Pranacitra (Rara Mêndut), Balai Pustaka, 1932, #107 (Pupuh 11–18)

Judul
Sambungan
1. Pranacitra (Rara Mêndut), Balai Pustaka, 1932, #107 (Pupuh 01–05). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
2. Pranacitra (Rara Mêndut), Balai Pustaka, 1932, #107 (Pupuh 06–10). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
3. Pranacitra (Rara Mêndut), Balai Pustaka, 1932, #107 (Pupuh 11–18). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
Citra
Terakhir diubah: 08-12-2020

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

X. Pêpanggihanipun Rara Mêndut kalihan Pranacitra ing Wanci Dalu.

11. Maskumambang

1. titi sonya lirnya wayah sirêp janmi | ya ta Pranacitra | wungu dènira aguling | mulat marang kancanira ||

2. gêdhe cilik kabèh tan ana ngulisik | myang punakawannya | Blêndhung Jagung lir wong mati | sami ngorok asêngguran ||

3. mudhar kampuh dandan bêbasahan malih | ingapti trapira | cancutan kodhok sinêbit | ngongkong saking pawêntisan ||

4. sanginggiling jêngku sacêngkang tri nyari | paseronganira | miwir anggubah kawingkis | tan ngalêngkin gêdhèdhèrnya ||

5. kêpuh tumpang amuwêr wiron anggribig | pangasih landhungan | angayu apu marapit | bêbuntaring pasingsêtan ||

6. wiru mêdhok lir laring walang walèri | pênăngga taliban | turut amèpèt malirid | angênthêng nèng palambungan ||

7. pasêndhalan mungsêr ambokong cêmuris | têpung pawingkingan | mancut adu mancung mathis | kunca landhung têlung asta ||

8. mêdhok kadya

--- 107 ---

wuluning walang walèri | pan angumbar kunca | wiwiron walêr tap tipis | kinawêngakên curiga ||

9. Pranacitra sawusira busana di | tanpa wida sumpang | angunandika ing galih | paran misih durung nendra ||

10. apan ingsun ubaya madyaning latri | mirahe pun kakang | akarya brăngta wiyadi | biyadaning Wiragunan ||

11. lagya pulang liring durung pulang gati | ujaring têgêsan | lan conthong amituturi | tan liya panêdhanira ||

12. tuwin parikane datan angowahi | nèng conthong têgêsan | padha muni pagêr bumi | dening kothaking palastra ||

13. luwang siji wong loro kang anglêboni | ya ta Pranacitra | ngadêg mêngakakên kori | anjêjêr madyaning latar ||

14. sidhêm kayon tan ana walang asisik | kang tunggu pandhapa | wus samya turu kêpati | angglasah kadya tinuba ||

15. wus pitaya tan ana janma kang tangi | nulya Pranacitra | tumindak lampahira ris | amalipir pagêr bata ||

16. dalah gamêl ing gêdhogan samya guling | jaran si jêmunak | titihanira jêng kyai | watangan myang palurugan ||

17. muni ambêngingèh gêrêng-gêrêng ririh | yèn bisaa ngucap | yèn janmaa mituturi | adhuh sira Pranacitra ||

18. sira iku ayun anyidra ing rêsmi | iku tan prayoga | ngrusak pagêr ayu yêkti | amêjang sihing bêndara ||

19. nora bêcik têmah kang sira lakoni | tan wurung cilaka | wong kalap sira labuhi | ayya kadarung tyasira [tyasi...]

--- 108 ---

[...ra] ||

20. Pranacitra duk myarsa swaraning wajik | kumêsar tyasira | karasa sasmitèng wajik | angunandika ing driya ||

21. ya graita kang mangkono iku bêcik | nanging kapriye ta | wus nêdya nuhoni jangji | eman cidra ing ubaya ||

22. si têgêsan ujare awanti-wanti | myang conthong tan beda | iya parikanirèki | wali-wali datan owah ||

23. eman-eman wong ayu yèn dèn cidrani | sira Pranacitra | laju lampahira ririh | praptèng tritis gandhok wetan ||

24. Pranacitra mrêpêki anêthêk kori | ririh datan kêndhat | ni rara kagyat ing galih | wus dinuga ing wardaya ||

25. lamun Pranacitra gya sinapa aris | sintên ingkang prapta | dalu-dalu minta kori | dudu wayahe wong sănja ||

26. Pranacitra duk myarsa swara cumêngkling | kumênyut tyasira | kadya tan kalingan dening | inêbing kori kancingan ||

27. lir satmata wantah kaèksi nèng ngarsi | lumêkêting ăngga | pangrasanira ing galih | mangkana Ki Pranacitra ||

28. anauri nanduki prana ngling ririh | kang warga piluta | andaut driya mamrih sih | wruh sabda tan wruhing rupa ||

29. aywa tambuh iya Pranacitra mami | ing Batakêncêngan | kadya tan ana kêkalih | amara sandi ubaya ||

30. Rara Mêndut kumêpyur sarwi nauri | samudanèng sabda | pêpanggil sang kribing èstri | he si jênat dikêramat ||

31. lae lae sampun andika mariki | kalamun amaksa [a...]

--- 109 ---

[...maksa] | kula jêritakên yêkti | têmahan dadya kêburan ||

32. konangan mring ki tumênggung dika mati | sira Pranacitra | mèsêm anauri aris | ya talah nora kayaa ||

33. ngong labuhi adohe lok sun parani | tan etung pêtêngan | hèrnawa jro sun langèni | ing Kaligajah wong bêna ||

34. labêt saking trêsna mring dhèwèkirèki | ing mangkya wus prapta | nèng kene dèn pitambuhi | Pranacitra dimêjana ||

35. mring wong wadon mèsêma bae wak mami | ana ing Kauman | tan kongsi mindhoni pasthi | olèh prawan pirang-pirang ||

36. kumarutug ting taremplok padha kinthil | kang padha kedanan | gumrudug ngunggah-unggahi | anggulasah tanpa sêla ||

37. wong atrêsna kapati tan dèn langgati | iya wus ngong lunga | ni rara mêngakkên kori | Pranacitra kampuhira ||

38. binondhetan mring Rara Mêndut ing Pathi | sarwi angrêrêpa | wuwusira awor tangis | dhuh dhuh kakang Pranacitra ||

39. lah suwawi malbèng pagêdhongan mami | ing tilam pamrikan | sun cêcadhang burat wangi | sun sumpingi surèngpatya ||

40. nora kêna wong gêgorohan sathithik | êndang arsa lunga | sumakehan kang asigit | linulutan ing para dyah ||

41. bok karsaa nampar wong kang kawlasasih | kakang Pranacitra | tarak brata ngong rewangi | datan dhahar datan nendra ||

42. apa ukur-ukur trêsnèng sun dinalih | baya wus bêgjèngwang [bêgjèng...]

