêng saking kulon ||

26. pami ana Yoja wetan parnahipun | yèn saking Pacitan nagri | kulon parnahe kang gunung | kewan tuwa kang mangsuli | lah ta rungokna sun omong ||

27. wukir iki marma aran Gunung Kidul | alas Pajang nguni dadi | nagara karta rahayu | saloring gunung puniki | têgêse kidul saking lor ||

28. kosokbaline lor iku saka kidul | marmane gunung puniki | ingaranan gunung kidul | kidul saking Pajang nagri | karan praptane samêngko ||

29. dene [de...]

--- 216 ---

[...ne] wetan saking kulon pamètipun | kulon saking wetan ugi | pikirên ingkang saèstu | yèn sirarsa nuksmèng murti | aywa kaya wong kang bodho ||

30. bisa clathu wetan êlor kulon kidul | ngisor dhuwur tan pinikir | mung èlu-èlu lir bau | wit kakèkmoyangirèki | tani wudêle sabathok ||

31. wau kewan ingkang anèng Gunung Kidul | satanah Jawa wus sami | golongan sabangsanipun | swara kumrêsêk ting klêsik | pating kadêbug ting clêmong ||

32. ting gadêbug pating grênêng ting katêpus | paksi bêbarungan muni | angêntèni rawuhipun | badaling Suleman Nabi | kang nindakkên karahayon ||

28. Dhandhanggula

1. lir sarkara sumiram ing bumi | buron wana dupi kang sinihan | dening hyang prapta ing mangke | jumênêng badal ratu | saha mawa tăndha kang yakti | warni kalpika rêtna | lètêr W sumunu | pusakèng Nabi Suleman | iya iku jêng kyai [kya...]

--- 217 ---

[...i] malukat gaib | dayane tanpopama ||

2. paringing Hyang saking suwarga di | kang minăngka tăndha amarentah | kutu alang taga kabèh | kuwat masesa kukum | durtèng karta sukêrtyèng bumi | kang dadya mulyèng praja | yeka wus kagadhuh | dumunung nèng swenda kanan | kawarnaa kancil kang umimba saking | guwa nèng pucak ngarga ||

3. wus tumurun ngarah-arah ririh | wisata lon sêdyanirèng driya | Gêbangtinatar lèr kilèn | saking dunungnya wau | samantara samana prapti | tirahing wana Gêbang- | tinatar puniku | rèrèh dupi krungu swara | gumarumung kumrusuk pating kalêsik | gadgadèng tyas wacana ||

4. apa iki dene mawèh miris | angrês raras driya kamigilan | nulya maju nginte-inte | mindhik-mindhik kang laku | waskithèng tyas dupi mangèksi | buron wana mayuta | warna-warna ngumpul | rêrasane nora beda | ngajap-ajap rawuhe badaling nabi | Suleman natèng kewan [ke...]

--- 218 ---

[...wan] ||

5. kang pêparab kancil darma yukti | paran kănca dene nora prapta | ana ing êndi ênggone | kancane nambung wuwus | wruhanira kabar kang yakin | nèng guwa Langse kana | tumuruning wahyu | akiring malêm Jumungah | pangirèngsun nora lawas praptèng ngriki | papan wahyaning jăngka ||

6. prayogane kang sabar ngêntèni | idhêp-idhêp mung padha tirakat | măngsa ilanga lakune | sigêg kang gunêm catur | sira kancil titipana ling | yèn panjênênganira | dadya kondhang kidung | tumutur tumular-tular | sato kewan rêrasane tan salisir | gung alit ngarsa-arsa ||

7. kancil sukur suka ingkang ati | dene tan siwah hidayating Hyang | janma wrêda wirayate | nulya wisata gandrung | dingkik-dingkik mring sela inggil | lungguh ngèksi pracima | sung salam ngalekum | kabèh sato alang taga | sarêng mulat tumênga wêruh yèn kancil | sumunu cahyanira ||

8. sagung sato kewan [ke...]

--- 219 ---

[...wan] ing wanadri | wus tan mamang yèku kang sinihan | kacihna tăndha yaktine | prabèng nurbuwat mancur | sumundhul ing wiyat ngawêngi | wangkawa teja sinang | abra markata wus | asrêp kutu-kutu kewan | lir siniram ing tirta marta sayakti | sadaya ascaryèng tyas ||

9. kawuwusa nguni liman murid | kang dêdunung ing Krêndhawahana | wus pêpak sumusul kabèh | kancil tan samar dulu | pan ingawe gajaksa nuli | marêk anganoraga | tumulya pinêluk | sinung wruh sagung sasmita | kadi dhawuhirèng Hyang ing wanci ratri | dwirocana wus tămpa ||

10. tandya nabda marang sato sami | hèh rêngên ta kabèh kancaningwang | saka karsaningsun mangke | sang kancil ingsun junjung | saking ngandhap sumêngkèng nginggil | Dyan Bèi Amongpraja | sêsilihing mulku | ing Mêsir Bagendha Sleman | ing samêngko wêwakil ana ing ngriki | têrang karsèng Pangeran ||

11. mawa tăndha ingkang măngka buslid | iki lètêr W

--- 220 ---

gosok barleyan | ingkang tumeja sorote | puniki warnanipun | anêtêpi jangkaning nagri | yèn ing Gêbangtinatar | dadya praja agung | dene nalika Jumungah | lingsir wêngi padhanging jagad nêlahi | iyèki ingkang mawa ||

12. wus mupakat parentahing èsthi | sagung kewan umatur sandika | gumyah suka sukur kabèh | angèstrèni jêjuluk | Radyan Bèi Mongpraja Kancil | tumulya uwa-uwa | andonga panjunjung | nurbuwatirèng karajan | tanggap sagung sato kewan samya amin | mugi-mugi lulusa ||

13. nulya gajah dhawuh munyuk sami | nulis pranataning kaurmatan | karaton cara-carane | patrap tataning laku | kirabira wakiling aji | pasthinira kang dina | samantara rampung | mamèt kupiya ing kuna | enggalirèng carita praptaning jangji | ari kanang pangarak ||

14. pêpak sagung têtabuhan sami | angklung bangkilung saruni trêbang | bêndhe

--- 221 ---

campur myang kêkêlèng | barung suwara umyung | akèh kewan kang aningali | kang kayunyun tut wuntat | ing pangarakipun | ngubêngi caloning praja | saha muji pajampuwa kang mandhiri | ywa kênèng sambekala ||

15. wusing rampung pahargyaning aji | kacarita lama-lama arja | iya sakadhaton age | srimanganti manguntur | alun-alun uga wus dadi | baluwarti jinagang | saha plêngkung-plêngkung | tuwin wisma pamulangan | lan pra sada pangusadan panti yatin | masjid sapirantinya ||

16. kathah lamun winarna ing tulis | ya ta Radèn Bèi Amongpraja | amisudha kewan akèh | pangkat sapatutipun | sinung bêngkok ingkang nyukupi | sadaya sukur suka | kang antuk sih lungguh | dene patih saha jaksa | myang pangulu dèrèng têtêp amung wakil | awit kurang kulina ||

17. matah kewan kang dadya pamardi | sastra Jawa Ngarab kanalaran | palanggêran sasamine | saha sakèhing [sakèh...]

--- 222 ---

[...ing] kawruh | lair batin kang ganal aib | tatakrama winulang | patrap mrih rahayu | kanggo salamining gêsang | wusing lami kathah kang pratamèng kawi | nuksmèng budi swarjana ||

18. myang wus ana tataning pulisi | rundha patrol rumaksèng durcara | maling malanirèng akèh | kabrastha sirna larut | kataman ing adil nagari | kèh alas dadya desa | têgal kilèn banyu | ara-ara dadya sawah | panggaotan têtanèn dipun wêruhi | kèh kewan mănca prapta ||

19. sudagar gung busanani nagri | saking tanah sabrang angajawa | santri wêkêl pangajine | sarak Kuran rinasuk | puji dikir angulah dini | dene pandhitèng arga | nungku ing panuwun | kablabaran martèng praja | munajad ring kaluhuraning nagari | nambahi mulyèng radya ||

20. ya ta sira wau dyan ngabèi | dupi wus mukti mêngku wibawa | kèngêtan marang ibune | rêtna yu wêdhus prucul | kang asrama ing Ngampèlgadhing | mangkyarsa binoyongan [bi...]

--- 223 ---

[...noyongan] | kumpul nèng kadhatun | punapadene maesa | êmban kondhangira duk nèng Ngampèlgadhing | samana Amongpraja ||

21. sigra nuduh punggawa myang mantri | kliwon panèwu sapanêkarnya | punapadene pangrêmbe | ingkang tinuduh mêthuk | sumapta wus mangkat tumuli | prapta ing padhepokan | maenda andanu | kaboyong saulihira | rêreyongan ing marga datan winarni | praptèng Gêbangtinatar ||

22. sinung parnah sajêroning puri | maesa wus pinaringan wisma | dahat suka sênêng tyase | wah tampi dana agung | lumintu lir narmada kang sih | maesa mung ingagnyan | sêmadi manêkung | puji dikir ratri rina | marma mesa wêdyasih mring Dyan Ngabèi | derangsung martotama ||

23. wus misuwur tanah ngêndi-êndi | yèn ing Gêbangtinatar samangkya | wus dadya nagara gêdhe | ingkang umadêg ratu | Radèn Bèi Mongpraja Kancil | trah yogiswara tama | rêmbêsing madu

--- 224 ---

tus | bibiting andaniswara | gêmah ripah karta têntrêming nagari | kontap kotamanira ||

29. Asmaradana

1. kasmaran kang krungu warti | kutu-kutu alang taga | ing satanah Jawa kabèh | bang wetan ing Balambangan | bang kulon alas Serang | samya mèstu wêktu-wêktu | mring nagri Gêbangtinatar ||

2. tata tatane lir janmi | seba tungguk gêgiliran | Sênèn Kêmis pasowane | anglêluri adat kuna | anjaga jagèng durta | kang murang silaning ayu | rinoda pinrih widada ||

3. kasub kasumbagèng warti | tumular midrawèng dunya | Radèn Bèi kotamane | satanah Jawa warata | kapraban dibyèng tama | kataman musthikèng wuruk | wus dilalah karsaning dat ||

4. putus ing pamardi yukti | yakti mimbuhi nugraha | tan ana kang merang dhodhok | panêmbahe lair jiwa | bab siyang dalu wutah | ardana warata dinum | gunging pêkir nistha papa ||

5. sasat jumênêng

--- 225 ---

ratwadil | derambêg santa martanya | radèn ngabèi yaktine | lair kukumirèng praja | tan ngeman kadang warga | para santana tan ketung | mung mardi bênêring tata ||

6. nadyan gêtih kulit daging | ingkang tumèmpèl ing badan | kang ala èstu yèn pinèt | binuwang jabaning rangkah | amila prabawanya | lêbda rêratoning kutu | têtaga nganggêp narendra ||

7. purbane nindakkên adil | mung sabênêre kewala | yeka sangsaya luhure | pradata pajra[6] pujăngga | suci cakraning dunya | wus dene agamanipun | winulangkên ngèsthi pana ||

8. pramana kawruh ingkang writ | kang mangulah akmaliyah | napi isbat dikir tarèk | ywa kongsi nalisir cipta | kang ngikêt kawruh muhtas | sangkan-paraning tumuwuh | ing dunya ngakir kadriya ||

9. sira radèn angabèi | mratandhani hèrucakra | mangkono mungguh wardine | hèru pardikane liya | cakra iku tikswara | panungkuling kutu-kutu | tan marga saking [sa...]

--- 226 ---

[...king] warastra ||

10. mung srana sajarwa yukti | sinarah traping agama | sêsênêngan pangèsthine | tan nacad kawruhing liyan | sumarah saciptanya | nanging tindaking praja gung | tataning nagara krama ||

11. bab lakunirèng pulisi | santosa ngupa durjana | ngrusak pitênahing ngakèh | cinêgah kukuh akuwat | ala kang durung klampah | ywa kongsi ana pakewuh | wuka kasalahanira ||

12. marma sayuking kumêlip | tan ana winancak-driya | parentah tan golèk-golèk | yèn nyata adil pradata | sabên ana prakara | seba pribadi nênuwun | adil tibaning krampungan ||

13. dyan ngabèi amung musthi | tajêming pèn saha nalar | prakara kang têka dhewe | ruwêd rêntênge pinancas | yeka mulyaning praja | tatane angasta kukum | cocog lan daliling Kuran ||

14. satuhuning kayat kayi | wajibu darbea tata | kukum sabênêr-bênêre | kudu ngupa mardi tata | darma karsanirèng [karsa...]

--- 227 ---

[...nirèng] Hyang | jaba jêro ana kukum | nora pisah dalu rina ||

15. jajah desa ana adil | myang gunung jurang guthaka | tan ngamungkên praja bae | samoa sinung pranatan | desa-desa ngadesa | ana kapalane dhusun | sato kewan kang micara ||

16. sinungan sor-soran sami | kaum carik kamituwa | kabayan juru pawartos | marang kuli buwah desa | warata kèhing prentah | ajêg pasebane kumpul | mring kapala pêndhak dina ||

17. sajêrone pitung ari | pratela apa ananya | mangsuli praja arjane | ngungkurkên wukir samudra | akèh lêlangênira | pacêngkraman bandhung-bandhung | wangunan anyar kawuryan ||

18. baksana boga mêpêki | cêcukulan lata-lata | tan rêkasa pangamèke | luwih gampang ngupa jiwa | lantaran nambut karya | ya ta mêne kang winuwus | anuju dina samana ||

19. wontên arina sawiji | saking ing

--- 228 ---

Gêbangtinatar | mulih mangetan lampahe | menggok ngalor sêdyaning tyas | wismane wanalapa | sigra-sigra lampahipun | marga onêng garwa suta ||

20. dupi praptèng wana sêmin | ing ngriku wontên narmada | Kalioya panêngrane | ananging buthêg toyanya | rèh banjir măngsa sanga | kidang nyabrang têpèng ranu | suku papat manjing lagya ||

21. ana yuyu ambêg drêngki | wêruh kidang nyabrang toya | nuli sinupit sukune | kang ngarsa amprune pêcah | dalêdêg gêtihira | arina kagyat ing kalbu | sambat adhuh iki apa ||

22. kang karya laraning sikil | winawas datan katingal | kang awit buthêg banyune | enggal mêntas ngalor ngetan | kidang ngèksi brananya | têtela pêcahing ampru | darbyèngêt yun praptèng lena ||

23. sanadyan têkaning pati | yèn wus ana wismaningwang | bisa wêruh anak bojo | sigra kidang lampahira | samana platuk [platu...]

