Pranacitra (Rara Mêndut), Balai Pustaka, 1932, #107 (Pupuh 06–10)
1. | Pranacitra (Rara Mêndut), Balai Pustaka, 1932, #107 (Pupuh 01–05). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
2. | Pranacitra (Rara Mêndut), Balai Pustaka, 1932, #107 (Pupuh 06–10). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
3. | Pranacitra (Rara Mêndut), Balai Pustaka, 1932, #107 (Pupuh 11–18). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
VI. Ing Kalangan Kawiramantrèn.
6. Gambuh
1. ya ta Kyai Tumênggung | Wiramantri nèng kalanganipun | ing paseban jawi tinaruban asri | lênggah ing lante klasa lus | pan sarwi liyangan epok ||
2. kulanira ing pungkur | samya ngampil pêdhang tamèngipun | rotan miwah talêmpak lawan jêmparing | tanapi sanjata alus | pawedangannya sumaos ||
3. ingkang andhèr nèng ngayun | pra botoh samya ambêkta sawung | myang priyayi răngga dêmang lan ngabèi | ambêkta bombonganipun | sawung ingkang wus pitados ||
4. sampun pêpak sadarum | angandika kiyai tumênggung | mring Mas Patih Wirakăndha kinèn tandhing | patih sandika turipun | nulya undhang mring pra botoh ||
5. lah suwawi ing ngriku | sami tinandhing bombonganipun | para botoh sandika nulya anandhing | nging dèrèng wontên kang athuk | panandhinge [panandhing...]
--- 54 ---
[...e] samya reyon ||
6. ki tumênggung nglingnya rum | padha kapikên anandhing sawung | singa ingkang kaot wis jamaking tandhing | payo kono goprak-gapruk | mêngko gampang arêbut toh ||
7. dèrèng pantara dangu | ingkang samya têtandhingan sawung | ya ta Pranacitra ingkang lagya prapti | kagyat sadaya kang dulu | cingak sagung para botoh ||
8. samya barêngan nguwuh | kang basa adhi anak myang putu | lênggah ngriki nak ngriki putu ngriki dhi | ngriki thol ngriki gus lungguh | ing ngriki angajak lunggoh ||
9. mèsêm kyai tumênggung | ya marmane bakul ulêng gêlut | jawane gus Pranacitra amêtoni | kang tandhingan rangu-rangu | kadya ngêntèni gus kenthol ||
10. Pranacitra sirèku | lah majua gonira alungguh | kowe apa anggawa jago sing êndi | Pranacitra aturipun | bêkta satunggil nging awon ||
11. ngandika ki tumênggung | ngêndi ana jago ala iku | linurugkên mring kalangan dèn êtohi | mulane anggawa sawung | iya bêcik wus pitados ||
12. Pranacitra umatur | inggih datan patohan tohipun | ki tumêngung ngling ya padha kêdhik-kêdhik | mung sasêmbèn ala nganggur | ngiras kinarya gêguyon ||
13. thèng-othèngan bae wus | angandika mring mas patih arum | Wirakăndha konên nandhing jago mami | yèn lamak lan jagonipun | Si Pranacitra ing kono ||
14. ya jagoku si kasur | tantingên kono têkêmanipun | sapa
--- 55 ---
botoh kang wus jênggès gawe tandhing | Mas Wirakăndha umatur | pun Ănggapraya ing Jodhog ||
15. lan Ănggayuda Bantul | kalih punika jêjênggèsipun | kathah botoh tan kadya kalih puniki | ya wus konên tandhing iku | sigra jênggès majêng karo ||
16. tinandhing sawungipun | kaot saprapatan rêncangipun | rêncang sawungipun Pranacitra kêdhik | klorogan gêng inggilipun | si kasur kagêpok boyo ||
17. lambang tantinganipun | wus kawruhan kang badhe sor unggul | sigra kinèn andadèkakên kang tandhing | botoh sadaya wus rêmbug | kawon gêng kasăngga ngotot ||
18. dadya lan ramenipun | ki tumênggung angandika arum | ya wus rame singa kaota sakêdhik | kok tohi pira jagomu | Pranacitra matur alon ||
19. sumăngga karsanipun | andhèrèk ing ngarsanta pukulun | ing sawawrat kawula inggih ngladosi | sèkêt kêpriye sirèku | inggih sèkêt reyal dados ||
20. satus Pranacitrèku | inggih satus kiyai tumênggung | karo bêlah inggih kalih bêlah anggris | rongatus Pranacitrèku | inggih kalih atus dados ||
21. he kêndêl toh rongatus | sugih reyal Pranacitra iku | ya marmane pra botoh padha ngêntèni | jêjadhuging botoh jênggul | wani ngantêp toh sêmono ||
22. hèh Wirakăndha uwus | kêpyakkêna pra botoh sadarum | sapa ingkang angiloni [angilo...]
--- 56 ---
[...ni] jago mami | kang ngiloni jagonipun | Si Pranacitra ing kono ||
23. mas patih undhang gupuh | timbalane kiyai tumênggung | sintên ingkang sami purun kinèn nêmpil | pangajêng toh kalih atus | kajawi jaban jon-ajon ||
24. para botoh sadarum | apan sami sandika turipun | Ănggapraya Ănggayuda jênggèsnèki | pra botoh sami tinantun | kang nêmpil pangajênging toh ||
25. mupung durung atarung | yèn wis tarung ywa nêmpil pangayun | jago padha bêcike ingkang tinandhing | kawon mênang bêjanipun | aran wong padha rêbut toh ||
26. Kenthol Antiprayèku | tumut pundi inggih kula tumut | sawungipun ki tumênggung wolung anggris | Ki Jasuta ing Kêcubung | tumut pundi dika kenthol ||
27. dho inggih kula tumut | sawunge ki tumênggung rongpuluh | Nalabăngsa ing Patalan tumut pundi | inggih tumut sawungipun | ki tumênggung pitung kêton ||
28. Kenthol Jiwasutèku | ing Wanapêti tumut pundi gus | inggih tumut sawunge kangjêng kiyai | gangsal reyal reyal wutuh | botên nêdya ambalik toh ||
29. Ki Jadrêpa ing Galur | tumut pundi inggih kula tumut | ki tumênggung têlas botoh Kilènpragi | gya botoh sakidulipun | ing kitha ingkang rêbut toh ||
30. nêmpil pangajêngipun | Ki Dêmang Ănggawăngsa puniku | tumut pundi tumut sawunge jêng kyai | gangsal wêlas reyal wutuh | tan balik [bali...]
--- 57 ---
[...k] pothok kimawon ||
31. măngsa liya pun kasur | Ki Ngabèi Citramanggalèku | tumut pundi tumut sawunge jêng kyai | tumênggung nêmlikur sêpuh | pan sarêmbat yatra bolong ||
32. mas patih mèsêm muwus | layak yèn dèn rêbuta si kasur | jêr si kasur nglorogi sarwa sathithik | jagone Pranacitrèku | klorogan mung mênang otot ||
33. Citrăngsa Kalipênthung | tumut pundi tumut ki tumênggung | kawan reyal Singamrêta tumut pundi | tumut jêng kyai tumênggung | tigang reyal reyal paos ||
34. Jawiruta ing Waru | tumut pundi tumut ki tumênggung | Krêtadăngsa Têgalayang tumut pundi | tumut jêng kyai tumênggung | inggih tigang reyal wutoh ||
35. para botoh ngarubut | mring jagone kiyai tumênggung | dene sarwa mênang tandhinge sathithik | dhasar si kasur wus wudhu | kuciwa mung kawon otot ||
36. Macangogik ing Mrêbung | tumut pundi tumut sawungipun | Pranacitra lang-ilangan tigang anggris | agampang yèn sampun tarung | Jămblahita ing Kêmalon ||
37. tumut pundi gih tumut | sawungipun gus Pranacitrèku | kalih reyal Kinantangyuda ing Pakis | tumut pundi inggih tumut | Pranacitra kalih kêton ||
38. Kenthol Singacitrèku | tumut pundi tumut sawungipun | bagus Pranacitra inggih gangsal anggris | Sabukjangêt Kêmbangarum | tumut pundi dika kenthol ||
39. gih tumut sawungipun [sawungi...]
--- 58 ---
[...pun] | gus Pranacitra nêm reyal sêpuh | Kenthol Lalêrmêngêng Pokak tumut pundi | inggih tumut sawungipun | Pranacitra kawan kêton ||
40. Prabonan Sabukalu | tumut pundi tumut sawungipun | Pranacitra inggih tiga wêlas anggris | tumut pundi Kenthol Bulus | ah botên jaban kemawon ||
41. măngsa kongsia nganggur | nyandhak tantangan toh mangkenipun | bêgjanipun ngènthèl sawung samya bêcik | ki tumênggung ngandika rum | kang botohi jagoningong ||
42. pun Ănggayuda Bantul | pun Ănggapraya satunggilipun | iku aja Si Ănggapraya botohi | jagone Pranacitrèku | sapa kang ngadêgi kono ||
43. Pranacitra amuwus | Kenthol Madegănda dika sambut | sawung kula si modang lamun marêngi | Gêndirpanjalin amuwus | inggih sampun walangatos ||
44. inggih kula kang nyambut | pangajêngipun kula rongpuluh | Ănggapraya muwus ngong sapuluh anggris | kula tan kalilan nambut | sawunge nêmpil kemawon ||
45. ngandika ki tumênggung | lah wis mara kêrapna dèn gupuh | sigra Ănggayuda lan Gêndirpênjalin | samya ngêculakên sawung | kang tohan jaban gumuroh ||
46. bae si kasur sèwu | iya dadi bae modang sèwu | bae modang têlung anggris têlung anggris | dadi lima bae kasur | bae manèh satus kêton ||
47. ya bae modang satus | bae kasur bae kasur sèwu [sè...]
