Jôngka, Warsadiningrat, c. 1920, #1450


Sêrat Jôngka

Punika sêrat cariyosipun Sri Bathara Aji Jayabaya, ingkang angadhaton ing nagari Daha, inggih ing Mamênang, tanah Kadhiri, kala katamuan pandhita saking Rum, anama Maulana Ngali Samsujèn. Prabu Jayabaya kalangkung kurmat, dene katamuan pandhita linuwih misuwur sagêd amêmêca, uninga sadèrènging winarah, sang prabu lajêng puruhita, sasampuning putus sadaya, nuntên Maolana Ngali Samsujèn amêdharakên sakathahing jôngka, ingkang sampun kasêbut ing Kitab Musarar sadaya, sarta anyariyosakên kala ing nungswa Jawi taksih suwêng dèrèng wontên têtiyangipun.

Kala samantên wontên dhawuhing sasmita dhatêng Sultan Algalbah ing nagari Rum, kinèn angisèni sakathahing pulo-pulo ingkang taksih suwêng dèrèng wontên manusanipun. Sultan Galbah lajêng adhêdhawah dhatêng pêpatihipun, kinèn amariksa sakathahing pulo ingkang dèrèng isi manusa, sang apatih lajêng andangu dhatêng para nangkoda, ingkang sampun sami lêpas purugipun, gènira sêsaba ing samudra, aturing para nangkoda: inggih wontên pulo satunggal, kaprênah sakidul wetaning tanah Indhustan, watawis layaran 40 dintên, 40 dalu, ubêngipun kapanggih gêlang, wukiripun agêng-agêng langkung saking 20 iji, ardi alit-alit kathah warninipun. Sang apatih matur ing jêng sultan, amratelakakên aturing para nangkoda, nuntên sang apatih dhinawuhan kinèn sêsaosa tiyang 20.000 somah, ingkang pêpak sapirantosipun sadaya, sasampuning samapta lajêng kaangkatakên, kawrat ing baita, dumugi ing tanah Jawi anjujug ing wukir Kandha, inggih punika ing ardi Kêndhêng,kala samantên dhatêngipun têtiyang saking Rum wontên ing tanah Jawi. Wulan Rum anuju ing wulan Nisan, taun Rum amarêngi 437.

Etanging taun Adam, awit kala Kangjêng Nabi Adam katurunakên dhatêng alam donya, dumugi ing tanah Jawi kaisènan têtiyang saking Rum ingkang wiwitan, kaetang ing taun srêngenge angsal 5154 warsa, kaetang ing taun rêmbulan angsal 5306 warsa. Mênggah wêcaning jôngka awit kala ing tanah Jawi kaisènan têtiyang saking Rum ingkang sapisan, dumugènipun dintên kiyamat kubra, kaetang amung mêningi 2110 warsa ing taun srêngenge, utawi 2173 warsa ing taun rêmbulan.

Kacariyos têtiyang saking Rum 20.000 somah wau, lajêng sami babad-babad wana ing saurutipun ardi Kêndhêng sadaya, sarêng antawis angsal 4 taun, sami tumpês kaparak ing pagêring agêng, katarab ing lêlêmbat brakasakan, miwah minôngsa ing sato galak. Kintên amung kantun 20 somah, sami kapalajêng anumpal kèli ing lautan sami mantuk dhatêng ing Rum. Kauningan ing Jêng Sultan Galbah, lajêng animbali sakathahing para pandhita, para tapa, ingkang sakti-sakti, kinèn sami anumbali angkêring tanah Jawi, miwah utusan kinèn nitik badhe panggenaning têtumbal. Ingkang dinuta raja pandhita langkung dibya sakti anama Ngusman Ngaji ing Banisrail.Sarêng ing antawis 2 taun, Kangjêng Sultan Rum utusan masang têtumbal, jimat saking para pandhita, para tapa, dumugi ing tanah Jawi têtumbal wau pinasang amaju pat, gangsal ing têngah,

--- [2] ---

kala awit pamasangipun wulan Rum anuju wulan Ayar, taun Rum amarêngi 444 sasampuning paripurna pamasangipun sowang-sowang gangsal prênah wau, ing dalêm 21 dintên. Kentas sagunging lêlêmbat brakasakan agêng alit sadaya, sami ngungsi ing samudra.

