Witaradya, Rănggawarsita, 1908, #517 (Pupuh 01–07)

Judul
Sambungan
1. Witaradya, Rănggawarsita, 1908, #517 (Pupuh 01–07). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
2. Witaradya, Rănggawarsita, 1908, #517 (Pupuh 08–17). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
3. Witaradya, Rănggawarsita, 1908, #517 (Pupuh 18–27). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
Citra
Terakhir diubah: 02-08-2020

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

WITORADIO

Sêrat Witaradya

Nyariyosakên lêlampahan pindhahipun Prabu Aji Pamasa saking nagari Kadhiri dhatêng tanah Pêngging, ingkang winastan praja Witaradya kasêkarakên dhatêng panjênênganipun Radèn Ngabèi Rănggawarsita pujăngga nagari Surakarta, ananging kaakênakên karanganipun Tuwan Pris Wintêr guru pamulangan calon guru ing Surakarta, kala taun Jawi ăngka 1792.

Kaêcap ing pangêcapanipun

N.V. Mij. t/v d/z Albert Rusche & Co, Soerakarta, 1908.

--- [1] ---

Witaradya

--- [2] ---

WITORADIO

Sêrat Witaradya

Nyariyosakên lêlampahan pindhahipun Prabu Aji Pamasa saking nagari Kadhiri dhatêng tanah Pêngging, ingkang winastan praja Witaradya, kasêkarakên dhatêng panjênênganipun Radèn Ngabèi Rănggawarsita pujăngga nagari Surakarta, ananging kaakênakên karanganipun Tuwan Pris Wintêr guru pamulangan calon guru ing Surakarta, kala taun Jawi ăngka 1792.

Kaêcap ing pangêcapanipun

N.V. Mij. t/v d/z Albert Rusche & Co, Soerakarta, 1908.

--- 3 ---

Sêrat Witaradya

1. Dhandhanggula

1. rarasing kang sêkar sarkara mrih | dèn aksama dening sang sudyarsa | ngawikani wêngkuning rèh | berawèng para ratu | ilanga kang sêsangkêr sarik | rongas wèsthining ăngga | gagating tyas antuk | wartaning kang parotama | sinung têngran sêmbah trus sukaning budi | tataning kang carita[1] ||

2. amèt saking srat Kawi kawarti | têturutaning Pustakaraja | Witaradya kamulane | nguni pangikêtipun | Êmpu Wilasaya kinardi | mardawaning wardaya | saking kang pituduh | Sang Bagawan Widhayaka | sinawung ing sêkar gêng lêlagon Kawi | kalampah duk ing kina ||

3. dyan kawuryan ing rèh kramaniti | pamanguning kang sêkar macapat | ginupitèng panganggite | Tuwan Pris Wintêr guru | mardi siswa ing saananing | pajaran Surakarta | ingêsahkên sampun | dening pujăngga narendra | Dyan Ngabèi Rănggawarsita palinggih | kaliwon kadipatyan ||

4. anrangakên rasa kang arusit [a...]

--- 4 ---

[...rusit] | wasitaning Êmpu Wilasaya | mangkana purwakaning rèh | wontên ratu linuhung | widagda ring ulah praniti | pasang sipta sasmita | sadaya wus putus | tatas salwiring kagunan | duk rumuhun akêkutha ing Kadhiri | dupi risaking praja ||

5. ngalih nagri marang tanah Pêngging | winastanan prajèng Witaradya | kang madêg nata namane | Sri Kiswara ing dangu | iya Alidrawa Narpati | ya Kusumawicitra | ingkang ajêjuluk | Sang Prabu Aji Pamasa | binathara ing jagad anyakrawati | kasub jayèng alaga ||

6. berawaning ratu dibya sakti | dening têdhak Prabu Jayabaya | mangkana têturutane | Jayabaya sêsunu | Prabu Jayamijaya nguni | putra Jayamisesa | yèku ramanipun | Prabu Kusumawicitra | kang ngadani ing Witaradya nagari | kinarya kutha arja ||

7. iya iku jroning tanah Pêngging | nguni wana gung unggyaning ditya | pirang dhukuh dhêdhangkane | tan petungan samya nut | ring rèhira sri narapati | dènnya wus sinor ing prang | marma sang aprabu | kasêbut Aji Pamasa | dening dadya pamunahing para juti | tuhu yèn wirotama ||

8. rong prakara kotamaning aji | bèrbudi ring rèh bawa laksana | lan dana wêsiasate | bèrbudi têgêsipun | lagawèng tyas paramartani | ring rèh bawa [ba...]

--- 5 ---

[...wa] laksana | nêtêpi puniku | barang solah pangandika | linakonan datan arsa angoncati | lwir dana siasatnya ||

9. gêganjaranira amênuhi | marang wadya kang anuju karsa | tabêri sabarang gawe | bênêr pangulahipun | wêsiasat yèn angukumi | matrapkên pangadilan | tanpa nganggo gigu | nadyan kang santana warga | lamun uwus tibane kukum sayêkti | pinidanèng wisesa ||

10. warna-warna lêlabuhan aji | lyaning kang rong prakara ing ngarsa | kasêbut utama kabèh | marma wadya lit agung | samya suyud sabaya pati | tan ana kang nglirwakna | pangawulanipun | sumungkêm lair batinan | jro nagara jaban praja wukir-wukir | tan pae anggêpira ||

11. sipat janma ambathara sami | maring Prabu Kusumawicitra | kataman ing utamane | tumanêming silarju | arjèng praja panjrahning janmi | samya sumungku suka | tan siku-siniku | sêngkud salwiring pakaryan | muwah-muwuh sarwa murah sandhang bukti | labêting nata dibya ||

12. tata titi pamatahing nagri | mulya tulus wuryaning kawiryan | mangkana ing salamine | Aji Pamasa Prabu | panjênênganira antawis | lagyantuk rolas warsa | samana winuwus | jroning taun Sadaksadha | etanging kang surya sangkala [sangka...]

--- 6 ---

[...la] marêngi | sinêmbah ing wong trustha |[2]|

13. kaetang ing căndra sangkala nis | warnaning kang gapura samana |[3] măngsa kartika sêdhênge | siniwakèng wadya gung | supênuh kang punggawa mantri | Kya Patih Tambakbaya | sumiwi ing ngayun | brahmana cari jajarnya | pra santana sadaya angapit-apit | kanan kèrining nata ||

14. lêlirangan dènira alinggih | urut ingkang sêpuh anèng ngarsa | munggwing wuri ingkang anèm | tarap pangayapipun | kang angapit têngên wêwangi | Arya Surănggamarta | nulya wurinipun | Risang Arya Surèngrana | Surèngpati Ukaramantri kang kèri | Si Rahirya mardawa ||

15. Wăndakara namanira mangkin | wuri Wijakăngka Wirasoka | Adiyana ing pungkure | kang anèng ngarsa prabu | santanendra para dipati | sawurining apatya | unggyaning alungguh | Adipati Wirapraba | Wirapraja Limandaya Wanagiri | jajar lan Wanabaya ||

16. Pujangkara lawan Tanpasiring | Tumênggung Măngraga Tanuhita | Ki Samahita jajare | Tumênggung Angun-angun | Andangkara lan Saralathi | Ngabèi Wirasraya | miwah Sapugarut | jajar lan Asmarandana | Sumbarjaya Darunastra Dêmang Sêndhi | tunggil Dêmang Byantara ||

17. Jănggamure lan Dêmang Camêthi | Dhadhapmantêp lawan Jămbahita | Êmpu Gănda Êmpu [Ê...]

--- 7 ---

[...mpu] Warèng | jajar lan Buyut Sumbul | Ki Badhagas lawan Badhali | akèh yèn kawarnaa | kang sewakèng ngayun | ya ta Sri Aji Pamasa | wiyosira ing ari Soma siniwi | wontên kang dadya karsa ||

18. gagat banguning tyas sri bupati | adrêng ngarsa ngalih kuthanira | maring wana kidul kilèn | patih dinuk ing wuwus | rêngên ta hèh kakang samangkin | kadarpaning tyas ingwang | tan kêna sinayut | arsa apindhaha kutha | iya marang wanantarèng Darawati | sun karya kutha gara ||

19. sarupaning raksasa rasêksi | ingkang anèng kono iku padha | dhawuhana ngalih kabèh | marang ing Gunungkidul | wanantara ing Dwarawati | nuli sira cêngkala | êndi kang apatut | tata rataning pratala | babadana nuli lêksanana aglis | lumakua priyăngga ||

20. arah-arahên ingkang prayogi | dadi puraningsun madyèng praja | patih sandika ature | eca imbalan wuwus | katungka kang atur udani | lamun wontên pandhita | marêk ing sang prabu | tinakèn pangakênira | wasta Ajar Sidhiwacana palinggih | ing Marbabu parwata ||

21. gupuh-gupuh sowanipun gusti | awit saking wasitaning dewa | kasupêna wèlèh-wèlèh | yèn arsantuk pitulung | umarêka ing sri bupati | kang lagya karya kutha [ku...]

--- 8 ---

[...tha] | nèng wana winangun | makatên wicantênira | sri narendra ngandika iridên nuli | maring byantaraningwang ||

22. rudatining tyas ajar kang prapti | antuk wangsit sajroning supêna | dimène sajarwa kabèh | mangkana sampun mundur | wadya ingkang atur udani | angirid sang pandhita | praptèng ngarsa prabu | sinambrama ing pambagya | matur nuhun kalingga murda pinundhi | ing panambrama nata ||

23. bawènipun amba tiyang wukir | kadhawahan sabda manuhara | lwir anendra upamine | supêna anglêlindur | katongton ing kawiryan adi | ya ta sri naranata | miyarsa gumuyu | angandika parikrama | kakang wiku sampun mawi wigih-wigih | sajarwa rasaning tyas ||

24. saupami pakèwêd samangkin | dening nuju wontên pasamuan | kenging sawanci-wancine | amêdharakên kayun | sukur bagya kawrat ing tulis | yêkti tan kawadaka | ing sangadinipun | Sang Ajar Sidhiwacana | marikêlu sarta mèt rontalirèki | katur ing sri narendra ||

25. kramaning srat katupiksèng aji | sampun tamat ing pamaosira | kadhadha sasurasane | angêbun-êbun esuk | angêngudan sore supadi | sagêd nuwilagănda | andika sang prabu | kakang wiku kawikana | kang kuwasa karya jodhoning dumadi [duma...]

