Anglingdarma, Van Dorp, 1884, #1123 (Pupuh 01–20)

Judul
Sambungan
1. Anglingdarma, Van Dorp, 1884, #1123 (Pupuh 01–20). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
2. Anglingdarma, Van Dorp, 1884, #1123 (Pupuh 21–40). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
3. Anglingdarma, Van Dorp, 1884, #1123 (Pupuh 41–60). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
4. Anglingdarma, Van Dorp, 1884, #1123 (Pupuh 61–80). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
5. Anglingdarma, Van Dorp, 1884, #1123 (Pupuh 81–97). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
Citra
Terakhir diubah: 01-03-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Cariyos Lêlampahanipun Raja Anglingdarma ing Nagari Malawapati

--- [1] ---

Wiwit kramanipun angsal Dèwi Sêtyawati, sarta panandhangipun cintraka, punapadene anggènipun lêlana, dumugi konduripun dhatêng Malawapati, lajêng magawan, ingkang wayah anama Bambang Găndakusuma anggêntosi kaprabonipun, mawi kasêkarakên.

Kaêcap dening Tuwan: G. C. T. van Dhorêp èn Ko ing nagari Samarang Taun: 1884.

--- [2] ---

[...]

--- 3 ---

Sêrat Anglingdarma

1. Asmarandana

1. purwakanira makirti | rumancana sang pustaka | ing ari Sukra Manise | ing tanggal kaping sadasa | Rabingulakir wulan | Jimawal sangkalanipun | tri suyati bawa tunggal |[1]|

2. laksitan ingkang winarni | katanirèng Yugabuda | nuswa Jawa pituture | nadyan Buda yèn utama | linuri kang carita | duk jênêngira ing dangu | Maharaja Anglingdarma ||

3. tan ana kang nyênyiringi | kabêntaranirang nata | tri buwana kêkês kabèh | ratu winong ing jawata | kinatujon sakarsa | tuhu kalamun pinunjul | sinêbut nata bathara ||

4. prajanira sri bupati | ingaran Malawapatya | langkung wiyar jajahane | angungkurakên aldaka | ngajêngakên muara | tulus kang sarwa tinandur | eca manahing kawula ||

5. radya ing Malawapati | matyanta gêmah raharja | kacarita punggawane | dhomas samyambêk sudira | prawira ing ayuda | manggala para gul-agul | tate angêlar jajahan ||

6. wau sang sri narapati | Maharaja Anglingdarma | tan kuciwa ing listyane | dibya sakti măndraguna | prawira kinawasa | rama ibu raja ratu | eyang nata pinandhita ||

7. kadang

--- 4 ---

sinangarya sami | ratu wijiling atapa | paluntur andanawarèh | rêmbêsing madu kusuma | Maharaja Nglingdarna | maksih taruna warna nung | kadya Bathara Marmata ||

8. pêpatihira narpati | santana wêkaning warga | Bathikmadrim panêngrane | dibya sakti măndraguna | prawira ngadilaga | marmanira sang aprabu | abala sêsamèng raja ||

9. inggih Patih Bathikmadrim | ingkang angêlar jajahan | pinrêp ing yuda antuke | dadya anungkul sadaya | kang para raja-raja | sumuyud tur putrinipun | sadaya sampun kagarwa ||

10. dhomas cacahe pra putri | kang katur ing sri narendra | citrane samyayu anom | ki patih wus tinariman | santananing narendra | kaprênah misanan prabu | ayu endah warnanira ||

11. wasta Dèwi Rênggawati | adarbe ari sajuga | jalu apêkik warnane | sampun kinulawisuda[2] | jinênêngkên punggawa | rongèwu lêlungguhipun | aran Arya Wijanarka ||

12. cinarita Bathikmadrim | tunggil paguron lan nata | mila kalangkung saktine | citrane mirib sang nata | bagus prawira truna | nging kuciwa swaranipun | ragi pelat yèn ngandika ||

13. sogatanirang narpati | nata pandhita sudibya | ing ardi padhepokane | winastan ing Rasamala | Bagawan Maniksutra | yèku juluke sang wiku | sampun amindha niskala ||

14. adarbe putra sasiki | sira sang maha pandhita | Dèwi Sêtya panêngrane | jêjuluk [jêju...]

--- 5 ---

[...luk] Ambarawatya | endah datanpa sama | sami èstri lênglêng mangu | umiyat ing sang kusuma ||

15. liringe galak amanis | asri karya êla-êla | yèn cinăndra suwarnane | kurang căndra luwih warna | nadyan ratih ing swarga | jinajara lan sang ayu | kandhiha tandhing araras ||

16. midêra sasra nagari | ngulari măngsa antuka | kang umirib ing citrane | duhitanirèng aldaka | punjul ing tanah Jawa | tan ana upaminipun | tuhu ratuning kusuma ||

17. kacatur sang lir apsari | ing arga sampun alama | kagarwa marang Sang Katong | Anglingdarma ing Malawa | binakta marang praja | kinarya garwa têtunggul | mumpuni ing dalêm pura ||

18. sakathahe para putri | garwane sri naranata | sadaya wus padha karèh | marang kusumèng aldaka | nging salami kagarwa | dèrèng acarêm salulut | kalawan sri naranata ||

19. risang kusumaning puri | kêtarda cimbruwanira | salamine pêpangantèn | dèrèng kenging sapocapan | para putri sadaya | tan kêna cakêt sang prabu | miwah sêlir pêpingitan ||

20. kang kêni marêk sang aji | para babu tuwin inya | kang wayahira wus lungse | ing mangke wus tigang căndra | dènnya panggih sang nata | arda sungkawaning kalbu | enjing miyos sinewaka ||

21. tanpa mandara sang aji | miwah tan salin busana | saking sru sasmarèng tyase | wênês ijo anglongjiwa | atajin dhahar

--- 6 ---

nendra | citranira wuwuh bagus | kadya Bathara Marmata ||

22. murub ingkang cahya wingit | lir Hyang Asmara tumêdhak | sawiyosira sang katong | pinarak ing sitibêntar | pêpak para partiwa[3] | para manggalaning kewuh | sumiwèng byantara nata ||

23. supênuh kang para mantri | andhèr anèng pagêlaran | dêmang ngabèi ranggane | sinangarya kandhuruan | sirarya Wijanarka | Radèn Dayaningrat ngayun | ajajar sami santana ||

24. Tumênggung Mongpraja linggih | jajar lan Dêmang Ngurawan | Adipati Mataune | pêpak punggawèng Malawa | gêng alit sumewaka | mantri tan kêna ingitung | kadi trunaning udaya ||

25. Kyana Patih Bathikmadrim | ngandikan mring sitibêntar | praptèng ngarsa tur sêmbahe | ngandika sri naradipa | dikapara ing ngarsa | nêmbah sandika mangayun | sang nata malih ngandika ||

26. marma sira sun timbali | kakang maring ngarsaningwang | tyas ingsun sru rêncakane | kayaparan rèh manira | tanbuh sotaning driya | ingsun iki ratu agung | amung cacade sangara ||

27. kasusra ing nuswa bumi | ingsun ratu binathara | nanging sawiji cacade | tinampik marang wanodya | lawan sun mawa krama | durung acarêm salulut | apês jênêng sun narendra ||

28. akarsa ingsun rêngati | kakang patih ipenira | lalu ing pangemaningong | dene putrane sang dwija | Bagawan Maniksutra | Patih Madrim awotsantun | pukulun sampun gya duka ||

29. sampun jamaking pawèstri | dewaji [de...]

--- 7 ---

[...waji] ambêg wisuna | kêdah ingêmong solahe | manawi sampun kajiwa | yakti anut sakarsa | nistha panjenêngan prabu | yèn rêngata marang garwa ||

30. lipur tyasira narpati | myarsa ature apatya | dadyaris pangandikane | kakang sun arsa cangkrama | maring taman Bagendha | saosna dipangganingsun | sandika aturing patya ||

31. swandana sampun sumaji | wêwangon baludru rêkta | apalisir sutra jêne | apus buntut kuswaraga | kêkalung mas rinêngga | pinakwèng intên jumêrut | murub ujwalaning rêtna ||

32. dipăngga dinulu asri | kang tulale ingulêsan | sutra rêkta lawan ijo | yèn angadêg kadi teja | malang lir wigyutmala | malêngkung kadya kêkuwung | molah lir calarat warsa ||

33. sampun awahana èsthi | Maharaja Anglingdarma | kadya nir kamanusane | tinon lir Hyang Sakra têdhak | yun magut yuda mêngsah | Niwatakawaca Prabu | Ratu Ngimaimantaka ||

34. sumrêg kang wadya lumaris | budhalira saking praja | sri tinon upacarane | jajaran awarna-warna | wadya sikêp gêgaman | binusanan abra murub | tulya puspita sataman ||

35. saragêni sikêp bêdhil | wong nyutra sikêp warastra | datan kaliru prênahe | waos binang rêruwitan | cêmêng kumbala badhak | dwaja lawan umbul-umbul | daludag lêlayu abra ||

36. Dêmang Ngurawan ngruhuni | lampahira saha wadya | mring wana karya garogol | anggiring

--- 8 ---

banthèng maesa | sangsam kancil arina | laju lampahirang prabu | wus rawuh ing pagrogolan ||

37. êntyarsa sri narapati | umiyat banthèng manjangan | tandya mundhut wilisane | arsa anggrit sato wana | wus mangrênggêp warastra | andaka kathah kacundhuk | linêpasan ing sang nata ||

38. sigra ingkang para mantri | ingundhangan nitih kuda | ngêmbari maesa banthèng | gambira watêk manggala | myang para mantri sura | nandêr asru ngêmbat lawung | winatang punang andaka ||

39. akathah samya ngêmasi | mesandhanu myang andaka | Ki Arya Wijanarkane | malah putung watangira | andaka sru narajang | pêjah tinampiling mawur | mukanira ting palêsat ||

40. atyanta suka sang aji | umiyat ing pra punggawa | prawira sura tandange | miwah kang wadya sadaya | sami suka tumingal | gumuruh suraking wadu | gambira wira taruna ||

2. Sinom

1. sira sang mantri wisesa | umarêk ing sri bupati | matur dhuh gusti sang nata | suwawi kondur ring puri | kathah sangsayèng ati | ratu kulinèng wana gung | kêni ing ila-ila | tan sayogi kang pinanggih | kadhahara pukulun atur kawula ||

2. sigra kondur sang iswara | wadya sampun dèn undhangi | laju mring taman Bagendha | lampahira sri bupati | umyang têngara muni | budhal kang wadya pangayun | lir bêlah kang pratala | gadêbêging wong lumaris | asauran panjriting turăngga liman ||

3. yodèswara lumaksana |

--- 9 ---

ingkang minăngka têtindhih | Rahadèn Andayaningrat | saha busananirasri | wadyendra winitawis | kalih èwu kathahipun | sadaya pêpilihan | warnane apêkik-pêkik | trahing kartiyasa wong sudirèng laya ||

4. asikêp watang lan dhadhap | sadaya bujanèng kulit | bandera gula kalapa | ing ngarsa wong saragêni | punggawa ingkang kari | gêgamanira nèng ngayun | têngranira nèng wuntat | sakathahing para mantri | samya ngapit kanan kerining dipăngga ||

5. wong anggandhèk mantri mudha | angampil upacaraji | asawang prawata sêkar | gêgamanirang narpati | busananing prajurit | dinulu pating palancur | kasonganing raditya | ujwalanirangkên thathit | sampun kongang gapuranèng kang udyana ||

6. tuhu yèn asri kawuryan | mangkana lampahiraji | praptèng jawining gapura | kandhêg sakèhing prajurit | manjing udyana ajrih | ing jro wontên taksaka gung | kirda lan ula tampar | sumarma kèndêl kang baris | bêbêg andhèr kapita sri naranata ||

7. ngandika masêmu duka | apa ta karane iki | padha mandhêg anèng jaba | datan ambanjur umanjing | Mangunjaya dèn aglis | pariksanên wong pangayun | sigrarya Mangunjaya | manêmbah nandêr mring ngarsi | ri sampuning ki arya wau mariksa ||

8. gya wangsul marêk sang nata | makidhupuh umastuti | dewaji atur kawula | sumarma kandhêg kang baris |

--- 10 ---

jroning udyana gusti | wontên sarpa naga agung | kirda lan ula tampar | sigra tumêdhak sang aji | angandika singgahna wadya pangarsa ||

9. ingsun akarsa uninga | solahe sarpa kang lagi | akirda lan ula tampar | piyak sakathahing baris | laju sri narapati | sapraptaning prênahipun | kang kirda kasatmata | de sang nata Nagagini | rabinirang sarpendra Nagapratala ||

10. wau sang taksaka raja | sumitranira sang aji | dahat samya sih-sinihan | wus manjing sudarawidi[4] | èsmu duka umaksi | angunandika sang prabu | hèh Nagagini sira | culika apulang gati | lawan ula tampar dudu saminira ||

11. nadyan ulaha asmara | amiliha kang prayogi | samanira padha naga | nora katon majanani | lah adèna kang alit | datan wrin ing alitipun | iya bilai sira | sang nata mundhut jêmparing | wus amênthang gandewa kang hru lumêpas ||

12. ula tampar kawatgata | tênggakira tigas pacing | sang Nagagini mangkana | kasarèmpèd ponang pêthit | kagyat agya anolih | sang Nagagini andulu | yèn Raja Anglingdarma | ingkang amusthi jêmparing | Nagagini lumayu anrak laleyan ||

13. arda merang ing wardaya | ciptanira Nagagini | Anglingdarma kaniaya | matèni wong padha asih | tan lila awak mami | nora wurung sun wêwadul | mring kang Nagapratala | sun anjaluk ukum pati | Prabu Anglingdarma angungun [angungu...]

--- 11 ---

[...n] tumingal ||

14. ing solahira sang naga | aniba-niba kapati | asru dènira ngandika | abalia Nagagini | age sun usadani | buntutira ingkang tatu | malumpat pagêr bata | sang naga datan anolih | tan sumaur inguwuh dera sang nata ||

15. angartika jroning nala | tan wurung ingsun bilai | Si Nagagini yèn prapta | pasthi awadul mring laki | măngsa tutura yakti | dhandhang dèn unèkkên kuntul | ginugu mring si kakang | Nagapratala tan uning | ing purwane lah iya kinapakêna ||

16. laju lampahe sang nata | kăntramoi ta ing galih | miyat langêning puspita | dadya anênamur wingit | midêr ing tamansari | akarsa siram sang prabu | sakèhing wadyabala | sadaya amagêrsari | baris kubêng midêr sajroning udyana ||

17. amung kang para santana | tumut mring jro lan apatih | sang nata langkung kacaryan | tumingal langêning sari | saksana asêsumping | angilo marang ing ranu | ngandika ing wardaya | sun ratu anom apêkik | tanpa guna tinampik marang wanodya ||

18. baya ta angur matia | mangkana ciptaniraji | sinamur langêning taman | anjrah ingkang sarwa sari | argulo nagasari | sumarsana tunjungtutur | katêmpuh ing maruta | ruru gandanira minging | tibèng tirta tinon kadi jaladara ||

19. sangkêp saliring puspita | jalamprang gyanti kumuning | dangan pudhak lan kananga | noja mênur măndhakaki | andul gambir

--- 12 ---

malathi | srigadhing lan pacarbanyu | saruni tanjung pacar | walikadhêp nagasari | kathah lamun winarna ing guladrawa ||

3. Dhandhanggula

1. madubrata umung anambêri | angrêrêngih swara kapiyarsa | mrih sarkaraning sarine | wasana ingkang santun | tumibèng we brêmara ngukih | niba muluk ing tawang | mèsêm sang aprabu | miyat solahing sadpada | pan ginagas lêlakonira pribadi | nora pae mangkana ||

2. pêksi ngruhur awurahan muni | pratistha ring êpang nagapuspa | mawijah-wijah ing tyase | samya manungsung guyu | wikan lamun sang nata wingit | lir anglipur sang brăngta | wau ciptanipun | pêksi êtongganjrit munya | amêmangsit dhatêng sagungning[5] kang pêksi | sung sambega ing rowang ||

3. aywa sira wani angungkuli | Raja Anglingdarma ing Malawa | kêna ing cintraka gêdhe | ya ta sakèhing manuk | brasat saking pang nagasari | ajrih ngungkuli marang | sira sang aprabu | kantun kang pêksi kuthilang | maksih mencok sasomah nèng nagasari | lagya apêpasihan ||

4. sri narendra prastawèng pangaksi | èsmu runtik mring pêksi sasomah | yèn kawijila sabdane | akathah ingkang manuk | nora nana wani ngungkuli | marang sariraningwang | mung iki kang purun | tibane antakanira | sri narendra sigra anambut jêmparing | kukila linêpasan ||

5. kêni dhadhane kuthilang èstri | kapisanan kang jalu ngumbara | ya ta na swara mangkene | kapyarsa ing sang prabu | kaniaya sira [si...]

