Jăngka Sèh Bakir, Warsadiningrat, c. 1920, #1452

JudulCitra
Terakhir diubah: 30-12-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Punika Sêrat Jăngka ing Tanah Jawi, Jangkanipun Raja Pandhita, Tuwan Sèh Bakir, Ing Nagari Ngêrum (Kina).

1. Sinom

1. maspadakkên roning kamal | ngawruhijăngka Sèh Bakir | berata ruwêding driya | iya mrih muluring budi | warna-warna crita di | saindêng pulo Jawèku | pra ratu nungswa Jawa | dongènge Tuwan Sèh Bakir | galur turut pratitis tuhu waskitha ||

2. nahênta ingkang winarna | duk ing kina pulo Jawi | maksih suwêng dadya wana | pan namung isi dhadhêmit | sasmitaning Hyang Widhi | dhawuh marang Sultan ing Rum | kinèn ngisèni janma | wau ingkang pulo Jawi | gya nimbali patih wus sumiwèng ngarsa ||

3. Jêng Sultan Galbah ngandika | hèh patih apa sirèki | wus wikan ing pulo Jawa | lawan yèn miyarsa warti | suwung utawa isi | kya patih nêmbah umatur | dhuh gusti sri narendra | kawula dèrèng udani | mung miyarsa pulo Jawi maksih sunya ||

4. wartining para nangkoda | kang sampun nate udani | layar mring pulo Sêmbawa | anglangkungi pulo Jawi | pan dèrèng isi janmi | wana gêng tur kathah gunung | ujuripun mangetan | kaprênah sakilèn Bali | sri narendra alon dènira ngandika ||

5. hèh patih sira saosa | wong rong lêksa somah nuli | tandurên ing tanah Jawa | dimène padha sêsabin | sandika kyana patih | anêmbah wus lèngsèr gupuh | mêpak wong rong lêksomah | samya asaput piranti | sigra budhal alayar mring tanah Jawa ||

6. ing marga datan winarna | pulo Jawa sampun prapti | janma kalih lêksa somah | ingisèkkên tanah Jawi | kyana patih wus mulih | alayar prapta ing Ngêrum | wus katur sri narendra | kocap kang nèng pulo Jawi | têtumpêsan tinêluh ing brakasakan ||

7. janma kalih lêksa somah | rong puluh somah kang maksih | wus bubar mulih sadaya | ing marga datan winarni | praptèng Ngêrum nagari | wus katur marang sang prabu | tiwasing pra kawula | tinêluhan ing dhadhêmit | myang minăngsa sato galak ing wanarga ||

8. jêng sultan langkung ngungunnya | gya nimbali Sèh Sêbakir | wus prapta byantarèng nata | ngandika sri narapati | bapa sira sun tuding | layar mring tanah Jawèku | sira masanga tumbal | sakèh gunung kang waradin | dimèn lunga setane kang măngsa janma ||

9. wong Kêling sira gowoa | tandurên ing tanah Jawi | yèn wis purihên sêsawah | nuli mangkata dèn aglis | layar mring pulo Jawi | lan si patih aywa kantun | sandika aturira | uluk salam budhal nuli | babar layar lampahing palwa angêrap ||

10. ing tanah Kêling wus prapta | nulya amundhut sujanmi |

--- [18] ---

rong lêksa somah binêkta | prasamya saput piranti | prapta ing tanah Jawi | samana Sèh Bakir wau | anjujug gunung Tidhar | kang tumbal pinasang aglis | wus warata pucaking wukir Sundara ||

11. nulya na ampuhan prapta | gara-gara udan angin | gumlêgêr swaraning arga | ampak-ampak obar-abir | pêpêtêng anglimputi | gègèr sagunging lêlêmbut | jin setan alumajar | banaspati padha ngili | ilu-ilu janggitan lawan kêmamang ||

12. wewe pêri parayangan | samya ngili mring wanadri | sadaya prasami bibar | sawênèh malbèng jaladri | gègèr akontrang-kantring | tan kawawa panasipun | nêngna ingkang kaplajar | mangkya gênti kang winarni | wontên janma sêpuh mung kêkalih kadang ||