--- 229 ---

[...k] seta | mêthêngkruk nèng kayu gapuk | wêruh yèn arina mlajar ||

24. pambalape sipat kuping | si platuk gawe suwara | matuk kayu muni thor thor | kidang kagèt tambah nratab | sêrik rèh kinênthongan | palayune maksih têrus | nglangkahi tambining gayam ||

25. ing kono sêlaning tambi | kadunungan anak lingsang | maksih jabang lanang wadon | kang tuwa kurang wêweka | dilalah karsaning Hyang | kidang midak bayi iku | tan wruh kongsi praptèng wisma ||

26. maksih udrasa rèh miris | anak bojone karuna | sarwi atakon purwane | winangsulan tan uninga | mung warah duk nèng toya | wêruhe wus nandhang tatu | kang èstri karya usada ||

27. tatu wus tan nyumêlangi | gantya kang kocapa lingsang | kang nèng paran lanang wadon | wus antuk ingkang sinêdya | ulihe sigra-sigra | praptèng wisma nuli wêruh | sutane sami pralaya ||

28. tatu dhadha têrus [têru...]

--- 230 ---

[...s] gigir | gilang-gilang rah balabar | kamiwêlasên sakloron | kontrang-kantring asêsambat | ngaruara gulungan | tan bisa wêruh ing sunu | bab patine kasangsara ||

29. anjêrit swara mêlingi | nuli klêngêr èstrinira | kang priya adhêlog-dhêlog | săngga uwang rawat waspa | wêkasan alon nabda | hèh uwis mênênga gêndhuk | wus pasthine anakira ||

30. nora kêna dèn singgahi | cinitra anèng loh kalam | lokil makpul duk ngadame | ujare daliling kitab | kang gumêlar wêwarah | idajaa ajaluhum | layastakiru sangatan ||

31. mangkene têgêse yayi | kala tumêkaning ajal | tan darbe karsa sadhèlèt | samênit kewala tanpa | marma sira nrimaa | muhung mituruta dhawuh | anggêr nawala pradata ||

32. jêroning bab ping pat mêmuni |[7] kalamun ana srilara | rajatatu sasamine | kinèn têngara gundhala [gundha...]

--- 231 ---

[...la] | pasthi yèn prapat têka | bab kaping limalas nyêbut | srilara bakal kapriksa ||

33. mănca pat limane ngriki | kang kajibah angupaya | catur dasa ri wangêne | kudu olèha katrangan | tăndha saksi kang nyata | dene wèt Nèdêrlan kasbut | bab ping salikur uninya ||

30. Sinom

1. pangrawit lêlurah desa | yèn ana bangke kang wajib | darbe atur ing parentah | tan kêna ngowahi mayit | saka ênggonirèki | amila prayoganipun | yayi sira titira | minăngka atur wêwarti | sigra lingsang èstri ngunèkkên gêntangan ||

2. thung thong thung thong karungu lyan | tăndha ana karya gati | akèh tăngga desa têka | sigra patinggi mriksani | niti ananing pati | kang dadya wit sababipun | wus mupakat yèn kidang | jangkah ămba tapak lancip | lamun capu cèthèk tapaking maenda ||

3. akèh kewan kagawokan [kagawoka...]

--- 232 ---

[...n] | miyat punang mayit kalih | nanging wus têtela têrang | tan mamang ingkang matèni | ngalor ngetan paraning | kidang ijèn tapakipun | kuwuk lurahe desa | sigra sowan Dyan Ngabèi | Amongpraja Kancil ing Gêbangtinatar ||

4. enggal prapta ngabyantara | cumundhuk muka wor siti | sinrênging sabda hèh brewa | sebamu tan dèn timbali | lah apa ana kardi | sêmune gati lakumu | kang dinangu aturnya | tiwas cabaring pulisi | wontên bangke bayi kalih anak lingsang ||

5. wontên sangandhaping gayam | tatu dhadhanya trus gigir | saking pangintêning prapat | pinidosa ing sasami | sabab tilas katawis | tapaking kidang saèstu | ngalèr ngetan larahnya | Dyan Bèi buka wèt dhistrik | bab ping sèkêt têlu pranatan indiya ||

6. unine dhistrik yèn tămpa | plapuran saking patinggi | ana bangke lan srilara | kawajibakên kumisi | nulya dandan miranti | upas jinêman [jinêma...]

--- 233 ---

[...n] sêpiyun | palwaga sima dwipa | dhèrèk tindaknya dyan bèi | samantara prapta sangisoring gayam ||

7. Amongpraja dupi priksa | bangkening bayi kêkalih | gilang-gilang rah balabar | ing driya wêlas tan sipi | ngunandika dhuh gusti | kawula nyuwun pitulung | durcaraning buwana | sintên kang yogya natasi | kajawi mung kawula pun Amongpraja ||

8. mugyantuka barkah tuwan | kapikuta kang tan yukti | kang kalayan têtela trang | saha kang apsah ing saksi | nulya radèn ngabèi | dhêdhawuh kinèn angukur | saking tăngga patrolan | sigra ingêkar satiti | jinajagan watgataning bangke lingsang ||

9. kamot anèng prosès pêrbal | umur lan cirining mayit | tuwin sababing pralaya | apa kang dadèkkên pati | sawusing titi rêsik | punang papriksan kaatur | gajagsa myang sardula | warak sami anèkêni | myang kapala desa kaum lan kabayan ||

10. dene [de...]

--- 234 ---

[...ne] lingsang èstri priya | gugate uga tinulis | mulabukane pratela | iku saksi ăngka siji | pangirane kang kardi | patining sutanira mung | kidang ingkang dinakwa | saking tapak kang katitik | cècèg lawan para kumisi aturnya ||

11. wus têrang cocog mupakat | nulya Amongpraja kancil | dhêdhawuh nimbali kidang | gogor warak kang tinuding | kuwuk măngka pangirid | rèh kajibah ngupaya dur | kinèn ngiring aristan | tumbak canggah aywa lali | kaladèkna kidang mring Gêbangtinatar ||

12. kori sarayuda mentar | mring wismèng kidang tumuli | dyan ngabèi kondur sigra | prapat kanan kering kerid | lingsang karo tan kèri | anyarêngi bidhalipun | bangke wus ngupakara | caraning lingsang ngêmasi | dyan ngabèi tan dangu wus praptèng praja ||

13. pêpak para saksi gumlar | ibut carik nambut kardi | ngrêsikkên sêrat papriksan | sakabèhing juru tulis | wus sami amumpuni | tan [ta...]

--- 235 ---

[...n] ana nganggo tinuntun | limpat-limpat sadaya | manitrèng kartas nyênêni | tan sulaya ukara lêpiyanira ||

14. yèn juru tulis manusa | arang kang bisa nyukupi | trakadhang baut micara | cotho yèn mriksa prakawis | ana kang bangkit nulis | êtraping ukara kisruh | kadhang sawênèh ana | carik ngaku bisa nulis | ting jêmpalik nglarah nglantur ngayawara ||

15. tumpang-suh abali-bola | anggêpe wus bisa nulis | yèn tan tinuntun ukara | kacêmutan lir wong dlêming | seje lan Dyan Ngabèi | Amongpraja carikipun | kêthèk lutung rangutan | ingkang dinadèkkên carik | cêkak cukup brêsih titi sastra cêtha ||

16. wus nora ana cawangan | tan pati nuntun yèn nulis | bênêr rampak tanpa jidar | gampang singa kang ningali | saking wus olah budi | mangkono wong mangan wuruk | prayoga dèn telada | nahên kang winarna malih | sarayuda wus pinanggih lan [la...]

--- 236 ---

[...n] arina ||

17. andhawuhkên pêrlunira | ingutus Mongpraja kancil | kinèn animbali sira | kidang yèn băngga sun wisi | kidang nauri inggih | sandika umèstu dhawuh | parentahing nagara | kidang pinusara nuli | sigra kerid malêbu marang nagara ||

18. datan dangu anèng marga | prapta sumaos ing ngarsi | radèn ngabèi ngandika | hèh kidang apa kang dadi | sababe dèn talèni | wêcaa bae wong bagus | ywa sira matur dora | parentah waskithèng wèsthi | aturipun amba tan darbe prakara ||

19. ginrêjêg lajêng kabêsta | kairing sagung pulisi | sumakta tumbak lan canggah | ngêntosi bukti tan kenging | rèh prakawis kriminil | nanging kilap sababipun | sapunika paduka | mundhut priksa paran marmi | èstu kodhêng manah kawula bêndara ||

20. amba tiyang tani yuta | datan darbe ika iki | salami kawula gêsang | dèrèng nate dèn talèni | ing wau

--- 237 ---

pra pulisi | mikut amba winayungyung | kaarak lir pangantyan | tumbak canggah ngarsa wuri | akèh sato kewan kang kapapag nyimpang ||

31. Pangkur

1. kapungkur aturing kidang | Dyan Ngabèi maos sêrat pêrklaring | mangkatên ungêling têmbung | atur kula pun lingsang | klayan têmên purun nyanggi sumpah ulun | umur tigang dasa warsa | klairan ing wana Samin ||

2. griya wontên ngandhap gayam | dintên Kêmis jam sanga tanggal kaping | wolulas Sapar sutèngsu | inggih taun punika | amba sami kalaipan ngupa butuh | sarimbit lan rabi amba | anak kawula dwi kèri ||

3. sawêg umur tigang wulan | jalêr èstri wontên wisma pribadi | sêlaning tambi gènipun | kintên-kintên tigang jam | jam satêngah sawêlas kawula mantuk | rare kalih sampun pêjah | tatu dhadhanipun sami ||

4. gilang-gilang kuthah êrah | tandya kula nabuh têngara titir | samya tandang tăngga ulun | lurah lajêng papriksa | sami gadhah

--- 238 ---

kintên tapak kidang mlayu | ngidak sutamba karweka | dèn maha têkaning pati ||

5. kawula datan tarima | nyuwun adil kangjêng parentah nagri | wit saking têmêning atur | tăndha dumuk kawula | titining kang dakwa surasane cukup | nuli maos prosès pêrbal | papriksanirèng pulisi ||

6. kumisi têtela têrang | myang pêrklaring aturing para saksi | kidang krungu dahat ngungun | aturing pasakitan | dhuh bêndara radèn ngabèi saèstu | midak bayi anak lingsang | inaning lingsang pribadi ||

7. nilar suta ngandhap gayam | Dyan Ngabèi Mongpraja ngandika ris | kapriye kidang karêpmu | sarupaning kainan | sêdya sira patèni sarèhning luput | yèn mangkono sabên ana | kang kainan pasthi mati ||

8. putêg kewran tyasing kidang | nêdya ngikal dirgama ing panangkis | matur mangkatên witipun | sumăngga ginaliha | awitipun midak bayi kongsi lampus | bab amba kagèt ing

--- 239 ---

nala | dèn gêndhongi platuk putih ||

9. kawula dahat trataban | sigra mlajar midak bayi tan uning | platuk ingkang karya gugup | giris-giris tyas amba | tinulisan arina paturanipun | Dyan Bèi nulya dhêdhawah | animbali platuk putih ||

10. alap-alap kang lumampah | samantara platuk wus praptèng ngarsi | kapriksa pun paksi platuk | sira matèni lingsang | bayi loro sabab sira gawe kuwur | mring si kidang nulya midak | bayi kongsi têkèng pati ||

11. awit kalakuanira | agêgêndhong matuki kayu garing | sapiraa yèn tan nêmu | prakara tan dadyapa | balik lamun ana prakarane iku | tinarik dèn ukum sira | utang pati nyaur pati ||

12. ature platuk nalăngsa | mêlasarsa èstu kawula asring | matuki kajêng kang gapuk | kang awit wisma amba | wontên tigan dipun pitênah ing satru | kêmamang dhustha ing lampah | tanpa ngeman mring sasami ||

--- 240 ---

13. nyuluhi gowok kawula | katêmahan amba êngrêm tan dadi | bilih bayi nuntên lampus | kang wontên ing gowokan | bilih kula gêndhongi kêmamang rikuh | kapinujon wontên kidang | katênta kula tabuhi ||

14. sumăngga karsaning prentah | pangadilan sigra dhawuh nimbali | kêmamang prapta ing ngayun | kapriksa aturira | èstu sabên dalu obor-obor muhung | murih padhangipun lampah | kang awit pun garèng gati ||

15. rêmênipun pasang saya | netra grana amba kenging piranti | sumăngga atur pukulun | purun nanggi supata | garèng gati tinimbalan praptèng ngayun | dinangu umatur singlar | pasang klamar dèn akêni ||

16. măngka pangupajiwamba | sampun angsal takdir kodrating Widhi | bayi mila kongsi sêpuh | kados bênang wujudnya | saking dubur wahyaning kêlamar wau | sapintên kiyat kawula | purun-puruna masangi ||

17. kêmamang dahat sudibya | awit klamar

--- 241 ---

kawula sangêt ringkih | sumăngga parentah luhur | dene pamasang amba | ngangkah kinjêng ingkang dahat kumalungkung | enjing sontên jêjogedan | tayuban tan bosên sami ||

18. punika kang kawulangkah | măngsa borong parentah dènnya galih | amba tiyang tani pikun | tan sagêd matur dora | sigra kinjêng tinimbalan wus cumundhuk | ngarsaning prentah pradata | kapriksa kawrat pêrklaring ||

19. tinurut awit arina | têkèng kinjêng pinriksa matur mungkir | têmên jogèd nglaras lagu | angon pathêt wirama | pun canthoka nabuh găngsa siyang dalu | slendro pelog sabên dina | surèngrana gambir sawit ||

20. amba sakănca jogedan | dyan ngabèi utusan animbali | sarpa mandi kang ingutus | wus kerit pun canthoka | praptèng ngarsa kapriksa mungkir kang atur | bab mêjahi lingsang kijat | yèn nabuh găngsa ngakêni ||

21. siyang dalu datan kêndhat [kê...]

