Darmasarana, Sastra Utama, 1912, #1631 (Pupuh 01–23)

Judul
Sambungan
1. Darmasarana, Sastra Utama, 1912, #1631 (Pupuh 01–23). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
2. Darmasarana, Sastra Utama, 1912, #1631 (Pupuh 24–44). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
3. Darmasarana, Sastra Utama, 1912, #1631 (Pupuh 45–69). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
Citra
Terakhir diubah: 20-05-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

DARMA-SARANA

Sêrat Darmasarana

Cariyos purwa ingkang kasêkarakên dening M. Sastra Utama, mantri O.R. ing Singkawang (Borneo), (jilid I).

Kaêcap ingkang sapisan, ing kantor pangêcapanipun N.V. SIE DHIAN HO taun 1912 (1842).

--- 1: 1 ---

[...][1]

--- 1: 2 ---

1. Dhandhanggula

1. [...] | [...] | [...] | [...] | [...] | [...] | [...] | [...] mênêng naranata | Maha Prabu Yudhisthira angrênggani | dupi diwasanira ||[2]

2. ingkang wayah Bambang Parikêsit | atmajanya Sang Ăngkawijaya | karaton sinèrèhake | mring putra Abimanyu | ajêjuluk Sri Narapati | Mahraja Dipayana | ugi kang kasêbut | Sang Prabu Darmasarana | nindyamantrinira kêkalih linêwih | satunggal Patih Dwara ||

3. atmèng Sămba putra Dwarawati | dene kang satunggal putranira | satriya Saptabumine | Dyan Ăntarêja luhung | wayahira Sang Bayusiwi | ran Patih Danurwedha | prakosa dibya nung | widagda ing saniskara | wicaksana tan kewran ing agal rêmit | samana kacarita ||

4. pramèswarinya Sri Parikêsit | gangsal samya sulistya ing warna | Dyah Sri Têtayi tunggule | atmajanya sang prabu | ing Gêndara Sri Praswapati | dwi Sang Rêtna Niyata | atmajèng sang prabu | Sang Yakèsthi Gilingaya | tri Dyah Satapa atmajanya Sang Rêsi | Ajar Sindhiwacana ||

5. catur apêparab Dyah Sukandi | atmajanya raksasa pandhita | Ajar Sukanda arane | Dyah Grêndi kang waruju | atmajanya sang maha rêsi | Gurundaya ing arga | Nirmala puniku | pramèswari pănca mangkya | karsanira sang aji nama ingêlih | Sri Têtayi Sang Rêtna ||

6. Dèwi Gêntang asmanya samangkin | Dyah Niyata ingêlih namanya | Sang Dèwi Impun juluke | Dyah Natapa Sang Ayu | Dèwi Tapèn namanirèki | Dyah Sukandi [Su...]

--- 1: 3 ---

[...kandi] namanya | Puyêngan Sang Ayu | Dèwi Grêndi Dèwi Dangan | sadaya wus darbyatma kakung myang putri | dera Sang Dèwi Gêntang ||

7. putra putri ran Dyah Tamioyi | Dèwi Impun pêputra wanodya | Rêtna Niyodi namane | Sang Dyah Tapèn sêsunu | jalu warnanira apêkik | ran Radyan Yudayana | Puyêngan Jêng Ratu | ugi apêputra priya | nama Radyan Ramayana langkung pêkik | Dyah Dangan apêputra ||

8. jalu ugi warnanira pêkik | sinung parab Radyan Ramaprawa | gantya kang winarna manèh | ing Ngastina praja gung | wontên wiku kalangkung sidik | Gurunadi Sang Tapa | tapanira gêntur | sinungan garwa apsara | kêkasihnya Rêtna Dèwi Nawangsasi | duk ing mosa Kartika ||

9. taksih salêbêting Aswa warsi | etanging warsa suryasangkala | sapta tus sapta dasane | kêkalih langkungipun | etang căndrasangkalèng warsi | sapta tus pitung dasa | nênêm langkungipun | Rêsi Gurunadi mangkya | langkung putêk amrêtêk nala siya di | karana garwanira ||

10. Rêtna Dèwi Nawangsasi apti | muksa sumêngka marang kahyangan | binolèh mêksa tan lèlèh | sinêrung mêksa dlarung | karsanira Dyah Nawangsasi | mangkana sang pandhita | sing sruning margiyuh | dadya marêk byantarendra | sapraptanya ngarsane Sri Parikêsit | matur sarwi udrasa ||

11. amêmalat amilutèng galih- | ira Sang Aprabu Dipayana | ngaturan mênggak karsane | Dyah Nawangsasi

--- 1: 4 ---

wau | dènnya arsa muksa tumuli | sumêngka mring kahyangan | samana sang prabu | dahat wêlasing wardaya | non tikbraning Sang Maharsi Gurunadi | gupuh dènnya utusan ||

12. animbali Dèwi Nawangsasi | tan antara wau sampun prapta | ing pura ngarsèng pamase | sang nata gya andangu | karantêne risang apsari | mêksa arsa amuksa | sang dyah lon umatur | dhuh sinuhun jêng susunan | milanipun kawula adrêng dènnyapti | muksa dhatêng kahyangan ||

13. sajatose dhuh sri narapati | mugi kauningan jêng paduka | manawi ing taun mangke | ing swarga mangsanipun | para dewa myang widadari | sami malegot[3] bawa | kawularsa tumut | mêdali ing pasamuan | ing suwarga nunggil para kănca sami | pra apsari sadaya ||

14. margi bilih kawula tan prapti | yêkti lamun kalêbèng bêbasan | kuciwèng sêmu yêktose | dinalih mring Hyang Guru | ngeca-eca datan ngèngêti | sang prabu duk miyarsa | saklangkung angungun | puwara alon ngandika | dhuh sang dèwi pituhunên atur mami | ywenggal muksèng kahyangan ||

15. bèntên punapa ngrika lan ngriki | yèn bèntêna kados botên kathah | lawan lêlangên ing kene | saking pamanah ulun | nanging sajatining ngaurip | yèn dèrèng praptèng măngsa | muksa kang satuhu | sanadyan wontên ing ngrika | badhe manggih lêlangên kang sarwa adi | mêpêki kyèhing suka ||

--- 1: 5 ---

16. kang ing ngriki upaminirèki | awang-uwung mung lawan tuwuhan | kang wus datan nyênêngake | têka inggih taksih hyun | anitahkên tumuwuh malih | punika yèn sambada | ing galih saarju | ywa ngantos kalajêngêna | karsanira yèn muhung sêdya ningali | lêlangêning sri nata ||

2. Sinom

1. anggêgaa atur kula | lawan kula anyagahi | andhatêngakên klangênan | măngka sukane sang dèwi | sadaya ingkang dadi | kabingahan ta sang ayu | kang wontên tambuhana | miwah mêmundhuta malih | saèstu yèn kawula minangkanana ||

2. lan malih atur kawula | dhumatêng ibu sang dèwi | nadyan botên amiyata | dhumatêng pun paman rêsi | inggih namung ningali | dhumatêng ing badan ulun | miwah malih paduka | punapa tan kagungan sih | kasrêdhan mring wayah paduka sadaya ||

3. atur kawula punika | lir cintaka minta riris | ngarsa-arsa drêsing warsa | măngsa kacatur marêngi | dene manawi ratri | sambat kawula pukulun | kadyangganing kukila | kadhasih angasih-asih | soking swara êrak dènira anggrêsah ||

4. dening sonyaning pasaban | makatên ugi manawi | paduka tan paring wêlas | dhatêng ing pamular mami | datan wande akardi | sungkawanira kang kantun | milane kagaliha | ywa kalajêng ardèng galih | lah ing kana duk Dyah Nawangsasi myarsa ||

5. aturira ingkang putra | Maha Prabu Parikêsit |

--- 1: 6 ---

minggu mangu sapandurat | angupadi pamalading | tyas kang wus datan kêni | winurung sakarsanipun | puwara angandika | dhuh putra kula sang aji | mugi sampun kaduk ing tyas bela tămpa ||

6. mênggah dhawuh padukendra | sadaya tan wontên sisip | ananging kauningana | mênggah lêlangên ing ngriki | yèn linimbang swarga di | kaotnya maèwu-èwu | kathah ing kadewatan | yèn tan makatêna gusti | sayêkti tan wontên kang sêdya angancas ||

7. mring jamaning kalanggêngan | dados tanpa karya yêkti | èsthining para sujana | de kaotira kang warni | ing ngriki dèn wastani | jagad nistha têgêsipun | sadaya sarwa kirang | taksih kalimputan dening | soroting hyang surya căndra myang kartika ||

8. myang taksih angraosêna | panas pêrih luwe arip | miwah taksih sami nandhang | rêkaosing angga yêkti | taksih rumaos sakit | sarta kataman wulangun | yèn mênggah katimbanga | suka myang sungkawèng galih | sayêkti yèn taksih kathah sungkawanya ||

9. dwi winastan jagad madya | punika kahyangannèki | sakèhing băngsa lêlêmbat | brakasakan miwah êjim | myang sagung pra dhêdhêmit | puniku wus tan kalimput | soroting surya căndra | nanging taksih kêni kingkin | sanadyana sasananira wus mulya ||

10. nanging sasananing angga | taksih sami lawan mami | tri wasta jagad utama | sayêktinira puniki | don kahyanganirèki [kahyanga...]

--- 1: 7 ---

[...nirèki] | Sang Hyang Nurcahya linuhung | miwah Sang Hyang Nurasa | tuwin Sang Hyang Tunggaljati | gih punika kang aran jagad sampurna ||

11. tan kalimput saniskara | malah mandar anglimputi | dhatêng sagunging kaanan | sayêktosipun sang aji | yèn kang wus wrin ing èsthi | waskitha sakyèhing kawruh | tan wontên sanèsira | ing ngrika lawan ing ngriki | yèn bedaa sayêkti karya rubeda ||

12. dene kaote ing ngrika | angupakara rannèki | ngriki kang dèn upakara | mila bêbasanirèki | kaot makêthi-kêthi | de sêdya kula sang prabu | mêksa arsa amuksa | tarlèn mung kayungyun saking | ing bêbasan ingkang makatên punika ||

13. ya ta Prabu Dipayana | miwah kang samya sumiwi | dupi miyarsa turira | Dyah Nawangsasi kadyèki | ngunguning tyas tan sipi | dènnya amêdharkên wuwus | kyèhing kaanan karya | pambukaning tyas sajati | ananging Sang Prabu Dipayana mêksa ||

14. kêdah asung palimarma | mrih kandhêga karsèng aji | Sang Rêtnayu Nawangwulan | kaya mangkana turnèki | dhuh dhuh adhuh sang dèwi | langkung arsayèng tyas ulun | nalika amiyarsa | sabda paduka sakalir | têka karya pambukaning tyas limêngan ||

15. tarlèn ing panuwun kula | lumampah dèn pituruti | rèh wayah paduka samya | taksih sami mudha pingging | tur sami tanpa umi | sintên ta sayogyanipun | kang among mulasara | amung sang maha bathari [batha...]

--- 1: 8 ---

[...ri] | kathah-kathah ature Sri Dipayana ||

16. nanging datan piniyarsa | jêr karsanira wus pasthi | sang prabu kewran ing driya | nulya utusan nimbali | Sang Dwara nindyamantri | myang Danurwedha dibya nung | kinèn tumamèng pura | sarimbit lan garwanèki | tan antara samya prapta sasrimbitan ||

17. sang nata nulya wêwarta | kang dadya arsa Sang Dèwi | Nawangsasi arsa muksa | lir carita sri bupati | miwiti amêkasi | patih kalih myarsa dhêku | sarya ngungun kalintang | ya ta garwanya Sang Patih | Danurwedha kang nama Dèwi Maera ||

18. duk myarsa sabdaning nata | yèn ibu Dyah Nawangsasi | arsa muksa wus tan kêna | cinêgah sakarsanèki | tan sarănta ing galih | supe nèng ngarsa sang prabu | anjrit nungkêmi pada | karuna sambat mlasasih | kadya calapita asmaraning driya ||

3. Asmaradana

1. gita-gita sambatnèki | dhuh ibu tyang sêpuh kula | kados punapa dadose | manawi paduka muksa | putranta pun Maera | sayêkti nêdya tumuntur | tan wignya kantun priyangga ||

2. ibu kawula tan apti | mênawi paduka tilar | luhung pêjaha samangke | tan winarna tangisira | garwa Sang Danurwedha | ya ta wau Sang Aprabu | Dipayana myang kang paman ||

3. Sang Maharsi Gurunadi | myang kang sumiwi sadaya | sami angrês wardayane | miyarsa pamularira | Risang Dèwi Maera | têmah sami angêngimur | amrih lipuring [lipur...]

