Kancil Kridhamartana, H. Buning, 1911, #891 (Bagian 3)

Judul
Sambungan
1. Kancil Kridhamartana, H. Buning, 1911, #891 (Bagian 1). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
2. Kancil Kridhamartana, H. Buning, 1911, #891 (Bagian 2). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
3. Kancil Kridhamartana, H. Buning, 1911, #891 (Bagian 3). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
4. Kancil Kridhamartana, H. Buning, 1911, #891 (Bagian 4). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
Citra
Terakhir diubah: 08-08-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sêrat Pananggalan

Ingkang kaping 27

Kangge ing taun Walandi 1911

Miturut pananggalan ingkang kawêdalakên Kangjêng Guprêmèn

Kaêcap sarta kawêdalakên ing gêdhong pangêcapanipun pakêmpalan among dagang, rumiyin nama H. Buning, ing nagari Ngayugyakarta.

--- [0] ---

Atur uninga

Mugi sampun dados cuwaning galihipun para maos Sêrat Kancil Kridhamartana sarta Sêrat Pawukon punika, wiwitan sarta têlas-têlasanipun sami adhapur jugag, mênggahing pangangkah manawi Sêrat Kancil sarta Pawukon wau kathah ingkang rêmên, kenging kadamêl buk. Sambête (jilid IV) pel-pelanipun kangge waosan Sêrat Pananggalan wêdalipun taun 1912. Dene satamatipun sadaya sêrat wau kenging kapêthil lajêng kadadosakên satunggal dados sêrat agêng, awit angkaning kaca ugi kula urutakên kemawon.
N.V. VOORH. H. BUNING.

--- 321 ---

pêtênging liya ||

22. luwih manèh sira Srênggi | bisa lumêbu ing jaman | angkara murka kang kanggo | budi beda rupa-rupa | racutên manjing jiwa | nora ewuh ing panggayuh | yayah yun trang putêring rat ||

23. wong bèrbudi nora bêcik | wong gêmi nora prayoga | sayogya budi waspaos | lumêbu atining liya | têtêp nuksma manuksma | têgêse lêbu-linêbu | iku dayaning sasmita ||

24. kawruh kang sakêthi ngrawit | ruwêd ingkang durung tămpa | sabab salah panampane | kang bêcik winalês ala | ala winalês tama | ywa sira mangkono bajul | bênêr ujarmu samana ||

25. jamane akèh kang lali | kabêcikan tiba ala | kang balang kêmbang walêse | rêrêgêd ati drubiksa | iku atimu baya | nganggo jaman kang kalaku | adating pikir manusa ||

26. sato kewan tan salisir | wiyangga jroning samudra | mangkya padha [pa...]

--- 322 ---

[...dha] klakuane | yèn mangkono budi rucah | cacad nora kacacah | prayogane wong kang putus | jaman murka linakonan ||

27. jaman ayu dèn singkiri | nanging kang wus tyas wêweka | ala bêcike dèn anggo | iku budining sujana | ewuh wong ahli rasa | gampang wong cêguk truwilun | datan darbe kara-kara ||

28. karana cupêting budi | ingundang sumaur têka | kinongkon mênyang kanggone | marmane kancamu baya | arang kang tămpa siksa | seje kang kadi awakmu | pintêr mêntah tibèng dhêndha ||

29. sababe kurang pamikir | kira-kirane tan ana | wong bodho pintêr ngakune | durakane wêndran yutan | maksih nganggo etungan | mungguh nyatane atimu | durakane sabên dina ||

30. rumakêting budi ati | ilange sêdhih yèn nendra | garegah tangi jênggèlèk | ewon durakane têka | ngêpah nêsêp ing

--- 323 ---

raga | nganti atus tan rinêmbug | saking wus manuh rubeda ||

31. dadi sudaranta tunggil | wus nora bênggang sakeswa | maksih ana antarane | jatine tunggal pulêtan | warahing dalêm Kuran | wa amakupri pinaru | iku wong kang kaya sira ||

32. baya matur sarwi nangis | bilih makatên kawula | kapêjahana kemawon | kawula sumăngga rila | sampun mêmanjang dosa | datan sagêd amba mikul | sangsara kados punika ||

33. èstu lamun têkèng pati | sintên purun têtulunga | bab sampun kaêlun awon | lêpiya klakuan amba | nuruti budi murka | dyan ngabèi nambung wuwus | buaya jaluk pralaya ||

34. sun tan bisa gawe pati | nora bisa gawe gêsang | srahna kewala mring Manon | yèn mung karya marga bisa | sarpa kang mawa wisa | sun undange mêngko bajul | sakêdhap nyakot ing sira ||

35. satêngah jam bae mati | dyan bèi nimbali sigra | mring ula [u...]

--- 324 ---

[...la] wêlang prapta ge | mèlèt-mèlèt ilatira | kumucur mawa wisa | dyan ngabèi dhawuhipun | hèh baya kalamun nyata ||

42. Sinom

1. trunaning ula wiraya | ing kene akèh kang mandi | pêpak ula apa ana | saha kèh kang nguningani | naksèni lamun yakti | tega rila mring patimu | lah ta mara tutugna | baya panjalukmu mati | iya iki Ngijrail kang ngejawantah ||

2. pasthèkna patimu baya | yèku malakul maoti | sajatine nora ana | jaba napasmu pribadi | pêcate saking jisim | ula wêlang sipatipun | nêmpuh ing badan wadhag | nora wurung angin mênit | sirna ilang jisimmu kari gumilang ||

3. datan wurung dadi lêmah | bali mring asale nguni | wadi madi mani sira | maningkêm dalan kang suci | bumi gêni lan angin | banyu kadadeyanamu | bali mulih ing kuna | mara tampanana iki | ula mandi dutaning Hyang Maha Mulya ||

4. buaya mamèt krêpana |

--- 325 ---

adhuh-adhuh dyan ngabèi | punapa ta datan wêlas | dhatêng uriping sasami | yèn amba praptèng pati | kadospundi semah sunu | amba maksih taruna | sagêd nurunakên wiji | bajul măngka isèn-isènirèng toya ||

5. dyan bèi mèsêm ngandika | bênêr baya kèhing urip | lamun kataman rubeda | angajap têkaning pati | lamun dèn têmênani | owêl kauripanipun | paribasane ana | wong wirang kalawan mati | luwung urip nadyan blubut balêbêdan ||

6. lah iku baya rasakna | pikirmu sadhela salin | aywa gayuh bab pralaya | nganti kawêtu ing lathi | yèn ana wong murtyadi | kawêlèh-wêlèh wuwusmu | gêdhe cilik tan beda | yèn wirang durung nêkani | tuhu tega patine pasthi nglêngkara ||

7. yèn wus katêmpuh ing wirang | arang kang wani nêtêpi | dadi mracihnani baya | wuwusmu durung patitis | angarêp-arêp pati | barêng tinêkanan mundur | marma Hyang Suksmantaya | mundhut pati tanpa

--- 326 ---

nari | apa nyata apa ora wangsulana ||

8. wulang sun mangkono baya | nora mung sira kang tampi | kabèh kewan kang miyarsa | pasthi lamun mikir-mikir | marang wirayat mami | supaya atine wêruh | gêgulang sasmitarja | rèh jro budi ana surti | ingkang bisa maca muhung wong swarjana ||

9. yèn dudu janma utama | nora bisa maca surti | mêcani atining liya | goroh yêktine nêtêsi | yèn sulaya lan ati | wuruk sirna tan ginugu | nginggihana cangkêmnya | ing batin tan pisan mikir | awit saka sulaya pancêring netya ||

10. yèn wus cocog lawan karsa | tumanêm ing sanubari | rèhning ati wus kaduga | buka karna netra ngèksi | tinangkêp angundhuhi | èstu ing kalbu karungu | ujare crita Ngarab | kutubun sama wiyati | pardikane tulisan băngsa mandrawa ||

11. iku pikiring manusa | kang wus bisa maca surti | cèplês lan surtining liya | marma baya kang

--- 327 ---

nastiti | nitèni jroning ati | ala bêcike kudu wruh | ujar lapaling kitab | tarjumatan pi kalbihi | badanira kabèh dadi juru basa ||

12. iyèku têgêsing lapal | solah bawa muna-muni | manut krêdyating tyas prentah | pasthi badan kang nglakoni | ala bêcik kang uning | aywa nurut barang tuduh | juru basa kang năngga | katêmpuh murkaning budi | wus mangkono wong ngawula kauripan ||

13. urip kang durung waskitha | juru basa kang nglakoni | sabarang pakoning nala | tan nganggo pinikir dhisik | lir atimu ingkang wis | banthèng tumulung ing bagus | ngluwari saking watang | sira ginendhong lumaris | praptèng banyu sira cidra rèh dursila ||

14. gêlême banthèng kagawa | jajal panariking pikir | melik ujar ingkang mokal | luput têmah mèh ngêmasi | buaya sira bali | mring jugangan pangrasamu | sida măngsa mêmangsan | tan wêruh murkaning ati | têmahane rolo[1]

--- 328 ---

pisan rasakêna ||

15. karo pisan padha salah | lalu luluh nurut pikir | murka jamanirèng nala | kang tanpa dugi prayogi | yakti nêmu bilai | baya iku traping kukum | ujarmu nora ana | wong ala nêmu bilai | yèn wong bêcik tan ana nêmu raharja ||

16. bênêr ujarira baya | nanging kudu kanthi pikir | kiraning wong murti tama | pramana solah pangèksi | mlêtik lungiding ati | ngungkuli tikswaning punglu | tikêl sapuluh yuta | maksih landhêp tyas lastari | kadayaning wardaya ngêrobi raga ||

17. prasasat wus bètèng waja | kang rinaksa wong sabumi | bangkit punjul ing apapak | kêrêp rapêt dèn lêboni | mabur tanpa lar mlêtik | tanpa suthang kang wus baud | ing swagnyana krêtarta | di mulya susila niti | sadu parikrama wardaya nirmala ||

18. sajroning badanmu ana | ratu jaksa lawan patih | tuwin pangulu tan pisah | rêrêmbugan [rêrêmbu...]

--- 329 ---

[...gan] rina wêngi | yèn durjana ing ati | ratune dadi kalurung | karan ratuning jajal | pangulu jaksa pêpatih | padha bae karêm ring godha rêncana ||

19. ratu-ratuning dubilah | pati panguluning eblis | jaksaning prayangan setan | dadya pangawak ijajil | pantês nampani runtik | tumibèng awakmu iku | sapa kang têtulunga | lamun sapadhaning urip | datan srêda rèh wus ana kupiyanya ||

20. ewasamono manawa | ana kang gêlêm nulungi | sagung kewan wanawasa | kang nèng kene kabèh iki | sun tarine yèn arsi | ingsun bungah sèwu sukur | nulya radyan parentah | mring kewan têtaga sami | saur paksi malah sami ngerang-erang ||

21. bajul guguk sru udrasa | swara ngêlik galik-galik | ngundhamana nguman-uman | maring Hyang Kang Murbèng Urip | mangkana dènira ngling | dhuh Gusti Kang Maha Luhur | tobat kula katura | nyuwun luwaring kaswasih | sampun wêning awoning manah

--- 330 ---

kawula ||

22. adhuh-adhuh nora jamak | kaniaya dyan ngabèi | tan pisan asung kawlasan | sidhang siring karya adil | dêdalaning prihatin | katrapan kukum ragèngsun | anèng jêron jugangan | tan wurung têkaning pati | patiningsun duraka dunya ngakirat ||

23. Radèn Kancil angandika | hèh buaya aywa criwis | nguman-uman mring parentah | nrimaa titahing Widhi | kukum puniki Srênggi | maksih mamèt patut rukun | lamun bênêring siksa | sira pasthi dèn talèni | apês blêbês binuwang rong puluh warsa ||

24. winirangakên ing kathah | nganggo kinalungan wêsi | ngangkat panggawean paksa | mangkana ukuming nagri | mangkya sira mung bali | yèku aran patut rukun | marma ywa ngundhamana | mring Allah saha pulisi | kang sayugya nutuha sariranira ||

25. sarira nutuha nyawa | nyawanira nutuh maring | kodrat kadimah supaya | bali mring kodrat kawadis | iyèku ciptèng [ci...]

--- 331 ---

[...ptèng] pikir | angên-angên mamrih dudu | kodrat kawadis lirnya | panggawe kang băngsa lair | lair batin dadi sipating drubiksa ||

26. awit padha pêparêngan | jaba jêro kumpul kardi | budimu kang nora kaprah | jisim mung darma nglakoni | nanging yèn manggya sisip | tumêmpuh badan sakojur | ati tan tămpa bahya | mung gêtun dènnya nglakoni | gêtih daging padha anampani siksa ||

27. marma sira ingkang bisa | angawula marang ati | barang karsa barang karya | timbangên dugi prayogi | yogyane dèn lakoni | buwangên adoh kang dudu | wit dadi wêngku sira | rasul rusul anèng jisim | sipat anyar pantês kataman ing aral ||

28. lamun wus bisa nyuwita | mring ratunira pribadi | ratune wêruh kawula | iku ran sarjana murti | wicaksanèng pambudi | daya kagêlar kagulung | gêlêngan wirotama | sampurna jênênging urip | ngarêp-arêp têtêp mantêp ing pamuja [pamu...]

--- 332 ---

[...ja] ||

29. ati puniku upama | samudra kang tanpa têpi | mumbul muluk jêmbar padhang | madhangi isining bumi | rat jagad wus pinusthi | jèrèng ngêjum iya dudu | wruh ganal saha lêmbat | nora ngawur nora miring | wus mangkono kewan sadu parikrama ||

30. prasaja mangulah tama | agamane dèn kêncêngi | tan nêmbah ing tawang-towang | tan nêmbah rasaning pikir | cahya warna tan apti | lan nora yun manuksmèng nur | tuwin angejawantah | tumanggal marang bêbayi | nora pisan kang mangkono siya-siya ||

31. panthênging cipta kang nyata | nyataning tumitah urip | urip ngarêp-arêp arja | angupaya ati budi | mring sasamèng dumadi | conto klakuan kang bagus | kang ala kinawruhan | bagus tumanêm ing ati | yèn waskitha swarjana murti wêweka ||

32. kalakuan dadya tăndha | ala bêcike ki budi | sanadyan cipta durjana | yèn jisim nora nglakoni | yakti tan nêmu sêrik |

--- 333 ---

rèh dayaning pikir nglangut | lêmbut nora katara | tanpa apês punang karsi | kang mangkono saking sihing Suksmantaya ||

33. barang karsa anglêngkara | sarwa anèh kang pinikir | angên-angên kasaktènnya | panyana-nyananing pikir | yèn netra wruh pawèstri | ingkang anom ayu lurus | pikir glis nyidrasmara | wus dene wêruh ing dhuwit | boga wastra wus sinandhang wus rinasa ||

34. nanging tanpa tapak tilas | tan dadi bahyaning jisim | marma prayoganing gêsang | lamun ati mikir silib | bêcik salina budi | mikira panggawe bagus | ywa karêm tyas dursila | watêg juru basa trampil | yèn ginagas badan enggal lumaksana ||

43. Mêgatruh

1. truhing sabda kabèh baya wasitèngsun | tampanana manjing ati | dadi dêdalan kang luhung | luluh patrap murka juti | ati têtêp tămpa tudoh ||

2. nora bodho sun mulang mring sira bajul | sadurunge wus sun pikir | kira-kirane atimu |

--- 334 ---

krungu wulang bisa tampi | katara alamu mêlok ||

3. lamun datan ala ora darbe bagus | lan manèh sipatmu Srênggi | rong puluh jêjêg acukup | kêna sinajarwan bêcik | păncadriyamu tan kalong ||

4. kaya uga bisa tămpa krungu tutur | swara dêdalaning kuping | wujud dalaning pandulu | loro pisan bisa manjing | dayaning swara mring jêro ||

5. tinampanan ing pikir bisa kacakup | saka aturirèng kuping | aturing netra pasthi wruh | mangkono kodratullahi | mokaling titah kinaot ||

6. karna netra tutuk grana dadi rusul | bangkit munjuk atur uning | mring ratumu jroning kalbu | bênêr jêjêg apatitis | papat iku wus pitados ||

7. mèh tan dora sabarang aturanipun | balik piwalêsmu êndi | linadenan siyang dalu | pilih kewan kang udani | kudu sato kang wus moncol ||

8. wruh ing walês gusti mring kawulanipun | kawula [ka...]

--- 335 ---

[...wula] mring gusti uning | gêganjaran kang ginadhuh | păncadriyanira mintir | tan pêgat-pêgat ing pakon ||

9. lah kapriye sababe panggawe dudu | dene badan ingkang manggih | sangsara kaya awakmu | nglakoni prentahing gusti | măngkantuk siksa mangkono ||

10. hèh pisahên panggawe ala lan bagus | mangkya sira bakal uning | wêning pamawasmu kukuh | ngawula silaning urip | wruh jaman murkaning batos ||

11. baya dupi wus tămpa punang pitutur | lungiding wardaya mingis | lir supaning Majalangu | nglar glathik waja lan wêsi | sangkêp jaba jêro cocog ||

12. sanalika tan ngrasa sangsara bajul | prabawaning wulang murti | kang mipit panon sumaput | tri pandurat tan bisa ngling | wusana ature alon ||

13. dhuh dewa ji sèwu bagyantuk pitulung | wasita di tama kang writ | tumancêp kulunging kalbu | gumulung sajagad radin | lair batining lêlakon ||

--- 336 ---

14. wus pracaya kasat mata têtela wruh | wêning narawang kang uning | pinancasa gulu jabut | rila eklas manah suci | nyumanggakkên margi layon ||

15. datan grantês sarambut pinara sèwu | tan bêtah wontên dunya wit | murang silaning tumuwuh | wus pasthi jisim anyarnis | dhêndhaning juru basa won ||

16. dhuh rahadèn ngabèi ambèstu nyuwun | taksaka wêlang kang mandi | enggal nyakota mring ulun | hèh ula cakotên mami | aja sumêlang ing batos ||

17. sun wus tega patiku seje lir mau | owêl marga durung uning | kaluputane uripku | lan durung wruh ngèlmu jati | ing mangke sun wus waspaos ||

18. dyan ngabèi bêkuh baya iku dudu | patrap sampurnaning ngèlmi | tan mangkono marga lampus | têmpuhna bae kang bêcik | mring uripmu kang karya won ||

19. awit bali manèh sangisoring kayu | iku pikir kang ngajani | sajroning kalbu atimu | iyèku kang aran urip [u...]

--- 337 ---

[...rip] | kêna sinêbut Hyang Manon ||

20. nora ewuh paring lantaran tumuwuh | yèn pinasthi maksih urip | rèh tan jumangkah mung nyuwun | pêrêsên têmpuhna maring | kang awèh prentah mangkono ||

21. sun jarwani manèh baya kang satuhu | ywa sira sandeyèng ati | sajatine sira durung | bajul tumêkaning pati | ana tăndha ingkang katon ||

22. têtela trang yèn maksih dawa yuswamu | ujare guru kang luwih | panêngêraning tumuwuh | pira-pira sun titèni | wus bênêr akèh kang cocog ||

23. pangiraku kang têtulung mring uripmu | dudu sapadhaning kumlip | sabab Hyang Kang Maha Luhur | kuwasa masesèng urip | lan patining kabèh sato ||

24. nanging bajul wêkas sun yèn sira idhup | kang wêruh tataning urip | sayogya tulung-tinulung | marang uriping sasami | padhanên uripmu yaktos ||

25. kang gumêlar ing jagad kayat myang kayun | rêngkuhên sipatmu Srênggi |

--- 338 ---

rèhning padha uripipun | iku ingkang mracihnani | sipate Hyang Maha Manon ||

26. lan maninge wêruha patraping têpung | pawong mitra dina wuri | wong tuwa sanak sadulur | guru ratune nèng bumi | iku kabèh ngloro-ngloro ||

27. kang sapisan guru jaba têgêsipun | magurua sira Srênggi | mring piwulange satrumu | myang durjana murkèng budi | kabèh wulange kudu wroh ||

28. dene ingkang darmambêk sănta budya yu | iku satrune wong bêcik | sun kosokbali ran guru | ewuh panjèrènge wadi | guru jaba petung ewon ||

29. kayu watu alas gunung dadi guru | banyu gêni bumi angin | kabèh gumêlaring wujud | cêcukulan warni-warni | wêwarah kawruh kinaot ||

30. yèn sun jèrèng guru jaba warnanipun | sayakti ngêntèkke mangsi | wong klithikan sukèng kalbu | dagangane kartas laris | tur sira tan bisa nganggo ||

31. ingkang kaping kalih sun tuturi guru | guru jaba [ja...]