--- 110 ---

[...wang] | asih nora dèn timbangi | lêhêng sun matia ngêndhat ||

43. Pranacitra angandika rum amanis | mirahe pun kakang | wong cèthi-cèthi cuwiri | wong ayu tanpa sasama ||

44. dyan pinondhong binêkta mring jinêm wangi | sinrênggara raras | lir bramara nguswa sari | linungguhkên madyèng tilam ||

45. Ni Bok Rara Mêndut malap burat wangi | lan sumping puspita | gêgubahan surèngpati | Pranacitra binuratan ||

46. Pranacitra tuhu bagus anjalanthir | kadi lêmpung karas | Ni Bok Rara Mêndut kadi | sang dèwi kumudaning rat ||

47. tan winuwus langên jroning tilamsari | wus sami kapraptan | kang dados raosing galih | wangwang sami lêlênggahan ||

48. ni bok rara anaosakên sêsaji | dhêdhaharanira | wowohan kang adi-adi | dhuku manggis lawan duryan ||

49. pêlêm jambu jirak năngka lan kuwèni | myang olah-olahan | gêgurihan miwah manis | andhèr sumaos ing ngarsa ||

50. Ni Bok Rara Mêndut alon ngacarani | lah sumăngga kakang | dika dhahara nyênyamik | kang manis-manis sêgêran ||

51. Pranacitra ngalap nyênyamikan nuli | ing sasênêngira | ya ta kalihira sami | nutug sakarsaning driya ||

52. duk samana wus kalalu lingsir wêngi | Pranacitra yatna | yèn wus sêdhêngira mijil | alon dènira manabda ||

53. yèn sêmbada wong ayu ngong pamit mijil | lamun kabangunan | enjang kawruhan ing janmi | têmahan manggih tan [ta...]

--- 111 ---

[...n] yogya ||

54. mêngko bêngi bae ingsun bali malih | nutugakên karsa | wayah sore ingsun prapti | wêngine sira sun gawa ||

55. lunga rangkat kang adoh marang pasisir | anyabranga sisan | mring Johor yèn ora Ngacih | pasthi masa kapangguha ||

56. Rara Mêndut asêndhêt dènnya nauri | saking cuwanira | inggih kakang dèn amasthi | ambêkta rangkat maringwang ||

57. Pranacitra nauri ywa susah yayi | yêkti ingsun gawa | pan wus sêdya ngong langèni | sarwi dandan kampuhira ||

58. sarêng dènnya abusana wong kêkalih | kamantyan ing warna | kakung tumingal ing èstri | rangu-rangu anilara ||

59. Rara Mêndut non mring Pranacitra kadi | kadi ngukuhana | kalangkung awrat ing galih | ngrungkêb nèng tilam kewala ||

60. Pranacitra alon dènira apamit | yayi lilanana | manira arsa umijil | bok rara inggih saurnya ||

61. arsa mangkat Pranacitra dèn bondhèti | gya wangsul angaras | dangu dènnya bola-bali | kongsi mèh kaluruk sata ||

XI. Siyangipun Sasampunipun Pêpanggihan ing Wanci Dalu.

12. Pangkur

1. nulya wau Pranacitra | alon dènnya amêngakakên kori | gya mijil sing gêdhongipun | ing tilam gandhok wetan | pan mèh bae karainan dènnya mêtu | marang ing panggonanira | gêdhong sawetan pandhapi ||

2. kancanira [ka...]

--- 112 ---

[...ncanira] punakawan | kabênêran durung ana kang tangi | mung wong roro Blêndhung Jagung | kagyat lurahe prapta | mojar wau saking pundi dika bagus | Pranacitra aris nabda | aku mêntas anêmoni ||

3. Rara Mêndut gandhok wetan | inggih wau punapa kongsi panggih | nauri iya katêmu | ning ywa dadak têtanya | aywa lunga tunggunên sun arêp turu | nulya mujung kampuhira | supaya katona guling ||

4. angganya rapuh kalêswan | tanpa karkat bayu lir dèn lolosi | kasaut dahat gêng wuyung | lir kêna sampirêna | datan nendra kewala pan amung mujung | ingkang kaciptèng wardaya | mung Ni Rara Mêndut Pathi ||

5. ya ta wus raina enjang | punakawan sadaya wus atangi | nyapu palataranipun | myang rarêsik pandhapa | nuju ari Rêspati paseban agung | Ki Tumênggung Wiraguna | dandan pan arsa anangkil ||

6. prèstri mêdalkên ampilan | wus tinampan marang kang juru ngampil | tuwin para kulanipun | wus pêpak sami seba | miwah putra wandawa pêpak ing ngayun | andhèr munggèng palataran | kang badhe andhèrèk sami ||

7. Ki Tumênggung Wiraguna | nulya mijil lênggah rawa pandhapi | wibawa saengga ratu | siniwèng wadyabala | lir kaneka ki tumênggung paminipun | nimbali mas patih sira | Ngabèbi Prawirasêkti ||

8. andhadhap majêng mring ngarsa | prapta nêmbah anèng tritis pandhapi | ki tumênggung ngandika rum | mas patih karsaningwang | bocah anyar

--- 113 ---

Si Pranacitra karsèngsun | parabote ngong kêkêmbar | lawan Si Jaka Pangasih ||

9. gajêge tunggal wangunnya | Pranacitra lawan Jaka Pangasih | du mancung padha du mancung | anom tuwane padha | ingsun karya kêkêmbang anèng marga gung | iya layake prayoga | mas patih umatur aris ||

10. abdi dalêm Pranacitra | lan putranta Bagus Jaka Pangasih | inggih sami bagusipun | tuwin wiraganira | inggih sami amung kêdhik kaotipun | pun Pranacitra pidêksa | antar gus Jaka Pangasih ||

11. yèn sampuna kaot antar | inggih tidha kalintu kang mastani | lah iya bênêr sirèku | ing mêngko apa seba | Si Pangasih timbalana dèn agupuh | sandika ingkang liningan | datan dangu nulya prapti ||

12. Jaka Pangasih punika | putranira Tumênggung Wiramantri | nanging wus pinundhut sunu | marang Ki Wiraguna | sampun kadya gyanira yoga satuhu | ki tumênggung aris nabda | kulup Ki Jaka Pangasih ||

13. kadingarèn kulup sira | têlung dina de tan ana kaèksi | marang ngêndi sira kulup | kang putra matur nêmbah | datan kesah kawula pan sawêg ngêlu | sira sun tuduhi bocah | anyar ngawula mring mami ||

14. sun pundhuhkên lawan sira | kêkadangên sira ywa walangati | apa sira durung wêruh | matur dèrèng uninga | ki tumênggung nuding panakawanipun | timbalana Pranacitra | sandika ingkang tinuding ||

15. prapta gyaning Pranacitra | dhuh ki lurah andika dèn timbali | marang [ma...]

