Carita Môncawarna, Martawiyata, 1922, #1622


Serie No. 350

Carita Môncawarna

Kaimpun dening Saiman Martawiyata.
UITGAVE VAN DE COMMISSIE VOOR DE VOLKSLECTUUR
WEDALAN BALE-POESTAKA

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Serie No. 350. Regi f 0.75

TJARITA MANTJAWARNA

KAIMPUN DÉNING SAIMAN MARTAWIJATA.
DRUKKERIJ VOLKSLECTUUR
WELTEVREDEN 1922.

--- [0] ---

COMMISSIE VOOR DE VOLKSLECTUUR

SERIE No. 350

Carita Môncawarna

Kaimpun dening Saiman Martawiyata
Wêdalan Bale Pustaka, Wèltêvrèdhên
1922.

--- [0] ---

[...]

--- 1 ---

Carita Môncawarna.

1. Asu Kang Ambangun Turut.

Kacarita Sang Prabu Frèdêrik II, uga kasêbut Sang Prabu Frèdêrik kang luhur, ratu ing nagara Prèsên (Pruisen) rêna bangêt ngingah kalangênan asu. Sang nata pangingahe kongsi nênêm tur padha bêcik-bêcik rupane.

Dene kang ditrêsnani bangêt dening sang prabu: asu wadon kang aran Bisê (Biche). Manawa asu iku lara, kang nambani lan ngupakara dhoktêr kraton, pangrumate wis kaya marang sarirane sang nata piyambak yèn pinuju gêrah.

Satindake sang prabu, Bisê tansah kêkinthil, tindaka mênyang paprangan pisan iya ora pisah.

Nuju ing sawijining dina, nalika karajan Prèsên mêmungsuhan karo Ostênrik (Oostenrijk), ingkang sinuhun tindak piyambak, nganti pisah adoh karo wadyabalane. Mungguh karsane sang prabu mau sumêdya nêlik mungsuh. Kang andhèrèk ing satindake mung Bisê. Tindake malah nganti kêplantrang kêpara cêdhak bangêt karo pasanggrahane wadyabala Ostênrik.

--- 2 ---

Dumadakan sang nata pirsa wadyabala jaranan Ostênrik, lakune ngênêr kaya mapagake sang prabu, mulane panggalihe kewran bangêt. Manawa ora tumuli linggar saka ing kono, bakal kacêkêl lan katawan dening mungsuh.

Ora adoh saka ing kono, ana krêtêg kang ing ngisore prayoga bangêt ginawe andhêlik. Panjênêngane nuli singidan ana ing kono, kadhèrèkake karo Bisê. Ewasamono panggalih dalêm durung bisa têntrêm, awit tansah kuwatos ambokmanawa kawruhan ing mungsuh. Dene kang murugage kuwatos iku, panjêgoge Si Bisê. Manawa Bisê anjêgog, bala Ostênrik masthi bisa wêruh ing pasingidane sang prabu. Sang prabu paring sasmita marang Si Bisê aja nganti anjêgog. Bisê mangêrti marang sasmitane sang nata, mulane banjur andheprok sandhinging gustine kambi akopat-kapit buntute.

Saya cêdhak lakune wadyabala Ostênrik, panggalihe sang nata sangyasa ora sakeca bangêt, jalaran tansah kuwatos marang Bisê ambokmanawa anjêgog.

Ora antara suwe têkane wadyabala jaranan Ostênrik liwat ing krêtêg iku, swarane pating kêdhoprag nganti kaya ngamblêg-amblêgna krêtêg. Bisê têtêp mênêng bae, [ba...]

--- 3 ---

[...e,] ora nyuwara apa-apa, buntute tansah kasabêtake ing lêmah kambi trocosan êluhe.

Barêng lakune wadyabala Ostênrik wus kêliwat adoh saka ing kono, sang nata tindak mêdal saka ing pasingidan kanthi Bisê kêkasihe. Ing kono Si Bisê nuli wiwit anjêgog lirih.

Durung antara suwe, nuli têkane wadyabala Prèsên, tinindhihan ing Jendral Rotênburêh (Rottenburg), ngupaya panjênêngane sang nata. Jendral dalasan wadyabalane padha bungah bangêt dene bisa kêtêmu karo gustine kalawan sugêng.

Sang prabu nuli ngandharake bab pitulunge Bisê ing panjênêngane: marang jendral saklèrèhane. Jendral saklèrèhane eram bangêt marang pangrêtine Bisê, dene bisa tômpa marang sasmitane sang prabu.

Sakondure sang nata saka ing paprangan, katrêsnan tuwin pangowêle marang Bisê ngluwihi ing maune.

Wose: aja dhêmên siya-siya utawa sikara marang sadhengah kewan kang ora tau gawe bilai utawa kapitunan marang kowe. Sanajan kewan iku kasêbut tanpa budi, nanging iya bisa nitèni marang kabêcikaning manungsa. Bisê iku tuladane.

--- 4 ---

2. Nabi Kang Asikil Papat.

Ing sawijining dina, Sang Prabu Karêl VII, ratu ing nagara Prasman, tindak mênyang alas ambêbujêng, kadhèrèkake ing abdi priyayi têlu. Nalika tindake têkan ing têpiswiringing alas, kêpêthuk tukang arêng kang nuntun kuldine kamomotan ing kayu, iku nuli kadangu mangkene: Paman, sapira dohe saka ing kene iki, têkane alas pagunungan kae.

Unjuke tukang arêng: Yèn mung mlaku dharat bae, sajam iya wis bisa têkan ing kana. Nanging manawa kowe gêlêm anggugu aku, aja mênyang saiki, bêcik padha balia bae, awit mêngko sadhela êngkas udan. Manawa udan, dalan ing pagunungan iku lunyune ngluwihi, tumrape wong kang durung kulina ngambah, rêkasa bangêt.

Pandangune sang prabu: Kapriye anggonmu bisa masthèkake yèn mêngko udan, awit langite padhang nrawang mangkene. Dadi nglêngkara bangêt yèn ing mêngko udan, aku ora gêlêm anggugu kandhamu, yèn ora ana wêwatone kang masthi.

Wangsulane tukang arêng: Mulane aku bisa ngarani mangkono, iya ana wêwaton utawa têngêrane kang masthi. Tandhane yèn mêngkono sadhela êngkas udan, iya

--- 5 ---

kupinge kuldi iki. Yèn kupinge kuldi iki pènglèh kaya mangkene, adat kang uwis, ora suwe masthi udan. Dene kowe mêksa ora gêlêm ngandêl, iya sakarêpmu bae.

Pangandikane sang prabu: Paman, kuldi iku rak kewan bodho, ora duwe budi sarta ora pisan-pisan bisa nuduhake, yèn ing mêngko udan.

Sawuse sang prabu ngandika kaya mangkono iku, nuli nglajêngake tindake. Barêng tindake lagi olèh satêngah jam, langit kang maune padhang nrawang, malih dadi pêtêng andhêdhêt, marga mêndhunge kandêl, mratandhani yèn arêp udan. Ora antara suwe, nuli ana angin gumrubug, kilat thathit aliwêran, blêdhèg ngampar-ampar, ora suwe nuli udan dêrês kaya pinusus, cèplês kaya calathune tukang arêng mau.

Sang prabu dalasan abdi priyayi têlu mau, bingung anggone golèk pangeyuban. Sang nata tindak lumajêng ngênêr marang omahe tukang arêng. Sadumugine ing kono, sang prabu dalasan abdine ditômpa kalawan bungah. Têmbunge tukang arêng mangkene: La, saiki kapriye, apa ora kêlakon kaya kandhaku mau, upama kowe gêlêma anggugu kandhaku, rak ora nganti kêbês mangkono.

--- 6 ---

Pangandikane sang nata: Paman, bênêr tuturmu mau, aku kang lumuh, dadi anggonku nyêthêthêr iki opahe pamaidoku. Paman, kowe wêruha, yèn kang caturan karo kowe iki ratumu dhewe, Sang Prabu Karêl VII, kang ngratoni nagara Prasman.

Tukang arêng krungu pangandikane sang nata kang mangkono, anjêngêr, dening gumun, awit ora nyana pisan-pisan, yèn iku gustine. Apa manèh kêduwung dene wus ngêtokake têmbung kang ora kanthi tatakrama.

Pangandikane sang prabu: Paman, ing saiki wus gênah sumurup ingsun, yèn para luhur iku têrkadhang olèh piwulang sarta pitutur bêcik saka wong kang asor. Mulane ênya, dhuwit f 100,- iki kanggo ganjaran marang kowe.

Tukang arêng nampani ganjaran f 100,- kalawan bungahing ati, ature: Dhuh gusti, nata pêpundhèn kawula, kawula matur sèwu sêmbah nuwun ing sih-wilasa dalêm punika.

Barêng wus têrang, sang nata kanthi abdine pamit kondur, dadi ora sida nglajêngake tindak ambêbujêng.

Wose: Para kang nyêkêl pangawasa, lurah sapandhuwure, aja pisan-pisan nyêpèlèke marang ature wong cilik. Apa kang dadi ature wong cilik aja enggal dicacad, bêcik dipikira dhisik, ambokmanawa ing têmbe [tê...]

--- 7 ---

[...mbe] apik wusanane. Wong kang tanpa pamikir anggone ngêcakake sabarang kang arêp dilakoni, ngadat wêkasane sok kurang prayoga.

3. Wong Kang Cêthil.

Dhèk biyèn ing tanah Eropah kêrêp ana pailan lan kasangsaran dening ana banjir gêdhe. Ing nalika iku ana wong tani kang manggon ing sapinggiring Kali Odhêr. Iku bisa nandur gandum lan tanduran liyane nganti bisa ngundhuhi pamêtune. Mulane mangkono, awit panggonan iku rada dhuwur, dadi ora tau kunggahan banyu saka ing kali. Awit saka iku, tandhone gandum wong mau akèh bangêt, gudhange nganti kêbak.

Ing nalika samono, rêgane gandum nyêngkrèk bangêt, saya lawas saya wuwuh manèh larange. Wong tani iku duwe pangarêp-arêp mangkene: Gandumku sagudhang iku ora arêp dak budhalake dhisik, besuk yèn gandum sadhacin wis rêga 30 ringgit lagi dak budhalake.

Sarèhning bangêt pailane, arang wong kang duwe tandhon gandum, dadi wis akèh wong-wong kang padha têka ing omahe [omah...]

--- 8 ---

[...e] wong tani mau sumêdya nguyang gandum. Nanging kang têka padha mulih nglênthung, awit kaki tani ora olèh ditêmpuri gandume. Dene yèn ing dalêm sadhacin 30 ringgit iya diwènèhake.

Ing sabên dina ana kabar, kang nêrangake rêgane gandum sadhacin 25, 26, 27, 28 ringgit, dadi durung nganti têkan 30 ringgit. Pangarêp-arêpe kaki tani, gandum sadhacin bisaa rêga 30 ringgit, kang dikêpengini supaya bisaa nampani dhuwit akèh.

Ing sawijining dina, ana wong wadon tukang tênun têka ing omahe kaki tani arêp nêmpur gandum, anggone arêp nêmpur satêngah dhacin lan dhuwite mung 14 ringgit. Nanging kang duwe kukuh ora gêlêm mènèhi ing panêmpure, malah wangsulane bae agawe sêrike tukang tênun. Dadi wong tani iku cêthil ora duwe wêlas pisan-pisan marang bangsane kang mlarat utawa apês, kang diôngsa-ôngsa mung dhuwit bae.

Kaki tani mau duwe anak lanang umur 10 taun, iku nalika bapakne mangsuli songol marang wong wadon tukang tênun, atine katuwuhan wêlas, mula banjur kôndha marang bapakne mangkene: Bapak, ambok inggih tiyang èstri punika sampeyan sukani panêmpuripun, arta 14 ringgit punika anggènipun kêklêmpak rak sampun dangu, inggih sawêg sapunika [sa...]

--- 9 ---

[...punika] kawêdalakên kangge nêmpur, awit kabêkta bêtah nêdha. Kalihan malih rêgi samantên punika rak nama sampun pajêng.

Bapakne krungu têmbunge anake kang mangkono iku, bangêt nêpsune, nganti lali, anake nuli cinandhak sarta digêbugi sarosane.

Tukang tênun wêruh kaanan mangkono, enggal ngukup dhuwite, banjur mulih kalawan garundêlan, têmbunge: salawasku lair ana ing alam padhang, durung tau wêruh utawa krungu kaya wong iku watêke. Saking kasêngsême marang donya, nganti lali karo anake lanang.

Antara rong dina saka lêlakon iku, kaki tani olèh kabar, yèn rêgane gandum sadhacin 30 ringgit. Nalika samana ambênêri wus wayah surup, dadi wus wancine wong nyumêt diyan. Kaki tani gugup, arêp wêruh kèhing gandume, supaya bisa ngetung lan gampang anggone bakal nampani dhuwit 30 ringgit X ... . Saking gugupe enggal mênyang ing gudhang nyangking colok, lakune nyag-nyagan ora nganggo mikir pakewuh. Dumadakan sikile nyandhung tumpukan goni, wêkasan tiba cêkakaran, coloke wutah murub ngobong goni dalasan gandum sagudhange, malah mrèmèn ngobong omah lan sabarang duwèke kabèh. Dadi gandum dalasan barang darbèke êntèk ing dalêm sajam bae.

--- 10 ---

Kaki cêthil ngêsah sarta nangis anggêlolo, kaya bocah cilik tininggal mati ing wong tuwane. Sanajan kaki tani sambat ngaru-ara, barang darbèke wus kalêbur ing gêni, dadi tangèh bisane bali.

Tôngga-tanggane kabèh kang padha wêruh lêlakon kaya mangkono iku, mung padha nyukurake bae marang kaki tani, awit uripe ora lumrah ing akèh.