--- 59 ---
[...wu] | iya sèwu rongèwu rongèwu dadi | limang atus bae kasur | inggih limang atus dados ||
48. sajampêl bae kasur | iya dadi bae modang suku | iya suku bae si modang sêtali | tan ana nauri wuwus | ana mojar sarwi bêkoh ||
49. aywa toh sêtaliku | mundhak marèni kalangan sawung | nulya sawung kalihe linêrêp sami | binanyu pinakan sampun | ingumbar kêkirap karo ||
50. modang kirap kaluruk | kablak mathènthèng mantêngah maju | kasu[1] kirap mathènthèng miyak aminggir | nulya ingêculkan tarung | wus kinèn mayokkên gupoh ||
51. sampun payu gih payu | mara wus dak payokake kasur | wis dak payokake modang ngati-ati | arame dènira tarung | tan ana kang unggul asor ||
52. aloke sru gumuruh | ambal-ambalan ambata rubuh | tantangan toh bae êndi bae êndi | bae modang bae kasur | rongatus rongatus dados ||
53. jago wus pêluk gulu | gitik-ginitik sami drêsipun | sarwa bisa si kasur asru anggitik | andhêsêk angubêk nusup | adêrês tan pilih ênggon ||
54. modang gawene mundur | yèn pinêrêp angêlap anubruk | lamun gulêt amêluk malang anggitik | yèn bênggang marapal nubruk | barkat kawon gêng kasosor ||
55. modang kêna ginêbug | ing êmbun kêna jêjilingipun | asru mak brês si modang mabur kapilis | cinandhak [ci...]
--- 60 ---
[...nandhak] bêbotohipun | kang surak rame gumuroh ||
56. rèrèn samya binanyu | ki tumênggung langkung sukèng kalbu | ana mojar tak apite têlung anggris | ngayon-ayoni si kasur | pêdhot gulumu kalakon ||
57. măngsa kongsi rong banyu | kang nantang toh sami rêbut unggul | adate si kasur yèn olèh anggitik | tan mindhoni sapisan wus | mungsuhe pasthi yèn keyok ||
58. apa tandhinge iku | inggih anggapit wontên anêlu | ya tak têlu ya tak têlune si lurik | niga unggul têlung puluh | adho tak pate sapuloh ||
59. Pranacitra amuwus | kadospundi ngriku sawungipun | dene mêrêm punapa mripate kenging | Gêndirpanjalin sumaur | ukur kasabêt kemawon ||
60. jamake jago tarung | gênti katèmpêr asor myang unggul | sampun saras sawunge puniki adhi | pundi kakang sawungipun | Pranacitra nyandhak gupoh ||
61. sih pênêt tantingipun | matur inggih asor ki tumênggung | sampeyan pat kula tigang dasa anggris | iya unggul têlung puluh | kula nêmpil bagus asor ||
62. kathah nêmpil soripun | kang rong reyal têlung reyal ngrubut | kang nantang toh si pata si pata malih | si têlua ya tak têlu | di têlua manèh payo ||
63. tak apite bae wus | tak apite tak apite unggul | wênèh tawa loro lima dèn ung [ung...]
--- [61] ---
[Grafik]
rame malih atarung | gitik-ginitik sami drêsipun | modang saras lir tigas tandangirèki | kang nantang toh sru gumuruh | di limalasana asor ||
--- 62 ---
[...guli] | Pranacitra ririh muwus | modang bok dèn ngatos-atos ||
64. sun tohi kèh sirèku | ngong sori patan pan têlung puluh | nulya sinungakên mring Gêndirpanjalin | mojar lah suwawi sampun | gih dawêg sigra cul gupoh ||
65. rame malih atarung | gitik-ginitik sami drêsipun | modang saras lir tigas tandangirèki | kang nantang toh sru gumuruh | dilimalasana asor ||
66. ya limalasan unggul | modang tak têlu limane têlu | modang kasur agulêt tan ana têbih | kasur gombèl liringipun | sinăngga mak bêt ngalosod ||
67. ngènggèl-ènggèl pinatuk | pinindho kêna pok kupingipun | asru mak brêt jêbabah ambêbanyaki | kang tohan surak gumuruh | modar-modar pisan lodong ||
68. sigra cinandhak gupuh | dinandanan mring bêbotohipun | dèn gêgêli gulu iring cènggèrnèki | ngusugan badan sakojur | dèn dêgkên maksih gêdhodhor ||
69. dharodhog sikilipun | botoh kang milu ing sawungipun | Pranacitra abungah-bungah tan sipi | ana kang jèngklèk makungkung | saiki kasur katanggor ||
70. tak nême nême kasur | tak wolu dho tak sapuluh kasur | tak rongpuluh dhuh tak sadhuwit satali | he tak sadhuwite suku | iya rong wang rong wang dados ||
71. manèh sadhuwit suku | ya mara tak satuse si kasur | ya satusên satali dadi sêtali | satusên [sa...]
--- 63 ---
[...tusên] suku ya suku | tak satuse manèh payo ||
72. ki tumênggung gêgêtun | wus dinuga sawunge kabanjur | angandika hèh Pranacitra ngong nêmpil | nyêpuluh bae rongpuluh | inggih sumăngga kemawon ||
73. tanpa rungnyan wong muwus | tak satuse si kasur tak satus | adho suwang tak padhani omah mami | dho sadhuwit lan kêboku | sakandhange pisan payo ||
74. ya suwang lan omahku | ya sadhuwit kandhang lan kêboku | sigra Gêndirpanjalin muwus suwawi | ingathukkên nulya gupuh | kasur kalah mlayu keyok ||
75. sinurak gêr gumuruh | alok balia-balia kasur | ya geneya gus kasur nora anolih | lah masa kêlara kasur | pan kari patitis ampoh ||
76. kang kalah samya aclum | ki tumênggung săngga uwang gêtun | tan ngandika ana botoh ngêmut driji | nglêgèyèh sêduwa mungkur | ana dhêlêg-dhêlêg joto ||
77. ambănda tangan gêtun | ngulat-ngulèt sarwi kukur-kukur | nyamur-nyamur isine kalahirèki | pan aras-arasên jupuk | rindhik angudhari kanthong ||
78. ki tumênggung lingnya rum | mring mas patih sapa nêmpil mau | ya wong pira lan pira dhuwitirèki | balik anaku rongpuluh | dadi pira bayar ingong ||
79. mas patih asru muwus | sapa nêmpil ki tumênggung mau | lah ta mara padha asoka dèn aglis | nulya sami bayar sar-sur | pra botoh kang sami kawon [ka...]
--- 64 ---
[...won] ||
80. wus winilang gya katur | pan sawidak gangsal tigang suku | inggih kula piyambak kawan dasanggris | sadaya pan dadya satus | gangsal reyal tigang ukon ||
81. dalah wangsulanipun | dados satus slawe tigang suku | bayar dalêm pitung dasa langkung kêdhik | kawan reyal lawan suku | ki tumênggung ngandika lon ||
82. mas patih sira iku | kalahira thithik rada jênggruk | manira tan anyana bayar sathithik | dene kurang têka satus | sira sabobotmu ombol ||
83. mas patih kucêm matur | tan kainan gèn kawula purun | dene sawung nglorogi sarwa sathithik | kêdah kawon bêjanipun | badanipun ingkang awon ||
84. ki tumênggung lingnya rum | wus jamake asok uga ngukup | wis bayarna reyale rongatus anggris | marang Si Pranacitrèku | mas patih maringkên gupoh ||
85. arta pangajêngipun | ingetang wus jangkêp kalih atus | gya winaris mring botoh kang samya nêmpil | têlas pitung dasa langkung | gangsal tinampèn pra botoh ||
86. warata sadaya wus | botoh kang tohan jaban kumruwuk | ting palêcu kang akèh kalahirèki | ih jagone ki tumênggung | si kasur mudani uwong ||
87. kalah nêm reyal wutuh | nora balik tak puguhi tohku | êntèk kabèh dhuwitku tan ana kari | gonku nguyangake pantun | baya dikrawus ing bojo ||
88. kang sêdhakêp anjablung | ya
--- 65 ---
talah awakku lagi kojur | têlung dina kênil bae datan odhil | kalah nêm reyal ping têlu | kablong êntong kari kanthong ||
89. kula inggih kadyèku | nêm dintên gèn kula ngabên sawung | lêkas arsa mênang dumadakan balik | kula balikakên nêlu | pancèn mênang dadya tombok ||
90. ih gêtun têmên aku | aja tak balikna mênang mau | cangkêm kudu tan ana bêgjanirèki | kudu lamjulat lamjathus | tèk kabèh wus bêgjaningong ||
91. tan bisa gugut-gugut | para botoh gumêdêr kumruwuk | ana botoh ngabar toh nora bayari | ngabar ngapit wong pêpitu | ginujêg-gujêg jêdhodhog ||
92. datan bisa sumaur | drêg-udrêgan matur ki tumênggung | sapa wonge ngabar toh dèn bêbondhèti | pira pangabare iku | karo angabar pirang wong ||
93. matur tiyang pêpitu | nyatus-nyatus dados pitung atus | apitane sèwu kawan atus picis | angandika ki tumênggung | priye bênêrane kono ||
94. yèn adat lêrêsipun | ingkang darbe kambêngan puniku | sakarsane amarentah yêkti dadi | ngêjogi lan botênipun | sumăngga ing karsa dados ||
95. ki tumênggung wlas dulu | arsa pinaringan kawonipun | pinambêngan ing para kulanirèki | mindhak tuman ingkang kantun | kang samya ngabar angradon ||
96. luhung sakajêngipun | dènnya aminta bayaranipun | gya ngandika wus ta sakarêpirèki | wong kang ngabar wau [wa...]
--- 66 ---
[...u] gupuh | jinaguran sakèhing wong ||
97. sing ngarsa kering pungkur | ana anjambak dhupak anapuk | kalayaban sambat adhuh biyung uwis | nora mindho besuk ingsun | sapisan bae wus kapok ||
98. awake biru emu | binalojodan mulih barundhul | ya ta ingkang sami abayaran picis | ting karompyang ting karupyuk | anggris cawang canthèl polos ||
99. akathah warnanipun | Pranacitra satus slawe wutuh | arsa tandhing malih katanggungan wanci | kinèn bubaran sadarum | nulya bodhol para botoh ||
100. ki tumênggung gya kondur | para kulanira datan kantun | namung bagus Pranacitra ingkang maksih | lan bature Blêndhung Jagung | jagongan kalawan jago ||
101. Pranacitra ngling arum | lah Blêndhung sira sun kongkon gupuh | atukua têgêsan salawe anggris | marang Ni Bok Rara Mêndut | kang kinrobong cindhe ijo ||
102. lan têgêsane iku | kang lagya sacêngkang panjangipun | ingkang mêntas dèn udud tilasing lathi | sing kalumut idunipun | miliha ingkang kumocor ||
103. sandika kang tinuduh | Ki Balêndhung enggal praptèng warung | mojar kula dipun utus lurah mami | dhatêng andika bok ayu | kèn tumbas têgêsan rokok ||
104. salawe reyal wutuh | ingkang radi kathah idunipun | dipun kongsi kêbês kètès-kètès mili | kang ngalêlêr ilêripun | dèn sêrot kongsia [kongsi...]