--- 13 ---

[...ra] sang aji | wong lagi pêpasihan | mêngko rabiningsun | mati sira kang nanjata | besuk sira nêmu wêwalês lir mami | tinilar ing garwanta ||

6. rikalane sêdhêng sami asih | ingkang swara sakêdhap wus sirna | dede pêksi sayêktine | jatinira Hyang Guru | lawan Dèwi Uma awarni | pêksi karya rêncana | mring sira sang prabu | sangkin pragnya ing wardaya | acangkrama kwèh sangkala andhatêngi | naranata ngandika ||

7. kakang Madrim sun tan arsa mulih | nginêp ana ing taman Bagendha | apatih atur sêmbahe | umiring ing sakayun | surup sang Hyang Kulandaragni | ginantyan ing sasăngka | nindya mantri mundur | saking ngarsaning narendra | asuwara ing wadya hèh pra dipati | kabèh padha saosa ||

8. dipun sami prayitna ing wèsthi | aja pisah sagêgamanira | wruhanira kănca kabèh | gustinta sang aprabu | anyuwani sang Nagagini | dènnya andon asmara | ing wataraningsun | lara tyase dene bedhang- | ira mati katanduk ing warastraji | sèstunira sang sarpa ||

9. datan wande awadul mring laki | saujare yakti pinracaya | mring priya tan wruh purwane | krodha ing têmahipun | sang Pratala ing sri bupati | sagung para nayaka | dèn prayitnèng kewuh | Nagapratala kawasa | anung dibya bisa ngambah agal rêpit | asakti măndraguna ||

10. samya matur sandika pra mantri | pra nayaka sigra asawega | miwah para prawirane | ênêngêna sang prabu | wontên ingkang

--- 14 ---

winarna malih | Buminata raksasa | asakti pinunjul | kang pura ing nagri Baka | ajêjuluk Mahraja Kalawêrdati | mangkana cinarita ||

11. têdhakira Prabu Kalasrênggi | kang pralaya de Sang Dananjaya | Kalawêrdati samêne | arsa amalês ukum | mring trahira Arjuna dadi | atriwikrama warna | wanodyayu luhung | sadasihe catur dasa | praptanirèng Malawa kapasang yogi | nata lagya pêpara ||

12. nèng wêdari sira wus udani | ditya raja anjujug ing taman | anyidra nata sêdyane | ing wayah têngah dalu | Patih Bathikmadrim winarni | datan eca ing driya | pangartikanipun | apa wahanane baya | sotaning tyas sasore asênig-sênig | ki patih dyan tumêdhak ||

13. kang akêmit sadaya wus guling | de kataman ing pangaribawa | ardapasa sêsirêpe | apatih alon muwus | lah ta apa wadine iki | dene kaya tinuba | wong kabèh aturu | apa Si Nagapratala | masang sirêp arsa nyidra sri bupati | iya bilai sira ||

14. lah ing ngêndi donira kapanggih | lawan naga sun măngsa wêdia | mijil kya patih yitnage | anyangking larasipun | datan ana wadya udani | praptèng jawining taman | têka rangu-rangu | ya ta ingkang kawarnaa | sira Prabu Kalawêrdati dyan prapti | maksih warna wanodya ||

15. wangwang cundhuk lan rakyana patih | alon tanya sirèku wong apa | dalu-dalu praptèng kene | kang

--- 15 ---

tinanya sumaur | ingsun iki endhang sing wukir | marma tumrah mring praja | sêdyaningsun muhung | arsa ngunggahi Mahraja | Anglingdarma kacarita saking wukir | yèn têdhaking Arjuna ||

16. Patih Madrim angandika aris | iya ingsun Raja Anglingdarma | èstu trahing Arjunane | yèn sira tuhu-tuhu | angunggahi ing jênêng mami | lah sira manêmbaha | nungkêmana suku | kang mindha èstri alatah | sanalika mulih warna raksasangrik | sawadya kawan dasa ||

17. sang yaksendra wus apurna jati | kala rupa goraya prakosa | godhèg wok simbar jajane | netra lir surya mêtu | dhrastha pinge mingis dèn isis | tinon lir braja tiksna | saryangrik amuwus | kamayangan Anglingdarma | sira panggih lawan ingsun padha siji | sêdhêng rok băndawala ||

18. praptaningsun arsa anênagih | marang sira dhihin utang pêjah | lêluhur ingsun patine | Kalasrênggi ranipun | lêluhur ta ingkang anglalis | kang aran Dananjaya | yakti mêngko ingsun | anagih marang ing sira | ulungêna pati uripira aglis | kagyat apatih mojar ||

19. mara sira têkakna rasaksi | budinira ngayoni maringwang | iya sun kêmbari dhewe | apa ta gêgamanmu | tamakêna ing awak mami | raksasendra bramatya | sarosa anubruk | sing anabda sarwi ngêrah | panaute angukih gêgulu iring | Bathikmadrim alatah ||

20. uculêna guluningsun [guluningsu...]

--- 16 ---

[...n] anjing | kêri têmên ingsun ora sotah | ilêrira ting dalèwèr | balik katganirèku | lah tarikên tamaknèng mami | dhrasthanta tanpa karya | tan tumama mringsun | Kalawêrdatyarda krodha | sigra narik badhama mêrang anitir | Madrim taman wigata ||

21. dyan winalês Sang Kalawêrdati | tinampiling mukanira bêncah | sumamburat rudirane | Sang Danawendra lampus | wadyanira sadaya sami | narajang mring apatya | Madrim ginarumung | kinêmbulan ing danawa | kawan dasa rudra parêng nêmpuh wani | kagyat apatih mojar ||

22. tadhahana jêmparingsun iki | linêpasan sakèhing raksasa | kawan dasa tumpês kabèh | rakyana patih wangsul | mring udyana wus bangun enjing | wadya tangi sadaya | tan ana kang wêruh | lamun mêntas mangun yuda | Hyang Aruna wus mijil sakèhing mantri | sumewakèng ngarsendra ||

23. kang dipăngga wus dèn palanani | yitnèng wadya bilih sang pamasa | karsa kondur mring purane | kawarnaa sang prabu | lagya wungu dènira guling | ngraos onêng ing garwa | angandika arum | kakang Madrim saosêna | gajah ingsun sandika aturing patih | sumaos kang swandana ||

24. dyan têngara umyang para dasih | budhal wijah-wijah ing samarga | punggawa pra mantri akèh | anggarêbêg ing prabu | nèng srêngganing matêngga asri | lampahira narendra | tan adangu rawuh | ing praja sigra apatya | aparentah mring sagung para bupati | aywana turwèng wisma ||

--- 17 ---

25. asaosa jroning pura sami | dèn prayitna Si Nagapratala | sakti manjing ajur-ajèr | yèn ana rupa sênuk | banthèng kidang kalawan kancil | miwah yèn rupa sarpa | tarajangên iku | pasthi Si Nagapratala | pan sinakti barang saciptane dadi | samya matur sandika ||

26. pra nayaka tan ana umulih | sri narendra praptèng panangkilan | têdhak saking wahanane | kawarnaa sang ayu | Dèwi Sêtya garwaniraji | kala samana lagya | lunggwèng panti arum | ingayap dening pawongan | nikèn inya Mandhala datan atêbih | angandika sang rêtna ||

27. biyang inya sang nata nèng ngêndi | matur nêmbah linggar apêpara | anggêrit sangsam lan banthèng | dhumatêng ing wana gung | angandika sang lir apsari | ingsun dèn timbalana | tumutur sang prabu | sapungkure gustinira | rasaning tyas onêng kayage aprapti | kapengin sapocapan ||

28. ingsun ngrasa yèn alaki gusti | Ni Mandhala suka atur sêmbah | yèn rawuh sang nata mangke | paduka yogya mêthuk | nèng wiwara sarju sang dèwi | saature ni inya | kasaru sang prabu | rawuh kang wadya gumêrah | anèng jaba sri nata tumamèng puri | garwa mêthuk ing dwara ||

29. paregolan madhêg nikêl warti | tandya nguswa padanirèng priya | sri nata kapitèng tyase | garwa lalu sinambut | astanira kinanthi-kanthi | winawèng kênya pura | pinarak nèng babud | atarap para biyada | umarêk [u...]

--- 18 ---

[...marêk] ing nata miwah para bibi | andhèr munggwing byantara ||

30. pama wintang sakèh para putri | kusumaning arga pama wulan | anêlahi ujwalane | tansèng pangkoning kakung | sakamantyan suka tyas aji | sang dyah tansah kinuswa | rinoban pangrungrum | sinambut winawèng tilam | para inya saksana atangkêb samir | mundur para biyada ||

4. Durma

1. ênêngêna sri nata lan garwanira | warnanên Nagagini | enggal lampahira | prapta ngarsaning priya | sarwi tawan-tawan tangis | angling sang Naga | lah ana apa yayi ||

2. aja nangis babo sira wêwartaa | lingnya sang Nagagini | sun maring udyana | bagendha nginum toya | sumitranira nututi | Raja Nglingdarma | asikara mrih pati ||

3. ingsun lunga malumpat ing pagêr bata | jinujul ing jêmparing | kêna buntut ingwang | wadyane padha surak | samya ngêlokakên mati | ingsun tan lila | buntutku nandhang kanin ||

4. lah dèn age adilana awak ingwang | walêsên ukum pati | Raja Anglingdarma | ika ratu dursila | angalani ing wong bêcik | kalamun sira | nora kolu matèni ||

5. maring Raja Anglingdarma ing Malawa | lah uwis ingsun amit | alêbu tumangan | awirang marang dewa | tan drêman ingsun aurip | dèn kaniaya | ing wong tan anulungi ||

6. yèn mangkono abot marang Anglingdarma | pedah apa pawèstri | Sang Nagapratala | myarsa sambating garwa | kalangkung angrês [angrê...]

--- 19 ---

[...s] ing galih | pan durung ana | cidrane Nagagini ||

7. lir sinêbit talinganira sang naga | krodha mawinga wêngis | aksinta marêkta | tinon kadi baskara | kêmbar darpa angrêrêsi | magêng bisana | ri kang buntut kumitir ||

8. lir panyukur sisike Nagapratala | upas sumirat kuning | lir murub kang netra | jihwa asawang kilat | dênta kadya lintang ngalih | sabongkoting tal | gêngira ingkang pêthit ||

9. untu rangah lir drigama wuluh wungwang | dhrasthanira lir gadhing | muka kadi parang | grana lir guwa kêmbar | ngakak swabawa ngajrihi | asru angucap | karia Nagagini ||

10. duk umijil sira Sang Nagapratala | ngambang midêr ing tasik | jihwa ngalad-alad | mêlingi swara ngakak | midêr sambaning jaladri | sigra umêdal | marang Malawapati ||

11. sampun limut dardyanira amêmitra | lawan sri narapati | arsa pinadhêman | de Sang Nagapratala | sing wisunèng Nagagini | ingkang kaetang | trêsnanira mring rabi ||

12. lir widyuta lampahe Nagapratala | sapangu nulya prapti | sajronirèng kutha | kandhêg ing panangkilan | kathah punggawa kang kêmit | pan ingundhangan | mring Patih Bathikmadrim ||

13. pra nayaka sawadyanira sawega | sakapraboning jurit | apatih lingira | hèh sagunging punggawa | dèn padha angati-ati | aywana lena | Nagapratala sakti ||

14. mèsêm sira Nagapratala miyarsa | angling sajroning galih | tandhane [ta...]

--- 20 ---

[...ndhane] yèn ala | sang Raja Anglingdarma | sakèh punggawa kang kêmit | atine jaga | padha pating bathithit ||

15. yèn arsaa Nagapratala sikara | maring punggawa mantri | pasthi têtumpêsan | ananging ciptanira | datan arsa mêmatèni | wong tanpa dosa | jrih dukaning dewadi ||

16. ya ta mundur sang naga atriwikrama | ngadêg ing wringin rakit | sajêmbaring jagad | kawasa ngidêrana | wus jêmur lan dewa rêsi | manjing jro pura | datan ana udani ||

17. nindya sakti sira sang taksaka raja | datan amawi margi | dènnya manjing pura | datan amawi swara | nèng bangsal wangunan asri | sampun prastawa | ing prênahe sang aji ||

18. têka rangu-rangu Sang Nagapratala | karantan jroning ati | dènnya amêmitra | lawan sri naranata | rikalanira alinggih | anèng pahêman | jangji kadang sayakti ||

19. kawarnaa ingkang lagya sêsarean | pratisthèng tilamsari | Raja Anglingdarma | kalawan Dèwi Sêtya | samana anulya sami | lênggah kalihan | sang dyah matur wotsari ||

20. dhuh pukulun tan eca raosing driya | sarawuh padukaji | saking pacangkrama | kadi wong duka cipta | abdine kalangkung ajrih | dèrèng uninga | sêsikuning pawèstri ||

21. kathah tuna dungkape têtiyang arga | tan wrin dugi prayogi | sru maras kawula | manawi kalêpatan | ing tindak-tanduking èstri | dèn uningakna | rèhning itikan wukir ||

--- 21 ---

22. angandika sang nata angayuh madya | dhuh atma jiwa mami | aywa salah tămpa | sungkawaning tyas ingwang | duk ingsun cangkrama yayi | banjur mring taman | Bagendha sêdya mami ||

23. arsa siram sapraptaningsun ing taman | panuju têngah wêngi | ana kang taksaka | kirda jroning udyana | gawok sakèh kang umaksi | marang gungira | kanang bujăngga èstri ||

24. lanangane ula tampar mung sakacang | tansah sru dèn suraki | sinawat tan lunga | eca apêpulêtan | wadyanira padha ajrih | dupi sun miyat | kang kirda Nagagini ||

25. tan darana sun yayi mênthang buntala | ula tampar sun ukih | pêdhot gulunira | nging Nagagini kêna | pêthite kampad lumaris | anrang laleyan | sun uwuh tan anolih ||

26. sang dyah matur jêng paduka salah karya | dadya anyênyuwani | ing wong padha karsa | sang nata ris ngandika | bênêr ujarira yayi | wêruhanira | wau Si Nagagini ||

27. kang aduwe somah Si Nagapratala | iku wus manjing dadi | kadang ingsun tuwa | tanna rasa-rumasa | sumitra sudarawidi | somahe lambang- | sari lan ula cilik ||

28. lamun ingsun ora wani amadhêma | mring ula tampar yayi | wong apa kayèngwang | mendahane gêdhea | yèn wania sun matèni | sarpa culika | ingkang amajanani ||

29. mring si kakang mangkono pangèsthiningwang | mulane sun jêmparing | ya si ula tampar | nanging pamatarèngwang |

--- 22 ---

Si Nagagini yèn prapti | ngarsaning priya | wêwadul ngaku bêcik ||

30. anglêngkara yèn atutura culika | yakti mung ala mami | kewala pinajar | yèn kuranga pariksa | kang naga mring awak mami | wastu sun pêjah | sumarma ngong prihatin ||

31. sang dyah ayu kamantyan ngungun ing driya | myarsa pangandikaji | kumêmbêng kang waspa | sarya nungkêmi pada | sri nata awlas ningali | dene sang rêtna | waspanira drês mijil ||

5. Mijil

1. dyan sinambat lungeyaning rabi | saha wacanalon | dhuh mas mirah aywa maras anggèr | dèn pracaya marang ing dewasih | tan kêna gumingsir | yèn wus jangjinipun ||

2. nagaraja kanggêk miyarsangling- | ira sang akatong | sakamantyan pangunguning tyase | dadi apa agahana mami | ngong watara mati | sidaa sun saut ||

3. kailangan kadang wuwuh manggih | dêdukaning manon | utang pati kênèng dosa gêdhe | samargane wong akarya bêcik | pasthi manggih bêcik | dhuh-dhuh yayi prabu ||

4. Nagagini acidra ing mami | saujare linyok | gawe-gawe mamrih ing dudune | yèn sidaa yayi aji mati | yakti Nagagini | sun pidosa lampus ||

5. taksakendra wus umijil saking | pakasutan katong | warna mulih kadya ing unine | swara ngakak gumêr ing jro puri | wong dalêm samyajrih | myarsa swaranipun ||

6. ciptanira tan adarbe urip | sagung wong kadhaton | nguwuh-uwuh [ngu...]

--- 23 ---

[...wuh-uwuh] Nagapratalane | mring kang rayi sang sri narapati | prênahira munggwing | kêbon alas pungkur ||

7. santinira ri sang taksakaji | mijila riningong | maring jaba ing sapangu bae | sri narendra krêdyat miyarsangling- | ira nagapati | wanti-wanti nguwuh ||

8. arsa mijil garwa ambondhèti | ri sang prawiranom | èsmu tangis sang dyah lon ature | dhuh dewaji arsa dhatêng pundi | ngandika sang aji | yayi arsa mêtu ||

9. kakang Nagapratala nèng jawi | anguwuh maringong | sang lir ratih aris ing ature | sampun age paduka manggihi | maras ingkang ati | manawi dèn saut ||

10. măngsa nganggea pariksa niti | pae silih uwong | darbe nalar akèh pariksane | sri nata ngling ywa mangkono yayi | sang bujănggapati | kadang ingsun sêpuh ||

11. saking onêngira mring wak mami | saban-saban rawoh | sing kahyangan ing kono jujuge | nadyan ingsun amanggiha pati | tan arsa gumingsir | pracayèng dewagung ||

12. wruhanira si kakang lwih sakti | tan kewran ing kewoh | agal-alit manjing ajur-ajèr | singidana jro prasada wêsi | pasthi sun kapanggih | si kakang yèn bêndu ||

13. dyah ambondhèt kêkuncaning laki | waspa drês umiyos | Sang Pratala asru pamuwuse | yayi prabu mijila dèn aglis | kadangira prapti | ya ta sang aprabu ||

14. sigra mêngkang lungeyaning rabi | umentar tan alon | praptèng [pra...]

--- 24 ---

[...ptèng] jawi panggih lan mitrane | dyan pinangku wau sri bupati | sêdhêngnya padhasih | sarpendra amuwus ||

15. dadi apa agahana mami | mring sira riningong | Nagagini byakta ing durtane | ingsun ora bangkit malês ing sih- | ira angulapi | ing kalilip ingsun ||

16. Raja Anglingdarma anauri | wacana rum alon | dipun agêng kakang aksamane | arinira dira nguniyani | karsanta nuruti | sumuking tyas bêndu ||

17. Sang Naga ngling aja sira pikir | gêng tarimaningong | maring sira ingsun tan adarbe | kadang manèh ing donya pra tuwin | ing dêlahan yakti | mung sira riningsun ||

18. datan wingwing sinêmbah ing dasih | lisyta ing citranom | sakti măndraguna wruh ing angèl | satyèng ujar lêgawa ing pati | mring mitranira sih | nora bisa ingsun ||

19. malês marang sihira yayyaji | ana kamayan ngong | Aji Suleman agung sawabe | wrin basaning kang sarwa kumêlip | baya wus pinasthi | karsaning dewagung ||

20. lamun sira ingkang andarbèni | yayi ajiningong | datan kêna rinungwèng janma lèn | payo mentar maring don kang sêpi | tumamèng wanadri | lawan wêkas ingsun ||

21. aywa kita amuruk ing rabi | poma wêkas ingong | miwah putra kawulawargane | lamun sira amulanga yayi | pasthi ngong ngêmasi | tan yogya pinangguh ||

22. amituhu sang Anglingdarmaji | wacana ngalapsor | kalingga ing murda pasihane | lèn kacancang

--- 25 ---

sapucuking wèni | dadyaa paripih | sihing kang dhumawuh ||

23. Nagaraja awacana malih | dene ariningong | lamun uwis têrang ing karsane | nêdha marang alas kang asêpi | ngong lilani yayi | nitih gigir ingsun ||

24. lênggana sang Anglingdarma aji | dyan sinambut alon | tinitihkên munggwing wugyatane | taksakendra saksana umijil | saking dalêm puri | lampah lir andaru ||

25. mung sapangu prapta ing wanadri | sang naga nabdalon | yayi prabu tumuruna age | mêne uwus prapta ing wanadri | lor kidul atêbih | tan ana kang wêruh ||

26. wus prayoga ing kene asêpi | tumêdhak sang katong | saking gigir lênggah ing ngarsane | ri sang Nagapratala nabdaris | iki aji mami | Sulêman linuhung ||

27. dèn aparêk donira alinggih | mêrêma riningong | nata datan wiyang ing karsane | samya mêrêm Nagapratala ngling | waspa adrês mijil | kasmaran sang prabu ||

6. Asmaradana

1. anulya winêjang aris | sira raja Anglingdarma | lah iki yayi êmèle | ing aji tan pati dawa | sang nata binisikan | tantara sampun anyakup | kêrtartèng kamayan dibya ||

2. wanèh surasaning galih | Maharaja Anglingdarma | beda lan saban-sabane | sawabe Aji Suleman | têrus ingkang pamyarsa | Nagapratala amuwus | yayi aji sun atanya ||

3. apa uwis labda mangkin | pracihna yèn sira bisa |

--- 26 ---

ing driya sanès raose | kang tinanya aturira | kakang barkat paduka | kawula labda satuhu | sanès sotaning wardaya ||

4. kalawan ing nguni-uni | têrus pamyarsa kawula | Sang Nagapratala linge | sukur yèn sampun kabuka | nèng guwa garbanira | payo yayyaji sumusuk | sowang-sowangan mring pura ||

5. ingkang kaciptèng narpati | muhung kusumèng aldaka | marma sinêru lampahe | panguna andikanira | yèn ingsun tan praptaa | saariki ing kadhatun | ingsun watara ing nala ||

6. garwaningsun ingkang kari | jroning pura tuwêk raga | anyêngguh kalamun ingong | pinadhêm ing kakang Naga- | pratala anèng wana | sun têtêdha ing dewagung | aywa kongsi suduk jiwa ||

7. anaa kang mituturi | rabiningsun Dèwi Sêtya | byatitanên sang akatong | kang kondur mring dhatulaya | gantya ingkang winarna | garwanira sang aprabu | kusumadi ing aldaka ||

8. lagya pinarak sang dèwi | inya mandhala nèng ngarsa | para garwa pêpak kabèh | myang sagung wong dalêm pura | para babu lan inya | andhèr ngarsane sang ayu | Dèwi Sêtya angandika ||

9. biyang kaya paran iki | gustinta nora na prapta | kang manah sru sungkawane | yèn tan rawuh sri narendra | biyang sadina mangkya | sawastu kêna ing apus | winawèng Nagapratala ||

10. pinatèn anèng wanadri | tinêtêpakên sikara | yèn èstu seda sang katong | biyang manira abela | taman wun tuwêk raga | tan drêmaningsun [drê...]

