Pranacitra (Rara Mêndut), Balai Pustaka, 1932, #107 (Pupuh 01–05)

Judul
Sambungan
1. Pranacitra (Rara Mêndut), Balai Pustaka, 1932, #107 (Pupuh 01–05). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
2. Pranacitra (Rara Mêndut), Balai Pustaka, 1932, #107 (Pupuh 06–10). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
3. Pranacitra (Rara Mêndut), Balai Pustaka, 1932, #107 (Pupuh 11–18). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
Citra
Terakhir diubah: 08-12-2020

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie No. 449 f 0.95

Pranacitra (Rara Mêndut)

Babon saking Surakarta

Wêdalan ingkang kaping kalih. Mawi gambar.

Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm.

--- [0] ---

[...]

--- [1] ---

Serie No. 449

Pranacitra (Rara Mêndut)

Babon saking Surakarta

Wêdalan ingkang kaping kalih. Mawi gambar.

Bale Pustaka - 1932 - Batawi Sèntrêm.

--- [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- [3] ---

Bêbuka Wêdalan ingkang Kaping Kalih.

Sêrat Pranacitra wêdalan ingkang kapisan sampun têlas, rèhning kathah ingkang rêmên, mila lajêng kawêdalakên malih. Namung kemawon wêdalan ingkang kaping kalih punika babonipun sanès kalihan babon wêdalan kapisan, kapêndhêtakên babon ingkang asli, asal saking Surakarta, ingkang sumimpên ing Koninklijk Bataviaasch Genootschap van Kunsten en Wetenschappen, No. 163 mawi ngewahi perangan ingkang kirang prayogi.

Bale Pustaka.

Batawi Sèntrêm 1932.

--- [4] ---

[...]

--- [5] ---

I. Ki Tumênggung Wiraguna.

1. Dhandhanggula

1. raras ruming sarkaranira ris | dèn ta pêksa mangapus pustaka | atbutèng tyas tan wrin ing rèh | mamriha mardika yun | dinuking don nirdeya ugi | kadayan darpa limpat | rasikaning kidung | sumêngka ngăngka pujăngga | rarasing kang ukara kang pinarsudi | karywa wêdharing kata ||

2. nahan nalika murwèng kintaki | Rêspati Manis Rabingulawal | ping slikur kasa taun Je | Galungan nuju tulus | naga trustha amuji tunggil |[1] enjang gathita nawa | wit panêratipun | manêdhak sungging kewala | caritane Ni Rara Mêndut ing Pathi | duk anèng Wiragunan ||

3. abdi juru citra anêngrani | carita lit rèmèh tinêmbungan | lagya karsane kang angrèh | mundhut carita dhusun | saking wadya sudra mèt budi | ngalaya ngupajiwa | ambêbarang canglung | andongèng sarwi anggambang | angaludrug kopyah nyamatira kênthi | aran Ki Patraguna ||

4. kang carita pinaringkên carik | kinèn dadyakkên sêrat wêwacan | ing dasih kang tampi sèrèn | kinarya cagak ngantuk | ala nganggur kalaning latri | tinimbang lan paguywan | ngur maca alothung | lêlingsèn karsanira sang | amêpêki sanadyan dongèng pan dadi | amuwuhi kagungan ||

5. ingkang măngka purwaning palupi | caritane [carita...]

--- 6 ---

[...ne] wong ambarang gambang | duk nguni jaman kartane | nagari ing Matarum | panjênêngan kangjêng sang aji | ingkang Sinuhun Sultan | Agung ing Matarum | karta kartining nagara | sawusira bêdhahe nagari Pathi | kathah jarahanira ||

6. kang kacandhak lanang dèn cêkêli | kang wadon tuwa nom binoyongan | wus kabêkta sadayane | katur Rajèng Matarum | brana èstri sinung wadya ji | Tumênggung Wiraguna | gung ganjaranipun | artèstri lawan busana | sêmana wus têntrêm arjaning nagari | ya ta ingkang winarna ||

7. Ki Tumênggung Wiraguna nênggih | kang kinarya jêjêring carita | ki tumênggung wibawane | wancinira wus sêpuh | nanging dèrèng lungse ing kardi | sarira mêksih rosa | kuwat ngêmbat lawung | sih pupuk pawakanira | de katingal sêpuhira jêng kiyai | kagege gutuk waja ||

8. têlas sadaya mung kantun kalih | satunggil sisih nginggil kewala | wus gumapila remane | nging maksih mêsês bêsus | awiraga barkat priyayi | ngatingalakên barkah | dalêm sang sinuhun | dènnya gung ulah kamuktyan | dhasar dadya kêkasih dalêm sang aji | Tumênggung Wiraguna ||

9. yèn ginunggung măngsantuk kêkalih | kadya Ki Tumênggung Wiraguna | sarwa sarwi kabisane | sarwa tumandang rampung | barang karya gagah tan wigih | apunjul ing apapak | mrojol ing krêpipun | tautate datan taha | ngrupak jajahaning mungsuh anglar dening | jajahanirèng rowang ||

10. yèn kinarya rikat anguwisi | kinarya sandi [sa...]

--- 7 ---

[...ndi] tan kawanguran | bupati bijaksana ngrèh | wau ta kalanipun | Ki Tumênggung Wiragunèki | apan lagya pinarak | nèng pandhapa ngayun | alênggah lante dêmangan | kêmul kampuh kuluk kanigara wilis | liyangan epokira ||

11. pan ingayap parêkanirèki | cèthinira pêpitu bêdhaya | samya yu-ayu warnane | ngampil pacaranipun | pêdhang tamèng rotan myang cundrik | talêmpak lan panuwak | myang sanjata alus | kang ngampil sêl pakêcohan | ana tuwa juru dhawuhe jêng kyai | Nyai Cênthung wastanya ||

12. wontên langênnya dungik kêkalih | maksih jêbên rumucuh kalihnya | lir kêmbar imbak warnane | sami balerahipun | tumênggène alis pan sami | cabik-cabike padha | manising pandulu | akuning suluh wadana | sêsinome amicis panjrah rêspati | parigêl solahira ||

13. pan kinêmbar busananirèki | durung pati kukuh kakêmbênan | nanging wus dhèmês pacake | amêpês sila panggung | anèng wurinira tan têbih | sarwi anocoh kinang | pagantenanipun | siji ngampil pakêcohan | pan giliran rare ro nocoh angracik | agung liniring tingal ||

14. ki tumênggung kalangênannèki | ngabên sawung puyuh myang dherekan | tan ana liyane manèh | marma kawulanipun | pan sadaya ngolah kêmiri | angulig jago gêmak | milala kêlangkung | agêng alit pan mangkana | myang kaume milu

--- 8 ---

angolah kêmiri | angingu jago gêmak ||

15. ingkang nyêrèt sinambi makani | puyuh sawung kang sêkul dhêplokan | myang bêkatul woworane | yèn wus dèn ulêt lêmbut | ginalintir bundêr lir mimis | yèn wus makan sawungnya | nulya makan puyuh | sawung puyuh gêgadhuhan | wăngsa Wiragunan wrata siji-siji | jago kalawan gêmak ||

16. lan samya kinandhutan kêmiri | jalu èstri samya binubuhan | ki tumênggung wibawane | sabên angadu-adu | jago gêmak tuwin kêmiri | sadina ngadu gêmak | sadinane sawung | sadina malih dherekan | kalangane bêdhug bubar wayah mahrib | yèn dalu tan kalilan ||

17. barang botohan dipun larangi | wadya sajroning praja sadaya | winangênan botohane | dalu kalawan esuk | praptèng bêdhug tan dèn lilani | lamun ana kang nêrak | rinayah ingukum | sanadyan mantri punggawa | linarangan sadaya tan ana wani | marang wêwalêrira ||

18. ki tumênggung panggalihirèki | marma dalu kongsi bêdhug siyang | linarangan botohane | pan panggawe nênungkul | lali marang karyèng nagari | singa kang ngadêgêna | ing kalanganipun | apan lurug-linurugan | winangênan awit bêdhug kongsi mahrib | barang kang tinotohan ||

19. sabab ki tumênggung tan ngêndhati | dènnya seba ing sadina-dina | cadhang karsa dalêm mangke | kadhang ngandikan malbu | lamun datan dipun timbali | angayêng mêmariksa [mêmari...]

--- 9 ---

[...ksa] | kang nambut karyèku | bêdhug kundur trap kalangan | akasukan ngadu-adu kongsi mahrib | yèn dalu langênira ||

20. amung catur kang dipun êtohi | langkung tamban sadalu sapapan | sarwi myarsa gamêlane | singgolan kang anabuh | gêndhing ririh dipun gêndhèngi | abdi runggèng pilalan | samya ayu-ayu | têtiga talèdhèkira | pan kinêmbar swaranira rum amanis | lir ngalapêna jiwa ||

21. Ki Tumênggung Wiraguna lagi | pan sineba pawong kulanira | kapêdhak miji ngawine | lurah prajuritipun | ingkang sami atungguk kêmit | prajurit namèngdhadha | lawan trunalawung | jagabela trunalana[2] | singa nabda jagabaya anirwèsthi | karyandêl kapêtêngan ||

22. patih wasta Mas Prawirasêkti | angrèh pra mantri punggawa rolas | nama wira pangajênge | Ngabei Wiratanu | Wiradarpa lan Wirapati | Wiragra Wirarêja | lawan Wiraranu | Wirakarsa Wiradarma | Wirarana Wirajaya Wiraniti | lawan Wirakartika ||

23. Wirayuda de kapêdhaknèki | wong patang puluh kêkalih lurah | Ki Jagakarya wastane | kalawan Jagasatru | nama jaga pangajêngnèki | wong miji pan limalas | eka wastanipun | lurahnya Ekawijaya | gamêl wolu lurahe Ki Talipranti | sami tali sadaya ||

24. ngawin rolas Lurah Rêsagati | sami nama rêsa sadayanya | sawidak namèng dhadhane | lurah ran Wanèngkewuh | Wanèngbaya wanengan sami | sawidak [sawida...]