--- 67 ---
[...a] gumoh ||
105. mèsêm Ni Rara Mêndut | tyasnya gêtêr naratab kumêpyur | ngunandika sarwi anampani anggris | nora ana wong atuku | têgêsan salawe kêton ||
106. kajaba iku mau | dhêmên wonge ingkang adol iku | tanggap tatrap graitanira ngranuhi | ngrasa kasamyan ing kalbu | ing pasêmone wus katon ||
107. nyandhak têgêsanipun | tinulis alit lêmbut sarambut | ingêmpakkên kinadukan idunèki | gya sinungkên mring Ki Blêndhung | idune kongsi kêkotos ||
108. gancangan lampahipun | prapta ngaturkên têgêsan gupuh | tinampanan sarwi mèsêm angling aris | dene murah têmên iku | olèh têgêsan kumocor ||
109. ciri tulis sastra lus | sinuksmèng tyas tan katarèng sêmu | pèngêt ingkang sêrat pangabêkti mami | kaatura ing wong bagus | sasampunipun awiyos ||
110. saking tyas dahat wuyung | mring paduka kang tan sèng pandulu | mugi-mugi asiha ing kawlasasih | kawula pun Rara Mêndut | wit saking Pathi kaboyong ||
111. asli Trêbanggi dhusun | sutanipun bakul prada ulun | pan pinundhut Gusti Pragola ing Pathi | tan kongsi sinêlir ulun | kasêlak dahuru rusoh ||
112. binoyong mring Matarum | pinaringkên Ki Wiragunèku | lamun bagus sudi nampar kawlasasih | suwitaa ki tumênggung | tan èwêd gèn kula têmon ||
113. sawanci-wancinipun | nèng kawiragunan pan ing besuk [besu...]
--- 68 ---
[...k] | pagêr bumi dening kothaking wong mati | luwang sawiji wong bagus | linêbon barêng wong loro ||
114. titi tamat srat ulun | Pranacitra tyasnya kadya runtuh | kasabêt ing têgêsan anggêgês ati | kakênan ing pèlèt idu | dadakan ngajak padudon ||
115. angunandikèng kalbu | dhuh mirahe si kakang wong ayu | datan darbe pun kakang tingal kêkalih | ngalumpuk mring sira masku | kang ngêpak langêning wadon ||
116. aja silih wakingsun | dadi panakawan nadyan aku | dadya gamêl pakathik ingsun lakoni | wasana aris amuwus | lah Blêndhung Jagung wong roro ||
117. ngong ujuri sirèku | limang reyal paro edhang Blêndhung | matur nuwun punakawane kêkalih | nêlu têngah edhang sampun | ya ta wau para botoh ||
118. kang samya mênang wau | bungah-bungah berag solahipun | samya ajak-ajakan mring dhasar mampir | bangone Ni Rara Mêndut | sami sêdya tuku rokok ||
119. praptèng dhasaranipun | barêng angling lim dalêm bok ayu | Rara Mêndut amingkis gubahirèki | ni bok rara duk andulu | cêlèrèt gêbyar mêncorong ||
120. pra botoh tarap lungguh | sami tanya pundi rokokipun | satunggile pintên rêgine bok adhi | Rara Mêndut mèsêm muwus | siji rêgane sakêton ||
221. kang tanya sarêng muwus | uwe nora jamak rêganipun | kula tumbas têgêsan kewala mangkin | ingkang miring
--- 69 ---
rêginipun | tan kaop wong krengsang-krengsong ||
122. dene têgêsanipun | rêgi mitung suku nyangang suku | kang tinutur malongok gumuyu angling | he he bilah dudu-dudu | rêgane sangsaya mohol ||
123. punapaa bok ayu | kathah rêgine têgêsanipun | he punika sabab tabêt lambe mami | myang têlês katutan idu | manis anglèlèt kumocor ||
124. adho gih kula tuku | sangang suku lah dawêg bok ayu | gya dinolan têgêsan kang saking lathi | nulya ingakên dèn udud | sinêrot bari mrêkongkong ||
125. hi hi hih nyata edhul | dudu idu wis blêg madu lugu | lêgi gurih krasa ngima misih manis | nulya pra botoh sadarum | ngêrong kêton angrong kêton ||
126. têgêsan myang kang wutuh | sami barêngan dènira udud | tan ana kang nora udud wênèh angling | nora kêjamak sing udud | wong sêmene ting kalêmpor ||
127. kukuse ting karêlun | nglandêng kaya ampak-ampak gunung | bok wis payo padha bubaran amulih | mêngko dhak kasêlak surup | andheprok kaya wong lumpoh ||
128. gya bubar gumarudug | mulih sowang-sowang sarwi udud | ya ta Pranacitra dènira anganti | ulihe Ni Rara Mêndut | nèng kering kalingan bango ||
129. wanci sore mèh surup | surya ngalarap tirahing gunung | Rara Mêndut ge-age dènira mulih | pangobènge kinèn kukud |
--- 70 ---
pikulane ambêntoyong ||
130. ingkang sami amikul | kinèn rumiyin ni rara kantun | karsanira ayun mring pasowan jawi | arsa wruh Pranacitrèku | dinuga maksih nèng kono ||
131. tan wruh pinggiring lurung | nèng sor waringin ampinganipun | Pranacitra lan ni rara sarêng mèksi | pagut pasanging pandulu | kumêpyur tyasira karo ||
132. lir manggih sotya luhung | samya katujon sasmitanipun | Rara Mêndut mèsêm sarwi ngincang alis | angliring sarwi lumaku | sasolahe karya lamong ||
132. parêk parikanipun | tilam bumi kothake wong lampus | luwang siji wong roro ingkang nglêboni | sarwi lajêng lampahipun | kang tinilar kari wirong ||
133. sariranya marlêsu | tyasnya kanyut mring Ni Rara Mêndut | awuyungan lir kêna guna piranti | langkung dènnya brăngta wuyung | kaya matia ing ngênggon ||
134. Blêndhung Jagung umatur | suwawi ki lurah sami mantuk | sampun dalu puniki wanci mahêrib | Pranacitra aris muwus | iya Blêndhung Jagung payo ||
135. nulya umangkat mantuk | marang Batakêncêng wismanipun | Pranacitra pangandikanira aris | lah Blêndhung Jagung sirèku | anggêgurita wong roro ||
136. iya turut dalanggung | supaya kinarya namur wuyung | brantaningsun tan mêndha saya andadi | sandika ingkang tinuduh | nulya ambêlabak lagon ||
7. Balabak
1. sun anggurit jêjakane wong ing Ngêmplak | kaplake | jaka kawak turune wong adol [a...]
--- 71 ---
[...dol] opak | angine | rada ladak angaji mring kayu apak | rekane ||
2. kadèk ladak angiribi bango buthak | dhapure | nora pijêr ngaji pijêr ngubêr banyak | gawene | ting karêngak nora kobêr nocor dhêdhak | banyake ||
3. sun anggurit jakane ing Wirasaba | kandhane | jaka drêmba saparan anggawa kêba | isine | sêga wadhang kalawan bêbothok urang | lawuhe ||
4. sun anggurit jêjakane wong ing Baki | bungkike | angawula mring nagara dadi srati | gajahe | nganggo kêris warangkane kayu têki | moglènge ||
5. minthi-minthi irunge sawaluh kênthi | pucuke | kyai jaka karan anake pak ranti | jarene | yèn angguyang gajah mring desa Sêmanggi | parane ||
6. sun anggurit parawane wong Nusupan | kampunge | esuk sore apêpetan anèng lawang | gawene | yèn wis petan mênyat talusupan marang | tanggane ||
7. sun anggurit prawane wong ing Kauman | gawene | gêdhe cilik tuwa anom ambêbathik | blocoke | yèn maido ayonana mring Kauman | nyatane ||
8. Ki Balêndhung dhasar bisa anggêgurit | cucude | jagung kang anggambang cangkêm urut marga | klênènge | gawe guyu bocah cilik anênonton | sumyake ||
9. sumyak-sumyak Blêndhung Jagung turut marga | guyune | saya wuwuh ginaguyu ing wong akèh | cucude [cucu...]
--- 72 ---
[...de] | guyunira hah hah hah hah ih ih ih ih | hah hoh hèh ||
10. panjang lamun winarnèng tulis sadaya | gurite | Ki Balêndhung miwah Jagung tansah karya | guyune | sigêg dènnya bêbanyolan turut marga | sukane ||
11. kawuwusa kenthol bagus Pranacitra | lampahe | tan pantara praptèng desa Batakêncêng | wismane | sawungira si modang kinèn ngurungi | prênahe ||
12. Pranacitra laju mring paturonira | ge-age | nglungsur kampuhira kewala kinarya | mujunge | sru pinanthêng kang dodot kaya bêdhaha | kêncênge ||
13. saking dahat sungkawanirèng wardaya | yaktine | datan ana liyane ingkang kacipta | jro tyase | mung bok rara ing Pathi ingkang akarya | brangtane ||
VII. Dalunipun Sasampunipun Kapanggih Wontên ing Kawiramantrèn.
8. Asmaradana
1. sadalu tan antuk guling | sira bagus Pranacitra | agung abrăngta wirage | kang kaciptèng driyanira | gumêlêng tan aliyan | namung Ni Mbok Rara Mêndut | kang andudut-dudut driya ||
2. ing wanci kaluruk siji | gumregah kadya ginugah | lênguk-lênguk lungguh dhewe | kagagas tyasira dahat | kewala mring ni rara | rêngêng-rêngêng angêngidung | rêrêpèn asmaradana ||
3. layon raga wong akuning |
--- 73 ---
gununge wong padhomasan | kudu ngajak mati bae | dungike kawiragunan | palwa kandhêg samodra | kêkêmbanging jalma lampus | sun labuhi lara pêjah ||
4. têtampuning êbun enjing | pamèke pari memeyan | apa mulunga trêsnane | pancadan mungging tirisan | puspa cêmêng ing têgal | tatarane asih mringsun | canthuring kawiragunan ||
5. waru jêne ing wanadri | kang pêksi kinarya duta | ayune dèn pikatake | nanging manira têmaha | panu biru ing jaja | sangkêlangan wêdhung kaum | anggege bang wong botohan ||
6. pitik alit lulut janmi | kuthuke kawiragunan | akarya brăngta wirage | kayu malang ing dêdalan | sun batange wong ika | tumbak tulup gubug dhuwur | angkuhe arêranggonan ||
7. dening sangkal wadung pari | kang parikan kunir pita | kapan katêmua manèh | marang ingkang gawe brăngta | dungike Wiragunan | ujare têgêsanipun | wak ingsun kinèn ngawula ||
8. marang ing Kangjêng Kiyai | Tumênggung Prawiraguna | wanti-wanti wêwêkase | kinèn narah ing sakarsa | tuture si têgêsan | rujak tape bibis laut | măngsa ingsun undurana ||
9. amanakawan makathik | kadhal gung ing pakêdhungan | srêngenge gumiwang ngulon | aja gingsir ing ubaya | kukus gunung upama | wilangan picis sapuluh | kapakêna raganingwang ||
10. dangu dènira ngrêrêpi | sira bagus Pranacitra | kawratan lara anglamong [angla...]