--- 339 ---

[...ba] kang khakiki | iyèku angên-angênmu | kang ginugu barang karsi | ujaring budya Hyang Manon ||

32. basa Manon têgêse plêng kwasanipun | sabarang kudu dhisiki | dadya ran Bathara Guru | nila kăntha jati êning | tugu wasesa Suksmanon ||

33. Hyang Sudyarsa Hyang Pramana Maha Luhung | Hyang Wisnukara di murti | akèh arane puniku | tur wardine nora tunggil | tăndha kwasane tan awor ||

34. yèn wong Buda iku wus dadi gêgêdhug | napas kang manjing kang mijil | iku kêmladheyan nunut | sawatara anguwati | bab guru iki sun pêdhot ||

35. yèn sun jèrèng pira banggane tanganku | uthak-uthik dumuk mangsi | anèng êpèn waja dèn mut | sun rupakkên wanda tulis | kawadis sayah dharodhog ||

36. yèn ki guru nora cape nora kêju | sabab panggonane suci | hèh baya pikirên iku | caraning guru kêkalih | akèh jèrènge kang wus wroh ||

37. dene

--- 340 ---

kabèh iku kudu kanthi mahkum | arane dugi prayogi | kudu nganggo undha-usuk | sêngkan turunaning ati | aywa kongsi carup awor ||

38. kabèh-kabèh kudu ana kukumipun | myang wêruh ing goroh yakti | solah trapsila kadulu | katara ala myang bêcik | ana kukume kang kanggo ||

39. wus sun ringkês buaya pitutur ingsun | yèn tinulis nora ênting | kurang papan luwih wuruk | ngêbêki isining bumi | iki bae wus kajlomprong ||

40. adat kang wus lamun wong kakehan wuruk | tan ana cumanthèl pikir | yèn kang kurang wuruk kumprung | wurung ing dandanan sami | mangkono adating sato ||

41. iki bae tuturku durung tartamtu | sira bisa anampani | sabên kewan ingkang krungu | mung gumuyu dongèng kancil | yèn iki dudu gêguyon ||

42. lah wis baya kèria ingsun yun mantuk | nulya bidhal dyan ngabèi | sadaya kewan tut pungkur |

--- 341 ---

grubyug Amongpraja Kancil | samantara sampun anjog ||

43. ing karajan Gêbangtinatar lir kratun | kawuwusa Kalasrênggi | ingkang katindhihan kayu | muja ngêningakên budi | luwarnya saka ing kono ||

44. wus pinasthi karsaning Hyang Maha Luhur | samana lindhu dhatêngi | gonjang-ganjing gunung jêblug | prabatang jati sumingkir | buaya tyasnya cumêplong ||

45. kadya tangi saking pati nêmu gunung | gunung mas tanpa upami | narimèng tyas suka sukur | nulya brangkang ngirih-irih | ririh ngarah-arah alon ||

46. ngulon bênêr dangu nèng marga wus nyêgur | ing jarangkah wus umanjing | narmada Bagawănta gung | ambyur saking padhas pinggir | kapinujon tirtanya rob ||

47. dupi baya raganya umahas ranu | dadak sakala kang sakit | lêsu pêgêl lumpur kêju | sirnanting badan wus pulih | ngèli nut ranu mangisor ||

48. baya kanan kiri margi kathah jumbul | dahat gêtun kadya ngimpi |

--- 342 ---

mangkana pamuwusipun | o o kyai lurah mulih | nuli mèstu lir traping wong ||

49. gumarudug samarga-margantuk bajul | tut wuri ulihing Srênggi | andulur gumrudug sêlur | lir komasaris ngêjawi | enggaling crita wus anjog ||

50. kali Lêrêng toyanya kadya kinêbur | brubul bajul ngandhap nginggil | gêthok tular mlaku elur | gabag kumambang ing warih | nungsung kang dhuwur mangisor ||

51. samya baris sebak traping saradhadhu | twèdhê glid anurut pinggir | panggonan kongsi kasêbut | karan têkane sêmangkin | ing Jagabaya kang dhukoh ||

52. kinanipun punika kratoning bajul | samana Ki Kalasrênggi | dadya guru juru tutur | dhasar tuwa ngêpalani | kêrig baya lanang wadon ||

53. samya ajar ujuring kawruh gêgêdhug | sangkan antara paran nis | asale ngèlmu tinutur | saking Amongpraja Kancil | kunêng gênti kang kacriyos ||

44. Asmaradana

1. asmaradana winarni | karajan [kara...]

--- 343 ---

[...jan] Gêbangtinatar | saya wimbuh kuncarane | drajad jumênêng karatyan | raharja gêmah ripah | jêjêg tibèng kukum jujur | lajêr kluhuraning jagad ||

2. kasub kondhanging kumêlip | Dyan Ngabèi Amongpraja | mancas durta sabênêre | tan ngeman kawulawarga | pangrêksaning durcara | mrih tata susila ayu | ing sarak yudanagara ||

3. kotamane midrèng bumi | nuksmèng jagad ing wiryawan | kuncara doh rêncanane | gănda rum ngambar sumêbar | rèh tabêri pêpajar | kèhing kewan ngèksi tuduh | ngatas karaning susila ||

4. kang brênjul cukul katapis | rinusak sarana nalar | pêtêng rawe-rawe pêdhot | padhang nrawang dalu siyang | adil lakuning praja | agêng prabawaning kukum | Radyan Bèi Amongpraja ||

5. yakti nugraha linuwih | nuwuhkên budya yu tama | mêruhkên ngèlmu jaba jro | sarak tataning agama | milati ibrahima | wus dene lakuning kukum | patraping nagara

--- 344 ---

krama ||

6. kèh kewan mêmuji suci | mantra nirmalaning praja | anjunjung lair patine[2] | wêdyasih martaning nata | tyas sadu samahita | wêning prabawaning kratun | Kancil Mongpraja samana ||

7. wus nêtêpakên pêpatih | banthèng putusing wêweka | nalar ruwêd rêntêng kamot | mêmêt ngubêngakên praja | nêtêpi wajib wênang | dadya panariking luhur | ketang mulyaning nagara ||

8. tan pisan bau kapini | tan melik pajêg jung kathah | datan mamrih sugih bae | mung ngrêksa rêngkaning praja | kèh wangunan winuryan | krêtêg-krêtêg lurung-lurung | bumi kèh kapulasara ||

9. opèn marang pêkir miskin | miwah santananing nata | wus dene punggawa kabèh | panèwu mantri prêmbenya | widada gung dinanan | pradanane kang lumintu | pantês patih matah praja ||

10. mangkya wus pinaring nami | Radyan Patih Kartipraja | kartigawe pardikane | praja nagara kang mulya | banthèng kang mangun [ma...]

--- 345 ---

[...ngun] arja | cukup cakêp agal lêmbut | mangkono nayaka waktra ||

11. kang măngka jaksa ing mangkin | dwipăngga baud micara | undhagi sangkêp nalare | cukat trampil atrangginas | gênah ganêping tata | munah durta laku dudu | dinuhkên ing tata praja ||

12. kas kuwat lumyat prakawis | yèn ana wong kasusahan | lir anêmu susah dhewe | pangrêngkuhe mring sasama | sinami badanira | tan nyêngkolong para padu | tan amrih rusaking kănca ||

13. mèh cèplês radèn ngabèi | sabarang nindakkên nalar | duga prayogane ngêntèk | titi surti tur sujana | mêmêt rapêting basa | pintêr tan katarèng sêmu | rèh putus pamardyèng tata ||

14. samana wus sinung nami | Dyan Jaksa Amongpradata | mênggah pradikane among | mulat waskithèng rubeda | pradata bêbênêran | kang măngka luhuring kratun | wit adil purba wasesa ||

15. dene kang ingangkat dini | pangulu

--- 346 ---

panggawe praja | wa-uwa têtêp lungguhe | sinrahan wakil wus lama | tanpa cacad sarema | dènnya nglakoni pangulu | sarining sarak pratela ||

16. putus ing basa Ngarabi | dalil madlul makna murat | sarengat lan tarekate | kakekat trusing makripat | ginagêlung ginulang | kukum kitab anggêr putus | kramani nagara wignya ||

17. gumulung para ngulami | akèh kang ngasilkên rasa | mring uwa-uwa jarwane | pantês tuwangganèng praja | dhasar kêncêng ing gama | rukuning Islam kacakup | cukup nêmbah ing Dat Mulya ||

18. wus sinungan nama kyai | Ki Mukammad kalilullah | punika asma murade | Mukammad wujud manusa | kalil ngarah utama | lullah kang sinêmbah sujud | dat wajibul murwèng jagad ||

19. wus pêpak praboting nagri | têtêp jumênêng narendra | ngasta adil pratandhane | misudha patih lan jaksa | pangulu uwa-uwa | iku pirukuning kratun | jêjêre patang prakara ||

20. marma wus kuwat [kuwa...]

--- 347 ---

[...t] nêtêpi | mancas dursilaning praja | kêna sinêbuta kraton | busananing jagad raya | minăngka suryèng alam | pêpakuning jagad kukuh | sumbagèng rat tanah Jawa ||

21. kalipatollah sakalir | jumênêng nata agama | papat iku têtaline | mangkurat kajibah ing rat | wênang mulasararda | kang balela ing Hyang Agung | wus winênang baudhêndha ||

22. kawiryan tanpa upami | bagna laksita durcara | akèh tobat ring Hyang Manon | dene para punggung mudha | winuruk ngèksi kara | tanpa karana sawastu | dayèng pardi murti tama ||

23. akèh kang cukul martani | sadarpa budi wêlasan | sato kewan sadayane | jroning budi kukum praja | nawang karadusana | rumêbuting pèni mancur | tan ana winancak-driya ||

24. jêjodhoan swami yukti | rêraton satunggal-tunggal | awit putus matrapake | hèr junarda lir narmada | lumintu dalu rina | saking gêng karoban [ka...]

--- 348 ---

[...roban] tuduh | yayah udayèng jamuna ||

25. nahan gantya kang winarni | sona ingkang abang bêlang | Ki Sutatruna darbèke | nguni kang lunga martapa | mring guwa Suracala | mêntas anampani bêndu | pinala sakulawarga ||

26. dupi nguculakên kancil | nèng sênik tinindhih sela | samana asu ciptane | nêgês karsaning Hyang Suksma | manrang ing pringga baya | pratisthèng guthaka jingkrung | ngêningakên tyas nirmala ||

27. wus tan darbe cipta kalih | mung têtêp madhêp ing Suksma | prasêtyane pamintane | bangkita wujud sampurna | lir manusaning taya | jangkêping sipat rong puluh | antuka budi caksana ||

28. rèh dahat puguting ati | duk siniya ring manusa | ingkang karan Pakne Kêdèl | marma sona gung nalăngsa | noraga jungkung sêdya | ngidhêp ing pujwarja jumbuh | taki-taki ambêg dwija ||

29. nèng Suracala mêmuji | wus gêntur sutapanira | datan kacrita lamine | samantarantuk nugraha | hidayating Hyang Suksma [Su...]

--- 349 ---

[...ksma] | panggayuh surasèng ngèlmu | tatas jêntus tus-êntusan ||

30. labêt pamêrêsing budi | boga deya nora ngeman | malah datan sare-sare | ăngga samun lir dumaya | kawêntar kajuwara | sona pratama ing kawruh | ngèlmu rasa sasmitarja ||

31. lakune nganèh-anèhi | sêtyambêg paramartèng rat | lêgawa budi krahayon | mangayu ayuning yoda | ngawula akir dunya | pinusthi pathining ngèlmu | sona mèh tanpa warana ||

32. antuk tarbukaning ngèlmi | nguni saking Nabi Ilyas | danurjaning budi bolong | narawang tanpa tangkêban | dakik lêmbuting cipta | kewan kanan kiring ngriku | kathah sami muruhita ||

33. ingkang pinudèng tyas anjing | makripatollah kang tekat | anrupakakên ciptane | dikirul akmalulilah | nginjên-injên Datollah | lalu wurululuh jumbuh | gambuh gambiraning puja ||

34. jalawangaja jinati | nastiti titising sangkan |

--- 350 ---

paran pramana tandhane | rinacut katêngkar-têngkar | swagnyana tanpa kira | sirnanting caraning makluk | lir baskara lan mandaya ||

35. cacad maksih warna anjing | nanging asu badan Suksma | polah tingkahe nyalênèh | marma kasub kasumbaga | tumular malbèng kabar | lir gundhala pajar nglangut | kagawa bakul wêwarta ||

36. konjuk ring Radèn Ngabèi | Kancil Mongpraja di karta | karta têntrêming karaton | Gêbangtinatar mulyarja | lyan praja tanpopama | dupi wrin wartaning asu | nglêbur pranatan agama ||

37. kagyat wagugên ing galih | wancaking driya jêng gama | ngrêregoni pranatane | gumêlarirèng agama | ingkang junjung wibawa | drajad tumibaning kukum | dinil mustapa santosa ||

38. mangkana locanèng galih | kayaparan lamun nyata | si srênggala panglêbure | buwang sarengat kang mulya | masjid minulya arja | dadya sintruning tyas dudu | rinusak asu kêparat ||

--- 351 ---

39. kayaparan kang prayogi | yèn sun priksa mêtu praja | sun wêlas nguni kawite | taki-taki saka kita | bujuk sandi upaya | dadi lantaraning idhup | kalane ingsun cintaka ||

40. nanging upamane iki | sun sarah klakuanira | èstu tan bêcik dadine | wong maido mring agama | wajib kinisas mangkya | rèhning nyênyampahi rusul | rasuling Hyang tiba ina ||

41. yogyane ingsun manuding | caraka kang ngendraprastha | kang sêpi samun lakune | ywa katara lamun duta | sêpiyun kang prasaja | radyan bèi sigra nuduh | rase lingsang kang wisata ||

42. kinèn ngêmori kang budi | sandi tarèk muruhita | kayaparan pamijange | apa mirib ngèlmu rasa | surasèng kitab Kuran | karweka liningan nuwun | lingsang lan rase sandika ||

43. dene yèn wus manjing murid | sona kinèn nimbalana | kerida laju sumaos | mring nagri Gêbangtinatar | nulya wisata samya | samantara wus cumundhuk [cumu...]

--- 352 ---

[...ndhuk] | ing made wiwarèng guwa ||

45. Dhandhanggula

1. lir sarkara srênggala marêngi | pêpak tarap pra murid sumewa | kasaru lingsang lan rase | silakrama mabungkuh | mangrêpa nor muka ring siti | ing ngabyantarèng sona | sinambrama arum | matur nuwun ing waluyan | klinggamurda rase lingsang matur aris | adhuh sang dwijawara ||

2. sowan amba midhangêt pawarti | kang tumular cakraning buwana | paduka wus maridake | lamun dhangan ing kalbu | amba nuwun wijang kajatin | kawruh ingkang sampurna | lir para kanang wus | kawijangakên ing kathah | saking dahat punggung kula sangu pati | kang patitis ing paran ||

3. amangsuli srênggala hèh bêcik | sira kapengin sasmitotama | ngèlmu sagadugmu bae | rase lingsang wus dinuh | sinajarwa jarwaning ngèlmi | dupi duta wus têrang | nulya adhêdhawuh | mangkana duta wuwusnya | wisatamba ajrih dora mring sang yogi | winêling sri narendra ||

4. jêng paduka ngêndikan samangkin [sa...]

--- 353 ---

[...mangkin] | kèrida sarêng salampah kula | mring Gêbangtinatar mangke | Kancil Mongpraja sampun | nupiksani warti manawi | sang wiku ulah puja | sanyataning ngèlmu | sangêt suka sukurira | nanging kêdah paduka dipun timbali | kagyat srênggala nabda ||

5. hèh ta lingsang rase sun wus tampi | timbalane Mongpraja manira | kinèn sumaos ngarsane | apa ta parlunipun | wong martapa dipun timbali | mring kang mêngku wibawa | kapriye patrapku | kidhung kiwa tanpa tata | nir kramarja tansah tuna yudanagri | saru ngusutkên praja ||

6. wong dhêdhumpil nèng guwa sathithik | nora mamrih ngrêbut kaluhuran | tan ngrusak bêbênêrane | sabên dina sun ewuh | ngandikan lan kang sipat kadim | abot prentahing Suksma | lan dhawuhing ratu | hèh lingsang rase muliha | sun tan arsa nglakoni ewuh pribadi | tan pêgat sabên dina ||

7. imbal sabda lan Kang Maha Suci | satêmêne sun nora kabawah | nèng bumine Allah [A...]

--- 354 ---

[...llah] dhewe | kalane kancil durung | tumitah nèng madyapadèki | bumi iki wus ana | kagungan Hyang Agung | wis duta sira mundura | aturêna ing sapitutur sun iki | rase lingsang wus mentar ||

8. datan dangu ing marga wus prapti | ing Gêbangtinatar wus sumewa | mring Amongpraja ature | purwa madya nisipun | brêsih titi datan muwuhi | Mongpraja tansah rudah | dahat ngungun jêntung | mirêngkên aturing duta | ucapên kang anèng Suracala marid | nutukkên mêdhar karsa ||

9. wus misuwur bagawan wêrka di | kang asrama dhepok Suracala | tuhu wêning pangawruhe | cakêp bengkasing ngèlmu | mêmêt nyamut sarasa êning | wus kaloka ing jana | tinêkanan sampun | cundakane Amongpraja | rase lingsang nimbali dwija wrêka di | bangkang angutha dlika ||

10. ucapên kang têtrukèng wanadri | sawetaning alas Ngampèldênta | wil pusa kuwuk arane | sampun midhangêt tutur | lamun sona ingkang mêmarid [mêma...]

--- 355 ---

[...rid] | nungku nèng Suracala | tinimbalan ratu | mogok tan arsa sumewa | sira kuwuk darbe sumêlang ing ati | wêlas marang srênggala ||

11. bokmanawa kongsi dèn têkani | rinodapaksa dutaning nata | paran baya kadadyane | tan wurung nêmu dudu | sigra-sigra kuwuk lumaris | mring guwa Suracala | sugriwarsa pemut | sarta nêdya wruh antêpnya | tan cinatur nèng marga samana prapti | padhepokaning sona ||

12. sinambrama tatakramèng puji | lir oliya patraping kraharjan | kuwuk mangkana sabdane | hèh adhi praptaningsun | nilas warta kagawèng angin | kang tumular ing loka | kabur kondhang catur | lamun sira tinimbalan | marang Gêbangtinatar mogok ing kapti | yayi sababe apa ||

13. prayogèngsun aywa wangkot yayi | tinimbalan mring kang kinawasa | masesani santerone | sowana kang sumujud | jêr puniku kalipah yayi | wajib wênang masesa | sèsining rat kaglung | gumulung Gêbangtinatar [Gê...]

--- 356 ---

[...bangtinatar] | bumi Suracala iki wus kadarbi | kabèh satanah Jawa ||

14. ing Blambangan sapangulon prapti | tanah Bantên wus padha kaasta | dening Amongpraja kabèh | pira yayi banggamu | ambaguguk manglanggar nagri | wus akèh kupiyanya | malang-malang putung | rèh lagi sinihan ing rat | lah ta êndi gandhulamu kang nguwati | yayi sira wêcaa ||

15. sira sona mèsêm nambung angling | he kang kuwuk ngaping pindho karya | ingsun iki andhêdhèmpèl | tan nêdya ganggu-ganggu | amung muja ngêningkên budi | dalaning kasampurnan | urip praptèng lampus | saha satêmêne kakang | ingsun iki dudu kawulaning kancil | yakti titahing Suksma ||

16. Gusti Allah kang ngodrat wus dadi | ananingsun mulya praptèng paran | sajêroning urip olèh | rijêki dadi kukuh | mikukuhi jênênging urip | tumruning udan tiba | bumi-bumi cukul | nuwuhakên têtuwuhan | dadi pangan iku

--- 357 ---

mracihnani paring- | ira Hyang Kang Murwèng Rat ||

17. bumi langit tranggana surya di | wulan siliring maruta toya | saking dumaya kwasane | ingsun lan kancil sèstu | padha bae dadining mani | kaliku ran kawula | wus nêmu kadulu | sabarang isining dunya | dudu kancil kang murwani jagad iki | apa gêlêm sun sêmbah ||

18. yèn wong bênêr pasthi kirig-kirig | kipa-kipa sinêmbah sasama | sabab tan rumăngsa gawe | iyèku tandhanipun | Amongpraja padha lan mami | nadyan jro jisimira | si kancil tan wêruh | kang kinandhut kang ginawa | panjing wêtuning napas kancil pribadi | tan wêruh dadinira ||

19. nadyan gêtih daginge pribadi | aja manèh păncadriyanira | si kancil tan wruh dadine | nora beda lan ingsun | ngawur nasar ngêrèh sasami | apa sababe kakang | mring sapadha ngêkul | ingsun Allah kang masesa | kinawasa kodrat kadimah kawadis | kabèh kagunganing Hyang ||

20. yèn durung wruh sabab kang puniki [puni...]

--- 358 ---

[...ki] | sun tan arsa lamun sumewaa | nadyan wêruha dhèwèke | isih padha lan ingsun | sipat anyar padha nganyari | tumitah anèng dunya | sakarêp-karêpku | kumawênang ambêg nata | mring sasama dene wani animbali | yèku wong tanpa tata ||

21. punggung mudha tan wruh sasmita di | durung wêruh jênênging narendra | ngêrèh kawulèng Hyang kabèh | ewuh wong dadi ratu | suka bungah ingaji-aji | tansah umuk sumêngah | swardanambêk dir gung | lamun durung têtela trang | witing sêmbah saka apa witing asih | kapriye sababira ||

22. lan si kancil anampani dhuwit | pajêg bumi saking desa-desa | iku kapriye nalare | wong desa atur-atur | marang ratu bupati mantri | dene nora kangelan | nampani pisungsung | yèn si kancil tan uninga | sanyatane bab iki sun tan ngabêkti | kuwuk gêtun miyarsa ||

23. sabdanira hèh yayi prayogi | luwih kukuh gêgandhulanira |

--- 359 ---

amung sasathik ewuhe | yèn ana wong kang ngadu- | adu basa dèn athik-athik | èstu sira rinoda | kalah akèh asu | dening wong kang nora nyandhak | èngêtamu yakti kalaksanan mamrih | adat jaman punika ||

24. yèn pinaksa sira dèn timbali | sinantosan ing dutaning praja | pira bangganira adhèk | srênggala guyu guguk | adhuh kakang sun tan gumingsir | rêmuk dadia kisma | sarambut tan mingkuh | yèn wus pasthi karsaning Hyang | têkèng pati jangji nora owah gingsir | kuwuk suka tyasira ||

25. sèwu amin angèstuti puji | yayi lamun mangkono punika | kawruhmu dahat mêmête | sayuta sun jumurung | lah ta uwis kèri basuki | sun mulih nyonto nglaras | yayi panêmumu | kaya-kaya kabênêran | nulya mundur tan cinatur anèng margi | lastari praptèng wisma ||

26. kawarnaa Amongpraja maksih | sungkawa gêng panguguting driya | sona kang klakuan anèh | Kancil [Ka...]