--- 1: 9 ---

[...ing] sungkawa ||

4. dupi lipur sawatawis | Dèwi Nawangsasi nabda | mring sang nata turira lon | sarta karya samudana | mrih suka rênaning tyas | sira Dipayana Prabu | myang ibu Utari Sang Dyah ||

5. dhuh pukulun sri bupati | sayêktosipun kawula | saking kumacèlu badhe | umarêk rama paduka | myang eyang-eyang tuwan | kang sampun nèng swarga luhung | dene ing taun punika ||

6. bathara miwah bathari | myang sagung para jawata | wontên ing swarga ênggène | saklangkung mukti wibawa | lir Hyang Suksma Kawêkas | lênggah ing dhampar mas murub | rinawis pinatik rêtna ||

7. jênêngi pra widadari | miwah kyèhing para dewa | dènira lêlangên gêdhe | pasamuan lenggot bawa | Sang Prabu Dipayana | duk myarsa sangêt kayungyun | mangkana ing aturira ||

8. dhuh pêpundhènku sang dèwi | punapa wontên tandhanya | sabda paduka kabèhe | manawi wontên tandhanya | kula arsa uninga | Dyah Nawangsasi umatur | dhuh sang prabu yèn paduka ||

9. arsa miyat tandhanèki | lah dèn enggal tumêngaa | yêkti wikan trêsandhane | sang nata datan lênggana | gupuh dènnya tumênga | ya ta saking sêktinipun | widadari dènnya karya ||

10. pamangsuling tingal sami | sanalika tan katara | ya ta mangkana sang katong | duk tumênga ing akasa | lajêng umiyat cêtha | rama miwah eyangipun | pinarak ing dhampar êmas ||

11. pinatik sotya

--- 1: 10 ---

widuri | ingayap para jawata | para widadari akèh | katingal kadya satata- | ning arsa suka-suka | wontên ing suwarga luhung | kamantyan arsayèng nala ||

12. kang ibu Dèwi Utari | miwah kang samya sumewa | tumênga ningali gawok | sarwi ngungun èsmu suka | dening lêluhurira | amanggih kamulyan agung | kaya mangkana sang rêtna ||

13. kusuma Dèwi Utari | duk miyat dhatêng kang raka | satriya Plăngkawatine | Sang Arya Ăngkawijaya | lênggah ing dhampar êmas | sarimbit lan garwanipun | Siti Sundari Sang Rêtna ||

14. têmah waspanira mijil | saksana arum ngandika | dhuh atmajèngsun sang katong | ingsun uga lilanana | arsa tumuntur muksa | lan Dyah Nawangsasi mantuk | sumêngka mring ariloka ||

15. ya ta mangkana sang aji | duk myarsa sabdaning rena | sangsaya ribêd galihe | dènnya lagya mambêngana | karsèng Dyah Nawangwulan | tan kandhêk mangkya kang ibu | dhawuh mêksa arsa muksa ||

16. marma rudah ing panggalih | nging ajrih amambêngana | marang karsaning ibune | puwara pangèsthinira | mupus pêsthining dewa | andikanira sang prabu | mring wadya ingkang sumewa ||

17. lah ta kadwi paman Rêsi | Gurunadi Gurundaya | myang kakang Dwara kalihe | kakang Patih Danurwedha | kaya karsaning dewa | yèn ingsun uga tumuntur | dhèrèk ibu bela muksa ||

18. bela ibu Nawangsasi | sang rêsi kalih turira | dhuh gusti [gu...]

--- 1: 11 ---

[...sti] kula sang katong | kawula măngsa kantuna | yèn padukarsa muksa | nindyamantri dwi sumambung | dhuh-dhuh gusti ratu kula ||

19. kawula ugi tan kari | manawi paduka muksa | amba dwi klilana dhèrèk | sang nata alon sabdanya | lah kakang karo pisan | ywa padha sungkawèng kalbu | pupusên wus karsèng dewa ||

20. sumendhea marang pêsthi | kewala wruhanta kakang | kaya wus karsaning Manon | yèn samangkya sun wus prapta | janjine arsa muksa | mulih marang don kang luhung | kang ran jaman kalanggêngan ||

21. dadi karsane Sang Dèwi | Nawangsasi iki iya | atas karsaning Hyang Manon | anênuntun măngka marga- | nirèng kamuksaningwang | lawan sarèhne jêng ibu | kanthi pramèswariningwang ||

4. Kinanthi

1. dene kabèh garwaningsun | sumusul muksa mring mami | marma sira karo padha | sun tanggênah momong mardi | iya marang sutanira | Yudayana Ki Dipati ||

2. ywa taha-taha sirèku | anggêpên suta pribadi | manawa ana karsanya | sutanta kang tan prayogi | ywa wêgah gonira nyêgah | ywa pêgat ênggonirèki ||

3. sung palimarma kang luhung | supadi dadi pamardi | widadanirèng parasdya | miwah lakuning praja di | aja sira owah-owah | gonira ngrèh misesa mrih ||

4. arjaning nagara luhung | amarga sutanirèki | Yudayana maksih mudha | sarta wayahira kaki | Gêndrayana maksih [ma...]

--- 1: 12 ---

[...ksih] bocah | marma mêngko sira kalih ||

5. sayêkti padha katêmpuh | lawan wruhanira benjing | sapungkure ingsun muksa | kèh sambekalaning nagri | marma lamun sira padha | mèlu muksa sarêng mami ||

6. ing wuri yêkti tan wurung | sangsaya gêng kang pinanggih | marmane sira kewala | kakang kariya basuki | rêksanên atmajanira | lan prajanira sayêkti ||

7. poma-poma wêkas ingsun | aja weya sira kalih | ing sabarang solah-tingkah | dèn abipraya supadi | wuwuh santosaning praja | ya ta nindyamantri kalih ||

8. lilih ing sungkawanipun | miyarsa pangandika ji | yèn ing wuri kèh rubeda | sang nayaka waktra kalih | puwara matur sandika | mangkana sri narapati ||

9. rèrèh pangandikanipun | kadwi kakang nindyamantri | sun arsa sèrèn karajan | mring sutanta Ki Dipati | Yudayana milanira | dhawuhna ingkang waradin ||

10. lan sumiwia kang esuk | nêmbah nindyamantri kalih | saksana nulya bibaran | mêdal sing pura sarimbit | miwah rêsi kalihira | Gurundaya Gurunadi ||

11. ing marga datan winuwus | sapraptanira ing jawi | kêmpal wontên kapatihan | samana Sang Dwara Patih | ngêmpalkên para nayaka | miwah Sri Gêndara Aji ||

12. wus pêpak sadayanipun | saksana sang nindyamantri | arum dènira ngandika | dhuh paman Gêndara Aji | myang kyèhing para nayaka | kula arsa tur

--- 1: 13 ---

upêksi ||

13. saking karsanya sang prabu | inggih dintên benjing-enjing | andika sami ngandikan | sumiwia ingkang enjing | karana sang sri pamasa | arsa sèrèn dhatêng siwi ||

14. sawusnya sèrèn kaprabun | arsa muksa anyarêngi | Rêtna Dèwi Nawangwulan | garwa Rêsi Gurunadi | myang pramèswari ibundra | sadaya tan ana kari ||

15. kang miyarsa sami ngungun | kagyat anjêtung tan sipi | puwara arawat waspa | karănta-rănta ing galih | mèngêt dènnya badhe pisah | kalawan sri narapati ||

16. dwi patih samya mangimur | mamrih panglipuring kingkin | kaya mangkana sabdanya | dhuh-dhuh kabèh ari mami | ywa kadurus ing sungkawa | pinupusa karsèng Widhi ||

17. wruhanta lêlakon iku | kabèh wus pinasthi dening | Bathara Suksma Kawêkas | yèn samono ingkang jangji | jangjine sang sri narendra | kajaba mung sayuk sami ||

18. pasrah mring kang Murbèng Tuwuh | karana jangjining urip | iku pacanganing laya | para nayaka duk myarsi | sabdanya Sang Arya Dwara | karya panglipuring kingkin ||

19. mung Sang Gandaprawa Prabu | matur mring Sang Dwara Patih | dhuh kakang mas Arya Dwara | sadangunira pun patik | mirêngkên pangrapu basa | paduka sadayanèki ||

20. tan wontên sisip sarambut | ananging limrahing janmi | janmi kang dèrèng uninga | dhumatêng raosing pati | punika nadyan wus prapta | ing jangji tumêkèng pati ||

--- 1: 14 ---

21. yèn kawasa yêkti mungkur | nyinggahi pasthining Widhi | yèn ta kenginga ubaya | kêdah sêmados sayêkti | karana awrat anilar | ing dunya kawiryannèki ||

22. pan amung ingkang sinuhun | karya ngunguning tyas yêkti | dènnya adrêng dènnya arsa | muksa atilar kamuktin | manawi mirit ing yuswa | kados dèrèng praptèng wanci ||

23. dhuh upami sami munjuk | atur mrih sande karsa ji | kintên-kintêne punapa | dados dukanya sang aji | bilih kenging sinaosan | atur bolèh-bêbolèhi ||

24. bok inggiha sami matur | gendholi karsa sang aji | supadya wurunga dènnya | arsa muksa lêbu gêni | yèn saking pangraos kula | owêl yèn katilar mijil ||

5. Mijil

1. ninging cipta taksih botên yêkti | katilar sang katong | dene dèrèng dumugi anggène | kula sami ngladosi karsa ji | Sang Dwara mangsuli | lêrês yayi prabu ||

2. bilih saking sotaning tyas mami | tan kirang sayêktos | anggèn kula matur mring sang rajèng | mrih sandeya karsanya sang aji | nanging sri bupati | adrêng karsanipun ||

3. datan pisan yèn karsa manggalih | sagunging panggendhol | kyèhing tangis kabèh tan tinolèh | malah lajêng dhawuh benjing-enjing | karsa myos tinangkil | asèrèn kaprabun ||

4. mring Dyan Yudayana sang apêkik | kula sakaroron | taksih matur mêksa tan rinèwès [ri...]

--- 1: 15 ---

[...nèwès] | angaturi karsanya sang aji | ewadene benjing | bilih yayi prabu ||

5. arsa matur sang nata pribadi | sun kakang rumojong | rèhning besan bokmanawi lilèh | kadhahar kang dados turirèki | mendah arsayaning | tyas kula sadarum ||

6. Prabu Gandaprawa mèsêm sarwi | tumungkul turnya lon | dhuh kakang mas atur kula malèh | pinyarsakna dhatêng sri bupati | punapa nglangkungi | paduka satuhu ||

7. tur paduka sang nata tan apti | puwara tur ingong | tarlèn namung mupus ring pêpasthèn | inggih dasa-dasa kadospundi | malih yèn wus pasthi | karsaning dewa gung ||

8. măngsa sagêda inggih nyingkiri | pasthèning Hyang Manon | nindyamantri kalangkung sukane | kunêng dalu kawuwusa enjing | Prabu Parikêsit | miyos sitiluhur ||

9. pêpak wadyabala kang anangkil | kang nèng ngarsa katong | Arya Dwara jajar lan sisihe | Arya Danurwedha myang Sang Rêsi | Gurundaya tuwin | Gurunadi Wiku ||

10. jajar lawan Gandaprawa Aji | miwah putra katong | Radèn Yudayana nèng sandhinge | ingkang rama Sri Dipayana Ji | sang nata nulya ngling | rum wijiling wuwus ||

11. kakang Dwara miwah kadang mami | rèhne mêngko ingong | arsa muksa mulane sakèhe | èstokêna kabèh wêkas mami | mangke putra mami | saka karsaningsun ||

12. gumantia jumênêng narpati | mêngkoni karaton | ing Ngastina sakarèrèhane [saka...]

--- 1: 16 ---

[...rèrèhane] | mêngku tanah Jawa kabèh iki | angidhêpa sami | marang atmajèngsun ||

13. kaki Prabu Yudayana dening | lakuning karaton | aja owah kadya duk sabêne | maksih ingsun ingkang amêngkoni | myang sarèhna kaki | prabu maksih punggung ||

14. aywa lena pangrêksanirèki | mring prajanta yêktos | kabèh padha mriha raharjane | wit sapungkur ingsun sira sami | pan katêmpuh dadi | tuwa-tuwa tuhu ||

15. wajib lamun padha anguwati | sabarang kang dados | laku-lakuning praja yêktine | kang sumiwi samya saur pêksi | jumurung karsa ji | samana sang prabu ||

16. sakamantyan ascaryaning galih | tan antara miyos | cêcaruhan myang têtigasane | warni-warni saking jroning puri | gya kinèn ambagi | pra wadya sawêgung ||

17. kawaratan kang samya anangkil | ya ta kacariyos | wus mangkana radyan putra age | tinarik ing rama kinèn linggih | ing dhêdhampar rukmi | jajar lan sang prabu ||

18. Prabu Yudayana nyandikani | nêmbah nulya lunggoh | ing dhampar mas jajar lan sang rajèng | angajêngkên kyèhing brêtyapati | gya sang nindyamantri | sapanêkaripun ||

19. majêng ngarsa yun amangênjali | nging sang prabu anom | datan arsa kinuswa padane | dadya amung ajawab astèki | radin ganti-ganti | milanya sang prabu ||

20. datan arsa nampi sêmbahnèki | jêr wadya sang katong |

--- 1: 17 ---

kathah ingkang taksih sêntanane | milanira mung salaman sami | mangkana sang aji | pêgat-pêgat muwus ||

6. Mêgatruh

1. mastutinên kakang Dwara dhawuh ingsun | rèh kaki prabu samangkin | wus anggêntèni kaprabun | mulane karyaa aglis | made kusuma karyanggon ||

2. panunturing kamuksaningsun satuhu | ywa nganti anguciwani | prênahna nèng alun-alun | sarta nuduha sirèki | punggawa kinèn tur wêroh ||

3. mring aldaka Manikmaya gon Sang Wiku | Sidhikara kakang rêsi | warahên sapêrlunipun | nêmbah sang anindyamantri | nulya animbali gupoh ||

4. santanendra Arya Sarămba ranipun | wus winêling rèhing gati | gita ingkang tampi dhawuh | trus bidhal sing păncaniti | lampahe tan cinariyos ||

5. Arya Dwara majêng nêmbah sarwi matur | dhuh pukulun sri bupati | amba kalilana matur | kang kalampah nguni-uni | pra luhur yèn arsa layon ||

6. srana muksa prapta ing eyang pukulun | Pandhawa myang Dwarawati | sadèrèngipun tumuntur | kêdah midêr angidêri | mring sajawining kadhaton ||

7. nyambi ginêm suraosira sastra yu | kang măngka wadining bumi | kalihan sarana nuhun | măngka pamuksaning lalis | makatên kang wus kalakon ||

8. kajawi ing karsa paduka pukulun | prayogi tuwan nglêluri | alurane pra lêluhur | kang sampun sami suwargi | watak tan sangsayèng [sang...]

