Witaradya, Rănggawarsita, 1908, #517 (Pupuh 08–17)

Judul
Sambungan
1. Witaradya, Rănggawarsita, 1908, #517 (Pupuh 01–07). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
2. Witaradya, Rănggawarsita, 1908, #517 (Pupuh 08–17). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
3. Witaradya, Rănggawarsita, 1908, #517 (Pupuh 18–27). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
Citra
Terakhir diubah: 02-08-2020

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

8. Pangkur

1. rong prakara kang dèn arah | arsa masang pangrèh upaya sandi | kapindho pangèsthinipun | bisaa laku dhustha | mèt sang putri kang tan kawistarèng tanduk | samana pamit kalilan | wotsari [wotsa...]

--- 60 ---

[...ri] mêsat tumuli ||

2. sarêng lan sarowangira | sagung kala rupa kabèh tan kèksi | wus mangkana sang aprabu | maksih siniwèng wadya | rêmbag arsa ngadani pancaka mèru | unggyan pambêsmining sawa | anèng ampeyaning wukir ||

3. Kyana Patih Tambakbaya | dhinawuhan angupaya piranti | sela mănca warnanipun | maring liya nagara | nêmbah matur sandika luwaran sampun | wau ta kang kawuwusa | Sang Brakuthu banaspati ||

4. ratri masang kala tidha | malih warna talaga binotrawi | toya wêning amrik arum | munggwing madyèng udyana | rakitira kadi sêndhang Endramayu | ing suralaya kang kadya | padusaning widadari ||

5. samana kapasang yogya | sang pêngantèn kalih samya nèng wuri | amarêngi wayah bangun | mèh tumuruning sata | Dèwi Sidhawati lan Dyah Sêndhangsantun | sêsarêngan wungu nendra | lir katarik ing piranti ||

6. kapêksa samyarsa kamrat | kawawratan karo kadi makangsi | kasangsaya kusung-kusung | muhung kering parêkan | sawatara samantara praptanipun | kang prêlu wus kalêksanan | kalih parêng asêsuci ||

7. samana sami tumingal | samadyaning udyana ana bèji | binotrawi ring raras rum | sarwendah dining kanang | langên-langên sarwa sri anyar kadulu |

--- 61 ---

tirta sawitra suganda | kacaryan tyasira kalih ||

8. adrêng samyarsa sirama | lukar ingkang busana wus asalin | patêlêsan wastra luhung | sakalihan tumêrah | jroning tirta kang suganda marbuk arum | suka-suka cêciblonan | datan antara kang prapti ||

9. Sang Rêsi Kalasuwidha | myang gandarwo Raja Karawu sami | tumamèng taman manamun | dènnya saratri dahat | tan sakeca tyasira rumasa kèlu | kalêbon karti sampeka | pasanging upaya sandi ||

10. nanging datan kasamaran | kang pangarah rinuruh ing rèh ririh | saksana sri ditya wiku | mancala warna cahya | anglimputi botrawi kêmput kasaput | sang gandarwo raja dadya | maruta ring smawa riris ||

11. maniyup wor toya sêndhang | sru mangombak bangkat wêkasan bangkit | manawung dyah kalihipun | tinanggapan ing cahya | kaprênahkên malih maring jro kadhatun | kang cahya wangsul sakala | warna dahana mawardi ||

12. manjing tirta dadya wedang | Sang Brakuthu kewran ing tyas dènnya mrih | mèt silib solah silurup | puwara mêsu cipta | têmah oncat datan kalayatan luyut | lumayat sakala prapta | jro purèng Parswasta giri ||

13. marêk ing Raja Parwata | matur ing

--- 62 ---

rèh miwiti amêkasi | yaksendra miyarsa ngungun | tan wrin daya ngenaka | amrês budi sanalika wus kapangguh | Brakuthu winisik tanggap | nêmbah mêsat ing wiyati ||

14. datan ingrèh samantara | kawuwusa dityarsi gandarwa ji | enjang marêk ing sang prabu | sami atur uninga | kang kalakon sasolahira duk wau | ing purwa madya wusana | narendra ngungun miyarsi ||

15. ya ta nalikèng antara | mangkya prapta Brakuthu mindha warni | Sang Sidhiwacana Wiku | matur arsa kapanggya | lawan suta dènnya dahat onêngipun | dityarsi gandarwa raja | datan kasamaran sami ||

16. marma matur wêwisikan | prabu mangu mangunêngan nayadi | mangkana sang ditya wiku | wikan wadining cipta | lèngsèr saking ngarsa lawan Sang Karawu | parêng samya mindha warna | wanudya yu amêmirib ||

17. Maharsi Kalasuwidha | mindha Dèwi Sriyati kang suwarni | Gandarwa Raja Karawu | dadya pawonganira | mijil saking pura sumiwakèng ngayun | narendra sampun waskitha | katanggapan wuwus manis ||

18. nini angèstua pada | maring ramanira besan maharsi | awit dahat onêngipun | sang mindha warna nêmbah | marêpêk ing pasilaning kang anamun | Sang Brakuthu tan darana | dyah karo rinênggêp sami ||

19. sigra mêsat angambara [a...]

--- 63 ---

[...ngambara] | prabu mulat mangu mar kang tyas tistis | sanityasa mêmudya yu | puwaranirèng paran | samantara katungka praptaning wiku | Sang Ajar Sidhiwacana | kang satuhu saking wukir ||

20. narendra miyat sandeya | mursitèng tyas pinarsudi ing budi | kawêngan wêkasanipun | sinambramèng pambagya | matur dahat kalingga murda sinuhun | sêsambèning pangandika | prabu nambong têtanya ris ||

21. kalairaning kang putra | ajar matur mijil Anggara Kasih | narendra suka gumuyu | Ajar Sidhiwacana | matur paran dados darunèng pandangu | dening nguni sampun wikan | wêdalaning Dyah Sriyati ||

22. jinarwan salwiring warta | ajar dahat pangunguning tyas kadi | kadadak wirodanipun | pêksarsa sumusula | mêmanuki kang warna pindha dyah ayu | lamun kelon ing pangulah | sagêda ngawat-awati ||

23. nanging datan kasêmbadan | dening karsa nata mung nganti-anti | antaraning asor unggul | ajar kèndêl samana | tan kawarna sumiwining ngarsa prabu | salaminya anèng praja | datan kêkurangan yêkti ||

24. wau ta kang kawuwusa | lampahira sang brakuthu wus prapti | jro purèng Parswasta mèru | dyah pindha karo samya | kaprênahkên ing prasada tilam santun | Brakuthu laju kapanggya | lan Sri Parwata [Parwa...]

--- 64 ---

[...ta] Yaksa Ji ||

25. matur ing sasolahira | purwa madya têkèng wusana mangkin | raksasendra suka sukur | putra tinuduh tanggap | nêmbah mêsat tumamèng jro tilam santun | samana kang mindha warna | wus purna waluya jati ||

26. Ditya Parasu tumingal | katambuhan tyas tanpa sănggarunggi | yèn iku upayèng ripu | kinira kang rumêksa | marma dahat rumêngkuh patakonipun | hèh bapa ing ngêndi baya | unggyaning putri kang prapti ||

27. dityarsi muwus nirbaya | lah mêngko ta ingsun têtanya dhihin | buta apa sira iku | yaksendra putra mojar | paran ta hèh têkarda walepa mumuk | mamak buta kariwutan | tan wruh wêwêraning warni ||

28. yèn ingsun Parwatatmaja | kasubagèng triloka tan sêsiring | panêngran Ditya Parasu | baya sira raksasa | maksih anyar lagi mêngko suwitamu | danawarsi wuwusira | êmbuh kang tan wrin ing warni ||

29. kalinganeya hèh ditya | sira ingkang pêksa misesa putri | pêpèdhêp têmên tinêmu | tanbuh ăngga priyăngga | tolèhên ta griwanta luput amuput | pêpêt samamtaning cipta | tanpa watara sayêkti ||

30. [...]nta hèh ditya dhustha | unggyaning sang putri anèng tyas mami | ujare sawuwus ingsun | molah saulah [sau...]

--- 65 ---

[...lah] ingwang | Sang Parasu wruh sandining pasang sêmu | yèn iku karti sampeka | panjoring wisaya wèsthi ||

31. madêg sudirèng wardaya | triwikrama mangsah nir wikara mrih | rumêmpaka pranging ripu | maharsi ditya panggah | paguting prang parêng dumuk angun-angun | samya ngadu kasantikan | tan ana kuciwèng jurit ||

32. ya ta danguning antara | sang dityarsi kewran dènnya mrih silib | karepotan tandangipun | sigra gandarwo raja | atêtulung nanging tanpolih makiwul | kawal-kawal kasulayah | wêkasan mêsat angisis ||

33. samantara wiku ditya | matak mantra wikrama mêsu budi | dumadi dahana murub | marab-marab rumurah | maring ripu Parwatasuta Parasu | kabasmaran sanalika | gêsêng kuwănda tan kèksi ||

34. Sang Brakuthu duk tumingal | yèn yaksendra putra sirna kabêsmi | dening pangupayèng mungsuh | matur ing Sri Parwata | dupi myarsa madêg triwikramamèng pupuh[1] | mangsah sudira darana | tan sêdya mundur ing jurit ||

9. Durma

1. gagat bangun wirodèng tyas duk tumingal | ing dahana mawêrdi | sang raksasa raja | matak usara mantra | prapta bangun angèbêki | anggraning arga | sumamar awor riris ||

2. parandene tan sirêp punang dahana | malah saya andadi | arda ngalad-alad [ngalad-a...]

--- 66 ---

[...lad] | Sang Brakuthu samana | kasalad ulading agni | ilar suminglar | silurupan mèt silib ||

3. sang yaksendra kèdêran dening dahana | tan kewran nanging wiwrin | sigra murwèng ăngga | angêning ngabên cipta | mardi ing karsa pribadi | saksana dadya | dahana wiswa sandi ||

4. murub abra markata angkara-kara | parêng pagut samyagni | mawor tan katêngran | mung kawistarèng praba | kang rumuhun sirat kuning | dahana wiswa | mrangangah ujwala brit ||

5. danguning antara tan ana kasoran | sêsêr-sêsêran sami | sumirat baswara | waringutên sakala | raksasa raja mawêrdi | ardaning wiswa | wusana mangênani ||

6. sang dityarsi kabasmaran tanpa sesa | mung kapyarsèng wiyati | sêsantining dewa | mardawastuti samya | manawurkê[2] warsa sari | sêsirat sarwa | găndawida wêwangi ||

7. parêng swara sênggani gora gurnita | gumuntur graning giri | gêtêr patêr dahat | prakampitèng bantala | têdhuh dhèdhèt erawati | tăndha pandhita | sudira brata yêkti ||

8. wus mangkana sang yaksa raja waluya | purna warna sajati | asru wuwusira | lah padha yèn padhaa | untap-untapan sathithik | ya pirabara | bisa timbang lan mami ||

9. mau ingsun rada sandeya manawa | kanggonan cundhamani [cu...]