--- 360 ---

[...ncil] Mongpraja nuduh | uwa-uwa dinil agami | tinuding cinundaka | kapanggih lan asu | kang subrata Suracala | aparentah marang sira kyai kakim | sira dhewe mlakua ||

27. konên mêcah cangkriman ingsun mring | asu edan kang nèng Suracala | limang prakara cacahe | êndi kanang ingêcup | lan timbangên srengat agami | gama kukuming sarak | wa-wa matur nuwun | pamitan lèngsèr sakala | bakta santri sakawan samya tut wuri | pangulu wisatanya ||

28. samantara ing marga wus prapti | ngarsèng sona sira uwa-uwa | satatandum krahayone | salamu ngalaekum | tanggap sabda wrêka mangsuli | wangalaekum salam | nuli tata lungguh | jawab asta rêrangkulan | wusing bagya-binagya arjaning wuri | wa-uwa alon nabda ||

29. hèh srênggala praptaningsun ngriki | cinundaka dening Amongpraja | kang masesani ing kene | Dyan Bèi Kancil mundhut | sumewanta wus wali-wali | sira [si...]

--- 361 ---

[...ra] tan gêlêm seba | apa sababipun | dene wani bangkang prentah | lamun sira srênggala panas ing ati | pèkên Gêbangtinatar ||

30. ingkang kaping pindhone sun anjing | kinèn maringkên pasal cangkriman | limang prakara cacahe | srênggala nambung wuwus | hèh kiyai pangulu mami | tinimbalan parentah | apa pêrlunipun | wong dhumpil pinurih seba | durung wêruh cara-caraning nagari | rèhning dama kiratha ||

31. sarta manèh kinèn mardikani | anguculi lambang limang pasal | sun iki bodho yaktine | slawase durung tau | amudhari cangkriman mami | nadyan ingsun darbea | cangkriman ing dhusun | purudyawarèng cangkriman | lenggok sundêr purêt bisa narbukani | liya iku tan bisa ||

46. Sinom

1. taruna budining desa | tatakrama sêpa-sêpi | liwat saru acêndhala | ngrêgêdi krama kang suci | saru anyênyampuri | sama-saminirèng makluk | rèh sun asor priyăngga [pri...]

--- 362 ---

[...yăngga] | tan wun lamun antuk runtik | wus ukume yèn wong ngrusak pasamuan ||

2. tan wurung siningkang-singkang | wa-uwa mangsuli aris | dhuh anak aywa mangkana | watêking prentah bèr alim | maklum marang wong jirih | angapura wong truwilun | ywa wangkot sira sona | abot sanggane ing wuri | nora bêcik badal karsaning nagara ||

3. sakurêbirèng akasa | saha salumahing bumi | kang kapraban diwangkara | alas gunung dadi siji | kawêngku Dyan Ngabèi | Kancil Amongpraja èstu | brênjul cukul pinapar | mangkya sira bangkang karsi | ywa mangkono atasing titah punika ||

4. kudu rêraton ing tata | mamrih basukining urip | ing mêngko sira lênggana | bumi kang sira idêki | banyu-banyu rijêki | kabèh kagunganing ratu | Dyan Bèi Amongpraja | musamanira Hyang Widhi | lah manuta anak pitutur manira ||

5. prayogyèngsun sumewaa |

--- 363 ---

tekadna nêmbah Hyang Widhi | rèhning Allah datan kăntha | tanpa jaman makam sêpi | anging sri narapati | kang sinêmbah kang sinuhun | pinuji wajib wênang | tinuhu tuhuning gusti | basukyarja tindaking nagara krama ||

6. srênggala sumambung sabda | hèh paman puniku silip | nasarkên ati katriwal | kadhawung ginawèng jajil | jajalanat kang mungkir | kodrating Hyang Maha Agung | si kancil datan pisan | kuwasa karya sabumi | kabèh iki yakti kadiruning Suksma ||

7. ratu puniku kawula | dinadèkkên dening Gusti | padha bae lawan ingwang | aja ingkang narapati | sanadyan para nabi | kawulanirèng Hyang Agung | nora wênang masesa | sèsining buwana iki | kang gumêlar ing jagad darma sakarsa ||

8. uga bênêr ujarira | sri narendra anyipati | musamane Hyang Sudyarsa | nadyan kutu-kutu kumlip | lan manusa sakalir | kabèh sarupaning makluk | dadi tandhaning Suksma | tan ngamungake [ngamunga...]

--- 364 ---

[...ke] si kancil | dlasan sira kyai sipating Pangeran ||

9. marma tekad sun punika | wus lawas tapa mêmuji | nêgês yun wêruh satmata | maring Hyang Wasesa Jati | kajatèn sonya sêpi | sun pêpuji sun sêsuwun | wus pirang-pirang warsa | tan wêruh wujuding Widhi | têmahane pardunwakidun nèng jiwa ||

10. têgêse tunggal sajuga | iya ingsun kang pinuji | datan liya awak ingwang | mêngkene-mêngkene mami | jumênênging Hyang Luwih | wit kawula asmanipun | dadinirèng kawula | wit kodrat bila alatin | nanging kabèh saka kita wus têtela ||

11. tan grantês wus datan samar | pangrêngkuh ingsun tan miring | sipat kadim mungguh ingwang | sipat kawadisi mami | kabèh barang kang kèksi | jroning bumi langit ingsun | rusul rasuling Suksma | ingsun ingkang musamani | jroning rasa sasmita kabèh manira ||

12. ingsun ingkang karya sarak | kitab Kuran mungguh mami | sahadat salat myang jakat |

--- 365 ---

pasa tuwin munggah khaji | pakonira pribadi | batal sajêroning wulu | yakti sun ingkang karya | wus dene yèn puji dikir | iya ingsun kang nampani kang narima ||

13. sandhang pangan sun ngupaya | dadya cêcagaking urip | olèh bêgja lawan ora | sayêkti têka pribadi | dudu ratu kang paring | dudu malekat lang[3] munjung | Allah tan awèh sêga | mêngkene-mêngkene mami | swarga nraka kabèh kawêngku dening wang ||

14. barang solah tingkah ingwang | sêka karsèngsun pribadi | anjênêngakên kaanan | sajagad rat maratani | jroning badan mênuhi | barang apa dunya nêmu | badan sasat buwana | nadyan sêpur prau api | surya wulan pêpak anèng jisim kita ||

15. rèh sira putus agama | ahli tapsir awal akir | apa cundhuk apa ora | barang wuwus sun puniki | kalamun slisir kyai | sajara ingsun yun krungu | êndi ingkang sulaya | panêmuku sun owahi | aywa klantur nurut salahirèng [sa...]

--- 366 ---

[...lahirèng] cipta ||

16. yèn kang baud ing wikara | mamèt warah datan isin | sanadyan wong sudra papaa |[4] kere anèng pinggir margi | lamun cature mirib | kalawan pancêring kalbu | kang prayoga ingalap | nora wirang nora isin | wus mangkono wong mamrih swarjana tama ||

17. sabên dina nganggo karna | nganggo netra miling-miling | rêrupan dadi piwulang | ala bêcik dèn kawruhi | manjing pancêring budi | wong winuruk saka catur | myang saka layang-layang | Asthabrata Rama Kawi | suluk-suluk surti lan panitisastra ||

18. yèn tan sênêng datan bisa | awit sulaya lan ati | sanadyan ngèlmu akirat | sun gulang budi patitis | patrap tataning urip | ngadhêp sampurnaning layu | wêruh ing kanyataan | nyataning kawula gusti | saking ana hèh pangulu rasakêna ||

19. uwa-uwa nambung sabda | iku dudu pamrih yukti | yaktine tumitah

--- 367 ---

gêsang | anaa kang dèn wêdèni | jumênênging narpati | măngka badaling Hyang Agung | kang nindakkên kotaman | natasi ruwêding bumi | nyirnakake murka ingkang wus têtela ||

20. karya mulyanirèng praja | sabarang karsèng narpati | ingkang kalawan prayoga | sendhe ring Hyang Maha Suci | nanging kuwating pardi | saka rêrukunan kumpul | dèn jak budi raharja | de sira mungkir mring aji | lah cupana cangkriman limang prakara ||

21. wêcanên ingkang têtela | timbalane dyan ngabèi | mangkene kanang cangkriman | siji sira kinèn milih | urip salami-lami | lan mati salawasipun | pilihên salah juga | dene ingkang kaping kalih | mangan sabên dina lan mangan sapisan ||

22. cangkriman kang kaping tiga | kinèn milih salah siji | suwarga utawa nraka | ingkang kaping catur warni | suwung utawa isi | kang kaping lima winuwus | rusak utawa mulya | dhawuhe radèn ngabèi | sona guyu [gu...]

--- 368 ---

[...yu] guguk sarwi latah-latah ||

23. o o ki pangulu sira | dene kaya bocah cilik | sun wus wêwarta sanyata | ing tekad datan gumingsir | cangkriman pating srêndhil | koucap sanggêre mêtu | kurang duga prayoga | pangulu mangsuli aris | puluh-puluh wus karsane Amongpraja ||

24. panjaluk ingsun mring sira | cupana kewala bêcik | aywa anampik cangkriman | sona pasrangkara aris | bênêr ujarmu kyai | sun batange kang rumuhun | urip kalawan pêjah | sun tan urip datan mati | yèn wong mati kang mati nora uninga ||

25. dadi têgêse pralaya | sajatine ingkang urip | dene ta kalamun gêsang | sajatine aran pati | kawruh mangkono kyai | sèwu siji ingkang wêruh | dene daliling Kuran | wa tuhkarijul kayamin | mayitahu wa tuhkarijul mayita ||

26. minal kayi têgêsira | Allah mêtokake pati | saking urip sakanira | Allah

--- 369 ---

mêtokakên urip | tangi saka ing pati | iku jarwane pangulu | sun pasthèkake sira | nora bisa nguningani | jêngkang-jêngking tansah nêmbah tawang-towang ||

27. suwung wangwung amung asma | iku kang sira gandhuli | lan mêmuji wujud napas | ciptanta sampurnèng pati | saka puji lan dikir | wus bênêr prasanatimu | saksine nora ana | silib yakti datan uning | iya iku amêmuji basa swara ||

28. ingkang kaping kalihira | ingsun pinrih narbukani | wong mêmangan sabên dina | lan mangan sapisan kyai | bab iku kang sun cupi | sabên dina ingkang muluk | yaktine badan wadhag | kang mangan sapisan kyai | angên-angên warêg salawas-lawasnya ||

29. iku sun pilih sadaya | sajroningsun mêngku urip | dene ingkang kaping tiga | kinèn milih salah siji | suwarga myang nraka pi | iku kabèh sun tan ayun | nraka manèh arêpa | suwarga mulya sun suthik | kang sun pilih sakarsaningsun priyăngga [priyăng...]

--- 370 ---

[...ga] ||

30. dene pasal kang kaping pat | isi sêpi kinèn milih | kabèh iku sun tan arsa | bab dadi rêncanèng ngèlmi | kang milih marang sêpi | dadi amangeran suwung | yèn milih marang ana | iku wujuding ijajil | Gusti Allah nora wujud nora sonya ||

31. kang sun pilih wujud ingwang | iya ingkang sipat kadim | tan wiwitan tan wêkasan | pasal kaping lima kyai | rusak mulya kang êndi | kinèn milih sun sumaguh | milih kawadis rusak | kadim mulya kang sun goni | kabèh arêp dhasar wajibing kawula ||

32. aja ingkang raganingwang | nadyan para nabi wali | kabèh bosok dadi kisma | Mukammad katimun nabi | daging bosok wor siti | lamun sira datan gugu | wacanên dalil Kuran | kulu saekun alikin | sabên-sabên sawiji-wiji rinusak ||

33. sajati-jatining tama | wruh ing urip wruh ing pati | waspada ing sangkan-paran | saiki wus dèn kawruhi | solahbawaning [solahbawa...]

--- 371 ---

[...ning] urip | saha lêlèjêming maut | kukuh pamusthining tyas | jiwaraga wus kayaktin | yèn wus nyata tan sumêlang akir dunya ||

34. saka saksi kanyataan | têmpuh wor kawula Gusti | sahir kabir nora samar | rina wêngi dèn kawruhi | păncadriya binudi | miwiti kukuhing kawruh | sabên dina mèt warah | ngarah ingkang durung uning | nora amung mangan turu suka-suka ||

35. datan ayun tapa buda | badane pinati-pati | mrih katêkana Hyang Suksma | kang anèng luhuring langit | iku ciptaning eblis | hèh pangulu wruhanamu | pambudi srana puja | salate ambanyu mili | awal akir awit bayi têkèng tuwa ||

36. yèn mung trima basa swara | swara tumêmpuh ing kuping | gedhag-gèdhèg sèwu gampang | lamun wong sarjana murti | parêng têmpuh ing budi | lir cancala tibèng laut | iku sababe apa | sira wong wis kaki-kaki | jenggot dawa kicah-kicih sabèng toya ||

--- 372 ---

37. limang wêktu sabên dina | sahadat pujine dhrindhil | napi isbat mubêd dhadha | kaya Allah wruh sirèki | ngasihi mring wong dikir | laillaha illallahu | Mukammad rasulullah | kodhaku wujudmu kyai | kang sirèsthi ing têmbe munggaha swarga ||

38. saking rasèng tyasmu nyata | rèh wus wêruh dikir napi | sajatine napi sunya | têmah wujudmu pribadi | sasat Kristên agami | amêmuji Yesus Kristus | nèng greja mawas grana | Nabi Ngisa dèn tangisi | iya iku pangulu wong kaya sira ||

39. yèn mangkono tekadira | mênyanga ing Ngara bêcik | sakiduling Surabaya | ing Majakarta nagari | akèh agama Srani | pasthi tunggal lan budimu | kang mangkono ciptanta | agama mamèt Ngarabi | lah elinga ywa kongsi kadawa-dawa ||

47. Pangkur

1. wus mungkur sabdèng wa-uwa | hèh ta anak saking prayoga mami | sira tinimbalan ratu | kalamun datan arsa | prayogane sêmayaa [sêmaya...]

--- 373 ---

[...a] bae bagus | sajêrone tigang warsa | ingsun kang nanggung atur wrin ||

2. yèn ana dukaning prentah | kang ngènthèngkên ngalingi jênêng mami | sun wêlas marang ragamu | manawa kasusahan | kuna mula têkèng make[5] durung santun | yèn ana wong bangkang karsa | nora wurung dèn patèni ||

3. apamanèh iki sira | ngrangkêp budi kang dhihin mring narpati | kapindho agama rasul | ina wit saking sira | anyampahi ngêndhokkên tataning makbud | panêmbah gama sampurna | mangke sira mêmaoni ||

4. sanadyan tekad sanyata | prayogane jisim karèh narpati | budimu karèh Hyang Agung | dadi kuwat mupakat | kukuh bakuh ing jaba jêro kagêlung | ing dunya ngakir ngawula | pikirên anak kang bêcik ||

5. srênggala gumuyu latah | e e sira kyai durung nampani | pituturku kabèh kabur | tan tumanêm ing nala | raganingsun wus tarkumasi wallahu | barang tingkah solah

--- 374 ---

muna | muni karsaning Hyang Widhi ||

6. yèn sun ngratu jêro jaba | lir jarwamu dadi miring ing kapti | bakal luput pangrêngkuhku | suda adhêping Suksma | dudu akul mukmin kang panggayuh putus | têtêp yèn mangloro tingal | ngawruhi jaba jro sisip ||

7. jumênêng kawula mamang | sêmang-sêmang urip têkaning pati | sun cikla-ciklu nênungku | tumêmên nêkêm sêdya | mangkya batal lamun katarik wuwusmu | dadi amangeran dunya | kadunyan angrêrubêdi ||

8. aja kang tumêkèng lara | trusing pati dadi awu tan nyingkir | rèh wus madhêp têtêp têrus | lair batin sumagah | gagah kuwat kawula nglakoni tuduh | prentahing tyas kang wus têrang | ingsun tan nêdya ngoncati ||

9. wong oncat sêdyaning nala | nala yukti kang wus katimbang titi | ingaran mamang sêkuthu | samar pancêring cipta | nora yogya iku dudu ran wong ngèlmu | sabarang pakon kang nyata | dhawuhing Hyang Maha Suci ||

10. sabarang [sa...]

--- 375 ---

[...barang] pakoning nala | luwih gaib lêmbut datan kaèksi | wong Buda aran Hyang Guru | gurunirèng manusa | kang tinurut sabên dina traping guru | tanpa tutuk yèn ngandika | tanpa karna yèn miyarsi ||

11. ningali tan mawa netra | kuwasane datan nganggo piranti | puniku dayaning kalbu | nyrambahi budi mulya | kang wus pana bisa nimbang ala bagus | dadi basukining badan | murwani bêk sadu murti ||

12. ing mêngko si kancil nêdya | ngrêregoni panêmbahku mring Widhi | Widhi adining tumuwuh | kang wruh ing puja măntra | nora bêcik kaaran wong ganggu-ganggu | kagunggung gagahi murka | ingsun iki ulah gaib ||

13. tan kabawah tan kaprentah | ingkang bawah kang mrentah mung Hyang Widhi | lah kyai tutura iku | wangsulaku dèn undang | uwa-uwa dupi krungu sabdèng asu | lêmpêng kêncêng tanpopama | judhêg pamêdharing ngèlmi ||

14. kenyut wêningirèng cipta | ingêcupan dunya [du...]

--- 376 ---

[...nya] ngakir pinusthi | pathining rasa ginilut | gulêt campur lan jiwa | tan kumlamar datan miring idhêpipun | tarbukaning drajad pêncar | ing kawruh kang wêrit-wêrit ||

15. rumăngsa wus tan kaconggah | ing sasmita santosa kang dèn èsthi | têtêp madhêp muja kumpul | ki pangulu tan jajag | kitab Kuran tapsir awal akir rampung | ahli junun mukawiyah | pasrangkara kyai kakim ||

16. dhuh anak iki sasmita | tuhu judhêg gêgêdhugirèng ngèlmi | lamun panuju ing kalbu | sun muruhita jarwa | wijangira ing kawruh kang mêmêt nyamut | tabaraka lêganana | tarikên dalan kang wêning ||

17. supaya ning nuring cipta | iman ingsun kuwur dupi miyarsi | ing wasitanira mau | sun tangkêp manjing karna | trusing nala tajêm jumalaning kawruh | wuwuh pamungsêng sun anak | saking warta kang kawijil ||

18. srênggala mèsêm manabda | sira kyai kapengin kaya mami | sun owêl kyai jisimmu | awit isih prasaja | kuping netra cangkêm [cang...]

--- 377 ---

[...kêm] maksih nyanuk-nyanuk | lir pitik cucuk conthongan | ati kapêpêtan budi ||

19. mripatmu kalingan padhang | pangrungumu kyai kalingan kuping | têmbungmu bae wus luput | mratandhani tyas mamak | muk-êmukan sumpêg barang èngêtamu | sun wêlas yèn nora bisa | nampani wasita mami ||

20. ngèlmu iku dudu papan | dudu tulis dudu jarwèngsun kyai | dahat angèl budi ngèlmu | cakêping kawruh tama | prayogèngsun sirèku lurua guru | kang akèh dhisik supaya | bisa tămpa kawruh mami ||

21. akèh kang kodhêng pamawas | linglung bingung nora bisa patitis | yèn durung akèh gurumu | têmah kurang têtela | têtelaning budi sasmita kang nglangut | ngalamat datan katara | rasaning Dat kwula Gusti ||

22. Gusti wruh marang kawula | kawulane bisa wêruh ing Gusti | wus mangkono tyas lêstantun | ran têpêt janaloka | jiwa raga wus prasasat tanpa dunung | kanugrahaning

--- 378 ---

Hyang Suksma | kagêlêng ciptaning ati ||

23. wus sirna patang prakara | irêng abang kuning kalawan putih | binuwang adoh tan ketung | budyambêg lêgawèng tyas | amancêrêt ngungkuli prabaning sampu | surya wulan sasadara | dadi kawulanta kyai ||

24. yèn sira yun ngèlmu rasa | rasaning tyas bênêr luput mangarti | titi titahing tumuwuh | angèl wong ngaku Allah | apamanèh wong ngaku kawula ewuh | kayaparan patrapira | dadi gusti dadi abdi ||

25. sirèku aywa sêmbrana | angukuhi mamèt warahing tulis | tan yogya lamun ginugu | sanadyan kitab Kuran | datan kêna ginandhulan warahipun | ngaraha sarjana mulya | di mulyaning ati titi ||

26. tatasing kawruh sampeka | tarbukane saka pinikir-pikir | kira-kiranên kang cukup | mamèt daliling Kuran | upamine sira wruh wowohan dhuku | wit gêdhe dhuwur woh kathah | puniku kang bisa ngambil ||

27. têgêse

--- 379 ---

yèn sira maca | surti wulang kitab Kuran myang tapsir | ingkang kongsi bangkit ngundhuh | manjing pancêring nala | kang dêdalan saking kuping netra konjuk | marang tyasmu kang nirmala | iku wong ngundhuhi wiji ||

28. sukur kang bisa sumêbar | babarakên mijèni wuta tuli | sumambung tumrah ing pungkur | kacrita kajuwara | tumêngkaring turun sapta maksih kombul | tumular cakraning dunya | sampurna pakaryèng sandi ||

29. punika tyas sukmantaya | anyrambahi sajroning bumi langit | padhang trus praptèng sap pitu | tanpa kacakrabawa | saking dene gumulunging budi nglangut | tan ewuh dadi kawula | gampang kang angaku gusti ||

30. wruh wajibing Hyang kawula | luwih manèh solan-salining budi | atining manuswa lêmbut | kang ewuh-ewuh wikan | midêring rat buwana bisa kacakup | tan kewran gumlaring dunya | rèh wus ganêp nganggo pikir ||

31. kirane swarjana tama | kotamane wus [wu...]