--- 10 ---

[...k] Jagasura | lurah Suranêmpuh | kalawan Surapanunjang | jajarira nama sura sadayèki | sawidak trunalanang ||

25. Drunajaya[3] lan Trunasurèki | sami nama truna jajarira | sawidak Trunalawunge | lurah ran Maradalu | Maradipa sajajarnèki | dwi dasa kapêtêngan | Lurah Jagadalu | patang puluh singandaka | lurah Lêmbujaya lawan Lêmbupati | jajar lêmbu sadaya ||

26. wolung puluh wadya bela pati | lurah kalih ran Jayamisaya | Jayawisesa sisihe | sadaya kawan atus | pitulikur kulanirèki | anjawi wadyanira | arahaning dhusun | guguran lamun lurugan | lan wong magang pinatah dadya prajurit | wong kalih atus ana ||

27. marma langkung santosanirèki | sira Ki Tumênggung Wiraguna | rumat pangati-atine | pangawulaning ratu | onjo sasamining bupati | tandho jaga pundhutan | dalêm sang sinuhun | barang kang pinundhut ana | rèmèh aèng kang pinăngka saking têbih | asimpên sadayanya ||

28. ingkang dadya bêktinirèng aji | atur-atur dhaharan kang lăngka | anggêr kang pinarlokake | punapa kang tan usum | ingaturkên marang sang aji | tuwin anèh-anèhan | pinilala katur | dènira rumêksèng nata | aywa kongsi kacuwan ratunirèki | sabarang kang kinarsan ||

29. ki tumênggung dangunira linggih | nèng pandhapa tan pati ngandika | tan rècèh kadi sabêne | sineba kulanipun | para lurah sadayanèki |

--- 11 ---

tuwin pra punakawan | sami makan sawung | pêpak anèng palataran | miwah mantri panêkar kang sami prapti | bêkta bombonganira ||

30. nunggil Mas Patih Prawirasêkti | ki mas patih aris arêrasan | pra mantri bêbisik takèn | punapa marmanipun | jêng kiyai tumênggung mangkin | tan pati kadya saban | inggal nandhing sawung | mas patih aris wacana | inggih kirang priksa ingkang dadya galih | sampun samadya căndra ||

31. kula ragi awis dèn timbali | sarawuhira saking pasowan | yèn wus lukar kampuhane | gya siram dhahar sampun | nulya mijil marang pandhapi | adhawuh têtandhingan | puyuh yèn tan sawung | mung pikantuk sakêmbaran | nulya kundur sadalu tan mijil-mijil | kajawi wontên dhawah ||

32. Ki Tumênggung Wiraguna mangkin | lagya kèmêngan badra irawan | yèn ta upamakna mangke | kèmêngan lir nyalimut | badra mêndhung irawan sasi | lir wulan kagiyungan | ing ima ngêndhanu | Ki Tumênggung Wiraguna | apan lagya kasmaran tyasira mangkin | langkung dènnya sungkawa ||

33. ingkang dadya bêbukaning kingkin | ganjaran dalêm wong bêboyongan | saking Pathi duk bêdhahe | wasta Ni Rara Mêndut | asli saking tanah Trêbanggi | anake bakul prada | ing Trêbanggi dhusun | marmane wontên Santênan | pan pinundhut palara-lara ya maring | Adipati Pragola ||

34. badhe kinarsan kinarya sêlir | dèrèng kongsi kinarsan bok lara [la...]

--- 12 ---

[...ra] | kasêlak dahuru gègèr | binoyong mring Matarum | pinaringkên Wiragunèki | têtiga tunggilira | pat Bok Rara Mêndut | kang tri oreyan kewala | mung sawiji ni rara kang dadya brangti | anging lumuh kinarsan ||

35. marma ki tumênggung langkung kingkin | ciptaning driya salaminira | anèm tumêkèng sêpuhe | andulu mring dyah ayu | datan wontên ingkang nyamèni | sakojuring sarira | lir Ni Rara Mêndut | luwêse myang manisira | anênuntung ing jêjantung amêmêjing | amêjang kalangênan ||

36. ingkang seba cêlak mungging ngarsi | pan kêkalih lurah punakawan | sapati Wirapatine | jêng kiyai tumênggung | sadangune dènira linggih | tan kêna angandika | gya kang garwa rawuh | Nyai Ajêng Wiraguna | marêk ingkang raka marang ing pandhapi | sarwi saos dhaharan ||

37. lah-olahan asri amêpêki | tinata tarab andhèr ing ngarsa | dhêdharan jing-enjingane | bikang sêrabi puthu | lèmpèng gêmblong wug-awug angin | lêmpêr pêpudhak kêtan | plèk-êmplèk bêkatul | prêdatan bakaran pisang | kêtan salak juwadah jênang lan wajik | lopis kupat balindrang ||

38. bakaran dhèndhèng gêpukan garing | ledre sêmarmêndêm muntên kupat | tan kolak apêm kocore | garêndul jênang kukus | kalonglahang srikaya pipis | jêmunak jênang caca | kolèh sagu lêmu | wedang tèh lan mêmanisan | gula arèn sampun sumaji ing ngarsi | asri mungging rampadan [rampada...]

--- 13 ---

[...n] ||

39. Nyai Ajêng Wiraguna uning | yèn kang raka lagya sungkawèng tyas | nyi ajêng kalangkung jrihe | dhasar pambêkanipun | nyai ajêng bêkti ing laki | bojo jêjaka lara | salamine durung | katiban saêlêr sada | nora tau karya wuwus wawan runtik | tan nate rinêngonan ||

40. saking bisa ulah nuju kapti | cadhang awas sakarsaning priya | kang dadya tyas glis rinuktèn | nêkakkên kang kinayun | anyingkiri kang dèn sukêri | sêptane kinawruhan | kasêngsêmanipun | ywa kongsi kadho ing karsa | ingkang raka asiha ing kirik gênjik | yêkti milu sih marma ||

41. nyai ajêng aturira aris | angarum-arum wacananira | ngrêpèpèh anor ature | dhuh jêng kyai tumênggung | punapa kang dadya wot galih | punapi angsal duka | dalêm sang sinuhun | lamun botên makatêna | lah punapa ingkang kinarsan kiyai | kawula dhawuhana ||

42. Ki Tumênggung Wiraguna angling | mring kulanya lurah punakawan | capati dhawuhna age | mring mas patih yèn aku | datan arsa angadu tandhing | padha konên bubaran | kang ambombong sawung | capati matur sandika | sigra dhawuh ring Patih Prawirasêkti | mas patih tur sandika ||

43. nulya pra botoh bubaran sami | tuwin kang seba ing palataran | kathah samya bubar mulèh | mung kêdhik ingkang kantun | para mantri lawan mas patih | Kiyai Wiraguna | lon [lo...]

--- 14 ---

[...n] timbalanipun | arang nyai ajêngira | manira tan dinukan marang sang aji | nyai wêruhanira ||

II. Gandrungipun Tumênggung Wiraguna dhatêng Rara Mêndut

44. ingkang dadya wode tyasku iki | iya paring dalêm bêboyongan | amung bocah siji kae | iya Si Rara Mêndut | bok iyaa sun karya sêlir | nanging sêlir kuwasa | angrèh pra sêlirku | myang kabèh parêkan ingwang | karèrèha Si Mêndut sadaya sami | miwah kagungan ingwang ||

45. jroning dalêm sun srahakên tuwin | sajabaning omah kaduweya | ya marang Si Mêndut kabèh | ana dene sirèku | mardikaa bae ya bêcik | ngarah apa wis tuwa | mukti kongsi pikun | momonga awak kewala | ayya susah sapanganira wong siji | măngsa ta kapirana ||

46. yèn kalakon pêthèkku ing benjing | layak gêlis manak bêranahan | kêtara mêntêr-mêntêre | ya saking kêpenginku | duwe tuwuh têka sawiji | kang wus padha manawa | durung parêngipun | Si Mêndut yèn pinarêngna | genjah anak-anak têmu lawan mami | dhuh kaya iya uga ||

47. nyai ajêng mèsêm matur aris | kados lêrês ing pêthèk sampeyan | kula gih mêthèk cèthèke | madhêp uritanipun | sawangane pan sarwa isi | kêndho walikatira | ula-ula munggul [munggu...]

--- 15 ---

[...l] | angêntêt sasalangira | kadi datan inang dhukun amastani | mêthèk yèn sugih anak ||

48. inggih kang sarwa sarwi pinanggih | ingkang kadya pun Mêndut punika | mêpêki pêpêthèkane | ki tumênggung gumuyu | iya-iya bênêr sirèki | lamun sira wus lêga | parênging rêmbugmu | wus măngsa bodhoa sira | nanging aja age-age kok pasrahi | mundhak gêdhe tyasira ||

49. lali kawijilane wong cilik | tan rumăngsa lamun bêboyongan | angkuhe pinasangake | durung karuwan luhung | ya tarinên bae ngong sêlir | lamun uwis prayoga | agampang jinunjung | nyai ajêng aturira | lamun parêng sampun makatên kiyai | pênêt dèn bang pasaja ||

50. owêl manawi kinarya sêlir | datan wingwang lamun pinadmia | prayogi sinêngkakake | anama mas ayu[4] | tunggil nama lan jêng kiyai | sanadyan wijil sudra | warnanipun mungguh | pasêmon wangun wibawa | datan pantês dadya sêliring bopati | pantês langêning nata ||

51. lêhêng kewala lamun tinari | laju pinasrahan ing kagungan | pan lajêng sinêngkakake | supadya dhanganipun | tiyang alit inggih punapi | ngagêsang pinadosan | lyan barkahing ratu | sagêda mukti wibawa | angayomi kadang wong tuwanirèki | inggih sihing narendra ||

52. Mêndut ngungkuli bojon bupati | ki tumênggung mèsêm angandika | nanging iya bênêr kowe | yèn mangkono ya uwus | lumakua nari saiki | kang garwa [gar...]