--- 114 ---

[...rang] jêng kyai tumênggung | lênggah mungging pandhapa | Pranacitra lungguh maksih kêmul kampuh | sumaur sarwi ngrarêpa | dika matur mring jêng kyai ||

16. kula datan sagêd sowan | mring ngajêngan miwah andhèrèk nangkil | ngong pamit sakit angêlu | sangêt sayah alêsah | benjing malih kula dhèrèk ki tumênggung | mangkya nuwun pangaksama | pamit sapisan puniki ||

17. masa borong atur dika | mring jêng kyai kula dika alingi | kancanira sampun saguh | ngrasa wus kalêbonan | inggih sampun ki lurah sumêlang kalbu | apan sampun wontên kula | sigra matur ing jêng kyai ||

18. pamitira Pranacitra | sakit ngêlu sarta rumat panastis | sirahe tan sagêd lungguh | badan tan sagêd kesah | myang tan sagêd ebah kuping irungipun | ki tumênggung ngungun myarsa | apa dènnya mêndêm wingi ||

19. wong arsa ingsun kêkêmbar | iya lawan bagus Jaka Pangasih | karya sêkaring marga gung | dumadak pamit lara | pundhutêna pilis lawan parêm rapuh | mring bocah juru racikan | mêsakake anyar prapti ||

20. sandika kang dhinawuhan | wus pinaring parêm kalawan pilis | ya ta wau ki tumênggung | jumênêng nulya têdhak | ginarêbêg pra kulanya ngarsa pungkur | asri upacaranira | ing ngarsa kang ngampil-ampil ||

21. ing marga datan winarna | ya ta Pranacitra kang apisakit | sadaya kancanirèku | pan sami dhèrèk seba | amung kari Si Gobèr lawan Si Cêlus | Pranacitra aris nabda [na...]

--- 115 ---

[...bda] | dhi Gobèr lamun marêngi ||

22. dika manira rêsaya | inggih marang gandhok wetan samangkin | matura mring Rara Mêndut | anuwuna têtămba | lara uyang măngsa borong jampinipun | jampine wus anèng kana | andika kari marani ||

23. Gobèr matur gih ki lurah | nulya mangkat mring gandhok wetan panggih | kalawan Ni Rara Mêndut | mojar kula dinuta | mring ki lurah Pranacitra kinèn nyuwun | jampinipun sakit uyang | turene wus anèng ngriki ||

24. kinèn nyuwun sapunika | Rara Mêndut mèsêm garjitèng ati | adhuh lae wong abagus | waskitha nuju karsa | datan beda dhèwèke kalawan ingsun | ni rara mèsêm ngandika | ngong puniki uga sakit ||

25. laraku lara parungsang | priyang-priyang kang ati poyang-paying | ngong jaluk tămba ngalayung | marang ing lurahira | uga uwis anèng kana jampinipun | Gobèr tan wruh ing sasmita | apan amung inggah-inggih ||

26. Rara Mêndut mring pamrikan | karya gănda wida myang gantèn wangi | mengkolan sêmprit anglayung | madyèng conthong sinêrat | lan dhaharan kang adi sadhulang munjung | tinup saji kêkarangan | sinungkên mring Gobèr nuli ||

27. Gobèr iki aturêna | mring lurahmu dènnya mundhut jêjampi | pan wis anèng conthong suruh | tambane lurahira | matur inggih gya tinampan pawèhipun | umangkat manggul dhêdhulang | tan dangu prapta gyannèki ||

28. gya matur ing lurahira [lurah...]

--- 116 ---

[...ira] | kula sampun kinon anuwun jampi | pan sakathah-kathahipun | wus mungging tarècèt bang | lawan anèng ing dhulang sadayanipun | Pranacitra duk tumingal | mèsêm sarwi anampèni ||

29. gantèn wangi nèng trècèt bang | ingudharan kongas gandanya wangi | conthongira gantèn arum | amung patang kênyehan | suruh sêmprit rinacik mengkos angrayung | ing conthong tinulis raras | cinandhak sinuksmèng galih ||

30. wusing pangabêkti amba | wiyosipun lamun parênging galih | paduka mring regol ngayun | tan sompok pêpanggihan | lan kawula mamrih sangkribing asinglu | supados ywa kawanguran | inggih marang liyan janmi ||

31. kakang bagus Pranacitra | pagêr bumi de kothaking wong mati | luwang sawiji ywa wurung | linêbon lawan kula | titi tamat wus praptèng parikanipun | Pranacitra mèsêm mojar | Gobèr ngong arsa mring kori ||

32. sira kariya kewala | manira yun manggihi kadang mami | sadhela anuli wangsul | lah inggih karsa dika | payo Blêndhung Jagung atêrna mring pintu | kang liningan tur sandika | sigra mangkat marang jawi ||

33. wus prapta ing paregolan | ya ta wau Ni Rara Mêndut Pathi | angrasuk busana luhung | angling mring kancanira | bakyu Podhi pan kawula arsa mêtu | sung jampi mring Pranacitra | sampun dika corah janmi ||

34. kula sung arta rong reyal | wang pasumpêl sampun dika baribin | kang liningan aris muwus | inggih sakarsa [sa...]

--- 117 ---

[...karsa] dika | inggih nanging dika sampun dangu-dangu | punika pan sampun siyang | yèn sêlak rawuh jêng kyai ||

35. sayakti mangke konangan | datan wande dika manggih bilai | saiba kyai tumênggung | Ni Rara Mêndut sigra | lajêng mêdal praptèng kori apêpangguh | kalawan gus Pranacitra | sêpi datan ana jalmi ||

36. parêng dènira tuminal | pyuh ing driya wulangunira sami | ni rara mangrangkul gapyuk | gulêt eyang-eyungan | Rara Mêndut mèsêm dènira amuwus | kakang bagus Pranacitra | turene andika sakit ||

37. pan inggih sakit punapa | Pranacitra mèsêm dènnya nauri | kula yayi sakit êsur | sur montên pundi witnya | inggih awit saking kêncèt kêncêngipun | mrambat mring cingklok kêncêngnya | otot gung samya ngêncêngi ||

38. yèn nuju angot sur dika | ingkang dipun damêl jampi punapi | apan inggih adatipun | jampine ati podhang | ngong tan bisa amèt podhang lir wong jalu | gih lamun tan wontên podhang | ati kucing mawon kenging ||

39. butuhan kinarya tămba | ni rara ngling punapa anggêr kucing | pan inggih kalamun antuk | ingkang lorèk irêng bang | dalèr putih têrus bundhêl buntutipun | gih punika căndramawa | mawa ingkang ngingu kucing ||

