Purasani, Yasawidagda, 1923, #1218

JudulCitra
Terakhir diubah: 09-07-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie No. 474 ... Rêgi f 0.75

Purasani

Anggitanipun Yasawidagda

UITGAVE VAN DE COMMISSIE VOOR DE VOLKSLECTUUR

WEDALAN BALE PUSTAKA

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1] ---

Serie No. 474

Purasani

Anggitanipun Yasawidagda.

Wêdalan Bale Pustaka, ing Wèltêvrèdhên.

DRUKKERIJ VOLKSLECTUUR – WELTEVREDEN 1923

--- [2] ---

[...]

--- [3] ---

I. Purasani

Sasêraping surya, ginêntosan wêdaling rêmbulan, cahyanipun anêlahi, langit sumêblak rêsik, lintang-lintang surêm sorotipun, kasor dening padhanging rêmbulan. Dhasar nalika samantên panuju malêm Jumuwah Kliwon, kathah tiyang sêpuh ênèm jalêr èstri, nilar griyanipun mêdal ing jawi, akêkadhar wontên ing latar. Lare jalêr ngalêmpak ing papan wiyar, sami dolanan êcu, jêmbelungan, gobag, sawênèh bintèn, gêgêlutan, cêngkah, angabên santosaning badan. Lare èstri ngalêmpak sami èstri, dolanan cublak-cublak suwêngsaha kauman. Ing margi agêng sêlur tiyang lumampah, anyangking mênyan saha sêkar konyoh, minăngka sanguning tirakat dhatêng Candhi Rara Jonggrang.

Rara Jonggrang punika patilasan ing jaman kina, dumunung ing dhusun Prambanan, awujud candhi pintên-pintên, ingkang kadamêl sela. Ingkang agêng piyambak satunggal, wontên sênthongipun sakawan, sisih wetan isi rêca Siwah, kidul Narada, kilèn Ganesa, lèr Durga. Durga punika kelimrah winastan RaraJonggrang, punika ingkang dados patirakatan [patirakata...]

--- 4 ---

[...n] agêng. Têtiyang ingkang dhatêng akêkutug, sêkar konyohipun kasajèkakên, warni-warni panêdhanipun, wontên ingkang nêdha palarisan, wontên ingkang nêdha mantunipun tiyang sakit, sawênèh wontên ingkang nêdha gadhah anak.

Wontên tiyang jalêr neneman, tansah sidhakêp botên wicantên sakêcap-kêcapa, lumampah lon-lonan angubêngi palataraning candhi ingkang nginggil, sakêdhap-sakêdhap kèndêl, sajak wontên ingkang dipun raosakên. Nyawang mangidul sumêrêp rêdi Kêndhêng, ingkang sapunika dados watês nagari Surakarta lan Ngayogyakarta, ing ngriku wontên tilas karatonipun Prabu Baka. Tiyang neneman wau ngusapi êluh, amargi sangêt karaos-raos ing manah, rumaos têdhak turunipun ing ratu, samangke anglampahi gêsang kasangsara. Dumugi iringing candhi sisih kilèn, tiyang neneman kèndêl ningali lèpèn Opak, katingal selanipun pating janggêlêg, ilining toya kumrasak. Lèpèn Opak wau asring mili ladhu, ingkang asalipun saking rêdi Marapi, mila sakiwa têngêning lèpèn ngilak-ilak botên dipun dunungi tiyang, sêmunipun wingit, pantês dados kayanganing dhêmit. Ewadene tiyang neneman wau botên gadhah miris, pamanahipun nalika samantên, luwung lajêng pinundhuta jiwanipun dhatêng Ingkang Murbèng Gêsang.

--- 5 ---

Lampahipun dumugi ing lèr, niyatipun badhe lumêbêt ing gêdhongipun RaraJonggrang, nanging kanggêg dening kathahing tiyang, wêkasan narimah kantun, lajêng kemawon lumampah mangetan, kagèt sumêrêp rêmbulan sampun inggil, kèngêtan bêtahing griya, enggal mandhap ing talundhag,anggênjrèt kasêsa mantuk.

Mênggah tiyang neneman wau anama Purasani, anaking êmpu. Êmpu makatên: pandhe dhuwung. Purasani punika ontang-anting, nalika tinilar pêjah bapa biyungipun, taksih alit, amila sakalangkung mêmêlas, tujunipun lajêng kinukup ing pamanipun ing dhusun Gêmpol. Sarêng sampun diwasa, dipun pêndhêt mantu pisan, kaangsalakên anakipun piyambak ingkang nama pun: Simpên. Atut runtut anggèning jêjodhoan, nuntên kagriyakakên piyambak wontên ing TêgalNgangkruk, sawetanipun Prambanan lêt bulak alit, pangangkahipun marasêpuh: Purasani sinaua pandhe, ing têmbe sagêda napak tilas padamêlaning bapakipun.

Purasani ngèngèr pandhe misuwur, sangêt angêmên-êmênakên saha mungkul dhatêng padamêlan, kala-kala angsal pituwas sakêdhik saking ingkang dipun tumuti. Wondene têdhanipun ing sabên dintên dipun uluri marasêpuhipun.Nanging watawis satêngah taun bapakipun Simpên tilar donya, kantun êmbokipun, [ê...]

--- 6 ---

[...mbokipun,] nanging punika botên sagêd nguluri têdha malih dhatêng mantunipun. Purasari kêpêksa rumagang ngupados bêtahing griya, nanging sakalangkung èwêd ing pamanah, badhe nyambutdamêl sanès, eman nilar padamêlan pasinaonipun. Ngajêng-ajêng pituwas saking kyai pandhe, botên cêkap kangge bêtahing griya, awit nalika samantên Purasani sawêg anggarap dêdamêlipun tiyang tani: arit, linggis, kêjèn sasaminipun, dèrèng anggêpok dêdamêl ingkang nama wêsi aji. Amila Purasani sangêt kapêtêngan ing manah. Ing wanci dalu tansah angliyêg lumampah-lumampah, sabên-sabên kèndêl ing panggenan sêpi, botên kêndhat panyuwunipun ing Pangeran, pinaringana wêwêngan, punapa ingkang sayogi linampahan.

Purasani sampun nama dados tiyang alit, nanging têbih-têbih taksih talêring karaton. Sanak-sadhèrèkipun kathah ingkang dados punggawaning praja, wontên ing Surakarta saha ing Ngayogyakarta. Kakèkipun pêjah nalika gègèr Mangkubumèn, inggih punika prang agêng ing tanah Jawi, badhe ngadêgipun karaton Ngayogyakarya. Mila manawi Purasani ngèngêti lêluhuripun, saya sangêt anggènipun ngêgungakên prihatos. Bapakipun namung gadhah anak satunggal, inggih awakipun punika. Măngka nalika gêsangipun, sangêt [sa...]

--- 7 ---

[...ngêt] anggèning ngudi murih tuwuhing turunipun. Purasani kinudang-kudang, dadosa tiyang pinunjul, sarta sagêda kacêlak ing ratu, wasana dèrèng ngantos kadumugèn, kasêlak bapakipun pinundhut ing Pangeran.

Purasani sangêt anandhang wingit, dumugi dintên Jumuwah Kliwon kasêbut nginggil, dèrèng angsal wangsiting Pangeran, kasêsa mantuk, ing sêmu wontên ingkang dados pamanahan.

II. Simpên. Utaminipun Sêsemahan.

Ing TêgalNgangkruk wontên griya atêp, pagêr gêdhèg, korinipun gêdhèg leregan majêng mangalèr, sisih wetan wontên butulanipun dhatêng pawon, sakiduling butulan: lincak radi wiyar, pirantos nêdha saha lêlinggihan, ing sisih kilèn kadèkèkan ambèn patilêman, mawi aling-aling dêling kaanam alus, winêngkonan kajêng. Griya wau alit, nanging katingal rêsik gumrining. Sandhangan ingkang sumampir ing rana kalêmpit katata sae, botên pating kalêmbrêt kados kalimrahanipun ing kathah. Ambènipun sawatawis inggil, longanipun kêtingal cêtha, enjing sontên dipun saponi, sabarang tatanan salêbêting griya kêtingal wijang, botên wontên [wo...]

--- 8 ---

[...ntên] rêrêgêdipun. Têtela pawèstri ingkang andarbèni griya wau nêtêpi wajibing èstri: bab panyêpênging bale griya. Dalasan pawonipun inggih rêsik angrêsêpakên, barang grabah katata ing paga atharik-tharik, ayam-ayam kakandhangakên, dados têlèkipun botên pating talècèk. Ilèn-ilèn toya saking gênthong kadamêlakên kalenan ciyut nanging radi lêbêt, sabên dintên karêsikan, dados toyanipun botên baleberan, sarta botên anggănda kados pacêrèn.

Nalika samantên ingkang têngga griya namung tiyang èstri satunggal, inggih punika Simpên, semahipun Purasani. Sanajan sampun ngajêngan têngah dalu, taksih eca-eca linggih lincak, ngisèni kupat badhe kaolah ing wanci bangun enjing.

Kasorotan ing dilah calupak ingkang katumpangakên ing jodhog inggil, polatanipun Simpên katingal manis, botên pisan-pisan ngêsah saha ngrêsula nyambutdamêl piyambak ngantos dalu.

Pun Simpên sae bêbudènipun, sangêt angèstokakên piwulanging tiyang sêpuh, botên nate gadhah têmbung sêngak. Sanajan prihatos kados punapa, nanging sinamun ing polatan sumèh, mila salaminipun tansah katingal bingar,

--- 9 ---

angrêsêpakên sanak-sadhèrèk saha kadang karuhipun. Pancèn Simpên kalêbêt manungsa pêpêthingan, emanipun dene tinitah alit, nanging tiyang tumitah wontên ing ngalam donya, punika agêng alit sugih miskin, ing kabatosanipun sami, gumantung ing pamarêming manah.

Sadangunipun nyambutdamêl, gagasanipun Simpên anggalambyar, sakêdhap manah padamêlan ingkang badhe katindakakên, sakêdhap nyumêlangakên tiyang ingkang dados têlênging manah, inggih punika guru lakinipun, pun Purasani. Kuwatosipun bokbilih Purasani kirang santosa imanipun, dening sangêting prihatos, wêkasan narajang pandamêl ingkang botên dados kaparêngipun Gusti Allah. Mila manawi lakinipun pinuju botên wontên, ing batos tansah mêmuji wilujêngipun. Bilih ingkang jalêr dhatêng saking kêkesahan, bingahing manah tanpa upami, gita-gita amêthukakên, ingkang jalêr kados dipun tangis-tangisana.

Wondene Purasani ugi animbangi katrêsnanipun ingkang èstri, botên nate ngêmpakakên têmbung ngêdak-êdakakên, sarta botên gadhah patrap sawênang-wênang, sadaya prakawis mawi karêmbag sae, sakalih-kalihipun sami sumêrêp dhatêng wajibipun tiyang jêjodhoan, mila tansah têntrêm ing salêbêtipun griya.

--- 10 ---

Watawis jam kalih wêlas dalu, Simpên mirêng korinipun kathothok, enggal pitakèn: Sapa kuwi.

Aku.

Clês, manahipun Simpên, awit botên pangling dhatêng swaranipun ingkang jalêr, lajêng ngadêg angêngakakên kori, kalihan wincantên sajak mitambuhi: Wayah kètên êmpun mulih, mas, kadingarèn.

Ingkang jalêr mangsuli kalihan jumangkah mlêbêt ing griya: Iya, sabab aku kèlingan rasanamu dhèk mau esuk, durung tutug anggone padha rêmbugan, kasêlak diundang kyaine.

Êlo, iki têka wis gawe kupat.

Ênggih, saungkur sampeyan, kula wau têng pasar, adol pitik têlu, jago siji, darane loro. Dhuwite kula êngge nêmpur, tuku dhêle, kênthang lan bumbu liyane diênggo sambêl gorèng. Krambil lan janure kula akon ngundhuh uwit pojokan niku. Lah, niki bubuke dhêle êmpun dadi, sambêle gorèng ênggih êmpun matêng, sesuk kari ngêngêt mawon. Sampeyan kula cawisi dhewe, êngga ta, padha madhang dhisik.

Pancène aku ora duwe niyat mangan, nanging kiraku kowe durung madhang, aku sing luput, lunga wiwit esuk,

--- 11 ---

nganti wayah mene lagi mulih, iya aja dadi atimu, lagi ana pêrlu. Ayo ta, tak kêmpyangi.

Tiyang kêkalih lajêng sami nêdha sinambi omong-omongan.

Dadi kosidakake, ta, ênggonmu arêp dodol kupat.

Ênggih, mupung sesuk pasaran, ajêng kula coba, bokmanawi bisa dadi cagaking urip.

Sirku rada rikuh, dadia rêkasa bok ya aku, aja kowe.

Êmpun, ampun mikir mêkotên, sakniki jênênge, sampeyan lagi golèk garaning pangupajiwa, mang bacutake, eman nèk ditinggala, dene bot repot liyane kula sing nyăngga, ênggih saakal-akal kula. Wulange bapak biyèn, turene kula niki kanthine urip sampeyan, pêrlune wong, bêbojoan padha ontêna sing dipasrahi, bokmanawa nêmu kasangsayaning donya.

Bênêr kandhamu, iku rak prakara kasangsayang, upamane aku nandhang lara, kowe kang ngopèni, nganti kêna diarani ngurip-urip, balik prakara pangan, aku isih sêgêr mêgêr-mêgêr, têka kowe sing nyăngga.

--- 12 ---

Bedane napa, wong jêjodhoan wajibe rêksa-rumêksa, nêmu sangsara sami dilampahi, nêmu mulya sami dirasakake. Kula ngêrti têng lêlakon sampeyan ing wêktu niki, kula mèlu rumêksa kalakone sêdya sampeyan, lan karêpe jênate bapak, bokmanawa olèh sampeyan sinau pandhe, besuk nganti dadi êmpu misuwur kaya siwa. Masthine kula lak mèlu ngrasakake bungahe.

Iya, ta, măngsa bodho-bodhoa ênggonmu ngantêpi tekadmu, mung aja ngrêsula yèn kêrasa kêsêl.

Botên, pêngèstune mawon, kula wêling gênti têng salirane, bok êmpun bangêt-bangêt. Sing, sing, êndi arêp mênyang sagara kidul, êndi arêp mênyang gunung Mêrapi. Prihatin ênggih prihatin, nanging êmpun ngăngsa-ăngsa mundhak jênêng anggege măngsa. Wong pancèn durung têkan kala mangsane, ênggih padha dilakoni, kanthi sabar narima ing ati, uga ihtiyar botên lali.

Purasani mèsêm. Nalika punika anggènipun nêdha sampun sami rampung, enggal kasingkir-singkirakên. Lajêng sami mapan tilêm.

Purasani kèndêl kemawon, botên sagêd lajêng tilêm, ingkang dipun jagi bojonipun, tumuntên sagêda tilêm, amargi enjingipun badhe tangi radi pêtêng, pêrlu ngolah kupat [kupa...]

--- 13 ---

[...t] saha ngêngêt-êngêti.Nanging Simpên tansah kalisikan, mila sarêng sumêrêp lakinipun dèrèng tilêm, lajêng ngajak wicantênan.

