Kancil Kridhamartana (Bagian 4), Buning, 1912, #891

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Kancil Kridhamartana (Bagian 1), Buning, 1909, #891. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita
  2. Kancil Kridhamartana (Bagian 2), Buning, 1910, #891. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita
  3. Kancil Kridhamartana (Bagian 3), Buning, 1911, #891. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita
  4. Kancil Kridhamartana (Bagian 4), Buning, 1912, #891. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita
Image

Sêrat Pananggalan

Ingkang kaping 28

Kangge ing taun Walandi 1912.

Miturut pananggalan ingkang kawêdalakên Kangjêng Guvrêmèn

Kaêcap sarta kawêdalakên ing gêdhong pangêcapanipun pakêmpalan among dagang, rumiyin nama H. Buning, ing nagari Ngayugyakarta.

--- [0] ---

[Iklan ---

--- 481 ---

gêdhe | tan wruh gunaning pisaca | gêgèndèng manjing nraka | inganggêp saking Hyang Agung | Allah trêsna marang sira ||

16. lamun anaa Hyang Widhi | pasthine tinitah padha | yèn tan anaa Hyang Manon | apa sababe sulaya | gêdhe cilik bineda | sugih miskin ala bagus | bagya cilaka sangsaya ||

17. tumulya pasal kaping tri | kula mangke atêtanya | mangkatên jarwakna age | ingkang têtela satmata | bab kawruh jêngandika | pundi sajatining ngèlmu | ing pundi kang dipun puja ||

18. puji-puji rina wêngi | kang gumêlar tatèng sarak | winor yudanagarane | kukuh karsane jêjarwa | mangkatên kula tanya | kewan kadadeyanipun | amêndhêt saking punapa ||

19. sampun dika pêthèk wadi | madi mani maningkêmnya | kang sarta sampun pinêthèk | bumi gêni angin toya | puniku catur bocah | goroh tan kenging ginugu | gêgandhulan kawruh kuna ||

20. kadadehaning [kada...]

--- 482 ---

[...dehaning] kumêlip | ingkang sipat kayun kayat | lah saking pundi sakane | nuli tumitah nèng dunya | rumakêt pôncadriya | kala bayi têkèng sêpuh | punapaa sangêt beda ||

21. dika kala maksih bayi | tan wruh satunggal punapa | pangambu pangrungu kothong | paningal tuwin panabda | sêpi sonya tan ana | nadyan angên-angên suwung | tan ngrasa darbe jiwangga ||

22. sawusing antara ari | dika wruh yèn darbe kayat | kayun sapanunggalane | pôncadriyanta rumantya | yèku sabab punapa | jawabên kang têrang têrus | cocog lan saksi tandhanya ||

23. darbèni daya linuwih | angên-angên kinawasa | lah saking pundi sakane | duk jabang ika tan ana | dika pribadi priksa | kala maksih jabangipun | tan wruh sawiji punapa ||

24. maksih tunggil pasal ping tri | bab uriping janma kewan | saking punapa sababe | uripe saking punapa | patine krana

--- 483 ---

apa | sabên dina longing umur | tan karasa mungguh dika ||

25. puniku lah kadipundi | babarên pitakèn kula | nyawa siyang ratri kalong | pundi ingkang datan owah | pundi kang klêrês suda | Kancil Mongpraja wus kasub | patute baud narbuka ||

26. sampun dika pêthèk angin | punika pikukuh iman | kêmladheyan nunut bae | jèrèngên ingkang têtela | cature wong sarjana | nora ewuh manjing kalbu | jro nala luwih narima ||

27. pasal kaping catur mangkin | anggèr pitakèn manira | lêlakoning laku elok | ugi jarwakna kang têrang | sabab dening punapa | gumêlar kabèh ing wujud | ing têmbe sadaya sirna ||

28. ingkang kaping lima mangkin | manira tanya mring dika | nèng akirat urip manggon | ing pundi sasananira | punapa nèng kuburan | punapa midrawa mabur | ngawang-awang rawismara ||

29. punapa malêbèng jisim | murda sapangandhapira | punika gusthika [gu...]

--- 484 ---

[...sthika] bosok | mumur sadaya susawa | punapa malbèng netra | ing kôntha warna dumunung | manjing mring abra markata ||

30. pinggir putih sêmu kuning | têngah biru byar katingal | byar ilang ana ing kono | nuli tumanggal manjanma | nuksmèng putra narendra | rêjasa rahsèng tumuwuh | pêrêsan jalu wanudya ||

31. sorog pandam surya crêmin | wayangan mayôngga seta | wus dene wêwayangane | darusalam kang sasana | mungguh wong ahli rasa | punapa manjing ngadêbun | danbi manggih buwanarja ||

32. pundi kang dipun dunungi | tuduhna kraton ngakirat | kang sarta katon samangke | ywa kacakrabawa kira | bênêr luput tan wikan | saka warsitaning guru | kang ginugu punggung mudha ||

33. kaping nêm patakon mami | palêthèking surya wetan | sore surupe mangulon | punika sabab punapa | tuwin malih rêmbulan | yèn maksih nom krowak dhuwur | yeka kalingan punapa ||

--- 485 ---

34. mangetan lakuning sasi | dene mangulon sirnanya | saking pundi daya wite | jarwakna ingkang têtela | tuhu yèn Amongjagad | saha malih kula yun wruh | pundi têngahing buwana ||

63. Dhandhanggula

1. madubrata di watêsing bumi | jamake wong aran Amongjagad | pasthi wruh ing dunya kabèh | ywa aran mangkonèku | lamun datan bangkit sung jarwi | têtêpana aranta | kang krungu tan mêsgul | dika aran Amongjagad | ingsun kira saglêpung pinra sakêthi | durung wruh têgêsira ||

2. ciptaning tyas pikirmu pribadi | Manon bawa bawani buwana | ananging kawruhe rèmèh | anggêpe rat ginulung | myang misudha pangulu patih | jaksa rukuning krajan | saha ganjar payung | putih kuning mawa prada | undha-usuk gêdhe-ciliking palinggih | sun kodhêng jarwakêna ||

3. lan jèrèngên pasal nêm ing nginggil | nênêm wau kang titi trang nyata | sun kira datan kawêngkèn [kawêng...]

--- 486 ---

[...kèn] | dadya ngèngrèngan sunu | trah-tumêrah ing dina buri | kawêntar kajuwara | sampurna ing kawruh | kaanane winatara | patang kêndhang kartase durung nyukupi | maksih luwih carita ||

4. sun narima ringkêsan bae wis | karya grenda budi ingkang papak | kêthul mingise wit kiye | nanging sirèku tamtu | siji bae durung udani | kodhêng bingung mak-makan | judhêg pamikirmu | sacuwil tan bisa buka | yèn bisaa sasat ngèlmuningsun uwis | dumunung anèng sira ||

5. ananging sun watara sirèki | ewuh pakewuh nuwuhkên tuna | nadyan kawruhira akèh | bab sampurnaning layu | miwah ngèlmu sampurnèng urip | nanging ta durung pisan | bab iki yèn gayuh | wêruh manèh yèn wêruha | krungu lagi iki sual sun nêm warni | dahat ambrastha prana ||

6. ingkang gugu kawruhmu wong pingging | pantês têtêp luluh lalu nrima | kagèndèng bodho atine | bisa wruh datollahu [datollah...]

--- 487 ---

[...u] | kakekating kewan kaèsthi | èsthining tyas wus nyata | nora wruh kêpaung | wus jamake kewan tuna | angantêpi kang dudu dinalih yakti | beda lan Manon bawa ||

7. nadyan yakin kudu kanthi saksi | maksih binudi dayaning rahsa | duga-duga prayogane | yèn wus kusus tyas maksut | dyan kiniyas jamak murtyadi | tan gugu wêjanging lyan | tan maido tutur | kabèh pinanjingkên nala | nora lali ala bêciking pakarti | karan wong wicaksana ||

8. duk samana kancil dupi myarsi | sualira sona nêm prakara | brastha netya nglong ciptane | wus rumôngsa tan gayuh | sandeyèng tyas kancil kapati | jêngêr sapta pandurat | nrantang linglung limut | sru mêmudya rawismaya | mandrawasa yayah supêna nèng kathil | bab widakdèng patanya ||

9. widik yayah rawismaya murti | ngartikèng tyas tuhu dwijotama | kusus bauding pitakèn | mangkana tyasnya tuwuh | sayogyèngsun manganor dhiri |

--- 488 ---

talabul ngèksi kara | karananing idhup | murih wahyaning wasita | dunya ngakir yakin kanggo ngrika-ngriki | nulya arsa mangrêpa ||

10. jlog tumurun saking gyaning linggih | silakrama asta ngapurancang | Kancil Mongpraja ature | adhuh murtining wiku | kawruh amba sampun brastha nis | samênir tanpa nalar | wit sual pukulun | kang ngêbêki bumi kasa | amba nyuwun lumungsur wibawèng aji | narimah nilas karsa ||

11. prajèng Gêbangtinatar samangkin | jaksa patih pangulu myang wadya | kang mudha punggung ing mangke | kastaa sang dibya nung | pralêbda mring Suracalardi | ngatas rèh samahita | wimbanirèng wuruk | tata silèng madyapada | jêng paduka kang sayugya ambawani | wibawaning bawana ||

12. bawanipun amba maksih pingging | gampil têmbe yèn sampun prastawa | tatas titising pangêrèh | amba nyuwun sumambung | suhunaning prajarjèng Jawi | sigra pra wadya murda | para pinisêpuh |

--- 489 ---

kyai pangulu wa-uwa | sardula myang rangutan kêthèk anjani | kang dhèrèk mangun basa ||

13. samya ngaras padane sang yogi | matrapakên silakrama arja | rèh gustine wus katitèh | mirut dibyèng ratwagung | marma para punggawa sami | tan ana ingkang mrêngkang | kabèh marikêlu | tundhuk griwa nor bantala | nguncup asta mangatas karaning urip | ing kangjêng nayakèng rat ||

64. Maskumambang

1. lir mas kentar sang dwija wahyanirèng sih | lir glas tibèng sela | kumêpyur sajroning ati | malat trisnaning wardaya ||

2. dupi mèksi sila damanirèng kancil | mabukuh krêpana | muka lir konjêm pratiwi | saha wadyabalanira ||

3. dwija sona kogêl koguking panggalih | mring kang mêlas-arsa | tôndha kancil tyasirèki | tuhu widagdèng wêweka ||

4. mahabrata tan kilap waskitha titi | sajêroning prana- | nira Kancil Amongbumi | dènnya masrahkên nagara ||

--- 490 ---

5. lêga rila nulya sona nabda aris | dhuh sang abipraya | kang bawani bawana di | misudhèng sihing sasama ||

6. prayogane tutugna ingsun byantoni | mêngku witaradya | wahyaning wahyu kobra ji | ratwagung lajêring dunya ||

7. amasesa sèsining kutu kumêlip | yèn sira tan wignya | wajibing ratu mumpuni | bijaksa rèh samahita ||

8. lan patakon ingsun kang nênêm prakawis | iku sèwu gampang | mung angèl kalingan budi | nglangut sopananing cipta ||

9. kang nukarta rumakêt rasika wêrdi | tyas mandanumaya | tumêmpuh jamuna rukmi | midrawa pancêring nala ||

10. iya iku panjuta tan kênèng pati | sutarta jiwangga | de urub-urubing gêni | netra karna gônda rasa ||

11. kang minôngka sunarnya sajroning ati | lah anggèr rasakna | ngungkuli hyang bagaspati | jatine sajarwotama ||

12. kang dadya nur karna netranta pribadi |

--- 491 ---

winatarèng duga | prayoga dadi sasaring | padhang trang lir kèkêr Prasman ||

13. patanyèngsun nêm pasal kang bakal dadi | adining kasmala | subrastha yèn wus kawarti | lamun sira bisa tômpa ||

14. luwih ewuh wastra baksananing ati | tan liya pêpadhang | kang pôncadriya rumanti | pirantining madyapada ||

15. jiwa raganira maksih kurang budi | kalingan pêpadhang | swara kapêpêtan kuping | uripmu masih prasaja ||

16. kancil matur adhuh sang pramodèng rêsi | amba mèstutyarja | paduka ulun aturi | têdhak dhumatêng mudraka ||

17. ing nagari Gêbangtinatar sang rêsi | manggut waskithèng tyas | trus trang jiwangganing kancil | dènira masrahkên praja ||

18. ananging sang rêsi dahat tan ngrujuki | mung sarjuning driya | suyati yun misêpuhi | birat rajah kalacakra ||

19. nulya jêngkar samana murti kêkalih | kang môngka manggala | dèbi arimba arimbi | jajari wisatèng wuntat ||

--- 492 ---

20. ki pangulu uwa-uwa myang ngulami | tumutur ing wuntat | jajar lan srênggala cantrik | ajag angsang kikik wawar ||

21. Radèn Amongpraja jajar lan sang rêsi | dupyarsa kawuntat | kancil tinarik jajari | sasêtrip mètêr tan pisah ||

22. elur sêlur tan sêlang-sêling apdhèling | golonganing lampah | tan kêna kasêlan siji | yayah lakuning widakda ||

23. tan winarna ing marga samana prapti | tumamèng kadhatyan | lunggyèng dirgasana rukmi | dwi umaksi purwantara ||

24. duk samana marêngi ari Rêspati | ing môngka kartika | Silapangga punang warsi | etanging surya sangkala ||

25. swara anrus panagan sumôngga mugi | sami kaetanga | panggihing wrêka lan kancil | pintên taun praptèng mangkya ||

26. sigra-sigra kyana patih jaksa èsthi | waskithèng pamawas | gustine wus eka-kapti | karweka mring ngabyantara ||

27. mandhadhap plêg laku dhodhok ngarsa sang dwi | manthuk murti

--- [0] ---

[Grafik]

Amongpraja, sang dwija sona, sawadyabalanipun [...] praja Gêbangtinatar.

