Maryati lan Maryana, Siswamiarja, 1930, #1825

JudulCitra
Terakhir diubah: 10-06-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie No. 922

Maryati lan Maryana.

Anggitanipun Mas Siswamiharja.

Bale Pustaka, Wèltêprèdhên.

--- [1] ---

Serie No. 922

Maryati lan Maryana.

Anggitanipun Mas Siswamiharja.

Bale Pustaka – 1930 - Wèltêprèdhên.

--- [2] ---

Wêwênangipun pangarang sinêngkêr, miturut bab 11 anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- [3] ---

I. Kêpêjahan Bapa Biyung.

Ingkang minăngka dados tuking cariyos punika ing Sukaraja, sanajan namung kadhistrikan, ewadene botên kawon rame, lan botên kawon asri kalihan kitha apdhèling Banyumas, ingkang ambawahakên dhistrik Sukaraja wau. Mênggah sababipun, Sukaraja punika katrajang margi trèm ingkang saking Maos dhatêng Banjarnagara (sapunika dumugi Wanasaba). Ing sacêlakipun ngriku wontên pabrikipun gêndhis lan tela kaspe. Tiyang sugih kathah, băngsa kriya pêpak, tiyang nglampahi agami kalêbêt kathah, awit ing ngriku wontên satunggiling kyai ingkang sampun misuwur. Kawêwahan malih kathahing băngsa mănca manekawarni, ingkang sami ngupados panggêsangan wontên ing ngriku, kados ta: Cina, Arab lan sanès-sanèsipun. Mila botên anggumunakên, manawi kathahing griya-griya ing Sukaraja katingal pipit, prasasat botên wontên sêlanipun.

Nuju satunggiling dalu, nglêrêsi tanggal kaping 14 wulan Jawi, rêmbulan sawêg nêdhêng-nêdhêngipun purnama, padhang kados raina, ing margi agêng ngantos jam 10 dalu, taksih kathah tiyang mlampah-mlampah [mlampah-...]

--- 4 ---

[...mlampah] prêlu pados hawa ingkang sae, ngiras angenggar-enggar manah. Korining griya-griya taksih kathah ingkang mênga, têtiyangipun sami lêlinggihan wontên ing ngajêngan, utawi ing latar kalihan rêrêmbagan sinambi wedangan, wontên malih ingkang sami gêgujêngan, dening rumaos sênêng. Lare-lare jalêr utawi èstri, sami rame dolanan warni-warni wontên ing margi-margi utawi wontên ing palataran.

Ing dalu punika kirang langkung jam 10 wontên tiyang jalêr lumampah saking kilèn urut margi agêng, lajêng menggok mangalèr mlêbêt dhatêng satunggiling griya agêng ingkang sampun sêpuh sarta katingal risak, dening kiranging pangupakara. Sarêng tiyang jalêr wau thothok-thothok kori, sanalika lajêng wontên lare èstri ingkang taksih kênya ngêngakakên kori, ngacarani tamunipun ingkang sawêg dhatêng punika. Lare èstri apitakèn: punika wau pak cilik punapa lumampah kemawon.

Iya, wong padhang rêmbulan, dadi karo mlaku-mlaku.

Punapaa kok pak cilik lajêng botên jêbul-jêbul.

Iya, sabab aku mêntas lungan mênyang Ngayoja, kulak dagangan jarit, baliku dhèk mau trèm jam 12 awan. Lah, kapriye mungguh larane êmbokmu, gêndhuk.

Sêmunipun taksih ajêg kemawon.

Apa durung gêlêm mangan.

--- 5 ---

Dèrèng, malah tilêmipun kemawon kêtingal rêkaos, sawêg kemawon anggènipun sagêd tilêm.

Lare èstri wau lajêng ngundang rencangipun èstri ingkang manggèn wontên gandhok wingking: Bok Karya.

Kula.

Apa Maryana wis turu, dene ora ana swarane.

Sampun, malah sampun dangu.

Apa ing pawon ana wedang umob.

Wontên, mas rara.

Lare èstri pitakèn dhatêng tamunipun: Badhe ngunjuk kopi, punapa tèh, pak cilik.

Anu, Maryati, yèn ana, tèh wae. Gawenên ana tekone bapakmu sing wungu kae.

Maryati: Inggih. – Bok Karya.

Kula.

Gawea wedang tèh, gawenên ana tekone bapak sing wungu kuwi.

Inggih, mas rara.

Botên dangu wedang tèh sanyamikanipun mêdal, Martadi lan kapenakanipun èstri nglajêngakên anggènipun ginêman.

Maryati punika umuripun sawêg kawan wêlas taun, nanging manahipun sumêpuh. Wiwit umur pitung taun, Maryati kalêbêtakên [kalêbê...]

--- 6 ---

[...takên] pamulangan ăngka kalih. Manawi enjing sêkolah, manawi sontên kawulang kawruh agami dhatêng bapakipun. Sapunika anggènipun sêkolah sampun tamat, sarta kawruhipun dhatêng babagan agami, ingatasipun lare èstri ingkang umuripun sawêg samantên, inggih kapetang sampun nyêkapi. Wêwatakanipun Maryati kêras, nanging bèrbudi. Bapa biyungipun Maryati punika tiyang alit kemawon, nanging taksih turuning kenthol, lan radi kacêkapan. Mênggah ingkang dados pangupajiwanipun dados bakul sinjang. Nalika samantên bapakipun Maryati inggih punika: Pak Martobi, sawêg kesah kaji dhatêng Mêkah. Maryati katilar kantun, namung kalihan êmbokipun, adhinipun jalêr ingkang sawêg umur tigang taun, lan rencang èstri satunggal, inggih Bok Karya punika. Êmbokipun Maryati sawêg ginanjar sakit sangêt, gèk kados punapa kemawon susahipun Maryati, para maos sagêd andugi-dugi piyambak.

Wicantênipun Maryati dhatêng bapakipun alit: Pak cilik, dintên punika raosing manah kula botên kantênan.

Priye ta.

Tiyang pun êmbok dintên punika sakêdhap-sakêdhap sumaput. Kang Putra Maryana sadintên-dintên tansah mothah kemawon, [kema...]

--- 7 ---

[...won,] wêwah-wêwah manah kula sakêdhap-sakêdhap trataban, kèngêtan ba ... .

Sawêg samantên Maryati anggènipun wicantên, êmbokipun ingkang wontên salêbêting kamar undang-undang: Maryati.

Apa.

Kowe gunêman karo sapa.

Karo pak cilik Martadi, êmbok.

Renea sadhela, gêndhuk, karo pakmu cilik.

Maryati lan bapakipun alit lajêng mlêbêt dhatêng kamaring êmbokipun. Êmbokipun nalika punika katingal sagêd linggih, andadosakên bingahing manahipun Maryati. Martadi sarêng sumêrêp semahing kakangipun katingal sampun botên gadhah guwaya, sarta badanipun katingal namung katun balung lan kulit, manahipun mak sêdhot, lajêng pitakèn dhatêng bakyunipun: Kadospundi, yu, punapa sampun wontên sudanipun.

O, Martadi, wiwit sapungkurmu saka kene sing dhisik kae, laraku mundhak rêkasa. Kêkuwataning awakku kaya-kaya wis ilang babarpisan, mangan ora doyan, turu ora bisa. Mung iki mau aku bisa ngliyêp sadhela, nanging banjur kagèt jalaran ngimpi.

Maryati nyambêti pitakèn: Ngimpi apa ta, êmbok.

--- 8 ---

Iki mau bapakmu kaya-kaya katon, manganggo sarwa putih. Nanging mung sakêplasan banjur ilang.

Martadi pitakèn: Bab punika prayoginipun botên susah dipun gagas, yu, mindhak mêwahi sakitipun bakyu.

Nalika punika Bok Karya nyêlaki ingkang sawêg sami wicantênan, sarta rumaos bingah dene lurahipun ingkang sawêg nandhang sakit katingal sagêd linggih. Êmbok Martobi pitakèn: Bok Karya.

Kula, mas ajêng.

Maryana ana ngêndi, apa wis turu.

Sampun tilêm, mas ajêng, kula papanakên wontên ing kamar wingking.

Ya uwis.

Nalika punika sampun jam kalih wêlas dalu, mila Martadi pamitan mantuk, wicantênipun: Inggih sampun, yu, kula nyuwun pamit badhe wangsul, awit benjing enjing kula badhe dhatêng pêkên Pasir. Mugi-mugi kemawon sapêngkêr kula, bakyu pinaringana saras.

Iya ta, dhi, mung bae yèn kêbênêr ana ngomah, disêring têka mrene.

Sampun mêsthi kemawon, yu.

--- 9 ---

Martadi lajêng wangsul mantuk dhatêng ing griyanipun ing Kalibagor, têbihipun saking Sukaraja watawis sapal. Ing wêktu punika sanajan padhanging rêmbulan taksih kados raina, ing margi agêng sampun sêpên. Mila lampahipun Martadi ngutu kêmawon, ngantos dumugi griya.

Nuju satunggiling dintên, kirang langkung jam sadasa enjing, Maryati kalêrês sawêg linggih wontên ngajêngan piyambakan, dumadakan wontên upas pos dhatêng, angulungakên sêrat tutupan. Sarêng dipun tingali capipun cêtha sangêt bilih sêrat punika saking Jedah. Sêrat lajêng kabikak sarta kawaos salêbêting batos, ungêlipun makatên:

Sêrat saha taklim kula Rusdi, ingkang wontên ing Mêkah.

Nuwun wiyosipun, kula ngaturi uninga dhatêng bakyu, punapadene dhatêng sadaya ahli ing ngriki, bilih nalika dintên Slasa tanggal ping ... kapêngkêr punika, Kamas Martobi sampun dumugi ing janji, wangsul dhatêng jaman kalanggêngan. Mênggah tilaripun Kamas Martobi wau wontên ing margi saantawisipun Mêkah kalihan Madinah, inggih punika kala wangsulipun saking Madinah dhatêng Mêkah.

Wusana panyuwun kula dhatêng bakyu, mugi-mugi ingkang rila kemawon, [kema...]

--- 10 ---

[...won,] mandar sami amêmujia: mugi-mugi arwahipun Kamas Martobi pikantuk rahmating Pangeran.

Jedah ping ... .

Kula sadhèrèk ing Purbalingga ingkang wontên ing Mêkah.

Rusdi.

Nalika punika Maryati lajêng anggêmbor lumajêng dhatêng kamar patilêmaning êmbokipun. Dèrèng ngantos dumugi ing panggenaning êmbokipun, Maryati sampun dhawah ing siti, dening badanipun sangêt lêmês, sarta pêtêng paningalipun. Panggêmboripun Maryati sangsaya sora, sambatipun: O, êmbok, priye, aku priye, êmbok. Dene bapak wis mati ana Mêkah. O, êmbok, ... priye ... êmbok, aku karo kowe karo Mar ... yana, kapriye.

Ing waktu punika, Bok Martobi sawêg kemawon sagêd angliyêp, mirêng panjêlihing anakipun, sangêt kagèt, sarêng sêsambatipun Maryati dipun tilingakên, Bok Martobi ngrêtos ingkang dados sabab panggêmboring anakipun, wêkasan Bok Martobi tumut anjêlih, ngantos kêsupèn yèn sawêg sakit. Bok Karya nalika punika sawêg ocal-ocal wontên ing wingking sinambi momong Maryana, sarêng [sa...]

--- 11 ---

[...rêng] mirêng panggêmboring lurahipun, ugi lajêng tumut kemawon anggêro. Ramening tangis ing griya ngriku, adamêl kagèting tăngga têpalih, mila kala samantên tiyang ingkang sami dhatêng anglayat lajêng gumrudug kathah. Nanging sadaya sami kamitênggêngên, dening botên ngrêtos punapa ingkang dados jalaraning jawah tangis. Awit ingkang dipun layad nalika punika botên kenging dipun takèni. Kalêrêsan ing ngriku wontên satunggiling tiyang neneman, sumêrêp wontên sêrat gumlêthak ing siti, enggal kapêndhêt sarta kawaos. Sarêng sampun titi pamaosipun lajêng suka sumêrêp dhatêng tiyang sanèsipun, yèn Pak Martobi sampun tilar donya wontên ing Mêkah. Ingkang sami nglayad lajêng sami bela sungkawa, wontên ingkang ngunjal ambêkan, sawênèh wontên ingkang ngucap: Innalillahi wa innaillaihi rojingun. Muga-muga arwahe Mas Martobi olèha dalan kang padhang.

Tiyang neneman wau lajêng ngatag salah satunggilipun tiyang ingkang sagêd ngêpit (numpak pit) kapurih dhatêng Kalibagor nyukani sumêrêp Martadi. Botên dangu Martadi dhatêng numpak dhokar kalihan semahipun. Sadhatêngipun Martadi, Bok Martobi saanakipun sangsaya sora panangisipun. Martadi nyêlaki kapenakanipun èstri kalihan carocosan luhipun, wicantênipun: Wis, gêndhuk, mênênga, mupusa

--- 12 ---

yèn bapakmu pancèn umure mung samono. Lan elinga yèn aku lan kowe ing têmbe uga bakal anglakoni dhewe. Dhawuhing Allah ing dalêm Kuran: kulunabsin daikatul maot, têgêse: kabèh kang urip bakal ngicipi mati.

Kathah-kathah Martadi utawi tiyang sanèsipun ingkang nglêlipur dhatêng Mok Martobi lan anakipun.