Mas, mas, dhèk anu nika sampeyan tutur, nalika sampeyan ditari ajêng diolèhake kula, têmbunge bapak: thole, aja kêtungkul ngrewangi nyambutgawe aku, golèka pagawean sing bisa narik kawiryan. Nanging sadurunge kowe pisah karo aku, golèka kanthining aurip, kênaa kopasrahi uripmu. Lho niku satêmêne kula botên pati ngrêti, napa wong laki utawa rabi niku mung olèhe ajêng pasrah têng bojo.

Karêpe pasrah mangkono, ora kok wong lanang utawa wadon banjur padha pasrah ing bojo, ambodhokake uripe, ora, mêngko tênèh mati kalirên kabèh. Sumurupa, sabarang kang gumêlar ing donya iki kabèh têtimbangan, ana bêcik ana ala, ana bungah ana susah. Sarta kabèh padha owah gingsir, ora ana barang langgêng. Aku lan kowe tansah atut arukun, nanging apa langgêng mangkono, masthi ana kalane nêmahi kosokbaline, têgêse: bisa êcrah. Mulane aja gèt-gètên, manawa panuju ana sulayaning rêmbug, dening salah siji ana sing lali, aja banjur anggagas sing ora-ora, gêdhene nantang ngajak pêgatan, angèlingana yèn iku [i...]

--- 14 ---

[...ku] mung saka panggawaning manungsa, asipat lali lan apês. Wajibe wong bêbojoan, yèn sing siji lagi lali, sijine aja animbangi, iku kang aran: êmong-ingêmong.

Kêplantrang anggonku gunêman, bali mênyang bab pasrah mau, sanajan wong nêmu bungah, kurang lêga rasaning ati, yèn ora ana kănca sing mèlu ngrasakake, apamanèh nandhang sangsara, sapa kang mêlasana, sapa kang disambati dikon ngrewangi lara. Wong-wong liya dhangan bangêt yèn diajak bungah-bungah, nanging dijak sangsara măngsa doyana. Lah, iku êndhuk, mula bukane wong rumasa butuh golèk bojo.

Simpên wicantên sêmbranan kalihan alihan anggènipun tilêm: Napa ênggih, mas, gene wong-wong niku nèk ajêng rabi, sing digagas mung rupa.

O, lah iku rak bocah nonoman kang durung dhuwur pikirane, mung nuruti hawa napsune, niyate rabi mung olèhe arêp cêdhak wong wadon. Mulane sing dipêrlokake endahing rupa. Iku adat ora bêcik kadadeane, sabab manungsa iku duwe watak bosênan. Rupa ayu iya ambosêni, samăngsa wong mau kêcocog sulayaning kalakuan, banjur rumangsa ora bêgja uripe. Mulane mungguhing aku, rupa iku ăngka loro, sing dhisik [dhi...]

--- 15 ---

[...sik] kalakuan, apa kira-kira bakal bisa laras apa ora, yèn kêbangêtên sulayane, kudu diunduri.

Rumaosipun Simpên sawêg tilêm salayapan, tangi kagèt ramening sawung kaluruk, lajêng dhatêng pawon dados latu. Sarêng olah-olahanipun sampun rampung, dandos sakêdhap lajêng mangkat dhatêng pêkên.

III. Gorawa.

Pasitèn sakiwa têngênipun Prambanan saurutipun minggah dugi sukuning rêdi Marapi sakalangkung êloh, kathah lèpèn-lèpènipun ingkang kalêbêt agêng, sarta ajêg ilining toyanipun, kados ta: lèpèn Gendhol, Klegung, Putih, Kongklangan.

Nalika samantên taksih kathah ingkang dados wana, dhusunipun alit-alit, nanging ngatawisi badhe mindhak agêng saha rêja. Kewan galak inggih wontên, ingkang kathah andhapan, sima tutul saha kombang, kala-kala kadhatêngan sima gembong saking rêdi Marapi.

Ing dhusun Klèwèr wontên gêrma, anama Gorawa, punika mèh sabên dintên angsal andhapan, kasade dhatêng Cina,

--- 16 ---

mila pun Gorawa sagêd cêkap gêsangipun, kêkêndêlanipun misuwur, botên ajrih ing sima, amargi Gorawa gadhah sanjata damêlan Walandi, poporipun cêlak, wuluhipun satunggal apanjang, mawi lantak dumunung sangandhaping wuluh, platukanipun agêng, manawi kaungêlakên, dhawahing platukan ngèngingi sela lintang, ingkang lajêng malêtik, latunipun anylomot sêndawa ing kowehan sangandhapipun, sanalika urubing sêndawa rumambat lumêbêt ing wuluh, wêkasan sanjata mungêl jumêbrèt. Wujuding sanjata wau wagu sangêt manawi katimbang kalihan sanjata ing jaman sapunika, tur pêsating mimis botên sapintêna têbihipun.

Akalipun Gorawa manawi nyanjata sima: damêl ranggon wontên ing wit-witan, sangandhaping wit kaselehan sagawon pêjah, Gorawa Mêthangkrong wontên ing nginggil, samăngsa wontên sima dhatêng amăngsa bathang sagawon, lajêng dipun sanjata sirahipun, ngadat pêjah kapisanan.

Kathah pasimpênipun wacucal saha kuku sima, ngantos Gorawa damêl rasukan wacucal sima, angajrih-ajrihi tiyang, dhasar wujudipun gagah, agêng inggil brêngos capang, manawi wicantên galogak-galogok kaduk wani, nanging sok tiyanga mêksa sami trêsna saha angaosi dhatêng Gorawa, awit rumaos [rumao...]

--- 17 ---

[...s] kêrêp dipun icali kalilipipun, inggih punika sima ingkang dados amaning kewan ingahan.

Gorawa gadhah anak jalêr satunggal, watawis umur sadasa taun, sangêt anggèning trêsna, manawi ambêbujêng kêrêp dipun ajak.

Ing wanci enjing umun-umun, Gorawa dipun dhatêngi tiyang saking brangkali, kaprênah sakilèn Klèwèr, cariyos bilih mêntas kemawon mendanipun dipun tubruk sima nanging dèrèng ngantos kalampahan kagondhol, kêtungka dhatêngipun tiyang kathah, amargi pancèn sampun mangsanipun tiyang tangi, samangke simanipun andhêlik wontên ing gampèng, jurangipun lèpèn Putih.

Gorawa enggal anyandhak sanjata, sarta akèn ambêktakakên sawungipun, badhe kangge pasangan, sarêng dumugi panggenan prênahing sima, Gorawa prayitna, sawung kacancang ing sela sacêlaking gampèng, pamanahipun Gorawa, sima punika masthi taksih luwe, manawi sumêrêp sawung masthi lajêng mêdal, ing ngriku badhe dipun sanjata. Gorawa linggih ing wêdhèn aling-alingan sela agêng. Dangu anggènipun ngêntosi, ngantos srêngenge sampun radi inggil, sarta sawung pasangan inggih tansah kaluruk, ewadene sima botên kêtingal mêdal, mila Gorawa gadhah pangintên [pa...]

--- 18 ---

[...ngintên] bilih simanipun sampun kesah wau-wau, sadèrènge awakipun dhatêng. Nanging inggih mêksa nyarantosakên ing sawatawis malih.

Kocap pun Jênthu anakipun Gorawa, tangi tilêm takèn êmbokipun, bapakipun dhatêng pundi. Wangsulaning biyungipun: Mau diparani wong brangkali, êmbuh pêrlune. Jênthu nuwèni saka ingkang asring kangge nyanthèlakên sanjata. Sanjata pinanggih sêpên, mila lajêng gadhah pangintên, bilih bapakipun ambêbujêng. Ing batos sênêng bangêt, gadhah gagasan mangke bibar jajan badhe nusul.

Pun Jênthu inggih lajêng nusul sayêktos, ngangge kotang wacucal sima damêlan enggal. Dumugi brangkali takèn tiyang, kêlêrêsan tiyang ingkang dhatêng griyanipun wau.

Bapak ana ngêndi, kang.

Ana kulon kono, gus, ngrindhik macan ana jurang. Aku dikon sumingkir, mundhak macane ora gêlêm mêtu saka gampèng.

Jênthu lumajêng, enggal badhe kêpanggih bapakipun, botên manah pringgabaya, pancèn dhasaripun kêndêl. Dumugi pinggir lèpèn, pados margi ing jurang ingkang botên patos mèrèng. Dilalah kalêrês sela panggenaning sawung. Jênthu kagèt, botên maekani dhatêng akaling bapakipun,

--- 19 ---

ingkang kacipta namung sawungipun ucul dumugi ing ngriku, mila lajêng karundhuk sumêdya kacêpêng. Lampahipun mundhuk-mundhuk, sarêng sampun cêlak, sawung pêtug, sajak sênêng sumêrêp bêndaranipun, ungêlipun: pêtug, gog gog gog pêtug.

Gorawa kagèt, lajêng ngungak-ungak, sumêrêp rêgêmênging sima, lajêng anglêpasakên sanjata. Jênthu kenging lambungipun, anjungkêl pêjah tanpa sambat.

Gorawa ayêm kemawon, eca-eca ambênakakên sanjata, ing batos asêsumbar: ta: măngsa mindhoa gawe ora. Lare-lare saha tiyang padhusunan mirêng ungêling sanjata, gumarudug sumêdya ningali saha tandang, bokbilih simanipun ambăndakalani. Sapintên kagèting manah, sarêng sami sumêrêp ingkang gumlinting dede sima, lajêng wontên ingkang alok: elo, kok jêbul Gus Jênthu, ta, iki.

Waunipun Gorawa taksih ngeca-eca, sarêng mirêng alok makatên, anjêginggat sarwi wicantên: Hèh, kêpriye. Sanalika sumêrêp lare mawi kotang wacucal sima, botên pangling dhatêng anakipun, enggal dipun bopong kinêkêp-kêkêp, Gorawa nangis kados tiyang èstri. Anuntên kadhabyang-dhabyang kabêkta mantuk. Dumugi ing griya Gorawa sumaput, lajêng katilêmakên, Jênthu karêbat dipun saèni, [saè...]

--- 20 ---

[...ni,] sarampunging pangupakara, lajêng kabêkta dhatêng makaman, kathah ingkang ngêtêrakên, tiyang ing dhusun sakiwa têngênipun Klèwèr sami dhatêng anglayad. Biyungipun Jênthu tansah nangis akêkitrang, dipun rubung saha dipun lêlipur dening para èstri kathah.

Wondene pun Gorawa dados gingsir èngêtanipun, sapisan kabêkta saking kagèt, kaping kalih jalaran saking trêsnanipun dhatêng anak, namung satunggal thil. Tangi tilêm julalatan, lajêng nyandhak guling kakêkêp-kêkêp, sarwi anggujêng cukakakan, wicantênipun: hah hah, hah hah, tak arani mati, anakku, jêbul ngajak guyon reka-reka mati, pancèn lucu, Si Jênthu anakku lanang.

Gorawa ngadêg, lumampah wira-wiri ambopong guling, kados caranipun tiyang angêmban anak. Makatên salajêngipun, dhatêng pundi-pundi Gorawa botên pisah kalihan guling. Tiyang sami kamiwêlasên, nanging manawi mituturi, dipun wangsuli sanès kajêngipun kalihan gumujêng.

Ing wanci sontên Gorawa mêdal ing lurung, pinanggih lare-lare sami dolanan. Wontên lare satunggal sumêdya damêl sêmbranan, wicantênipun: Pak Gorawa, kuwi anakmu, iya.

--- 21 ---

Gorawa mangsuli kalihan mèsêm: Iya, bagus anakku karo kowe.

Êndi irunge, ambangir apa dhêpès.

Besuk dadi bupati, tak rabèkake putri.

Lare-lare sami anggujêng, wontên malih lare alit ingkang nyambêti wicantên: Udhuna anakmu, tak jake êmbèk-êmbèkan.

Iyèh, iyèh, anakku lanang bisa nunggang jaran.

Anggènipun wicantên makatên punika kalihan sirig-sirig mantuk.

Kados makatên lêlampahanipun Gorawa, sakalangkung mêmêlas, botên siwah kalihan tiyang edan, kaotipun botên nate ganggu damêl tiyang, kajawi namung mèsêm-mèsêm angudang guling ingkang kaanggêp anakipun.

Lêt satus dintên biyang Jênthu nututi ngajal, awit saking putêking manahipun, amargi mêntas kêpêjahan anak, dumadakan semahipun kados makatên. Rencang-rencangipun Gorawa sami kesah, namung kantun kaki-kaki, punika ingkang ngopèn-opèni. Sabên-sabên kaki-kaki wau nyadèkakên barang dandosan saha pirantos-pirantosipun Gorawa, artanipun kadamêl bêtah.Dangu-dangu barang-barang têlas, kajawi kantun griya saha pirantos tilêm. Kaki-kaki inggih

--- 22 ---

lajêng angesahi, namung kala-kala dhatêng nyukani têdha. Gorawa kantun piyambak, kanthi guling anakipun, wiwit punika asring kalambrangan dhatêng pêkên. Ugi kathah tiyang ingkang mêlasi, sami suka arta saha têtêdhan, nanging Gorawa botên patos angopèni, mila badanipun kuru aking. Brêngosipun dados pêthak, rambutipun nyambêl wijèn.

Panuju pêkênan Jambon, kathah tiyang pundi-pundi sami dhatêng, saking Ngayogya, Kalasan, Prambanan, Pedan, ambêkta dagangan: lurik, dêdamêl, balapêcah, pêksi sasaminipun. Gorawa ugi dhatêng pêkên ambopong guling. Wontên ing margi sawetan pêkên kèndêl ningali tiyang awis-awisan sawung, kalihan mèsêm-mèsêm angudang anakipun. Anuntên wontên tiyang lumampah saking wetan, kairing tiyang satunggal anyunggi kêba agêng isi dêdamêl: arit, bêndho saha pangot. Sarêng sampun cêlak, Gorawa katingal kagèt, lajêng mundur-mundur ngantos mèpèd pagêr, mripatipun pandirangan, sarêng saya cêlak, mripatipun mêndêlik, tanganipun têngên grayang-grayang mawingking, ambêkanipun mêngkis-mêngkis, adamêl sumêlangipun tiyang ingkang sami ningali, ngintên badhe wontên punapa-punapa, patrapipun Gorawa kados sima kêpapag mêngsahipun ingkang dipun ajrihi, manawi kêpèpèd sumêdya narajang purun. Tiyang neneman prayitna, angingêr dhuwungipun, sêmunipun ayêm, [a...]

--- 23 ---

[...yêm,] botên pisan-pisan kêtingal ajrih, sarta taksih angeca-eca anglajêngakên lampah, namung botên pêdhot panglirikipun dhatêng Gorawa, wicantênipun salêbêting batos: aku ora isi karêp ala, ewasamono ana sing arêp ngalani, aku kêpêksa ngrêksa awakku. Kanthi pitulunging Allah, aku ora wêdi marang wong gêdhe dhuwur.

Nanging anggènipun Gorawa gadhah patrap makatên punika, lugunipun katarik saking ajrihipun. Mila sarêng sampun kapêngkêr sakêdhik, lajêng lumajêng nginthar mangetan. Têtiyang sami gumun, apitakèn dhatêng tiyang neneman wau, punapa sababipun dene makatên. Wangsulanipun tiyang neneman, botên ngrêtos punapa-punapa, sarta dèrèng sumêrêp tiyang ingkang ambopong guling punika sintên.