--- 1: 18 ---

[...sayèng] êndon ||

9. nanging bilih tuwan andhahar tur ulun | karsa têdhak angidêri | dhusun jawining kadhatun | karsaa namur prayogi | mrih tan kawistarèng lakon ||

10. sampun mawi pandhèrèk kang para wadu | murih gancanging lumaris | ya ta mangkana sang prabu | duk myarsa aturing patih | dahat ascaryaning batos ||

11. lon manabda dhuh kakang sadulur ingsun | kang dadi aturirèki | karya sukaning tyas ingsun | marmanira sira nuli | ananggênahna wadyèngong ||

12. kang prayoga karya made kusumèku | lan ingkang bakal tut wuri | marang ing salakuningsun | midêr-midêr angidêri | kalawan ingkang mirantos ||

13. anggawaa dandananirèng lumaku | ywa nganti kuciwèng margi | dadi bêbasane iku | andum karya padha olih | marma mêngkono karsèngong ||

14. apa ingkang dadi lakune pra luhur | jêr eyang Pandhawa Aji | duk arsa muksa ing dangu | sumêdya ingsun lêluri | sun tulad bisane klakon ||

15. karantêne sêdya kang rahayu iku | yèn kang dèn sinau yêkti | suwe bisane atiru | beda lan ardaning budi | nadyan tan ginulang yêktos ||

16. datan suwe ing panulade puniku | dene pralambanging budi | yaiku upamanipun | kuda ngrab sing pandênganing | ucule gampang kemawon ||

17. yèn katimbang kalayan panyandhêtipun | mangkono uga budining | manungsa [ma...]

--- 1: 19 ---

[...nungsa] yèn datan bakuh | kukuh panyandhêtirèki | tan wurung yèn kajalomprong ||

18. upamane kuda ngrap sing wrangkanipun | têmah ceda kang pinanggih | tan widada barang laku | marmane pangancas mami | sadurungira waspaos ||

19. prayogane kêna wêruha rumuhun | supayane aywa dadi | sangsaya pamasangipun | cipta sasmitanirèki | mung mangkono karsaningong ||

20. Arya Dwara manêmbah sarwi andhêku | kaluhuraning sabda ji | puwara lajêng umatur | ingkang prayogi umiring | pêpilihan kang waspaos ||

21. limpat pasanging cipta wiweka putus | widagda ing agal alit | supadi dumadya wimbuh | birai marasdya aji | angsal kang dhèrèk sang katong ||

22. Arya Dwara Sang Danurwedha tan kantun | lan Sang Rêsi Gurunadi | miwah Gurundaya Wiku | angsal Sang Gêndara Aji | Prabu Gandaprawa kaot ||

23. nadyan dèrèng waskitha dhatêng sastra yu | ananging radi bèrbudi | dene wadya kang tut pungkur | mung kang bêkta rajatadi | badhe dêdana ing êndon ||

24. Prabu Dipayana kalangkung panuju | lajêng dhinawuhan sami | samapta de enjingipun | dènnyarsa bidhal lumaris | midêr wurining kadhaton ||

7. Pangkur

1. sasmitane sri pamasa | wus katampèn mring mantrimuka kalih | sandika bibaran sampun | Sang Prabu Dipayana | sigra kondur laju tumamèng kadhatun | lan putra Sri Yudayana | dene nindyamantri kalih ||

2. matah [ma...]

--- 1: 20 ---

[...tah] kang badhe tut wuntat | saananing gênah kang nambutkardi | sawuse atampi dhawuh | mantuk sowang-sowangan | datan katur singa tingkahe ing dalu | wuwusên duk wanci enjang | wijile hyang bagaspati ||

3. amadhangi kang bawana | mungup-mungup nèng sasêlaning ardi | abang baranang kadulu | yayah netra kang roga | êbun ingkang nêlêsi ron ting parêntul | kasorot ing diwangkara | lir intên sinarawèdi ||

4. karya lam-laming paningal | Prabu Dipayana sigra lumaris | ing ari pandhèrèkipun | duk praptèng Jiwaprama | ya ta laju têrus lampahe sang prabu | jêkikrèking ayam wana | yayah nambramèng lumaris ||

5. kathah lêlangêning marga | samirana ngidid sung gănda wangi | ngêngimur ingkang anamur | yèn manggih kabuyutan | ingkang risak nulya dinandosan gupuh | yèn prapta ing padhusunan | kang lumaris pindha pêkir ||

6. mêminta sakuwasanya | yèn wus angsal kang atur-atur nuli | ginanjar barana agung | măngka karya pawitan | pan mangkana sang nata salaminipun | manawi nuju lumampah | nyambi raosan salwiring ||

7. kacampuran amrih wikan | basukining agêsang kang sayêkti | ya ta mangkana Sang Prabu | Dipayana ngandika | mring marsêpuh Risang Gurundaya Wiku | myang Sang Rêsi Gurunadya | dhuh-dhuh sang maharsi kalih ||

8. sarta sira kakang Dwara | lawan kakang Danurwedha sirèki | apadene yayi Prabu | Gandaprawa Gêndara | rèh samêngko

--- 1: 21 ---

wus mangsane muksaningsun | tan kêna sininggahana | saka pêpasthèning Widhi ||

9. prayogane padha mriha | widadane parasdyane pribadi | payo padha wawan wuwus | ngrasani rasaning tyas | kang sajati dadine nora katungkul | dènnya mrih arjaning gêsang | sandika kang sinung angling ||

10. nulya Prabu Dipayana | dhawuh dhatêng rayi Sri Gêndara Ji | yayi Gandaprawa gupuh | prayogane yayi mas | murwanana măngka panuntuning kalbu | lah age bêbukanana | rasaning tyasira yayi ||

11. marma mangkana yayi mas | lamun ingsun yayi ingkang miwiti | karya bêbukaning wuwus | saka pangrasaningwang | tan prayoga dene bêbasane iku | katêrasên ingaranan | karana ing wêktu iki ||

12. ingsun lawan sang pandhita | sakarone kang padha darbe kapti | wêkasan pribadi muwus | dadi tanpa ngengehan | marma sira kewala wruh yayi prabu | amurwanana micara | sandika Gandaprawa Ji ||

13. dhuh pukulun sri pamasa | mugi linêpatna ing tulah sakit | dera amba kamipurun | umatur cumanthaka | amêmindha para waskitha ing kawruh | datan pisan makatêna | tuhu nistha damèng budi ||

14. cupêt salwir pangawikan | sotaning tyas nyuwun wulang sang aji | mila makatên pukulun | wontên atur kawula | kados ta patraping kamuksan puniku | punapa wontên sanèsnya | ingkang pêjah muksa tuwin ||

15. pêjah ajalaran roga | yèn wontêna [wo...]

--- 1: 22 ---

[...ntêna] kaotipun punapi | sirnaning atma pukulun | kados sami kewala | awit datan kasatmata ing pandulu | yèn samia kadiparan | samine de patrapnèki ||

16. kamuksan punika wignya | nyirnakakên dalah angganirèki | sarêng têmahan dadyawu | kang pêjah sabab roga | pêcating atma atilar raganipun | malah ingkang mudha dahat | ngantos basah wangkenèki ||

17. lungkrah wontên ing pasetran | miwah wontên linarung nèng bênawi | tuwin jro kisma pukulun | sapraptaning dêlahan | têtêp sanès punika pundi kang luhur | yèn luhura ingkang muksa | saèstu yèn sabên janmi ||

18. wus wrêda tan ngantos roga | saèstu yèn pilih muksa sayêkti | dene manawi kang luhur | pêjah jalaran roga | ingkang pêjah sarana muksa puniku | punapa pakantukira | bok inggiha angêntosi ||

19. jalaran roga kewala | mung punika pukulun ingkang patik | ngraoskên salaminipun | rèhne mangke paduka | sampun ngancas ing wêkasane tumuwuh | dados badhe datan ana | kawula dhatêng pun patik ||

20. mila sangêt pamintamba | mugi wontên sih paduka sang aji | paring warsita pukulun | amadhangkên ciptamba | ingkang taksih kalimput ing arda dudu | dumunung nèng jiwanggamba | gambuh ing nala kang yêkti ||

8. Gambuh

1. trawacaning kanang hyun | ya ta wau Dipayana Prabu | duk miyarsa aturira

--- 1: 23 ---

Gêndara Ji | kalangkung dènira ngungun | èsmu kewran tyas wirangrong ||

2. de sulit sualipun | puwara nabda wau sang prabu | yayi prabu mungguh ing pamanggih mami | praptaning dêlahan jumbuh | tan ana bedane yêktos ||

3. dene jamaning lampus | ana dalan rong prakara tuhu | kang sapisan muksa lawan dèn niyati | kapindhone marganipun | jalaran roga punang wong ||

4. mangkene lire iku | anadene marga kang rumuhun | jêjalaran muksa lawan dèn niyati | iku wong kêpama tuhu | dene marga kang kapindho ||

5. muksa roga witipun | iku wong tan kêpama ranipun | nanging kawruhipun tan beda sayêkti | marmane wasananipun | tan beda têkaning êndon ||

6. jaba wong tanpa kawruh | nadyan kêpama yêktinira wus | datan kêna winicara malih-malih | Sri Gandaprawa umatur | dhuh gusti pêpundhèn ingong ||

7. saking adrêng pukulun | kêdah-kêdah amba nuwun dhawuh | măngka wulang mring amba kang dahat pingging | sabda tuwan kang satuhu | kados kang sampun kawiyos ||

8. kados manawi amung | awit saking tan kêpamènipun | kados botên mêsthi pangancasirèki | tiyang punika sadarum | kang botên kêpama yêktos ||

9. sarêng wontên satuhu | tiyang ingkang gêng kabêgyanipun | gêgolongan pantês sinêbut kêpami | saèstu sagêd anggayuh | kamuksan datan rêkaos ||

--- 1: 24 ---

10. tan ngantos mawi rapuh | punapa punika kang kasêbut | ran kêpami prandose kathahing janmi | kang sinung kabêgyan agung | milalah jalaran rapoh ||

11. kang makatên pukulun | kadospundi ing darunanipun | lah punika kang amba manah salami | amung punika pukulun | sri narendra nabda alon ||

12. wruhanta yayi prabu | sajatine ran kêpama iku | rong prakara siji kêpama kaèksi | lire kêpama kadulu | kaya ta kêpamaning wong ||

13. kasamêktan sadarum | kang kalair iku yêkti amung | karya karaharjaning dunya sayêkti | kêpama kaping dwi iku | yèku kêpamaning batos ||

14. lire kêpamèng kalbu | iku kêna uga yèn sinêbut | ran kêpama karya waskithaning akir | têgêse kang wêruh tuhu | prapta janjine ing êndon ||

15. kaya ta tibanipun | janji ing dina iki wus tamtu | nanging tan karasa roga badanèki | kayaparan ênggonipun | amawa jalaran rapoh ||

16. sayêktine puniku | nulya muksa tanpa roga tuhu | kaya ta kang lagi anandhang sêsakit | nanging prapta janjinipun | marêngi lara sayêktos ||

17. yêkti uga kasêbut | muksa ajalaran roga tuhu | mangkonoa janma lagi nandhang sakit | yèn janjine durung tutug | sayêkti yèn nora layon ||

18. ya mulane ingkang wus | padha pinasthi praptèng don luhung | sayêkti yèn tan ana bedanirèki [bedani...]

--- 1: 25 ---

[...rèki] | lah yayi pan amung iku | gaduging panêmuningong ||

19. galihên kang satuhu | ya ta ingkang samya myarsa wuwus | sira nata kalangkung sukaning galih | de wijang jerenganipun | amung sang nindyamantri nom ||

9. Sinom

1. uninga ing saniskara | Sang Danurwedha Pêpatih | myarsa sabdanya sang nata | sangêt botên nayogyani | dene sulaya yêkti | kalihan pamêjangipun | eyang Sang Arya Bima | sakêdhik datan ngèmpêri | dene taksih sami mangèsthi kamulyan ||

2. dêdunungirèng dêlahan | tan wontên ingkang marsudi | kasampurnaning kaanan | ananging sang nindyamantri | dèrèng karsa nambungi | jrih bokmanawyantuk siku- | nira sri naranata | marga gung minggu tan angling | ya mangkana Sang Aprabu Gandaprawa ||

3. umatur sarwi manêmbah | dhuh pukulun sri bupati | kalangkung panuwun amba | katrêsan ing têdah jati | kados kang wus kawijil | karya santosaning kalbu | binuka ing tyas amba | sagêd padhang sawatawis | namung kantun satunggal panuwun amba ||

4. kados ta wontên sujanma | ingkang dhahat mudha pingging | pralaya botên kêpama | kalih prakawis ing ngarsi | pêjahnya kadospundi | praptèng dêlahan pukulun | napa sewang-sewangan | punapa sagêd atunggil | lawan sami ingkang sinêbut kêpama ||

5. manawi sagêd atunggal | patrapipun kadipundi | kang wus waskitha kalihan | kang dèrèng udani yêkti | tan wontên kaotnèki |

--- 1: 26 ---

kang saupami pukulun | sami sewang-sewangan | punapa botên akardi | sêmang-sêmanging panggraita punika ||

6. pukulun ingkang akarya | pakèwêding tyas sayêkti | yèn tan wontên sih paduka | ingkang ambabarpisani | saèstu amba yêkti | kalajêng dènnya balilu | tan wande katiwasan | margine mung mutatuli | ya ta wau Sang Aprabu Dipayana ||

7. arum dènira ngandika | têka bênêr sira yayi | wajibe wong puruhita | marsudi kawruh pan wajib | ngawruhi nyatanèki | yèn tan mangkono satuhu | kasêbut tuwa tuwas | tan wun tiwas ing pangèsthi | wêkasane bakal nêmu katiwasan ||

8. nanging samêngko pun kakang | lilanana karya sulih | kakang Arya Danurwedha | marmane mangkono yayi | wruhanta kang kocap ing | pustaka wedha sadarum | kawruhing eyang-eyang | Nata Pandhawa ing nguni | wêwêngkune wus kawêngku kalimputan ||

9. dene kawruhe jêng eyang | Arya Wêrkudara nguni | rèhne kakang Danurwedha | puniku wayahirèki | bokmanawa dèn sungi | yèn saka pangrasaningsun | nadyan thithik kawruhnya | kakang Danurwedha Patih | bisa angêlèbi ing kêkathah-kathah ||

10. Nindyamantri Arya Dwara | miwah Rêsi Gurunadi | Rêsi Gurundaya miwah | Risang Gandaprawa Aji | sami anayogyani | ing karsa jêng sang aprabu | matur Sang Arya Dwara | dhuh-dhuh saklangkung prayogi | pamanggihnya yayi

--- 1: 27 ---

Arya Danurwedha ||

11. margi rumuhun wus tămpa | nugraha pitutur jati | saking eyang padukendra | Sang Arya Sena linuwih | duk arsa muksa nguni | ya ta mangkana Sang Prabu | Dipayanèngêt ing tyas | langkung kacaryaning galih | angandika mring Sang Arya Danurwedha ||

12. hèh ta kakang Danurwedha | saka ing pamawas mami | baya tan ana kang yogya | suwalananing pangèsthi | kang akèh-akèh iki | kajaba sira kadangku | awit sira wus tămpa | nugrahaning dewa luwih | jêjalaran piwulangira jêng eyang ||

13. Arya Sena duk ing kuna | sayêkti yèn sira uwis | tanpa uwas ing pamawas | kari raharja maligi | lah payo kakang nuli | ywa taha-taha ing wuwus | amung sisa kang măngka | pandam pêpêtênging ati | ya ta Arya Danurwedha duk miyarsa ||

14. sabdaning Sri Dipayana | sangêt ascaryaning galih | kadya ingunggar wijilnya | bèrbudi bêbêg upami | êrobing jalanidhi | saksana lon dènnya matur | dhuh gusti sri narendra | kang yêkti pêpundhèn patik | mênggah saking raosing manah kawula ||

15. ing pangancas tan prabeda | pêjah kang botên kêpami | utawi ingkang pralaya | taksih sangêt wuta tuli | punapadene lalis | kang sangêt pangawruhipun | punika ing benjangnya | ing kaanan botên nunggil | dene bilih sakalih-kalihe wignya ||

16. santosèng budi dyatmika | sayêkti yèn sagêd tunggil [tung...]