--- 67 ---

[...ndhamani] | pamunah durtèng rat | yêkti ingsun kang tiwas | kabasmaran dening agni | dadyawu sirna | sinrang ing erawati ||

10. rahayune lung kangkung kulub katela | saksat uwi gêmbili | padhane lan ingwang | wuwusing sang yaksendra | kapiyarsèng pramèswari | dadya rudita- | ning tyas Dèwi Parwati ||

11. muwus sarya ngêtab angêsah karuna | dhuh prabu paran marmi | têka apêpeka | tanpa mawi wêweka | kataragal ing wêwadi | mêdhar kêkêran | jalarane ngêmasi ||

12. kalimput ing ujar sêsumbar sudira | lali jroning ngajurit | tan pinikir ing tyas | manawa kapiyarsa | ing mungsuh amarasandi | panalikèng prang | têmah anêniwasi ||

13. măngka kasub ing alaya wartanira | lamun Sang Natèng Pêngging | iku kang kanggonan | cundhamani dumadya | panglêburan kala juti | lah paran têka | sêmbrana kurang titi ||

14. Si Parasu sirna dadyawu samangkya | tumiba anèng ngêndi | têka tan rinasa | dupèh maksih sarosa | wuwusira Dyah Parwati | agung kagagas | têbah jaja saryanjrit ||

15. sang yaksendra mangkya èngêt sanalika | analăngsa ing ati | kamiduhung dahat | dadya mrês budidaya | ana wil mijil sawiji | aran Sang Drêstha | ingkang arsa tinuding ||

16. kinèn [ki...]

--- 68 ---

[...nèn] maring Pêngging dadya duratmaka | amèta cundhamani | alon aturira | Sang Wil Drêstha mangkana | pukulun sri narapati | botên katênta | lênggana ing panuding ||

17. kang saèstu kawula sagêd punapa | mindhak anguciwani | yèn sambadèng karsa | lêhêng animbalana | Risang Gandarwo Baidhi | kawarti mangkya | sêsingidan amrêgil ||

18. manggèn wontên madyaning wana Kandhaka | nunggil sang wrahaspati | lawan Sang Bahlika | sami gandarwa raja | kasub sudibya di murti | kados punika | sagêd mungkasi kardi ||

19. kapanujon ing tyas sang raksasa raja | Wil Drêstha kinèn nuli | mangkata priyăngga | maring wana Kandhaka | animbali Sang Baidhi | lan gandarwendra | Bahlika wrahaspati ||

20. nêmbah mêsat saking ngarsa angambara | praptèng Kandhaka manjing | puraning Bahlika | panggih katri samana | winarah yèn amarêngi | sami sinengan | maring Parswasta giri ||

21. pinèt sraya dening sang yaksa narendra | sarta tinari-tari | barang rèh sumarah | ya ta Raja Bahlika | myang Baidhi wrahaspati | samapta mangkat | praptèng Parswasta giri ||

22. panggih lawan Sang Dingtya[3] Raja Parwata | sami sinukèng kapti | sarta pinasrahan | pangrèh sèsining praja | nulya winarah sajati |

--- 69 ---

kang dadya karsa | andhustha cundhamani ||

23. Sang Gandarwa Raja Bahlika samana | tan pisan nayogyani | karantên punika | raksasaning jawata | măngsa wontêna kang bangkit | yèn andhusthaa | mindhak amanggih wèsthi ||

24. yèn sambada lêhêng masanga kamayan | anandukkên panyakit | ing sasaminira | kang akarya rêkasa | yèn tan katumbalan dening | sela muksala | ing Cakrawala wukir ||

25. kinumakên ing jro saniskarèng tirta | makatên kang sayêkti | panawèng kamayan | wasitaning hyang rudra | yaksendra tan nayogyani | pikir mangkana | rinasa tanpa kardi ||

26. yèn sêmbada luhung mancalaa warna | mêmindha dewa sami | ngakua dinuta | dening Hyang Suranata | anyilih kang cundhamani | mungguh ing karya | măngsa kurang sêngadi ||

27. katri tanggap mêsat saking ngabyantara | Sri Karawu winardi | sadanguning aprang | dityarsi lan yaksendra | gandarwa raja mèt silib | solah siluman | tan koningèng supadi ||

28. angawaskên rèhing prang tan kasamaran | kongsi sor sang dityarsi | maksih masiluman | dadya mangke waspada | sawadining sarwa sandi | wusana mêsat | andhihini dustha tri ||

29. praptèng Pêngging matur salwiring pawarta | kampitèng tyas narpati | dupi amiyarsa [amiyar...]

--- 70 ---

[...sa] | sirnaning rêsi ditya | mangu mangunêngan kardi | basănta mănda | katawêngan imadri ||

30. dangu tanpa ngandika èsmu kasrêpan | tyas sanityasa tistis | gandarwa wus wikan | marêk matur wisikan | kang arsa dèn laksanani | yèn dhustha prapta | sami mancala warni ||

31. pinasangan gêlar walikan paningal | bingung datanpa budi | prabu kasêmbadan | nulya gandarwa raja | mêsu wêkasing pangèsthi | marang Parwata | taruna wardèng dadi ||

10. Sinom

1. ngarsa kusuma sumirat | sarananing minangkrêti | duratmaka tri kataman | têmahan salin pangaksi | wau mangidul sami | mangkya lampahira wangsul | mangalèr katri pisan | sanalika tanpa budi | pangrasane maksih angidul kewala ||

2. datatita samantara | Sri Karawu mêsat prapti | graning wukir Cakrawala | mèt sela muksala nuli | wangsul marang ngarsa ji | antuk-antukira katur | matur yèn kaparênga | sagunging patirtan sami | kinumana ring sela-sela sadaya ||

3. pakantukipun minăngka | paliyasaning dur karti | panawèng para kamayan | sirêp uwuk tanpa dadi | prabu nambadèng kapti | sagunging patirtan sampun | cinêmplungan warata | kongsi têkèng kitha lami | wus mangkana Dyah Sidhawati winartan ||

4. ing tiwase

--- 71 ---

ramanira | kasoran prabawa sakti | dening Yaksendra Parwata | samana Dyah Widhawati | martrênyuh ring tyas tistis | katêtangi tangising kung | kongas sasmitèng tikbra | yayah tumutura lalis | priya tansah angêngimur manuhara ||

5. marsêpuh myang awêwarah | kinèn anarimèng batin | mupusa pasthèning titah | pandoning suksma sayêkti | ramanta wus utami | sampurna pamuksanipun | marga ngadu prabawa | awênang madyaning jurit | jati murti daluya lingga bathara ||

6. Dèwi Widhawati mangkya | wus lipur mari prihatin | karya panutur dêdupa | găndawida sari-sari | sumirat pulanggêni | saênggon-ênggon kumêlun | samantara kawuryan | yayah angayuh wiyati | kang supraba măngka tăndha katarima ||

7. wau ta kang kawuwusa | lampahing duratmaka tri | praptaning wukir Parwata | aniyup mangandhap sami | sampun mancala warni | Raja Bahlika puniku | mindha Sang Hyang Naradha | Baidhi myang wrahaspati | mindha Sang Hyang Tandhuru lawan Kuwera ||

8. pangrasane katri pisan | mangkya wus prapta ing Pêngging | marma tumamèng jro pura | nuju sang raksasa pati | lênggah amung pribadi | mangkana pandulunipun | kang samya mindha dewa | maring yaksendra

--- 72 ---

kaèksi | Natèng Pêngging Bathara Aji Pamasa ||

9. dadya parêng bawa swara | manadukara sêsanti | kagyat sang raksasa raja | dutane gandarwa prapti | samya salah pangaksi | sampun anduga ing kalbu | yèn duta katri pisan | kataman upaya sandi | pananduking kamayan karti sampeka ||

10. saksana murwèng pranawa | musthi wêkasing pangèsthi | gandarwa tri wus waluya | mangêt tyas karuna sami | bramatya sang yaksa ji | yayah manggala gul-agul | gumilang gora-godha | gatgadasmu mêmêsumi | sumung-sumung mêksarsa marawasèng rat ||

11. muwus wêngis winga-winga | hèh kalinganeya iki | rupane kang ngaku guna | sudibya prawira sêkti | dene têka anguris | marasantyas tanpa urus | lèrès aris-arisan | karasa apa ing jurit | jarèt larut mirut durung karahatan ||

12. jêr purane padha kiwa | dudu ditya dudu janmi | dudu manuk sato wana | baya bangsaning sukêr jis | parandene dadya ji | tyas wijah jujul tan jêbul | jugul kurang gêgala | wikana mangkene sami | nora sotah mèt saraya nir kaskaya ||

13. duk lagya kèdêl samana | dukanira sang yaksa ji | Gandarwa Raja Bahlika | mêsat muksa tanpa pamit | Baidhi wrahaspati |

--- 73 ---

tumutur anamun-amun | mantuk maring Kandhaka | mangkana Dèwi Parwati | marêk sarya ngrêrapu dukaning priya ||

14. dhuh prabu sampun kadawan | dêduka dede wadya ji | aran mung amèt saraya | tan antuk karya sayêkti | sami kalilan mulih | makatên ing lêrêsipun | pintên banggi punika | kinêtog pikire malih | piniluta mrih malad sudirèng driya ||

15. sampun pijêr dinukanan | kacara wadya pribadi | sayêktinipun punika | sami angêmu saksêrik | katawis tanpa pamit | ing wau pamuksanipun | mangke puwara paran | kang măngka sarana yêkti | mung mêmuntu santosèng tekad priyăngga ||

16. anglênggêr tanpa ngandika | sang raksasa raja mangkin | martrênyuh sotaning kang tyas | ambêkuh muksa tan kèksi | gadga Sang Dyah Parwati | Wil Drêstha gupuh tinuduh | kinèn mêmanukana | paran dadining pambudi | nêmbah mêsat limunan anèng gêgana ||

17. sang ditya raja kawuryan | dadya dahana mawêrdi | mulad-mulad angêngalad | moring păncawora tarik | angkara-kara kèksi | yayah Sang Hyang Kala Mrêtyu | karsa anglêbur jagad | kang agni wiswa andadi | marab-marab ing awiyat kaèbêkan ||