--- 9 ---

[...di] | amung Sang Hyang Wisesa ||

26. mêmalad tyas andikanira ji | sinamayan benjang măngsa sitra | sang ajar suka manahe | pamit kalilan mantuk | nata luwar dènnya tinangkil | tumamèng dhatulaya | wau ta winuwus | Kyana Patih Tambakbaya | ing antara dina angkatira kanthi | punggawa kang prayoga ||

27. para mantri panêkar tan kari | pinilihan kang samya widagda | undhagi sabarang gawe | sangkêp sasikêpipun | praptèng paran isthanya kadi | nênumpu sato wana | pamatahing laku | dènira anitik papan | kang pakantuk bawera rêsik waradin | pantês kinarya kutha ||

28. rakit-rakiting panyêngkal siti | pan kinarya kubuk wiyarira | gêgili pinapar kabèh | lêbak-lêbak kaurug | wrêksanira dipun babadi | ditya kang adhadhăngka | dhinawuhan sampun | ngalih mangidul sadaya | manggon anèng iring-iringaning wukir | parêk lan ing Malawa ||

29. pakarangan amêmagêrsari | kuthèng raja pandhita dênawa | Kalasuwedha namane | ya ta malih winuwus | ingkang sami anambutkardi | andon andina-dina | ing antaranipun | rampung pambukaning wana | Kyana Patih Antyaka atur udani | dènnya karya pangreka ||

30. kawistarèng wangunan pasagi | sri narendra dahat sukaning

--- 10 ---

tyas | patih dhinawuhan mangke | kalumpuk kayu watu | angupaya ing wukir-wukir | kinèn angumpulêna | anèng gon puniku | nuli padha dèn garapa | karya kutha pagêr garogol kang bêcik | capurining kadhatyan ||

31. wiwitana ing măngsa manggasri | saking wetan ubênge angiwa | têmu gêlang wêkasane | sinungan tugu sêrut | patih matur sandika mijil | sampun mêmatah wadya | kang sami tunuduh | ngupaya watu lan wrêksa | andum paran sowang-sowang gya lumaris | kunêng gantya winarna ||

32. ingkang amartapa apêpidik | anèng wukir Marbabu punika | ing Endrakila dhepoke | Sidhiwacana Wiku | praptanira saking nagari | nguni wus awêwarta | marang sutanipun | salwiring kang linakonan | têka gampang kaparêng karsaning aji | sajroning măngsa sitra ||

33. nawung raras ruming sari-sari | asrining amiwaha pangantyan | yêkti dahat prayogane | dening măngsa tumuwuh | tarulata duk samya sêmi | sira Bangbang Sucitra | sukèng tyas angrungu | pawartaning ramanira | wus mangkana dupi antara marêngi | praptaning măngsa sitra ||

34. gatining tyas sang wiku ing mangkin | mèngêt arsa marêk ing narendra | anrang kang dadya karsane | mangkat kanthi pêpikul | warna-warna wijiling [wi...]

--- 11 ---

[...jiling] wukir | amung kalih rêmbatan | kinarya tur-atur | praptaning praja kalilan | sowanira kapanggih ing sri bupati | sinambrama pambagya ||

35. ri sotaning tyas sang maha muni | langkung suka rumasa katrima | ingkang dadya tur-ature | matur anuhun-nuhun | agung dhêku noraga mèt sih | prabu sampun anduga | ing sasmitanipun | dadya rum andikanira | kakang wiku sampun praptèng măngsa mangkin | nanging panêdhaningwang ||

36. surupêna asaling lêluri | utamaning wong abêbesanan | kêdah wruha sajarahe | sang ajar aturipun | dhuh pukulun pedah punapi | asaling tiyang arga | awon èstunipun | ngandika sri naranata | kakang wiku ing mangkya manawi wiwit | dados asli utama ||

37. rêrancagan kewala prayogi | sang pandhita umatur sandika | èngêt-èngêtan wartine | inggih kala rumuhun | wontên raja pandhita lêwih | Rêsi Sidhiwacana | punika sêsunu | wasta Rêsi Sidhikara | asêsunu Rêsi Sadhana ing nguni | sêsuta Sudhagnyana ||

38. karya dhepok ing ngriki puniki | asêsuta kalih sami priya | ingkang asêpuh wastane | Sang Rasika ing dangu | Acitraka ingkang taruni | wontên wukir Aswata | padhepokanipun | dene Sang Rêsi Rasika |

--- 12 ---

asêsuta Ajar Sidasadya nguni | sêsuta Sidokara ||

39. taki-taki wontên ing wanadri | inggih punika bapa kawula | ya ta sapamiyarsane | nata suka kalangkung | angandika lah kakang mangkin | kalêrêsan kewala | parikramèng ulun | têmbung kakang jatinira | prênah sêpuh urut-uruting lêluri | kula prênah taruna ||

2. Sinom

1. awit ingkang kacarita | wontên ing Aswata wukir | kawarti lêluhur ingwang | saking ibu duk ing nguni | Sang Acitraka Rêsi | sêsuta satunggal jalu | ran Rêsi Citradana | punika sêsuta kalih | kang asêpuh wasta Sang Rêsi Sucitra ||

2. kang nèm Dèwi Citraswara | kagarwèng rama narpati | patutan kula punika | etang uruting lêluri | andika lawan mami | kadang tunggil canggah tuhu | Ajar Sidhiwacana | andhêku konjêm ing siti | suka sukuring tyas kawistarèng nitya ||

3. samantara enjangira | ajar pamit dèn lilani | yèn wus parêk ing purnama | dhinawuhan wangsul malih | amirantia sarwi | ngajaka sutane jalu | matur sandika mangkat | sapraptanira ing wukir | tata-tata mêmatut pirantinira ||

4. rampunging pangupakara | mèh parêk purnama sidhi | mangkat saking Endrakila | Bangbang Sucitra tan kari | para siswa umiring | indhung-indhung ulu guntung | cantrik [ca...]

--- 13 ---

[...ntrik] cèkèl puthutan | manguyu janggan wêwasi | kêbut kabèh kang kari mung sawatara ||

5. myang parèstri kang tut wuntat | sagung abêt-abêt sami | ubon-ubon lawan endhang | bidhang dhayang sontrang mêntrik | miwah para dêdungik | ngayap kanan kèrinipun | pêpikul anèng ngarsa | ki ajar anumpak sapi | sira Bangbang Sucitra wahana kuda ||

6. pasang rakiting lêlampah | têtabuhan urut margi | angklung bangkilung kêkêndhang | trêbang bêndhe myang sangkuni | gêntha kêkêlèng muni | abarungan swara umung | wong urut padêdesan | akèh samya nêningali | ana ingkang kayungyun laju tut wuntat ||

7. tangèh lamun winuwusa | rarasing samargi-margi | rong dina praptèng nagara | wus katur ing sri bupati | kya patih dèn dhawuhi | mrênahkên pondhokanipun | sugata tan kuciwa | sangkêp maneka mênuhi | duk samana Kyana Patih Tambakbaya ||

8. amanggihi tamunira | dupi nalika udani | marang sutane ki ajar | tansah nahên waspa dening | tan kasamaran yêkti | lamun iku gustinipun | putra nata pangarsa | Dyan Citrasoma ing nguni | kang ailang rusaking prajèng Mamênang ||

9. kaupaya tan kapanggya | kongsi prapta ing samangkin | nanging Radyan Citrasoma | supe marang kyana patih |

--- 14 ---

dènira duk ing nguni | maksih timur durung emut | kya patih atêtanya | maring ajar bisik-bisik | kamulaning sêsuta jalu utama ||

10. Sang Ajar Sidhiwacana | wêwangsulanira ririh | bêndara sang mantrimukya | dipun sarănta ing galih | benjang kula jatèni | yèn ing karya sampun rampung | lêstantun kalampahan | dhaupipun suta mami | inggih lawan putrinipun sri narendra ||

11. kya patih sampun anduga | ing lair sasat piningit | ing batin maksih rinasa | paran wahananing dadi | marma tyas widhak-widhik | antukira kongsi surup | tansah ngudi wardaya | binudi-budi dumadi | marêk maring ngabyantarèng naranata ||

12. matur ing rèh wêwisikan | duk miyarsa sri bupati | ngungun angunandikèng tyas | baya kaelokan iki | dene ta putra mami | antuk jodho sutèng diyu | kang katêmu ing wana | Rara Têmon sun arani | iya paran yèn wus karsaning bathara ||

13. wêkasan ngandikèng patya | hèh kakang prakara iki | aywa kongsi corah-corah | bokmanawa kapiyarsi | ing arinira sori | têmah amêmugut laku | murungkên pandon dadya | kasiku ing jawata di | wantuning dyah tan bisa mot saniskara ||

14. luhung enggalna kewala | sampating sapalakarti [sa...]

--- 15 ---

[...palakarti] | bawahanirèng pangantyan | daya-dayaa kapanggih | paran dadining wadi | patih sandika turipun | sarwi wotsari mêdal | mêlak kang anambutkardi | tigang dina rampunging panguparêngga ||

15. katur ing sri naranata | tan ana kang dèn waoni | samana andungkap măngsa | praptaning purnama sidhi | para wiku ing wukir | kang miyarsa akèh rawuh | angèstrèni wiwaha | dhaubing pangantyan sami | mêmanguyu pangayun-ayuning karya ||

16. wus mangkana kyana patya | lan sakancanira sami | dhinawuhan angirida | pangangtèn jalu marêngi | wanci suruping rawi | lêbune maring kadhatun | aywa kongsi kuciwa | pangarakira ing margi | rinênggaa dèn asangkêp paripurna ||

17. kya patih matur sandika | samana mèh surup rawi | pangantèn jalu ingarak | uparêngganirèng margi | maneka warna sami | samapta srining raras rum | rumêsêp sarwa sumar | sumirat amaratani | ing rêratan tanpa sêla kang tumingal ||

18. tangèh lamun winarnaa | rêrênggan uruting margi | dupi praptèng purantara | dhaubing pangantèn kalih | binayangkarya sami | sumiwèng byantara prabu | sakalihan sumêmbah | anguswa ring jêngiraji | myang padaning garwa nata Dèwi Soma ||

19. sadangunira tumingal | maring pangantèn jalwèstri [jalwè...]