--- 1: 28 ---

[...gil] | kasbut saingga bathara | nanging wontên kaotnèki | wontên bêbasannèki | ebah lan pribadinipun | lan taksih kaobahna | wadèntên nêdya wus cawis | waskithaa manawi dumuginira ||

17. pamuntu lirwa ing tingal | inggih dahat tanpa kardi | nir kyèhning pangawruhira | karana sangsayanèki | saèstu lajêng lalis | èsthi lan panyiptanipun | puwara mrih sasana | ingkang prayogi ing adi | kathukulan pangèsthi eca sakeca ||

18. punapa malih sujanma | tanpa cacad dwi prakawis | yèn kaoncatan ciptanya | punika saya tan kenging | winiraos ngêplêki | têmbung salah ing pandulu | santun pangèsthinira | mrih ingkang sarwa pakolih | măngka sajatosnya kang dadya sarana ||

19. sarananing kasampurnan | punika sri narapati | tarlèn mung satosaning tyas | myang santosaning pangèsthi | bilih sagêd nglampahi | ingkang makatên pukulun | saking pandugi amba | bêbasan tan mindho kardi | miwah botên kandhêg ing ucap-ucapan ||

20. ngaping kalih ngaping tiga | ing kaanan sampun tunggil | têtêp salira bathara | de kang katiwasan sami | karana jroning galih | akanthi sandeyèng kalbu | puwara tan sampurna | pangèsthining ciptanèki | mung punika pukulun atur kawula ||

21. punapa wontên èmpêrnya | kalihan ingkang kaèsthi | yayi Prabu Gandaprawa | manawi dèrèng pakolih | rèhning kawula taksih |

--- 1: 29 ---

tunèng budi inèng kawruh | tan langkung tadhah duka | sumăngga sri narapati | kang miyarsa pan samya angguladrawa ||

10. Dhandhanggula

1. tatas titis tètèh wêtuning ling | Nindyamantri Arya Danurwedha | sadaya kang myarsakake | langkung sukaning kalbu | samya nyipta tuk wasita di | pambukaning wêwêngan | kang taksih kalimput | kadyangganing jaladara | nawêng surya katyup samirana ngidid | sumêbar asar-saran ||

2. têmah padhang sumilak kaèksi | kaya mangkana pêpindhanira | sri nata alon sabdane | dhuh kakang kadang ingsun | mungguh kabèh aturirèki | pambukaning kêkêran | rasaning tyas ingsun | kaya-kaya wus tan ana | ingkang bangkit nglungguhi aturirèki | malah-malah akarya ||

3. santosèng tyas barang-barang kardi | basukining kasantosaningwang | praptèng ariloka têmbe | kakang panawang ingsun | dhasar amung sira pribadi | têtêp dining dumadya | widigda ing kawruh | Patih Danurwedha nêmbah | kadwi rêsi miwah Sri Gêndara ari | lawan Sang Arya Dwara ||

4. samya ngalêmbana sarta sami | dahat dènnya narima ing driya | ya ta wau sang pamase | ngandika dhuh kadangku | kurang siji paminta mami | muga sêmbadanana | lan lêgawèng kalbu | têtulunga babarpisan | ing pangawruh kang supadya aywa nganti | kewran praptèng dêlahan ||

5. de kang dadya ing paminta mami | marang sira kakang kayaparan | dadining sampurna têmbe | amatia uga wus | datan ana sangsaya [...] |[4] [...] | [...] | [...] | [...] | [...] ||[5]

--- 1: 32[6] ---

6. [...] | [...] ya dudu thêthukulan wantah |[7] baya jawata kang duwe | dewa ingkang anandur | yèn lumrahe kayu liyaning | ywan pancêre tan ngambah | ing kisma tan idhup | dwi patih matur tan wikan | kados lêrês sabda paduka sang aji | yèn tanêmana dewa ||[8]

7. yèn èmpêrnya kadya mandira wit | nanging radi kagêngên ronira | lan tan gêsang tuwuh ing we | amba sadangunipun | dèrèng wikan kajêng puniki | Sang Rêsi Gurundaya | majêng sarwi matur | pawartosipun ing kina | gih punika kêdadosan pusaka ji | Sang Sri Bathara Krêsna ||

8. puspa wijayakusuma gusti | pan makatên purwane ing kina | kawarti eyang ta rajèng | Nata Pandhawa sagung | miwah nata ing Dwarawati | duk sami arsa muksa | punika pukulun | inggih amawi sarana | pitêr puja kadya paduka sang aji | mrih trawacaning cipta ||

9. laksananya ugi praptèng ngriki | ngiras nglabuh kang sêkar pusaka | wijayakusuma rane | dènira nglabuh wau | sinung sabda dera sang aji | Sang Sri Bathara Krêsna | mrih wignyaa tuwuh | kaya mangkana sabdanya | hèh wijayakusuma paminta mami | muga sira tuwuha ||

10. sawadhahnya ana ing jêladri | dadia tri têmbe sira dadya | sarananing usadane | myang dadi tandhanipun | para nata ing nuswa Jawi | manawa ana ingkang | ngambil sêkaripun | sapira antuknya iya | dadi tăndha lawasing warsa ênggoning | jumênêng naranata ||

11. duk samana sabdanya

--- 1: 33 ---

sang aji | tinarima mring Hyang Jagadnata | Sri Krêsna pangandikane | sanalika gya tuwuh | sawadhahnya myang tutupnèki | sarta gya sinauran | swara jumalêgur | dhèdhèt erawati ngakak | gêtêr patêr tăndha jawata nêksèni | kanthining sabda tama ||

11. Kinanthi

1. mawa prahara gumuruh | kumocak wening jaladri | enggale kanang ruwiya | eyang paduka anuli | kondur tan antara lama | muksa mancad têpêt suci ||

2. dupi kawula angrungu | kabar kabur dening angin | yèn panglabuhing puspita | wijayakusuma mawi | sinabdan ling kang kawahya | drênging tyas amba tan sipi ||

3. arsa wikan yêktinipun | puwara amba lumaris | mara mariki punika | inggih sampun têrang yêkti | manawi wrêksa punika | satuhu kadadosaning ||

4. wijayakusuma luhung | panguripe wong sabumi | amba tuhu datan samar | dhumatêng warnanirèki | mandar rumuhun kawula | kawêlèh ing tingkah yêkti ||

5. makatên purwaning dangu | gyan amba amanggih sisip | sing kayungyuning tyas dahat | kapengin badhe angambil | kleyanging ron ingkang dhawah | ing tirta saking satunggil ||

6. yèn angsala kleyang wau | nêdya kawula pêpundhi | kenginga kangge pusaka | wit pralampitanya nguni | puspita jayakusuma | dadya pamurunging pati ||

7. klampahan amba anggêbyur | ring samodra ambêk pati | duk prapta ngandhaping wrêksa |

--- 1: 34 ---

kang anèng madyaning warih | wontên patra ingkang rêntah | tan dranarsa amba ambil ||

8. nanging datansah marucut | nyalurut kadi tingkahing | mina gêsang nèng narmada | kawula bujung tan kêni | malah lajêng sagêd molah | anglumba lir ngisin-isin ||

9. rumaos merang ing kalbu | puwara ngungun tan sipi | kanthi manah sokur suka | dene sukaning tyas patik | amargi saking puspita | wijayakusuma adi ||

10. karsaning jawata agung | taksih tumuwuh ing ngriki | dadya pêpundhèn rat Jawa | wah mawi sinabdan dening | eyang paduka Sri Krêsna | bilih dadya sarananing ||

11. usada myang tandhanipun | enggal myang laminirèki | panjênêngan naranata | ngunguning tyas awit dening | kaleyang wignya amolah | ing tirta lir mina yêkti ||

12. ya ta mangkana Sang Prabu | Dipayana lon dènnya ngling | yèn mangkono kang puspita | wijayakusuma iki | prayogane linuria | mring kang jumênêng narpati ||

13. minăngka pratandhanipun | enggal myang lawasirèki | ênggone jumênêng nata | lan kleyanging wrêksa iki | runtuh kawruhan ing janma | nuli dadi mina yêkti ||

14. ananging pamintaningsun | mring jawata kang linuwih | ywa nganti kêna pinangan | ing janma salami-lami | sawusnya sri nata nabda | gêtêr patêr anauri ||

15. ya ta wau sang sinuhun | têrus laksitanirèki | sêdya kondur angadhatyan | tan winursita ing margi | lingsir dalu praptèng [pra...]

--- 1: 35 ---

[...ptèng] praja | laju tumama mring puri ||

16. kang dhèrèk sewang ban mantuk | mring wismanira pribadi | mangkana Sri Dipayana | dupi sakondurnya saking | midêr-midêr putêr puja | tan pêgat ing sari ratri ||

17. mêmulang mring putra Prabu | Yudayana mrih lêstari | dènnya mêngku kawibawan | sumawana sabên ari | botên lowong siniwaka | lênggah munggwing păncaniti ||

18. dananya tansah andulur | mring sanggyaning wadya aji | miwah tyang alit sadaya | ing praja Ngastina wradin | dupi tan antara lama | Sang Arya Sarămba prapti ||

19. kang dinuta mring sang prabu | saking Manikmaya wukir | sung wrin Rêsi Sidhikara | praptaning praja marêngi | nata miyos siniwaka | pêpak kang wadya sumiwi ||

20. Sang Arya Sarămba matur | marêk ing byantara aji | gya sinambramèng pambagya | Arya Sarămba wotsari | matur solahe dinuta | miwiti malah mêkasi ||

21. dinangu milanya dangu | wontên Manikmaya wukir | margi Rêsi Sidhikara | pinanggih panuju sakit | dadya ngantos sawatara | sang nata duk amiyarsi ||

22. myang Sang Dwara mantri ngayun | dahat ngungun èsmu sêdhih | dwi sang nindyamantri ngarsa | kalih dhinawuhan sami | anggêlak dènira karya | made panunturing manis ||

12. Dhandhanggula

1. mantri ngayun dwi samya wotsari | dhinawuhan kinèn ngundhangana | mring kyèhing brêtyapatine | ing Ngastina sadarum | wadyabala [wa...]

--- 1: 36 ---

[...dyabala] agung myang alit | samăngsa sri pamasa | wus arsa tumuntur | manjing mring made kusuma | kinèn marêk ing ngabyantara narpati | sewaka gya bibaran ||

2. sri narendra kondur malbèng puri | sang nayaka waktra myang lènira | sami mantuk mring wismane | enjingira winuwus | nindyamantri kêkalih nuli | andhawuhakên undhang | mring janma sadarum | nglêbêt myang jawining praja | dhinawuhan sadaya kinèn sumiwi | ing ngabyantara nata ||

3. duk samana undhang wus waradin | samya dina-dina kang sumewa | pênuh lir jaladri lubèr | ing pagêlaran kêmput | ing bacira sêsêk kang nangkil | malah prapta ing gladhag | kyèhing wadya prabu | gung alit tanpa sangsaya | pra punggawa andina-dina angrakit | angrêngga made puspa ||

4. badhe gyannya muksa sri bupati | ya ta kawuwusa duk antara | kirang tri ari muksane | sangsaya dènnya agung | wijiling pamêmule aji | miwah dêdananira | tan pêgat lumintu | andina-dina tan kêndhat | kadyangganing ilining tirta bênawi | gung alit kawaratan ||

5. pra pandhita miwah para rêsi | ajar wêwasi sajroning praja | miwah ing jawi prajane | sêsêk sing kathahipun | kang samyarsa tumudyastuti | sampurnaning kamuksan | duk kirang sadalu | sri nata myang ingkang putra | nata mudha miyos munggwing păncaniti | sagunging wadyabala ||

6. kang sewaka blabar angêlèbi | ing bacira [baci...]