Wose: manawa kowe ginanjar sugih, dieling: aja ambêk, aja cêthil, bêcik sing budi rahayu, dhêmên dana sarta tulung marang wong kang lagi sèkèng utawa apês. Saupama kowe nêmu pakewuh, aja nganti mung disukurake bae ing akèh. Apamanèh wajib eling marang Gusti Allah kang paring lan kang kagungan donya iki saisine. Manungsa wajib masrahake badan sarta sabarang duwèke marang pangrêgêming Pangeran kang mêngkoni alam jêmbar.

4. Pilih Êndi: Bintang Apa Dhuwit.

Nalika panjênêngane Sang Prabu Frèdêrik kang luhur, ratu ing nagara Prèsên (Pruisen), ana jendral siji aran Sidlit (Seijdlitz). Iku ngaturake layang palapuran konjuk marang sang prabu, yaiku palapuran bab kaanane para upsir

--- 11 ---

saklèrèhane kang wus padha milu pêrang. Kamot ing layang palapuran ana pangalême jendral marang litnan ênom kang prawira, prakosa labuh marang nagara ngluwihi karo kônca-kancane kabèh.

Esuke litnan ênom tinimbalan dening sang prabu, sarta kadangu mangkene: He, litnan ênom, ingsun wus miyarsakake unjuk palapurane jendral ingsun, yèn sira iku wong kang prawira, prakosa labuh marang nagara, ngungkuli kancanira para upsir kabèh. Mulane ing saiki sira pantês ingsun paringi ganjaran minôngka pamalês ingsun marang sira. Lah iki ana ganjaran rong warna, mara sira piliha salah siji. Sira milih dhuwit êmas 100 iji, apa milih bintang êmas.

Ature litnan ênom: Dhuh, gusti, nata pêpundhèn kawula, kawula milih arta êmas 100 iji punika.

Sang nata mirsa pamilihe litnan, têmah ngungun, pangandikane: He, litnan, karêpira kapriye, dene sira milih dhuwit êmas, ora milih bintang êmas kang minôngka kaurmatanira.

Ature litnan ênom: Dhuh, gusti, nata pêpundhèn kawula, mugi anêbihakên ing dêduka dalêm dhumatêng jasad kawula. Mila kawula milih pêparing dalêm ingkang awarni arta êmas,

--- 12 ---

100 iji, awit kawula punika gadhah sambutan kathah. Dados pêparing dalêm arta samantên punika badhe kawula angge nyaur sambutan kawula. Mênggah panimbang kawula makatên: Utama ora abêbintang ora duwe utang, katimbang karo garang sugih utang.

Sang prabu kakênan ing panggalih midhangêt ature litnan ênom, pangandikane: He, litnan ênom, sarèhne kaya mangkono pangêtrapira marang pêparing ingsun, mulane ganjaran kang arupa bintang êmas tampanana pisan. Pangarêp-arêp ingsun marang sira, muga sira bisaa nglakoni katêmênan, ngluwihi saka kang uwis, supaya ing têmbe sira bisa anduwèni pangkat kang luwih dhuwur saka kang uwis sira lakoni iki.

Ature litnan ênom: Dhuh, gusti, nata pêpundhèn kawula, kawula matur sèwu sêmbah nuwun ing sih-wilasa dalêm ingkang sampun rumêntah dhumatêng badan kawula. Mugi kawula angsala pangèstu dalêm, sagêd anglampahi katêmênan anglangkungi saking punika.

Wose: padha ngudia bisane nglakoni kautaman kanthi katêmênan, Gusti Allah Kang Maha Asih sarta Wêlasan, masthi bakal maringi ganjaran marang wong kang dhêmên anglakoni panggawe mangkono mau. Litnan ênom iku minôngka pangilone.

--- 13 ---

5. Munyuk Kang Sêtya Ing Bêndara.

Ing nagara Kholapur ana wong bênggala duwe ingon-ingon munyuk têlu sarta wêdhus siji. Iku ing sabên dina ginulang main kumidhi warna-warna, nganti wêkasane iya bisa dadi. (Prigêl).

Sabên dina kewan papat mau dibarangake mênyang ing kampung-kampung lan ing desa-desa sajrone nagara kono. Dadi panguripane wong bênggala sadina-dina mung ambarang bae. Mulane ingon-ingone papat iku diupakara klawan bêcik sarta ditrêsnani bangêt.

Ing sawijining dina, wong bênggala mau lunga ambêbarang kaya adat kang wus kêlakon. Barêng lakune têkan ing sawijining desa sapinggiring alas, ing kono ana pakumpulane bangsat ngundang wong bênggala iku supaya mênyanga ing omahe, awade arêp ditanggap. Satêmêne ing kono ora ditanggap. Malah wêdhuse dijaluk kalawan roda-pêksa, arêp dibêlèh kanggo sukan-sukan. Kang duwe bêngok-bêngok anjaluk tulung, nanging ora ana wong kang têka nulungi, awit wong ing kono wus padha sakuthu kabèh.

Sawuse bangsat padha sukan-sukan, wong bênggala mau banjur dilarak mênyang alas, arêp dipatèni ana ing kono.

--- 14 ---

Munyuk têlu ora kari ing saparane bêndarane tansah ngêtutake bae.

Satêkane ing alas, wong bênggala sida dipatèni sarta jisime dipêndhêm sangisoring wit gêdhe ing alas kono.

Munyuk têlu iku ing nalika wêruh bandarane pinatenan ing bangsat, bangêt bingunge, polahe ora karuh-karuhan. Kang siji mènèk ing wit sadhuwure pêndhêmaning bandarane, sijine cangkelak bali mênyang desa padununganing bangsat, sumêdya anjupuk lulang wêdhus, sarta sijine manèh tut buri ing saparane bangsat kang padha matèni ing bandarane mau.

Munyuk kang tut buri ing bangsat mau wus têkan ing desa padununganing bangsat. Iku banjur namat-namatake marang omah lan rupane bangsat mau. Sawuse tamat sakabèhe, banjur lunga saka ing kono, sumêdya ngulur bab patining bandarane. Ana ing dalan kêpêthuk karo lurah kang ambawahake desa padununganing bangsat mau. Mungguh rekane munyuk sêtya anggone ngulur prakara mangkene: sarunge lurah desa dicènèng-cènèng, karêpe lurah desa mau ngêtutna ing salakune. Lurah ora mangêrti pisan-pisan marang pratingkahe munyuk kang bêgigah-bêgigih ngènèng-ènèng sarunge. Suwe-suwe lurah iya nuruti karêpe munyuk kang mangkono mau.

--- 15 ---

Ora antara suwe munyuk sarta lurah desa wus têka ing alas panggonaning pêndhêman kang wus kasêbut ing dhuwur mau. Dene munyuk kang mènèk ing wit, barêng wêruh kancane têka kanthi wong siji, enggal mudhun sarta tumandang andhukiri pêndhêmaning bandarane. Lurah desa iya tumandang ngrewangi ing pandhudhuke. Durung nganti jêro, wis katon jisime. Ing kono lurah desa lagi mangêrti, yèn ana durjana kang wus dosa matèni wong bênggala.

Sawuse mangkono, munyuk sakarone enggal nyènèng sarunge lurah desa manèh, arêp diduduhake ing ngêndi panggonane durjana kang wus matèni bandarane. Lurah desa tansah manut ing sakarêpe munyuk loro iku. Satêkane ing desa, anjujug ing omahe durjana. Kêbênêran bangêt, durjana iku bangsat kang ulig-uligan mau ana ing omah. Munyuk loro enggal tumandang anggruwêki bangsat, awake nganti dhèdhèl-dhuwèl sarta gêtihe dleweran.

Antara satêngah jam, nuli têkane munyuk kang anjupuk lulang, iku barêng wêruh kancane anggruwêki durjana banjur nêloni. Dadi awake si bangsat sangsaya lara bangêt.

Lurah desa milu bungah, dene durjana, iya bangsate kang wus matèni marang wong bênggala mau wus bisa kacêkêl ing sadina iku.

--- 16 ---

Esuke munyuk têlu kanthi durjana kaladèkake marang ngarsaning pangadilan ing Kholapur.

Nalika samono ewon kèhe wong kang têka arêp wêruh kaananing munyuk anggone bakal ngaturake prakara patine wong bênggala (bandarane) mau.

Wose: Manungsa iku titahe Pangeran kang sampurna sarta mulya ngluwihi titah liyane. Ingatase munyuk, bisa wêruh pamalês bêcik marang bandarane. Dadi manungsa kang sampurna sabarang-barange tinimbang sato kewan, pêrlu nglakoni kautaman, têgêse wêruha pamalês kang bêcik marang sapêpadhane.

6. Wong Murang Sarak.

Ing sawijining nagara bawah Inggris, ana sawijining rôndha mlarat duwe anak wadon ontang-anting, panggulawênthahe tanpa upama. Pangarêp-arêpe ni rôndha supaya ing têmbe anake bisaa dadi wong utama, wêdi sarta ngajèni marang wong tuwa.

Sadina-dina ni rôndha nyambutgawe kalawan tabêri, pamurihe supaya anake aja nganti kêkurangan sandhang pangane. Sanajan bocah wadon iku anak rôndha mlarat,

--- 17 ---

ewasamono ora tau manganggo rowak-rowèk. Saking tabêrine, ni rôndha bisa duwe dhuwit turahan, yaiku jaga aral ing têmbe buri. Dadi sabobote anak rôndha, sabarang-barange ora pati nguciwani. Pangajape ni rôndha mung murih utamaning anake, dadia wong mursid wêdi marang Allah lan ering marang wong tuwa.

Pangajap sarta pangarêp-arêp mangkono iku, ora bisa kalêksanan, awit bocah wadon iku nakale ngluwihi, mundhak gêdhe mundhak nakal, wuwuh umure kurang pambangun turute.

Tumêka diwasa, bocah iku ora anggugu marang wong tuwa babarpisan. Kasênêngane mung nyandhang apik, dolan karo anake wong sugih, mangan yèn ora enak ora doyan. Dadi ni rôndha susah bangêt, ngrasakake anake kaya mangkono lakune.

Suwe-suwe bocah wadon mau ora jênak ana ing omah, dadi wis ora mraduli marang wulang wuruke wong tuwa.

Ing sawijining dina bocah wadon iku kêna ing panggodha, kabujuk ing joko kang bagus ora kuciwa sandhang panganggone. Sarèhning bocah wadon iku wus birai sarta ora ana dhêdhasaraning kamursidan, dadi gampang kêna ing pambu-

--- 18 ---

juk. Sanalika ninggal wong tuwane kang trêsna sarta banjur tut buri marang jaka bagus, lunga mênyang kutha Londhon.

Ana ing Londhon kono sabên sore tansah runtang-runtung karo jaka mau, nonton tontonan warna-warna, mlêbu ing losêmèn sarta mênyang kamar bolah. Bab kang mangkono iku andadèkake sênênge, nganti kêlalèn marang kasusahane wong tuwane kang trêsna.

Sarèhning bocah iku pancèn rêsik sarta kèwês sasolahe, dadi kajabane jaka mau iya akèh wong kang kêpengin têpung karo dhèwèke. Iku uga anjalari muwuhi gêdhening atine, rumasa pinunjul ing rupa. Sabên sore mèh ora ana dina bêlang, mlêbu ing kamar bolah sarta dhansah karo para jaka sugih.

Wus lumrah utawa kaprah, kasênêngan iku ana bosêne, kêmbang kang lagi mêkar endah rupane, amrik gandane, yèn wus antara dina, ilang endahe musna gandane.

Mangkono uga bab bocah wadon iku, kalane lagi sasasi, rong sasi, mungguh satêngah taun, isih akèh wong kang kenyut, nanging lawas-lawas akèh kang ora sênêng, wuwuh-wuwuh diewani ing wong. Dadi nalika samono rumasa kurang sênêng, môngka wis manuh marang royal. Saiki kêpêksa nêkani kamar bolahe wong cilik. Ing nalika

--- 19 ---

anyare iya akèh wong kang sênêng, malah nganti nampik uwong, nanging saya lawas saya kurang kang sênêng, dadi miwiti ora kapenak pikire. Wêkasan kèlingan marang pangrumate wong tuwane kang trêsna têrusing ati.

Antara sataun, ni rôndha olèh warta, yèn anake wadon ana ing Londhon, enggal lunga sêdya anggolèki. Satêkane ing Londhon midêr-midêr anggone anggolèki anake nganti têlung dina têlung bêngi ora kêtêmu. Ni rôndha bangêt ing susahe, wis adoh-adoh diparani mêksa ora kêtêmu. Ciptane ni rôndha: Ambokmanawa anakku arêp mulih ora wani, wêdi ambokmanawa dak srêngêni utawa ora dak tampani.

Ni rôndha mênyang panggonane tukang potrèt, dikon motrèt awake ing sawatara kèhe. Barêng wus dadi, sakèhing potrèt mau, ing ngisore tinulisan mangkene unine: He, anakku kang dak sihi, kowe muliha, ora dak srêngêni lan ora dak tampik, dak apura sakèhing kaluputanmu. Dhuh, ênggèr, muliha dak tampani kalawan rêna, aku êmbokmu kang susah marga kotinggal lunga.

Barêng kabèh wus tinulisan mangkono, banjur pinasang ana ing kamar bolah sarta ing dalan prapatan lan dalan kang adhakan.

--- 20 ---

Panyanane ni rôndha akal iku luwih prayoga, katimbang karo munyêt anggolèki.

Ni rôndha mulih mênyang nagarane kanthi susah, awit anake kang ilang durung kêtêmu.

Ing sawijining bêngi, bocah wadon iku dolan-dolan kaya adat, barêng lakune têkan ngarêp kamar bolah, kandhêg andêlêng potrèt kang pinasang ana ing kono sarta ing ngisore ana ciri tulisan pirang-pirang, iku katamat-tamatake sarta winaca tulisane. Satêngahing andêlêng lan maca, luhe tarocosan, awit iku gambaring êmbokne, dadi sakal iku kèlingan ing pamurang-sarake.