Saking rêrigênipun Martadi lajêr èstri, dalunipun kawontênakên wilujêngan, mawi mragad menda barang. Martadi ngulêmi para muslimin, kapurih maos tahlil utawi nyalatakên rahmat sadhèrèkipun jalêr. Jam kalih wêlas dalu bibaran.

Nuju satuggiling dintên wanci enjing, lurah dhusun Sukaraja kalêrês sawêg wedangan wontên gandhok wingking, dumadakan ing jawi wontên sabawanipun tiyang dhatêng: Kula nuwun.

Sapa.

Kula Turmudi.

Ana apa.

Ngaturi unginga dhatêng pak lurah, bilih kala wau jam gangsal enjing, Bok Martobi sampun tilar donya.

Lurah lan semahipun lajêng sêsarêngan ngucap: Innalillahi wa innaillaihi rojingun. Apa Martadi Kalibagor wis nang kono.

--- 13 ---

Sampun, malah ingkang kengkenan ngaturi uninga dhatêng pak lurah punika inggih Mas Martadi.

Iya uwis, Mudi, nanging kowe mampira nyang carikan, carik kandhanana supaya ngunggahake marang rêgistêr lan supaya kaladèkna ing kawêdanan tumuli.

Inggih, pak lurah, kula nyuwun pamit.

Iya, mêngko sadhela êngkas aku ya mrana.

Sapêngêkripun kengkenan, bok lurah wicantên: O, lah, mêsakake têmên Si Maryati, bocah ayu-ayu, tur pintêr, ora duwe bapa biyung.

Lurah mangsuli: Nanging kapriye manèh, ta, wong wis karsaning Pangeran kudu mangkono.

Dhèk aku tilik mrana kae, pancène larane Bok Martobi wis ana sudane, ênggone ngrêkasa manèh, nganti dadi patine kuwi, ayake jalaran saka kagèt, bab patine bojone.

Mèmpêr, kuwi. Wis ayo ta, padha nglayad, mumpung isih esuk.

Ing dintên wau griyanipun Bok Martobi swaranipun gumrumung, dening kathahing tiyang ingkang nglayad. Solahing tiyang usrêg, wontên ingkang ngupakara mayit, wontên ingkang damêl uparêngganing layon, lan sanès-sanèsipun. Têtiyang

--- 14 ---

èstri salong sami ocal-ocal wontên ing pawon, damêl wilujêngan nyurtanah. Ing sadangunipun tiyang-tiyang sami usrêg punika, wontên satunggiling lare èstri ingkang sakêdhap-sakêdhap sumaput. Sintên lare èstri punika, botên sanès inggih Maryati. Solahipun Maryati nalika punika, sangêt adamêl ngêrêsing manahipun ingkang sami ningali.

Enggaling cariyos, watawis jam kalih wêlas siyang, pangupakaraning mayit saubarampenipun sampun rampung. Jisim lajêng kaangkatakên dhatêng pakuburan, uparênganing jisim botên nguciwani. Kathahing tiyang jalêr èstri ingkang nguntapakên jisimipun Bok Martobi sêlur kados sêmut iring-iringan. Swaraning tiyang muslimin ingkang maos tahlil ing sauruting margi adamêl ngêrêsipun ingkang sami mirêngakên. Sadhatêngipun ing pakuburan, jisim lajêng kalêbêtakên ing kluwat, sasampuning rampung panguburipun, kyai kaum lajêng maos têlkim mawi dipun maknani, andadosakên karaos-raosing manahipun ingkang sami mirêngakên. Bakda maos têlkim kyai kaum andonga, têtiyang sanèsipun sami ngamini. Sasampunipun punika Martadi ngadêg wontên têngah-têngahing kalanganipun tiyang kathah sarta wincantên makatên: Para sadhèrèk, kula sasêdhèrèk, matur nuwun dhumatêng sadhèrèk kula sêpuh utawi ênèm,

--- 15 ---

jalêr utawi èstri, ingkang sampun karsa paring dana bau suku ngupakara sarta nguntapakên jisimipun Bakyu Martobi, ngantos dumugi ing kubur. Sadhèrèk, rêkaos panjênêngan, anggèn panjênêngan sami ngrimati jisimipun sadhèrèk kula punika, kula aosi sangêt, awit dados satunggiling cihna, bilih para sadhèrèk sami kagungan katrêsnan lair batos dhatêng sadhèrèk kula ingkang tilar donya wau. Botên langkung para sadhèrèk, sami karsaa andêdonga, mugi-mugi arwahipun sadhèrèk kula Bakyu Martobi, pikantuka rohmating Pangeran, lan ingkang katilar kantun pinaringana wilujêng lan sabar, sampun wontên satunggal puapa. Wusana manawi andadosakên kaparêng dhanganing panggalih, sapunika para sadhèrèk sami kula aturi wangsul malih dhatêng pondhok, prêlu dhahar sawontênipun, namung samantên atur kula.

Tiyang-tiyang sadaya sami nganggutakên sirahipun, mratandhani bilih nyondhongi dhatêng andharanipun Martadi. Lajêng sami bibaran, salajêngipun wangsul dhatêng tilas griyanipun Martyobi, prêlu kêndhurèn wilujêngan nyurtanah.

II. Margining Kasangsaran.

Sapêjahipun Bok Martobi, Maryati lan Maryana kaboyong dhatêng griyaning bapakipun alit ing Kalibagor,

--- 16 ---

Bok Karya botên kantun. Dene griya tilaraning bapakipun ing Sukaraja taksih kasuwungakên, ancasipun Martadi, sarèhning griya punika sampun risak, badhe dipun dandosi, yèn pajêng badhe kasewakakên.

Mênggah pangupajiwanipun Martadi: dados bakul sinjang, gêsangipun kalêbêt sampun sae, jalaran botên kirang nyandhang nêdha, lan botên gadhah sambutan.

Nuju ing wanci sontên, Martadi linggih piyambakan, wontên ing ngajêngan, ing sêmu kados sawêg anggagas satunggiling prakawis ingkang wigatos. Botên dangu semahipun dhatêng nyêlaki, Martadi lajêng wicantên: Anu, bokne, ing desa kene saiki lagi ana orêg-orêgan.

Orêg-orêgan apa, pakne.

Mas lurah digugat ing wong cilik.

Prakara apa.

Kabare prakarane rupa-rupa, lan lagi wiwit dipriksa karo bêndara wêdana.

Karampungane kira-kira priye, pakne.

Bab iku êmbuh, nanging saka kandhane wong-wong ing desa kene kang kagolong jêmpol, mas lurah mêsthi pocot, marga saka iku, yèn andadèkake condhone atimu, [a...]

--- 17 ---

[...timu,] aku niyat mèlu anjago. Bokmanawa kêbênêran.

Prakara iku, pakne, aku mung ambodhokake, lan mung mèlu adêdonga, muga-muga bisaa kalêksanan apa kang dadi ancasmu, sok uga marang prakara kabêcikan.

Sukur ta, yèn kowe nyondhongi. Wah, saiba sênênge, yèn bisa dadi, sawahe limalas bau, tur sabaune bisa payu satus rupiyah. Kajaba saka iku iya tămpa prêsèn pajêg lan pamêtu liya-liyane, kang petunge ora sêthithik.

Lah, saiki kapriye mungguh kang dadi karêpmu.

Karêpku mêngkene, bokne. Wiwit sesuk kowe mênyanga pasar, ngêdol kêkarèning dagangan saanane, Maryati supaya ngrigênake ing buri. Dene aku arêp lunga, ya êmbuh mênyang ngêndi, prêlu sêtiyar golèk srana, awit wong anjago lurah kuwi gawat bangêt, ora kêna mung lămba bae, kudu ana rangkêpane.

O, iya, prakara iku aku uga wis ngrêti. Uajring wong: wahyuning lurah iku padha bae karo wahyuning bupati, awit pangkat lurah iku gêdhe cilik kaya ratu, ratuning wong desa.

Lah, ya mula kuwi. Saiki wêlingku mêngkene: sapungkurku, [sapungkur...]

--- 18 ---

[...ku,] dhuwit pêpayoning dagangan iku klumpukna bae, ora susah kokulakake dagangan manèh, prêlu kanggo sêdhiyan wragad-wragad. Mung bae yèn ana wong nêmbung butuh, prêlokna wènèhana, kanggo mancing, supaya besuk têkaning pilihan ora milih wong liya. Apa kowe wis ngrêti, bokne.

Mosok, ora ngrêti, kaya bocah cilik.

Ngantos dangu Martadi lan semahipun anggèning sami pating grunêng rêrêmbagan. Jam kalih wêlas dalu sawêg sami mapan tilêm. Martadi punika, sanajan taksih turuning băngsa kenthol, nalika alitanipun botên sêkolah, namung kaprêdi ngaos nyinau agami kemawon, tur botên tutug. Mila Martadi pikiranipun kirang lêpas, sarta sok pitados dhatêng prakawis gugon tuhon.

Enjingipun Martadi katingal numpak trèm mangilèn. Wiwit punika sabên ditên Bok Martadi sêsadean dhatêng pêkên ing Sukaraja, Pasir, Purwakêrta, Purbalingga, utawi dhatêng Banjarnagara. Mila asring kemawon kesahipun Bok Martadi ngantos sadintên muput.

Umuripun Maryati sapunika sampun andungkap gangsal wêlas taun, mênggaha sêkar sawêg mêkar-mêkaripun, tur pancèn kalêbêt sulistya ing warni. Mila botên anggumunakên, manawi Maryati [Marya...]

--- 19 ---

[...ti] dados sêkar lathinipun para mudha ing dhusun ngriku utawi sakiwa têngênipun. Nanging Maryati taksih katingal têbih sangêt dhatêng priya.

Kacariyos nuju satunggiling dintên wanci sirêp lare, Martadi wangsul saking aggènipun kêkesahan. Sasampunipun ngaso sawatawis dangu, ingkang èstri nyêlaki sarta pitakèn: Priye, pakne, anggonmu lunga, apa ya slamêt.

Saka pandongamu ya ora nêmu alangan sawiji apa.

Banjur mênyang ngêndi bae.

Nalika pangkatku saka kene, dhèk dina Slasa kae aku têrus sowan Kyai Ancaran, bawah Kuningan. Ana ing kono aku nginêp têlung bêngi. Dinane Jumuwah aku têrus mênyang Cirêbon, jiyarah mênyang pasareane Sunan Gunungjati, nginêp sawêngi. Sêtune aku têrus mênyang Sumêdhang, nginêp rong bêngi, dinane Sênèn aku têrus mênyang Bandhung, esuke têrus bali, mau bêngi aku nginêp ana Ciamis.

Nèk ngono wragade mlaku ya akèh bangêt.

Yèn wragad mlaku, kêna diarani ora sapiraa, sing luwih akèh iku kang kanggo wragad mrang kyai-kyai dhukun kuwi. Nanging kapriye manèh, wong pancèn wis dikarêpake.

Lah êntèke kira-kira wis ana pira.

--- 20 ---

Aku anggawa dhuwit karo bêlah, kiye kurang luwih mung kari rong puluh.

Dadi êntèke wis satus têlung puluh, ngono.

Kurang luwihe ya samono, mara etungên ta, kang kanggo Kyai Ancaran f 50.- kyai Sumêdhang f 30.- Kyai Ciamis f 25.-.

Ya wis satus luwih, pakne.

Hêêh. Sing salawe yaiku kanggo wragad mlaku lan liya-liyane.

Lah kyai têtêlu mau padha maringi sarat apa.

Mêngko, ta, dak jlèntrèhake:

1. Kyai Dhukun Ancaran, iku paring wasiyat wujud krêtas kang wis tinulis rajah. Kajaba iku kyai dhawuh, sabên malêm Jumuwah kowe kudu gawe slamêtan sêga gurih, iwake pitik kang ulêse putih.

2. Kyai dhukun ing Sumêdhang, nyilihi kêris. Kêris iku sabên malêm Jumuwah kudu dikutugi, besuk kêbênêr pilihan kudu diênggo, slamêtane tumpêng kuwat, lawuhe iwak saraban, iku sabên malêm Sênèn.

3. Kyai dhukun ing Ciamis, paring wasiyat wujud kêmbang ramping têlung wungkus, dhawuhe kyai, kang sawungkus kudu disêbar ing palataran kawêdanan, supaya bisa klangkahan [klangkaha...]

--- 21 ---

[...n] bêndara wêdana. Sing sawungkus disêbar ing palatarane dhewe. Dene kang sawungkus manèh supaya disêbar ing palataraning omah kang bakal kanggo papan pilihan. Dadi mêsthine ya ana ing palataran kalurahan. Slamêtane sêga punar, iwake pitik kang ulêse irêng, sabên malêm wêtonku.

Martadi nglajêngakên anggènipun wicantên kalihan nyêbul-nyêbulakên kêluking rokokipun: Lah, sapungkurku, anggonmu dodolan wis olèh pira.

Mungguh petunge mono wis payon satus wolung puluh, nanging iki mau dhuwite mêntas dak etung mung kari satus rong puluh.

Martadi pitakèn sêmu kagèt: Lah sing suwidak ana ngêndi.

Lo, mêngko ta, alon. Sing patang puluh lima diutang wong-wong, kowe biyèn rak wêling, yèn ana wong ngrêmbug butuh supaya diwènèhi, prêlu kanggo ... .

O, iya, bokne, aku lali.

Lah, luwihane êntèk kanggo kabutuhan buri sapungkurmu.

Nalika punika ing jawi wontên sabawaning tiyang dhatêng: Kula nuwun.

--- 22 ---

Êngga, mlêbêt mawon. Sintên ênggih.

Kula, Ngalimêja.

O, Kang Ngali, êngga ta linggih ngriki mawon.