Gorawa taksih lumajêng mangetan, dipun aruh-aruhi lare-lare botên angrèwès. Sarêng sampun sayah, kèndêl andheprok wontên sela sapinggiripun margi, adhêlog-dhêlog. Sarêng sampun aring napasipun, lajêng lumampah mantuk.

Wiwit nalika punika Gorawa awis-awis mèsêm utawi anggujêng, ingkang kêrêp malah linggih adhêlog-dhêlog. Nanging botên nate kesah kalihan gulingipun.

--- 24 ---

IV. Sayid Mursid.

Kacariyos wontên Sayid balasakan dhatêng padhusunan, sade barang dagangan wêdalan ngamănca, awarni mote, bêrci, ingkang kalêbêt adi mêrjan, akik, saha mutyara. Sayid wau sangêt musridipun saha sugih pangêrtosan, punapa malih dhatêng prakawis ingkang babagan agami, dumadakan lampahipun kabêthêng wontên ing Klèwèr, lajêng nyipêng ing griyanipun panatus. Enjingipun sayid midêr-midêr, rencangipun kêkinthil ambêkta dagangan. Anuntên sumêrêp griya agêng santosa, nanging sajakipun suwung. Sayid lumêbêt, sumêdya tawi dagangan. Pinanggih ingkang wontên ing griya pun Gorawa. Sayid pitakèn, nanging tampi wangsulan ingkang dede mêsthinipun. Ngantos dangu Sayid wontên ing ngriku, kathah pitakènipun, nanging wangsulanipun Gorawa tansah gèsèh. Wêkasan tiyang Arab wau rêntah wêlasipun, lajêng wangsul dhatêng griyanipun panatus, anakèkakên lêlampahanipun Gorawa. Panatus anyriyosakên kawitan dumigi wêkasan, inggih punika wiwit Gorawa kêpêjahan anak, dumugi jalaranipun Gorawa kêrêp dhêlog-dhêlog.

Sayid kèndêl amanah-manah ngantos sawatawis dangu, lajêng wicantên [wi...]

--- 25 ---

[...cantên] dhatêng panatus. Sadhèrèk, kula mêsakakên dhatêng Gorawa.

Têtiyang ing ngriku ugi makatên, awit sanajan wujudipun Gorawa ambêdhigal, nanging dèrèng wontên kêtatalanipun damêl saksêrikipun liyan, malah sadaya sami agêng panarimahipun dhatêng Gorawa, jalaran amaning tanêman ingkang awarni andhapan, saha amaning kewan ingahan ingkang awarni sima, kathah ingkang pêjah dening Gorawa.

Sokur manawi makatên. Mila yèn pinarêng dening Allah, kintên kula Gorawa taksih kenging dipun jampèni, nanging jampinipun dede ombèn-ombèn, dede têtêdhan, măngga ta, mangke sontên sampeyan ajak-ajak tiyang sawatawis, sami angrêmbag rekanipun, tiyang brangkali ingkang ngajak Gorawa rumiyin sampeyan undang.

Panatus mangsuli prayogi. Sontênipun sami kalêmpakan, tiyang brangkali ingkang samangke karan anak nama Pak Gumun botên kantun. Tuwan Sayid akèn nyambut lare jalêr umur sadasa taun, sokur angsal ingkang rupinipun mèmpêr Jênthu. Kotang wacucal sima saha sanjata kacawisna. Nanging sanjatanipun Gorawa sampun botên wontên, tuwan Sayid narimah sasanjata-sanjatanipun kemawon.

Sadaya sampun kawulang pratikêling lampah, lajêng bibaran.

--- 26 ---

Têtiyang wau sami ngajêng-ajêng tumuntêna enjing, kêpengin sumêrêp badhe kadadosanipun, sarta sami amêmuji sagêda Gorawa angsal pitulunganing Pangeran, ingkang lumantar Sayid wau.

Enjing umun-umun sampun sami tangi, Pak Gumun dhatêng griyanipun Gorawa, patrap saha wicantênipun kadamêl kados nalika lapur mendanipun katubruk sima rumiyin. Gorawa namung nyawang kemawon dhatêng Pak Gumun, ngeca-eca ambopong guling. Pak Gumun lajêng ngadêg sarwi ngêthungakên sanjata ingkang mêntas kakêmpit, sêru wicantênipun: êngga, mas Gorawa, dikêbat, mêngke macane kêsêlak lunga. Niki lho, bêdhile, êmpun kula gawa.

Gorawa anyèlèhakên guling, enggal lumampah kalihan Pak Gumun. Lampahipun Pak Gumun dipun rikatakên, sarta tansah gupruk wicantên bab sima, botên kenging dipun sêlani, kaangkah sampun ngantos Gorawa manah bab sanès. Dene Gorawa inggih tansah mirêngakên kemawon, botên wicantên sakêcap-kêcapa.

Dumugi ing lèpèn Putih kajujugakên ing wingking sela panggenanipun umpêtan rumiyin. Sacêlaking gampèng ugi sampun kacancangan sawung. Pak Gumun wicantên dhatêng Gorawa: Êngga bêdhile, ngrika lho gampèng panggenane macan andhêlik.

--- 27 ---

Gorawa nampèni sanjata, kalihan ngungak-ungak prênahing gampèng, lajêng andingkik ampingan sela. Pak Gumun taksih nênggani wontên ing wingking, nuntên suka sasmita dhatêng kănca-kănca ingkang sampun umpêtan dangu. Lare alit agêngipun sak Jênthu, mangangge kotang wacucal sima, ambrangkang murugi sawung. Sarêng sampun cêlak, Pak Gumun wicantên lirih dhatêng Gorawa, nika lho, nika, macane. Gorawa anglêpasakên sanjata, mungêl mak jêbrèt, botên patos bantêr, pancèn sampun kajarag dhatêng Tuwan Sayid, sanjata namung kaisenan obat sakêdhik, tanpa mimis utawi gotri. Sarêng sanjata mungêl, lare ingkang memba pun Jênthu lajêng ngadêg, kalihan wicantên sêru: Pak, aku kathik kok bêdhil, pak.

Gorawa ngadêg ing sela asêmu kagèt kamoran bingah, wicantênipun: Kathik jêbul kowe, le, katujune ora kêna. Gorawa lumajêng murugi anakipun. Mak garudug Sayid sakancanipun dhatêng anyêgati. Tuwan Sayid anyingkirakên pun Jênthu tiron. Tiyang satunggal mangangge cara bêbauning nagari ing Ngayogya, ngadêg ngajêng piyambak, tanganipun kiwa nyêpêng pundhak, tanganipun têngên nyêpêng sanjata, ingkang ugi taksih dipun cêpêngi Gorawa. Tiyang ingkang memba

--- 28 ---

bêbauning nagari wicantên: Durung suwe ana pasar Jambon, kowe kawêruhan wong nonoman, rak iya ta.

Gorawa botên mangsuli, nanging katingal sangêt ajrih, lambenipun pêthak, guwayanipun pucêt, lajêng nangis angguguk, ngatawisi manawi Gorawa gadhah dosa dhatêng tiyang neneman ingkang kapanggih wontên ing margi sawetan Jambon. Ing mangke badhe kacêpêng dhatêng nagari.

Sayid trangginas majêng, wicantênipun: Gorawa, wis aja wêdi, dêlêngên aku, aku wanuh bêcik karo kangjêng sultan, nèk kowe duwe dosa, aku sing nyuwunake ngapura. Sayid mengo angêjèpi kănca-kancanipun: sarwi wicantên: Kowe bêbauning nagara, wêruha, aku sobate kangjêng sultan, mundura.

Gorawa ngrangkul sukunipun Sayid, wicantên kalihan taksih nangis: O, tuwan kaji, kula sampeyan tulungi, sampeyan têdhakake ngapura, pundi anak kula Si Jênthu, kula sêlak ajêng kêtêmu.

Alon, ta, kowe isih ditunggoni bêbauning nagara, mêngko padha rêmbugan, nanging aku kang tanggung, mêsthi olèh pangapura. Ayo padha mulih, dene anakmu wis tak kon dhisik.

--- 29 ---

Tumuntên sami lumampah mantuk dhatêng Klèwèr, Tuwan Sayid anggandhèng Gorawa, kănca sanèsipun ngêtutakên ing wingking, samargi-margi dados tontonan.

Sadumuginipun ing Klèwèr, anjujug ing griyanipun panatus, lajêng sami kasêgah sarapan. Patrapipun Gorawa sampun kados tiyang saras, nanging awis-awis ginêman, sarta katingal ajrih, punapa malih manawi punggawaning nagari panuju wicantên. Sayid anyêlaki Gorawa, wicantênipun alon: Gorawa, aku saguh ambalèkake utusan nagara iki, nanging tutura dhisik sing têrang, kowe duwe dosa apa. Sing pêrlu kudu têmên, yèn ora mangkono, kowe bakal kêna walating kitab.

Gorawa lajêng cariyos, sadaya sami mirêngakên, dhasar kêpengin sangêt sumêrêp wados-wadosipun Gorawa.

Kula siyin dadi wulu cumbune kyai êmpu ing Prambanan. Nalika rame-ramening gègèr Mangkubumèn, wadyabala Surakarta kabantonan Kumpêni, masanggrahan ontên Prambanan. Bapakne kyai êmpu biyantu Kumêpêni, mula entuk gadhuhan bêdhil.

Ing wanci dalu botên padha ngira, yèn bala Mangkubumèn padha mêdhun saka Gunung Kidul, nêmpuh bala Surakarta, dadi prang rame, akèh wong sing padha tiwas. Pating blêsar botên karuh-karuhan. [ka...]

--- 30 ---

[...ruh-karuhan.] Bapakne kyai pandhe tatu, waune sêmaput, sarêng èngêt, sêpi botên mirêng swaraning uwong, banjur grumutan mantuk têksih anyangklong bêdhil. Wayah byar kêbanjur pêjah. Lêt sadhela panggêdhening bala dhatêng amriksa. Sarêng dilapuri yèn bapakne kyai êmpu pêjah, banjur maringi ganjaran yatra, kalih nakokake bêdhile.

Kyai êmpu mangsuli dora, criyos têkane bapakne ambrangkang botên anggawa napa-napa. Panggêdhe narima, banjur lunga.

Kyai êmpu bangêt dhêmêne têng bêdhil niku, diulêsi didhêlikake. Bontên ontên sing wêruh kacabane kula. Kula ênggih dhêmên bangêt têng bêdhil niku, sarta kêrêp anggagas, besuk napa kula duwe gêgaman kaya ngotên.

Kyai êmpu gadhah anak lanang siji, jênênge Purasani, ênggih niku sing kêtêmu kula ontên pasar Jambon. Barêng Purasani nyandhak umur rolas taun, kyai êmpu lara bangêt, wong tuwa-tuwa padha ngarani, yèn bakal tumêka ing jangji. Kula banjur nyalimpêt mêndhêt bêdhil, kula dhêlikake mulih. Kula wêdi bali têng omahe kyai êmpu. Kira-kira kyai êmpu wêruh têng glibêt kula, ontên sing criyos dhèk ajêng ilange, angipat-ipati têng kula.

--- 31 ---

Wiwit nalika niku kula kêrêp impèn-impènên, wêdi bangêt têng ipat-ipat niku, saya malih nèk wêruh Purasani, ati kula tab-taban, nganti kula sumêlang duwe lara maras. Mulane banjur ngêdohi, omah-omah ontên ngrikiniki.

Dumugi samantên cariyosipun Gorawa, lajêng nangis angguguk.

Sayid abêbisik dhatêng tiyang ingkang memba bêbauning nagari, tumuntên damêla panglipur.

He, Gorawa, rungokna kandhaku. Bab iki wis ora kêna digawe prakara. Bênêr kowe nyolong bêdhil, nanging tan trimane Purasani warise kyai êmpu, kêna dibalak yèn satêmêne bêdhil iku isih pêtêng, kumpêni ora ngrilakake marang kyai êmpu. Mulane prakara iki tak gawe rampung, kowe ora apa-apa. Wis kariya slamêt, aku mulih mênyang nagara.

Bingahipun Gorawa tanpa upami, sanalika katingal bingar, abrit guwayanipun.

Sadaya sami bibaran, kantun Sayid, Gorawa saha panatus. Gorawa kumêdah-kêdah mantuk, nanging dipun reka dening Sayid saha panatus, sagêda Gorawa nyipêng sadalu kemawon wontên ing griyanipun panatus. Sêdya makatên [maka...]

--- 32 ---

[...tên] punika ugi kalampahan, tanpa sangsaya, amargi Gorawa sangêt ajrih saha agêng panarimahipun dhatêng tiyang mukmin wau.

Sontênipun panatus undang-undang tăngga têpalihipun kaajak jagongan, mawi kasêgah wedang saha pacitan. Sadaya sami omong-omongan, warni-warni ginêmipun, nanging awit saking pakènipun Sayid, botên wontên ingkang magêpokan kalihan Gorawa. Gorawa inggih sagêd nyambêti rêmbag, sampun kados tiyang limrah.

Sarêng sampun radi dalu, Gorawa dipun undang dhatêng langgar, ingkang wontên ngriku namung Sayid, panatus saha kaum sêpuh satunggal.

Sayid wicantên alon.

Gorawa, apa kowe ngandêl marang anane Gusti Allah.

Gorawa mangsuli, basanipun alus.

Kula pitados manawi Gusti Allah punika namung satunggal, sarta Kangjêng Nabi Muhamad punika utusanipun.

Bagus, aku arêp tutur ing kowe, yèn Gusti Allah iku maha wêlas lan maha asih. Sabarang karsane mung murih bêcike manungsa. Apa kowe iya ngandêl.

Inggih, wontênipun tiyang nandhang sangsara, punika lugunipun saking lêpatipun piyambak.

--- 33 ---

Apa kowe sok krungu kêkojahaning wong, bab Kangjêng Sunan Têgalarum.

Ingkang kacariyosakên ing kathah, kangjêng sunan wau nalika jumênêngipun sakalangkung ambêg siya, sabên dintên masthi nglunasi tiyang, ngantos adamêl girisipun tiyang sanagari.

Iya, mulane dadi cacadan gêdhe, nanging anyar iki aku krungu sawênèhing carita saka wong sing ahli makripat: jarene ing sawiji dina kyai patih darbe atur mungguh tindake sang prabu sing mangkono iku. Nalika samana sang prabu panuju lênggah magêlaran, dhawuh pangandikane, sababe kangjêng sunan sabên-sabên matèni wong, iku katarik saka wêlasing panggalihe. Amarga wong sing dilunasi iku ora wurung sawatara dina manèh masthi mati, dadi tinimbang sêlak kawuwuhan duraka, luwih bêcik dipatèni dhisik. Kyai patih nuli didhawuhi linggih ing wingkinge kangjêng sunan kapara kiwa, sarta dipangandikani mangkene: dêlêngên wong siji kae patih, guwayane wis katara, titènana, patlikur dina êngkas masthi mati. Măngka dhapure sajak isih dhêmên ugal-ugalan, dadi yèn dak patènana saiki, aku nyuda durakane sajrone patlikur dina.