Sanalika bocah mau kêpêngin bali mênyang nagarane kêtêmu êmbokne. Esuke cêcawis arêp mulih, ing saduwèk-duwèke kaklumpukake kabèh, banjur mangkat mulih, lêstari têkan ing nagarane kanthi slamêt.

Êmbokne wêruh ulihing anake bungah bangêt, anake rinangkul sarta diambungi kambi nangis, têmbunge: Dhuh, anakku, dene kok kowe suwe ora mulih, ana ing ngêndi, ênggèr.

Anake mangsuli mangkene: Kula kesah dhatêng kitha Londhon, ing sapunika kula rumaos lêpat, dene kula ngantos tega nilar sampeyan, sapunika kula sampun kapok. [ka...]

--- 21 ---

[...pok.] Wiwit sapunika ngantos ing salajêngipun kula badhe ambangun turut dhatêng sampeyan.

Êmbokne mangsuli kanthi sênggruk-sênggruk, têmbunge: Ênggèr, iya wis dak apura luputmu, besuk aja kaya ngono manèh, ya, ênggèr. Wiwit saiki sabanjure aja murang sarak manèh, awit wong murang sarak iku ala wêkasane.

Wiwit nalika iku bocah mau dadi wong utama, wêdi asih marang wong tuwa.

Wose: bocah kang murang sarak ora anggugu marang wong tuwa, iku ora prayoga, awit uripe masthi katula-tula. Bêcik ambangun turuta sarta wêdi asih marang wong tuwamu. Bocah kang trêsna sarta ngajèni marang wong tuwa bakal nêmu bêgja.

7. Pitulunging Allah.

Kacarita ing nagara Walônda ana wong wadon malarat, nandhang prihatin jalaran duwe utang 10 rupiyah marang tukang roti. Susahe awit wus têkan janjine ambayar ora duwe dhuwit. Saking bangêt prihatine, nuli mlêbu ing omah inêb lawang, lungguh ing dhingklik kalawan ngawasake ing lawang,

--- 22 ---

kanthi niling-nilingake, bokmanawa ana wong kang thothok-thothok.

Dumadakan ana wong thothok-thothok lawang, panyanane wong wadon, kang thothok-thothok iku masthi tukang roti, têkane arêp nagih. Sanalika wong wadon iku gumêtêr dening wêdi marang tukang roti. Awit namtokake yèn bakal disrêngêni, sabab ora bisa nyaur ing wêktu iku.

Barêng wus diwêngani lawang, lah kang mlêbu dudu tukang roti, nanging wong lanang tanggane dhewe, kang bêcik budine sarta dhêmên anglipur marang tôngga kang nandhang kasusahan. Wong iku nalikane wêruh wong wadon mau katon sêmu susah, nuli dipitakoni mangkene: Kenging punapa dene sampeyan katingal sêmu sêdhih makatên.

Wangsulane: Lêrês panyana sampeyan, bilih kula sêmu prihatos, saèstu kula punika prihatos sangêt, dene ingkang kula prihatosi inggih punika bab sambutan. Kula gadhah sambutan 10 rupiyah dhatêng tukang roti, janji kula nyaur dintên punika, môngka sapunika kula dèrèng gadhah arta kangge nyaur.

Calathune tôngga: Bibi, sampeyan sampun prihatos sangêt-sangêt, nyênyuwuna pitulung dhatêng Gusti Allah

--- 23 ---

Ingkang Maha Kuwasa sarta Mirah. Panjênênganipun masthi ngudanèni ing pasambat sampeyan. Barêng wus anglairake panglipur mangkono, nuli pamitan mulih, lakune ora têrus mulih, nanging mêrlokake nêmoni wong sugih kang ambêg wêlasan, kang omahe ora pati adoh saka ing kono. Ing satêkane banjur nyaritakake bab kaanane wong wadon mau marang kang duwe omah. Wong sugih krungu mangkono, bangêt wêlase, enggal lunga mênyang omahe wong wadon malarat kang lagi nandhang susah mau.

Satêkane ing kono nuli thothok-thothok lawang. Wong wadon barêng krungu, atine mak tratab, namtokake yèn kang nothok lawang iku tukang roti. Sanalika awake gumêtêr, kringête gumrobyos dening kuwatir bakal dikrawus ing tukang roti.

Barêng lawang kaêngakake byak, lah kang mlêbu dudu kang nguwatirake, nanging wong sugih kang ambêk wêlas ing dhuwur mau. Iku nuli calathu marang wong wadon, têmbunge: Bibi, kula mirêng wartos saking tôngga sampeyan, bilih sampeyan nandhang prihatos, punapa inggih saèstu makatên.

Wangsulane wong wadon: Inggih saèstu kula prihatos, awit kula gadhah sambutan 10 rupiyah dhatêng tukang roti, janji kula nyaur dintên punika. Môngka sapunika [sapuni...]

--- 24 ---

[...ka] kula dèrèng gadhah arta kangge nyaur. Sampun ingkang kangge nyaur, sawêg ingkang pêrlu kula têdha kemawon botên wontên.

Calathune wong sugih: Bibi, bilih namung punika kasusahan sampeyan, kula ingkang kadugi mitulungi, sapunika sampeyan sampun kuwatos punapa-punapa. Mangke sontên sampeyan dhatênga ing griya kula, sampeyan kula sukani arta 10 rupiyah, lajêng sampeyan saurakên sambutan sampeyan dhatêng tukang roti.

Sawuse wong sugih calathu mangkono, nuli pamit mulih. Dene sorene wong wadon lunga mênyang omahe wong sugih. Satêkane ing kono banjur diulungi dhuwit 10 rupiyah. Wong wadon matur nuwun sarta ora sah pangalême marang kabêcikane wong sugih.

Saka ing kono lakune rêrikatan mênyang omahe tukang roti, nyaur utange 10 rupiyah.

Wose: Manawa kowe nêmu karibêdan, nêngaa sarta nyênyuwuna marang Gusti Allah, Panjênêngane masthi ngudanèni marang wong kang sambat ing Panjênêngane.

Dene yèn kowe ginanjar ing kaluberan, diloman sarta wêlasan marang sapadha-padhamu kang nandhang kasusahan lan kasrakat.

--- 25 ---

8. Ukuman Kang Adil.

Ing nagara Walônda ana wong duwe anak lanang aran Karêl, iku nakale kagila-gila, wis kêrêp bapakne mituturi murih Si Karêl ambangun turut. Nanging sakèhe wulang mau ora ana kang bisa tumama, mundhak gêdhe Si Karêl mundhak nakale, kêrêp nyênyangking jênênge wong tuwane. Tumêkane diwasa, wis baud bangêt marang kanakalan, undha-usuk bae karo gêntho ulig-uligan.

Sarèhne Si Karêl wis ora kêna diarêp-arêp bêcike, nuli dipasrahake marang sawijining nakoda, supaya dadi matrus. Nalikane Si Karêl dadi matrus kêpêksa nyambutgawe kang luwih rêkasa sarta abot bangêt. Ewasamono Si Karêl bisa sênêng, jalaran katutugan ing sakarêpe.

Antara lawas, nakoda iku layar mênyang tanah Amerikah, ana ing dalan katêmpuh ing bajag, prau dalasan gêgawane dirêbut dening bajag, wonge dipatrapi pagawean kang rêkasa sarta abot bangêt. Kônca-kancane akèh kang sambat sarta nangis, awit nandhang sangsara kaya mangkono iku. Sanajan liyane padha susah, Si Karêl dhewe ora susah sarta ora ngrêsula barang-barang, malah sabarang kang ditandangi dilakoni kalawan bungah kanthi rêngêng-rêngêng.

--- 26 ---

Ing sawijining dina, panggêdhening bajag nitipriksa bab kaanane wong bandhangan kang padha nyambutgawe pêksan. Panggêdhe iku eram bangêt marang Si Karêl, dene katon bungah beda karo kancane. Si Karêl nuli ditakoni mangkene: Sabab apa kowe bungah-bungah bae, môngka kancamu padha susah. Wangsulane: Mila kônca kula sami nangis awit rumaos tanpa kalêpatan, môngka dipun patrapi padamêlan awrat kados makatên. Wangsul kula botên makatên. Kula punika sanès tiyang ingkang tanpa kalêpatan, kula tiyang awon sangêt. Kula punika tiyang murang sarak, purun dhatêng tiyang sêpuh ingkang mardi murih kasaenan kula. Pandamêlan ingkang awrat punika, kula tampi minôngka paukuman kula, mila kêdah kula lampahi kalihan bingah. Ingkang makatên punika kula tampi, prasasat pangukumipun Gusti Allah dhatêng kula tiyang wangkal sarta purun dhatêng tiyang sêpuh.

Panggêdhene bajag krungu wangsulane Si Karêl kaya mangkono mau, atine ora kapenak. Pamikire: Wong wangkal wani marang wong tuwa bae, diukum kaya mangkene dening Gusti Allah. Luwih manèh ingatase aku iki, kang dhêmên matèni wong tanpa sabab, nyiya-nyiya, ambalèjèdi, mirangake lan sapanunggalane, apa ora bakal diukum kang luwih abot tinimbang Si Karêl.

--- 27 ---

Sanalika iku uga Si Karêl dalasan kônca-kancane padha diluwari saka ing kasusahan. Prau lan gêgawane sapira kang isih, dibalèkake manèh, sarta nuli dikon bali mênyang nagarane.

Karêl dalasan kônca-kancane bungah bangêt, dene wus diluwari dening Gusti Allah saka tanganing bajag. Banjur padha layar mulih mênyang nagarane kanthi bungah, lêstari têkan ing nagara Walônda kalawan slamêt.

Wiwit nalika samono, panggêdhene bajag marèni ing lakune kang ala iku, sarta banjur nyambutgawe ing salumrahe, kawuwuhan bisa dadi wong mursid kang wêdi marang Allah lan trêsna marang sapêpadhane.

Wose: Gusti Allah ngukum marang wong kang murang sarak sarta wangkal wani marang wong tuwa. Nanging iya mêlasi sarta paring pangapura marang wong dosa kang martobat kalawan têmên. Mulane, utama tuwin prayogane kowe padha ambangun turuta marang wong tuwamu sarta nglakonana bêkti marang Gusti Allah.

9. Bêrkahing Tabêri.

Dhèk biyèn ing Tiongkok ana wong duwe anak lanang siji, [si...]

--- 28 ---

[...ji,] kang dipardi bangêt marang sakèhing kawruh tuwin kapintêran rupa-rupa kang nuntun marang kautaman ing akire.

Nalika bocah iku isih cilik mung disinaokake mênyang panggonan kang cêdhak-cêdhak bae. Barêng wus gêdhe sarta wus bisa pisah lan wong tuwane, nuli kasinaokake marang guru kang wus kasusra pintêr lan baud mulang marang murid. Padunungane ana ing gunung kang asri sarta kêpenak hawane. Ing kalane bocah iku lagi sawatara dina ana ing kono, ora sênêng sarta ora krasan. Sabên dina atine tansah bingung, sadhela sênêng sinau, sadhela kêpengin mulih. Suwe-suwe ora duwe sênêng sinau ana ing kono, awit iku panggonan kang kiwa sarta sêpi bangêt.

Ing sawijining dina bocah iku minggat, sêja mulih mênyang tanah ngare kang akèh barang sing nyênêngake marang atine. Barêng lakune têkan ing sikile gunung, lèrèn ana sapinggiring dalan, ing kono wêruh wong nini-nini lagi ngasap wêsi cilik ing watu itêm, bocah iku nyêdhaki sarta pitakon mangkene: Nini, tosan ingkang sampeyan asap ing sela punika badhe sampeyan damêl punapa.

Saure nini-nini: Ênggèr, wêsi iki arêp dak gawe êdom.

Bocah krungu wangsulane nini-nini kaya mangkono, sanalika [sana...]

--- 29 ---

[...lika] owah kêkarêpane, nuli cangkelak bali munggah mênyang gunung manèh sêja ambanjurake sinau nganti satamate pisan. Mulane mangkono, awit pamikire mangkene: wêsi cilik diasap ing watu, lawas-lawas bisa dadi êdom, ora beda aku iki, aku pêrlu sinau kang tabêri, lawas-lawas masthi pintêr. Satêkane ing pasinaon awake dipêsu marang sinau, sakèhe piwulanging guru diapalake nganti lanyah, ing wêkasane bocah mau dadi pintêr bangêt. Barêng wus putus anggone sinau, nuli mulih mênyang omahe: kêtêmu wong tuwa lan sanak sadulure. Akale bocah mau sangsaya mundhak, têkane diwasa misuwur bangêt, yèn pintêr sarta sugih akal, nganti akèh wong nonoman kang padha puruhita marang wong anom mau.

Wose: tabêri iku wêwinihing kapintêran kang anjalari mulyaning uripe. Mulane para anom padha nabêrènana marang sakèhing kapintêran, supaya ing têmbe uripmu bisa mulya, kayadene kang kacrita iku.

10. Bocah Kang Trêsna Marang Wong Tuwane.

Ing sawijining desa, ana tukang kayu duwe anak lanang siji aran Sipit, umure lagi 12 taun. Iku wiwit [wiwi...]

--- 30 ---

[...t] cilik trêsna marang wong tuwane sarta srêgêp marang pagawean.

Anuju sawijining dina, bapakne Sipit lara panastis, nganti sawatara dina ora bisa nyambutgawe. Biyunge Sipit prihatin bangêt, awit ora ana kang dipangan. Kang lara arêp ditinggal lunga golèk buruhan, ora ana kang ngupakara, Sipit durung kêna disambati, awit isih bocah tanggung.

Ing nalika biyunge lagi susah, Sipit mêtu akale kang apik bangêt, iya iku mênyang pawon, anjujug ing paga anjupuk tenggok cilik siji, iku banjur disunggi sarta gêgancangan mênyang alas. Awit omahe ora patiya adoh saka ing alas. Sêjane arêp golèk jambu, olèh-olèhane arêp didol, pêpayone kêna digawe butuh mangan.