18. burbuah syuh kabasmaran | singa pinarag ing agni | tumpês tapis tanpa sesa |

--- 74 ---

sèsining wana sirnanting | myang padêdesan sami | samantara rug dadyawu | wangke wor lan wit-witan | tanpa kukupan sayêkti | kèh maesa bayangan tibèng jêjurang ||

19. nahan barusah ing desa | wana lawan wukir-wukir | Narendra Aji Pamasa | kagyat anon wong angili | maring jro praja sami | nandhang watgata sadarum | amêpak para wadya | sang gandarwo raja prapti | angaturkên karuksaning saniskara ||

20. triwikramaning yaksendra | paksa marwasèng dumadi | dadakan dadya dahana | wisarda mandya mawêrdi | yèn botên dèn tulaki | agêm paduka cêcundhuk | cundhamani punika | yêkti kalampahan mangkin | sirna gêmpang dados awu sanagara ||

21. gadgada sri naranata | amusthi kang cundhamani | sinidhikara sakala | mijil martyu siwandagni | sor panasing yamani | datan na wisma kalimput | rêp-sirêp tanpa tilas | Raja Karawu udani | alon matur sampun samantên kewala ||

22. tumuntên dipun laruta | wikramaning cundhamani | kang wiswagni sampun sirna | lamun kalajênga yêkti | anyalad suranadi | tan wande manggih sêsiku | kadukan ing jawata | sri narendra anuruti | cundhamani waluya jatining rêtna ||

23. wus mangkana karsa

--- 75 ---

nata | sagunging wong nandhang kanin | labêt kataman dahana | kausadan mulya sami | kinèn têtêpa panti | kalilan sasênêngipun | sinungan băndha beya | karya têtaruban malih | kabèh dahat anênuhun suka rêna ||

24. mangkya sang gandarwo raja | dinangu mring sri bupati | hèh kakang Karawu paran | sasirnaning mungsuh iki | gandarwendra wotsari | ing wuri pan taksih agung | marma yèn asambada | amba lumampah tinuding | dhatêng Krêndhawahana minta saraya ||

25. supados sampun kuciwa | praptaning mêngsah ditya ji | tandhinga sami raksasa | paduka amung ningali | dèn sêsambia mawi | totohan sapantêsipun | lawan para punggawa | pundi kang dipun tumuti | anggêr botên kêkirangan tyas wiweka ||

26. prabu manggut kaparêngan | mêsat sang gandarwo pati | praptaning Krêndhawahana | matur surasèng tinuding | Dèwi Kalayuwati | pangandikanira arum | hèh Sang Sampatisuta | kabêsturon sun arani | kaki prabu katungkul ulah kawiryan ||

27. wus pirang taun kewala | jumênênge anèng Pêngging | durung tau têtawuran | wadalan kêbo sawiji | marang ing Găndamayi | mangkya eling minta tulung | risang gandarwo raja | kang tyas sanityasa tisits |

--- 76 ---

sumungkêm ing kisma nuwun pangaksama ||

28. Dèwi Yuwati samana | lumuntur wilasèng galih | ngandika mangayubagya | benjang yèn wus ana warti | praptaning mungsuh yêkti | ingsun tulungi bêbantu | Wil Rudra Kalarupa | kang kasub sudibya sêkti | tan kuciwa tandhing prang padha raksasa ||

29. ing mêngko iki sayogya | milutaa ditya cilik | kang padha amakarangan | anèng wana wukir-wukir | pinilihan kang bêcik | pantêse măngka gul-agul | manggalèng gala-gala | jinunjung dadya wadya ji | lowung-lowung kinarya kiwul kêkawal ||

30. Raja Karawu wotsêkar | mêsat sanalika prapti | ing Pêngging tumamèng pura | marêk ing ngabyantara ji | matur saliring warti | kampita mèngêt tyas prabu | nimbali kyana patya | kinèn saosa tumuli | kêbo lawung saitunging panjênêngan ||

32. lan dupa mênyane pisan | badhe tawuran sajati | marang ing Krêndhawahana | sarta dhinawuhan malih | kinèn anênimbali | sagunging ditya lit agung | kang samya makarangan | saurute ana wukir | kyana patih sandika wotsari mêdal ||

33. enjang kantur kang maesa | dupa mênyan amiranti | pinatah kang lumaksana | dadya tuwa buru sami | samapta pangkat enjing | wangsulira [wangsuli...]

--- 77 ---

[...ra] sampun esuk | matur wus katarima | sukèng tyas sri narapati | samantara praptaning kang para ditya ||

34. sami kinulawisudha | sapangkat-pangkating linggih | matur kang măngka pramuka | Sang Gowindra Sang Saodi | Sang Baradhana tuwin | Sang Nandana kapatipun | samya darbe sor-soran | anglima sowang kinardi | lêlurahe wadya raksasa arahan ||

35. sor-soraning Sang Gowindra | aran Ditya Wityasrênggi | Sang Nisatha Sang Ulmuka | Sang Rudraksa Sang Wil Bodhi | sor-soraning Sawani | aran Sang Ditya Santanu | kabèh samya prawira | Sang Waraba Singakrêti | sor-soraning Baradhana ran Sakarna ||

36. lan Sang Prastha Sang Kukustha | Sang Kuskara Sang Keswari | sor-soraning Sang Nandana | Sang Garwita kang wêwangi | Sang Derodana malih | Sang Nindya Nuwindabènu | kabèh samya sinungan | busana samapta sami | suka sukur saking datan kêkurangan ||

37. kaugung sagunging ditya | tinêkan sakapti-kapti | marmane samya rumasa | antuk lêbda jiwa yêkti | tan kewran anrang wèsthi | nahan gantya kang winuwus | Wil Drêstha wus waskitha | barang rèh sarwa udani | adan mêsat anduduk praptèng Parswasta ||

11. Dudukwuluh

1. sigra Sang Wil Drêstha manjing pura sampun | matur solahing tinuding | wiwitan wêkasan rampung |

--- 78 ---

duk miyarsa Dyah Paroti | martrênyuh tyas kantakèng gon ||

2. êmban diyu kampita nungkêmi suku | Balwiki lawan Maridhi | karo karuna samyanglud | anglês tyas anglalu lalis | Wil Drêstha dangu andongong ||

3. tan antara praptanira Sang Brakuthu | amêmisik karna kering | Dèwi Parwati wus emut | êmban Balwiki Maridhi | padha eling dhêlog-dhêlog ||

4. Sang Brakuthu matur yayah angêngimur | gusti punapa ginalih | mindhak angênguyu wuyung | lêhêng mupusa ing pasthi | mantun karantan ing batos ||

5. mapan raka paduka sampun linuhung | kalêbêt utamèng pati | mantêp anêtêpi wuwus | punaginira ing nguni | yèn datan ruwat warna won ||

6. tyas anglalu mila aluluh dadyawu | mangkya sampun anêmahi | saèstu manggih rahayu | nirmala waluya jati | ngling sang bathara kinaot ||

7. Dyah Parwati asrêt wijiling pamuwus | hèh Brakuthu ana sisip | pan sira memuti limut | nanging ta paran ing wuri | tibaning badan têkèng don ||

8. sapa kang wruh puwaraning rèh rahayu | yèn ora lawan kaèsthi | sarananing mèt kêkiwul | wong kinaniaya yêkti | yèn amupus kabêsturon ||

9. saturune aji wuh godhonge randhu | Brakuthu [Bra...]

--- 79 ---

[...kuthu] matur wotsari | yèn makatên karsanipun | pangraos kawula gampil | sami rinêmbag kang golong ||

10. Sang Gandarwo Raja Bahlika puniku | Baidhi myang wrahaspati | piniluta apakantuk | sami sinukèng sakapti | srah jiwangga kang sayêktos ||

11. dipun sasat prasêtya barang rèh nurut | ngandika Dèwi Parwati | wong wus asasmita rêngu | sapa kang bisa mêmulih | mèt malatsih kapanujon ||

12. aturira sang banaspati Brakuthu | pun Drsêtha pantês tinuding | kang sampun waskitha tuhu | tinakèn tan madal sumbi | ugêr tumamèng lêlakon ||

13. Dyah Parwati kasêmbadan tyas anuduh | Wil Drêstha kinèn lumaris | winêling nindaki tanduk | aywagop yèn ananggapi | myang ngrênggêp miguna manggon ||

14. Sang Wil Drêstha matur sandika wotsantun | mêsat wisatèng wiyati | mangayat wor amun-amun | wrin ing ima sinrang ngisis | sumawur sosoran mingsor ||

15. praptèng wana Kandhaka laju maniyup | Wil Drêstha wus apêpanggih | lan Raja Bahlika nuju | Sang Baidhi wrahaspati | anèng ngabyantara karo ||

16. tinakonan ing karya Wil Drêstha matur | mèt panamuring rèh ririh | angarah tibaning tanduk | bêbuka dinutèng gusti | kang sawêg nandhang wirangrong ||

--- 80 ---

17. asung wikan tiwasing priya dadyawu | kataman ing cundhamani | saking kelon wêkasipun | nuruti wirotèng ati | atilar pangatos-atos ||

18. mangkya Dèwi Paroti kewran tyas kuwur | tan wontên tinari-tari | têtaringan barang rêmbug | wêkasan musthi pangèsthi | muhung paduka katongton ||

19. pantês dadya pandaming wardaya giyuh | yayah hyang surya nêlahi | sèsining jagad kadulu | makatên prabawèng budi | kabudayan ta kinaot ||

20. jêr wus kasub sudibya sakti saèstu | myang kamayan mikênani | wikan wêwekaning kewuh | kasudiran tanpa siring | sumirang rèh arang karon ||

21. mila wau Dyah Parwati wêlingipun | mung amular mêmalarsih | parênga paring pitulung | srah jiwa raga sayêkti | barang rèh pakon linakon ||

22. duk miyarsa Sri Bahlika mèsêm muwus | hèh Wil Drêstha sira iki | widagda mardawèng têmbung | tambangan sinambang liring | amirênani tyas ingong ||

23. ingsun budi kadadeane yèn kasdu | kasidan sabda sang dèwi | srah jiwangga ring rèh nurut | prasêtya mangkono yêkti | yogyane kudu kalakon ||

24. Dyah Parwati kaparênga ingsun wêngku | wasisan dadia rabi | ing têmbunge nora tanggung | atêtulung barang gusthi | milu labuh tibaning [tiba...]