--- 493 ---

karwa | patih jaksa dyan ngabêkti | sampeyanira sang tapa ||

28. iya iku pêpatih dadi panarik | mulang trapsilèng lyan | sêmbahe minôngka crêmin | marma sadaya punggawa ||

29. kanut marang pangabêktinirèng patih | nulya narapraja | wrata sadaya gêng alit | istha tatanirèng janma ||

30. wusnyantara wau Amongpraja ngliring | nandukkên nayana | patih tampi sasmita ji | alon marêk pasang karna ||

31. Amongpraja andhawuhi kyana patih | rêngên kartipraja | dhawuhna sagung kumêlip | ing jurang trêbis wanarga ||

32. yèn samêngko wimbamaning partisara di | dwijèng Suracala | sun junjung luhur wêwangi | Panêmbahan Juruwarta ||

33. amartani siswa pawiyatan nagri | ing Gêbangtinatar | tuwa anom gêdhe cilik | ngatas pajaraning gêsang ||

34. panêmbahan pardikane kang pinundhi | sinêmbah ing kathah | ratu pangulu pêpatih | jaksa arya kulawarga [ku...]

--- 494 ---

[...lawarga] ||

35. para wadya kang sumewa saur-paksi | mantrastutyèng karsa | suka sukur angamini | santosanirèng parentah ||

65. Sinom

1. mupakat prentah sri nata | kabyawara sanagari | pra santana ingkang seba | rêsi ajar ingkang mrêgil | wus sami angèstrèni | partisaranya sang wiku | jumênêng panêmbahan | wênang sinêmbah sabumi | para taki para tapa sukur suka ||

2. samana Sang Panêmbahan | Juru Martani pinundhi | sinung suyasa satunggal | anèng sakulon cêpuri | rêspati singit sêpi | mênggêp pasênêtan wiku | dene murid srênggala | ajak angsang wawar kikik | ingkang kèri nèng wukir wus samya seba ||

3. samya ingupami srama | ana winisudha linggih | kapangkat sapantêsira | dadya dwija rêsi-rêsi | indhung manguyu cantrik | kang maksih muja nênungku | kèh kadanan pradana | lumintu ing sabên sasi | marma sagung srênggala ngajap sumantra ||

4. samana alama-lama [ala...]

--- 495 ---

[...ma-lama] | siyang ratri nganor budi | Mongpraja mring sang sinêmbah | inganggêp ayah sayakti | sadarpa amangudi | dining kawruhing tumuwuh | gunarjaning prajarja | sadu parikramaniti | ambawani wibawa buwana kobra ||

5. nuju ing ari sajuga | Mongpraja sowan sang rêsi | nyuwun sih lunturing jarwa | babare sual nêm warni | kang nglimputi tyas pingging | mangkana Mongpraja matur | adhuh sang panêmbahan | amba minta wahyèng budi | pranawamba yun ngungkuli diwangkara ||

6. lir sabda tuwan kang mimba | gurendaning ati budi | kang cukul pôncapranawa | amba yun têrang rumiyin | panguwaling karna dwi | netra grana tuwin tutuk | yèn punika wus têrang | umanjing kulunging ati | kumacèlu ring wahyèng warsitotama ||

7. ananging pangintên amba | datan sagêd anampèni | rèh kawistara ing wêca | mêmêt nyamut amêtêngi | marang kang dèrèng tampi | cupêt manah ingkang cubluk | ewadèntên tan wênggah [wêng...]

--- 496 ---

[...gah] | sabab paduka payungi | anênetah nuntun lumpuh midêr ing rat ||

8. ngandika sang juru warta | bênêr ujarmu malarsih | aturira gèndèng trisna | nênarik wahyaning jarwi | punang kawruh sajati | sun kira sira anyakup | sukur sèwu ing nala | bakal warsitèngsun dadi | lah bukakên anggèr pamirêngmu karwa ||

9. karna netra darbe daya | ing swara tan wujud kèksi | têmpuh sampyuh lir cancala | manjing sajêroning budi | dadi jumênêng ati | ing kono ana maujud | aran tirta nirmaya | banyabanyu kayat midrèng jisim | lah ta iku kang bangkit liring panêdya ||

10. sajêromu ana napas | manjing mahyèng netra kuping | ingkang datan darbe karsa | datan krasa ngêlak ngêlih | waras utawa sakit | kang darbèni karsa banyu | manjing panguwal driya | nampani sabarang kalir | nanging kudu kanthi dayaning udara ||

11. têgêse udara hawa | hawa basane ing Arbi | wong Mlayu aran udara |

--- 497 ---

wong Jawa tan darbe nami | kasêbut wangwung kaki | lirnya wangwung iku suwung | sajatine udara | angin ingkang nora mosik | nanging asung nikmat mratani sajagad ||

12. sadaya kang aran gêsang | antuk hawa mahya manjing | manuksmèng nupus tênapas | nêmpuh tirtaning kayati | lir kang wus kocap ngarsi | tanpa pangrungu pangambu | dene warnining hawa | datan kakung datan èstri | midêring rat nanging dinumuk tan kêna ||

13. marma pra guru mèh wrata | iku dèn anggêp Hyang Widhi | kang mangkono durung muhtas | kang tatas sarta patitis | tan arsa nganggêp yêkti | kajaba muhung pikukuh | urip olèh udara | tirta maya plas nampani | wus têtela manjing purbèng pôncadriya ||

14. udara nglêlantih nala | nikmat trangginas nampani | ngambil pangrungu pamriksa | kadayaning hawa luwih | kuliling midêr jisim | angên-angên kuwat kukuh | jênêngkên solah bawa | dadya panyananing ati |

--- 498 ---

kabèh-kabèh hèh ta kaki rasakêna ||

15. napas nupus myang tênapas | anpas nanging seje margi | lah iku asale tunggal | kang seje mung banyu urip | khayati dunya kaki | têmbung Arab wus kalaku | midêr midrawèng raga | dalah pranawanta kaki | ambu rasa pangrungu lawan pamriksa ||

16. akèh kang kumpul satunggal | uga akèh kang tan tunggil | mangkono kodratul rahman | rina wêngi mèt pamyarsi | saha mamèt pangèksi | ngupa pangucap pangambu | dalil kitab muhtasar | pôncadriya darbe pamrih | muhung napas kang tan milu apa-apa ||

17. mung dadi pikukuh iman | myang pikukuhing sipati | lêbur yèn tan ana napas | subrastha wor asal bumi | dayèng khayun mumpuni | marma ran sipata siku | têgêse kang karya sah | kabèh ananing dumadi | jumênêngkên marang sipat kalih dasa ||

18. lan manèh wêruha sira | kewan iki awit bayi | praptane samêngko uga [u...]

--- 499 ---

[...ga] | maguru sasami-sami | guru ginuru kaki | nini saha bapa biyung | tan pae lawan sira | titènana kang nastiti | kang narima pintêr tuwuh saking liya ||

19. Amongpraja aturira | kasinggihan jêng sang yogi | panêmbahaning sadunya | amba sèstu sampun tampi | namung nêrang sakêdhik | bab kayat dunya gènipun | tirtaning kang nirmaya | parnahipun ingkang pundi | dahat kodhêng kawula mêminta jarwa ||

20. Sang Juru Martani jola | o o siranggèr patitis | bab iku sèwu tan kêna | guru tan wignya sung uning | gumlèthèk nanging wêrit | lah coba ingsun awèh wruh | pasêmon tampanana | uninong aning ununing | aning unong uninong aning anana ||

21. lah iku kaki gonira | saksi netyasmu pribadi | kewan arang ingkang wikan | sanadyan kang nulis iki | ngrêncana ngathik-athik | ingsun kira durung wêruh | jaba asu jlagêdhag | kang brata Suracalardi | Amongpraja trusthèng [tru...]

--- 500 ---

[...sthèng] tyas nungkêmi pada ||

22. ing kangjêng mardika brata | kancil gêtun dènnya urip | dupi minum punang tirta | purbèng napas miwah pikir | têrang wus tanpa kardi | sawusira minum wau | kancil matur wotsêkar | mangkyamba sampun udani | siyang ratri kalonge nyawa kawula ||

23. bilih makatên kawula | nyuwun gêsang datan olih | nyuwun pêjah datan angsal | awon sae sugih miskin | sakeca mulyèng jisim | nyuwun tamtu datan antuk | sakadarnya kewala | pasthi punika nututi | têtelanya manawi sampun kawahya ||

24. srênggala sumambung nabda | wus bênêr tampanirèki | murub atimu sayuta | danumaya manjing ati | sranane kayu garing | iyèku angên-angênmu | pôncadriya mirantya | mulad midêr jroning jisim | kang mangkono wus têngaluk warsitarja ||

25. wus wêruh dayaning prana | gônda rasa karna èksi | tuhu mêrdu musthikèng rat | bijaksa manyukrawarti [manyu...]

--- 501 ---

[...krawarti] manyakrawarti | misudhèng sih sasami | bawani buwana kasub | ing jagad kawiryawan | mijèni cukul ing wuri | ing sasmita kawruh kang murti sarjana ||

26. prataksitaning utama | pancêrêting tyas kang mingis | ginrenda dayaning jarwa | mirut kasmalaning bumi | tulus midana juti | baud ngulah kawruh kusus | salawas sun tan wignya | mahyakkên sajarwa luwih | ingsun tulis ing kartas lagi punika ||

27. para siswaningsun sona | ajag wawar asang kikik | pawiyatan Suracala | durung ana kang sun dumi | panguwal netra karni | para ngulama myang jamhur | durung mirib lan sira | nadyan wus tumraping dalil | parandene sayuta siji kang bisa ||

28. lawan malih anggèr sira | durung kongsi sun jarwani | pêpacanganing agêsang | sida seda saking urip | sira wus mèh ngênggoni | praptaning sasana luhung | mung sasiliring bawang | jroning kanjanmahpiyani | sira kaki uning anong uningana ||

29. prataksitaning utama | bangkit [bangki...]

--- 502 ---

[...t] mèt prana malarsih | ing liyan maharjèng kara | kranarda sira mangudi | tambahing kawruh murti | lêpiya di kang wus maksut | sukur anggèr ciptanta | tabêri ngatas sajarwi | nora merang ngênorakên jiwaraga ||

30. yayah kasmaran wanita | mring barang wuwus sun kaki | kabèh kang wus manjing cipta | Amongpraja matur malih | dhuh sang sudibya murti | sadaya èstu kacakup | tumanêm manah amba | namung wontên kang tan uning | bab udara têmbungipun Ngarab hawa ||

31. nyuwun mugi katêrangna | supados sagêd naksèni | rèh sadaya ngèlmining Hyang | kêdah sumêrêp sajati | yèn datan wrin sayakti | tamtu datan aran ngèlmu | atasing Manon bawa | sadaya wimbanirèng ling | kêdah uning datan ngawag ruwag-ruwag ||

66. Asmaradana

1. kasmaran ing tyas sang rêsi | myarsa ature Mongpraja | nabda hèh ta sira anggèr | bênêr pangatasmu priksa | katranganing udara | supaya nrima atimu | têrange [tê...]