Satêkane ing alas, Sipit nuli jèngkèng ing pasukêtan, nênuwun marang Gusti Allah mangkene: Dhuh, Gusti Allah, Ingkang Maha Mirah saha Asih, mugi paringa jambêt kathah dhatêng kawula, ngantos sakêbakipun tenggok punika.

Bakda sêmbahyang, Sipit banjur milang-miling golèk jambu, ora suwe wêruh wit jambu kang ambiyêt wohe tur matêng-matêng. Sipit enggal mènèk sarta ngundhuhi kang matêng-matêng, nganti kêbak tenggoke. Barêng wus olèh satenggok nuli disunggi [di...]

--- 31 ---

[...sunggi] sêja diêdol mênyang pasar. Ing nalika lakune têkan sakèthènging nagara, ana wong wadon adhang-adhang, ngêndhêg sarta pitakon marang Sipit mangkene: Le, kowe kuwi nyunggi apa. Wangsulane Sipit: Punika jambu kluthuk, badhe kula sade dhatêng pêkên, arta pêpajênganipun badhe kula angge tumbas têtêdhan, awit tiyang sêpuh kula sakit, sampun sawatawis dintên botên sagêd nyambutdamêl.

Pitakone wong adhang-adhang: Arêp koêdol pira.

Wangsulane Sipit: Yèn pajêng 30 sèn, botênipun inggih sapajêngipun kemawon.

Calathune wong adhang-adhang: Wis ta, le, suntakên ing bagor kene, dak tukune 50 sèn, supaya bisa kacukupan butuhmu.

Sipit enggal nyuntak jambune sarta anampani dhuwit 50 sèn kalawan bungah. Iku nuli dianggo têtuku butuh kang 25 sèn, dene kang 25 sèn digawa mulih. Satêkane ing omah têtukon sarta dhuwite diwènèhake marang êmbokne. Êmbokne bungah sarta gumun bangêt dene anake isih cilik wis duwe akal kang apik mangkono. Sawuse padha mangan saanane, Sipit nuli jèngkèng nyêbut marang Pangeran, têmbunge: Dhuh, Gusti Allah, mugi nyarasakên tiyang sêpuh kula ingkang sakit, supados sagêd nyambutdamêl malih.

--- 32 ---

Lêt wolung dina, bapakne Sipit waras, sarta lêt sawatara dina manèh wis bisa nyambutgawe.

Wose: Wong tuwa iku anggone ngrumat lan anggulawênthah marang anak kalawan angrêksa lan kangelan bangêt, malah nganti ngêtohake awake supaya slamêting anak. Mulane padha nitènana marang kabêcikaning wong tuwamu. Nulada marang lêlakone Sipit, bocah kang kaya Sipit iku, aran bocah pêthingan.

11. Sawijining Wong Inggris Kang Ora Ngowêl Marang Dhuwite.

Ing nalika tanah Inggris kaêrèh dening Sang Nata Dèwi Elisabèt (Elizabeth), ana sudagar Itali têka ing kono pêrlune arêp tawa mutyara siji, rêgi 20.000 ponsêtèrlêng, marang sang nata dèwi, ambokmanawa karsa mundhut tumbas.

Sanajan Sang Elisabèt wus kasusra rêmên ngagêm sêsotya tuwin agêm-agêman kang luwih adi sarta akèh rêgane, malah sabên taun santun busana kaprabon, ewasamono iya ora karsa mundhut mutyara kang samono rêgane, awit iku digalih kêlarangên.

Ki sudagar cuwa bangêt dene sang nata ora karsa mundhut mutyarane, [mu...]

--- 33 ---

[...tyarane,] nuli cêngkelak bali mênyang lusmèn kalawan garundêlan. Satêkane ing kono, ki sudagar omong-omong karo wong kono, têmbunge: Saupami kula sumêrêpa, bilih Sang Elisabèt botên kagungan arta, kula raos botên kêraya-raya mriki. Yèn mutyara punika kula sade dhatêng Sêpanyê mêsthi sagêd pajêng. Sampun ingkang rajanipun botêna kuwawi, tiyangipun alit ingkang brèwu kemawon sagêd tumbas.

Têmbunge sudagar mangkono mau nuli kawêntar ing akèh, warata ing satanah Inggris. Akèh wong kang ora sênêng marang pangala-ala kang marang sang nata ing dhuwur mau.

Kacarita ing kutha Londhon kono ana panggêdhe prau lêlayaran aran Tomas Grèsèm, iku nalika krungu pangala-ala marang ratune kaya kang wus kasêbut, bangêt sêriking atine sarta duwe sêdya mirangake marang sudagar Itali. Ki sudagar diundang mênyang omahe, mutyarane kang rêga 20.000 ponsêtèrlêng arêp dituku.

Sudagar enggal mara mênyang omahe Tomas Grèsèm kanthi bungah bakal nampani dhuwit akèh. Satêkane ing kono, kang duwe omah tutur mangkene: Kisanak sudagar, kula ingkang kadugi tumbas mutyara sampeyan, [sampeya...]

--- 34 ---

[...n,] sampun ingkang namung rêgi 20.000 ponsêtèrlêng, sanajan langkunga saking samantên pisan, kula inggih kadugi.

Badhe pambayar kula: Mangke sontên. Dados mangke sontên kemawon sampeyan wangsul mriki malih, kula badhe damêl karamean kalihan kônca-kônca ngiras badhe kula pamèri, bilih kula sagêd tumbas mutyara sampeyan ingkang pangaos 20.000 ponsêtèrlêng.

Wangsulane sudagar Itali: Inggih sae, mangke sontên kula mriki malih, sapunika kula sampeyan lilani wangsul dhatêng lusmèn.

Ing waktu iku Tomas Grèsèm kongkonan ngulêm-ulêmi mitra-mitrane dikon têka ing omahe angrujuki anggone arêp rame-rame.

Ing sore iku ki sudagar lan sakèhe mitra-mitrane Tomas Grèsèm, padha têka angrujuki ênggone arêp sukan-sukan. Iku kabèh dibagèkake kalawan urmat dening Tomas Grèsèm. Bakal pasugatane wus miranti ora nguciwani, samuwa tinata ing meja kang tinaplakan putih akêmbang-kêmbang. Sadurunge miwiti sukan-sukan, Tomas Grèsèm tutur marang dhayoh mangkene: Para mitra-mitra ingkang sami pinarak ing ngriki sadaya, sampeyan kula aturi mriki, supados angguyubi anggèn kula bingah-bingah,

--- 35 ---

dene kula sagêd tumbas mutyaranipun sudagar Itali punika. Sumôngga kula aturi mirsani mutyara ingkang kula athungakên punika. Mutyara samantên punika kula tumbas pangaos 20.000 ponsêtèrlêng. Sumôngga sami wiwit sukan-sukan, dhahara saha ngunjuka sawontênipun.

Para suruhan nuli padha sukan-sukan mangan sarta ngombe ing sasênênge dhewe-dhewe.

Satêngah-têngahing kasukan, Tomas Grèsèm ngulungake dhuwit 20.000 ponsêtèrlêng marang sudagar Itali, minôngka panukune mutyara kang wus katuduhake ing dhuwur mau.

Mutyara kang wus tinuku ana ing pasamuwane para tamu mau, tumuli dibubuk, digawe bubukan kang èmêt bangêt ana ing sangarêpe kang padha jagongan. Sawuse èmêt nuli ingêwor ing gêlas kang isi anggur. Sudagar kang adol mutyara dalasan para tamu wêruh tanduke Tomas Grèsèm, eram sarta gumun bangêt.

Barêng para tamu wus tutug anggone kasukan banjur diladèni anggur, minôngka tutuping kasukan. Têmbunge Tomas Grèsèm marang sudagar mangkene: He mitra kula sudagar Itali, sampeyan pirêngakên têmbung kula saha mugi sampeyan cathêt ing panggalih. Sampun malih-malih sampeyan ngawon-awon dhatêng Sang Elisabèt, kasêbut ratu mlarat. [mla...]

--- 36 ---

[...rat.] Sampeyan sumêrêp kalayan cêtha, yèn ratu kula punika sugih sangêt. Tandhanipun, kagungan kawula ingkang sagêd ngombe anggur winoran bubukan mutyara pangaos 20.000 ponsêtèrlêng. Bakda tutur mangkono marang sudagar, nuli ngaturi marang mitra-mitrane supaya ngombe anggur bêbarêngan, kanthi mujèkake ing kasugêngane Sang Elisabèt, ratu ing nagara Inggris.

Ora antara suwe, wartane Tomas Grèsèm banjur warata ing satanah Inggris sarta kapiyarsa ing sang nata dèwi. Tomas Grèsèm tinimbalan dening Sang Ratu Elisabèt, kinulawisudha dadi ridêr sarta kaparingan ganjaran brana luwih akèh.

Wose: aja dhêmên nyatur utawa ngala-ala marang liyan, awit wêkasane nuntun marang kawirangan. Bêcik kaduk pangalêmmu sathithik katimbang ngala-ala. Arang wong kang bisa mangkono.

12. Kapitulungan ing Lawa.

Ing jaman biyèn ing nagara Paris tanah Prankrik ana wong sêsomahan, iku kêrêp êcrah, ora rukun satasarta pêpadon kang liwat saka ngêkat.

--- 37 ---

Kang lanang duwe krêkat arêp matèni marang kang wadon, wus suwe anggone duwe karêp mangkono iku sarta wus akèh rekadaya kang minôngka srana kanggo bakal matèni, dadi mung kari ngêntèni waktu kang prayoga. Mungguh srana kang arêp diênggo matèni, iku racun kang wus lêmbut sarta warnane putih. Saking lêmbute, upama dinokok ing piring utawa ing barang putih ora katara.

Ing sawijining dina, waktune mangan jam 7 sore, kang wadon wus cêcawis kang arêp dipangan, sarupa-rupane wus tinata ing meja. Kang lanang tansah ngawasake ing sasolahe kang wadon, yaiku anggone arêp andokoki racun ing sop pancène kang wadon. Dumadakan nalika iku ana apa-apa kang kurang, dadi kang wadon mênyang sêpèn arêp anjupuk barang mau.

Saungkure kang wadon, kang lanang enggal nguwur-uwurake racun ing sop pancène kang wadon. Satêkane kang wadon, nuli calathu mangkene: Wong wadon, kowe mangana dhewe dhisik, aku dak ngrampungake nulis sadhela, mêngko yèn wus rampung dak nusul bae.

Kang wadon ora mangrêti pisan-pisan marang sêdyane kang lanang mangkono iku, mung bae atine krasa ora kapenak, sadhela tab-taban, sadhela manèh dhêg-dhêgan. Nuli [Nu...]

--- 38 ---

[...li] wiwit mangan ijèn, nurut kandhane kang lanang. Dumadakan ana lawa tiba, nibani sop pancène dhewe. Lawa enggal cinêkêl sarta binuwang ing jaba. Sop pancène dhewe kang kacêmplungan ing lawa nuli kalirokake sop pancène kang lanang sarta ambanjur mangan dhewe kalawan enak.

Ora antara suwe kang lanang mêtu saka kamar panulisan, banjur lungguh srêg arêp mangan. Sop pancène nuli wiwit kapangan lan ciptaning atine mangkene: Saiki kowe sida mati dening aku. Dene pamikire kang wadon mangkene: Sarèhne kowe ora gêlêm mangan barêng, mulane kowe dak wènèhi sop tilas kêcêmplungan lawa.

Satêngah-têngahing mangan, wêtênge kang lanang krasa lara bangêt, saya suwe saya lara, dadi ora kêna diampêt, ngolang-aling sambate: mati aku, mati aku, mati aku.

Kang wadon wêruh kaananing kang lanang mangkono iku, bingung bangêt, awit ora wêruh kang dadi sababing lara. Enggal ngundang dhoktêr dipurih mriksa larane kang lanang.

Satêkane dhoktêr, kang lanang pinriksa kalawan titi, tinêmuning papriksan larane iku marga kêna ing racun. Dhoktêr pitakèn marang kang wadon, apa dhèwèke dhewe kang ngracun marang bojone. Wangsulane kang wadon, ora

--- 39 ---

rumasa ngracun lan sawêruhe iya ora mangan apa-apa kajaba mung sop iku mau.

Kang lara enggal digawa mênyang rumah sakit, kaupakara ana ing kono. Marga saka kêrase racun larane sangsaya ngranuhi, kongsi sambat ora kuwat. Dhoktêr wus awèh wêruh marang parentah bab kaananing wong iku mau.

Parentah nuli utusan upas nyêkêl bêbandan marang wong wadon iku mau, sarta utusan mundhut katrangan marang tôngga-tanggane, apa wong iku uripe rukun, apa êcrah. Wangsulane kang kadangu, mratelakake yèn uripe kêrêp padu malah nganti pêpênthungan. Marga saka anane para saksi mangkono iku, parentah nêtêpake yèn kang wadon iku wus ngracun marang kang lanang. Padha sanalika iku nuli tinahan ana ing pakunjaran.

Esuke manèh kapriksa ana ing pangadilan, arêp kaputus prakarane. Ature wong wadon mangkene: Kalawinginipun dalu wanci jam 7, kula sampun sadhiya badhe nêdha, sarêng sadaya sampun cumawis, semah kula wicantên makatên: Kowe mangana dhewe dhisik, aku dak ngrampungake nulis sathithik, mêngko dak nusul bae. Kula mapan badhe nêdha, semah kula dhatêng kantoran. Dumadakan wontên lawa dhawah, andhawahi sop pancèn kula. Lawa kula

--- 40 ---

bucal dhatêng jawi, lajêng sop ingkang kêcêmplungan lawa kula lintokakên kalihan pancènipun semah kula, ing ngriku kula têrus nêdha kalayan eca. Botên dangu semah kula mêdal saking kantoran, têrus nêdha sop ingkang sampun kacêmplungan lawa. Satêngah-têngahipun nêdha lajêng ngolang-aling, awit wêtêngipun kraos sakit. Lah namung makatên atur kula, sumôngga karsanipun parentah.