--- 81 ---

[...ning] don ||

25. Sang Wil Drêstha gumuyu wotsari matur | yèh mangkatên têka gampil | pasthi kalampahanipun | kula ingkang ananggêni | anggêr tinulungan yêktos ||

26. winangsulan hèh Wil Drêstha sira iku | têka wani amêmêsthi | kalêbu wong ngumbar sanggup | saguh anggadhahi gusti | bênêre ora mangkono ||

27. umatura karuhun maring gustimu | kayaparan ing pamikir | apa parêng apa lumuh | dadi nora mindho kardi | sirna wurung anèng kono ||

28. yèn panuju ingsun iya atêtulung | lamun lumuha pakardi | tuwas rêkasa ing kalbu | marsudi rêmbug pramati | angur enak atêturon ||

29. Sang Wil Drsêtha kongkulan sabda tumungkul | wotsari umatur aris | inggih alêrês pukulun | mangke kula kang maripih | manawi sagêd kalakon ||

30. pamit sampun kalilan saksana muluk | praptaning Parswasta giri | marêk ing ngarsa dinangu | matur surasèng tinuding | wiwitan wêkasaning don ||

31. Dyah Parwati ngungun tyas sasmita rêngu | rumasa kasêsêr aris | rinêksa wisesanipun | kapinêngan mangawêri | marwayèng luh riwe mawor ||

32. Sang Wil Drêstha myang wrahaspati Brakuthu | samya ngrêrapu maripih | mèt pangimur amèt lipur |

--- 82 ---

paripurna mêmalatsih | rumaras atur wêwangson ||

33. wong rêrowang tanpa pituwas yèn rampung | mangkana Dèwi Parwati | lilihing nala kalulun | pangandikanira ririh | lah măngsa boronga karo ||

34. karya kongas pangrarasing rèh rahayu | Brakuthu Drêstha wotsari | mêsat angambara silum | praptaning Kandhaka sami | niyup tumamèng kadhaton ||

35. tinakenan ing Raja Bahlika sampun | umatur sajarwa jati | sang dyah tan lêngganèng kayun | yèn sampun rampung ing kardi | makatên ingkang wiraos ||

36. ron tilarsa wiyangga lit jamang wakul | ing pangrèh dipun aririh | sarira sintên kang mêngku | benjang sirnaning kalilip | srah jiwa raga sayêktos ||

37. sira Raja Bahlika muwus mêmardu | tau warna ujung katri | ing mantara wor lêlayung | yèn mangkana anuruti | sang dyah ing pamintaningong ||

38. ingsun iya mangayubagya wèh rêmbug | rimbaganing barang gusthi | manawa bisa katêmu | lan Dyah Parwati pribadi | dimèn suda brangtaningong ||

12. Asmaradana

1. têtalinên wuwus mami | sayêkti datan madaya | măngsa borong prayogane | Brakuthu Drêstha wotsêkar | matur manadukara | yèn makatên saenipun | paduka angawonana ||

2. karsa tumindak pribadi [priba...]

--- 83 ---

[...di] | kerida ing lampah kula | minăngka tăndha yêktine | sih wêlas paduka nata | ing rayi jêngandika | kang sawêg kakênan ing kung | kongasing asmara tura ||

3. sintên kang asung usadi | supadi sudèng turida | amung paduka pantêse | Raja Bahlika kataman | martèng basa la-êla | lananing nala kalulun | sanalika angambara ||

4. Baidhi myang wrahaspati | Brakuthu miwah Wil Drsêtha | tumutur sarêng mêsate | samya gayuh ing awiyat | samantara tumêrah | praptaning Parswasta mèru | laju manjing purantara ||

5. panggih lan Dèwi Parwati | sinambrama ing pambagya | tumanggap sami sukane | wêkasaning kang rêrasan | amrih sidyaning karya | pinuntu pêpuntonipun | kang tumuli kalêksanan ||

6. patang prakara rinukti | kapisan karya mupakat | larang pangan kamulane | sagung ingkang têtuwuhan | têrag tanpa woh samya | wiji kêkêl nora cukul | turusan mungkrêd sadaya ||

7. kapindho masang sêsakit | kaping tri anggêlar wisa | sumarambah sanggon-ênggon | sagung tirta tarulata | mèsi wiswa sadaya | ping pat ambabar pambawur | prabawaning pangabaran ||

8. nanging kasidaning dadi | ana kang măngka sarana | rong prakara winiraos | kapisan pinintèng dewa | manungku panêkungan [pa...]

--- 84 ---

[...nêkungan] | kapindho sarananipun | nalăngsa ing yayah rena ||

9. angiras atur udani | ing rèh kang wus kalampahan | tan widada kadadène | wêkasan minta aksama | yèn kalakon mangkana | saking pangintên pakantuk | antuk tăndha katarima ||

10. wuwusing Bahlika mangkin | karya ngrês surasaning tyas | Dyah Parwati angatuhon | rumasa salah pangulah | wêkasan analăngsa | mangayubagya ing rêmbug | kang lêstari linakonan ||

11. Raja Bahlika tumuli | matah kang pantês dinuta | maring Manimantakane | Baidhi lawan Wil Drêstha | winêling wus tumanggap | nêmbah mêsat saking ngayun | kang măngka manggala gita ||

12. nahan lakuning Baidhi | prajèng Pêngging winursita | Sri Aji Pamasa mangke | dhawah karya pasanggrahan | anèng jaban nagara | wetan lèr kilèk[4] myang kidul | wangun kuwu bêbitingan ||

13. barênga tumandang sami | gêlakan panggarapira | patih sandika ature | lagya mêmatah punggawa | kang minăngka pramuka | angadani ing pamangun | mariksa abarang karya ||

14. kasaru wadya pamuri | marêk mangarsa wotsêkar | atur uninga wiyose | wontên pandhita dhatêngan | lawan saanakira | miwah endhang cantrik tumut | tinakèn pangakênira [pa...]

--- 85 ---

[...ngakênira] ||

15. saking nagara Hèrbangi | awasta Brahmana Nirma | kusung-kusung sarwa repot | pambêktanipun sabarang | sadaya darbèkira | datan murwat yèn dinulu | katingal cêkap kewala ||

16. tiniti prêluning kapti | amung sêdya ngungsi gêsang | ananggakkên jiwanggane | anggêr kalilan marêka | ing ngabyantara nata | badhe sajarwa umatur | ing rèh lêlampahanira ||

17. angandika sri bupati | lah iridên sang brahmana | lawan saanak rabine | dimène matur sajarwa | wadya pamuri nêmbah | lèngsèr sanalika wangsul | sampun angirid brahmana ||

18. praptaning ngabyantara ji | kalilan lênggah satata | kipa-kipa sangêt mopo | kapêksa nuruti karsa | sinambrama pambagya | marikêlu matur nuwun | kapundhi sabda narendra ||

19. angaturkên ulu bêkti | bêbêktane saking sabrang | êmas ure sagêgorèn | lan rêtna sotya mutyara | pan sami bêbungkusan | matur punika pisusung- | nging sumapala sadaya ||

20. kaatur ing paduka ji | amung dadosa pratăndha | karaharjan sadayane | angandika sri narendra | apan nêdha narima | pisungsungira saèstu | dadi suka pirênèng tyas ||

21. mangkya paran kang kinapti | sajarwaa kang sanyata | dene [de...]

--- 86 ---

[...ne] wontên pakèwêde | titi sunya aprayoga | matur Brahmana Nirma | wados punapa pukukun[5] | dupi sawêg pasamuan ||

22. botên pakèwêd sayêkti | sajarwa ing lêlampahan | sajatosipun kemawon | inggih kawula punika | kalêbêt băngsa wasya | kawadaka warda wiku | kasêbut raja pandhita ||

23. mêngku nagarèng Hèrbadi[6] | amung praja lit kewala | ananging wingit labête | panggenan raja pandhita | nguni praptèng samangkya | dèrèng nate ara-uru | kagegeran dening mêngsah ||

24. awit sang brahmana sidhi | sinidhikara sumitra | Sri Palasara lamine | sampun sadasa turunan | praptèng amba punika | ing nama kasub kasêbut | Bagawan Nirmawacana ||

25. cêngkiwinganing wêwangi | inggih Ki Nirma kewala | pêparab Pak Naru mangke | kabêkta wastaning suta | mung satunggal wanodya | awasta pun Rara Naru | warnawon kadi wanara ||

26. parandosipun akardi | rudah pardayèng sudarma | makatên lêlampahane | wontên narendra sudibya | Sang Arjèng Sindu praja | anama Sang Prabu Kèstu | trah Sindu raja ing kina ||

27. punika angangkah rabi | dhatêng pun Naru sutamba | tinêngran raja pangangge | mas rêtna maneka warna | miwah wastra di mulya | sarta

--- 87 ---

mêng-amênganipun | pinantês sarwa samapta ||

28. cêcanthèng dhakon cangguring | samya mutyara sadaya | sanèsing têngran pangangge | lumintu kang kêkintunan | boga pala sarweca | myang găndawida rum-arum | wêdalan Sindunagaran ||

29. ananging dados mubadir | datanpa karya sadaya | dene pun Naru tyas lumoh | milalu dahat lênggana | dumèh dede sababag | parawan antuk pêpikun | sampun kuciwa ing warna ||

30. lawan bèbèt băngsa laki | sangkanipun tan amăngga | lamun pinêksa tekade | arsa anganyuta jiwa | dupi sampun kawarta | saking nagari ing Sindu | lênggananipun sutamba ||

31. ing antawis dintên prapti | dutaning Sang Kèstu Raja | amasang pangasihane | guna dhêsthi lawan gêndam | tan wontên kang tumama | bramantya Narpati Kèstu | amêpak wadya punggawa ||

32. arsa ngrabasèng Hèrbangi | dinalih kula kang kêkah | sampun misuwur ing wartos | budhale Sang Kèstu Raja | saking Sindu nagara | saha wadyakuswa kêbut | kawula dahat sungkawa ||

33. tansah manungku sêmèdi | nêgês karsaning bathara | antuk wangsit sawantahe | kinèn dhatêng tanah Jawa | mung lawan suta semah | santana warga kang tumut | dèn watawisa kewala ||

34. Natèng Pêngging Dwarawati |

--- 88 ---

Bathara Aji Pamasa | kang pantês dadi pangungsèn | jodhoning Naru ing benjang | makatên kang wasita | mangkya lêlampahan sampun | amba marêk ing ngarsendra ||

35. wahananing kang wêwangsit | măngsa boronga ing karsa | amung têmbe upamine | Natèng Sindu anglêlunta | dhatêng ngriki sumăngga | angandika sang aprabu | manawi sami raharja ||

36. antuk parmaning dewadi | yêkti sagêd kasêmbadan | pangèsthining tyas ing têmbe | andhêku Brahmana Nirma | wus mangkana winarna | narendra luwaran sampun | tumamèng jro purantara ||

37. Brahmana Nirma ing mangkin | sinung prênah pamondhokan | anèng salèring panêpèn | pasugatan tan kuciwa | dupi antara dina | Dyah Naru kagarwèng prabu | sor-soran sori pamungkas ||

38. dèn lih nama Endhang Bangi | kabyawarèng sanagara | samana sarêng angkate | kang sami anambutkarya | ngadani pasanggrahan | rinakit pandhudhukipun | talêsan sawarni tala ||

39. kunêng kawarnaa malih | lakuning Baidhi Drêstha | praptèng Manimantakanjog | laju manjing jroning pura | panggih lan ditya raja | dinangu ing karya matur | salwiring rèh kang kawuntat ||

13. Pangkur

1. nalika Raja Parwata | ginubêl ing atmaja minta sori | kongsi [kong...]