Lo, kula mirêng, turene sawêg kesahan.

Ênggih, pancèn lêrês, nêmbe wangsul niki wau, sêpur wêkasan.

Êntas kesah têng pundi mawon, dhi.

Êntas tuwi sadhèrèk têng Cilacap. Ontên kabar napa, Kang Ngali.

Kabar prêlu. Niki wau jam pitu, mas lurah êmpun tămpa sêrat dikèndêli saking pangkate lurah.

Nalika Martadi mirêng yèn lurah ing dhusun ngriku dipun kèndêli, ing batos bingah sangêt, sabab piyambakipun saèstu sagêd anjago, nanging bingahing manahipun wau sinamar, lajêng wicantên makatên: We lah, bisa lèrèn tênan.

O, ênggih, wong pancèn kaluputane ênggih maton.

Lah, pilihane benjing napa.

Prakara niku, dèrèng ontên dhawuh, kirane ênggih saminggu malih. Lah, si adhi pripun, rak èstu ajêng anjago, ta.

Martadi kèndêl sakêdhap kalihan ngrêyêp-ngrêyêpakên mripatipun, wêkasan lajêng wicantên: Nèk kula anjago, napa

--- 23 ---

si kakang nanggung ambantu. Sukur yèn purun, sabab si kakang sing diluluti kalih sadhèraèk ngriki.

O, niku prakawis gampil, sok uga si adhi manut têng kula.

Kêpripun ta karêpe si kakang.

Desa ngriki wong-wonge sing gadhah hak milih, yèn botên luput, ontên satus sèkêt. Yèn tiyang satus sèkêt niku saniki bisa katêkêm satus mawon, cêkake êmpun mêsthi dadi.

Lah, panêkême niku pripun.

Ngalimêja mangsuli bisik-bisik: Saniki didublag ngaro têngah rupiyah, dadi ontên f 1.50x100= f 150.- benjing yèn êmpun dadi, diwuwuhi malih nyarupiyah, êmpun rampung. Dene prakara niku yèn si adhi nyondhongi, kula sing nanggung nindakake. Mung mawon benjing yèn si adhi êmpun dadi lurah, kula titip awak.

Ah, prakara niku botên susah kuwatir. Lah dhuwite ajêng dilajuk besuk napa, kang.

Yèn pancèn êmpun ontên, ênggih saniki mawon, prêlune wiwit benjing enjing kula êmpun sagêd nindakake. Dados têsih kobèt wêktune.

Nalika punika Martadi lajêng nyasmitani ingkang èstri supados [supado...]

--- 24 ---

[...s] mêndhêt yatra. Bok Martadi mlêbêt ing griya, mêdalipun ambêkta kanthong isi yatra, kaetang pinanggih f 120.- Martadi mêndhêt saking sabukanipun yatra krêtas nyaringgitan wolung lêmbar, wicantênipun: Kang Ngali, niki yatrane nêmbe ontên f 140.- pripun.

Sêmontên mawon ênggih kenging, sing sêpuluh kenging digênêpi benjing enjing.

Ngalimêja nampèni yatra wau kalihan wicantên bisik-bisik makatên: Ning, wêling kula, dhi, prakara niki kudu sampeyan sidhêm, êmpun nganti kêpirêng resèrsi, awit nagari satêmêne nglarangi.

Prakara niku, kula êmpun ngrêti dhewe, kang.

Ênggih êmpun, dhi, sing prihatin mawon. Kula sampeyan lilani wangsul.

Ênggih, kang.

Sapêngkêripun Ngalimêja, Martadi lajêng mapan tilêm. Naning sadalu muput botên sagêd tilêm dening tansah anganggas prakawis warni-warni, sarta anggambar-gambar samăngsa sampun dados lurah dhusun. Makatên pamanahipun tiyang ingkang ngăngsa-ăngsa.

Lêt sawatawis dintên saking kèndêlipun lurah dhusun ing Kalibagor, nuju satunggiling dintên wanci jam sakawan sontên, kêbayan ing dhusun ngriku mubêng-mubêng suka prentah dhatêng tiyang-tiyang

--- 25 ---

alit, supados enjingipun sami kêmpal ing kalurahan, prêlu pilihan.

Kacariyos ing dalu malêmipun pilihan, tiyang-tiyang ing dhusun ngriku sami pating bilulung, kados gabah dipun intêri. Pundi calon sawung ingkang pancèn badhe dipun pilih dipun dhatêngi. Wontên ing ngriku dipun sênêng-sênêngakên, kados ta: nêdha eca utawi sanès-sanèsipun. Inggih ing dalu punika calon-calon sawung wau sagêd sumêrêp kathah kêdhiking tiyang ingkang badhe milih piyambakipun. Sawênèh ingkang namung prêlu ngupados kalimising lambe lan kêncênging wêtêngipun, trêkadhang sampun andhatêngi calon sawung A lajêng andhatêngi calon sawung B, dumigining pilihan ingkang dipun pilih C. Ing griyanipun calon-calon sawung ing dalu punika usrêg nyênêng-nyênêngakên calon pamilih kados ingkang sampun kasêbut ing ngajêng. Nalika punika calon sawung Martadi anggènipun damêl sadhiyan kalêbêt onjo piyambak, mawi mragad lêmbu barang. Mila têtiyang ingkang dhatêng ing griyanipun inggih kathah, andadosakên agênging manahipun Martadi jalêr èstri. Nanging Martadi anggènipun ngêdalakên wragad inggih botên sakêdhik. Yatra dagangan têlas, kawêwahan malih nyambut yatra rèntênan dhatêng Arab, Cina lan sanès-sanèsipun, barang darbèkipun Martadi kalêbêtakên tanggêlan sambutan,

--- 26 ---

malah griya lan pemahanipun Maryati ing Sukaraja inggih katut.

Jam wolu enjing ing palataran tilas kalurahan sampun kêbak tiyang, malah ngantos nyorok dhatêng margi. Têtiyang saking mănca dhusun ugi kathah ingkang sami mrêlokakên ningali, mila saya siyang untabing tiyang sangsaya kathah, ngantos jêjêl uyêl-uyêlan, andadosakên karepotaning pulisi ingkang jagi.

Botên dangu wontên swaranipun motor dhatêng, tiyang kathah sami miyak, motor têrus, mlêbêt dhatêng palataran, sasampunipun kèndêl, wadana ing Sukaraja lan tuwan kontrolir ing Banyumas, punapadene asistèn wadana ing Kalibagor, katingal mêdhak saking motor, lumêbêt ing pandhapa. Nalika punika swaraning tiyang kathah ingkang suwau tansah gumrêmêng, lajêng sêpên kados orong-orong kapidak. Priyantun têtiga ingkang sawêg rawuh wau lajêng sami tata lênggah ngubêngi meja bundêr ingkang sampun kasadhiyakakên wontên satêngahing pandhapa. Botên dangu wadana jumênêng sarta suka sumêrêp dhatêng tiyang kathah, bab kèndêlipun lurah ing dhusun ngriku. Asistèn wadana lajêng ngundangi tiyang-tiyang ingkang gadhah wêwênang milih lurah saking satunggal, prêlu kacocogakên kalihan sêrat pratelan ingkang sampun kasadhiyakakên dening carik. Sasampunipun rampung [ra...]

--- 27 ---

[...mpung] sarta pinanggih cocog, wadana lajêng andangu dhatêng carik: Carik.

Nun kula.

Jagone ana pira.

Wontên pitu.

Kok akèh, ya.

Nun inggih, kathah.

Wadana lan tuwan kontrolir punapadene asistèn wadana lajêng sami rêrêmbagan. Sawung pêpitu kalêbêt ugi Martadi, manahipun sami dhêg-dhêgan. Wadana lajêng jumênêng malih kalihan ngandika makatên: Aku awèh wêruh marang kănca wong cilik kabèh, miturut timbanganing kumisi pilihan, lan uga awit saka dhawuhe kangjêng tuwan residhèn, kang klilan anjago pilihan ing dina iki, lan ing sabanjure, mung wong-wong kang bisa maca lan nulis aksara Jawa lan Walănda. Kang iku muga-muga padha dadia kawruhane kănca cilik, lan wong-wong kang padha arêp anjago. Apa kănca cilik wis padha mangrêti kabèh.

Sampun, bêndara, sampun.

Apa ya kănca cilik wis padha mupakat kabèh marang timbangane kumisi mau.

Mupakat, bêndara, mupakat.

--- 28 ---

Nalika samantên kados punapa kemawon raosing manahipun para sawung ingkang rumaos botên sagêd maos lan nyêrat, kalêbêt ugi Martadi, para maos sagêd andugi-dugi piyambak. Wadana lajêng mriksa kawontênanipun sawung pêpitu wau saking satunggal, pinanggihing papriksan, namung wontên tiga ingkang kenging nglajêngakên dados sawung, inggih punika:

1e. Citramiarja, carik.

2e. Kartawisesa, bêbau dhusun.

3e. Mad Idris, grêji.

Pilihan lajêng katindakakên, miturut cara ingkang sampun katêtêpakên ing apdhèling ngriku, jam tiga sontên pilihan sawêg rampung. Miturut karampungan: sawung ăngka satunggal kapilih tiyang 52, sawung ăngka kêkalih tiyang 60, sawung ăngka tiga kapilih tiyang 37. Dados ingkang têtêp dados lurah dhusun Kalibagor ngriku inggih punika: Kartawisesa, bêbau dhusun. Enggaling criyos pilihan sampun bibaran.

__________

III. Kesah Sapurug-purug.

Kacariyos botên antawis lami saking dintên pilihan lurah ing dhusun Kalibagor, griyanipun Martadi katingal sampun dipun [di...]

--- 29 ---

[...pun] ênggèni dening tiyang Arab. Makatên ugi griya lan pemahanipun Maryati tilaraning tiyang sêpuhipun ing Sukaraja, ugi sampun kadarbe dening tiyang sanès.

Nuju satunggiling dintên wontên tiyang jalêr kêkalih, lumampah saking Kalibagor mangidul urut margi agêng, kintên-kintên badhe dhatêng Banyumas. Tiyang kêkalih wau sadangunipun lumampah sami rêrêmbagan, angginêm prakawis warni-warni. Dangu-dangu tiyang ingkang satunggal apitakèn dhatêng satunggalipun, wicantênipun: Dhi, pripun ta kabare Martadi.

O, nganti sapriki dèrèng ontên kabare, malah semahe êmpun bali têng desane.

Pundi ta, asale sing wadon niku.

Asale ing dhusun Sumampir, bawah Purwakêrta.

Napa têksih duwe wong tuwa.

Kabare botên, ontên ngrika piyambake manggèn ontên griyane sadhèrèke jalêr.

Lah, lare èstri tilarane Martobi nika lajêng ontên pundi.

Nika ênggih tumut têng tilas bibèkne niku, têng Sumampir.

O, lah, ya mêsakake bangêt, wong bocah rupane bêcik-bêcik, tur ya turune wong bêcik-bêcik, dadi sêngsara mêkotên ênggih, dhi.

--- 30 ---

O, ênggih êmpun kantênan, kang. Saya ngêrês-êrêsi malih, kang, bocah lanang adhine bocah wadon niku. Umure kurang luwih sawêg gangsal taun, niku botên purun tumut têng bibèkne, jalaran êmpun krakêt têng pamomonge sing nama Bok Karya nika. Măngka pamomonge niku botên purun ngêtutake Bok Martadi, wêkasan sanikine bocah lanang niku tansah kêkinthil têng pamomonge niku. Sabên pasaran kula wêruh tilas pamomonge niku adol godhong têng pasar dikinthil bocah lanang niku.

O, lah, dhi, kula ngrungu kawontênan mêkotên niku, ati kula kok banjur tumut ngêrês. Ing batin kula mung maido têng Martadi, dene kok wêntala ninggal kêponakane sing lola niku, tur piyambake dhewe dhasar botên duwe anak.

O, kang, ontêne wong tega têng anak bojo niku sing okèh ênggih mung saka pêtênging pikir, jalaran prakara utang. Dadine Martadi minggat niku, ênggih jalaran kabotan utang, kanggo wragad anjago lurah niku. Wusanane dadi lurah botên, bubar pilihan dioyak-oyak Cina kalih wong Arab, mulane tiyang gêsang niku botên kenging ngăngsa-ăngsa kados Martadi. Saking kêpengine dadi lurah, ênggone mêdhukan-mêdhukun lan wragad liya-liyane nganti botên ngèlingi ing têmbe burine.

--- 31 ---

Ênggih, niku kula cocog, dhi, kalih dene malih kula gadhah panêmu, lan ênggih cocog kalih kawontênane: tiyang kêpengin dados lurah niku botên prêlu mêdhukan-mêdhukun, sok uga ontên desa bêcik marang wong, dhêmên têtulung, lêpas pikire, lan samăngsa ontên ruwêd-rêntênging desa kenging ditakon-takoni, ngadat ênggih lajêng disayuki wong akèh, wêkasan samăngsa ontên pilihan lurah mêsthi dipilih, tur sing milih niku ênggih têrang saka ati suci, jalaran botên katarik saking băndha utawi sanèse.

Prakara niku têrang sangêt, kang. Kados ontêne lurah kula sing anyar niki, nalika ajêng pilihan, slamêtan mawon botên, dene kok ênggih dadi, napa ta sababe, botên liya sabab piyambake bêcik atèn-atènane. Bisa momong tiyang, lan kêna dipêthik rêmbuge.

Nalika punika lampahipun tiyang kalih wau sampun dumugi ing Banyumas, ingkang satunggal wicantên: Êmpun, dhi, kula ajêng menggok radinan niki, prêlu niliki gaman, têng griyane pandhe ngriku, manawa êmpun dadi.