Manawi makatên, Kangjêng Sunan Têgalarum punika ahli makripat sangêt. O, Tuwan Sayid, manawi kula kèngêtan [kèngêta...]

--- 34 ---

[...n] bab makatên, kuciwa sangêt gêsang kula sarengat nama botên nêtêpi, tarekat botên sumêrêp, hakekat botên paja-paja, makripat saya nyamut-nyamut. Langkung malih manawi kula anggagas lêlampahan kula ingkang sampun kalampahan, kula lajêng badhe anglampahi sarengat. O, Tuwan Sayid, sampuna kula gadhah anak bojo, amasthi kula lajêng badhe kêkinthil ing sampeyan, sokur lajêng sagêd andhèrèkakên kondur panjênêngan dhatêng Mêkah, têtêp kula sagêd minggah kaji.

Sayid rumaos angsal margi, enggal nyêpêng pundhakipun Gorawa, sarta ngatingalakên sih trêsnanipun, wicantênipun angatos-atos:

Gorawa, apa mantêp atimu. Upama anak bojomu ana sing ngopèni, apa kowe gêlêm miturut aku.

Gorawa kados nyêmbah-nyêmbaha, têmbungipun kados mêdal saking têlênging manah:

Sayêktos,Tuwan Sayid, manawi wontên ingkang kula pasrahi anak bojo kula, pêjah gêsang: kula badhe andhèrèk saha miturut ing sapitêdah panjênêngan.

Elinga Gorawa, sarta dimantêp marang kandhamu. Sumurupa, anak bojomu wis ana sing ngopèn-opèni, sarta wis luwih kapenak, dadi kowe kari mikir awakmu dhewe.

--- 35 ---

Sintên ingkang ngopèn-opèni pun Jênthu kalihan biyungipun.

Pangeran Kang Maha Suci. Saiki wis padha ana ing pangayunane.

Sanalika Gorawa kèndêl, nanging botên katingal susahing manah.

Punapa anak bojo kula sampun sami pêjah.

Iya, sabarang karsane Gusti Allahmung murih bêciking manungsa.

Gampiling cariyos, Gorawa sagêd mantun anggèning gingsir, najan sumêrêp griyanipun suwung, anak bojo, isèn-isèning griya sami botên wontên, inggih botên dados sabab, katarik saking sagêdipun Sayid, wêkasan griyanipun malah kasade pajêng 300 reyal. Gorawa lajêng kesah saking Klèwèr, ngêtutakên Sayid.

V. Malês Kasaenan.

Wangsul nyariyosakên Purasani kalihan semahipun anama Simpên. Purasani sampun sagêd damêl pêdhang, saha arit bêndho ingkang alus, nanging taksih nama panjak. Pituwasing kangelan dèrèng sapintêna. Dene Simpên lêstari sade [sa...]

--- 36 ---

[...de] kupat, tarkadhang manawi kapêngkok ing bêtah, panyadenipun kupat ngantos dhatêng pêkên-pêkên sakiwa têngênipun Prambanan.

Simpên botên angetang sayah, sakalangkung bêkti ing laki, ing wanci bangun enjing sampun tangi olah-olah. Sarampungipun lajêng angracik kupat minăngka sarapanipun ingkang jalêr, katata wontên ing lincak.Griya, pawon, latar kasaponan rêsik. Tarkadhang Purasani dèrèng tangi, Simpên sampun mangkat sêsadean dhatêng pêkên. Wanci ngajêngakên têngange mantuk, lajêng olah-olah malih kangge nêdha ing wanci sontên saha siyang, anuntên ngumbah-umbahi, sanajan namung badan sapata, nanging Simpên sagêd nyampêdi anyêpêng bale griya, malah ngupados têdha pisan, botên ngetang sayah saha rêkaos, ewasamantên badanipun kêtingal sêgêr. Pancèn makatên lampahing gêsang, awrating padamêlan punika botên adamêl risaking badan, nanging padamêlan sapele ingkang katindakakên kanthi wêgahing manah, punika ingkang sagêd ambibrahakên raga saha jiwa.

Wanci jam kalih siyang Purasani sawêg mantuk, bibar nêdha manawi botên tilêm, inggih tambal sulam griya. Sontênipun sagêd jêjagongan kalihan ingkang èstri, omong-omongan prakawis lampahing agêsang.

--- 37 ---

Simpên, olèhmu dodol mau ana sisih êndi, pasare gêdhe têmên.

Lah, wong, prêpêgan, pasare ênggih gêdhe bangêt, olèh kula dodolkula kèhi, ewadene jam sêpuluh êmpun êntèk. Adate kula dodol ontên pinggir mêrgi, wau dielikake, sabab diêngge liwat priyayi-priyayi sing padha têng Ngayoja, sowan grêbêg sesuk esuk.

Dhèk liwate Kyai Lêmbusari mau aku iya nonton, wah, angebat-ebatake pandhèrèke.

Napa sing nunggang sapi putih wau nika.

Iya, mula diparabi dening ingkang sinuwun kangjêng sultan: Lêmbusari, sabab nèk mara sowan tunggangane sapi.

Lungguhe napa, ta, niku.

Êmbuh ta, bupati tamping apa priye. Nanging iku iya dadi andêl-andêle ingkang sinuwun ing Ngayogya, desa Padan dalême Kyai Lêmbusari iku cêdhak watês karo Surakarta, yèn ana ruwêt rêntênge ing sakulon kikis, mangalor têkan gunung Mrapi, mangidul têkan Gunung Kidul, iku sing dipasrahi Kyai Lêmbusari.

Lah sing nunggang jaran dipayungi wau nika sintên.

--- 38 ---

Sing êndi, wong sing nunggang jaran dipayungi pirang-pirang ngana kok, nèk sing ana buri dhewe mau ranggane Nangsri.

E, e, tobiltobil, răngga bae nunggang jaran dipayungi, jarane dikarung, sing ngiringake sêpirang-pirang. Samono, ya, kamuktène wong dadi priyayi, gèk lêlabetane napa.

Awake dhewe durung karuhan, yèn wis duwe lêlabêtan, sing wis masthi: wong tuwa utawa lêluhure. Kowe rak iya ngêrti, nèk kapriyayèn iku tumurun marang anak.

Simbah biyèn turene pêjahe tumut pêrang labuh nêgara, lah sampeyan kok botên dadi priyayi.

Kuwi jênênge lagi kêsilêp.

Lah bok duwe paturan têng nêgara.

O, iku nèk aku: ora. Nèk wong kêpengin katon, iku aja kok wong liya, dipêksa dikon nyawang awake. Sing pêrlu awake dhewe kudu didandani, têgêse nindakake kawajiban lan kabêcikan, mêngko wong-wong rak padha nyawang dhewe.

Napa sampeyan kêpengin dadi priyayi, ta, mas.

Pilang-pilang. Êmbah buyut sing dadi Bupati Kartasura biyèn, kandhane bapak, nèk disowani putra wayah, têmbunge: o, muga-muga anak putuku padha bisaa mêgar payunge.

--- 39 ---

Sawêg sakeca wicantênan, Simpên kagèt, sumêrêp ing latar kapara têbih wontên tiyang jalêr linggih angêkêp dhêngkul, sarta tansah nyawang griyanipun. Simpên wicantên:

Mas, mas, nika wong sing ontên pasar wau. Kathah tiyang sing padha ngiras kupat, tiyang niku wau kawitane linggih ontên burine wong akèh, plompang-plompong, sajak ontên sing digagas, botên suwe nuli maju mangan kupat, disambi takèn napa-napa têng kula, wêkasane tiyang niku kăndha mêkètên: O, dados sampeyan semahe Mas Purasani, sokur ta. Kula ajêng kêtêmu rakane, nèk kêtrima ajêng nyaur kabêcikan.

Apa ora kotakoni, sapa jênênge.

Waune botên, nanging nalika kula ajêng kukut, wong niku têka malih ngrewang-ngrewangi, malah nêmbung ajêng anggawakake bêktan kula. Rèhne botên sapintêna, panêmbunge kula tampik, wasana wong niku mung mêling nèk ajêng kêtêmu sampeyan. Kula banjur takèn jênênge, wangsulane: Gorawa.

Gorawa ... . Bapak biyèn duwe batur jênênge Gorawa, nanging sapatine bapak, aku ora krungu kabare. Apa kae Gorawa têmênan.

--- 40 ---

Anggènipun wicantên makatên punika kalihan ngadêg, sarwi ngungak-ungak saking kori. Botên dangu ngundang makatên: Gorawa.

Gorawa ngadêg kalihan mèsêm, botên mawi nyauri, kajawi namung mlampah murugi Purasani. Lajêng dipun ancarani linggih ing lincak. Tandangipun Gorawa ayêm, nanging sakêdhap-sakêdhap anglirikningali polatanipun Purasani. Ing batos sangêt sumêlang, bokbilih Purasani ngrêtos dhatêng dosanipun, anggèning sampun purun-purun angumpêtakên sanjatanipun kyai êmpu. Nanging katawis ing sêmu bilih botên, saya cêtha malih sarêng Gorawa mirêng rêmbagipun, makatên têmbungipun Purasani:

Iki jêbul Pak Gorawa têmênan, sasuwene kowe ana ngêndi, pak.

Gorawa botên ambalakakakên lêlampahanipun, măngka wontênipun Gorawa nyêlaki Purasani punika saking pakènipun Tuwan Sayid. Sagêda angsal pangapuntên, sarana malèhakên lêpatipun dhatêng kyai êmpu, ingkang ugi dhatêng Purasani. Nanging ingkang makatên punika pamanahipun Gorawa dèrèng mangsanipun, sêdyanipun badhe damêl kasaenan rumiyin dhatêng Purasani, mila wangsulanipun makatên:

O, gih niku, saajale kyai êmpu, kula rumasa

--- 41 ---

kêpêdhotan trêsna, lunga saparan-paran, malah ontên sing ngarani, kula niki edan. Kapinujon, wingi ontên pasar ajêng jajan kupat, krungu rêmbugane wong, têtela sampeyan padha kaslamêtan, malah êmpun omah-omah. Bokmase niku rak putrane lurahe Gêmpol, nak-sanak sampeyan dhewe. Saknalika mêtu gagasan kula, nêdya ambanjurake kabêcikan. Lire kula siyèn bature bapak sampeyan, sakniki, nèk kasêmbadan ajêng nutugake ngêmong sampeyan, rewang-rewang nèk bisa gawe kamayaran, dêloke olèhe nyambutgawe bokmase têka rada rêkasa.

Purasani katawis ing sêmu rikuhing manah, dening rêkaosing pangupa boga dhawah dhatêng rabinipun, Simpên awas ningali, enggal anyambêti wicantên:

Ora, Pak Gorawa, ênggonku nyambutgawe mung tak gawe sambèn, tinimbang nganggur ana ngomah.

Bok ênggih padha mikir têng kawêkasane. Nèk sampeyan mung padhakaya ngotên mawon, sing diarêp-arêp napa. Kula mirêng-mirêngake, sakniki Mas Purasani êmpun bisa gawe pêdhang sapêpadhane, niku saupama lêstaria ontên Prambanan ngriki, kawagêdane măngsa ketok-ketoka, jalaran kêsilêp kalih kyai pandhe, măngka watake

--- 42 ---

kyai pandhe kaya ngotên, mula nèk padha rujuk, sampeyan ajêng kula êtutake, êngga padha ngungsi têng Padan. Kyai Lêmbusari lagi mêmpêng bangêt ênggène anggêdhèkake prajurit, dadi ênggih ngathahake gêgaman, mulane butuh bangêt: pandhe utawa êmpu.

Yèn kêtrima lampahe, bokmanawa ing ngriku margane sampeyan bisa nêtêpi kudangane kyai êmpu, sêrgi bapak sampeyan. Cêkake, sing pêrlu sampeyan botên abot ngalih têng Padan. Prakara liyane ontên kula. Ewadene sesukkula ajêng têng Padan kriyin, pêrlu madik panggonan. Bali kula mriki bokmanawa rada suwe, ngiras ngêntèni sing padha sowan grêbêg.

Sadangunipun sami wicantênan, Simpên nyambi damêl wedang, sarêng sampun rampung lajêng kaulungakên Gorawa, kalihan nyambêti wicantên:

Mau lagi mingkêm bae ênggonku rêmbugan sing padha sowan grêbêg, ngrasani ranggane Nangsri.

O, lah wong dadi anyaran, ênggih niku, ranggane Nangsri sing kriyin, duwe bojo dèn ayu, bangêt ênggène ngêdak-êdakake. Damêle siram ing sêndhang cêdhak dalan. Nek panuju mêkotên, dalan ing wetan lan kilèn [kilè...]

--- 43 ---

[...n] diadhangi, botên kêna wong liwat, kudu ngêntèni sarampunge ênggène siram.

Satunggiling dintên, Kyai Lêmbusari amêng-amêng, nunggang jaran anyangking tumbak, diiringake abdine sawatara. Têkan dalan sumêrêp tiyang kathah ajêng têng pêkên, sami kèndêl diadhangi wong Nangsri. Kyai Lêmbusari takèn: Yagene wong arêp mênyang pasar têka diadhangi. Tiyang Nangsri mangsuli dèn ayu sawêg siram ontên sêndhang. Kyai Lêmbusari wicantên malih: Iki rak dalane wong akèh, aku ora gêlêm kok êkon ngêntèni, aku arêp banjur.

Tiyang Nangsi kêkah botên suka, malah mêdal têmbunge songol têng Kyai Lêmbusari. Tiyang niku lajêng ditumbak têng Kyai Lêmbusari, pêjah kapisanan. Sanalika kathah tiyang Nagsri sami dhatêng angroyok Kyai Lêmbusari, nanging Kyai Lêmbusari botên gigrik, angundha-undha tumbak kalih wicantên: Hèh, wong Nangsri, sakarêpmu ênggonmu angrubut aku, nanging kowe dudu mungsuhku. Êndi bêndaramu sing anggêpe kumratu-ratu.

Botên suwe ranggane Nangsri kêtingal diiring santanane kathah. Kyai Lêmbusari enggal anyandêrake jarane sing jênêng bagong. Sarêng êmpun cêlak, ranggane Nangsri numbak, sing diarah bangkèkake Kyai Lêmbusari. Nanging Kyai Lêmbusari

--- 44 ---

prigêl, jarane dipêkak banjur disêndhal, si bagong anglumba, dadi panumbake ranggane Nangsi kadung. Kyai Lêmbusari malês numbak, Răngga Nangsri kenging dhadhane, butul têrus ing walikat, dados lan pêjahe. Têtiyang Nangsri miris, lajêng sami têluk. Lah niku, Kyai Lêmbusari banjur nandur mantune dadi răngga ing Nangsri, sing ontên buri dhewe dhèk wau nika.

Gorawa kèndêl angombe wedang, botên dangu wincatên malih:

Wêktune sakniki, Kyai Lêmbusari niku pancèn lagi junurung, dijago-jago kalih kangjêng sultan, sadina-dina tansah ngêlar wêwêngkon, ngajari tiyang-tiyang têng katêguhan, mulane kira kula kapasang yoga bangêt, nèk sampeyan mrika. Êmpun ta, kula ajêng têng pèrèng niliki sanak ngrika, sesuk kula pangkat têng Padan, muga-muga Gusti Allah paring dalan kêpenak.