--- 27 ---

[...maningsun] tumuwuh | sang dyah kumêmbêng kang waspa ||

11. inya umatur wotsari | ratu mas atur kawula | nadyan silih gêgêbale | yèn gusti bela ing nata | abdi măngsa kantuna | sadaya bela tumutur | tan sagêd angabdi liya ||

12. miwah wong sadalêm puri | tumutur bela sadaya | nanging atur kawulanggèr | inggih sadintên punika | prayogi dèn antosna | kadhahar saaturipun | sira ni inya Mandhala ||

13. biyang wayah apa iki | kang dinangu matur nêmbah | sampuning andhap wancine | yèn suwawi Jêng Ratumas | anglêlipur ing driya | têdhaka mring kori kidul | lêlingse mêthuk ing raka ||

14. sang dyah sangkin sru prihatin | têdhak ingiring pawongan | srimpang-srimpung ing lampahe | saking darpaning sungkawa | samarga jinaganan | ing para êmban lan babu | samya kumêmbêng kang waspa ||

15. angrês ing driya myat gusti | ing dwara kidul wus prapta | jumênêng anèng tirahe | sang dyah dahat ngarsa-arsa | ing raka sri narendra | wong dalêm aglar nèng ngayun | tan têbih êmban lan inya ||

16. sang rêtna angandikaris | sarwi kumêmbêng kang waspa | biyang inya karsaningong | saupama nora prapta | sang nata sore mangkya | patrêm ngong pasthi cumundhuk | biyang ing jaja manira ||

17. sakèhing wong dalêm puri | angrês manahe tumingal | eca imbal wacanane | kasaru sang nata prapta | aris ing lampahira | sarwi ngrimong kuncanipun | lir

--- 28 ---

Hyang Asmara tumêdhak ||

18. lagya kasmaran ing ratih | Maharaja Anglingdarma | alum awênês citrane | cahyanira lir sasăngka | sêdhêngira purnama | samana kagyat andulu | lamun kusumèng aldaka ||

19. têdhak amêthuk nèng kori | amusthi patrêm pabelan | sang rêtna prastawèng panon | yèn sang nata ingkang prapta | sarêng paguting tingal | kadi panjangputra ruru | ing sela kumêpyurira ||

20. swuh rêmpu sarira kalih | gupuh lumajêng sang rêtna | sarwi ambuwang patrême | sigra anungkêmi pada | sarya maca udrasa | sêsambatira mlas-ayun | pangeran gusti kawula ||

21. tan anyana ingkang abdi | yèn apanggih lan paduka | kang manah sangêt marase | kawula sidhêp palastra | dèn măngsa ing Nagendra | anèng madyaning wana gung | pangeran cipta kawula ||

22. yèn tan praptaa dewaji | inggih sadintên punika | kawula salah kapatèn | ambelani jêng paduka | myang wong sadalêm pura | cèthine tan ana kantun | tumutur bela antaka ||

23. sang nata angandikaris | dèn pracaya marang dewa | aywana dadi sêkêle | si kakang Nagapratala | nêdya bêcik maringwang | angaku sadulur tuhu | ing donya praptèng dêlahan ||

24. balik kasukana sami | angirabêna badhaya | laju lampahe sang katong | sarwi angêmban kang garwa | tansah kinuswa-kuswa | kalangkung sihirang prabu | ing garwa kang kadi rêtna ||

25. krêdyat sang sri narapati |

--- 29 ---

miyarsa semut rêrasan | mangkana ing pangucape | batur kănca suminggaha | manawa ta kapidak | marang ing wong puranipun | abdine Raja Nglingdarma ||

26. tan na wruh ing bênêr sami | sang nata mèsêm ngandika | garwa atampi driyane | umatur maring kang raka | dhuh dewa paran marma | mèsêm tanpa karanipun | Raja Nglingdarma ngandika ||

27. marma ingsun mèsêm yayi | karasa duk anèng wana | lagya midêr-midêr ingong | lan kakang Nagapratala | ingsun miyat pragosa | rêraton dupi andulu | maringsun bubar sasaran ||[6]

28. iku èsêmingsun yayi | sang ayu lêga tyasira | wus prapta ing dalêm gêdhe | munggwing made palenggahan | sira sri naranata | pinarak pratisthèng babud | sarimbit lawan kang garwa ||

29. nulya pêpundhutan prapti | sang nata dhahar kalihan | wong dalêm suka manahe | myang sakèhe para garwa | sêsugun sru gumêlar | dene gustinira rawuh | asuka-suka sadaya ||

30. pradăngga munya ngrêrangin | mungguhing panti pandhapa | kalih lajur badhayane | wus linorod kang baksana | wangwang sri naranata | anambut ing garwanipun | binakta mring pakasutan ||

31. ni inya atangkêb samir | Maharaja Anglingdarma | anandukkên srênggarane | lir brêmara nguswa sêkar | mrih sarkaraning padma | kathah pawongan kayungyun | sawênèh mijil ing jaba ||

7. Mijil

1. sang dayita tansah rinarêmih | winawèng

--- 30 ---

paturon | lir walangkrèk sang dyah drês gitêle | dhasar kênya susila tur lagi | asih marang laki | nata nyrênggararum ||

2. baya sira pan janmaning sari | pinasthi dadi wong | sêkar sataman sêpi sarine | angalumpuk anèng sira gusti | karane kang dasih | sabyanta wulangun ||

3. sinjangira sang dyah dèn waoni | kêkêmbên kinêndhon | sri narendra angayuh madyane | sang dyah mengo anjiwit calêkit | angêdohi liring | srinrênggara arum ||

4. wus lamèngsun anahên wiyadi | de sira mas ingong | têmah karya rabasèng wandane | lir rinujit sotaning tyas mami | taman angêndhani | sangkin mawèh trênyuh ||

5. dhuh kusuma paran darunaning | bêndunira mringong | myang mewaning tyas ta mring dasihe | ingkang tadhah sakarsanta yayi | kadiparan ugi | ing puwaranipun ||

6. dêdukan ta kang tumibèng dasih | dhuh murtining sinom | muhung sira kang mawèh atmane | mring kawula kadiparan bilih | tan anglarut runtik | tan wun ingsun lampus ||

7. piyarsakna kusumaning puri | sabda pangadhuh ngong | kang prawita sing syardanta anggèr | dhuh pujan ngong nadyan angewani | animpara tuwin | anêrtua mringsun ||

8. wastu taman kêndhat ing pamundhi | kongsi praptèng layon | ngong andhêmi saindêng-indênge | nadyan sira wus rêribèng galih | mring dasih ta gusti | dardèngsun tan surud ||

9. ing salami Hyang Arka lèn sasi | gumêbyar

--- 31 ---

katongton | datan nyipta mulat dyah liyane | muhung sira swanèngsun andasih | dhuh tamèng dwijadi | musthikaning arum ||

10. tingalana sapangu kang dasih | ywa mahatma nglamong | labêt dening kabyataning sihe | mung andika bangkit ngusadani | tyas kambahing wingit | wangwang sang aprabu ||

11. tan darana sing ardaning brangti | dènnya mrih kalangon | laksminingrat lir wayang solahe | mingsêg-mingsêg kadya wong anangis | tan wrin rèh linaris | kumêsar ing kalbu ||

12. sakamantyan dènira maladsih | wau sang akatong | anoraga mangukih lunture | dardyanira kusumaning adi | satata ngrêrêmih | mawor srênggararum ||

13. ya ta kocapa murti kêkalih | lanang lawan wadon | Ki Srêpana kang jalu wastane | èstrinira wasta Ni Srêpani | pratisthèng lêlangit | karo warna pingul ||

14. Ki Srêpana angucap mring rabi | lah payo wong wadon | pulangraras ing sapangu bae | sun kapengin tiru sang narpati | canggèh ingkang èstri | anayuti kayun ||

15. Ni Srêpani lingira mlas-asih | dhuh lenggana ingong | wêtêng ingsun ana antigane | kaya priye yèn pulang arêsmi | aksamanên mami | wêtêngong anjêndhul ||

16. Ki Srêpana sumaksa ing rabi | lah mayo wong wadon | aywa maras sun irih-irihe | pasthi sira nora angêmasi | ingsun kêkirihi | dimèn aglis mêtu ||

17. murti èstri asugal nauri | bok aywa anguthoh | ingsun tau [ta...]

--- 32 ---

[...u] lêngganèng karsane | lagi mêtêng maras ingkang ati | pêcah êndhog mami | nèng jro bok alampus ||

18. Ki Srêpana kumudwa ing rabi | mamrih sapaturon | Ni Srêpani darpa lêngganane | dyan lumaris sira dèn tututi | sinaut kang èstri | tugêl buntutipun ||

19. Ni Srêpani kalara anangis | wong lanang anguthoh | nora layak binibit turune | datan wêlas marang ing pawèstri | lêng matia mami | merang dening buntung ||

20. sri umèsêm sarya tutup lathi | sande amaturon | kusumayu kapita driyane | salah tămpa matyanta aruntik | panggraitèng galih | cineda ing lulut ||

21. aglis wungu saksana alinggih | nayana acêlor | Dèwi Sêtyawati lon ature | mila mèsêm paduka narpati | baya nora sudi | anendra lan ulun ||

22. èstu kula têtiyang ing wukir | akramantuk katong | nyênyampuri kawula têmahe | datan pantês ginarwèng narpati | yèn tan kangge mami | ulihna mring gunung ||

23. apan kathah garwa padukaji | samya putri kaot | raganingsun trahing wong pracore | sri narendra angandika aris | sarya ngarih-arih | dhuh mas mirah ingsun ||

24. nadyan kèha wanodya di-adi | atmajaning katong | nora siring lan andika anggèr | ingsun pindha-pindha puspitadi | kinarya sêsumping | apantês sun suhun ||

25. sêtyanana kawula mas gusti | yèn [yè...]

--- 33 ---

[...n] tumêkèng layon | anjanmaa kongsi ping saptane | andêdasih mring sira maskwari | tan jrih nuku pati | sumiwèng sang ayu ||

26. aywa sira salah tămpa yayi | dene guyuningong | aningali ing murti yaktine | Ki Srêpana lanange kang èstri | awasta Srêpani | pinardi pulanghyun ||

27. kumacèlu solah ta lan mami | lênggana kang wadon | ingkang lanang arda pamêksane | kadrawasan sinaut kang èstri | tiba ing gêguling | tugêl buntutipun ||

28. yèn sira tan piandêl ing mami | dulunên mas ingong | iku murti wadon bêbuntute | mugêt-mugêt ruru ing gêguling | mèsêm radèn dèwi | tumingal ing buntut ||

29. sang dyah matur saha manganjali | dhuh dewa sang katong | têka wikan murti ing basane | sang nata ngling sun winêjang yayi | ing aji dipati | sumarmane putus ||

30. kakang Nagapratala kang misik | iku sogatèngong | Dèwi Sêtyawati lon ature | mung paduka sri nataning bumi | don kawula nyèthi | dèn tumêkèng lampus ||

31. datan nêdya mèngèng ing pangaksi | muhunga jêng katong | kang darbea dasih salamine | nanging ulun mêminta dewaji | wêjangên basaning | saliring tumuwuh ||

32. èsmu ngungun sang sri narapati | andikaniralon | dhuh mas mirah jiwaningsun anggèr | kabèh-kabèh pundhutên kang aji | sumăngga maskwari | nanging aji iku ||

33. nora wênang mariwara mami | marang ing wong wadon | sang

--- 34 ---

dyah asru amêksa ature | dhuh sang nata kawula mintasih | wêjangên tumuli | ing aji dipèku ||

34. angandika sang sri narapati | yayi ajrih ingong | kakang naga dahat pêpacuhe | sun pinênging amêjang ing rabi | tanapi mring siwi | payo ingsun wuruk ||

35. Janurwenda kewala kang aji | sawabe waspaos | amêmanah miwah pambêdhile | Sang Srikandhi putri Campaladi | mêmanah patitis | dening aji mau ||

36. Aji Janurwenda saking laki | Sang Arjuna kaot | sun watara mirah suwarnane | kaya sira kang aran Srikandhi | sang dyah èsmu runtik | kawula tan ayun ||

37. nora kudu bangkit ambêbêdhil | tan dadi mêranggo | Janurwendarsa winurukake | dene ta lir bojoning sragêni | kawula puniki | kapengin sang prabu ||

38. wrin abasaning sarwa kumêlip | mendah bungah ingong | dene nguni akèh prasêtyane | datan arsa mulat ing dyah malih | malah têkèng pati | anunggala larung ||

39. mangke lirwa tan tulus ingkang sih | ngandika sang katong | dhuh mas mirah kang êndi tandhane | yèn pun kakang tan tulus ingkang sih | maring sang rêtnadi | sang dyah lon umatur ||

40. de kawula anyênyuwun aji | Suleman kinaot | tan sinungan akèh sêngadine | nata mênggah angandika malih | yèn aywaa mawi | wêwalêr kang dhawuh ||

41. kakang Nagapratala mring mami | sinupatan ingong | yèn muruka marang sira anggèr |

--- 35 ---

cidrèng guru tan manggih basuki | lamun sira apti | ana ajiningsun ||

42. muwah akèh sawabe kang aji | yèn lumaku adoh | tan kangelan manjing ajur-ajèr | yakti bangkit tanna dèn kewrani | lah mara maskwari | sira ingsun wuruk ||

43. Dèwi Sêtya asru datan apti | winêjang ing katong | lamun dede Suleman ajine | cinarita wus antuk saptari | dènira angudi | sri nata akukuh ||

8. Sinom

1. arda sungkawaning driya | sapta ari sapta ratri | sri nata tan sinewaka | angarih-arih ing rabi | sang dyah sangkin angudi | sang nata tansah anamur | ing karsane kang garwa | kusumayu sangkin runtik | wadanabang kumêjot kanang talawya ||

2. asugal dènira ngucap | kadya punapa dewaji | tur kula tan sinêmbadan | karya punapa wak mami | èstri ala parunji | ulihna marang ing gunung | parandene akrama | datan antuk amintasih | angandika sang nata angayuh madya ||

3. lêbura ing astaningwang | măngsa sun ulihna maring | ngaldaka sang lir kusuma | matur asru èsmu tangis | yèn makatên sang aji | tan arsa sung pamintèngsun | lêhêng kula pêjaha | sumusuk dhumatêng wukir | ing panêdya mêhêng alêbu tumangan ||

4. merang kawula mring dewa | myang mulat samining janmi | sang nata angusap jaja | adhuh mirah ingsun gusti | pasambène sang yogi | sun kinèn among sirèku | nadyan sira lêbua | tumangan ingsun belani | datan arsa pun kakang madayèng [ma...]

--- 36 ---

[...dayèng] ujar ||

5. lêbura awor dahana | aywa pisah wong kêkalih | sang rêtna matur ing raka | animbalana pun patih | paduka kèn akardi | parbatagni ngalun-alun | watêking nata dibya | tan cidrèng wuwus kawijil | sampun surup aruna ratri kocapa ||

6. ni êmban inya miyarsa | ing pangandikaniraji | sadaya anjrit karuna | asambat sri narapati | sakèh kang para bibi | rumêngên samya sru muwun | tanbuh rasaning driya | miwah sagung para manis | kadya gêrah tangise wong dalêm pura ||

7. dhuh gusti suhunan ingwang | sintên kawula ngèngèri | para sêlir pêpingitan | akèh ingkang kontrang-kantring | anampèl-nampèl wêntis | gêlung lukar layon mawur | sêsampur kaleweran | sang nata ngandika aris | lah mênênga sadaya aywa karuna ||

8. pinasthi karsaning dewa | ingsun mati ambelani | gustimu lêbu tumangan | hèh biyang inya dèn aglis | timbalana si patih | kang kinèn nêmbah wus mêtu | prapta ing pagêlaran | tundhuk kalawan apatih | dhinawuhan Ki Bathikmadrim ngandikan ||

9. ing nata tumamèng pura | sandika turira nuli | kya patih kerid ing inya | ingawe dera sang aji | mabyantara wotsari | prapta ing ngarsa rinangkul | ing nata binisikan | kakang akaryaa wukir | dahana lan panggungan ing pagêlaran ||

10. dèn enggal nulia dadya | padha ing samêngko iki | kang liningan matur nêmbah | pukulun anuwun [anuwu...]

--- 37 ---

[...n] warti | ulun dèrèng andugi | paduka amundhut gunung | dahana lan panggungan | sintên ingkang lêbu gêni | angandika Maharaja Anglingdarma ||

11. kakang patih arinira | Kusumayu Sêtyawati | arsa alêbu tumangan | ingsun milu ambelani | kya patih awotsari | èsmu waspa alon matur | dhuh Jawatèng Malawa | jêng paduka nata lêwih | dahat nistha seda ambelani garwa ||

12. sampun wiyah ing wanita | akarya beka ing laki | nanging tan dhatêng ing prana | yèn tinêguhan kang ati | dhuh gusti sang lir ratih | sampun lumirig ing bêndu | tan yogi kang pinanggya | pêpindane[7] èstri adi | yakti anut punapa karsaning priya ||

13. akathah-kathah turira | Nindyamantri Bathikmadrim | dhatêng kusumèng aldaka | Dèwi Sêtya asru angling | lah mênênga ta patih | aywa kakehan pamuwus | lamun ora tinêkan | unggwaningsun minta aji | raganingsun suka tumêkèng antaka ||

14. pasthine karsaning dewa | sang nata èmêng ing galih | aris dènira ngandika | poma wêkas ingsun patih | yèn ingsun angêmasi | sira jumênênga ratu | sun wênangakên sira | sumilih kaprabon mami | amêngkua praja ing Malawapatya ||

15. apan sira kadang ingwang | kang sinung ujar anangis | sarwi anungkêmi pada | amular kadi pawèstri | tan bangkit dados aji | kawula sabyanta punggung | taman sagêd anjuma | ing wadya Malawapati | lawan ajrih papa cintrakaning [cintraka...]