--- 16 ---

[...wa] tur sandika | lèngsèr saking ngayun | ki tumênggung tyasnya lêjar | tan sungkawa myarsa turing garwanèki | muwuhi kamuktèn tyas ||

53. gya dhahar nyamikan kang sumaji | nutug sasênêngira kinarsan | wedang tèh mêmanisane | anolih maring pungkur | mring rare ro kang dèn bakali | sarwi liniring tingal | kang anocoh crak-cruk | kapagut asmarèng driya | amranani ing pandulu angèsêmi | suka Ki Wiraguna ||

54. ya ta kang dinuta wau prapti | sira Nyai Ajêng Wiraguna | nèng gandhok wetan pêpanggèh | lawan Ni Rara Mêndut | nyai ajêng dènira linggih | nèng bale pambathikan- | ira Rara Mêndut | Ni Rara mingsêr lungguhnya | nyai ajêng ngandika Mêndut sirèki | dimrenea lungguha ||

55. ginêndêng-gêndêng nulya mangarsi | nyai ajêng aris angandika | Mêndut ing lakuku kiye | ingutus ki tumênggung | marang sira kinèn dhawuhi | saiki awakira | karsanya pinundhut | jinunjung kinarya garwa | pinasrahan kagungane jêng kiyai | jroning dalêm sadaya ||

56. myang jabaning dalêm kabèh iki | angrèh para sêlir myang parêkan | jêng kyai tumênggung sihe | iya marang sirèku | sarta lawan bêjanirèki | sawuse nuli sira | rarêsika gupuh | akirab-kiraba rema | lawan kêthik-kêthika kênaka tuwin | ngadi-adia rupa ||

57. kurah-kuraha wajahnirèki | ababonyo-bonyoa sarira | sumaosa mêngko sore | pinundhut wring[5] dalêm [da...]

--- 17 ---

[...lêm] gung | iya banjur sira mêngkoni | Rara Mêndut duk myarsa | nyai dhawuhipun | têka tan dadya tyasira | saking nora kaduga lamun nglampahi | alaki wong wis tuwa ||

58. Ni Rara Mêndut umatur aris | inggih nyai ajêng tur kawula | ing paduka sayêktine | inggih sumăngga katur | namung damêl sadamêl mami | sarèhning bêboyongan | marang ki tumênggung | kinèn punapa kawula | nambut damêl sasagêd kula nglampahi | damêl kula kewala ||

59. lamun kinarsan kinarya sêlir | sangêt panuwun kula lênggana | naoskên pêjah gêsange | sayêkti kula lumuh | tan kadugi kula nglampahi | yèn kawula pinêksa | ngong pilalah lampus | Nyai Ajêng Wiraguna | duk miyarsa Ni Rara aturirèki | sangêt ngunguning driya ||

60. angunandika sajroning galih | nora kêna wong mono dèn ina | kinaya ngapa karêpe | majade lamun sokur | wong lêlaran bakal amukti | ran Nyai Wiraguna | sinêbut mas ayu | mulane wong wus dilalah | kudu nora ana daulating urip | kuwalik karêpira ||

61. dangu pangungunira tan angling | ing wusana aris angandika | lah iya apa mulane | têka sira tan ayun | laki olèh kangjêng kiyai | apane sira cacad | sugih tur tumênggung | dhasar kêkasihing nata | kaeringan punjul samaning bupati | têka sira tan arsa ||

62. paran wadine karêpirèki | Rara

--- 18 ---

Mêndut aris aturira | inggih tan nacad sugihe | myang kinasihanipun | datan wontên kuciwanèki | mung kawula piyambak | miyat ki tumênggung | mêngkarag gêgithok kula | mulat tiyang sêpuh sampun guguh gigi | agigu gila mulat ||

63. nyai ajêng mèsêm sêmu runtik | nalanira lali kawêlasan | dadya sêngak andikane | e mêngkono Si Mêndut | cêlathune mring jêng kiyai | clonasan ngala-ala | marang ki tumênggung | wani-wani amêmada | nora mambu wong sudra anaking cilik | tur dadi bêboyongan ||

64. iya lamun mangkono sirèki | nora wurung ing saaturira | ngong aturkên sabarèse | puluh-puluh sirèku | nora kêna ginawe bêcik | apa wis mantêp sira | ing paturanamu | Ni Rara Mêndut turira | inggih sampun datan gadhah atur malih | nuwun mopo kewala ||

65. nyai ajêng wangsul mring pandhapi | praptèng ngarsa aris aturira | mring raka sarwi ngrêpèpèh | kula ingutus sampun | andikakkên nênggih anari | marang abdi paduka | Ni Bok Rara Mêndut | ature sangêt lênggana | mopo nampik tan kadugi anglampahi | naoskên pêjah gêsang ||

66. sampun datan kenging yèn pinikir | yèn pinêksa pinalalah pêjah | kalangkung dening lumuhe | ya ta kyai tumênggung | duk miyarsa aturing rabi | kalangkung dukanira | rêngu mingut-mingut | asêndhu dènnya ngandika | iya talah tumênggung têka tinampik | mring

--- 19 ---

pidak padarakan ||

67. asu cèlèng bêboyongan Pathi | wani-wani anampik maring wang | si sêmbèr lèwèr ngêlèwèr | dadak nampik tumênggung | sididhudhuh edan pênyakit | kandhuhan ngêndi ana | wong nampik tumênggung | kuwalik ngêl-ingêlira | tumênggung ngêdhangkrang mêngkene tinampik | wong manyolên tyasira ||

68. bilah-bilah wong apa si joprit | aku uga nora idhêp mana | nyat ngadêg nyandhak rotane | pan sarwi beca-becu | ting kalêpyur idunirèki | sigyarsa mara tangan | nulya ni tumênggung | anikêp wêntising raka | sarwi matur dhuh sampun-sampun kiyai | sampun paduka duka ||

69. piyarsakna tur kula rumiyin | sampun age-age amilara | tanpa karya wusanane | mêsakakên pun Mêndut | lamun kongsi dèn jêmalani | manawi apêsira | anêmahi lampus | tuwan kelangan parêkan | tur ta tiyang patêdhan dalêm sang aji | kinarya lara pêjah ||

70. tan ngatingalkên sihing narpati | angsal cacad ing batin paduka | inggih prayogi kang sarèh | mêndhêt salintiripun | sêlot-sêlotipun manawi | ing wingking ta mênawa | wontên lêganipun | ki tumênggung tyasnya lêjar | kèndêl dènnya arsa mangasta mring cèthi | ingaturan kang garwa ||

71. nulya wangsul dènira alinggih | nanging maksih duka sarwi mojar | setan alas Mêndut kuwe | kadarung edan taun | yèn mêngkono ya uwis nyai | si boyongan manyunyang | asu Mêndut iku | aran [a...]

--- 20 ---

[...ran] wong dadi boyongan | wêtokêna wadale picis saari | têlung reyal sadina ||

72. lamun ora kaduga naguhi | mêtokake wadal têlung reyal | pêsthi sun pêksa dhèwèke | dèn pilih êndi iku | nyăngga wadalan ingsun sêlir | tur ta dhèwèke lola | doh wong tuwanipun | malah mandar mêmêlasa | têka dadak dol ayu nampik bopati | wong kudu nora pakra ||

73. nyai ajêng aturira aris | inggih punapa sagêd mêdala | tigang reyal sadinane | wadalipun pun Mêndut | inggih mêdal saking punapi | tigang reyal pan kathah | ing sadintênipun | anambut damêl punapa | pan kongsiya mêjên dènnya nambut kardi | inggih măngsa angsala ||

74. ki tumênggung angandika wêngis | iya êmbuh saguna-gunanya | sabarang le nyambut gawe | manira nora wêruh | tan mangêni wong nambut kardi | ngong mung ngawruhi uwang | bae kang sun pundhut | têlung reyal têlung reyal | manira wus iya apan nora sudi | angambil wong aedan ||

75. ingkang garwa mèsêm matur aris | inggih saking gêmi gêmêt kula | sarèhne ingutus mangke | inggih pun Rara Mêndut | saking jrihe wadal kinardi | mêdalkên tigang reyal | ing sadintênipun | manawi nekad budinya | wade badan barkat ayu warnanèki | amêsthi lamun angsal ||

76. tur angsale têmtu klayan gampil | jêng kiyai punapa kalilan | puniku saupamine | ki

--- 21 ---

tumênggung ambêkuh | ih iku ta ngong tan nglilani | dhuh hêm aja ta aja | iku dudu laku | tan prayoga winicara | kèh diakèh amung aja siji kuwi | manawa manggih baya ||

77. bisa tan bisa dènnya ngêsoki | saliyane mêngkono kewala | dènira anambut gawe | ywa kaya iku mau | dudu padon anambut kardi | ya sing lumrah kewala | wong adol tinuku | nyi ajêng mèsêm turira | inggih măngsa antuka wang tigang anggris | yèn botên wade badan ||

78. kang dèn andêlkên mung ayunèki | pasthi payu mring putra santana | miwah mring para mantrine | myang wong nom-nom kang bagus | bagus ingkang asugih-sugih | yèn datan makatêna | pundi angsalipun | inggih yatra tigang reyal | Ki Tumênggung Wiraguna ngandika ris | marang ing garwanira ||

79. lah wus nyai lumakua nuli | ingkang garwa gya mundur sing ngarsa | marang gandhok wetan gone | nênggih Ni Rara Mêndut | nyai ajêng mrêpêki linggih | aris dènnya ngandika | Mêndut ngong dèn utus | ki tumênggung marang sira | kinèn dhawuhakên marang ing sirèki | kiyai dukanira ||

80. ing saiki dukane jêng kyai | lamun sira wus tulus lênggana | pinundhut wadalmu bae | sangganên pamêtumu | têlung reyal ing sabên ari | ko pilih êndi sira | anyăngga pamêtu | kalawan pinundhut garwa | Rara Mêndut manêmbah umatur aris | inggih dhatêng sandika ||

81. inggih panuwun kula pan aming [a...]