--- 74 ---
[...mong] | mênyat yun mijil ing latar | lon mêngakakên tawang | panglonging wulan salikur | kang lintang abyor ing tawang ||
11. kumênyut tyasnya ngranuhi | anjêjêr madyaning latar | mung kawiragunan bae | kang pinandêng prênahira | kadya kasat mataa | sira Ni Bok Rara Mêndut | tansah nèng padoning tingal ||
12. grêmênging kitri kaèksi | kang sadêdêg cipta kadya | Ni Rara Mêndut dêdêge | ron pang kumlawe kanginan | ngayut sêngklèh pan kadya | lembehane Rara Mêndut | undhuking pandam katingal ||
13. kadya barabadirèki | Rara Mêndut marang wisma | tinututan age-age | Pranacitra malbèng wisma | kagagas nalanira | kadhasih munya anganyut | lir parikane bok rara ||
14. kalane duk arsa mulih | dumêling dènnya wangsalan | pagêr bumi wong ambancèr | dening kothaking palastra | luwang siji sayogya | linêbon wong ro lan ingsun | sigra mêtu maring latar ||
15. malbu mêtu wira-wiri | sabarang kang kapiyarsa | myang katon dinalih kabèh | tansah agawang-gawangan | tumèmplèk ing paningal | mlêbu mêtu Mêndut Mêndut | turu Mêndut kang katingal ||
16. linggih Mêndut kang kaèksi | ngadêg Mêndut kang katingal | kadya na sumandhing bae | rinungrum ririh rêngêngan | mèsêm-mèsêm ngrarêpa | adhuh mirahe wong ayu | wèh wuyung wiyanging driya ||
17. tan larang sun tohi pati | biyadaning Wiragunan | katon mêlok wêdanane | yèn ingsun [ingsu...]
--- 75 ---
[...n] tan sida panggya | sun watara wak ingwang | karungrungan kudhung sarung | mangarang kasurang-surang ||
18. angur sidaa kapanggih | sun andhêmi sira mirah | iya parikaniranggèr | eman sun tan nyanggêmana | wangsalan pagêr lêmah | dening kothaking wong lampus | luwang siji sayogyanya ||
19. wong loro kang anglêboni | mêngkono panjalukira | kang minăngka patukone | patêmon anèng bantala | sira kalawan ingwang | adhuh iya ngong asaguh | patêmon anèng bantala ||
20. ingsun tan nêdya nyidrani | sarwi manthêng kampuhira | tansah mêrêm mêlik bae | tyasira awirandhungan | Ki Bagus Pranacitra | sadalu dènira mujung | kongsi enjang kasiyangan ||
21. Blêndhung Jagung lagya sami | angayar jajan warungan | ya ta Nyai Singabarong | marang kono Pranacitra | tumingal yèn kang putra | sih nendra ginugah gupuh | dhuh nak ingsun Pranacitra ||
22. dene nêmên dènnya guling | kulup tangia wis awan | aja manggung mujung bae | Ki Pranacitra agêpah | ginugah ing bokira | gya tangi lungguh tumungkul | cahya nglalêntrèh nglong jiwa ||
23. ni răndha ngling èsmu tangis | ana kang dadi tyasira | kulup pasajaa bae | manira nora anduga | ngong dulu angganira | agonggong netyanira lum | kongsi manglingi warnanta ||
24. kang putra umatur aris | êmbok yêktose kawula | wingi duk angabên jago |
--- 76 ---
prampuhan priyayi kathah | ngabèi răngga dêmang | nèng ngarsane ki tumênggung | langkung kapencut kawula ||
25. sumawita Jêng Kiyai | Tumênggung Prawiraguna | magang priyayi yèn dados | anèng ing katumênggungan | êmbok panuwun kula | nyuwun sangu reyal satus | kadamêl wragad ngawula ||
26. Ni Singabarong duk myarsi | ing ature putranira | sulaya lan panarkane | amicara jroning driya | apa wadine baya | nadyan yèn duwea kaul | Si Pranacitra ngawula ||
27. kapengin dadi priyayi | anggubêt marang wong tuwa | nora mangkono kingkine | kaya yèn lara kawongan | abrăngta ing wanodya | katara alum ngalayung | swara mulung amêmêla ||
28. wasana amuwus aris | ya talah sira bêndara | dene kadingarèn anggèr | arêp angawula magang | marang kawiragunan | yèn mungguh ngong misih tanggung | angawula ing wadana ||
29. yèn wong suwitèng bupati | kalamun kang kaya sira | iya pirangbara kanggo | gadhangan parêk cilaka | acêpak godhanira | kulup bakal nora tulus | arang kang tutug ngawula ||
30. golèk mukti olèh pati | dhuh anakku Pranacitra | aja sira sidakake | ngawula ing Wiragunan | tanggung ing pangawula | yèn sira karêp satuhu | lah aja tanggunga sisan ||
31. bêgja dadi mati urip | angur ngawula sang nata | kalamun ana sarate | wragad băndha pira-pira | ya aku ingkang nyăngga |
--- 77 ---
yèn sira ngawulèng ratu | suka wadenên wak ingwang ||
32. nora atanggung toh pati | mikul karyaning narendra | yèn anèng tumênggung bae | gènira yun angawula | angur aja suwita | susah apa sira bagus | tan kurangan sandhang pangan ||
33. Pranacitra matur aris | botên bok panuwun kula | ing Wiragunan kemawon | cumanthèl nèng tumênggungan | inggih badan kawula | nadyan katura sang prabu | ki tumênggung kang ngaturna ||
34. ni răndha barêbês mili | iya wus sakarêpira | nanging sira aywa goroh | lamun ngawula têmênan | anèng kawiragunan | ya sun wèhi reyal satus | lah gonira ngabotohan ||
35. reyalira satus anggris | apa kalah apa mênang | gonira angadu jago | matur gih kawula mênang | ni răndha aris nabda | rongatus reyal bae wus | yèn kurang sira muliha ||
36. botên bok panuwun mami | nyuwun wêwah satus êngkas | pan dadya tigang atuse | mugi paduka dèn lila | têlase punang arta | mrih lastarining rahayu | anggèn kula angawula ||
37. manggiha lêganing galih | marang ing kănca sadaya | ya ta Nyai Singabarong | duk myarsa aturing putra | tansah angêmu waspa | tyas lir tinilar anglangut | ingkang datanpa tuduhan ||
38. dhasar putra mung sawiji | ingugung dinama-dama | datan pinalang karsane | mangkya ayun angawula | marang kawiragunan | nging tan sakeca tyasipun | lir
--- 78 ---
tinggal rare bandulan ||
39. mêlang-mêlang mutawatir | saking adrênging kang putra | tan kêna dèn ampah tyase | mojar sarwi ngêmbêng waspa | dhuh sutèng sun bêndara | iya ênya reyal satus | dadi têlung atus reyal ||
40. namung sok têmêna kaki | ywa goroh marang wong tuwa | nora ilok wêkasane | kang putra aris turira | pan inggih botên dora | iya uwisira kulup | salamêt pandonganingwang ||
41. Balêndhung Jagung ywa kari | apa anggawa manèh ta | batur roro myang têlune | Pranacitra aturira | botên susah ambêkta | kewala pun Blêndhung Jagung | inggih angangkah punapa ||
42. kang putra pamitirèki | wus linilan ing bokira | nulya mangkat lan rowange | Blêndhung Jagung kinèn gawa | arta lawan busana | sigra lajêng lampahipun | ing marga datan winarna ||
43. gantya kang winuwus malih | Rara Mêndut Wiragunan | nèng gandhok wetan ênggone | sinung paturon priyăngga | pinggir parêk ing lawang | trêtip pagêdhonganipun | tan wor lan pra sêlir kathah ||
44. sadhatêngira duk wingi | tan kongsi ngaturkên wadal | ingkang sadasa reyale | sadalu tan antuk nendra | tan ana lyan kacipta | mung botoh jago kang bagus | aran kenthol Pranacitra ||
45. kalangkung brangtanirèki | ni rara mring Pranacitra | sadhatêngira mêmande | sawusira abêbeja | marang ing kancanira | gya munggah mring tilamipun | kinancingan korinira ||
--- 79 ---
46. amujung kampuhirèki | bêntayangan solahira | rongèh anèng jro paturon | kasabêt asmaranaya | tyas ura ngayawara | uga tangi uga lungguh | amicara calumikan ||
47. lir kêna guna wiranti | ketang kang tuku têgêsan | di salawe reyal canthèl | kenthol bagus Pranacitra | ing Batakêncêng desa | anake răndha kang komuk | asugih rajabarana ||
48. Rara Mêndut angling ririh | adhuh kakang Pranacitra | jaka kang jêlanthir bancèr | apa madhani tyasingwang | anandhang lara brăngta | pan ingsun wus asung pemut | mring dhèwèke nèng têgêsan ||