--- 16 ---

[...stri] | pramèswari Dèwi Soma | ana kang karasèng galih | pangantèn priya kèksi | sapukiraning wêwangun | angêblêgi kang putra | Dyan Citrasoma ing warni | datan siwah sasolah tênaganira ||

20. sangsaya waspadèng tingal | samana sang pramèswari | rumasa sampun pramana | datan darana ing galih | gupuh amêngkul maring | jangganing pangantèn jalu | sarya lara karuna | sêsambat amêlas-asih | adhuh lae kamurahaning bathara ||

21. kalinganeya samangkya | anak ingsun woding ati | katêmu mulih priyăngga | lah paran wadine iki | têka andadak dadi | yoganing pandhitèng gunung | ya ta Bangbang Sucitra | karêrantan turun tangis | wong jro pura otêr tumutur karuna ||

22. Sang Prabu Aji Pamasa | nahên waspa marêpêki | angêngimur maring garwa | mêngko-mêngko dèn aririh | aywa kageyan yayi | sarantakêna karuhun | bêbasan aywa gita | yèn durung uningèng gati | sun undange Sang Ajar Sidhiwacana ||

23. arsa takon purwanira | sêsuta jalu apêkik | saksana nuduh parêkan | animbali kyana patih | sarta kinèn angirid | sang wiku manjing kadhatun | antara dangu prapta | nulya pangantyan jalwèstri | samya kinèn angabêkti sakalihan ||

--- 17 ---

24. Sang Ajar Sidhiwacana | samana dupi udani | maring pangantèn wanudya | datan kasamaran yêkti | lamun yogyanirèstri | kang ilang duk maksih timur | sang ajar tan darana | mêngkul jăngga sarwi nangis | asêsambat dhuh Sriati sutaningwang ||

25. bagya sira wus kapanggya | dadi putraning narpati | kamayangan têmên nyawa | anyuwargakkên ing mami | Rara Têmon miyarsi | sêsambatira sang wiku | datan mèlu karuna | karana supe kapati | yèn sang aji iku kang rama priyăngga ||

26. dènnya duk kabêktyèng ditya | maksih timur durung eling | ya ta Sri Aji Pamasa | atêtanya paran marmi | pangantèn kang pawèstri | ingakên atmajanipun | pangantèn ingkang priya | iku sutane sayêkti | yèn mêngkono apa dadi têmu kadang ||

27. yêkti punika tan layak | kêna upatèng dewadi | ajar alon aturira | pukulun sang misudhèng sih | ila-ila punapi | yèn amba kang ngawu-awu | kados tan kasêmbadan | dening mring kang murbèng pasthi | dhasar inggih yêktos punika sutamba ||

28. pun Sriati wastanira | ical kala maksih alit | kaupadi tan kapanggya | kawula kintên manawi | kabêkta ing rasêksi | nguni duk măngsa panawur | akathah rare ical | kadhusthèng ditya

--- 18 ---

kinardi | têtawuran dhatêng Hyang Siwandakala ||

29. marmamba lajêng ngalaya | angayam-ayam wanadri | amung angèsthi antaka | saking parmaning dewadi | dumadakan amanggih | rare jalu warna bagus | kawula atêtanya | sangkan paranira kumbi | amung ngakên namanipun Citrasoma ||

30. purun kawulambil suta | amba salini wêwangi | pun Jaka Pupon punika | mawi kawula parabi | Bangbang Sucitra nguni | sapariki laminipun | sampun tri wêlas warsa | diwasanipun samangkin | amba tantun arabi sangêt lênggana ||

31. purunipun palakrama | yèn antuk atmajèng aji | wrating tiyang darbe suta | datan ketang anrang wèsthi | têmahan purun prapti | marêk ing byantara prabu | tanpa mawi larapan | umatur anjangkung aris | parikêdah anuwun nuwila gănda ||

32. kaparêng lan dados dhangan | saking karsa paduka ji | mangke sampun kalampahan | wêkasan pangantèn èstri | suta amba sayêkti | kadospundi wadosipun | têka wontên kawuryan | lampahan makatên gusti | elok têmên panduming Suksma Wisesa ||

33. Sang Prabu Aji Pamasa | miyarsa angrês ing galih | dahat ing pangungunira | wusana ngandika aris | kakang wiku samangkin | sampun [sampu...]

--- 19 ---

[...n] kalampahan dhaub | Jaka Pupon kalawan | Rara Têmon têmah dadi | kaelokan saking karsaning bathara ||

34. bêbasan lêta samodra | lawan kalingana wukir | yèn pasthi jodho sanyata | mêsthine têka kapanggih | tanpa sarat sadawir | inggih kalampahan dhaub | mangke nêdhênge samya | mêdhar kêkêraning Widhi | dènnya karya kaelokan wus kawuryan ||

35. makatên liring kêkêran | kang badhe kawêdhar mangkin | kamulyaning bêbesanan | kakang ajar lawan mami | kula kang urun èstri | andika kang urun jalu | wêkasane punika | pun kakang urun pawèstri | magkya kula kang urun pangantyan priya ||

36. dados têmbung lintu patra | urup-urup urapsari | kula gantya awêwarah | kalawan sajarwa jati | sajatinipun inggih | pangantèn jalu puniku | putra amba pangarsa | Dyan Citrasoma wêwangi | nguni ical kala risaking Mamênang ||

37. kapanggya sawêg samangkya | andika pupu puniki | dahat katarimaning tyas | suka sukuring tyas mami | dene pangantyan èstri | punika sajatinipun | ênggèn kula amanggya | wontên dhangkaning rasêksi | purwanipun makatên kula carita ||

38. sampun tiga wêlas warsa | jêngkar ngong saking Kadhiri | awit ambujung [ambu...]

--- 20 ---

[...jung] maesa | andanu kang karya wèsthi | agung ngrêrusak maring | pagêr pagrogolan ingsun | kongsi kalunta-lunta | ing pambujung kula nguni | kang maesa andanu datan kacandhak ||

39. sabên cêlak mèh kewala | kula lêpasi jêmparing | maesa mêsat sakala | lumumpat angilat thathit | yèn têbih angandhêgi | yayah angêngerang laku | antawis pitung dina | icale maesa bothi | wontên madyaning wana Krêndhawahana ||

40. nuntên kula pinanggihan | dening Bathari Yuwati | ratuning Krêndhawahana | paring wasita sajati | yèn praja ing Kadhiri | kalaban lêlahar agung | tanpa sangkan kang tirta | kongsi tumêkèng jro puri | pira-pira wong kang kataman asmara ||

3. Asmaradana

1. dene katampêk ing banjir | tanbuh ing bêbukanira | dhasar dalu praptaning we | marma sapraja ru-ara | samya gung pêpuyêngan | ana ngili ngalor ngidul | ngetan angulon samana ||

2. amung nêdya ngungsi urip | wêkasan kula tinêdah | maring wana kidul kilèn | ing Pêngging dhangkaning ditya | kinèn abêbadhea | samadyèng wana ing ngriku | têmbe dadya praja arja ||

3. saksana kula lampahi | praptaning Pêngging têmah prang | lan ditya kang anèng kono | ananging [ana...]

--- 21 ---

[...nging] samya amênang | sagung para raksasa | pira-pira samya lampus | dening sarotamaningwang ||

4. sasinane kang ngêmasi | samya nungkul minta gêsang | purun tumut sakarsèngong | babad-babad wanawasa | nulya kula tumingal | rare èstri kawiyungyun | ing sulur woding mandira ||

5. watawise dèrèng lami | dènnya tumamèng bêbaya | kula kamiwlasên tumon | laju natasi pusara | luware datan kêna | tinakon karananipun | pijêr anangis kewala ||

6. sambate rama rasêksi | têka kolu nganiaya | mung makatên sadangune | ing nguni pamanah kula | yêkti sutaning ditya | wêkasane kula pupu | kula ambil suta amba ||

7. alajêng kula namani | pun Rara Têmon punika | ing antara ari mangke | garwa putranipun samya | nusul kapanggih arja | wadya umiring sadarum | sesaning pêjah kablabak ||

8. mung putraningong pangarsi | nguni kang dèrèng kapanggya | marmane pun Rara Têmon | kang măngka lêliru dadya | putraningsun pangarsa | garwèngong marêm tyasipun | suda wiyadining driya ||

9. dupi ing antara lami | praptaning măngsa diwasa | andika ngêbun-bun sore | dhanganing tyas arsa wruha | kadadyaning wêkasan [wêkasa...]

--- 22 ---

[...n] | kula mèt sutaning diyu | antuk yoganing pandhita ||

10. têlas pangandika aji | Sang Ajar Sidhiwacana | miyarsa ngungun têmahe | sangêt suka sokuring tyas | dènnya panuju samya | manggih raharja sadarum | kaelokaning bathara ||

11. wus mangkana kyana patih | dhinawuhan awêwarta | marang para wadya kabèh | wêdharing kang kaelokan | wêkasan liru patra | putra nata ingkang jalu | sutèng ajar kang wanudya ||

12. matur sandika wotsari | mijil sampun awêwarta | kang miyarsa ngungun kabèh | ya ta winarna sadaya | sajroning pamiwahan | amung suka-suka nutug | muwah-muwuh ăndrawina ||

13. jangkêp maneka mênuhi | tan ana kang kakurangan | kongsi ing pêndhak dinane | dupi praptaning antara | ajar pamit kalilan | winêling nuntêna wangsul | têtuwi maring kang putra ||

14. myang para wiku ing wukir | kinèn samya sring tuwia | umatur sandika kabèh | angkate saking nagara | andum paran sowangan | praptèng padhepokanipun | lajêng warta-winartanan ||

15. ya ta kawuwusa malih | prajèng Pêngging Witaradya | măngsa asuji ing mangke | praptaning para narendra | ing amăncanagara | saha wadyakuswa kêbut |

--- 23 ---

seba sabên tanggap warsa ||

16. wus dadya adating nguni | para nata măncapraja | mung sapisan sumiwine | sabên wêkasaning warsa | praptèng taun wiwitan | andhèrèk wiyosing prabu | ngujubakên rajawedha ||

17. lire sidhêkah sang aji | mêmule arjaning praja | pêndhak wiwitan warsane | sangkêp punang têtingalan | sarwa sri nekawarna | samana antaranipun | praptaning kang rajawedha ||

18. marêngi tanggaping warsi | wiwitan măngsa kartika | nalika duk pamancade | ing taun Jagalogêna | etang surya sangkala | gunaning wong trusing luhur |[4] kaetang căndra sangkala ||

19. janma karya gatrèng langit |[5] wiyosira sri narendra | angijabakên mêmule | sidhêkahan rajawedha | sawusira bojana | carikan lumèngsèr dinum | ing para wadya warata ||