Gorawa kesah, Purasani prasasat botên sagêd wicantên, punapa nglairakên panarimah, punapa botên, manahipun pêtêng, dening botên sagêd andugi punapa ingkang badhe kalampahan.

__________

--- 45 ---

VI. Awoning Bêbudènipun Palanyahan.

Ing nagara Ngayogyakarta wontên randhaning priyantun, ingkang jalêr pêjah anglabêti Pangeran Mangkubumi, ingkang salajêngipun jumênêng sultan ing Ngayogyakarta. Nalika samantên botên kadosasusahipun nyai răndha, manawi kasêmbadana, kados badhe nusul dhatêng ingkang mantuk ing jaman kalanggêngan, naning wontên ingkang dados panglipuring manah, dene nyai răndha gadhah anak jalêr satunggal, botên kuciwa ing warni. Sarêng sampun diwasa, lajêng kakarsakakên ing kangjêng sultan, dados mantri, pinaringan nama Dèn Bèi Pujakarsa.

Bawanipun tansah ingugung wiwit alit, Dèn Bèi Pujakarsa prasasat botên sagêd amênggak ubaling hawa napsu, anjalari kiranging sumêrêpipun dhatêng lampah utami, punapadene sêsrawunganipun sami tiyang tanpa budi. Kalampahan Pujakarsa ngrabèni talèdhèk anama Mawur. Ingkang makatên punika adamêl botên rênanipun nyai răndha, nanging sarèhne kadêrêng ing manah, Pujakarsa lajêng kagriyakakên piyambak, amargi nyai răndha rumaos wirang momoran talèdhèk, satruning kamursidan.

--- 46 ---

Anuju satunggaling dintên, Pujakarsa tuwi ibunipun. Ibunipun wicantên: Durung ana sataun kowe dipêthil mênyang kapatihan, tak sawang têka rêkasa awakmu.

Manawi dipun wastani rêkaos inggih rêkaos, ibu, tiyang pancènipun namung sowan sabên Sênèn Kêmis, sapunika sabên dintên. Nanging lugunipun botên makatên, ibu. Sasampunipun kula kapêthil anggarap padamêlan dhatêng kapatihan, manah kula bingah, amargi kula lajêng sumêrêp ing damêl, angêmbat prakawising nagari. Kula lajêng mangrêtos, bilih praja kêdah kajagi murih lastarinipun. Tiyang alit kêdah karêksa, murih têntrêm gêsangipun. Nagari sagêd tata raharja, manawi tumindaking paprentahan têtêp adil palamarta, adamêl marêmipun tiyang alit. Wontênipun kula cinêlakakên ing ratu pinaringan gêgadhuhan siti minăngka têdha kula punika, agadhah têgês kula dipun pitados angrêksa sakalih-kalihipun, têtêpipun ing ratu saha kawula alit. Mila saya dangu saya agêng rumaos kula, sabên-sabên gadhah tekad anyambutdamêl mêrês kringêt, ingkang sakintên mikantuki ing ngakathah. Kêrêp sangêt kula andhèrèk angladosi kyai lurah awawan rêmbag kalihan kangjêng tuwan residhèn. Ngantos kula mirêng rêraosan, kacriyos kangjêng tuwan residhèn ngandika dhatêng kyai lurah, kula dipun [di...]

--- 47 ---

[...pun] anggêp tiyang ingkang sumêrêp ing pêrlu, pantês kainggahakên dados panèwu.

O, iya sokurta, thole, têtela ênggonmu ana kapatihan iku, minăngka pasinaonmu. Saiki wis samono salining panêmumu, bangêt agawe bungahing atiku. Wiwit kowe tak omahake dhewe, pancèn ora kêndhat panyuwunku ing Pangeran, muga kowe pinaringana eling, pinêrnahna ing dalan kang anjog ing karahayon, aja nganti ngambah marganing duraka, mung ênggonku ngarani kowe rêkasa mau, dene awakmu saya kuru, guwayamu kurang padhang.

Punika sanès babagan. Kawuningana ibu, sowan kula punika lugunipun badhe ngaturakên palanăngsa. Anggèn kula sampun anarajang pitêdah panjênêngan, ngumbar hawa napsu, ngantos mêndhat semah pun Mawur, samangke rumaos nêmahi kasangsaraning gêsang. Paring panjênêngan ingkang awarni arta saha barang, sapunika têlas sadaya, pamêdal kula botên nyêkapi, malah paos ingkang badhe kula tampèni benjing-enjing, punika mèh sadaya sampun tumănja wontên ing sambutan. Kula inggih rumaos, bilih ingkang makatên punika saking lêpat kula piyambak, nanging manawi kula taliti, têlênging kalêpatan punika wontên tiyang èstri, ingkang

--- 48 ---

sampun kula anggêp bojo kula, pun Mawur. Awit kula tingali beda sangêt kalihan ibu, botên pisan-pisan anggêmèni pamêdal saha barang darbèk kula, botên manah têmbe wingkingipun, ing sadintên-dintên namung tansah abingah-bingah ambêboros arta, tur kula inggih tumut ngraosakên, nanging samangke kula rumaos, bilih makatên punika dede tindakipun katrêsnan ingkang sajati, têtela namung saking pandamêlipun eblis angajak risak.

Iya pancèn mangkono, kalumrahaning wong lanang, bruk pêthuthuk pasrah marang wong wadon. Wong wadon kang angubêtake, cukupe kang dipangan, digawe kalumrahan, apadenesadhiyan yèn ana pêrlu samăngsa-măngsa.

Rencang kula kathah, ibu, nanging kajawi andhèrèk sowan kula, prasasat botên wontên damêlipun. Măngka padamêlan ing griya punika sajatosipun kathah. Rèhne botên wontên ingkang nata utawi marentah, wêkasanipun ngalênthar, pakêbonan anjêmbrung, ing griya rêgêd kêbak têlèk ayam, patilêman botên nate kawêdalakên, têrkadhang ngantos anggănda ingkang sangêt. Sandhangan pating slampir, dalasan ingkang taksih enggal ngantos jamurên, botên kenging dipun angge malih. Manawi kula katamuan kănca sasamining priyantun, kula ngantos isin, dening

--- 49 ---

botên pantêsipun ing papan, tur inggih griya tembok saha mêstèr pêparingipun ibu, nanging ing pundi-pundi kêtingal rêgêd, tembok pating calonèh, jrambah kêbak têgêsan saha dubang, susur pating salêmpit. Nalika kula dèrèng kapêthil dhatêng kapatihan, inggih kula ingkang nata sapantêsipun, sarêng sapunika, rumaos botên kobêr.

Kabèh kuwi pancèn kawajibane wong wadon. Lah Si Mawur gawene apa.

Cariyosipun olah-olah, nanging rencang kula èstri inggih sampun tiga. Inggih punika, ibu, kala rumiyin kula pancèn botên patos ngraosakên, sarêng sapunika dados tiyang ingkang kaanggêp sumêrêp ing pêrlu, sawêg mangêrtos bilih tiyang jalêr kêdah angsal pambiyantunipun tiyang èstri. Liripun tiyang jalêr ngupados têdha, saha nyambutdamêl ingkang dados kabêtahaning kathah, tiyang èstri ingkang manah saguthêking griya.

Anggèn kula nyambutdamêl wontên ing kapatihan têrkadhang ngantos jam tiga, botên ngetang sayah saha luwe. Namung sarampunging damêl, gadhah manah bingah, ing panyipta mangke dumugi ing griya, sagêd nêdha eca, lajêng tilêm utawi tilêman angasokakên badan. Nanging dhawahipun kêrêp kêcuwan, amargi sadumuginipun ing griya, sulaya kalihan pangajêng-ajêng

--- 50 ---

kula, papan panggenan nêdha botên wontên cawisanipun, kajawi tiyang kêpung sami main kêrtu. Patilêman pating balengkrah, sampun malih dipun tata, dipun têbahi kemawon botên. Makatên sapiturutipun, wontên ing griya sakêdhik sangêt sumèlèhipun manah kula.

O, alah, anakku, ênggèr. Apa kowe ora bisa mrentah Si Mawur.

Wongsal-wangsul anggèn kula misanjangi, nanging bawanipun tiyang botên kulina sumêrêp ing sae, sadintên kalih dintên, inggih wangsul kados waunipun malih.

Apa iya ora bakal ana kawêkasane. Kowe isih ênom ênggèr, tur ora patutan karo Si Mawur.

Karsa panjênêngan, kula kapurih ambucal pun Mawur. Punika radi sarèh rumiyin, jalaranipun botên saking kula ajrih utawi kawratan trêsna, kula kêdah ngaosi supaos kula nalika kula badhe mêndhêt pun Mawur, najan nalika samantên manah kula bêbasan sawêg kalimput ing pêpêtêng. Têmbung ingkang sampun kawêdal, sasagêd-sagêd kêdah kula ugêmi salami-laminipun. Manawi sampun cêkap prabotipun, kula tumuntên badhe matur panjênêngan.

Walèh-walèh punapa, kula sapunika badhe nyuwun ngampil [ngampi...]

--- 51 ---

[...l] kampuh saha sabuk, kangge sowan grêbêg benjingenjing, amargi gadhahan kula wontên pagantosan.

O, ya talah, têka ngêrês-êrêsi têmên lêlakonmu, dalasan sêmbêt bae kalêbu ing gadhèn. Iya ta, prabote bapakmu biyèn isih dak simpên, sarta isih bêcik-bêcik, ênggonên. Wêkasku sing ngati-ati ênggèr. Wong wadon kaya Si Mawur ula mandi upamane, ora wurung ambêbayani.

Watawis jam sadasa dalu, Pujakarsa lumampah mantuk, kairingakên panakawanipun kalih, ingkang satunggal ambêkta buntêlan kampuh saha sabuk, satunggalipun ambêkta êting.

Ing margi taksih kathah tiyang langkung, pemahan-pemahan kathah dilah pating krêlip, tiyangipun sami taksih mêlèk ajêjagongan. Botên anggumunakên, amargi nalika punika malêm bakda riyadi. Ungêling êlong barondongan, pating jlêthor atêtimbangan.

Griyanipun Pujakarsa kathah tiyang, kapondhokan sanak saking dhusun, pêrlu badhe andhèrèk sowan grêbêg. Mawur katingal berag, anggènipun olah-olah sadintên, amargi kakangipun: Dêmang Jasănta ing Padan, ugi mondhok ing ngriku. Sadhatêngipun Pujakarsa saking tuwi ibunipun, lajêng tata nêdha. Bibar nêdha, Pujakarsa omong-omongan [o...]

--- 52 ---

[...mong-omongan] kalihan Jasănta saha tamu sanès-sanèsipun, botên dangu lajêng sami tilêm. Namung Mawur tansah galibad-galibêd malêbêt mêdal. Sarêng sumêrêp sadaya sampunsami tilêm, lajêng linggih ing èmpèr wetan, ngundang kaki-kaki mêntas dhatêng saking dhusun.

Ki, kowe tak wêkasake, tak kon têka dhewe mrene, rak wis ngêrti karêpku, ta.

Napa têsih tunggale lêlakon dhèk têlung taun kêpungkur nika.

Hus, aja sêru-sêru.

Pripun ta, nyai, kula kabar-kabarake sampeyan êmpun sêkeca, dèn bèi bêcik pangrêngkuhe têng sampeyan.

Dudu kuwi sing tak tuju. Biyèn dèn bèi iku sugih, saiki mlarat, barang-barange wis êntèk. Dhèk malêm sangalikur aku kêdhayohan Nyonyah Gêmuk anggawa kancane loro, aku bingung ora duwe pawitan, nuli dodote dèn bèi tak cêkêlake Nyah Gêmuk. Jam siji wis bubaran, dhuwitku êntèk malah isih anggandhul. Awan mau aku golèk srempetan dhuwit, sirku arêp dak ênggo nêbus dodot, awit sesuk arêp kanggo. Olèh dhuwit sathithik, kêtungka si kakang Jasănta Padan têka, [tê...]

--- 53 ---

[...ka,] dhuwite tak ênggo blănja. Awan mau dèn bèi mulih saka seba, ambukak pêthi arêp ngisisi prabote sowan grêbêg, kêtêmu pêthine kothong, nanging mênêng bae, ora ana kandhane apa-apa. Iki mau mêntas mênyang ênggone ibune, wis anggawa kampuh lan sabuk.

Lah inggih, sampeyan wêdi nèk bakal disrêngêni, mulane ajêng sampeyan ... .

Ora. Eman-eman, dèn bèi isih kêna tan ênggo prabot, isih ana sing tak arah. Ibune sugih, nèk kuwi wis ora ana, tinggalane masthi tumiba dèn bèi kabèh.

E, dadi sing ajêng sampeyan jamoni niku ibune.

Iya. Wis aja kakekan gunêm, iki wis jam têlu. Ayo wêtokna. Wur-wurna sajroning roti bolu iki. Adate, anggêr dèn bèi wêruh duwe panganan akèh, akon ngêtêri ibune. Sesuk tak pasange.

Kaki-kaki kalihan Mawur lajêng tumandang ing damêl, patrapipun kados setan, kawawa angrisak jagad. Roti bolu dipun wur-wuri wisa lêmbat, botên angatawisi, sasampunipun rampung, roti kalêbêtakên ing bênèt kapiyambakakên, Mawur lajêng mapan tilêm.

--- 54 ---

Ing wanci bangun enjing, rame swaraning sawung kaluruk,ungêling long prasasat botên kêndhat, botên dangu ngangkang swaraning găngsa tinatap wontên ing sitinggil, sêmunipun kados anggugah para priyantun ingkang badhe sowan grêbêg.

Dèn Bèi Pujakarsa tangi, gugah-gugah rencangipun, sami kapurih anggodhog wedang. Mawur taksik ngeca-eca tilêm, bawanipun anglampahi pandamêl ingkang sakalangkung anggêgirisi, ewadene sagêd tilêm sakeca, inggih punika wujudipun manungsa apangawak eblis. Sarêng sampun êbyar, Mawur tangi, sumêrêp-sumêrêp Pujakarsa sampun ngombe wedang saha sarapan roti. Lajêng nglêmpakakên pangangge, angladosi anggènipun dandos Pujakarsa.

Nalika samantên kitha Ngayogyakarta katingal rêgêng. Têtiyang sami mangangge pameran. Ing margi agêng kathah priyantun lumampah sinongsongan, kairingakên abdi kathah, ngampil kêcohan, lopak-lopak saha lampit. Sowanipun Pujakarsa anjujug ing kapatihan, pêrlu badhe anjajari tindakipun kyai patih.

Watawis jam sawêlas siyang, ing sitinggil katingal andhêndhêng kados mêndhung angêndhanu, ingkang sinuhun kangjêng sultan lênggah ing dhampar. Kangjêng tuwan residhèn saha para upsir lênggah ing kursi.

--- 55 ---

Kyai patih saandhahanipun sami ngadhêp wontên ing pagêlaran, kalêbêt Dèn Bèi Pujakarsa. Sadangunipun Pujakarsa tansah botên sakeca ing manah,amargi sakêdhap-sakêdhap karaos sumrêpêt panonipun. Sarêng kyai patih bidhal dhatêng masjid badhe ngujubakên hajad dalêm, Pujakarsa botên kuwawi ngadêg, malah lajêng dhawah, botên èngêt ing purwa wasana, para priyantun sami kagèt. Abdinipun bingung, sami alok: kêsambêt, kêsambêt. Pujakarsa lajêng kagotong, kabêkta dhatêng griyaning ibunipun, amargi punika ingkang langkung cêlak.