49. kalong alit măngsa puring | gitike sata tarungan | tan nglawani karêp ingong | gudhe pandhak ngara-ara | pangajap sêpta nala | apa nora duwe kêsdu | si jênat mring raganingwang ||
50. sun têtêdha siyang latri | kakang bagus Pranacitra | anêkanana marene | bisaa ngalap maringwang | anggawa lunga rangkat | kang adoh mana ngalangut | wong loro arêruntungan ||
51. lamun andika tan prapti | marang ing kawiragunan | maranga kambêngan bae | mampira mring dhasar ingwang | ududa rokok dawa | sun bondhèti wong abagus | măngsa sun wèhana lunga ||
52. marma manira tan apti | sinêlir Ki Wiraguna | wong wus gêrang ompong geyong | yêkti ingsun gawe apa | agigu gila mulat | ngong pilalah praptèng lampus | tan sudi kinarêpêna ||
--- 80 ---
53. mangkana ciptaning galih | uga turon uga lênggah | agorèh tambuh polahe | dhat pikir sajroning nala | angunandikèng driya | bokya ngong ngenaki kalbu | mring Tumênggung Wiraguna ||
54. yèn kêlakon wong asigit | nurut ujaring têgêsan | salire basaku kabèh | pasthi yèn anuli prapta | suwitèng tumênggungan | tyas ngong tan ewuh tan rikuh | amitra tunggal bêndara ||
55. wus kêncêng pikire sandi | sarêng enjing ni bok rara | marak nyai tumênggunge | ngaturkên arta busana | kathah sal-angsalira | reyale kewala satus | liya pangajining sinjang ||
56. nyai ajêng ngandika ris | wingi sore Mêndut sira | de nora marak marene | umatur kawula sayah | ngladosi tiyang tumbas | sadhatêng kula pan laju | sadalu tilêm kewala ||
57. sumêdya umarêk enjing | angaturakên kang wadal | ingkang sadasa reyale | punika pan satus reyal | pintên kèndêl kawula | katura kyai tumênggung | nyai agêng ris wacana ||
58. ya mêngko sira sun irid | ngong aturkên aturira | sun duga tan ngarsakake | marang olèhira reyal | nadyan akèh kêdhika | luwar tansah sira Mêndut | yèn tan kosandikanana ||
59. pinundhut kinarya sêlir | nêmu lara apa sira | pituhunên ujar ingong | Ni Rara Mêndut turira | tumungkul namudana | amba dèrèng sagêd matur | pintên banggi mangkenira ||
60. nyai ajêng angling aris |
--- 81 ---
sun tuturi Mêndut sira | yèn matur marang wong gêdhe | aywana nanggung turira | dêksura tan prayoga | bok rara micarèng kalbu | bêcik ngong gawe jalaran ||
61. dimèn ora ngêtarani | gon ingsun adarbe karsa | mring bagus Pranacitrane | ngong matur sandi bengesan | lamis lêmêsing basa | wasana aris umatur | nyai ajêng tur kawula ||
62. inggih sandika wak mami | pan ulam mungging rampadan | sakarsa kewala dados | nyi ajêng suka tyasira | angling ya sokur sira | anurut pitutur ingsun | payo marêk maring ngarsa ||
63. anulya kerid jêng nyai | wus prapta ing ngarsanira | Jêng Kyai Wiragunane | ing paningrat paringgitan | kang garwa matur nêmbah | punika pun Rara Mêndut | ngaturakên wadalira ||
64. ing sadintên sadasanggris | pan punika satus reyal | kaetang pintên kèndêle | jêng kyai megos lênggahnya | mènjêp nyingkur kang garwa | ngandika sarwi ambêkuh | ih êmoh tak gawe apa ||
65. nora butuh ingsun iki | tumênggung masa kuranga | duwe pirang-pirang mono | têka dhewe tan ngupaya | barkah dalêm maringwang | mèt barkahe wong bêbruwun | yêkti tan sudi manira ||
66. balikan Si Mêndut iki | dhangkal wangkale kang kiyal | yèn misih kaya sabêne | aran iku wong boyongan | pan wis dadi kak ingwang | rêraine si mênjêrut | dadak anampik maringwang ||
67. kalamun mangkono nyai [nya...]
--- 82 ---
[...i] | sun undhakkên wadalira | satus reyal sadinane | wus ya mara iya mara | wêtokna satus reyal | rasakna nampik tumênggung | bisa tan bisa wêtokna ||
68. yèn tulus nampik mring mami | milalu anyăngga wadal | satus reyal sadinane | jaluk lara apa sira | kalamun ora bisa | dadi sêsasine iku | mêtu têlung èwu reyal ||
69. lah iku lagi sêsasi | sêtaune pira mara | itungên dhewe ing kono | wong ora kêna dèn eman | Jêng Kyai Wiraguna | sarwi ngliring Rara Mêndut | kêcap ngawêt têbah jaja ||
70. ih hêm ya talah Si Pathi | lamun tan kêna dèn eman | priye bae priye bae | iba-ibae ya talah | sididhuh adubilah | wewe setan ra jin biyung | dene têka tan kayaa ||
71. nyi ajêng mèsêm turnya ris | punika abdi paduka | pun Mêndut tyasipun mangke | naoskên sumanggèng karsa | kumambang ing wisesa | sampun lêga manahipun | miturut karsa paduka ||
72. Tumênggung Wiragunèki | kagyat mèsêm angandika | lho apa nyata mêngkono | ni ajêng matur sumăngga | kadangua pribadya | apan wontên tiyangipun | ki tumênggung langkung suka ||
73. mèsêm kacêmut ngling aris | iya Ndut kowe wus lêga | atimu nora aile | Ni Rara Mêndut turira | inggih dhatêng sumăngga | ing karsa kyai tumênggung | kawula datan lênggana ||
74. jrih kawula tiyang alit | ing panjênêngan sampeyan | punapa [pu...]
--- 83 ---
[...napa] sakarsa dados | amundhut ing pêjah gêsang | pan sarwi ingèsêman | èsême sêmu gumuyu | aberag Ki Wiraguna ||
75. mathènthèng dènira linggih | kacêmut cès ilêrira | dubang dalèwèr janggute | dèn usap saya warata | sarwi mèsêm ngandika | ting kalêpyur idunipun | lir kaul panggrècèkira ||
76. langkung wiraganirèki | sarya ngling sokur Dut sira | lah iya Ndut mêngko sore | manira Ndut mring gyanira | Dut sira cêcadhanga | sing mlok-mêlok ya Ndut ya Ndut | Ni Rara Mêndut turira ||
77. inggih sandika jêng kyai | nging kawula nyuwun inah | sawêg mapag tanggal mangke | ki tumênggung kagyat mojar | he lagi kèl Dut sira | wong kèl mono sabênipun | pira adate laminya ||
78. ni rara umatur aris | adatipun tigang Ruwah | he dene lawas êkèle | ya wis Dut wêdhak pupura | rina wêngi Dut sira | adi-adinên warnamu | lah nyai pêparingana ||
79. unggyan patilaman bêcik | myang busana kang sarwendah | tuwin gawaning pangantèn | aywa kongsi kêkurangan | eca dènnya ngandika | kasaru kang dudukwuluh | kenthol ing Batakêncêngan ||
VIII. Pranacitra Ngawula ing Kawiragunan.
9. Dudukwuluh
1. ya ta wau Pranacitra lampahipun | ing kawiragunan prapti | anjujug ing regol ngayun |
--- 84 ---
kadyat ingkang tungguk kêmit | ambagèkkên sarwi takon ||
2. Pranacitra angling wisma kula dhusun | ing Batakêncêng pan mami | yèn wontên sudi anguwuh | Pranacitra wasta mami | wondene ing sêdyaningong ||
3. arsa ngabdi marang jêng kyai tumênggung | ing sakarsa anglampahi | wangsul andika puniku | dadya priyayi punapi | sumaur ingkang tinakon ||
4. inggih kula lurah panakawan sêpuh | Sêcapati wasta mami | Ki Pranacitra amuwus | yèn parêng kula marsudi | gih katuripun kemawon ||
5. mring bêndara kangjêng kiyai tumênggung | katampèn lan botênnèki | apan inggih bêgjanipun | dawêg yatra kawan anggris | kadamêl patumbas dodot ||
6. kula dika aturakên Ki Tumênggung | Sêcapati anampani | sarwi ngunandikèng kalbu | bêlaba têmên wong iki | mojar sampun walangatos ||
7. dika lênggah kula umarêk ing ngayun | Ki Pranacitra naguhi | Sêcapati gya mangayun | andhadhap wus praptèng ngarsi | kagyat ki tumênggung anon ||
8. Sêcapati nêmbah aris aturipun | kawula ngaturi uning | wontên gêbal dalêm dhusun | ing Batakêncêng mariki | Pranacitra wastaningong ||
9. arsa angawula paduka pukulun | samangke wontên ing jawi | ki tumênggung ngandika rum | apa bêcik warnanèki | matur inggih barus anom ||
10. yèn mangkono timbalana marang ngayun | Sêcapati sigra mijil | panggih [pang...]