--- 89 ---

[...si] wêkasan dadyawu | kawisesa ing mêngsah | Sri Parwata murina marwasèng ripu | sang maharsi ditya sirna | sor titih santika kontit ||

2. Sang Ditya Raja Parwata | sangsaya gêng tyasira katêtangi | mèngêt sudara kapusus | paksa mangsah sahasa | angrêrisak sèsining jagad dadyawu | puwara muksa kataman | prabawaning cundhamani ||

3. Dyah Parwati mèt saraya | Sri Bahlika Gandarwo Raja sakti | pamrih pakolih tinurut | yèn sarampunging karya | srah jiwangga sumăngga suka winêngku | marma Sang Raja Bahlika | mijil wêkasing panggusthi ||

4. ingkang badhe linaksanan | amêmangsah pangrèh upaya sandi | patang prakara tumanduk | dhihin karya masakat | kaping kalih amêdhar sêsakit agung | kaping tri anggêlar wisa | ping catur ambabar dhêsthi ||

5. prabawaning pangabaran | asarana apan kalih prakawis | ingkang rumuhun sinêkung | minta parmaning dewa | kaping kalih nalăngsa ing rama ibu | anênuhun pangaksama | pamuranging rèh tan yukti ||

6. wêkasan amba dinuta | umatur ing paduka mêmalat-sih | lumuntura wêlasipun | dhatêng putra paduka | Ditya Raja Matiki[7] miyarsa atur | rêngu pasanging sasmita | nanging wuwusira aris ||

7. layak bae mangkanaa | Si Parwata [Par...]

--- 90 ---

[...wata] kalawan Si Parwati | ujêr padha nora urus | arusing durgandana | kasor dening bacin bangêre si pêngung | pangungasan sarwa sudra | êndhêk-êndhêk myang sukêr jis ||

8. lumuh milu kalumrahan | mung nuruti runtiking ati juti | têtika murang silarju | tan wurung kasangsaran | duta karo katrêsan tyas marikêlu | samya matur angrêrêpa | mèt pangrapu mangrapêt ing ||

9. gusti punapa dinukan | putra putri tiyang sampun kaèksi | samya nêmahi tan tulus | Raja Parwata sirna | Dyah Parwati kantun anandhang kung wuyung | labêting rêngat paduka | andadoskên tulah sarik ||

10. paran pedah rinaosa | lêhêng galih mèngêt murinèng siwi | karantaning kawlas-ayun | manggèn ing yayah rena | sampun mênggah putra wayah kang ambêsur | ginêbagana ing liyan | yèn botên dèn murinani ||

11. Raja Martiki miyarsa | kadgadèng tyas animbali pêpatih | sang dumrapta praptèng ngayun | dhinawuhan siyaga | tata-tata samaptaning aprang pupuh | lawan kinèn angêriga | wadya raksasa gung alit ||

12. arahên wil brakasakan | kabèh datan ana kalilan kari | yaksendra panglurugipun | marang nagara Jawa | benjang măngsa kartika taun ing pungkur | Baidhi Drêstha samana |

--- 91 ---

wus kinèn mantuka sami ||

13. nêmbah mêsat angambara | samantara praptèng Parswasta giri | matur ing sasolahipun | Dèwi Parwati mangkya | eca tyase rumasa antuk pitulung | myang Raja Bahlika dahat | saarsèng wardaya kèksi ||

14. nahan ing wukir Parswasta | kawuwusa Natèng Sindu nagari | samana panglurugipun | praptèng Hèrbangi praja | sêsuwungan Brahmana Nirma tan pangguh | kawarti mangkya miruda | ngungsi marang tanah Jawi ||

15. amung lawan garwa putra | kulawarga sawatara kang ngiring | prajèng Pêngging jujugipun | pêksarsa mèt saraya | marang Prabu Aji Pamasa tinuju | ing pangudi ngungsi gêsang | malah kasubing pawarti ||

16. yèn Dèwi Naru ing mangkya | wus kagarwa marang sang Natèng Pêngging | mangkana pamyarsanipun | Sri Kèstu Sindu Raja | bramantyèng tyas waringutên ngugut-ugut | madêg sudira tan taha | undhang anglud anglêlari ||

17. sumrêging laku samana | samya mêntas ring muarèng pasisir | dadakan akarya kuwu | anèng dhukuh Surukan | paminggiring purwapada tembak timbun | saênggon-ênggon kèbêkan | praptèng karajaning janmi ||

18. angêndhih sagung pomahan | otêring wong paminggir samya wingwrin | katrêsaning ara-uru | rêbut paran sowangan | ana ngetan [nge...]

--- 92 ---

[...tan] myang ngulon miwah mangidul | tambuh-tambuh dèn ungsia | nahan samantara mangkin ||

19. kawarnaa sri narendra | ing Awantipura sawadya sami | samapta panangkilipun | marang Pêngging nagara | amarêngi măngsa asuji puniku | tigas[8] warsa mèh tumanggap | gumantining taun malih ||

20. budhalira saking praja | Srimanganti kagyat anon wong ngili | dinangu sajarwèng atur | dadya kandhêg samana | rêmbag lawan wadya iyêg sabiyantu | kaprayogèkkên wangsula | matah kang pantês tinuding ||

21. kinèn laju atur wikan | marang Pêngging praptaning kang sung titi | parangmuka saking Sindu | arsa mrêp marawasa | wong sa-Jawa paksa winor ing prang pupuh | tanpa tatakramèng raja | sawênang-wênang mèt pati ||

22. kasêmbadan ing wardaya | Srimanganti tumamèng praja malih | tansah prayitna ing kewuh | marang rèh jagaruna | rinukti kang pangrakit papaning pupuh | pininta-pinta samampta | manggala glar marasandi ||

23. wus mangkana samantara | matah wadya kang apantês tinuding | marang Pêngging alêlayu | atur nuwala patra | sira Dêmang Satrutapa Jagansatru | winêling-wêling tumanggap | sanalika mangkat sami ||

24. kunêng gantya winursita | Prabu Titipala ing Păncawati | miyarsa praptaning mungsuh | saking sabrang ngajawa |

--- 93 ---

tanpa krama paksa dumuk angun-angun | arsa marwasa wisesa | ring janma jinor ing jurit ||

25. kampita Sri Titipala | undhang tata-tata samapta sami | budhal sawadyane kêbut | marang dhukuh Surukan | ananggulang ing mungsuh kasrêg inirup | pagut prang samya prawira | tan ana kang nguciwani ||

26. antara danguning yuda | wadyèng Păncawati mirut katitih | Prabu Titipala mangu | kesisan balakuswa | nanging kang tyas tan murud paksa kêkiwul | mangsah sudira manggala | angun-angun ambêk pati ||

27. tan kewran karoban lawan | singa ingkang katarajang angisis | kèngsêr sor kasuranipun | Sang Sindu Raja mulat | sigra mangsah mamêngkok pamuking mungsuh | kapanggih ayun-ayunan | lawan Natèng Păncawati ||

28. mojar Prabu Titipala | hèh wong apa iki ananggulangi | sumaur Sang Natèng Sindu | yèn katambuhan iya | iya ingsun Sindupati Raja Kèstu | kang lêlana adikara | manganjuri jayèng jurit ||

29. arsanjaring wong rat Jawa | sun wisesa kongsi kaèsi-èsi | saking kasokan sêsiku | sikaraning Pamasa | masang saniskarèng karya aru-biru | ambirat kramaning nata | tanpa pariksa sayêkti ||

30. anêmah mamak mêmuta | muput luput kalimputan tyas titi | têtikanira [têti...]

--- 94 ---

[...kanira] tan turun | têka wani mêmalang | angalangi bakal jatukramaningsun | wêkasan karabi pisan | iku wong tanpa pambudi ||

31. kalêbu ngilani jaja | anjajagi sapadhaning ngaurip | ngarêp-arêp rêmpak rêmpu | iya măngsa wurunga | sirna dening sanjata kamayaningsun | Sang Aprabu Titipala | duk miyarsa muwus wêngis ||

32. babo-babo abanira | paksa ngrusak sèsining nuswa Jawi | lamun maksih andêlipun | lah măngsa kalakona | iya ingsun iki kang karya gul-agul | manggalèng ratu tampingan | angrèh uruting pasisir ||

33. têngran Prabu Titipala | angadhaton nagarèng Păncawati | kasub kasudiran ingsun | kapêksa sèsining rat | mirut dening karoban prabawèng panduk | pindakaning saradibya | panglêburan para juti ||

34. bramantya Sang Sindu Raja | anglêpasi sanjata dibya sakti | sarya ngling rasakna iku | kang ngaku kalokèng rat | Prabu Titipala prayitnya ing kewuh | musthi warastra panulak | lumarap ananggulangi ||

35. pagut wor ulêng-ulêngan | ing gêgana kadi atêp atitip | tanpantara sirna larut | sinrang ing samirana | natèng Sindu angungun tyas kapirangu | mijilakên pangabaran | mawarna-warna kaèksi ||

--- 95 ---

36. nanging sami tanpa karya | pangabaranira kasoran titih | marma mangkya Prabu Kèstu | nyandhak astra pamungkas | pusakaning nguni kang para lêluhur | natèng Sindu Jayadrata | saking Bagawan Sapwani ||

37. sinidhikara lumêpas | angênani ring natèng Păncawati | tigas utamangganipun | lena Sri Titipala | parêng gara-gara gurnita gumuntur | gêtêr patêr tanpantara | têdhuh dhèdhèt erawati ||

38. tandhaning nata subrata | para dewa anawur riris sari | sumirat sarwa raras rum | rumarap ring kunarpa | sanalika muksèng rana tan kadulu | Sang Sindu Raja sukèng tyas | yayah nagabănda kèksi ||

39. saksana undhang samapta | budhal saking dhukuh Surukan sami | sumusuk prajaning mungsuh | ing Păncawati mangkya | wus kèdêkan wonge mawut ara-uru | rêbut paran sowang-sowang | kadi gambuh kang tyas tistis ||

14. Gambuh

1. ya ta wau winuwus | garwanira Titipala Prabu | Dèwi Satya miruda angingkis ratri | panggih lan pêpatih sampun | warta-winartan kang tinon ||

2. wêkasan karsanipun | Dèwi Satya mung ngèsthi anglampus | kyana patih satata anêmbadani | lêhêng umatur ing prabu | ing Pêngging dimèn mirantos ||

3. yèn prapta natèng Sindu | sampun kongsi [kong...]