Ênggih, kang, kula ajêng têrus têng bangan, prêlu nicil.

Tiyang kêkalih wau lajêng sowang-sowangan, ambujêng kabêtahanipun piyambak-piyambak.

--- 32 ---

Kacariyos kawontênanipun Maryati wontên ing Sumampir mêmêlas sangêt, jalaran ingkang dipun pondhoki, inggih punika sadhèrèkipun èstri Bok Martadi, ugi tiyang kacingkrangan, tur ing ngriku sawêg măngsa pacêklik, kêkantunaning barang panganggenipun Maryati têtilaraning tiyang sêpuhipun, wontên ing ngriku mèh têlas kagantosakên dening Bok Martadi kadamêl nêdha ing sabên dintênipun. Saya lami gêsangipun tiyang sakukuban griya ngriku saya ngrêkaos, dening rêgining têdha sangsaya awis, măngka botên wontên ingkang gadhah pamêdal ingkang têmtu. Wiwit nalika punika tiyang èstri salêbêting griya ngriku kalêbêt ugi Maryati, sabên dintên sami bêrah nyambutdamêl wontên ing kêbon rosan ingkang botên têbih saking dhusun ngriku. Tumrap Maryati sarèhning botên kulina nyambutdalêm rêkaos makatên, ing batos rumaos kawratan sangêt, nanging sarèhning rumaos sawêg dados damêling tiyang, èwêd yèn badhe mopoa. Mila sanajan kalihan nangis salêbêting batos, sabên dintên botên wontên towongipun tumut bêrah, nyambutdamêl wontên ing kêbon rosan punika.

Nuju satunggiling dintên, wontên Walandi sindêr kêbon, ing Purwakêrta, kalêrês nampèkakên yatra bayaran kuli dhatêng mandhor-mandhor karerehanipun, sasampunipun rampung, sindêr kêbon wau wicantên: Noh, mandhor-mandhor, saiki

--- 33 ---

kowe wis padha kêna bali, mandhor Sumampir bae karia.

Ênggih, dara.

Sasampunipun mandhor ingkang kathah sami kesah, tuwan sindêr lajêng wicantên: Anu, sèh, mandhor, yèn aku turni ing kêbonmu kono, aku kok sêring wêruh ana kuli wadon, kang rupane apik bangêt, iku sapa, ya, mandhor.

Ingkang pundi, ta, bêndara.

Yak, kae bocah wadon sing kuning-kuning kae, sok nganggo klambi garis-garis.

Mandhor kèndêl sakêdhap, sajak ngèngêt-èngêt, punapa ingkang dipun cariyosakên dening tuwan punika, wusana lajêng wicantên: O, inggih, bêndara, kula kèngêtan.

Sapa.

Punika Maryati, lare asal Kalibagor punapa Sukaraja, kula botên patos cêtha.

Kae rupane apik bangêt, upama dipanganggoni kang pantês, rajin bêtul, sèh.

Lah, krêsanipun bêndara kadospundi.

Karêpku ngene, mandhor, aku anjaluk tulung karo mandhor, ya kana, kapriye akale mandhor, supaya bocah iku gêlêma dadi gundhikku.

--- 34 ---

Ah, kula ajrih bêndara nyonyah, bêndara. Manawi dipun dukani kados rumiyin.

Ah, ora, mandhor, kuwi mêngko rak ngene akalku.

Kadospundi, bêndara.

Nèk bocah iku gêlêm, bakal dak sewakake omah dhewe ana ing Sumampir kono. Lan mêngko mandhor bakal dak undhaki ... .

Inggih nuwun, bêndara.

Ngantos dangu tuwan wau anggènipun rêrêmbagan kalihan mandhoripun. Nalika mandhor pamitan wangsul, tuwan nyukani yatra lêmbaran kalihan wicantên: Iki, mandhor. Sing nganti kêna, ya.

Inggih, bêndara, kula tanggêl.

Kacariyos nalika enjingipun, saking pokalipun mandhor: ingkang botên gadhah raos trêsna dhatêng băngsa punika, panyambutdamêlipun Maryati kapisah, katêbihakên kalihan tiyang kathah. Wontên ing ngriku Maryati dipun bujuk kathah-kathah, supados puruna nglêgani punapa ingkang dados kajênging lêlurahipun. Nanging Maryati mêksa puguh, botên pisan-pisan kagiwang dhatêng ginêmipun mandhor ingkang kathah-kathah punika. Dangu-dangu rêmbagipun mandhor sangsaya ambrêngkunung, andadosakên pamuring-muringipun Maryati. Sanalika punika ugi Maryati [Mar...]

--- 35 ---

[...yati] lajêng kesah saking ngriku kalihan ngujar-ujari dhatêng mandhor, têmbungipun anylêkit.

Sapêngkêripun Maryati, mandhor ingkang sêmu kawirangan punika lajêng nyêlaki tiyang-tiyang sanèsipun, ingkang sawêg sami usrêg nyambutdamêl. Wontên salah satunggilipun tiyang ingkang apitakèn dhatêng mandhor, têmbungipun: Lo, lare èstri punika kok kesah, mas mandhor.

Bèn, wong bocah edan.

Bok Martadi ingkang nalika punika anggènipun nyambutdamêl botên têbih saking ngriku, nyambêti pitakèn: Edan pripun ta, mas mandhor.

Lah wong nyambutgawe ngantuk bae, dielikake kathik muni-muni. Mulane banjur dak kon mulih pisan. Lan wiwit sesuk, aku wis ora gêlêm tămpa dhèwèke manèh.

Nalika punika sawêg jam sanga enjing, tiyang-tiyang sami nglajêngakên anggènipun nyambutdamêl, Maryati saking kêbon rosan, têrus wangsul dhatêng podhokipun. Samargi-margi tansah carocosan luhipun. Sadumugining pondhok, Maryati lajêng ngungkêb-ungkêb wontên ing ambèn, kalihan nangis asênggruk-sênggruk. Sadangunipun nangis Maryati tansah kèngêtan dhatêng kawontênaning badanipun, nalika gêsanging bapa biyungipun, wontên ing Sukaraja. Wusana Maryati lajêng [la...]

--- 36 ---

[...jêng] thukul gagasanipun nêdya kesah saking dhusun ngriku, dening rumaos sampun botên kuwawi nanggulangi rêribêd ingkang andhatêngi ing badanipun. Kalêrêsan nalika punika pinuju sêpên, botên wontên tiyang. Maryati lajêng tata-tata ngêmpalakên kêkantunaning panganggenipun, sasampunipun rampung lajêng bidhal. Badhe dhatêng pundi kesahipun Maryati, punika Maryati piyambak dèrèng pikantuk wêwêngan. Ciptaning manah namung badhe ngêtutakên lampahing suku kemawon.

Kacariyos, sarêng lampahipun Maryati dumugi ing kitha Purwakêrta, kok lajêng kèngêtan yèn rumiyin nalika sêkolah wontên ing Sukaraja, gadhah kănca sêkolah lare èstri, ingkang sae sangêt kalihan piyambakipun. Lare èstri punika namanipun Rara Dhuwêt, anakipun èlpêr ing Sukaraja, lajêng kapindhah dados mantri pênjuwal ing Purwakêrta. Nalika punika Maryati gadhah niyat dadakan, nêdya madosi griyaning tilas kancanipun punika. Enggaling cariyos, griyaning tiyang sêpuhipun tilas kancanipun punika ugi sagêd pinanggih, nanging andadosakên cuwaning manahipun Maryati, dene tilas kancanipun wau miturut katêranganing tiyang sêpuhipun: sampun wontên ing Magêlang, tumut semahipun ingkang dados kandhidhat guru. Maryati manahipun kadrêng sangêt nêdya ambujêng tilas kancanipun dhatêng Magêlang. Kalêrêsan [Kalêrêsa...]

--- 37 ---

[...n] Maryati taksih gadhah sêsupe sapasang, tilaraning tiyang sêpuhipun, punika lajêng kagantosakên, prêlu kangge wragad lumampah dhatêng Magêlang. Sêsupe wau pajêng kalih dasa rupiyah. Maryati lajêng dhatêng toko tumbas tas kangge wadhah sandhanganipun. Sasampunipun rampung anggèning têtumbas, têrus dhatêng sêtatsiun trèm, botên dangu trèm saking Banjarnagara dhatêng. Nalika punika tiyang-tiyang ingkang mêdal saking kareta trèm kados sulung mêdal saking lèngipun, ingkang minggah arêbat dhucung dening kuwatos botên angsal panggenan. Tandangipun manol-manol pating bilulung rêbat bêbêktan. Swaranipun tiyang sadean ingkang nawèkakên daganganipun mêwahi ramening sêtatsiun. Botên dangu loncèng kalih mungêl, suka sasmita supados para numpak sami sadhiya. Sakêdhap êngkas mungêl loncèng kaping tiga, mracihnani trèm badhe kabidhalakên. Kondhèktur ngungêlakên sêmpritanipun, lokomotip nyênthit lajêng bidhal, wiwitan lampahing trèm alon-alon, saya dangu saya rikat kados balang sinawatakên. Jam satêngah pitu sontên sampun dumugi ing Maos.

IV. Madosi Tilas Kancanipun.

Wanci jam nêm sontên, surya sampun botên katingal, lêntera-lêntera ing margi agêng salêbêtipun kitha Maos wiwit dipun sumêdi. [su...]

--- 38 ---

[...mêdi.] Botên dangu kapirêng rame swaraning dhokar langkung, mratandhani trèm wêkasan saking Banjarnagara, sarta sêpur S. S. saking Bandhung lan Ngayoja sampun dhatêng. Losmèn Jawi ingkang mawi mèrêk Hotel Slamet nalika punika kêbak tamu băngsa warni-warni ingkang sami sipêng wontên ing Maos ngriku. Mênggah lusmèn Jawi ingkang kula aturakên wau sami-sami lusmèn Jawi pasang rakitipun kalêbêt sae, jrambah lan pirantosipun sarwa gumrining. Dunungipun cêlak sêtatsiun, pasewanipun cêkapan, mila botên anggumunakên, nalika ing Maos ngriku taksih dados papan pasipênganipun para andon lampah ingkang mêdal sêpur utawi trèm (sadèrèngipun wotên simpangan saking Kroya dhatêng Cirêbon têrus Bêtawi) lusmèn punika sabên dalu tansah kêbak tamu saking măncanagari.

Mangsuli cariyos ing ngajêng, sadèrèngipun para tamu ing lusmèn Jawi kasêbut ngajêng sami mapan tilêm, solahipun warni-warni: wontên ingkang maos sêrat kabar, wontên ingkang mlampah-mlampah ing èmpèr-èmpèraning lusmèn, wontên ingkang gujêngan lan sanès-sanèsipun.

Ing salah satunggiling kamar, wontên lare èstri ingkang wiwit dhatêng botên mêdal-mêdal, nitik solah-bawa lan pasêmonipun mracihnani bilih lare wau nandhang prihatos. Nglêrêsi lare èstri ingkang sawêg linggih wontên salêbêting kamar

--- 39 ---

sawêg anggagas-gagas prakawis warni-warni, sanalika kagèt dening swaraning tiyang thothok-thothok kori. Sarêng kori kaêngakakên, wontên satunggiling jongos lusmèn ngadêg sangajênging kori apitakèn dhatêng lare èstri punika, têmbungipun: Bêndara, punapa badhe dhahar.

Lare èstri wau sakêdhap kagèt, dene badanipun kasêbut bêndara. Wêkasan lajêng mangsuli: Botên, mas.

Punapa badhe ngunjuk tèh kemawon.

Inggih.

Ngangge susu punapa botên.

Botên susah, yèn wontên ngangge gêndhis kemawon.

Jongos lusmèn lajêng dhatêng wingking, botên dangu wangsul ambêkta wedang tèh sagêlas agêng. Nalika jongos andèkèkakên gêlas ing mejanipun lare èstri wau, pitakèn malih: Bêndara, badhe tindak dhatêng pundi.

Kula badhe dhatêng Magêlang.

Badhe nitih sêpur ingkang nomêr pintên.

Yèn sagêd inggih sêpur wiwitan.

Sêpur wiwitan ingkang dhatêng Surabaya pangkatipun saking ngriki jam gangsal, dados jam sêkawan, bêndara kêdah sampun wungu.

Sasampunipun jongos wicantên makatên lajêng kesah, lare èstri têrus linggih kalihan ngombe wedang. Botên dangu ing

--- 40 ---

jawi sêpên, kapirêng pating klênèng lan pating klothak swaraning sendhok lan piring, para tamu sawêg sami nêdha. Sabibaripun nêdha lajêng sami têrus lumêbêt dhatêng kamaripun piyambak-piyambak, botên dangu ing lusmèn ngriku sêpên.

Kacariyos, lare èstri ingkang wontên salêbêting kamar, sarêng ing kamar sanèsipun sampun sêpên, lajêng enggal-enggal ngancing korining kamar badhe mapan tilêm. Sadèrèngipun mapan, lare èstri wau anggagapi kanthonganing kotangipun, prêlu badhe nuwèni kandhutanipun yatra. Andadosakên kagèting manahipun, dene yatranipun pinanggih namung kantun kalih rupiyah. Măngka miturut petanganipun kêdah taksih wontên gangsal wêlas rupiyah. Wontên ing pundi icalipun yatra punika, piyambakipun botên ngrêtos babarpisan. Mila sanalika wau lajêng dhêlêg-dhêlêg, dening sangêt pêtênging manahipun, wêkasan lajêng andhawah ing patilêman kalihan ambrêbês mili. Kadospundi raosing manahipun Maryati kala samantên, ingkang ngarang cariyos punika botên sagêd anggambar wontên ing ngriki. Sarêng sampun radi mêndha, Maryati lajêng mênyat mêndhêt tasipun, tas kabikak prêlu badhe madosi yatranipun bilih kasimpên wontên ing ngriku, nanging mêksa botên pinanggih. Maryati lajêng mapan linggih malih kalihan carocosan luhipun. Ciptanipun [Cipta...]