--- 503 ---

[...range] dayaning hawa ||

2. obahe udara dadi | angin midrawa ing jagad | kang nora obah arane | hawa dene saksènira | yèn sira arsa têrang | lah age jukuka gêndul | kang kothong kalawan toya ||

3. ing jêmbangan kang mênuhi | nuli gêndul lêbokêna | jungkir bolonge nèng ngisor | pasthi nora klêbon toya | awit jro gêndul ana | udara kêbak ing ngriku | darbèni daya santosa ||

4. banyune tan bisa manjing | nuli gêndul rubuhêna | hawa andêdêl wêtune | blubuk-blubuk suwaranya | dadyangin aranira | mahya saking jroning gêndul | cobanên anggèr ing mangkya ||

5. lan malih jukuka kêndhi | kang wus kêbak isi toya | kang dhuwur tutupên age | nuli cucupe êcurna | pasthi banyu tan mahya | wit hawa tan bisa mlêbu | sabab katutupan asta ||

6. ana manèh kanang saksi | kadayanirèng udara |

--- 504 ---

upamane klênthing kothong | sèlèhna dhuwuring toya | èstune jun kumambang | awit sajêroning êjun | kêbak kadunungan hawa ||

7. sababe udara kaki | anduwèni daya ringan | lire ringan iku ènthèng | tinimbang kalawan toya | marma yèn êjun pêcah | wus tamtu yèn banjur klêbu | rèh wus koncatan udara ||

8. ana manèh tôndha yakti | giyota madyèng samudra | kêna dèn anggo wong akèh | kumambang isi momotan | kongsi akêkoyanan | yèn kenging bancana rêmuk | hawa mendra saking palwa ||

9. giyota kêlêm tumuli | akèh janma kasangsaran | ana tôndha nyata manèh | mina kali myang samudra | sring nênggak ngupa hawa | kabèh kewala kang idhup | santosane saka hawa ||

10. pira-pira môngka saksi | pitulunganing udara | barang suwara malbèng jro | nêmpuh karnaning manuswa | saha kupinging kewan | lakune ngungkuli [ngungku...]

--- 505 ---

[...li] punglu | mêsate saka ing tinggar ||

11. adoh parêk andhisiki | kanyataane mangkana | hèh ta wêruha siranggèr | sun nabda sira miyarsa | awit tanpa antara | nadyan adoh hawa mlaku | sira wus kêrêp uninga ||

12. pistul bêdhêlbêdhil mriyêm muni | katon saka ing kadohan | kumêbul dhisik wêtune | kèri nêmpuhe kang swara | rèh hawa lagi mlampah | praptane manjing pangrungu | luwih manèh kang têtela ||

13. yèn sira micara mungging | omah gêdhong dhuwur dawa | pasthi ana kumandhange | kèri nirokakên swara | tan siwah uninira | poma kang waskitha kulup | wong bijaksa nawung kridha ||

14. panjèrèng sun dhuwur iki | upayanên wuwuhana | takokna mring kang waspaos | aywa merang muruhita | mring pra kridha mardawa | kang kasub widagdèng kawruh | anggèr yogya guronana ||

15. yèn sirarsa wêruh malih | lakuning udara rikat | bisa angungkuli pelor [pe...]

--- 506 ---

[...lor] | coba nalènana kêrtas | gantungên lawan bolah | tumulya bêdhilên kulup | kang parêk pasthi tan kêna ||

16. awit hawa anglancangi | nèng ngarêping mimis iya | tandhane kabur kartase | kababan dening udara | marma kartas kumleyang | têmah pelor tan tumanduk | wus mutamat kawruh palak ||

17. lah anggèr jukuka malih | kinarya tôndha satmata | iku saksi rupa dêmon | uga anancanga kartas | wawasên kang sanyata | tumuli sêbulên kulup | lêmpung tan tumibèng kartas ||

18. titènana bab puniki | klakuan sipating hawa | gêni murub upamane | norantuk hawa pralena | datan dadi dahana | upêt lêbokna ing bumbung | tutupên mati sakala ||

19. myang bisa gawe gônda mis | arum arus mau hawa | akèh kewala tandhane | saksi gumêlaring dunya | watara satus yuta | kuwate kaanan wujud | kabèh [ka...]

--- 507 ---

[...bèh] dayaning udara ||

20. yèn sira lumaku kaki | têtulung nyurung mring sira | yèn jangkah tangan kumlawe | anut dumunung wurinta | kang ngarsa nyingkir piyak | cêtha têtela kadulu | sarana kaca prasana ||

21. udara iku nèng bumi | ujaring pujôngga palak | amung sèkêt pal dhuwure | sadhuwure ora ana | tanpa nêmu kaanan | dene hawa warnanipun | lamun adoh biru tuwa ||

22. iku warnane kaèksi | ananging tan kasat mata | priksanana langit anggèr | kabèh biru warnanira | sayaktine akasa | nglowong nora warna biru | kang biru punika hawa ||

23. tan pae samudra ardi | pinriksa saking kadohan | masthi yèn biru wujude | uga padha lan akasa | myang alas desa-desa | andarbèni dhapur biru | iku thole kang waspada ||

24. aywa ngawur bae kaki | kèlu lalu ngilo mudha | punggung kang cupêt budine | wruh kaanan tan rinêmbag [rinê...]

--- 508 ---

[...mbag] | mung trima lowung gêsang | mring guna kagunan tambuh | tan nêdya ulah bijaksa ||

25. marmane wruha sirèki | biru yèn saking kadohan | wit saking hawa kandêle | darbe rupa biru tuwa | sayaktine akasa | nora darbe rupa biru | bola-bali mrih têtela ||

26. yèn kewan cupêt ing budi | kawruh mangkono tan doyan | dèn arani kawruh rèmèh | ana ingkang nganggêp Allah | anggèr iku wus lumrah | môngka sanyatane dudu | ywa kèlu salah ing cipta ||

27. ciptaning wong mudha pingging | para guru ngèlmu rasa | kang kanggo ing kana-kene | datan liya mung punika | mandhak kang ahli pana | nora pisan wani dumuk | rèh iku wujuding Suksma ||

28. kabèh jarwaningsun iki | kudu têngalukna ing tyas | bêbasan têngalug anggèr | iku têmbunge wong Êsam | kasêbut anèng Kuran | têgêse pamrihing kalbu | ingkang kongsi bisa paham ||

29. apal [a...]

--- 509 ---

[...pal] jaba jêro bangkit | lire jaba pôncadriya | kang yogya lanyah wêruhe | ngupaya têmpuhing swara | nyiram tirta nirmaya | yèku dununging têngaluk | pangudimu ratri rina ||

30. wus kalêbu yèn mumpuni | tabêri saliring guna | èstu murtyanjana kaot | ngawruhi ing jêro jaba | paningal pangandika | pamyarsa tuwin pangambu | wus kasêbut yèn sarjana ||

31. wruhanta sajroning jisim | ana wujud kaya sira | marmane yèn sira sare | tan bangkit mriksa miyarsa | nadyan anaa ula | ingkang mandi nora wêruh | iku tôndha lamun ana ||

32. ingaranan ati eling | nanging dudu Gusti Allah | puniku gurumu dhewe | marma kaki golèkana | êndi kang ngajak nendra | êndi ingkang ngajak idhup | tunggal kang ngajak pralaya ||

33. dene angên-angên eling | mung minta enak kapenak | lara sungkan mati êmoh | wangsul tirta kang nirmaya | adrêng sabarang

--- 510 ---

karsa | nendra tan kêna sinayut | luwih manèh yèn antaka ||

34. sajatine napas eling | mung dadi pikukuh Islam | lah êndi anggèr Eslame | cacade iki kang maca | kang nulis kang miyarsa | nora wêruh êmbuh mau | upayanên kaki poma ||

35. sababe atasing pati | tan ana kang bisa nulak | sanadyan dhoktêr Sêpanyol | Enggris Paris dhoktêr Prasman | kang wus gunarda pana | ngupaya gone tan mangguh | kang aran Islam punika ||

36. yèn santri buki ngarani | ImlamIslam slamêt têgêsira | kyai kang wus lumrah ngakèh | amung kaborong kewala | Islam klimah tayibah | ana kang ngarani makbud | ana kang ngarani pasrah ||

37. mungguh satêmene kaki | kang aran Islam punika | kang nambêlèh kanapsone | kasêbut kitab muhtasar | Islam dabikul nupas | têgêse nambêlèh napsu | wus sah sira ngaku Islam ||

38. Amongpraja matur inggih | cundhuk [cu...]

--- 511 ---

[...ndhuk] lan guru kawula | sajêroning cipta cocog | lêrês sang mardikaning rat | nambêlèh napsu hawa | kadya kang kawula unjuk | uninong aning anana ||

39. mèsêm Sang Juru Martani | iku anggèr kasinggihan | wus madya mêngku kaprabon | pramodaning witaradya | bawani ing bawana | sira wus nyakup wulangun | ing kawruh agama mulya ||

40. wus sun palastha bab iki | kaki ywa kadawa-dawa | mardawa kèh tanpa gawe | mangkya sayogya narbuka | patanya nêm prakara | pasal sapisan sun tutur | mungguh wawênanging nata ||

67. Pocung

1. kang pinucung jaman kukila rumuhun | kene tanah Jawa | manuswa lir pendah paksi | tanpa yudanagara tanpa agama ||

2. nguni rusuh ingkang rosa gêlut ontung | durung ana sastra | wong lagnyana wandanya lir | sato kewan tanpa wisma ngêrong samya ||

3. nuli nêmu busana klikaning kayu |

--- 512 ---

murat sinasaban | baksana wohing warsiki | palawija juwawut jagung katela ||

4. watarantuk laminira sèwu taun | kang jaman kukila | waktu samana wong Jawi | amung bapa biyung kang dèn anggêp nata ||

5. samya junjung pinunjung kurmatan agung | kang sawênèh ana | inganggêp Hyang Maha Suci | nulya ana wong sangsêkrita ngajawa ||

6. amêmuruk sastra agama pikantuk | myang yudanagara | duga wêtaraning urip | nêmbah dewa ingaran agama Buda ||

7. iya iku utusan Brahma myang Wisnu | kawruh sangsêkrita | Hindhu Kling basane Jawi | duk samana wong Hindhu dibyèng bawana ||

8. akèh guru gêgaraning tyas rahayu | kala jaman Buda | misudha lajêring bumi | kang minôngka atining jagad narendra ||

9. marma ratu têmbung Kawi basa Hindhu | kang kanggo nèng Jawa | kalantur kongsi samangkin | sri bupati kanggêp dewa ngejawantah ||

10. waktu iku angadêgkên [anga...]