Kacariyos Mawur ingkang kantun, têngga griya, bingung angupadosi roti, ingkang sampun dipun dèkèki wisa, gèk sintên ingkang mêndhêt. Sadaya roti dipun kalêmpakakên, dipun ilang-ilingi, bokmanawi klinta-klintu pandèkèkipun. Sapintên kagèting manah, sarêng dipun wartosi bilih Pujakarsa kêsambêt wontên ing pagêlaran. Enggal nakèni rencang-rencangipun. Sintên ingkang lados sarapan kala wau enjing. Rencang-rencang apratela, bilih Pujakarsa mêndhêt roti piyambak dhatêng ing bênèt.

Mawur lêgêg ing manah, nyipta badhe manggih bilai. Upami botêna, inggih sampun tanpa kukupan, amargi Pujakarsa botên gadhah tilaran, pramila lajêng tata-tata badhe [ba...]

--- 56 ---

[...dhe] minggat. Enggal kengkengan rencang, angupadosi Jasănta ing Padan. Kawêlingakên, mantukipun dhatêng Padan badhe dipun tumuti, nanging Jasănta sampun kêlajêng mantuk, andhèrèk Kyai Lêmbusari.

Mawur saya judhêg, kamitontonên bêbauning nagari dhatêng badhe anyêpêng awakipun.

VII. Cêpêng Damêl Wontên ing Padan.

Purasani saha Simpên sami angajêng-ajêng Gorawa. Dumugi ing dintên bakda Sawal, wontên kengkenan saking Padan, cariyos manawi Gorawa botên sagêd dhatêng piyambak. Prakawis anggènipun Purasani badhe nyuwita wontên ing Padan, dipun tampèni kalihan bingahing manah, Kyai Lêmbusari sagah maringi siti minăngka têdhanipun, saha maringi waragad anggènipun alih-alihan. Purasani dipun ajêng-ajêng dhatêng Padan rumiyin, boyongipun sanès dintên, ngêntosi sangat ingkang sae. Purasani takèn dhatêng kengkenan:

Saiki Gorawa ana ngêndi.

Inggih wontên Padan. Sampun tigang dintên punika rêsik-rêsik [rêsi...]

--- 57 ---

[...k-rêsik] saha nata griya. Nalika kula mangkat mriki, sawêg nyantuni kontên.

Omahe sapa kuwi.

Griya sampeyan, kula sumêrêp nalika bayaran rêgining griya, ingkang tumbas mungêl nama sampeyan.

Apa wis dibayar kabèh.

Sampun, kalih atus reyal.

Purasani saha bojonipun malêngak:

Rong atus reyal ... . Rêga samono dudu omah cilik-cilikan.

Manawi kalihan griya punika inggih tikêl. Ngrika sampun mawi pandhapi, pawonipun agêng, cêkap kangge papan nyambutdamêl.

Nèk kowe krungu, Pak Gorawa apa wis diparingi dhuwit marang Kyai Lêmbusari.

Punika kula botên têrang. Wêlingipun Pak Gorawa, sampeyan dipun ajêng-ajêng dhatêng Padan tumuntên, pêrlu nata panggenan. Kalawingi Pak Gorawa sampun ngundang tiyang nata ububan saha paron sapanunggilanipun. Sumêlangipun Pak Gorawa, bokbilih botên dados karsa sampeyan, kirang lêrês samangsanipun.

E, dadi wis nata piranti pandhe barang.

--- 58 ---

Anggènipun wicantên makatên sarwi pandêng-pandêngan kalihan bojonipun, ing sêmu sami gumun, dene sampun dipun pirantosi sadaya. Lajêng sami rêrêmbagan, kadospundi sakecanging lampah. Kênthêling rêmbag, Simpên katilar, katitipakên tangganipun, supados angawat-awati têngga griya. Dene Purasani lajêng badhe mangkat, najan nalika samantên sampun sêrap, kamanah botên dados punapa, amargi badhe padhang bulan, malêm tanggal sanga.

Sasampunipun dandos, Purasani pamitan ingkang èstri, sarta mêling kapurih ngatos-atos. Simpên suka wilujêng, sarta amujèkakên, mugi-mugi lampahipun angsala damêl, pinaringana margi gampil, dadosa jalaraning karahayon.

Srêngenge sampun mèh sêrap, kewan-kewan sami kakandhangakên, têtiyang kèndêl anyambutdamêl, namung wontên satunggal kalih angilèkakên toya ing sabin. Lampahipun Purasani kalihan kengkenan ngalèr ngetan, sakalangkung kacaryan ningali endahing sêsawangan, rêdi Mêrapi katingal anjênggêlêg. Pucakipun kumêlun mêdal kukusipun. Sukêt ing ara-ara ijêm ariyêp-riyêp, waradin kados babut ginêlar. Kalèn-kalèn pating kriwik, toyanipun bêning kados kaca. Wit-witan ing padhusunan ijêm godhongipun,

--- 59 ---

wit kalapa katingal munggul, pantês dados rêrêngganing dhusun.Papringan ingkang minăngka pagêr dhadhah ing dhusun, witipun tumêlung dening kawratan godhong, ngarompyoh dados pangungsènipun pêksi badhe tilêm, pating klêpêr pating cruwèt. Sadaya punika manawi dipun raosakên, wêkasanipun namung nuwuhakên gumuning manah, samantên kaluhuranipun Pangeran, anggènipun anitahakên bumi saisinipun.

Purasani saha kancanipun wiwit ngambah wana tarataban, lajêng ngancik pawêdhèn sapinggiripun lèpèn Kongklangan. Cêp, kèndêl anggènipun sami omong-omongan, ngawasakên tiyang ngadêg cêlak grumbul amalang kadhak, panganggenipun kotang, kathok kombor, mawi cathokan wacucal jêne, pêdhangipun kaanggar. Tiyang wau ugi tansah mandêng, lajêng lumampah amurugi, tanganipun kumlawe dhatêng wingking, suka sasmita: kèndêl, ngatawisi bilih ing grumbul taksih wontên tunggilipun.

Purasani kirang sakeca ing manah, nyana bilih badhe wontên punapa-punapa, mila lajêng aprayitna, dhuwungipun kaingêr, dene kancanipun angoplok, ngintên manawi begal, punapadene sumêrêp ing grumbul katingal ebah-ebah, wontên sirah tiyang manthongol, mripatipun sumorot, kados esthanipun sima badhe andingkik mêmangsan. Tiyang wau ngadêg cêlak sangêt kalihan Purasani, prasasat [prasa...]

--- 60 ---

[...sat] abên dhadha, tanganipun kiwa nyêpêngi garaning pêdhang, tumungkul sajak ngiling-ilingi sandhang pangangge saha bêbêktanipun Purasani, wicantênipun: Jaluk gênine mas.

Purasani nyauri kalihan andhangak nyawang rainipun tiyang wau, awit Purasani kawon agêng inggil, ewasamantên ayêm kemawon, têmbungipun: Gêni iya ana, nanging dadak gawe.

Kapriye olèhe gawe.

Anggathukake pêdhang lan kêris.

Bangsat ... .

Purasani narik dhuwungipun, nanging karumiyinan dipun cêpêng tanganipun, rumaos botên sagêd uwal, parigêl anggarês sukuning begal. Begal andheprok, nanging tanganipun ingkang satunggal taksih sagêd nyêpêng tanganipun Purasani ingkang kiwa. Purasani bêkah-bêkuh badhe anguwalakên tanganipun kalih pisan, botên sagêd, angajêng-ajêng pitulunganing kancanipun, kancanipun namung tansah wel-welan, malah begal kalih ingkang wontên ing grumbul lajêng mêdal, ingkang satunggal anggujêr kengkenan, satunggalipun murugi Purasani. Purasani têlas manahipun, rumaos badhe kasoran, saya malih manawi begal ingkang nyêpêngi tanganipun sampun mantun, punapa kuwawi awakipun anglawan tiyang tiga.

--- 61 ---

Awit tiyang dipun garês punika pancèn sakit sayêktos, nanging adat enggal mantunipun. Tumuntên sarosa badhe uwal, akalipun tanganipun dipun êlukakên mangandhap, lajêng kainggahakên kalihan ngêgèt. Begal badhe dhawah kalumah, nanging taksih pêngkuh anggènipun nyêpêngi, malah Purasani ugi mèh dhawah angurêbi begal wau. Sawêg badhe ngagètakên panyêndhalipun malih, Purasani dipun sikêp begal satunggalipun saking wingking. Bêbenggoling begal badhe nguculakên tanganipun Purasani, nanging Purasani ngrangsang nyêpêng lêngênanipun benggol, dados pating brêkuh sami badhe ngangkah uwal. Sakala Purasani kagèt, jalaran bangkèkanipun kados dipun sêndhal sêru. Jalaranipun wontên tiyang agêng inggil dhatêng, nyêpêngi githokipun begal ingkang nyikêp Purasani wau. Panyêpêngipun githok kasarêng kalihan gêlanganing suku, kasêndhal kaumbulakên, tumuntên kauncalakên, andhawahi begal ingkang anggujêr kengkenan, sakalihipun dhawah pating karengkang. Purasani kalihan benggoling begal sampun sami uwal, nanging begal wau sawêg badhe ngadêg, dipun sotho rainipun dening tiyang ingkang nêmbe dhatêng. Sanalika anjungkêl sumrêpêt panonipun, irungipun daleweran mili êrah. Begal ingkang kalih krèkèl-krèkèl badhe tangi, tiyang ingkang nêmbe dhatêng enggal jumangkah, tandangipun [tandang...]

--- 62 ---

[...ipun] angajrihi. Begal ingkang satunggal dipun candhak sabukanipun, satunggalipun dipun dhupak, kêlêrês kenging pusêripun, ambruk sarwi gêrêng-gêrêng anêkêm wêtêng. Begal ingkang kacêpêng sabukanipun wau badhe angancari pêdhang, nanging lajêng dipun cêpêng tanganipun, malah kalamênjingipun kadhawahan sikut, mêgap-mêgap botên sagêd ambêkan.

Tiyang ingkang nêmbe dhatêng wau lajêng asêsumbar, têmbungipun: Ayo, ora susah nganggo gaman, aku, krubutên. Iki Gorawa, tilas gêrma ing Klèwèr.

Begal têtiga kalesedan angraosakên sakitipun. Sarêng sumêrêp bilih tiyang ingkang dhatêng atêtulung wau Gorawa, manahipun saya kêkês, botên niyat badhe anglawan, lajêng sami cariyos, sampun ajrih, saha nêdha pangapuntên. Gorawa wicantên kalihan nudingi bêbenggoling begal.

Kowe ki rak sing maling mênyang kuburan ing Dêngok dhèk mau bêngi, ta. Kêbangêtên, ana wong wis mati têka disiya-siya. Apa kokira ngêmut intên, kathik kokèkrèk cangkême.

Begal botên amangsuli, kajawi namung andêngèngèk ngawasakên Gorawa. Sanalika Gorawa wicantên sêmu gumun.

--- 63 ---

Êlo, kok jêbul Si Jontika ing GunungKidul, ta, iki.

Iya, Kang Gorawa.

Ho, kok ora uwis-uwis, ta, nèh. Gajêge kowe kuwi iya duwe anak bojo. Apa ora ngèlingi, yèn patrapmu iku nêmahi marang anak bojomu.

Bot-bote wong golèk pangan, kang.

Iya bênêr, nanging apa kowe wis ora bisa nglakoni panggawe sing kalal. Ambegal, ngècu, maling, iku lakuning eblis, ora andadèkake kaparênge sing gawe urip. Wis ta, kowe ora tak kapak-kapakake, banjur badha muliha, mung wêkasku, padha martobata ing Pangeran, ngemana awakmu lan turunmu. Kabèh panggawening setan iku iya sok marakake kapenak lan sênêng, nanging mung sakêclapan, beda karo panggawe sing kalal, iku pakolèhe murakabi, nuwuhake enak lan kapenak ing donya têkan dêlahan.

Têlas wicantênipun Gorawa, begal têtiga nglairakên panarimah, lajêng pamitan kesah badhe mantuk, lampahipun mangidul turut lèpèn. Gorawa lajêng murugi Purasani.

Rak botên napa-napa, ta, sampeyan.

--- 64 ---

Ora, Pak Gorawa. Iki mau kapriye, dene kowe banjur bisa têka atêtulung.

Ênggih niku, mêngke kula critakake. Dhèk wau esuk, desa Dêngok geger-gegeran. Sabab ing kuburan ontên wangke sumendhe wit samboja, cangkême dikèkrèk. Niku wangkene wong sugih, dèrèng ontên pitung dina ajale. Bokmanawa dikira diêmuti intên, mulane wangkene didhudhuk maling. Ontên sing crita nèk malinge niku akèh kancane, taksih anglibêd ing dalan sakiwa têngêne kali Kongklangan. Siyang wau kula tangi tilêm, manah kirang sakeca, èngêt bokmanawa sampeyan mangkat sore niki, kalih rayi sampeyan, sumêlang kula nèk dibegal, mulane kula banjur mêrlokake mêthuk dhewe. Jêbul botên malèsèd pêthèk kula. Sokur ing Allah dene padha slamêt, êmpun ta, êngga, padha nutugake laku, disambi omong-omongan.

Tiyang tiga lajêng sami lumampah, botên kacariyosakên rêroncènipun ing margi, gampiling cariyos sampun sami dumugi ing Padan. Purasani pinasrahan griya dening Gorawa, ing batos gumun kanthi bingahing manah, dene angsal griya sae sampun mirantos. Sakawit gadhah pangintên, bilih punika pêparingipun Kyai Lêmbusari, nanging nalika Purasani kasowanakên, [ka...]

--- 65 ---

[...sowanakên,] kaparingan arta botên patos kathah dhatêng Kyai Lêmbusari, têmbungipun kangge tumbas griya sapirantosipun. Dados têtela, sadaya punika saking pandamêlipun Gorawa.

Pancèn makatên, amargi nalika Gorawa nyade griyanipun badhe kesah saking Klèwèr, punika sêdyanipun badhe ngêtutakên Tuwan Sayid, pêrlu badhe minggah khaji, nanging wêkasanipun botên saèstu, amargi arta samantên botên nyêkapi kangge sangu dhatêng Mêkah, mila Sayid lajêng suka pitêdah, têmbungipun: Wis ta, Gorawa, kowe ora susah munggah kaji. Prayoga ambêcikana turune kyai êmpu, amarga satêmêne kowe duwe dosa marang kyai êmpu. Ing kono bokmanawa kowe antuk pangapuraning Pangeran. Kowe wis tuwa: Gorawa, golèka sanguning pati.

Jalaran saking punika Gorawa lajêng pêpisahan kalihan Tuwan Sayid wau, ngupadosi Purasani, niyatipun namung badhe damêl sae, awakipun piyambak sampun botên kamanah, nyandhang nêdha trimah sawontênipun, ing batos namung ngajêng-ajêng tumuntêna pinundhut dhatêng ingkang damêl gêsang.

Purasani sampun mêthuk semahipun, sami gêgriya ing Padan, sawawratipun inggih sampun sakeca, griyanipun sae. [sa...]