40. kang ngingu priyayi napa | inggih dede răngga dêmang ngabèi | ingkang ngingu ki tumênggung | tan kêna singa wonga | saking Pathi kucinge ran Rara Mêndut | anggalibêd nèng

--- 118 ---

ngarsèngwang | ni rara anjiwit ririh ||

41. he si jênat dikêramat | bisa têmên karya wangsalan angling | Pranacitra aris muwus | ni rara ngong ngrêsaya | pijêtana awakku lêlangkung ripuh | inggih sakêdhap kewala | dimène lêmês sathithik ||

42. wit badan kliwat kakunya | raosipun kadya dipun gêbugi | Rara Mêndut mèsêm muwus | dhuh kakang Pranacitra | wontên ngriki pan inggih kathah wong langkung | tan wande kawruhan tiyang | wawi mring wismanirèki ||

43. lurah panandhon kewala | sampun siyang lamun kondur jêng kyai | tan wande dados sapikul | dika kalawan kula | Pranacitra ngling inggih dawêg wong ayu | marang panandhon kewala | nging tan sagêd ngadêg mami ||

44. dika junjung badan kula | nulya ngadêg gapyuk rangkulan sami | sarêng dènira lumaku | sarwi kêkanthèn asta | sampun prapta ing wismane lurah nandhu | Rara Mêndut nêmbung basa | man lurah lamun marêngi ||

45. ngong kèndêl ing griya dika | sakêdhap pan arsa angusadani | Ki Bagus Pranacitrèku | wit sakit awakira | lurah nandhu nauri o botên niku | kalangkung ajrih kawula | tan wande ambilaèni ||

46. angilangkên kalungguhan | inggih dados punapa awak mami | dede pabênan puniku | sampun mring griya kula | dika golèk panggonan ing liyanipun | Pranacitra aris mojar | sakêdhap kemawon kyai ||

47. manira arsa têtămba | datan suwe sung jampi ing asakit [asaki...]

--- 119 ---

[...t] | sumaur ah botên bagus | sangêt ajrih kawula | yèn konangan marang jêng kyai tumênggung | tan wande jinarah-rayah | amêjahi mring wak mami ||

48. Pranacitra aris mojar | lah punika kyai kula ngaturi | yatra patumbasing kampuh | pan kawan reyal wêtah | kula rèrèn griya dika datan dangu | lurah panandhon agêpah | anampani sarwi angling ||

49. dhuh inggih sakarsa dika | ajêjampi wontên ing wisma ngriki | ngong tan malangi sakayun | lajênga mring jro wisma | kula anèng ing jawi kemawon tunggu | lêga tyase Pranacitra | lan Ni Rara Mêndut nuli ||

50. sarêng malêbêt ing wisma | manjing sênthong sarêng tiyang kêkalih | nêlaskên sakayunipun | tan wruh ing isin wirang | tan kèlingan pringgabayanirèng laku | wus kalap mring kaluputan | katarik dhinadhung eblis ||

51. lali marang kira-kira | Pranacitra lan Rara Mêndut Pathi | lagya nutugakên kayun | kasaru rawuhira | ki tumênggung gumrêdêg sawadyanipun | jajaran maro atata | punakawan kang mangampil ||

52. praptèng paregolanira | ki tumênggung tumurun saking wajik | lajêng malbèng dalêm agung | ingkang bêkta ampilan | sami masrahakên upacaranipun | kănca ampilan-ampilan | parèstri sami nampèni ||

53. Ki Tumênggung Wiraguna | kusung-kusung pangandikanirèni | Mêndut kopyahku kiye Dut | krisku Dut wêdhungku ya | Dut kacuku Dut sabukku Dut Dodotku | Du [Du...]

--- [120] ---

[Grafik]

praptèng paregolanira | ki tumênggung tumurun saking wajik | lajêng malbèng dalêm agung | ingkang bêkta ampilan | sami masrahakên upacaranipun | kănca ampilan-ampilan | parèstri sami nampèni ||

--- 121 ---

[...t] sruwalku Dut culana | Dut ngong jaluk salin nyamping ||

54. jaluk ngombe Dut dèn enggal | banyu kêndhi Dut ing bokor kang putih | Dut raupana aku Dut | tanganku Dut suhana | dene suwe Dut sira lagi apa Dut | gage Dut gage Dut sira | Dut sêlak yun wruh sirèki ||

55. parèstri samya kewuhan | ting calinguk sadaya samya ajrih | ki tumênggung ngandika sru | thung Si Mêndut enggalna | Nyai Cênthung gêlagêpan aturipun | kalawau sanjang mêdal | inggih arsa anjampèni ||

56. marang lurah panakawan | Pranacitra sangêt dènira sakit | ing samangke dèrèng wangsul | duka dalêm unggannya | yèn ing gandhok wetan tan wontên kadulu | manawi sanès panggenan | kawula datan udani ||

57. Ki Tumênggung Wiraguna | duk miyarsa aturing para nyai | angatirah netranipun | pasuryan lir sinêcang | mènjêp-mènjêp kang lathi kêjot kumêdut | lir sinêbit talingannya | mawinga-winga mawêngis ||

58. sru sêngak dènnya ngandika | beca-becu ting klêpyur idunèki | suraweyan astanipun | gêtêm-gêtêm angănta | ih mangkono asu Mêndut edan taun | wong kêparat kêna sibat | nora patut dèn uripi ||

59. kadèkna nampik maring wang | akèh-akèh sêmaya awak lagi | mapag tanggal anu-anu | ana kang kinarêpan | nyata bagus Pranacitra karo aku | mulane sun ajak seba | pi-api ngêlu si anjing [a...]

--- 122 ---

[...njing] ||

60. datan idhêp kabêcikan | dènnya kari ana kang dikarêpi | gya nimbali patihipun | tan dangu praptèng ngarsa | ki tumênggung pangandikanira asru | golèkana Pranacitra | lan si asu Mêndut Pathi ||

61. kono ubrêsên sadaya | wong sawiragunan konên golèki | ngêndi ênggone katêmu | cêkêlên karo pisan | iya padha bandanên aturna mring sun | yèn budi sêmbadanana | patènana ywa uripi ||

62. mas patih matur sandika | kancanira kang mêntas dhèrèk maksih | pêpak durung ana mundur | wus sami dhinawuhan | parêng tandang opyak sadaya anggrêgut | pating balêbêr solahnya | kèh wisma dèn galedhahi ||

63. jro kêlir jaban kêliran | pan sadasa sami dèn galedhahi | ting balêbêr ting garubyug | prajurit ingkang tênggak | apan samya tumandang sakancanipun | omah gêdhe cilik samya | tiniti dèn balèngkrahi ||

64. lah kănca-kănca sadaya | aja ana wêlas daging-dinaging | tan wurung mèlu dosa gung | ywa aling-ingalingan | inggih botên adhi kula botên wêruh | dèn galedhaha sumăngga | kula tan uning sayêkti ||

65. gumuruh ingkang ngupaya | mara kono kono umpêtan ngêndi | Pranacitra Rara Mêndut | dhuh aja kongsi gagal | jaban regol ing panandhon yèn nèng ngriku | sigra abdi punakawan | mring panandhon angulati ||

66. gumêdêr sami têtanya | ngriki napa wontên Pranacitrèki [Prana...]