--- 380 ---

[...s] ganêp nganggo budi | binudi dununging kawruh | kudu wruh kasat mata | nganggo kuping kinèn ngrungu barang catur | nganggo cangkêm kinèn ngucap | ywa ngawur kuwur ing pikir ||

32. pikir kang durung waspada | pêtêng kawur sêmang urip lan pati | wa-uwa kaya awakmu | kang kurang panggraita | wus adate santri amung karêm turu | mêlèke mung yèn sêmbahyang | yèn wus salat datan nglisik ||

33. tan pisan mamrih ywanjana | nuksmèng tama basukyarjaning urip | yèn micara pating crêblung | lir canthoka nèng toya | pra sarjana kodhêng nora bisa krungu | rèh ucape tanpa wit pang | uwoh gabug tan ngundhuhi ||

34. muwus dalil nunjang-nunjang | sring sulaya makna lapalirèki | wus mangkono yèn pring suwung | kumênthung isi barat | tur tan ngrêti marang dunungirèng suwung | kumêthak yun ngèlmu rasa | pangulu sira puniki ||

48. Pocung

1. sêkar pucung wa-uwa sangsaya kenyut | jarwaning srênggala | ing tekad [teka...]

--- 381 ---

[...d] murtining ngèlmi | sru krêpana noraga minta widayat ||

2. minta kawruh mangkana sabdèng pangulu | dhuh anak manira | awèh tan awèha apti | muruhita wijange kawruh punika ||

3. kang saèstu yèn wus tămpa iku ngèlmu | bakal sun pêpuja | mantêp têtêping pamuji | sona guyu sarwi nabda sira paman ||

4. iku luput lamun sira nêdya gayuh | putus tyas caksana | jarwaning guru kang luwih | aja sira enggal-enggal amarcaya ||

5. ingkang baud tuturing guru tan gugu | nanging datan nacad | yèn durung wêruh pribadi | bênêr luput guru atimu priyăngga ||

6. kudu-kudu gurumu dhewe kang putus | tămpa saking karna | tămpa saking netra manjing | surti titi sarjana murti wêweka ||

7. wêweka gung kagêlêng pathining kawruh | tumraping agêsang | kasangsang madyaning bumi | pasthi tatas dayaning pikir raharja ||

8. wus tumêmpuh campuh jumalaning kawruh | nir dama tyas [tya...]

--- 382 ---

[...s] mudha | cakraning wardaya wêning | bisa gawe ana bisa gawe sirna ||

9. iya iku ati budi ingkang cukup | sajarwaning liyan | yayah midrawa ing budi | wruh ing daya panguwaling karna netra ||

10. sira ayun amêmundhi marang kawruh | lamun durung wikan | panguwal dayaning ati | catho-catho cotho wêdharing wicara ||

11. kang dadya wus wasesa sêmune luhur | tan darbe sandeya | kumpulan para priyayi | wruh lungiding basa lêlèjêming netya ||

12. bisa dulu sawiji-wijining wujud | jroning pasamuan | kang pantês putus ing wèsthi | wus kacakrabawa lir kaca prasana ||

13. têrang têrus atining liya kadulu | ulah kasarjanan | mring wicara kudu uning | goroh yakti tinarbuka kasat mata ||

14. lamun durung wêruh mangkono pangulu | ywa ge muruhita | nampani ngèlmu ingkang writ | bokmanawa bingung nora bisa tămpa ||

15. kawruh iku kanggo sajêroning idhup | ngadhêpkên kaanan [ka...]

--- 383 ---

[...anan] | wruh adhêping mukswa titi | jarwaning wong mati urip anèng sira ||

16. ki pangulu nguswa paduka lan sujud | dhumatêng sang dwija | swanita tinuras mijil | dhuh anak mas kadipundi sariramba ||

17. tanpa kawruh sacuwil kewala ulun | gandhulan kawula | sirna ênting kocar-kacir | kèhing ngèlmu kawula paduka buka ||

18. mawut-mawut sacuwil tan wontên kantun | dhuh sang dwija wrêka | wêlasa mring amba mugi | winijanga bundhêle manah kawula ||

19. ting panjêlut ruwêd mawur-mawur kuwur | kawula tan merang | mèt warah paduka yêkti | datan mantuk yèn paduka tan sung jarwa ||

20. nak mas sampun jarêm tumanêm ing kalbu | nir budyadi tama | tan rumăngsa darbe ngèlmi | muhung bodho bêlilu gêsang antaka ||

21. dhuh sang wrêku[6] kawularsa amanguyu | nyantrik Suracala | ing dunya tumêkèng akir | dwijawara mangkana lunturing sabda ||

22. ki pangulu sadarpa ing pamintamu | sobaning dyatmika | nur

--- 384 ---

hidayat cipta êning | sun cobane kyai mêngko tampanana ||

23. nanging yèn wus nampani sira ge mundur | mring radya tutugna | ngêmbat karyaning nagari | dyan rinangkul ki pangulu pasang karna ||

24. pardyèng ngèlmu dangu pangikêting tutur | jumênênging Allah | lan rasul rusuling jisim | pamijange srênggala têmbang girisa ||

49. Girisa

1. kang murba masesèng siswa | katara rasaning oswa | pyuh pukiran siwah boja | subrata tantara măngsa | nuksmèng kaya păncadriya | kadumuk-dumuk pramana | lambang pasêmon wus cakra | deyarda wanda têtela ||

2. dwi sinipat têtêp mulya | janalokaning sasana | tapa dyatmika niskara | krana iradat tan ana | sêdya nir wrêdyèng rahsarja | wanita priya kabrastha | Islam kapir tanpa daya | padhêming kayun kadriya ||

3. driyarda daya bubagya | Wisnu Krêsna kidul wija | hyun Kakasini samantra | Dursasana sanamulya | bagêna êmbuh pinăngka | tarlèn [tar...]

--- 385 ---

[...lèn] sangkaning pragnyana | pucat nayana sakala | wiryawan basa Sangkrêta ||

4. maladi wênganing budya | tarpa cedaning wikara | arda kinastawèng jarwa- | nirèng alkamdulillaha | sananya panjrah ing graja | midran sakojur malêngka | kanang drasthi kang wiwaha | bismillah Ngarabi puja ||

50. Pocung

1. ki pangulu wus tămpa musthikèng tuduh | duhkitèng tyas nrawang | lir barliyan têmpuh rawi | kanang nala nirmala mêmalad sabda ||

2. wus kacakup ing pathi rasaning idhup | têpêt antakarja | ayuning yuwanèng akhir | tanpa kira wus nora kacakrabawa ||

3. pungun-pungun gêgêtun dènira ngundhuh | tumanêm ing nala | ragatma dalan kawadis | marang kadim wujud kakiyamul kodrat ||

4. wus sumurup tanpa daya khayat kayun | antaka muksarja | lir pinêcat jiwèng urip | panganyutnya suka-sukur sabilullah ||

5. lalu lilung wa-uwa tămpa wulangun | sênên sana sumrah [su...]

--- 386 ---

[...mrah] | midêr-midêr mracihnani | munggah mudhun tumancêp kulunging nala ||

6. wruh ing suwung takbiratul ekram lan nur | têrang tanpa guna | tan manjing isi tan sêpi | yakti sêpa-sêpi yèn durung pratela ||

7. têtela wus luluh pratamaning kawruh | lagnyana dwi ăngga | têmpuhing mandaya kalih | sahir kabir kababar tan mawa măngsa ||

8. ki pangulu nirdeya manrang pakewuh | kamotan sasmita | pathining sarkara murti | padhang nrawang katuwawa lir supêna ||

9. dadya èstu kasidaning budi cukup | sangkan mulyèng paran | wus tan nêmbah rupa angin | datan muji marang sipat wujud asma ||

10. datan suwung maring nur Mukhammad palsu | tan mamrih mangeja- | wantah manjing rahsa suthik | mring pratima pancêring nala tan arsa ||

11. sorogipun surya crêmin tan ginugu | myang wujud wayangan | kang wênês warnane putih | wus binuwang rèh gawe ribêding gêsang ||

51. Gambuh

1. gambuh surasèng tuduh | ki pangulu dhinawuhan [dhi...]

--- 387 ---

[...nawuhan] mantuk | kanèn[7] matur prasaja patrapirèki | dènnya ulah pudyèng kawruh | aywa kongsi ilon-ilon ||

2. wa-uwa matur nuwun | dhuh sang dwija dahat amba pemut | sampun gajah êlar dhumatêng dyan bèi | prayogi kawula sèstu | damêla inah kemawon ||

3. sajêroning tri taun | karsa botên karsaa ki guru | amung karya sintru sêngadi tan apti | srênggala wus tan sumaur | uwa-uwa mundur alon ||

4. wus lêpas lampahipun | samantara pangulu cumundhuk | Radèn Bèi Amongpraja tanya aris | hèh paman paran lakumu | dèn ta kumisi lêlakon ||

5. asu kang karya dudu | uwa-uwa mangkana kang atur | adhuh gusti kawula sampun kapanggih | ing Suracala kang dhukuh | sang dwijawara sagawon ||

6. nulyamba amaguru | ing sasmita rasa kang ginêlung | marma tuhu pun sona caksanèng ngèlmi | lamyamba tumitah idhup | dèrèng uning lir sagawon [sa...]

--- 388 ---

[...gawon] ||

7. cakêping kawruh cukup | sasampuning amba sinung tuduh | winruhakên ing tirta nirmala adi | gêdhêg sutagnyarja wuru | warahe sadaya cocog ||

8. mêmêt anglamat nyamut | nglangut kadya kridhanirèng ênur | cahya ingkang tumêmpuh tikswaning ati | nulyamba dhawuhi mugud | cakriman gangsal kawiyos ||

9. pamêcahipun turut | winijang-wijang tan mawi sintru | malah netah mring amba kang dakik-dakik | dados sukanirèng kalbu | tarêcêp kacup acocog ||

10. marma ngiyas pukulun | pinasthèkkên kawula tan gayuh | dyan winêdhar lêrês kawula datan wrin | kodhêng dèrèng sagêd pangguh | jarwa maksih amba batos ||

11. ulun pungsêng ing kalbu | awit dalil Kuran watonipun | dèn muradi asma musamaning pati | kang patitis ing pandulu | amba ugi maksih kepon ||

12. wa-uwa dènnya matur | bab pangêcup cangkriman agalur | mring dyan bèi purwa madya puwara [puwa...]

--- 389 ---

[...ra] nis | tandya kawula dhêdhawuh | timbalan paduka katong ||

13. utusan wantu-wantu | sona kèrida dutaning ratu | kathah-kathah jarwa kawula mrih kerid | nanging kêkah aturipun | panggah tan purun sumaos ||

14. kawula dahat gumun | sumêrêp sona klakuwanipun | pamêdharing warsita di tama murti | mung amba wangêni mèstu | jroning tri warsa sagawon ||

15. samana kancil manut | kapieramên miyarsa atur | pamêdharing cangkriman tuhu patitis | dene bab wijanging ngèlmu | kang sinêngkêr tan kacriyos ||

16. dyan bèi ngandika rum | kayaparan paman prayogamu | ki pangulu munjuk bab punika gusti | manawi rinodèng laku | owêl prayogi ingêntos ||

17. rèhning tan karya rusuh | ciptanira mung musthi bab layu | datan pisan-pisan ngregonana adil | muhung mogok ambêguguk | punika sampun rinaos ||

18. eman kadibyanipun |

--- 390 ---

ewadèntên yèn sampun tri taun | pênêtipun sona katimbalan malih | winisudhaa ing lungguh | panêmbahanirèng sato ||

19. dyan bèi sabdanipun | bênêr nanging yèn wus têlung taun | sun timbali patêmon angadu lungid | apa gêgandhulanipun | ya ta gênti kacariyos ||

20. wontên sajuga kuwuk | nguni dupi katêmu lan asu | wruh klakuwaning sona nganèh-anèhi | bab tekadira ing kalbu | wuwuse kang wus kawiyos ||

21. nanging durung maguru | lagya lambang pasmon adu wuwus | pambêgane wus bangkit yayah wrêkadi | putus sarasaning ngèlmu | kuwuk dadya guru kawroh ||

22. maridkên mêdhar ngèlmu | sato kewan kanan keringipun | muruhita ing sasmita liring pati | mangkana ngèlmuning kuwuk | methok yèn ngaku Hyang Manon ||

23. uga mogok baguguk | ngutha waton tan arsa umèstu | mring parentah ngowahi pranatan kang wis | rina wêngi gunêm ngèlmu [ngè...]

--- 391 ---

[...lmu] | ngêdhagakên rundha patrol ||

24. dene tekading kuwuk | ingsun iki Allah Kang Maha Gung | nora ana sajatine maha suci | kawêngku ana ing aku | Gusti kawula wus awor ||

25. kèhing murid gumrudug | mèstu ing tyas pamardining kawruh | lamun mijang yèn malêm Jumungah wêngi | ragad sarad masrutipun | sri kawine rupa babon ||

26. singa ingkang malêbu | nganggo atur-atur babon têlu | putih mulus dhara-dhara dèn sênêngi | sêmat mori têlung kacu | muslim cap dhuwit kang kanggo ||

27. rasulan ambêngipun | akèh kiwa têngên pitik lêbur | dene ingkang muruhita cèlèng babi | luwak saanteronipun | bangsane kang doyan babon ||

28. saya mantêp si kuwuk | ing pamardi ginugu tiniru | rêrubane sêmat pitik mori muslim | kontap kasumbagèng catur | kuwuk yèn ngèlmune moncol ||

29. kuwat kukuh angaku | Allah Mukhamad [Mu...]

--- 392 ---

[...khamad] rasul dhinaku | dadya akèh lênglêng kang kandhuwan brangti | samana katur ing ratu | yèn kuwuk mangutha waton ||

30. awit edan ing ngèlmu | majênun lah ing puji amêngku | mêmêt umêting napi isbat kapusthi | kancil kagyat dupi ngrungu | wartaning kuwuk mangkono ||

31. samana ki pangulu | aparentah kêtib kinèn mlaku | kang wus putus ingarak tataning dini | kêkalih lingsang rase wus | pratamèng kawruh sajatos ||

32. saking wulanging asu | sira rase lingsang mangkat gupuh | mring wismaning kuwuk kinèn animbali | samantara wus kapangguh | dwi kêtib kuwuk tanya lon ||

33. rase lingsang sirèku | têkèng kene lah apa sêdyamu | rase nabda ingsun dinuta ing kakim | wus têrang dhawuhing ratu | Kancil Amongpraja kinon ||

34. nimbali sira kuwuk | kudu barêng lan salakuningsun | kuwuk nyêntak maring caraka kêkalih | hèh lingsang rase wuwusmu | tanpa tatakramaning wong ||

--- 393 ---

35. sun iki mung nênungku | puja măntra tan pisan dhêdhaku | tan kabawah dening Amongpraja Kancil | mung Allah Kang Maha Luhur | anèng kene wus bagogok ||

52. Asmaradana

1. kasmaran duta sun iki | datan nêdya ngawulaa | mring sapadhanirèng sato | nora ana ingkang mrentah | kajaba Suksmantaya | rina wêngi ingkang kumpul | imbal wacana lan ingwang ||

2. puniku kang sun èstuti | barang solah bawaningwang | ingsun sarah sakarsane | Gusti Kang Murwèng Rat Raya | wus nuksma ngejawantah | anèng pancêring kalbuku | hèh duta sira tutura ||

3. lingsang rase tanpa pamit | undure samya plarasan | datan kacrita lakune | samana wus praptèng praja | laju sowan kewala | mring ki pangulu umatur | ing purwa madya wusana ||

4. kagyat wa-uwa duk myarsi | yun panggya adu sasmita | samana wisata age | wus pinanggih lan wil pusa | kang nuju gunêm rasa | pangulu salam lalekum[8] |

--- 394 ---

kuwuk ngalaekum salam ||

5. wusnya kramaning basuki | wa-uwa dhawuh mring brewa | hèh kuwuk praptèng sun kene | sira tinimbalan prentah | yèku Sang Amongpraja | barênga lawan lakuku | kuwuk sru sumambung sabda ||

6. wa-uwa ingsun tan arsi | nora kabawah kaprentah | nèng bumining Allah dhewe | kale Allah mungguh ingwang | iya sun rasulullah | ingkang mêngku kayat-kayun | mangani lan maknawiyah ||

7. myang sulbiyah wujud mami | tuwin kang sipat napsiyah | têtêp rong puluh cacahe | sun ringkês dadya sajuga | têmahan jênêng ingwang | ingkang mêngku datullahu | ki pangulu kipa-kipa ||

8. lah kuwuk ingsun nêdya wrin | pêcahên cangkriman ingwang | paran mungguh tarbukane | cacahe têlung prakara | lah mara têgêsana | ngêndi panglindhunging kalbu | yèn têka dayaning apa ||

9. yèn lali nyingkir mring ngêndi | kang kaping kalih cangkriman | panrima ngêndi ênggone | dene ingkang kaping tiga |

--- 395 ---

priye kumpuling rasa | makame dumukên kuwuk | yèn nyata mukmin utama ||

10. bakal sun aturkên maring | Radyan Bèi Amongpraja | Sugriwa pasrangkarane | kyai sun tan bisa mêca | nora luwih sadaya | cangkriman ingkang kawuwus | datan adoh badan ingwang ||

11. mangkene mangkono mami | aja manèh kang cangkriman | gumêlaring jagad kabèh | kagulung ing jênêng ingwang | Allah Mukhamad rasa | iku kabèh ananingsun | dene wijange mangkana ||

12. rasul rasaningsun yakti | Mukhamad wujud manira | rusul tingkah polah ingong | Allah jumênênging napas | angên-angên minăngka | pêpatihira Hyang Agung | kang kuwasa tanpa krana ||

13. ingsun kaprentah pribadi | maring kang masesa ingwang | mêngko si kancil sêdyane | dhawuhkên dir kumawawa | marentah mring sasama | apa gêgandhulanipun | lah kyai sira wêcakna ||

14. pangulu sumambung angling | hèh kuwuk aja mangkana | Kancil [Ka...]

--- 396 ---

[...ncil] Mongpraja tandhane | kabèh kewan wana arga | angidhêp nganggêp nata | saka kumpul kuwatipun | ingkang gêdhe-gêdhe rosa ||

15. rêraton wajibing urip | natasi sukêrtining rat | ingkang tan kaprah lakune | kang bêguguk kaya sira | wus dene ngaku Allah | patakon sun warna têlu | sira nora bisa mêca ||

16. yèn ngaku Allah sirèki | yakti ingkang gaib wikan | măngka sira nora enjoh | mung tansah marid mêmulang | rina wêngi kumpulan | nyinthung nglakokake palsu | singa mara gawa ayam ||

17. nora bosên pating klêsik | ngêdhagkên patrol parundhan | akèh kang nekad dadine | suda wêdine mring prentah | gêmpalkên têntrêm tata | saka panggawemu kuwuk | iku kang uwis têtela ||

18. apa sira tan mangèksi | ing anggêr pranatan anyar | kukum pulisi arane | ordhonasi ping limalas | Juni taun Walănda | ăngka sèwu wolung atus | pitung [pi...]

--- 397 ---

[...tung] puluh ro sêtatblad ||

19. ăngka satus sawêlas wis | winuryan ing têmbung Jawa | Tuwan Wintêr suwargine | mamrih netah punggung mudha | jroning pasal ping tiga | bab kapindho paring pemut | nora kêna kêkumpulan ||

20. dene pasal kaping kalih | bab têlulikur jêjarwa | sing sapa kang wani mogok | datan manut ing parentah | ing wong kang antuk lilah | wusana sirèku kuwuk | tan anut pranatèng praja ||

21. kang aran anggêr pulisi | akèh ingkang sira langgar | dene lakunta mangkono | lah ta apa lali sira | undhang kang kabyawara | ing satanah kene kuwuk | têtêp wus tan bisa singlar ||

22. lan manèh sira ngapusi | ngèlmu linirokkên sêmat | iku ngèlmu apa bae | sanadyan kawruh kang nyata | yèn nganggo mamèt ruba | mori muslim pitik têlu | iyèku dubilah setan ||

23. setan manuksmèng ijajil | jajalanat kaya sira [si...]

--- 398 ---

[...ra] | têtêp yèn ngèlmune goroh | Mukhamad rasul nèng sira | pangrasamu wus pana | tan wêruh kalamun tawur | kuwur kurang ing sasmita ||

24. angên-angênmu sirèsthi | pêpatihira Hyang Suksma | napasira Maha Manon | kaya guru Panaraga | kang putus napi isbat | lan manèh kang padha gugu | pikir ingkang kaya sira ||

25. tan wun katiwasan pasthi | badanmu kang bakal nyăngga | ati tan ana siksane | kajaba badanmu brewa | kang anampani siksa | wit pambujukmu kasêbut | anggêr kukuming Nèdêrlan ||

26. dene kukum sarak muni | sapa kang ngaku Pangeran | tan wurung pinothèng-pothèng | pinatèn tan lumrah kathah | awit cêgahing sarak | lah elinga pituturku | mumpung durung kalampahan ||

27. gêtuna durung nampani | yèn sira bakal sarjana | dunya praptèng ngakir kanggo | ngratua klipahing Suksma | pêpakuning buwana | panatagamaning rasul | yeka Kancil [Kanci...]

--- 399 ---

[...l] Amongpraja ||

28. angidhêpa lair batin | pranatane kang wus komram | gumlar cakraningrat mangke | kongsi praptèng praja liyan | pracihnaning sinihan | ing sasami-sami suyut | mring kancil kang susilarja ||

29. purwarja têntrêming bumi | guwa guthaka myang jurang | gugung[9] lêlêngkèh pêpèrèng | alas rancah tarataban | wus katêkêm sadaya | natasi dursilèng laku | sinakolah budidarma ||

30. supaya mulya tyas wêning | ngambar-ambare utama | kotamaning tyas yaktine | winruhkên budyambêk sănta | doracara kabengkas | têkèng mangke wus tan cukul | dadi ayuning buwana ||

31. marma sira sun jarwani | supaya atimu aja | kalurung kaya mangkono | awuning lupiya kuna | pira-pira kapêksa | kataman ing kukum dudu | apa sira tan miyarsa ||

32. pawarta kang wus waradin | lumêbu ing layang kabar | Kancil Amongpraja moncol |

--- 400 ---

kongas kasumbagèng jana | mancasi doracara | lêbur têmahan rahayu | ing dunya ngakir jinaga ||

33. kuwuk wus datan mraduli | marang jarwaning wa-uwa | kang tansah kukuh pikire | ngantêpi ngaku Pangeran | tan miring tan pramana | sigra mundur ki pangulu | dhumatêng Gêbangtinatar ||

34. ing marga datan winarni | wus sowan mring Amongpraja | kyai pangulu ature | adhuh dewa ji patikbra | sampun ngatas wikara | pinanggih lawan pun kuwuk | abên surasa sasmita ||

35. kawula purih jarwani | cangkriman tigang prakara | pangêcupipun tumpang-so | botên sagêd têtela trang | ngawur nasar ing sarak | têtêp kuwuk èlu-èlu | kèlu sang srênggala dwija ||

36. nanging dahat tan patitis | datan wikan ing wêweka | nadyan ngèlmu botên enjoh | suprandosipun mampul kun |[10] kathah kang asung ruba | sintên-sintên kang maguru | angsung sêmat mori seta ||

37. têmahan [têmah...]