--- 85 ---
[...gih] lan Pranacitrèku | mojar dika dèn timbali | marang ki tumênggung gupoh ||
11. Pranacitra sukèng tyas aris umatur | inggih kula dandos dhingin | salin kampuh jingga madu | paningsêt pathola wilis | acêlana cindhe ijo ||
12. kris kinatah kuluk kanigara luhung | sumping malathi sapêlik | sawusira dandan gupuh | nulya ingirid mangarsi | Blêndhung Jagung datan adoh ||
13. lampahira andhadhap tindaknya alus | wus parêk tumungkul linggih | parèstri cingak andulu | mring Pranacitra kang sigit | anjêlanthir bagus anom ||
14. Pranacitra tumungkul sarwi mabukuh | Ni Rara Mêndut anglirik | pagut lungiding pandulu | kumênyut tyasira kalih | kaluluhan ing pandulon ||
15. amicara jroning tyas Ni Rara Mêndut | anyata têmên wong sigit | nut wêlinge têgêsaku | wong bagus nuhoni jangji | adhuh pangajapan ingong ||
16. ki tumênggung ngandika ngêndi omahmu | lan majua gonmu linggih | kang liningan gya mangayun | nêmbah lir konjêm ing siti | mêpês tumungkul mabukoh ||
17. ki tumênggung eram ing driya andulu | amicara jroning galih | bocah desa dene bagus | bobote wong desa sugih | dhasar bagus amêrabot ||
18. ki tumênggung malih angandika arum | lah sapa aranirèki | ing ngêndi wismanirèku | lan sêdyanira punapi | dènnya prapta ngarsaningong ||
19. Pranacitra manêmbah aris umatur
--- [86] ---
[Grafik]
ki tumênggung eram ing driya andulu | amicara jroning galih | bocah desa dene bagus | bobote wong desa sugih | dhasar bagus amêrabot ||
--- 87 ---
inggih kawula jêng kyai | kang sotah mastani ulun | Pranacitra wasta mami | wismamba wastaning dhukoh ||
20. apan inggih ing Batakêncêng ranipun | marma kawula jêng kyai | angêlosod praptèng ngayun | ulun sumêdya angabdi | atadhah saliring tudoh ||
21. ing sakarsa paduka kyai tumênggung | lamun pinarêng wak mami | anggêgêbal ngawu-awu | makathik pandhudhuk têki | juru pambucaling uwoh ||
22. nadyan kinarsakna jagi juru kakus | datan lênggana kang abdi | ngling malih kyai tumênggung | sapa wong tuwanirèki | apa răngga dêmang kenthol ||
23. lon umatur pan kawula sutanipun | gêbal dalêm răndha dèsi | inggih dede randhanipun | răngga dêmang myang ngabèi | randhaning nakoda pun bok ||
24. asli saking Pangangsalan dhusunipun | mah-imah angsal ing ngriki | ing Banonkêncêng karuhun | tilar maksih anèng ngriki | awasta Ki Singabarong ||
25. ki tumênggung aris pangandikanipun | sira ngawula mring mami | eman rupamu abagus | arsa ngawulèng bupati | sagawe-gawene abot ||
26. apa gêlêm sira yèn dadi gamêlku | matur sandika nglampahi | sakarsa-karsa sihipun | kawula dhatênga inggih | tan lênggana ing sapakon ||
27. iya lamun kaya mangkono sirèku | apan sun dadèkkên mangkin | lurahe punakawanku | patang puluh gêdhe cilik | kabèh kang tuwa kang anom ||
28. Pranacitra nêmbah sandika turipun | ki tumênggung [tu...]
--- 88 ---
[...mênggung] dhawuh maring | Capati kancanirèku | kabèh punakawan mami | padha angluraha kono ||
29. iya marang Si Pranacitra sadarum | Capati sun lih wong miji | Pranacitra gêntinipun | lurah panakawan mami | matur sandika pra wong-wong ||
30. sapa wong kang tan manut datan piturut | amasthi lamun bilai | ki tumênggung wusnya dhawuh | kondur malbèng dalêm aglis | Ni Rara Mêndut nèng gandhok ||
31. aparentah marang parèstri sadarum | mangkya cadhonganirèki | marang lurah anyar rawuh | sêga iwake kang bêcik | sandika kang sinung dhawoh ||
32. ya ta Pranacitra mundur saking ngayun | marang pagêdhongannèki | ingiring kancanirèku | tuwa anom gêdhe cilik | gumêdêr dhawoh-dhinawoh ||
33. sapa-sapa kănca kang nora piturut | mring ki lurah anyar iki | pasthi anêmahi ukum | marma ywana wani-wani | marang parentahe kenthol ||
34. Pranacitra kalangkung lêga tyasipun | punagi mring kancanèki | sinungan arta sadarum | nyanggris-nyanggris wong sawiji | rong reyal antuk wong roro ||
35. lah punika kula sung patumbasipun | bêbêd sadayanirèki | kancanya asaur manut | gih nuwun gih nuwun sami | angalêm sadaya kang wong ||
36. nora jamak bêlabane kenthol bagus | wèwèh kongsi nyanggris-nyanggris | ngungkuli pêparingipun | jêng kiyai maring mami | pan mung sajampêl wong sithok ||
37. lah wus awan iki wayahe [wa...]
--- 89 ---
[...yahe] mèh bêdhug | padha anyadhonga nangsi | lurah cadhongêna iku | sêga iwake kang bêcik | sèjèkna dhewe aywa wor ||
38. payo sira Cêlèk Gobèr Jibus Cêgus | kănca cilik bae bêcik | marang pawon nyadhong sêkul | Si Jibus ingkang angirid | sigra mangkat gawa tanggok ||
29. ya ta wau warnanên Ni Rara Mêndut | nèng gandhok pipining kori | ni rara sarêng andulu | mring punakawan kang prapti | andêlidir sami nyadhong ||
30. ni bok rara anilibkên rowangipun | ngawe panakawan siji | kang ingundang mara gupuh | praptèng ngarsa dèn takoni | gus Jibus ingong têtakon ||
31. jare sira duwe lurah anyar bagus | matur o inggih sayêkti | kula kang nyadhongkên sêkul | ing panjang ulame piring | kinèn maringi kang raos ||
32. kang sêmbada dhahare wong bagus tulus | wong ambancèr anjêlanthir | bangkèk kèkèk kokok kukuk | wangking tarincing ambênthing | anjêlanèt marong jamprong ||
33. Rara Mêndut sarwi mèsêm dènnya muwus | iya sapa kang nguyahi | kajaba kang duwe iku | lurah ingkang anyar sigit | matur wus kantênan yêktos ||
34. Rara Mêndut aris pangandikanipun | Jibus ngong nyambat sirèki | ingsun kirim gantèn arum | aturna lurahirèki | ywa kongsi kawruhan ing wong ||
35. matur inggih gantèn gya tinampan gupuh | Jibus durung wruh ing wadi | angling ingsun salawasku | durung tau dèn wèwèhi | iki kang lagya [la...]
--- 90 ---
[...gya] dumrojog ||
36. gya sinungan gantèn arum sêmprit pucuk | wus bêgjane lurah mami | Rara Mêndut mèsêm muwus | ya wong mono datan kêni | puluh-puluh bêgjaning wong ||
37. wus dèn age aturna lurahirèku | pun Jibus nulya lumaris | kalawan sarowangipun | kang nyadhong wus sarêng mijil | kabèh padha gawa tanggok ||
38. praptèng gêdhong arubung mangan akêmbul | ting kucapah gêdhe cilik | nèng èmpèr gêdhonganipun | mung Pranacitra tan bukti | sinungkên rowangnya karo ||
39. Jibus matur ki lurah kula ingutus | ring Bok Rara Mêndut Pathi | punika kang gantèn arum | katur ing paduka nênggih | Ki Pranacitra duk anon ||
40. api kagyat sintên ingkang wèwèh niku | têka gêlêm anampani | matur lah bok kajêngipun | tiyang wèwèh gantèn wangi | lothung wontên kang gumatos ||
41. gya tinampan gantèn wontên sêratipun | winaca sinukmèng galih | pèngêt punika srat ulun | Rara Mêndut ingkang brangti | katura wong bagus anom ||
42. kakang Pranacitra pagêr bumi nêngguh | dene kothaking wong mati | luwang siji wong abagus | linêbon barêng wong kalih | yèn dika asih maringong ||
43. dika prapta sun cêcadhang burat arum | mangke wanci sirêp janmi | paringa jampining wuyung | sadalu kewala enjing | andika mijil sing gêdhong ||
--- [91] ---
[Grafik]
wus dèn age aturna lurahirèku | pun Jibus nulya lumaris | kalawan sarowangipun | kang nyadhong wus sarêng mijil | kabèh padha gawa tanggok ||
--- 92 ---
IX. Ing Kawiragunan Wanci Sontên Sadèrèngipun Sirêp Tiyang.
10. Mijil
1. titi tamat surasaning tulis | sastra mungging conthong | Pranacitra micarèng jro tyase | yêkti tuhu tan ngendrani jangji | trus ujaring tulis | ing têgêsanipun ||
2. parikane datan angowahi | têgêsan myang conthong | wangsalane pagêr bumi dene | kothaking wong mati luwang siji | wong roro nglêboni | adhuh mirah ingsun ||
3. nadyan manira tan angoncati | ubayèng sun tanggon | dahat trêsna marang ing dhèwèke | upamèngsun mêthik puspita di | nèng têlêng jaladri | rinêksèng naga gung ||
4. datan wurung manira langèni | angalap sang sinom | datan ngeman ing pati nah anggèr | saking dening tyas sru brăngta kingkin | tan ana lyan kèksi | mung sira pujanku ||
5. Pranacitra nalanira kadi | pinuntir pinêthot | thêl kacinthung ing conthong kacanthèl | ènthèng tyasira dènnya nglanggati | kadya ge apanggih | nganti mangke dalu ||
6. karsanira Ki Pranacitrèki | wanci lingsir kulon | amêpakkên kancanira kabèh | patang puluh rèrèhanirèki | wus pêpakan sami | tan ana kang kantun ||
7. Pranacitra awacana aris | kabèh kancaningong | marma manira pêpakkên mangke | apan arsa ngong aturi [atur...]
--- 93 ---
[...i] picis | suwawi puniki | ngrong reyal sadarum ||
8. kancanira andhêku nampani | sadaya têtakon | yatra punapa niki surupe | dene dèrèng ki lurah atampi | gêganjaran saking | jêng kyai tumênggung ||
9. Pranacitra aris anauri | yèn andika takon | arta saking karêp ingong dhewe | namung kănca sadaya puniki | manira manawi | kasisipan laku ||
10. nuju botên mêningi ing kardi | inggih masa borong | dènnya angalingi mring ngong mangke | pandangune jêng kyai mring mami | kancanya nauri | sagah saur manuk ||
11. inggih ki lurah sampun kuwatir | wus anèng wak ingong | badhe mutêr jambu benjing êmbèn | sampun tumut-tumut dika benjing | tuwin bokmanawi | botên wontênipun ||
12. yèn kadukan kula kang ngalingi | kabèh sami sagoh | wus mangkana ing wanci ngasare | kyai tumênggung mijil mring jawi | lênggah ing pandhapi | sarwi rimong kampuh ||
13. pan ingayap pra parêkan cèthi | lir ngadat tuwa nom | dhêdhaharan sumaji ngarsane | Patih Ngabèi Prawirasêkti | lan panêkar mantri | samya nèng sor jambu ||
14. tinimbalan lan patih mangarsi | gya majêng wotsinom | ki tumênggung aris andikane | sun tuturi sira Wirasêkti | ngong lèh bocah ngabdi | taruna abagus ||
15. apa durung wêruh sira patih | mas patih turnya lon | inggih dèrèng uninga warnine | amung myarsa [myar...]