Sarêng antawisipun 3 taun, kangjêng sultan ing Rum utusan mundhut têtiyang dhatêng ing Indhustan, (II) têtiyang tanah ing Kêlir (III) têtiyang tanah ing Kandhi (IV) têtiyang tanah ing Siyêm tuwin (V) têtiyang ing nungswa Kancana, sapanunggilanipun. Gunggung sadaya wontên têtiyang 20.000 somah, pêpak sapirantosipun sadaya, sadêdamêlipun, sarajakayanipun, lan saingon-ingonipun sadaya, kawrat ing baita, lajêng kaangkatakên dhatêng ing nungswa Jawi, sadumuginipun ing nungswa Jawi sami pinêncar pinôntha-pôntha dados kalih dasa pôntha, ing sapôntha-panthanipun anyèwu somah, lajêng kaprênahakên sowang-sowang, ingkang mangetan, ingkang mangidul, ingkang mangilèn, tuwin ingkang mangalèr, punapadene ingkang wontên ing têngah, sampun sami lêkas babad-babad wana myang wukir, katanêman pantun jujudan jawawut, lan sapanunggilanipun wiji babêktan saking tanahipun piyambak-piyambak. Kaetang ing wêktu punika, awit ing tanah Jawi kaisènan têtiyang saking Rum ingkang kaping kalih, dumuginipun ing dintên kiyamat kubra,umuring jagad amung kantun 2100 warsa ing taun srêngenge, utawi 2163 warsa ing taun rêmbulan.

Têlas cariyosipun Maolana Ngali Samsujèn dhatêng Sang Prabu Jayabaya, dènira amêdharakên suraosing Kitab Musarar, Maolana Ngali Samsujèn lajêng awêwarah yèn tiyang Jawi ingkang sampun puruhita suraosing jôngka makatên punika amung Ajar Subrata, ing wukir Padhang, Sang Prabu Jayabaya langkung suka galihipun, dening kagungan sadhèrèk tunggil guru.

Sarêng ing antawis dintên, Sang Prabu Jayabaya anganggit jangkanipun ing tanah Jawi, mênggah ingkang kasêbut ing jôngka, awit ing tanah Jawi kaisènan têtiyang ingkang kaping kalih dumuginipun dintên kiyamat kubra, jangkanipun dados tritakali, têgêsipun dados tigang jaman agêng, inggih punika jamaning jagad ing tanah Jawi kasêbut ing ngandhap punika, pratelanipun satunggal-tunggal.

I. Ingkang rumiyin winastan jaman Kaliswara, têgêsipun jaman nginggil, inggih jaman luhur, salêbêting jaman Kaliswara wau, umuripun ing taun surya 700 warsa, yèn ing taun côndra umuripun 721 warsa, mawi amêngku jaman pêpitu, awasta kala, sami umur nyatus warsa, ing taun surya, yèn ing taun côndra 103 warsa, wijangipun kados ing ngandhap punika:

1. Kalaroga, têgêsipun jaman sêsakit, labêt têtiyang ing tanah Jawi kathah ingkang sami nandhang sêsakit.

2. Kalakukila, têgêsipun jaman pêksi, labêt dèrèng wontên cara, têtiyang ing tanah Jawi taksih kadosdene pêksi kewala.

3. Kaladwara, têgêsipun jaman palawangan, awit têtiyang ing tanah Jawi kala samantên taksih sami awas-awas, labêt taksih cêlak dewanipun.

4. Kalatirta, têgêsipun jaman toya, dening nalika punika ing tanah Jawi wontên banjir agêng, karya kêlêming dharatan.

5. Kaladwapara, têgêsipun jaman kamokalan, dening wiwit punika têtiyang ing tanah Jawi sami ngudi ingkang gaib-gaib, amargi kathah para jawata sami angejawantah.

6. Kalabrata, têgêsipun jaman karowan, dening wiwit punika ing tanah Jawi para nata

--- [3] ---

Sami anglar jajahaning mêngsah, anjêmbarakên polatan.

7. Kalapurwa, têgêsipun jaman wiwitan, dening têtiyang ing tanah Jawi môngsa punika angêncêngakên agaminipun, nêmbah dhatêng para dewanipun piyambak-piyambak.