20. anulya pasang piranti | têtingalan warna-warna | karya sukaning wong akèh | ana dadya parêbutan | wênèh binasmi samya | miwah ana kang kalabuh | myang binuwang ara-ara ||

21. wusnya mangkana narpati | miyos ngubêngi nagara | mariksa pasang rakite | sagung panggenaning wadya | tan ana kaliwatan | dupi têpung gêlang wangsul | siniwi ing panangkilan ||

22. samana para narpati |

--- 24 ---

samya winartan sadaya | saliring rèh lêlakone | kang putra Dyan Citrasoma | kaelokaning dewa | kawuryan ingambil mantu | wêkasane liru lambang ||

23. miwiti malah mêkasi | prabu dènnya awêwarta | para nata ngungun kabèh | samya suka sukuring tyas | wus luwaran samana | cinarita praptanipun | ing wulan purnama sada ||

24. karsanira sri bupati | kang putra Dyan Citrasoma | mangkya jinunjung lênggahe | nama prabu anom ika | kabyawara warata | anèng pasewakan agung | ingestrenan para nata ||

25. myang para wiku ing wukir | mangayubagya sadaya | jumurung pangastutine | Sang Ajar Sidhiwacana | sru suka sukuring tyas | dene putranira mantu | mangkyantuk sihing ramendra ||

26. dupi ing antara ari | prabu miyos siniwaka | kadi saban kang kalakon | Kyana Patih Tambakbaya | dinangu kang anggarap | ing kutha anyar winangun | matur kantun sawatara ||

27. pangandikaning narpati | marang sagung para raja | kinèn angantia kabèh | pangalihing kutha anyar | samya matur sandika | kaparênga karsa mangun | pakuwone sowang-sowang ||

28. wus kalilan nulya pamit | sami amêmilih papan | sasênênge dhewe-dhewe [dhe...]

--- 25 ---

[...we-dhewe] | praptèng kono amêmatah | kang kinèn nambutkarya | gêlakan panggarapipun | tan alami sampun dadya ||

29. kunêng kawarnaa malih | amarêngi măngsa sitra | wiwit tanggal kapisane | budhale kang rajadarwya | isèn-isèning pura | ing antara dina rampung | tinatèng gon sowang-sowang ||

30. praptaning purnama sidhi | Sang Prabu Aji Pamasa | pindhah sagarwa putrane | myang para putra punggawa | sawadyakuswa samya | umiring sadaya kêbut | sangkêp sopacaranira ||

31. dene ingkang maksih kari | mung wong ngindhung nyagak papat | tan bisa ngusung wismane | wong ngindhung ingkang kuwawa | datan sêdya kantuna | nahan saananing ênu | lampahira sri narendra ||

32. sampun praptèng Dwarawati | amêmatah para nata | sarta sawadyabalane | ing panggonan sowang-sowang | samana winursita | pitung dina pitung dalu | prabu maksih anèng jaba ||

33. durung karsa manjing puri | nganti rampunging panata | miwah panidhikarane | pinuja mantrèng dêdupa | dening para pandhita | dupi paripurna sampun | prabu tumamèng kadatyan ||

34. abujana siyang ratri | lawan sagung para nata | myang wadya punggawa kabèh | kongsi patang puluh dina | andungkap praptèng măngsa | manggakala [manggaka...]

--- 26 ---

[...la] kang winuwus | sagunging para narendra ||

35. pamit mantuk dèn lilani | duk samana karsa nata | mangkya kinèn karya bale | manguntur ing panangkilan | myang păncaniti samya | sinarênga adêgipun | kya patih matur sandika ||

36. kunêng prajèng Dwarawati | gantya ingkang kawarnaa | dhadhakaning kăndha mangke | kadi sarêng salampahan | graning wukir Warsasta | wontên ditya kang kasêbut | anama Raja Parwata ||

37. dènnya rêraton wus lami | balane mung brakasakan | myang para lêlêmbut kabèh | sagunging wêwêdi samya | rinèh kapangkat-pangkat | andhap luhuring lêlungguh | miwah panggaweanira ||

38. nanging pilih kang udani | dènnya maksih sêsiluman | nadyan kang parêk prajane | ratu ing Awantipura | Sang Prabu Sena Raja | sayêkti datan angrungu | yèn ana ditya rêratyan ||

39. mangkya winursitèng kawi | Sang Ditya Raja Parwata | lagi kataman wirage | kapati putêking driya | dènnya kang putra priya | nama Sang Ditya Parasu | anggung gêgubêl kewala ||

40. datan kêna dèn sayuti | pamintane maring rama | anuwun jatukramane | ingkang tansah katuwawa | katon jroning supêna | nunggal anèng tilam santun | karasa rarasing driya ||

4. Mijil

1. amung [a...]

--- 27 ---

[...mung] raja putri prajèng Pêngging | nama Rara Têmon | kang dumunung anèng woding tyase | awit pawartane para pêri | kang sampun udani | maring sang rêtna yu ||

2. ngulatana ing sèwu nagari | datan ana roro | tuhu ratuning ayu warnane | nadyan ingkang para widadari | pilih kang umirib | wêwangunanipun ||

3. marma Ditya Parasu kêpati | putêking tyas kepon | kapencut ing pawarta têmahe | angêngudi ing rama yaksa ji | bisaa tumuli | dhaub lan sang ayu ||

4. rama ibu Parwata Parwati | kamiwlasên tumon | apuwara tinut pamintane | animbali Gandarwo Baidhi | prapta dèn dhawuhi | yèn arsa tinuduh ||

5. kinèn laku dhustha marang Pêngging | mèt putrining katong | kang tan kongsi kasatmatèng ngakèh | Sang Baidhi sandika wotsari | mêsat ing wiyati | wor maruta nurut ||

6. angragancang lumrang ima wèri | sinrang ngisis mring sor | asarsaran sumawur ririse | lampahira Gandarwo Baidhi | praptèng tanah Pêngging | wayah surywa surup ||

7. nahan ing rèh Gandarwo Baidhi | gantya winiraos | Rêsi Kalasuwidha wiyose | darbe suta wanodya yu luwih | apanêngran Dèwi | Sidhawati iku ||

8. wus antara warsa kambil siwi | dènira [dè...]

--- 28 ---

[...nira] sang katong | pinacang lan sutendra kang anèm | marma anèng jro pura piningit | mangkya amarêngi | karsaning dewa gung ||

9. pan kinarya lêlakon kawarni | wayah sirêping wong | Dèwi Sidhawati arsa sêne | maring jamban parêkan kêkalih | kang umiring ngarsi | anggawa sêsuluh ||

10. duk samana Gandarwo Baidhi | samantara tumon | wanudya yu endah suwarnane | wus anyana yèn iku kang kèsthi | tan darana nuli | maniyup tumurun ||

11. dupi Dèwi Sidhawati mijil | saking jamban anjog | patataraning bèji kang kilèn | dyan sinambut maring Sang Baidhi | kabêktèng wiyati | angambara silum ||

12. sru karuna Dèwi Sidhawati | parêng cèthi karo | anjrit samya sora suwarane | kapiyarsèng nata sigra mijil | sawadya kang kêmit | parêkan dinangu ||

13. aturira miwiti mêkasi | angungun sang katong | ruditèng tyas tambuh pambudine | dyan amatah wadya kang ngulati | myang atur udani | ring kaka sang wiku ||

14. nahan gantya winursita maksih | sarênging lêlakon | putrèng Samapura ingkang anèm | apanêngran Radèn Umbulsari | karêm atêtaki | sabên-sabên dalu ||

15. anggung lunga nis amung pribadi | kongsi tumêkèng doh | nut têtirah ing wukir

--- 29 ---

parane | antarantuk lêlakon sawêngi | trêkadhang rong ratri | tigang dina mantuk ||

16. ing nalika punika winarni | lampahe sang anom | praptèng tanah ing Pêngging wayahe | sirêp janma samana kapanggih | gandarwo sawiji | sarywa ngêmban sunu ||

17. lagya mothah lara-lara nangis | anggiyêng galolo | datan lilih pangêla-êlane | myang rinapu ingarih-arihi | kewran dènira mrih | mênêng sutanipun ||

18. marma mangkya pêrlu arsa panggih | kalawan sang anom | minta tulung gandarwo wuwuse | dhuh rahadèn kaparênga mugi | ambirata sêdhih | ngusadèng tyas gidhuh ||

19. suta ulun puniki anangis | panglipur tanpandon | pijêr mothah budi sadangune | paran sangkaning sagêda lilih | andika tulungi | sumăngga sang bagus ||

20. Radyan Umbulsari anauri | mangke ta dèn alon | kula takèn nama sajatine | dimèn datan karya walangati | gandarwo mangsuli | dhuh rahadèn bagus ||

21. wiyosipun kawula puniki | ratuning gandarwo | Sang Karawu kasubing wastanggèr | sutèng Raja Gandarwo Sampati | manawi sang pêkik | sagêd atêtulung ||

22. nêng-ênêngi lare lagya budi | srah jiwangganingong | sumăngga ing sakarsanta anggèr | Radèn Umbulsari

--- 30 ---

malat kang sih | wlasira kapati | nămpa astanipun ||

23. sarywa muwus lah kisanak pundi | coba kula êmong | sang gandarwo ngulungkên sutane | wus katampan ingêmban tumuli | kalela-lela ris | rinaras kêkidung ||

24. eman-eman wong bagus anangis | angur agêguyon | sun opahi kêkitiran gêdhe | yasanira Sang Hyang Ênêngjati | ilir-ilir silir | sumilir hyang bayu ||

25. isik imong sutane si kaki | kidang wulung jalon | putunèki ari măngsa kiye | gumalundhung lir padhas seladri | rupanira kadi | bugêl kayu sêmpu ||

26. kaping tiga anulya winisik | karnanira karo | cu palicu si palicu sarèh | aja nangis yèn tan bisa nolih | githokmu pribadi | cêp mênêng lês turu ||

27. sanalika mularira lilih | sutane gandarwo | amung kari kasêsêgên bae | sêmu guyu-guyu têmah guling | gandarwo udani | dahat suka sukur ||

28. tan antara amiyarsa tangis | layung-layung nglamong | ing awiyat kawuryan jatine | sang gandarwo raja muwus aris | wontên bagya mangkin | kantuna sang bagus ||

29. sigra mêsat angambara panggih | lan dhustha têtakon | lah ta sapa sira gendhong kuwe | Sang Baidhi kêtêring tyas titis [titi...]