--- 123 ---

[...citrèki] | kalawan Ni Rara Mêndut | lho sapa kang kanggonan | aja ana kumbi tumulia ngaku | nauri botên uninga | kula botên botên uning ||

67. ana kang tutur uninga | jêge mawon mriku mring gyanirèki | lurah nandhon angslupipun | nulya pra punakawan | asru tanya marang sira lurah nandhu | ngriki wontên Pranacitra | nauri tan wontên ngriki ||

68. punakawan sru angucap | arsa goroh dika niku kiyai | pasthi bilahi sirèku | ngalingi wong bedhangan | panakawan lan sêlire ki tumênggung | payo padha digaledhah | kancing kori dèn tatasi ||

69. lawange sinêndhal bubrah | Pranacitra lan Rara Mêndut kèksi | giyak prasami amuwus | ah ana Pranacitra | nyata bênêr ana lawan Rara Mêndut | dika cêgati ing lawang | kula trajange pribadi ||

70. Dhogol sigra narik pêdhang | karsanira arsa pinêdhang wani | Jibus ngalangi ing ngayun | ngling mangke ta mangke ta | dika napa tan ngrasa kadanan iku | kadarmane Pranacitra | sadaya dipun bêciki ||

71. Dhogol kapagol tyasira | yèn makatên inggih kadipunêndi | yèn rêmbug kula puniku | Pranacitra ginusah | dimèn lujêng malês kabêcikanipun | nulya sami pinaranan | sarwi tinuturan ririh ||

72. Pranacitra dika lunga | dukanipun jêng kyai anglangkungi | ki tumênggung dhawuhipun | pundi gène kacandhak | kinèn nyêpêng bandan katur ing tumênggung [tu...]

--- 124 ---

[...mênggung] | yèn băngga kinèn nguwisna | marma andika lungani ||

73. puniku kănca sadaya | ting bathithit kang sami angulati | dèn age dika lumayu | dene yèn dika trêsna | mring Bok Rara Mêndut sampun walangkalbu | ing mangke dalu kewala | dika bali mriki malih ||

74. kula ingkang asung marga | pojok bata kidul wetan puniki | Pranacitra srêp tyasipun | sarwi aris wacana | inggih adhi mangke dalu kula wangsul | yèn wontên bênce lan têkak | atawa têtuwu kolik ||

75. dèn rikat dika wèh ăndha | Dhogol Jibus wus sami anaguhi | Pranacitra kesah gupuh | amiyak gêdhègira | pan ambolos wong têlu lan Blêndhung Jagung | sakadar maksih rinaksa | wong kang ngêpung tan udani ||

76. punakawan samya opyak | alok ngetan ana ngulon lumaris | alok ngalor wênèh ngidul | samya tinut ing kathah | sru gumuruh tanpa rungyan swara sêru | ya ta wau ni bok rara | lir pinucung tyasirèki ||

XII. Rara Mêndut dipun Palak Nyai Tumênggung.

13. Pucung

1. Rara Mêndut kalangkung ngunguning kalbu | tinilar ing priya | Pranacitra angoncati | ngunandika ni rara sajroning driya ||

2. kakang bagus têka tinggal colong playu | tan èngêt maring wang | ujare trêsna mring mami | ya pagene ragèng [ra...]

--- 125 ---

[...gèng] sun nora ginawa ||

3. Rara Mêndut minggu sarwi kumêmbêng luh | ketang Pranacitra | punakawan samya angling | lah suwawi kula dhèrèkkên bok rara ||

4. marang ngayun kula turkên ki tumênggung | pinupus kewala | sadasa-dasa dospundi | sawêg bêjanipun linakon kewala ||

5. dene wau raka dika sanggupipun | mangke dalu prapta | panggihan lan dika malih | binêtah-bêtahkên tan panggih sadina ||

6. sampun dangu suwawi marêk ing ngayun | ni rara tan pojar | gya lumampah tinut wuri | panakawan sêkawan ingkang lumampah ||

7. Dhogol Jibus lumaku andhêsêk sikut | kathah solahira | ting salengkrang amberagi | tur ta iku tan rinèwès mring ni rara ||

8. malah rêngu Ni Rara Mêndut sru muwus | aywa na sêmbrana | maring ngong mêngko wak mami | inggih wangsul anèng ing ngriki kewala ||

9. datan purun mring ngarsane ki tumênggung | nadyan pinêjahan | inggih kawula lampahi | sampun dumèh kula sawêg nêmu papa ||

10. lon sumaur apuntên dika bok ayu | sampun age duka | inggih kawula kang sisip | sakèh lêpat inggih nyuwun pangapura ||

11. ya ta laju Rara Mêndut lampahipun | kerid punakawan | wong akèh samya ngaruhi | he he ika Ni Rara Mêndut kapanggya ||

12. dene amung Rara Mêndut kang katêmu | asêlèn kewala | lanangane ana ngêndi | i lah kae jarene mau wis lunga ||

13. kang binuru nora kacandhak [kacandha...]

--- 126 ---

[...k] lumayu | sida babal ilang | ingubrês datan kapanggih | ana para nyai liwat kadumêlan ||

14. nora patut wong kawiragunan iku | eman jênêng lanang | ting patèntèng nganggo kêris | tanpa gawe godhèg wok abrêngos capang ||

15. ambêburu wong siji thil bae luput | cabar tan sêmbada | gagahe ngêpung gêndhuri | yèn jêjawat tan kêna wadon kumlèbat ||

16. sru sumaur iku sapa kang cêlathu | anggêr bisa ngucap | nguwus-uwus ngisin-isin | yan bacutna nèk ora sun kuya-kuya ||

17. mênêng muwus iya mung iku wanimu | nora isin padha | kinawulakkên jêng kyai | ana mungsuh akèh manèh yèn bojosa ||

18. samya guyu guyune rumangsèng kalbu | marèngès akêmba | ya ta Rara Mêndut Pathi | praptèng kori kèndêl wirang myat ing janma ||

19. kang tinuduh punakawan gupuh matur | mring Ki Wiraguna | kawula sampun tinuding | angulati Rara Mêndut Pranacitra ||

20. mangke sampun kapanggih nèng wismanipun | lurah nandhon gyannya | naming pun Pranacitrèki | sampun mingat tinututan tan kacandhak ||