--- 22 ---

[...ming] | mugi kalilana adhêdhasar | nèng wande Prawiramantrèn | lan kaping kalihipun | amba nuwun paitan kêdhik | pan inggih mring paduka | sakarsanta angsung | angling kang sira dol apa | matur rokok dawa tali sutra inggih | manawi pêpajêngan ||

82. nyai ajêng mèsêm ngandika ris | sira arsa wade rokok dawa | nadyan mangkonoa kae | apa ta bisa mêtu | têlung reyal ing sabên ari | gone adol kaya pa | apa bisa payu | ewa mêngkono manawa | datan kêna paribasan giri lusi | janma tan kêna ngina ||

83. Nyai Ajêng Wiraguna angling | iya Mêndut sira aja susah | sun paringi paitane | lan apa panjalukmu | sêdhêng pira paitanèki | Rara Mêndut turira | gèn kawula nyuwun | pawitan dhatêng sampeyan | ing sawawrat kawula inggih pan aming | pangaos tigang reyal ||

84. nyayjêng angling dene mung sathithik | nora piraa pawitanira | nyanaku têka sêlawe | yèn mangkono sun asung | wiru mandar sompok Magiri | sabumbuning wangenan | ngong wèhi sadarum | nulya marêk marang ngarsi |[6] nyai ajêng mring raka aturira ris | kula sampun dinuta ||

85. andhawahi pun Mêndut turnèki | pan sandika pinundhutan wadal | tigang reyal sadinane | nanging panuwunipun | nuwun mande pinggiring margi | Prawiramantrèn dènnya | adhasar pun Mêndut | sade rokok tali sutra | lan anuwun pawitan dhumata[7]

--- 23 ---

mami | pangaos tigang reyal ||

86. Ki Tumênggung Wiraguna angling | dene sêpele pawitanira | apa sêdhêng ta kirane | lan apa bisa mêtu | têlung reyal ing sabên ari | sainggane bok aja | nganggo amêmarung | iya kon bathik kewala | paringana kang akèh mori lan lilin | dimène kèh payunya ||

87. nyai ajêng mèsêm matur aris | sakalangkung ing parentah kula | nging wus dadya panyuwune | kêdaha wade kukus | adhêdhasar nèng pinggir margi | amalik-malik dhasar | lincak pinggir lurung | Ki Tumênggung Wiraguna | angandika yèn mangkono ya wis nyai | krobongana kewala ||

88. panggonanira dipun awingit | gubahana bango pajangana | katokna rokoke bae | wonge aja kadulu | mring wong tuku myang wong lumaris | aja nglela katingal | poma dèn barukut | iku pawitane kurang | wuwuhana ya têka salawe anggris | lan padha rowangana ||

89. panggawene rokok dimèn gêlis | parêkanira kang padha bisa | padha kon ngrewangi kabèh | sandika nyai gupuh | lèngsèr saking ngarsa gya maring | gandhok wetan pêpanggya | lan Ni Rara Mêndut | nyai ajêng angandika | aturira wus kalilan mring jêng kyai | lan sira pinaringan ||

90. cèthi samya kinèn angrewangi | iya marang ing pangrokokira | Ni Rara nuwun ature | nyi ajêng nulya kondur | Rara Mêndut gya nambut kardi | ana [a...]

--- 24 ---

[...na] kang ngêdang sata | wênèh mipis uwur | nglakari bêsut wirunya | ana ingkang wiwit ngrokok analèni | anumpêt ngêmbang gundha ||

91. tan winarna solahirèng kardi | wus angsal kathah sapatadhahan | bokor lèngsèr kuningane | pan sampun sarwa mungguh | myang bangone sampun miranti | ginubah linangsenan | pinajangan brukut | Ni Rara wus kinalilan | sakalangkung suka rênanira dening | kalilan panyuwunnya ||

92. ya ta Ni Rara Mêndut tumuli | abusana ngadi-adi warna | pinapantês panganggone | pan sarwa adi luhung | pan asinjang garingsing ringgit | kêkêmbên jingga măngsa | kalpika gêng tajug | tasik rinêmbug sumilak | acangkingan kumbaya kusta mantêsi | kênarène salaka ||

93. asêngkang bapang panunggul siji | intên bumi tinon gêbyar-gêbyar | awêwida jênar adèn | gêgănda amrik arum | netra jait nawang alindri | idêp tumênggèng[8] wiyat | uwang nangkal putung | alise ananggal pisan | grana rungih kang pipi durèn sajuring | lathi manggis karêngat ||

94. waja tètèsing warih aradin | anapak palu pilinganira | anglunging gadhung janggane | athi-athi angudhup | kaganthêngan ing otot wilis | sêsinom micis panjrah | gêmuhing pambayun | wijang pamidhanganira | sarwa rurus kang asta gandhewa gadhing | jariji mucuk tanjang ||

95. pamêkak madya anawon kêmit | mandul-mandul payudaranira | sajari miring tapake |

--- 25 ---

iga wêkas anaput | turut pirit raras aramping | marmanira ni rara | dadya panjang kidung | wong sawetaning Mataram | lor Mataram sakulon Mataram tuwin | sakiduling Mataram ||

96. sandhung jêkluk tiba kabruk nênggih | sambat Rara Mêndut Wiragunan | wong kukur-kukur angulèt | sambat Ni Rara Mêndut | myang wong angop klakêpan arip | tan aliyan sinambat | namung Rara Mêndut | dhasar ayu awiraga | ya ta pikulane kinèn andhingini | kang mikul wong pacara ||

97. pangobènge wus kinèn rumiyin | abdi parêkan tiyang sakawan | nyai ajêng paringane | anglinting tuwin bêsut | wiru wênèh ingkang guntingi | nalèni nyumpêt pisan | ngrujit ngulêt bumbu | ngêmbang gundha sungsun sapta | tali sutra tinali aèr bang wilis | prayoga tiningalan ||

98. pangobènge kang samya rumiyin | lajêng kinèn tata dhasar pisan | nèng warung Prawiramantrèn | wus mangkat kang rumuhun | gêgancangan lampahirèki | wong wadon kapat bocah | kalima kang mikul | ing marga datan winarna | Ni Mbok Rara Mêndut sêdyane ngarèni | tanpa kanthi priyăngga ||

III. Rara Mêndut Dados Bakul Rokok

2. Kinanthi

1. wau ta Ni Rara Mêndut | sawuse busana adi | mijil saking gandhok wetan | sadaya kancanirèki [kancanirè...]

--- 26 ---

[...ki] | pawèstri samya tumingal | mring Ni Rara Mêndut Pathi ||

2. satuhu kalamun ayu | Ni Rara Mêndut linuwih | sa-Wiragunan tan ana | nimbangi warnanirèki | sadaya angalêmbana | tuwa nom parêkan cèthi ||

3. samya angatêrkên laku | praptèng paregolannèki | sung salamêt ing lumampah | ni rara mèsêm nauri | rewange pagut paguywan | samya suka aningali ||

4. ya ta wau lampahipun | Rara Mêndut anèng margi | lêlewanira kinarya | bawera angumbar liring | liringe gêbyar kêplasan | kadya jêmparing ngênèni ||

5. mencok ing panglesanipun | wong kang kasundêp ing liring | kalurung akarengkangan | tan bisa kumingkang têbih | wurung dènnyarsa lêlungan | kadhingklangan atut wuri ||

6. wong jajan dhon pinggir lurung | barêng giyak ting barêkik | watuk dawa wêwahingan | ambetho ngêmprèt ningsoti | kèh solahe wong jêjawat | inguwuh samargi-margi ||

7. apa kang gumêbyar iku | apa jin apa apsari | wênèh ngucap nora jamak | dene kuninge mancêning | gumêbyar pindha parada | pasêmone misih piyi ||

8. sawênèh ana amuwus | wismane baya ing ngêndi | apa ronggèng yun dèn tanggap | saupama ingsun iki | duwea bojo mangkana | mendah katrêm anèng panti ||

9. sakathahe wong kang dulu | tuwa nom gêdhe myang cilik | lumayu asalang tunjang | kasusu arsa udani |

--- 27 ---

marang kang lumakyèng marga | ting garunêng dènira ngling ||

10. kang wus ngarti tutur-tutur | sêlire kangjêng kiyai | Rara Mêndut wastanira | alumuh kinarya sêlir | pinilalah adhêdhasar | wade rokok pinggir margi ||

11. wau ta Ni Rara Mêndut | dènnya lumampah samargi | tinonton lir wong ambarang | samya têmbe aningali | kèh santri tinggal sêmbayang | priyayi tilar pok lampit ||

12. kang dhêdhangir pinggir lurung | pacule pijêr pinandhi | lalu mulat mring ni rara | wong kang madung pinggir margi | kuwadung gêgithokira | kêkicir datan tinolih ||

13. wontên wong ran Jaka Lelur | mêntas wade pêdhèt saking | pêkên Palèrèt kapapag | nguwuh-uwuh turut margi | bakyu kèndêla sakêdhap | kularsa têtakèn warti ||

14. nauri Ni Rara Mêndut | sapa kang nguwuh ing mami | ngandhêg-andhêg wong lumampah | Jaka Lelur marêk angling | dika punapa sampuna | laki myang dèrèng alaki ||

15. nauri ya aku durung | laki sih parawan sunthi | Jaka Lelur mèsêm ngucap | gih sami kalawan mami | kula gih mêksih jêjêka[9] | jaka jêbug awak mami ||

16. sèstu punika bak ayu | ni rara mèsêm nauri | hèh jawane anjêjawat | botên jawat bakyu mami | sing dika dol niku napa | iya adol rokok wangi ||

17. rêgine pintên bak ayu | ya pantèn yèn rokok mami | siji sakêton rêganya | uwe kathah rêginèki | lah têgêsane kewala | kang mayar rêginirèki [rêgini...]

