Ajinirmala, Warsadiningrat, 1915, #1449

JudulCitra
Terakhir diubah: 06-07-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ajinirmala

Punika Sêrat Ajinirmala, nunggil misah kalihan cariyosipun Sêrat Ajidarma, sami pêpiridan saking Sêrat Ajidarwa, inggih saking rahsaning Kitab Musarar, babon saking Rum. Kakumpulakên kalihan wêwatoning Sêrat Jitabsara, babon saking Hindhu, ing ngriku sami anyariyosakên nalika Jaka Sangkala anampèni wêwiridaning ngèlmi kadewatan,saking Sang Hyang Wênang, Sang Hyang Êning, Sang Hyang Tunggal, tuwin Sang Hyang Siwah, punapadene saking para jawata 8 ingkang ambabarakên. Nalika Jaka Sangkala babad ing wukir Ala-ulu sinangkalan sarira suci 48.

Wisikanipun para jawata satunggal-tunggal kados ing ngandhap punika pratelanipun.

1. Ingkang rumiyin wisikanipun Sang Hyang Wênang, dhumatêng Jaka Sangkala, karaos ing dalêm rahsa makatên.

Sajatine ora ana apa-apa, duk maksih sunyaruri durung ana dumadi sawiji-wiji, kang jumênêng dhihin iku ingsun. Lan sajatine waluya jati nirmala, ing kaanan kene kana, anartandhani ing solahbawaningsun, amratandhani ing araningsun, satuhune kaananira iya kaananing Hyang Jagad Wisesa, kawasa anganakake kang gumêlar ing sapta bantala, myang akasa, sayêkti măngka sêsandhaning Hyang Lata Walujwa.

Sasampuning winangsit lajêng winarah ing tapabratanipun pisan, ing sabên wulan purnama, Jaka Sangkala kinèn nungku pudya samadi (sêmadi) sadalu pisan botên kenging angandika, miwah tan adhahar nendra, yèn sampun wanci têngah dalu kinèn amandêng kanthaning rêmbulan, sapandurat botên ambêgan. Kenging amêdharakên sagunging panêdha ing batin, mênawi wêning pamanthênging cipta saèstu badhe tinêkan ing karsa.

2. Ingkang kaping kalih wisikanipun Sang Hyang Êning, dhumatêng Jaka Sangkala, karaos ing dalêm rahsa makatên.

Yangyangning jatining atunggal, sajatine duk maksih sunyaruri durung ana dumadi sawiji-wiji, kang jumênêng jagad raya dhingin iku ingsun, satuhu waluya jati nirmala, ing kaanan ingsun salawase, anartandhani ing solahbawaningsun, amratandhani ing jênêng ingsun, lan satuhune kaananingsun langgêng tan kêna owah, măngka wahananing Hyang Suksma Kawêkas, ingkang gumêlar sabuwana iku ingsun, têtêp warananing Hyang Latawal Ujwa.

Sasampuning paripurna pamasitanipun, lajêng awêwarah ing sabên ari botên kenging nendra, ing wanci têngange kinèn anênga akasa, ing dalêm pitung ambêgan ngêningakên păncadriya, watêkipun sagêd kadunungan wahywaning wahyu jati, tur sinungan awas eling ing salaminipun gêsang, botên kasamaran barang kang sinêdya, agêng rijêkinipun.

3. Ingkang kaping tiga wisikanipun Sang Hyang Tunggal, dhumatêng Jaka Sangkala, karaos ing dalêm rahsa makatên.

Ingsun sajatining atunggal, kang anglimputi sapramudita, lan warananing Hyang Latawal Ujwa, amijèni kaananing jagad raya, amrabawani wahananing wahyu gumilang tanpa wêwayangan, anèng kaananingsun dhewe, mung waluya jati tanpa sangsaya.

--- 9 ---

Sasampuning makatên lajêng mêdharakên subratanipun, ing sabên ratri kêdah ngêningakên ciptamaya, ing wanci bangun enjing kinèn amidêr sawawêngkon, amyarsakna sagung kang mawa swara, kados ta bangsaning sato kewan, miwah sakathahing kutu-kutuwong alang taga, kawawasa ing sêmu solahbawaning suka myang sungkawa, sayêkti kawistara, nadyan manungsa kawawasa saking wuwus, têgêsipun sawarnining swara kang awon miwah sae, lajêng kaanggea tăndha awon saening badan. Saupami salêbêtipun midêr wau mirêng swaraning janma angucap awon, ing ngriku sadaya pikajêngan kêdah kèndêl, mênawi miyarsa swara myang pangucap sae, inggih punika kangge tăndha luwaring duhkita, sadaya panêdya lajêng kêdah linaksanan. Titikan ingkang makatên wau, ingkang sampun kalampahan botên malèsèt saking sasmita.