13. Sang Hyang Sêmar wastanira | Sang Hyang Togog kang satunggil | dhêdhukuh wontên ing arga | sukuning Marbabu wukir | dhêdhepok sampun lami | samana sang kalihipun | lagyeca lêlungguhan | nulya na swara kapyarsi | langkung kagyat sang kalih miyarsa swara ||

14. Sang Hyang Sêmar wuwusira | kakang Togog paran iki | gara-gara agung prapta | gumlêgêr swaraning wukir | bumi kadya ginonjing | prakêmpa asindhung riwut | kilat thathit liwêran | calèrèt lan obar-abir | tanpa mêndha saya gêng kang gara-gara ||

15. Sang Hyang Togog saurira | manira boya udani | lah măngsa-bodhoa sira | Sang Hyang Sêmar gya wêwarti | yèn ki raka tan uning | mangkya wontên pandhitèng Rum | prapta ing tanah Jawa | karya rusaking dhêdhêmit | amasangi tumbal sakèhing aldaka ||

16. dawêg ki raka lumampah | marpêgi marang sang rêsi | pan iku kang karya rusak | kang nundhung sakèhing dhêmit | ingsun arsa pinanggih | tanya karanane iku | sagunging brakasakan | sadaya sami angili | kagegeran lêlêmbut ing tanah Jawa ||

17. Sang Hyang Togog saurira | lah dawêg adhi prayugi | aywa kongsi kadhatêngan | luhung dhatêngana dhihin | sigra lumampah aglis | wus prapta ing prênahipun | anèng ing gunung Tidhar | kagyat Sèh Bakir ningali | wontên prapta dumrojog linggih satata ||

18. Sèh Bakir aris têtanya | kisanak andika pundi | manira nêmbe tumingal | marang pakênira kalih | lawan arsa punapi | dene prapta ngarsaningsun | Sang Hyang Sêmar turira | kula inggih tiyang ngriki | arsa panggih lawan andika kewala ||

19. Tuwan Sèh Bakir lingira | wartane ing tanah Jawi | pan dèrèng wontên manungsa | maksih sunya mung wanadri | Hyang Sêmar matur aris | kula ing sanyatanipun | wong ngriki kina mila | sadèrènge tuwan prapti | inggih sampun dhêdhukuh wontên ing arga ||

20. antuk limang èwu warsa | lajêng karya dhukuh ngriki | bêbadra dèrèng alama | sawêg angsal sèwu warsi | langkung sataun nênggih | Sèh Bakir gawok duk ngrungu | dika niku wong napa | sayêktine lamun janmi | umurira dawane saijab-ijab ||

21. manira durung miyarsa | wong umur salêksa warsi | Nabi Adam langkung panjang | yuswanipun sèwu warsi | lah apa ta sirèki | dudu manusa satuhu | dèn balaka maringwang | dene umurnya ngluwihi | Sang Hyang Sêmar lon nabda pindha sarkara ||

2. Dhandhanggula

1. sayaktine ngong dede sujanmi | gih manira dhanyang tanah Jawa | sêsêpuh măngka ulune | sagunging kang lêlêmbut | ngong titise Kawa Sang Dèwi | yèn padukarsa tanya | mring jêjuluk ingsun | inggih Sang Hyang Manikmaya | Sang Hyang Êsis Hyang Srigati inggih mami | Bathara Guru ingwang ||

2. Sang Hyang Wênang gih jêjuluk mami | lawan inggih Hyang Jayakusuma | Dyan Jakapandhak malihe |

--- [19] ---

Idhi-Idhi gih ingsun | Ithi-Ithik acincing gati | sêsilih Sang Hyang Sêmar | de dumados ingsun | duk ing kina Ibu Kawa | anglunturkên rahsa tinampan Idajil | winorkên kamanira ||

3. gya cinipta nulya dadya mami | kuningana sawarnining dewa | pra jawata sadayane | pan inggih turun ingsun | lawan dhanyang prayangan pêri | sabrang lan tanah Jawa | sagunging lêlêmbut | sadaya turun manira | dene ingkang munggwing kering ngong puniki | kakang Togog wastanya ||