--- 401 ---

[...an] baguguk sami | prasasat punika kraman | angêdhagkên rundha patrol | sampun tan mawi pratelan | saking pangintên kula | datan sae dadosipun | adating kina-makina ||

53. Dhandhanggula

1. dhandhang risakipun kang nagari | awit saking janma pakumpulan | ngèlmu paguron lakune | kathah pra mănca sayuk | watak wantunipun ingaji | anggêpipun kuwasa | dadya kondhang kidung | tumular pangalêmbana | katêmahan kang bodho purun ngantêpi | karya risaking praja ||

2. Amongpraja Kancil duk miyarsi | aturira pangulu wa-uwa | yun tinindakakên age | tumulya adhêdhawuh | marang banthèng sang nindyamantri | saha jaksa dirada | kang kinèn angrêmbug | nuli wadananing jaksa | animbali marang garangan kêkalih | lan luwak catur prapta ||

3. tinalenan linêbêtkên bui | luwak sakawan kalih garangan | samya dahat gêgêtune | kabèh tan antuk turu | datan [da...]

--- 402 ---

[...tan] boga ngombe norarsi | anèng jroning kunjara | tan kurangan sêkul | nanging yèn wong kasusahan | sumpêg pêtêng ing budi ngranuhi sêdhih | dupyantara rong dina ||

4. winêtokkên saking bluwèn kanthi | pinusara tumbak canggah ngayap | mring pajaksan lir adate | mabungkuh caos ngayun | nulya jaksa pasrangkara ris | hèh luwak lan garangan | apa prakaramu | dene sira tinalenan | klêbèng sêpir blakaa bae wong bêcik | matur garangan luwak ||

5. dhuh bêndara kawula tan uning | tinimbalan ngarsaning parentah | linêbêtakên ing buwèn | dèrèng wrin sababipun | kalih dintên tansah ngrêrintih | têmah amba kapriksa | ing prakawisipun | sèstu kawula tan priksa | radèn jaksa ngandika sira dèn bui | nagara mirêng warta ||

6. sira padha baguguk tan apti | anglakoni wajibing padesan | rundha patrol kamêsthène | kumpulan siyang dalu |

--- 403 ---

pating klêsik mulangkên ngèlmi | akèh kang karusakan | rèh pitik kobujuk | nyinthungi babon kang dhara | sira pusi liniru catur kang sêpi | sêpa kang tanpa nyata ||

7. tutur ngayawara wuruk eblis | sira sêdul ganjaran ngakirat | sarupaning bodho kabèh | padha kèlu anggugu | anggandhuli rèh tanpa budi | wit ujarmu nyarkara | watêke wong dhusun | gugu mring crita kang mokal | nulya luwak lan garangan matur aris | adhuh kangjêng parentah ||

8. tan rumaos kawula yèn marid | bab kumpulan inggih èstu dara | pun kuwuk kang miridake | mangkya jumênêng guru | kang ginêga jarwaning ngèlmi | kawula saha kănca | mung sami maguru | muruhita bab kamuksan | kapundhutan sêmat babon mori muslim | katampenan pun brewa ||

9. rèh pun kula èlu-èlu kèli | lalu luluh tumanêm ing jiwa | winulang ngèlmu patine | kuwuk kang dibya tuhu | ulah sangkan-paraning pati [pa...]

--- 404 ---

[...ti] | pati patitis dahat | jroning urip wus wruh | dene rundha patrol tanpa | awit kyai guru kang sampun ngidèni | tan suka manut kathah ||

10. bumi langit wus kadarbe kami | mangkatên warahipun mring amba | dhuh bêndara kula mangke | pinidosèng pakewuh | malbèng sêpir tinali goci | linglung bingung tyas amba | sumpêke kalangkung | datan wande manggih siksa | radèn jaksa pasrangkara ngarih-arih | hèh ta garangan luwak ||

11. lah blakaa bae sun tulisi | apa ngèlmuning kuwuk aturna | myang wêjangan sakabèhe | supayènthèng awakmu | rol pulisi dumadi saksi | nadyan munggaha landrad | yèn blaka aturmu | besuk sirantuk ganjaran | lakon sapal mênyang mulih tămpa dhuwit | rong kêthip ran pituwas ||

12. sira luwak catur datan apti | matur blaka dhumatêng parentah | bab wijangan sabarèse | ngaku datan maguru | nulya luwak sinêpir malih | linêbokkên [linê...]

--- 405 ---

[...bokkên] kunjara | rèhning datan ngaku | muhung garangan karweka | matur blaka tumulya sinawung tulis | mangkana wijangira ||

13. dhuh bêndara mangkatên kang ngèlmi | sasampuning kula wilujêngan | babon tiga ngrasulake | gya mori tigang kacu | muslim kandêl ingkang cap dhuwit | ginêlar madyèng latar | kula kinèn lungguh | ki guru majêng mangetan | wanci dalu amba jalêr èstri sami | pinêluk jinarwanan ||

14. jêmpol kula têngên dèn cêpêngi | kinèn pasang karna rèh winêjang | langkung dangu sajarwane | agancar galur turut | marma jalêr èstri winirid | supados ing akirat | sagêda pinangguh | jêjodhon lir wontên dunya | de wêjangan kang sampun kula tampèni | Allah Mukhamad rasa ||

15. dumununging badan kawulèsthi | liripun Allah napas kawula | rasul rasamba yaktose | Mukhammad dunung wujud | dene angên-angên lan pikir | punika kang minăngka | patihing Hyang Agung [A...]

--- 406 ---

[...gung] | dene benjing yèn wus măngsa | têkèng jangji wontên tăndha kang kaèksi | warni pitung prakara ||

16. nulya angên-angên gulung angin | napas kawula têmbe dèn ikal | prasasat angikal lawe | yèn lawe sampun puput | angên-angên umijil saking | githok kula punika | jumênêng Hyang Agung | mratani ing sabuwana | ing sakarsa-karsa manira pan dadi | têtêp badan suksmana ||

17. sirik lamun ingaranan pati | saèstune mung ngalih panggenan | gêsang langgêng salamine | sakarsa kayun tutug | tanpa petang ing dintên ngakir | kiyamu sipat baka | kanjan mukmiyanu | sampat sanyataning laya | suptèng pati kang patitis dèn kawruhi | kadriya tanpa măngsa ||

18. criyosipun ki guru ing kami | wajib atasing sato caksana | milih sakarsa-karsane | kang sampun katur wau | wontên warah amilih malih | sasênêng-sênêng amba | rèh kagungan ulun | tan wontên gusti kawula [ka...]

--- 407 ---

[...wula] | lamun nêdya umanjing ing rasa kenging | tumanggal mring manusa ||

19. têtêp nuksma jumênênging wadi | madi mani maningkêm tumanggal | bayi putraning pamase | dene yèn arsa nusup | panêngêran badhe kaèksi | wontên pancêring netra | lagehan kadulu | akathah piwulangira | ingkang wados tuwin sirikanirèki | sumăngga atur kula ||

20. jaksa nabda mring garangan kalih | bab wijangan kang mangkene iya | ngèlmu ingkang wadi kabèh | apa kuwuk wus wêruh | lan apa wus tau nglakoni | pribadi kang kadyeka | yèn wus tau wêruh | myang sira dhewe wus wikan | kanyataan sigra kinèn anulisi | nèng pêrklaring paturan ||

21. wus tinulis dening juru tulis | yèku anjani lawan pragosa | ragat sarat lan ngèlmune | jaksa parentah gupuh | mring macanan kinèn nguculi | bandan garangan karwa | garangan sru nuhun | tumuli dèn irit sigra | dwi garangan [ga...]

--- 408 ---

[...rangan] katur ing sang nindyamantri | lajêng sowan Mongpraja ||

22. tinupiksa punang srat pêrklaring | wusnya titi waspadèng pamawas | gancar paham ing nalare | mangkono wong pinunjul | lamun arsa mriksa prakawis | nalare kudu apal | yèn tan apal jiguh | lingak-linguk nora bisa | lamun muwus numpangi kewala gampil | iya iku tyas cingkrang ||

23. seje lawan Amongpraja Kancil | yèn ana prakara kudu apal | wêruh bênêr lan lupute | iku yogya tiniru | aywa isin mèt warah kancil | sanadyan kewan wana | nanging tyase baud | putus pamawasing netya | dene juru tulise uga wus bangkit | ngêtrapakên ukara ||

24. nulya nabda radèn bèi kancil | marang jaksa hèh Amongpradata | si kuwuk tarikên age | santosanana laku | aywa kongsi cabar ing kardi | yèn mogog uwisana | lunga konên jujul | lamun [lamu...]

--- 409 ---

[...n] lara ginotonga | kang ingagnyan sandika nulya anuding | kapêtêngan macanan ||

25. ingkang samya kinèn animbali | gogor wrangas macan tuwin warak | gumrudug elur lakune | watara wolung puluh | sangkêp tumbak canggah myang tali | tan winarna ing marga | samantara pangguh | Sugriwa lagi mêmulang | akèh para murid ingkang dèn warahi | macan sêrêng wuwusnya ||

26. hèh pak kuwuk têkaningsun iki | cinundaka ingkang kinawasa | masesani jagad kene | animbali sirèku | nora kêna mopo saiki | wil pusa nabda sugal | hèh mong sun tan ayun | nora rumăngsa kabawah | kaparentah kajaba Allah pribadi | kang sun gugu dhawuhnya ||

27. glis balia macan kang prayogi | sun tan arsa lamun sumiwia | sima anggrêgut tandange | kuwuk tandya tinubruk | wus kinuwêl ing suku kering | kuwuk dadi sakluwak | tinalenan gupuh | dene para muridira | babi cèlèng kang nèng

--- 410 ---

kono uga kerit | akèh ingkang karuna ||

28. pating glêro sora swarèng tangis | jalu èstri sambat-sambat pêjah | pating crêngèk para rare | atut pungkur ing kuwuk | datan dangu wontên ing margi | praptèng Gêbangtinatar | kesari anjujug | pajêksan saha wil pusa | radèn jaksa adhêdhawuh marang dèbi | kinèn têrus sêpiran ||

29. dene luwak cèlèng tuwin babi | santero tan klilan pinanjara | kuwuk linêbokkên age | ing buwèn akèh pra dur | samya surak suka ing ati | mangkono adatira | kuwuk saya suntrut | awit kang nèng kono bungah | cêkakakan suka-suka ting jalêrit | wus watêking sakitan ||

30. kuwuk kucêm ing netya rèh isin | nanging pisah tan winor ing kathah | mung suda karikuhane | tansah jêngêr anjêntung | sumpêk pêtêng budine gusis | kira-kirane brastha | nalar sirna larut | wus tan pisan nyipta gêsang |

--- 411 ---

saking dene tinutup bui asêdhih | tansah nyipta pralaya ||

31. dene sagung ingkang murid-murid | samya kèri tunggu nèng pajaksan | luwak babi tuwin cèlèng | kumpul sila mabungkuh | angêntèni dhawuhing nagri | sarta maksih jinaga | jinêman sêpiyun | sarayuda datan pisah | gogor wrangas macan kombang tutul jagi | riwusnyantara dina ||

32. kapariksa sarta dèn tulisi | dènnya maguru marang wil pusa | ragat sarat lan masrute | apadene kang ngèlmu | tekadira ingkang kaèsthi | babi wraha prasaja | matur rèntès galur | ringkêsanirèng pamijang | yèn ing têmbe sakarsanira pribadi | cocog lawan garangan ||

33. têrang têrus kamot ing pêrklaring | dhinawuhan babi lan andhapan | kinèn mulih mring wismane | amituhua dhawuh | rundha patrol kadya ingkang wis | prentahing lurahira | ing bab kaping wolu | anggêr Hindiya Nèdêrlan | pitung dina [di...]

--- 412 ---

[...na] sapisan rêpot pulisi | caranirèng padesan ||

34. lawan manèh sawatara ari | lamun ana dhawuhing pradata | seba landrad sira kabèh | sebaa yun pinutus | babi cèlèng umatur inggih | tuwin murid sadaya | wus karilan mundur | mring wismane sowang-sowang | praptèng wisma sadaya samya mêmundhi | dhawuhirèng parentah ||

54. Asmaradana

1. limut bratanirèng ati | kuwuk nèng jroning kunjara | anggagas-gagas dadine | tumêmpuhing kasangsaran | kabênêran samana | kang nuju jaga ing ngriku | lingsang rase nir wikara ||

2. mrêpêki mring èmpèr sami | nginjên saka ing candhela | lingsang rase tanya alon | mring kuwuk kang gung sungkawa | hèh brewa paran baya | dene ta sira tinutup | iba susahe tyasira ||

3. wil pusa mangsuli ririh | wruhanamu rase lingsang | sun kêna pitênahing wong | dadi guru nora kêna | jaman mangke nagara | norantuk maridkên ngèlmu | sun durung sumurup [sumu...]

--- 413 ---

[...rup] warta ||

4. laju dèn cêkêl sinêpir | tur nyatane kawruh ingwang | mêmêt nyamut-nyamut rase | parandene pinaeka | apa sababe lingsang | tuduhna kluputan ingsun | tan dosa klêbèng kunjara ||

5. lakune jaman saiki | dene tan kêna mêmulang | lingsang rase gèdhèg-gèdhèg | o o dene kuwuk sira | tan wruh tataning praja | kang wus maratani mashur | pranatanirèng nagara ||

6. wis tinêmbungakên Jawi | ordhênasi sêtatsêblad | nora kêna wong datan wroh | wus anèng margi prapatan | pira-pira cêgahan | lir klakuanta kasêbut | dèn gantungi paukuman ||

7. prasanatiku sira wis | ingsun sira kabèh padha | winulang apa kêlalèn | tinuduhkên jarwotama | pangajaran mulyarja | apa tan cumanthèl kalbu | dene sira tan uninga ||

8. awèh bae mulang ngèlmi | kawruh ingkang kaya apa | kang dakik-dakik kang anèh | ujêr tan mamèt rêruba | kaya patrapmu

--- 414 ---

brewa | yèn mêmuruk kanthi bujuk | mori moslim pitik dhara ||

9. mandhak nganggo ragat ringgit | akèh ingkang karusakan | tur nora ana nyatane | awit crita ngayawara | warahmu tanpa tăndha | ko kandhani swarga besuk | anggugu kang punggung mudha ||

10. sira dhewe durung uning | prandene wani wêwarah | wus pasthi yèn tutur goroh | dhêngêrmu mung kira-kira | sira anggêp wus nyata | saka pituturing guru | pinundhi pinuja-puja ||

11. tur kang nuturi wong urip | padha bae lawan sira | durung anglakoni maot | têtêp sira wong kasasar | blasar ing kauripan | dadi klêbu wong bêbujuk | tan sênêng marang raganta ||

12. ngrusak silakramèng bumi | lan manèh sira paprentah | mring para muridmu kabèh | rundha patrol sira cêgah | angêdhagên plapuran | ing mêngko sira kalêbu | kunjara ywa takon dosa ||

13. hèh bodho têmên sirèki [sirè...]

--- 415 ---

[...ki] | tan wêruh marang planggêran | apa tan sakolah biyèn | dene anane wus lawas | watara sèkêt warsa | praptaning saiki kuwuk | gumêlaring pamulangan ||

14. apa sira tan mraduli | ngaji sastra Jawa Ngarab | nadyan umurmu wus akèh | kabacut sira wus tuwa | mung gêtun atinira | kang mangkono iku luput | jamake atêtakona ||

15. ujaring kitab wong urip | wa amal ngalam murakab | iku lapal pardikane | ngamal iku iya sira | murakab tambah-tambah | nora ana êntèkipun | mundhak dina tambah karsa ||

16. nadyan kapintêran ugi | yèn pinarsudi ing sêdya | tabêri pasthi yèn enjoh | nanging sirèku kalenan | tan cukup ing agêsang | jalarane kurang wuwuh | ing kawruh murti sarjana ||

17. ciptanta muhung ngantêpi | ngèlmu sampurnèng akirat | sampurnèng dunya tan dahwèn | nora opèn pisan-pisan |

--- 416 ---

mangkono wong katunan | dhêmên ngèlmu kang cinatur | ting klêsik lir adol setan ||

18. yèn ana wong seje murid | lir orong-orong kapidak | cêp klakêp mênêng tan ngoprès | lamun micara gumisa | lir prokrur Batawiyah | nanging wuwus tanpa wujud | kuwuk wong kang kaya sira ||

19. apa manèh kumawani | nekadi ngaku Pangeran | Allah Mukhamad nèng kowe | rasul rasanira brewa | lamun mangkono mangkya | lah coba jaluka tulung | Allahmu kang anèng sira ||

20. enggala bisa nulungi | rèhning kuwuk wus satmata | mring Pangeran panggonane | jamake wus sira puja | pasthi ngluwari bisa | aja manèh maha luhur | malekat bae kaprantas ||

21. ngrusak kunjara puniki | rong mênit kewala bubrah | akèh wong wêdi mring kowe | sun pasthèkakên wil pusa | sira tan bisa luwar | rèhning salawase durung | na malekat gawa dhongkrak ||

--- 417 ---

22. Gusti Allah gawa linggis | kaya uga durung ana | rèh wus kodhaku wujude | lah mara nuli wêtokna | dikira napi isbat | isbatna supaya tulung | ngluwari saka kunjara ||

23. mulane wêruha kyai | ngèlmu makripat ngakirat | kang mêmêt nyamut jarene | lêmbut muluk lamat-lamat | tan bisa nanggung lara | nora bisa awèh ayu | ywa ngêndêl-êndêlkên sira ||

24. kawruhmu bisa nulungi | awèh sampurnaning gêsang | myang sampurnèng akirate | ngakir manèh yèn iyaa | ing dunya nora daya | iya yèn kaya sang wrêku | kang subrata Suracala ||

25. swagnyana krêtarta murti | baud nambung saha bengkas | ngaku mungkir putus jèrèng | ngatas wikara nirmala | maladi kang jinarwa | wicaksana nyamut-nyamut | murtyadi mandaya rêtna ||

26. lir narmada sarkara di | dining kanang kajuwara | kawêntar ing jagad kabèh | ngèlmune agal ngalela | kapriksa saya [sa...]

--- 418 ---

[...ya] têrang | ingsun kira pamikirmu | mirib sang srênggala dwija ||

27. ananging datan patitis | pêtêng gasruh nunjang-nunjang | ambrobos kacanthèl-canthèl | seje lan sang dwija sona | kang anèng Suracala | nora ngayawara gasruh | pandhakunira prasaja ||

28. ngaku kawula nyukupi | yèn ngaku Pangeran limpat | wus rêjasèng jaba jêro | mlêbu mêtu campur juga | ngatas kararjèng puja | tapsir awal akir putus | kêmput sacakraning dunya ||

29. warata lir juru warti | Lokomutip Jawa koran | sang srênggala kotamane | tikêl sayuta lan sira | lan durung pisan măntra | dudu timbang lan kawruhmu | tan mèmpêr ngèlmumu brewa ||

30. manawa wujuding pikir | napas bae sèwu gampang | Mukamad rasul jlêkèthèk | gumlèthèk cendhek-cedhekan | sira wus wani mijang | yèn Gêbangtinatar iku | sabên kewan bae wikan ||

31. nora pisan dèn go wadi | rèh

--- 419 ---

tan pisan melik ayam | yèn ngèlmu kaya mangkono | uga padha kinawruhan | nanging dudu larangan | ingsun nora jênêng guru | kang mangkono sèwu gampang ||

32. lah bok aja wani-wani | mijang patraping kamukswan | eman manawa katanggor | para murid Suracala | kang wus nirdyèng dyatmika | putus wikaraning kawruh | tamtu sira kathetheran ||

33. hèh kuwuk kapriye êndi | Allahmu kang ko wor jiwa | anjaluka pitulunge | yèn nyata nèng dunya bisa | ing kirat uga bisa | yèn saiki tan têtulung | ngakir manèh yèn iyaa ||

34. pikirên tutur sun iki | dudu ujar ngèrèng-erang | mung sajarwa sabênêre | lêbokna cakraning nala | lan malih sun awarta | sajati-jatining ngèlmu | sêsênêngan panganggêpnya ||

35. datan êndhèk datan inggil | jangji ywa melik rêruba | parentah nglilani bae | rèhning kawruh kabèh tanpa | nyata saksi tan ana |

--- 420 ---

Cina Lănda Buda Hindhu | bab ngakerat tan pratela ||

36. mung dwija Suracalardi | trang pamawasnya mring Arab | dalil Kuran pambudine | titi tètèh kasat mata | pangudining dalalah | bisa wruh isi lan suwung | marma kalane samana ||

37. ki pangulu manrangwèsthi | sinêdhahan karsèng praja | dinuta panggya sagawon | sarta maringkên pralambang | cangkriman limang pasal | kacupan pangulu sujud | ngaras padane sang dwija ||

38. tur têtuwane ing ngriki | kang ambengkas marang tekad | mukmin kasêmbah pujine | prandene wa-wa kasoran | adu rasa sasmita | mring Kancil Mongpraja matur | kancil uga kawêdhêngan ||

39. saking judhêging pamardi | ing mangkya maksih rinêmbag | amung saking baguguke | tinimbalan ing nagara | yèku tan dadi apa | awit pamariding ngèlmu | tan pisan melik rêruba ||

40. seje lan sirèku kyai | idêr ngèlmu mrana-mrana | ngalor ngidul golèk [golè...]