--- 242 ---

[...ndhat] | awit padhang saking kathahirèng ting | pintên-pintên atus èwu | pandam pating kalêncar | konang ingkang sugih dilah petroliyum | bêndara dipun galiha | atur kawula puniki ||

22. titining pulisi tama | kèhing sandhan wus sami dèn tariki | konang ingandikan sampun | kapriksa matur nyata | dêdilahan datan kêndhat sabên dalu | mangkatên atur kawula | mugi kagaliha mangkin ||

23. purwanipun sêsuluhan | margi ajrih yèn kenging wisa mandi | pun lele saeka kalbu | sami masangi borang | dahat mandi sintên ingkang kenging èstu | lajêng pêjah dening borang | manawi amba coloki ||

24. borang kang ampuh katingal | wela-wela kawula sami nyingkir | parentah dupi myarsa tur | konang aturanira | sandhan lele tinimbalan wus cumundhuk | kapriksa ature blaka | anjèrèng nalar ingkang wis ||

25. kawulèstu [kawulè...]

--- 243 ---

[...stu] pasang borang | sabiyantu sakănca amba sami | kang sadarpa ampuhipun | rèhning kathah druhaka | pun rêkatha bêkta canggah siyang dalu | sumangkeyan patrapira | kamipurun ambêg luwih ||

26. saênggèn-êngèn sumêngah | datan ngeman dhatêng sasami-sami | kang parêk cinanggah purun | sumăngga ginaliha | sigra-sigra pulisi nimbali sampun | yuyu kerit pinusara | rikatan sumaos ngarsi ||

27. Dyan Bèi Kancil Mongpraja | angandika mring yuyu kang nèng ngarsi | hèh yuyu wêruhanamu | marma sira binănda | ana mayit lingsang warisira matur | sirèku kang gawe pêjah | bapak biyangne minta dil ||

28. purwane ngaturkên kidang | midak sutanira ro têkèng pati | arina wus ingsun dangu | mungkir nora rumăngsa | jawabira wit saka patraping platuk | platuk ingsun priksa kijat | sandhan mring kêmamang nuli ||

29. kêmamang wus ingsun priksa | uga mukir sandhan si garèng gati | parentah [pa...]

--- 244 ---

[...rentah] nilas ing laku | dangu si kêmlandhingan | tan rumăngsa ngaturake kinjêng iku | si kinjêng sandhan canthoka | canthoka konang dèn aprik ||

30. dupèh gawa êting padha | pangadilan mriksa si konang nuli | konang sandhan buron banyu | lele amasang borang | nuli lele sun priksa uga tan ngaku | mungkir dènnya karya pêjah | masang borang angakoni ||

31. sababe amasang borang | rèhning sira yuyu kang kumasakti | kumering-kering kumlungkung | tan pisah-pisah canggah | rêkatha tan darbe jawab mung tumungkul | marêbês mili kewala | ngrasa patrape ingkang wis ||

32. Pocung

1. pan amocung parentah papriksanipun | ubêtirèng nalar | yuyu dhrodhog datan ajrih | watêkira jirih tumuli balaka ||

2. nguni ulun nyapit suku kidang mlaku | wontên lèpèn Oya | samantên buthêk rèh banjir | tanpa sabab panyapit amba mring kidang ||

--- 245 ---

3. dhuh pukulun kang kawasa ngasta kukum | atasing tumitah | marma prasaja pun dasih | saking ajrih damêl susahing parentah ||

4. sanèsipun punika amba datan dur | sampun malih ingkang | mêjahi lingsang kêkalih | warnanipun kewala dèrèng uninga ||

5. prentah dangu apa nyata kidang iku | sinapit sukunta | duk nyabrang Oya sirèki | sikilira ngarêp iku ingkang kiwa ||

6. kidang jumbul mirêngkên aturing yuyu | e e nora nyana | si yuyu kang nyapit sikil | kidang matur lêrês pun yuyu punika ||

7. inggih èstu suku kering gèn ampêru | amba mèh pralaya | sadarpa sandeyèng ati | tumulyamba lumajêng midak pun lingsang ||

8. sêdyèng kalbu enggala wruh rabi sunu | nanging rikalanya | watgata sukwamba nguni | tan uninga saking edaning rêkatha ||

9. têrangipun sarêng wontên ngriki matur | amba duk kapriksa | sapisan ngaturkên paksi | platuk seta kang karya sêriking nala ||

--- 246 ---

10. mangkya yuyu sampun ngakên têrang têrus | kawula tan trima | minta adiling nagari | lah sumăngga suku kula kapriksaa ||

11. tatunipun krowak maksih sêmu biru | sawêk timah-timah | nulya rahadèn ngabèi | andhawuhi sarayuda kinèn mriksa ||

12. inggih sèstu arina aturanipun | cundhuk lan rêkatha | dènira akarya kanin | wus kapriksa malih yuyu ing pradata ||

13. hèh ta yuyu dene sira nyapit suku | kidang kala nyabrang | apa sababe ing nguni | yuyu matur tanpa sabab mung sêmbranan ||

14. sêmana wus trang ngaku papriksanipun | nuli tinulisan | kamot ing sêrat pêrklaring | Dyan Ngabèi Kancil Mongpraja ngandika ||

15. wruhanamu para saksi-saksi iku | saha pasakitan | padha lêbokna ing sêpir | prakarane kudu munggah marang landrad ||

16. ingkang mutus sabab prakaraning yuyu | presidhèn rat sambang | kang kuliling mubêng nagri | wus mangkono [mangko...]

--- 247 ---

[...no] unining anggêr Nèdêrlan ||

17. besuk Saptu èlêp rat yustisi mêtu | lingsang èstri priya | lan patinggi kêna mulih | lamun ana timbalan enggala seba ||

18. bubaran wus sadaya saksi tinutup | marma pinanjara | awit saksi kèmbèt juti | sêsangkutan jawabe tumbak-tinumbak ||

19. kinjêng platuk kêmamang kidang puniku | garèng gati konang | kodhok lele malbèng bui | datan pae manusa adiling praja ||

20. iya iku pulisi yogya tiniru | blandhit ruwêt samar | ewuh pakewuh asungil | suprandene bisa antuk katêrangan ||

21. saking putus pamarsudining laku dur | jlimêt anon warta | paribasaning pawèstri | kang wus komram ngêdom-dom sumurup toya ||

22. tan kadulu jarum lumêbu ing banyu | mangkono manusa | yèn kinon ngupaya juti | lah miriba pratikêle Amongpraja ||

23. yogya dèn nut lêlakon iki saèstu [sa...]

--- 248 ---

[...èstu] | yèn jaman samangkya | sêpiyun ngupaya titik | anèng paran nyêkêl layang gawe umbag ||

24. songar umuk biwara dèn go narutus | nrèthèk sabên pakan | mung golèk kalèlèt yakti | yèn micara nèng hunpoa lir adpokad ||

25. kèh kang krungu bisu tuli wuta wêruh | yèn iku utusan | labêt umuke tan sipi | kawarnaa kang anèng jêron kunjara ||

26. sampun dangu saksi saksènira yuyu | ingkang anèng wisma | lingsang wus dene patinggi | dhinawuhan arsa linandrad rat sambang ||

27. ari Saptu dinane kang wis tinamtu | kinèn sami seba | pêpaka jam sanga enjing | ngadhêp landrad pasamuwaning para rat ||

28. samana wus têkaning ari kang tamtu | ki pangulu jaksa | punggawa gêdhe ngrangkêp lid | wus pêpakan nèng bale landrad samana ||

29. sangkêp cukup prajurit kang jagèng kewuh | kori sarayuda | upas jinêman miranti | dene ingkang măngka wadananing jaksa ||

--- 249 ---

30. dwirada gung mungguh kang dadya pangulu | yeka uwa-uwa | palwaga kang dadi gripir | andaka kang măngka lid numêr sajuga ||

31. loro têlu sima warak samya lungguh | sadayambêg nalar | mring kukum Nèdêrlan ngênting | dene uwa-uwa wus nuksma ing sarak ||

32. datan dangu èlêp rat yustisi rawuh | Radèn Amongpraja | para garap angurmati | gita-gita tataning nagara mulya ||

33. Dhandhanggula

1. mêmanisi kumpuling para lid | agêng alit sumaptaning tata | ingkang jaga pakewuhe | sirna wancaking kalbu | lir pranata Nèdêrlan bab ping | rong atus sêlawe prah | panjaganirèng dur | anèng pasamuwan landrad | wusing pêpak pasakitan saksi-saksi | pangagêng urut lênggah ||

2. presidhène nèng kidul pribadi | kiwanira kang lungguh pragosa | nuli pangulu keringe | jaksa ingkang sumambung | angubêngi meja sawiji | samya kursèn sadaya | nulya têngênipun | presidhèn lid nomêr juga | numêr loro [lo...]

--- 250 ---

[...ro] praptèng têlu lunggyèng kursi | prabawa lir mandaya ||

3. wus tinata panggonaning saksi | aywa kongsi bisa sêkaitan | mring sakitan mamrih rèwèl | presidhèn adhêdhawuh | pasakitan kinèn nimbali | wus sumaos ing ngarsa | wèt Nèdêrlan nyêbut | rongatus patang puluh pat | kudu priksa wisma umurira tuwin | kang dadya panggotannya ||

4. sampun titi presidhèn tumuli | dhawuh marang wakilirèng jaksa | gajah kinèn ngunèkake | pandakwa kang ingatur | anêtêpi anggêr bab kaping | rongatus kawan dasa | gangsal ungêlipun | sawarnining pêpariksan | lan pandakwa jaksa ingkang paring uning | mring saksi myang sakitan ||

5. nyêbutakên ing purwa madya nis | dyan dinangu kidang mulanira | platuk kamamang arèntès | mlandhingan kinjêng wau | kodhok konang lele turnya ris | sadaya dipun sumpah | sadèrèngnya matur | paturanipun tan siwah | kadya ingkang sampun kasêbut pêrklaring | trangginas gripir landrad ||

--- 251 ---

6. sajêrone pranatan ing Indi | bab ping satus sangang puluh papat | iku gripir wêwênange | kang nulis anèng buku | datan kêna nurun pêrklaring | kudu trang gugat jawab | ijoaning ngriku | myang panangkising sakitan | mungkir ngaku gripir kang kudu nulisi | mangkono salaminya ||

7. nulya gugat saksi ăngka siji | tinimbalan sumaos ing ngarsa | ingagnyan sumpahe dhewe | jaksa kang nuntun wuwus | ki pangulu ingkang nampani | katib nyêkêli kitab | ingungkulakên wus | mangkana prasêtyèng lingsang | dêmi Allah rasulollah lamun kidib | ywantuk barkahing Kuran ||

8. ingkang arsa amba unjukkên mring | kangjêng priyagung kuwasèng landrad | nulya lingsang matur barès | lir ature ingkang wus | purwa madya wusana titi | presidhèn angandika | apa nyata yuyu | sêkawit kidang anyabrang | sigra kidang tinimbalan majêng ngarsi | sadaya matur têrang ||

9. cocog datan ana [a...]

--- 252 ---

[...na] kang salisir | para saksi miwah pasakitan | dhinawuhan mundur kabèh | presidhèn galih kukum | mring pangulu jaksa para lid | lir anggêring panimbang | bab kaping rongatus | wolung puluh ro pratela | pangulu kang garani tibaning adil | mamèt daliling Kuran ||

10. uwa-uwa aturira aris | ingkang kasêbut wontên musakab | mangkatên lapal ungêle | man katlayu katilu | pardikane wong kang matèni | yaktine pinatenan | jaksa lid sarujuk | bab rongatus wolung dasa | gangsal wus sah patang prakara mêpaki | panimbanging para rat ||

11. sampun cundhuk kumpuling pêrgadring | nora ana siji kang sulaya | kukum anggêr myang kitabe | pancasing rèh kang dudu | arès saksi gya dèn dhawuhi | majêng wus anèng ngarsa | tata urut lungguh | kancil presidhèning landrad | adhêdhawuh mring sakitan saha saksi | hèh padha sumurupa ||

12. bab prakara patinirèng bayi | anak lingsang kang nèng

--- 253 ---

ngisor gayam | si yuyu iku purwane | sêmbrana ala nganggur | nyapit sikil tanpa prakawis | bakal ingukum kisas | nanging maksih tunggu | arès ponising nagara | Mêsir Kangjêng Nabi Suleman ratwadil | kang wênang ngukum kisas ||

13. dene kidang sabab dadi margi | midak bayi lingsang kongsi pêjah | kênèng paksa nyambut gawe | sataun lawasipun | platuk lawan kêmamang sami | karone padha salah | gawe laku dudu | tămpa paukuman krakal | nêlung sasi kodhok kinjêng garèng gati | konang ngrong sasi paksa ||

14. dene lele kinrakal sêsasi | wus mangkono êtraping wasesa | lajua tumapak bae | dyan presidhèn paring wruh | marang yuyu kang kukum pati | hèh yuyu sawusira | mangkono putusmu | sira arêp matur apa | supayane golèk mayarmu pribadi | yuyu matur sandika ||

15. mung mangkana ciptanirèng ati | iki kukum kasalahan ingwang |

--- 254 ---

sungkan nganggur dadi rèwèl | nêrak walêring ratu | têmah tămpa adiling nagri | sumăngga aturira | amba tan darbyatur | samana landrad bubaran | pasakitan binalèkakên mring sêpir | pranteyan nambut karya ||

16. dene para saksi lan patinggi | santerone samya dhinawuhan | mulih ring wismanira ge | angêntènana dhawuh | arès ponis saka ing Mêsir | Suleman wicaksana | bêbênêran luhur | lingsang tyasira gambira | sukur sukurira amarwata siwi | wêdyasih ing parentah ||

17. kang mangkono kukuming Hyang Widhi | dadi paribasan adilollah | kang wus kalair jatine | prakara samar lêmbut | amung Gusti kang sipat ngalim | waskitha ing alêmbat | wong ala katêmu | kalakuan palacidra | nadyan nora ana kang wruh lami-lami | kawadakèng prakara ||

18. tumibaning wêwalês nagari | kukum adil dadining prajarja | jêjêg ngawruhi lakone | kasub pratamèng lêmbut | amancasi sukêrtyèng

--- 255 ---

nagri | kang rawe-rawe tatas | titis têtês têrus | ing anggêr kukuming kitab | brêsih titi tata laraping prakawis | mimbuhi kautaman ||

19. marma wajib atasing aurip | gêgulanga kukumirèng nalar | kukum iku bènèh-bènèh | sanadyan bapa babu | sadulur myang tăngga têpalih | têpungan sasanakan | ana kukumipun | marma aran Amongpraja | amarsudi pranatan tataning urip | marah ing pangadilan ||

20. yèn wong urip wus bisa ngadili | sajêroning ati ana jaksa | patih pangulu presidhèn | kang wajib mêngku kukum | angukumi barang sakalir | sadulur mitra sanak | tuwin bapa biyung | kasêbut swarjanotama | kotamane ulah tata tuwin adil | kanggo sadina-dina ||

21. dene kewan sadaya puniki | sajêroning raga ana praja | kang bisa amatrapake | sayakti nora ewuh | barang wuwus barang panganggit | gitaning murtitama | yeka aran [a...]