--- 31 ---

[...s] | datan anauri | mung anggege laku ||

30. tinut wuri saparan tiniti | mêksa tan miraos | kongsi praptèng Parsasta wayahe | titi sunya Gandarwo Baidhi | arsa manjing puri | mangkya sang dyah ayu ||

31. tansah maksih lara-lara tangis | ngadhuh angatuhon | katuhone awak ingsun kiye | tan ana kang sêdya angulati | kabêsturon sami | wong Pêngging sadarum ||

32. ya ta sang gandarwo raja myarsi | sambat kang mangkono | wus anduga yèn iku yêktine | putrinira narendra ing Pêngging | kadhusthèng Baidhi | dinon ing alimun ||

33. matak măntra wikrama sangkali | sang raja gandarwo | manaputi Baidhi têmahe | kasulayah lir kataman tali | bayu larut kongsi | tan bisa amuwus ||

34. dyan sinambut Dèwi Sidhawati | mring raja gandarwo | sarywa matur dhuh dèwi wiyose | sampun kaduk tyas abela tampi | pun bapa puniki | dhapur kang angruruh ||

35. ing samangke kula bêkta inggih | kondur angadhaton | lan pun dhustha punika pantêse | katura ing rama paduka ji | Dèwi Sidhawati | sangsaya margiyuh ||

36. kewraning tyas manawa sinandi | upayèng gandarwo | dadya mênêng mupus ing pêpasthèn | wus mangkana gandarwo narpati | mardya mangaskrêti [mangaskrê...]

--- 32 ---

[...ti] | mêsat saywa muwus ||

37. hèh Baidhi tut wuria aglis | ing salakuningong | dyan umiring dening kataman rèh | pakantuking aji pangaskrêti | tumutur kang kèsthi | saengga tinuntun ||

38. tan anatara lampahira prapti | ing gènnya sang anom | maksih among ing gandarwo rare | sira Raja Karawu udani | gumuyu saywa ngling | mantêp sang abagus ||

39. mangkya ulun arsa malês kang sih | bokmanawi dados | kalêrêsan sapangarahing rèh | măngka marganing antuk kamutin[6] | yêkti dèn lampahi | kangelan rumuhun ||

40. ing samangke mupung amarêngi | bang-bang wetan katon | sayêmpraba pangalad-alade | hyang aruna mimba bangun enjing | pakantuk marsudi | budi kang rahayu ||

41. kaparênga kawula aturi | kampir wismaningong | mung sakêdhap kewala rahadèn | wontên rêmbag ingkang awigati | lan arsa wêwarti | lampah kula wau ||

42. Radèn Umbulsari anuruti | samantara katon | kadhaton mas sarwa sri rarase | sangkêp sèsinya maneka warni | padhange kapati | tanpa surywa tèngsu ||

43. praptaning jro pura gandarwo ji | lênggah ing mêmeron | para cèthi marêk saanane | samya suka dènira ningali | gandarwo lit lilih [li...]

--- 33 ---

[...lih] | malah enak turu ||

44. sang gandarwo raja anyawisi | lamak mas kinaos | saywa nguculakên gendhongane | wus alênggah Dèwi Sidhawati | Radèn Umbulsari | satata ing ngayun ||

45. nulya nuduh parêkan sawiji | sang gandarwo katong | tampanana bêndaramu kuwe | wus asuwe ingêmban sang pêkik | cèthi kang tinuding | anampani gupuh ||

46. alon matur gandarwo narpati | maring sakaroron | atêtanya ing sangkan jatine | lawan ingkang sinambat wêwangi | Dèwi Sidhawati | sajarwèng panguwus ||

47. sajatine ingkang asêsiwi | dityarsi kinaot | ing Malawa kasub panêngrane | Raja Kalasuwidha kawarti | trah Malawapati | mula-mulanipun ||

48. dene ibu kula ratu pêri | warna yu kinaot | Dyah Rawati punika namane | apêputra Dèwi Sidhawati | inggih awak mami | kalêbêt dèn ugung ||

49. kongsi wayah diwasa ingambil | putrangkat kinaot | dening Natèng Pêngging datan pae | lawan paratmajendra pribadi | kagyat duk miyarsi | Sang Raja Karawu ||

50. wuwusira kalingane iki | pêpulunan ingong | dhuh rahadèn dèwi ing samangke | kula pêpoyan warta sajati | botên ta mêmurih | mèt pangawu-awu [pa...]

--- 34 ---

[...ngawu-awu] ||

51. kang anama Dyah Dèwi Rawati | punika kakangbok | kadang tunggil sayayah renane | sami putra Narendra Sampati | mijil saking sori | Sang Dèwi Panurun ||

52. myarsa ngungun Dèwi Sidhawati | rawat luh karaos | lêlakone kang sarira mangke | gantya muwus Radèn Umbulsari | sajarwèng wêwangi | myang kamulanipun ||

53. kang sinêdya dènira lunga nis | sagêda kinaot | lan sasama-sama pangarahe | sabarang rèh kagunan kasêktin | antuka sajati | kang tan wowor sambu ||

54. duk miyarsa gandarwo raja ngling | apantês kemawon | radèn putra makatên èsthine | inggih pintên banggi têmbe wuri | pun paman manawi | sagêd karya gambuh ||

5. Gambuh

1. ngadoni jayèng kewuh | barang guna kasaktèn satuhu | mangke wontên sangkaning dados linuwih | suwawi sami rinêmbug | kang aiyêg sampun diyon ||

2. ngong wêwartos karuhun | wau wontên tangis kang karungu | ing awiyat kula upadi kapanggih | gandarwo kang lampah pandung | ingkang dhustha putri katong ||

3. arinta sang rêtna yu | Dèwi Sidhawati kang sinambut | angambara binêktèng Parswasta giri | kula tut wuri sapurug | dening tan antuk têtakon ||

--- 35 ---

4. dupi kapyarsa wau | sêsambating arinta dyah ayu | katuwawa tan wontên kang angulati | wadya ing Pêngging sadarum | pijêr samya kabêsturon ||

5. mêkatên kang karungu | karya padhang panggraitèng kalbu | saking dugi-dugi kalihan prayogi | panyana kula saèstu | putri Pêngging dhinusthèng wong ||

6. marma laju manungku | kang wikrama sangkali tumanduk | manaputi angganing gandarwo juti | kasulayah lêsah lêsu | sarta tan sagêd miraos ||

7. sang dèwi uwal sampun | kula candhak jrihira kalangkung | sawatawis lilih ulun bêbolèhi | sêngadi dhapur angruruh | nuntên purun kula gendhong ||

8. pangaskrêti tumanduk | dhatêng duratmaka mrih tumutur | kula mêsat angambara praptèng ngriki | pun dhustha tansah tut pungkur | katarik saking pirantos ||

9. têlas tyasira suwung | mila mangke taksih sasat bisu | lah punika tingalana kang alinggih | agung gêgenjongan janggut | gumujêng lajêng anjenggo ||

10. radyan nolih andulu | duk kawuryan yayah kawiyungyung | ngunguning tyas dènnya dahat kawlasasih | gandarwendra malih muwus | suwawi sami tinakon ||

11. ingawe sampun maju | dyan dinangu maring Sang Karawu | hèh Baidhi rowang ingsun duk samyalit [samya...]

--- 36 ---

[...lit] | kamulanira saarju | ing mêngko têka mangkono ||

12. paran wadine iku | sun takoni sapa kang anuduh | sajarwaa kewala dimèn bisa ngling | sanalika mari bingsu[7] | wênganing tutuk ambêngok ||

13. anggro grêng-grêng gumuruh | ing antara sarèh alon matur | dhuh Karawu atmajèng Raja Sampati | kang sampun kasub kasumbung | kaluhuraning karaton ||

14. inggih sajatosipun | saking wrating ngawula ing ratu | yêkti wajib anuju sambadèng kapti | nurut pêparênganipun | sabarang pakon linakon ||

15. mojar Raja Karawu | sapa sira kawulani iku | Sang Baidhi matur yaksendra wêwangi | Raja Parwata linuhung | ing Parswasta purèng katong ||

16. angrèh sagung lêlêmbut | sauruting pasisir lèr mirut | amiturut saparentah dèn lampahi | saking sor kamayanipun | kaidhêp hyang miwah katon ||

17. makatên purwanipun | sang yaksendra kataman tyas mèpu | putêk mêtêk yayah tan miyat wiyati | dening putranira jalu | agung gêgubêl kemawon ||

18. wasta Ditya Parasu | minta jatukrama kang satuhu | katuwawa sajroning supêna kèksi | nunggal anèng tilam santun | kang anama Rara Têmon ||

19. Putri Pêngging puniku | para [pa...]

--- 37 ---

[...ra] pêri kang angsung pitutur | pawartine Rara Têmon ayu luwih | sor rarasing sura wadu | widagdèng wadining pandon ||

20. saking wêlasing sunu | sang yaksendra têmahan tinurut | pamintaning tanaya tan dèn sayuti | saksana kula tinuduh | marasandu durtaning don ||

21. mêsat anamun-amu[8] | praptèng Pêngging wanci surya surup | sirêping wong uninga wontên pawèstri | katingal saking sêsuluh | warnanira yu kinaot ||

22. ing panyana puniku | Putri Pêngging saksana kasambut | kula bêkta angambara nuntên kèksi | paduka tututi wau | wahananipun tyas kepon ||

23. tanpantuk karya tuhu | angandika Sang Raja Karawu | kalingane sira kang kurang patitis | jamak wong kinongkon iku | dèn nastiti aywa keron ||

24. rahayune kaliru | kang sirambil dudu sang rêtna yu | katujua sayêkti nêmu bilai | wurung gandarwo sirèku | wêkasan dadi thongthongsot ||

25. Sang Baidhi andhêku | rawat waspa kang swanita kumyus | rumasa yèn luput muput anglimputi | kalimputan ing tyas limut | têmahan kodhêng andhongor ||

26. mèsêm Raja Karawu | wuwusira anggèr mangkya sampun | sampat warti nanging dèrèng anartani | sampeka pakartinipun | suwawi [su...]