4. titisira kang pêksi sênjari | pan minăngka dadya kadang ingwang | ing pulo Jawi dhepoke | mila prapta pukulun | amarpêgi dhatêng sang rêsi | parlu kularsa tanya | pagene sang wiku | ngrusak anak putuningwang | kagegeran kêni prantine sang rêsi | kang tênung taragnyana ||

5. tan kawawa kataman piranti | têmah samya angili mring wana | wênèh maring samudrane | swaraning tangis umyung | sing paduka kang mawa kardi | sang wiku alon mojar | ênggèh manirèstu | nanging aywa salah cipta | ingsun muhung darma dinuta sang aji | ing Rum Jêng Sultan Galbah ||

6. dhinawuhan ngisèni sujanmi | dimèn padha atêgal myang sawah | bubak wana sadayane | kang dèn isèkkên iku | janma saking ing tanah Kêling | kèhe rong lêksa somah | wus karsèng Hyang Agung | tan kêna pinalangana | Sang Hyang Sêmar nabda jumurung sakêthi | yèn karsaning jêng sultan ||

7. narendra gung ing Ngêrum nagari | ingkang dhawuh angisèni janma | tanah Jawa saindênge | kinèn bubak wana gung | amung inggih panuwun mami | turun kula tumuta | nèng tanah Jawèku | Tuwan Sèh Sêbakir mojar | pakênira kisanak ingsun sajari | atas karsèng Hyang Suksma ||

8. lêlakone tanah Jawa iki | wus tinakdir benjang sirnanira | rong èwu satus warsane | wiwit iki ing taun | satus warsa tanpa narpati | maksih kadya kukila | durung ana ratu | miwah durung ana tata | yèn wus jangkêp satus warsa karsèng Widhi | nulya karya narendra ||

9. Gilingwêsi arane nagari | akalawan Pranaraga ika | wiwit ana narendrane | jêjuluke Sang Prabu | Selaarga ingkang wêwangi | ing kono sira monga | awora janmèku | iku wiwit ana tata | sri narendra murwani agama Budi | nêbut dewa bathara ||

10. tancêp tuhu manêmbah dewa di | wus inganggêp Hyang Kang Murbèng Ngalam | kang karyèng rat saisine | pinetang laminipun | satus warsa sirnaning nagri | nulya karsèng Hyang Suksma | karya malih ratu | narendra sudibya tama | trahing dewa titising Hyang Wisnu Murti | Mêndhangkawit puranya ||

11. laminira apan satus warsi | karsanira Hyang Maha Kawasa | nulya na manèh pamase | kêkalih sami ratu | angadhaton Ngalêngka puri | bala diyu rasêksa | yaksendra dibya nung | ing Măncawati satunggal | narendra di titising Hyang Wisnu Murti | bala sagung wanara ||

12. sira monga kang jumênêng aji | ratu tama titising jawata | dene Ki Togog ing têmbe | momonga ratu diyu | kang jumênêng Ngalêngka nagri | rusake ing Ngalêngka | tumpêsan sadarum | têpis-wiring sirna gêmpang | laminira amung pitung dasa warsi | sirnane kratonira ||

13. pan tumuli ana ratu malih | ing Wiratha kalawan Madura | mung sèkêt taun sirnane | nulya na manèh ratu | ing Ngastina lan Dwarawati | kalawan ing Ngamarta | nagarane iku | miwah ing Pudhaksatêgal | lan maninge nagri Ngawu-awu Langit | sira amonga benjang ||

14. laminira apan satus warsi | samya aprang lan kadang priyăngga | nulya na malih pamase | ing Pêngging puranipun | Prabu Baka ingkang wêwangi | lah sira monga benjang | kang jumênêng iku | lamine

--- [20] ---

mung sèkêt warsa | nuli ana kang jumênêng narapati | nagri Malawapatya ||

15. panjalmaning Sang Hyang Wisnu Murti | lawan nagri ing Bojanagara | mung kawan dasa warsane | amung ta wêkas ingsun | aywa sira momong ing benjing | mring nata kalihira | sasirnane iku | anulya ana narendra | akêkutha ing Galuh mung sèkêt warsi | karsanirèng Hyang Suksma ||