4. Ingkang kaping sakawan, wisikanipun Sang Hyang Siwah, dhumatêng Jaka Sangkala, karaos ing dalêm rahsa makatên.

Ing sajatine ingsun wahananing Hyang Maha Wisesa, kawasa amurba misesa saisining jagad raya, sayêkti kang nglimputi cahya gumilang tanpa wêwayangan, kang anganakake ingkang gumêlar sabumi, măngka kadayaningsun salawase, waluya nirmala jati.

Ing satêlasipun wasita, têmah tinutur tapabratanipun, ing sabên wanci suruping surya dumugi sadalu pisan, botên kenging nêdha tuwin ngunjuk, nendra kêdah sasampuning têngah dalu, yèn siyang botên kenging nendra, nêdha sapisan mawi ngetang kêpêl, kasami nêptuning dintên pêkênaning wêdalan, sarta angampah napsu sawatawis, lan nguda-uda sarêsmi, têgêsipun amung kadamêl mênawi sangêt kapengin kemawon. Mênawi tinêmênan watêkipun sagêd tumut saraosing karaton, têgêsipun badhe tumut gadhah turun ingkang magêpokan talitining nungswa Jawi, winêdèn ing sasami, kinèdhêpan ing kulawarga, kinasihan paraluhur, sagêd ngayomi tiyang kathah, tur ginantungan wahyu agêng, dene mênawi badhe nulat lampah punika, kêdah mawi sarana pati raga sadintên sadalu, wiwitan miwah wêkasaning subrata wau, sarta kêdah mawi dêdana sakintên, katamtu ing sabên ari wêdalan, saprasanganipun ing kaontungan, utamènipun sabên dintên kêdah adêdana, botên ketang saparon waton ajêg, pambucalipun ingkang tanpa tănja, têgêsipun kaulungakên ing têtiyang kasangsara, utawi lare mular, punapadene ing margi prasakawanan (prapatan).

5. Ingkang kaping gangsal, wawêdharanipun Sang Hyang Pramèsthi Guru, ing Jonggringsalaka, dhumatêng Jaka Sangkala, makatên pangandikanipun.

He, titah ingsun sajati, Jaka Sangkala, wruhanamu, gyanira bêbadra ing wukir Ala-ulu iki, yêkti akarya patilasan ing wuri-wuri, nanging boya sirakang adarbe, ing têmbe dadi gunung Kombang, sarta bakal dadi pakartining pawèstri, uga sira kang tinarima.

Pangandikanipun Sang Hyang Girinata, samantên punika, tuhu kaèstrènan ing sapta bantala myang akasa, sinauran gêtêr patêr, dhèdhèt erawati, timbuling sabda dadya patilasan sayêkti, inggih punika wiwitipun wontên pawèstri gadhah akal ambathik mêndhêt saking malaming tawon ing wukir Kombang wau.

--- 10 ---

6. Ingkang kaping nêm, wawêdharanipun Sang Hyang Endra, ing Ganyalaya, inggih ing Suralaya, makatên pangandikanipun.

He Jaka Sangkala, wruhanamu, ing mêngko sira wus katarima ing dewa, awit saka kawasanira anèng wukir Kombang, satuhu bakal dadi lêlakonira kaelokan, nanging sira bakal dadi paguroning ngakèh, dene ingkang minăngka tandhane gyanira katarima, ing mêngko sira ingsun rilani karya kêmbarmayang, kayu dewadaru, janadaru, saturun-turunira kang padha jumênêng ratu, iya ingsun rilani kabèh.

Sang Hyang Endra lajêng muksa mring kahyanganira.

Enggalipun kala samantên Jaka Sangkala lajêng akarya waringin wok kêmbar, kaistha dewadaru janadaru, têmah linuri-luri, sabên panjênêngan nata, lajêng ngirib-irib waringin wok kêkalih, kalantur tumular-tular, têmah winastan waringin kurung.

7. Ingkang kaping pitu, wawêdharanipun Sang Hyang Sambo, ing Èrsanyalaya, dhumatêng Jaka Sangkala, wawêdharanipun paring wêwarah, sakathahing aji kawijayan, lan sapanunggilanipun. Sarta dhinawuhan ngimpu wadyabala.

Kacariyos dupi wus kalaksanan, Jaka Sangkala lajêng sinung aran Sang Ajisaka.

8. Ingkang kaping wolu, wawêdharanipun Sang Hyang Brahma, ing Pascimalaya, dhumatêng Sang Ajisaka. Wawêdharanipun paring wêwarah, sakathahing aji pangabaran miwah panglêrêban sapanunggilanipun, sarta pinaringan pusaka awarni kalpika, winastan manikarka, kawasanipun sagêd lingga bathara, têgêsipun sagêd anunggil kahyanganipun para jawata, dados Sang Ajisaka punika sipating manungsa ananging sagêd manjing triloka, kados ta, jamaning manungsa sagêd wor jawata, tuwin sagêd mawor bangsaning jin sasaminipun para siluman.