--- 38 ---

[...wawi] sami rinaos ||

27. karêmbag kang pakantuk | sae pundi arinta sang ayu | winangsulkên ing pura tuwin kapingit | tiningalakên yèn sampun | wontên sayêmbara katong ||

28. Dyan Umbulsari muwus | prayogine wangsula sang ayu | yèn dinangu sajarwaa kang sayêkti | wiwitan wêkasanipun | kongsi praptaning kadhaton ||

29. anging pêpantêsipun | wontêna kang minăngka pêpemut | dados tăndha yêktining rèh nawung gati | supados lulus rahayu | andika lakawan[9] ingong ||

30. dhatêng Malawa matur | saliring rèh lêlampahan wau | dados wontên kang narima antuk kardi | gandarwo raja gumuyu | anyiwêl muwus wêwangson ||

31. lah dene têka baud | radèn karya abên manis patut | ing wêkasan dumugine kadipundi | kang sakeca babaripun | botên dados walangatos ||

32. piniyarsa pakantuk | karaoskên sinambi angantuk | ya ta Dèwi Sidhawati tukup lathi | èsêmira angacêmut | miyat cucuding gandarwo ||

33. rahadyan malih muwus | pun Baidhi kayu namanipun | antuk sunduk prayogi yèn datan munkir | saupami lala lucu | cangkême pantês dipun cor ||

34. myarsa saya angguguk | sang gandarwo raja wuwusipun | yèn [yè...]

--- 39 ---

[...n] makatên ing prayoginipun mawi | sarana manik santanu | panawang rèhing lêlakon ||

35. kadi musthikèng calung | anggêr dèrèng kalingga ing dalu | singa-singa kawawas yêkti kaèksi | barang solah-bawanipun | makatên ingkang kalakon ||

36. kula darbe ing dalu | saking Sang Hyang Baruna kang asung | dhatêng rama Gandarwo Raja Sampati | dhapuring manik santanu | warni kalpika sajodho ||

37. satunggal sewang patut | radèn lawan arinta sang ayu | inggih sami angagêma ali-ali | nayaka manik santanu | agung sawabibun yêktos ||

38. katura ing sang ratu | dados marganing antuk pitulung | tampi suka pirênaning tyas sayêkti | manggih kanugrahan agung | mukti sari sakaroron ||

39. punika warnanipun | mulung sampun tinanggapan laju | samya kagêm wontên ing dariji manis | gandarwo raja amuwus | lah dene saplak kemawon ||

40. suwawi mangkat gupuh | sami kula tarik aji ginung | pangaskrêti măngka panuntun lumaris | sagêd angambara silum | prapta sakêdhap kemawon ||

41. wus mangkana samya nut | angambara tan antara dangu | praptèng Pêngging lagya wayah gagat enjing | marêngi ayam tumurun | anjujug jroning kadhaton ||

42. Dyah

--- 40 ---

Sidhawati sampun | kapêrnahkên ing panggonanipun | winulang rèh wêwêling sajarwa jati | kalamun ana pandangu | aywa tumpang-suh lan dhompo ||

43. sang gandarwendra jalu | Radèn Umbulsari datan kantun | praptèng Wukirkidul ing wayah byar enjing | panggih lan dityarsi sampun | matur saliring lêlakon ||

44. kampitèng tyas sang wiku | angandika rahayune iku | durung ana lêlayu saka ing Pêngging | yèn karuhunana laku | baya dadi rudah ingong ||

45. lah ta adhi Karawu | prayogane padha makidhupuh | marêk maring Pêngging mangkya saantawis | bisaa matur sêsurup | cumadhong dhawuhing katong ||

46. mangayubagyèng wuwus | Sri Karawu ring kaka sang wiku | samana duk sadhawuh wijiling rawi | prapta dutanira prabu | sung wikan rèhing lêlakon ||

47. mèsêm dityarsi muwus | hèh caraka sapungkurirèku | petangane wus katêmu bali maning | saking parmaning dewa gung | amung kinarya lêlakon ||

48. duta nata andhêku | dahat suka sukuring tyasipun | angandika malih sang ditya maharsi | mêngko saantara dhawuh | ingsun marêk ing sang katong ||

49. sira bêcik angrantun | lon-alonan kewala pakantuk | sang gandarwo raja matur pamrayogi [pamra...]

--- 41 ---

[...yogi] | tinarik ing aji ginung | pangaskrêtining rèh kepon ||

50. dimèn sagêd tumutur | angambara enggal lampahipun | kasêmbadaning tyas sang ditya maharsi | dupi wus samaptèng rêmbug | ubaya angkating kono ||

51. ing wayah patang dhawuh | parêng sami angambara muluk | duk têngange praptèng Pêngging Dwarawati | nahan nalika maniyup | wangsul ingkang kacariyos ||

52. Dyah Sidhawati wau | katupiksèng nata wus dinangu | matur purwa madya wusananira tri | narendra miyarsa ngungun | wêkasan kalpika tinon ||

53. punang manik santanu | kawawas wus kadulu ing dalu | solahira kang dhusthèng gandarwo juti | kongsi dènnya tuk pitulung | wangsul maring jro kadhaton ||

54. kacaryaning tyas prabu | wali-wali dènira andulu | pinaringkên malih kataman sang dèwi | narendra mijil anuduh | wadya punggawa kang caos ||

55. kinèn nimbali gupuh | maring Patih Tambakbaya sampun | kerid marêk ing ngabyantara narpati | winartan ing rèh sadarum | patih miyarsa anjomblong ||

56. katungka praptanipun | sang dityarsi ingancaran sampun | praptèng ngarsa winarah wartaning ratri | ngunguning tyas gantya matur | kayêktèning kang lêlakon | ||

--- 42 ---

57. wontên kăndha kadulu | saking sêsran kang manik santanu | kawawasa waskitha ing rèh sajati | katur tinupiksa sampun | ngungun tyas narendra tumon ||

58. dening manik santanu | sama rupa kêmbar warnèng wangun | lan kalpikanira Dèwi Sidhawati | tan ana siwah sarambut | padha kanthi pranawèng don ||

6. Kinanthi

1. bedane amung sumunu | sênêning praba dumêling | kalpikanira sang rêtna | sumirat sorot sêsiring | sêsraning Dyan Umbulsêkar | kuciwèng ujwala wingit ||

2. angandika sang aprabu | lah kaka rêsi sayêkti | akarya ngunguning driya | dening kalpika puniki | sarupa kêmbar warnanya | lawan kaèksi duk enjing ||

3. pun Sidhawati ing wau | mintokakên ali-ali | sasampuning awêwarta | lêlampahanirèng ratri | mangkya kularsa mariksa | sarana takèn pribadi ||

4. uruting lampahanipun | kang dados moga rumiyin | awit saking duratmaka | inggih Gandarwo Baidhi | Sang Rêsi Kalasuwidha | mangayubagya sarya ngling ||

5. hèh Baidhi dèn amaju | arsa kapariksèng aji | Baidhi marêk mangarsa | wotsari konjêm ing siti | angandika sri narendra | sajarwaa sun takoni ||

6. paran [pa...]

--- 43 ---

[...ran] ta kamulanipun | sira suwitèng yaksa ji | manawa kalêbu warga | tunggal bangsanirèng nguni | Baidhi matur anêmbah | pukulun kangjêng dewaji ||

7. pêjah gêsang amba konjuk | sumanggèng karsa narpati | pun patik matur sajarwa | makatên ingkang pawarti | Ditya Raja Merupadma | ing Manimantaka nagri ||

8. golongan têbu sauyun | tunggil guru lan pun kaki | Gandarwo Bêbiro samya | siswaning Wabrusa yêkti | punika buyut kawula | kang nganakakên pun kaki ||

9. Gandarwo Bêbiro wau | sudarmèng Barikung yêkti | inggih punika ramamba | makatên lamun winilis | Raja Merupadma sasat | kadanging Bêbiro nguni ||

10. Merupadma asêsunu | nama Yaksendra Martiki | saksat kadanging ramamba | gandarwo Barikung nguni | Ditya Martiki sêsuta | Raja Parwata puniki ||

11. saksat kadang amba tuhu | parikramaning yaksa ji | ing kawula têmbung kakang | arêsêp rumakêt kadi | kadang tunggil yayah rena | tanpa subasita yêkti ||

12. mila nalikaning dangu | saking sabrang angajawi | anjujug wukir Parswasta | amung lawan garwa siwi | agung anggêlar kamayan | mayaning wisaya wèsthi ||

13. kathah lêlêmbat anungkul | sor kamayanira sami | sumawita piniluta [pinilu...]

--- 44 ---

[...ta] | kapangkat ingkang lêlinggih | amba myarsa tiwikrama | mangsah mêmasang kasaktin ||

14. kasoran têmah anungkul | pajar-pinajaran warti | amba kinulawisudha | măngka pramukaning dasih | wadya barat brakasakan | sadaya amba wêngkoni ||

15. dupi ing antawis taun | yaksendra nandhang kêkêling | dening putranira priya | Ditya Parasu marsudi | amêminta jatukrama | Rara Têmon kang wêwangi ||

16. putri ing Pêngging pambayun | agung kasupênèng ratri | datan kenging pinambêngan | wêkasan amba tinuding | marasandi anrang baya | kinèn andhustha sang putri ||

17. sandika mêsat aniyup | praptèng Pêngging surup rawi | dupi wanci sirêp janma | uninga wontên pawèstri | taruntunan suluh pandam | katingal warnanira di ||

18. saking panyana puniku | putri ing Pêngging sayêkti | kawula datan darana | anambut dhatêng sang dèwi | kabêkta ngambarèng wiyat | dupi andungkap mèh prapti ||

19. wontên ingkang anênukung | Raja Karawu tut wuri | puwara amba kataman | ing kamayan manaputi | têmah kepon tyas kasrêpan | sanèskarèng ăngga tistis ||

20. sang putri kenging sinambut | dening gandarwo narpati | kabêkta mêsat saksana | amba tumutur katarik | saking guna [gu...]