16. pan tumuli wontên narapati | ing Sindhula iku kuthanira | sawidak warsa lamine | sasirnanira iku | nuli ana kang madêg aji | nagri Mêndhangkamulan | iku ratunipun | karêm dhahar ulam janma | kawan dasa warsa anuli ginanti | pandhita saking Arab ||

17. Ajisaka iku kang wêwangi | kang gumantya jumênêng narendra | ing tanah Jawa mandhirèng | dibya sêkti pinunjul | jumênêngnya sawidak warsi | wignya ing saniskara | wicaksana putus | anganggit kang sastra Jawa | măngsa paliprawa myang sangkala bumi | sang sri yudakênaka ||

3. Pangkur

1. sapungkure Ajisaka | apan nuli ana narendra malih | jêjuluk Sri Mahapunggung | pêpatih Jugulmudha | angadhaton nèng sukuning ardi Lawu | karta-karti kang nagara | sang prabu ngêgungkên adil ||

2. satus taun nuli sirna | Kang Murbèng Rat nulya karya narpati | Koripan kadhatonipun | satus taun laminya | turun tiga sirnane karatonipun | karsaning Kang Maha Mulya | akarya narendra malih ||

3. sakawan kèhe narendra | akêkutha Jênggala lan Kadhiri | Ngurawan lan Singasantun | iku sira amonga | ngawulaa ratu iku dèn mituhu | kalawan ngaliha aran | Ki Prasănta iku becik ||

4. dene Ki Togog ngaliha | Ki Jarudhèh iku langkung prayugi | malih wêkas ngong ing besuk | sira aywa na pisah | iya marang panjalmanira Hyang Wisnu | nama Panji Rawisrêngga | digdaya prawirèng jurit ||

5. satus taun sirnanira | karsèng Widhi akarya ratu malih | Pajajaran kuthanipun | ngalih saking Jênggala | satus taun sirnane karatonipun | kongsi turun kaping tiga | rusake kalawan siwi ||

6. lah ing kono wêkas ingwang | sira nuli awora lan dhêdhêmit | maria amomong ratu | wus karsaning Pangeran | kinèn awor anak putumu lêlêmbut | dhêdhukuha sira benjang | nèng sukune ardi Kêndhil ||

7. lan malih ngaliha aran | Ki Surandhil iku langkung prayugi | Ki Togog sira ing besuk | dhukuha nèng Lodhaya | angaliha malih aran Ki Barjakung | sasirnaning Pajajaran | anulya ana narpati ||

8. ratu agung adiningrat | kang jumênêng nèng kutha Majapait | anênggih ing laminipun | satus kalih kang warsa | turun tiga rusake karatonipun | lawan atmaja priyăngga | ing Bintara madêg aji ||

9. anênggih ing nagri Dêmak | apan kathah sagunging para wali | saking Arab wijilipun | prasami amêmulang | ngèlmu bêcik sarengate nabi rasul | sirnane agama Buda | ginanti Islam agami ||

10. anut para waliyolah | Ngampèldênta Benang lawan ing Giri | Kalijaga ranirèku | apan dadya darsana | laminira ing Bintara satus taun | wus karsanirèng Hyang Suksma | ing Pajang madêg narpati ||

11. narendra sudibya tama | gêmah ripah krêtarja kang nagari | umure salapan taun (=36) | sirnane kuthanira | apan nuli Kang Maha Gung karya ratu | kêkutha nagri Mataram | jamanira kalasêkti ||

12. prakusa prawirèng yuda | widigdaya karsa ngadani jurit | narendra tama dibya nung | ing rat datanpa timbang | mapan iku têdhaking pandhita luhung | Senapati Ing Ngalaga | para ratu samya nangkil ||

13. iya

--- [21] ---

marang tanah Jawa | wêdi asih kêni prabawèng aji | samya nungkul tan pinukul | lamine kuthanira | nênggih satus tigang dasa sanga taun | kongsi tumurun kaping pat | rusake ingkang nagari ||

14. binêdhah marang wong Sampang | wong Madura kalawan uwong Bugis | samya amungsuh sakuthu | miwah putra priyăngga | awit saking wus jangkêp wêwangênipun | wus karsanirèng Pangeran | rusaking nagri Matawis ||