--- 66 ---

[...e.] Tiyang Padan angajèni dhatêng awakipun, wêwah-wêwah dipun rêksa dhatêng Gorawa.

Tinimbang kalihan nalika gêsang wontên ing Prambanan, sapunika sampun dede amput-amputipun. Rumiyin nandhang prihatos, samangke wontên ing salêbêting kabingahan. Kala rumiyin namung manah kacêkaping bêtah, sapunika kantun manah kalimrahan. Makatên lampahing donya. Jagad pêtêng dening mêndhung, nanging botên dangu padhang dening soroting srêngenge. Sakawit Purasani nandhang kasusahan dening kasangsara, mantêp panuwun saha bêktinipun ing Pangeran, samangke Gusti Allah andhawahakên kamirahan, nêtêpi ungêl-ungêlan: sapa têmên-tinêmênan.

Nanging kalimrahaning manungsa, manawi sampun kasinungan mukti botên kêkirangan, adat lajêng kalimput, supe dhatêng Gusti Allah, angagêngakên kamurkan, nyêlaki godhaning setan, punika ngalamat badhe kêplorod darajatipun.

__________

VIII. Purasani Bibrah Gêsangipun.

Ing măngsa bibar panèn ungsum tiyang gadhah damêl. Ing padhusunan kêrêp kêpirêng swaraning găngsa katabuh, samargi-margi kathah tiyang [ti...]

--- 67 ---

[...yang] langkung, mangangge pameran, pêrlu sami kesah jagong, mantukipun sami ambêkta tampah isi sêkul saha têtêdhan, angsul-angsul anggènipun nyumbang.

Makatên ugi răngga ing Padan, nalika samantên gadhah damêl mantu. Dalunipun pasamuan agêng-agêngan, mawi dipun dhatêngi Kyai Lêmbusari, siyangipun jagongan para ingkang kulina kemawon.

Wanci ngajêngakên panggihipun pangantèn, asêlur dhatêngipun tamu jalêr èstri. Purasani saha bojonipun ugi jagong. Purasani kapapanakên ing èmpèr pandhapi kapering têngah, angajêngakên korining griya, dados sumêrêp sadaya ebahipun ing salêbêting griya. Katungka dhatêngipun Jasănta, ambêkta bojonipun, saha sadhèrèkipun èstri, mêntas dhatêng saking Ngayogya, ulatipun pucêt, kados tiyang mêntas mêdal saking paukuman, nanging kabêkta saking sagêdipun ngêtrapakên pangangge, saha luwêsipun ing patrap, sasolah-solahipun adamêl gambiranipun para neneman ingkang ningali. Panganggenipun pasaja, atapih lurik kêpyur, rasukan sêmbagi wungu wêdalan Eropah, sêngkang cêplik cara Sala, kacunipun kasampirakên. Tiyang sapajagongan cingak, pating kalêsik atakèn-tinakèn.

--- 68 ---

Sami dèrèng sumêrêp, bilih punika pun Mawur, tilas talèdhèk, lajêng dados randhanipun Pujakarsa.

Sakêdhap malih dhatêngipun Kyai Lêmbusari, dipun jajari tiyang kalih ambêkta colok, ing wingking gumarudug para garwa saha sêlir, punapadene para pandhèrèk sanèsipun. Tamu sapandhapi sami mêdal ing jawi, angurmati dhatêngipun Kyai Lêmbusari. Sasampunipun tata lênggah, tumuntên pangantèn kapanggihakên.

Para tamu èstri lajêng dhaharan, ingkang ênèm-ênèm sami ngladosi, makatên ugi Simpên saha Mawur ugi angladosi. Ing ngriku Purasani têrang paningalipun, bilih semahipun sarwa kakên sarta kidhung, botên luwês kados Mawur. Nalika samantên Mawur dados pangalêman, tiyang sapajagongan puruging mripat namung dhatêng Mawur.

Samantên sagêdipun setan, baud adamêl daya panggèndèng, anarik dhatêng jurang kadurakan.

Botên kacariyosakên pasamuanipun ing dalu, enjingipun sami jagongan malih. Purasani dalah bojonipun inggih tampi ulêm-ulêm, nanging Simpên kêpêksa botên sagêd tumut, amargi gadhah padamêlan, sarta taksih karaos sayah.

--- 69 ---

Ingkang sami dhatêng botên sapintêna, tamu jalêr èstri sami linggih ing griya, pêpanggihan kalihan pangantèn. Nuntên sami tapuk dolanan kêrtu, gèncèlipun ing mêngsah, Mawur amor kalihan tamu jalêr, kalêrêsan angsal mêngsah Purasani, kalihan tamu jalêr malih kalih.

Salêbêtipun dolanan sinambi among-omongan sarta gêgujêngan. Dhasar Mawur tiyang nagari, baud wicantênan, têmbungipun mawi saloka paribasa, kêrêp amranani mêngsah-mêngsahipun dolanan. Purasani tansah binalang liring, bawanipun botên nate ngalami tindak kados makatên, manahipun kêrêp sar-saran, wêkasan kenging sambang sarawungan,gandrung dhatêng Mawur. Purasani dèrèng mangêrtos aluranipun Mawur punika sintên, namung sumêrêp bilih Mawur lêgan botên gadhah bojo.

Dèrèng wontên sataun anggèning Purasani nama gêsang wontên ing jagad kabingahan, ewadene gumrèwèl gampil kengingipun ing godha, kêsupèn dhatêng lêlampahanipun nalika taksih wontên Prambanan, kêsupèn dhatêng jangkanipun sakawit. Punapa Purasani ugi kêsupèn dhatêng Gusti Allah. Sagêd ugi. Amargi kêlimrahipun ing kathah, èngêtipun dhatêng Pangeran punika namung manawi panuju manggih susah. Manawi panuju bingah lajêng namung angagêngakên kamurkaning

--- 70 ---

manah, nuruti ubaling hawa napsu. Manawi kados makatên, punika kalêbêt cacad agêng tumrap gêsangipun manungsa. ... .

Purasani sangêt kalimput, kalampahan mêndhêt semah pun Mawur, katunggilakên sagriya kalihan Simpên. Wiwit nalika samantên Purasani kêrêp ubyang-ubyung kêkesahan kalihan Mawur, dhatêng Klathèn, Surakarta. Manawi botên wontên tiyang gadhah damêl, inggih pêrlu undang-undang, utawi nglurug dolanan kêrtu.

Dene Simpên botên nate purun tumut, namung tansah angopèni barang pamêdalipun sabin saha pakêbonan. Sanajan kêtingalipun ing kathah: Simpên namung tansah sumèh ing polatan, nanging têtiyang ingkang wanuh kalihan Simpên, sami wêlas manahipun, dene tiyang sae dipun garap kados makatên. Bab punika ingatasipun Simpên sampun dipun pupus, awit Simpên sumêrêp dhatêng wêwênangipun tiyang jalêr, kenging rabi ngantos sakawan. Naning sajatosipun Simpên inggih asring nangis piyambakan, jalaranipun namung katarik wêlasipun dhatêng Purasani, têka ngantos samantên anggènipun kêsupèn, sadintên-dintên prasasat kangge dolanan dhatêng Mawur, namung tansah manut miturut, kados tiyang kenging guna dhêsthi.Sawêg anggêlak padamêlan pêrlu, dipun jak kesah Mawur inggih [ing...]

--- 71 ---

[...gih] lajêng mangkat, wêkasan ngalênthar, andadosakên dukanipun Kyai Lêmbusari.Manawi panuju makatên, Simpên rumaos botên têgêl anyipati, mila asring gadhah gagasan badhe ngesahi.

Panuju malêm Salasa Lêgi, Purasani kesah jagong sapêkênan bayi dhatêng dhusun KêboMati, kajawi kalihan Mawur, Gorawa angêtêrakên, amargi dhusun KêboMati punika ragi têbih. Simpên têngga griya piyambak, kalisikan botên sagêd tilêm. Wanci jam satunggal tangi, linggih asidhakêp wontên watoning ambèn, èngêtanipun bêbêk, botên dangu ngadêg ambikak grobog, ambêbuntêli sandhangan. Sawêg ngudhari rambut badhe jungkatan, kagèt mirêng swaraning tiyang, botên dangu korinipun kathothok.

Sapa kuwi.

Kula, Gorawa.

Simpên ngêngakakên kori kalihan pitakèn.

Lah anakmu êndi.

Têsih kantun, kula dikèn mantuk nêdha yatra. Nyaine Mawur dhuwite êntèk, êmpun kalah pitung reyal.

Tobil, tobil. Sawayah mene wis kalah pitung reyal, gèk pamêtune anakmu pira.

--- 72 ---

Simpên ngadêg ngajênging grobog kalihan ambrêbês mili. Gorawa linggih ing jrambah angêkêp dhêngkul.

Sêmune olèh sampeyan tangi êmpun suwe. Lah niku kok ontên buntêlan barang. Kok rada botên enak ati kula.

Kêna ngapa, wong aku sesuk arêp mênyang pasar Prambanan, kok. Tutura, Pak Gorawa, aku wis ora duwe dhuwit.

Bok ênggih sakêdhik-sakêdhik, mêngke rakane nêsu.

Saiki kowe bisa kăndha: rakane nêsu. Biyèn-biyèn aku durung tau disênèni.

Kêpripun malih, wong lagi kaya ngotên. Pilang-pilang olèh kula anjaga, bisane rahayu sakabèhe, nanging êmpun padha gêdhe tuwa, napa ênggih kula oprak-oprak.

Iya, Pak Gorawa. Lagi bêgjane awakku. Wis ta, enggal balia, mêngko sêlak diarêp-arêp. Tuturku ora loro têlu, cêkake saiki aku ora bisa mènèhi dhuwit.

E, lah, kojur ane, mêngko gèk aku iki mèlu disrêngêni.

--- 73 ---

Anggènipun wicantên makatên punika kalihan ngadêg mêdal. Dumugi kori wangsul mengo kalihan wicantên.

Ênggih êmpun ta, bokmas, wêkas kula sing têtêp mawon.

Iya, Pak Gorawa. Aku iya mêkas gêntèn, măngsa bodhoa anggonmu ngrêksa anakmu: Mas Purasani.

Gorawa karaos manahipun, mandhêg radi dangu wontên ngajênging kontên, badhe wicantên kêtungka wêdaling têmbungipun Simpên: Wis aja mandhêg tumolih, Pangeran sing rumêksa awakku. Gorawa lumampah kalihan umak-umik, têmbungipun botên kêpirêng.

Simpên santosa ing kajêng. Têtêp badhe nilar Purasani, ing pangangkah namung badhe nyobi, kadospundi raosipun Purasani. Ing batos sangêt panyuwunipun ing Pangeran, mugi prasêtyanipun dhatêng tiyang ingkang dados jodhonipun: kalêksanana, liripun badhe tansah sih-sinihan ing donya dumugining akir.

Simpên mêdal ing jawi anggendhong buntêlan, lampahipun murang margi, mangilèn nrajang lèpèn Kongklangan, botên angetang pringgabaya. Nalika samantên tanggal kaping kalih wêlas, rêmbulan sampun mèh sêrap. Sorotipun rumamyang dening kalingan mega pêthak. Samargi-margi kêpirêng swaranipun walang kècèk. Simpên mambêt gandaning sêkar samboja, manahipun [manah...]

--- 74 ---

[...ipun] sumêdhot, anyana lampahipun cêlak pakuburan. Wêwah mirêng swaranipun pêksi cêguk, barung kalihan kolik saha tuhu. Simpên anyênyuwun ing Pangeran, mugi angayomana kawulanipun, ingkang sajatosipun botên gadhah sêdya awon. Botên dangu kêpirêng rame swaranipun tiyang ambêkta obor, sami badhe sêsadean dhatêng pêkên Prambanan. Simpên ayêm manahipun, lajêng angrikatakên lampah, anggrubyug nyarêngi têtiyang wau.

Wanci byar dumugi Prambanan. Simpên kèngêtan lêlampahan anggènipun sade kupat kala rumiyin. Saupami punika dipun lampahana malih, amasthi sagêd dados cagaking gêsang, ngiras minăngka panglipur ribêding manah. Ananging sakalangkung pakèwêd, awit manawi namung wontên ing ngriku kemawon, gampil dipun upadosi Purasani. Angkahipun: sampun kêpanggih rumiyin kalihan lakinipun, sadèrèngipun wontên pitêdahing Pangeran. Mila Simpên anglajêngakên lampahipun mangilèn.

Kocap Gorawa ingkang wangsul dhatêng KêboMati, dèrèng ngantos dumugi, wontên ing margi kêpapag antukipun Purasani kalihan Mawur. Mawur enggal pitakèn, têmbungipun sêngak.

Suwe têmên, Gorawa.

--- 75 ---

Gajêge kula ênggih botên mompar-mampir.

Saiki dhuwite wis ora kanggo.

Kalih ênggih botên entuk.

Ora entuk kêpriye.

Ênggih botên entuk, wong botên ontên dhuwit.

Mawur ningali Purasani, gadhah raos wadul. Purasani nyambêti wicantên: Gajêge dhèkwingi nêmpurake.

Ayake diêngge butuh liyane. Upama botêna, nèk kula dadia Bokmas Simpên, ênggih botên olèh. Kêklumpuk sigar sadhuwit, wêkasane mung êntèk diênggo dolanan.

Mawur nyêntak: Ajêg bae kowe kuwi, ayake kowe sing nyetani. Nanging lajêng dipun cènèng dhatêng Purasani, amurih kèndêl. Gorawa kadumêlan, nanging sami botên dipun mirêngakên.

Sadumuginipun ing griya, Purasani anothok kori, dangu botên angsal wangsulan, nuntên kori kawêngakakên, gampil mênganipun, amargi pancèn botên dipun kancing. Purasani nginguk patilêmanipun Simpên, pinanggih sêpên, lajêng takèn dhatêng Gorawa. Gorawa lêgêg, botên sagêd [sa...]

--- 76 ---

[...gêd] mangsuli sanalika, kèngêtan têmbungipun Simpên kalawau.

Wangun-wangune têng pêkên, awit dhèk kula mriki wau, bokmase tata-tata.

Yagene kok ora ana kandhane.

Katungka rêmbugipun Mawur, ingkang ing sêmu botên mraduli dhatêng botên wontênipun pun Simpên. Purasani lajêng tilêm, kabêkta saking arip saha sayah. Namung Gorawa ingkang botên sakeca ing manah, enjingipun enggal nusul dhatêng Prambanan, nanging botên angsal lacak, dipun padosi dhatêng Gêmpol ugi botên wontên, biyungipun Simpên sampun dangu mantuk dhatêng jaman kalanggêngan. Enggalipun Simpên saèstu ical saking Padan.

__________

IX. Paukumanipun Tiyang Abudi Nasar.

Wiwit Simpên botên wontên, gêsangipun Purasani mindhak dintên saya mindhak bibrah, botên nate sagêd simpên arta, sawêgdipun angge bêtah sabên dintên kemawon cingkrang. Pakêbonan ingkang waunipun kathah asilipun, sapunika anjêmbrung. Pamêdalipun sabin suda. Watawis satêngah taun, Purasani wiwit nyadèni barang simpênanipun. Têtiyang ing Padan katingal botên patos mraduli dhatêng Purasani, malah

--- 77 ---

wontên ingkang gadhah panganggêp dhatêng Purasani dede tiyang sae. Wiwit nalika punika Purasani karaos manahipun, sabên-sabên linggih piyambak adhêlog-dhêlog, kèngêtan bojonipun kawitan.