--- 41 ---

[...nipun] salêbêting batos makatên: O, kapriye bakal kadadeaning awakku, dene tansah kêtula-tula mangkene. O, Gusti Allah Ingkang Maha Wêlas lan Maha Mirah, bok inggih badan kula punika kasusulakên dhatêng bapa biyung kula kemawon, ingkang sampun sami wangsul dhatêng jaman kalanggêngan, tinimbang gêsang kados makatên.

Nalika punika Maryati judhêg sangêt, nanging dangu-dangu manahipun sagêd padhang, ciptanipun: Dhuwitku mung kari rong rupiyah, kanggo ambayar sewan lusmèn karo têngah, karine mung satêngah rupiyah. Iku wis têrang ora cukup, yèn dak ênggo nyêpur mênyang Ngayoja têrus Magêlang. Saiki aku mung pasrah marang Pangeran, êmbuh bakal dadi kapriye kadadeane, niyatku marang Magêlang, sanajan mlakua dharat, sesuk bakal dak banjurake.

Sasampunipun Maryati angsal pamanggih makatên, sanalika lajêng anggadhahi raos marêm, mripatipun kraos arip, wêkasan lajêng mapan tilêm.

Jam sakawan enjing, jongos lusmèn sampun wiwit nothoki kori, gugah-gugah para tamu ingkang badhe andon lampah numpak sêpur ingkang wiwitan. Nalika punika Maryati anggènipun tilêm kraos sakeca sangêt, mila ngantos dangu jongos lusmèn anggènipun gugah-gugah, Maryati [Marya...]

--- 42 ---

[...ti] sawêg tangi. Para tamu sami mêdal saking kamaripun, lajêng sami adus wontên ing kulah. Bakda adus sami ngombe kopi susu ingkang sampun cumawis wontên ing mejanipun piyambak-piyambak. Botên dangu rèkêning lopêr midêr sabên kamar, nariki yatra pasewan. Sasampunipun para tamu rampung anggènipun tata-tata, lajêng sami bidhal dhatêng sêtatsiun, namung Maryati samêdalipun saking lusmèn lajêng têrus lumampah mangetan, sarêng sampun dumugi ing pratigan lajêng menggok mangalèr, nuntên mangetan, nêdya nglajêngakên lampahipun dhatêng Magêlang.

Kacariyos lampahipun Maryati samargi-margi tansah carocosan luhipun, ngantos kacu ingkang kangge ngusapi luhipun kenging kapêrês. Lampahipun Maryati sakêdhap-sakêdhap kèndêl, badanipun kraos sayah, tur asring kasasar, jalaran salaminipun gêsang sawêg punika Maryati ngambah margi wau. Tujunipun nalika sêkolah Maryati sampun pikantuk piwulang ngèlmu bumi, ingkang lajêng mitulungi sangêt, tumrap dhatêng pênêr-pênêring lampahipun punika. Manawi ngambah ing bênteran anggènipun lumampah akêkudhung sinjang, yèn jawah nonop wontên ing gubug sabin utawi grêdhu, trêkadhang inggih têrus kemawon. Dene manawi lampahipun kasaput ing dalu, tilêmipun saênggèn-ênggèn, kados ta: wontên ing bangoning pêkên, mondhok ing wande utawi

--- 43 ---

mondhok ing griyanipun tiyang ingkang dunungipun wontên ing sacêlaking margi. Dene ingkang dipun têdha sadangunipun lumampah namung pisang anggènipun tumbas ing wande ingkang klangkungan. Manawi ngêlak namung ngombe toya wantah anggènipun nêdha tiyang dhusun ingkang klangkungan, samantên kasangsaranipun Maryati anggènipun andon lampah.

__________

V. Kabar Klintu.

Kacariyos nuju satunggiling dintên watawis wanci jam wolu enjing, wadana kitha Kêbumèn (Kêdhu) sampun mapan lênggah wontên ing kantoripun, kalihan satunggiling priyantun mantri pulisi. Nitik grênang-grênêngipun, kados-kados sawêg ngrêmbag prakawis ingkang wigatos. Kasaru wontên upas dhatêng, lampahipun sajak kasêsa, wadana andangu: Ana apa, upas, sêmune kok kêsusu têmên.

Inggih, bêndara, ngaturi uninga.

Ana apa.

Ing pratigan wetan punika wontên mayit gumlinting sapinggiring margi.

Lo, lanang apa wadon.

Èstri, bêndara, malah sêmunipun taksih neneman.

Matri pulisi nyambêti: Kere, ayake.

--- 44 ---

Pangintên kula sanès, bêndara, tiyang wujudipun sae, panganggenipun inggih pantês, malah mawi ambêkta tas punapa.

Wadana nyambêti: Lah saiki kowe êndang mangkata marang dhoktêran, tuwan dhoktêr aturana mriksa.

Inggih, bêndara.

Upas lajêng pangkat, lampahipun kados Radèn Wrêkudara. Dene wadana kalihan mantri pulisi ugi lajêng nindaki dhatêng panggenaning mayit, prêlu ngyêktosakên kawontênanipun. Sadumuginipun ing ngriku mayit sampun karubung ing tiyang kathah. Tiyang kathah kabibarakên. Mantri pulisi lajêng nyandhak ugêl-ugêlipun mayit sarta lajêng matur dhatêng wadana: Sêmunipun taksih gêsang, ki lurah.

Punapa inggih, dhi.

Mantri pulisi mangsuli kalihan nêdahakên ugêl-ugêling tanganipun jisim wau: Inggih, ki lurah. Punika, lo.

Wadana botên mangsuli, naning lajêng mêndhêt kacu ingkang wontên ing tanganing jisim wau, sarêng kacu kajèmbrèng wontên sulamanipun bênang sutra wujud sêratan aksara Wlandi, ungêlipun, Marjati S.K.D. wadana lajêng ngandika: Lah S.K.D. punika cêkakaanipun punapa ta, dhi.

Mantri pulisi dèrèng ngantos mangsuli pandangonipun wadana, katungka dhatênging motor ingkang dipun tumpaki tuwan dhoktêr. Sasampunipun [Sa...]

--- 45 ---

[...sampunipun] tuwan dhoktêr mandhap, wadana lan mantri pulisi ambagèkakên: Ngaturakên sugêng, tuwan.

Inggih. Kula samantên ugi, dèn bèi.

Tuwan dhoktêr lajêng têrus mriksa jisim wau miturut kawruh kadhoktêran, sasampuning titi pamriksanipun lajêng wicantên: Lare punika taksih gêsang, dèn bèi, namung lampahing rahipun ingkang kirang sae.

Inggih, tuwan.

Saèstu, sarêng lare èstri wau anggènipun tilêm kalêrêsakên, sukunipun kajunjung manginggil, sarta irungipun kaambêktan[1] kacu ingkang sampun kadèkèkan lisah klonyo, sanalika lajêng èngêt, naning dèrèng dipun takèni. Tuwan dhoktêr wicantên malih: Lah, punika punapa, dèn bèi, têrang taksih sae.

Inggih, tuwan, lah, saking karsanipun tuwan kadospundi.

Prayoginipun kalêbêtna dhatêng griya sakit kemawon, gampil pangupakaranipun.

Inggih, tuwan, kula namung andhèrèk sakarsanipun tuwan kemawon.

Enggaling cariyos, lare èstri wau kainggahakên dhatêng motoripun tuwan dhoktêr, kabêkta dhatêng griya sakit ing Kêbumèn ngriku.

--- 46 ---

Nuju satunggiling dintên, nalika trèm S.D.S. saking Purwakêrta dhatêng ing Sukaraja: wontên kaji mandhap saking trèm lajêng nyêlaki upas ingkang sawêg kalêrês jagi wontên ing sêtatsiun. Kaji wau pitakèn, têmbungipun: Mas upas, kula badhe nyuwun priksa, griyanipun lurah dhusun Sukaraja wontên ing pundi.

Saking radinan punika ngilèn kemawon, mangke dumugi prasêkawanan lajêng mangalèr sakêdhik, nuntên menggok mangetan anjog kawêdanan. Griyaning lurah sawingkinging kawêdanan lêrês, majêng mangetan. Lah sadhèrèk, griyanipun ing pundi.

Pondhok kula ing Purbalingga, mas.

Lo, sêmunipun saking kilèn, mêntas tindak saking pundi.

Saking dhusun Sumampir, bawah Purwakêrta. Punika badhe kampir dhatêng griyanipun mas lurah ing Sukaraja ngriki.

O, inggih sampun, andhèrèkakên sugêng.

Kêsuwun, mas. Sampun, kalilan.

Inggih, inggih.

Kaji lajêng têrus dhatêng griyanipun lurah dhusun Sukaraja wetan, lampahipun gêgancangan, dumugining kalurahan kêlêrês ingkang gadhah griya sawêg linggih piyambakan wontên ing ngajêngan, kaji [ka...]

--- 47 ---

[...ji] ingkang sawêg dhatêng nyêbawa, têmbungipun: Kula nuwun.

Măngga, kula aturi mlêbêt mawon.

Inggih.

Tamu lajêng dipun acarani, sarta kalinggihakên ing rêsban ingkang dunungipun wontên ing pojoking pandhapa. Sarèhning lurah rumaos sawêg sapisan punika pinanggih kalihan tamu wau, mila kêpêksa lajêng nêpangakên rumiyin, têmbungipun: Kula aturi nêpangakên, sadhèrèk, kula Karya Upama, kapala dhusun ing Sukaraja ngriki.

Inggih. Kula Kaji Harun ing Purbalingga.

Lo, rawuhipun mriki, wontên karsanipun punapa.

O, punika makatên, mas lurah. Rumiyin nalika kula kesah kaji dhatêng Mêkah, sarêngan kalihan mitra kula ing Sukaraja ngriki, inggih punika sudagar sinjang ingkang nama Martobi. Dene nama kula rumiyin Rusdi. Mas lurah mêsthinipun sampun priksa, ta, yèn mitra kula Martobi punika tilar donya wontên ing tanah suci.

O, inggih, lajêng ... .

Malah nalika tilaripun mitra kula Martobi wontên ing Mêkah punika, kula ingkang ngabari dhatêng bakyu Martobi.

Inggih, lajêng ... .

Nalika pêjahipun Kamas Martobi punika taksih gadhah tirahan [ti...]

--- 48 ---

[...rahan] sangu kathahipun tigang atus rupiyah, ingkang sèkêt rupiyah sampun kula angge mragadi jisimipun Mas Martobi wau. Kêkantunanipun, inggih punika ingkang kalih atus sèkêt rupiyah kula rimati, badhe kula sukakakên dhatêng Bakyu Martobi. Kantun-kantun Bakyu Martobi sampun tilar donya, lan anakipun kula padosi botên sagêd pinanggih.

Lah, sadhèrèk, anggènipun madosi dhatêng pundi.

Sarèhning tiyang dhusun Kalibagor criyos, yèn lare tilaranipun Kamas Martobi punika tumut Bok Martadi dhatêng Sumampir, bawah Purwakêrta, dados kula padosi mrika, nanging ing ngrika sapunika sampun botên wontên. Sanjangipun Bok Martadi, lare punika kesahipun saking Sumampir sampun lami lan tanpa pamit.

O, sadhèrèk, punika kok lajêng cocog kalihan pawartos ingkang nêmbe kula waos wingi punika, wontên ing sêrat kabar Jawikandha, malah sêrat kabaripun taksih, mangke kula pêndhêtipun.

Nalika punika lurah lajêng mêndhêt sêrat kabar Jawikandha, saking meja panyêratanipun, kasukakakên dhatêng tamu, wicantênipun: Sumăngga ta punika sampeyan waos, sadhèrèk. Lah punika ingkang irah-irahanipun mungêl: manggih jisim.

--- 49 ---

Tamu enggal nampèni sêrat kabar wau, sarta lajêng têrus kawaos, ungêlipun makatên:

Manggih Jisim.

Juru kabar kula ing Kêbumèn, martosakên, nalika tanggal ping ... wulan punika, pulisi sampun manggih jisiming lare èstri, ingkang gumlinting wontên sapinggiring margi agêng, salêbêtipun kitha Kêbumèn ngriku. Pulisi gadhah pangintên, bilih punika jisiming tiyang ingkang ngumbara, nanging lajêng kacandhak ing sakit dadakan, wontên ing margi. Kacuning jisim wontên sulamanipun bênang sutra aksara Wlandi ungêlipun: Marjati SKD.

Lah punika rak sampun têrang ta, sadhèrèk.

Inggih, mas lurah, sampun têrang sangêt, SKD rak cêkakanipun Sukaraja.

Mila punika.

Lah, sapunika kadospundi karsanipun mas lurah, prakawis yatra tilaranipun Mas Martobi punika. Punapa botên prayogi kula pasrahakên dhatêng mas lurah kemawon.

O, mangke ta mangke, sadhdèrèk, saking pamanggih kula prayoginipun makatên kemawon. Martobi punika taksih gadhah tilaran anak jalêr, adhinipun lare èstri wau. Sapunika kirang langkung umuripun sawêg nêm taun, tumut [tumu...]