15. de umure tanah Jawa | wiwit iki kongsi tumêkèng benjing | akiring nagri Matarum | pinetang laminira | sèwu limang atus sangang dasa taun | lawan punjul pitung warsa | anulya na ratu malih ||

16. kêkutha ing Wanakarta | sakulone ing Pajang kang nagari | Sundhangrowang ratunipun | rusake kratonira | ginêntènan nênggih sami sanakipun | ana nangkoda ngajawa | pinasthi karsaning Widhi ||

17. rusake ing Kartasura | pan binêdhah dening wong Cina nênggih | lamine nagaranipun | sawidak siji warsa | nuli ana karsaning Hyang Maha Luhur | karya kêkalih narendra | nèng wetan Pajang purèki ||

18. siji ngadhaton Mataram | apan iku jaman sêngara kaki | akèh kiyanat ing ngriku | doracara akathah | lawan suda pamêtune bumi iku | ilang wirange wanita | wong priya pan kadya èstri ||

19. karêpe wong padha murka | bocah cilik wis bisa metung picis | akèh wong kang padha lacut | wong dora sayandadra | datan pêgat alaning wong dèn wêwadul | wong têmên padha katiwar | kang malincur padha dadi ||

20. akèh jamah padha priya | datan marêm dhatêng tiyang pawèstri | wong agama langkung jugul | kang luwih tanpa guna | panggaotan akèh nanging tan aunggul | akèh wong adagang tuna | tan kantun pawitan ênting ||

21. akèh wong maido kitab | lawan akèh uwong kang adol ngèlmi | padha lali mring Hyang Agung | padha nêmbah brahala | wênèh ana kang ngarêpakên lêlêmbut | ana kang mangeran arta | ana mangeran Sêrani ||

22. setan wus awor manusa | datan kêna pinrih panggawe bêcik | jaman kalabêndu iku | kèh anak lali bapa | apan bapa lali marang anakipun | patèn-pinatèn akathah | saking kapanjingan eblis ||

23. lan akèh maksiyat prapta | bêbênduning Allah akèh dhatêngi | gumludhug swaraning gunung | obah bumi prakêmpa | gonjang-ganjing lindhu agêng gunung jugrug | clèrèt kilat aliwêran | grahana udan karikil ||

24. clèrèt taun angêrgancang | pracalita kumlap kang obar-abir | akèh wong kang pêrang pupuh | akèh wong mati kobar | lawas-lawas nuli mêndha kang bêbêndu | maksiyate tanah Jawa | marang manungsa kang eling ||

25. kang ngadani tanah Jawa | apan maksih nangkoda satus warsi | nutugkên wêwangênipun | nangkoda satus warsa | nuli ana pitulungira Hyang Agung | marang wong ing nungsa Jawa | mrih kasmaran ing Hyang Widhi ||

4. Asmaradana

1. nulya Allah karya aji | têdhake Jêng Rasulullah | nalika maksih timure | babaran Surandil ika | ibune trah Mataram | Selong kawijilanipun | angadhaton tanah Jawa ||

2. pan jumênêng ratu adil | iku kalangkung malarat | sarat sadawir tan ngangge | duk kinêkêr ing Pangeran | tan ana janma wikan | sampar sandhung nora wêruh | Pudhaksinumpêt punika ||

3. timbule kang tunjung putih | sakèhing kang nêdya ala | nêdya wani masthi layon | tumpês tapis ingkang mêngsah | balane mung sirullah | klabang kalajêngking [kalajêng...]

--- [22] ---

[...king] iku | lah kiyai wêkas ingwang ||

4. sira amilua benjing | ngirid sagunging lêlêmbat | minăngka wadyaning katong | dene ta ing kuthanira | yèku ngalas Kêtăngga | sunyaruri kratonipun | nama Sultan Hèrucakra ||

5. enak atine wong cilik | ilang wong kang doracara | wong durjana samya layon | bêbotoh sami kabêtah | ngulati kabêcikan | kapipit ing nalaripun | ngungsi mring Masjidil Karam ||

6. nêdya padha dadi santri | pajêge wong cilik benjang | sajung sadinar pajêge | iku ing dalêm sawarsa | dene dhaharing nata | pinanci dalêm sataun | amung pitung èwu reyal ||