--- 256 ---

[...ran] kawruh | ngèlmu kang luwih utama | bênêr luput jroning ati dèn kawruhi | sugih miskin datan was ||

22. padhang nrawang ingkang pikir wêning | sênêng urip tumêkèng antaka | kukum praja sakarone | lire jêro ing kalbu | anglakoni ayuning budi | sabar paramartèng tyas | nanging kanthi mahkum | têgêse duga prayoga | lire adil jaba lakuning nagari | tan pae jêronira ||

23. kang mangkono gêgolongan ngèlmi | budi ayu nuksmèng agal lêmbat | duga watarane ngêntèk | titi utamèng laku | lakuning wong swarjana murti | karsayu nyamahita | pamêngkuning idhup | wêruh jaba jêroning tyas | iku Kancil Amongpraja kang binudi | dayèng sinau nalar ||

24. jaba jêro kang dèn aji-aji | kudu dèn ajar ing kautaman | wit raga manut sapangrèh | kana kene kacakup | marma ngupa cukuling ati | saka sajarwèng liya | mungsuh dadi wuruk | arda murka dadi [da...]

--- 257 ---

[...di] wulang | kere ngêmis gawa bathok mituturi | kang nglangut lamat-lamat ||

25. nyamut-nyamut ingkang durung tampi | wulang saka badanirèng liya | tanggapa tyasira anggèr | kang ala mulang bagus | wus dene wong kang tindak bêcik | nanging kang durung tunggal | budi aywa gugu | aywa ge-age cineda | lan aja bèrbudi sarta aja cêthil | wruha adil jro jaba ||

26. pira-pira kang gumlar ing bumi | bocah cilik mulang marang sira | wong tuwa nuntun mring kowe | arda dupara iku | nanging nyata wasita iki | upayanên supaya | jajah ing pangawruh | dadya kukum jroning nala | lêlantihên apalna sajroning ati | papan kang tanpa sastra ||

27. têgêsira tulis tanpa mangsi | yèn wus manjing sajêroning garba | kalamolah kakikine | kitab kang băngsa luhur | wingit muluk nglangit tan kèksi | muhung wong wicaksana | ingkang bisa wêruh | marma ywa pêpeka sira | gêgulanga duga wataraning urip [uri...]

--- 258 ---

[...p] | lair batin prasaja ||

34. Gambuh

1. gambuh ingkang kawuwus | arès ponis mangkya prapta sampun | saking Mêsir rat gêdhe kang wus pêrgadring | Suleman kang maha agung | prakara yuyu kapêdhot ||

2. putus rampunging rêmbug | radyan bèi mangkana kang dhawuh | mring dwirada dina Saptu benjing-enjing | èstuning paseban kukum | sadaya kinèn mirantos ||

3. saha saksi sadarum | pinêpakna anèng alun-alun | kori sarayuda prajurit kang baris | gajaksa aparing wêruh | yuyu kang anèng jro gêdhong ||

4. mangkana dhawuhipun | hèh rêkatha dina Saptu sesuk | sira èstu katrapan adil nagari | nêtêpi putusing rêmbug | ginantung tumêkèng layon ||

5. ana ing alun-alun | saking dhawuh amung lêt sadalu | saksi-saksi lanang wadon lan patinggi | wus sami sumaos kumpul | Kancil Amongpraja miyos ||

6. dene pancakanipun [pancaka...]

--- 259 ---

[...nipun] | pagantungan wus samaptèng ngriku | yuyu saking panjara ingiring mijil | gumrudug kang urung-urung | kumêrab sato kang nonton ||

7. wus pêpak lunggyèng ngayun | ponis saking Amongpraja mulung | tinanggapan ring jaksa punang kintaki | gajaksa nulya dhêdhawuh | hèh yuyu rungokna mêngko ||

8. iki layang ponismu | sun wacane akèha kang krungu | dadya conto mrih ngati-ati ing wuri | măngka kaca bênggala gung | mulang sakabèhing sato ||

9. ringkêsan kang kasêbut | ingkang awit asma Kangjêng Mulku | kang abaris ingaban plasêntir guwir | iyèku kurmat panjunjung | tata luhuring karaton ||

10. surasèng ponis cukup | ringkêsaning nalar kang kasêbut | saksi-saksi saha panimbangirèng lid | ngaku pamungkiring yuyu | tibaning krampungan layon ||

11. kancinganing srat nyêbut | wèt sêtatblad pathokaning rêmbug | kang kinarya wêwaton [wêwato...]

--- 260 ---

[...n] pancasing pati | tuwin kukum sarakipun | yuyu munggah pancaka lon ||

12. lawe sumingsêt gupuh | dyan pinêsat rêkatha gumandhul | wusnyantara yuyu yitmakanira nir | ragane kèri gumantung | tandya ingudhunkên alon ||

13. susawa sinungkên wus | marang lingsang jalêr èstri gupuh | tinampanan gya dèn mamah têkèng mangkin | lingsang pakanane yuyu | sigra bubar kabèh sato ||

14. akèh kewan kang ngungun | dupi wêruh kasêntikanipun | Amongpraja dènira nibakkên adil | dadya lupiya sawastu | dening walang taga sato ||

15. jatine kang ginantung | têkèng pati kewan kang sami wruh | kang supaya dina wuri padha eling | ngungkurna panggawe dudu | ngarêpkên budi krahayon ||

16. kang wus mati nora wruh | mung kang urip padha amituhu | ing parentah tata têntrêming nagari | saka prabawaning kukum | kabèh idhêpa pakewoh ||

17. samana saya guyub | sato kewan [kewa...]

--- 261 ---

[...n] satanah Jawa gung | wêdi asih mring Sang Amongpraja Kancil | sêtya tuhu ngèstu dhawuh | kang tungguk kang rondha patrol ||

18. wus sasat ratu agung | kèhing kewan tan kêna ginunggung | lamun nuju paseban Sênèn lan Kêmis | ajêg jêjêge lastantun | kataman paramarta nom ||

19. dupyantara wus dangu | arjanirèng praja dhusun-dhusun | gêmah ripah pasir wukir loh jinawi | doracara sirna larut | akèh kang makbud Hyang Manon ||

20. tan pêgat limang waktu | ngluhurakên karaton Hyang Agung | akèh kewan kang dadi ngulama mukmin | kang măngka lêlurahipun | wa-uwa pratamèng kewoh ||

21. pintêr mring sarak putus | tajêming tyas rina wêngi sujud | makbudollah narupakkên cipta êning | anglanggêngakên pamuruk | mukmin akèh kang sumaos ||

22. kèhing dalil ginêlung | têmbung Arab têmbung Sam têmbung Rum | Kitab Kuran kang mêmêk kang wêrit-wêrit | datan kewran wus kacakup | sigêg gantya kacariyos [kacari...]

--- 262 ---

[...yos] ||

23. wontên sawiji bajul | dibya sakti santika gung luhur | apêparab Kyai Lurah Kalasrênggi | kang kahyangan anèng kêdhung | kali Lêrêng jêmbar jêro ||

24. waktu samana nuju | măngsa katri tanpa ana têruh | kali ingkang cilik-cilik asat sami | kang gêdhe mèh tanpa banyu | têmah arang bathang anjog ||

25. marang ing Lêrêng wau | santerone kali Lêrêng ngriku | yèn janmaa pacêklik larang rijêki | kèhing wiyangga nênuwun | salat kajad mring Hyang Manon ||

26. kang măngka adat bajul | yèn ngupaya bukti bathang buthung | nora mêtu saking sajêroning warih | sarèhne cilik kang ranu | arang ana bangke sato ||

27. nanging satunggal wau | kang sadarpa murka tyasira dur | marma kongsi katêlah Ki Kalasrênggi | putus pratikêl mrih dudu | yèn rugu parane adoh ||

28. kongsi prapta ing gunung | wana-wana têbih saking banyu | amila tan kongsi kêkurangan bukti | asring ngrodapaksèng laku |

--- 263 ---

ngincih yèn wêruh bêburon ||

29. lasar têguh timbul tus | putus lamun maeka mring makluk | yèn sêsaba mring dharatan alas Pripih | kadhang munggah gunung Jêruk | kambah kiwa têngên kono ||

30. baya siji puniku | kang nglurahi kali Lêrêng wau | saking nakalira karan Sambangmargi | kèh dalan mati witipun | bajul kang laku mangkono ||

31. paksa kuwawa dir gung | kathah sato kewan kang kadaud | kaprajaya dening buaya wêwêri | samana ing dina naptu | Kalasrênggi luru sato ||

32. wus antuk kongsi tuwuk | turon[8] sukunirèng gunung Jêruk | ing jugangan papane asilir-silir | kang sarta bantalan uwuh | maskumambang kang gumantos ||

35. Maskumambang

1. kanan kering jugangan akèh wit jati | dene nginggilira | wontên prabatang wus lami | rungkat sumendhe ing êpang ||

2. kintên-kintên sampun wontên gangsal warsi | dene agêngira | kalih elo winitawis | panjangipun kawan [ka...]

--- 264 ---

[...wan] cêngkal ||

3. wus adate baya lamun mêntas bukti | anjajah wanarga | raga cape sigra ngisis | kasilir ing samirana ||

4. bajul anèng jugangan sênênging ati | turu ngenak-enak | nuli ana sindhung prapti | bajra riwut păncawora ||

5. prabatang kang sumendhe têmah ngêbruki | nanging tibanira | nora ngêbruki mring Srênggi | amung nasabi jugangan ||

6. ambanira jugangan wau watawis | rong mètêr Nèdêrlan | ujure limalas kaki | jrone patang elo lawas ||

7. mujur ngetan kang măngka prabatang jati | ngulon rubuhira | dadya srêg nanging nasabi | buaya kagèt trataban ||

8. wus mangkana kamokalaning aurip | dene tan katiban | mung katindhihan sathithik | baya dahat ngungunira ||

9. nulya dêdêl ngungkil mrakungkung kang gigir | saking gênging batang | jati ingkang anindhihi | êntèk rosane tan kangkat ||

10. siyang ratri dêdêl saha ngungkil-ungkil | nanging tanpa daya |

--- 265 ---

marma putêg ciptèng srênggi | gêrêng-gêrêng garayahan ||

11. mahyakakên măntra dibya guna sakti | sadarpa mêmalad | kang nala sayuta sêdhih | nanging maksa tanpa daya ||

12. lêsah lêsu lês-lêsan lir pendah ngimpi | panon sunar jênar | nar-naran mung nyipta pati | munajad ring dhèwèkira ||

13. nuli muwus kaniaya têmên angin | sun tan darbe utang | nadyan kaki buyut mami | kaya uga nora utang ||

14. pageneya têka gêthingmu kêpati | apa dhêm-êndhêman | akèh kaananing bumi | mung ingsun ingkang kêbrukan ||

15. dhuh dewaku Hyang Baruna kang ngwasani | bêburon ing tirta | wêlasa mring Kalasrênggi | umanggih siksèng prabatang ||

16. sangsayarda bingung dahat mêpêt ati | mangkana ciptanya | kayaparan awak mami | sapa yogya angsung wêlas ||

17. măngka ingsun iki putus marang ngèlmi | apa sun mêminta | tulung marang Maha Sukci | yèn Allah pasthi tan bisa ||

18. nora ana Allah bisa mitulungi | lamun [la...]

--- 266 ---

[...mun] têtulunga | yaktine dudu Hyang Widhi | nulya bajul nabda sora ||

19. gêmbar-gêmbor tulang-tulung jêrat-jêrit | ing alama-lama | antuk kalih dasa ari | kèri gagra lan usika ||

20. labêd datan boga tuwin ngombe warih | wus estha gusthika | tangise sangsaya ririh | sabab saking lêsahira ||

21. amung kèri gêrêng-gêrêng ngrintih ririh | samana wus pasrah | ing nala narimèng pati | nulya ana dwi andaka ||

22. jalu èstri sami mantuk saking nagri | dene wismanira | ing wanarata kang nami | Mukammad Salèh pardikan ||

23. dêdêg agêng luhur mêmpênging birai | dèrèng darbe suta | antukira nêdya mampir | pawong-mitrane andaka ||

24. dhatêng wana Pangasih sipêng saratri | enjing dènnya pangkat | ngidul ngulon mampir malih | mring gunung Jêruk mèt boga ||

25. kathah tarulata pradapa asêmi | nutug panadhahnya | midrèng têtirahing wukir | banthèng miyarsa suwara ||

26. mêlasarsa [mêlasar...]

--- 267 ---

[...sa] nangis ngaruara ririh | anggêgèndèng trisna | Amad Salèh nabda aris | hèh yayi sira rungokna ||

27. ana swara udrasa gêgèndèng ati | yeka sêsambatnya | payo yayi dèn ulati | yèn sato kênèng rubeda ||

28. ingkang èstri sarujuk lajêng ngulati | samana wus panggya | ênggoning tangis kang ngrintih | ana sangisoring watang ||

29. baya ingkang katindhihan kayu jati | banthèng duk wruh wêlas | wus darbe kira yèn sakit | katindhihan ing prabatang ||

30. dahat jêngêr gêtun ngungun banthèng kalih | nulya alon nabda | Mukammad Salèh lan srênggi | karana apa buaya ||

31. ingsun kira nèng kene sira wus lami | kacihna swaranta | sêrêt netyanira lutih | lah ta sapa aranira ||

32. kali ngêndi baya kang sira omahi | mrene golèk apa | Srênggi mangsuli wor tangis | hèh banthèng wêruhanira ||

33. panêngranku wong akèh kang angsung nami | Kyai Adipatya | Kalasrênggi [Kalasrêng...]

--- 268 ---

[...gi] krajan mami | kali Lêrêng kulon ika ||

34. nadyan baya sun iki dadi bupati | amasesèng tata | mancasi dora dur karti | putus saliring kagunan ||

35. tamtu bae sira maido ing ati | nanging iya layak | ingkang angarani kidip | dene nèng kene purwèngwang ||

36. têkèng dina iki wus rongpuluh ari | nguni sun cêngkrama | ngèksi wana-wana wukir | sayah nuli sun sareyan ||

37. nèng jugangan kang sun turoni puniki | romot-romot kathah | suda prayitnèngsun tan wrin | yèn dhuwur ana prabatang ||

38. durung suwe nèng kene bajra gung prapti | ngrubuhkên prabatang | bagyèngsun nora nindhihi | wus antuk rongpuluh dina ||

39. datan nendra tan bukti lan nginum warih | sun ngantêp karosan | dêdêl batang datan kongkih | japa măntra nora guna ||

40. kèh kamayan mujijad dayaning budi | sirna tan tumama | wus takdir kodratollahi | yèki marganing pralaya ||

41. mung gêtunku lawas [la...]