--- 38 ---

[...ning] dewa ||

16. lan dede waris kawula | sayakti aglis kasarik | kawula madêga raja | sri malih ngandika rèhning | sirèku sanak mami | kapindhone tunggal guru | măngsa silih antuka | cintraka umadêg aji | Bathikmadrim udrasa ardasasmara ||

17. ngandika malih sang nata | lah uwis mêtua aglis | Bathikmadrim nêmbah mêdal | saking pura sru wiyadi | maksih asêmu tangis | sapraptanirèng manguntur | kagyat sagung punggawa | miyat ki apatih mijil | saking pura dene asêmu karuna ||

18. gêtêr manahing punggawa | anarka lamun apatih | kabêndon ing sri narendra | ing pagêlaran wus prapti | asêrêt dènirangling | timbalan dalêm kang dhawuh | hèh sagunging punggawa | akaryaa gunung agni | lawan panggung dèn enggal nuli dadia ||

19. ing ngarsaning pagêlaran | natarsa tumamèng agni | ambelani ingkang garwa | hèh sakèhing para mantri | padha caosa nuli | kayu lênga lawan êduk | lamun èstu sang nata | dènira anganyut urip | ingsun ingkang sumilih madêg narendra ||

20. angrèh punggawa Malawa | pangandikane sang aji | marmane ingsun karuna | kalangkung putêk kang ati | sagung punggawa mantri | gêgêtun saha kapiluh | samya matur kukila | punapa kang dados galih | sri narendra arsa alêbu tumangan ||

21. dene sarimbit lan garwa | tandya Patih Bathikmadrim | warta mring para punggawa | kang dadya prawitèng kapti | sagung [sa...]

--- 39 ---

[...gung] punggawa mantri | miyarsa sami angungun | matur para pratiwa | mring Kya Patih Bathikmadrim | kajêngipun sang rêtna nanging sang nata ||

22. suwawi sami ngaturan | sampun kongsi malbwèng agni | măngsa kiranga wanodya | kang ayu adi linuwih | para putrining aji | kang arja dadi lêliru | suwawi linamara | tumuli lamun tinampik | pinêrêp ing yuda rinurah kang praja ||

23. kawula dipun abêna | suka pêjah ingkang abdi | nglampahi karya narendra | Radèn Dayaningrat angling | hèh kakang Bathikmadrim | langkung nistha sang aprabu | seda bela ing garwa | kalamun pêthuk ing galih | nata pinrih andhahar sabda sarkara ||

9. Dhandhanggula

1. yèn tan arsa ngaturan prayogi | lah suwawi rinêbat ing kathah | inggih pra santana kabèh | lan para punggawa gung | kang ngrêbuta ing sri bupati | aywa kongsi tumêka | dènnya nganyut tuwuh | sira sang nayakawaktra | Bathikmadrim aris anauri angling | ya bênêr karsanira ||

2. nging sun ajrih yèn dèn upatani | apan atur ingsun wus akathah | datanpa pinyarsakake | marma bela sang prabu | dene garwa Kèn Sêtyawati | putraning guru nata | kaping kalihipun | sang nata wus aprasêtya | kaping tiga sêdhêngira padha asih | marma tan kêna bênggang ||

3. pra santana lèn para bupati | myarsa linge sang mantri wisesa | sru karuna sadayane | ing pagêlaran umung | malih nabda sang Bathikmadrim | uwis padha mênênga | aywana

--- 40 ---

gumrumung | pan wus karsaning Bathara | age padha tumandanga nambut kardi | panggung nulia dadya ||

4. bok kadukan ing sri narapati | para mantri saksana rumagang | sarwi angusapi luhe | tan adangu kang panggung | lan prawata agni wus dadi | miwah sampun samakta | kya patih tumanduk | mring pura atur uninga | yèn kang wukir dahana panggung wus dadi | ngarsaning pagêlaran ||

5. Dyan Kujamas ri sang narapati | lawan garwa sampun agêgănda | miwah salin busanane | kaprabon kang rinasuk | ajamang mas lan anting-anting | bêbadhong kêbomênggah | ujwalanya murub | akampuh seta pinar mas | apaningsêt gringsing sangu antakadi | kêndhit nayaka muncar ||

6. atanapi sampun alêlathi | waja gêsêng ngêlar madubrata | sumorot-sorot lawêne | akèh èstri kayungyun | miyat citranirang narpati | jin pêri parayangan | samya lênglêng mangu | kasmaran ing pêkikira | tuhu listya nararyèng Malawapati | eman tan tulus wirya ||

7. ri sang Narpa Garini wus salin | ngrasuk rajakaputrènirendah | lir Dèwi Ratih citrane | ngandika sang rêtnayu | payo biyang padha umijil | marang ing pagêlaran | ni inya wotsantun | kêrig wong sadalêm pura | samya ngiring ing sang dyah sinambut nuli | dening sri naranata ||

8. sagung pêpingitan para manis | nandhang seta sêsamaning ngarsa | angampil upacarane | kabèh tan [ta...]

--- 41 ---

[...n] ana kantun | sêdya tumut alêbu gêni | byating trêsna mring nata | suka parêng lêbur | gumêr tangise wong pura | patih êmban sumungsung ing sri bupati | anèng wijil kapisan ||

9. Sri Nglingdarma angandika aris | kakang Madrim poma èstokêna | ywa nganggo malang tumolèh | ing sawêwêkas ingsun | yèn munggah ing panggungan mami | kakang sira linggiha | sangisoring panggung | kang sinabdan tur sandika | nata sarwi ngusapi waspa lumaris | wus praptèng pagêlaran ||

10. kasat mata dening sri bupati | wus sumaji ingkang pêpanggungan | tundha tiga jajarane | prapta minggah sang prabu | marang panggung lawan sang dèwi | mubêng ingkang gêgawar | janur kuning têpung | sang ayu matur ing raka | angantosi punapa tan dèn sulêdi | ingkang wukir dahana ||

11. angandika aris sri bupati | dèn arèrèh mirah karsanira | aywa ngugung duka bae | garwa alon umatur | tan adarbe cipta kêkalih | muhung ujar sapisan | kang raka lingnyarum | ingsun iya datan arsa | aduwea ujar roro dyan sang aji | ngagnya ring mantri muka ||

12. kakang Madrim payo dèn tumuli | dhawuhana nyulêd kanang wraksa | kang liningan tur sêmbahe | lurah Gandhèk tinuduh | nyulêd sigra dèn laksanani | lir sundhul ing akasa | ngajrihi kang urub | muntab-muntab lir samodra | sang dyah matur ing rakendra lah suwawi | parêng malbwèng dahana ||

13. ingkang wukir agni wus andadi | Maharaja [Mahara...]

--- 42 ---

[...ja] Nglingdarma ngandika | tansah ing pangkon garwane | sarya rinapu-rapu | aywa age-age maskwari | mêngko barêng lan ingwang | abarênga lêbur | lawan malih kang dahana | durung pati andadi urube yayi | kunêng sri naradipa ||

14. kawarnaa Sang Hyang Gurupati | kang kahyangan ing Jonggringsalaka | lagya sinewaka andhèr | kang para jawatagung | Hyang Narada umatur aris | hèh yayi Batharendra | paran karsanipun | gègère ing Suralaya | gara-gara akathah kang andhatêngi | gora rèh păncawora ||

15. êndhut blêgdaba umob ngajrihi | tuwin kawah pun căndradimuka | sangêt kumrangsang umobe | bayubajrarda nêmpuh | wraksa magêng kathah rug dening | sindhung swuh punggêl sêmpal | kayu dewandaru | katêmpuh êpangnya singsal | rèh prakêmpa Suralaya lir ginonjing | dewa kèh kagegeran ||

16. widadara lawan widadari | samya ngili anggendhong kalasa | yayi endra paran rèhe | Sang Surapati muwus | yèn sambada ing atur mami | nêdha marang kamuksan | matur ing Hyang Guru | sigra kalih parêng mêsat | mring kamuksan cundhuk lan Hyang Utipati | alon dènnya ngandika ||

17. sira padha baya ana kardi | de lumêbu datanpa larapan | Rêsi Narada ature | pukulun ari Guru | katiwasan atur upaksi | rusaking kadewatan | tan uninga ulun | paran kang dadya prawita | Suralaya ing mangke kadi ginonjing |

--- 43 ---

pun kakang jarwanana ||

18. Sang Hyang Guru anauri aris | kakang lamun sira taman wikan | kang karya prabawa kiye | ratwarsa nganyut tuwuh | lan garwane sêdhêng samya sih | bisikan Anglingdarma | narendra dibyanung | kêkasihe sang Hyang Tunggal | kang jumênêng nata ing Malawapati | ing rat tanpa sisihan ||

19. yèku têrahing kusuma lêwih | wus tinukur purwa wasananya | Narada sru pangungune | Hyang Rudra malih muwus | kakang sira mudhuna aglis | akanthia Si Endra | wruhanira lamun | linaa Si Anglingdarma | yakti cupêt kang nêdhakkên para aji | mêngku ing nuswa Jawa ||

20. wus winêling Sang Hyang Gurupati | myang Narada wangwang parêng mentar | datan kawarna lampahe | ya ta malih winuwus | ingkang arsa anglalu pati | Maharaja Nglingdarma | lawan garwanipun | Dèwi Sêtya aturira | dhuh dewaji suwawi tumamèng agni | kang dèn antos punapa ||

21. yèn tan arsa paduka dewaji | kawula kang tumama priyăngga | karia mukti sarine | amunga para arum | mêngku prajèng Malawapati | kramaa putri endah | kang samaning ratu | karya punapa wong arga | diksura tur parunji tan wruh ing niti | candhalambêk angkara ||

22. sang dyah arsa tumêdhak tumuli | mring dahana sang nata tan suka | angapithing panyikêpe | sarya ngandika arum | mêngko mirah dipun aririh | manawana kang wêkas | rama sang awiku | rèh maring jaman kamuksan | ywa kaliru marmaningsun kèndêl yayi |

--- 44 ---

tan saking jrihing lina ||

23. angèstokkên wulange sang yogi | aywa korup ing rèh mring kamuksan | ing pati ewuh margane | akèh wong kadalurung | yèn tan awas mring tingal jati | Dèwi Sêtya turira | duk anèng kadhatun | sampun kaèsthi sadaya | sawuruke kangjêng rama sang ayogi | kamuksan ing antaka ||

24. ya ta sira sri kagyat umaksi | wontên menda gapila sasomah | datanpa sangkan praptane | nèng jaban gawar janur | kuning saha samya wawan ling | sri narendra uninga | sawicaranipun | wêdhus wadon anêlojar | mring kang lanang sun tanya wontên punapi | dahana mulad-mulad ||

25. dene gêdhene kagiri-giri | inawêran ing jêjanur jênar | tundha tiga jajarane | lan sadaya kapiluh | janma ingkang samyanjajari | sumaur menda priya | wruhanira iku | pramèswarine narendra | ingkang arsa tumamèng agni sang kambing | èstri malih angucap ||

26. pa karane ri sang pramèswari | dene arsa alêbu tumangan | kang lanang alon saure | sang putri anjêjaluk | aji marang sri narapati | nanging ora tinêkan | iku marmanipun | dadi runtike sang rêtna | marma arsa lêbu tumangan ing mangkin | sri nata arsa bela ||

27. Raja Anglingdarma ratu lêwih | sudibyanung paramartèng wadya | marma sami gung trêsnane | kambing èstri amuwus | hèh wong lanang sun arsa uning | manira iki nyidham | rong sasi kalangkung | kapengin [ka...]

--- 45 ---

[...pengin] mulat ing garwa | janur kuning sira alapna sathithik | menda priya angucap ||

28. baya ta wus jamaking pawèstri | datan wruh ing bênêr andaluya | kang ora-ora dèn ame | anjaluk janur iku | kagungane sri narapati | tur kinarya sarana | nora wani ingsun | măngsa kuranga panganan | sukêt gêgodhongan ywa sok andalêming | nuruti ati setan ||

29. kambing èstri sugal dènirangling | lamun sira tan wani ngambilna | gêgarwa janur kuninge | sayakti ingsun lampus | kambing jalu bêngis nauri | modar oraa sira | tan praduli ingsun | lah dèn age lumêbua | mring dahana sira mati ingsun rabi | lan ingsun ora arsa ||

30. anuruti ujaring pawèstri | nora kaya Raja Anglingdarma | ratu kaliwat nisthane | anut ing garwanipun | nora wurung manggih bilai | kambing èstri lingira | karia rahayu | manira lêbu tumangan | kambing lanang ika sru dènira angling | marage tumamaa ||

31. malêdhosa pinangan ing agni | ingsun măngsa kuranga wadonan | sigra lumayu èstrine | manêmpuh pawaka gung | ingkang lanang suka ing ati | asru pangucapira | lah rasakna lêbur | sira pinangan ing brama | Raja Anglingdarma nèng panggung mangarti | sawicaraning menda ||

32. dadya sira ngucap jroning galih | ika kang tinitah sato têka | kaya mangkana ambêke | ingsun narendra agung | yèn anuta karsaning èstri |

--- 46 ---

kalangkung nisthaningwang | tanpa guna tuhu | sinêmbah sêsamèng raja | ya ta têmah kêndho pamêngkuliraji | dhumatêng ingkang garwa ||

33. tan antara Sang Narpa Garini | anjog saking panggung kadya kilat | tumamèng dahana gêdhe | wandanira wus lêbur | pinangan ing prabata agni | pinulung yitmanira | dening jawatagung | Maharaja Anglingdarma | sumipining unang tyas kadi rinujit | tan wruh wijiling waspa ||

10. Mijil

1. kang nèng soring panggung kyana patih | waspanya drês miyos | Bathikmadrim Andayaningrate | Arya Wijanarka tan atêbih | punggawa tri sami | awas dènnyandulu ||

2. ingkang anjog ing prabata agni | yèn amung sawiyos | nindya mantri eca ing driyane | anarka sri wun tumamèng agni | sumarma agipih | minggah marang panggung ||

3. praptèng ruhur sri nata kapanggih | anjêtung sru wirong | tanpa nabda mawas dahanane | apitêkur waspanta drês mijil | sigra kyana patih | mêngkul sang aprabu ||

4. sarya sêsambat asru manangis | dhuh gusti sang katong | sukur maksih raharja jênênge | ingkang abdi kalangkung rudatin | ngandika sang aji | dewa dardya mring sun ||

5. yèn aywa ana dewa kang asih | sida mati ingong | ambelani mring rinira anggèr | sang liningan waspa drês umijil | matur ngasih-asih | dhuh gusti sang prabu ||

6. mugi sampun kadriya kang lalis | balikan sang katong | amundhuta dhatêng gêgêbale | putri pundi paduka karsani |

--- 47 ---

kalamun tinampik | kawula kang sanggup ||

7. ngrurah praja pinrêp ing ajurit | suka raganingong | pêjah lumaksana ing karyane | nadyan patih brastha wor pratiwi | tan arsa gumingsir | ing karsa pukulun ||

8. tan kumêdhap tingale pun patih | ngandika sang katong | sun tarima kakang prasêtyane | lêwih gampang ngulari pawèstri | de ta kakang mangkin | kang dadya karsèngsun ||

9. têtilase rinira kang lalis | impunana gupoh | pra punggawa muwah panêngkare | para mantri undhangana kardi | candhi kang prayogi | poma agnyaningsun ||

10. lawan sakèhe para bupati | kang asih maringong | padha amakajangana kabèh | atunggua mringsun datan mulih | patang puluh ari | sun ana ing panggung ||

11. arsa ngêningakên driya mami | nêgês karsèng manon | kang inagnyan dyan tumurun age | saking panggung sigra anguwari | mring para bupati | satimbalan prabu ||

12. layoning dyah anulya cinandhi | tan antara dados | sri narendra kang winarna malèh | anèng panggung wus antuk saptari | limut tadhah guling | tansah kapirangu ||

13. muhung garwa kaèsthi ing galih | waspa drês umiyos | tan lèn sang dyah tumarêm ing tyase | ngêsah sambat Sang Aksitipati | dhuh gusti maskwari | tan atolih mring sun ||

14. tan anyipta kawula akrami | kalawan sang sinom | sêdyandasih salami-lamine | tan angèsthi ing dyah malih-malih | kramaa sakêthi | sira

--- 48 ---

kang panunggul ||

15. ênêngêna kang anahên wingit | Nglingdarma sang katong | dahat mêsu norakên ragane | munggwing panggung kewala pribadi | ngendralaya mangkin | gênti kang winuwus ||

16. Dèwi Uma lawan Dèwi Ratih | pinarak karoron | sinewa ing surènggana kabèh | Dèwi Uma wuwusira aris | yayi jênêng mami | myarsa wartanipun ||

17. ing madyapada ana narpati | kasusradi kaot | Raja Anglingdarma panêngrane | prajanira ing Malawapati | kêkasih dewadi | citrane abagus ||

18. kentaring rat punjul ing sêsami | dibyanung sang katong | sakti măndraguna wruh ing angèl | kinasihan sirèng rajaniti | nanging mangke lami | kapugut tan lulut ||

19. tinilar ing garwane kêkasih | apralina obong | Anglingdarma asru sungkawane | tan arsa myat ing dyah saliyaning | amung Sêtyawati | gumantung nèng jantung ||

20. sun cacake ratu pêksa lêwih | kang asih ing wadon | sun tandhane kayapa tingkahe | Dèwi Ratih anauri angling | lah inggih suwawi | kawula rumuhun ||

21. Dèwi Uma angandika malih | yayi karsaningong | sun kang dhihin yèn ana angèle | yakti sira yayi sun parani | tan wiyang Sang Ratih | lumirig ing kayun ||

22. Uma mêsat sakêdhap wus prapti | ing gwanirang katong | ingkang maksih anahên wirage | Dèwi Uma mèsêm aningali | marang sri bupati | alênggah pitêkur ||

23. datan wikan Prabu Anglingdarmi |

--- 49 ---

praptane sang sinom | Dèwi Uma alon ing wuwuse | lah bok aywa kagungan sang aji | cèthinira prapti | tan nambramèng wuwus ||

24. pijêr ngangên-angên kang wus lalis | kapita tyas katong | dyan anolih prastawèng dulune | lamun ana pawèstri alinggih | ngandika sang aji | katambêtan ingsun ||

25. mring kusuma ingkang lagya prapti | tan wikan sayaktos | lah ing pundi sang rêtna prajane | sintên ingkang pinudya ing krami | myang sinêdyèng pundi | sang tinanya matur ||

26. yèn sang nata tan wikan ing mami | surawadu ingong | kang kahyangan ing pawidadarèn | Sri Nglingdarma angandika malih | lah punapa kardi- | nira marang panggung ||

27. Dèwi Uma saurira manis | mawongan karsèngong | amarêkan ing nata yèn kangge | garjitèng tyas sira narapati | agandês wong iki | nora pati ayu ||