Parentah nuli utusan andangu marang kang lanang, supaya pratela sablakane, apa iya dhèwèke kang sêdya miyala marang bojone. Ature kang lara: Kula piyambak ingkang ngracun semah kula. Rikala semah kula dhatêng sêpèn, paring sop pancèning semah kula kula wur-wuri racun. Kula botên nyana, bilih punika ambalik dhatêng badan kula piyambak.

Barêng parentah wus olèh urusan mangkono iku, nuli dhawuh ngluwari wong wadon saka ing kunjaran, awit iku ora kaluputan bab larane kang lanang.

Pangrumat lan pangupakarane dhoktêr marang wong mau ora ana gunane, lêt rong dina wong lanang mau mati. Sakèhe wong kang kaprungon padha eram bangêt.

Wose: Êcrah sarta ora rukun, minihi bilai, kang anjalari rusaking awak sarta ilanging nyawa. Bêcik ngudia [ngudi...]

--- 41 ---

[...a] karukunan karo sapêpadhamu kang mêtu saka ing trêsna. Elinga, rukun iku dadi êsuhing urip kang anjalari santosa sarta nuntun marang kamulyan.

13. Sumpah Atêmah Bisu.

Kacarita dhèk jaman kuna, ing nagara Walônda ana wong durjana loro, kang wus dosa matèni uwong. Nanging barêng kapriksa, sakarone padha mungkir, ora ngaku yèn wus matèni uwong. Sarèhning karoban ing saksi kang têrang, dadi wong mau sida katrap ing ukuman kang murwat lan kaluputane.

Wong loro iku, kang siji ginêdhong pêtêng, sijine kapatrapan pagawean kang abot sarta rêkasa bangêt. Kang ginêdhong ora suwe mati ana ing kono. Kang ditrapi pagawean abot, tutur marang kancane mangkene: E, kônca kula, sampeyan sumêrêpa, anggèn kula siniksa makatên punika rak tanpa kalêpatan, parentah punika botên adil, siya dhatêng tiyang alit ingkang tanpa kalêpatan. Wicantên kula punika botên namung lamis kemawon. Yèn wicantên kula punika dora, mugi sami sakala punika kula sampun ngantos sagêd wicantên.

--- 42 ---

Durung rampung anggone kojah, ora salah sakal bisu, dadi ora bisa calathu mung lingak-linguk bae.

Kônca-kancane, calathu mangkene: Lah sapunika kadospundi. Upami sampeyan wau botên rumêsik-rêsik kanthi sumpah, masthi botên bisu. Yèn makatên punika kadospundi. Tiyang kenging dipun apusi, punapa Gusti Allah inggih makatên.

Wose: aja dhêmên anglairake sumpah, luwih-luwih sumpah kang goroh. Sumpah goroh anjalari cilaka ing donya sarta ing akerat. Bêcik balakaa ing sabarang prakara. Yèn iya: iya, yèn ora: ora. Luwih saka iku luput.

14. Wong Kang Angkuh.

Ing Pèrsi ana wong sugih, nganti ngungkuli sugihe nagara kono.

Ing sawijining dina wong sugih iku calathu marang mitrane mangkene: E, mitra kula, punapa sampeyan sampun ningali utawi mirêng, yèn ing nagari Pèrsi ngriki wontên tiyang sugih, ngungkuli kula. Wangsulane mitra: Kados kula inggih sampun [sampu...]

--- 43 ---

[...n] anjajah ing nagari ngriki, nanging kula inggih sagêd mastani, yèn sampeyan punika sugih piyambak. Ing lair kamulyan sampeyan sampun mèh nyamèni panjênêngan ratu.

Têmbunge wong sugih: Pangraos kula, kamulyan kula punika tanpa tandhing. Salami kula gêsang dèrèng nate andhêku urmat dhatêng sadhengah tiyang, malah sanajan dhatêng panjênêngan nata inggih dèrèng. Kosokwangsulipun, sampun maèwu-èwu tiyang sami tumêlung urmat dhatêng kula.

Mitrane krungu têmbung kang mangkono sêrik atine, dene ana wong angkuh lan umuk kaya mangkono. Iku sêdya ngajar marang mitrane, supaya mitra iku kapatrapan ukuman dening sang nata. Saundure saka ing kono, enggal sowan marang ngarsane sang nata ngandharake angkuhe wong sugih mau, miwiti malah mungkasi.

Sang nata miyarsa atur mangkono iku têmah duka bangêt sarta dhawuh nimbali wong sugih mau.

Wong sugih tinimbalan ing sang nata enggal sowan. Sasowane nuli kapangandikanan mangkene: Wruhanira, sarèhne sira durung tau andhêku urmat marang panjênêngan ingsun utawa marang sapêpadhanira, mulane wiwit ing saiki sabanjure, sira ora kêna tumêlung babarpisan, dadi sajêging uripira kudu mung tansah andhangak bae. Manawa sira [si...]

--- 44 ---

[...ra] nglirwakake dhawuh ingsun, ora kêna ora mêsthi sira sun patrapi ukuman pati.

Ature wong sugih angkuh: Dhuh gusti, ratu kawula, kawula sagah ngèstokakên dhawuh dalêm, dados kawula kadugi botên tumêlung salami kula gêsang.

Sawuse wong sugih angkuh ngaturake ing kasaguhan mangkono marang sang nata, sang nata nuli dhawuh marang mitrane wong sugih mau mangkene: Lah sira sun patah ngulatake marang mitranira. Samasa sira sumurup mitranira nglirwakake dhawuh ingsun, dienggal ngunjukana uninga marang panjênêngan ingsun.

Wong sugih karo mitrane wis kalilan mundur, banjur mulih kanthi bungahing ati. Barêng lakune mèh têkan ing omah, buku pèngêtane wong sugih tiba. Nuli arêp andhingkluk anjupuk bukune, nanging tumuli dielingake dening mitrane: Sampeyan sampun tumêlung, èngêta dhatêng dhawuhipun sang nata ingkang kanthi pangancam.

Wong sugih anuli undang-undang bature, dikon anjupuk buku kang tiba iku.

Durung antara satêngah jam saka tibane buku, sikile wong iku dicakot ing lêmut, saking gatêle dadi arêp tumêlung nyablèk. Ing kono mitrane nuli tutur mangkene: Dipun emut dhatêng dhawuhipun sang nata.

--- 45 ---

Wong sugih banjur akon marang bature, nyablèk lêmut kang nyakot.

Esuke manèh wong sugih karo mitrane sarta bature wong siji, lêlungan marang sawijining desa. Dalan kang diambah ora akèh kêkayone, môngka kabênêran waktu iku panas bangêt. Dadi sadalan-dalan wong têlu mau krasa sayah sarta ngêlak bangêt. Ora adoh saka ing dalan iku ana bêlik kang asri sarta bêning banyune. Katêlune nuli padha mrana rêrikatan arêp ngilangake ngêlak lan sayahe.

Satêkane ing kono, wong sugih ora sarônta arêp tumêlung nyidhuk banyu ing bêlik. Mitrane enggal ngelingake têmbunge: Dhuh, mitra kula, sampun rambah kaping tiga punika sampeyan kasupèn dhatêng kasagahan sampeyan, mila kula èngêtakên supados sampeyan sampun ngantos katrap ing paukumanipun sang nata.

Wong angkuh enggal prentah marang bature nyidhuk banyu ing bêlik. Sawuse wong têlu iku ngombe lan ilang sayahe, ora sêdya ambanjurake laku, nanging banjur mulih rêrikatan. Satêkane ing omah wong sugih calathu marang mitrane mangkene: Sapunika kula rumaos botên kadugi nglajêngakên dhawuhipun sang nata. Sawêg kalih dintên kemawon kula sampun mèh nêrak ngantos ambal ping tiga. Yèn dhangan [dha...]

--- 46 ---

[...ngan] ambokbilih paring pitulungan dhatêng kula, nglarapakên atur panuwun kula dhatêng sang nata. Bilih sang nata parêng, kula kalilana limrah kados tiyang kathah, kula kadugi nglampahi kurmat dhatêng sadhengah ingkang suka kurmat dhatêng kula.

Wangsulane mitra: Manawi sampeyan sampun sêdya makatên, kula purun anglantarakên panyuwun sampeyan. Sampun sapunika kula têrus sowan ing ngarsanipun sang nata.

Satêkane ing kadhaton banjur sujud, nyêmbah, ature: Dhuh, gusti ratu kawula, kawula sowan ing ngarsa dalêm, nglarapakên atur panyuwunipun mitra kawula tiyang sugih. Ing sapunika mitra kawula sampun rumaos lêpat, saha botên kuwawi nglampahi ukum dalêm. Wiwit sapunika badhe dados tiyang limrah ing kathah, sangêt-sangêt panyuwunipun, mugi wontêna rumêntahing sih dalêm paring pangapuntên.

Dhawuh wangsulane sang nata: Mitranira wong sugih konên sowan ingsun dhewe, ingsun arsa miyarsa ature sarta kasanggêmane kang têmên.

Aturing mitra: Kaluhuran dhawuh dalêm, kawula kalilana lèngsèr saking ngarsa dalêm, andhawuhakên timbalan dalêm dhatêng mitra kawula tiyang sugih.

Satêkane mitra ing omahe wong sugih banjur tutur mangkene: Kula sampun sowan ing ngarsa dalêm sang nata, inggih [ing...]

--- 47 ---

[...gih] sampun angunjukakên panyuwun sampeyan. Karsanipun sang nata, sampeyan kakarsakakên sowan piyambak.

Wong sugih krungu tuturing mitra mangkono, kaliwat bungahe. Sanalika banjur sowan ing ngarsane sang nata. Satêkane ing kadhaton banjur sujud sarta nyêmbah, ature: Dhuh gusti, nata pêpundhèn kawula, kawula ngakêni sakathahipun kalêpatan kawula ing ngarsa dalêm. Kawula kadugi limrah kados tiyang kathah, botên badhe gumunggung sarta angkuh. Sapunika kawula nyuwun sih pangapuntên dalêm. Kalilana manut salimrahipun tiyang kathah.

Dhawuh pangandikanipun sang nata: Sira iya ingsun lilani lumrah kaya wong akèh, anggêr sira saguh nglakoni pangrèh ingsun. Sajrone wolung dina sira mlakua wungkuk, angidêri kutha kambi nguwuh-uwuh: Kaya mangkene iki pangukume sang nata marang wong kang angkuh.

Ature wong sugih: Dhuh gusti pangeran kawula, kawula sagah nglampahi dhawuh dalêm makatên punika. Sapunika kawula nyuwun palilah lèngsèr saking ngarsa dalêm, saha badhe lajêng nglampahi dhawuh paukuman dalêm dhatêng kawula.

Esuke wong sugih mlaku wungkuk ngubêngi kutha kambi nguwuh-uwuh: Kaya mangkene iki pangukume sang nata marang wong kang angkuh.

--- 48 ---

Sajroning wolung dina, wong sugih nandhang pangerang-erang saka sakèhing wong kang ora sênêng, nanging akèh uga wong kang wêlas marang dhèwèke.

Wose: budi utawa ambêk angkuh iku sinêngitan dening wong akèh, andhap-asor sarta lêmbahing ati iku ngrêsêpake. Pilihên, êndi kang padha kosênêngi.

15. Katrêsnaning Êmbok.

Ing Sundêrlan bawah Inggris, ana wong wadon aran: Ani Tarèn, iku duwe anak lanang siji umur 9 taun. Rèhning omahe ing gisik, dadi bocah mau duwe kasênêngan nunggang sêkoci ana ing sagara. Sanajan anake Ani Tarèn mau lagi umur samono, nanging kêndêle kaliwat ngêkat, andadèkake erame wong-wong kang padha mulat. Êmbokne wis kêrêp malangi, awit durung wêruh pakewuhing sagara kang ambêbayani bangêt.

Ing sawijining dina, bocah iku nunggang sêkoci kaya adat sabên. Barêng sêkocine têkan sacêdhaking pulo, dumadakan ana angin prahara ambuncang sêkoci mau nganti kèrêm, dene bocahe bisa slamêt mêntas ing pulo.

--- 49 ---

Saya suwe angine sangsaya gêdhe, anjalari gêdhening alun.

Nalika iku iya akèh wong kang wêruh, nanging marga saka gêdhening alun, dadi ora ana wong siji kang wani mitulungi.

Êmbokne wus kawartanan yèn anake kêna ing bêbaya, enggal mêtu mênyang gêgisik, trêngginas nunggang sêkoci marani anake kang ana ing pulo mau, ora wêdi tinêmpuh ing angin utawa alun. Kang diajap lair lan batin mung bab salamêting anake. Satêkane ing pulo, anake dibopong sarta age-age ditunggangake ing sêkocine, lakune lêstari têkan ing dharatan kanthi slamêt. Ani Tarèn banjur jèngkèng sujud marang Allah, ngaturake ing panuwune, dene wus paring pitulungan mêntas saka ing bêbaya.

Sakèhing wong lanang kang padha ana ing gêgisik, padha eram sumurup kêkêndêlane Ani kang kaya mangkono iku. Kabèh rumasa isin marang Ani, awit ora wani têtulung marang bocah kang ana sajroning bêbaya.

Wose: anak wajib trêsna lan ngurmati marang wong tuwa, luwih-luwih marang êmbok, awit êmbok iku kang wus anglairake sarta anggulawêntah kalawan toh pati marang anak. Dadi wus têtela têrang, yèn anak kang wani marang

--- 50 ---

êmbok, iku ewone bocah kang ala. Bocah kaya mangkono iku ora bakal binêrkahan dening Pangeran Kang Murbèng Alam.

16. Tulung-tinulung.

Dhèk biyèn ing nagara Rum akèh golonganing tukang sarta kuli, kang padha nyambutgawe ing panggonane para sugih. Ing jaman iku akèh para sugih kang nindhês sarta anggêpe sawênang-wênang marang para wong kalèrèhane.