II. Jaman Kaliyoga, umuripun ing taun surya 700 warsa, yèn taun côndra 721 warsa,

1. Kalabrata, têgêsipun jaman laku, dening nalika punika têtiyang ing tanah Jawi sami ulah lampah angèsthi dhatêng dewanipun.

2. Kaladrata, têgêsipun jaman limrah, nalika punika têtiyang ing tanah Jawi sami nglampahakên kawruhipun.

3. Kalayuda, têgêsipun jaman pêrang, nalika punika ing tanah Jawi kathah paprangan, sanadyan bôngsa piyambak inggih kolu mamêngsahan.

4. Kalawisesa, têgêsipun jaman wênang, nalika punika para agêng ing tanah Jawi sami ngangge wawênangipun piyambak-piyambak, andadosakên sudaning pangadilan.

5. Kalawiya,§ bokmênawi kalawisaya têgêsipun jaman wisuna, nalika punika têtiyang ing tanah Jawi kathah wisunanipun, andadosakên darêdahing kathah.

6. Kalajôngga, têgêsipun anguja ôngga, nalika punika têtiyang ing tanah Jawi sami ambujêng raganipun piyambak-piyambak, têbih dhatêng sanak sadhèrèk.

7. Kalasêkti, têgêsipun jaman kasêktèn, awit nalika punika têtiyang ing tanah Jawi sami ulah kadigdayan, amargi sami rêbat piangkuh piyambak-piyambak.

III. Jaman Kalisangara, têgêsipun jaman kawêkasan, umuripun ing taun surya, 700 warsa, yèn ing taun côndra 721 warsa, amêngku jaman pêpitu.

1. Kalajaya, têgêsipun jaman kaunggulan, awit nalika punika têtiyang ing tanah Jawi sami ulah dhiri, para agêng rêmên ulah kamuktèn, para alit rêmên ulah dhiri, utawi kaunggulan.

2. Kalabêndu, têgêsipun jaman dêduka, dene nalika punika têtiyang ing tanah Jawi wiwit tampi dêdukaning Pangeran, botên wontên ingkang ulah pangabêkti, lah ing ngriku karaton pêcah dados kêkalih, manahing tiyang sami ura, botên sagêd aruntut, jêr sami ngugêmi kawruhipun piyambak-piyambak.

3. Kalawarsa, têgêsipun jaman kaasrêpan, nalika punika têtiyang ing tanah Jawi sami têntrêm manahipun, dening ratunipun ambêg paramarta, ngapura ing bala, kasêbut ratu adil.

4. Kalaasmara, têgêsipun jaman kasêngsêm, awit ing nalika punika ratunipun bagus, rêmên ulah lêlangên.

5. Kalabrasma§ bokmênawi kalabrahma têgêsipun jaman kapanasan, nalika punika têtiyang ing tanah Jawi wiwit rungsang-rungsang manahipun, awit ratunipun uwal saking pangadilanipun.

6. Kalasinêla, têgêsipun jaman kasêlan, awit ing tanah Jawi kasêlan ratu sanès darah Jawi, inggih punika ratu sabrang ing Atasangin, têmahan anuwuhakên kasusahaning têtiyang alit.

7. Kalawinata, têgêsipun jaman tata, nalika punika ing tanah Jawi kalangkung tata, dening ratunipun sakalangkung sae, ananging wêkasanipun anuwuhakên botên prayugi, awit [awi...]

--- [4] ---

[...t] lajêng nyirnakakên agami kina-kina, lajêng angwontênakên agami enggal, ing ngriku wêkas-wêkasaning jaman kawastanan dintên kiyamat. Dhatêngipun dabbatul arli, aprang lan Iman Mahdi, nalika punika umuring tanah Jawi sampun 2100 warsa, taun surya, yèn ing taun côndra 2163 warsa.

Mênggah têrangipun dintên kiyamat wau makatên, inggih punika sirnaning agami Mukhamad,dados sampun botên wontên salat sêmbahyang, lah ing ngriku kacariyos Nabi Ngisa tumurun. Punika minôngka pasêmon, têgêsipun jaman wêkasan, benjing sakathahing manusa sami santun agami Kristên.