--- 1: 37 ---

[...ra] tan ana sêlanya | tan kêna winilis kèhe | nanging sadayanipun | tyasnya dahat sungkawanèki | mulat ing gustinira | dènnyarsa tumuntur | murud mangèsthi kamuksan | kang sawênèh luh kumêmbêng têmah nangis | tyasnya karănta-rănta ||

7. ketang marang sih marmaning gusti | salaminya tan antara lama | Sang Arya Dwara nulya ge | tur uninga sang prabu | bilih made kusuma tuwin | piranti pangruktinya | wus sangkêp sadarum | mung ngantonsi[9] dhawuh tuwan | sri pamasa kalangkung sukaning galih | puwara angandika ||

8. kakang Dwara miwah kakang Patih | Danurwedha lamun wus mangkana | sira samaptaa age | besuk-esuk kang esuk | lawan kabèh kyèhing piranti | pariksanên prayoga | ywa nganti tan patut | karana karsèngsun kakang | pamuntuning kamuksan wus ingsun pêsthi | ing dina benjang-enjang ||

9. matur nêmbah nindyamantri kalih | tan adangu Sang Sri Dipayana | paring wulang mring prabu nèm | dhuh babo kaki prabu | rèhne besuk-esuk sirèki | arsa sun tilar muksa | marmanira kulup | èstokna pitutur ingwang | marang sira karana sira wus pasthi | saka karsaning dewa ||

10. anggêntèni mring kaprabon mami | miwah dadya pandam pangauba- | ning santananira kabèh | sèsining rat sadarum | kabèh dadi rêksanirèki | mardane sira poma | nêtêpana kulup | ambêk ratu binathara | kèhe [kèh...]

--- 1: 38 ---

[...e] ana limang prakara dèn eling | aran pănca pratama ||

11. lire utamaning ratu kaki | kang sinêbut binatharèng jagad | mung limang prakara kèhe | mulat ingkang rumuhun | amilala kang kaping kalih | miluta ping trinira | de kang kaping catur | ingkang aran malidarma | ping limane palimarma ranirèki | lire siji-sijinya ||

12. mulat iku awas têgêsnèki | awasêna karyanirèng wadya | lir mangkana upamane | wadya karêm mring lêmbut | ywa pinatrap kasaring kardi | kang agal ywa pinatrap | mring pakaryan lêmbut | dadi pamintaning karya | nora wor-suh sarta dèn waspada maring | tingkahing wadyanira ||

13. ingkang ala miwah ingkang bêcik | ingkang ala ywa pinarêkêna | ingkang bêcik prayogane | iku kanthinên kulup | mring pangulahirèng praja di | de têgêse milala | dadi ratu iku | dening kêrêp anggêganjar | amisudha mring wadyabalanirèki | kang bêcik karyanira ||

14. amiluta têgêse ngrakêti | dadi nata iku ingkang bisa | mardawèng sabda pamrihe | malad dir tyasing wadu | kang supadya widada maring | panêmbahe mring nata | iku poma kulup | de têgêse malidarma | nata iku wajibe kudu darbèni | pangaksama supadya ||

15. dumadia santosaning nagri | wondene têgêse palimarma | panjênêngan nata kuwe | kudu kêrêp pitutur | amêmulang klakuan bêcik | mring

--- 1: 39 ---

wadyabalanira | supayaa wêruh | marang kuwajibanira | sarta ingkang rêmên kautaman maring | wêwêngkone samoa ||

16. kang supadya bisa anuntuni | mring krahayon lah iku kewala | èstokna ing salawase | wruhanta iya iku | ingkang dadya busanèng aji | anadene patrapnya | ingkang catur têmbung | sama beda dana dhêndha | dudu sira kang matrapake pribadi | sayêktine wus ana ||

17. ingkang darbe kwajiban pribadi | Prabu Yudayana duk miyarsa | nêmbah sandika ature | mugi-mugi pukulun | pinarêngna sagêd nêtêpi | dhawuhipun jêng rama | kang sampun kasêbut | wontên ing pănca pratama | Prabu Dipayana langkung sukèng galih | nulya gêntos mêmulang ||

18. dhatêng Arya Danurwedha tuwin | Arya Dwara dwi mantri pangarsa | myang sakèhing wadya kabèh | dhuh babo wadyaningsun | rèh samêngko putrèngsun kaki | Yudayana taruna | sira kang katêmpuh | wrêdha marma sira padha | kuwajiban ngêmong mring nata taruni | wêlingku èstokêna ||

19. pawitane wong ngawula yêkti | nêtêpana têmbung pănca guna | lire limang kawruh kèhe | rumêksa kang karuhun | ping pindhone aran rumanti | rumangsuk ping trinira | rumêsêp ping catur | kalima aran rumasa | têgêsira rumêksa prajanirèki | kabèh ywa taha-taha ||

20. kadidene rumêksanirèki | marang barang darbèke priyăngga | sumawana

--- 1: 40 ---

upamane | prajanta ana kewuh | iku sira aywa ngêntèni | dhawuhe ratunira | malah sira gupuh | karya rêmbug pamrayoga | yèn mangkana gya lêksananana aglis | dèn padha nguwisana ||

21. kapindhone têgêse rumanti | dina-dina padha dèn samêkta | jaga-jaga ing karyane | nyênyadhang batinipun | bokmanawa sawanci-wanci | ana karya tumêka | aywa nganti gugup | kalakon sami waspada | dipun samya marsudi ngububi budi | ing wuri matrapêna ||

13. Pangkur

1. tri prakara kawruhana | ya mangkana lire sawiji-wiji | ilat ulat ulah iku | ingkang măngka gêgama- | nira dènnya ngawula marang sang prabu | de têgêse têmbung ilat | yaiku kêdaling lathi ||

2. dèn bisa amatrapêna | pasangkrama kang anibani kapti | iku pusaka satuhu | dadi yuwananira | suwitanta marang ing jêng sang aprabu | ulat mangkono lirira | dèn bisa angon wahyaning ||

3. măngsakala myang amawang | sambang liring anambung mirapêti | waskitha ing pasang sêmu | sêmuning pasamuan | yêkti dadya kabêgyanira satuhu | kandêl pangawulanira | marang jêng sri narapati ||

4. ulah iku barang solah- | tingkahira dèn bisa anoragi | wiraganira kang patut | dèn padha mamrih rêna | sayêkti yèn dadya santosanirèku | wruhanta kang tri prakara | yèn datan linakyan yêkti ||

5. dadya dirgamaning sêdya [sê...]

--- 1: 41 ---

[...dya] | suwitanta muwara tanpa kardi | dene têgêse rumasuk | pangrêsanta mring praja | iku padha seka praya sabiyantu | aja na sowangan karsa | wruhanta kang dadya wiwit ||

14. Sinom

1. nagara têmahan ruksa | iku saka wadya aji | tan nêdya rêksa-rumêksa | dadi tan prayoga yêkti | ingkang bakal pinanggih | wondene ta ananipun | praja dadi raharja | iku sabab tarlèn saking | kadarmane ingkang para nayakendra ||

15. Pangkur

1. we la iki dene salah | têmbang Pangkur dadi Sinom pangrawit | tujune dèrèng kêbacut | sawêg antuk sapada | barêng dêlêng aranging pada lagi wruh | milane ingkang mangripta | nyuwun gunging pangaksami ||

2. dhumatêng kang sudi maca | rèhning kula sawêg sapisan niki | yasa srat rinênggèng kidung | nênulad pra sarjana | muhung măngka panglipuring tyas wulangun | ngêtutkên boga mring sabrang | nuruti ardaning budi ||

3. sinigêg panglocitamba | nglajêngakên Sang Prabu Parikêsit | dènnya mêmulang mring wadu | kadwi nayaka waktra | lamun sira sarowang ta padha rukun | sabiyantu abipraya | tan ana sulayèng kapti ||

4. sayêkti lamun karêksa | sèsining rat dadi wêwêngkonnèki | dene bab kang kaping catur | rumêsêp têgêsira | iku dèn padha rêsêp rumakêt patut | dipun kadi angupaya | sêsotya ingkang linêwih ||

5. lawan rumakêta kadya | sudarma kang aningali mring siwi | yêkti tan [ta...]

--- 1: 42 ---

[...n] sangsaya tuhu | tulus dènnya ngawula | mring sang nata dene kaping limanipun | rumasaa lamun sira | dadya kawulaning aji ||

6. aywa na darbèni cipta | gunggung dhiri animbangi kamuktin | karana mangkono iku | têmah tanpa wawasan | de manawa sira padha darbe kayun | ingkang mangkana punika | iku amung sun arani ||

7. ngajap dahuruning jaman | nora wurung karya rênguning nagri | awit sujanma puniku | kang tan arsa kasoran | ing kuwasa wêkasane bakal rusuh | dene kabèh darbe sêdya | ngungaskên kasêktènnèki ||

8. marmane dèn eling padha | pamatrape papan catur kang luwih | wêruha sor-soranipun | ciptanira dèn kaya | angayomi marang kulawarga tuhu | kang asor anyungkêmana | marang lêluhurannèki ||

9. adarbea cipta kadya | angaub mring wong tuwane pribadi | yèn sira padha miturut | sarta angèstokêna | palimarmaningwang mring sira sadarum | sayêkti wignya akarya | wiraganirèng pangèsthi ||

10. tutug ingkang para sêdya | marmanira babo sapungkur mami | elinga pitutur ingsun | aywa na swalèng karsa | kang supadya tulus arjaning karatun | têlas pangandikanira | Maha Prabu Parikêsit ||

11. dwi mantri ngayun manêmbah | sarowangnya sandika turirèki | samana bibaran sampun | Sang Prabu Dipayana | myang putrendra Sri Yudayana ngadhatun [ngadha...]

--- 1: 43 ---

[...tun] | kang sumewa gya bibaran | ing ratri datan winarni ||

12. enjingnya para wadyendra | ing Ngastina kang agung myang kang alit | busêkan swara gumuruh | kang sami tata-tata | upacaraning kamuksan myang lènipun | sarta swaraning udrasa | lêbêt myang jawining puri ||

13. sapraja sami ru-ara | karêrantan badhe muksaning aji | katon tandhaning wulangun | ri punika hyang surya | sunarira tiningalan katon wêlu | kalimputan dening ima | arêmêng-rêmêng kaèksi ||

14. angimba Maharsi Gana | sung sasmita mring buwana waradin | bilih badhe muksanipun | nata sadu sudibya | miwah silir-siliring angin angêmu | kumêpyuring riris mandar | sêsumuk rumêsêp maring ||

15. ing angga satêmah maras | marasing tyas malatkung èsmu miris | dènira arsa kapugut | tan sihing sri pamasa | ya mangkana datan kêndhat wijilipun | cêcaruhan saking pura | gêgunungan warni-warni ||

16. kyèhning wangi-wangi samya | rinarêngga pinapatut sarwa sri | munggwing kanan keringipun | de kang made kusuma | sasampuning jangkêp upakartinipun | sapirantining kamuksan | ya ta mangkana sang aji ||

17. Maha Prabu Dipayana | saha garwa têtiga myang kang umi | Dyah Utari myang sang wiku | kang badhe bela muksa | sampun sami mangrasuk busananipun | sumawana agêgănda | angagêm jêbad kasturi ||

18. gandanya amrik angambar | dupi sampun samapta

--- 1: 44 ---

dènnya ngrukti | piranti kamuksanipun | Sang Prabu Dipayana | nulya pamit putra Yudayana Prabu | miwah putra mantu nata | kusuma yu Gêndrawati ||

19. myang sadaya para putra | jalu èstri sadaya kawaradin | mangkana ngandikanipun | dhuh babo atmajèngwang | kaki prabu padha karia rahayu | gonira jumênêng nata | lan garwanta ywa mas kentir ||

16. Maskumambang

1. pandukêna ing tyas wêkas ingsun kaki | poma dèn prayitna | kang awas lan ingkang eling | de sira manawa lena ||

2. sayêkti yèn nuli linimputan dening | nêpsu hawanira | de sira manawa eling | sayêkti anuli bisa ||

3. aningali titining jagadirèki | sawusnya ngandika | anênggak waspanirèki | ya ta Prabu Yudayana ||

4. saha garwa Rêtna Dèwi Gêndrawati | miwah para putra | karuna sarwi wotsari | sumungkêm anguswa pada ||

5. rama ibu myang eyang agênti-gênti | mangkana Sang Rêtna | Dèwi Gêndrawati pamit | dhèrèk miyos sinewaka ||

6. awit badhe uninga muksanirèki | ibu miwah rama | nanging datan dèn lilani | mindhak manjangkên sungkawa ||

7. têmah karya karănta-rantaning lyali | dadya dhinawuhan | mêmpên salêbêting puri | ya ta Kusumèng Gêndara ||

8. tan lênggana tumungkul maèsmu tangis | sawusnya mangkana | nata miyos saking puri | sarwi nganthi ibunira ||

9. Dyah Utari myang katri sang

--- 1: 45 ---

pramèswari | myang Dyah Nawangwulan | Sri Yudayana umiring | ginrêbêg para biyada ||

10. gya siniwi ing sitibêntar sang aji | saguning wadyendra | wijilira saking puri | sarêng swaraning udrasa ||

11. tri gumuruh wus tan kêni dèn sayuti | dupi rawuhira | ing păncaniti nulya glis | pinêthuk kèhing punggawa ||

12. miwah para pandhita wiku maharsi | sang nata gya têdhak | laju mring sêkar cinandhi | sapraptanira ing kana ||

13. lah ing kana Sang Aprabu Parikêsit | sigra dènnya lênggah | ing dhampar kusuma adi | myang para garwa sadaya ||

14. myang kang ibu Sang Rêtna Dèwi Utari | Rêsi Gurundaya | myang Sang Rêsi Gurunadi | mapan ing kering sang nata ||

15. dene Prabu Yudayana amrêpêki | jawining warana | lawan para punggawa ji | sumawana para putra ||

16. wadyabala tanapi kang pra maharsi | gung alit sadaya | sumiwèng ngarsa sang aji | sang nata nulya ngandika ||

17. kakang Dwara miwah Danurwedha Patih | rèh samêngko ingwang | ing dewa uwis pinasthi | têkaning jaman wêkasan ||