Ing sawijining dina, golonganing tukang lan kuli mau mogok ora gêlêm nyambutgawe, awit kacênthok têmbunge wong sugih kang ambêk sawênang-wênang. Nalika samono para tukang sarta kuli kang mogok mau padha kalumpukan sarujuk mati barêng. Rêmbuge kang sawênèh: Gunane apa, aku lan kowe padha karaya-raya nyambutgawe ing panggonane wong ambêk siya iku. Pamêtune ora sapiraa, nyambutgawe dikon nyêngka, kawuwuhan pisuh lan srêngên sabên dina. Ora mung nagara iki bae kang ana pangan, ora mung nagara iki bae kang akèh wong sugih. Payo kônca, padha lunga tinggal nagara iki, nyambutgawe marang ing nagara mônca.

--- 51 ---

Sawuse gilig ing rêmbug, kabèh brêng lunga ninggal nagara sarta pagawean, sêdya mênyang nagara liyan golèk pagawean. Lakune lêstari mèh têkan tapêl-watêsing nagara kang sinêdya.

Kacarita ing Rum iku ana wong sugih jênênge Meneniyus, kang uga duwe tukang sarta kuli akèh. Wong iku bêbudèn sarta kalakuane apik, dadi ora kaya wong sugih kang akèh-akèh. Nalika krungu yèn ana golongane tukang sarta kuli kang tinggal nagara, nuli enggal nututi sêdya nglairake rêmbug, ambokmanawa digugu. Barêng wus katututan, banjur padha dikon mandhêg sarta diwarah mangkene: He, para sadulur, kowe aja nyidakake sêdyamu kang kaya mangkono, bêcik padha nêrusna nyambutgawe ana ing nagaramu dhewe bae. Ana ing tanah mônca masthi bakal angrêkasa bangêt.

Wong mau nalika ngrungokake pituture Meneniyus, atine nuli nglokro, ana uga sawatara kang ora owah karêpe. Marga saka nalar kang mangkono, Meneniyus nuli andongèngi carita padudone gêgêlitaning awak kang mangkene surasane: ing sawijining dina gêgêlitaning awak ora rukun, dadi lumuh tulung-tinulung, mung padha murih kêpenake dhewe-dhewe bae. Sikil calathu [ca...]

--- 52 ---

[...lathu] marang awak, têmbunge: he, awak, wiwit saiki, aku gêmang têtulung marang kowe, awit kangelanku sadina-dina mung anjalari kapenakmu bae. Sing uwis iya uwis, sing kari iki bae aku gêmang anggawa kowe, dadi yèn kowe arêp lunga-lunga, golèka akal dhewe, wêtokna akalmu, aku arêp wêruh. Tangan calathu marang cangkêm, têmbunge: cangkêm, wiwit ing saiki aku gêmang nulungi kowe, dadi yèn kowe arêp mangan apa-apa golèka dhewe, aku wis ora sêdya mraduli marang kowe. Cangkêm tutur marang wêtêng, têmbunge: he, sadulurku wêtêng, wêruha, saiki aku gêmang ngingoni kowe, awit ênggonku ail mung anjalari pamblêndhukmu bae. Wis, saiki golèka dhewe, aku gêmang nulungi marang kowe manèh.

Mung kajugag samono Meneniyus anggone andongèng. Atine wong-wong mau wus bisa luluh, ora sêdya ambanjurake lunga ninggal nagara. Sakabèhe sêdya ambanjurake pagaweane lawas, anggêr ora kasiya-siya bae. Sing sapa sawênang-wênang pêrlu kasuwunake adil marang parentah. Ing kono ana tukang tuwa tutur marang Meneniyus mangkene: Marga saka dongèngmu mau, aku bisa ngarani mangkene: Wong urip iku pêrlu rukun karo

--- 53 ---

sapêpadhaning urip. Lire: wong sugih mêlasi wong mlarat, lan wong mlarat wajib dadi bêbaune wong sugih, mung bae para sugih aja salah panganggêpe, duwea têpa-têpa.

Meneniyus bungah bangêt dene para mitrane gêlêm anggugu ing rêmbuge. Padha sanalika iku wong-wong mau kabèh banjur padha ambalèni omah lan anak bojone, sarta nêrusake nyambutgawe ing pagaweane para wong sugih ing nagara kono. Atine para sugih iya wis owah sarta ora nandukake sawênang-wênang marang para buruhe kaya kang uwis.

Wose: ambêk siya utawa sawênang-wênang padha singkirana, awit iku ora bêcik wusanane, ora mung dadi ala bae, iya uga dadi marganing kapitunan kang gêdhe. Ditêpa uripmu, dirukun uripmu, supaya aja ana pakewuh apa-apa kang anjalari sangsarane ing uripmu. Ana bêbasan: rukun iku êsuhing urip, kang marakake santosa marang wong kang padha bêbrayan.

17. Rêmbulan Minôngka Saksi Bab Rajapati.

Kacarita dhèk jaman biyèn, ing desa A ana wong sugih bangêt, undhaking kasugihane lir plêthèking srêngenge. Srêngenge [Srênge...]

--- 54 ---

[...nge] mundhak dhuwur, iya mundhak panase. Mangkono uga wong sugih kang kasêbut iku, mundhak dina mundhak ing kasugihane, nganti nagara kono ora ana kang madhani, bêciking omah wis mèmpêr dalême patih. Sarèhne wong iku lugune ora duwe panggaotan lan turune wong mlarat bae, dadi akèh kang ngrasani mangkene: Ora kayaa, si anu kuwi thik kasugihane saya ngrêbda, kang môngka dhèwèke ora tani, ora nukang, ora nyudagar sarta ora olèh warisan saka wong tuwane. Yèn mangkono kasugihan samono iku anggone olèh saka ngêndi. Omahe brêgas, bêkakase ora nguciwani, sugih batur lan ingon-ingon mêpaki.

Ing sawijining dina wong sugih iku kêdhayohan mitrane kang dadi carik ana ing desa B adoh lan nagarane sarta desa A. Bayare mitra mau mung cukup kanggo nyandhang mangan saanake. Wong iku nalika têka ing ngarêping omahe, anjêngêr sarta gajêg-gajêg, apa iya iku omahe, apa dudu. Yèn nitik prênahe kaya-kaya ora kliru, nanging yèn nyawang omahe kaya ora mèmpêr, ora ngira yèn mitrane dadi sugih mangkono.

--- 55 ---

Ora suwe kang duwe omah iya iku mitrane: mêtu, barêng mulat ora pangling yèn kang ngadêg sandhing regol iku mitrane lawas. Banjur diancarani sarta diajak lumêbu kalawan bungah. Sawuse bage-binage ing kaslamêtane, nuli dhayohe pitakon mangkene: dhuh, mitra kula, kula wau rak gajêg-gajêg, kula wastani punika sanès griya sampeyan. Sukur sangêt dene sampeyan yasa griya makatên. Kula punika ingkang têtêp bêgja, dene saprika-sapriki taksih panggah makatên. Ing sapunika kula sampeyan jatèni, sagêdipun sampeyan sugih makatên punika saking punapa.

Wangsulane kang duwe omah: O, punika gampil sangêt, sintên ingkang tabêri nyèlèngi ing dalêm sadintên 1 sèn kemawon, lami-lami sagêd gadhah arta atusan utawi ewon rupiyah.

Barêng wus antara suwe anggone patêmon, dhayoh pamit arêp mulih. Sadurunge pangkat, kang duwe omah awèh bêbungah sandhangan rong pangadêg sarta dhuwit sawatara rupiyah. Dhayoh nampani kanthi bungah, nuli mangkat mulih. Ana ing dalan tansah anggagas-gagas bab kaanane mitrane kang sugih iku, ciptane: si anu iku anggone bisa sugih mangkono saka ngêndi. Mungguha wong tuwane sugih, mêsthi

--- 56 ---

saka warisan, mungguh dadi priyayi, iya bayare, mungguha kriya iya saka kalumpuking pamêtune. Rèhning kabèh iku ora, dadi bisane mangkono saka ing ngêndi, aku kok rada judhêg anggonku ngrasakake iku.

Ing sawijining dina wayah sore, wong sugih pamit marang bojone, arêp lunga ambêburu mênyang alas. Têmbunge mangkene: Dhuk, kowe nanga omah bae, aku arêp lunga ambêburu mênyang alas. Kowe ana ing omah sing ngati-ati. Iki rak sêdhênge watune cèlèng, awit lagi kapinujon padhang bulan.

Wangsulane kang wadon: Iya, kang, nanging aja suwe-suwe, yèn wis olèh nuli balia, aja salah wèngwèng.

Sawuse dililani dening sing wadon, banjur mangkat rêrikatan, dene praboting gêrma iya ora kari.

Satêmêne wong iku ora arêp ambêburu, nanging arêp ambegal sudagar mas intên kang liwat nratas alas kang ora adoh saka ing padunungane kono.

Satêkane ing alas wus wêngi, môngka nuli udan dêrês kaya disokake, gêlap thathit aliwêran sarta blêdhèg angampar-ampar. Nanging ora antara suwe udane têrang, mêndhunge ilang blas, salin padhang anjingglang, awit ambênêri tanggal purnama. Wong mau banjur mapan ampingan wit ing pinggir dalan.

--- 57 ---

Ora antara suwe nuli ana pêdhati liwat ing kono, iku nuli diprêpêki. Barêng wus ana ngarêpe, nuli diêndhêg sarta ditakoni mangkene: Iki pêdhati momot apa. Saure kang nunggangi: Momot barang mas intên warna-warna, arêp mênyang nagara anu. Têmbunge kang takon: Dak jaluk. Wangsulane kang duwe: Nèk mung sathithik bae iya awèh. Têmbunge kang sêdya anjaluk: Ora mung sathithik, nèk olèh dak jaluk kabèh, sarta kowe dak patèni, awit yèn kowe dak uripi masthi bakal ambadharake panggaweku mangkene iki. Saure kang duwe barang: Bab kang mangkono iku aku lila trusing ati, awit urip lan barang iki dudu duwèkku dhewe, aku mung sadêrma anggadhuh. Rumasamu wis ora ana kang bakal naksèni anggonmu arêp matèni aku. Wêruha, rêmbulan iku bae kang dak unggahake dadi saksi, supaya nuduhna marang parentah, yèn kowe wus ngalap barang lan matèni marang aku.

Begal krungu têmbung kang mangkono, banjur tumênga sarta angguyu lakak-lakak, sudagar enggal dicandhak dipatèni, jisime ditinggal gilang-gilang ana ing kono, dene gêgawane sapira kang pangaji dialap kagawa mulih. Lakune rêrikatan kaya ana wong kang nututi.

--- 58 ---

Satêkane ing omah wis têngah wêngi. Kang wadon pitakone mangkene: Kang, kok nganti têngah wêngi lagi mulih, lan manèh ambêkanmu kok rêrênggosan mangkono, ana apa, ta, kang.

Wangsulane kang lanang sugal: Hus, wis aja kakehan crèwèt, mênênga bae, kowe wong wadon dhêngêr apa, dhêngêrmu mung mangan, nyandhang. Wis ayo padha turu, saiki rak wis wêngi.

Kang wadon krungu wangsulan mangkono, atine kêlara-lara, awit salawase durung tau kagêpok têmbung kang songol kaya mangkono.

Antara rong sasi saka ênggone ambegal: ing wayah bêngi tanggal purnama, wong mau turu barêng lan bojone. Sadurunge turu isih padha omong-omongan ana ing paturon. Barêng nênga mandhuwur, dumadakan wêruh soroting rêmbulan saka sêlaning gêndhèng. Iku banjur gumuyu ngakak. Sarèhne kang wadon ora wêruh sababing gumuyu, nuli pitakon mangkene: Kang, anggonmu gumuyu iku sababe apa.

Wangsulane: Ora ana sababe apa-apa.

Kang wadon ora lêga diwangsuli mangkono, dadi tansah mothah marang kang lanang supaya dipasajani sababing gumuyu.

--- 59 ---

Sarèhne sabên dina pinothah bae, suwe-suwe blaka, têmbunge: Dhuk, kowe dak balakani, nanging poma aja tutur marang sapa-sapa, sanajan marang sadulur dhewe iya ora kêna.

Saure kang wadon: Ora, kang, aku ora arêp tutur marang sapa-sapa, mung arêp wêruh bae, yèn wis wêruh iya uwis.

Tuture kang lanang: Rong sasi kapungkur, aku pamitan kowe, tuturku arêp amburu cèlèng mênyang alas. Nanging satêmêne aku ora golèk cèlèng, aku ambegal sudagar intên kang liwat ing kono. Gêgawane dak jaluk, kang duwe dak patèni. Sadurunge dak tangani, calathu marang aku mangkene: pangiramu ora ana wong kang wêruh anggonmu matèni aku, dadi ora ana saksi kang naksèni bakal patiku. Begal wêruha, apa kang kêncar-kêncar padhang iku. Rêmbulan iku kang dak unggahake dadi saksi, supaya nuduhna marang parentah, yèn kowe wus ngalap barang lan matèni marang aku. Ing nalika aku krungu têmbunge sudagar kaya mangkono, aku maido bisane kalakon, mulane aku banjur gumuyu lakak-lakak. Dadi ing nalika aku gumuyu ngakak iku, sababe aku kèlingan têmbunge sudagar, jalarane eling, awit nalika aku

--- 60 ---

têturon karo kowe, wêruh soroting rêmbulan saka sêlaning gêndhèng. Lah iya mung iku sababe anggonku gumuyu.

Kang wadon barêng krungu têmbunge kang lanang kaya mangkono, jlêg kaya ana kang nuntun, ora eling marang prajanji sarta ora gêlêm nyidhêm prakarane kang lanang. Mak nyat lunga sowan marang parentah, ngaturi uninga yèn kang lanang wus ambegal sarta matèni uwong.