Sasampuning rampung panganggitipun jôngka Sang Prabu Jayabaya, ingkang kababarakên dados lêlampahaning jaman satunggal-tunggal, kaèstrènan sang pandhita, ing antawis dintên Maolana Ngali Samsujèn wau pamit mantuk dhatêng ing Rum. Prabu Jayabaya umiring kadhèrèkakên ingkang putra Prabu Anom Jayaamijaya, ing pagêdhongan, sapraptanira ampeyaning nagari lajêng wangsul. Sang prabu karsa amampir dhumatêng ing wukir Padhang, badhe kapanggih kalihan Ajar Subrata, kala samantên Ajar Subrata sumêrêp anuntên gupuh-gupuh mêthuk angacarani, sang nata laju lênggah ing sanggar palanggatan. Ing nalika punika Ajar Subrata badhe anyoba ing kawaskithanipun Sang Prabu Jayabaya, dening kawarti titising Hyang Wisnumurti, nuntên asasmita dhatêng endhangipun, kinèn mêdal anyaosakên sunggata, dumugi ngarsa nata kawistara pasugatanipun Ajar Subrata awarni pitung prakawis.

I. Kunir sarimpang, II. juwadah satakir, III. gêti satakir, IIII.IV kajar sawit, V. bawang pêthak satakir, VI. sêkar malathi satakir, VII sêkar saruni satakir.

Ajar Subrata umatur, anyumanggakakên sêsaosanipun pasugatan.

Sang Prabu Jayabaya, dupi amirsani pasugatanipun Ajar Subrata, sakalangkung dukaning galih, sigra anarik curiga tinandukakên dhatêng Ki Ajar, angèngingi jaja trusing walikat. Ki Ajar niba wus pralaya, layon muksa, ni endhang arsa lumajar gya cinandhak dipun wasisakakên sinuduk pralaya, ing nalika punika Prabu Anom Jayaamijaya, langkung ngungun aningali dukanipun ingkang rama, ing sêmu radi sungkawa, dening marasêpuhipun kawisesa datanpa dosa, nuntên Sang Prabu Jayabaya kondur angadhaton, dupi wus praptèng pura, uninga yèn netyanipun ingkang putra èsmu sungkawa, lajêng aparing pangandika kalayan pangrapu basa amanohara.

Dhuh putraningsun kaki prabu anom, ing pagêdhongan aja sira sungkawa ing patine maratuwanira, ing sajatine ika dosa maring karaton, karêpe bakal anyupêt panjênênganing para nata ing tanah Jawa kang durung kalakon. Sêsuguhe si ajar mau dadi pasêmon kang durung ana, yèn upama sun tanggapana amêsthi ora ana karaton, mung para pandhita kang dadi bêbundhêle sinuhun maring wong akèh, mangkono karêpe si ajar, karana iku wus winêjang marang guruningsun Sang Molana Ngali Samsujèn, sabarang kawruhe padha lan ingsun. Prabu anom andhêku lajêng matur, mênggah têgêsipun sasêgah wau, dumunungipun karaton satunggal-tunggal, kadospundi [ka...]

--- [5] ---

[...dospundi] mênggah wijangipun.

Pangandikanipun Sang Prabu Jayabaya:dhuh wruhanira kulup, ingsun iki panjanmaning Wisnumurti, kabubuhan agawe raharjaning bumi-bumi, dene panitah ingsun mung kari kapindho, katêlu ingsun iki, ing sapungkur ingsun saka ing Kadhiri, nuli tumitah ana ing Malawapati, besuk ing sapungkur ingsun saka ing Malawapati, antara lawas ingsun tumitah manèh ana ing Janggala, besuk ing sapungkur ingsun saka ing Janggala, wus nora tumitah marang tanah Jawa manèh, karana wus dudu bubuhaningsun, mêgahmênggah rusaking jagad ingsun nora milu-milu, lawan kaananingsun wus ginaib tunggal ana sajroning kêkarahe têkêne guruningsun. Ing kono tibaning sasmita kang dadi sêsuguhe si ajar mau, dumunung ana ing jaman tataning karaton, kaping pitung tanah, salin-salin alame, seje-seje pranatane, iku wêkasêna marang anak putunira ing wuri-wuri, dene pratelane karaton kaping pitung tanah iku mangkene.