--- 50 ---

[...t] dhatêng pamomongipun, nama Bok Karya. Sarèhning panggêsanganipun Bok Karya punika namung bêbêrah, utawi sade ron-ronan, tur tiyang èstri, dados gêsangipun inggih sangsara sangêt. Saking pamrayogi kula, lare punika kemawon sampeyan rimati, sukur bage dalah pamomongipun pisan, jalaran sêmunipun krakêt sangêt.

O, inggih, mas lurah, makatên punika prayogi sangêt, lan ugi kalêrêsan sangêt, dene kula piyambak botên gadhah anak jalêr. Namung kula nyuwun pitulunganipun mas lurah, sagêda kula pinanggih kalihan lare sapamomongipun punika. Malah yèn sagêd, badhe kula bêkta pisan dhatêng Purbalingga ing dintên punika.

Punika prakawis gampil, sadhèrèk, mangke kula ngundang gêbayan.

Lurah dhusun Sukaraja lajêng nuthukkên kênthongan: têlunthung, thung, thung, thung, thung, thung, thung, thung, ... thung.

Botên dangu gêbayan dhatêng, lurah wicantên: Kang gêbayan.

Kula, mas lurah.

Apa kang gêbayan sok wêruh Bok Karya, tilas bature Mas Martobi biyèn kae.

O, inggih sumêrêp, mas lurah, tiyang sabên dintên mêsthi langkung ing margi ngajêng griya kula.

--- 51 ---

Saikine sok nyambutgawe apa.

Sapunika sabên dintên bêrah nuthuki banon wontên griyanipun Babah Yusèng. Sabab Babah Yusèng tingalipun badhe yasa gêdhong malih.

Buruh nuthuki bata ngono kuwi jinahan apa takêran.

Takêran, mas lurah. Sapêthi lisah pèt: gangsal sèn.

Anu, kang gêbayan, saiki uga Bok Karya karo bocah lanang tinggalane Mas Martobi kae undangên mrene, aja tan ora kudu barêng salakumu.

Inggih, mas lurah.

Gêbayan lajêng kesah. Sadangunipun gêbayan kesah, lurah lan tamunipun anglajêngakên rêrêmbagan warni-warni sinambi wedangan. Sarêng rêmbagipun nyandhak prakawisipun Martadi ing Kalibagor, Kaji Harun criyos, yèn nalika piyambakipun wangsul saking Mêkah, pinanggih kalihan Martadi wontên ing Bêtawi. Martadi piyambak criyos yèn anggènipun wontên ing Bêtawi punika namung prêlu dolan kemawon, nanging miturut katêranganing salah satunggulipun tiyang ingkang sarêngan kalihan Martadi, Martadi sampun damêl tăndha tangan sarêng-sarêng kalihan piyambakipun, badhe mlêbêt nyambutdamêl dados kuli kontrak ing Dhèli. Sawêg umyêg-umyêgipun rêrêmbagan, katungka dhatêngipun gêbayan [gê...]

--- 52 ---

[...bayan] angiringakên Bok Karya lan Maryana. Wicantênipun lurah: Padha slamêt bae, Bok Karya.

Pangèstunipun mas lurah inggih wilujêng.

Enggaling cariyos, wontên ing ngriku Kaji Harun ngrêmbagi Bok Karya, yèn Maryana badhe kabêkta dhatêng Purbalingga, lan piyambakipun supados tumut. Sarèhning rêmbagipun Kaji Harun dhasar sagêd, tur dipun kiyatakên dhatêng lurah, mila sanalika punika Bok Karya lajêng manut kemawon, Kaji Harun nêdha mupakatipun lurah, yèn wiwit dintên punika namanipun Maryana badhe kapindhah Martaya. Mar: Marêt, ta: taun, ya: ăngka sanga, dados Marêt taun sanga. Saking cariyosipun Kaji Harun: kangge pangèngêt-èngêt yèn pinanggihipun Maryana, ing dintên punika. Lurah rumojong, sarta ing batos ngalêm dhatêng kalantipanipun Kaji Harun wau. Nalika Bok Karya dipun criyosi dening lurah, yèn Maryati sampun tilar donya, sangêt ing pangungunipun, mila sanalika punika lajêng ambrêbês mili. Jam satêngah gangsal, Kaji Harun wangsul dhatêng Purbalingga ambêkta Maryana lan pamomongipun, numpak trèm ingkang wêkasan, lan wiwit punika pawartos bab pêjahipun Maryati sampun sumêbar ing Sukaraja ngriku, tuwin sakiwa têngênipun.

--- 53 ---

VI. Rumambating Kamulyan.

Kacariyos, sakitipun Maryati wontên ing griya pamulasaraning tiyang sakit ing Kêbumèn, sampun saras saèstu. Nanging kaniyatanipun dhatêng Magêlang madosi tilas kancanipun punika lajêng sirna, kilap ingkang dados sababipun. Sadangunipun Maryati jêjampi, kathah têpanganipun lare-lare èstri ingkang sami dados andhahan wontên ing griya pamulasaraning tiyang sakit ngriku. Maryati ing batos katarik manahipun, kapengin sinau nyambutdamêl ngupakara tiyang sakit kadosdene ingkang katindakakên dening lare-lare èstri ingkang sami nyambutdamêl wontên ing ngriku. Mila piyambakipun kalampahan prasabên dhatêng satunggiling têpanganipun ingkang ngupara piyambakipun nalika sakit, supados kaaturakên dhatêng tuwan dhoktêr, yèn piyambakipun kajêng sangêt badhe tumut sinau ngupakara tiyang sakit wontên ing ngriku.

Nuju satunggiling dintên, tuwan dhoktêr nimbali Maryati, sarta sarêng sampun dhatêng, tuwan dhoktêr pitakèn: Kowe Maryati.

Inggih, tuwan.

Ana mandhor kăndha karo aku, yèn kowe arêp sinau nyambutgawe ana ing kene.

--- 54 ---

Inggih, tuwan, manawi andadosakên kêparêngipun tuwan.

Apa kowe duwe wong tuwa.

Botên, tuwan.

Maryati lajêng ngandharakên kawontênaning lêlampahanipun saking wiwitan ngantos dumugi wêkasan kanthi cêtha, têrang lan patitis. Tuwan dhoktêr sadangunipun mirêngakên aturipun Maryati punika sakêdhap-sakêdhap gèdhèg-gèdhèg, ing sêmu katingal wêlas sangêt, wusana lajêng wicantên makatên: Apa dhèk biyèn kowe sêkolah.

Inggih, tuwan.

Ana ing pamulangan apa.

Wontên pamulangan ăngka kalih, tuwan.

Wis tamat apa durung.

Sampun, tuwan.

Tuwan dhoktêr lan satunggiling nyonyah juru ngupakara tiyang sakit lajêng sami rêrêmbagan mawi basa Wlandi dangu sangêt. Wêkasan tuwan dhotêr lajêng wicantên malih dhatêng Maryati: He, Maryati.

Kula, tuwan.

Panjalukmu nêdya sinau nyambutgawe ana ing kene dak tămpa, nanging kudu sing ngati-ati, lan kowe kudu manut saprentahe nyonyah iki.

--- 55 ---

Matur sèwu nuwun, tuwan, mugi-mugi kula sagêda nglampahi punapa ingkang dados dhawuhipun tuwan.

Iya, lan wiwit dina iki kowe manggona ing kamar kuwi, kumpula karo mandhor-mandhor wadon, wiwit sasi ngarêp kowe bakal olèh bayar limang rupiyah ing sasasine lan olèh pangan lêlahanan saka kene. Dene prakara bayar, yèn pancèn pagaweanmu apik, bakal mundhak-mundhak, apa kowe wis ngrêti.

Sampun, tuwan.

Iya uwis.

Kala samantên Maryati lajêng manggèn ing kamar papanipun para andhahan èstri ing griya pamulasaraning tiyang sakit ngriku. Kancanipun lare èstri saking măncanagari kathah, tur sadaya sami katingal rêsêp, andadosakên sênênging manahipun Maryati. Sakawit Maryati wontên ing ngriku namung dipun bêbahi prakawis ingkang gampil-gampil, kados ta: ambucal rêrêgêd, utawi ngladosi tiyang sakit lan sanès-sanèsipun. Sadaya punika dipun lampahi kanthi sênênging manah. Tuwan dhoktêr katingal rêna sangêt anggènipun nênuntun dhatêng Maryati ing bab kawruh kadhoktêran, dhasar Maryati lare gathekan, mila botên anggumunakên, sasampunipun Maryati nyambutdamêl kirang langkung gangsal taunan, kasagêdanipun botên kawon kalihan [ka...]

--- 56 ---

[...lihan] juru ngupakara tiyang sakit wêdalan pamulangan, wêwah-wêwah Maryati ngudi sinau basa Wlandi.

Mila lajêng sagêd anggampilakên piwulangipun tuwan dhoktêr ing bab kawruh kadhoktêran.

Kacariyos griya pamulasaraning tiyang sakit ngriku asring kangge angupakara tiyang èstri gadhah anak. Awit saking tuntunanipun tuwan dhoktêr, kasagêdanipun Maryati bab nulungi tiyang èstri gadhah anak, botên kawon kalihan dhukun bayi wêdalan pamulangan. Sampun asring kemawon manawi tuwan dhoktêr dipun têdhani tulung samăngsa wontên bojoning priyantun, Cina tuwin Walandi ingkang badhe gadhah anak, tamtu Maryati ingkang kabêkta, awit namung piyambakipun ingkang kaanggêp sampun ngrêtos saèstu dhatêng babagan punika. Dumugining panggenan tuwan dhoktêr namung ngrigênakên, Maryati ingkang ngêcakakên. Trêkadhang manawi tuwan dhoktêr botên sagêd dhatêng, inggih namung Maryati ingkang kakintunakên, wêkasan namanipun Maryati wontên ing Kêbumèn ngriku lajêng misuwur. Tiyang-tiyang kathah anggènipun manstani: sustêr Maryati. Nalika punika pamêdalipun Maryati sampun kapetang lumayan, awit blanjanipun wulanan sampun mèmpêr, tur asring tampi bagean pituwas anggènipun tulung nglairakên bayi saking tuwan dhoktêr. Sarèhning Maryati kabêlêt lare ingkang gêmi lan ngatos-atos, têmahan [têmah...]

--- 57 ---

[...an] celenganipun wontên ing pos sêparbang sampun langkung saking f 1000.-. Nalika samantên, sanajan umuripun Maryati sampun andungkap kalih dasa taun, nanging ing batos Maryati botên pisan-pisan niyat semah. Ingkang dados èsthining manah: namung kêpengin sagêda gêsang piyambak, awit Maryati gadhah pamanggih, tiyang èstri ingkang sagêd gêsang pyambak punika langkung sae lan langkung mardika tinimbang tiyang èstri ingkang kawêngku ing priya. Samantên tekadipun Maryati.

Nuju satunggiling dintên Maryati kaundang dening tuwan dhoktêr, sasampunipun dhatêng, tuwan dhoktêr wicantên: Wis ya, Maryati, karia slamêt.

Maryati kagèt sangêt, dene tuwan dhoktêr wicantên makatên, têmahan lajêng apitakèn: Lo, tuwan badhe tindak dhatêng pundi.

Anu, Maryati, karsane dhuwur aku dipindhah saka kene.

Kapindhah dhatêng pundi, tuwan.

Marang Zendingshospitaal ing Banyumas.

Maryati sarêng mirêng yèn tuwan dhoktêr kapindhah dhatêng Banyumas, manahipun lajêng kraos mak sêdhot, dening sampun rumaos kawratan dhatêng kasaenanipun tuwan dhoktêr, Maryati lajêng wicantên kanthi sêrêt: Kula lajêng kadospundi, tuwan.

Prakara awakmu, karêpku mangkene: Yèn pancèn kowe

--- 58 ---

isih sênêng nyamutgawe ana kene, ya bêcik, mêngko bakal dak pasrahake marang tuwan dhoktêr kang anggêntèni aku. Dene yèn kowe wis ora sênêng ana ing kene, kowe bakal dak wènèhi layang katêrangan, kang mratelakake yèn kapintêranmu nulungi wong duwe anak wis nyukupi. Dadi sanajan kowe wis mêtu saka kene iya bakal bisa golèk pangan.

Pangandikanipun tuwan ingkang makatên punika kula matur sèwu nuwun. Nanging manawi andadosakên kêparêngipun tuwan, kula badhe andhèrèk tuwan kemawon dhatêng Banyumas, prêlu badhe nglajêngakên anggèn kula sinau dhatêng tuwan.

Tuwan dhoktêr mirêng aturipun Maryati makatên punika ing batos ngalêmbana dhatêng katêmênanipun Maryati, wêkasan lajêng kasok trêsnanipun dhatêng Maryati, wicantênipun: Lo, yèn karêpmu mangkono, mêngko dak rêmbugan karo nyonyah.

Enggalipun tuwan dhoktêr saèstu pindhah dhatêng Banyumas, Maryati botên kantun, lajêng kaanggêp anak mas dening tuwan dhoktêr.