--- [0] ---

[Grafik]

--- 513 ---

[...dêgkên] candhi watu | ingatur rarênggan | gambar patrakarasidhi | iya ika Barabudhur lan Prambanan ||

11. candhi Sèwu mangetan mangulon têrus | tan ngamungkên Jawa | ing sabrang saha ing Hindhi | luwih akèh patilasan jaman kuna ||

12. luwês bagus watu-watu kang dèn atur | kaki ingsun kira | jaman iki kinèn kardi | niru candhi wus pasthi nora kuwawa ||

13. akèh watu ingkang cinitra sastrayu | isi warsitarja | pêpèngêt nêmbah ing Widhi | supayemut suminggah alaku durta ||

14. dene ratu tanah Jawa wite mupu | beya pajêg lêmah | ingkang rupa pèni-pèni | rajapèni pêpêlikan mas salaka ||

15. rèh janma gung bumi desa tanpa kayun | amung sri narendra | kang dadya waktraning bumi | wus kasêbut jumênêng gustining dunya ||

16. gusti iku angên-angên jarwanipun | tunggal karan prana | atining jagad sakalir | mobah molah karsaning sri naranata ||

17. watarantuk laminira

--- 514 ---

sèwu taun | nulya kabalabak | sangsara gung andhatêngi | banjir bandhang tanah Jawa karusakan ||

18. duk rumuhun Sumantra Burneo kumpul | Sèlèbês lan Jawa | Bali Timur dadi siji | pêcah-pêcah pulo karan jaman tirta ||

19. môngsa banyu lêgok jurang kambah ranu | tan lami tumulya | wong bôngsa Cina ngêjawi | gawa arta rupa gobog jaman kuna ||

20. wismèng dhusun akèh Cina dadi buyut | lirnya kamituwa | nyôngga pajêg ring narpati | bayar gobog sabên kalamôngsa warsa ||

21. kèh kapencut wong Jawa atiru-tiru | mring basaning Cina | kaya pajêg iku kaki | kawruhana basa nyilih têmbung Cina ||

22. wêwalêsmu yèn sira jumênêng ratu | marang narakarya | dèn ta mupu rupa dhuwit | angadili kang padudon rêbut basa ||

23. natrap kukum midana satru jaya gung | kang ngrusak silarja | duskartanirèng sabumi | sandeyane kuli mêminta narendra ||

--- 515 ---

24. kudu-kudu misudha patih pangulu | jaksa rumaksaka | siyang ratri ngupa karti | kongsi lama mamrih ngrabasèng mulyarja ||

25. siji iku minôngka walêsing ratu | walês ping kalihnya | pangulu ilining kali | kang balabar têtanduran narakarya ||

26. sayogyèstu ratu emut siyang dalu | wahyanirèng karsa | budi narmada kang dadi | dêdalane sètubônda rumaksaka ||

27. arjanipun marganing banyu tinuntun | sinung pradanarda | supaya kadadyan mili | lêliruning nata kadanan wong desa ||

28. kaping têlu ratu wruh panggonan siluk | singup limut mulat | rumanti kanthi pambudi | kudu karya sinung malading panjuta ||

29. sikêp bau anjaga jagèng pakewuh | dalan-dalan wrata | karti karêtêg rumanti | kang supaya mlijanu karta kartana ||

30. kaping catur ratu walêse mring wadu | rumaksèng sadeya- | ning kuli kang durung klair | rumaksaka yogya karya tanuhita ||

--- 516 ---

31. dhukun-dhukun kang birat sangsara agung | lire têluh braja | lêlara kang maratani | wêwalês kang kaping lima sri narendra ||

32. kudu wêruh kawula kang lara dudu | malarsih kabrastha | wastra baksana pinaring | para papa pêkir miskin pinisrama ||

33. ping nêm kudu narendra kajibah muruk | wadya puwa-puwa | para rare sayogya ji | karya samahita wong bijaksèng basa ||

34. tanpa gugunggunggung wêwalêse yèn kapetung | rèh pangulah lêmah | mosiking bumi narpati | wus narima wong cilik pinrês kringêtnya ||

35. èstunipun wong cilik kang aran ratu | jumênênging nata | saka kawula wus pasthi | têtêping wong akèh saking sri narendra ||

36. marma kudu gusti kumpul lawan wadu | nora kêna pisah | wong cilik kang angingoni | dhatu wastra babsanabaksana saking wong desa ||

36. sang aprabu ing jaman mangkya wus tamtu | sasêntananira | wong cilik ingkang ngingoni | wadya mantri kamulyan saka [sa...]

--- 517 ---

[...ka] wong desa ||

37. pondhong pikul candhak kulak anênandur | padha golèk arta | yèn wus nglumpuk konjuk maring | sri narendra sawadyabala sêntana ||

38. marma ratu marsudi ilining banyu | myang sirnaning durta | murih sirnèng durkarta di | supayane sêmpulur lulus wèh arta ||

39. dangu-dangu wong bangsawan akèh rawuh | anèng tanah Jawa | gawa têmbaga ran dhuwit | iya iku wong Portêgal Enggris Prasman ||

40. datan dangu Walônda Nèdêrlan rawuh | gawa êmas slaka | sarwa sarwendah mêpaki | duk samana wong Jawa wiwit prasaja ||

41. sira iku anggèr wani ngaku ratu | tyasmu binathara | nanging satêmêne kaki | ratu nunut amung ngêmpèk-êmpèk kwasa ||

42. rèhning durung wêruh pardikaning ratu | aranmu sulaya | lan kanyataanirèki | Amongpraja têgêse sumarah tata ||

43. môngka tyasmu tan sumarah tan mêmatut | kajaba mung karsa | mêrês [mê...]

--- 518 ---

[...rês] gêtihe wong cilik | tansah doyan rêruba pawèwèhing lyan ||

44. tujunipun tan kalêlêgên gulumu | marma ywa pêpeka | yèn sirèku ratu cilik | yèn sirarsa wruh nata kang binathara ||

45. narendra gung mratani ing jagad kêmput | lautan dharatan | alas gunung jurang trêbis | lah ing kono ana asma lan warnanya ||

46. wruhanamu kawasa rupaning ratu | gambar kang nèng sêmat | yeka kang dibyarja murti | wicaksana pul kidul praptèng utara ||

47. tuhu luhuring Hyang kang sinipat kayun | anggèr priksanana | cirining rupiyah ringgit | lètêrira gud simèt onês uninya ||

48. Hyang suksma gung awor kawula sadarum | puniku têgêsnya | lamun sun jèrènga kaki | èstu êntèk kartas pirang-pirang kêndhang ||

49. nora amung pikirên pribadi kulup | sakèhe jarwèngwang | tambahe saking pambudi | darma bapa wêwarta rèh martotama ||

--- 519 ---

68. Gambuh

1. pasal pindho anggambuh | sun jarwani têgêse wong sujud | nêmbah marang ratu purwakaning nguni | agama ingkang nênuntun | tinuntun sujud Hyang Manon ||

2. katamtu siyang dalu | supayèku narik tyas rahayu | ywa na ingkang dalurung ngrusak karta di | dining tumuwuh manggayuh | kamulyan nyingkiri awon ||

3. sadaya para putus | ngrekadaya silaning karta yu | nêmbah maring lata wal ujwa pinundhi | sawênèh dewa Hyang Guru | Jagad Pratingkah kang elok ||

4. ana manèh anjunjung | maring Hyang Otipati angunggung | kang sayogya ginanjar sawarga adi | rinêngga pocapanipun | satêmêne mung pasêmon ||

5. marma wêruha kulup | sarupane agamaning makluk | kang gumêlar ngisor wiyat luhur bumi | kabèh ala kabèh bagus | mung gumantung ciptèng batos ||

6. salah sawiji kudu | kang kinasdu ywa keguh ing dudu | kèhing gama pêpacuh duryasèng [dur...]

--- 520 ---

[...yasèng] bumi | Lônda Cina Buda Hindhu | cinadhang ganjaran kaot ||

7. wong nêmbah mring Hyang Agung | rèhning tanpa jaman makam suwung | ingupadi ngêndi-êndi sêpa sêpi | kana kene panggya samun | wangwung tan ana Hyang Manon ||

8. parasdyaning tumuwuh | mantrastuti sucipta kang jumbuh | wimbuhing tyas gambuh kawula lan gusti | jatine kancil atimu | dhewe kang siranggêp Manon ||

9. rèh sira wus kasêdul | gandhul-gandhul gêgandhulan suwung | parandene sêmbah sujudmu kakèsthi | isthaning Allah sawujud | sipate tyasmu kang bodho ||

10. salire gama kukuh | yèn tinakon Pangerane êmbuh | nora ana sawiji gama kang muksis | wus pasthi Hyang Maha Luhur | kang dumunung datanpa gon ||

11. marma silaning tuwuh | yèn yun nêmbah mring Allah pakewuh | mung kalipahing Pangran kang dèn bêktèni | iyèku kangjêng sang aprabuLebih satu suku kata: iyèku kangjêng sang prabu | kang nyirnakkên sukêrtyèng wong ||

12. pra siswa yugya kudu | sri

--- 521 ---

narendra amardiyèng sujud | nanging pêrlu uninga dununging bêkti | êndi kang wajib ingujung | mangkono jênênging katong ||

13. dene sêmbah puniku | ingsun ringkês rong prakara cukup | ingkang dhihin nêmbaha Hyang Maha Suci | kang pasthi prastawèng wujud | daliling Kuran wêwartos ||

14. mangkana lapalipun | tampanana yèn sirarsa kusus | la makbuda pil wujudi illalahi | nora nêmbah barang wujud | anging Hyang Kang Nuksmèng Manon ||

15. mungguh wujude kulup | uning unong aninong ananung | dudu napas dudu hawa dudu eling | rèh sira kalingan suwung | uning unong aninunong ||

16. sandeyaning panggayuh | ing panyakrabawa kabèh luput | wong manêmbah ing Allah sakêthi gampil | mobah molah mosik muwus | srahna dadi sêmbahing wong ||

17. nanging yèn yun wruh wujud- | ing Pangeran sayuta pakewuh | awit sira puniku tinitah langip | nêmbah asma bae cukup | lamun wus wêruh uninong ||

--- 522 ---

18. amung pamintaningsun | rèhning sira trah rêmbêsing madu | ambawani witaradyèng tanah Jawi | turasing dwijawara nung | yèn nêmbah ywa kongsi katon ||

19. aywa lir santri kumprung | mêndêm kulhu rina wêngi bingung | kicah-kicih lir cakranggana nèng warih | sumuci-suci mèt ranu | cakrama lêlangèn ciblon ||

20. dat kang wajibul wujud | nuksmèng kôntha isthanira kulup | nora siwah barang tingkah solah sami | nanging satêmêne kulup | datmu pribadi kang katon ||

21. dadi dununging sujud | yèn sirarsa wruh kanthèng maujud | padha lêbu-linêbu panjing-pinanjing | sêmbah-sinêmbah puniku | gêdhe cilik datan kaot ||

22. yèn sira durung wêruh | sun dumuke saksènana kulup | thole iki uninong aning ananing | Amongpraja matur nuhun | ngungun ngangên-angên cocog ||

23. tumancêp kulung kalbu | trusthaning tyas mathêm dènnya dhaku | saking dene kanyataan kondhang saksi | kang sinêmbah [sinê...]

--- 523 ---

[...mbah] wus dumunung | wayanganirèng Dat katon ||

24. nulya kancil umatur | dhuh sang dibya pramodaning wiku | sampun têrang èsthining tyas datullahi | jatining kawula wêruh | mangkyamba nuwun wêwiyos ||

25. ingkang pasal tri mumpung | antuk wênganing kawêkèn ulun | kadadyaning kewan sato kang kumêlip | asal punapa witipun | jarwakna amba mrih bolong ||

26. kang sarta kawula yun | wruh ing tambah kalongirèng umur | kadospundi kababarna bab puniki | sona pasrangkara arum | anggèr bab asaling sato ||

27. saka rahsèng tumuwuh | pêpêrêsan kodrat betalmakmur | nuli bumi gêni banyu lawan angin | kang wus lumrah para guru | ing tanah Jawa mangkono ||

28. ananging lamun ingsun | anyalênèh sajatine blilu | satêmêne purwa asaling kumêlip | kang mêngku sipat rongpuluh | saking kidam purwaning wong ||

29. Ngadam praptaning wujud | jroning wujud [wu...]

--- 524 ---

[...jud] mêngku ala bagus | swarga nraka bagya cilaka ngrakêti | lah ing kono datullahu | mandhiri jumênêng kraton ||

30. dene kaki asalmu | sira dhewe biyèn kang wus tau | duk samana ingaranan ngadam bakin | iku purwaning tumuwuh | saking êmbuh jatining wong ||

31. êmbuh mau buh mau | rèh panêmu dèn anggêp wong putus | asal sato saking wadi madi mani | maningkêm wus kanggo maphum | sun sumêlang lamun goroh ||

32. kaya ta bumi banyu | gêni angin kaki durung tamtu | awit sira pribadi datan udani | ngadam mustakirul wujud | kêna inganggêp pitados ||

33. akèh kewala guru | sung pituduh purwaning tumuwuh | kinarya nêmbêlas prakara sakawit | pamijange adu bathuk | ananging yaktine goroh ||

34. saksine nora wêruh | nadyan yayah rena uga tan wruh | rèhning iku wus kanggo satanah Jawi | prayogyane sira kulup [ku...]

--- [0] ---

[Grafik]

Amongpraja. Sang dwijawrêksa.