1. Kang dhihin aran jaman andêrpati, ana sajroning jaman kalawisesa, kuthane dèn arani Pajajaran, tanpa adil tanpa yudanagara, wadale wong cilik arupa êmas. Iku lire sêsuguhe si ajar maringsun kang arupa kunir, sirnane karaton amarga wawan-wawan padha kadang, êndi kang rosa andadra, anggoning mangun yuda ing dalêm 100 taun, rusaking nagara.

2. Kaping pindho, aran jaman sri kala raja dewa raja, kuthane dèn arani ing Majapait,ana yudanagara ing sawatara, wadale wong cilik arupa salaka, iku lire sêsuguhe si ajar kang arupa juwadah, ing dalêm 100 taun, sirnane karaton, amarga wawan-wawan lawan putrane dhewe.

3. Kaping têlu aran jaman adiyati, ana sajroning jaman kalawisaya, iku awit ana jaman adil kukum lawan udanagara, miwah nagara krama, akêkutha ing bumi Bintara, wadale wong cilik amêtu bausuku, iku lire sêsuguhe si ajar arupa gêti, sirnane karaton amarga wawan-wawan lawan kang anggadhuh pangadilan.

4. kaping pat, ing sajroning jaman kalajôngga, ana kang jumênêng nata binathara, kuthane dèn arani Pajang, iku wiwit ana pirukuning prakara, wadale wong cilik amêtu sarupane têtanduraning desa, iku lire sêsuguhe si ajar arupa kajar sawit, sirnane karaton amarga wawan-wawan lawan putra angkat.

5. Kaping lima, ing sajroning jaman kalasakti, ana kang jumênêng ratu binathara, kuthane dèn arani Mataram, iku wiwit ana panata agama, panata praja, wadale wong cilik amêtu reyal salaka, iku lire sêsuguhe si ajar arupa bawang putih, ing antara mosa ana prang, tinulungan bêbantu nangkoda prakusa sugih rajabrana, ing kono rêrêp sirêp musuh kabèh, sirnane karaton amarga wawan-wawan lawan rajaputra amusuh sakutha.

6. Kaping nêm, ing sajroning jaman kalajaya, ana jamaning ratu kuthila, angkara murka, têgêse sarupaning wong cilik padha anggrangsang kaya kêthèk, amarga bangêt larang pangan. Kuthane dèn arani Wanakarta, wadale wong cilik amêtu reyal uwang, iku lire sêsuguhe si ajar arupa kêmbang malathi, ing antara iku karatone kasundhang rowang, têgêse kagêntenan padha sanake, iku wiwit ana bêbêndu, ilang karêkating [karêka...]

--- [6] ---

[...ting] bumi, akèh manusa kasarakad, ana kang awisma ing marga miwah ing pasar, sirnane karaton amarga wawan-wawan lawan bôngsa sabrang.

7. Kaping pitu, ing sajroning jaman kalabêndu, ana jamane ratu artati, têgêse sarupaning manusa kang kaèsthi amung arta, ing kono anane karaton kêmbar, ing Pajang lan ing Mataram, wadale wong cilik awarna-warna, ana mêtu mas salaka, lan bêras pari sapanunggalane, iku lire sêsuguhe si ajar arupa kêmbang saruni, ing antara mosa sangsaya mundhak-mundhak pajêge wong cilik. Ana warna gêgaman miwah rajakaya sapanunggalane, karana sangsaya mundhak-mundhak muksibating nagara, kongsi rêtu adiling ratu, amarga wong agunge padha jail, wonge cilik padha jawal, marmane ratune tanpa paramarta, dene tan ana wahyu nyata, akèh wahyuning drubiksa, apngaling wong asalin-salin, wong wadon ilang wirange, mari kangên wong sêsanakan, tan ana warta têmên, akèh wong malarat, kêrêp ana prang, sujana sarjana kontit, durjana dursila andadra, wong bandhol tulus mêndhosol, datan kêna rinapu, akèh maling malandang malang ing marga, akèh grahana surya sarta rêmbulan, udan awu, lindhu, calèrèt taun, prahara gung udan salah mosa, anggung paprangan arêrusuhan, dene musuhe ora karuan. Iku lire si ajar barancuh endhange tinêmokakên lan ingsun. Ing wêktu iku wus parêg wêkasaning jaman kalabêndu, sirnane karaton amarga wawan-wawan lawan maru.