21. kang kacêpêng pan amung Ni Rara Mêndut | lungguh tanpa rowang | lagya kèndêl anèng kori | Ki Tumênggung Wiraguna angandika ||

22. lah gawanên mring ngarsa Si Rara Mêndut | gupuh kang liningan | ni rara kinèn mangarsi | gya mangayun kadya tan bisa lumampah ||

23. praptèng ngayun tyasira lir tanpa dulu | katingal ing kathah | tumungkul dènira linggih | ki

--- 127 ---

tumênggung duk miyat marang ni rara ||

24. langkung bêndu ngunggut kadya winaringut | tanpa samèng duka | lir lêgi raosing gêtih | ki tumênggung sêdya anêkakkên duka ||

25. saking murubing tyas dening Rara Mêndut | riwut tanpa ngucap | sigra anyandhak cêmêthi | pan ingikal-ikal kumitir nèng asta ||

26. gya pinupuh asru Ni Bok Rara Mêndut | tan bisa sêsambat | sinabêtan wanti-wanti | pêdhot alisira anjungkêl ni rara ||

27. pêt sumaput tan emut pêpanonipun | aniba kantaka | kalosodan kuthah siti | angganira èrêm angêmu rudira ||

28. Rara Mêndut magêp-magêp sênggruk-sênggruk | tangise tilêpan | tan sambat srunirèng sakit | ki tumênggung tan kêndhat dènnya milara ||

29. Rara Mêndut sêsambat sajroning kalbu | kakang Pranacitra | tumuli rêbutên mami | kayaparan andika cidra ngubaya ||

30. yèn satuhu nora trêsna mring wak ingsun | sokur ngong matia | saking tibaning gêgitik | lamun asih kakang pulungên wak ingwang ||

31. pagêr lêmpung dening kothaking wong lampus | luwang siji kakang | wong loro ingkang glêboni | donya ngakir aywa pisah lan andika ||

32. Rara Mêndut langkung dènnya kawlasayun | asangêt pinala | marang ing kangjêng kiyai | nyai ajêng kalangkung wêlas tumingal ||

33. arawat luh ketang têpaning tumuwuh | nyai ajêng nulya | amêngkul lambung mrih lilih | parêmbeyan sarwi matur kathah-kathah ||

34. adhuh

--- 128 ---

sampun-sampun jêng kyai tumênggung | anêlaskên duka | pintên kuwating pawèstri | kinèn anadhahi rêkasaning priya ||

35. sarwi niyung-niyung pangastaning têmbung | nyi ajêng krêp kampat | pan kasabêt ing cêmêthi | kenging pupu kempolira tan rinasa ||

36. pama ranu binuncang rêrumbutipun | sangkrah lêlarahan | sinimpar marang ing têpi | sakathahing sukêr wangsul ingusapan ||

37. paduka wus kasêbut bupati agung | gêgêdhuging praja | sintên kang kadya jêng kyai | pan kawasa angapura ing adosa ||

38. layanipun ingkang dosa mring sang ratu | yêkti lamun bisa | mêngku wêwêngkon pribadi | karya ala ayu myang papa waluya ||

39. pan pun Mêndut tiyang punapa puniku | sudra ina papa | kapati-pati pinurih | kados kirang tiyang èstri tinakèkna ||

40. kang yu-ayu anglangkungi Rara Mêndut | paduka kuwasa | angupaya kang prayogi | tur utama botên gêmpil kawibawan ||

41. tiyang sampun kalampahan dipun ukum | pan satêngah pêjah | dènnya nglabuhi dosèki | owêl duka lir kirang kang dinukanan ||

42. datan ciyut nagarinipun sang ratu | inggih taksih wiyar | sampun kalêmpit jêng kyai | datan pantês andhêdhêpa mring wong nistha ||

43. ki tumênggung lilih dukane rinapu | sarwi gineyotan | ing garwa wêntisirèki | kathah-kathah dènnya nênggalangi duka ||

44. Ki Tumênggung Wiraguna ngandika sru | bocah punakawan | gèrèdên si asu iki | lêbokêna ing gêdhong [gê...]

--- 129 ---

[...dhong] ywa wèhi pangan ||

45. dimèn lampus anèng jro gêdhong wong iku | angur ya modara | pisan aywa katon urip | sigra punakawan ngundurkên bok rara ||

46. saking ngayun linêbokkên gêdhong gupuh | kinunci korinya | ya ta wau jêng kiyai | malbèng dalêm acucul busananira ||

47. mundhut santun nyamping dhêsthar lawan sabuk | gya lênggah lan garwa | ki tumênggung ngandika ris | yèn ajaa sira ingkang malangana ||

48. kaya banjur modar sun pupuh Si Mêndut | dening astaning wang | sun lăngga gêtihirèki | iya saking panase tyas ingsun mulat ||

49. nyyajêng matur kula tan sagêd andulu | langkung wêlas mulat | têpa-têpa sami èstri | jinêmalan ing priya kawêlasarsa ||

50. pan katingal pun Mêndut mêmêlasipun | dènnya pinilara | wong lola nandhang bilai | ki tumênggung ngandika ya tambanana ||

51. parêm rapuh dhoging pitik irêng mulus | lawan opènana | pangane sabên ngong bukti | paringana sêga lêlorodan ingwang ||

52. yèn sirèku wêlas mring Si Rara Mêndut | ya manira wêlas | ngapura sadosanèki | matur inggih kadospundi malihira ||

53. polanipun tiyang lêpat pangwulèku | amanggih sangsara | măngsa têbiha kadyèki | pan kawula punika dèrèng kantênan ||

54. nandhang luput măngsa luputa kadyèku | kathah liring dosa | tan kenging binêstu ugi | dosa lara dosa pati tan pinanggya ||

--- 130 ---

55. wusnya lipur dukane kyai tumênggung | ketang asihira | ya marang garwanirèki | payo nyai bêcik padha mêmadhangan ||

56. nyai ajêng anuduh pawonganipun | kinèn saos dhahar | sandika ingkang sinung ling | para sêlir nèng ngarsa tata rampadan ||

57. wusnya rampung nulya dhahar ki tumênggung | kalawan kang garwa | anutug dènira bukti | aluwaran ambêng nulya cinarikan ||

58. ki tumênggung angling lho nyai Si Mêndut | wèhana lorodan | kon ngapiki lawuhnèki | paru bae lan dhèndhèng gêpuk bakaran ||

59. nyai ajêng ngandikèng pawonganipun | lah kiye paringna | mring Ni Rara Mêndut Pathi | kon ngapiki lagya lara ywa carêbak ||

60. ki tumênggung ngandika jaremu mau | mêsakake wêlas | ya marang Si Mêndut Pathi | matur inggih sayêkti kawula wêlas ||

61. wusnya gupuh ingundurkên ladènipun | linggar dènnya lênggah | ki tumênggung tyasirèki | sih karasa wirangronge mring ni rara ||

XIII. Rara Mêndut Kabêkta Lumajêng Pranacitra

14. Wirangrong

1. tan winarna solahnèki | ya ta gênti winiraos | sira Pranacitra kang lumayu | ningkiri bilai | kalawan rowangira | Blêndhung Jagung datan têbah ||

2. wus pitaya dènnya ningid | saking Wiragunan adoh | anèng pangindhungan dhodhotipun | lamun dèn takoni | tan ngaku Wiragunan [Wiragu...]