--- 28 ---

[...rèki] ||

18. têgêsane pitung suku | nêlung reyal iya laris | e e biyang nora jamak | rêgane têgêsannèki | niku napaa ni rara | têka kèh têgêsannèki ||

19. têgêsan ngong kêbês idu | yèn dèn udud ari lêgi | pêndhak lêgi misih enak | agurih karasèng ati | saurira yèn mangkana | têgêsan bae prayogi ||

20. Rara Mêndut mèsêm muwus | ya mêngko pantèn sun doli | nèng warung ing tumênggungan | pikulanaku wus dhisik | lah inggih dawêg bok rara | kula andhèrèk wong kuning ||

21. ya ta lajêng lampahipun | jinawat samargi-margi | ana wong barêng lumampah | wong têlu sawiji angling | dawêg adhi tinututan | punika wong ayu kuning ||

22. lah punapa damêlipun | kapati-pati nututi | pedahe punapa kakang | e anu dhi yèn mênawi | pirabara jro omahnya | wruha latare sathithik ||

23. pagêr dhadha bae lothung | lumayu gancang nututi | wus parêk aniba gêblag | ngacêcêng têngahing margi | niba tangi tangi niba | tinakon rowangirèki ||

24. kenging punapa puniku | dene têka niba tangi | sandhung krikil dhêngkul kula | sapintên gênging karikil | kongsi nyandhung dhêngkul dika | lah inggih agêngirèki ||

25. sagênthong pêlèn pan langkung | e dados dene karikil | punika watu walagang | tan wêruh pijêr punapi | dhuh inggih lagya tumingal | mring Ni Rara Mêndut Pathi ||

--- [29] ---

[Grafik] | ya ta lajêng lampahipun | Ni Rara Mêndut wus prapti | ing warung katumênggungan | Wiramantrèn pinggir margi | bangone endah rinêngga | ginubahan cindhe wilis ... ||

--- 30 ---

26. ih nora jamak Ni Mêndut | nglalèkkên wong mlaku margi | wong ngêmalo pinggir dalan | kêletho irungirèki | pijêr andulu Bok Rara | Mêndut kang andudut ati ||

27. ya ta lajêng lampahipun | Ni Rara Mêndut wus prapti | ing warung katumênggungan | Wiramantrèn pinggir margi | bangone endah rinêngga | ginubahan cindhe wilis ||

28. rakite kadya tilam rum | lincak pring langking kinardi | bango limasan traju mas | winêlit kêkacèn wilis | kajang ginapit glamitan | kêkrobongira pring langking ||

29. ginêlaran kalasa lus | sêsampiran wastra kêling | pan wus katêmu tinata | mring rowang pangobèngnèki | ni rara wus atrap dhasar | nèng warung Prawiramantrèn ||

30. dandan malih ngayu-ayu | asinjang garingsing ringgit | kêkêmbên cêlêpan pradan | gadhung kinamudawati | wida jênar gêgêbêgan | arimong limar kêtangi ||

31. nginang mukêt nyanun-nyanun | anyawang banging kang lathi | dhasar sêdhênge ni rara | mêpêg birainirèki | kadya gambar wêwangunan | liringe anglintang ngalih ||

32. lir pangantèn nèng jinêm rum | duk lagyarsa munggah guling | marma dhasare rinêngga | mring ki tumênggung supadi | wong lanang ingkang tumingal | aja na kang wani-wani ||

33. ingkang tuku rokokipun | mring Ni Rara Mêndut Pathi | nadyan akèh kang tukua | kewala samining èstri | ywa kongsi slanggapan ujar | lan wong lanang pinrih ering ||

34. wusana têmahan brubul [brubu...]

--- 31 ---

[...l] | wong rucah tuwin priyayi | sanadyan ora tukua | rokok mring Ni Mêndut Pathi | mandhêg anganyang kewala | kèh mantri epoke kari ||

35. myang wong mikul wade kayu | tan kongsi payu lèh dhuwit | dèn brukkên ing dhasarira | winèhkên Ni Mêndut Pathi | mung olèh èsêm kewala | tan etung darbèkirèki ||

36. wong ingkang kêkinthil wau | dhêkukul kadya wong ngêmis | anglungsar ngarêping dhasar | pangucape angrêrintih | dhuh pundi têgêsanira | kang klumut idunirèki ||

37. dawêg yatra sangang suku | gèn kula awade sapi | he pantèn lah iya ênya | rasakna têgêsan mami | dhuh inggih punapa eca | kula udude samangkin ||

38. enak pisan pantèn iku | yèn diudud dina lêgi | pêndhak lêgi maksih enak | angambar idune wangi | yèn diudud bêngi iya | têlung sasi krasa ngati ||

39. nulya ingakêp kang udud | niba bèg gumuyu mringis | kiyêr-kiyêr kêkincêran | sambat adhuh biyung mati | tomboka sapiku gêrang | măngsa gêgêtuna mami ||

40. sira Ni Bok Rara Mêndut | dènnya dodol langkung laris | sabên tiyang ingkang prapta | miyak gubah cindhe abrit | calèrèt gêbyar sêreyal | sakêton ngênêm sukoni ||

41. kang cêmlèrèt ulatipun | Ni Rara Mêndut ing Pathi | sabên-sabên wong kang tumbas | sinangonan ulat liring | mila larang-larang nyêngka | sakêton rokok satunggal |[10]|

42. têgêsane pitung

--- 32 ---

suku | jor-êjoran malarangi | sangang suku nêlu têngah | ana nêmpuh têlung anggris | kang gêmbong idu anyaran | têgêsan ingkang nêm nyari ||

43. laris nêlung kêton payu | kang kotos idunirèki | ingkang tuku lunga têka | pangudude dèn wit-iwit | kang lunga sumping têgêsan | rasane nak dèn kêcapi ||

44. akathah kang samya tugur | anèng dhasar nora mulih | angatèl kongsi sadina | pangarahe barêng mulih | yèn kukut mulih ni rara | pating kareyab tut wuri ||

45. kabèh padha ting balilung | tan ana kang nandhang jarit | labête samya bebasan | bêbêt ikêt sabuk kêris | samya sinungkên Ni rara | Mêndut kang andudut ati ||

46. kèh kari kathok pok pupu | samya kondhe lir wong baring | angiring marang Ni Rara | Mêndut dènira umulih | marang ing kawiragunan | kabèh sêdya ngiring-iring ||

47. wanci candhikala surup | sumilak padhanging langit | layangan layung sagara | nuluhi langêning bumi | ngundhaki sênêning cahya | Ni Rara Mêndut ing Pathi ||

48. tuhu yèn ayu pinunjul | gumrining kuning mancêning | katonton endahing warna | lir pendah prayangan pêri | dèn iring setan thethekan | janggitan galidrah cicir ||

49. ya ta wau lampahipun | ing kawiragunan prapti | akathah sal-angsalira | tumbu parokokannèki | pikulan kayu katela | tom nila dhawêt caobir ||

50. bature papat barêngkut [ba...]

--- 33 ---

[...rêngkut] | anggendhong epok lan jarit | langkung kathah antukira | arta busana pangaji | wolung dasa reyal ana | dènira dodol saari ||

51. katur nyi ajêng tumênggung | ingaturkên jêng kiyai | Ki Tumênggung Wiraguna | gumujêng ngandika aris | dene kaya wong ngrêrayah | dalah dhawêt sukêt êbir ||

52. kêpriye surupe iku | nyi ajêng umatur aris | pun Rara Mêndut aturnya | ngaturkên sal-angsalnèki | sadaya dipun etanga | lan wêdale sabên ari ||

53. inggih pintên sêrêpipun | anggènipun tan ngaturi | ing pamêdal tigang reyal | ing dalêm saarinèki | dados pitulikur dina | arta wolung dasa siji ||

54. ki tumênggung ngandika sru | ih ingong tan arsa ngambil | nganggo reyal sêsurupan | barang bèrèng dèn ajèni | manira pan nora arsa | ingsun wus sugih pribadi

||

55. mung arêp mring awakipun | kêpriye karêpmu nyai | mrih lêga tyase adhangan | gêlême manira sêlir | angur baya jêjaluka | sabarang kang dèn karêpi ||

56. apa bae kang dèn jaluk | manira kang minangkani | nyi ajêng matur ing raka | lamun pinaring jêng kyai | inggih dèn sarèh kewala | pinêndhêt salintirnèki ||

57. ingugung bae karuhun | tinurut sakayunnèki | inggih ing têmbe manawa | wontên lêgane tyasnèki | miturut karsa paduka | pinundhut kinarya sêlir ||

58. ki tumênggung ngandika rum | iya bênêr sira nyai | nanging tyas ingsun tan kêna | kêlawasên [kê...]

--- 34 ---

[...lawasên] karêp mami | pikirku nuli kênawa[11] | Si Mêndut manira sêlir ||

59. têka dadak pinilaur | nyăngga wadal têlung anggris | yèn tulus nampik maring wang | yèn mêngkono ya wis nyai | wêtokna sapuluh reyal | wadale ing sabên ari ||

60. sapira-pira kèhipun | ngong anggêp sapuluh anggris | yèn kurang sapuluh reyal | ngong tikêlkên slawe anggris | lah wus nyai dhawuhêna | si mênyunyang Mêndut Pathi ||

61. dene yèn nurut maringsun | sun karya garwa padêmi | kabèh ing kawiragunan | kaduwea andhèwèki | yèn pilalah bêlenderan | kaparêng dhèwèke mati ||

62. nyi ajêng ajrih kalangkung | sandika lèngsèr sing ngarsi | lumampah mring gandhok wetan | gyane Rara Mêndut Pathi | ngling ya Mêndut wruhanira | dukane kangjêng kiyai ||

63. datan dadya parêngipun | gonmu ngaturkên lih-olih | surupe pamêtunira | lawan dandanan pangaji | tan arsa mundhut nganggêpa | malah sru dukanirèki ||

64. gonira mêmarung iku | jêng kyai datan marêngi | iya karsane mring sira | gêgêdhangan luwih bêcik | yèn sira nyandikanana | kinarsan kinarya sêlir ||

65. iya marang ki tumênggung | jinunjung kinarya padmi | tinêkan sakarêpira | yèn mungguh ingsun pribadi | ngupaya kamuktèn apa | wong dadi bojon bupati ||

66. lah turutên uga Mêndut | aywa sumêlang mring mami | ngong ngêmpèk bae mring sira | sakarsanta ngong turuti |

--- 35 ---

ngarah apa sun wis tuwa | momong bae mring sirèki ||

67. yèn sira tuhu tan ayun | nuruti karsa jêng kyai | lara pa kang sira sandhang | angur pituruta bêcik | ywa mangkono Mêndut sira | timbalane jêng kiyai ||

68. yèn sira kudu mêmarung | adodol pinggiring margi | dèn tikêlkên têlu sira | sapuluh reyal saari | luwiha sapira-pira | inganggêp sapuluh anggris ||

69. yèn kurang têka sapuluh | tikêl dadi slawe anggris | anggris malorok kewala | tan arsa surup pangaji | iku jêng kyai karsanya | mara sira pilih êndi ||

70. Ni Rara Mêndut umatur | inggih tur kula jêng nyai | langkung kasinggihanira | sih marma warah utami | dhumatêng kawula dahat | kapundhi ing êmbun mami ||