--- 96 ---

[...si] kuciwa ing tanduk | Dèwi Satya anurut aturing patih | mangkat amurang marga gung | mêtu kang tan kambah ing wong ||

4. reyongan lampahipun | anggung raryan anèng siluk-siluk | ngasokakên para rêrepot raryalit | angiras ramban rêrêmbug | ratri rêrêm sagon-ênggon ||

5. kunêng ingkang lêlaku | kawarnaa mangkya mangsanipun | panangkilan para nata marang Pêngging | Jawa sabrang sarêng kumpul | manguyu raharjèng katong ||

6. samana praptanipun | para ratu sabrang kang alabuh | ing muara Surukan samya ningali | urut pasisir kadulu | ana tilasing pakuwon ||

7. takon pawarta antuk | yèn puniku kang akarya kuwu | natèng Sindu alêlana andon jurit | saha wadya tansah rusuh | angrêrusak marwasèng wong ||

8. pinaguting prang pupuh | saking Păncawati tanpa keguh | malah Prabu Titipala angêmasi | kasoran prang têmah murud | kang wadya miruda morot ||

9. mangkya sang natèng Sindu | pindhah marang Păncawati laju | bêbitingan anggung ngirabakên baris | adina-dina nênukup | mèt bahakan ambêboyong ||

10. natèng Awanti sampun | samaptèng prang arsa mrêp ing ripu | wande saking aturira kyana patih |

--- 97 ---

dènnya dèrèng mangsanipun | amêthuk praptaning mungsoh ||

11. prayogi alêlayu | dhatêng Pêngging atas karsa prabu | Sri Awanti kaparêngan tyas anuding | punggawa kêkalih sampun | winêling atur wigatos ||

12. ing mangkya marmanipun | Sri Awanti mêmpên sawadya gung | anèng praja tansah prayitna ing wèsthi | ya ta sapamyarsanipun | para ratu sabrang iyon ||

13. ana kang karsa laju | marang Pêngging umatur ing prabu | kang sawênèh rêmbag maring Păncawati | munah satru saking Sindu | kang paksa karya rêrusoh ||

14. ana rêmbug angumpul | lawan natèng Awanti tumutur | amung gusthi kang apantês dèn lakoni | mangkana wêkasanipun | samya sabiyantu golong ||

15. marang Awanti sampun | nuduh wadya kang mangkat rumuhun | sapraptaning Awantipura kapanggih | lan Sri Sena Raja laju | winangsulan kapanujon ||

16. yèn sambada ing kayun | sampun kongsi kawistarèng mungsuh | tulak wangsul kang duta prapta wêwarti | para ratu sabrang rêmbug | mangkat ing ratri kemawon ||

17. mangkana duk ing dalu | samya marasandi lampah ulur | para ratu sabrang praptaning Awanti | pinatah pakuwonipun | sowang-sowang amirantos ||

18. enjing dadining rêmbug | andum karya

--- 98 ---

samya mrih pakantuk | sauruting wukir Kêndhêng dèn barisi | pininta-pinta kang patut | măngka pramukaning kewoh ||

19. iriban rakitipun | kadya baris pêndhêman anamur | panataning rèh gêlar durgama rungsit | kang tan kasatmatèng mungsuh | mangkana sampun kalakon ||

20. ing ratri angkatipun | ana ngulon ana ngetan jujug | marang prênah bêbukanira pribadi | babadan wana winangun | pakuwon măngka pangayom ||

21. ing antara wus rampung | natèng Nuswa Kancana anuduh | punggawa kang dinuta atur udani | marang Pêngging angkatipun | winêling saliring wartos ||

22. nahan duta lêlayu | kawuwusa ing Pêngging praja gung | Sri Bathara Aji Pamasa marêngi | miyos kadi sabênipun | siniwakèng para katong ||

23. samana duk andangu | natèng sabrang tan ana kadulu | kyana patih matur pawartaning janmi | lamun pasisir lèr sampun | kèbêkan praptaning mungsoh ||

24. kawarti natèng Sindu | saha wadya punggawa kêkuwu | ing Surukan saurutipun kinardi | ênggèn pabarisan agung | anggung anggègèrakên wong ||

25. kya patih aturipun | dèrèng kongsi wêkasan kadulu | duta saking Awantipura duk prapti | nêmbah kang nuwala katur | katupiksèng wosing raos [rao...]

--- 99 ---

[...s] ||

26. katungka praptanipun | Dèwi Satya dahat kawlas-ayun | dyan dinangu matur miwiti mêkasi | narendra miyarsa ngungun | mangu onêng tyas wirangrong ||

27. tan antara kadulu | dutèng Nuswa Kancana wotsantun | matur ing rèh wêwêran warta sajati | wêkasan cumadhong dhawuh | anglampahi ing sapakon ||

28. kampitèng tyas sang prabu | têmah madêg kasudiranipun | kang nitya sru sirung samantara prapti | Gandarwo Raja Karawu | angrêrapu matur alon ||

29. pukulun sang aprabu | praptanipun mêngsah saking Sindu | botên dados sandeya awit pinasthi | ulêng-ulêng campur bawur | sirna dening dênawa ngrok ||

30. mangkya mèh praptanipun | Ditya Raja Martiki puniku | kang kuwawa amêjahi Sindupati | saking sami salah surup | kalintu rèhing pangraos ||

31. Arya Boma sumambung | lah Gandarwo Raja Sang Karawu | natèng Sindu pinasthi kang amêjahi | mung ditya raja puniku | kula datan amaido ||

32. nanging sayêktinipun | yèn wontêna karsaning sang ulun | natèng Sindu saktia kadi punapi | kula dèn abêna purun | atandhing prang sami bobot ||

33. mèsêm Raja Karawu | sarywa muwus lah radèn puniku | kasagahaning tiyang amurinani | sudarma pralayèng [prala...]

--- 100 ---

[...yèng] pupuh | sampun limrah sawiyah wong ||

34. anggêr murina tuhu | ing pangraos kasudiranipun | datan wontên kang dumadi dèn ajrihi | nanging makatên puniku | awis kang nêtês sayêktos ||

35. kula wêwarah tuhu | natèng Sindu kasudibyanipun | ing bêbasan tan kêna sinanggi miring | lamun pêpeka kapupu | yèn adhompo kasaliyo ||

36. Arya Boma ambêkuh | sarywa rawat waspa sumung-sumung | kawuryan lir sardula wikriditya mrih | barakan tinêbak luput | anggung anggro sagon-ênggon ||

37. mangkana sang aprabu | angandika lah kakang Karawu | mangkya kaya paran rèh antara yêkti | praptaning kang mungsuh iku | aju undure wadyèngong ||

15. Durma

1. kawistara pangandikaning narendra | èsmu ruditèng batin | marma gandarwendra | wotsari aturira | angrêrêpa mêmalat-sih | dhuh batharèng rat | kang sudibya di murti ||

2. yèn suwawi lawan karsa padukendra | mêmatah kang para ji | sawadya punggawa | bibaring rajawedha | prayogi tinata sami | pangkat-pangkatan | papan panggenan baris ||

3. para wiku maharsi ajar manggèna | wontên lêbêting puri | amung mêmarsita | minta arjaning praja | patih myang punggawa mantri | sami tugura | saubênging nagari ||

--- 101 ---

4. sagung para santana kang sêsambanga | saha wadya pamuri | mariksèng pajagan | kang ratu măncapraja | wontên sajawining nagri | lèr kidul wetan | kilèn sarwa miranti ||

5. para natèng sabrang sampun aprayoga | wukir Kêndhêng dèn gèni | sagung wadya ditya | kang măngka atas udal | dados cucuking ajurit | sami barisa | wontên papaning wukir ||

6. èrèng-èrèng ardi Kêndhêng kang lèr samya | manggèna ing sêsungil | sampun kawistara | masang pringga durgama | wêkasan sumanggèng kapti | kasêmbadan tyas | Batharèng Dwarawati ||

7. para duta sampun sami winangsulan | surasaning karsa ji | kabèh tinimbalan | wijiling rajawedha | yèn wus bubaran sayêkti | ana pranata | duta wotsari mulih ||

8. duk samana tumapaking tanggap warsa | ing Kilaka marêngi | kang surya sangkala | tirta tunggal têrusan |[9] căndra sangkala winilis | dwi warna guwa |[10] măngsa kartika mangkin ||

10. wijiling kang rajawedha kadi saban | sêsoban sabên ari | sarwa sri kawuryan | praptèng purnama sadha | samana bubaran sami | laju pinatah | pinta-pingtaning baris ||

11. nulya prapta pratisaraning saraya | wil saking Găndamayi | Kalarupa Rudra | kang sakti măndraguna | saha [sa...]

--- 102 ---

[...ha] wadya angin-angin | myang bêrkasakan | tumrap saking wiyati ||

12. catur măngka manggalaning Kalarudra | sang maharaja ngarsi | lawan Sang Silapa | katri Sang Amisuda | kapat aran Sang Marani | sampun pinatah | angrèh raksasa miji ||

13. lawan sagung para ditya pêpilihan | saking dhăngka wanadri | pinasrahkên samya | minăngka rèh panêkar | wusnya samaptèng piranti | saksana mangkat | maring utara giri ||

14. wukir Kêndhêng iring lor saurutira | sêsiluk sungil-sungil | papaning panggenan | dene para narendra | ing sabrang kêkuwu munggwing | agraning arga | myang iring kidul sami ||

15. samaptaning paminta sampun tinata | gêlar durgama rungsit | para natèng Jawa | mubêng jabaning praja | sakuwu-kuwu pribadi | samya mêmasang | gêlar wukir jaladri ||

16. tangèh lamun winuwusa para nata | miwah punggawa mantri | ingkang bêbarisan | tanpa kuciwèng pangkat | pêngkuh rikating pangrakit | samya satata | iyêg ayon panggusthi ||

17. ing antara ari mangkya praptanira | Ditya Raja Martiki | sawadya raksasa | saking wiyat kumêrab | anjog ing Parswasta giri | kabèh kèbêkan | kadi robing jaladri ||

18. Sang Gandarwo Raja Bahlika samana | kang mêmatah pangrukti | myang panggenan [pang...]

--- 103 ---

[...genan] ditya | uruting purwapada | kêmput tanpantara pipit | nanging cinipta | siluman marasandi ||