--- 131 ---

[...nan] | ngaku wong ing Pajagalan ||

3. ing wanci surya wus lingsir | Pranacitra ngandika lon | Blêndhung Jagung sira ingsun tuduh | muliha pribadi | marang Batakêncêngan | manira kari priyăngga ||

4. lamun wus prapta sirèki | anèng wisma yèn si êmbok | têtanya maringwang Blêndhung Jagung | matura yèn mami | kari nèng tumênggungan | nging sira aja balaka ||

5. sasolah manira iki | yèn dadi susahe simbok | marma alingana wêwadiku | lah poma sirèki | aywa wèngwèng ing wêkas | Blêndhung Jagung aturira ||

6. inggih sandika wak mami | kinon amulih wong roro | lah punapa kula botên wangsul | gih benjang punapi | gèn kula nusul dika | punapa inggih botêna ||

7. Ki Pranacitra nauri | aywa susah sira karo | nadyan tinudinga marang ibu | ywa sira lakoni | lah wus sira mangkata | yèn kadalon anèng marga ||

8. Blêndhung Jagung gya lumaris | mulih gêgancangan wong ro | tan winarnèng marga ya ta wau | Pranacitra pamit | maring kang darbe wisma | linilan nulya lumampah ||

9. ing wanci surya wus lingsir | Pranacitra lampahnya lon | rèrèh namung nganti surupipun | saking gênging brangti | tan lyan ingkang kacipta | mung Ni Mêndut Wiragunan ||

10. wus surup rêmêng ing margi | sinêru lampahnya gupoh | prapta Wiragunan ing lêlurung | andarung nut margi | ngubêngi Wiragunan | kaping tri atêpung gêlang ||

11. èngêt sêmayanirèki | kang angsung marga ing

--- 132 ---

pojok | bata kidul wetan nulya gupuh | pinaranan prapti | ing pojokan prênahnya | gya amatak sirêpira ||

12. sirêpe si wewe putih | winatêk nèng pojok banon | klongkang-klangking ana bathang alum | pan ingsun sèndhèni | sapa padhaning janma | rêp-sirêp sa-Wiragunan ||

13. sidhêm adhêm lir wong mati | kabèh padha dhêkok ngorok | wusnya matak japa wancinipun | pan wus lingsir wêngi | bênce têkak sauran | kolik tuwu sêsambêran ||

14. ya ta ganti kang winarni | bok rara kang anèng gêdhong | sakalangkung dening kawlasayun | tan ana lyan kèksi | kang sinambat karuna | amung bagus Pranacitra ||

15. dhuh kakang Pranacitrèki | apa tan asih maringong | dene lirwa ing pamuwusipun | tan wêlas ing mami | yèn kakang tulus tega | suka matia wak ingwang ||

16. aywa kongsi manggih urip | yèn awèta nandhang wirong | sun têtêdha sira kakang bagus | nuhonana janji | ywa cidra ing ubaya | adhuh pagêr bumi kakang ||

17. dening kothaking wong mati | luwang sawiji wong roro | kang nglêboni kocapa ta wau | dangu dènnya nangis | punakawan kang têngga | Jibus Dhogol anggraita ||

18. bênce têkak anambêri | èngêt kalamun wus sagoh | marang Pranacitra gya amuwus | payo Dhogol aglis | mring pojok kidul wetan | ing mau ngong saguh ăndha ||

19. payo pinaran manawi | Pranacitra prapta yêktos [yê...]

--- 133 ---

[...ktos] | gya ambêkta ăndha tinrap sampun | ingungak kaèksi | sinapa sinauran | ăndha linungkên mring jaba ||

20. Pranacitra munggah nuli | mring ăndha wus prapta ing jro | gya sung arta marang Dhogol Jibus | apan ngawan anggris | nampani sarwi mojar | lurah sami kalujêngan ||

21. sumaur gih sami-sami | Dhogol Jibus muwus alon | suwawi ki lurah dika tumut | kula kang angirid | sampun dika sumêlang | kalamun taksih manira ||

22. Pranacitra anauri | lah inggih sokur dhi karo | nulya lampahira tan adangu | prapta ing gyannèki | Pranacitra ris nabda | pundi ênggène ni rara ||

23. Dhogol Jibus angling aris | pan inggih wontên ing gêdhong | katiwasan ni rara ing wau | saungkur dika glis | ni bok rara pinala | langkung dènnya kawlasarsa ||

24. kula tan sagêd ningali | kongsi kalêmpêr anèng gon | sinapih kang garwa nyai mênggung | yèn tan dèn tulungi | pasthi kêlajêng pêjah | puniku sesuk wikana ||

25. kintêne pinala malih | tan lêga yèn dèrèng layon | sira Pranacitra langkung ngungun | ketang wlasirèki | dangu jêjêr nèng latar | bênce têkak sêsambêran ||

26. myang têtuwu lawan kolik | wong kêmit kabèh gugah wong | lah padha tangia kănca batur | kaya ana maling | lah ta padha mêlèka | nulya kêndhangan gambangan ||

27. rêbaban ana anyuling | ura-ura ting galêmbor | lah

--- 134 ---

dingarèn iki manuk tuwu | bênce têkak kolik | patute bae ana | maling sapa kamalingan ||

28. ana kang ngrêbab lan linggih | myang gambangan | klangklong-klangklong | kang nyuling thuthitan ngêndhang blang-blung | tan gênah kang gêndhing | warna-warna lèk-lèkan | ana ingkang ura-ura ||

29. biyadane wong Magiri | êng êng êng êng banjur ngorok | myang ngantuk renggotan sarwi lungguh | sèndhèn saka sami | wênèh turu ing lêmah | lir tinuba anggalasah ||

30. mangkana Pranacitrèki | ngintip sajawining gêdhong | katon durung nendra Rara Mêndut | sêsambat anangis | he ya ta lah si kakang | tega têmên tilar mringwang ||

31. sun sidhêp nuhoni jangji | tan wêruh lamun mangkono | bênêre dupara yèn ta lamun | cidraa ing jangji | bok aja gene kakang | wêlasa wong kawlasarsa ||

32. Pranacitra duk miyarsi | tangise kang anèng gêdhong | lir tinatas tyasnya gigal runtuh | langkung ngungun myarsi | mring sambate ni rara | Pranacitra awêcana ||

33. adhuh anggèr mirah mami | wong ayu kang asih mringong | aywa susah-susah sira masku | pasthi ngong labuhi | sarwi anêthêk lawang | cêp mênêng dènnya karuna ||

34. kapyarsa sajroning tangis | lamat-lamat swaraning wong | anambrama sarwi dhodhog pintu | gya sinapa aris | sapa wonge ing jaba | wêngi-wêngi minta lawang ||

35. baya ta utusannèki | ki tumênggung apan kinon | matèni maring wang iya sokur | ngur nulia [nuli...]