--- 45 ---

[...na] kasantikan | aji ginung pangaskrêti ||

21. tumamèng kayanganipun | kapanggih lawan sang pêkik | Dyan Umbulsari punika | ing antawis dangu sami | mêsat praptèng purantara | amrênahakên sang putri ||

22. nuntên mêsat malih rawuh | ing Giridaksina panggih | lawan sang dityarsi raja | wêkasanipun dumugi | ing ngabyantara narendra | têlas aturing Baidhi ||

23. myarsa sukèng tyas sang prabu | gantya kang dinangu malih | sira sang gandarwo raja | umatur sajarwa jati | pukulun sri naranata | makatên ing wau ratri ||

24. amba nandhang tyas margiyuh | dening pamularing siwi | tan kèndêl kalela-lela | malah andaluya budi | dahat kawêkèn kawula | mijil sajawining panti ||

25. kapanggih lawan sang bagus | inggih Radèn Umbulsari | sagêd têtulung angêmban | linela-lela nulya ris | rinaras basa srênggara | sinawung kidung rêrêpi ||

26. kèndêl ing pamularipun | sutamba puwara guling | taksih wontên ing êmbanan | nuntên kawula miyarsi | dyah karuna ing awiyat | sambatipun amlasasih ||

27. amba mêsat duk andulu | wontên gandarwendra juti | angêmban wanodya endah | laju kawula tut wuri | tan samar lamun punika |

--- 46 ---

yêkti Gandarwo Baidhi ||

28. kawula takèn tan antuk | praptaning Parswasta giri | sangsaya rumaos wêlas | miyarsa sambating tangis | anggung atuhon anêtah | dhatêng para wadyèng Pêngging ||

29. sami kabêsturon tuhu | dening tan wontên nututi | kawula sampun anyana | yèn yêkti putri ing Pêngging | kabêktèng gandarwo dhustha | amba sanalika runtik ||

30. dening katambêtan tangguh | tanpantuk patakèn mami | têmah mêmatak kamayan | măntra wikrama sangkali | tumanduk ing duratmaka | rêbah lir kataman tali ||

31. lawan anêmahi bisu | uwal pambêktaning putri | kawula sambut saksana | masang aji pangaskrêti | saryya mêsat angambara | Baidhi tansah tut wuri ||

32. katarik ing aji ginung | guna sakti pangaskrêti | praptèng kahyangan kawula | sang putri amba takèni | sajarwa jatining nama | lawan ingkang asêsiwi ||

33. kawula miyarsa ngungun | mangsuli sajarwa jati | lamun sang dèwi punika | pulunan amba pribadi | atmajaning kadang wrêdha | kang anama Dyah Rawati ||

34. kagarwèng Sang Ditya Wiku | Kalasuwidha ing nguni | makatên kamulanira | kakangbok Dèwi Rawati | kenging upatèng namendra | Gandarwo Raja Sampati ||

35. nêmahi kasmala [kasma...]

--- 47 ---

[...la] luyut | waluya dening dityarsi | kangbok laju sumawita | pasrah karatoning pêri | parahyangan wukir Oya | sumanggèng karsa sumiwi ||

36. katampèn salajêngipun | kagarwa ngantos sêsiwi | mangsuli atur kawula | dupi Dèwi Widhawati | têtêp yèn pulunan amba | sanalika kang kaèsthi ||

37. pinarêngêna puniku | saking karsaning dewadi | ing têmbe lulus dhaupa | lawan Radèn Umbulsari | dening amba kapotangan | kèndêling rare anangis ||

38. wontên kang minăngka pemut | tăndha yêktining pangèsthi | warni kalpika sapasang | manik santanu ing nguni | pêparinging Hyang Taruna[10] | ing rama Raja Sampati ||

39. kadi musthikaning calung | kuwasanipun kinardi | mawas salwir solah bawa | anggêr taksih amarêngi | saratri praptèng raina | dèrèng salin dalu malih ||

40. singa winawas kadulu | solah bawanipun sami | kalpika manik samana | kawula sungkên supadi | kagêma satunggal sowang | ing rahadyan putra putri ||

41. wêling kawula ing dalu | marganing antuk kamuktin | katura ing sri narendra | dupi sampun samya tampi | kawula bêkta umêsat | praptèng pura gagat enjing ||

42. Dèwi Widhawati sampun | kawula prênahkên munggwing |

--- 48 ---

panggenanipun priyăngga | amba laju lumastari | dhatêng ing Giridaksina | panggih lan kakang dityarsi ||

43. dumugi salajêngipun | marêk ing ngabyantara ji | aturing gandarwo raja | têlas miwiti mêkasi | sukèng tyas narendra myarsa | angliring raka dityarsi ||

44. saryya lon andikanipun | punapa makatên yêkti | kang raka matur sajarwa | inggih tan siwah samênir | pun Karawu aturira | duk kawula antuk rabi ||

45. prabu mèsêm saryya manggut | asmu suka rênèng galih | ing tanduk tanggaping raka | wêkasan Dyan Umbulsari | dinangu matur anêmbah | pukulun kangjêng dewaji ||

46. makatên kamulanipun | marmamba asring angingkis | kesah anis mung priyăngga | agung anggagat saratri | saking rudahing wardaya | dening rumaos kawuri ||

47. wontên kadang amba sêpuh | pawèstri ingkang wêwangi | Dyah Sêndhangsari punika | warnendah sarwa rêspati | sandeyaning tyas kawula | manawi sampun akrami ||

48. yêkti punika anggayuh | karaton ing Samapuri | pangèsthining tyas sagêda | gumantyèng rama ing wuri | badan kawula kapiran | paran puwarèng kadadin ||

49. ing têmahan amêmuntu | amantyaning tyas sayêkti | tan ketang durgamèng garwa | wisata nis andêrpati | patataraning

--- 49 ---

parasdya | kaot kalawan sasami ||

50. samukawis rèh linuhung | antuka ingkang sajati | sampun keron kasamaran | sampurnaning paramèsti | makatên pangèsthining tyas | sanityasa ngingkis ratri ||

51. kalunta-lunta kalantur | tumutur tirahing wukir | kapanggih lawan Gandarwa | Raja Karawu marêngi | angêmban atmaja priya | kang amular tan suririh ||

52. katulung malah andarung | ingarih-arih tan ririh | mila amba kang sinambat | anglela-lela supadi | mèndêl panangising suta | kalampahan dados lilih ||

53. tumuntên Raja Karawu | miyarsa tangising èstri | anglêlayung ing awiyat | sanalika mêsat aglis | wangsul angêmban wanudya | kairing gandarwo juti ||

54. tumamèng kahyanganipun | amba tumutur tut wuri | sang rêtna sampun sumalah | lênggah ing pramana rukmi | kawula sami satata | ing ngarsaning gandarwo ji ||

55. tinakenan sang dyah ayu | wêwarti sajarwa jati | nuntên têtanya ing amba | inggih sajarwèng mawanti | gandarwo raja miyarsa | sukèng tyas nitya katawis ||

56. amba lawan sang rêtna yu | sinungan kalpika sami | satunggal sewang punika | manik santanu wêwangi | kuwasanipun kinarya | mawas solah-bawèng ratri ||

57. wêlinging [wêling...]

--- 50 ---

[...ing] Raja Karawu | sêsran kêkalih prayogi | katur ing jêng padukendra | dados jalaran kamuktin | dupi rampunging pirêmbag | kabêkta umêsat sami ||

58. ing gagat enjing maniyup | anjog salêbêting puri | sang dyah kaprênahkên ing gyan | gandarwendra mêsat malih | prapta ing Giridaksina | panggih lawan ditya rêsi ||

59. salajêngipun pukulun | marêk ing ngarsendra mangkin | angaturakên kalpika | ya ta Radèn Umbulsari | têlas ature wotsêkar | prabu sukèng tyas miyarsi ||

60. wêkasan ngandika arum | ingsun atêtakon kaki | kadangira nini Sêndhang | yêkti wus diwasa mangkin | apa ayu warnanira | ingsun wruh duk maksih cilik ||

61. ala kau kidhung widhung | matur Radèn Umbulsari | pukulun sri naranata | kakang êmbok Sêndhangsari | mangkya pamoripun pêcah | cêmêngipun dados manis ||

62. kau kidhungipun mantun | dados luwês mêrakati | angandika sri narendra | yèn mangkono iku bêcik | sun pundhut mantu priyăngga | ing samêngko kakang patih ||

63. mataha wadya kang patut | amundhut Si Sêndhangsari | kyana patih awotsêkar | ngandika malih sang aji | lah kulup kalinganeya | sira sandeya ing wuri ||

--- 51 ---

64. nanging sajatine kulup | waris iku kang awajib | iya amung putra priya | dene ta anak pawèstri | waris wênang aranira | andhêku Dyan Umbulsari ||

65. asrêp ing tyas marigiyuh | saengga tarulata nglih | kawarsan ing labuh kapat | malih andikanira ji | kakang maha rêsi ditya | prayoginipun samangkin ||

66. pun Baidhi dimèn mantuk | wontêna ingkang wêwarti | ring yaksendra kang anduta | dados tanpa walangati | Dityarsi Kalasuwidha | mangayubagyèng karsa ji ||

67. Baidhi kalilan mantuk | wotsari mêsat tumuli | nanging tan arsa wangsula | maring ing Parswasta giri | sandeyaning kang wardaya | manawa antuk rêruntik ||

68. dadya sumêdya anglangut | tanbuh paranirèng kapti | praptaning wana Kandhaka | maniyup sampun kapanggih | Gandarwo Raja Bahlika | anèng sor pucung alinggih ||

7. Pocung

1. iya iku kaprênah martuwanipun | Sang Baidhi dadya | kaipe ring wrahaspati | gandarwendra tanah ing wana Kandhaka ||

2. nanging sêngpuh Sang Baidhi prênahipun | nalika samana | Bahlika uningèng wadi | lamun mantukira nandhang wancakdriya ||

3. marma laju tinajug kewala iku | Baidhi sajarwa | Sri Bahlika muwus malih [ma...]