--- 94 ---
[...sa] kewala ing warti | botoh angungkuli | mring botoh sadarum ||
16. Pranacitra abagus tur sugih | amêsês kêndêl toh | nèng kambêngan ing Prawiramantrèn | mênang kongsi kalih atus anggris | datan molak-malik | pênêd sawungipun ||
17. Ki Tumênggung Wiraguna angling | hèh Cênthung dèn gupoh | timbalana Si Pranacitra ge | tur sandika nulya dèn timbali | Pranacitra aglis | umarêk ing ngayun ||
18. kinèn ajajar lawan mas patih | ing ngingsêran lunggoh | Pranacitra amêpês silane | binagèkkên marang ki mas patih | andhêku turnèki | pasaja ing wuwus ||
19. cingak sagung parêkan myang cèthi | ting karintip nonton | mring wong anyar kang bagus rupane | ting barisik samya mancêr liring | berag ambêsusi | supaya kadulu ||
20. ki tumênggung myat Pranacitrèki | sih ing tyas gumolong | dènnya bagus jêtmika solahe | pasêmone ruruh amriyayi | arsa dèn bakali | kapriyayènipun ||
21. lawan arsa dipun tarimani | santana kinaot | ingkang pantês lan Pranacitrane | saking rêsêpira aningali | ciptanirèng galih | yun ingambil sunu ||
22. ki tumênggung angandika aris | mring Pranacitra lon | sira iku dadi botoh gêdhe | apa tau ngadêgi pribadi | wruh tantinging tandhing | kang bakal sor unggul ||
23. lawan apa nyata sira wingi | mênang ngadu jago | nèng kalangan [kalanga...]
--- 95 ---
[...n] ing Kawiramantrèn | kabar mênang toh rongatus anggris | jago têka ngêndi | ingkang mênang iku ||
24. Pranacitra nêmbah matur aris | pan inggih sayêktos | amba mênang nèng Kawiramantrèn | nanging kathah ingkang sami nêmpil | kula apan naming | satus pitu likur ||
25. pan kawula saèstu pan lagi | têmbe ngabên jago | tan uninga sawung won pênêde | inggih namung sapisan puniki | sawung duk sih alit | sinambêr ing wolung ||
26. kula kêkuthuk langkung anjanmi | lami-lami dados | lurik sanalancur mubal putèh | buntut jamprong mèpèt lir ginapit | pra botoh ngrêmêni | sami kinèn ngingu ||
27. kawula abên pagriyan asring | amênang kemawon | nuntên kawula lurugkên age | mring kambêngan ing Prawiramantrin | ing bêgja narêngi | mênang sawung ulun ||
28. kagalih yèn kawula puniki | kawastanan botoh | datan rêmên inggih sayêktose | amung gêgêmbyakkan ngabên tandhing | kalawan rarywalit | geredan tohipun ||
29. ki tumênggung gumujêng ngling aris | dudu gêmbyak guyon | gêmbyak domba rongatus tohane | apan dudu gêgeredan pitik | pan anggèrèd gigir | nak rayat tinukup ||
30. Pranacitra nêmbah matur aris | tur kawula yêktos | anggèn kula mênang botohane | saking dening kawula kapengin | srawungan priyayi | sami ngabên sawung ||
31. ki tumênggung mèsêm ngandika [nga...]
--- 96 ---
[...ndika] ris | nging sajroning batos | ngalêmbana mring Pranacitrane | mulat kabagusanira tuwin | prakati patitis | pitêmbunganipun ||
32. agêng gêgantunganira kang sih | jêng kyai gumolong | anging maksih sinimpênan bae | eman Pranacitra yèn tan dadi | abdi dalêm mantri | pasêmone mungguh ||
33. nanging Pranacitra jroning ati | kang tansah kadulon | tan lyan namung Rara Mêndut bae | ingkang muntêl anèng kulung ati | palikêt kumanthil | amêjêg jêjantung ||
34. aturira tan inangan kardi | ananggapi runtoh | kuwur-kuwur katawuran tyase | ketang kang angsung mengkolan sêmprit | kasêmprot ing liring | wingine nèng warung ||
35. datan wurung ciptanya nglabuhi | parikan nèng conthong | tuwin ingkang mungging têgêsane | kadhêdhêr nèng kulunging kang ati | netya anyumuki | wênês wilis sêmu ||
36. amardapa sênêning akingkin | anglonging pasêmon | ki tumênggung aris andikane | ya wong mono tan kêna dinalih | kaya ta sirèki | mas patih lawasmu ||
37. ngabotohan apa wus nglakoni | wani toh samono | matur dèrèng ya mulane kuwe | tur ta botohamu angluwihi | durung anglakoni | toh kongsi rongatus ||
38. ki mas patih nêmbah matur aris | inggih dèrèng ngantos | satus kemawon pan dèrèng nate | sêtun sèkêt pêng-pêngan manawi | angsal mênang tandhing | sawung kang wus wudhu ||
39. ki tumênggung [tu...]
--- 97 ---
[...mênggung] angandika aris | payo jajal jago | tur sandika gya ngambil sawunge | panakawan gupuh angladèni | ana ingkang ngambil | kopoh korok banyu ||
40. bandhung patang kêmbaran nèng ngarsi | dènnya ngrapkên jago | para lurah kang banyu sawunge | Pranacitra tan wèngwèng ningali | jatmika tan apti | mulat jago tarung ||
41. pratăndha yèn budinira tani | yêkti datan goroh | lamun dudu botoh sayêktine | ki tumênggung tyasira saya sih | mring Pranacitrèki | dènnya tyas rahayu ||
42. ingkang jajal sawung kinèn uwis | apan mung sabanyon | ki tumênggung amaringi age | dhêdhaharan mring Pranacitrèki | lorodan nêm piring | kang pinaring gupuh ||
43. nêmbah majêng anampani piring | nityasa pandulon | ki tumênggung mèsêm suka tyase | mulat sarira rurus aramping | pamulunya kuning | tuhu yèn abagus ||
44. lungiding imba idêp tumênggi | netra liyêp tinon | lindri tungtung wadon pamulune | wênês suluhing wadana manis | lathi mêngas-mêngis | thi-athi angudhup ||
45. anglêmpung karas wangunirèki | tan ana winaon | ki tumênggung micarèng driyane | tan jamak baguse rare iki | nging kakirên thithik | kaliwat rumucuh ||
46. ki tumênggung juwêding pangliring | mring Pranacitra non | kadya maring kênya di ciptane | saking dahat sihira jro galih | kalêthêke kadi | arsa kinalêthuk ||
47. ya ta
--- 98 ---
wanci surywa tunggang wukir | jêng kyai ngling alon | Pranacitra nènga kono bae | jagongana kalawan mas patih | iki wus mahêrib | manira yun wêktu ||
48. kang liningan sandika turnèki | samya nêmbah karo | ki tumênggung nulya kondur age | Pranacitra kalawan mas patih | munggah ing pandhapi | ingkang ngadhêp mundur ||
49. kantun lurah sajajarirèki | ingkang sami caos | wus antara ing bakda ngisane | ki tumênggung pan amundhut bukti | parèstri ngladèni | myang Ni Rara Mêndut ||
50. ki tumênggung dhahar lan kang rayi | ni ajêng ngling alon | Mêndut dèn kaparèng ngarsa kene | apan sira wus kaparingan sih | marang jêng kiyai | ngrèh èstri sadarum ||
51. dèn abêcik sira angladèni | mring jêng kyai mangko | pan wis bêgjanira sira nikèn | aywa ewuh rikuh marang mami | sira dèn bakali | ajênêng mas ayu ||
52. dèn narima badanira mangkin | pan pinundhut bojo | pira-pira sira sabobote | dèn abangêt sukurirèng Widi | nugraha sayêkti | alaki tumênggung ||
53. Rara Mêndut andhêku turnya ris | ngenaki kemawon | ing batine seje panyiptane | tan ana lyan paraning wiyadi | mung Pranacitrèki | kang kaciptèng kalbu ||
54. aywa kongsi kawêngku liyaning | ngamungna sawiyos | kenthol bagus Pranacitra bae | ingkang dadya têlênging wiyadi | tumancêp ing ati | muntêl ing jêjantung ||
55. ciptèng driya kadya ge apanggih [apang...]
--- 99 ---
[...gih] | mring kang karya lamong | ki tumênggung aris andikane | mring kang garwa sainggane nyai | Si Mêndut kon bukti | dimèn ngong pikantuk ||
56. gupuh nyai ajêng ngacarani | hèh Mêndut dèn gupoh | dimarene sandhing aku kene | sira kinarsakkên kêmbul bukti | lah wisuha aglis | lho iki ambêngmu ||
57. matur nuwun ginêndêng mangarsi | gya majêng wotsinom | pan tinarik parêk dhêdhêngkule | nyai ajêng langkung rahabnèki | wis payo abukti | mas ayu lan ingsun ||
58. ki tumênggung mèsêm aningali | mring garwane karo | dhasar Ni Rara Mêndut sasore | abusana sarwa di linuwih | sinjang gringsing ringgit | kêmbên jingga madu ||
59. gêlung sèntêg lêlungsèn tinitih | ing sêkar argulo | sêngkang bapang kinatipa ing hèr | apanunggul agêng intên bumi | wida jênar amrik | gêbêgan sumunu ||
60. netra jait sinawang alindri | tuhu yèn kinaot | angungkuli para dyahe kabèh | datan ana ingkang angiribi | mung pantês anyèthi | mring Ni Rara Mêndut ||
61. ki tumênggung datan pijêr bukti | malongok anjomblong | dènnya miyat ni rara warnane | kang liniring tan pati nanduki | mung ewa ing batin | marang ki tumênggung ||
62. Ni Rara Mêndut dènira bukti | acicik tan dhokoh | nyai ajêng anyêblèk wêntise | bok sing nêmên gonira abukti | nikèn matur sarwi | mèsêm marikêlu ||
63. jêng kiyai pangêpêlirèki | nutul [nutu...]