--- 269 ---

[...was] têmên nora mati | marma kamahyangan | bagyèngsun tanpa upami | brangtaningsun tulungana ||

36. Asmaradana

1. wuwuse sarwi anangis | ngrêrêpa noragèng sabda | hèh banthèng wêlasa mringong | wêtokna saking sangsara | luwara duhkitèngwang | lamun sira tan têtulung | luhung untapna pralaya ||

2. tumêkaning jaman sukci | sukur sèwu sira bisa | ngungkil watang jati kiye | sun kira kalamun sira | guyub saeka karsa | lan rabinta barêng junjung | pasthi kuwawa sun mahya ||

3. luwar saka ing bilai | sun mulih mring wismaningwang | nglairkên bungah sun banthèng | katêmu swami lan putra | sêlir parara-rara | kang wus lawas ngayun-ayun | iba sukaning wardaya ||

4. apamanèh sun tuturi | mulyèngsun saka ing sira | kang nyambungi umur kowe | mendah dene kabagyanta | sajagad tanpa sama | kabotan olèhmu mikul | nampani piwalês ingwang ||

5. kaul sun yèn bisa mulih | mring kali Lêrêng wismèngwang | iba

--- 270 ---

ontungira banthèng | sun darbe uni yun ganjar | sawiji akik loyang | wus warna kalpika mancur | ngungkuli cahyèng jêbarjat ||

6. êmbanane wêsi kuning | akèh barkah sawabnya kak | sapisan slamêt jisime | kapindhone mêngku drajad | ping tri sugih arta mas | sêsotya sasaminipun | ping pat sinihan ing jagad ||

7. dene punang wêsi kuning | puniku ratuning braja | waja wêsi mandi kawon | tênung blutak wisa tawa | jin setan bubar sirna | ing nguni pêparingipun | Nabi Kilir Maolana ||

8. prabawa kang gêdhe malih | luwih parlu mungguh sira | yèn nganggo ana jroning we | kêdhung talaga samudra | blas sirna lir dharatan | tan krasa nèng madyèng banyu | sabarang apa pratela ||

9. puniku dayaning akik | tamat lir ana dharatan | andaka lamun siranggo | anèng pucuking sungunta | sun kira nora sêsak | lananga wadona iku | kang nganggo padha sêktinya ||

10. lan manèh ujar sun nguni | sing

--- 271 ---

sapa têtulung ingwang | junjung watang jati kiye | sun arsa kaul nayuban | kang sarta ăndrawina | ngaturi para tumênggung | bupati măncanagara ||

11. sagara kidul puniki | bupatine pira-pira | saha asistèn residhèn | wadana asistèn kathah | mantri pulisi dêmang | myang kliwon riya panèwu | mantri sapangrêmbenira ||

12. pakampungan urut margi | asri tinon saking ratan | omah gêdhong pagêr tembok | toko lusmèn Jawa Lănda | sabên dalan prapatan | toko cina lan pak candu | wong adol sabarang ana ||

13. pasar gêdhe pasar cilik | gumêlar dêdagangannya | kang mancèrèt kang mancorong | pating krêtip pating glêbyar | kang èdi endah-endah | triko sutra lakên bludru | warna-warna neka-neka ||

14. pèni-pèni raja-pèni | gurubakal guru-dadya | ingkang pêtha wala ijo | gêlang kalung timang jlebrah | suwêng mêntul jungkat mas | pinatik barliyan mancur | pasèt [pa...]

--- 272 ---

[...sèt] jumêrut lan mirah ||

15. ali-ali warni-warni | lintring tajug myang bandhilan | gunung sapikul dhapure | barliyan pasèt klethekan | mas ore dhêdhacinan | dhuwit uga tanpa gunggung | sêmat rupiyah têngahan ||

16. talèn kêthip sarta kêlip | benggol sèn bribil Nèdêrlan | wang krêtas atusan ewon | nyèkêt nyalawe nyadasa | saiba sênêngira | lan malih punaginingsun | yèn sira wus praptèng kana ||

17. sungu tracakmu sun rukmi | tinarètès ing barliyan | kang tig-tig iba abyore | sun uga duwe kêmasan | sarawèdi ing Banjar | sun kon gawe kalung gumyur | orloji mas timang jlebrah ||

18. swaminta ingsun praboti | suwêng kang panunggul sanga | intên nyakêpêl gêdhene | sumping kalung gêlang kana | tuwin kang larap sutra | èstu rinta tambah ayu | kaya Rarasati swarga ||

19. yèn wus sami sun dandani | wastra lakên bludru sutra | sun arak [a...]

--- 273 ---

[...rak] gamêlan gêdhe | slendro pelog myang musikan | cokèk angklung tarêbang | ingiring ngulama jamhur | mudyastuti marang sira ||

20. mubêng bètèng drèl ngurmati | pistul bêdhil kolontaka | mriyêm ting glêgêr swarane | arsa nunggang apa sira | krêmun joli jêmpana | bèndi siyas kareta kus | ingsun sadhiyani sira ||

21. ăndrawina rina wêngi | lampu sèwu ingsun pasang | diyan dhudhuk gantung triyom | rêsbang kursi meja kênap | minuman kas-êkasan | janèwêr bètêr lan pèrmut | sampanyê anggur myang konyak ||

22. sêtrup amaneka warni | banyu ès banyu Walănda | bir marsala myang anisèt | pêpak kabèhing minuman | akèh lamun ingetang | srutu pêpak tanpa petung | ampêg ampang gurih ana ||

23. pêpak ananing jaladri | sun tuturi pêpanganan | taho cing sonjin tang kuwèh | pastil kênari widaran | kêringan bangkèt adas | mari myang kombinatiyun |

--- 274 ---

pêpak wutuh têtromolan ||

24. bludêr podhêng prol myang lapis | soklat makrun kêmbang gula | pankuk kongkuk lawan kulbèn | lidhah sardhin lan martega | salêm masakan sabrang | bêstik ase lapis sêmur | jangan sop gorèng-gorengan ||

25. sambêl gorèng pête èbi | dhèndhèng ragi dhèndhèng bakar | bakmi sosis lan capjae | mihun tahu gorèng ana | sêgane warna rolas | wedang tèh gulane batu | tekone gondhok kêpikan ||

26. yèn esuk wedangan kopi | sinaring nganggo pêrêsan | utawa kuninging êndhog | cèrèt kumrêngsêng tan kêndhat | anèng anglo kewala | rina wêngi lamun ngunjuk | ajêg angête tan gêla ||

27. dene kang darbèni akik | pilihan jroning samodra | ing kono tan ana loro | iya amung jênêng ingwang | kang darbe akik loyang | marma mukti run-tumurun | nutug main pêpanganan ||

28. mêmangan madon madati | apyun [a...]

--- 275 ---

[...pyun] pirang-pirang rêmbat | ingsun esuk sore nyêrèt | ngêcêng candu garang bakal | tayungan awar-awar | bakale sugatanipun | banthèng marang sira benjang ||

29. puluh-puluh wong wus dadi | punagi sing sapa bisa | nyambungi urip sun banthèng | sun tuturkên garwa suta | purwèngsun urip mangkya | sirèstu inguthun-uthun | widada sinung pradana ||

30. abot kapotangan urip | kang nyambungi umur sira | sasat malaikat kaot | Ngijrail prapta sung nyawa | manawa sira wêlas | sarimbit padha sarujuk | jongkèng sisih kulon wetan ||

31. sanadyan sun têkèng pati | yèn wus panggih garwa putra | maris pusakèng sun kabèh | dhuwit pirang-pirang yuta | măngsa anaa ingkang | ngêdum yèn sun durung mantuk | dadi ngamal siya-siya ||

32. lan waris dadi bupati | sun srahkên putra kang ngarsa | saking bojo tuwa dhewe | kang pantês nampani drajad | sukur yoswèng sun dawa | anakku dadi tumênggung [tumêng...]

--- 276 ---

[...gung] | ingsun pribadi bupatya ||

33. payo banthèng jalu èstri | lairna wêlasmu padha | marang sapadhaning sato | kang dahat nêmu sangsara | lunturna kawlasanta | nulya banthèng èstri kenyut | mring sabda kang amiluta ||

34. sadarpa wêlas lan melik | ujar pratignyaning baya | Ki Adam Salèh sabdane | hèh ta yayi kayaparan | si bajul minta wêlas | prabatang bisane glundhung | saka gigiring buaya ||

35. ingkang èstri anambungi | dhuh kyai prayoginira | dipun tulungi lêrêse | adatipun kasangsaran | yèn tinulungan luwar | nêtêpi prajangjinipun | sanadyan pun baya cidra ||

36. kang sipat samingun basir | yakti datan kasamaran | mring kang têtulung krahayon | paribasaning ngakathah | wiji sinêbar padhas | lawas-lawas masthi tuwuh | puniku ngamal utama ||

37. punapa malih pun Srênggi | darbe atur kathah-kathah | punagi kasagahane | yun nyukani akik loyang | êmbanan [êmbana...]

--- 277 ---

[...n] wêsi jênar | sumăngga kyai puniku | kajêng sami dipun ungkal ||

38. jinongkèng saking sakêdhik | sisih sewang kilèn wetan | sarana sungu kemawon | nanging baya prayoginya | ingantêp kang pratignya | têmên-têmênirèng kalbu | arsa angsung akik loyang ||

39. nulya dèn antêp pun Srênggi | sêtyatuhu wus supata | banthèng ro tumandang age | mahyakkên kêkuwatannya | angungkil kering kanan | umanjing karnun tumanduk | dangu datan kangkat-kangkat ||

40. mrês budi wikrama wrêdi | mathênthêng urat myang tulang | bayu kulit daging kabèh | mandhak mijilakên lênga | tala ing punuk rata | midrèng ăngga sasat adus | yèn kadibyaning andaka ||

41. Bandung Băndawasa dadi | prabatang jati wus kangkat | kagila-gila rosane | sawusing mênga buaya | brangkang mêtu saksana | blonging tyas ananging nglumpruk | ăngga tan bangkit gulawat ||

42. bab anèng kono wus lami | tanpa boga arang

--- 278 ---

nendra | marma samubarang cape | baya alon sabdanira | banthèng ingsun atêrna | mring kali Lêrêng krajanku | aywa tanggung karyotama ||

43. lawan bakal anampani | wêwalês kang tanpa timbang | aywa wancakdriya banthèng | angun-angun nambung sabda | yèn mangkono karsanta | ingsun tutkên salakumu | aja sumêlang ing nala ||

44. dyan lumaku nglêlêr rindhik | saking lêsahirèng raga | pêt-pêtan mêtu konange | tăndha yèn dahat ngrêkasa | panon sumunar pita | kuning sabarang kadulu | alon sabdane buaya ||

45. kayaparan awak mami | dene wus nora kuwawa | bok ingsun gendhongên banthèng | babarpisan kadarmanta | tumulung kauripan | aywa tanggung karya bagus | basuki susilotama ||

46. wruhanta budyayutami | paramarta mrih widada | rila eklas ati salèh | ngamal katur ing ngayunan- | ing Dat kang murwèng ngalam | aywa mamang laku bagus | Pangeran sipat ngaliman ||

--- 279 ---

47. banthèng ciptanirèng ati | ingsun tulungane pisan | mokal cidraa wuwuse | rèh dudu bangsaning rucah | isih buaya têngah | tăndha kasaguhanipun | awèh barang neka-neka ||

48. yèn tan darbe nora bangkit | muwun kang kaya mangkana | tumulya bajul ginendhong | ing gigir de suku ngarsa | kang loro ngrangkul jăngga | sirahe tumumpang punuk | banthèng wadon atut wuntat ||

37. Pangkur

1. samantara lampahira | praptèng têpining Pragawănta kali | nuli anyabrang ing banyu | rèhning măngsa katiga | cêthèk bae banyune kang dudu kêdhung | banthèng nulya pasrangkara | mudhuna wus praptèng kali ||

2. mlakua sun atut wuntat | măngsa ingsun tegakna sira srênggi | bajul muwus mêlasayun | payo banthèng ngidula | wruhanira Bagawănta iki dudu | karaton ingsun andaka | kali Lêrêng kidul iki ||

3. yèn wus tumêkèng têmpuran | Lêrêng Bagawănta dumadi [du...]

--- 280 ---

[...madi] siji | wus parêk lan karatonku | udhuna jroning pura | kang supaya para putra garwa mêthuk | wêruh sira gendhong ringwang | saiba bungahe sami ||

4. pramanakna yèn wus cêdhak | ana tăndha manik warih dumêling | mangidul sathingthik wêruh | sitinggil brajanala | sri panganti dana pratapa kadulu | banthèng lêga nalanira | baya maksih anèng gigir ||

5. wus têbih antaranira | saya ngidul mundhak jêro kang warih | saput sampil toya sampun | banthèng malih wuwusnya | lah buaya nèng kene prayoga mudhun | baya bêkuh aja-aja | katanggungan gawe bêcik ||

6. ngidula sathithik êngkas | ingsun kira rong puluh cêngkal kèri | yeka alun-alun ingsun | aywa uwas sumêlang | mêlang-mêlang watir bab jêroning banyu | lamun barêng lawan ingwang | nulya banthèng ngidul malih ||

7. anjog têlênging narmada | tyas kumêsar ciptanira ing ati | krasa ginêgêt kang punuk | cinêngkêrêm ing cakar | mracihnani

--- 281 ---

baya murang silèng ayu | banthèng muwus mring swaminya | hèh nyai balia nuli ||

8. aywa sira atut wuntat | nadyan mati yayi salah sawiji | têrang yèn baya mrih dudu | druhaka arda murka | nulya ingkang èstri cangkelak wus wangsul | jinjit wus tan ngambah lêmah | nglangi nulya têkèng pinggir ||

9. klithihan anyungar-nyungar | ngetan ngulon bingung wêlas ing ati | wêruh lakine nèng banyu | kaloloh ing pitênah | nêdya labuh ambyur kang priya mring ranu | nanging tan awèh têmahan | nèng tawing kewala ngèksi ||

10. dènnya samyadu karosan | ngantêp paksa ambêg dibya gunasti | punang banyu lir kinêbur | banthèng wus tanpa daya | rèh punuke wus kinakahan ing bajul | kapindhone kalah rosa | sabab dudu băngsa warih ||

11. mênang ingkang darbe blabag | banthèng sabên minggir tansah tinarik | ginèrèt mring têngah banyu | nadyan pinggiring padhas | nanging malah ana têlênge ing kêdhung | gobag-gabig [go...]