28. sun sanggane ing krama wong iki | tandya nabda alon | kusumayu kawula samêne | dèrèng măntra yèn arsa akrami | amung kang wus lalis | tansah anèng kalbu ||

29. Sang Hyang Uma matur ngasih-asih | dahat angalap sor | winor ing ngèsêm-èsêm wuwuse | sampun-sampun makatên sang aji | kawula puniki | sih marma satuhu ||

30. mring paduka gustining sabumi | dene ratu kaot | kataman ing wiyoga driyane | adoh-adoh manira lampahi | bok iya ngecani | manahing wulangun ||

--- 50 ---

31. sang nata ngling sakalane mangkin | datan arsa ingong | ingkang manah kamantyan rêntênge | datan arsa myat ing dyah liyaning | mung Kèn Sêtyawati | tungtunging pandulu ||

32. sang dyah angling punapa sayêkti | pangandika katong | datan arsa myat ing dyah liyane | Garininta Dèwi Sêtyawati | sang nata nauri | tan lirwa ing wuwus ||

33. benjang krama ingsun yèn apanggih | titise kang layon | Dèwi Uma asêndhu wuwuse | lah kantuna kawula mit mulih | marang Suranadi | mêsat lampahipun ||

34. praptèng kahyanganira apanggih | lan Ratih alunggoh | lênglêng mangu sang dèwi driyane | Warsasini lawan Prabasini | samya nungsung warti | Ni Ratih amuwus ||

35. paran baya kita antuk kardi | dene aglis rawoh | Dèwi Uma aris ing wuwuse | yayi Ratih katiwasan mami | ngunggahi tinampik | ingsun ora payu ||

36. Anglingdarma tan arsa arabi | ujare kawiyos | datan ayun mulat dyah liyane | mung sundêle ingkang uwus mati | pinangan ing agni | kang dadi panglamung ||

37. Dèwi Ratih mèsêm anauri | punapa sayaktos | Anglingdarma lali ta citrane | kang tinanya anauri aris | tuhu yèn apêkik | ngrat Jawa pinunjul ||

38. Sang Dyah Ratih awacana malih | rèhning sang akatong | kêdah-kêdah ngarsarsa garwane | kula ingkang mindha-mindha warni | Dèwi Sêtyawati | Sang Uma sumaur ||

39. ya tirunên dipun angêblêgi |

--- 51 ---

lan ingkang panganggo | ywa katara ing pambancanane | ingsun uga milu bali maning | ngong mancala warni | nini-nini pikun ||

40. sigra mêsat surènggana kalih | lampahira karo | tan antara dangu ing praptane | ing panggungan prênahirang aji | Kèn Uma anuli | angandika arum ||

41. yayi ingsun kang lumêbu dhihin | yèn sare sang katong | sun gugahe Kèn Ratih dêlinge | dèn prayoga amasang wêwadi | kang amalih warni | tumanduk anguwuh ||

42. anolèha sakêdhap sang aji | wêlas têmên ingong | aningali marang sarirane | ratu agung tinilar ing rabi | kapita sang aji | tumolèh andulu ||

43. yèn ana wong nini-nini prapti | apikun wus ompong | kadya kapuk winuson remane | sang nata ngling sun atanya nini | rika wong ing ngêndi | lan sapa kanthimu ||

11. Kinanthi

1. Kèn Uma aris umatur | kawula wong suranadi | maninjêm dhatêng paduka | awlas kawula ningali | supe tadhah lawan nendra | tansah pitêkur alinggih ||

2. baya sih têmên sang prabu | mring garwane kang wus lalis | Sri Anglingdarma ngandika | sakamantyan ingsun asih | tan ana kaciptèng driya | amung Gusti Sêtyawati ||

3. ni tuwa alon umatur | kawula asuka warti | rabi andika sang rêtna | rikala alêbu gêni | sinêndhal mayang ing dewa | winawa mring Suranadi ||

4. botên pralaya satuhu | yèn wontên karsa sang

--- 52 ---

aji | kula sagah andhatêngna | mariki sami samangkin | sok agênga kang pradana | nata anggarjitèng galih ||

5. kadya siniram ing ranu | tyasira sri narapati | aris dènira ngandika | apa sira jaluk nini | sanadyan mundhuta praja | yakti ingsun minangkani ||

6. sang malih warna lingipun | gampil pinanggih ing wingking | măngsa sang nata cidraa | kawula mring Suranadi | ngaturi garwa andika | sukèng tyas sang nata angling ||

7. lah iya nini dèn gupuh | sun anti nulia prapti | wisata sang malih warna | kapanggih lan Dèwi Ratih | Kèn Uma ris wuwusira | hèh Ratih mara dèn aglis ||

8. turunana sang aprabu | Malawa kang pêksa lêwih | dèn agandês polahira | Kèn Ratih sampun winêling | wisata kalih gya prapta | ing pêpanggungan apanggih ||

9. lan nata Kèn Uma muwus | puniki sri narapati | kucumbinta Dèwi Sêtya | andika sapa tumuli | sang nata prastawèng wulat | lamun Dèwi Sêtyawati ||

10. pyuh ing wardaya kadaut | jumênêng sigra nakêti | saha ngandika ngrêrêpa | dhuh mas mirah jiwa mami | datan andipe kawula | yèn andika maksih urip ||

11. sun sidhêp sira dewarum | sirna awor prabatagni | sun adhang panitisira | kawula nora akrami | yèn tan ora kapanggiha | panuksmanira mas ari ||

12. sang malih warna amuwus | mèsêm imbane cinincing | baya wus jamaking priya | sanggupe asih kapati |

--- 53 ---

dene lirwa ing wacana | lah pundi tandhane asih ||

13. arsa pinondhong sang ayu | Kèn Ratih gupuh mendrani | cinandhak-candhak tan kêna | mèsêm sarwi ngincang alis | polahe mêmanas driya | gumrêgêt sri narapati ||

14. tinubruk-tubruk sang ayu | nginggati ngêdohi liring | sang dyah asru angandika | apa sira tasmak dhingklik | arsa ngrangkul ingsun sapa | rêraupa dèn abêrsih ||

15. ujar ta mau sang prabu | tan arsa arabi malih | antuk dêdukaning dewa | patakanira nêmahi | de sira kambah ing coba | tan ana wong mati bali ||

16. Kèn Uma asru amuwus | yayi Ratih payo mulih | aywa ngadhêp ratu dora | manawa andrawasani | bok uga sira kagiwang | ing pêkike sri bupati ||

17. Hyang Uma angandika sru | hèh kita Anglingdarmaji | kêna ing papa cintraka | ing mêngko sun upatani | nora wênang madêg raja | yèn durung tumraptèng wangkid ||

18. sun wangêni wolung taun | tan wênang umadêg aji | prajanta katona alas | bawura tingalmu mangkin | sinauran gara-gara | gêtêr patêr kèh kapyarsi ||

19. Hyang Uma sigra umabur | tanapi Kusuma Ratih | samya mulih mring Kahyangan | awirandhungan samargi | èsmu wiyadi ing driya | wus prapta ing Suranadi ||

20. mangkana wau sang prabu | kang kataman ing wiyadi | kadya padhêm tanpa brana | darpa bramintaning galih | wus bawur pangaksinira | praja katingal wanadri ||

21. kadhaton kèksi [kè...]

--- 54 ---

[...ksi] garumbul | yatna kuncanging dewadi | sang nata micarèng nala | baya ta uwis pinasthi | prajèngsun asawang rimba | sapungkure widadari ||

12. Pangkur

1. baya wus karsaning dewa | sirnanira prajèng Malawapati | kabèh wadyabalaningsun | kadi tumêkèng laya | wus winastu dewata ingkang angracut | panjênênganingsun nata | tumêdhak sri narapati ||

2. mijil Sang Hyang Prabangkara | datan kandhêg lampahirang narpati | angugung liwunging kalbu | lir lêlayangan pêgat | tanpa rarywan andina ratri lumaku | sarira sawang kunarpa | atilar tadhah lan guling ||

3. angandika jroning nala | ingsun iki dhihin narendra lêwih | angrèh para ratu-ratu | samêne kajantaka | wit tinilar ing garwa kawêlas-ayun | lêhêng sun praptèng antaka | yèn tan madêg ratu malih ||

4. sri nata anglampus jiwa | ciptanira matia ing wanadri | ya ta kasasar sang prabu | mring dhangkaning raksasa | kèndêl lampahira saha mangu-mangu | gawok tumingaling praja | agêng kalangkung asêpi ||

5. micarèng nala mangkana | lah ing ngêndi don ingsun amêmarti | wangwang miyarsa wong watuk | ing wisma gya pinaran | yèku janma nini-nini kang awatuk | lagi mijil saking longan | tan wikan marang narpati ||

6. jinawil dening sang nata | nini tuwa kagèt angucap aris | sapa anjawil maringsun | bo bab yèn ana janma | apa êjin prayangan anjawil mau | apa nora nana janma |

--- 55 ---

ing jaman kene wus ênting ||

7. sang nata aris ngandika | dudu êjin manusa ingsun iki | nanging adoh wismaningsun | nini manira tanya | iki praja ing êndi dene asuwung | tan sumaur kang tinanyan | lênguk-lênguk tan udani ||

8. tinanya ambal ping tiga | nini tuwa dhasar wuta tur tuli | anggarjita sang aprabu | wikan yèn nini tuwa | mêmalanên pangèsthinira ing kalbu | yèn nini tan waluyaa | sapa kang ingsun takoni ||

9. dadya tan antuk pawarta | duk samana yatna Anglingdarmaji | yèn nguni sampun winuruk | mring panêmbahan ngarga | aji sawabipun maraskên wong lumpuh | myang tuli wuta waluya | sigra winatêk kang aji ||

10. nini tuwa dinamonan | êmbunira mulya kang wuta tuli | kagyat mulat sang aprabu | ni tuwa gya mangrêpa | matur nêmbah tigas kawuryan pukulun | anggèr teja sulaksana | ing wingking pundi kang nagri ||

11. ing ngarsa pundi sinêdya | miwah sintên ingkang pinudyèng krami | kang tinanyan ngandikarum | sun ratu ing Malawa | Raja Anglingdarma nini wastaningsun | ni tuwa angrangkul pada | sakamantyan nuwun kang sih ||

12. ing Gusti Sang Maha Wirya | aprasasat pêjah ginanjar urip | padhanging paningal ulun | tuli kawula mulya | saking barkat paduka gusti sang prabu | punapa ulun walêsna | amung pangastawèng dasih ||

13. tulusa jumênêng nata | ing rat Jawa angrèhna kang paraji | trah asiwi wayah buyut | canggah satêdhak-têdhak | amêngkua sa-Jawa saturun-turun |

--- 56 ---

paduka sampun kaliya | sang nata ngandika aris ||

14. ya nini ingsun tarima | pamujinta dewa ingkang naidi | balik atêtanya ingsun | ngêndi araning praja | lan maninge apa ta karane suwung | asêpi tan ana janma | ni tuwa matur ngabêkti ||

15. winastan Mlayakusuma | mila suwêng sang nata kawon jurit | binêdhah ing raja diyu | prawira sugih bala | punggawane gagah prakosa nung-anung | wau sang raksasa dipa | bisikan Kalawêrdati ||

16. tumpês wong Mlayakusuma | nèng palagan parêng lawan sang aji | salalisira sang prabu | kadhaton ing Malaya | kaêndhih dènira sang narendra diyu | mangke wus dadi siluman | dhangkane sang raksasaji ||

17. Raja Nglingdarma ngandika | lah ing mêngko Raja Kalawêrdati | apa anèng jro kadhatun | ni tuwa matur nêmbah | linggar sampun sacăndra tan wontên rawuh | lan wadyane kawan dasa | dhumatêng Malawapati ||

18. sumêdya nyidra sang nata | ing Malawa anagih utang pati | kang kari têngga kadhatun | putra èstri têtiga | ingkang sêpuh Rêtna Widata ranipun | Rêtna Widati pamadya | pamêkas Rêtna Witarsih ||

19. katri samyendah ing warna | ya ta mèsêm sang ingujaran angling | ingsun nini arsa wêrwuh[8] | ing warnane sang rêtna | nini tuwa manêmbah alon umatur | gusti sampun manjing pura | manawi manggih bilai ||

20. sang putri katri prawira | sakti măndraguna mamăngsa janmi | wantu atmajaning diyu |

--- 57 ---

datan adarbe wêlas | Maharaja Anglingdarma ngandikarum | hèh nini ingong tarima | pangemanira mring mami ||

21. sukur sun pinatènana | ciptaningsun aywa wèt kawlas-asih | lah wis kariya rahayu | kang sinung ujar nêmbah | sri nata gya lumaksana mring kadhatun | dhandhang munya mawurahan | barung lan bubut umuni ||

22. manyura ngungong anèng pang | èsthinira kadi amêmèngêti | dhumatêng wau sang prabu | pangidhêping kukila | lah wangsula gusti sampum[9] mring pura rum | cabak munya lir amênggak | cucur kadya manangisi ||

23. kadarpa mawèh katrêsan | ri kang ngulung lumayang lir malangi | wau ingkang lagya rawuh | ya ta Sri Anglingdarma | laju lampahira praptèng sitiluhur | wangwang tumamèng jro pura | mangu micarèng jro ati ||

24. bênêr tuture ni tuwa | pura iki pasang rakite bêcik | kulandaragni mèh surup | nitih udayèng cala | sri narendra kacaryan dènnya andulu | rakite kang pêpêthetan | ronira samya angrawit ||

13. Sinom

1. sang nata micarèng nala | emane kadhaton iki | suwung tan ana kang ngambah | baya ta uwis alami | rusake pura iki | dene ingkang dalêm agung | wus padha karambatan | tarulata atanapi | palataran katuwuhan alang-alang ||

2. midêr sadalêming pura | sri nata tandya ningali | ing wisma soroting pandam | nêlahi dèn parêpêki | lampahnya [lampah...]

--- 58 ---

[...nya] mindhik-mindhik | lir cara-caraning pandung | prapta ing tarêtêpan | angintip pipining kori | kagyat mulat ing citranira sang rêtna ||

3. pangaksinirang narendra | kadya kancana ingukir | Maharaja Anglingdarma | têmah kataman wiyadi | èngêt langêning puri | tyasira sangkin kadaut | kamanisên ing tingal | tulya pêjah tanpa kanin | wus kagiwang dening manising sarira ||

4. ya ta Ni Rêtna Widata | samana lagi alinggih | angadhêp lancang kancana | warnane amindha sasi | asinjang cindhe wilis | kasêmêkan jingga mungguh | asêngkang nata brăngta | paningsêt mandhalagiri | wida kuning pêpilise nanggal pisan ||

5. rema mêmak sinêkaran | kananga gambir malathi | arja pupur lêlamatan | pamulu mandam kasilir | nata micarèng galih | ya nyata ayu pinunjul | anake raksasendra | emane amăngsa janmi | sri narendra kasilir ing samirana ||

6. gandanira nrus ing wisma | sang dyah amicarèng ati | mambu gandaning manusa | têka dingarèn puniki | salawas ngong nèng ngriki | tan ana manusa purun | angambah prajaningwang | Sri Anglingdarma anuli | ngêngakakên wiwara sarya adhaham ||

7. kumênyut tyasirang rêtna | mulat ing wong priya prapti | panglocitaning wardaya | iki manusa ing ngêndi | warnane anom pêkik | kadi Hyang Asmara nurun | baya wong nglampus jiwa | kasasar mring dhăngka mami | mung cacade dene

--- 59 ---

tan wruh ing dêduga ||

8. ngêndi nagarane baya | apa sêdyane mariki | lamun nyiptaa duskarta | nora amurya ring mami | lan pasêmone bêcik | sabênêre raganingsun | napaa mring sang prapta | wit ingsun kang duwe panti | Kèn Widata arum wijiling wacana ||

9. suwawi katuran lênggah | awon sirnane wong sigit | paduka anèng jarambah | tar wiyang kang sinung angling | sampun tata alinggih | sang rêtna mangu andulu | ing citrane sang prapta | luluh tyasira kagimir | kiswa lukar kasêmêkan kaleweran ||

10. wus sinugatèng pawohan | dyan mucang warna dumêling | matur Kèn Rêtna Widata | teja sulaksana singgih | tejane wong abêcik | sulaksanenggal kadulu | ngajêng pundi sinêdya | sintên kang sinêmbat ing sih | atanapi ing wingking pundi pinăngka ||

11. sang tinanyan awacana | wisma manira atêbih | ingsun ratu ing Malawa- | pati panêngêran mami | Maharaja Nglingdarmi | sang ayu datanpa muwus | ngartika jroning nala | ramaji baya ngêmasi | dènnya mentar mring radyèng Malawapatya ||

12. arsa madhêmi sang nata | samêngko prapta ing ngriki | măngsa ramaji kasora | baya ta iki kang siwi | sang rêtna matur aris | lah paran darunanipun | atilar purantara | sang nata ngandika aris | raganingsun dhapur kapêgatan trêsna ||

13. mati tunu garwaningwang | kêkasih Ambarawati | sumarma sun tilar praja | saking sru liwunging galih |

--- 60 ---

anglampus jiwa mami | kasasar anèng prajamu | lah nagrinta punika | kasêbut nama ing ngêndi | muwah anèng ngêndi ramanta sri nata ||

14. mèsêm angucap sang rêtna | ing Malaya raning nagri | ramaji sampun sacăndra | mentar mring Malawapati | angandika sang aji | yaktine ramanta lampus | anèng nagaraningwang | pêpatih ngong kang matèni | ing samêngko sun malês ukum mring sira ||

15. ingsun gocone kang prana | măngsa wurunga ngênèni | kêrisku si lalijiwa | nora watak amatèni | nanging upase mandi | sok angabuhakên wawuk | lan manèh ngong têtanya | sapa sinambating wangi | lan arinta karo sapa ingkang nama ||

16. umatur ingkang tinanyan | mèsêm sarwi ngincang alis | kawula wasta Widata | ari kawula kêkalih | pamadya ran Widati | Witarsih ingkang waruju | samya wisma priyăngga | balik kula nilakrami | arsa linggar mring pundi jênêng paduka ||

17. lamun sambada ing karsa | kèndêla wontên ing ngriki | kawula sêdya ngawula | amawongan ing sang pêkik | yèn kangge andêdasih | aris ngandika sang prabu | pun kakang tan lênggana | ing karsa kang mindha sari | lamun èstu amundhut ing kawlas-arsa ||

18. sri nata datan darana | sang ayu dèn parêpêki | sinambut kinuswa-kuswa | binakta mring tilamsari | sampun atangkêb samir | sri narendra langkung baud | nanduk gita srênggara | mangukih lunturing kang sih | sang rêtnayu solahe

--- 61 ---

karagan-ragan ||

19. ing wayah bangun raina | wusnya tumêkèng sakapti | wangwang asare kalihan | samana hyang arka mijil | ya ta ingkang winarni | Rêtna Widati wus wungu | angartika ing driya | kangbok baya durung tangi | sun wadaka saratri tan kasat mata ||

20. paranta kambah ing roga | wus siyang maksih aguling | dingarèn tan kadi saban | Widati nulya marani | wismaning raka prapti | ing latar alon amuwus | kakangbok sampun siyang | wungua kawula prapti | atêtinjo manawi paduka gêrah ||

21. Rêtna Widata miyarsa | swabawanira kang rayi | Rêtna Widati nèng jaba | wangwang awacana aris | bok iya sun panggihi | mupung sare lakiningsun | Widata sigra mêdal | kapanggih lawan kang rayi | wus alênggah pratisthèng made pandhapa ||

22. Rêtna Widati umiyat | ing raka mèsêm saryangling | kangbok dene mandhan rawa | cahya wênês amanglingi | alum kadi layoning | angsana baya ta angluh | lan malihe kawula | mambu gandaning janmadi | mulêk anèng wisma gandane wong priya ||

23. kang raka nauri sabda | anglêngkara têmên yayi | ing kene ana ajanma | sapa ingkang wani-wani | ngambah ing dhăngka mami | apa wong kapengin lampus | Rêtna Widati mêksa | patakènira angudi | ingkang raka mindêl amicarèng nala ||

24. sapolah ingsun kawruhan | angur sun walèh anuli | dadya mèsêm angandika | hèh yayi aja baribin | nalika [na...]