--- 100 ---
[...l] sambêl lethok | dènnya muluk kaliru janggute | sambêl gubras nèng janggut dèn sapi | wrata marang pipi | kêpêl jur ngaluwur ||
64. sakarine puluk wus dèn bukti | parèstri kang anon | ngampêt guyu tumungkul ajrihe | Rara Mêndut mèsêm aningali | ing batin moyoki | puluk susar-susur ||
65. ki tumênggung mèsêm animbangi | èsême sinênggoh | tunggal sire ing batin ciptane | tan wruh lamun luput ing pandalih | nanging jêng kiyai | sih mathêm ing kalbu ||
66. wus antara dènira abukti | gya sami têturoh | cinarikan ambêng rampadane | ki tumênggung angandika aris | mring parêkannèki | Si Pranacitrèku ||
67. paringana lawan ki mas patih | lêlolorodan ingong | kang liningan sandika ature | wus rinakit pinaringkên nuli | wus tinampan kalih | aturira nuhun ||
68. ya ta wontên panêkarnya mantri | prapta samya lunggoh | priyayi nêm ingacaran age | mopo pinêksa samya abukti | jêng kyai gya mijil | sukèng tyas andulu ||
69. mring kancanira mantri kang prapti | angandika alon | sapa kănca ingkang têka kuwe | matur nun kula pun Wăngsagati | lawan pun Ngabèi | Jayawiranèku ||
70. lan Ngabèi Simbarjaya tuwin | pun Ngabèi Bobos | lawan Ngabèi Wiratmakane | kanêm pun Ngabèi Brajapati | sadaya pan sami | sowan ki tumênggung ||
71. gupuh ngandika marang ing cèthi | sapa
--- 101 ---
bocah wadon | mundhuta sêga sarampadane | lawan waragang ya dhahar mami | sadhasarirèki | bumbung mas sinêlut ||
72. lan mundhuta palênggahan mami | tan dangu sumaos | ki tumênggung nulya lênggah age | angandika mring kancanya mantri | lah wus kono sami | amangana kêmbul ||
73. ki tumênggung ngunjuk ananduki | sadhasar rumêngkoh | sabên kadhatêngan panêkare | tinamu-tamu nadyan wong siji | anginum myang bukti | gêng alit kinêmbul ||
74. dènnya karsa amèt tyasing alit | tan ana kinaot | kabèh kinawruhan sakarsane | marma kancanira para mantri | sadaya jrih asih | ambêk sabiyantu ||
75. dènnya mikul karyaning nagari | rumêksèng karaton | samya golong gumulung ciptane | angèstokkên ing parentah sami | tan cêngil-cinêngil | nadyan gêcul kumpul ||
76. dènnya ngunjuk antuk tigang larih | Pranacitra gupoh | aris matur ywan parêng karsane | amba nyuwun aso ing panglarih | tan tahan mring awis | rèh têmbe anginum ||
77. ki tumênggung mèsêm ngandika ris | ywa sumêlang mangko | dimèn pundhuh lan kănca mantri kèh | inggih langkung anuwun jêng kyai | sih tuwan kapundhi | ing mastaka ulun ||
78. gya mas patih lan panêkar mantri | samya nambrama lon | lah suwawi adhi pasihane | sumăngga nak pasihanirèki | jêng kyai samangkin | ngong belani nginum ||
79. warna-warna ucaping pra mantri | barkating [bar...]
--- 102 ---
[...kating] kawuron | apan samya ngalêmbana kabèh | anyar katon abdine jêng kyai | sapa sintên nênggih | kang sinambat ing rum ||
80. apan kula pun Pranacitrèki | samya barêng dongong | mèsêm angling e kiye jawane | Pranacitra kang komuk jêlanthir | tan linyok ing warti | nyata bagus lugu ||
81. punapa andika sampun krami | inggih dèrèng ingong | adhuh nadyan ta sampuna mangke | mêksih ajêng mêndhêt mantu mami | suwawi inggih dhi | o inggih saèstu ||
82. ki tumênggung mèsêm ngandika ris | sapa wonge anon | mring Si Pranacitra pasthi bae | arsa mèt mantu myang ipe yêkti | samya matur inggih | lêrês ki tumênggung ||
83. dungkap sakawan dhasar kang larih | sami nambrama lon | wawi bagus Pranacitra larèh | ngling kawula andika alimi | kula tan kuwawi | barkat tiyang dhusun ||
84. kula andhèrèk amung wedang tih | lan sambèn anggadho | kang liningan asuka guyune | e lah pintêr kenthol bagus iki | dhuh ngong kang nalangi | sumăngga kyai gung ||
85. gya linarih kalih dhasar alit | wuwuse angoko | lah payo ki lurah larih manèh | kaya wragang ingumbe dhêdhêmit | tan na banènèki | lir munggèng wana gung ||
86. ki tumênggung mèsêm ngandika ris | ya bênêr sirèngko | gya nimbali niyaga lan runggèng | gupuh kang liningan gya miranti | gamêlan lan ringgit | kang wasta pun Ganggu ||
87. lan pun Malathi samya mangarsi | kalihe yu anom |
--- 103 ---
lajêng mapan marang gyan adate | niyaga gya dhinawuhan wiwit | sandika anuli | munya ladrang Mangu ||
88. gêndhing ririh sarwi dèn gêndhèngi | jawilan kang naboh | kang rada sru pan amung rêbabe | kalih gambang katrinira suling | ricike kur jawil | ngalêp nganyut-anyut ||
89. ambiyantu panabuhirèki | padha krasa alon | bonang pinjal lawan panêruse | dêmung nibani bonang ngêracik | tarung panêrusing | imbalan gong andul ||
90. gambang amêcalang wilêtnèki | angglêbêg tan kagol | rangkêp rikatan caruk anggrandhèl | suling ngêlong lagu amegoni | asri angêdhasih | pangêlikanipun ||
91. gêndèr anyalupak gumarining | senggolan gumolong | kapinjalan akathah cengkoke | calêmpungnya sêsêndhalan ngrinding | kêndhang amberagi | rarasiblon[2] bêsus ||
92. rêbab ngangkang tutupane mathis | nyamlêng tan balero | amèt raras ajêg wiwitane | rêngating kawat têtêring miwil | kosokan lêstari | lămba muput alus ||
93. gêndhènging runggèng andudut ati | têlon apêpunton | rêbab suling lawan panggêndhènge | swara mêrit mêthit anjalirit | lir suling wrat sari | nuntung manis arum ||
94. berag wiraga kang para mantri | ngigêl sarwi lunggoh | myarsa gêndhèng ilang rêringane | ketang trêsnanira mring jêng kyai | mijil tyasirèki | kaantêpanipun ||
95. datan mèngèng lair batinnèki | wutah tyase kasok | marang kangjêng kyai
--- 104 ---
tumênggunge | dhuh ki lurah lamun ana kardi | ayahaning aji | ananggulang mungsuh ||
96. suka binijiga awak mami | tanggorna ing mungsoh | eman nganggur Brajawăngsa kiye | kayangapa rasane upami | mati anglakoni | ayahaning ratu ||
97. wus timbange mukti lawan mati | wis gantungan ingong | ala mati bubukên sun kiye | pan sadaya samya adol kardi | sukèng tyas jêng kyai | gumujêng angguguk ||
98. amuwuhi kamuktènirèki | yèn ana wong sagoh | wani mring ayahan dalêm bote | nulya ginanjar sabuk kulambi | wus ambêke kyai | sih mring kancanipun ||
99. kabèh tan ana ingkang cinêngil | gêng alit rinêngkoh | yèn ana kang cêngilan kancane | tinuturan sakalihirèki | mari-mari yèn wis | rukun atut runtut ||
100. pinurih ywa na kang bèncèng pikir | ing lair myang batos | amrih guyuba kabèh tekade | dadya ènthèng pamikuling kardi | pinè tyasirèki | sadaya rinêngkuh ||
101. nulya sami linarihan malih | lho iki sih ingong | inggih nuwun kiyai paringe | anampani sarwi bêksa linggih | enak têmên iki | gêndhing Arum-arum ||
102. nulya ginêmbong awanti-wanti | wong pitu ngêlosod | anèng ênggon asangêt êndême | nulya samya kinèn bêkta mulih | kulanya jêng kyai | kang ambayang mêtu ||
103. ambêng nulya cinarikan aglis | sinungkên pra wong-wong [wong-...]
--- 105 ---
[...wong] | ki tumênggung alon andikane | Pranacitra pa mêndêmsirèki | nginum waragang grit | kang liningan matur ||
104. inggih radi karaos sakêdhik | amumêt kang panon | ki tumênggung mèsêm lon dêlinge | ya turokna nèng gêdhongirèki | nêmbah kang sinung ngling | inggih sêlotipun ||
105. ki tumênggung ngandika ngong iki | ya rada kêraos | tur tan pati animbangi ngombe | kur ngêmpyangi marang kănca mantri | nadyan thithik-thithik | nandhêg dadya wuru ||
106. gya ngandika aris marang cèthi | sapa bocah wadon | amundhuta kalasa bantale | paringêna Si Pranacitrèki | nulya jêng kiyai | kondur mring dalêm gung ||
107. tan anjujug pasareyannèki | laju maring gandhok | gyaning Rara Mêndut ing karsane | prapta sarwi dhodhog kori ririh | kagyat duk miyarsi | sira Rara Mêndut ||
108. mojar sapa ingkang minta kori | nauri Dut ingong | jaluk lawang Dut sadhela bae | manira yun têmu lan sirèki | ni rara nauri | dhuh kyai tumênggung ||
109. iya aku Dut kang jaluk kori | mring sira yun panggoh | matur sampun mriki tanpa gawe | kula sawêg ewêd mapag sasi | benjing yèn wus mari | kawula umatur ||
110. pira lawase adatirèki | kang uwis kalakon | inggih tigang ruwah ing lamine | he he têka lawase tan sipi | ni rara turnya ris | sampun adatipun ||
111. botên kenging yèn dèrèng wus suci | tur kula sayêktos |
--- 106 ---
nganti tan nganti tigang ruwahe | ya wis sokur kalamun kadyèki | sarwi wangsul maring | pasareyanipun ||
112. nimbali dyah kinèn ngisik-isik | sarwi mujung kampoh | ki tumênggung apan lajêng sare | ya ta Pranacitra kang winarni | sangsaya wiyadi | kadya mas tumimbul ||
1 | kasur. (kembali) |
2 | raras ciblon. (kembali) |