--- 282 ---

[...bag-gabig] lembak-lembak | buaya ascaryèng ati ||

12. wus mangkana buron tirta | ing nguni wus cape tan bisa mosik | dupi wus kambah ing banyu | pulih dadak sakala | kuwat manèh saha ngisêp-isêp punuk | suku ngarsa nyêngkrêm jăngga | kang wuri nyêngkêrêm sampil ||

13. buaya wus tanpa wêlas | muhung eling sato dharat mring warih | kalasrênggi sabdanipun | mèsêm winor pangerang | sira banthèng wus pasthi dadi mangsanku | kewan dharatan mring toya | nora wurung sun jêjuwing ||

14. sun pragad sun rêncak-rêncak | rèh mêmangsaning wiyangga sirèki | têka kumasura purun | sungil rumpil sirambah | dudu sanak pawongmitra kwanuhaku | mandhak satru kang wus nyata | pêpêsthèn kodratullahi ||

15. dadi panganing buaya | santerone bêburonirèng warih | saha kewan samudra gung | padha doyan mring sira | narimaa kinarya pista bangsaku | sadaya isining toya | akèh kang nganggo

--- 283 ---

sèrèpin ||

16. sarat dhasaring pikuwat | lah sandhangên banthèng ganjaran mami | aywa katanggungan bagus | budyambêg paramarta | martotama utama samining makluk | rila daging tega laya | lara tan mundur sanyari ||

17. kang mangkono sabilollah | wruhanira dêdalan ring Hyang Widhi | kêtampan sêmbah bêktimu | sah sira ngaku Islam | awit wani nêtêpi unining usul | saka kaoling ulama | lapal kang mangkene iki ||

18. kandhane kang ahli kitab | al Islamu dabikul nupusati | têgêse wong Islam iku | nambêlèh napsu lirnya | ala napsu dene nyawamu sun kêlun | nrimaa akiring dunya | ing akirat nêmu swargi ||

19. kang langgêng tanpa wusana | luwih nikmat munpangat swarga nangim | seje kang lir awak ingsun | wus kapir na-kumuna | pasthi lamun nraka jahanam sun têmu | kêkêl nora luwar-luwar | cundhuk lan dalil ngakaid ||

20. wa ama kapiru pinar | pardikaning [par...]

--- 284 ---

[...dikaning] kapir sajroning gêni | salawase nora mêtu | marma banthèng nrimaa | ywa sumêlang sira pasrah daging punuk | dadia sidêkahira | Gusti Allah ngudanèni ||

21. saiki nadyan tan ana | ananging Dat mulya ingkang mangèksi | wallahu ngalimun guyub | Allah priksa ing lêmbat | kalamolah nulis ingkang tanpa dhawuh | nyathêti klakuan umat | ala bêcike katulis ||

22. sirèku banthèng sarjana | murtyèng titah salèh budyayutami | raharja nuksmèng silayu | dêdana nyamaita | krêtartèng tyas nirmala wus nora keguh | gagah kuwat ngudi wirya | wicaksana ahli budi ||

23. kongasing jagad wiryawan | midrèng dunya pinacak ing pawarti | Lănda Jawa tuwin Mlayu | angabarakên sira | luwih rilan sabaring tyas luwih bagus | sajagad rat tanpa timbang | karsanta yu arjèng kapti ||

24. iki aran akik loyang | ingkang nganggo êmbanan wêsi kuning |

--- 285 ---

ningna banthèng tyasirèku | okak-akik tan ana | kunang-kuning jaba mung daginging punuk | kang sun pundhut rodapaksa | krana sira mungal-mungil ||

25. sêmune kukuh tan rila | wus katara polahira puniki | sun pasthèkkên angun-angun | kulit dagingmu sirna | nadyan balung lawas-lawas ajur mumur | yèku rupaning sampurna | banthèng nulya nambung angling ||

26. krêpana amanuhara | angrêrintih murih lumunturing sih | dhuh bajul mitrèngsun bagus | bagas gagah prakosa | satriya tus putus muna silèng ayu | murang arjaning susila | ngrusak tataning aurip ||

27. nglêbur pranataning dunya | mahyèng kara kararda gama suci | bubrah darmaning tumuwuh | uripmu mung sapisan | sira tega ing patiku tanpa koguk | panjalukku marang sira | mung emuta bae srênggi ||

28. tatkala amanggih papa | amung kurang sathithik tibèng pati | patiladan nora patut | katindhihan prabatang | aja ana ingsun sapa kang têtulung [têtu...]

--- 286 ---

[...lung] | ngluwari sangsaranira | mêtu wus tan sipat srênggi ||

29. lêsah nglumpruk lir gusthika | nulya ingsun gendhong kaulmu dhrindhil | kang mokal elok sumaguh | punagi malês mulya | malah sira kala durung bisa mêtu | prasêtya kanthi supata | nulya ingsun laksanani ||

30. sira tan bisa lumampah | wit pêt-pêtan panon sumunar kuning | saking bangête kang lêsu | sun gendhong praptèng toya | sun kon mudhun sira ngajak maju ngidul | dupi praptèng kene sira | dursila tega ngalani ||

31. upama sun balang kêmbang | kang sarwa rum sira ambalang tai | buaya paran karêpmu | nurut warahe sapa | mirit saking kitab apa gandhulamu | surti wulangrèh wiwaha | pustaka tajusalatin ||

32. tekawardi asthabrata | suluk Kuran ambiya jroning tapsir | akèh kang nyêgah durtayu | sarupanirèng băngsa | salumahing jagad padha ngulah ayu | dadi gêgaman pralaya | Cina Lănda Bugis Bali ||

--- 287 ---

33. Hindhu Butun Puwa-puwa | Alipuru Aprikah ulah dini | sajarwa tutur kang bagus | supaya tamèng nala | nadyan nora luru mung ywa karsa dudu | mupakat sakubêng dunya | kinèn widada nèng bumi ||

38. Sinom

1. sinome anglêbur tata | kautamaning dumadi | baya gandhulamu apa | ywa kadawa mahyèng budi | tumutur tan prayogi | saturunmu tan wun kèlu | emanên turunira | yayah tindaking sudarmi | muhung darma warta utama ring suta ||

2. yèn mangkono karsanira | murwani wulangrèh juti | arda murka ngrusak tata | susilèng rèh waton dalil | wit ngadam praptèng urip | kinèn ulah kang rahayu | wêlas mring sapêpadha | apa baya sira lali | Kangjêng Nabi Suleman mulang mrih tata ||

3. lakuning nagara krama | duga prayoga ywa lali | pinrih nglakokakên têpa | kang kêna dipun lakoni | apa manèh saiki | ana kang masesèng kukum | atasing sato kewan |

--- 288 ---

pinardi ngèksikara di | rina wêngi sinakolah ulah arja ||

4. wèt sitruksi sêtatsêblad | rèhtêrlik organisasi | kabèh dadi pangajaran | aywa na dursilèng budi | kang sapa tan mraduli | bakal pinidosèng kukum | iyeka Amongpraja | ing Gêbangtinatar nagri | kang jumênêng wakilnya Nabi Suleman ||

5. swagnyana krêtartotama | mulasara kèh pranatis | mangkya karya mulyaning rat | maling mala sirna gusis | akèh tobat mring Widhi | padha nglakokkên rahayu | têmah sira bidêngah | pasèk tekatmu lir kapir | lah elinga ywa kongsi kadawa-dawa ||

6. sun krungu wicaranira | sarambut pinra sakêthi | nora ngira kelasèng rat | dadi wong kapir Yahudi | kèh kitab Kuran kadis | siralap pituturipun | nanging cêgahe tanpa | sacuwil kang dèn lakoni | lah wêlasa mring uripmu dhewe baya ||

7. dene wani-wani sira | nglakoni laku tan yukti |

--- 289 ---

drêngki srèi tanpa wêlas | marang uriping sasami | suka mitênah mamrih | karusakaning tumuwuh | kang kaya raganingwang | potang karya tanggung urip | praptèng toya kocidra tyasmu dursila ||

8. wêruha gumlaring jagad | gêbyaring tranggana sasi | surya prabawane padhang | siliring maruta midit | ilining banyu kali | sagarane nora pênuh | yeka kuwasaning Dat | kang wajibul maujudi | kabèh ngalam ginawe dening Pangeran ||

9. sanadyan wujudmu baya | wus pasthi ana kang kardi | bapa biyung nora bisa | jaba mung kang Maha Sukci | kuwasa sipat ngèlmi | lah pagene sira limut | tan mèstu cêgahing Hyang | kang lantaran para nabi | sinêdhahan ngabarakên mring kawula ||

10. lah aja mangkono baya | uculna ywa nyupêt urip | kanthi paksa rodèng kara | sira wèh dêdalan pati | saking drêngkining budi | nglantur ngumbar hawa napsu | wruha ing têmbe pêjah | anèng kerat bakal manggih | badan [ba...]

--- 290 ---

[...dan] kadidene nèng dunya tan beda ||

11. kang bakal tămpa ganjaran | bagya ala bagya bêcik | yèn sun kèhkên jarwèng Kuran | rèh sira wus bisa ngaji | sakêcapmu wus dalil | tapsir Kuran kang kowuwus | mokal yèn kalimputa | gêtun ingsun tanpopami | dene sira darbe tekad siya-siya ||

12. mêmagan marang paekan | tan ngeman marang sasami | sun kang têtulung sangsara | sira wus arêp ngêmasi | rina wêngi mung nganti | pêdhot pêcate nyawamu | sèwu kêthi tan nyana | nêmua dalaning urip | kang mangkono panjalukku mung elinga ||

13. buaya sumambung sabda | bênêr ujarmu angrawit | sêsorah mèt kitab Kuran | suluk asthabrata surti | liyane awak mami | sakabèhing ala gêtun | nanging yèn ingsun bungah | rèhning wus putus ing wèsthi | anêtêpi ing jaman angkara murka ||

14. lamun mangkonoa sira | durung wruh ubênging bumi | salin-sumalining

--- 291 ---

jaman | yèn jagade nora salin | mung lakuning wong urip | sabên taun santun-santun | iku têgêsing jaman | titènana kang nastiti | yèn waskitha sirèku nuksmèng sujana ||

15. dene cubluk têmên sira | wulang kuna kogandhuli | nênuntun marang wong tuwa | wong kodanan kopayungi | wong kluwèn koingoni | iku pangrasamu bagus | olèh tikêl sadasa | wêwalêsing Maha Sukci | iya bênêr nanging jaman iki cidra ||

16. nora kêna pisan-pisan | watara wus satus warsi | awite angkara murka | tumapak sun sêngkalani | sirna wuk pandhita ji | ăngka sèwu pitung atus | iku têkaning jaman | angkara murka puniki | kang waspada banthèng nganggo păncadriya ||

17. rèhning sira sasat wuta | nganggo kuping sasat tuli | cangkêmmu bae katara | glogap-glagêp tanpa titis | seje kang kaya mami | bajul kang yanjanèng kewuh | titi surtyèng pamawas [pamawa...]

--- 292 ---

[...s] | ganal gaib tan kalêmpit | cilik mula sun ulah budi sujana ||

18. o beda bangêt lan sira | pama bumi lawan langit | yèn kumpul banyu lan lênga | nadyan awor seje pikir | nglakokkên cipta mêthit | miturut jaman kang klaku | sanakku duga-duga | sadulurku tapsir ati | dene rowang ingsun mung panyakrabawa ||

19. nora sukak karya mulya | mung mitênah sun karêmi | nasarake wong kang picak | blithuk wong kang tanpa budi | lamun sidêkah mami | wèwèh marang wong kang cukup | gendhong wong nunggang kreta | mayungi wong nunggang joli | atêtulung marang wong kang lagi bêgja ||

20. marma sira sun piala | rèh mring sun wus gawe bêcik | tumulung koripan ingwang | sun pundhut patinira wit | sun nurut jaman mangkin | angkara murka kang klaku | ingsun lakoni gampang | lakune jaman saiki | sugih miskin gêdhe cilik nora beda ||

21. sun jèrènge tampanana | nrimaa ingsun patèni [pa...]

--- 293 ---

[...tèni] | ywa budi kakehan polah | wus anèng kene yun urip | tegakna bae bêcik | gêtunku dene bojomu | nganggo sira kon mêntas | pancène barênga mati | loro pisan nadyan sèwu ingsun kurang ||

22. aja kang rupa mêmangsan | bisa dadi gêtih daging | nadyan wastra ingsun kurang | tan bisa cukup tyas mami | êndhasku dadi sikil | jêr akèh têmên karêpku | nanging kodrating Pangran | kang murwèng jagad sakalir | nitahake jaman iki kudu kurang ||

23. sun wus nglaya midêr ing rat | jajah praja ngêndi-êndi | wong kang sugih saya ngrêda | kang mlarat saya nyêthithis | wus dhuwur dèn urugi | kang lêgog tansah dhinudhug | kang akèh tambah kathah | yèn cilik saya sathithik | lah rasakna banthèng sajar sun ing sira ||

24. sabên wong kang nyithak bata | omahe gêdhèg ting pringis | tukang gêndhèng omah rajag | tukang kayu lawange pring | pandhe tan duwe lading | maranggi [marang...]

--- 294 ---

[...gi] rangkane jlêbut | kadhang anganggo randhan | mangkono jaman saiki | wong kêmasan arang duwe timang jlebrah ||

25. sayang tanpa kêndhil dandang | gêmblag nora andarbèni | bokor paidon lan bintang | lungaa mring desa gamping | kabèh omah tabag pring | arang ingkang tembok batu | sêrasah bae tanpa | lan mênyanga omah kundhi | èstu nora darbe jêmbangan pot kêmbang ||

26. gêndhing tan darbe gamêlan | apa manèh tukang burdir | tan darbe èpèk burdiran | tukang cèt utawa sungging | tan ingêcèt kang panti | tan pinulas omahipun | sêdene tukang lapak | nora ngingu jaran pasthi | nunggang bae sajêge durung karuan ||

27. iku kagawa ing jaman | angkara murka saiki | kabèh ingkang ngasta praja | myang karti desa tan slisir | wong tani nandur pari | tibane Cina kang numpuk | nandur têbu lan sata | tuwan pabrik kang darbèni [dar...]