--- 525 ---

[...lup] | ngawruhana ywa maido ||

35. lan malih sirarsa wruh | têtelane bab kalonging umur | prakarèku anggèr dahat dènnya rungsit | ewuh pakewuh satuhu | muhung sun wèhi pasêmon ||

36. sajatine wong iku | pacangkramanirèng kayat kayun | duk maksih nèng guwa garba têkèng mangkin | kaki nora wuwuh-wuwuh | rina wêngi tansah kalong ||

37. kalonge uwis tamtu | uning unong aninong ananung | panjalukku cundhukna lawan pamikir | prataksitanta wus baud | kaya lamun datan keron ||

38. Amongpraja umatur | kalingga murda sinuhun-suhun | manjing sanubari trus têkèng dimagi | mathênthêng mathêm manyakup | sakêp cukuping pasêmon ||

39. wrêka nabda ywa keguh | lamun ana guru sung pituduh | dunung sêmbah nyulayani lawan iki | yèn tan antuk saksinipun | poma ywa narimèng batos ||

69. Kinanthi

1. pasal ingkang [ing...]

--- 526 ---

[...kang] kaping catur | winahyèng sêkar kinanthi | sababe kawadis sirna | basa artining kawadis | iku têmbunge wong Arab | têgêse anyaring bumi ||

2. kabèh kaanan maujud | sajêroning bumi langit | kang gumêlar kang kumilat | cêcukulan pèni-pèni | baskara wulan tranggana | sadayèku ran kawadis ||

3. lamun kagulung ranipun | ngalam têmbunge wong Ngarbi | lire kumpulaning barang | sakalir ingaran siji | yèn kaprinci winastanan | saeun jarwane kaki ||

4. sawiji-wiji kang mujud | tunggal kasat mata jinis | ing têmbe sadaya sirna | brastha lêbur tanpa kèri | marma ujaring musakab | myang dalil usul wêwarti ||

5. kulu saeun alikun | illa wajahu kang arti | sabarang satunggal-tunggal | kang gumlar têmbe kabèh nir | nanging ana kang tan rusak | mung Allah kang nuksmèng budi ||

6. dene mutamating kawruh | kang datan rusak mung warni | pikirên dalil punika [puni...]

--- 527 ---

[...ka] | yèn têmên-têmên pinanggih | tan adoh lawan tyasira | mangkya sun jèrèng sathithik ||

7. kakekate ingkang maksut | bumi langit sagarardi | candrama lan danumaya | kabèh satêmêne kaki | iku datan kêna rusak | awit kuna praptèng benjing ||

8. dene wicaraning usul | ingkang aran kiyamati | wêkasaning dina dunya | mangkana unining dalil | wal kyamat akiru dunya | kayêktèn sira pribadi ||

9. kiyamat mau sutèngsun | satêmêne kalih warni | sapisan kiyamat kobra | kapindho kiyamat sahir | kobra gêdhe jarwanira | sahir pardikane cilik ||

10. laraping dalil puniku | sira pribadi ngêmasi | sadaya kaanan dunya | rusak wus datan kaèksi | nora ana apa-apa | lah saksènana pribadi ||

11. priksanên kyamat sahiru | yèn sira nendra tan ngimpi | apa kang katon nèng kana | puniku tandhane kaki | nuli tangi saking nendra |

--- 528 ---

marma ran kiyamat cilik ||

12. kancil Amongpraja matur | kasinggihan sang wikwadi | panêmbahaning buwana | sadayamba sampun tampi | mung sakêdhik nyuwun priksa | karananipun angimpi ||

13. dene yitmaka tan mêtu | kuliling jajah nagari | yèn mahyaa saking angga | sèstu wandane ngêmasi | datan wande dadya sawa | dhuh sang wiku kadipundi ||

14. mèsêm nayakaning wiku | saha pasrangkara ririh | bênêr sira yun uninga | ywa ngawur kaworan pingging | manawa ing têmbe nular | marang putra wayah wuri ||

15. lamun sun buka bab iku | lamun sira bisa tampi | sirna bodhonira mangkya | cacade wimbaning wardi | kasintron dening paesan | nanging kaca bênggala di ||

16. sing sapa kang durung tau | mèksi kaca iku masthi | bingung têngên dadi kiwa | saha wuri dadi ngarsi | kang mangkono iku tuna | budine kurang tabêri ||

17. bab supêna sutaningsun | nêmu gumêlaring bumi | surya

--- 529 ---

côndra taranggana | wana samudra di mèksi | tan siwah nèng kene iya | prakarèku sun jarwani ||

18. wandanira kabèh kulup | ingsun pamèkakên cêrmin | kang jêro wus isi rasa | yèku netranira kaki | gumulung ing pôncadriya | urip sajêroning pati ||

19. sajroning netranirèku | ana gambar ngalam kabir | dene wandanta punika | ingaranan ngalam sahir | agal manuksma ing lêmbat | dalil Kuran awêwarti ||

20. anal ngalamun kabiru | dakala pi ngalam sahir | jarwaning lapal punika | jagad gêdhe manjing cilik | wujudmu dhewe sapira | prandene kalêbon langit ||

21. jatine nora malêbu | mung gambaring dunya manggih | yèku tirta kang nirmaya | cêngkrama midêr ing ati | manjing sajêroning netra | ingkang aran banyu urip ||

22. marma yèn wong ngimpi kulup | sahuwat lan wanudya di | nêmahi nikmat munpangat | yayah pulang rarasing sih | dayaning rahsa [rah...]

--- 530 ---

[...sa] umahya | datan slisir lir sayakti ||

23. yèku aran sipat kudus | marmane kaki nglabêti | nanging yèn sira supêna | manggya sangsaraning jisim | anggèr tan karasa lara | yeka aran rahsa kadim ||

24. lirnya kadim sipat alus | mung mêngku prakara kalih | bungah ingkang sarta susah | sajêroning nendra ngimpi | marma têmbung kawi jarwa | nendra têgêsira têbih ||

25. sanyatane lamun turu | ingkang tan supêna kaki | adoh nglangut tanpantara | tan kêna dinalih yakin | yèn sun jèrènga punika | ngêntèkkên kêrtas saêrim ||

26. ananging pamintaningsun | pikirên ingkang satiti | rèh siranggèr mêngku sipat | rongpuluh kang wus nyukupi | atas pramodèng sarjana | rina wêngi mardi budi ||

27. mung lowung tinimbang nganggur | wajibing aurip mosik | lan mênêng swarjana tama | datan kadi sela glinting | gumlethak bisu tan muna | pantês kinaryancik-ancik ||

28. sirèku

--- 531 ---

rèhning wong idhup | yogyane jaba jêro wrin | jêro mosik jaba mobah | sirna kasmalaning ati | marma ngakait pung warah | mukmin kayun pidarèni ||

29. jarwane mukmin wus tamtu | urip anèng desa kalih | maksude sira punika | thole lungguha nèng ngriki | pikirmu anjajah jagad | ngêndi-êndi ko uripi ||

30. nora rêkasa pikirmu | tanpa netra ngudanèni | ngrungu datan mawa karna | ngandika tan nganggo lathi | marma pasêmoning buda | aran lumpuh midêr bumi ||

31. cebol gayuh susup-susup | iku budayaning ati | sira dhewe wus uninga | kadayanirèng pamikir | yèku lire mosik muna | saèstu wajibing urip ||

32. seje wong kang yayah ênthung | mobah molah tanpa pamrih | uripe urip-uripan | iku singkirna kang têbih | prataksitaning bijaksa | rina wêngi ngeling-eling ||

33. dayaning kayat lan kayun | cêngkrama midêr ing jisim |

--- 532 ---

nadyan tirahirèng dunya | kêmput ingubêngan angin | kadya kang sun jèrèng ngarsa | nguripi isining bumi ||

34. Amongpraja aturipun | sampun kawula tampèni | sadaya warsita tuwan | umanjing ing sanubari | sampun têngaluk tyas amba | nendra supe tangi eling ||

35. ing mangkya kawula nyuwun | pasal kaping gangsal inggih | mugi paduka babarna | supados tumangkar wingking | sumêbaring putra wayah | palasthaning mudha pingging ||

36. dwija sona sabdanipun | bênêr thole kèhing ngèlmi | kadibyan lan kasantikan | nora kêna dèn simpêni | kang sapa nutup kawignyan | puniku dursilèng bumi ||

37. ngèlmu kumbi slingkah-slingkuh | kukuh sinumpêt ing ati | wahyèng ling angon iriban | ting klêsik lir adol dhêmit | yèn ana wong seje têka | lir orong-orong kapidih ||

38. kawruh kang mangkono kulup | dadi wisunaning urip | karya pêpêtênging manah | datan [data...]

--- 533 ---

[...n] wurung bujuk dhuwit | seje lawan dwija wrêka | ngèlmune ginlar ing bumi ||

39. singa krungu lir maguru | prasasat mijang yèn angling | sidyèngsun kaki supaya | winancaha para bangkit | rèh timbule kang sanyata | wimbane angadu budi ||

40. ping pira bae ing dangu | lêledhang ing Bramartani | gêlar dibyèng pramabasa | ing gunardika rèh lungit | supaya winancah para | nawung kridha bijaksa di ||

41. tan merang kasoran kawruh | mangkono wong ulah budi | mèt wignya kawruhing liya | pabarataning pawarti | jamake palastha mudha | sirna wus tan ana kèri ||

42. seje guru luru-luru | yèn kalah wicara isin | padune sor ngaku mênang | budi andhap ngaku inggil | mung murih payuning kôndha | nulya kèh wong manjing murid ||

70. Dhandhanggula

1. sang pandhita ngandika rum manis | rêngên thole pasal kaping lima | bab kraton ngakirat gone | sun tan wignyangsung tuduh | marga

--- 534 ---

durung tau ngêmasi | sanadyan ngicipana | sun pribadi layu | kapriye goningsun mijang | bokmanawa sira datan bisa tampi | awit nguni ciptanta ||

2. kukuh bakuh mantêp ing pangèsthi | anggandhuli kawruhmu kang lawas | wijange gurumu biyèn | kang siranggêp wus jumbuh | lima nênêm tunggal sawiji | anaa kang sulaya | jaba-jabanipun | nanging kêkêrane padha | kang sirèsthi jumbuh kawula lan gusti | tan gusti tan kawula ||

3. mung pribadi kang sira antêpi | mulih marang asaling manuswa | bumi gêni angin lan we | warih bali mring banyu | angin mulih dadyangin malih | bumi mulih mandhala | dahana dadyapuy | mung eling midrawèng jagad | kang sawênèh ana guru sung sajarwi | anggulung badan wadhag ||

4. ginawa ring ngalam ingkang suci | ana guru sajar malbèng sonya | suwung wangwung lir wong sare | salah sawiji iku | koantêpi salami-lami | marma yèn sira tômpa | gêgandhulan ingsun [ingsu...]

--- 535 ---

[...n] | kocakrabawa sulaya | upamane sun wijang bae sirèki | kang lumrah guru kathah ||

5. tumanggal mring bêbayi sirèki | kadya para guru panitisan | bênêr luput êmbuh kuwe | tan bisa ngêdu têlu | wus mangkono lakuning kyai | kancil sumambung sabda | dhuh sang maha wiku | kawula minta kang nyata | sanyataning ngèlmu mawi tôndha saksi | lir sajarwa paduka ||

6. manawi tan kasaksèn ing ati | guru kawula ing jroning nala | kadospundi pitadose | rèh sawarnining kawruh | amba kêdah uning kakiki | wignyaa anjun mudhar | anjèrèng anggulung | gumlindhing lir kênèkêr glas | yèn kababar midrawa ngêbêki budi | mangkatên bicaksana ||

7. kang wignyamot sasmita di murti | rèh jroning wong kadya jagad raya | barang apa kamot kabèh | kang amis bacin arum | rumakêt ing kulunging ati | wit kadunungan ayat | hidayat Hyang Agung | kang mèdêm padhang narawang |

--- 536 ---

têrus têrang yayah kèkêr tanah Prankrik | adating Manon bawa ||

8. angandika Sang Juru Martani | yèn mangkono sêdyaning tyasira | wus sumanggêm datan mèngèng | sadarpa kumacèlu | ring sasana kratoning akir | sun untapakên mangkya | mring silaning layu | kang wus tan kacakrabawa | rasaning dat tirtamaya nganyut pati | pati patitis nyata ||

9. trangginas sang dwija nglaksanani | mugut yitmaka nir Sang Hyang Atma | kancil pinêluk griwane | sinidi dayèng tuwuh | lêlantaran uning ananing | uninong aningêna | sakala wus layu | kadyangganing krêndhasawa | wus nirdaya yayah gusthika kaèksi | subrastha tanpa sesa ||

10. sèsining jiwanggati arda nis | niskarèng tyas nora kara-kara | karana cupêt atmane | rêjasèng maya mayut | kaniditan rèh mantrastuti | pamunahing sang dyija | tumanduk ngendranu | kadewan carêm Hyang Endra | tejamaya têngran jagad sonya ruri | wus rumakêt [ru...]