--- 62 ---

[...lika] sore wingi | ingsun amangguh wong kakung | bagus misih taruna | sanggupe ingsun takoni | ratu ing Malawa Raja Anglingdarma ||

25. nanging dora yèn ratua | dene tan adarbe kanthi | pangakune mring manira | purwane sah sing nagari | tinilar ing garini | liwung atine anglangut | mrene dhapur kasasar | praptane ing sore wingi | Kèn Widati mèsêm atakèn mring raka ||

26. kakangbok manira tanya | punapa sampun abukti | ing dalu wau paduka | Widata mèsêm anjiwit | sawêngi sun kêloni | yayi liwat kumalungkung | ingsun kewran ing driya | arsa nora anuruti | sru sandea manawa tinilar mentar ||

27. eman pêkike sambada | sapolahe mawèh brangti | luwês baud ing srênggara | Widati mèsêm nauri | kakangbok mêne kadi | pangantèn anyar kadulu | yèn parêng kawularsa | wruh ratwèng Malawapati | Kèn Widata nauri sakarsanira ||

28. Widati saksana mentar | tumanduk ing têpas wangi | ririh dènnya miyak gubah | kèksi citrane kang guling | kadya hyanghyang ing tulis | cahya amindha sitèngsu | sang dyah kakênan ing tyas | miyat cahyane kang guling | cipta nglalu yèn tan kinanthi ing tilam ||

14. Kinanthi

1. cangkelak anuli wangsul | Rêtna Widata tanyaris | apa sira wus uninga | marang ipèn ta kang guling | Rêtna Widati lingira | inggih kakang wus udani ||

2. tuhu [tu...]

--- 63 ---

[...hu] kalamun abagus | baya Kamajaya nitis | kawula mulat sadhela | tanbuh sotane kang ati | baya ta sariraningwang | kêna ing guna lan dhasthi ||

3. kadya andulu cêmpaluk | kapengin têmên alaki | kangbok kawula anêdha | paduka sunga nanêmpil | sanadyan angindhakana | pangugunge sun kuwawi ||

4. kang raka alon amuwus | sakarsanira Widati | ananging wêwêkas ingwang | panggarapira dèn gêmi | kang rayi suka ing nala | sêsampure dèn waoni ||

5. asalin wastra sang ayu | sêsampur daragên adi | asinjang limar panggugah | solahe anjungkar angin | lir kusumèng bauwarna | citrane Rêtna Widati ||

6. dyan tumamèng jinêm arum | Rêtna Widata Widati | kadi Ratih lan Supraba | sapraptanira alinggih | nèng dagane pasarean | mangkana ingkang aguling ||

7. wus adangu dènnya wungu | datan saraba tumuli | mangkana anulya lênggah | sang nata kagyat ningali | Widata dinuk ing sabda | lir kêmbar sira wong kalih ||

8. datan asiwah sun dulu | warnane lan sira yayi | umatur Rêtna Widata | inggih punika kang warni | kadang kawula pamadya | awasta Rêtna Widati ||

9. marma marêk ing pukulun | arsa tumutur anyèthi | kalamun kinarsakêna | dadosa garwa sumêndhi | sang nata mèsêm ngandika | sukur yayi lamun sudi ||

10. Rêtna Widati umatur | dhuh gusti kula aturi |

--- 64 ---

pinarak ing panti kula | sang nata ngandika aris | lah iya sakarsanira | pun kakang dhatêng lumirig ||

11. wangwang tumêdhak sang prabu | Rêtna Widati kinanthi | umijil dyan lumaksana | praptèng wismanira nuli | winawa marang paprêman | sampun tumangkêb kang samir ||

12. sang nata kalangkung baud | pangrungrume rêmih-rêmih | sang ayu dahat kacaryan | saratri karoron guling | praptèng wijiling aruna | warnanên Rêtna Witarsih ||

13. citranirendah linuhung | kadi kumala ingukir | arja sinjang cindhe sêkar | asampur gadhung malathi | asêkar gambir capaka | asêngkang bapang sinamir ||

14. sang dyah amicarèng kalbu | ing mêngko wus kalih ari | kangbok tan ana sêsanjan | sun tilikane tumuli | nulya mentar sang kusuma | ing panataran wus prapti ||

15. gumêndhèng dènira muwus | kangbok paran maksih guling | Rêtna Widati miyarsa | lamun ingkang rayi prapti | têdhak saking pakasutan | arsa manggihi kang rayi ||

16. maksih anendra sang prabu | praptèng natar Kèn Widati | tundhuk lawan arinira | kinanthi Rêtna Witarsih | têka mèsêm ing wardaya | yèn angucapa sang dèwi ||

17. si kakang apa ta angluh | cahyane alum awilis | kaya wong nandhang wiyoga | paran prawitane ugi | mèsêm dènira atanya | kakangbok punapa sakit ||

18. kang raka alon amuwus | bênêr panarkanta yayi | sun iki aduwe lara | kênèng tuju

--- 65 ---

wola-wali | dene larane nênêka | dumunung anèng pok ati ||

19. sawêngi tan antuk turu | Widati mèsêm ing ati | aris dènira ngandika | kangbok ingsun mambêt janmi | prênahe anèng paprêman | Rêtna Widati nauri ||

20. apa nyalêmong sirèku | angarani ana janmi | sapa kang wani angambah | prajanta aparsa mati | Kèn Witarsih angandika | kawula arsa udani ||

21. Kèn Widati malih muwus | yayi sira sun tuturi | kangbok anêmu wong priya | anom citrane apêkik | aran Raja Anglingdarma | ratu ing Malawapati ||

22. ing mêngko lagi sun sambut | anèng kene mau bêngi | iku sira tingalana | mungguhing tilam aguling | Kèn Witarsih lumaksana | amiyak mandhalagiri ||

23. kèksi warnane abagus | sang dyah datan kêna angling | kasarkaran ing pamulat | arda kataman ing brangti | wulangun mring kang anendra | emut ing rakaglis bali ||

24. sapraptanira alungguh | ngandika Rêtna Widati | apa sira wus tumingal | mring Anglingdarma narpati | Rêtna Witarsih turira | kawula tumut anyèthi ||

25. ngawu-awu ing sang bagus | tumut amitung sukoni | dadosa garwa pamuntat | apa karsanira yayi | payo manjing pasarean | sang nata kapanggih linggih ||

26. Widati marêk ing ngayun | Rêtna Witarsih ing wuri | sri nataris atêtanya | lah ta sapa iku yayi | kang lungguh ing

--- 66 ---

wurinira | umatur Rêtna Widati ||

27. inggih punika ri ulun | awasta Rêtna Witarsih | kadang kawula pamêkas | mila marêk ing sang aji | kêdah tumut amawongan | manawi kangge anyèthi ||

28. mèsêm angling sang aprabu | lah iya luwih prayogi | katri dadi garwaningwang | dèn pada lêgawèng ati | Rêtna Witarsih tur sêmbah | suwawi kula aturi ||

29. pinarak ing wisma ulun | tar wiyang sri narapati | lumaksana kanthèn asta | kalawan Rêtna Witarsih | sapraptanira ing wisma | lalu manjing tilamsari ||

30. sang ayu tansah rinungrum | saratri karoron guling | Rêtna Widata winarna | amicara jroning ati | Maharaja Anglingdarma | marmane tan ana prapti ||

31. Si Widati cidrèng wuwus | basane nyilih sawêngi | ing mêngko kongsi rong dina | mundur arsa andhèwèki | sun paranane sadhela | tumêdhak anulya prapti ||

32. kang rayi kapanggih lungguh | miro kêmbên èsmu wingit | Rêtna Widata atanya | rênguning driya sinandi | ana ngêndi lakinira | umatur Rêtna Widati ||

33. kawula anuwun bêndu | raka paduka sang aji | sinambut dhatêng arinta | pun Witarsih tumut ngabdi | dhumatêng raka Nglingdarma | tan kêna dèn suwalani ||

34. Widata manabda arum | sukur yèn mangkono yayi | alah mêmaru wong liya | dene padha kadang mami | lah payo padha linawan | wisata sang putri kalih ||

35. tantara dangu wus rawuh | kapanggih lênggah sang aji | karoron [karo...]

--- 67 ---

[...ron] lan dyah pamêkas | kang nama Rêtna Witarsih | Widata Widati prapta | sang nata angacarani ||

36. padha alinggiha masku | sang sinung ling awotsari | wus samya lênggah atata | sri nata ngandika malih | hèh yayi Rêtna Widata | mêne manira kang gilir ||

37. sadina muwah sadalu | mring wismanira mas yayi | sang dyah katri atur sêmbah | datan lênggana ing kapti | ngandika malih sang nata | yayi ingsun arsa guling ||

38. sang ayu katri umatur | inggih paduka aguling | kawula têngga ing dagan | eca tyasirang narpati | sigra tumamèng paprêman | wangwang tumangkêb kang samir ||

39. sampun anendra sang prabu | umatur Rêtna Witarsih | bêbisik dhatêng sang raka | aluwe têmên wak mami | kangbok suwawi mamăngsa | mupung sang nata aguling ||

40. wus rêmbug putri katêlu | asalin busana sami | amusthi katga badhama | candrasa angandhut sêking | mentar mring seta mandhala | tantara ing don wus prapti ||

41. kawarnaa sang aprabu | ingkang tinilar aguling | wungu têdhak saking tilam | angandika jroning galih | marang ngêndi garwaningwang | katiga pisan asêpi ||

42. samana yatna ing kalbu | tuture wong nini-nini | sigra mentar sri narendra | mring kêbon-kêbon ngulati | tanapi mring jroning wisma | katrinira tan pinanggih ||

43. sang nata micarèng kalbu | ingsun arsa angyêktèni | ujare si nini tuwa | ri saksana matak aji | wasiyatira sang tapa |

--- 68 ---

kang rama Kèn Sêtyawati ||

44. Bagawan Maniksutra nung | kang mêjang dhatêng narpati | wus awarna dhandhang seta | umêsat napak wiyati | mulat kukus aran tugan | anèng madyaning wanadri ||

45. wangwang pinaranan gupuh | sang malih warna ningali | dhandhang akèh awurahan | sambêran arêbut bukti | sang mancala warna mulat | wangkening janma wèh brangti ||

15. Asmaradana

1. sang malih warna miranti | pratisthèng êpang mandira | arsa anginjên garwane | apa nyata măngsa janma | tuture nini tuwa | tan antara sri andulu | mring garwanira têtiga ||

2. anèng pamasaran sami | ambèrèk wangke manusa | samya milih sasênênge | binakar sigra tinadhah | sira Sang Anglingdarma | awicara jroning kalbu | bênêr tuture ni tuwa ||

3. arda pangunguning galih | mulat solahe kang garwa | mangkana osik ing tyase | eman têmên sira mirah | darbe tekad mangkana | ngong godhane rabiningsun | sang malih warna dyan mêsat ||

4. Widata dinunung dhihin | punika putri kang tuwa | winêdalan ngiringane | dèn alup nèng ngarsanira | dhandhang yèn angucapa | eman têmên mirah ingsun | bok aja amăngsa janma ||

5. sang putri ngandika aris | akèh dhandhang ing pasetran | têka muhung siji kiye | ambêlêr kaliwat-liwat | ngrêregoni wong mangan | dipanjêr-panjêr êndhasmu | ri saksana inguncalan ||

6. ati glis dènnya [dè...]

--- 69 ---

[...nnya] nampani | cinangkrêm ing suku kanan | sang dhandhang sigra angalèr | Kèn Widati pinaranan | ingalup anèng ngarsa | wus inguncalan jêjantung | acukat dènira tămpa ||

7. cinangkrêm ing suku keri | Kèn Witarsih pinaranan | datan wanèh pambekane | pêgêl ing manah sang rêtna | inguncalan lêlimpa | anulya age cinucuk | binakta muluk ing wiyat ||

8. tan adangu nulya prapti | Maharaja Anglingdarma | anjujug marang dalême | Rêtna Witarsih pamêkas | sampun awarna janma | mungkabi brêsihanipun | ingkang lêlimpa pinarnah ||

9. munggwing cêcupu winoring | gêgandan lan jêjêbadan | wusnya tinutupan malèh | tandya mijil sri narendra | laju mring wismanira | Kèn Widati tandya nambut | brêsihanira binuka ||

10. ingkang jêjantung tumuli | pinarnah ing cupunira | wangwang tinutupan age | laju dhatêng wismanira | Sang Kusuma Widata | sapraptanira anambut | brêsihanira binuka ||

11. saksana atining janmi | pinarnah ing cupunira | brêsihan tinutup malèh | karsanira sri narendra | maria măngsa janma | wusnya mangkana dyan wangsul | ing prênahira anendra ||

12. darpa pangunguniraji | anutup sariranira | sakamantyan kaduwunge | akrama sutaning ditya | apa ta durung têlas | dukaning dewa maringsun | dene ta nora kayaa ||

13. bênêr tuture si nini | ingsun dhewe kang nêmaha | maido tutur

--- 70 ---

sayaktos | Maharaja Anglingdarma | wus anèng pasarean | anglês ing driya amujung | nanging api-api nendra ||

14. ya ta kawarnaa malih | kang anèng setra mandhala | wus dangu tutug karsane | tuwuk dènira mamăngsa | angling Rêtna Widata | hèh yayi paran karêpmu | apa ta wus warêg sira ||

15. aja kasuwèn nèng ngriki | manawa wungu kang nendra | Rêtna Widati ature | inggih alêrês paduka | suwawi dèn aenggal | dyah katri parêng sumusuk | datan kawarna ing marga ||

16. aglis prapta jroning puri | sang nata maksih anendra | dyah katri sukèng driyayane |[10] wus sêsotyarsa gagănda | anambut barêsihan | nulya ngungkabi cêcupu | kapitèng driya tumingal ||

17. atining janma kapanggih | ing cupu awor lan lênga | sang dyah micarèng jro tyase | apa wadine kang lênga | kaworan ati mêntah | ana rasane tyas ingsun | ati iki iya uga ||

18. kang sun uncalakên maring | dhandhang putih nèng pasetran | sampun kapanggih wadine | mring wismane arinira | Rêtna Widati wusnya | sêsotya wangwang anambut | brêsihan arsa gagănda ||

19. krêdyat sang rêtna umaksi | jroning cupu ana ulam | jantung kang dèn uncalake | mring dhandhang anèng pasetran | mangkya nèng cupunira | arda pangunguning kalbu | angraos yèn kaerangan ||

20. kang raka anulya prapti | pinapagkên anèng

--- 71 ---

natar | Rêtna Widata dêlinge | ingsun yayi katiwasan | sauwise sêsotya | ngungkabi brêsihan ingsun | ana atine manusa ||

21. rupa-rupane ya ugi | kang sun uncalkên mring dhandhang | Rêtna Widati ature | kawula datan prabeda | inggih kadya paduka | amanggih ulam jêjantung | kang sun uncalkên mring dhandhang ||

22. anèng pasetran pinanggih | majêmur lan jêjêbadan | tyas kawularda merange | umojar Rêtna Widata | hèh yayi yèn mangkana | payo maring wismanipun | yayi Witarsih ing kana ||

23. kang rada adoh asêpi | payo padha rêrêmbugan | sigra umentar kalihe | Rêtna Witarsih winarna | arda sokaning driya | dene jêjêbadanipun | kaisèn ulam lêlimpa ||

24. sang rêtnayu datan pangling | limpa kang pinèt ing dhandhang | ya ta kasaru praptane | Rêtna Widati Widata | cundhuk lan arinira | wus tata dènira lungguh | Rêtna Widata manabda ||

25. Witarsih dèn bêbisiki | yayi cêcupu manira | pinanggih ana isine | atining manusa mêntah | kèn Widati lingira | dhuh yayi cêcupuningsun | isi jantung awor lênga ||

26. Witarsih aris nauri | lisah ingwang awor limpa | katri karaos driyane | angucap Rêtna Widata | hèh yayi wruhanira | kawanguran olah ingsun | marang Raja Anglingdarma ||

27. mau api-api guling | sadargane tyas manira | tan samar mring ngong katrine | kalamun amăngsa [amăng...]