18. sotaning tyas kaya-kaya wus tan bali | manèh abêbakal | dadi karsèngwang saiki | sêdyarsa andhawuhêna ||

19. kautamaningwang supadya yya maksih | atêtinggal cacad | de pocapane kang kari | lah ta age payo kakang ||

20. lan sakèhe kawulaningwang gung alit | sapraja Ngastina | sapa kang sun pala

--- 1: 46 ---

gitik | utawa sun karya lara ||

21. pan samêngko iku padha sun lilani | malêsa maringwang | aywa na kang wigah-wigih | upama nadyan anaa ||

22. duk ing nguni ana kang ingsun tatoni | iya natonana | aywa na sandeyèng lyali | wit wus dadya karsaningwang ||

23. dwi nayaka waktra myang sakancanèki | duk samya miyarsa | andikanira sang aji | ngungun sarwi rawat waspa ||

24. dangu-dangu umatur sarwi wotsari | kawula sadaya | mung ngaturkên pati urip | karana datan rumăngsa ||

25. tanpa sabab antuk bêbênduning gusti | nadyan makatêna | tan gêrantês lair batin | saèstunipun sadaya ||

26. amung sêdya sumungkêm ngaturkên sisip | Prabu Dipayana | tan kandhêg karsanirèki | dhawuh mêksa kèn malêsa ||

27. sang nayaka waktra kalih awotsari | dhuh pêpundhèn amba | bilih makatên karsa ji | kawula inggih sandika ||

28. nanging rèhne kalampahanya wus lami | wus mawarsa-warsa | bêbasanipun andugi | ngintên kang dèrèng kantênan ||

29. pamalêsnya kabatos mawon prayogi | tan kawêdalêna | dadya samya antuknèki | sri nata duk amiyarsa ||

17. Sinom

1. jumbuh panuju ing karsa | ya ta mangkana sang aji | wontên cobaning jawata | anăndha santosèng lyali- | nira nata linuwih | jlêg wontên taksaka agung | tanpa sangkan prantannya | marêk ing ngabyantara ji |

--- 1: 47 ---

Prabu Yudayana miwah Arya Dwara ||

2. myang Sang Arya Danurwedha | lawan sagung punggawa ji | kagyat mire dènnya lênggah | dupi arsa dèn patèni | sang taksaka nulya ngling | angrêrêpa aturipun | dhuh sang kiswarotama | kang satuhu măngka dadi | pandaming rat ngaubi jagad wiryawan ||

3. mugi sampun anangsaya | kawula punika yêkti | dede jrêga kala murka | tan nêdya sikarèng budi | sowan kawula ngriki | kêdah mangastuti tuhu | nênggih kamuksanira | rama paduka sang aji | ya mangkana Sang Aprabu Yudayana ||

4. kèndêl saha wadyanira | Sang Aprabu Parikêsit | langkung ngunguning wardaya | karana dènnya miyarsi | wuwuwse sang naga ji | dadyalon andikanipun | mring putra dhuh sutèngwang | aywa sira padha murih | amisesa marang taksaka kang prapta ||

5. bokmanawa iku arsa | darbe atur marang mami | sadaya sami manêmbah | tumungkul konjêm ing siti | mangkana sang angèsthi | kamuksan lon wuwusipun | hèh-hèh titahing dewa | kang băngsa uni awarni | taksakendra apa ta mulane sira ||

6. narukrama murang tata | nir subasitanirèki | maripaksa sumiwèngwang | yèn ana karyanirèki | kang pancèn awigati | payo matura dèn gupuh | aja ataha-taha | ature sang taksaka ji | dhuh pukulun sang mahambêk sadu dibya ||

7. paramarta sih ing wadya | waskitha rèhing dumadi |

--- 1: 48 ---

dhuh marmanipun kawula | sumiwèng ngarsa sang aji | dene amba puniki | sanadyan sarpa pukulun | dede sabarang sarpa | kauningana dhuh gusti | yèn kawula punika nadyan têbiha ||

8. taksih têrahing jawata | Hyang Anantaboga nguni | punika lêluhur amba | dene ta amba puniki | têtiyang amastani | taksaka raja pukulun | de pisowan kawula | karana miyarsa warti | jêng paduka andhawuhkên kautaman ||

9. singa ingkang sinikara | kalilan malês samangkin | punika ingkang akarya | raosing tyas amba gusti | dhuh ingkang saupami | amba punika pukulun | ngèstokkên dhawuh tuwan | ingkang wus kawahyèng ngarsi | kadipundi pêthanipun dadosira ||

10. kalihan tan pisan-pisan | manawi amba darbèni | cipta kang kadya mangkana | papa cintraka punapi | ingkang amba lampahi | pêjah punapa pukulun | ingkang kawula têmah | de atur ulun puniki | mung dadosa kauningan jêng paduka ||

11. bilih sampun kauningan | prasasat sampun nglampahi | atur pamalês kawula | makatên purwane nguni | kala Sang Hyang Basuki | mindha pandhita pukulun | martapèng wukir agra | ngagêm kêthu bujangga ji | gêlang sarpa ran Rêsi Ardawalika ||

12. duk kala samana tuwan | kinoncang ing dewa luwih | jêngkar saking pagrogolan | dupi rawuhnya ing wukir | agra gyan Hyang Basuki | padukandhawuhkên bêndu | Rêsi Ardawalika [Ar...]

--- 1: 49 ---

[...dawalika] | paduka goco ing kêris | têmah sirna dalah sawarnining sarpa ||

13. dadya badhar warnanira | wangsul Hyang Basuki malih | anulya aparing wulang | dhatêng padukendra gusti | puwara Hyang Basuki | muksa mring kahyanganipun | dene sarpa kang dadya | gêgêlangira Sang Rêsi | Ardawlika kala rumuhun punika ||

14. sajatosipun gih amba | malah nalika têmpuhing | kadga tuwan mring sang tapa | angèngingi pêthit patik | kalampahan sakêdhik | pugut ing pêpucukipun | ngantos praptèng samangkya | bêbunthungan tanpa pêthit | nanging botên pisan-pisan yèn karyaa ||

15. sungkawaning manah amba | malah kapara pun patik | kang badhe angaturana | wêwalês prayoganèki | dhatêng paduka gusti | de marganipun pukulun | kawula sagêd mulya | mantuk mring kaanan jati | tarlèn saking lêlantaran padukendra ||

16. têlas ature taksaka | ya ta mangkana sang aji | èngêt ing tyas sanalika | lêrês ture sang naga ji | nulya ngandika sarwi | èsmu ngrêrêpa lingnya rum | dhuh babo mitraningwang | taksaka raja sirèki | ingsun minta aksamanira kang rila ||

17. rèh nguni sun katambuhan | eling yèn maksih taruni | têmah tan wruh subasita | liring kawruh kang utami | marmanira samangkin | sun mintaksamanta tuhu | wit sotaning tyas ingwang | iya prasasat misakit | marang sira yèn mangkana prayoganya [prayoga...]

--- 1: 50 ---

[...nya] ||

18. sira malêsa maringwang | ywa ragu-ragu amargi | wus tan na kang ngregonana | lawan ywa sandeyèng lyali | sarèhne uwis dadi | karsèngsun pribadi tuhu | mangkana sang taksaka | dahat lênggana tan sipi | nanging ajrih dene ta pinêksa-pêksa ||

19. puwara umatur sagah | dhuh pukulun jêng dewa ji | kang tuhu sampun waskitha | dununging pramana yêkti | yèn makatên karsa ji | inggih sandika miturut | karsanya sri pamasa | pinasthi karsèng dewa ji | nanging rèhne mung kasrèmpèt pêthit amba ||

20. dados amba kalilana | dilat pucuking dariji | paduka namung dadosa | timbanganing pêthit patik | karana yèn sujanmi | kang măngka pikuwatipun | dumunung sukunira | yèn sarpa wontên ing pêthit | milanipun atur kawula punika ||

21. sampun dados têtimbangan | Sang Aprabu Parikêsit | langkung sukaning wardaya | sang taksaka dèn dhawuhi | majêng cêlak sang aji | dilata drijining suku | sarpa matur sandika | majêng mangsah mring ngarsa ji | lah ing kana sang nata angguladrawa ||

18. Dhandhanggula

1. wali-wali dènirandhawuhi | kang supadya darijining pada | nulya dinilata age | duk dinilat sang prabu | sanalika lajêng mangèsthi | pangracuting sarira | angglarkên pangukud | myang pangrakêting dumadya | sing sarira tunggal ing wisesa jati | waskitha tanpa samar ||

2. maratani sakyèhning dumadi | ingkang ana mung

--- 1: 51 ---

purbaning gêsang | garwa tri miwah ibune | sigra cinipta gupuh | sarêng murud mring têpêt suci | de sang taksaka raja | sirna tan kadulu | lah ing kana Sang Pandhita | Gurundaya miwah Rêsi Gurunadi | myang Rêtna Nawangwulan ||

3. duk umiyat manawi sang aji | sampun muksa gugup asamapta | sigra muntu ing karsane | musthi kamuksanipun | tanpantara dangu anuli | muksa katiga pisan | sirna sing pandulu | ing wiyat gya wontên swara | jumalêgur tri bawana kawaradin | măngka pratandhanira ||

4. sampurnane ingkang muksa sami | pinèngêtan ing pamuksanira | taksih Asiya warsane | măngsa Citra lumaku | ya ta wau Yudayana Ji | miwah para nayaka | Ngastina sadarum | duk miyarsa swara gora | jumalêgur ing akasa angèbêki | bawana wus acipta ||

5. yèn kang rama lawan ingkang umi | sampun muksa marang ariloka | sang nata langkung wirage | sungkawèng tyas wulangun | sèwu sêdhih dadya sawiji | dahat karănta-rănta | drês wêdaling kang luh | sruning tikbra awigêna | gya lumuntur saking palênggahannèki | supe purwa duksina ||

6. Arya Dwara myang sarowangnèki | duk umiyat manawi sang nata | lumuntur saking dhampare | enggal rinămpa gupuh | pan gumuruh swaraning tangis | sri nata gya binêkta | mring bale manguntur | linênggahakên ing dhampar | Patih Dwara tansah ngimur angamêri | sabda pangrapu basa ||

--- 1: 52 ---

7. dupi lipur Sri Yudayana Ji | katingalan tandhaning katrima | kamuksane sri pamase | tumurun drês ingkang truh | sêkar mêkar angambarnya mrik | yayah mangimur risang | kang kataman ing kung | myang mrih lipuring duhkita | samantara sirêping truh sri bupati | ngandika mring kang uwa ||

8. mantrimuka srêt wijiling kang ling | hèh wa patih kadwi yèn mangkana | rama aji kamuksane | nora sawantahipun | têtêp saking wisa naga ji | dene tanpa karana | kya patih turipun | dhuh pukulun sri pamasa | kados botên makatên pamanggih patik | punapa kang cinipta ||

9. ing karsa ji lamun dados margi- | nirèng kasampurnan rama nata | wontên ucap-ucapane | nadyan wontêna tuhu | kang bêbaya makêthi-kêthi | bilih sampun waskitha | sayêkti tan kerup | malah mandar angirupa | sawarnining dirgama ingkang pinanggih | kados ta rama tuwan ||

10. saèstu yèn datan samar yêkti | sampun limpat anglimputi warna | pana sagung lêksanane | pan botên badhe keguh | ing pangirup kang angarêpi | punapa kirangannya | ing wêwulangipun | jêng eyang-eyang paduka | buyut Nata Pandhawa ing nguni-uni | mring swargi sri pamasa ||

11. sampun tumplak pêpak amêpêki | wontên sanubari rama tuwan | lah ing ngriku sri pamase | sarêng miyarsa atur- | irèng uwa Sang Dwara Patih | rêrêm panggalihira | lajêng adhêdhawuh | kinèn [ki...]

--- 1: 53 ---

[...nèn] karya panunturnya | ing kamuksan lawan kinèn sami ngrakit | sagunging cêcaruhan ||

12. marang para pandhita pra rêsi | Arya Dwara umatur sandika | samana nulya binage | waradin mring pra wadu | sri narendra ngandika malih | hèh uwa Patih Dwara | pamrayoganingsun | mungguhing kamuksanira | kangjêng rama iki nêdya sun têtêpi | patraping dwi agama ||

13. Brahma lawan Wisnu kang agami | têturutan aluraning eyang | Nata Pandhawa kabèhe | Brahma agamanipun | têturutan jêng eyang aji | Maha Bathara Krêsna | agamane Wisnu | marma saka karsaningwang | karo pisan iku padha sun têtêpi | awit rosane padha ||

14. anadene mungguh kang agami | kabèh ingkang padha dhèrèk muksa | nora ingsun patrapake | dene padha kawêngku | mring jêng rama agama kadwi | Wisnu kalawan Brahma | mungguh patrapipun | gonira nglêksananana | rèhne kangjêng rama iku muksanèki | tan ana kang tinilar ||

15. dadi apa kang bakal binasmi | iya amung ingkang candhi sêkar | sapalênggahane kabèh | awune gya linabuh | mring narmada sarta amawi | kinurmat wong sapraja | Arya Dwara matur | sandika lajêng bibaran | Prabu Yudayana kondur ngênyapuri | sagung para nayaka ||

16. sumawana nindyamantri kalih | nulya sami mantuk sowang-sowang | mring wismane dhewe-dhewe | tan rinuwiyèng dalu | enjingira

--- 1: 54 ---

patih kêkalih | miwah pra wadyabala | pêpakan sadarum | sowan dhatêng pagêlaran | sarwyambêkta pirantinipun ambêsmi | ponang candhi kusuma ||

17. nanging sri nata datan tinangkil | awit taksih sangêt sungkawanya | mila sang patih kalihe | sigra angatag gupuh | kinèn sami ambêsmi candhi | sadaya tur sandika | anulya tinunu | sirêpe ponang dahana | awunipun lajêng winadhahan nuli | pancaka panti sawa ||