--- 421 ---

[...k] babon | mori muslim tuwin sêmat | iku sababmu brewa | cinêkêl laju tinutup | tunggu landrad prakaranta ||

41. Sugriwa dupi miyarsi | mring jarwaning rase lingsang | sadarpa gêgêtun tyase | mangkana sabdèng wil pusa | rase iki prakara | kawruhku wus bubar larut | brêsih gusis tanpa tilas ||

42. kang kobuka pundhèn mami | yèn mangkono awak ingwang | luput anampani babon | pangrasaningsun wus lumrah | ing Yugya Surakarta | yèn wong anggêguru ngèlmu | nganggo pitik mori arta ||

43. kudu ingsun tibèng sêpir | wus pasthine awak ingwang | wong dadi guru ginêdhong | ing tanah Jawa tan kurang | sabên kewan wus tuwa | akèh kang dhêmên kawruhku | lamun nyata nora kêna ||

44. sun kira akèh kang blai | para guru Surabaya | sapêngetan sapêngulon | trus Batawi Bantên pisan | rase sumambung sabda | yakti bae lamun krungu | nanging adate Mongpraja [Mong...]

--- 422 ---

[...praja] ||

45. golèk-golèk datan arsi | yèn tan ana ingkang gugat | kawarta rusaking ngakèh | nora praduli ing patrap | mangkono wong Danurja | kang putus wasesèng kukum | salah bênêring prakara ||

55. Mijil

1. Sang Amongrat mijilakên budi | klairan kemawon | amancasi dursila sakèhe | tinetah mring tindak tama yukti | kayaktèn sanagri | tanpa laku dudu ||

2. ngèlmu ngakir uga yèn binudi | dunya praptèng maot | yèn wus cakêp cukup pracihnane | winulangkên nora mamrih dhuwit | lir patrapmu kang wis | yèku babing luput ||

3. ingkang măngka kawruhmu tan titis | angawur tumpang-so | gasruh bae tuna luwih rèmèh | romot-romotan anggêbmu mêthit | sajatine kodhig | kandhêg durung têrus ||

4. ngèlmuningsun kewala ngungkuli | tan dadi paguron | aja ingkang wa-uwa ngèlmune | tikêl [ti...]

--- 423 ---

[...kêl] satus durung angiribi | wus dene Dyan Bèi | Amongraja punjul ||

5. tikêl sèwu tinimbang lan mami | dene ta sagawon | tikêl satus yuta watarane | sira kuwuk saya mêlas asih | nangis mêmpas-mêmpis | kang wus klakon gêtun ||

6. nuli muwus noraga ngrêrintih | mukane acêlom | kayaparan lingsang wêkasane | besuk apa luwar ingsun iki | tan bêtah nèng bui | rase nambung wuwus ||

7. lah mênênga bae sira dhisik | ngêntènana êrol | nuli munggah landrad nora suwe | kawuwusa jaksa animbali | kuwuk kinèn mijil | tinalenan gupuh ||

8. ing macanan tumuli dèn irit | mring jaksan sumaos | angêlob-êlob arang kêdhèpe | nulya jaksa nabda mring kang kerit | hèh kuwuk sun purih | ing katêmênamu ||

9. kang prasaja kewala ywa kidib | kabèh kang kalakon | sira dadi guru maridake [mari...]

--- 424 ---

[...dake] | ngèlmu apa kang siranggo marid | lan watonmu êndi | wali nabi kang wus ||

10. lawan apa ragadirèng murid | sarate santero | aturira kuwuk datan barès | singlar dènnya wus nampani dhuwit | pitik mori muslim | datan dadya guru ||

11. wali-wali myang pinindi-pindi | kuwuk kukuh mopo | lara nadyan tumêkèng patine | nyumanggakkên karsaning nagari | sawusira titi | aturaning kuwuk ||

12. wus tinulis kamot ing prêklaring | uruting pitakon | para saksi nginggil paturane | ăngka siji prosèsing kumisi | macan warak tuwin | wrangas gogor klêbu ||

13. nulya gagut saksi ăngka siji | sira garangan ro | luwak salira padha bangsane | nulya landhak cèlèng gênjik babi | luwak ingkang mungkir | kapat maksih tutup ||

14. mandhak dadi pasakitan awit | paturane mopo | tiniti-titi tan gêlêm barès | têtêp [tê...]

--- 425 ---

[...têp] lamun wus saeka-kapti | sakongkêlan sami | pambujuking kuwuk ||

15. brewa nuli kinèn bali maring | sêpiran ginêdhong | dupyantara lami pambuine | pasakitan yun dèn rol pulisi | sigra dèn dhawuhi | dinane kang tamtu ||

16. kinèn sowan papriksan kriminil | samana ri Rêbo | dene ingkang minăngka presidhèn | Patih Kartipraja kang nyêpuhi | jaksa lan para lid | tindhihe pangulu ||

17. para saksi cèlèng saha babi | myang garangan loro | pasakitan wus sumaos kabèh | dyan pinriksa saking siji-siji | cocog lan pêrklaring | tan siwah sarambut ||

18. sigra luwak catur kuwuk siji | maksih samya goroh | angandika kyana patih banthèng | hèh dwirada bab prakara iki | aran apus krami | sun tan kwasa mutus ||

19. munggah landrad besuk dina Kêmis | pamancasing kewoh | pasakitan lêbokêna manèh |

--- 426 ---

mring kunjara tunggu sawatawis | sigra bubar sami | luwak saha kuwuk ||

20. binalèkkên marang jroning bui | ya ta kacariyos | sira luwak papat ingkang anèng | sêpir sami rêrêmbugan murih | ènthènging prakawis | kang sawiji muwus ||

21. hèh ta sanak-sanak besuk Kêmis | nèng landrad sumaos | padha blaka kewala yogyane | supayènthèng bisa manjing saksi | marmane sinêpir | bab tan gêlêm ngaku ||

22. biyèn-biyèn angakua sami | ora yèn ginêdhong | dhasar kăndha sabênêr-bênêre | wusing guyub luwak punang pikir | nuju malêm Kêmis | praptaning ri tamtu ||

23. ing sawêngi natas tanpa guling | kuwuk luwak dhrodhog | dupi wanci pukul astha kinèn | mêtokakên pasakitan sami | wus tinali goci | kuwuk luwak wau ||

24. kajaga ing macanan miranti | lir adat kang klakon | sumaos nèng plataran rad gêdhe |

--- 427 ---

sakabèhe saksi-saksi sami | dyan presidhèn mijil | jaksa lan pangulu ||

25. patih gripir uruting palinggih | sang presidhèn manggon | Amongpraja nèng têngah lungguhe | kiwanira kang nambungi gripir | pangulu tumuli | jaksa kang sumambung ||

26. têngênira presidhèn kang linggih | banthèng nir pakewoh | sima tuwin manjangan êlide | waspadèng tyas pamulating tulis | surasèng prakawis | panangkising kuwuk ||

27. saha porsès prêbaling kumisi | wusnya trang pamaos | apal kabèh gancaring nalare | tandya dhawuh mring jaksa lir kang wis | kinèn animbali | pasakitan kuwuk ||

28. sarta luwak catur wus sumiwi | ing ngarsa sumaos | sang presidhèn para lid kabèhe | kudu samya têranga mangèksi | wajibing prakawis | wruh ing warnanipun ||

29. bab cirining kuwuk luwak titi | wus samya waspaos | nulya presidhèn pangandikane [pangandika...]

--- 428 ---

[...ne] | marang jaksa kinèn maos tulis | pandakwa umili | maca swaranya sru ||

30. supaya trang panalinging saksi | pra lid saantero | pasakitan wêruha nalare | wusing tamat presidhèn tanya ris | kuwuk maksih mungkir | kang gugat tinuduh ||

31. kinèn matur wus kasumpah wisik | adate mangkono | nulya matur purwa wusanane | gripir kêthèk nuli anulisi | garangan turnya ris | cocog lir ingkang wus ||

32. tan sulaya kalayan pêrklaring | sigra nomêr loro | têlu papat lima rèntès cècèg | têkèng luwak uga anocogi | luwak catur nuli | samanantuk ampun ||

33. nulya kabèh para saksi-saksi | pasakitan kinon | dèn undurkên sawatara agè | rèh presidhèn yun manimbang adil | parentah tumuli | mring kyai pangulu ||

56. Maskumambang

1. maskumambang wa-uwa trampiling wèsthi | adating klakuan | ingkang kasêbut [ka...]

--- 429 ---

[...sêbut] ing dalil | contone wong ngaku Allah ||

2. mamèt misil kewan kang tan nganggo budi | tan nêmbah mring Allah | mandhak ngaku dadi Gusti | sah tibaning kukum pêjah ||

3. para êlid nimbang uwiting prakawis | antuk siksa paksa | binuwang rongpuluh warsi | banthèng mangkana wuwusnya ||

4. rèhning kuwuk kalêbu prakara sipil | têrang ngrekadaya | glêmbuk ragad pitik dhuwit | têtêp amung apus krama ||

5. mori arta linironan catur sêpi | ujar tanpa tăndha | têtela panggawe juti | ènthèng tibanirèng siksa ||

6. limang taun nganggo dèn kalungi wêsi | etunganing dina | têlung puluh ran sêsasi | rolas sasi sawarsanya ||

7. Sang Presidhèn Amongpraja nayogyani | wus kuwat mupakat | kabèh rad kumpul sawiji | dyan katèkên nèng pandakwa ||

8. Amongpraja dhawuh kinèn animbali | saksi lan sakitan | arsa pinaringan uning |

--- 430 ---

jaksa ngawe-awe nulya ||

9. sampun maju sadaya gya dèn dhawuhi | hèh Sugriwa sira | talingên prakara iki | wus kagalih ing parentah ||

10. presidhèning landrad dina Kêmis iki | têrang sira salah | nglakoni ingkang tan yukti | titi titis tibèng siksa ||

11. binuwang mring sajabaning tanah ngriki | jroning limang warsa | saha kinalungan wêsi | wêsiasating nagara ||

12. ponis landrad ing Gêbangtinatar Kêmis | tanggal ping limalas | Rêjêb Jimawal wit tampi | kêna ngetung limang warsa ||

13. nanging sira maksih tunggu arès ponis | ingkang kinawasa | iyeka bênêran inggil | hohgrèskop kang kinawasa ||

14. sira mêngko bali mring bui ngêntèni | ing waktu punika | kabèh saksi dèn ganjari | garangan babi andhapan ||

15. amung luwak sakawan kang datan tampi | rèh ondêrsuk rannya | saksi magêpokan juti | sêkongkêl milu durjana ||

--- 431 ---

16. kacarita wus bubaran presidhèn lid | kuwuk kawuwusa | tinuping wêlak ngranuhi | baline marang kunjara ||

17. sira brewa ning jroning bui ciptaning | nêgês ing Hyang Suksma | murcita talining urip | nyuwun luwaring sangsara ||

18. truhing supta wor Suksmane kang linuwih | cêngênging paningal | surup baskaraning wêngi | kawêngku anèng pamriksa ||

19. kawimbuhan ing sih pamanthênging budi | jinurung ing puja | saka pikire pribadi | wus sirna gusti kawula ||

20. al insanu sirirasa wus kawingking | wantahing Suksmana | lalumêlêng dikir napi | lir hèrnawa lan samudra ||

21. upamane kumandhang lan swara tunggil | saking manrang cipta | patitis pancêring urip | wus sirna tan ana rupa ||

22. amatèni wil pusa praboting urip | rupa tan nupiksa | swara wus datan kapyarsi | ana ambu tan ginănda ||

23. kang nèng crêmin datan kawasa ningali | wus nuksma-manuksma |

--- 432 ---

murcita kêdhaping pati | têpêt sajêroning laya ||

24. hyang-hyang mati ana jêroning ngaurip | jumênêng priyăngga | mêsês musus ciptèng jisim | jinurung ing dhèwèkira ||

25. wus kagulung samudra kang tanpa têpi | sahir kabir juga | dunya ngakir dèn lakoni | jumênênge Hyang Pramana ||

26. dupi dangu rinuwat cakraning dikir | praboting agêsang | pêpak jumênêng lir nguni | maksa nora bisa luwar ||

27. panggagasing wardaya kuwuk wit tampi | rase jarwanira | yèn ngèlmu tan mitulungi | datan bisa nanggung lara ||

28. wus têtela têrang kalakuan iki | manêgês ing puja | kongsi nir kawula Gusti | sinipatan Hyang Pramana ||

29. parandene tan ana Allah nulungi | tangi kang wardaya | pamikiring budi yukti | yèn mangkono bênêr lingsang ||

30. hèh sarjana kang ulah putusing ngèlmi | rasakna punika | kawruh wus rada nyukupi | dene tan bisa sung luwar ||

31. mracihnani [mracihna...]

--- 433 ---

[...ni] sanadyan putusa ngèlmi | dalil kitab Kuran | yèn atine tanpa budi | ulah marang kasujanan ||

32. sajatine Allah sasamining urip | iku kang masesa | anggêganjar apêparing | sandhang ingkang sarta pangan ||

33. lah kapriye ingkang maca kang miyarsi | ywa tinampan lămba | ewuh pangiraning ati | ngèlmuning kuwuk punika ||

34. pasthi padha lan ngèlmune kang miyarsi | lamun nora padha | anggêpe mandhak ngungkuli | tăndha yèn cingkrang kawruhnya ||

35. kawuwusa kuwuk antaraning sasi | ana ing kunjara | tita datan bangkit mijil | wus mupus karsaning Suksma ||

36. nulya arès ponis landrad sampun dadi | pinaringkên sigra | lir adatira ingkang wis | surasanirèng putusan ||

37. nêtêpakên landrad panimbanging pra lid | ing Gêbangtinatar | enggal-enggal jaksa gripir | paring dhawuh mring sakitan ||

38. panabdaning kêthèk marang ama pitik | kuwuk wruhanira | arès ponismu

--- 434 ---

nêtêpi | kalung wêsi limang warsa ||

39. binuwang mring jaban rangkah tanah ngriki | kulon kene iya | ing Ayah goning wêwêri | yèn wus sah antuk lêpasan ||

40. mawa kitir saking Ayah residhènsi | sandika aturnya | rante ingêtrapkên aglis | kumalung guluning brewa ||

41. dèn angkatkên gumrudug kang atut wuri | tundhan sabên tanah | têbih lampahnya wus prapti | dèn culakên anèng Ayah ||

42. antuk bêgja nèng kono sênênging pikir | awit kèh mêmangsan | nanging cacade sathithik | pisah anak bojo kadang ||

43. kawarnaa ing Gêbangtinatar nagri | wimbuhing nugraha | tulus palawija dadi | tan rêkasa barang karya ||

44. murah sandhang pangan rajakaya tuwin | aglar ing pangonan | rèh doracara dur gusis | kataman tataning praja ||

45. akèh sato kewan cilik ingkang sugih | ingkang gêdhe mulya | satriyane anêtêpi | karan Kancil Amongjagad [A...]

--- 435 ---

[...mongjagad] ||

46. wus kasêbut ratwagung murtining bumi | bisikaning nata | kang komram sagung kumêlip | Sang Prabu Kancil Amongrat ||

47. Amongjagad kang sarta Sri Amongbumi | Amongduryasèngrat | Aji Pamasa sêsilih | lire pamunahing cara ||

48. samana Sang Amongpraja maksih galih | pancêring wardaya | kongas pangudyasmarèng sir | yun panggya lan dwija sona ||

49. kang asrama anèng Suracala wukir | panguguting sêdya | kongsi katuwawa kèmpi | solah-bawane srênggala ||

50. marma siyang ratri datan lali-lali | ngalela waspada | sarupa tikswaning ngèlmi | malat mulêt kulunging tyas ||

57. Asmaradana

1. asmaradana winarni | kadya sarêng lêlampahan | dwija sona kang martapèng | guwa wukir Suracala | wus kathah muridira | kang mruwita sagung asu | ing wana-wana ngawula ||

2. asu ajag wawar kikik | wrêka angsang tuwin rangsang | gêdhe cilik [cili...]

--- 436 ---

[...k] nyantrik kabèh | gêguru patraping muksa | sampurnaning agêsang | dunya ngakire sinung wruh | kabèh pinrih sarjanèng rat ||

3. titis tataning ngaurip | ngarêpkên kawruh kang nyata | surasaning jagad kabèh | bubuhane wong utama | talabul nir wikara | karananing budi kawruh | sasmita rasa nèng dunya ||

4. ngawruhi kawula Gusti | mati urip tinupiksa | dwija wrêka warsitane | mring para murid sadaya | anjuju dulang mangap | winruhkên pathi kang nglangut | ing tirtaning kang nirmaya ||

5. wus sinipat insan kamil | kamil kamal adiningrat | cakrawala jinarwakke | dura rining jiwa raga | gêgarane nrang cipta | mamèt netra kuping tutuk | grana wijil ketang daya ||

6. dayaning păncadriya wrin | kang klaku sadina-dina | kanggo manuksmèng uripe | jinèrèng ngêbêki jagad | gatgadanirèng sona | kang wus jumbuh jaba kalbu | tan sumêlang akir dunya ||

7. nyruwètèh sabarang kardi |

--- 437 ---

wruh mobah-mosiking jagad | kabèh binudi sababe | tan pracaya kodrating Hyang | tuhu madhêp ing Pangran | gumêlaring bumi wêruh | kurêbing langit pratela ||

8. kaanan kabèh kang kèksi | mujudi sandining Suksma | katêmu kanyataane | nganggêp ing Suksma antaya | yayah midrawèng jiwa | wus mangkono kewan putus | mumpuni budi caksana ||

9. tuhu yèn asu linuwih | pantês karan dwijawara | iyèku kawi wardine | dwi loro ja mêtu nglawang | têgêse pintu karwa | nasika bolonganipun | têtêp wuta tuduh marga ||

10. dalan ingkang luwih sungil | marganing puji tan pêgat | salat daim panêngrane | wus siningkur kang sêngkêran | basa daim artinya | jumênêng kalawan idhup | sinasuksma ngejawantah ||

11. wantahe kawruh kang wêning | sirna cobaning dyatmika | cacade warni sagawon | nanging kawruhe utama | prayogane [prayoga...]

--- 438 ---

[...ne] cupana | aywa isin tiru-tiru | iki asu badan suksma ||

12. pamawas kakekat murti | makripat ing jaman muksa | manrang wèsthinirèng maot | têtêp mukmin ngalimallah | campur tantara măngsa | ajali abadi kaglung | ginlung kadimah kadisah ||

13. sasat kyai taptajani | ing anusi al akasan | sangkêping sopana anjog | jumêgur satanah wa |[11] wadine wali sanga | pasrangkara tanpa sintru | wus nyipati akmaliyah ||

14. rukuning Islam nastiti | dhaup lan pathining rasa | ginêlarkên mring muride | dadya panuntuning tata | nilati kang mustapa | kucêm pra ngulama jamhur | ering maring dwija wrêka ||

15. marmane sagunging anjing | isining wana samoa | manyrahkên jiwa ragane | dupi wus jinarwa tama | pramana pangêcupnya | ingkang bodho jahlu busuk | yèn wus winarah ing wrêka ||

16. tamtu sanubari mingis | tajêm lir mimis atêrlat | rèh têrang glèthèk pêthèle | tanpa [ta...]

--- 439 ---

[...npa] kijap tanpa lambang | yèn caraning sarjana | gampang lamun awèh tutur | singa tămpa têrus têrang ||

17. wus têtêp guru linuwih | nuwuhkên tangining nala | saking karna wasitane | guru garaning panyipta | ginugu barang jarwa | sampêt nyataning pituduh | angên-angên ingkang tămpa ||

18. srênggala budi martani | wêwarah tan ngayawara | kusus sarèh wicarane | kagunaning păncadriya | driya di murti tama | nyamuting sasmita nglangut | nglamat tan kacakrabawa ||

19. kridhaning buwana wêning | wruh ing daya-dayanira | surya wulan santerone | sasadhara cakrawala | wus nirdyèng budyotama | ariya caksanèng kewuh | iku sona dining kanang ||

20. nêtêpi wajiping urip | mêruhi kaanan jagad | kang katon tăndha yaktine | singa sinung wruh tarima | rèh têtela satmata | tan muruk ngèlmu kang lêmbut | nêtêpi daliling kitap ||

21. la yakjibu matripati |

--- 440 ---

minal ngèlmu dakaika | lapal mangkono murade | nora wajib wêruh sira | ngèlmu kang lêmbat-lêmbat | awit tan kêna ginugu | marma sang srênggala dwija ||

22. warata saya mratani | tumular-tularing dunya | kidul wetan êlor kulon | mlangkah saking tanah Jawa | sagung sagawon wana | ing wêktu-wêktu cumundhuk | muruhita mring sang tapa ||

23. ngasil bab lakuning urip | ngarêpkên murtining nala | lalu linantih lêlakon | klakuan kang wus kapêstha | pasthi pathining rasa | rasaning kerat kacakup | putus sandining buwana ||

24. sandining Hyang nuksmèng wadi | wadi-wadi wus katara | wruh kanyataane kabèh | ing dunya ngakir kadhadha | dhinaku sangkan-paran | yèku sajatining asu | marma murit pawiyatan ||

25. rêraton traping pamardi | dayane mangulah puja | nir deya manrang pakewoh | anggêpe sadaya sona | kang wus mangatas jarwa | nyipta umure jinabut | maksih rumăngsa durung

--- 441 ---

sah ||

26. awit wus rêjasèng budi | ngrasa utang tanpa petang | ketang nrawang wardayane | rêgane yutan mawêndran | winruhakên ing padhang | iya iku kabèh asu | paring sang srênggala dwija ||

27. sumugun-sugun ing pikir | jinarwèng ngèlmu kang nyata | lir mring Pangran panganggêpe | tan rumăngsa yèn sapadha | awit jarwa murtyarja | tinuntun sakaning punggung | kongsi putus nrang wikara ||

28. kang durung wêruh ing wèsthi | sasat nèng jroning kunjara | gêdhong pêtêng sumpêg tyase | tinuntun marang pêpadhang | jêngglang sumilak nrawang | sinung lampu pitruliyun | dening risang dwija sona ||

29. murwani budi lêstari | nèng pabarataning warta | nênuntun marang wong mêlèk | angêlèkakên ing wuta | tan watara têtela | nilasi kawignyan pungkur | yun kawêntar kajuwara ||

30. sampurna pakaryèng sandi | têmbung Jawa Ngarab limpat | winor juga surasane | kanabeyan kadewatan | jinarwakkên sadaya [sada...]