19. wus mangkana rêmbug kasidaning sêdya | patang warna rinukti | parêng kalêksanan | pasanging pangupaya | karywa masakating janmi | wit larang pangan | têtuwuhan tan dadi ||

20. nulya mêdhar pagring lan anggêlar wisa | ambabar guna dhêsthi | têluh taragnyana | saguging pangabaran | tumanduk maring wong Pêngging | sami sakala | pakuwon kèh pêpati ||

21. Sang Gandarwo Raja Karawu waspada | gêlaring mungsuh juti | saksana tinulak | saking rèh pamursita | kang sela muksala kèsthi | sirêp sakala | kamayan tanpa dadi ||

22. Sri Karawu marêk ing ngarsa narendra | wotsari matur ririh | pukulun nalika | praptaning mêngsah ditya | masang rèh upaya sandi | mèh-mèh kewala | risak sèsining bumi ||

23. mangkya sampun abêr punang pangabaran | kabur kaburak têbih | dening paliyasan | saking sela muksala | nanging sapunika taksih | wontên sandeya | rèhning mêngsah tan kèksi ||

24. yèn suwawi saking karsa padukendra | cêcundhuk cundhamani | sinidhikaraa | sawatawis kewala | wijiling kang ujwalagni | măngka sêsulak | siluman samya kèksi ||

25. nanging kêdah marpêki

--- 104 ---

panggenan mêngsah | mangsah manuksma sandi | limunan wisesa | tan sagêd katupiksa | nadyan para dewa dèwi | pilih kang wikan | makatên rèhan mami ||

26. prabu manggut kasêmbadan ing wardaya | saksana gandarwo ji | aji ginung mangkya | kaèsthi danurdhara | winursitèng candu sakti | katur ing nata | tumanggap manuswani ||

27. dyan tumamèng alam limunan wisesa | cundhamani pinusthi | sampun apranawa | samantara kawuryan | sèsining Parswasta giri | sang ditya raja | saha wadya kaèksi ||

28. nanging datan ana kang sami rumasa | yèn wus mari mor sandi | marma tan rêringa | anuduh wadya ditya | kinèn marawasèng janmi | kang bêbarisan | jro prajèng Păncawati ||

29. dene dipun nyana yèn iku sadaya | barisan wadyèng Pêngging | lakuning raksasa | ing Păncawati prapta | laju parêng anrang wèsthi | sura tan taha | samyanjor ing ajurit ||

30. sagung wadya ing Sindu kasrêg rinêmpak | gègèr tan măngga pulih | matur awêwarta | maring Sang Kèstu Raja | risaking barisan sami | sinrang ing mêngsah | raksasa saking Pêngging ||

31. asru krădha Sri Natèng Sindu nagara | sara dibya pinusthi | mijil mawa langkap | mapag pamuking ditya | tan antara tumpês tapis | dening warastra | mêsat sesaning pati ||

--- 105 ---

32. matur maring Raja Martiki samana | ngungun dènira kèksi | bramantya sakala | angawaki priyăngga | mêsat praptèng Păncawati | panyananing tyas | tan ana kang udani ||

33. marma paksa anigasi parangmuka | yitna Sang Sindupati | ananggulang yuda | sara dibya lumêpas | angênani sang ditya di | datan tumama | kanggêg dènnya mrih pati ||

34. samantara rumasa yèn wus kawuryan | Ditya Raja Martiki | sudira kabangan | bangun angun-angun tyas | mangsah angangsêg mèt silib | Sri Sindupraja | panggah prayitnèng wèsthi ||

35. samya ngadu prawira pangaribawa | tan ana migunani | danguning ayuda | Rajèng Sindunagara | kasor kang santika kontit | têmah kawênang | lena madyaning jurit ||

36. layon muksa parêng gurnitèng gêgana | sagon-ênggon sênggani | mangkana tumingal | wadyèng Sindunagara | yèn ratunira ngêmasi | kasambut ing prang | sarsaran samya ngisis ||

37. mèt pangungsèn sowangan sawênèh ana | mulih anumpal kèli | ya ta ditya raja | sukèng tyas mamulinga | mulat mungsuh angêmasi | wadyane sirna | tan ana măngga pulih ||

38. asru mojar pagene wong Pêngging padha | lumayu niba tangi | ingsun nora nêdya | amburu maring sira | yèn sun [su...]

--- 106 ---

[...n] ungsira sayêkti | măngsa uripa | kabèh kèlês kapipis ||

39. wusnya muwus mangkana sigra ngambara | praptèng Parswasta giri | Sang Raja Bahlika | mêthuk manadukara | Raja Martiki wêwarti | sasolahira | miwiti amêkasi ||

40. mangkya rêmbug dènira sampun kawuryan | mari siluman sami | samaptèng ayuda | masang gêlar gumila | sagunging rêksasa kuthip | myang bêrkasakan | kinarya pramugari ||

41. anrangbaya maring pakuwoning mêngsah | mangsah amarasandi | wus saekapraya | ngundhangi wadya tarab | prapta dhinawuhan sami | mêsat sakala | kabèh kêbut jalwèstri ||

42. andum paran sêsowangan kang winoran | ana mor maruta ris | sawênèh anunggal | kalawan ampak-ampak | ana kang tumamèng warih | lir kabalabak | solahira mèh silib ||

16. Balabak

1. datan ana ingkang sami kawistara | ing pangrèh | amung wadya tarab ing Krêndhawahana | kang nginte | wruh yèn niku bêrkasakan saking sabrang | kabèhe ||

2. marma datan samar maring saniskara | karyane | kaulatkên ing saulah-bawanira | samangke | ana mangsah jarangkong kang saking sabrang | sêdyane ||

3. arsa maring pakuwoning para nata | mrih pamèt | pinêthukkên jarangkong Krêndhawahana [Krê...]

--- 107 ---

[...ndhawahana] | sru kagèt | atêtanya sapa ngadhang lakuningwang | arane ||

4. winangsulan ingsun jarangkong katêngran | duk biyèn | Kenthol Boga ing samêngko karan anak | Pak Galès | balik sira sapa aran ta ngakua | dèn walèh ||

5. sru gumuyu jarangkong sabrang asantak | saure | kalingane sira iku bangsaningwang | yêktine | sun sajarwa aran Bagus Samalaha | ing Sangkèh ||

6. nguni ingsun dadi guru kasantikan | kasube | tanpa sama ngèlmuningsun kasunyatan | jatine | marma ingsun kalakon tuwa sinêmbah | wong akèh ||

7. lah ta aja anèng kono sumikira[11] | Pak Galès | ingsun arsa angupaya pêpanganan | yèn olèh | sinauran malah sira abalia | dèn age ||

8. yèn amêksa laju masthi katêmahan | ajidhèt | asru mojar Samalaha hèh Si Boga | abane | malah sira yèn tan sumingkir bakalan | macèdhèl ||

9. Kenthol Boga gumuyu saryyangling sugal | hèh pênthèt | alajua sun adhangi tangkêp jaja | ing kene | Samalaha mangsah sudira nirbita | ambêke ||

10. sigra pagut gêlut gumulung ulêngan | arame | silih-ungkih tan ana ingkang kuciwa | tandange | danguning prang Samalaha kasulayah [ka...]

--- 108 ---

[...sulayah] | anglèlèh ||

11. dyan binanting Samalaha rêmpu mêksa | anggane | Kenthol Boga sukèng driya jêjogedan | anglètèr | sumbar-sumbar dene ta nora sapira | rosane ||

12. samantara ana jarangkong katingal | anjèngklèk | wuwusira hèh babo ora kajamak | sumbare | ayonana iki jarangkong ing sabrang | panggêdhe ||

13. Kenthol Boga gumuyu saryya têtanya | ujare | hèh ko sapa kang umangsah jêjogedan | solahe | kidhung widhung ting kadhobyah ting karêmbyah | akèthèr ||

14. sinauran hèh wruhanta ingsun kocap | wong gêdhe | apanêngran ing nguni Ki Mas Gênthara | parabe | kang kasêbut ing wong akèh karan anak | Pak Èjèt ||

15. winangsulan yèn mêngkono mêngko timbang | tandhinge | ingsun iki iya kalêbu sinambat | wong gêdhe | tau lungguh jajar lan para gandarwa | rêramèn ||

16. lah ta payo Gênthara nuli majua | marene | aja pijêr jêjogedan solahira | nyrêkèngkèng | ora lêmês parigêl kaya manira | kènjère ||

17. tan tahên tyas Gênthara anggung winada | jogède | dyan narajang angrunjang sarwi andugang | sikile | Kenthol Boga [Bo...]

--- 109 ---

[..ga] tita kalumah saksana | anjènggèl ||

18. arsa tangi jinêjêg laju dhinupak | kêkèjèk | dupi eling lumayu akadhakalan | tan tolèh | apêpulih jarangkong Krêndhawahana | praptane ||

19. asru sumbar mara iki ayonana | rowange | Pakne Èjèt atêtanya sira sapa | arane | angakua mumpung durung kasangsara | badane ||

20. sinauran iya ingsun Ki Baruwang | lung gênje | papagêna iringêna masthi abang | buntute | Pakne Èjèt gumuyu acukakakan | wuwuse ||

21. ah sirèku sugih sêmbrana golongan | wong anèh | aranira tan lumrah nora mupakat | wong akèh | dêdolananing bocah kinarya aran | anglawèr ||

22. aranira kang sanyata iya sapa | têmêne | winangsulan aran ingsun kang pameran | mangkene | canthing bumbung kêmbung suruh piyarsakna | darèngès ||

23. sangsaya sru gumuyu Ki Mas Gênthara | ah pothèt | mandang anu anganggo aran wangsalan | jêbule | lah ta mara marenea sun pêpukang | bakale ||

24. Ki Baruwang marêpêki sêsirigan | ajune | dupi arsa cinandhak kêbat acukat | lumpate | praptèng wuri anampiling pêpilingan | jumêprèt ||

25. Pakne Èjèt [È...]

--- 110 ---

[...jèt] kalayaban niba-niba | polahe | arsa malês andugang wus kadhinginan | bininte | ambruk kongsi galangsaran sanalika | anggênjrèt ||

26. sarêng ambruk para bêrkasakan sabrang | agêbèl | mèt pêpulih angarubut Ki Baruwang | lung gênje | warna-warna sagung kala rupa rudra | arèngès ||

27. bêrkasakan ing Krêndhawahana mangsah | kabèhe | angêmbuli marang bêrkasakan sabrang | yudane | barubuhan tan pilih tandhing lan papan | ênggone ||

28. ana wêdhon sabrang têmu dhêdhewekan | lan wewe | tinakonan araning wêdhon sajarwa | Ni Sênthèt | gênti takon arane wewe awêca | Ni Korèk ||

29. wêdhon sabrang takon marang wewe Jawa | wuwuse | apa yêkti anggung nganiaya janma | mèt rame | kasingitkên ing asamun sinasaban | sor kopèk ||

30. yèn mangkono iku nandhang kaluputan | bakale | ora wurung kahyangane dèn balengkrah | wong akèh | sinauran he wêdhon pakolèh apa | wong dah[...]||

31. nadyan nyata mangkono kasandhang dhawak | lupute | tan angèmbèt marang wêdhon kaya sira | Ni Sênthèt | lawan nora kongsi karyya karusukan | pamète [pamè...]