--- 72 ---

[...sa] janma | Anglingdarma kawasa | kang rayi kalih umatur | pundi margane uninga ||

28. duk tinilar maksih guling | Rêtna Widata lingira | wruhanira yayi karo | ingkang warna dhandhang seta | ika Sang Anglingdarma | limpa ati lawan jantung | wor lênga sing pakaryanta ||

29. sadarpa wirang kang ati | yayi paran karsanira | ari kalih parêng ture | dawêg kakang pinêjahan | Mahraja Anglingdarma | Widata nauri wuwus | iku dudu karsaningwang ||

30. apan ora utang pati | utang wirang naur wirang | nagih sautange bae | sun tan arsa mêjahana | mring Raja Anglingdarma | lah mayo padha tinundhung | aywa anglêlayu wirang ||

31. Rêtna Widata angambil | roning tal kinarya surat | cinitra ing kanakane | pamunya aji kamayan | panjanging ron sakilan | kalawan malih amundhut | roning tal kinarya salang ||

32. cinitrèng kanaka ciri | rêrajah janma anungsang | sêsalang cinanthèlake | nèng satêngahing wiwara | putri katri saksana | marêpêki kang aturu | umadêg anèng dêdagan ||

33. sang dyah sami matêk aji | tinarima ing jawata | Rêtna Widata dêlinge | sandhangên sira Nglingdarma | mêne wêwalês ingwang | sigra cinublês kang gêlung | ing ron tal kang mawa rajah ||

34. kagyat awungu sang aji | tandya anggurayang rema | roning tal anèng kiswane | dinudut-dudut tan kêna | anggubêt anèng rema | pragnya driyanirang prabu | aris dènira ngandika ||

35. lah sira

--- 73 ---

dudutên yayi | apa kang anèng mastaka | sang dyah asugal wuwuse | nora mambu wong sumêlap | basa yayi maringwang | lah sira lungaa gupuh | saka ing nagaraningwang ||

36. mentara padha samangkin | ingsun dahat nora sotah | mring sira nèng prajaningong | manira tan sudi miwah | tan rila sira ambah | sang dyah katri sarêng nundhung | aris ngandika narendra ||

37. paran dosaningsun yayi | dene sira siya-siya | sang putri asru wuwuse | babo dene takon dosa | bok aywa ulas-ulas | dosanta yèn ora ngaku | anginjên ing wong mamăngsa ||

38. sira rupa dhandhang putih | ambêbeka wong mêmangan | liwat dening salah gawe | sira kêna ing cintraka | ratu alaku cidra | prandene bisa gumagus | mundur ngucap takon dosa ||

16. Durma

1. mati anta bramatya putri têtiga | asru dènira angling | glis sira mentara | yèn wiyang sun badhama | sang nata aris nauri | mara tibakna | badhamanta mring mami ||

2. dene sira bosên marang raganingwang | ywa tinundhunga yakti | manira wisata | Kèn Widata anabda | lah aywa kakèhan angling | èstu manira | tan arsa ngaku laki ||

3. atanapi para ari-ariningwang | lumuh adarbe laki | wong ulah culika | Mahraja Anglingdarma | angartika jroning galih | wus kawadaka | unggwan ngong malih warti ||

4. dyan tumêdhak Maharaja Anglingdarma | ing tyas sêmu wiyadi | duk andungkap kwara |

--- 74 ---

lagyarsa sumurupa | agupuh sang rêtna katri | parêng anabda | sami angupatani ||

5. sarwyanggêtak muga ta sira dadia | pêksi maliwis putih | gumyur manahira | Maharaja Nglingdarma | ginêtak marang sang putri | nyundhul sêsalang | praptèng natar amalih ||

6. warna kanang sarira akêbak êlar | bau dadi suwiwi | angilo sang nata | anèng toya jêmbangan | kèksi sarirane dadi | cakarwa seta | tyasira lir angipi ||

7. sakamantyan pangungunira ing driya | miwah merang kapati | amicarèng nala | sun ratu binathara | siniwi samèng narpati | atilar praja | mêngko dadi maliwis ||

8. baya ta wus pinasthi karsaning dewa | ing mêngko awak mami | dadi lêlampahan | Mahraja Anglingdarma | anglampus sajroning galih | lêng palastraa | yèn tan waluya nuli ||

9. sang mancala warna amadal pratala | andêdêl mring wiyati | sang putri têtiga | marudasta sru mojar | sandhangên wêwalês mami | sira Nglingdarma | lir mas kèntir ing warih ||

17. Maskumambang

1. lingira dyah wong amirangakên mami | mêngko nêmu wirang | raganta dadi maliwis | eman têmên Anglingdarma ||

2. srênggarane Si Jênat amêmaladsih | sang dyah katri brăngta | kaduwung sajroning ati | kagagas langêning tilam ||

3. kawarnaa sira sang amalih warni | lir sundhul ing wiyat | ngumbara mêrêm kapati | merang myat sunaring surya ||

4. sangkin silêm andêdêl maliwis putih | kongsi pitung

--- 75 ---

dina | dènira mêrêm kapati | tan padwistha ing wardaya ||

5. kang cinipta karsaning dewa sumarmi | narimèng satitah | wus mêlèk sang malih warni | aningali kang rêrawan ||

6. dahat wera ing madya nuswane inggil | wetaning rêrawan | pasabinan tinon asri | kacaryan dènnya tumingal ||

7. dyan tumurun sira sang mancala warni | jumujug ing nuswa | panglocitanirèng galih | tanah ngêndi iki baya ||

8. akèh têmên ing kene êndhog maliwis | atusan kawuryan | yèn anaa janma uning | sayaktine ingalapan ||

9. sang amalih warna saari saratri | mandon nèng rêrawan | kagèt sakèhing maliwis | umiyat cakarwa seta ||

10. apocapan sabaturira maliwis | hèh ta batur kănca | wetan ikana maliwis | putih cahyane gumilang ||

11. tanpa sangkan praptane tan ana uning | lah payo kinarya | raja sang maliwis putih | anaa kang sinewaka ||

12. sadhahare payo padha dèn saosi | wus rêmbug sadaya | wangwang angumbara sami | rêbut dhucung tandangira ||

13. samya marêk ngarsaning cakarwa putih | matur kang tinuwa | pukulun sang adi warni | kamantyan kapasang yogya ||

14. yèn sambada paduka ngong karya aji | sakalir karsanta | kawula ingkang naosi | saabdinta pra cakarwa ||

15. angandika sang amalih warna aris | ya ingsun tarima | sihira mring jênêng mami | sun iki lagi apapa ||

--- 76 ---

16. nora arsa ingsun sira karya aji | mawèh susahira | sun nèng kene muhung mampir | mahyun nutugkên laksita ||

17. angulati ing saenake tyas mami | ri wusira nabda | sigra umabur ngulati | pasabinan ingkang rata ||

18. ingkang parêk desa sring kambah ing janmi | samana tumingal | sabin tandure amilis | wayahe lagi gumundha ||

19. ingkang kolah sawah sajung winatawis | aparêk lan desa | aran dhukuh Wanasari | pitung surup wismanira ||

20. yèku lalad praja ing Bojanagari | kang dhêdhêkah wasta | Dêmang Kalungsur ing nguni | mantri ing Bojanagara ||

21. purwanira kadukan dening narpati | pinarnah ing desa | măncapat lima atêbih | dene kang tumut awisma ||

22. amung wangsanira ingkang sami asih | dahat kasarakat | mesa sarakit kinardi | sêsawah sawangsanira ||

23. èstrinira sami wade godhong jati | myang èstrining dêmang | kaponakan jalu siki | Jaka Gêdhug wastanira ||

24. duk samana Ki Jaka angon mring sabin | sarwi mawa kala | sapraptanira anuli | umulat cakarwa seta ||

25. anèng galêng eca dènira salisik | tangginas Ki Jaka | galêng samya dèn pasangi | wusnya anggiring cakarwa ||

26. sang maliwis eca mèsêm jroning galih | mulat mring Ki Jaka | yèn angucapa sang pêksi | bok aywa kakehan akal ||

27. apan sêdya ngawulèng sira wak mami | marmi ta mangkana | ing nguni sri

--- 77 ---

narapati | adarbe amêng-amêngan ||

28. kadi kêmbar lan Jaka Gêdhug kang warni | sasolah tan siwah | duk anèng Malawapati | dadyasih sang malih warna ||

29. sang maliwis putih anrajang tumuli | kalane Ki Jaka | linêbêtan suku keri | Ki Jaka sigra anggêtak ||

30. wikan lamun sang maliwis putih kêni | sru suka ambapang | sigra dènnya malayoni | tanbuh saharsaning driya ||

31. sang maliwis putih tandya dèn uculi | binopong mring wisma | mesanira tan tinolih | tinilar anèng pangonan ||

32. dyan lumaris Ki Jaka suka ing ati | sun duga abungah | pama ningali maliwis | putih cahyane gumilang ||

33. praptèng wisma Ki Jaka asru dènnyangling | hèh paman kawula | angsal maliwis aputih | cahyane lir guladrawa ||

18. Dhandhanggula

1. kyai dêmang sigra anampèni | sarwi nabda mring pulunanira | mangan pira sinambêlèh | apelag warnanipun | karyakêna kurungan aglis | prayoga ingingua | adi warnanipun | sang maliwis seta mojar | hèh ki dêmang sampun andika kurungi | măngsa ngong mirudaa ||

2. kyai dêmang kagyat lir angimpi | amiyarsa wuwusing cakarwa | lalu saharsèng driyane | durung miyarsa ingsun | pêksi bisa ngucap lir janmi | wangwang sira wacana | marang rabinipun | hèh nyai gumatènana | sang maliwis putih sêmune abêcik | manawanggawa bêgja ||

3. sang maliwis awacana malih |

--- 78 ---

ngong têmua tumamèng wisaya | wit sun pama nêdya ngèngèr | maring Ki Jaka Gêdhug | datan wêlas ingsun ningali | paman marang andika | myang ing Jaka Gêdhug | sabên dina masang kala | măngsa silih cukupa andika bukti | malah wuwuh musakat ||

4. kyai dêmang anjêngêr ningali | sapandurat datan awacana | yèn kawijila wuwuse | iki wataraningsun | dudu manuk-manuk sayakti | baya wong tapa salah | anitis ing manuk | nyai dêmang suka ing tyas | dènnya myarsa wuwuse maliwis putih | cakarwa malih mojar ||

5. ngong pitutur mring andika kyai | marènana amêmasang kala | măngsa cukupa pangane | Dêmang Kalungsur muwus | apa ingkang ginawe kaskil | mojar sang malih warna | ing prayoginipun | kita nêmêna sêsawah | lan nyi dêmang aywa adol godhong jati | angur adola tigan ||

6. lah suwawi ngong atêrkên ngambil | antiganing maliwis tur kathah | lan Ki Jaka Gêdhug bae | kawula nyai wêruh | ing prênahe êndhog maliwis | duk ingsun anèng rawan | wruh sasananipun | tinurut sang malih warna | dyan umangkat Ki Jaka kalawan bibi | wus prapta ing rêrawan ||

7. tinuduhkên donira tumuli | nyai dêmang mring sang malih warna | pira-pira antigane | tumpuk angundhung-undhung | nyai dêmang suka ningali | anulya ingusungan | pirang-pirang pikul | Ki Jaka wangsul ping lima | kyai dêmang tumut amikul ping kalih | êndhog [êndho...]

--- 79 ---

[...g] dadi sajogan ||

8. sira dêmang angucap ing rabi | mentara mring pasar lan sutanta | antiga êdolên kabèh | yèn ana payonipun | atukua pacul lan arit | ingsun arsa sêsawah | maliwis sun gugu | sun marèni masang kala | nora bêcik drapon ywa sinêbut malih | aran Dêmang Wisaya ||

9. nyai dêmang umentar tumuli | lan Ki Jaka kang mikul antiga | praptèng pasar glis payune | nyai dêmang dyan wangsul | mawa buruh sadasa malih | sapraptanirèng wisma | antêlu ingusung | buruh sadasa kawratan | sapraptane ing pasar binorong dening | pra sambewara kathah ||

10. nyai dêmang sukèng tyas kapati | pêpayone antuk slawe reyal | nulya tuku sinjang age | kêmbên kalawan sabuk | atanapi nyampinging laki | wêlinge kyai dêmang | arit lawan pacul | anêmpur midhe akathah | tuku lênga kalapa kalawan ragi | arsa barêsih desa ||

11. nyai dêmang dhasar bisa laki | kadoyanirèng priya tinumbas | datan lali têtèrèke | kupat cabuk lan krupuk | têtukone dadi rong rinjing | binuruhkên maluya | angirid bêbakul | Jaka tininggal ing pasar | wus atumbas saptangan jingga tinêpi | lan sabuk bangun tulak ||

12. nyai dêmang ing wisma wus prapti | aris mojar sang amalih warna | Ki Jaka tinakokake | kang tinanya sumaur | karyèng pasar ing mau budi | anjaluk kacu jingga | sang maliwis muwus | sun arsa mapag [ma...]

--- 80 ---

[...pag] Ki Jaka | dyan ngumbara Jaka kacundhuk ing margi | sondhèr saptangan jingga ||

13. mencok munggwing pundhak sang maliwis | alon tanya marang kyai Jaka | yayi sira dene suwe | apa kang sira tuku | Jaka Gêdhug nauri angling | ingsun tuku saptangan | jingga limang suku | lawan sabuk bangun tulak | mung sajampêl lan jingga gunggunge dadi | arêga pitung sêka ||

14. nyai dêmang sampun asêsaji | antuk-antukira saking pasar | dèn sajèkkên ing lakine | kyai dêmang amuwus | payu pira dene agêlis | payu salawe reyal | reyal molu likur | ki dêmang suka ing driya | dhasare wus lami pailan jalwèstri | andhatêngakên karsa ||

15. salamine nganggur dahat miskin | mangke ing sakapti katutugan | mangan kupat kadoyane | lawuh cabuk lan krupuk | wusing ratri sami aguling | risang mancalawarna | rikalaning dalu | anênêdha ing jawata | dènira tan asare sampun alami | marma ngraos karipan ||

16. maring natar risang malih warni | dyan umabur pratisthèng wuwungan | salisik arsa asare | nglês kasilir ing bayu | myarsa swara sajroning guling | hèh Raja Anglingdarma | yèn sira nora wruh | garwanira Dèwi Sêtya | kang atunu nitis mring Bojanagari | panêngran Kèn Srênggana ||

17. marma sira awarna maliwis | marga kêna ing papa cintraka | ping catur kasisipane | kasiku ing dewagung | dhihin manah Sang Nagagini | kapindhone [kapindho...]

--- 81 ---

[...ne] kuthilang | kaping tiganipun | sira anampik Kèn Uma | kaping catur kita mirangakên maring | putraning Danawendra ||

18. dene sira benjang wus pinasthi | rabi putri ing Bojanagara | nanging dèn yitna ing têmbe | poma wêwêkas ingsun | aywa wania utang pati | marang sapadha-padha | manusa tumuwuh | aywa kurang panarima | tarimanên pasihane Hyang Pramèsthi | kinarya lêlampahan ||

19. kagyat wungu sang mancalawarni | wus kaèsthi sêsambèning swara | sadarpa panarimane | angartika ing kalbu | aksamanên sisiping dasih | muga ingemutêna | ing sadèrèngipun | samana tatas raina | kyai dêmang jalwèstri wus samya tangi | sang cakarwa nèng natar ||

20. kyai dêmang awacana aris | apa karyanira anèng natar | cakarwa seta wuwuse | kula saratri muput | anèng natar ajagi maling | mèsêm kiyai dêmang | alon wuwusipun | bilih minăngsa ing sarpa | mêngko bêngi sarea tunggal lan mami | samar akèh garangan ||

21. kacarita ing alami-lami | kyai dêmang wus adarbe kandhang | kêbone katêlu gudèl | sabên dina maluku | awacana sang malih warni | ingsun angon maesa | ngiras tunggu tandur | ki dêmang nauri sabda | aywa angon manawa ana priyayi | mundhak pinundhut sira ||

22. sang awarna cakarwa wus lami | unggwanira anèng wana sêkar | kacatur lagi adhedhe | nulyana pêksi rawuh | sêsikatan jalu

--- 82 ---

lan èstri | mencok anèng pang soka | kang lanang amuwus | balilu kang duwe omah | ana êmas rong êncèh datan udani | dèn palaur kangelan ||

23. sêsikatan èstri anauri | yèn jawane atakon ing priya | wong lanang ngêndi ênggone | sikatan jalu muwus | kapêndhêm nèng sajroning bumi | sore sakaning kandhang | kang wetan donipun | mèsêm sang amalih warna | datan samar mring basane kang kumêlip | sigra manjing ing wisma ||

24. alon mojar sang maliwis putih | paman dêmang manira tur wikan | soring kandhang ana mase | rong êncèh kathahipun | lah andika suwan tumuli | ngisoring saka wetan | ujare kang tutur | ki dêmang sugal lingira | apa sira angrêmpêlu ki maliwis | bisa agawe warta ||

25. nyai dêmang anauri aris | bok ginugu sinuwan sakêdhap | manawa têmên ujare | ki dêmang asru muwus | kaya rare atimu nyai | tanbuh kang sira gita | wicaraning manuk | yakti sauni-uninya | pae janma yèn muni kalawan arti | prandene akèh cidra ||

26. Jaka Gêdhug anambungi angling | yèn si kakang măngsa ta linyoka | suwawi sinuwan age | kadar pintên puniku | ngong pribadi kang andhudhuki | inggih kangelan pira | ki dêmang gumuyu | yèn ngong suwani tan ana | kenthol griwis ing mêngko manira gitik | ing linggis saurira ||

--- 83 ---

27. lah andika yaktèni rumiyin | dèrèng masthi lamun linyok ingwang | dumèh manuk wicarane | ki dêmang tandya mundhut | pacul suwan kalawan linggis | lah mara tuduhêna | ngêndi prênahipun | sang malih warna atêdah | dyan pinacul Ki Jaka asru anglinggis | mas mawur êncèh pêcah ||

28. kyai dêmang anjêngêr tan angling | dènnya mulat kancana akathah | pacule sinèlèhake | ambapang sukèng kalbu | Jaka Gêdhug niba anjungkir | nèng siti gêgulungan | êntyarsa kalangkung | nyai dêmang sigra prapta | sru anjêtung dangu datan bisa angling | mulat kwèhning kancana ||

29. kalih êncèh kêbak kancanadi | nyai dêmang kadya wong supêna | keragan ing pandulune | kancana dyan sinambut | binakta mring wisma sarya ngling | de tan pracayandika | marang sutèng ulun | bênêr ujare Si Jaka | sadulure ki êmas maliwis putih | nora watak dêdora ||

30. ri saksana sinambut sang mliwis | sinunggi-sunggi dening ki dêmang | cakarwa seta wuwuse | mangke udhuna ingsun | datan ilok teka dèn sunggi | ki dêmang aris mojar | anggèr kaul ingsun | pantês kawula sunggia | trusing tingal kadya pandhita linêwih | ulun anggêhên[11] bapa ||

31. aris mojar dhumatêng ing rabi | poma sira aywa wani marang | ki êmas maliwis putèh | payo padha dèn ugung | sapolahe êmongên nyai | hèh Jaka Gêdhug poma | mongên kakangamu | aywa nyipta

--- 84 ---

kumapalang | dumèh mliwis putih kalamun linêwih | têka kabêktènana ||

32. sang cakarwa awacana malih | paman dêmang wêwêkas manira | yogyandika èstokake | mungguh rèhing tumuwuh | nglêluria kang arjèng budi | miwah pun bibi dêmang | dèn ambêk rahayu | wêlasa mring wong malarat | ingkang sinung mrêti mituhu nauri | anggèr inggih sandika ||

33. byatitanên samana wus lami | sang maliwis anèng Wanasêkar | ki dêmang dahat sugihe | dadya tungguling dhukuh | langkung gêmah ing Wanasari | warunge dadi bandar | bakul akèh rawuh | wong măncapat măncalima | akèh kerut awisma ing Wanasari | wong tigang atus ana ||

34. sami suyud desa kanan keri | miwah sampun jêjaro pawisman | kadya nagara rakite | dhukuh ing Wanasantun | sira dêmang sampun amukti | kêbo sapine aglar | tanna ênggènipun | mangkana kiyai dêmang | salin wastra angangge pating saluwir | nyangking reyal satapas ||

35. muhung batur siki kang umiring | umêsat mring wismane sudagar | Ki Byantara kêkasihe | tundhuk tata alungguh | Ki Byantara wuwusiraris | ki dêmang paran karsa | marang wismaningsun | saurira kang liningan | manirarsa tuku wismanta sawiji | lamun pêthuk ing driya ||

36. Ki Byantara mojar èsmu bêngis | sakalangkung ingina ki dêmang | sarya mèsêm pangucape | rêgane wismaningsun | sèwu reyal ing ngarêp buri | kang siji yèn andika |

--- 85 ---

sun wèhkên rongatus | nora amawang sarira | baya mêndêm bêbêde pating saluwir | ngêndi antukmu reyal ||

37. rabinira adol godhong jati | kaskilira amung masang kala | ki dêmang gya ngasrahake | reyale kalih atus | Ki Byantara wau ngingkêdi | sun ora adol omah | tan awèh tinuku | ki dêmang asru angucap | apa nganti ingsun matur ing ki patih | ngong sêrêg ing parentah ||

38. de madayèng ujar wus kawijil | sun pêpoyan marang kyai jêksa | angaturkên sanalare | yakti sira kang luput | têmah kênèng patrapan adil | ajrih sira Byantara | lah andika usung | sampun matur ing parentah | kyai dêmang saksana pamit umulih | angrasaya wong kalang ||

39. ing padesan samya dèn opahi | gumarudug sêlur ngusung wisma | tinindhihan ing lurahe | padha sadina rampung | kang ngadêgkên para undhagi | wismanira ki dêmang | apelag tur unggul | sampun amukti wibawa | sakwèh janma miskin samya dèn ingoni | kapêdhakira kathah ||

40. nyai dêmang tansah ambandhani | janma ingkang kaniran utsaha | kèh mulur dadi sugihe | têtêbusanira gung | bakul kathah dèn urip-urip | sami sinung pakaryan | pêdagange agung | dadi pangungsèning kathah | jalu èstri ki dêmang mardawèng budi | titir karya kadarman ||

41. dananira gung lir toya mili | marma wimbuh-wimbuh ing kawiryan | wus dadi bandar [ba...]