Nuli sinalinan jaman mulyaning panjênêngan nata, ing kono arjaning tanah Jawa, wus ilang mêmalaning bumi, amarga sinapih praptaning ratu ginaib, wijling utama, dèn arani ratu amisan, karana luwih dama miskin, adêge tanpa sarat sadawir, ngadam makdum panjênênganing nata, kadhatone sunyaruri, têgêse sêpi, tanpa sarana apa-apa, ora ana kara-kara, duk maksih kinêkêr ing Pangerane kasampar kasandhung akèh wong katambuhan, karsaning Hyang Suksma kinarya buwana balik, jumênêng ratu pinandhita, adil paramarta, lumuh maring arta, kasêbut nama Sultan Hèrucakra, ing nalika têka tanpa sangkan, tan angadu bala manusa, prajurite mung sirolah, têtunggule dzikir, parandene mungsuhe padha rêrêp sirêp, kang mangsah kabarubuh, tumpês tapis kang amungkir, karana ratu amrih kartaning nagara miwah arjaning jagad kabèh, dhahare ing dalêm sataun dèn wangêni mung pitung èwu reyal, ora kêna luwih, bumi sajung pajêge sadinar ing dalêm sataun. Sawah sèwu mêtu suwang ing dalêm sadina, wus bebas tan ana takêr turun apa-apa, marmane padha enak atine wong cilik, dening murah sandhang pangan, durjana dursila padha tobat, wêdi wilalating nata adil paramarta, kuthane dèn arani ing bumi Pêthik, parêg lawan kali Katôngga sajroning alas Pudhak. Panjênênganing nata mung turun kapindho, katêlune angalih kutha marang ing bumi Katôngga, kacêpit ing Karangbaya, tumêka ing putra sirna, amarga wawan-wawan lawan nêpsune dhewe.

Nuli ana panjênêngan ratu asmara kingkin, luwih bagus warnane, dadi kondhang kêkidunganing wadyabala, akêkutha ing Kadhiri, turuntêlu angalih kutha ana ing tanah Madura, ora lawas nuli sirna, amarga wawan-wawan lawan kêkasihe.

--- [7] ---

Nuli ana panjênêngan ratu têtêlu, tunggal padha sajaman, 1. akêkutha ing bumi Kapanasan, 2. akêkutha ing bumi Gêgêlang, 3. akêkutha ing bumi Têmbalang, ing antara antuk têlung puluh taun, padha sulaya, wêkasan sirna katêlu pisan. Ing kono ora ana panjênêngan ratu, para bupati amôncapraja padha angratu dhewe-dhewe, awit ora ana kang dèn sebani, ing antara taun nuli ana ratu sabrang ing Nungswa Srênggi jumênêng nata ing tanah Jawa, akêkutha anèng lor wetaning gunung Endrakila, sukuning wukir Côndramuka, ing antara taun nuli ana prajurit saka ing Rum, anglurugi Ratu Nungswa Srênggimau, wêkasan kalah sirna sawadyabalane dening prajurit ing Rum.

Ing kono prajurit ing Rum akarya ratu, têdhaking Sultan Hèrucakra, akêkutha ing tanah sawetaning kali Upak. Iku luwih arja nagarane, dèn arani ing Ngamartalaya, turun têlu katêkan dina kiyamat, iku umuring tanah Jawa ambênêri 2100 warsa, ing taun srêngenge, utawa 2163 warsa ing taun rêmbulan.

Têlas pangandikanipun Sri Bathara Aji Jayabaya, dhumatêng ingkang putra Prabu Anom Jayaamijaya, mangkana risang rajaputra dupi amiyarsakakên pangandikanira sri narendra, anggancarakên sagunging lêlampahan sadaya, kacundhukakên kalihan sugata pasêmonipun Ajar Subrata, sayêkti datan madal sumbi, dahat kacaryaning driya risang rajaputra têmah suka sukur tyas narima, lêgawèng trus tribawana.