71. makatên timbalanipun | rakanta kangjêng kiyai | yèn kawula tan kalilan | amêmande pinggir margi | kawula kêdah kinarsan | pinundhut kinarya sêlir ||

72. kawula kalangkung lumuh | botên kadugi nglampahi | lêhêng kula pinêjahan | amêksa wong datan apti | tan rubêd datan sumêlang | dhatêng paduka jêng nyai ||

73. tuwin mring sadayanipun | pra maru parêkan sêlir | tan wontên kang dados manah | amung kawula pribadi | sadasa wus takdiring Hyang | datan kabuka ing kapti ||

74. duka dalêm mawinipun | kawula mulat jêng kyai | sakalangkung ajrih gila | yèn kula pinêksa mangkin | aluwung pinêjahana | tan kadugi anglampahi ||

--- 36 ---

75. wondene ing dhawuhipun | ngindhakkên pamêdal mami | inggih gèn kula dhêdhasar | sadintên sadasa anggris | lamun maksih kinalilan | nèng wande Prawiramantrin ||

76. tan lênggana dhawuhipun | sandika kewala mami | langkunga saking punika | kawula maksih kadugi | nyi ajêng ngungun miyarsa | marang kasaguhannèki ||

77. sira Ni Bok Rara Mêndut | nyaguhi sapuluh anggris | angandika jroning driya | Si Mêndut tuhu tan apti | dèn pilalah adhêdhasar | tan gêlêm kinarya rabi ||

78. jawane wong urip iku | tan kêna dinalih-dalih | baya wus takdiring Suksma | tan dumèh ala lan bêcik | kukuh pasthining Pangeran | tan kêna kinaryèng janmi ||

79. ni ajêng aris amuwus | mring Ni Rara Mêndut Pathi | kalamun mangkono sira | kopilaur luru picis | ya apa saaturira | ngong aturkên mring jêng kyai ||

80. wus kundur nyai tumênggung | ya ta Ni Mêndut ing Pathi | bêboja mring kancanira | tuwa nom parêkan cèthi | lèh-olèhe pêpanganan | dinumkên kabèh waradin ||

81. myang sandhangan angsalipun | jinaluk sinungkên sami | sadaya angalêmbana | sawênèh amituturi | lah bok inggiha ni rara | pinundhut kinarya padmi ||

82. dadi tunggul gandhal-gandhul | nunggang tandhu dèn payungi | jinajaran asinggahan | kamuktyan sandhang lan bukti | lamun andika bok rara | puruna kinarya rabi ||

83. marang jêng kyai tumênggung | kula ingkang [ing...]

--- 37 ---

[...kang] mara nyai | sadaya puniki padha | tan lênggana dadya cèthi | Ni Rara Mêndut saurnya | wus bangêt tarima mami ||

84. apan ta sapuluh-puluh | kudu lênggana tyas mami | nadyan ingsun bêboyongan | tan têgêl mulat jêng kyai | aja kongsi dèn gêrayang | dêlêng bae gila wêdi ||

85. pra cèthi ngungun gêgêtun | mring Ni Rara Mêndut Pathi | ing latri datan winarna | ya ta enjingira malih | ni rara mangkat dhêdhasar | mring warung Prawiramantrin ||

86. tan winarna ing marga gung | gantya kang winuwus malih | kalangan ing tumênggungan | Ki Tumênggung Wiramantri | angadêgakên kalangan | sawung nèng paseban jawi ||

87. sira jêng Kyai Tumênggung | Prawiramantri anênggih | apan sadhèrèke tuwa | Tumênggung Wiragunèki | sami wêdana kêparak | kaot kêkasih kang rayi ||

88. kasih dalêm jêng sinuhun | Tumênggung Wiragunèki | kinarya patih jronira | kang tadhah karsaning aji | têngêne Ki Wiraguna | kiwane Prawiramantri ||

89. pêpantaran sêpuhipun | sawange sêpuh kang rayi | kaot waja wus kèh rumpang | lawan uwane wus putih | kang raka maksih kumrapyak | kadhêle kadhang tan wigih ||

90. siji durung ana runtuh | mung rema sumambêl wijin | sami karêmênanira | jago gêmak lan kêmiri | dènnya ngadêgkên kalangan | pra botoh wus sami myarsi ||

91. ing wulan bakdaning Mulud | para botoh têbih-têbih | botoh sakuloning praga | sawetaning

--- 38 ---

gunung Mrapi | sakiwa têngên Mataram | wus kathah kang sami prapti ||

92. para kenthol para bagus | pra jadhug kokoking dèsi | bêkêl ngabèi myang dêmang | kang prapta samya priyayi | Antipraya Pakêbonan | Jasuta ing Wanapêti ||

93. kenthol macan gogik mêrbung | Kartadăngsa Têgaltulis | Nalabăngsa ing Patalan | Patrawăngsa ing Magiri | ing Jodhog Ki Ănggapraya | Ki Căndramênggala Tasik ||

94. Ki Ănggayuda ing Bantul | Wiryamênggala ing Taji | Ekajaya Karangbêndha | Kenthol Nantangyuda Pakis | ing Mranggèn Ki Mandangjaplak | de Găndagêndir Pênjalin ||

95. Jayawiruta ing Waru | Antolgati Kalibêning | Singayuda Pajagalan | Ănggajaya ing Pasapin | ing Wotgalih Wanamarta | Ki Surajaya ing Wêdhi ||

96. Citrawăngsa Kalipênthung | ing Jarakan Sutakarti | Ki Lalêrmêngêng ing Pokak | Kêmalon Jămblahitèki | Singayuda ing Prambanan | Sabukgiwang Warak dèsi ||

97. ing Pajambon Sabukdhadhung | ing Giligan Citragati | Sabukalu ing Prambonan | Sabukjangêt Kêmbangwangi | kang para botoh sadaya | padha wong nonoman sami ||

IV. Pranacitra Kêpengin Anglurug Abên Sawung dhatêng Kawiramantrèn.

3. Sinom

1. sigêgên ingkang kocapa | pra botoh [bo...]

--- 39 ---

[...toh] kang sami prapti | kalangan ing tumênggungan | gantya kang winuwus malih | ing padhusunan nênggih | Batakêncêng wastanipun | sawetaning Mataram | wontên wong răndha satunggil | dede randhaning ngabèi răngga dêmang ||

2. apan randhaning nakoda | juragan kalangkung sugih | asli saking Pangangsalan | Singabarong wastanèki | darbe suta sawiji | priya warnanira bagus | awasta Pranacitra | jêjaka sigit jalanthir | dadi panjang kidunge para biyada ||

3. răndha wlanjar prawan desa | kèh samya ngunggah-unggahi | marang bagus Pranacitra | sadaya samya tinampik | anake pra patinggi | sudagaran bakul-bakul | tan ana kinarêpan | marma sadaya parèstri | samya dahat kasmaran marang ki jaka ||

4. sandhung jêkluk Pranacitra | kang turu ngalilir ngimpi | sambat bagus Pranacitra | wong ngulèt angop myang wahing | sambat Pranacitrèki | wong kaplèsèt tiba ambruk | kajêngkang kêrengkangan | sêsambat Pranacitrèki | ngising plênêt sambat bagus Pranacitra ||

5. ngumbe cêgok Pranacitra | mangan kasêrêtên cêkik | sambat bagus Pranacitra | santrèstri sêmbahyang mahrib | sambat Pranacitrèki | wong watuk kapêntut-pêntut | sambat gus Pranacitra | wong nini-nini angantih | ngikal bênang sambat bagus Pranacitra ||

6. wau ta Ki Pranacitra | amujung kampuh kumitir | sadalu tan antuk nendra | kongsi byar enjing tan tangi | wontên susahing galih |

--- 40 ---

tan sare kewala mujung | kang dadya dalanira | myarsa ujaring pawarti | têmbang rawat-rawat tutur pinajaran ||

7. kang lidhah sinambung karna | binandhung kalamun mangkin | kalangan agêng-agêngan | ing mangkya Kangjêng Kiyai | Tumênggung Wiramantri | ngadêgkên kalangan sawung | akèh pra botoh prapta | pra bagus para ngabèi | para kenthol patinggi myang răngga dêmang ||

8. sira bagus Pranacitra | panakawane kêkalih | angadhêp ing daganira | lagya samya mêmakani | sawung puyuhirèki | si jagung makani sawung | blêndhung makani gêmak | sawung puyuh kang dèn ulig | dèn gêgala sawunge Ki Pranacitra ||

9. ya ta wau nyai răndha | Singabarong kagyat mèksi | ing putra gus Pranacitra | amanggung mujung aguling | ni răndha marêpêki | maring gyannya putranipun | ni răndha aris nabda | babo putraningsun kaki | paran ingkang dadya rasaning tyasira ||

10. dingarène sira nyawa | amujung tan arsa tangi | kulup bagus Pranacitra | wus awan tangia linggih | Pranacitra ngalilir | tumungkul amarikêlu | nyai răndha wacana | paran sira jaluk kaki | awêcaa aywa manggung tyas sungkawa ||

11. sabobot anaking răndha | tan kurangan nandhang bukti | apa karêp mring wanodya | naking sudagar patinggi | myang sutaning priyayi | manira kang ngêbun-êbun | suka wadenên ingwang | yèn ana karêpirèki | anak ingsun pira gèr pan amung sira ||

12. Pranacitra aturira | tumungkul [tumung...]

--- 41 ---

[...kul] amarikêni | inggih bok atur kawula | kang dadya raosing galih | kadalih kula brangti | marang wanodya kang ayu | sutaning pra sudagar | patinggi miwah priyayi | inggih dèrèng ngrêmpêlu apalakrama ||

13. datan kabuka ing manah | mah-imah salakirabi | sawêg karêm gêgêmbyakan | ambêbungah ati mami | rêmên angabên tandhing | dhèrèkan puyuh myang sawung | kawula myarsa warta | lamun ki tumênggung mangkin | Wiramantri angadêgakên kalangan ||

14. akathah kang sami prapta | pra botoh kang têbih-têbih | sami mring katumênggungan | panuwun kula bok nyai | paitan ngabên tandhing | kula nyuwun reyal satus | kadamêl ngabotohan | marang ing Kawiramantrin | Nyai Singabarong aris awêcana ||

15. adhuh nyawa putraningwang | kalingane sira kaki | yun kasukan ngabotohan | jaluk uwang satus anggris | akèh sira karêmi | aja ngabotohan kulup | krana wong anom sira | abagus anyandhang nyampir | parêk anèng ngarsane priyayi kathah ||

16. kasiku kasaru sira | kaewanan ing priyayi | ya saking panganggonira | sarwa di ngungkul-ungkuli | sira kulup wong sigit | wong bancèr jêlanthir bagus | iku kulup manawa | akèh tan sênêng sirèki | abèn-abèn andrawasi marang sira ||

17. kulup raose tyasingwang | mêlang-mêlang mutawatir | aja sira ngabotohan | marang ing Prawiramantrin | malah mandar [ma...]