Parentah enggal ngutus punggawa, nyêkêl marang wong mau. Putusaning prakara, wong iku dilungakake saka nagarane ing salawase urip.

Ing kalane mitra kang kasêbut ing dhuwur krungu lêlakon iku, nuli calathu mangkene: Bêcik malarat kaya aku kiye, katimbang karo sugih kang saka laku durjana.

Wose: Gusti Allah iku sipat adil, ora kêkilapan marang polah tingkahing titah kabèh. Kang tinêmu ala bakal kaukum, kang utama bakal kaparingan ganjaran lan kamulyan. Utamane wong urip ngupaya sandhang pangan sarana nyambutgawe kang pasaja, aja nganti laku durjana kang wêkasane nyilakani.

--- 61 ---

18. Mulih Lêgèh.

Ana sawijining wong pitakon marang juru nujum mangkene: Kisanak, wau dalu kula supêna, nanging kêsupèn babarpisan. Ingkang punika manawi sampeyan sagêd sarta dhangan, kula nêdha tulung sampeyan têdahakên supênan sawahananipun pisan. Ingkang minôngka epahipun daging kula sakatos.

Juru nujum nyaguhi, têmbunge: Kula kadugi nêdahakên supênan sampeyan, nanging kula sêmados salêbêtipun tigang dalu.

Wangsulane wong kang ngimpi: Inggih prayogi. Ing patang dinane juru nujum nêmoni kang ngimpi, têmbunge: Sadhèrèk, kula sampun manggih supênan sampeyan, suwawi sampeyan pirêngakên, cèplês punapa botên. Kang ngimpi sawuse ngrungokake banjur calathu mangkene: Inggih makatên punika supênan kula. Sapunika sampeyan kula aturi mirêngakên atur kula. Kula matur nuwun sarta kula inggih badhe nêtêpi ing prajanji kula. Nanging kadospundi. Punapa sampeyan inggih saèstu badhe nampèni daging sakatos. Bilih sampeyan parêng suwawi sampeyan nampèni arta f 100 minôngka lintunipun daging kula sakatos.

--- 62 ---

Mila kula matur makatên, awit sakit kula sangêt lan paedahipun tumrap sampeyan botên wontên.

Wangsulanipun juru nujum: Botên, kula botên bêtah arta f 100. Bêtah kula daging sampeyan sakatos, sanajan botên kula têdha, kula rêmên. Dados bêtah kula rêmên ngiris daging sakatos katimbang arta f 100. Pundi sampeyan nyêlak, kula ngiris daging sampeyan sakatos, lajêng kula kesah. Nalar kang mangkono nuli dadi padu nganti rame, malah nganti katur ing parentah, ing ngarsane sang nata.

Pangandikane sang prabu: Kowe wong loro, sowan mrene ana karêpira apa. Mara diage sira matura kang cêtha.

Ature wong kang ngimpi: Dhuh gusti, nata pêpundhèn kawula, sowan kawula ing ngarsa dalêm, badhe nyuwun adil, anggèn kawula sami prakawisan kalihan juru nujum punika. Sawatawis dintên kawula supêna, naning kasupèn dhatêng supênan wau. Kawula lajêng nêdha tulung dhatêng nujum punika, supados nêdahakên supênan, saha kawula sagah ngepahi daging kawula sakatos. Wusana pun nujum sagah nêdahakên, lajêng nagih ubanggi kawula, sarèhning pandugi kawula daging sakatos botên maedahi pun nujum, môngka sakit kawula masthi sangêt, [sangê...]

--- 63 ---

[...t,] pikajêng kawula pun nujum kawula lintoni arta f 100. Nanging pun nujum kêkah botên purun tampi arta, pilih tampi daging sakatos. Ingkang punika kawula sumôngga ing ngarsa dalêm.

Pangandikane sang prabu marang nujum: Nujum, bênêr karêpira iku, awit sira nêtêpi kasaguhane. Pamrayoganingsun bêcik sira nampanana dhuwit f 100 iki bae, dhuwit f 100 iku wus murwat karo daging sakati. Apa ta gunane daging uwong sakati. Apa arêp sira anggo lawuh mangan. Kaya tangèh yèn mangkonoa.

Ature nujum: Dhuh gusti, kawula milih ngiris daging sakatos, awit kawula botên bêtah arta f 100.

Sang nata duka miyarsa ature nujum, pangandikane: E, nujum, mara sira tumandanga ngiris daginge wong iki. Ênya lading, dienggal ngiris sakati bae, poma aja kurang lan aja luwih. Yèn kurang saka sakati, dagingira sun iris minôngka imbuhe, dene yèn luwih pangirisira, sira sun ukum gulunira ingsun tigas. Manawa sira lumuh ngiris, muliha lêgèh, aja nampani dhuwit f 100, awit sira mau wus nampik.

Nujum krungu pancasane sang nata têmah gumêtêr, unjuke: Kawula botên kadugi ngiris, kawula trimah mantuk lêgèh.

Sakarone wus kalilan mundur, nujum ulihe kanthi grundêlan, [gru...]

--- 64 ---

[...ndêlan,] nanging wong kang ngimpi kanthi bungah, awit ora lara lan ora kelangan dhuwit f 100. Mulane ora pêdhot pangalême marang sang ratu kang wicaksana.

Wose: aja sok anglairake prajanji kang ora kaprah, awit iku ora bêcik wusanane. Sabarang kang arêp linakonan kudu pinikir murih bêcike, dadi aja mung anggêr kêduga bae.

19. Bocah Picak.

Ing desa anu ana wong tani kang mlarat bangêt, duwe anak lanang papat. Pambarêpe aran Si Idun, iku lagi umur 12 taun. Picak wiwit lair. Pamikire Si Idun mangkene: E, bêgja têmên wong tuwaku iki, wis wong ora duwe, anake papat kang tuwa picak. Iba susahe wong tuwaku, aku ora bisa rewang apa-apa. La aku dak nyoba golèk pangan dhewe, pirabara bisa ngèbèri adhi-adhiku, arane iya wis dadi mayare wong tuwaku.

Sawuse Idun mikir mangkono, banjur lunga mênyang ratan gêdhe kang anjog ing kutha. Pêrlune arêp ngêmis marang wong kang liwat ing kono. Sabên dina Si Idun lungguh ing sangisoring [sangisor...]

--- 65 ---

[...ing] wit gêdhe, anggêr krungu gadêbuging wong liwat, ditêmbungi dhuwit sapawèhe.

Ing sawijining dina Idun lungguh ing panggonane kang wus kasêbut mau. Dumadakan ana priyayi lêlaku liwat ing kono, barêng wêruh bocah picak ngathungake tangan anjaluk dana, wêlas atine, banjur nyêdhak sarta pitakon mangkene: Le, kowe anake sapa. Omahmu ngêndi lan bapakmu dadi apa.

Ature Idun: Nama kula Idun, griya kula ing dhusun kilèn punika, dene tiyang sêpuh kula tiyang tani mlarat kathah anakipun. Ingkang sêpuh inggih ingkang picak punika.

Pandangune priyayi: Pêrlune apa kowe ana ing kene.

Ature: Pêrlunipun nyuwun têdha dhatêng para ingkang langkung sarta ingkang sami wêlas. Angsal-angsalanipun badhe kula têdha kalihan adhi-adhi kula.

Pandangune priyayi: Le, apa kowe gêlêm dak sinaokake sêkolah picak ing Bandhung. Ing kono ana pamulangan kanggo para wong picak. Para murid diwulang sakèhe kabisan kang mayarake uripe. Kaya ta: diwulang gawe dandanan lan piranti pring, panjalin sarta sêpêt, yaiku: gawe kursi, tenggok, tampah, tambir, tenong, wadhah kêmbangan, pêthèn, sapu, kèsèd lan liya-liyane.

--- 66 ---

Ature Idun: Manawi bandara dhangan paring pitulung dhatêng kula, kula kadugi nglampahi, awit punika badhe mayarakên gêsang kula ing benjing.

Pangandikane priyayi: Dun, manawa kowe gêlêm, bakal mayar uripmu, sabab kowe mlêbu, sandhang panganmu wis disôngga dening guru kang nguwasani ing kono, tur besuk yèn kowe wis pintêr diulihake mrene, wragading sêpur lan liyane kowe ya diparingi. Lah kapriye, apa kowe wis mantêp. Yèn wis ayo mulih, aku dak rêmbugan karo wong tuwamu, apa ambiyantu apa ora.

Idun banjur mulih ngirid priyayi kang bêcik budine mau. Satêkane ing omah, wong tuwane Idun kagèt bangêt, dene anake ditêrake ing priyayi.

Sawuse diaturi lênggah, Pak Idun matur mangkene: Bandara, kula ngaturi wilujêng rawuh panjênêngan ing griya kula. Kalihan malih bilih sampun sarèh kula kaparênga matur, mênggah karsa panjênêngan punapa.

Pangandikane priyayi: Paman, anggonku mrene iki arêp rêmbugan karo kowe, aku iki wêlas bangêt marang anakmu, dene papriman ana ing pinggir dalan. Manawa dadi lêgamu, anakmu arêp dak lêbokake sêkolah picak ing Bandhung. Wiwit sinau sandhang pangane anakmu diparingi

--- 67 ---

dening gurune. Dene kang disinau, yaiku gawe: kursi pênjalin, pêthèn, sapu, kèsèd, tepas sarta liya-liyane manèh dandanan panjalin sarta pring tuwin sêpêt. Yèn wis tamat dibalèkake mrene manèh, ana ing omah bisa gawe apa-apa kang wus dak kandhakake, gêgaweane didol, pêpayone dipangan saadhi-adhine. Dadi pangiraku besuk ora susah ngêmis bae wis kacukupan sandhang pangane.

Ature Pak Idun: Bandara, nitik katêrangan panjênêngan makatên punika, kula rujuk sangêt. Nanging mênggah anak kula punapa sampun panjênêngan tantun.

Pangandikane priyayi: Paman, Idun wis tak tari, wis sênêng bangêt, dadi mung kari rilamu bae.

Ature Pak Idun: Manawi sampun makatên, kula nyumanggakakên anak kula dhatêng panjênêngan. Sadèrèngipun, kula matur sèwu nuwun dhatêng pitulungan panjênêngan punika.

Esuke Si Idun sida diangkatake mênyang ing Bandhung, lêstari dadi murid sêkolahane bocah picak ing kono. Idun sinaune maju bangêt, antarane têlung taun wis pintêr gawe barang kang kasêbut ing dhuwur mau. Barêng wus andungkap patang taune, Si Idun matur marang gurune, kalilana mulih marang omahe supaya bisa têtulung wong tuwa sarta

--- 68 ---

marang adhi-adhine. Panyuwune Idun kalêksanan. Antara dina Si Idun dikirimake mênyang omahe sarta dikanthèni layang pratondha saka sêkolahan.

Satêkane ing omah kêtêmu lan bapa biyunge sarta sadulure kanthi bungahing ati. Panguripane Idun ing sabên dina gawe dandanan pring, sêpêt lan pênjalin. Pêpayone digawe nyandhang mangan karo wong tuwane lan sadulure.

Wose: Gusti Allah iku adil pangrèhe, dalah kawula kang miskin ora kaliwatan. Sakabèhing wong pinaringan sandhang pangan kang mêtu saka kapintêran pêparinge Gusti Allah. Dadi wong kang tabêri nyambutgawe iku masthi ora bakal kêkurangan sandhang pangan.

20. Suldhadhu Sabrang.

Dhèk jaman kuna ana wong Inggris dadi suldhadhu Jêrman. Adat kalumrahane sang prabu kêrêp midêr mriksani prajurit, lan manèh sang prabu mau masthi nganggo adangu marang salah sijining suldhadhu, luwih manèh manawa ana suldhadhu anyar. Adat pandangune sang prabu marang suldhadhu anyar mangkene: umurmu pirang taun, lan anggonmu dadi suldhadhu wis pirang taun. Bab iku [i...]

--- 69 ---

[...ku] andadèkake sêdhih lan bingunge suldhadhu wong Inggris mau. Mulane mangkono, awit ora mangêrti têmbung Jêrman siji-sijia. Suldhadhu iku nuli nêmoni sêrsane kang mangêrti têmbung Inggris, têmbunge: Kadospundi sêrsan, manawi kula kadangu dening sang prabu, kula mangsuli kadospundi, kula sampeyan tuturi wangsulan têmbung Jêrman supados kula sagêd mangsuli dhatêng pandangunipun sang nata.

Wangsulane sêrsan: Aku kaduga mituturi marang kowe, mulane kowe aja kuwatir. Mara dak tuturi apalna, pandangune sang nata masthi mangkene: umurmu pirang taun lan anggonmu dadi suldhadhu wis pirang taun. Wangsulanmu mangkene: umur kawula 30 taun, anggèn kawula dados suldhadhu sawêg 13 dintên.

Suldhadhu Inggris bungah dituturi mangkono mau. Sarèhning kuwatir yèn kaclithuk, dadi diringkês mangkene: 30 taun, 13 dintên. Têmbung iku diapalake ing dina iku nganti lanyah.

Sorene sang nata tindak midêr-midêr andangu marang suldhadhu kang dadi karsane. Barêng têkan suldhadhu anyar, pandangune diwalik, mulane mangkono awit panjênêngane wus mirsa, solahe beda lan liya-liyane. Sarèhne wong Inggris iku ora mangêrti têmbung Jêrman, dadi wangsulane mung lugu kaya kang wis diapalake.

--- 70 ---

Ing kono sang nata gumujêng suka, pangandikane: ngêndi ana wong umur 13 dina bisa dadi suldhadhu wus 30 taun.

Wose: Sanyatane ora ana wong kang bisa namtokake kêkarêpane uwong liya. Marga saka iku aja sok masthèkake karêping liyan. Kang mirsa Gusti Allah piyambak.

21. Piwalês Kang Ora Kasêja.

Ing tanah Jêrman ana wong bôngsa luhur dadi lurahing gêrma, wus kaloka bab patitising pambêdhile lan kêkêndêlane ngluwihi ing kônca-kancane.