--- 442 ---

[...ya] | kang daya sênênging kalbu | wit saka wruh tyasing liya ||

31. ngyêktèkkên aryaning bumi | sor prabaning diwangkara | kasintron ima tan katon | yèn siswa ing Suracala | kalingan wukir sasra | maksih sumorot umancur | tanpa dalu tanpa rina ||

32. puniku măngka upami | kinarya mangalêmbana | kongsi wus tan bisa jèrèng | kotamanira srênggala | triloka tanpopama | kadibyan maharja tulus | têrus manuksmèng utama ||

33. ya ta Amongpraja Kancil | kang dahat angancam-ancam | pêcahing nala katonton | ingkang mangrusak agama | sona ing Suracala | kagalih gêmpal karatun | wiku-wikuning antiga ||

34. Mongpraja panguguting sir | jêng gama pamardyèng guna | dhumatêng sagung muride | yèku dwijèng Suracala | kawêntar kajuwara | dadya catur kondhang kidung | marma dahat ngancam-ancam ||

35. sabên yèn miyarsa warti | manaputi [manapu...]

--- 443 ---

[...ti] ing wardaya | lir bagaskara têngange | sêdhênge măngsa katiga | kumyus ingkang swanita | gumêtêr padoning tutuk | mangkana panggagasira ||

36. dene ta ana kang wani | gêmpal tata têntrêm mangkya | asu edan pamijange | nguni paman uwa-uwa | angsung inah tri warsa | ing mêngko wus mangsanipun | srênggala tan ana seba ||

37. sigra Amongpraja Kancil | parentah marang parêkan | kinèn nimbalana age | ki pangulu uwa-uwa | saha para ngulama | pêrgadring prakara asu | kang ingagnyan dan umentar ||

38. samantara sampun ngirit | wa-wa myang catur ngulama | kang wus mutamat kawruhe | seba ngarsaning Mongpraja | nèng bale pasênêtan | Amongpraja sabdanipun | marang kyai kalilollah ||

39. lah dèn kapara ing ngarsi | kabèh kancamu ngulama | matur sandika kang kinon | wusing tata pasrangkara | Rahadèn Amongpraja | hèh kayaparan pangulu | bab sona ing Suracala ||

--- 444 ---

58. Dhandhanggula

1. madukara pangulu wotsari | dhuh dewa ji amba nut ing karsa | nguni kawula sung sarèh | salêbêting tri taun | ulun purih sumaos gusti | kathah sajarwa amba | praptèng mangkya sampun | angsal tri warsa tan sowan | kilap sababipun dene tan mèstuti | dhatêng inah kawula ||

2. Amongpraja angandika aris | hèh timbangên paman karsaningwang | yun katêmu asu mangke | kaya tan kucêm bênthuk | ngadu kawruh kang ganal gaib | nadyan ngadu kadibyan | campuh ing prang pupuh | sapira boboting sona | êrok băndawala pati sun tan ajrih | ngêtog guna kasuran ||

3. apa ingsun mring Suracalardi | gawa gêlar tataning ayuda | datan gumingsir yaktine | pangulu aturipun | nuwun sampun rumiyin gusti | kagalih kang sakeca | sampun lajêng nglurug | awrat sanggènipun sona | amba kintên lamun rinabasèng jurit | paduka tan kawawa ||

4. kakêrigna sing awarak èsthi [è...]

--- 445 ---

[...sthi] | banthèng andanu Gêbangtinatar | saèstu kusut campuhe | bab sona ajag guyub | adat ingkang sampun kawuri | manawi tiwikrama | sato galak mirut | miris mring kasaktènira | wijayanti têguh timbuling ajurit | lir durèn lan sêmăngka ||

5. dede tandhingipun lawan jurit | dibya kasantikane pun ajag | baut munah bol èstune | cukat bantêring laku | tambah mangkya putusing ngèlmi | èstu srah jiwa raga | yèn sampun tinuduh | kang subrata Suracala | marma gusti atur kawula prayogi | nimbalana para rad ||

6. ingkang sampun putus ing pangèsthi | dados kumpul santosa mupakat | karsaning nagri têtêpe | jaksa patih pangulu | kumpul guyub kanang pêrgadring | yèn sampun abipraya | punika ran kukum | ugi karsaning narendra | jêng paduka tan kenging mingsêt sanyari | sarêng brastha lan radya ||

7. dyan nimbali jaksa saha patih | sampun kerit sumiwi [su...]

--- 446 ---

[...miwi] ing ngarsa | satata urut lungguhe | radyan ngabèi dhawuh | hèh rêmbugên prakara kirik | dènnya bangkang parentah | tan nêdya mangèstu | mring nagri Gêbangtinatar | kayaparan prayogane jaksa patih | apa rinodapaksa ||

8. tinimbalan ingkang klayan aris | apa sun tindak mring Suracala | nayaka waktra ature | dhuh gusti sang aprabu | bilih tuwan tindak pribadi | camah asoring lampah | manawi yun pupuh | kawula kintên tan kiyat | yèn ingalus pun sona yakti tan arsi | mênggah prayoginira ||

9. katimbalan malih klayan aris | bilih datan purun pun srênggala | panggihan kewala sae | ing Parangtigan bênthuk | abên rasa sasmitèng ngèlmi | pundi ingkang kasoran | prayogi maguru | bilih ngabên kalungidan | băngsa nalar kawula datan gumingsir | dene yèn ngabên kitab ||

10. dalil kitab tapsir awal akir | pun bapak ki pangulu

--- 447 ---

wa-uwa | kang sampun jajah kitabe | sanadyan muridipun | ki pangulu prayogi miring | têmpuhnya rasèng sarak | yèn pun sona gayuh | kawruh ingkang lêmbat-lêmbat | prayoginya paduka ingkang nglawani | kados yèn dèrèng găndra ||

11. tikêl satus sona dèrèng mirib | saking pangintên amba punika | amung munjuk sabarèse | mèsêm dyan bèi ngungun | mring pangalêmbananing patih | nulya alon ngandika | sapa ingkang cukup | nglakoni dadi utusan | padhami lan srênggala Suracalardi | patih panggah aturnya ||

12. bilih parêng kawula pribadi | kang lumampah saha nglugas wastra | sandi tiyang alit bae | kanthi sapantêsipun | kalilana kawula milih | satungggal pun palwaga | lutung kalihipun | dyan bèi dhangan ing karsa | angandika bênêr aturira patih | măngsa bodhoa sira ||

13. mung wêlingku ywa sulayèng kapti | têtukaran rêbut kaluhuran [kaluhur...]

--- 448 ---

[...an] | kadi patraping wong rècèh | kang rosa gêlut unggul | mangkonèku cupêt ing budi | dawakna nalarira | murih bangkit ngêjum | pikirên srananing ceda | sirnakêna supaya tata lastari | titi sunguting nalar ||

14. lah wis padha mundura sun nganti | patih jaksa pangulu umandhap | sapraptanirèng wismane | patih nimbali gupuh | marang kêthèk saha anjani | samya sowan ingagnyan | kêkalih sumaguh | nuwun suka sukur ing tyas | sèwu bingah kêthèk lutung dinuh gusti | mangkono wong ngawula ||

15. yèn tinari nêmpuh baya pati | nyandikani bingar lir ginanjar | iku punggawa wajibe | nglakoni ing satuduh | durung tamtu dinaning wuri | ngunggahakên darajad | saking nut ing dhawuh | nadyan nora ana karya | gusti pasthi waskitha têrang mring abdi | misudha ing kawula ||

16. rèh palwaga anjani tyas lungit | dupi tinari têmpuhing baya | tanpa matur akèh-akèh [a...]

--- 449 ---

[...kèh-akèh] | mung bigar gagah saguh | wajibing rèh punggawa murti | nirdeya nrang wikara | tan kakehan saguh | tan pisan ngumbar kasuran | datan cêlom netyasmu kêrêng nampani | sandika madukara ||

17. ngasorakên rasa ingkang lêgi | iya iku kancil abdinira | seje lan kewan samangke | yèn tinari ing kewuh | minta jangji yayah wong glidhig | ing sêtatsiyun nganyang | mrih plênthuning wadhuk | kauntungan kaya Cina | kang dèn arah sajatine jago ngucir | wêdi lok surak-surak ||

18. yèn mungguha gêmak jèngkèng ngruji | pandirangan ethok-ethok lara | sawênèh sèlèh lungguhe | uwis mangkono tamtu | nulya banthèng munyuk anjani | wus samya nglugas wastra | wisata tri laju | marang guwa Suracala | nirdyèngkara baya pati tan tinolih | saking wus ulah nalar ||

19. ciptaning tyas datan ana pati | pakewuh kang murang ing silarja | saking wus sampat pikire [pikir...]

--- 450 ---

[...e] | sanadyan satru dudu | sinrênggara wicara lungit | manuhararja krama | silaning tumuwuh | tan ana sawiji apa | dhasar kanthi nalar dayaning tyas wêning | tan lami lampahira ||

20. praptèng Suracala amarêngi | pêpak murid sona warna-warna | cingak sadaya praptane | wantuning ajag asu | netya wêngis tan was mangèksi | wruh banthèng yun tinrajang | pinarjayèng kewuh | nanging sang maha pandhita | datan parêng awit cundaka kang prapti | tumulya ingacaran ||

21. binagèkkên raharjaning wuri | banthèng nuhun mangsuli raharja | sakulawarga muride | cantrik saha manguyu | uluguntung praboting rêsi | kang sami ulah tapa | muja nungku gêntur | dwija sona anggraita | banthèng ingkang prapta pragosa anjani | kinira yèn prameya ||

22. wus katara solah bawaning ling | trampiling wicara mawèh raras | tajêming netya pasmone | luhur kaworan ngungun | nglugas sandhang sêngadi cilik |

--- 451 ---

dutane Amongpraja | èstu yèn para gung | priyagung Gêbangtinatar | dwija wrêka tumulya têtanya aris | mèsêm saha mardawa ||

23. kadingarèn jêngandika prapti | pangintên kula sami kasasar | datan nêdya praptèng kene | sèwu mokal katuju | yèn sinêdya paraning kardi | rèh kula punggung mudha | kuthung tyas truwilun | cêndhala nir tatakrama | dahat tuna kajawi kasasar mampir | banthèng kagyat miyarsa ||

24. kagawokan wruh kêdaling lathi | mawèh tăndha srênggala sarjana | andaka alon saure | dhuh sang wiku pukulun | dinuta Sang Mongpraja Kancil | nagri Gêbangtinatar | dene kang rumuhun | ingkang taklim kaatura | kaping kalih paduka dipun aturi | dhatêng Gêbangtinatar ||

25. ingaturan sabiyantu budi | ngluhurakên mring Hyang Kang Murwèng Rat | nata têntrêming prajane | mancasi dursilayu | ngajar juti arjaa sami | kumpul mamrih yuwana | ywa na salah dudu [du...]

--- 452 ---

[...du] | sadarpa atur kawula | mugi-mugi paduka jurungi kapti | nglêganana pinanggya ||

26. sêmu kodhêng tyasira sang rêsi | mring sabdaning banthèng manuhara | amêlas-asih têmbunge | bangkit ngluhurkên kalbu | pantês lamun dadia patih | wasana alon nabda | bab punika klintu | kawula sagêd punapa | datan pisan ngregonana drajad lêwih | jawi mung ulah puja ||

27. amangeran kalanggêngan suci | dunya ngakir kang kawula jaga | kinukut katon nyatane | tan pisan ganggu-ganggu | datan gêmpal tataning nagri | mung madhêp majênun lah | siyang lawan dalu | nanging Kancil Amongpraja | opèn dahwèn dene purun animbali | mring sasamèng tumitah ||

28. kula mopo dahat datan arsi | ki pangulu uwa-uwa prapta | kumawawa dhawuhake | kula kinèn sumujud | saha malih kinèn jarwani | cangkriman gangsal pasal | sasagêding [...] | kula batanging sadaya | kilap lêrês kilap lêpat [lêpa...]

--- 453 ---

[...t] datan uning | rèhning kula damarda ||

29. antya punggung mring lambang kang mêthit | datan bangkit amungkasi karya | sawusnya andhawuhake | uga sabdèng pangulu | kula pinrih sowan pun kancil | dahat wirang gung merang | mirong datan purun | tan kabawah tan kaprentah | ingkang bawah kang mrentah mung maha suci | kang sipat kadim baka ||

30. sampun lami praptaning sêmangkin | ijêngandika nayaka waktra | têmbung krama pangonggronge | mring kula dhêku-dhêku | angaturi praptamba maring | Gêbangtinatar panggya | lawan kancil punggung | kang wus ginunggung caksana | sajatine sêpa-sêpi tanpa budi | budinirèng durjana ||

31. palsu dora wranane sakêthi | sungsun sayuta ambêk utama | anglakokakên khukume | yèn sabên bocah gumun | wêdi asih angaji-aji | guyu kang wicaksana | wruh patraping bujuk | sandi khukumolah dora | lamun Allah ngukum kawulane pasthi | datan mamèd lantaran ||

--- 454 ---

32. marma kula dahat kirag-kirig | srambut pinaraa sèwu yuta | tan gêga makatên banthèng | kancil nindakkên apus | kumawani ngaku angirib | amrih kajèn kèringan | srananing sêkuthu | dora rêraton sapraja | kumapintêr kumawasis ngathik-athik | ithik-ithik parentah ||

33. kêcap mangap dhawuhing nagari | kidip kêkudhung walulang macan | kang gêgilani warnane | tan wruh yèn isi palsu | santerone dika puniki | kang samya anggêp praja | budine kumingsun | gumaib kêdaling lesan | sayaktine ratuning cubluk sabumi | ngapusi kramèng arja ||

59. Sinom

1. jêngandika banthèng dadya | patih taruna winasis | punapa jandika wignya | dhumatêng wajibing patih | gumêdhe kumabangkit | gumunggung angaku-aku | yèn nyata dika wignya | jèrèngên kularsa uning | nadyan dora lamun wranane sêmbada ||

2. kinarya ngapusi bocah | kang tan bisa [bi...]

--- 455 ---

[...sa] sisi wêdi | dene patih kinawasa | mujudi sri narapati | bungahe lir kagimir | kadhadhung dayaning palsu | rupa intên barleyan | ngaku paringing Hyang Widhi | yèn wong bingung èstu nganggêp yèn sanyata ||

3. ingkang bisu tuli wuta | kang kadi jandika ajrih | pasthine mundhi mêmuja | rèh sampeyan tanpa budi | nalare mung sacuwil | nir kira-kirane suwung | kalpika pasèt Prasman | puniku kênèkêr bêling | yèn kulaa sayuta datan supêna ||

4. Gusti Allah datan gadhah | pêparing kang rupa bêling | wontên wujudnya punika | saèstu sayuta kidip | punapa malih kancil | purun ngaku-aku ratu | dika dadi warăngka | ingkang dadya jaksa èsthi | uwa-uwa pangulu panggawe praja ||

5. têtêp rukuning karajan | patang prakara mêpaki | ananging paningal kula | kratoning goroh katawis | patih patihing kidip | pangulu jaksa gêdêbus | dadi dora jendralan [je...]

--- 456 ---

[...ndralan] | nêbu sauyun ing ati | kang pinurih kajèn kèringan ing bocah ||

6. bocah ingkang durung bisa | buwang riyak umbêl wêdi | apêpayung sèrèt prada | gumrudug akèh kang ngiring | napa dika udani | nêgêsi dununging payung | lah kula jarwanana | yèn wong darbe pasthi uning | wong manganggo èstu ngrêti dayanira ||

7. aywa dika bungah-bungah | dèn payungi milang-miling | glelengan asêsongaran | badhêdhêg anggêp kapati | lan kula takèn malih | payung abang ijo biru | putih kuning myang gilap | punapa ingkang pinurih | wong manganggo tamtu têrang karêpira ||

8. sarèhning banthèng warăngka | bab puniku masthi uning | kang awit ratu yèn arsa | ganjar payung marang abdi | èstu byantu lan patih | prituwin santananipun | datan kenging mlangkaha | ngagêm karsanya pribadi | dika patih kapatah wêngkuning praja ||

9. sagung kewan wanawasa | ingkang cubluk wêdi asih | wit gumun kawignyanira [ka...]

--- 457 ---

[...wignyanira] | kabèh pratikêling kancil | yèn Suracala kirik | kancil ratuning truwilun | mung bisa ngrekadaya | aturna punika patih | marang kancil ujar kawula sadaya ||

10. mandhak wuwuhana ala | pamancah pamoyok sami | punapa malih samangkya | paripaksa kumawani | purun nampèni dhuwit | pajêg bumi dhusun-dhusun | saha malih sinêmbah | lan angukumi sasami | badhe kula takèni lamun pinanggya ||

11. wus kawêntar Amongpraja | kabisane mung sacuwil | ambêg baud ngêjum nalar | guna ingaguna murti | mêmulang muruk ngèlmi | wulung kucing ngèlmu kuwuk | dudu ngèlmu kang nyata | dudu wulang kang sayêkti | pangrasane luhur nyamut lamat-lamat ||

12. andaka jêngêr miyarsa | dahat gêtêrirèng ati | wirang rèh dèn erang-erang | sasat mati jroning urip | sumaput panon mipit | tan darbe nalar saglugut | pintêrnya sirna bubar | mawut-mawut tanpa kèri | wus adate [a...]

--- 458 ---

[...date] yèn kasoran ing wicara ||

13. apamanèh kalah wignya | lir pêpês kang bayu budi | karoban prabawèng wrêka | kanang pratistha sêmadi | banthèng tan bisa mosik | kadi kapuk kênèng wusu | obahe ngarah-arah | pinaksa umatur aris | dhuh sang dwija prayogyamba mring paduka ||

14. mugi karsaa panggihan | benjing punapa kang pasthi | wontên pundi karsa tuwan | Amongpraja mung mèstuti | wêlingipun ing nguni | manawi sang dwija sarju | wontên ing Parangtigan | abên kawruh ingkang murti | pundi ingkang katitih tyase ywa cêla ||

15. manawi dèrèng panggihan | maksih gumantung ing galih | pêcahing nala narantang | narik gêtih otot daging | purbaning ati budi | sona nulya manthuk-manthuk | sun sumarah ing karsa | benjing punapa prayogi | wontên pundi kula umèstu kewala ||

16. lêrês ing pamrayoginta | yèn sami condhong ing

--- 459 ---

galih | sae wontên Parangtigan | awit cêlak jalanidhi | datan wontên kang uning | ing ngriku panggenan samun | andaka aturira | inggih kula tur prayogi | benjing dintên Jumungah ngajêng punika ||

17. kintên-kintên pukul sanga | paduka sampuna prapti | panggihan ngabên kawignyan | nyirnakkên gêtêring galih | prayoginipun mawi | pranatan caraning ratu | sanadyan ngriki tanpa | yèn ing ngrika kêdah mawi | wusnya têrang kyana patih sigra bidhal ||

18. saking guwa Suracala | palwaga lutung tan kari | datan dangu lampahira | samantara sampun prapti | Gêbangtinatar nagri | kyana patih gya cumundhuk | ngarsèng Kancil Mongpraja | matur purwa amêkasi | Amongpraja dahat sukaning wardaya ||

19. hèh patih patahên sapa | kang yogya mèstuti mami | mangun bicara lan sona | kang pantês putus ing wèsthi | kudu tataning patih | pahargyan luhuring ratu | aywa kongsi kuciwa | myang ajining para rêsi | kang ingagnyan sandika [sandi...]

--- 460 ---

[...ka] prentah palwaga ||

20. tandya lèngsèr saking ngarsa | pranatan kinèn miwiti | tinulis ponang pranatan | mamèt adating narpati | tan dangu sampun dadi | badhe tindaknya sang mulku | dene cucuking lampah | sardula sadaya kêrig | ingkang kèri tunggu praja sawatara ||

21. dene kang ngayap narendra | warak landhak banthèng bothi | kidang manjangan andhapan | rewănda anjani babi | sumambung pra ngulami | manggalane ki pangulu | katip mudin mutihan | punggawa kang têngga puri | jaksa patih kori tuwin sarayuda ||

22. tugur anèng pagêlaran | ing magangan srimanganti | pranatan konjuk saksana | condhonging karsa rêspati | tata-tataning abdi | tan ingowahan lêstantun | panggihan Parangtigan | riwusnya antara ari | praptèng ari Jumungah enjing samana ||

23. sangkêp miranti samoa | saha kang tumutur sami | kêrig sagunging sudira | ngalumpuk [ngalu...]

--- 461 ---

[...mpuk] nèng srimanganti | mênuhi praptèng jawi | wuwusên sadaya wrêku | ajag kikik lan wawar | samana wus dèn dhawuhi | ingkang dhèrèk pilihan mung kawan dasa ||

24. kang wus pratamèng wikara | digdaya dibya ing jurit | putus pangulahirèng prang | samana jam astha enjing | dintên Jumungah Paing | kaping wolulas sutèngsu | Ruwah warsa Jimawal | Isaka sangkalèng warsi | gati sirna pujăngga ya ta kocapa |[12]|

25. bidhal sarêng lir sêmayan | tindaknya Mongpraja Kancil | ngilèn tirahing samudra | dene tindaknya sang rêsi | ngidul Suracalardi | trus ardi Sèh Bêla-bêlu | nuli praptèng Mancingan | dupi nèng Parangwedang wrin | Amongpraja tumurun saking aldaka ||

26. pacalang sima atusan | gumuruh bumi lir gonjing | kêkalih têmpuh ing tingal | manggut sami anampèni | kagyat kancil mangèksi | wênêsing cahya sumunu | wingit prabaning waktra | netya sêmu sumèh manis [ma...]