--- 42 ---

[...ndar] sirèki | adaganga bae kulup | layara mring Malaka | ing Riyo Trêngganu Ngacih | paraune dhewe swargi ramanira ||

18. misih anèng Pakalongan | muara pinggir pasisir | juru kumudhi pandoman | juru masak lan panggiling | ya padha misih urip | aja kaya nak-sanakmu | iya Si Kartadeya | wuda kongsi bêbêt kêndhil | ngulandara saparane tinambuhan ||

19. Pranacitra aturira | inggih sapisan puniki | badhe mêdali kambêngan | sawung mring Prawiramantrin | punapa raosnèki | ngabotohan ngabên sawung | sarawungan ing kathah | wawan toh lawan priyayi | tan andarung namung sapisan kewala ||

20. ya ta wau Nyai Răndha | Singabarong sih ing siwi | dhuh sutèngong Pranacitra | iya kulup sun lilani | sapisan bae kaki | aja manèh ngadu-adu | akarêm ngabotohan | dudu kasukaning cilik | iku kasukane priyayi ngawirya ||

21. dudu panggawe pajiwa | panggawe angrusak dhiri | anarik mring kêmlaratan | milu-milu kang priyayi | ana ingkang tinolih | marang kasinggihanipun | tan ngeman karusakan | repote anăngga kardi | de wong cilik yèn wis balindhis duwèknya ||

22. tan ana ingadhang-adhang | dadi tiwasing ngaurip | sakathahe kang tumingal | kabèh padha angarani | bangsat durjana maling | marma sira wong abagus | ywa karêm ngabotohan | yèn kadarung têmah lali | nora ana duwèke kang rinêmênan [ri...]

--- 43 ---

[...nêmênan] ||

23. kang putra matur noraga | kados botên yèn kadyèki | ni răndha ngling sokur sira | sarwi nyorog pêthinèki | ngambil wang satus anggris | sinungkên tinampan sampun | lah kulup wus mênyanga | baturmu loro ywa kari | Si Balêndhung Si Jagung padha milua ||

24. kenthol bagus Pranacitra | angandika maring abdi | Blêndhung Jagung sira padha | anggawaa jago mami | si modang dèn abêcik | panggawamu nèng marga gung | êmbanên cindhe kêmbang | kopohe cawêni putih | kêkorèke bêdholane lar priyăngga ||

25. Blêndhung Jagung tur sandika | sawunge wus dèn rêtèni | sira bagus Pranacitra | wus ngrasuk busana adi | akampuh jingga sari | paningsêt pathola madu | kêkonyoh mêmêntahan | acêlana cindhe wilis | arja dhuwung kinatah tinaturêngga ||

26. ngagêm kuluk kanigara | nyamat cêcandhèn mas adi | kacu kumbaya kusta bang | asêsumping gajah nguling | wusnya busana adi | Ki Pranacitra agupuh | mojar mring rowangira | payo Blêndhung Jagung aglis | amucunga marang ing katumênggungan ||

V. Lampahipun Pranacitra dhatêng Kawiramantrèn.

4. Pucung

1. ya ta wau lampahira kenthol bagus | Pranacitra ingkang | arsa angabêni tandhing | nênggih marang kalangan ing tumênggungan ||

2. rowangipun sawiji angêmban sawung [sa...]

--- 44 ---

[...wung] | kang sawiji bêkta | reyalira satus anggris | badhe tohnya jagone aran si modang ||

3. rencangipun arane Si Blêndhung Jagung | wus lajêng lampahnya | langkung padhadhahanèki | ya ta wau pra bakul jêplak langakan ||

4. mondrong canthur bêgajagan lan kathuyul | jêblogan aluran | êmbês-êmbês lan dêdungik | ladrang nginthil pêpara myang sambewara ||

5. samya nguwuh anjêjawat nguwuh-uwuh | saking wuri ngarsa | titip toh sadaya sami | angulungkên artane sarwi ngujiwat ||

6. ana suku patang reyal myang nêm suku | rong reyal sêreyal | kang têlu têngah sêtali | kang sapuluh uwang ana rolas uwang ||

7. têlung suku patang reyal yang nêm suku | têlu têngah miwah | pitu têngah wolung anggris | klima têngah nêm reyal myang pitung reyal ||

8. sru gumuruh swarane kang nguwuh-uwuh | kang gus Pranacitra | niki lho niki lho ngriki | kula titip yatra pêcah sangang sêka ||

9. kanthongipun pêthak dèrèng kula itung | suwawi punika | tampanana dhuh wong sigit | anauri sira bagus Pranacitra ||

10. sampun susah-susah andika bok ayu | yèn kawon kang arta | gèn dika nglumpukkên kêdhik | kadya êbun anunakakên dagangan ||

11. bathinipun sakêdhik saking sajumput | niku bakal ilang | dèn tohkên mring sawung mami | sarêng muwus para bakul sambewara ||

12. adhuh bagus lah botên ta kajêngipun | wus punaginingwang | anggêre [anggêr...]

--- 45 ---

[...e] lêga tyas mami | nadyan tuna satak lamun bathi sanak ||

13. lah ta bagus èsêmana bae ingsun | malah abathia | boya tuna sawêtawis | nêbas èsême wong bagus lêng-ulêngan ||

14. pan kumêpyur nunjêm têrus marang kêmpung | dhèhème sapisan | nyidham kaworan sayêkti | gumuyune kadya patutan nêmbêlas ||

15. mandhêg bagus kula ngêndhêgi rumuhun | kèh solahing jawat | Blênthung[12] Jagung anauri | sarwi sêntak gumuyu dènira ngucap ||

16. dhuh bok ayu bae kewala ta canthur | ngandhêgi ing sira | aku iki ya wong nyênthing | iya bagus pêpênyon ajêjingkêngan ||

17. dhasar bagus tèbès mèrèt wiron mancut | jêlanthir jênthara | anjêlarat anjêlirit | wong gumrining mancêning kuning abrêgas ||

18. bagus alus janjras majas dhasar tulus | mêsês lêng-ulêngan | dhèmês luwês sarwa manis | para wadon gumuyu sarêng wuwusnya ||

19. dene iku wong dhapure kaya grumbul | lir mêmêdi sawah | dêdêgmu iku amirib | êmblêg tenong nora nganggo winêngkonan ||

20. wangunipun apan kadya paga suwung | lambemu iku ta | lir tumang gêmpal anjubir | bathuk kadya mênyaton irung kukusan ||

21. lah gulumu kaya ugêl-ugêl buntung | iku janggutira | lir torong sumpung wus lami | êndhasira lir kuwali wadhah jangan ||

22. kadya krèwèng laweyan kupingirèku | pundhakmu têlênan | gêgithokira pan kadi [ka...]

--- 46 ---

[...di] | êmpluk uyah kaya kêndhi punukira ||

23. mung tanganmu karo iku kaya irus | èpèk-èpèkira | lir enthong rêgêd abusik | darijimu lir buntut parut wus gêrang ||

24. mung wêtêngmu bêlênêg ngêndhil anyêmpluk | bokongmu iku ta | lir tanggok tan dèn êsuhi | sikilira lir garan siwur protholan ||

25. mung ulatmu kaya terong duk kinulub | Blêndhung Jagung ngucap | anyêntak sarwi nudingi | ya munia manèh yèn arsa uninga ||

26. mring tabokku sothoku lawan dugangku | ambakna wong mada | nèng pawon kabèh wak mami | mara enggal yèn wani ge kumêcapa ||

27. para wadon ajrih tan ana sumaur | mèsêm palingukan | Blêndhung Jagung ngiwi-iwi | nolih-nolih lakunira pan kinarya ||

28. Pranacitra gung jinawat nèng dalanggung | ana bakul prawan | nyêlak nguwuh-uwuh ririh | dika mandhêg sakêdhap gus Pranacitra ||

29. mring pundi gus ngling kularsa ngabên sawung | marang tumênggungan | ni bok rara mèsêm angling | kula titip toh nêm reyal dika bêkta ||

30. kula wau pêpajêngan jarit sarung | anggèn kula babar | wingine punika lagi | kalih wulan pan ambabar kalih kêbar ||

31. salirange pêpajêngane nêm suku | dèrèng ngêlong sigar | sih wutuh nêm reyal niki | gya ingulungakên wau artanira ||

32. niki lho gus sakanthonge pisan wulung | Pranacitra mojar | ya dimène dèn tampani | mring Si Jagung dèn [dè...]