--- 86 ---

[...ndar] pasare | sangkin kèhing kang kerut | wong awisma wus notog rawi | ya ta sang malih warna | samana pinangku | tan pêgat sinuba krama | pasuptane kathil kancana kinardi | ingangkah putranira ||

42. sang cakarwa awacana aris | ingsun paman akarsa umentar | saking Wanasari mangke | kyai dêmang sumaur | sampun kesah-kesah mas gusti | balikan mêmundhuta | kang sarwadi luhung | punapa kinarsakêna | lamun ana kasisipane wak mami | gusti aksamanira ||

43. lamun anggèr arsa mawikrami | kumacèlu solahing manusa | ingsun kang mikramèkake | prawan kang ayu-ayu | nadyan lima ingsun sanggupi | sumănggèng karsanira | gumujêng sumaur | wau kang amalih warna | paman uwis katêdha sih ta mring mami | ingsun tan arsa krama ||

44. benjing kula arsa krama bilih | antuk putri ing Bojanagara | Srêngganawati wastane | nanging ta raganingsun | lir ngrêmpêlu tan mawang dhiri | dupara kalakona | dene ingsun manuk | nanging sun têdha ing dewa | lamun ingsun tan bisa arabi putri | paman lêng palastraa ||

45. lon tumurun sang maliwis putih | arsa dhedhe anèng panataran | wontên kapodhang arèrèn | mencok pratisthèng kayu | mung sasomah kang èstri muni | atanya marang priya | yèn jawane muwus | hèh kakang karaning apa | yèn sun mulat ing natar ngisor kumuning | sumingêb panon ingwang ||

46. myang sênêne asingêr asari | sangandhape [sanga...]

--- 87 ---

[...ndhape] kang wraksa alêtan | hèh kakang apa wadine | kapodhang jalu muwus | wruhanira ing kono yayi | ana pêndhêman êmas | sangisoring kayu | kèhe iku rong tabêla | ya ta mèsêm wau sang amalih warni | myarsa jaring kapodhang ||

47. datan samar sang maliwis putih | mring artine kapodhang pocapan | sigra umibêr mring bale | ki dêmang sinung wêruh | paman age andika mriki | kang sinung ling gya mêdal | lan Ki Jaka Gêdhug | ki êmas wontên punapa | animbali maliwis putih nauri | andika mèta suwan ||

48. Jaka sira umalapa linggis | muwah pacul sasoring kajênar | sira dhudhuka dèn age | pan ana êmasipun | sangisoring kayu kumuning | kathahe rong tabêla | ki dêmang agupuh | ngambil pacul lawan lêmpar | Jaka Gêdhug tangginas amawa linggis | tan purun maidoa ||

49. gupuh-gupuh sami anyuwani | udakara jêmbare saasta | tutup tabêla katojèh | ki dêmang asru muwus | dhuh gustiku ki mas maliwis | nyata têrus ing tingal | saujare tuhu | Ki Jaka Gêdhug ambapang | kyai dêmang angawe-awe kang rabi | hèh nyai marenea ||

50. sang ingundang sigra amarani | dahat tustha dènira tumingal | ing tabêla kêbak mase | ri saksana lumayu | korinirèng jawi kinunci | manawa kadhatêngan | têmah kèh kang wêruh | ya ta sigra ingusungan | êmasira sampun [sampu...]

--- 88 ---

[...n] winadhahan pêthi | awor lawan sêsotya ||

51. suka ing tyas dêmang jalu èstri | sangkin karantan ing sugihira | tanbuh ênggèning bandhane | sakarsanira tutug | anêbusi Makasar Bugis | miwah Bali irêngan | Ambon lare butun | dwara sinung padaraksa | tundha tiga amawi jandela inggil | kadi wismèng bupatya ||

52. sakalangkung awibawa mukti | dhukuh Wanasari dadi praja | agêmah bandar pasare | wong dagang akèh rawuh | sang cakarwa tan kêna mijil | ki dêmang datan suka | yitnane kalangkung | manawa katur ing nata | pinundhuta pêksi putih ing sang aji | têmah kingkin ing driya ||

19. Asmaradana

1. nêngêna datan winarni | Dêmang Kalungsur kang lagya | amangun kawibawane | gantya ingkang winursita | Radyèng Bojanagara | raharja gêmah anulus | wadyalit asuka wirya ||

2. nagri êloh ajahnawi | pasir mawukir abandar | wadyalit eca manahe | murah sandhang lawan pangan | tan ana wong durjana | bisikanira sang prabu | Mahraja Darmawisesa ||

3. kacarita sri bupati | tan darbe atmaja priya | amung satunggil putrane | wanodya endah utama | ing jagad tanpa sama | lir Dèwi Ratih anurun | jêjuluk Rêtna Srênggana ||

4. rumuruha datan olih | kang mimba kusuma rara | arurus sêdhêng dêdêge | kasusrèngrat pramudita | putri Bojanagara | sumbu angyupa kinunjul | tar ana ingkang tumula ||

5. akathah [aka...]

--- 89 ---

[...thah] satriya mantri | jawi miwah tanah sabrang | samya ngêbun-êbun sore | sang rêtna wiyang akrama | lagyarsamong sarira | dinama-dama ingugung | de rama putra sajuga ||

6. wasis sakaliring kardi | putus sasmitaning sastra | lir guladrawa swarane | rikala sang dyah amaca | padha èstri kasmaran | mangkana wau winuwus | suruping Hyang Bagaskara ||

7. kulêm sumilih nujoni | purnama dina Anggara | Rêtna Srêngganawatine | pinarak ing palataran | andhèr para pawongan | sambita inya nèng ngayun | praptèng diwasaning ratrya ||

8. tan arsa kondur sang putri | pawongan turu sadaya | kusumayu nglês alinggèh | jroning anendra umiyat | murub ing ngarsanira | lan ana swara karungu | mangkana ujaring swara ||

9. hèh wruhanta urub iki | cahyane putri palastra | lêbu tumangan patine | ing Malawa prajanira | aran Ambarawatya | saksana wau kang urub | sirna tumamèng nasika ||

10. kagyat sang rêtna atangi | emut kalamun nupêna | mandya anggarjitèng tyase | rumaos sihing jawata | dhawuh gung anarima | sang dyah sigra nangi sagung | pawongan êmban lan inya ||

11. sadaya sampun atangi | ri wusira atêtoya | umarêk ing sang lir sinom | sami amicarèng nala | dene amandhan rawa | amanglingi gustiningsun | kadi puspita umêkar ||

12. cahya wênês anêlahi | tulya kirana purnama | wanèh kalawan [kalawa...]

--- 90 ---

[...n] sabane | bêbisik lan rowangira | sang rêtna ris ngandika | apa kang padha korêmbug | matur anêmbah ni inya ||

13. ingkang dipun gunêm gusti | mring abdi-abdi sadaya | dene ewah padukanggèr | warna lir angsoka mêkar | cahya amindha wulan | langêne wimbuh wèh yungyun | sang dyah mèsêm angandika ||

14. jêr sira padha aguling | nora katurunan cahya | ingsun kari mêlèk dhewe | linggih mêrêm-mêrêm ayam | sun katurunan cahya | ing wayah wus bangun esuk | wangwang kusumaning pura ||

15. umarêk ing sri bupati | wus praptèng byantaranira | ing rama sigra dèn awe | agêpah marêk ing ngarsa | angaras pada nata | sri ngayuh jangganing sunu | kinuswa êmbunanira ||

16. ngandika sri narapati | mring putra tungtunging driya | hèh nini apa karane | têlung dina ora marak | paran ta sira roga | lalu marase tyas ingsun | mèh ingsun ngagnya madaka ||

17. lan ingsun pangling umaksi | nini marang cahyanira | wênês ijo sêsunare | kadi angsana umêkar | wuwuh raras rumira | apa ta paningal ingsun | karoban ing bêsusira ||

18. sang dyah matur awotsari | ing rama sri naradipa | nutur saparipolahe | duk katurunan ing cahya | purwa madya wasana | wismaya sang maha prabu | arum wijiling wacana ||

19. hèh Sèbêtan dèn agipih | wong jro pura undhangana | yèn putraningsun ing mangke | jêjuluk Dèwi Ambara- | wati lan Si Apatya |

--- 91 ---

Purwanagara dèn gupuh | ngundhangana wong sapraja ||

20. kang kinon matur wotsari | cundhuk lan mantri wisesa | dhawuh timbalaning katong | kya patih matur sandika | sigra suwarèng bala | yèn ing mangke Sang Rêtnayu | Srênggana asilih nama ||

21. jêjuluk Ambarawati | wus misuwur wong sapraja | miwah wong dalêm purane | ya ta na gêmpalan kăndha | Brahmana saking sabrang | Ni Bramani èstrinipun | ngumbarèng Băjanagara ||

22. nèng ngriku dadi patinggi | padesan pinggiring wana | pawisman kèh raksa gêdhe | akêdhik rowange wisma | kang èstri lagya nyidham | sêdhêng pêpasihanipun | Ni Bramani ambêbana ||

23. hèh ki omah sun kapengin | mangan tawon lan madunya | bok sira upayakake | Ki Bramana aris ngucap | sarwi angaras-aras | karia yayi atunggu | wisma sun mentar mring wana ||

24. wisata Bramana sarwi | anyangking bumbung mring wana | wus sinangkêlang kudhine | dèrèng dangu entarira | ya ta kang kawarnaa | wontên gandarwo nênamur | umêdhun saking mandira ||

25. wruh lamun Bramana sêpi | sang gandarwo sêdyanira | anggora-gadha[12] rabine | sampun arupa Bramana | sapanganggene sama | tiniru anyangking bumbung | sapraptanira ing wisma ||

26. linggih ing bale rêspati | Bramani tan wrin yèn ika | gandarwo namur priyane | anyidhêp yèn kakungira | de tan siwah ing warna | miwah sabusananipun | antuk tawon lan [la...]

--- 92 ---

[...n] sarkara ||

27. kagyat angling Ni Bramani | dene enggal lampahira | antuk madu lawan tawon | kang mindha warna lingira | yayi wus bêgjanira | ing wana kang pinggir iku | ngong manggih brungkah sajuga ||

28. ana tawone sun ambil | madune liwat akathah | lawan ingsun age-age | kamantyan onêng mring sira | payo padha anendra | Bramani sigra sinambut | binakta mring pasarean ||

29. wus nirandhatêngkên kapti | gya mijil kang mindha warna | mulih marang kayu gêdhe | Ki Bramana nulya prapta | saking ing wana wasa | antuk tawon lawan madu | wangwang umanjing ing wisma ||

30. apanggih kalawan rabi | solahe karagan-ragan | angaras aris wuwuse | yayi kêkarêpanira | tawon lan madu angsal | ingsun akangên kalangkung | mring sira payo anendra ||

31. Ni Bramani datan angling | anjêngêr mijil kang waspa | yèn kawijila wuwuse | ika mau silih sapa | dadyaris awacana | sarya angusapi kang luh | manira nora anduga ||

32. pira suwene aguling | karoron lawan manira | Bramana sugal saure | apa têmên ujarira | Bramani awacana | lêng tumêkaa ing lampus | tan arsa watak dêdora ||

33. cihnane maksih puniki | tawon kalawan sarkara | durung sun olah tawone | mêgap-mêgap dènnya nabda | waspa drês lir turasan | kalangkung bunêk ing kalbu | Ki Bramana sru bramatya ||

34. dènira ngucap [ngu...]

--- 93 ---

[...cap] awêngis | lah iya wong êndi baya | wani nyidra rabiningong | apa nora kulak warta | dira nyidra Bramana | saka ing sabrang kinaduk | purun tur para sudukan ||

35. ingsun asênêt tan mamrih | balia kang laku cidra | lamun ana wong atakon | warahên ingsun nèng kitha | lêgane ingkang manah | muga ta nulia wangsul | ingkang amindha manira ||

36. sun ujane padha siji | nadyan silih asaktia | măngsa ta kandhaha ingong | lawan wong ulah culika | ngêmbuli darbèking lyan | yakti kajog ingkang kantun | têmah ngradon durtanira ||

37. lah sira karia yayi | sun sênêtan Ki Bramana | sarwi anggabus pêdhange | ya ta wau kawarnaa | sang gandarwo uninga | kalamun Bramana suwung | gya mudhun saking mandira ||

38. sêdya anênamur malih | sampun arupa Bramana | tiniru sapanganggone | mandya kacaryaning driya | dènira pêpanggihan | lan Bramani marmanipun | drubiksa tan kondur ing tyas ||

20. Durma

1. ri sapraptanira ing wisma alênggah | Ni Bramani sinandhing | sarwi ajêjegang | sarta asèndhèn saka | kalangkung suka ing ati | sang mindha warna | dènira sandhing linggih ||

2. Sang Bramana janma prastawa umulat | lamun ana wong prapti | alinggih ajajar | kalawan rabinira | madêg kasuraning ati | anarik pêdhang | wajanira ginigit ||

3. nulya mijil kapanggih ayun-ayunan | angling sarwi nudhingi | hèh

--- 94 ---

wong êndi sira | dene alinggih jajar | lawan rabiningsun anjing | tanpa dêduga | wong pantês tinampiling ||

4. kang amindha warna sru dènira nabda | sira iku wong êndi | lumêbu ing wisma | têka angliga pêdhang | wong pantês dèn balojodi | kang kaya sira | taman wrin ing dêdugi ||

5. wus angikal suduk Sang Bramana setan | Bramana janma nuli | ngikal pêdhangira | samya sudirèng nala | sumbar-sinumbaran kalih | butêng kabangan | kalihnya kaduk wani ||

6. lir parênjak tandange Bramana setan | sudukira kumitir | parêng anarajang | sira Bramana janma | pêdhang nèng asta kumitir | udrêg-udrêgan | rame asili[13] ukih ||[14]

7. sarosa srang-sinêrang silih marjaya | gantya kêris-kinêris | myang pêdhang-pinêdhang | tan ana kang tumama | arame lêmbing-linêmbing | padha prawira | kuwêl banting-binanting ||

8. wusnya rêmpu sakathahe kang gêgaman | salin gitik-ginitik | akèh wraksa rêmpak | dadya tunggang-tinunggang | arame bithi-binithi | candhak-cinandhak | sêndhal-sinêndhal sami ||

9. Kèn Bramani kêtarda èmêng ing driya | mulat ingkang ajurit | tan bisa miliha | dene jumbuh ing warna | swara myang solah anunggil | yèn angucapa | kang êndi laki mami ||

10. kaku ing tyasira puwara karuna | sêsambat amlas-asih | dhuh dewa bathara | paran polah manira | dene sun tan bisa milih | mring priyaningwang | marase ingkang ati ||

11. iya lamun mati ingkang [ing...]

--- 95 ---

[...kang] mindha warna | manawa angêmasi | lakiku kang nyata | paran ta polah ingwang | dhuh dhuh êndi laki mami | Bramani mara | mring unggwane kang jurit ||

12. asru mojar mring kang sami păncakara | kèndêla kang ajurit | sun aywa rinêbat | pan dudu rabinira | karo dudu laki mami | padha mintaa | bênêr maring nagari ||

13. Natèng Bojanagara luwih kuncara | putus ing raja niti | sapa ingkang mênang | pradata masthi dadya | laki manira sayêkti | sakarsanira | kangjêng sri narapati ||

14. apan ratu iku sêsilihing[15] dewa | bangkit akarya adil | sira padha tukar | angrêbut raganingwang | bokmanawa têmah mati | sampyuh wak ingwang | wanèh kang andarbèni ||

15. lamun sira karo padha sih maringwang | rêbutên kranèng ririh | turutên tur ingwang | payo marang nagara | Bramana manusa angling | măngsa wêdia | rèh sira rabi mami ||

16. asru mojar sira kang amindha warna | nadyan ingsun tan ajrih | mradata lan sira | jêr nyata rabiningwang | sigra umangkat lumaris | marang nagara | samarga ting barêkis ||

17. Ni Bramani lumaksana munggwing têngah | Bramana janma nganthi | astanira kanan | kang mindha warna kiwa | Bramani kêsêl anyapih | sira Bramana | janma amuwus aris ||

18. aywa samar yayi marang raganingwang | sun grajanta[16] sayakti | duk ana ing sabrang | rewangmu kawlas-arsa | tumêka ing tanah Jawi | dèn aku sira | mring wong amindha warni ||

19. Sang

--- 96 ---

Bramana setan sru nambungi sabda | aywa kogugu yayi | iku ujar kêmat | ingsun lakimu nyata | Bramani sayah anapih | dadi tongtonan | asrang lir dhandhang muni ||

 


Tanggal: Sukra Manis (Jumungah Lêgi) sadasa (10) Rabingulakir Jimawal: tri suyati bawa tunggal (AJ 1773). Tanggal Masehi: Jumat 18 April 1845. (kembali)
kinulawisudha. (kembali)
pratiwa. (kembali)
sudarawèdi (dan di tempat lain). (kembali)
sagunging. (kembali)
sarsaran (dan ditempat lain). (kembali)
pêpindhane. (kembali)
wêruh. (kembali)
sampun. (kembali)
10 Lebih satu suku kata: dyah katri sukèng driyane. (kembali)
11 anggêpên. (kembali)
12 anggoragodha. (kembali)
13 asilih. (kembali)
14 ungkih. (kembali)
15 sêsulihing. (kembali)
16 garwanta. (kembali)