7. nata dil asih ing dasih | balaba lumuh ing arta | murah sandhang lan pangane | pra janma kèh sugih arta | lamine satus warsa | sirnane karatonipun | nuli ana ratu kêmbar ||

8. kêkutha salèring wukir | anênggih wukir Baita | ingkang satunggal kuthane | iku ana ing Madura | sèkêt taun laminya | nulya Allah karya ratu | kêkutha Waringinrêbah ||

9. lamine sèkêt rong warsi | sirnane Waringinrêbah | nulya na kang madêg katong | kêkutha ing Balebarang | sirnane kuthanira | sawidak warsa puniku | nulya na wong Srênggi prapta ||

10. madêg nata tanah Jawi | wong Jawa akèh binêkta | mring Nungsa Srênggi kathahe | sèwu-sèwu sabên warsa | antuk tri dasa warsa | kocapa Jêng Sultan ing Rum | sampun amiyarsa warta ||

11. rusake ing tanah Jawi | jêng sultan nulya utusan | tulung mring tanah Jawane | kya patih sabalanira | kinèn nanggulangana | numpês wong Srênggi puniku | wadyèng Rum tanpa wilangan ||

12. wus prapta ing tanah Jawi | tan winarna solahira | Ratu Srênggi sawadyane | wus sirna larut sadaya | mangkya wontên têdhaknya | ratu ing Waringinrubuh | ngawula kinarya raja ||

13. jinunjung lungguh narpati | ing Majapait kuthanya | langkung krêtarja nagrine | ratu langkung anarima | yeka Purawasana | antarantuk sèkêt taun | katêkan dina kiyamat ||

14. gunung Mrapi mubal agni | gunung Sumbing nulya rêbah | wukir Marbabu malihe | kalawan gunung Sundara | sami jugrug sadaya | gunung Tidhar mijil ranu | wus sirna ing tanah Jawa ||

15. pan sampun jangkêp puniki | umure ing tanah Jawa | iku nglêrêsi taune | kalih èwu satus warsa | yeka ing taun surya | têlas pangandikanipun | Sèh Bakir Raja Pandhita ||

16. riwusnya carita titi | Tuwan Sèh Sêbakir nulya | arsa wangsul mring nagrine | katrinya nulya salaman | riwusira mangkana | sang pandhita bidhal sampun | dhanyang kalih atut wuntat ||

17. ngatêrkên praptèng gêgisik | sang wiku gya mancal layar | dhanyang kalih wangsul gyane | gantya ingkang winursita | janma rong lêksa

--- [23] ---

somah | nulya babad kang wana gung | karya wisma sowang-sowang ||

18. rineka rinakit-rakit | pinêncar pinăntha-păntha | wus sami têntrêm manahe | nulya sami garap sawah | miwah têgalanira | pinijèn pari jawawut | dinulu asri kawuryan ||

19. dene kang dèn nut pra janmi | Hyang Sêmar minăngka raja | Hyang Togog dadya patihe | wus awor lawan manungsa | sinêmbah ing wong kathah | tan wontên sawalèng kayun | titi ing caritanira ||

Sêrat Jăngka Sèh Bakir punika, ing ngajêng namung sêkar Sinom kalihan Pangkur, sarèhning kula manah kêpanjangên, murih botên kêmba kula rembak dados kalih sêkar, inggih punika sêkar Dhandhanggula kalihan Asmaradana, gunggung dados sakawan sêkar kalêbêt ingkang lami, makatên malih sarèhning Sêrat Jăngka wau kathah ingkang risak ungêl-ungêlanipun, dening sampun turunan marambah-rambah, mila saking kakêning manah kula lajêng kathah sangêt ingkang kula piyagah, miturut sêrat ingkang kula waos kala lare, inggih saèngêt-èngêtipun.

Wasana lêrês lêpat kula sumanggakakên panggalihanipun para maos.

[Tandatangan: Warsapradăngga]

Lajêng nama Radèn Ngabèi Atmamardawa, abdi dalêm mantri ordhênas, ing Surakarta.

[Tandatangan: Warsadiningrat]