--- 462 ---

[...nis] | raras sarwi ngarah-arah ruming sabda ||

27. tumulya agêgandhengan | mring Parangtigan saribit | ciptèng tyas Mongpraja tansah | pangugut-ugutirèki | tambah dupi miyarsi | saking patih kêthèk lutung | marma kancil mangajap | ing galih yun têmpuh lungit | wusnya prapta Parangtigan lênggah tata ||

28. kancil lunggyèng purwantara | sawadyakuswa kang ngiring | dene kang kapara pêrak | pangulu palwaganjani | mabungkuh smu kapering | kanan kiri urut lungguh | sang dwija nèng pracima | sadaya siswaniranjing | samya nêbih dene kang kaparèng ngarsa ||

29. sakawan srênggala ajag | baud munah satru sakti | putus pangulahirèng prang | mirut saisining bumi | duk samana dyan kancil | ayun-ayunan lan asu | Mongpraja pasrangkara | pun uwa sami basuki | ingkang kantun wontên wukir Suracala ||

30. tumêmpuhing karnèng wrêka | trampil dènira mangsuli | inggih sami karaharjan | tan kirang satu punapi |

--- 463 ---

wusing liring-liniring | aso sawataranipun | ki pangulu wa-uwa | alon maju angabêkti | mring srênggala yayah caraning manuswa ||

31. nuli mundur lunggyèng kiwa- | nirèng kancil dyan ngabèi | sigra Radèn Amongpraja | nabda malih mring sang rêsi | netyandik sêmu wêngis | uwa pandhita kula yun | nêdha priksa mring dika | nguni sampun dèn timbali | rambah-rambah kapurih dhumatêng praja ||

32. marma uwa tinimbalan | nagari midhangêt warti | jêngandika ngaku Allah | myang kumpulan rina wêngi | rêraton traping pardi | sadaya siswanta gugu | tampi piwulang dika | pra murid ngrisak agami | agama kang gumêlar narik kotaman ||

33. dadya sintruning kasmala | kang wus kêkah kangge lami | winor lan yudanagara | saking pamardining nabi | kang lumuh pasthi tampi | kukuming sarak jinabut | lungayane mrih dadya | crêmin nêmbah ing Hyang Widhi | mrih warata tataning dinil mustapa ||

34. manawi makatên dika | jumênêng guru [gu...]

--- 464 ---

[...ru] pranatis | mijang ngèlmu tan widada | dêdawa dêdalan kapir | an yun mardawèng dini | wiku pandhita antêlu | nênuntun manjing nraka | tiktrèng tyas yun durtèng karti | praja rêngka kagawa wulang jandika ||

60. Pocung

1. marma mucung cipta kularsa katêmu | karana andika | tinimbalan datan prapti | punapa ta botên midhangêt pawarta ||

2. yèn wus kaglung kukum Suleman nèng ulun | prentah wus byawara | têrang dhawuhing Hyang Widhi | ngangge tăndha kalpikadi mawa praba ||

3. singa wêruh ring wangkawa limran sujud | tumeja ing kasa | surêm hyang pratănggapati | lah punika lètêr W gosok barliyan ||

4. duk dhumawuh ring kula melkad kang rawuh | amanidikara | karana kewan sabumi | sujud sayuk tumutur pranatèng praja ||

5. wus sabyantu sapulo Jawi umèstu | tan wontên manjila | ngrêksa sukrêtyèng nagari | sampun kathah conto kupiya kang klampah ||

6. kèh tinêmpuh

--- 465 ---

adil pranataning ratu | Sleman ngejawantah | anyêgah gêlahing bumi | titi tata mangkya gêmpal wit andika ||

7. nukarta gung mangrêksèng nagri sadarum | duryasèng rèh arda | wus samya tobat mring Widhi | suka bagya kang kula jarwani tama ||

8. sèwu sukur kurmat kutu-kutu nungkul | mangke kasat mata | gêmah arjaning nagari | wit agama ajrih rabil ngalamina ||

9. kang kula yun kumpula ngrusak ing tyas dur | sinajarwotama | gama gandhulaning urip | siyang ratri parasdyaning sudarsana ||

10. gêgaran gung ananggulang dama punggung | midrawèng buwana | sumêbar amêratani | sasat kabar Bramartani Surakarta ||

11. kondhang kidung lir undhang sapinggir lurung | marduning prataksa | wus kalampahan pra kumlip | agêng alit suyut wêdyasih sutrisna ||

12. mandhak sampun misudha patih pangulu | jaksa ulah nalar | rukuning kraton mêpaki | wus sampurna mahyakkên sudarsanèng rat [ra...]

--- 466 ---

[...t] ||

13. patih ratu jaksa kalawan pangulu | kang karya pêpadhang | madhangi aran nagari | jumênêngnya awit sinihan ing jagad ||

14. amêmatut kèhing băngsa kang tan turut | durcara ing sila | kara-karanirèng urip | ngluhurakên anêmbah dinil mustapa ||

15. dintên pungkur pinusthèng tyas tan siningkur | sarengat ambiya | ywa kadawa damèng budi | winahyakkên singa mopo pinidana ||

16. nguni rusuh sèwu siji tan umangguh | kang muksis ing sarak | nglakoni amaring Widhi | tansah murang krama ingkang unggul mulya ||

17. awit suwung patih jaksa myang pangulu | ratu datan ana | dadya dur amêratani | rèhning kewan tan ana kang winêdenan ||

18. kèhing dudu drubiksa ingkang kalaku | mangkya wus balabar | warata budi kang suci | akèh sêtya tuhu mring dinil mustapa ||

19. para dudu kèh parikramambêg ayu | ilang tanpa sesa | amblas têmah rata yukti | basa rata lêmpêng

--- 467 ---

atinirèng kewan ||

20. tanpa brênjul cukul budi kang kalantur | padhang dede surya | pêtêng limut dede wêngi | lah punika dumunung pancêring nala ||

21. kewan sagung tutut manut amiturut | nir manah durhaka | malah mangun puji dikir | suka sukur arang kataman ing susah ||

22. mangkya muncul mancungul kang nêdya nglêbur | mulyaning agama | karana ngèlmunta wradin | sona wrêka kang yun angrêbasèng karta ||

23. rèh sang wiku maridakên ngèlmu rusuh | wani ngaku Allah | wani nyirnakkên Hyang Widhi | saking pundi purwane ngèlmu jandika ||

24. para guru kuna pundi kang kagugu | nabi wali sanga | pandhita jamhur musanip | kitab kadis Kuran pundi kang ingalap ||

25. o o luput dene makatên ginilut | kang nyirnakkên Allah | mangrusak budi lastari | tamtu rusuh rusiya kang badhe ngrêda ||

26. yèn kabanjur ngèlmu makatên kalantur | ngrisakakên praja | ngămbra kasmalaning [kasmala...]

--- 468 ---

[...ning] bumi | awit badhe ngicalkên nêmbah sudyarsa ||

27. sampun tamtu kèh kewan jina sadulur | bapa byung jinanak | akèh kang sarêsmi mèdi | awit saking kukum kerat dika berat ||

28. swarga lêbur nraka sirna dika gasruh | durtèng tyas sudyarsa | Pangeran inganggêp sêpi | datan ajrih mring Pangeran sipat rahman ||

29. măngka sampun sèwu gangsal atus taun | sarengat punika | Ngarab mratani ing bumi | praptèng ngriki watawis nêm atus warsa ||

30. purwanipun kraton Dêmak Islam klaku | sanadyan Budaa | kinèn widada ing budi | nêmbah dewa mèt ganjaran swarga mulya ||

31. kathil murub sêsotya barliyan mancur | mas tinaturêngga | ciri patra kara sidhi | langgêng badan alus pangawak jawata ||

32. kilap èstu kilap dora kudu-kudu | atasing agama | anaa kang dèn wêdèni | nadyan sonya kudu tumurun tyas muja ||

33. anggêr patut kalakuan sae tinut | sanadyan [sa...]

--- 469 ---

[...nadyan] tan gêga | yogyane sajroning ati | lair kudu mèstu yèn pamanggih kula ||

34. sampun dangu tikbra brastha nagri ngingu | kèhing pangajaran | mulang muruk siswa murid | sastra Jawa Ngarab winruhkên pra mudha ||

35. samya gugu kuwat siyang dalu kukuh | madhêp ing pracima | mêmuji jumbuh ring gusti | kang kulapti karti kartaning buwana ||

36. nanging lamun lir cipta jandika luput | samar ambalabar | babar budi ngèsthi dhiri | wadi-wadi kawadaka tanpa daya ||

37. dayèng kumprung kuthung cingkrang gayuh suwung | ati cinipta Hyang | murang sarakirèng nabi | klengga nata kadaluwarsa budyala ||

38. kang kadyèku dika maido pitutur | karan guru ngrusak | murtat lir kapir Yahudi | Nasarani netah malêbèng naraka ||

39. sasar susur slusuran ki guru gasruh | pêtêng tan pêpadhang | anglalu rêjasèng juti | dika marid marang murid ngayawara ||

40. nguni sampun lupiyane kala kratun | Dêmak wontên bidngah | pinatenan [pina...]

--- 470 ---

[...tenan] dening nagri | Kyagêng Pêngging Dayaningrat ngrusak sarak ||

61. Pangkur

1. mungkur mung arda walepa | budi dama mahya ngèlmunta kidip | katampan dening wong bingung | ngungun nganggêp sanyata | dèn antêpi dunya tumêkaning besuk | sasar susur byang-êmbyangan | tan wêruh kawruh kang muksis ||

2. nadyan cikla-ciklu sira | mahabrata nèng madyaning wanadri | baksana brêbêkan kayu | yèn dika datan wikan | jroning wandanira kang jumênêng idhup | kadya ngincêng[13] tanpa soca | sasare sopanèng eblis ||

3. apa nora gêtun sira | bêkakrakan cacad têkaning pati | tapane nir tanpa kusur | kagawa malading tyas | ngubalakên păncadriyanta kapencut | rêrupaning dunya gumlar | ngapus kramaning lastari ||

4. eman têmên mahabrata | dene maksih kênèng panggodhèng jajil | jajalanat jroning kalbu | ngubungi tyas kasasar | sira têtêp munapèk kang baelatun |

--- 471 ---

ăngga pangawak giyota | mung miturut juru mudhi ||

5. nora wurung prau pêcah | yèn katanggor sela gung parang curi | punika upaminipun | badan manut tyas nasak | murang marga èstu sikil ajur mumur | kawadis kang nora kuwat | kadim tanpa ika iki ||

6. kang yogya upami carma | tinataha pinulas amangrawit | supaya katona bagus | yeka ngamal klakuan | nora nana wong nglairkên alanipun | tansah pinulas pinrada | sinimpên rêgêding budi ||

7. mung bijaksa nawung kridha | kang waskitha marang rêgêding ati | ala yogyane kadulu | katăndha solah bawa | kasat mata têtela durtaning kalbu | marma ywa mungkir rasakna | urip nèng marcapadèki ||

8. aywa ngêndêlake tapa | yèn durung wruh jro wandanta pribadi | jroning musakab asung wruh | waman ngarapa napsa | katngarapa rabahu pardikanipun | sing sapa wruh ing sarira [sari...]

--- 472 ---

[...ra] | têmên-têmên wruh ing Widhi ||

9. măngka sun liling sun sawang | dika maksih wuta tan wruh ing jisim | yeka kang mawèh kayungyun | ing tyas dur mrih tan arja | maridakên ing ngèlmu culika apus | sabên sona tămpa edan | majênun kagèndèng silib ||

10. dalil Kuran tan ingalap | amung ngèlmu karang kang dèn antêpi | mrojol saking watonipun | kiyase tan kasrambah | têmah ngathik angêthukkên mamrih bujuk | marma sulaya lan para | ngulama ing tanah Jawi ||

11. wau ta srênggala dwija | prastawèng tyas mring pangundhating kancil | mubaling păncadriya wus | lir bramastra saksana | ngrêda dhrêdhêt kumêdut padoning tutuk | kabasmaran ponang nala | puaddul jakiyah basmi ||

12. lir tinêpak kanang muka | gêtêr kêtug jiwangga wus dadyagni | anala mubal gumrubug | saking tri kanapsonnya | ati siri sanubari mèh kalimput | bab sabda arda walepa [wale...]

--- 473 ---

[...pa] | wimbaning ling radèn kancil ||

13. bawuring cipta srênggala | ciptanira yun tiwikrama wrêdi | mêkar yayah mahamèru | sirna ciptaning tapa | nêdya musthi prêmadi tikswaning siyung | tumulya ki uwa-uwa | trangginas waskithèng wèsthi ||

14. sigra maju ngraup pada | manuhara mriyêmbada ngrêrintih | waspanira sru kumucur | ature kadiparan | datan wande bumi langit dados awu | yèn paduka tiwikrama | samênit datan ngudhili ||

15. yakti brastha tanpa sesa | ingkang sabar anggèr sampun kagalih | owêl dibyanta kang komuk | kontab sajagad raya | paduka wus kaloka yèn maha wiku | lamun kanapsone cêpak | badhe tan tumêngkar wuri ||

16. wêlasa mring surya căndra | bumi langit saisine sakalir | punika tan milu-milu | yèn padukarda duka | nglêbur jagad adhuh sang pandhita sampun | dwija sona duk miyarsa | aturing pangulu kakim ||

17. sirêping [sirê...]

--- 474 ---

[...ping] driya wikrama | dyan sinamun gêtun durung nglakoni | wus mangkono maha wiku | kang pratamèng wikara | analăngsa ing nala maring Hyang Agung | sinamun ing samudana | mèsêm-mèsêm ngandika ris ||

18. mring kancil kang ambêg nata | pasrangkara sèwu tarima mami | nuhun-nuhun satus èwu | jandika nguman-uman | awit kula tinimbalan tan cumundhuk | kula prasaja kewala | kagaliha kang sayakti ||

19. lan malih dika jawaba | ingkang cocog duga watarèng ati | sampun kantos salang surup | rèhne sami sarjana | bokmanawi jandika wus tan pakewuh | badhe pitakèn kawula | ing tyas danurjèng kara di ||

20. kula kintên lamun wignya | anjarwani sathithik wus ngiribi | kang kula gulang kula glung | nalar kang satus yuta | salaminya dèrèng wontên bangkit ngêcup | kajawine amung dika | kang wus wicaksana murti ||

21. jandika madêg narendra | amisudha pangulu jaksa patih [pa...]

--- 475 ---

[...tih] | nêtêpi ugêring kratun | adêgirèng karatyan | ngèmpêr-èmpêr mirip pranataning ratu | balik dika paripaksa | kumawani tămpa dhuwit ||

22. pajêg bumi desa-desa | saha wani nampani bêras pari | dene doyan pinisungsung | dika tan nyithak sawah | datan nandur pucang tirisan tan macul | enggak-enggoking kêdhokan | sacluwik datan udani ||

23. lan etungirèng cêngkalan | apamanèh keblating grad tan uning | loh cêngkare dika tan wruh | prandene mupu beya | mubêng mingêr salin-salin ambêbingung | pikulan lan pananggalan | pêthuk panămpa wilah wlid ||

24. krigaji sangon pasilan | plungguh saha panêtêp warni-warni | tulungan lan gugur gunung | jatine ngarah arta | dhistrik dêmang cinadhang kluputanipun | dika datan karya arta | parandene mundhut dhuwit ||

25. talèn wukon rupyah sêmat | kêthip kêlip benggol [benggo...]

--- 476 ---

[...l] sèn tuwin bribil | kangjêng guprêmèn sadarum | ingkang yasa punika | pantês lamun para residhèn kang mupu | kuwasane rad Hindiya | rèhning wus rumăngsa kardi ||

26. wangsul kancil pakênira | paripaksa mundhut têbasan dhuwit | hèh sababna bab puniku | supaya padha trima | aywa kongsi gêrantês sêriking kalbu | yèn dika tan asung jarwa | têtêp datan aran dhuwit ||

27. puniku kringêt lawan rah | mondhong mikul wong desa luru dhuwit | nêdya kinarya tur-atur | pamundhuting parentah | wangsul ingkang nampani napa tan gêtun | mêrês gêtihing sasama | kringêting sami dumadi ||

28. punapa tan darbe wêlas | ngêtus kringêt daging gêtihing kuli | kadospundi awitipun | jamane kuna-kuna | dene wontên lampahan kadya puniku | rèh jêngandika tan ngodrat | bumi banyu gêni angin ||

29. yèn dika kang gawe jagad | lan turuning jawah saking wiyati | dika kang ngodrat [ngodra...]

--- 477 ---

[...t] tumurun | kula wus datan tanya | dèn ta mundhut pajêg lan sadaya wau | măngka kancil nora pisan | dadèkkên gumlaring bumi ||

30. pangintên kula jandika | kadadeyan padha bae lan mami | tan beda lan kuli dhusun | sami akayun kayat | păncadriya datan pae ananipun | dika tan wêruh Hyang Suksma | kuli tan uningèng Widhi ||

31. sipatnya rong puluh padha | botên beda tăndha lamun sasami | dene dahat kumalungkung | mêmundhuti ardana | salin-salin panjaluke supayantuk | dadya panjêriting jagad | orêg mandhala sru gonjing ||

32. yèn bumine tan micara | kèhing kewan kang jêrit sasat bumi | rèh asale saking lêbu | lah punika rasakna | yèn wus têrang pancasên aywa anggasruh | prakara pamupu beya | supaya nrima wong cilik ||

62. Asmaradana

1. kasmaranira tan sipi | dènnya pinrês kringêtira | kasirnakna panggrêsahe | narakarya [nara...]

--- 478 ---

[...karya] patrol rundha | katêmpuh rumaksaka | rina wêngi bau suku | tumindak nglakoni prentah ||

2. lamun dika datan bangkit | mêdhar pitakon punika | sampun dika madêg katong | yogyane dadya ojogan | nyênyunggi mring Samarang | sathithik druhakanipun | nora ulah kawruh byuha ||

3. wajibing nata mêruhi | byuha kartaning buwana | yèn tan mangkono wong dhèglèng | glelang-glèlèng ambêg nata | jinunjung winiwaha | yèku narendranirèng dus | kancil ingkang kaya sira ||

4. lêlêthêg durtèng pakarti | ratuning nisthip paragak | musibat lanat kalbune | kumawawa gunardika | paksa sudirèng jagad | jatine durta rèh bujuk | kuthip nrèthèk tharuthukan ||

5. kelasèng rat glahing bumi | dudu jamak nata tama | kodhêng patakon mangkono | pirabara naradipa | bangkit maluywa praja | byuha byakta ginulang glung | adil karta wisnukara ||

--- 479 ---

6. priye yèn sira tan mruhi | cupêt ngasta Witaradya | dudu pramodaning katong | tumpang-suh angayawara | puwaraning ru-ara | sabarang karsa dhinaku | durung wruh peranging nata ||

7. puniku sual sun kancil | sun karya pasal sapisan | dene ingkang kaping pindho | kula pitakèn jandika | pakênira sinêmbah | dhumatêng samaning makluk | gêng alit mèstu sumarah ||

8. samyajrih myang nganggêp gusti | awit ngaku klipahing Hyang | jumênêng wakiling Manon | mêngku adil kukum ngakal | kêcap mangap Suleman | kudhung walulanging kuwuk | sabên bocah cilik eram ||

9. lan malih dika sêngadi | antuk buslit pasèt Prasman | gosok barliyan mancorong | ngaku paringing Pangeran | malekat nidikara | tumurun maringkên wahyu | wahyanirèng drajad kobra ||

10. kula tan gugu sayêkti | wit miturut dalil Kuran | malaekat datan katon | apamanèh Maha Mulya | tan kăntha warna arah [a...]

--- 480 ---

[...rah] | kacakra nèng jisim dudu | la jamana la makana ||

11. walalidin walanidin | waladihni la karija | pasthi pandhakunta goroh | ngakwantuk ganjaraning Hyang | sayuta doracara | ngapusi silaning ayu | nasarkên maring kang wuta ||

12. prajahlu bodho wêdyasih | nganggêp puja-puji sêmbah | puniku palsu dayane | juptak kêthèn wêndran yutan | wong ngaku ratu gampang | lah êndi wajibing ratu | paring walês marang wadya ||

13. anèng nuswa pada iki | yogyane asih sasama | măngka dika gawe bodho | tan wruh pêpacuhing kitab | têkên sudarsanarja | parandene têka limut | tan mèstu cêgahing Kuran ||

14. mungguh kèdhêping kumêlip | kang warna buslit Nèdêrlan | intên barlliyan lètêr W | punika sèwu dupara | bagjane kênèkêr glas | ngaku sinihan Hyang Agung | wus têtêp yèn ngapus krama ||

15. nadyan anaa kang bêling | mokal lamun tanpa sangkan | gumlindhing atinta

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Grafik]
Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Ingkang kaping X ing nagari Surakarta.

 


loro. (kembali)
batine. (kembali)
kang. (kembali)
Lebih satu suku kata: sanadyan wong sudra papa. (kembali)
mangke. (kembali)
wrêka. (kembali)
kinèn. (kembali)
ngalekum. (kembali)
gunung. (kembali)
10 Biasanya guru lagu a. (kembali)
11 Kurang satu suku kata: jumêgur satanah Jawa. (kembali)
12 Tanggal: Jumungah Paing wolulas (18) Ruwah Jimawal: gati sirna pujăngga ya ta kocapa (AJ 1805). Tanggal Masehi: Jumat 8 September 1876. Lihat: Tanaya (1959 hlm. 219). (kembali)
13 nginjêng. (kembali)