--- 52 ---

[...lih] | angantia besuk sira kaupaya ||

4. ing ratumu nora dadi runtikipun | malah kapiluta | pinasrahan barang gusthi | agal lêmbut sira ingkang kapracaya ||

5. barang rêmbug tan tilar ing sira kulup | mituhu ing warah | sira Gandarwo Baidhi | dadya kèndêl nganti nèng wana Kandhaka ||

6. kalihipun tansah sami ulah rêmbug | rimbaging wêwêran | winarah salwir kajatin | wus mangkana tan kawarna ing rèhira ||

7. mangkya wangsul malih wau sang aprabu | dèrèng aluwaran | ditya rêsi matur aris | pun Baidhi rumaos wirang mantuka ||

8. milanipun kalajêng kesah anglangut | nanging tan alama | pun Baidhi kumpul malih | lan ratune malah dahat piniluta ||

9. yèn anglurug pinasrahan barang rêmbug | marma ing samangkya | kêdah prayitna sayêkti | tan awande andon yuda lan yaksendra ||

10. sang aprabu miyarsa dahat angungun | kya patih sawadya | kinèn samya yitnèng wèsthi | samaptaa satataning andon yuda ||

11. Sang Karawu dhinawuhan sabiyantu | umatur sandika | sampun sandeya ing galih | dhasar sêdya labuh prang sabayantaka ||

12. luwar sampun sowang-sowang anakipun | samya kaubayan | wangsul ing purnama sidhi |

--- 53 ---

jroning măngsa wisaka karsa narendra ||

13. amêmangun wiwaha atmaja jalu | Radyan Citrasoma | antuk Dèwi Sêndhangsari | sinarêngkên Dèwi Sidhawati mangkya ||

14. lulus dhaub lawan Radèn Umbulsantun | samya ngèstrènana | panggihing putra lan putri | dimèn dadya widada sidyèng parasdya ||

15. ya ta wau kya patih sampun anuduh | Arya Wanabaya | angêmban timbalan aji | maring Samapura kinèn angirida ||

16. sowanipun sira dewa katong prabu | saha garwa putra | tinimbalan maring Pêngging | enjing pangkat sore praptèng Samapura ||

17. wus kapangguh lawan dewa katong prabu | sampun dhinawuhan | karsanira sri bupati | katanggapan ing antara dina pangkat ||

18. tan akantun garwa putra samya tumut | wadya sawatara | praptèng Pêngging Dwarawati | wus anjujug pakuwonira priyăngga ||

19. enjang katur ing jêngira sang aprabu | sampun jinatenan | ing karsa dhaubing siwi | matur dahat mangayubagya sumăngga ||

20. gancangipun ing kăndha andungkap sampun | purnamèng wisaka | praptanira sang dityarsi | sarêng lawan Karawu Gandarwo Raja ||

21. tan winuwus pangupakarèng praja gung | jroning pamiwahan | dhaubing pangantèng kalih |

--- 54 ---

atmajendra Radyan Arya Citrasena[11] ||

22. mangkya antuk Dèwi Sêndhangsari iku | Radèn Umbulsêkar | dhaub lan Dyah Sidhawati | sarêng samya binayangkarya samana ||

23. sang aprabu andhatêngkên sukèng kalbu | balabur baksana | sarwa maneka mênuhi | saha wadya tan ana sangsayanira ||

24. sampat sampun sapasar samya kaundhuh | ring prabu kanoman | enjang katampèn ing patih | binawahan saengga duk panggihira ||

25. praptanipun ing pêndhak ari puniku | akêkirap marang | pakuwon ing Samapuri | winiwaha pamurwèng raras kawuryan ||

26. duk puniku Gandarwo Raja Karawu | agung amêmulang | maring pangantyan kêkalih | salwiring kang guna sakti kasantikan ||

27. sampun putus tatas sandining pangawruh | wiwarèng kawiran | tan kewran rèhing piranti | sasat sami tumamèng alam limunan ||

28. mangkana wus ing antara ditya wiku | lan gandarwo raja | samya marêk ing ngarsa ji | pamit mantuk ananging dèrèng kalilan ||

29. karsa prabu kinèn angantia iku | patang puluh dina | banguning pangantèn malih | sakalihan ature datan lênggana ||

30. nahan uruting rèh mangkya kang winuwus | ing wukir Parswasta | Yaksendra Parwata [Parwa...]

--- 55 ---

[...ta] maksih | tansah dènnya kaudi dening atmaja ||

31. Sang Parasu ngêsuk tan kêna sinayut | ing pamintanira | kaidènana supadi | widadaa arsa tumindak priyăngga ||

32. awit sampun tita ing pangantinipun | mèh antara măngsa | sira Gandarwo Baidhi | durung prapta ing wêkasan tanpa warta ||

33. duk angrungu sira sang raksasa prabu | aturing atmaja | sanalika katêtangi | ruditèng tyas wirădha datan darana ||

34. anênutuh tiwase sariranipun | anuduh gandarwa | wusana nora nguwisi | angas bae ambaèkake wicara ||

35. marma laju animbali Sang Brakuthu | banaspati raja | dhinawuhan maring Pêngging | sarta mawa srat panglamar paripêksa ||

36. yèn saarju sayêkti lulus rahayu | manawa tinulak | kalilan amasesani | Sang Brakuthu wotsari matur sandika ||

37. tan adangu ing panitranira rampung | kang gurit kanaka | sastra sudibya di murti | martokara ing wêkasan paripêksa ||

38. mulung sampun tinanggapan sêratipun | winêling wisikan | wotsari mêsat tumuli | kairingkên marang wadya brakasakan ||

39. lampahipun margèng soring bumi anrus | mangidul kewala | ngancas mangilèn sakêdhik | samantara prapta

--- 56 ---

nuju pasewakan ||

40. sang aprabu miyos siniwèng wadya gung | kabèh samya kagyat | dening kampitèng pratiwi | sarta ana kukus kumêlun limêngan ||

41 limutipun lir pêpêdhut angêndhanu | dupi ing antara | kawistara ana kèksi | brakasakan saking bumi wijilira ||

42. sarêng anglur maneka warna lumintu | kala rupa rudra | Druwakendra banaspati | tan pantara tarap anèng ngarsa nata ||

43. ana wujud gêmbung tanpa bau suku | kang suku kewala | tanpa murda tanpa rai | ana bau tanpa suku tanpa muka ||

44. wênèh balung tanpa kulit daging iku | ana rupa êndhas | galundhungan tanpa sikil | tangèh lamun winarna kang salah rupa ||

45. samya timbul anèng ngarsa marikêlu | prabu saha wadya | ngungun dènira ningali | ana ingkang èsmu giris kamigilan ||

46. sang aprabu alon dènira andangu | hèh sirèku apa | dene têka mêmêdèni | saka ngêndi pinangkamu angakua ||

47. lan sêdyamu apa praptèng kene iku | Sang Brakuthu nêmbah | anuwila matur mèt sih | dhuh pukulun pun patik tadhah dêduka ||

48. dene purun nêmpuh byat saruning siku | prapta tanpa sangkan | miwah cêcalu rumiyin | saking awratipun dinutèng

--- 57 ---

narendra ||

49. sang aprabu malih angandika arum | lah dinuta apa | ing ratunira sayêkti | sun lilani sajarwa jatining sêdya ||

50. Sang Brakuthu mèt surat wotsari matur | pukulun kawula | nyaosakên pangabêkti | saking rayi paduka Raja Parwata ||

51. kang ngadhaton ing Parswasta wiyosipun | kawula dinuta | angaturakên kintaki | kirangane ngukara nuwun aksama ||

52. sang aprabu mèsêm ananggapi sampun | nalika binuka | kacaryan dera ningali | kang akaras kancana tulisan cahya ||

53. sastra bagus mawa gănda marbuk arum | bêbuka mangkana | hong siwa wisesa jati | mahamayu ri maha yun mananggapa ||

54. têgêsipun dhuh Hyang Wisesa satuhu | kuwasa sung arja | dhatêng kang arsa nampèni | lajêngipun pinèt jarwanya kewala ||

55. sêrat atur pangabêkti wantu-wantu | ari Sang Raksara | Raja Parwata wêwangi | kang dumunung wontên ing giri Parswasta ||

56. mugi lulus katura ing kaka prabu | Sri Aji Pamasa | prajèng Pêngging Dwarawati | kang wibawa ambawani ing buwana ||

57. amêmayu kawiryan wahyaning wahyu | yayah hyang surendra | paramartotamèng dadi | widagda ring danurdhara danopaya ||

58. kang

--- 58 ---

sinungku pangastawèng darmakèstu | mirut sèsining rat | tanpa linawan ing jurit | srah jiwangga amêmuji dirga yuswa ||

59. ing sasampuning punika wiyosipun | kula atur wikan | ing paduka kaka aji | pulunan ta kang măngka prabu taruna ||

60. ajêjuluk inggih Sang Ditya Parasu | kataman wiyoga | kasmaran sumpênèng ratri | kèksi asta lungiyan lawan wanudya ||

61. suwarna yu Rara Têmon namanipun | kawarti punika | putra paduka pangarsi | ingkang dadya woding tyas dinama-dama ||

62. mangkya lamun kaparênga kaka prabu | putranta pangarsa | pun Rara Têmon prayogi | dimèn dados usadaning larasmara ||

63. dhaubipun lawan pun Ditya Parasu | tumuntên sagêda | kalampahan miwahani | sapintêna sukaning tyas sanityasa ||

64. dene lamun wontên pêpacanganipun | mugi kawandèkna | yèn sampun apalakrami | dèn pêgatna paduka mundhut punapa ||

65. yêkti wujud sami sanalika katur | makatên punika | yèn saarju ing panggalih | inggih lulus ing karaton padukendra ||

66. yèn tanpa yun anuruti ing panuwun | kula erang-erang | sayêkti tumamèng wèsthi | tuwas tiwas ing wêkasan kasangsara ||

67. dèn aemut rêngên ta hèh kaka [ka...]

--- 59 ---

[...ka] prabu | prabawèng arinta | triloka tanpa sêsiring | sor suraning Hyang Sasadhara Kawêkas ||

68. titi sampun sinimpên sotèng tyas prabu | mèsêm angandika | sapa aranmu sayêkti | Sang Brakuthu umatur sajarwèng nama ||

69. duk rumuhun têdhak Ditya Rambuculung | turasing Jantaka | angandika sri bupati | yèn mangkana kalêbu trahing utama ||

70. hèh Brakuthu rèhning sira kang lumaku | ingsun apitaya | ing santa sêtyanta yêkti | nora susah mangsuli nuwala patra ||

71. iya muhung wêkas ingsun kang satuhu | kamot anèng sira | ujêr wus amisesani | dutotama widagda karya sambada ||

72. wruhanamu ing karsane yayi prabu | salah sêsurupan | sajatine kang wêwangi | Rara Têmon iku anak mantuningwang ||

73. kang sêsunu Sang Sidhiwacana Wiku | têmbung liru patra | dhaube lan putra mami | sih-sinihan yayah mimi lan mintuna ||

74. duk angrungu sang banaspati Brakuthu | ngungun asmu erang | kewran dènnyamrih malat-sih | sanalika salin ciptanirèng wuntat ||

 


Pada bait pertama terdapat sandiasma: Radèn Ngabèi Rănggawarsita. (kembali)
Tanggal: sinêmbah ing wong trustha (912 taun surya). (kembali)
Tanggal: nis warnaning kang gapura (940 taun căndra). (kembali)
Tanggal: gunaning wong trusing luhur (913 taun surya). (kembali)
Tanggal: janma karya gatrèng langit (941 taun căndra). (kembali)
kamuktin. (kembali)
bisu. (kembali)
anamun-amun. (kembali)
kalawan. (kembali)
10 Baruna. (kembali)
11 Citrasoma. (kembali)