--- 47 ---

[...n] ulungkên gya tinampan ||

33. nulya laju Pranacitra lampahipun | ana lanjar mudha | kapang-kapang anututi | nguwuh-uwuh dhuh baguse Pranacitra ||

34. lamun bagus inggih arsa ngabên sawung | kula titip arta | wolung suku kathahnèki | mêntas payon gèn kula sade tênunan ||

35. lurik kêpyur sinjang dhasaripun alus | wontên tiyang têmpah | duk wingi lagya nyikati | wus rong taun lamine dènira mêkas ||

36. wontên malih nguwuh kakang-kakang bagus | mandhêga sakêdhap | manawi kenthol marêngi | kula turi inggih sipêng griya kula ||

37. lamun parêng sakêdhap kewala bagus | wontêna nêm wulan | griya kula mupung sêpi | bojo kula pan sawêg kesah adagang ||

38. dadi jagul amikul momot apunuk | sun têdha matia | dipênthungana nèng margi | dibegala dirampoga dimèn modar ||

39. anèng purug botên susah botên gêtun | laki wong anyalang | angur lakia wong sigit | patut ingsun rewangi dol sêga tumpang ||

40. dawêg bagus niki yatra têlung suku | dèrèng pati kathah | kula nyèlèngi sawarsi | wade pêcêl amênthêl tan pati kathah ||

41. niki lho gus dika gawe ngabên sawung | wontên răndha goprak | cêluk-cêluk anututi | kang gus kang gus dhuh kakang gus Pranacitra ||

42. kula titip yatra pêcah mung nêm suku | dika go pawitan | ngabên sawung yèn marêngi | sakanthonge gèn kula

--- 48 ---

awade toya ||

43. anggèn kula nyèlèngi satêngah taun | ana wong wis tuwa | nini-nini amarani | grumuh-grumuh lakune asêngkayigan ||

44. sarwi nguwuh muwus kaduwul-kaduwul | kenthol Pranacitra | andika mandhêg tumuli | hês hês adhuh dika ajêng gêthuk tela ||

45. lawan yatra kathahipun pitung suku | karyanên pawitan | gon kula bêburuh niki | usug dadah sakèhe wong duwe anak ||

46. dawêg ta gus dika gawe ngabên sawung | ingulungkên nulya | Pranacitra anauri | lah ta nini bok sampun asusah-susah ||

47. nini pikun angling o botên ta bagus | nulya tinampanan | ni tuwa bungah tan sipi | gih mangkotên hu hu huh hu guyu latah ||

48. aris muwus kula niki tutur bagus | ngong tuwa kêlapa | yèn kiring kèh santênnèki | Pranacitra ngling aris si nini jawat ||

49. nulya laju Pranacitra lampahipun | pan kathah wuwuhnya | artane salawe anggris | kajawine arta sangune pribadya ||

50. ya ta wau lampahira praptèng warung | warung tumênggungan | gègèr solahirèng janmi | yêl-uyêlan marani mring wurinira ||

5. Pangkur

1. kadya gabah ingintêran | ingkang samya dhêdhasar pinggir margi | sami ngadêg cêluk-cêluk | bakul prunjang myang prada | bakul prunjang ngadêg sarwi nguwuh-uwuh | kenthol bagus Pranacitra | ing ngriki andika linggih ||

2. bakul prada sru wuwusnya | ngriki mawon bagus [bagu...]

--- 49 ---

[...s] andika linggih | kula ladosi wong bagus | punapa kang kinarsan | sampun susah-susah mawi dika tuku | kula saosi kewala | sarwa gadhah bagus niki ||

3. bakul prunjang sru anyêntak | wong wis aku ingkang ngaturi dhisik | ngriki mawon gih wong bagus | dhaharan busanarta | pêpawitan dika gawe ngabên sawung | sêkar tuwin jêjêbadan | suwawi bagus suwawi ||

4. bakul prada ngujar-ujar | ambakna wong muwus anggêre muni | lagya ngong aturi suguh | kang nguwuh dhingin ingwang | têka dadak dhèwèke iku dol ayu | amêmêjang wong angundang | bok sing rada idhêp ngisin ||

5. upama sira tênana | mandahneya gonmu brêngkut kêpati | bakul tang-utangan nyambut | bakul olèhmu ngêmplang | iya arêp kinarya tombok wong bagus | baya dadi bêboyongan | mudhun dicancang lir anjing ||

6. bakul prunjang sru angaprak | sidipênthang alu dhase trayoli | cocote si asu buntung | lunthe sundêl kranjingan | iya nadyan utang-utang anyênyambut | tuwin angêmplanga pisan | tan nyambat bathangmu joprit ||

7. bakul prada wêngis ngucap | sa-bisaa sira arêp amukir | nèk mukir tak dhêplok ngalu | wong edan kaya sira | lah munia yèn arêp rasa tanganku | ora jamak ora jamak | tak kêpruk dhasmu ing krambil ||

8. isi trayoli binatang | lah bok iya dijajal ngêpruk krambil | mrenea-mrenea

--- 50 ---

asu | ulêng jambak-jinambak | rame gulêt gruwêkan rawuk-rinawuk | dêdrêg kèkèt jêjênggitan | cakot-cinakotan kuping ||

9. arame lir asu kêrah | wong sapasar uyêl samya ningali | gègèr samya lok gumuruh | gya pinisah Ki Tăndha | dhuh elinga bok ngantèn êmpun ta êmpun | anak laki tinolèha | gawe rusuh warung iki ||

10. wus pisah kang têtukaran | ngêmu êrah pipi bathukirèki | ingundurkên kalihipun | sarèh samya alênggah | nèng bangone dhewe-dhewe kalihipun | bakul prunjang misih ngucap | mring bakul prada nudingi ||

11. pancèn wong kranjingan setan | nora jamak-jamak amêjanani | siditanjir ngalun-alun | êndhasmu kongsi ngarang | bedhangaku arêp sira aku-aku | bakul prada bêngis ngucap | angadêg gênti nudingi ||

12. kowe dhewe sing kranjingan | wong wis kaplak datan idhêp ing isin | bokya aja adol umuk | sundêl wong babêdhatan | malah kowe iya ingkang ngaku-aku | dibedhang gus Pranacitra | măngsa wèha sun labuhi ||

13. nulyarsa paran-pinaran | gya Ki Tăndha anikêp saking wuri | anggronjal êmèh marucut | sami mêmpêng kalihnya | kapanjingan iblis lanat ngarubiru | kaku tyasira Ki Tăndha | kalihnya dipun gandhuli ||

14. sarwi sangêt mêta-mêta | ih wong iki tan kêna dinggo bêcik | gya ginèrèd kalihipun | winangsulkên gyanira [gyani...]

--- 51 ---

[...ra] | Kyai Tăndha sarwi ngucap masra-masru | nudingi kalawan rotan | yèn tan manut dak gêbugi ||

15. karo padha nora kaprah | gawe rusuh nèng warung ulêng sami | wong liwat padha rinêbut | tur ta durung karuwan | yèn dhêmêna kang liwat marang sirèku | angur ta aku kewala | rêbutên pasthi nuruti ||

16. kalihe malêruk ewa | èsmu ajrih dadya tumungkul nangis | kocapa gègèring warung | bangsat ambarung sinang | anarambul bujang pitu sarêng ngrêbut | sru gègèr ulêng-ulêngan | tambuh lor kidul myang wuri ||

17. wong dol dhawêt cao srêbat | rondhe tahu rujak lêgi myang êbir | rujak gobèt jênang grêndul | sate kupat balendrang | rujak crobo wedang tape samya gugup | tinunjang wong adol ăndha | adol pring jaran nututi ||

18. bangsat ngutil ngambul samya | pinggan suru mangkok sami dèn ambil | wong dol wade jarit sarung | lumayu salang tunjang | wong preyalan kocar-kacir dhuwitipun | rinêbutan marang bangsat | Kyai Tăndha gya nulungi ||

19. bangsat kang samya angrayah | ginêbugan kang cêlak dèn jêjêgi | wong ngutil samya lumayu | ajrih marang Ki Tăndha | ya ta wau bangone Ni Rara Mêndut | dhasare kongsi apadhang | katunjang wong gègèr sami ||

20. ni rara amingkis gubah | cumalèrèt gumêbyar gya kaèksi | Pranacitra sarêng dulu | kalihe was tumingal | tyase Rara Mêndut kalangkung kumêpyur

--- 52 ---

kumênyut Ki Pranacitra | kapagutan ing pangliring ||

21. apan kadya panjang putra | tibèng sela sarêng dulune sami | ni rara micarèng kalbu | botoh ing ngêndi baya | dene têka bagus sigite anuntung | muga mampira sadhela | tukua rokok mring mami ||

22. baya iku kang sayogya | amupua mring raganingsun yêkti | dadyati têmên wong iku | yèn pinarêngna uga | sun têtêdha wong bagus asiha mring sun | wêlasa ing kawlasarsa | sun labuhi lara pati ||

23. ing donya praptèng dêlahan | Rara Mêndut micara jroning ati | sapa baya wastanipun | gya nuding rowangira | sira bibi têtakona dèn agupuh | mring bature roro ika | gya mentar têtanya aris ||

24. Blêndhung Jagung apêpajar | lamun sira têtanya gih puniki | baguse Pranacitrèku | kang takèn niku sapa | sinauran gih punika Rara Mêndut | nulya wangsul apêpajar | Rara Mêndut langkung brangti ||

25. Pranacitra tan prabeda | tyasnya wirong kadadak dènnya wingit | kasaman sênuting kalbu | gus Pranacita apan | dèrèng miyat dyah kadya Ni Rara Mêndut | lan dèrèng tate kagiwang | maring dyah lagya samangkin ||

26. angunandikèng jro driya | sapa baya rane kang marung iki | dene akarya wulangun | anggebang wong lêlungan | nging tan larang yèn sun tohi lara lampus | sanadyan wêdhak ludira | tan gumingsir praptèng pati ||

27. ngandika mring rowangira | iku sapa

--- 53 ---

Balêndhung matur aris | gih puniku Rara Mêndut | biyadèng Wiragunan | dangu dènnya sawangan pagut pandulu | trênyuh ing driya kalihnya | samya kasmaran ing galih ||

28. liringe angadu rasa | sadlerengan samya cuwa ing galih | ya ta laju lampahipun | mèh prapta ing gledhegan | ngancik kori nênggih parêntênganipun | kocapa ing pakalangan | anggambuh pra botoh sami ||

 


Tanggal: Rêspati Manis (Kêmis Lêgi) slikur (21) Rabingulawal (Mulud) Je: naga trustha amuji tunggil (AJ 1798). Tanggal Masehi: Kamis 1 Juli 1869. (kembali)
trunalanang. (kembali)
Trunajaya. (kembali)
Kurang satu suku kata: anamaa mas ayu. (kembali)
mring. (kembali)
Biasanya guru lagu a: ngarsa. (kembali)
dhumatêng. (kembali)
tumêngèng. (kembali)
Jêjaka. (kembali)
10 Biasanya guru lagu i: satunggil. (kembali)
11 kênaa. (kembali)
12 Blêndhung. (kembali)