9. Ingkang kaping sanga, wawêdharanipun Sang Hyang Bayu, ing Byatyalaya, dhumatêng Sang Ajisaka, makatên.

Urip ingsun iya urip sira, solahbawaningsun iya solahbawanira, wruhanira sira iku satuhune waranane Hyang Kang Maha Wisesa, sarta ginantungan wahyu jati, nanging boya sadaya-daya, ing mêngko sira ingsun warah mangkene urute, 1. angimpua para pandhita, 2. angimpua pawongmitra, 3. angulawisudhaa para wadya, 4. anggugua pituturing lyan, 5. amituturana ing sasama, mungguh limang prakara iku kang bisa nampani paraning limang prakara aywa kaliru.

10. Ingkang kaping sadasa, wêwarahipun Sang Hyang Wisnu, ing Utaralaya, dhumatêng Sang Ajisaka, makatên pangandikanipun.

He, titah ulun sajati, sira angupayaa wêkasaning sarira, marganana saka buja bojana, têgêse, aja wêdi kangelan, lawan kang wani kelangan, utamane dèn asih ing janma, lawan kawruh têpa, papaning pangasihan. Lire kang asih ing janma iku, ora saka pangan lawan panganggo, sajatine mung saka kinawruhan watake, myang karêpe, iya iku têtêp dadya margane wahyu agung, mênawa sira anêmbadani pitutur ingsun iki kabèh, pasthi bisa amurwani nungswa Jawa, lawan ingsun angsung tăndha ing kauripanira, warna cupu manik asthagina, kaanggoa wadhah darbèkira tirta marta, ing nguni

--- 11 ---

kang saka Prabu Jin Parijan, ing Danutara. Jaka Sangkala matur, yèn toya gêsang botên kenging winadhahan, awit kalajêng dipun unjuk, dados ingkang dipun wadhahi punapa. Sang Hyang Wisnu angandika, pagene sira kapilare têmên, mungguh banyu panguripan iku yèn wus kabanjur sira ombe, iya têrusana mangkene, yèn ari malang sagung rêrêgêdira ing badan kabèh kaimpua dadi sawiji, banjur kaimpua lawan minyaking singha watara (?) yêkti bisa kanyataan maning, Sang Ajisaka matur sandika, Sang Hyang Wisnu lajêng muksa.

11. Ingkang kaping sawêlas, wawêdharanipun Sang Hyang Kala, ing Daksinalaya, dhumatêng Sang Ajisaka, kados ingkang sampun kawangsitakên nalika babad ing wukir Kêndhêng, awarni rajah kalacakra malih, amung kawimbuhan wêwarah lampah-lampahipun. Ingkang kenging linaksanan satataning agêsang, 1. Sang Ajisaka winarah kang agung martanipun ing sasami, miwah kang sagêd darmahita, têgêsipun angawon miwah ngasor, kang wruh pangkate.

12. Ingkang kaping kalih wêlas, wawêdharanipun Sang Hyang Kalajaya, ing Cakrawala, inggih ing Cakrakêmbang, paring wêwarah dhumatêng Sang Ajisaka, makatên pangandikanipun.

He, titahngong pojongkara, karanane manungsa gyanira kêna larapati iku mangkene, kang dhingin saka pangan carobo, kadunungan panastèn panasbaranan sapêpadhane, iku agawe lara uripe, kang kapindho, goroh myang nêpsu miwah ngumbar hawa, iku mêmarahi lara tutuging pati, marmane yèn sira bisa lulus gyanira darbe laku patang prakara iki têtêp anênuntun urip tan kênaning pati, siji lakunira lêga, iku mêmarahi lêgawaning budi tabêri, mula kang bisa tulus ing lakunira, ingsun ngèstrèni yèn têmên, II. lakunira, rila, iku mêmarahi tinarima marang kang akarya bumi langit, awit wahananing rila iku ora muhung rila ing donya, nadyan barang uripira kabèh iya uga rila, mula ingsun angèstrèni ing salakunira, iku yèn têmên, III. lakunira têmên, iku ingsun anêmbadani, karana têmên iku ora ngamungake têmêning lair, nadyan sêmbah panalăngsa marang kang agawe pati urip iya ora goroh, tur wêdi angèstokake, iku ingsun anjurungi, IV. lakunira utama, iku iya luwih prayuga, awit utama iku mênawa trus ngantêpi lair batin, sayêkti ingestrenan marang Hyang Latawal Ujwa, ujêr sira patang prakara mau ora amaro tingal, têgêse ajêg, manèk myang panggagas. Ing măngka patang prakara mau sira anggo kabèh, iku kêna dèn arani luwih, kabèh titikaning ngaurip patang prakara mau, sanadyan papat pisan tan anêtêpi, anggêr bisa salah sawiji wus lumayan. Ora luwih ingsun angèstrèni kang dadi sêdyanira, apadene sagunging wêwangsitan pêparinging para jawata duk anèng wukir Kêndhêng, nadyan sira tan arsa aywa kasiya, mangkono manèh gyaningsun angsung sarana nalika sira ana ing wukir Kêndhêng aywa katiwar.