--- 537 ---

[...makêt] jiwangga ||

11. nikmat manpangat nèng têpêt suci | rawiranya ing kanjanmahpiyan | aninong aning unune | Ngarabe anta mutu | kablarmutu kang rahsa jati | carêm ring widhi dhustha | pathining rahsa nung | dumunung ing sonya pringga | tanpopama wus layu kayapul yakin | nora kinaya ngapa ||

12. la yaklamu illaillolahi | la yakripu la yakdirulilah | sajatine êmbuh kuwe | tan wujud datan suwung | nora nendra myang nora ngimpi | luluh lêbdaning kôntha | abadi ajalu | jalining arilokarja | kona-kene kakênan jumalèng pati | yayah sewandakala ||

13. têtêp alkaju baetullahi | kanyataan tan lyan kalbul insan | kasdu takrul takyin mangke | wus kapugut kasuwuk | hyang yitmaka panoning pikir | rahsa surasèng lena | pranarda tan wêruh | kapurbèng tirta nirmaya | wus têtela kayat kayun tanpa dadi | saking bayaning laya ||

14. rêjasèng tyas derarsa malarsih [malar...]

--- 538 ---

[...sih] | parasdyaning kancil Amongpraja | nukarta karta kridhane | godha nora kasandhung | munggèng kanjanmahpiyan lêwih | dining karti sampeka | agnyaning tumuwuh | têmah tinêmu sacipta | nèng sasana dudu nraka dudu swargi | dudu ngakir myang dunya ||

15. mangabyaring Hyang datul guyubi | abdi manuksma ring Dat maola | sudyarsa manuksma age | ing kothong nuksmèng jumbuh | tambuh jalu tambuh pawèstri | abang seta myang pita | irêng ijo êmbuh | sirna sawarnaning rahsa | jaman muksa langgêng nora ika iki | uninong aningêna ||

16. wus têtela wijangan nocogi | kang wus kacakup ing prana nyana | srambut sapara sèwune | tan salisir rèh kusus | kasatmata makripat jati | jatining kang nupiksa | ingkang nganyut layu | mung langgêng tambuh parasdya | masalahnya babu makripatul pati | pandoning suksma purba ||

17. samanantuk sadina sawêngi | Amongpraja dènnya minum tirta | nirmaya ing panganyute |

--- 539 ---

sang mahabrata uluk | salam tanggap kancil tarampil | nabda ngalekum salam | uninong unanung | gregah tangi linggihira | wadana nor mandhala sara tumuli | sutignyaning sang brata ||

18. swanitanya tinuras lir tiris | lalu lêbda tan kêna tinahan | kadyangganing wungu sare | jatine dudu turu | pungun-pungun dhêlêg mangarti | dènira minum tirta | wimbaning sawuru | kodhêng gêndhêng lir supêna | lêngêr-lêngêr ngungun ngunandikèng ati | lah iki dirgasana ||

19. alon matur dhuh sang maha rêsi | ing samangke kawula uninga | ing pêjah kang saèstune | umanjing betollahu | nuksmèng pati wajibing urip | sapisan babarpisan | ingagnya sinau | amba prastawa satmata | kayat kayun kodrat iradat myang ngèlmi | ing pati tanpa guna ||

20. tirtamaya ingkang murbèng urip | dede êroh saha dede napas | eling angên-angên dede | ewuh kularsa dumuk | sasananing kang banyu

--- 540 ---

urip | asma musamèng gêsang | yèn makatên sèstu | punika kang nama gêsang | sadayanya kaanan sajroning jisim | namung dados pikêkah ||

21. sampun têrang ingkang ngajak urip | ngajak nendra tuwin ngajak pêjah | bagya cilaka dununge | angên-angên tan ayun | lara sungkan mati tan arsi | mung enak lan kapenak | kaarsayanipun | ati lêmbut sakti dibya | dadya muka nglêngkara sabarang kardi | tan wignya karya tilas ||

22. barang karsa kudu andhisiki | ala yogya ing sadina-dina | datan kaprah sasêdyane | tan kêni yèn tinurut | singa ingkang nuruti budi | yaktyarda ngômbra-ômbra | dursilaning ayu | marma wong budha ingaran | sang hyang guru guruning manungswa urip | rèh tan wruh tirtamaya ||

23. Amongpraja nulya matur malih | kawula mugi nyuwun pitêdah | kang murba masesa mangke | punapi gih puniku | dwija sona ngandika aris | thole sira têtanya | ingkang murbèng tuwuh |

--- 541 ---

tunggal pancêr tirtamaya | nanging kodratira pribadi kang dadi | dadèkkên wujudira ||

24. tanpa sangkan sarana pribadi | duk sira maksih nèng kalkaosar | iku wus jumênêng dhewe | murba ing siyang dalu | nèng ngajali praptèng ngabadi | kongsi saiki uga | kaki durung tutug | kodrat ingkang bila alat | yèn wong Arab thole dèn arani puji | puji alkamdulillah ||

25. mangkya sira sun tuturi malih | rasaning puji midrawèng raga | sakojur ana isine | iyèki warnanipun | uninunong uning unaning | cundhuk utawa ora | saksèna atimu | kang murba masesèng sira | tunggal ingkang karya wujudmu sakalir | dudu roh dudu nyawa ||

26. kala maksih nèng jagad kang suci | puji uwis jumênêng priyôngga | gawe mangkene kanthane | uninong uninanung | têtêp bapa biyung tan kardi | wus dene malaekat | nabi Allah dudu |

--- 542 ---

ing nguni sun wus wêwarah | jroning urip ana nraka suwarga di | karatoning Hyang Suksma ||

27. rikalane sira durung dadi | sonya sêpi tan ana punapa | mung iku jumênêng dhewe | nadyan sira tan wêruh | kêna sira dugi prayogi | yogya kacakrabawa | kang aran alkamdu | iki kanthane wêruha | aning unong Amongpraja cêg nampani | suka sukur narima ||

28. rèhning cundhuk lawan tyasirèki | kasat mata jarwèng nawung kridha | trang têtela glèthèk pêthèl | rèh wong manon bawa nung | datan kadung dènnya ngêcupi | tarêcêp wus kacakan | jatining tumuwuh | wêruh kang murbèng jiwangga | lawan tôndha saksi wus kamil mukamil | sampurna kasampurnan ||

29. wusnya titi titising kara di | sangkan antara praptaning paran | ing sasana kanyatane | dayèng titah tumuwuh | kawruh kusus kinosok bali | mutamat sajagad rat | silarjaning kawruh | têtêp mukmin baetollah [ba...]

--- 543 ---

[...etollah] | parasdyaning kancil ngèlmu dunya ngakir | kadriya tanpa môngsa ||

30. siyang ratri lumintu mangèsthi | tanpa ingan jumbuh ing nirmala | rèh kusumaning wiradèn | pramodèng rat sawêgung | sinasaban yudanagari | ywa kawistarèng kathah | jamak satriya nung | lêlajêring witaradya | tan sayogya jiwangga rêjasèng ngèlmi | nuwuhkên praja rêngka ||

71. Sinom

1. trunaning tyas Amongpraja | wusing tampi jarwèng rêsi | pasal kang limang prakara | sawiji-wiji nastiti | titis manuksmèng ati | ewuh makewuh kacakup | têngaluking aguna | manjing puat sanubari | betal makmur pacêngkramaning caksana ||

2. muhung pasal kang satunggal | kang dèrèng dipun jarwani | Amongpraja aturira | dhuh Risang Juru Martani | kawula nyuwun nuli | kang kaping nêm babaripun | kanang ngodhêngkên cipta | bab wijiling surya saking | purwantara surup mring pracimantara ||

3. punapa malih candrama |

--- 544 ---

yèn maksih nèm krowak nginggil | mindhak ari krowak suda | têkèng catur wêlas ari | katon sadaya nuli | krowak malih ingkang luhur | kadi duk nèng pracima | punapa malih kulapti | ingkang pundi lêrês têngahing buwana ||

4. srênggala dwija manabda | bab iku luwih mustakil | kasêbut ing kitab palak | palak iku têlung warni | kang siji palak langit | kaping pindho palak laut | katrine palak dharat | siji-sijine hèh kaki | padha dadi kitab crita pira-pira ||

5. sun saguh mêruhkên sira | saha sinawung ing gêndhing | macapat têmbung têmbangnya | sun jaluk kartas pèn mangsi | kira-kira bab langit | dluwang rong kêndhang tan cukup | apamanèh sirarsa | wruh grahana surya sasi | kudu titi marang durarining dunya ||

6. tuwin ukuraning jagad | saking pulo Piroegris | yeka awit das sapisan | mangetan mangulon sami | dene gambaring rawi | iku [i...]

--- 545 ---

[...ku] bêncèt warnanipun | dadi jam lan mênitan | sêkondhê petungirèki | ingsun kira sira nora bisa tômpa ||

7. awit panganggonira jam | hèrloghi durung pisan wrin | tansah mung asêsongaran | sadhela-dela ingèksi | tinèmplèkake kuping | badhêdhêg tyasmu sagunung | kasèt mas jaran bandhang | watu mainan ting kranthil | nanging tuna rèh tan wêruh paedahnya ||

8. môngka hèrlogi punika | darbe karêp rolas warni | kanggo atasing agêsang | siji bae sira tan wrin | manganggo mung kapengin | tiru-tiru wong kang blilu | dene nguni sakolah | panganggomu lir wong tani | tani yuta tan wruh globê myang sêkondhah ||

9. aywa kang globê lawan jam | ewuh pakewuh yèn yun wrin | bab sastra kewala sira | sacuwil durung mangarti | apa manèh kakawin | jêjêr wasesa tan wêruh | wus dene kitab Kuran | buku-buku têmbung Jawi | Mlayu Wlônda saya [sa...]

--- 546 ---

[...ya] durung pisan wruha ||

10. môngsa kayaa srênggala | dwija titi ngèksi tulis | yèn katrênjuh angèl lêmbat | mandhak pinungsêng kabudi | nora wis yèn tan panggih | yakti kanyataanipun | manjing sajroning nala | ewuh wong maca sayêkti | awit kudu bisa krasa kulunging tyas ||

11. bedane kaki lir sira | wêruh sastra tan pinikir | pangrasamu yèn wus apal | paham kasêbut yèn wasis | nanging sira wus pasthi | pathokaning tulis tan wruh | traping paramasastra | durung pisan-pisan ngarti | suprandene sira wani ngaku bisa ||

12. kawignyan dudu kur gambar | dudu etung règêl pandri | lire gunadikèng praja | kabèh kagulung sawiji | sabarang takon ngarti | ngisor têngah dhuwur cukup | beda kang kaya sira | anggitmu pintêr pribadi | yèn katêmu lan wong pintêr sira ewa ||

13. rèh kabèh kawignyanira | siranggêp pintêr pribadi | tan ngaku gêguru liya | tan rumôngsa mamèt misil |

--- 547 ---

suka ginunggung wasis | pintêr nora anggêguru | tan kadi dwija sona | kabèh kagunane luwih | olèh saka maguru sapadha-pada ||

14. dadi darbe sêsendheyan | wêwaton wimbanirèng ling | nadyan ngadua kagunan | anèng kabar Bramartani | Yapa Budhêng Batawi | Bintang Timur Slomprèt Mlayu | lamun darbe pathokan | tuwuhing kagunan saking | pra bijaksa sarta kitab kuna-kuna ||

15. yèn nora mangkono kalah | nadyan unggul wahyaning ling | lamun tinakon watonnya | tan wruh sinurak pra murti | ping pira bae sun wrin | samyolah dibyaning kawruh | nèng pabaratan kabar | katara kang tunèng budi | kumawasis ngaku pintêr tanpa ajar ||

16. nguni jaman kuna ana | wong ngaku putus pribadi | aran Ki Puspa Wibawa | sabarang micara mêthit | sastra myang kawi-kawi | tanpa waton yèn binuru | yèn kongkulan kawruhnya | ewa yèn padon muthakil [muthaki...]