18. miwah dipun upakara kadi | mangun pangupakaraning sawa | kadya sang prabu dhawuhe | ya ta sasampunipun | paripurna sigra lumaris | linabuh mring narmada | kang ngiring gumuruh | dupi sêsampating karya | pra wadyendra wangsul dhatêng păncaniti | tantara dangu nulya ||

19. wontên duta nata saking puri | kinèn dangu panglabuhing palwa | patih kêkalih ature | sampun palastha tuhu | duta nata wangsul mring puri | datan antara lama | nulya mêdal brubul | gêganjaran saking pura | langkung kathah kinèn bagi kang waradin | samana gya bibaran ||

20. kadwi patih myang para wadya ji | sampun sami mantuk sowang-sowang | gantya kang winarna manèh | kala samana nuju | amarêngi tanggaping warsi | Ananda kang lumaksa | de angkaning taun | pitung atus pitung dasa | langkung tiga marêngi măngsa Manggasri | kasmaraning ruwiya ||

19. Asmaradana

1. ingkang rinuwiya malih | nagara gung ing Ngastina | Sri Yudayana

--- 1: 55 ---

Sang Katong | samuksane ingkang rama | Sang Prabu Dipayana | ngantos samangke sang prabu | dèrèng miyos sinewaka ||

2. tajin dhahar lawan guling | tansah mêmpên nèng paprêman | dèrèng karsa miyos-miyos | kang dadya sungkawanira | tarlèn muksaning rama | dinalih pakartinipun | sarpa sang taksaka raja ||

3. marmanya sri narapati | dahating bramintanira | gung manungku ing panêpèn | kang pininta ing jawata | pajampua lêjara | kang dadya tikbraning kalbu | kacarita duk samana ||

4. dhawuh dhatêng Dwara Patih | supadya atur uninga | muksane rama sang katong | dhatêng wukir Manikmaya | gyan Rêsi Sidhikara | punggawa ingkang tinuduh | nama Sang Arya Supadma ||

5. sutèng Dwara mantri ngarsi | bidhal sapanêkarira | ing marga tan kacariyos | sapraptanirèng aldaka | Manikmaya wus panggya | lan Sidhikara Sang Wiku | sinambrama ing pambagya ||

6. Arya Supadma wotsari | matur yèn dinutèng nata | kinèn angaturi wêroh | muksane Sri Dipayana | myang ibu garwanira | ing sasolah-tingkahipun | kamuksan katur sadaya ||

7. miwiti malah mêkasi | Sang Maharsi Sidhikara | dahat sungkawèng driyane | gung karănta-rănta dahat | dene muksane nata | saha garwa miwah ibu | sang rêsi datan umiyat ||

8. de sang rêsi nuju sakit | wêkasan nulya karuna | kadya pawèstri tangise | ingimur

--- 1: 56 ---

dening Sang Arya | Supadma mrih lipura | sungkawanira sang wiku | dupi sawatawis lêjar ||

9. sêrêt wijile kanang ling | hèh kulup Arya Supadma | dahat piduwung tyas ingong | dene sun datan uninga | muksane sri narendra | karana ing waktu iku | ingsun lagya nandhang roga ||

10. malah tumêka samangkin | durung mari babarpisan | marma inguni antuke | duta Sang Arya Sarămba | sun tan wigya dhèrèkna | mring praja Ngastina kulup | de lagi bangêting roga ||

11. sang arya ngungun miyarsi | puwara sukur ing dewa | ing ngriku tan kacariyos | dènira wontên pratapan | ing wukir Manikmaya | sang arya pamitan sampun | mring Sang Rêsi Sidhikara ||

12. arsa mantuk mring nagari | sang rêsi mangayubagya | akathah-kathah wêlinge | marmanira datan sowan | karana dèrèng kiyat | lumaris têbih sang wiku | sang arya matur sandika ||

13. bidhal sapanêkarnèki | ing ênu tan cinarita | sapraptaning praja anjog | wismèng rama Patih Dwara | awit sri naranata | dèrèng myos saking kadhatun | matur solahing dinuta ||

14. purwa wasana tan cicir | suka ngungun kang muyarsa | kang dadya sukanya dene | sang wiku taksih raharja | kang dadya ngunguning tyas | de sang rêsi dèrèng mantuk | ya ta sang nayaka waktra ||

15. laju tumamèng mring puri | ngaturkên aturing duta | nging tan panggih lan sang katong | kang nampèni aturira |

--- 1: 57 ---

mung pramèswari nata | wit Sri Yudayana Prabu | taksih gung sungkawa dahat ||

16. ya ta mangkana winarni | praja Ngastina samana | tingkahe pra wadya katong | dènira nêtêpi karya | datansah tidha-tidha | karana saking sang prabu | dèrèng miyos sinewaka ||

17. saking sangêting rudatin | dadya sabên wontên karya | têrus mring pura kemawon | yèn wontên dhawuhing nata | lajêng dhinawuhêna | dhumatêng sang mantri ngayun | salêbêtipun sang nata ||

18. dèrèng yun miyos tinangkil | sadayaning paprentahan | nèng kapatihan kemawon | rinêmbag lan pra nayaka | ya ta tantara lama | ing sawiji dina nuju | amarêngi măngsa Jita ||

19. Sri Yudayana sung uning | mring kadwi nayaka waktra | manawi mangke sang katong | arsa miyos sinewaka | sagunging wadyabala | kinèn anangkil sadarum | dupi sang matri wisesa ||

20. tampi timbalaning aji | saha wadya langkung suka | sigra undhang mring sakèhe | punggawa gung alit samya | ing Ngastina sadaya | sung wikan bilih sang prabu | karsa miyos sinewaka ||

21. praptèng ri Rêspati Manis | Sang Aprabu Yudayana | enjing saèstu umiyos | sinewakèng sitibêntar | pêpak sagunging wadya | sumiwèng byantara prabu | tan ewah lir saban-saban ||

22. sri nata dhawuh mring patih | yèn arsa anyirnakêna | ing taksaka sakathahe | karana ciptaning nata |

--- 1: 58 ---

muksane ingkang rama | mawi jêjalaran tuhu | cinakot taksaka raja ||

23. dadya ing mangke sang aji | karsa malês angukuma | dhatêng sawêr sadayane | Patih Dwara Danurwedha | matur amambêngana | supados sampun kadurus | dêduka dhatêng taksaka ||

24. kathah dènnya bêbolèhi | karana misuwurira | sayêkti langkung sarune | nata agung binathara | karsa numpês taksaka | băngsa gêgrêmêt minungsuh | punika bilih têmêna ||

25. mêmêngsahana sayêkti | măngka pun taksaka datan | tur sêrat dadya panonjok | tunggul panantanging yuda | dadya karan nêmaha | asalah karya pukulun | luhung panjênêngan nata ||

26. tulusa ulah kamuktin | mangun kridhaning kalangyan | lah punika misuwure | sakalangkung prayoginya | sawadyabalanira | tanpa sangsaya tur tulus | sinêmbah ing para raja ||

27. manawi kalajêng apti | nyirnakkên kèhing taksaka | lah punapa pikantuke | saking tur panuwun amba | wontên bêbasanira | salêmbat-lêmbating ranu | yêkti taksih lêmbat manah ||

28. kajawi makatên gusti | sarèhning taksaka kathah | manawi wontên ing têmbe | kang băndakalani têmah | sayêkti tan tumimbang | lawan kasusahanipun | sri nata mengo mring wuntap[10] ||

20. Pangkur

1. jinjaning tyas duk miyarsa | ing ature sang mantrimuka kalih | kawistarèng netya rêngu | Patih Dwara [Dwa...]

--- 1: 59 ---

[...ra] waspada | ing sêmune sang nata yèn tan saarju | dadya matur amêmalad | prana mrih rênaning aji ||

2. dhuh pukulun sri narendra | yèn makatên ingkang dados karsa ji | luhung mêndênga pukulun | salah satunggalira | ingkang dosa kewala manawi sampun | sirna wadyabalanira | sang taksaka raja nguni ||

3. sayêkti gampil kewala | anumpêsi sarpa sanèsirèki | jêr sampun uninga tuhu | raose nyirêp wisa | Prabu Yudayana langkung sukèng kalbu | lajêng andangu kitanya | sang taksaka raja nguni ||

4. aturipun Patih Dwara | srapat-srapat gusti kala rumiyin | pamirêng amba rumuhun | saking wiraosira | tiyang kina mênggahing kadhatonipun | taksaka raja punika | taksaka Sila rannèki ||

5. cêlan[11] agrèng wukir Sasra | sisih kidul wus cêlak ing pasisir | caritanira ing ngriku | kadhatone taksaka | Prabu Yudayana langkung sukèng kalbu | dhawuh kinèn samêktaa | kados satingkahe jurit ||

6. wadyendra pinilah-pilah | kang umiring myang kang têngga nagari | patih sandika turipun | lajêng dènnya bibaran | sri pamasa kondur malêbèng kadhatun | Sang Dwara myang Danurwedha | myang sagung punggawa mantri ||

7. umantuk sowang-sowangan | saput ratri sang hyang căndra gumanti | tan winarna duk ing dalu | enjingnya Patih Dwara | amêmatah punggawa kang sêpuh-sêpuh | umiringa sri narendra [na...]

--- 1: 60 ---

[...rendra] | ngrakita sikêping jurit ||

8. sanjata kang kangge karya | sawarnining gêgêbug myang gêgitik | bêbandhêm miwah pêpukul | parasu miwah kunta | alugora cacap lêmbing nanggala gung | candrasa bindi lan gada | gandhi myang sanèsirèki ||

9. gaman kang tan wal sing asta | pra pandhita pra êmpu miwah rêsi | kinèn umiring sadarum | ingabên kagunannya | lawan sarpa ing taksaka Sila wau | sarpa sampun ananggênah | wadyendra kang têngga puri ||

10. sadaya pinatah-patah | sowang-sowang kang dadya rêksanèki | tan kawursita ing ênu | dènira tata-tata | dupi pêndhak dintênipun malih sampun | samapta sagêgamannya | budhal sabalanirèki ||

11. gumuruh suwaranira | kacariyos tingkahira wadya ji | analasak wana agung | ngosak-asik jêjurang | yèn kapêthuk taksaka lajêng linampus | têmahan wangkening sarpa | balasah datanpa wilis ||

12. kêkayoning wanapringga | kang katrajang sami abosah-basih | ingobrak-abrik têmah swuh | dening bala Ngastina | tan kawarna ing marga sapraptanipun | ing taksaka Sila sigra | gya ngrabasa kahyanganing ||

13. sang hyang narendra taksaka | nanging ratunira pan sampun sêpi | wus muksa sarêng Sang Prabu | Dipayana samana | dadya mangke kantun wadyabalanipun | miwah pangagênging naga | gêngira anggêgirisi ||

14. wontên ingkang sawiting tal | wontên ingkang [ing...]

--- 1: 61 ---

[...kang] sapucang myang satiris | sakalangkung kathahipun | sarpa taksaka Sila | duk tinêmpuh dening wadyabala agung | kèhing sarpa kagegeran | wontên ingkang nêmpuh wani ||

15. ngamuk wadya ing Ngastina | parandene taksaka tan ngundhili | kacariyos kathahipun | sarpèng taksaka Sila | mung tri ari wus tumpês sadayanipun | sirna datan măngga sesa | mung kantun sawêr lit-alit ||

16. samya lumajêng sar-saran | ngungsi gêsang mring jurang ingkang sungil | sawênèh sami lumayu | dhêlik sêlaning têla | duk samana sirnaning kang taksaka gung | Sang Aprabu Yudayana | sawadyabalanya sami ||

17. langkung sukaning wardaya | sigra dhawuh tata-tata yèn apti | sri narendra karsa kondur | datan winarnèng karya | sasampuning samêkta budhal gumuruh | ing marga tan winursita | sapraptanira ing nagri ||

18. Ngastina Sri Yudayana | sigra laju tumamèng jroning puri | pra punggawa klilan sampun | mantuk sowang-sowangan | ya ta sarêng antawis tigang sitèngsu | amarêngi măngsa Citra | taksih Ananda kang warsi ||

19. nuju dintên Soma enjang | Prabu Yudayana miyos tinangkil | ing păncaniti supênuh | Patih Dwara kalawan | Patih Danurwedha myang pra wadya prabu | sumiwèng byantara nata | tan siwah lir sabênnèki ||

20. Sri Yudayana dhêdhawah | dhatêng patih kalih manawi apti | nglajêngakên karsanipun | anumpêsi taksaka |

--- 1: 62 ---

sartandangu gyan kang kathah sawêripun | ture sang nayaka waktra | dhuh pukulun jêng dewaji ||

21. kawarti ing tanah Lagra | wêwêngkoning wana Malawapati | taksih kathah sawêripun | nanging taksaka rucah | tanpa raja lir taksaka Silèng ênu | sri nata duk amiyarsa | jingga nom suka tan sipi ||

21. Durma

1. tanpa mêndha ingkang wadya karsanira | lajêng dhawuh miranti | kinèn asamapta | karana sri narendra | nuntên arsa têdhak malih | mring wana Lagra | sabdanya sri bupati ||

2. mungguh ingkang dadya gêgamaning yuda | ywa na kang nguciwani | kinarya anglawan | ywa nganti kêkurangan | apadene para rêsi | para pandhita | myang para êmpu tuwin ||

3. wadyaningsun kabèh kang para punggawa | ywa kurang ngati-ati | lir kang wus kalakyan | dwi patih tur sandika | bibaran dènnya tinangkil | Sri Yudayana | kondur angênyapuri ||

4. pra wadyendra umantuk sowang-sowangan | duk enjingipun malih | dwi patih mêmatah | punggawa myang pandhita | êmpu kang arsa umiring | mring wana Lagra | miwah kang têngga puri ||

5. tan winarna tingkahe dènnya siyaga | datan antara lami | wus pirantinira | sadaya wus samapta | sri nata budhal tumuli | sawadyabala | umyang gumuruh atri ||

6. urut marga agung mêjahi taksaka | kang agung myang kang alit | sauruting wana | gunung myang jurang-jurang | sakèhe taksaka gusis [gu...]