(Mênggah paringipun Sang Hyang Kamajaya, awarni sarana sastra Budha, kados ingkang sampun kapratelakakên ing Sêrat Ajidarma).

--- 12 ---

Sarana sastra wau nalika kakaangge[1] Jaka Sangkala, watêkipun ginuron ing ngakathah, ginugu saujaripun, pinundhi-pundhi ing sasami, kinèringan ing janma, tur ginantungan waskitha (kaangge ing sêsabukan).

Kacariyos sasampuning Jaka Sangkala antuk wêwarahing para jawata, awit duk babadipun ing wukir Kêndhêng, dumuginipun ing wukir Kombang, kaetang laminipun Sang Ajisaka ginulang ing para jawata sampun 48 taun. Kathah kawignyanipun, kawijayan kasantikan kanuragan, miwah kaliman, inggih sampun kacakup sadaya.

Ing ngriku Jaka Sangkala lajêng cipta pindhah saking wukir Ala-ulu, pirêmbagan kalihan kadangipun sakawan, 1. Êmpu Bratandang, 2. Êmpu Braradya, 3. Êmpu Brarunting, 4. Êmpu Cathokasandi, sakawan pisan sampun nêmbadani ing rêmbag, nêdya babad ing wukir Pringgêndani, datan winarna, sapraptaning wukir Pringgêndani pinêthukakên raksasa krura, angamuk punggung tanpa paliwara, lajêng anêmpuh suratan taha, nirbaya nir wikara, ing ngriku Jaka Sangkala sakadangipun panggah tan kengguh tinêmpuh ing bêbaya, têmah dadya prang rame, gêntos kalindhih, ing wasana Jaka Sangkala èngêt mênawi antuk sêsikuning jawata, tan antara lajêng asrah jiwa, wruh luputing sarira, raksasa sakawan dahat pangunguning tyas, karana mêngsahipun dèrèng karahatan, sampun ajrih asrah jiwa raga, ponang danawa catur têmah korut krodhanira, lajêng mancala janma alit astanya sakawan, angsung wêwarah dhumatêng Jaka Sangkala, 1. asung pangawikan panjing suruping pati, myang păncadriya, kang dadya bêbayaning kaanan jati, tinuturakên sadaya, sampun mangarti, 2. asung aji jaya kawijayan sapanunggilanipun, sampun pralêbda, 3. asung aji lêlimunan miwah pangabaran, sadaya sampun kacakup. Sasampuning mangkana, Jaka Sangkala sigra arsa ngèstupada, danawa catur asta sirna, ing ngriku amarêngi santun warsa, Jaka Sangkala lajêng karya panêngran, patining yaksa 50.

Kacariyos kala samantên duk babadipun ing wukir Kêndhêng dumugining babad ing wukir Pringgêndani 50 taun, wiwit saking pamangunipun sangkala sapisan. Sasampuning bêbadra ing Pringgêndani wau, ing ngriku Jaka Sangkala sakadangipun lajêng sami anglêrêmakên panggalih, sinambi angraosakên sagung wêwangsitaning para jawata, wiwit wontên ing wukir Kêndhêng dumugi ing Pringgêndani, pangawikaning para jawata ginathuk-gathukakên kalihan rahsaning ngèlmi makrifat, ginalih amung nunggil misah kemawon. Wasana sawêg linaras-laras rahsaning ngèlmi kang mamrih karaos. Lajêng katungka dhatêngipun Sèh Maulana Ngali Samsujèn, andhawuhakên Sang Ajisaka, tinimbalan mantuk dhatêng ing Rum rumiyin, nuju santun warsa, sinangkalan rasa jati 56 taun.

Tamat.

Pêthikan pèngêtan nalika tumbas rêbab kayu, saking Bapak Lurah Karyataruna, anuju ing dintên Sabtu, tanggal kaping 20 wulan Bêsar, ing taun Jimawal ăngka 1845.

(methik sêratan ing babading bathok rêbab rêgi f 17).

[Tanda tangan:R.Ng. Atmomardowo]

 


kaangge. (kembali)