Kacariyos, sasampunipun tuwan dhoktêr nyambutdamêl wontên ing Zendingshospitaal ing Bayumas, kirang langkung tigang taun, kapêksa wangsul dhatêng nagari Wlandi. Nalika samantên kasagêdanipun Maryati bab nulungi tiyang gadhah anak sampun kasuwur

--- 59 ---

ing saindêngipun paresidhenan Banyumas, mila sapêngkêripun tuwan dhoktêr, Maryati lajêng bawa piyambak, nyewa griya wontên salêbêtipun kitha Banyumas ngriku. Nalika punika ing ngriku dèrèng wontên vroedvrouw sanèsipun, mila sanajan Maryati sajatosipun sanès vroedvrouw wêdalan pamulangan, nanging wontên ing ngriku pajêng sangêt, ngantos piyambakipun awis-awis wontên ing griya, dening kathahipun ingkang sami ngundang. Dhokar lan motor ingkang mêthuk Maryati sadintên-dintênipun tansah kesah dhatêng kemawon, botên wontên kêndhatipun. Sadaya tiyang ingkang dipun tulungi, Jawiaa Cinaa, sami ngalêmbana dhatêng saening mêmanahanipun Maryati, dene botên nate purun ngrèkêning, namung narimah sarilanipun ingkang dipun tulungi kemawon, mandar manawi ingkang dipun tulungi punika katingal tiyang ingkang kacingkrangan, Maryati botên purun nampèni pituwas, suprandene pamêdalipun ing sabên wulan botên kirang saking f 200.-. Watawis satêngah taun wontên ing Banyumas, Maryati sampun sagêd tumbas griya gêdhong sapemahanipun, pangaos f 3000.-. Griyanipun sae, pirantosipun pêpak, dhasar tatananipun sae, ngantos botên mèmpêr griyaning tiyang Jawi. Cêkakipun gêsangipun Maryati sampun kenging kawastanan mulya. Namung wontên satunggiling parakawis ingkang andadosakên cuwaning manahipun, inggih [ing...]

--- 60 ---

[...gih] punika bab anggènipun madosi katêrangan kawontênaning adhinipun, ingkang katilar sawêg umur gangsal taun, ngantos dumugi ing titi măngsa wau dèrèng sagêd angsal titik.

VII. Babaring Lêlampahan.

Nuju satunggiling dintên kirang langkung wanci jam sakawan sontên, Maryati kalêrês sawêg nênggani tukang kêbonipun ingkang sawêg nyirami patamananipun, dumadakan wontên dhokar dipun tumpaki tiyang jalêr neneman, kèndêl sangajênging griyanipun Maryati. Tiyang neneman wau lajêng mandhap, mlêbêt dhatêng griyanipun Maryati. Nitik pasêmonipun mracihnani bilih sawêg nandhang prihatos: Kula nuwun.

Măngga.

Nalika punika Maryati mêdal ing Jawi, ngacarani tamunipun.

Măngga kula aturi lênggah ing ngriki kemawon.

Inggih nuwun.

Sasampunipun tamu mapan linggih, Maryati pitakèn: Panjênêngan sintên.

Kula guru bantu pamulangan ăngka II ing kitha Banyumas ngriki.

Ingkang dipun dalêmi wontên ing kampung pundi.

--- 61 ---

Wontên ing kampung Kêdhungutêr. Anu, sadhèrèk, sowan kula mriki botên sanès namung badhe nyuwun sih pitulungan panjênêngan.

Ingkang dipun karsakakên punapa.

Sampun tigang dintên punika semah kula kraos badhe manak, nanging jabang bayi botên sagêd lair, ingkang sêpuh sabên kraos nyakiti, sakêdhap-sakêdhap sumaput.

Punapa botên ngaturi dhoktêr.

Sampun kaping kalih kula sowan tuwan dhoktêr, nanging botên pinanggih, mila kula lajêng sowan mriki prêlu nyuwun sih pitulungan panjênêngan. Manawi andadosakên dhanganing panggalih, sapunika panjênêngan kula aturi rawuh dhatêng pondhok kula ing kampung Kêdhungutêr.

Bab punika kula dhangan kemawon, janji kula sagêd, jêr sampun dados kalimrahaning agêsang kêdah têtulung dhatêng sasami. Nanging yèn mangke kula botên sagêd, prayogi kasuwunakên tulung dhatêng dhoktêr. Sampun ta, sumăngga.

Maryati lajêng mlêbêt griya sakêdhap, mêdalipun sampun dandos kanthi ambêkta tas wadhah pirantos. Kalih-kalihipun lajêng sami numpak dhokar sêsarêngan. Sarêng sampun dumugi, ing ngriku sampun kathah tiyang. Maryati lan ingkang gadhah griya lajêng têrus lumêbêt dhatêng kamar patilêmanipun ingkang sawêg sakit, lajêng

--- 62 ---

enggal-enggal mriksa ingkang sakit. Sasampunipun rampung pamriksanipun lajêng wicantên dhatêng ingkang jalêr: Anu, dhèk guru, jabang bayi sampun pêjah wontên guwagarba.

Guru bantu mangsuli kanthi prihatos: Inggih.

Maryati wicantên malih: Miturut ingkang sampun-sampun, jabang bayi botên sagêd lair, mandar sagêd damêl t

iwasipun kang rayi, yèn botên kapêndhêt sarana pirantos.

Inggih sumăngga kemawon, kula namung andhèrèk, kirang punapa panjênêngan.

Nalika punika Maryati lajêng ambikak tasipun, mêndhêt pirantos kangge ngêdalakên jabang bayi sarta wiwit tumandang nyambutdamêl kanthi cukat lan ngatos-atos. Enggaling cariyos, jabang bayi sampun kawêdalakên, ingkang sêpuh manggih wilujêng. Maryati wicantên: Salêbêtipun tigang dintên, kang rayi kêdah tilêman kemawon, sarta botên kenging mirang-miring. Nanging kêdah terus mlumah.

Inggih.

Dhèk guru sampun kagungan putra pintên.

Sampun kalih, pancènipun badhe tiga punika.

Sasampunipun Maryati nyukani jampi lan mêling kathah-kathah, bab pangupakaranipun ingkang nêmbe gadhah anak enggal punika, lajêng pamitan: Sampun, dhèk, kula panjênêngan lilani [lila...]

--- 63 ---

[...ni] wangsul, awit sontên punika jam pitu, kula kaundang dhatêng Pacinan. Yèn botên tathah[2] padamêlan, sanès dintên kula tuwèni malih.

Inggih botên namung matur sèwu nuwun.

Sami-sami, dhèk.

Maryati mêdal têrus numpak dhokar ingkang sampun kasadhiyakakên wontên margi sangajênging griya. Sapêngkêripun Maryati, tiyang-tiyang ingkang taksih wontên ngriku, sadaya sami ngalêmbana dhatêng kaprigêlanipun. Wontên satunggiling kaji sampun sêpuh apitakèn dhatêng guru bantu, têmbungipun: Priyayi putri iki mau asal saka ngêndi, ta, guru.

Kilap, inggih, kula botên patos têrang, awit nalika kula dhatêng, piyambakipun sampun lami wontên Banyumas ngriki.

Wontên tiyang ingkang nyambêti wicantên: O, punika priyantun wetan, Kêbumèn, punapa Magêlang, kula ragi kêsupèn. Dhatêngipun ngriki dipun bêkta dening tuwan dhoktêr, ingkang sapunika sampun wangsul dhatêng nagari Walandi.

Kaji wicantên malih: Anu, guru, sarèhning bojomu wis katêmu slamêt, sesuk aku niyat bali. Awit wis lawas anggonku ninggal omah. Dak suwun-suwun marang Pangeran, muga-muga bojomu êndang warasa tumuli.

--- 64 ---

Inggih sumăngga, pun êmbok kemawon kapurih kantun.

Ya sakarêpmu.

Kirang langkung jam 12 dalu, tiyang-tiyang ingkang nglayad sami bibaran.

Kacariyos, awit saking pitulunganipun Maryati, botên antawis lami semahipun guru bantu kasêbut ngajêng sampun saras saèstu. Nuju satunggiling dintên mas ajêng guru bantu wicantên dhatêng semahipun: Genea, mas, wis sasasi luwih Maryati kok durung awèh rèkêning.

O, anu, dhi, manut ngêndikane lurah mantri guru, Maryati salawase yèn nulungi priyayi Jawa pancèn ora tau ngrèkêning, dadi mung ngêntèni sarilane kang ditulungi bae. Malah jarene yèn wong sing ditulungi katon rêkasa, samăngsa awèh pituwas dibalèkake.

Yèn mangkono apik tênan sustêr Maryati, ki.

O, iya, mulane ya payu bangêt, jalaran kajaba pintêr iya saka apiking bêbudène.

Sampeyan niyat mènèhi pira, ta, mas.

Karêpku f 25.-. Iku dak timbang karo kamas mantri guru nalika bakyu mantri kagungan putra kae ngaturi f 40.-.

--- 65 ---

Lah, niyat sampeyan besuk kapan anggone arêp ngaturi.

Bisa-bisane ya suk blanjan, awit pancèn durung dak sadhiyani.

Yèn sampeyan cocog, karêpku ora susah ngêntèni suk blanjan, dadi ora kêlawasên.

Banjur ... .

Prakara dhuwit, yèn mung f 25.- bae, kira-kira wis ana.

We, kok brêgas, dhuwit saka ngêndi, ta. Apa anggonmu anggadhèkake.

Ya, ora. Kuwi ngene, mas: Wiwit aku ngandhêg olèh sasasi, aku wiwit nyèlèngi saka sathithik sabên dina.

Dhèk wingi dak etung kok wis ana f 27.50. Dadi yèn marang Maryati arêp ngêkèki f 25.- rak malah isih luwih f 2.50 ta, karêpku, suk Minggu bae padha mrana.

Nglêrêsi dintên Minggu watawis jam wolu enjing, Maryati kêlêrêsan sawêg ambêdhahi badhe rasukan wontên ing kamar wingking, dumadakan rencangipun jalêr nyêlaki sarta wicantên: Ing ngajêngan wontên tamu, bêndara.

Jawa apa Cina.

Jawi, sêmunipun priyantun.

--- 66 ---

Kakung apa putri.

Kakung putri, ambêkta putra kalih.

Nalika punika Maryati lajêng enggal-enggal mêdal dhatêng ngajêngan. Sasampunipun têrang sintên tamunipun punika, lajêng kabagèkakên: O, dhèk guru, sami sugêng kemawon, dhèk.

Tamu jalêr èstri sami mangsuli sêsarêngan: Pangèstu panjênêngan wilujêng.

Măngga ta kula aturi lênggah ing wingking kemawon, wontên ing ngriki manawi enjing bêntèr. Ayo, le, padha nyang buri bae.

Nalika punika tamu jalêr èstri lajêng kairid dhatêng ing wingking, sadumuginipun ing wingking lajêng tata lênggah wontên ing kursi ingkang ngubêngi meja pêsagi alit tinaplakan mori mêmplak. Lare kêkalih kalinggihakên wontên ing kursi malês panjang ingkang dunungipun botên patos têbih saking ngriku. Nalika tamunipun sampun mapan linggih, Maryati lumêbêt dhatêng kamar, mêdalipun ambêkta lodhong isi srutu: Sumăngga êsês, dhèk.

Inggih nuwun.

Maryati lajêng mapan linggih kalihan wicantên: Punapa saking dalêm kemawon, dhèk.

--- 67 ---

Inggih, mila namung prêlu sowan mriki.

Maryati pitakèn dhatêng tamunipun èstri: Kadospundi, dhèk, punapa sampun botên nate kraos kadospundi-kadospundi.

Awit saking sih pitulungan panjênênêgan, inggih sampun botên nate kraos punapa-punapa.

Tamu jalêr nyambêti: Botên langkung kula kêkalih namung matur sèwu nuwun dhatêng panjênênganipun bakyu, nanging ... .

O, inggih sami-sami.

Botên dangu pisêgah wedang sanyamikanipun mêdal, Maryati lan tamunipun sami nglajêngakên ginêman warni-warni sinambi wedangan, dangu-dangu Maryati pitakèn dhatêng tamunipun jalêr.

Sampun dados panggalih, dhèk, asmanipun adhèk sintên, wong wis têpung suwe kok durung wêruh asmane.

O, inggih, nama kula Sastramartaya.

Lah, asli saking pundi, dhèk.

Saking Sukaraja.

Sukaraja bawah Banyumas ngriki.

Inggih.

Lo, karo aku kok ya dadi nunggal asal, kula ugi asal Sukaraja. Lah, kêng rama utawi kêng ibu punapa taksih sugêng.

--- 68 ---

Kalih-kalihipun sampun tilar donya. Malah nalika pêjahipun bapak lan êmbok punika miturut cariyosing tiyang-tiyang, kula sawêg umur kawan taunan.

Tunggilipun adhèk wontên pintên.

Namung kula piyambak bakyu, pancènipun kula gadhah sadhèrèk èstri satunggal, malah namanipun sami kalihan asma panjênêngan, Maryati. Miturut cariyosipun tiyang-tiyang, sadhèrèk kula punika pêjah wontên ing Kêbumèn punapa Karanganyar, inggih punika nalika piyambakipun amblayang jalaran nandhang kasangsaran.

Maryati sarêng mirêng cariyosing tamunipun punika, manahipun lajêng kraos dhêg-dhêgan, sarta paraupanipun sanalika lajêng katingal abrit, andadosakên gumuning tamunipun jalêr èstri. Wusana Maryati lajêng apitakèn malih: Kula nuwun, dhèk, asmanipun ingkang rama sintên.

Kacariyos miturut wêwatakanipun Sastramartaya ingkang sampun-sampun, manawi piyambakipun dipun pitakèni makatên, kawratan sangêt anggènipun mangsuli, mandar asring andadosakên nêpsunipun. Nanging nalika punika dilalah kados sampun pikantuk osiking Pangeran, kanthi sênênging manah, mangsuli pitakènipun Maryati makatên wau: Namanipun swargi bapak, Martobi.