--- 111 ---

[...te] ||

32. beda lawan wêdhon agung awèh lara | gawene | anyênyêmbur wisa mandi maring janma | dadine | lara barah kabanjur têmahan basah | badane ||

33. iku yêkti antuk bêbênduning dewa | ing têmbe | wêkasane dadi intiping naraka | ukume | wêdhon mojar dhuh abamu sok mêtua | si wewe ||

34. marenea mènthèl sun idoni sira | dimène | anêmahi barah kabèh badanira | pasthine | datan bisa măngsa gêcok mêntah sira | kaluwèn ||

35. sru kabangan wewe tanpa sita-sita | sosote | si dikêpruk linabrag lah arêp apa | padune | wong wus kadhêm kèrêm marang kaluputan | si sêmbèr ||

36. mèh arukêt mangkya sami katawuran | prang rame | dadya pisah dening pidhir têtandhingan | yudane | lawan potho sabrang tansah sumbar-sumbar | suwene ||

37. ah lelepah doyanaku iwak mêntah | maune | ing saiki aku doyan iwak rêmpah | ginorèng | sesuk aku doyan iwak kang dèn olah | basêngèk ||

38. sru gumuyu pidhir Jawa wuwusira | hèh mo[...]t | aja pijêr anggêgurit pakarêman | barèse | [...]pa aranira mumpung maksih arja | jêjêre ||

39. sinauran ingsun [ingsu...]

--- 112 ---

[...n] kang kasêbut nama | lêmbèse | pidhir Jawa gantya tinakonan nama | awalèh | Lêmbuculung panyambang Krêndhawahana | gawene ||

40. adan pagut ing ayuda tan kuciwa | karone | samya rosa digdaya sarwa sambada | badane | marma tansah asêsiring silisiran | tandange ||

41. danguning prang wêkasan kang kasulayah | lêmbèse | mêmpis-mêmpis dènira gung binantingan | têmahe | mêsat maring sor pucung pinggir jêjurang | parane ||

17. Pocung

1. Lêmbuculung mangu mungsuhe marucut | dahat kacuwan tyas | sanityasa mèt pangaksi | mintonakên ring rèh mêntas jayèng rana ||

2. kumarutug sêsumbar anguwuh-uwuh | anggung anênantang | minta lawan kang nimbangi | gonggo sabrang miyarsa mangsah saksana ||

3. asru muwus hèh pidhir sapa aranmu | dene nora jamak | sumbarira manas ati | winangsulan Lêmbuculung tukang sambang ||

4. gonggo muwus lamun mangkono mèh jumbuh | Lêmbuculung sira | ingsun iki Lêmbucuring | dadi juru ganggu-ganggu anggêgodha ||

5. mangkya rêmbug ingsun yèn sarju sirèku | bêcik ambalika | laju dadi kănca mami | yêkti antuk pangkat kinulawisudha ||

6. lêlungguhmu angungkuli kang rumuhun | Lêmbuculung myarsa | winga-winga muwus wêngis [wêngi...]

--- 113 ---

[...s] | hèh si gonggo gagap-gagap panggaota ||

7. pangrasamu apa ingsun iki gêmblung | pêngung kaya sira | kêna dèn apus ing pamrih | ujarira kaliwat arda walepa ||

8. mamak mumuk mèt pangrimuk angêngipuk | măngsa kalakona | malah mandar sira bêcik | anungkula jaga mêmikul kewala ||

9. bramantya sru Lêmbucuring mara napuk | Lêmbuculung mojar | lah mara mindhoa malih | aja nganggo sigan-sigun solahira ||

10. sakarêpmu ingsun yêkti tan amingkuh | Lêmbucuring sigra | napuk nêpak anampiling | Lêmbuculung pinarwasa tan rinasa ||

11. gonggo muwus ah sira kalêbu kêbluk | ana tinapukan | katêpak têka tan kongkih | ingsun uwus sayah lah uwis malêsa ||

12. sru gumuyu Lêmbuculung sarywa nyikut | kapanujon kêna | uwangira Lêmbucuring | tiba kantêp tangi lumayu anginthar ||

13. ana maju juwal payal akêkiwul | mêsat kadi kilat | tumapêl amulêt gigir | kêmput kabèh badane pidhir katimpah ||

14. têmah ambruk ambêkane mêlar mingkus | sanalika mangsah | galadrah amèt pêpulih | juwal payal dinilat samana muksa ||

15. Lêmbuculung wruh galadrah kang têtulung | dahat anarima | katungka tangkêping [tangkê...]

--- 114 ---

[...ping] jurit | mênthèk sabrang mungsuh lan janggitan Jawa ||

16. ting garubyug tusan ewon parêng ngrubut | mangêbyuk byuk-byukan | rok rukêt kotbuta kèksi | ing wakasan uwuk kawur tan karuan ||

17. ya ta wau kawuwusa kang anamun | nèng alam limunan | Sri Aji Pamasa mangkin | langkung suka miyat yudaning drubiksa ||

18. Sri Karawu matur nalika prangipun | Natèng Sindupraja | lan Ditya Raja Martiki | datan kadi mangke sukaning pra nendra ||

19. pênêdipun yèn sambadèng karsa prabu | Sri Găndakusuma | lan Natèng Mataun sami | tinimbalan supados tumut tumingal ||

20. prabu manggut kapanujon ing tyasipun | sang gandarwo raja | mêsat masang candu sakti | kalih sampun tumamèng alam limunan ||

21. samya ngungun mulat sawismayèng mungsuh | dènira kawuryan | Sang Ditya Raja Martiki | matah sagung para punggawa prawira ||

22. Sang Aprabu Găndakusuma umatur | pukulun punika | sintên kang pantês tinuding | mêthukakên pranging prawira raksasa ||

23. ngandika rum sri bathara iku kulup | ingkang kabubuhan | ditya saking Găndamayi | sira lawan ingsun mung nonton kewala ||

24. Sri Karawu anambungi pênêdipun | mawia totohan | sênêngan kang dèn tumuti [tumu...]

--- 115 ---

[...ti] | Prabu Jayasusena gumuyu suka ||

25. wuwusipun lah inggih prayogi tuhu | mupung lêlimunan | singa kang kawon tan isin | katri tanduk nayèng gita sami suka ||

26. mangkya wangsul ditya raja kang winuwus | dènnya matah wadya | manggalèng raksasa sakti | aran Sang Kralkralata kinèn maguta ||

27. wotsari wus mangsaha mawa salukun | sumbar minta lawan | sapa kang arsa ngêmasi | papagêna ing yudane Kralkralata ||

28. Ditya Ènu mangsah sarywa musthi duduk | wus ayun-ayunan | atêtakon nama sami | pêpajaran sajarwèng panêngranira ||

29. adan paguting prang sru pupuh-pinupuh | danguning antara | Sang Ditya Ènu katitih | winatgatèng salukun tan măngga sesa ||

30. Wil Santanu mangsah Gandhi kang sinambut | Kralkralata mojar | bok aja pating karêncil | abarênga mara sun lawan priyăngga ||

31. sira iku ditya arahan wangunmu | durung tau wikan | ajaraning wong ajurit | kawistara kidhung-kidhung kau kiyal ||

32. nora patut amusthi Gandhi sirèku | pêpantêsmu baya | amung rêripik wrêksaking | lawan amèk kodhok ijo ing jêjurang ||

33. jêr rupamu kaya lairan ing gunung | bèbèt malang pundhak | bangsaning wil [wi...]

--- 116 ---

[...l] loncung boing | tangèh lamun widagdaa patrap yuda ||

34. duk angrungu Wil Santanu asru muwus | babo abanira | sawênang-wênang ngarani | tan kawruhan ing wangunan ta priyăngga ||

35. sira iku kaya bèbèt marabau | anggung ngalap opah | angusung bêbathang gênjik | kawistara ujarmu tanpa ukara ||

36. nyanyar-nyunyur angayawara ngêngawur | sun watara baya | băngsa wil jawal kêpadhil | Kralkralata muwus wêngis winga-winga ||

37. hèh kapaung sapa aranmu dêdrohun | mumpung durung modar | sinauran sun wêwangi | Wil Santanu turasing ditya prawira ||

38. ingsun tau anigas murdaning diyu | ingkang kaya sira | Kralkralata ananduki | yèn mangkana têguh timbul sulaksana ||

39. sinalukun jajanira Wil Santanu | aniba palastra | Kralkralata muwus malih | lah dhasare nyata pêrêt ron katela ||

40. duk andulu ditya arahan sadarum | parêng mangsah samya | marab-marab mangrêpda mrih | angarubut marang Ditya Kralkralata ||

41. kang panganjur Ni Saulmuka puniku | Sang Dyumnadumina | myang Rudragsa Wityasrênggi | Sang Warawa Singakrêti Todhikarna ||

42. lawan diyu Prasthakukustha tan kantun | Sang Nindya Nuwinda | Sang Kuskara Sang Keswari | têkya Ditya Derodhana myang Garwita ||

--- 117 ---

43. kabèh nrambul anarumbul parêng ngrubut | angrèb mangrabasa | myang nyênyiwo kanan kering | kang ing ngayun mangayat wuri rumêmpak ||

44. ana malu angalawa inyanya rum | ana kang nomara | nanging tan tumama sami | èsmu sêmang samantara kapalajar ||

45. dening pamuk Kralkralata wuru riwut | nir baya wikara | tan sigan-sigun tyas kadi | kadarpa ring mangrurah ing parangmuka ||

46. angênguwuh balia aywa lumayu | iki ana apa | têka kadhungsangan sami | ingsun datan nêdya mrih watgatèng wuntat ||

 


Lebih satu suku kata: dupi myarsa madêg triwikramèng pupuh. (kembali)
manawurkên. (kembali)
Ditya. (kembali)
kilèn. (kembali)
pukulun. (kembali)
Hèrbangi. (kembali)
Martiki. (kembali)
tigang. (kembali)
Tanggal: tirta tunggal têrusan (914 taun surya). (kembali)
10 Tanggal: dwi warna guwa (942 taun căndra). (kembali)
11 sumingkira. (kembali)