Panuju Mawur botên wontên, Purasani manggihi Gorawa: Pak Gorawa, apa kowe ora krungu pawartane Simpên.

Botên. Lah sampeyan napa ênggih botên tau mêrtos-mêrtosake.

Wis, Pak Gorawa, aja caturan kaya mangkono, pêrlune kowe mung arêp nutuh aku. Aku wis rumasa lupute lêlakonku, saiki arêp rêmbugan sing têmênan. Apa kowe iya wis tau anggolèki anakmu Si Simpên.

Botên kêkirangan. Têng Prambanan, Gêmpol, têng ênggène sanak sampeyan lan sanak-sanake bokmaseSimpên, nanging sapriki botên angsal lacak.

Lah kapriye, Pak Gorawa, mêngko gèk nêmahi tiwas.

Kula ênggih botên andugi, ingatase êmpun satêngah taun, têka botên ontên ambu-ambune babarpisan. Wagêd ugi bablas bangêt parane bokmase.

Dhuh, Gorawa ... .

--- 78 ---

Anggènipun wicantên makatên punika, Purasani kalihan tumungkul angusapi êluh, dening sangêting susah, ing pangraos pulung manahipun kados tinuwêg. Gorawa wêlas aningali, lajêng wicantên akathah-kathah. Botên pêrlu anggêtuni lêlampahan sing êmpun kêpêngkêr, balik angudia napa sing ajêng dilampahi.

Lah, kapriye panêmumu, Pak Gorawa.

Sakniki botên ontên dalane liya, kajaba lapur nagara. Nèk mung anggolèki dhewe mawon, rumasa kula êmpun katog.

Aku wirang yèn lapura marang nagara, karodene manèh prakara wis kasèp. Sirku coba-coba arêp ngawaki anggolèki.

Têng pundi, coba samang kăndha. Wong pundi-pundi êmpun kula ambah.

Purasani kèndêl botên wicantên, kajawi namung tansah angadhuh saha anêkêm dhadha. Ing batos sangêt anêtah dhatêng badanipun.

Kados makatên lêlampahanipun Purasani, kamuktèn ingkang pinanggih wontên ing Padan prasasat sirna babarpisan. Manawi kamanah-manah, kasusahan ingkang pinanggih sapunika, ngungkuli nalika wontên ing Prambanan. Kala rumiyin sanajan [sana...]

--- 79 ---

[...jan] wontên ing salêbêtipun prihatos, nanging wontên kănca ingkang sêtya tuhu tumut angraosakên, inggih punika Simpên. Sapunika sangsara mawi adamêl susahing liyan, tur botên wontên ingkang ambiyantoni, dene Mawur malah prasasat dados mêngsah, botên mraduli pisan-pisan dhatêng Purasani, sadintên-dintên namung tansah anăngga kemawon, ing ngriku saya kêtingal kasaenanipun Simpên, mila Purasani tansah lam-lamên, sumêrêp kalebating tiyang, dipun kintên pun Simpên. Wontên rame-rame dipun kintên swaranipun Simpên. Wontên ing kêbon sumêrêp papan anjêmbrung, katingal Simpên kados badhe rêsik-rêsik. Nanging ingkang asring dados ngêrêsipun Purasani, punika manawi lajêng kêtuwuhan pitakèn: Simpên taksih gêsang, punapa sampun pêjah. Lah, punika Purasani asring badhe sumaput, dening rumaos sêsak dhadhanipun.

Ing wanci sontên Purasani manggihi Gorawa malih: Pak Gorawa, salawasku durung tau nêmu kawirangan kaya sapisan iki.

Ontên napa.

Iki kongkonane babahe ing Tangkisan, anggawa layang, wis têlung sasi iki aku nganggo bêras lan gula tèh, durung bayar dhuwit.

Lah, têmên kanggonan napa botên.

--- 80 ---

Iya têmên, nanging salawasku durung tau utang-utang mangkono. Iki mêsthi panggawene Mawur.

Ah, ngisin-isinake niku. Kira kula niku dèrèng. Sênès dintên sampeyan ditagih saka lor, kidul, wetan kulon.

Lah, kapriye Pak Gorawa.

Lah ênggih kudu nyauri.

Wêktu iki aku ora nyêkêl dhuwit babarpisan.

Gorawa mêdal, wicantên dhatêng kengkenan: Kăndhaa babahe, le, besuk pasaran Prambanan bae.

Kengkenan mantuk.

Purasani wicantên: Saiki Pon, pasarane besuk Lêgi, dhuwit sing kojagakake apa.

Lah ênggih adol-adol arit.

Ah, saru bangêt.Karodene manèh isih akèh butuhku, apa sing tak ênggo nyampêdi.

Sampeyan butuh dhuwit pintên.

Watara ana rongpuluh reyal

We, lah, gêdhèn-gêdhèn.

Măngka aku wis ora duwe barang dandanan sing patut.

--- 81 ---

Duwe mawon, nèk duwene. Lah, kêris sampeyan nika.

Kêris wasiyat, didola măngsa payua samono.

Kêpripun ta, sampeyan niku. Dhèk têsih sêrgi bapak sampeyan biyèn, kêris niku ajêng dipundhut Kangjêng Pangeran Mangkubumi, rêga rongatus reyal. Cêkake nèk sampeyan duwe karêp andhindhal, êngga kula têrake têng Ngayogya.

Matênging rêmbag, Purasani sèstu badhe sade dhuwung wasiyat, dhapur pajajaran.Ing dalu tata-tata, enjingpun sami mangkat dhatêng Ngayogya.

Ingkang dipun jujug bupati sadhèrèkipun Kyai Lêmbusari, kasuwun puruna dados margi. Nanging ingkang bupati rêmên piyambak, dhuwung katêmbung katumbas satus reyal.

Saking rêmbagipun Gorawa, Purasani angaturakên, nanging mawi prajangji, manawi salêbêtipun sataun Purasani gadhah arta, dhuwung kenginga kasuwun wangsul. Ugi kalihan rêgi satus reyal. Ingkang bupati inggih nglilani.

Wontên ing Ngayogya Purasani nyipêng kalih dalu. Ing wanci ngasar sami lumampah mantuk, samargi-margi tansah agêginêman lêlampahaning agêsang. Dumugi Ngambarukma, Gorawa kèngêtan badhe mampir panggenaning sadhèrèkipun. Purasani kapurih rumiyin, kalihan malih sarèhne sampun mèh sêrap, [sê...]

--- 82 ---

[...rap,] prayogi nyipêng ing Prambanan kemawon, mangke jam-jam wolu Gorawa badhe nusul.

Purasani anglajêngakên lampah piyambak mangetan, dumugi Kalasan sampun mèh sêrap, lajêng kèndêl wontên ing koplakan angombe wedang.

Sintên ingkang ngintên, bilih ingkang gadhah koplakan punika jêbul pun Simpên.

Nalika Simpên sumêrêp kalebatipun Purasani, engl[1] lumêbêt ing griya, rencangipun èstri kapurih têngga sêsadean. Simpên sumêdhot ing manah, linggih ing ambèn dangu botên sagêd wicantên, manahipun sakalangkung pakèwêd, badhe ngatingal, sumêlang bilih Purasani dèrèng gadhah kaèngêtan dhatêng awakipun. Wêkasan lajêng nyantosakakên manah, sanajan ing sadintên-dintên namung anggagas Purasani, ewadene ing wêktu punika botên niyat manggihi, namung panyuwunipun dhatêng Pangeran kemawon botên pêdhot-pêdhot, supados Purasani èngêta dhatêng piyambakipun.

Purasani dipun ladosi nêdha, sawêg badhe muluk, kagèt sumêrêp lumêbêtipun Mawur, kairingakên tiyang jalêr satunggal. Mawur enggal wicantên: Êlo, kok jêbul Mas Purasani ta, iki.

Iya, lagi arêp mulih, nanging sirku arêp nginêp ana Prambanan [Pra...]

--- 83 ---

[...mbanan] dhisik, ngiras ngêntèni Gorawa. Lah, kowe arêp mênyang ngêdi, dikon tunggu omah kok malah têkan kene.

Ajêng nusul sampeyan têng Ngayogya, ati kula botên tega, niki kula kèn ngêtêrake si kakang Prawirayuda. Lha, pripun mas, entuk dhuwit napa botên.

Iya entuk sathithik-sathithik.

Mênggah tiyang ingkang ngêtêrakên Mawur punika sajatosipun dados pêpêthuting durjana namanipun Bendhot. Punika tansah ngawasakên sêtagènipun Purasani, katingal moyog-moyog, ngatawisi manawi isi arta kathah. Wontênipun sami dumugi ngriku, lugunipun botên kok nusul Purasani makatên, Mawur pancèn sampun niyat nilar Purasani, rangkat kalihan pun Bendhot wau.

Sapintên kagèt saha bingungipun Simpên, mirêng dhatêngipun Mawur, rumaos têlas pangajêng-ajêngipun, botên sande Purasani karêbat dhatêng Mawur malih. Wontên ing wingking polahipun kados babon mèmèti, malêbêt mêdal ing griya saha ing gandhok. Botên dangu sumêrêp Mawur saha Bendhot mêdal ing jawi, lajêng kaintip, tiyang kalih wau sami rêmbagan makatên.

Mawur, Purasani akèh anggone anggawa dhuwit, arêp dak rêbut. Mêngko apusana, reka-rekaa akon [ako...]

--- 84 ---

[...n] ngêtêrake babuwang mênyang kali kidul kana, aku saiki tak tata-tata.

Iya, nanging dingati-ati, Purasani wong kêndêl, kowe ngajaka kănca, wêkasku aja nganti gagal.

Aja sumêlang, kêndêla dikaya ngapa, măngsa kuwata nadhahi galihku asêm kiye. Wis ta, padha andum gawe, aku tak marani Pak Gênjik dhisik.

Simpên têrang pamirêngipun, saya sangêt ing kagètipun, badanipun gumêtêr, ketang saking wêlasipun dhatêng Purasani, kasangsaran punapa ingkang badhe pinanggih. Lajêng aningsêtakên pangangge, saha angêncêngakên gêlungipun, tekadipun badhe atêtulung alabuh pêjah. Nanging inggih tansah pakèwêd ing manah, badhe cariyos dhatêng Purasani: isin. Mila sarêng Purasani kalihan Mawur sampun kesah radi dangu, Simpên sawêg mêdal ing jawi, enggal ngupadosi bêbauning nagari, kêlêrêsan pinanggih wontên ing margi. Têmbungipun Simpên kamisosolên: Mas, enggal samang têtulung, ajêng ontên tiyang diringkês, dirêbut dhuwite.

Sapa, sapa.

Tiyang Padan, mêntas saking Ngayogya. Sing ajêng ngringkês Si Bendhot kalih Pak Gênjik.

--- 85 ---

We, lah, bajingan gêdhe kabèh. Mêngko dhisik tak golèk kănca.

Mêngke sêlak kasèp, mêsakake, mêngke sêlak dipênthung.

Lah witikna, aku dhewe măngsa wania, Bendhot karo Pak Gênjik iku tandhinge wong lima.

Sawêg pating rêgêjêg makatên, kêtungka dhatêngipun tiyang agêng inggil saking kilèn. Simpên awas paningalipun, enggal anyapa: Pak Gorawa.

Sanalika Gorawa kagèt asêmu bingah: Kok jêbul bokmase Simpên, ta, iki. Digolèki pirang-pisang sasi ... .

Wis Pak Gorawa, mêngko rêmbugan gampang. Saiki enggal têtulunga, anakmu arêp diringkês nguwong.

Anggènipun wicantên makatên punika kalihan nyènèng lêngênipun Gorawa, kagèrèt kaajak lumajêng. Gorawa inggih manut, bêbauning nagari kêkinthil. Botên dangu mirêng sambatipun Purasani, mungêl namung sapisan: Tulung.

Gorawa mêdal kanêpsonipun, mripatipun abrit, baunipun pating pathêkêl, malumpat lumajêng angrumiyini.

Purasani botên sagêd ebah, amargi dipun srampang

--- 86 ---

sukunipun mawi galihasêm, lajêng dipun bungkêm dening Pak Gênjik. Bendhot anggogohi kanthonganing sêtagèn, Mawur ngadêg nampèni arta. Botên dangu Mawur wicantên: Ana wong têka. Bendhot saha Pak Gênjik kèndêl anggènipun anggujêr Purasani, lajêng sami ngadêg jèjèr aprayitna, badhe nanggulangi dhatênging mêngsah.

Gorawa sumêrêp kumêlaping galihasêm, lajêng anyrudug. dhawahipun galihasêm ngèngingi gêgêr, gumêbrug, nanging botên dados punapa, balik Gorawa sagêd anglêbêtakên tanganipun kalih pisan, ingkang satunggal dhatêng lakanganipun Bendhot, satunggalipun dhatêng lakangipun Pak Gênjik, lajêng kaangkat kaumbulakên sarêng, bangsat kalih dhawah karengkangan. Bendhot dipun tubruk, dipun tumpaki wêtêngipun sarta katêkak, galihipun asêm karêbat. Pak Gênjik tangi badhe nulungi, dipun sabêt mawi galihasêm, kenging èpèk-èpèkipun akêkipit. Lajêng dipun pênthung saking wingking dening bêbauning nagari, dhawah.

Mawur mêndhêt sela badhe kaêntêpakên sirahipun Gorawa. Simpên ngrangsang angrêbat, lajêng dados ulêng. Mawur kenging kaukêl rambutipun, lajêng kasêndhal-sêndhal alêngèk-lêngèk.

Bangsat têtiga sampun tinalikung, kairid dening bêbau nagari, [na...]

--- 87 ---

[...gari,] kabêkta dathêng kabupatèn. Simpên nangisi Purasani ingkang taksih kalesedan angraosakên sakit. Lajêng kapanggul dening Gorawa, kabêkta dhatêng koplakanipun Simpên.

Wêkasaning cariyos: Mawur, Bendhot saha Pak Gênjik sami nampèni pidananipun nagari. Purasani, Simpên saha Gorawa sami mantuk dhatêng Padan, dhuwung wasiyat ingkang mêntas kasade katêbus malih dening kayanipun Simpên. Salajêngipun sami têntrêm gêsangipun, sarta tansah ngabêkti ing Pangeran, dumugining Malaekat Ngijrail amundhut nyawanipun, sami sakeca tanpa sangsaya. Simpên kêlajêng botên gadhah anak, mila sapunika botên wontên turunipun.

Tamat.

--- [88] ---

Isinipun:

Kaca:
I. Purasani ... 3.
II. Simpên. Utaminipun sêsemahan ... 7.
III. Gorawa ... 15.
IV. Sayid Mursid ... 24.
V. Malês kasaenan ... 35.
VI. Awoning bêbudènipun palanyahan ... 45.
VII. Cêpêng damêl wontên ing Padan ... 56.
VIII. Purasani bibrah gêsangipun ... 66.
IX. Paukumanipun tiyang abudi nasar ... 76.

--- [0] ---

[Iklan]

 


enggal. (kembali)