--- 295 ---

[...bèni] | dene lamun udut kudu tuku sata ||

28. wong kang sugih luru arta | wong mlarat buwangi dhuwit | dêlênga sêpur Ngayogya | saurute luru dhuwit | kaping lima saari | kang mlarat dhuwite nglumpuk | sun wus nitèni sira | kêrêp nunggang kreta api | akèh bae banthèng sajar ring sun iya ||

29. dadia panrimanira | ulur punukmu sun bêstik | idhêp-idhêp sira sidkah | pasthi tinarimèng Widhi | mêmule angaturi | angsung dhahar gusti rasul | iba bungahe para | kaum sajêroning kali | nadyan cekoh-regoha enggal têkanya ||

30. lan manèh sira wêruha | sabên wong kang sugih jarik | tapihe lurik kewala | dêloka pasar lor loji | Cina adol sêmbagi | sugih-sugih maksih luru | atine majèh kurang | artane durung nyukupi | wong kathokan sugih jarik bêbênetan ||

31. nuli nuruta pacinan | akèh jarik pating slampir | myang ginulung [ginu...]

--- 296 ---

[...lung] tinalenan | nganggo dèn slêmpiti kitir | buh karêpe sun tan wrin | mangidul sathithik wêruh | kêris baris rong gantar | jinèjèr lir wayang klithik | sun kumisi cinane nora kêrisan ||

32. pêthèl wadung arit tatah | dandang cèrèt sarta kêndhil | bokor paidon lan bintang | kabèh dèn tèmplèki kitir | sun kagèt dupi mèksi | nora kaya sira cubluk | aran kurang wêweka | nganggo budi tanpa kardi | wruh klakuaning urip tanpa rinêmbag ||

33. prandene sirèku bisa | ngêlèh-êlèhakên mami | gandhulamu wulang apa | kitab Kuran tanpa kardi | tan wruh sira pribadi | kang bodho êmbahning busuk | ngantêpi wulang kuna | sira rèhning potang bêcik | kayaparan dene sun sauri ala ||

34. tagihên banthèng kang karya | piwulang nglakoni bêcik | sun pasthèkakên tan bisa | dluwang mangsi mitulungi | sun bae bisa ngathik | ukara sinawung kidung | kang dakik lêmbat-lêmbat [lêmbat-lêmba...]

--- 297 ---

[...t] | ngungkuli lan layang surti | gampang bae banthèng wong gawe piwulang ||

35. têmbang apa aku bisa | kawi apa ingsun bangkit | nanging wêdi bokmanawa | dèn gêguyu jaman mangkin | angkara murkèng budi | wulang kang angèl tan tinut | wruha andaka sira | layang tinggalane kaki | pirang-pirang wus sun buwangi sadaya ||

36. kitab Kuran primbon derah | rajah-rajah myang sêmail | tekawardi asthabrata | sun obongi sarèhning wis | sun timbang tanpa kardi | sulaya kanyatanipun | saha akèh kang dora | nanging banthèng sira wani | angantêpi piwulanging jaman kuna ||

37. mangke sira kasangsara | wus pasthi tumêkèng pati | puluh-puluh banthèng sira | wong bodho ambêkmu wasis | ahli nindakkên bêcik | eklas lêga rilèng laku | kas kuwat sănta budya | yèn tumibèng jaman iki | kang mangkono iku lakuning wong ala ||

38. seje karo jaman kuna | rikalane [rikala...]

--- 298 ---

[...ne] durung salin | ing jaman angkara murka | akèh ngèlmu tanpa kardi | sabab kakehan pamrih | wit kagawa jamanipun | kabèh wong kudu kurang | kabèh wong karêpe sugih | durga ngăngsa-ăngsa akèh palacidra ||

39. para sayid Surabaya | Sêmarang tuwin Batawi | kang putus ngèlmu agama | Ngarab mratani sabumi | nora sêpi ing pamrih | mawa karenah nyênyêdul | saking kuwating jaman | marma banthèng ywa saksêrik | wicaraku nguni kadi madubrata ||

40. sira sun saguhi barang | pèni-pèni rajapèni | supaya sira gêlêma | ngluwari cintraka mami | yèn sira tanpa pamrih | yakti tan arsa têtulung | kalakon gendhong ingwang | saking gunung têkèng ngriki | iya iku wus kagawa murkaning tyas ||

39. Dhandhanggula

1. mêmanising jaman murka luwih | wong têtulung potang kabêcikan | dadi sulaya adate | crah nora sapa aruh | wong kang nistha papa mlasasih [mlasa...]

--- 299 ---

[...sih] | kinukup binêcikan | yèn wis sugih tamtu | anggêp kadhang nyidrasmara | tuwin umbag umuk mandhak ngisin-isin | kang klaku sapunika ||

2. ana ingkang tinulung ing singgih | ngabdi awit punakawan ala | lawas-lawas olèh gawe | ngalani mring kang tulung | ngadu-adu angathik-athik | muwuhi basa ala | murih awakipun | enggal nuli ginêntèkna | mring kang tulung tanggung lumêbune nguni | yèku angkara murka ||

3. akèh ingkang drêngki budi srèi | tumbak-tinumbak gugad-ginugad | wadul-winadul lakune | andaka wruhanamu | ngrekadaya dayaning kidip | wong utang kudu cidra | yèn barès tan antuk | wèwèh marang pra bandara | para gusti apêse marang wong sugih | kang mlarat tanpa karya ||

4. wus bênêre sira angsung daging | marang sarupaning buron toya | yèn ingsun mulat jamane | kang măngka sira kukuh | maksih molah durung lêstari | tambah duraka sira | dunya ngakiripun | nampani

--- 300 ---

siksaning Suksma | rèhning sira mungkir mring jaman saiki | kang wus têrang karsèng Hyang ||

5. ingkang măngka ciptamu kuwalik | ingsun ingkang siranggêp duraka | jare tămpa siksa gêdhe | yeka cipta kêpaung | tăndha maksih cingkrang ing budi | ingkang wus wicaksana | jarwaku kotêmu | lêbokna kulunging nala | saksènana lakuning kewan puniki | mathuk apa ta ora ||

6. sadulurmu tunggal bapa bibi | mèh tan ana bedane lan liya | barang karya kalis bae | liya dadi sadulur | yèn sadulur satruning ati | sanadyan dudu sanak | yèn sababag mathuk | utawa padha sugihnya | wus mangkono andaka kridhaning bumi | wrata sajagad alam ||

7. yèn wong sugih têpung padha sugih | yèn wong mlarat têpung padha mlarat | gêdhe têpung padha gêdhe | dene yèn mlarat wanuh | lan wong sugih bakal muwuhi | wong cilik sêsanakan | lan priyayi agung | tan wurung bakal dinuta |

--- 301 ---

rèh kagawa lakune ing jaman iki | pikirên kang têtela ||

8. titènana wong padha nglakoni | apa nyata banthèng apa ora | pangucap sun iki kabèh | solan-salining waktu | kang waskitha wêruh pribadi | pira-pira lêpiya | adat kang kalaku | dora cara ngrekadaya | kang wus kaprah apus bujuk laku sandi | gêdhe cilik tan beda ||

9. para prentah ingkang ngasta adil | kèh kang mlangkah saking wêwênangnya | awit kagawa jamane | marma wong nêmu ngudur | prakarane mênang kang sugih | kang mlarat èstu kalah | kang bodho kabujuk | yèn kang pintêr sinêngitan | ingkang rilan saya pothar-pathir blêndhis | akèh kang tibèng papa ||

10. kang blaba bèrbudi têmah miskin | kang ngandêl mring Allah tèk-êntekan | dadi pothar-pathir prèthèl | wong têmên tanpa ontung | kudu goroh kang sugih bathi | sabarang karya kêdah | nganggo goroh bujuk | kang blaka akèh cilaka |

--- 302 ---

laku goroh akèh kang nêmu basuki | saking kuwating jaman ||

11. mlarat kurang sugih kurang ugi | dhuwit kurang mas sêsotya kurang | barang-barang kurang akèh | marma kang sugih wuwuh | kang mêlarat sangsaya nyranthil | kêrêp tumibèng lara | mangkono wus tamtu | lakune jaman angkara | murkèng budi kurang bae kang kinapti | marma akèh durjana ||

12. grêsah kabèh sarupaning kuli | tani bêkêl ing desa samoa | undhaking bau sukune | pajêge sabên taun | wus kapasthi pindho sawarsi | tan ajêg kathahira | mundhak sabên taun | bumi pamêtune suda | sawah cêngkar sirna barkahirèng bumi | sabên mêlèk dèn gêbal ||

13. wong cilik tan bisa gawe dhuwit | parandene pinundhutan arta | sarta sabausukune | yèn luput antuk rêngu | kadhang dhêndha kang rupa dhuwit | iku sira wêruha | jaman kang kalaku | dalil sarak kitab Kuran | tanpa gawe pêpacuhe tan pinikir [pini...]

--- 303 ---

[...kir] | saking kuwating jaman ||

14. kitab ingsun marma sun buwangi | primbon derah ngèlmu wêwijangan | wus ingsun buwangi kabèh | seje kaya sirèku | pintêr mêntah nalare ngruwil | kadayanta tan pana | suwung sasat bumbung | gandhuli carita buda | jaman iki akèh murid dadi kyai | nora sêpi pangarah ||

15. wus pinasthi karsaning Hyang Widhi | bêgjaningsun tan kêna kinira | mundhuk-mundhuk têka dhewe | wong ngantuk nêmu punuk | miling-miling anêmu daging | kloyongan nêmu tangkar | mlaku nêmu ulur | banthèng lêmu kaya sira | rasakêna ganjaraku kotampani | iku kamulyanira ||

16. rèhning sira ngandêl crita tulis | surti wulangrèh layang sewaka | kitab Kuran sasamine | ing mêngko dèn gêguyu | mring sarjana jêroning warih | baya mina wiyangga | kang wus nirdyèng kewuh | putus pamawasing lampah | ubênging rat lakuning buwana titi | têrang kridhaning dunya ||

17. yèn jagade banthèng nora

--- 304 ---

salin | awit kuna mula têkèng mangkya | mung siji iki wujude | lakuning surya tèngsu | lintang angin lan jalanidhi | sadaya barang lama | dene ingkang santun | budi klakuaning kewan | salin-salin iku jaman ingkang arti | aywa klèru panămpa ||

18. kadarmanta ilang ywa saksêrik | awit ingsun iki manut jaman | kang kanggo saiki banthèng | puluh-puluh sapuluh | ubênging rat jagad mratani | gêdhe cilik tan beda | padha pamrihipun | tuna liwat sarak kitab | tanpa daya pêpacake tan pinikir | bab kalah karo jaman ||

19. wruh murkane tyasira pribadi | sira kapengin sakti prawira | digdaya têguh timbule | melik ujar sun palsu | rèhne cingkrang nalar sacuwil | kapengin timang jlebrah | gêlang tuwin kalung | kalpika pasèt barliyan | hèrloji mas dhuwit ukon gelo ringgit | pangrasamu têmênan ||

20. wus ingetung-etung jroning ati [a...]

--- 305 ---

[...ti] | sira dhêmên marang kasugihan | lakumu katara banthèng | yèn sun timbang awakmu | lanang wadon datan kuwawi | ngungkil watang sêmana | prandene kajunjung | saking tyasira angkara | têmah luwar sun jaluk gendhong ing gigir | marga pamrihmu kathah ||

21. melik nunggang kreta dèn urmati | saka tunane tyasmu priyăngga | duga kira nora duwe | yèn kang wus nuksmèng putus | barang karsa pinikir dhisik | kadadeaning cipta | pupur durung bênjut | têgêse duga watara | nadyan sira tămpaa wijangan ngèlmi | yèn pikirmu waspada ||

22. ala bêcik kidip saha yakin | têtela trang nyataning wasita | wruh ing duga watarane | yèku kang bisa tanggung | angadhangi pakewuh prapti | pira kuwating badan | anadhahi pênthung | yèn sira nganggo punika | tumbak kêris pêdhang pistul bêdhil kalis | lungadoh tan tumama ||

23. sira nguni apa tan marduli | ngupa wicaksananing agêsang | ciptanta [cipta...]

--- 306 ---

[...nta] mung rosa bae | yèn kang sujanèng kewuh | nora mikir rosaning jisim | kang dèn asah mung nalar | budyayu kang cukup | rèhning wus kabacut sira | bok manawa mêngko mati besuk urip | nitis manèh mring dunya ||

24. muga nglakokêna budi pikir | angên-angên minăngka Pangeran | kang rumêksa marang kowe | duga watara kudu | tindakêna banthèng ywa sêpi | yèn kalalèn ciptanta | saèstu kalurung | kadhang tumibèng sangsara | têmah mati lir lakunira saiki | ingsun ênggo semekan ||

25. wus lumrahe bodho tanpa budi | dadi pangane kang wicaksana | yèki sariranta banthèng | wruh blilu lir sirèku | lagi katon bae wus kenging | dadya mêmangsaningwang | ujêr nora wêruh | sun ubêng-ubêng ing nalar | lah mêngkono lakuning jaman saiki | angkara-kara murka ||

26. ya ta wau Amad Salèh èstri | wêruh têrang saking tawing padhas | kang priya êntèk krosane [kro...]

--- 307 ---

[...sane] | dènira rêbut unggul | anèng Bagawănta lan srênggi | nulyemut tata praja | mrih arjaning kewuh | mring nagri Gêbangtinatar | atur priksa sigra-sigra enggal prapti | cumundhuk ngarsèng prentah ||

27. banthèng èstri tawan-tawan tangis | pêgat-pêgat matur tan pratela | kagyat kang sumewa kabèh | dangu-danguning atur | têrang lamun lakinirèki | kênèng daya pitênah | pratikêling bajul | ing kali Lêrêng gonira | purwa madya wasana ature titi | watak pulisi tama ||

28. mirêng wontên sukêrtining bumi | dora cara angrusak silarja | nulya dandan mirantyage | saprabotirèng laku | jaksa êlid tuwin pulisi | upas saha jinêman | lampahe gumrudug | warak macan gogor rangas | kêthèk lutung wa-uwa rangutan ngiring | kang kèri sawêtara ||

29. banthèng èstri ingkang atur margi | lumaku nèng ngarsa wingkingira | dyan bèi sapunggawane | mangulon paranipun | nurut tirahirèng jaladri [ja...]