--- 548 ---

[...l] | ora gêlêm kalah mring sapadha-padha ||

17. bab palak mau basa Rab | têgêse bundêring bumi | saha saisining jagad | kacrita nèng kono sami | kaananing dumadi | sabab-masabab kasêbut | uriping têtuwuhan | surya côndra tranggana di | padhangira kabèh kasêbut ing palak ||

18. kira-kira sèwu koras | kang maksih têmbung Ngarabi | sèwu rungsit sèwu lêmbat | ing mangkya bôngsa Walandi | kang mrêtal têmbung Jawi | mung sapara sèwunipun | ingkang pêrlu kewala | karya mulang anak murid | para siswa pawiyatan Surakarta ||

19. ing mangke ngalih Magêlang | marma pamintèngsun kaki | kang titi waskitha pana | mring wicaraning wong murti | lan sira kang tabêri | apa alane wong thêkul | ywa darbe ati sungkan | kêsèt ngrusakake ati | tuhu lamun mangkono susuhing setan ||

20. kêsèt sungkan singkirana | kang adoh aywa na kèri | manawarsa ngaji palak | kang

--- 549 ---

wus salin têmbung Jawi | sanadyan mung sathithik | nanging cukup yèn atasmu | manawarsa lir ingwang | asu ing Suracalardi | tangèh lamun miriba sapara sasra ||

21. ingsun wus dibya ing palak | tinimbang samining anjing | nanging kang sun wèhkên sira | sathithik kewala dhisik | yèn kakehan tan tampi | iku bae durung tamtu | rèh sira ngaku limpad | guna kasusastran ngênting | wruhanira kabangkitan dudu sastra ||

22. marma anggèr poma sira | nganggoa wasita mami | yèn nêdya wira utama | pratanjana sun sajari | kulup ngèlmu durari | palak rêringkêsan lowung | dadya gurendaning tyas | saking warsita kang luwih | sun tuturi anggèr wujuding candrama ||

23. ujaring palak akasa | bonu iku wujud siti | tan pae dunya punika | gêdhe jêmbare tan slisir | luhure saking bumi | katêmu ukuranipun | rongpuluh yuta êpal | lumaku ngidêri bumi | punang tèngsu punika pêtêng wujudnya ||

--- 550 ---

24. dene katonira padhang | awit kasorotan rawi | yèn tanggal nom dhuwur krowak | kang padhang ngisor jalirit | sunaring bagaspati | kang nêmpuh marang sutèngsu | marma kang antuk padhang | jalirit amung sathithik | dene wulan kaki lumaku mangetan ||

25. saya tuwa saya padhang | yèn wus praptèng wetan nuli | rêmbulan katon sadaya | ingaran purnamasidhi | jatine mung sapalih | kang antuk sunaring tèngsu | nanging tan kasat mata | saya tuwa krowak malih | anèng wetan tan pae duk nèng pracima ||

26. lamun pêtêng babarpisan | candrama ingaran mati | yaktine mêtu raina | sulap marmane tan kèksi | dadya etunging sasi | tanggal pisan pindho têlu | têkaning tigang dasa | mung krowake kang winilis | kabèh mau titènana warsitèngwang ||

27. dene tanggal ping sapisan | tan ajêg krowakirèki | kadhang sisih kidul kathah | kadhang kang êlor tan mêsthi [mê...]

--- 551 ---

[...sthi] | yèku saking durari | lire bumi midêr gulung | ngalor ngidul lakunya | yèn kapara ngalor kaki | abot kidul yèn ngidul êlor kang awrat ||

28. dene panggulunging jagad | kajaba obahirèki | gulung saking kulon ngetan | patlikur jam têpung malih | dadining surya mijil | saka wetan ngulon surup | kaetung mung rolas jam | sadina sawêngi ugi | lamun bêngi nora kasorotan surya ||

29. hèh sutèngsun Amongpraja | kadiparan gon sun nganggit | gulunge kulon mangetan | bab candrama kurang titi | padhang pêtêngirèki | miwah yèn grahana kulup | kurang sapuluh warsa | sun wus uninga saiki | tan sulaya tibaning jam lan mênitnya ||

30. nanging yèn sinawung têmbang | ewuh pakewuh tan sipi | awit ingsun punggung mudha | gita wigatining bumi | nadyan macapat kaki | sadhela-dhela sun kudu | tumênga rèhning cingkrang | wong nganggit angeling-eling [angeling-e...]

--- 552 ---

[...ling] | sring gantung pèn kadhang anètèsi kartas ||

31. cawangane pirang-pirang | ting clurêg pating cêlarik | lir cinakar-cakar ngayam | masang têmbung bolak-balik | sastrane tanpa titis | ukarane ora dhaup | jêjêr wasesa lesan | kêrêp bubrah tan kapikir | parandene kumawawa angrêncana ||

32. seje lawan guruningwang | Arya Lêngkawa ing nguni | widagdèng paramabasa | gita têmbang têmbung Kawi | lêlagon mèt surastri | swara manjing karna turut | tiba sèlèhe enak | titipalane patitis | tumêkane ingsun maksih bangêt kurang ||

33. mung lowung kinarya ngajar | pawiyatan para murid | palak ingsun gita têmbang | macapat supaya gampil | rèh sira sênêng gêndhing | sarta adrêng kusung-kusung | mung sêngka ananira | bab surya mangke sun anggit | uga mamèt unining palak akasa ||

34. kulandaragni punika | dèn arani wujud gêni | kinodrat murub tan pêgat |

--- 553 ---

gêdhene ngungkuli bumi | tikêl ping satus luwih | maksih gêdhe surya iku | tan ngulon datan ngetan | tan anjog datan manginggil | panggulunge nora sah luwih rikatnya ||

35. jroning pitu likur dina | panggulunge têpung lagi | saking gêdhene punika | ana cihnane kang yakti | saksine mawa pranti | sêmprong palak angsung tuduh | ika srêngenge ana | blêntong têtela kaèksi | praptèng pitu likur dina blêntong sirna ||

36. wus têrang panggulungira | lir gilingan wana pêti | sanadyan mubêng tan owah | saka panggonanirèki | ngalor ngidule kaki | iku yaktine awakmu | katut ubênging lêmah | bumyanggung angolah-ngalih | kang mangkono dadi mangsane wong Buda ||

37. dene surya winitara | kadunungan kutu kumlip | sabab sarupaning papan | iku pasthi dèn ênggoni | êmbuh warnanirèki | saking kira-kira tamtu | marma pikirên poma | ywa sira

--- 554 ---

maido dhingin | saha aja sira age marcayèng tyas ||

38. kudu timbangên ing nala | ati kang wruh goroh yakti | mangkono wong ahli cipta | prayitna sarta patitis | mobah mosiking urip | tuwin barang kang maujud | budinên lan katimbang | aywa tambuh barang warni | kang mangkono kalbu mukmin baetollah ||

39. ing mêngko sun asung warah | caritaning palak langit | kang isi lintang malêksan | tan pisan kêna winilis | adoh saka ing bumi | kongsi tan kêna ingukur | mungguh sakèhing lintang | yeka jagad siji-siji | luwih gêdhe ngungkuli dunya punika ||

40. tinon saking pranti palak | ing kaca prasana kèksi | pirang-pirang yuta jagad | kongsi tan kêna winilis | prandene dèn kawruhi | amung satus patang puluh | punjul papat arannya | sawiji-wiji tinulis | tan kacrita nèng kene ngêbaki papan ||

41. akèh arane kang lintang | maksih [ma...]

--- 555 ---

[...ksih] têmbunging Arabi | dene lintang kang lumampah | cacahe mung rolas iji | samya ngidêri bumi | surya lan candrama kêmput | araning lintang rolas | uga tan sun tulis ngriki | sabab tanpa daya marang atasira ||

42 sarupaning lintang-lintang | antuk soroting hyang rawi | marmane padha sumunar | wit saking kulandaragni | kajaba iku kaki | ana lintang mawa buntut | iyeka kala-kala | mahya muk swara lir agni | dhasar nyata lintang pangawak dahana ||

43. wondene langit punika | tanpa wujud tanpa warni | suwung wangwung nora kôntha | sanadyan udara sêpi | jêmblong kewala kaki | dene ingkang rupa biru | luhure mung sèkêt pal | lir kang wus sun jèrèng ngarsi | pirang-pirang critèng palak dadi tôndha ||

44. mêngko sun ringkês kewala | yèn jinèrèng kurang mangsi | kaananirèng akasa | udara maruta sêpi | marma kèh kukus sami | tan mumbul mubêng

--- 556 ---

puniku | tan têrus ing awiyat | manèh sun ringkês bab langit | kari jagad gumêlaring dunya pada ||

72. Asmaradana

1. sira subrôngtaa kaki | kaananing jagad raya | gumêlaring bumi kabèh | kaya ta punang samudra | kasôngga ing buwana | dene thole warnanipun | bundêr kêmplêng wus têtela ||

2. bundêre saengga mimis | marma aran cakrawala | iya iku pangkêluke | pinriksa saking kadohan | yakti kaling-kalingan | kang awit bumi malêngkung | tandhane waspadakêna ||

3. manawa grahana sasi | nuju tanggal ping patbêlas | adate katon mancorong | kasunar ing prabangkara | môngka surêm kang wulan | awit kalingan puniku | dening wayanganing dunya ||

4. soroting pratônggapati | côndrasa kala kalingan | têmahan sirna prabane | wayangan mau têtela | srana kèkêr kapriksa | kang nasabi côndra mau | bundêr cêtha wela-wela ||

--- 557 ---

5. marma krowaknya lumaris | saka ing dhuwur mangandhap | ngrêgêmêng bundêr wujude | yeka wayangan pratala | rèhning kabèh wayangan | tan pae lan wujudipun | saksi malih kang sanyata ||

6. yèn sira nèng têpi jladri | priksanên plêngkunging toya | bundêr alus rata tinon | lamun ana prau têka | sèstu datan katingal | kabèh muhung tiyangipun | apadene layarira ||

7. sababe kalingan maksih | pangkêlukirèng pratala | marma praune tan katon | lamun lakune wus pêrak | kabèh saya katingal | tiyang layar tuwin prau | iku ingkang dadi tôndha ||

8. tandhane yèn bundêr yakti | saka anggiting pujôngga | palak ginawe gambare | dening Tuwan Pitahoras | Walônda tanah Prasman | saha yasa ukuripun | saya têtela nyatanya ||

9. jêmbaring bumi pinanggih | têlung atus sawidak grad | sangang puluh sabên pojok [pojo...]

--- 558 ---

[...k] | nganggo garisan mangetan | mangalor ngidul uga | dhewe-dhewe aranipun | maksih basa ing Eropah ||

10. tan ana têmbunge Jawi | marmèwuh sinawung têmbang | ing mêngko sun rancag bae | lowung dadia bêbuka | kawruh pamine sarah | angên-angên yayah laut | barang apa manjing bisa ||

11. yakti tan sêsak kang ati | marang kagunaning dunya | sira wus wêruh ênggone | nèng madyèng jantung lan utak | mancorong lir jabarjad | kancil Amongpraja tur wruh | adhuh sang manggala brata ||

12. amba nyuwun priksa malih | mugi katarbukakêna | grahana surya sababe | kaling-kalingan punapa | dene kenging pinetang | nadyan kirang sèkêt taun | paduka sampun uninga ||

13. dwija sona amangsuli | sira yun wêruh grahana | kudu ana pirantine | ngèksia plêthèking surya | myang surup ing pracima | anèng ngêndi surupipun | ing ngarêp sun wus sung

--- 559 ---

warta ||

14. grahana surya myang sasi | kudu nganggo ukur palak | kaetunga durarine | dadi ananing grahana | rêmbulan miwah surya | pasthi ana sabên taun | tan kèksi sing tanah Jawa ||

15. yèn sira wus angawruhi | tibèng ngêndi bae wikan | ing wayah jam mênitane | lah kaki mara majua | iki globê ajara | durari ukuranipun | marga tibaning grahana ||

16. tumbukanirèng tri warni | surya wulan tuwin dunya | bumi anèng ngisor dhewe | kang nèng têngah wulan kôntha | ngaling-alingi surya | dadya sunare katumbuk | surêm padha sanalika ||

17. marma kudu wayah lingsir | yèn ana grahana surya | ing wulan kôntha tumbuke | payo marang papan lêmpar | kancil sira sun ajar | kabênêran mangsanipun | amênangi tanggal tuwa ||

18. priksanên obahing bumi | saha obahing candrama | durarine ngidul ngalor | yeka kang dadi grahana | rêmbulan [rêmbula...]