--- 69 ---

Maryati saya dhêg-dhêgan manahipun, wicantênipun: Asmanipun adhèk nalika timur sintên.

Rumiyin nama kula Maryana, lajêng kapindhah dening bapak kula angkat, Martaya, sarêng kula dados guru lajêng gantos nama sêpuh Sastra ... .

Kacariyos, nalika punika Maryati lajêng mênyat saking palinggihanipun, têrus ngrangkul adhinipun kalihan nangis, wicantên apêgat-pêgat: O, Allah, adhiku, Maryana, adhiku, wis lawas kowe dak golèki lagi saiki bisa kêtêmu. O, Maryana, adhiku, kêbangêtên têmên kowe, dene kowe ora nêmoni aku wiwit biyèn.

Ngantos dangu Maryati anggènipun ngrangkul adhinipun kalihan nangis. Rencangipun sadaya jalêr èstri sami nyêlaki, dhêlêg-dhêlêg, kamitênggêngên, dening botên ngrêtos punapa ingkang dados sababing bêndaranipun makatên punika. Kala samantên Maryana punapadene semahipun ugi dèrèng ngrêtos babarpisan dhatêng kawontênanipun Maryati kok lajêng makatên, awit Maryana piyambak sampun botên rumaos pisan-pisan gadhah sadhèrèk, wêkasan sarêng anggènipun nglairakên tangispun ingkang minăngka tăndha katrêsnan dhatêng adhinipun, sampun marêm, lajêng uwal saking anggènipun ngrangkul, sarta mapan linggih malih kalihan mingsêg-mingsêg. Maryati

--- 70 ---

ngrêtos yèn adhinipun dèrèng mudhêng dhatêng piyambakipun. Mila sanajan kalihan mingsêg-mingsêg, piyambakipun kêpêksa ngandharakên lêlampahanipun saking wiwitan dumugi wêkasan, andadosakên ngunguning manahipun Maryana lajêr èstri, dene samantên elokipun Gusti Allah anggènipun damêl lêlampahan. Kados punapa kemawon raosing manahipun Maryati lan Maryana nalika punika. Kula botên sagêd nyariyosakên.

Sarêng wancinipun sampun jam kalih siyang, Maryati suka sasmita dhatêng rencangipun supados tata dhahar. Sasampuning rampung panatanipun, katiganipun sami tapuk nêdha, nanging sanajan nalika punika sampun wancinipun nêdha, lan rampadanipun sarwa eca lan miraos, anggènipun nêdha botên kraos eca, dening kabêkta saking bingahing manahipun. Bakda nêdha Maryati tansah ngêlus-êlus kêpenakanipun sinambi ginêman warni-warni, wicantênipun: Lah, Bok Karya saki ana ngêndi.

Bok Karya wis mati ana Purbalingga.

Bapakmu angkat iku sapa ta, Na.

Pak Kaji Harun ing Purbalingga.

Apa saiki isih sugêng.

--- 71 ---

Isih, nalika bakyu tindak nyang omahku dhèk anu kae pak kaji kêbênêr ana kana.

O, iya, dhèk samono aku pancèn wêruh ana kaji tuwa.

Lah, yaiku kang ngrumati aku nganti aku bisa nyambutgawe mangkene iki. Malah nalika ajale bapak ana ing Mêkah, ya pak kaji iku kang ngurusi.

Yèn ngono aku lan kowe kêpotangan gêdhe bangêt karo pak kaji. Yèn tanpa alangan, ayo suk Minggu ngarêp iki padha sowan rana.

Ya bêcik.

Saiki seje kang dak rêmbug, Na, omah kang kok ênggoni kae omah sewan, apa omahmu dhewe.

Omah sewan, bakyu, wong guru bantu jare kon duwe omah dhewe.

Saiki karêpku ngene: Kowe karo bojomu balia ing pondhokmu, tata-tataa, lan dina iki uga kowe pindhaha rene, saanak bojomu. Aku dak tata-tata ing kene: Omah iki wis dadi duwèkku dhewe, dene besuk yèn aku wis mati, sapa kang anduwèni, ora liya mung kowe.

Maryati lajêng nyukani yatra dêlancang salêmbar dhatêng adhinipun kalihan [ka...]

--- 72 ---

[...lihan] wicantên: Ênya iki dhuwit ênggonên wragad alih-alihan, supaya enggal rampung, bêcik nyewaa prahoto bae marang Gan, si thole tinggalên bae.

Sasampunipun yatra tinampenan, Maryana lajêr èstri lajêng sami wangsul dhatêng pondhokipun kanthi bingahing manah. Enggaling criyos, Maryana sampun pindhah dhatêng griyaning bakyunipun, sarta kawontênan punika lajêng sumêbar ing ngakathah, mila têpanganipun Maryana lan Maryati dalunipun lajêng sami dhatêng ing ngriku, sadaya ngungun ing manah, dene wontênipun lêlampahan makatên. Jam 12 dalu para tamu sawêg sami bibaran. Sabibaripun para tamu, sanajan sampun jam 12 dalu, Maryati Maryana lan bojonipun dèrèng sami kraos arip, dening saking sênêng manahipun, sami nglajêngakên anggènipun ginêman prakawis warni-warni. Maryati pitakèn dhatêng ipenipun: Lah, slirane asale saka ngêndi, dhèk.

Saking Purwakêrta, bakyu.

Kêng rama utawa kêng ibu apa isih sugêng.

Bapak sampun tilar donya, namung kantun ibu.

Kêng rama biyèn ngasta gawe apa.

Dados mantri pênjuwal, bakyu.

Sapa asmane.

Sastrahartaka.

--- 73 ---

Maryati pitakèn malih sêmu kagèt: Sastrahartaka. Apa sing biyèn èlpêr ana ing Sukaraja.

Punika kilap, awit kula èngêt, bapak sampun dados mantri pênjuwal wontên ing Purwakêrta.

Apa slirane têpung karo putrane mantri pênjuwal Purwakêrta kang jênêng mas Rara Dhuwet.

O, kula adhinipun bakyu Dhuwêt lêt kalih, bakyu.

Nalika punika Maryati lajêng ngêlus-êlus gêgêring ipenipun kalihan wicantên: Ya Allah, dene elok têmên lêlakon iki. Wêruha, dhèk, kêng bakyu iku biyèn kancaku sêkolah ana ing Sukaraja. Lah saiki ana ing ngêndi.

Sapunika wontên ing Sala, bakyu. Malah ibu ugi tumut.

Kacariyos tiyang têtiga wau anggènipun sami rêrêmbagan tansah umyêk kemawon, jam 3 dalu sawêg sami mapan tilêm.

Nglêrêsi malêm Minggu Maryana jalêr èstri sarta bakyunipun saèstu sami dhatêng Purbalingga. Dhatêngipun ing Purbalingga sampun jam satêngah nêm sontên, jalaran numpak trèm ingkang wêkasan. Kacariyos wiwit dhatêng ngantos jam 12 dalu, Maryati [Mar...]

--- 74 ---

[...yati] tansah ngandharakên lêlampahanipun saking wiwitan dumugi wêkasan. Makatên ugi Kaji Harun ugi nyariyosakên kawontênanipun nalika wontên ing Mêkah sêsarêngan kalihan bapakipun Maryati, dumugi wangsulipun pinanggih kalihan Martadi wontên ing Batawi, ngantos nyandhak kala piyamabakipun kapanggih kalihan Maryana. Andadosakên pangununging manahipun Kaji Harun ingkang tanpa upami, dene lajêng wontên lêlampahan makatên. Bawanipun băngsa muslimin, Kaji Harun tansah ngucap, alkamdulilah. Wusana sarêng sampun sami mapan tilêm, Kaji Harun pitakèn dhatêng Maryana makatên: Sesuk kowe arêp bali jam pira, guru.

Enjing, pak.

Ya aja esuk-esuk, soren-sorenan bae, ta. Bakyumu utawa bojomu mêsthine isih sayah,

Maryana lajêng pitakèn dhatêng bakyunipun: Priye, bakyu, karsane bapak, aku lan kowe supaya bali soren-sorenan bae.

Iya prayoga, aku mung manut bae.

Ya, wis, bali sore bae, trèm kang saka kene jam loro.

Apa ora bêcik trèm wêkasan bae.

Ora bisa, awit aku durung gawe rancangan lan sadhiyan [sadhiya...]

--- 75 ---

[...n] piwulang kanggo dina Sênèn.

Sasampunipun makatên, sadaya lajêng sami mapan tilêm. Kabêkta saking sayah tur sampun kasèp, tiyang sagriya tanginipun krainan sadaya, jam wolu enjing sami lêlinggihan wontên ing gandhog wingking, nglajêngakên anggènipun rêrêmbagan sinambi wedangan. Sarêng watawis jam sadasa siyang, rencangipun Kaji Harun nyêlak sarta wicantên: Ing ngajêngan wontên tamu, kyai.

Kaji Harun mangsuli: Sapa.

Kilap inggih, tiyangipun ngangge kupluk cêmêng gilap, ngangge clana panjang, ambêkta kopêr.

Kaji Harun lajêng mêdal ing ngajêngan. Samêdalipun Kaji Harun, tamunipun ingkang sawêg ngêntosi lajêng uluk salam.

Asalamungalaikum.

Ngalaikumsalam.

Tuwan dhatêng dhari mana.

O, punapa kang kaji kêsupèn dhatêng kula, kula Martadi, ingkang sawêg wangsul saking sabrang. Rumiyin kang kaji rak pinanggih kalihan kula wontên ing Bêtawi, ta.

O, inggih, inggih, inggih. Adhi rak pamanipun Maryati, ta.

Inggih.

--- 76 ---

Kêlêrêsan, dhi, kêlêrêsan. Maryati lan Maryana sapunika wontên ngriki. Dhatêngipun kalawingi.

Sukur ta, sukur, mila piyambakipun ingkang sawêg kula padosi.

Kaji Harun lajêng dhatêng wingking, suka sumêrêp dhatêng Maryati lan Maryana. Botên dangu Maryati lan Maryana mêdal ing jawi kanthi dhêg-dhêgan manahipun, sarêng katingal dening Martadi, sanalika kalih-kalihipun lajêng têrus karangkul, tanganipun têngên ngrangkul Maryati, tanganipun kiwa angrangkul Maryana kalihan nangis sarta wicantên apêgat-pêgat, têmbungipun: O, Maryati, Maryana, aku ... rumăngsa ... dosa gêdhe bangêt, ... marang ... kowe sakarone, ... ora liya ... amung ... pangapuramu ... bae ... kang dak ... jaluk.

Ngantos dangu tiyang têtiga punika anggènipun sami tangis-tangisan. Sarêng sampun sami lilih, lajêng sami mapan linggih kanthi bingahing manah. Kaji Harun lajêng pitakèn: Dhatêngipun saking sabrang kala punapa.

Dhatêng kula ing Jawi nalika dintên Kêmis, malêm Jumuwah kula sipêng wontên ing Bêtawi, malêm Saptu sipêng wontên Maos, dintên wingi kula kampir dhatêng Sumampir sakêdhap, lajêng têrus mriki

--- 77 ---

numpak trèm wêkasan.

Lah, wau dalu lajêng sipêng wontên ing pundi.

Wontên Kauman, kang kaji, jalaran kusir dhokar cariyosipun sami botên sumêrêp ngriki. Pikantuk-pikantuk katêrangan, sawêg kala wau enjing.

Maryati nyambêti pitakèn: Dados pak cilik kala wingi kampir dhatêng Sumampir, ngatên.

Iya, gêndhuk.

Napa simbok taksih wilujêng.

O, bibèkmu utawa sadulure ing Sumampir kono, wis padha puthês kabèh.

Martadi lajêng ambikak kopêripun mêndhêt dhus alit, kasukakakên dhatêng Maryati, wicantênipun: Ênya iki olèh-olèhku, minăngka panêbusing kaluputanku marang kowe, gêndhuk.

Nuwun, pak cilik.

Dhus lajêng kabikak dening Maryati, isinipun barang mas intên warni-warni, kados ta: sêsupe, giwang, pêniti lan sanès-sanèsipun.

Martadi lajêng mêndhêt arloji mas sarantenipun saking kanthonganing rasukan, kaulungakên dhatêng Maryana.

Sasampunipun makatên Maryati lan bapakipun alit lajêng sami nyariyosakên [nya...]

--- 78 ---

[...riyosakên] lêlampahanipun gêntos-gêntos wiwit pêpisahan, andadosakên cingakipun ingkang sami mirêngakên. Sasampunipun lajêng sami muji sukur ing Pangeran, dene sampun aparing kamirahan samantên agêngipun.

Kacariyos ing dintên punika ugi Martadi tumut dhatêng Banyumas, sarta salajêngipun ugi kêmpal kalihan kêpenakanipun. Sarèhning rumaos sampun sêpuh, Martadi lajêng namung ngrungkêbi anggènipun anglampahi agami. Nanging wontên ing ngriku sawêg kalih têngah taunan Martadi dumugi ing janji. Dene gêsangipun Maryati lan Maryana salajêngipun manggih kasênêngan lan kamulyan.

Tamat.

--- [79] ---

Isinipun.

... Kaca:
I. Kêpêjahan bapa biyung. ... 3
II. Margining kasangsaran ... 15
III. Kesah sapurug-purug ... 28
IV. Madosi tilas kancanipun ... 37
V. Kabar klintu ... 43
VI. Rumambating kamulyan ... 53
VII. Babaring lêlampahan ... 60

--- [0] ---

[...]

 


kaambêtan. (kembali)
kathah. (kembali)