--- 308 ---

[...ladri] | têkèng sawangan Opak | maksih ngulon têrus | datan kawarna ing marga | wusnya prapta alas glahèng dyan ngabèi | anjog tawinging găngga ||

40. Durma

1. durmanira Radèn Bèi Amongpraja | sapunggawane sami | ngèksi têmpurira | Lêrêng lan Bagawănta | nèng tawing padhas dyan bèi | kang pinggir wetan | kocapa banthèng srênggi ||

2. ingkang samya angadu kanang karosan | anèng têngahing kali | ombak lembak-lembak | toya kadi ingubak | wus prasasat dadya gêtih | rèh daging pêcah | măngka kakum ing warih ||

3. marma dêrês wijiling rah anèng toya | baya maksih nèng gigir | cangkêm ngêmah-êmah | punukirèng andaka | banthèng amung pringas-pringis | bajul agahan | dènnya angingsêp gêtih ||

4. Dyan Ngabèi Amongpraja têrang mulat | saking tawinging kali | dahat wêlasing tyas | banthèng uga wus wikan | yèn ana pulisi prapti | saha sumapta | sadarpa srêping

--- 309 ---

ati ||

5. lir siniram ing tirta marta sadunya | sanadyan têkèng pati | nanging wus koningan | dening kangjêng parentah | banthèng wus nora gumingsir | rileklas pasrah | patine dèn saksèni ||

6. dyan ngabèi ngandika marang buaya | hèh bajul paran kardi | sira lagi apa | ana samadyèng tirta | sun sidhêp wus suwe srênggi | apa tukaran | patrap tingkahe sami ||

7. nambung sabda baya marang amongpraja | wruhamu ingsun kancil | iki sun kajibah | nglakoni takdiring Hyang | ngukuhi pêpêsthèn yakin | lakuning jaman | angkara murka mangkin ||

8. wus wajibe tumitah anut ing kodrat | karsaning Dat kang sukci | purwane sun warta | kancil prastawakêna | ing purwa madya mêkasi | tan suda wêwah | tinuturkên ing kancil ||

9. Dyan Ngabèi Amongpraja sabdanira | yèn mangkono ingkang wit | baya bênêr sira | iku tan murang tata | wus lumrahe ing ngaurip | ngukuhi

--- 310 ---

jaman | awit padha nglakoni ||

10. ubênging rat kainan kang nora wikan | èstu yèn nêmu pati | salahe priyăngga | uripe luwih tuna | lakuning jaman tan uning | prayoganira | banthèng ro jalu èstri ||

11. kayaparan dene ta amung satunggal | pancène priya èstri | baya sabdanira | maune loro pisan | nanging siji nuli bali | marma mung juga | pupute nrima siji ||

12. Amongpraja mangsuli sakarêpira | wus êsah mirit saking | ubênging buwana | sarupane kang ina | tan wêruh dugi prayogi | nanging cacadnya | sathithik kurang titi ||

13. wruhanamu baya ingsun arsa priksa | panggonanirèng nguni | wit-witing prakara | alas ngêndi namanya | kayu apa kang nindhihi | gêdhe dawanya | sapira kudu titi ||

14. tinêrangkên kamot anèng pursès prêbal | rêsikirèng kumisi | iku kudu ngêkar | ngukur goning sagotrah | tinimbang lakuning adil | satiti têrang |

--- 311 ---

slêsih waskithèng wèsthi ||

15. hèh wruhanta baya sun ingkang kajibah | nata ruwêding bumi | dhawuhing Suleman | atas ukuming kewan | wus ginadhuhkên mring mami | iki kalpika | lètêr W măngka buslit ||

16. dadi tăndha kuwasa masesèng tata | iku kagunan mami | ruwêd bundhêl wudhar | kang rawe-rawe rantas | malang-malang sirna gusis | dening prabawa- | ning singsim ingsun iki ||

17. kangjêng kyai malukat gaib arannya | lètêr W intên adi | gosoke barliyan | lah ênya tamatêna | dupi srênggi têrang ngèksi | sêsotya rêtna | tumejèngkara wêning ||

18. lir cancala prabane ngawêngi wiyat | mangkana tyasing srênggi | o o kancil nyata | duta mutus prakara | ruwêd rêntênging kumêlip | ingsun prayoga | nurut kewala mangkin ||

19. nora luwih mung ngukuhi ubênging rat | lakune jaman iki | kang kanggo ing kathah | gya baya ris manabda | mring banthèng

--- 312 ---

kang dèn kakahi | Mad Salèh enggal | minggira sun lawani ||

20. wruhanira prakara arsa kapriksa | mring kang wus antuk buslid | ngetana kewala | ngèncèng-èncèng mrih cêdhak | banthèng asrêp ing tyas minggir | tur winêlahan | dening ki kalasrênggi ||

21. dyan ngabèi majêng sadaya tut wuntat | wus nèng têpining kali | gisik wêdhi rata | banthèng wau kang lampah | wus jajag suku tan jinjit | anulya mêntas | baya maksih nèng gigir ||

22. sawusnya nèng dharatan banthèng sarosa | mahyakakên kasêktin | jola kirig mengkal | bajul wal tibèng kisma | glangsaran akêmpis-kêmpis | Dyan Amongpraja | duka yayah sinipi ||

23. marang banthèng mangkana panabdanira | bêcik têmên sirèki | nganggo murang tata | kumawani mring prentah | yèn mangkono tanpa kardi | jênêng sun têka | kumisi gawa adil ||

24. durung ana bêbênêraning parentah | gêdhag-gêdhig gumaib | nêdya păncakara | angadu [a...]

--- 313 ---

[...ngadu] kasudiran | duk nèng banyu tan ngundhili | ananing dharat | saking pangwasa mami ||

25. durung mêsthi yèn prakaramu kang mênang | banthèng tyasnya wus eling | caksananing prentah | mradata pira-pira | kang wus putus pramèng adil | banthèng saksana | ngrêpa manguswèng siti ||

26. dahat ajrih sèwu gêtunirèng nala | sinrêng ing sabda wêngis | mring Dyan Amongpraja | andaka aturira | adhuh kawula dyan bèi | nyuwun aksama | patrap ingkang tan yukti ||

27. wuwusira Radèn Bèi Amongpraja | dhumatêng kalasrênggi | baya sira aja | sandeya ing tyasira | kukuming Hyang Maha Sukci | kang karya jaman | ubênging jagad iki ||

28. wus mangkono tumandukirèng kagunan | nulya radèn ngabèi | dhawuh kinèn mriksa | anjani lan pragosa | trangginas nyandhak pèn sami | tumuli mriksa | andaka jalêr èstri ||

29. kadi adat pamriksane para gugat | ingatur kadya kang wis |

--- 314 ---

laku manut adat | dhasar carik sampeka | ukara tumraping tulis | purwa madyanya | têkèng wusana titi ||

30. nulya baya pinriksa ature blaka | cocog lan dakwa saksi | wusing têtela trang | amongpraja sabdanya | mring banthèng prakara iki | sira kang salah | nanging prayoga mami ||

31. baya iku gendhongên manèh atêrna | mring panggonane nguni | priye traping watang | sun priksanane mangkya | sun ukur sun karya titi | ana ing kana | sandika kang sinung ling ||

32. baya nuli trangginas ngamplok saksana | gigiring banthèng nuli | lir duk anèng toya | wusing samapta sigra | bidhalan tan ana kèri | mring ardi Jêram | banthèng lumaku ngarsi ||

33. dyan ngabèi nèng wuri saprabotira | sarayuda myang kori | sêlur ngampak-ampak | datan dangu samana | prapta panggonane nguni | punang prabatang |

--- 315 ---

jati kang anindhihi ||

34. Amongpraja ngandika banthèng sèlèhna | panggonane si srênggi | priye traping watang | jati ingkang tumumpang | gigiring baya puniki | nêdya sun tata | putusaning prakawis ||

35. wus dilalah baya miturut kewala | saparentahing kancil | tan lêngganèng nala | baya sumèlèh kisma | malêbu jugangan nuli | banthèng karweka | jalu èstri mangungkil ||

36. kayu jati kangkat nindhihi salaka[9] | kadya ing nguni-uni | Amongpraja nabda | hèh baya apa nyata | mangkono êtrape nguni | bajul tumanggap | iya mangkene iki ||

37. rasanira tan beda lan duk samana | sigra Mongpraja Kancil | akarya prampungan | lir adat kang wus klampah | prakara banthèng lan srênggi | rampung pur-puran | lara wus nyaur sakit ||

38. rèhning gawe lara winalês ing lara | bali kadya puniki | banthèng anarima | suka sukur ing nala | sangsaya wêdi trêsna

--- 316 ---

sih | banthèng sadaya | mring Amongpraja Kancil ||

39. dyan ngabèi pasrangkara marang baya | bajul prayoga mami | manajada sira | nyuwuna pangaksama | rèh jaman murkaning bumi | dahat tan kêna | têtulung samèng urip ||

40. mirit saka baya budimu priyăngga | sandhangên traping adil | tan mamèt nawala | pradata anggêr Jawa | miwah wèt Nèdêrlan sêpi | pamancasira | parentah amung ngirib ||

41. wêwatone lakuning jaman samangkya | budinira pribadi | wus tan kêna kijat | ngungkiri ciptèng nala | atimu gandhulan juti | ati damarda | mardu kongas mratani ||

41. Asmaradana

1. kasmaran tyasira Srênggi | rumăngsa kênèng paeka | kalah lêpas pangawruhe | keloning nala kagiwang | kêna ing palacidra | ingapus kramaning bujuk | katêmpuh samliyun papa ||

2. sakêthi baya tan nganggit | mangkono tibaning tata | patut rukun bali manèh | katindhihan ing prabatang [praba...]

--- 317 ---

[...tang] | sumaput netya ilang | otot bayu lir rinacut | wus sirna dayaning gêsang ||

3. wit saking rumaksèng ati | mring daging kang sipat anyar | wus mangkono salamine | janma kewan nora beda | budi kang tama murka | tinarik ati kalurung | murang ayuning buwana ||

4. têmahan nêmpuh ing jisim | nampani lara kapenak | marma baya drês waspane | kujoning nala dhat-dhatan | bingung linglung sumêlang | mêlang-mêlang nyipta lampus | netrane yayah panjuta ||

5. molak-malik angrêrintih | nuli ngantêp duwa watang | tan obah lir nguni bae | gedhag-gèdhèg mêndhak-mêndhak | noraga pasrangkara | dhuh dyan ngabèi ratuku | nyuwun pangaksama marta ||

6. nyuwun kawêlasan urip | tobat kawula katura | ing dintên wingking slamine | amba lumaksanèng prentah | yun nyirnakkên tyas murka | mêkathik sarèh pituduh | ngratu mring gusti paduka ||

7. ujêr kula sinung urip | mèstu

--- 318 ---

sakarsa paduka | ngluhurkên wicaksanane | sana sênêning kamulyan | kawiryan dining kanang | adhuh gustiku tuwanku | nyuwun gêsang nyuwun gêsang ||

8. radèn ngabèi mangsuli | dhumatêng sabdèng buaya | hèh bajul aja mangkono | luput sira jaluk gêsang | uripku mung satunggal | sun go pribadi tan cukup | awèh manèh yèn bisaa ||

9. têtulung bae tan bangkit | marang kasangsaranira | ingsun dhewe susah gêdhe | nalar kang durung tumêka | sun jaga dalu rina | sarjanèng tyas tamèng kewuh | rumaksa kang durung prapta ||

10. tan ngamungkên wêkas mami | baya ingkang kaya sira | bêcik narimaa bae | têmpuhna mring pikirira | kang miwiti murkarda | aywa sira jaluk tulung | sapêpadha tan prayoga ||

11. sapa kang wani nulungi | jamane atimu murka | angên-angên panarike | hèh ta bajul rasakêna | tumêmpuh badanira | saka ciptaning pikirmu | rêrêgêd murang raharja ||

12. rêgêding badan mratani | sakojur kêna

--- 319 ---

kinumbah | adus sabun kramas êntèk | yèn budi rêgêd tan kêna | sinucèn mawa toya | pangumbahing ati dudu | saka kawruh kang sampurna ||

13. kawruh ingkang sampurna di | tan bisa nuci budyala | kajaba badane dhewe | yèn wus katêmpuh sangsara | kang kadya sariranta | watang tumumpang gigirmu | darbe gêtun ati ala ||

14. ewuh wong tumitah urip | gampang anggayuh kasidan | mungguhing urip mangkene | waspadakna kang sanyata | mêthèk pikir pribadya | gampang wong manyakra rêmbug | mêca atine ing liya ||

15. yèn sira bisa ngawruhi | pikirmu dhewe prasasat | wruh ubênging jagad kabèh | atining liya narawang | lir kèkêr tanah Prasman | yèn pikire dhewe ewuh | sapa kang bisa waspada ||

16. basane mrangkani kudhi | nyuwita para bêndara | para gusti tuwin katong | gampang kêna sinakolah | tata trapsilèng nata | wong ngawula atinipun | pribadi arang kang bisa ||

--- 320 ---

17. guru ratuning aurip | angên-angênmu priyăngga | prasasat dadi Hyang Manon | kuwasa tanpa karana | nanging yèn pikir salah | panggawene ati pitu | sanubari beda-beda ||

18. prayoga kang bisa nganggit | nitèni sadina-dina | ala bêcike waspaos | pinilih ywa lumaksana | nasar salah ing cipta | sajatine ati pitu | nora ana mung sajuga ||

19. lêbonana tyas sasami | dadi tunggal budi rosa | santosa lair batine | ati kandêl nyirnakkên was | sumêlang sirna ilang | nênarik badan sawastu | panggahing netya sarasa ||

20. rasane tumêmpuh wani | jirih kêndêl saka manah | rikuh isin wit atine | yèn wus sampat tunggal cipta | adining tama loka | wong liya dadi sadulur | sukur kang tunggal pinăngka ||

21. yèn wus bisa manjing ati | atining wong kang kalingan | sasat nêlukake kowe | wong kapir pitung bêdahab | Islame saking sira | gêdhe gêganjaranipun | madhangi

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Grafik]
Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana A. W. F. Indhênburêh, Guprênur Jendral ing Hindiya Nèdêrlan.

 


watu. (kembali)
Lebih satu suku kata: uwis arêp tumêka. (kembali)
Halaman 184 ini dimulai setelah Pupuh 24. Pangkur berikut dan sebelum bait pertamanya. (kembali)
dèn. (kembali)
satunggil. (kembali)
praja. (kembali)
Lebih satu suku kata: jêroning bab ping pat muni. (kembali)
buron. (kembali)
sakala. (kembali)