--- 560 ---

[...n] saha surya | kancil lêngêr-lêngêr ngungun | pangetunging grad buwana ||

19. Amongpraja matur malih | lêrês jêng paduka dwija | kêdah uninga etange | durari ukuraning grad | marma ing mangke amba | nyuwun priksa wijangipun | grad ingkang satunggal-tunggal ||

20. Sang Juru Martani angling | kaki sirarsa ngukur grad | payo mring pulo Piro ge | iyèku gon bas sapisan | lintang lor priksanana | wawasên plorodna kulup | yèn klêlêp antuk saêgrad ||

21. kapriye sun jèrèng mangkin | anaksèni ngukur dunya | mil pal cêngkal tuwin elo | rêringkêsanirèng warah | elo iku mèt dunya | para satus patang puluh | yuta saelo Nèdêrlan ||

22. kalane ing nguni-uni | ananing elo punika | kumpulan pra pintêr kabèh | wong Enggris Itali Prasman | Dhitslan Bèlgi Switsêrlan | ing taun sèwu astha tus | lumaksana ngukur dunya [du...]

--- 561 ---

[...nya] ||

23. saking pulo Piro awit | kapal lakune mangetan | tan menggok-menggok lakune | dupi antuk tigang warsa | kagyat para bijaksa | praptèng pulo Piro sampun | doning pangkatira ngarsa ||

24. nulya ingetung kapanggih | sapra patang puluh yuta | siji ingaranan elo | mètêr basane wong Prasman | wong Dhislan aran toas | samana purwaning rujuk | bobot kang sarta ukuran ||

25. kongsi praptèng jaman iki | kanggo mring bôngsa Walônda | saantero rujuk kabèh | bobot ukuran takêran | purwane saking jagad | iku pêpathokanipun | kudu sira kawruhana ||

26. sun balèni crita malih | gêdhe jêmbare kang dunya | saking wetan têkèng kulon | têpung kongsi têmu gêlang | têlung atus swidak grad | dunya dènira anggulung | ngubêngi ukur punika ||

27. jroning sadina sawêngi | riningkês patlikur êjam | gradnya [gra...]

--- 562 ---

[...dnya] ginawe samono | sajam antuk limalas grad | nulya mênit kapara | mangkya têtela katêmu | patang mênit antuk sagrad ||

28. marmane têrangna kaki | amriksani èrloji jam | sukur yèn bisa wruh bêncèt | bêncèt mêngku rong prakara | satunggal gambar surya | kapindho ukuranipun | jêmbarirèng janaloka ||

29. lan malih wêruha kaki | ingkang aran sêkal Prasman | mangkya ginawe wêwaton | pangringkêsirèng ukuran | malih lakuning jôngka | lan pasikon kanggo parlu | atase anyêngkal lêmah ||

30. nanging sun kira sirèki | kapintêramu mung lumrah | durung wruh jôngka myang sikon | luwih manèh etung sêkal | têlu iku utama | wruhmu sêtun tukang kayu | kanggo ngukur gawang lawang ||

31. ngukur bumi nora ngarti | marma aran wong prasaja | maksih lumrah bae thole | seje lan kang wus bijaksa | ing kawruh ngukur dunya | môngka [mông...]

--- 563 ---

[...ka] sayaktine kulup | sabên manungswa punika ||

32. dadi juru ngukur pasthi | gawe ngukur barang-barang | nanging sirèku durung wroh | ing mêngko kaki sun buka | supaya bisa ngêkar | bisa wêruh bae cukup | aywa kongsi salah netra ||

33. yèn ingkang durung mangarti | mriksani gambar-gambar kar | kapencut wêruh pulase | saha alusing manyêrat | ukuran tan rinêmbag | pira jêmbar ciyutipun | mangkono wong nganggo netra ||

34. akèh kagunaning bumi | wawasên kang kongsi wignya | supaya sirnaning bodho | gumêlaring pamulangan | wus luwih sèkêt warsa | wus wêruh kapintêramu | lagi sapara sayuta ||

35. ananging wus ngaku bangkit | awit tulismu jlagêdhag | ngatumbar Jawa Ngarabe | wus dene tulisan Wlônda | wruh pêpathokanira | kabèh têngêran wus nyakup | pangrasanira sampurna ||

36. iku witmu ngaku wasis | nora kurang gunardika | nanging yèn sira katanggor [ka...]

--- 564 ---

[...tanggor] | wong bijaksa nawung kridha | têmah ewamu têka | rumakêt badan sakojur | dadya bisu tanpa muna ||

37. mangkono wong tunèng budi | wirang lamun têtakona | jêr nalare mung samote | tan praduli wong sarjana | kancil tumungkul nêmbah | saha matur klu nun klu nun | ngèsthi wahyaning wasita ||

38. kancil nulya matur malih | adhuh sang srênggala dwija | kawula nyuwun pawartos | saking pandangu paduka | nguni maksih kajaja | mrêngkêl salêbêting kalbu | kodhêng rèh bodho sadarpa ||

39. ingkang paduka wastani | êndi têngahing buwana | lan watêse jagad kabèh | sona alon wuwusira | bab iku luwih gampang | têngah ingkang buwana gung | wêwatone saka sira ||

40. wija purwantara tuwin | utara pracimantara | pugêraning sujanma kèh | wus dene made pratala | têlênge ngisorira | coba ukurên mangidul | mangalor èstune padha ||

41. marma

--- 565 ---

pêpathokan saking | saking iku krama saka | têgêse wujudiranggèr | pikirên lamun pinanggya | sira wus madyotama | kang sanadyan tiru-tiru | bêcik kang wêruh sababnya ||

42. mangkya sajarwèngsun wus nis | lagya samene kang mahya | yogya upayanên dhewe | warsitaningsun sadaya | palak lan saprabotnya | kang satiti pangudimu | ywa uwis-wis yèn tan panggya ||

43. wis mundura kaki aji | marang dhatu prabayasa | yèn sira tansah nèng kene | lena panêkêming praja | nuwuhkên aru-ara | kitab palak globê iku | gawanên saatlasira ||

44. sêkal sikon jôngka tuwin | blêbês mètêr busol kompas | kèkêr sipat gantung plangsèt | rontèk irêng abang seta | kabèh gawanên padha | besuk watara sataun | bakal sun takoni sira ||

45. wêkas sun poma kang eling | aywa kêmba ing pamriksa | aja mlangkah kêbetane |

--- 566 ---

milih ingkang gampang-gampang | kang angèl linangkahan | yèn wus judhêg pamikirmu | takona mring bôngsa waswa ||

46. algêbrah ukuran bumi | etung mangracut pêcahan | pra puluhan rèhning kowe | uwis katara yèn limpat | muhung kèri sajuga | bab pilasi têmbe ingsun | kang mulang sira priyôngga ||

47. sira rèh jumênêng aji | nata gung binatharèng rat | bawani bawana kabèh | wahyanirèng wahyu wirya | bawani ing bawana | midana dursilèng ayu | wajibing narendra tama ||

48. dene byu-abyuk ta tuwin | adil karta wisnungkara | sun sajarwakakên dhewe | nanging sira kudu lêga | pangulu patih jaksa | abipraya kapatipun | rumaksaka ing rasika ||

49. gumulung dadya sawiji | pramodaning witaradya | yeka têtêping karaton | ratu pangulu pêpatya | jaksa sabyantu karsa | ngatas sudarsanèng kewuh | muwuhi arjaning praja ||

73. Mijil

1. nanging [na...]

--- 567 ---

[...nging] ana pamintèngsun peling | kang mijil sang katong | supayarja luhur kotamane | mandrawasa midêr nyakrawarti | mantrastutyèng abdi | kang nandhang kaswayun ||

2. sun mêminta manawa marêngi | pra murda rumojong | patih jaksa pangulu rêmbuge | rèhning maksih ana kang gung tistis | rina wêngi nangis | iyeka si kuwuk ||

3. rèh wil pusa nguni laku juti | gêmpal tatèng sato | nindakake apus maridake | jaluk pitik dhuwit mori muslim | sakèhing patinggi | mèstu amituhu ||

4. rèhning uwis linakonan lami | sun watara kapok | ingsun kira tri warsa saprene | iku bae apuranên kaki | dimèn mulih saking | Ngayah antuk ampun ||

5. awotsêkar kancil matur inggih | lumèngsèr lon-lonan | lampahira wus prapta ing made | bangsal rukma lunggyèng burdha manik | nuju ri Rêspati | pasewakan agung ||

6. pêpak para santananing aji | pêpatih [pêpa...]

--- 568 ---

[...tih] sumaos | pra nayaka bupatyarya akèh | ulubalang panèwu lan mantri | pangrêmbenya tuwin | nara praja pênuh ||

7. saha para yogi swara rêsi | sumiwi ing katong | uwa-uwa kang môngka ulune | indhung uluguntung cèkèl cantrik | janggan puthut wasi | atap urut lungguh ||

8. kabupatèn jaksa anambungi | dwirada dibya nom | kori sarayuda saprabote | gripir carik uruting palinggih | sadaya wadya ji | bungkuh marikêlu ||

9. nulya Radèn Amongpraja ngliring | patih trang pasêmon | tanggap ing tyas marêk byantara ge | agnyanira Mongpraja mring patih | hèh mukaning mantri | ing mêngko karsèngsun ||

10. si wil pusa kang nandhang prihatin | kukuming karaton | kang nèng Ngayah timbalana age | anuduha mantri môngka dadi | dutaning nagari | Sugriwantuk ampun ||

11. patih nêmbah sandika anuding | kêkalih mantri nom | mundhi [mu...]

--- [0] ---

[Grafik]

Sang Amongpraja tinangkil, misudha para wadya.

--- 569 ---

[...ndhi] rontal luwara siksane | kuwuk kang nèng Ngayah kawlasasih | salire winangsit | duta mangkat sampun ||

12. Amongpraja bubaran tinangkil | kondur angadhaton | kawuwusa caraka lampahe | enggaling crita kuwuk wus kerid | margi tan winarni | prapta ing praja gung ||

13. nulya sowan dyan bèi marêngi | siniwi kaprabon | ingkang sewaka kadi adate | kawistara kuwuk nrimèng ati | Mongpraja wahyèng sih | samana mring kuwuk ||

14. winisudha jinunjung ing linggih | wil pusa samêngko | dadya buyut tuwanggana kinèn | mardi mardawa wiwekèng wèsthi | sadaya ngèstuti | suka myang jumurung ||

15. sêsarêngan amisudha linggih | pra narapraja nom | undha usuk pinantês pangkate | ana dadi punggawa manguri | panêngkar myang sêndhi | pandêlêgan umbul ||

16. dêmang rôngga kabayan ngabèi | kang samya mangartos | punang partisara nyêngkutake | kaya ta

--- 570 ---

lutung pinaring buslit | dadya juru sakit | tanuhita dhukun ||

17. sarupane kewan ingkang gêring | wus kontap ing criyos | pramèng guna usada sranane | wus pira-pira lêlara mari | wit dayèng anjani | tuhu ahli nujum ||

18. saha lingsang pinaringan ing sih | kangkat saking ngisor | dadya samahita pardikane | mardi basa basukyarjèng kawi | pawiyatan tulis | para siswa dhusun ||

19. tuhu putus kasusastran tuwin | kalungidan ngartos | wus kasusra nirmala malane | saking lami ulah sasmita di | amisudha malih | luwak juru tênung ||

20. sampun tamat caritaning kancil | dintên Sêtu Kliwon | Mulud Wawu pitulas tanggale | ôngka sèwu wolung atus tuwin | kawan dasa sikiSabtu Kliwon, 17 Mulud 1841 A.J. = 18 Maret 1911 A.D. | ing pangêcapipun ||