Ing sawijining dina, lurah mau lunga ambêburu bêbarêngan lan kalèrèhane. Satêkane ing alas padha sowang-sowangan milih panggonan êndi kang dirasa prayoga. Antara suwe gêrma kalèrèhane krungu unining bêdhil, dadi kabèh padha marani prênahing uni mau, arêp wêruh ana apa.

Satêkane ing kono, kabèh padha kagèt sarta padha wêlas dene panggêdhene mati dibêdhil ing wong. Gêrma kang akèh padha ngobrak-abrik alas iku anggolèki wong kang ambêdhil lurahe, nanging ora kêtêmu. Dadi sakèhing [sa...]

--- 71 ---

[...kèhing] gêrma banjur padha mulih ngukub layone lurahe kagawa mulih mênyang omahe lan nuli dikubur kaya tatane wong luhur, akèh kang nguntapake sarta iya akèh kang bela susah.

Parentah wus diaturi uninga bab iku. Mulane banjur utusan pulisi ngupaya katrangan bab patine wong luhur kang misuwur mau. Nganti sasèn-sasèn ora kêtêmu. Dadi para pulisi padha mulih kalawan ngalênthung.

Sarèhning lurah gêrma kang mati mau duwe warisan anak lanang lan iya wus pintêr ambêburu, dadi saka sarujuke para gêrma, anake lurah iku diangkat dadi gêgêntine bapakne. Lurah ênom wis mungguh bangêt ing pangkate, dhasar ênom, kêndêl tur pintêr patitis pambêdhile.

Ing sawijining dina lurah gêrma ênom anglumpukake gêrma diajak ambêburu kewan kaya sabêne. Lurah ênom mau jênênge Wilêm. Satêkane ing alas, miturut adat, padha bubar sowang-sowangan milih panggonan dhewe-dhewe saprayogane.

Dumadakan durung suwe Wilêm kêprêgok mênjangan kang gêdhe tur branggah sungune. Iku enggal dibêdhil, nanging luput, mênjangan anggêblas mênyang têngahing alas. Wilêm sakanthine nututi.

--- 72 ---

Ora antara suwe Wilêm krungu swarane wong nangis. Gêrma banjur padha marani prênahing tangis mau, yaiku sangisoring wit gêdhe kang kaubêng ing grumbul bondhotan.

Satêkane ing kono kabèh padha kagèt, dene ana wong tuwa glangsaran sambat mati. Wilêm ngrungu pasambate enggal nyêdhaki, têmbunge: O, kyai, kula nyuwun pangapuntên dhatêng sampeyan, badhe pêjah sampeyan margi saking pelor kula ingkang botên kula têmaha. Mila sadèrèngipun sampeyan pêjah paring pangapuntên dhatêng kula rumiyin.

Wangsulane wong tuwa kang kêtaton: O, ênggèr, sampeyan botên lêpat dhatêng kula, dados botên pêrlu nêdha pangapuntên dhatêng kula. Gèr, ing sadèrèngipun kula pêjah, kula suka sumêrêp dhatêng sampeyan sarta kanthi sampeyan punika. Kula tiyangipun ingkang nyênjata tiyang sêpuh sampeyan rumiyin, wontên sangandhaping uwit punika, tiyang sêpuh sampeyan anggènipun mêcati dening sênjata kula inggih wontên ngriki, anggèn kula glangsaran mêcati dening sanjata sampeyan ingkang botên sampeyan têmaha punika. Dados Gusti Allah piyambak ingkang malêsakên pêjahipun tiyang sêpuh sampeyan.

Wilêm sakalèrèhane, gawok bangêt marang lêlakon iku. Prakara iku banjur warata satanah Jêrman.

--- 73 ---

Wose: carita iku kanggo piwulang marang wong kang dhêmên laku duraka lan kanggo wong bêcik, murih mundhak utamane. Padha elinga, yèn Gusti Allah ngukum marang wong ala lan paring slamêt marang wong bêcik. Manungsa ora ana kang bisa wêruh marang kang samar-samar, nanging Allah pirsa samubarang kabèh.

22. Ambêk Siya.

Ana bocah cilik siji aran Si Oto, kasênêngane mung ambêbeda marang sato kewan kang dikurung utawa dirante, nanging marang kewan umbaran wêdi bangêt. Dadi yèn wêruh munyuk dirante sarta jaran ana ing gêdhogan, wani nyawati utawa ngogrok-ogrok nganggenganggo wilah. Manawa lumaku, môngka kêpêthuk kirik cilik bae, wêdine satêngah mati. Luwih-luwih manawa wêruh pêpanthaning wêdhus kang diêngon, ênggone mlayu sipat kuping. Yèn dolan ing omahe tôngga kanan keringe, môngka wêruh kewan kaya kang kasêbut mau, bungah sarta sênêng bangêt nandukake pakarêmane iku.

Si Oto duwe paman, omahing sajabane kutha. Iku sugih ingon-ingon warna-warna, kaya ta: manuk bèthèt, jakatuwa, kalkun, banyak lan sapanunggalane. Ana kang diumbar ana uga kang dikurungi.

--- 74 ---

Si Oto kêrêp bae dolan mênyang ênggone pamane mau, sêjane kang pêrlu bangêt, mung arêp gawe sênênging ati ambêbeda kewan ingon-ingone pamane. Anggone wani nandukake panyikara iku yèn pamane ora ana, yèn ana iya ora wani apa-apa, dadi anggone dolan mung kêmba bae.

Ing sawijining dina, wayah esuk, Si Oto dolan mênyang ênggone pamane. Saka pangirane, pamane lunga, awit katon sêpi bae. Oto enggal marani kewan kang ana ing kurungan arêp dibêbeda mung supaya bungah atine bae.

Satêkane ing kono ngogrok-ogrok manuk ngocèh kang ana ing kurungan, manuk mau banjur padha pating klubuk, iku durung agawe kasênêngane Si Oto, mula nuli ngalih marani panggonan banyak sarta kalkun kang dipagêri kawat ngangrangan mubêng, dibalangi sarta diogrok-ogrok nganggo gèntèr, swarane pating krêngak sarta pating krêkuk, agawe sênênge Si Oto.

Pamane kang dikira lunga dening Si Oto, sabênêre ana ing omah, nalika ngrungu swarane ingon-ingone rame mangkono, wus nyipat yèn iku panggawene Si Oto. Nuli mêtu marani Oto. Oto wêruh pamane mara, lèrèn [lè...]

--- 75 ---

[...rèn] anggone ambêbeda kewan. Oto gawe pratingkah mangkono iku wis rambah-rambah, dadi ing waktu iku pamane sêja ngajar marang kaponakane murih kapok ing burine. Nuli rewa-rewa muring bêgita-bêgitu, nganti kaya napsu têmênan. Oto cinandhak tangane kang sarta banjur dilêbokake ing kurungan wêsi, dicanthèlake ing wit jêruk. Pamane golèk wilah arêp dianggo nguthik-uthik Si Oto. Ing kalane Oto dilêbokake ing kurungan mau wis nangis sarta ngasih-asih anjaluk ngapura, luwih manèh panangise, nalika wêruh pamane anggawa uthik wilah. Oto disogoki dening pamane, sangsaya bangêt anggone ambêngok, sambat kapok nganti ambal-ambalan, nanging ora dipaèlu ing pamane malah ditinggal lunga.

Barêng kira-kira wus sajam, diparani sarta dituturi mangkene: Oto, apa saiki kowe wis kapok têmênan, apa sêja marèni pratingkahmu kang ala iku. Manawa wis kapok dak udhunake, yèn durung iya isih dak gantung ana ing kene bae.

Wangsulane Oto: Kula sampun kapok saèstu, botên badhe sikara malih-malih.

Kurungan nuli diudhunake, lawange dibukak lan Si Oto dikon mêtu sarta dikon dolan lan sênêng-sênêng ing salumrahe [salumrah...]

--- 76 ---

[...e] bae. Oto banjur mulih mênyang kutha. Wiwit samana Oto marèni siya-siya.

Wose: aja sok nyikara utawa ambêbeda marang sadhengah kewan, iku awone panggawe ala, kang ing têmbe masthi bakal ana paukumane. Bêcik trêsnaa lan asiha marang sadhengah tumitah, marang kewan lan marang sapêpadhamu, iku aran urip kang utama.

23. Profesor Sarta Begal.

Ing nagara Silesiyê ana sawijining tuwan aran Yohankan, iku dadi profesor pandhita kang misuwur ana ing nagara Krakao. Anggone nindakake pagawean kalawan têmên sarta manut sasurasaning kitab.

Barêng Tuwan Yohankan wus tuwa, duwe niyat bali mênyang nagara klairane, yaiku ing nagara Silesiyê. Dalan kang saka Krakao têkan Silesiyê iku rumpil sarta akèh bêbayane begal. Sarèhne ora ana dalan liyane, dadi tuwan mau iya kêpêksa ngambah dalan kang rumpil iku. Sawuse sadhiya kang dadi isarating laku, jaran lan sagêgawane, tuwan mau banjur sêmbahyang marang Gusti Allah, nyuwun slamêt bisaa lêstari têkan nagarane tanpa sambekala.

--- 77 ---

Bakda sêmbahyang nuli mangkat, lakune jaran ginêlak, murih enggala têkan ing nagara kalairane.

Ing wayah surup lakune têkan ing alas kang rumpil akèh begale. Sarèhne kapinujon padhang bulan, dadi ing alas mau ora patia pêtêng, Tuwan Yohankan bisa nêrusake lakune lon-lonan. Dumadakan ana begal sawatara padha sikêp pêdhang kang katon pating tleram dening soroting rêmbulan, mêthukake sarta ngêndhêgake marang Tuwan Yohankan, têmbunge: Madhêga, mandhêga ulungna barang sarta gêgawanmu. Tuwan Yohankan mandhêg sarta mudhun saka ing jaran, wangsulane marang para kang nêdya ambegal mangkene: Ênya sandhangan, dhuwit sarta kitab lan jaranku pisan. Dene liyane iku, aku wus ora duwe apa-apa, aku ora pisan-pisan ngapusi utawa goroh marang kowe. Panjalukku aku bae uripana. Begal sawuse nampani sandhangan, dhuwit, kitab sarta jaran, banjur calathu, têmbunge: Ya wis kowe nêrusna lakumu. Saungkure tuwan, begal mau padha tab-taban atine sarta kaya-kaya padha ngrasa kaduwung anggone wus anglakoni ambegal sapisan iku mau. Marga saka anane gagasan kang mangkono, dadi ora nuli lunga saka ing panggonan mau. Kang ambanjurake laku, bungah dene ora dipilara dening begal.

--- 78 ---

Barêng lakune watara olèh satêngah jam, tuwan mau ngêmèk-êmèk êsaking klambi rangkêpan, ing kono isih ana dinare siji, dadi sangsaya wuwuh bungahe. Nanging sanalika osik: sira aja goroh. Ing nalika ana osik kang mangkono, cangkelak, ambalèni begal, arêp ngêwèhake dinar siji kang kari.

Kêbênêran bangêt dene begale durung lunga saka ing kono, iku nuli dicalathoni dening tuwan mangkene: E, sanak. Lah iki isih ana dhuwit dinar siji kari ana ing klambi rangkêpan, mara tampanana pisan, aku gêmang goroh.

Ora ana begal siji kang gêlêm nampani dinar, malah mung padha pandêng-pinandêng bae. Mulane mangkono, awit mêtu gagasane mangkene: sira aja ambegal wong iki.

Sanalika begal kang anggawa sandhangan ngadêg, têmbunge: Ênya sandhanganmu, aku ora sênêng. Sijine kang anggawa dhuwit iya ngadêg têmbunge: Ênya dhuwitmu, aku ora sênêng dhuwitmu. Liyane kang anggawa kitab, maju, têmbunge: Aku ora bisa maca kitab, ênya dak balèkake marang kowe. Ing wêkasan kang nyêkêli jaran iya maju, têmbunge: Tuwan, ênya jaranmu, kowe nêrusna laku kanthi bungah, mung aku wong papat iki dongakna slamêt.

--- 79 ---

Tuwan Yohankan andum slamêt karo begal, banjur nêrusake laku, lêstari têkan ing nagara Silesiyê kanthi slamêt sarta bisa kêtêmu sanak sadulure.

Tuwan Yohankan ora lali marang Gusti Allah kang wus paring pangrêksa sarta wus angluwari saka ing bêbaya begal.

Wose: Gusti Allah iku sipat wêlas sarta asih, masthi ngudanèni marang kawulane kang têmên. Manawa nêmu pakewuh masthi diparingi luwar saka ing pakewuh mau. Mulane dipadha ngandêl marang pangwasane Gusti Allah.

Tamat.

--- [0] ---

Isine layang iki.

... kaca:
1. Asu kang ambangun turut ... 1
2. Nabi kang asikil papat ... 4
3. Wong kang cêthil ... 7
4. Pilih êndi: bintang apa dhuwit ... 10
5. Munyuk kang sêtya ing bêndara ... 13
6. Wong murang sarak ... 16
7. Pitulunging Allah ... 21
8. Ukuman kang adil ... 25
9. Bêrkahing tabêri ... 27
10. Bocah kang trêsna marang wong tuwane ...29
11. Sawijining wong Inggris kang ora ngowêl marang dhuwite ... 32
12. Kapitulunganing lawa ... 36
13. Sumpah atêmah bisu ... 41
14. Wong kang angkuh ... 42
15. Katrêsnaning êmbok ... 48
16. Tulung-tinulung ... 50
17. Rêmbulan minôngka saksi bab rajapati ... 53
18. Mulih lêgèh ... 61
19. Bocah picak ... 64
20. Suldhadhu sabrang ... 68
21. Piwalês kang ora kasêja ... 70
22. Ambêk siya ... 73
23. Profesor sarta begal ... 76

--- [0] ---

[Iklan]