--- 1: 63 ---

[...sis] | atêtumpêsan | pra pandhita myang rêsi ||

7. ngêmpakakên măntra myang kagunanira | kang măngka panyirêping | wisaning taksaka | nanging tan rinuwiya | tingkahe dènnya mêjahi | sakèhing sarpa | ingkang dipun margèni ||

8. sarêng prapta ing wana Lagra tan taha | sigra ingobrak-abrik | saisining wana | satwa samya sar-saran | ngungsi wana jurang trêbis | myang mring aldaka | sadaya samya ajrih ||

9. aparêka lan wadyabala Ngastina | nanging dhawuhing aji | gunging buron wana | tan parêng sinikara | mung sarpa ingkang pinurih | winisesaa | têmah lêburan gusis ||

10. têtumpêsan tan pisan măngga-puliha | sri nata duk ningali | sirnaning taksaka | kalangkung sukanira | sang nata suka ing galih | puwara dhawah | bêdhag sato wanadri ||

11. warakendra sawadya matur sandika | lajêng tumandang sami | bujêng sato wana | nanging tan patos kathah | karana wus bibar têbih | sing wana Lagra | duk rêrêm sawatawis ||

12. Prabu Yudayana dhawuh tata-tata | yèn arsa kondur nuli | sarta kinèn samya | ngrukti pambêktanira | sato antuk-antuknèki | dera bêbêdhag | dupi sampun cumawis ||

13. sigra budhal gumuruh sawadyanira | tan kawursitèng margi | sapraptaning praja | nata tumamèng pura | pandhèrèknya wangsul sami | sowang-sowangan | tuk-antuknya binagi ||

14. kacarita sarêng

--- 1: 64 ---

antawis sawulan | marsêpuh sri bupati | Prabu Gandaprawa | amit mantuk mring praja | Gêndara awit wus lami | dènira mendra | ugi wus dèn lilani ||

15. sapta ari praptanya prajèng Gêndara | mangkana tan winarni | ing antawisira | sajroning astha căndra | Kakung kasantuning warsi | suryasangkala | sapta tus sapta dèsi ||

16. langkung catur duk lumaksana sacăndra | căndra sangkalanèki | lumaksa dwi căndra | angkaning kanang warsa | sasta[12] tus lan nawa dèsi | astha langkungnya | Rancana raning warsi ||

17. amarêngi salêbêting măngsa Pusa | mangkya kacriyos malih | dadya ing Ngastina | Sang Prabu Yudayana | ing ari Rêspati Paing | myos sinewaka | gêgandhengan kang nangkil ||

22. Kinanthi

1. sing mandrawa tinon luhung | untabe wadya kang nangkil | yayah kang jaladri pasang | tan pae lir sabênnèki | kaya mangkana sri nata | tansah dènira manggalih ||

2. nglajêngakên karsanipun | dènirarsa anumpêsi | mring sakathahing taksaka | saindênging tanah Jawi | margi kang dadya karana | muksaning rama sang aji ||

3. mila ing mangke sang prabu | sangêt murinaning galih | datansah mangănta-ănta | tan pêgat dêdukanèki | dhatêng sakathahing sarpa | ya ta mangkana sang aji ||

4. andangu dwi mantri ngayun | wana miwah wukir-wukir | pundi kang kathah sarpanya | karsendrarsa dèn têdhaki | ture sang nayaka waktra | dhuh pukulun jêng dewaji ||

--- 1: 65 ---

5. pamirêng amba rumuhun | pawartosirèng sujanmi | kang sampun nate angambah | Găndamadana wanadri | punika kang taksih kathah | sarpa gêng-agêng sayêkti ||

6. de Găndamadana wau | prênah sacêlakirèki | ing wulusan Tibrasara | saêlèr wetaning wukir | Căndramuka mangidulnya | praptèng wukir Căndragêni ||

7. punika pawartosipun | taksih kathah sarpanèki | dene wana Tibrasara | pukulun punika nguni | nalika eyang paduka | buyut Rahadyan Pamadi ||

8. duk kasedan garwanipun | kang wasta Dyah Banowati | punika lajêng martapa | ing Tibrasara wanadri | dene ing Găndamadana | pratapan agêng nglangkungi ||

9. nênggih patilasanipun | Sang Wiku Jêmbawan Kapi | sudarma eyang paduka | kang wasta Dyah Jêmbawati | pramèswari Dwarawatya | ing nguni pêputra kalih ||

10. sudarma amba kang sêpuh | Radèn Sămba asmanèki | arine wanodya asma | kusuma Siti Sundari | kagarwa eyang paduka | Sang Arya Bimanyu nanging ||

11. dèrèng ngantos asêsunu | kasêsa muksa belani | nalika prang Bratayuda | punika aluranèki | têlas turnya Arya Dwara | duk miyarsa sri bupati ||

12. datan ascaryaning kalbu | puwara ngandika aris | uwa Dwara yèn mangkana | kapasang yogya sayêkti | manawa ingsun tumêdhak | mring Găndamadana wukir ||

13. ngiras pantês têdhak ingsun | ngopèni [ngo...]

--- 1: 66 ---

[...pèni] tilasannèki | lêluhur kang wus suwarga | bokmanawa anjurungi | ingkang dadi karsaningwang | anumpêsa sarupaning ||

14. taksaka kabèh puniku | ya ta nindyamantri kalih | sami amangayubagya | sagunging karsa narpati | ananging jumurungira | sang nayaka waktra kalih ||

15. datan saking bingahipun | mung katarik saking ajrih | karana karsa narendra | drêng tan kêni dèn pambêngi | dahat lumuh ingaturan | ingkang amrih pamrayogi ||

16. puwara amung sak manut | ngèli karsaning narpati | marmanya kala samana | supe pangrèhing kayuktin | ya ta mangkana sang nata | dhawuh mring sang patih kalih ||

17. kinèn samêktaa gupuh | sadandananing ajurit | karana sri naranata | karsa têdhak mring wanadri | ing wukir Găndamadana | sandika kang dèn dhawuhi ||

18. wusnya mangkana sang prabu | jêngkar dènira tinangkil | sri nata wus malbèng pura | sang mantri wisesa kadwi | miwah sapanêkarira | bibarkên kang samya nangkil ||

19. winursita enjingipun | sagunging wadya narpati | wus samapta sigra bidhal | gumuruh swaranira tri | samarga-marga tan pêgat | dènira amêmêjahi ||

20. taksaka ingkang kapêthuk | tanpa wilangan kèhnèki | sapraptanirèng wulusan | Găndamadana anuli | angosak-asik jêjurang | pêpèrèng têmbinging wukir ||

21. yèn wontên ingkang kapranggul | mring sarpa agung lan [la...]

--- 1: 67 ---

[...n] alit | gupuh lajêng pinarbutan | dening wadyabala aji | têlas sirna sadayanya | kèhing sarpa ing wanadri ||

22. Tibrasara wulusan gung | myang Găndamadana wukir | miwah wukir Căndramuka | sang nata karsanirèki | têrus ngidul dhatêng arga | lêlêngkèhing Căndragêni ||

23. sapraptanira ing ênu | laju dènnya ngobrak-abrik | wana miwah jurang-jurang | satêmah abosah-basih | kambah wadya ing Ngastina | kang marwasa sarpa sami ||

24. wusnya mangkana sang prabu | gya wangsul mangalèr malih | mring wana Găndamadana | tan kawursita ing margi | wus praptèng Găndamadana | karsanira sri bupati ||

25. dhawuh mring sang mantri ngayun | kinèn sami andandosi | patilasane partapan- | ira Sang Jêmbawan Kapi | sagung ingkang wêwangunan | pinulihkên lir ing nguni ||

26. tanapi partapanipun | Sang Arya Parta ing nguni | duk nèng wana Tibrasara | kang dhinawuhan tumuli | sakancanira tumandang | ngèstokkên dhawuh sang aji ||

27. pinatut miwah winangun | wêwangunannya sarwa sri | tinata kang padhêkahan | kanan keringira sami | sinung janma catur somah | kinèn sami angênggèni ||

28. têngga patilasanipun | rumêksa kanang asrami | janma catur somah ika | kang măngka bêbuyutnèki | awasta Ki Buyut Goma | miwah sami dèn paringi ||

29. sarananing wong dhêdhukuh | pirantining among tani | ya ta sawusnya mangkana | Sri Yudayana tumuli [tumu...]

--- 1: 68 ---

[...li] | kondur mring praja Ngastina | sawadyanira tan kari ||

30. lampahing wadya gumuruh | tan winursita ing margi | sapraptanira ing praja | sri nata tumamèng puri | kadwi sang nayaka waktra | miwah pra punggawa mantri ||

31. linilan sami umantuk | mring pantinira pribadi | duk samana tan kacrita | tan lama antawisnèki | amarêngi santun warsa | suryasangkala umijil ||

23. Mijil

1. kawursita duk antuk tri sasi | nglêrêsi wulan nom | suryasangkala dene angkane | pitung atus pitung dasa luwih | pănca langkungnèki | utawi lumaku ||

2. candrasangkalantuk catur sasi | angkane kawiyos | pitung atus myang nawa dasane | langkung sanga ing Pinggala warsi | Citra mangsanèki | nalika puniku ||

3. rinuwiya ing Ngastina nagri | sang sri narakatong | ari Soma miyos sitinggile | pêpak sagung wadya ingkang nangkil | lir sabênirèki | kang pratisthèng ngayun ||

4. Danurwedha miwah Dwara Patih | mangkana sang katong | kang dinangu nênggih panggenane | unggyan ingkang kyèh taksakanèki | arsa dèn têdhaki | tinumpês sadarum ||

5. Arya Dwara matur mangênjali | dhuh jêng sang akatong | kang satuhu minăngka pêpundhèn | saking pangraos kawula gusti | kados sampun ênting | kajawi gyanipun ||

6. wana-wana miwah wukir-wukir | tuwin jurang sigrong | taksih wontên ananging tan akèh | ênggènira [ênggèni...]

--- 1: 69 ---

[...ra] sakalangkung sungil | sisah dèn têdhaki | saking rumpilipun ||

7. mung saênggèn amba myarsa warti | taksaka rêraton | langkung wingit ing kina wartine | para nata duk ing nguni-uni | tan wontên kang bangkit | nyirnakkên puniku ||

8. awit kraton miwah balanèki | nyiluman tan katon | jare wartos namane sang rajèng | taksaka raja siluman gusti | Sang Raja Sarani | de kadhatonipun ||

9. wontên graning kang Maendra wukir | iring kidul kulon | nanging tan katingal sawantahe | lir kadhatoning manusa gusti | wartine ing nguni | yèn wontên ingkang wruh ||

10. kadhatonnya sang taksaka aji | sarwa sri yèn tinon | angungkuli asri myang rarase | kahyangannya Sang Hyang Surapati | miwah kang pawarti | kyèhning balanipun ||

11. sakalangkung dènnya dibya sakti | wignya mancala wong | sanèsira para pangagênge | balanira sarpa agung alit | kathahnya nglangkungi | mangkana sang prabu ||

12. kèndêl èsmu kèwêraning galih | locitèng tyas katong | badhe kalajêngakên karsane | anumpêsi balane naga ji | sandeya manawi | aniwasi tuhu ||

13. datan wande sayêkti nêmahi | sirna anèng êndon | arsa datan saèstu sang rajèng | têdhak dhatêng ing Maendra wukir | merang mring wadya ji | myang dwi mantri ngayun ||

14. yèn dinalih mring pakewuh ajrih | puwara kawartos | langkung saru wasana [wasa...]

--- 1: 70 ---

[...na] sang rajèng | pêpuntoning driya angantêpi | ing karsanirèki | rèh sampun kabanjur ||

15. nulya dhawuh samaptaa malih | dènira sang akatong |[13] arsa têdhak cangkrama karsane | dhatêng graning kang Maendra wukir | sumêdya ngayoni | ing kasaktènipun ||

16. nataning sarpa Naga Sarani | nindyamantri karo | matur amambêngi ambêbolèh | aturira dhuh jêng sri bupati | kang satuhu dadi | sêsêmbahan ulun ||

17. kuningana ing Maendra wukir | taksih wingit yêktos | wus misuwur pangalapan gêdhe | amba nguni sampun antuk warti | yèn kasêktènnèki | nataning naga gung ||

18. angasorkên kasêktènirèki | para dewa yêktos | yèn nalika krodha naga rajèng | sèsining rat kalêbwèng angganing | sang taksaka aji | milanya pukulun ||

19. sampun ngantos kalajêng karsa ji | sandeya ing batos | amba botên jrih ing pakewuhe | mung amirma paduka sang aji | sang nata duk myarsi | turnya mantri ngayun ||

20. kawistara ing netyasmu runtik | rongèhing pasêmon | kadwi mantri kalangkung ajrihe | dadya matur sandika karsa ji | mangkana sang aji | kondur dhatêng pungkur ||

 


Halaman 1 hilang. (kembali)
Kurang tujuh gatra: ke-1 (10i), ke-2 (10a), ke-3 (8e), ke-4 (7u), ke-5 (9i), ke-6 (7a), dan ke-7 (6u). Semestinya gatra yang kurang ini terdapat di halaman yang hilang. (kembali)
malenggot. (kembali)
Kurang dua suku kata. (kembali)
Kurang lima gatra: ke-6 (7a), ke-7 (6u), ke-8 (8a), ke-9 (12i), dan ke-10 (7a). Semestinya gatra yang kurang ini terdapat di halaman yang hilang. (kembali)
Halaman 30-31 tidak ada. (kembali)
Kurang satu suku kata. (kembali)
Kurang satu gatra: ke-1 (10i). Semestinya gatra yang kurang ini terdapat di halaman yang hilang. (kembali)
ngantosi. (kembali)
10 wuntat. (kembali)
11 cêlak. (kembali)
12 sapta. (kembali)
13 Lebih satu suku kata: dènira sang katong. (kembali)