--- 135 ---

[...a] mati | dhasar sun ajap-ajap | ya untape patiningwang ||

36. Pranacitra anauri | aywa tambuh mirah ingong | ingsun Pranacitra kang satuhu | anuhoni jangji | tan cidra ing ubaya | bocah ing Batakêncêngan ||

37. Rara Mêndut duk miyarsi | tan samar swaranya yaktos | lamun Pranacitra ingkang rawuh | byar tyasira kadi | kasatan manggih toya | asrêping wardayanira ||

38. gupuh dènnya anauri | jawane iku pak bodong | kang tinggal gêlanggang colong playu | nora tolih wuri | si jênat dikêramat | adhuh pagêr bumi kakang ||

39. dene kothake wong mati | luwang sawiji wong roro | kang nglêboni kakang lon sumaur | Ki Pranacitrèki | emane jênêng lanang | lamun cidra ing ubaya ||

40. Rara Mêndut matur aris | kadospundi dènnya panggoh | anèng jro lan jaba pasthi rikuh | korinya kinunci | Pranacitra saurnya | aywa kuwatir tyasira ||

41. manira ingkang mêngani | ambuka lawanging gêdhong | gya matêk lamporan katrima wus | gègrèg punang kunci | gya manjing Pranacitra | gapyuk angrangkul ni rara ||

42. ingarasan wanti-wanti | adhuh gusti mirah ingong | ni rara karuna sarwi matur | kakang ywa ngêkêpi | langkung sakit wak ingwang | inggih labêting pinala ||

43. tan sagêd ngadêg wak mami | sadaya rapoh pinupoh | kadospundi kakang karsanipun | kawula ing mangkin | Pranacitra ris nabda | ya mirah [mi...]

--- 136 ---

[...rah] sira sun gawa ||

44. sun tambani sira yayi | supaya ywa sangêt rapoh | ni rara aris ing aturipun | sumăngga anuli | gya ingêlus minantran | dinamu sariranira ||

45. karaos sarasing sakit | mèh ilang rasaning rapoh | lir mulya sakala mèsêm matur | wus tan kraos sakit | ya sokur mirah ingwang | pan sarwi ingaras-aras ||

46. Pranacitra angling aris | lah wus payo yayi gupoh | ingsun gawa lunga mupung dalu | ni rara turnya ris | inggih suwawi kakang | kawula sumanggèng karsa ||

47. anulya binêkta mijil | punakawan Jibus Dhogol | anrapakên ăndha sarwi muwus | lah sampun dèn aglis | dhèrèkkên lujêng marga | Pranacitra saurira ||

48. kalangkung tarima mami | inggih mring pun adhi karo | wusnya pêpamitan nulya laju | munggah ăndha aglis | tumurun praptèng jaba | Pranacitra undurira ||

XIV. Ing Kawiragunan Opyak Kapandungan, Kyai Tumênggung Nyêbar Tiyang.

15. Durma

1. asêsumbar sira bagus Pranacitra | anèng jaban cêpuri | hèh wong Wiragunan | aja kèri kelangan | Ni Rara Mêndut ing Pathi | rêrêksanira | manira ingkang ngambil ||

2. lamun sira wani padha nututana | iya sawêngi iki | aywa tambuh ingwang | kang ngambil ni bok rara | Pranacitra aran mami |

--- 137 ---

sasananingwang | ing Batakêncêng dèsi ||

3. sawusira sêsumbar sigra umangkat | nanging tan sêdya mulih | mring Batakêncêngan | ciptanirèng wardaya | ayun lajêng mring pasisir | sumêdya nabrang | Palembang miwah Ngacih ||

4. nanging ngidul lampahira Pranacitra | pikirira supadi | analimpêt marga | ywa kasusul ing lampah | pinarah pinggir pasisir | kidul sêdyanya | mangulon namur wangsit ||

5. tan cinatur lampahira Pranacitra | wuwusên ingkang kari | wong Kawiragunan | kang tungguk tangi nganglang | kang bêkta obor nèng ngarsi | awas tumingal | gêdhong unggyanirèki ||

6. Rara Mêndut katingal lawange mênga | kang nganglang sigra manjing | gêdhong ingoboran | Rara Mêndut tan ana | gupuh sami alok maling | abdi kang jaga | sadaya sami tangi ||

7. sru gumuruh sami takon-tinakonan | êndi malinge êndi | lah cêkêlên enggal | bandanên dèn akêkah | ting barêkuh mriksa kori | kuncinya mênga | tan ababahan kèksi ||

8. lajêng samya angubêngi padalêman | sikêp gêgaman jurit | mangulon mangetan | dènira angupaya | gumuruh samya lok maling | ana kêpapag | lah iki malingnèki ||

9. lah cêkêlên cêkêlên cêg dang binănda | iku lha dede maling | wong apa wong apa | wong lêmah dhuwur kula | lêmah dhuwur priye iki | gih dhuwur padha | batur kewala sami ||

10. padha kănca batur ing Kawiragunan | ana kapapag malih | lho

--- 138 ---

iki malingnya | payo bandanên enggal | gage tali gage tali | lan cinêkêlan | ywa luput nyêkêl maling ||

11. dede maling kula dede maling kula | dede dede kiyai | lah wong apa sira | lho wong apa wong apa | kula kayu malang kyai | malang priye ta | padha wode wong ngriki ||

12. langkung rame swaranira janma kathah | dènnya lok maling-maling | parèstri gumêrah | myarsa aloking kathah | samya gumêtêr awingwrin | ciptaning driya | maling wus dèn patèni ||

13. langkung kagyat Ki Tumênggung Wiraguna | wungu dènira guling | garagapan nyandhak | pêdhang lawan talêmpak | tanpa dhêstar sabuk nyamping | wuda mung lawan | saruwal kombor putih ||

14. atangginas dènira nyandhak gêgaman | pêdhangira kinêmpit | talêmpak liniga | gugup dènnya ngandika | apa hèh apa hèh iki | pawèstri turnya | ing jawi angsal maling ||

15. tiyang sèkêt ngamuk sami cinêpêngan | agupuh jêng kiyai | sigra arsa mêdal | nyai ajêng tumingal | kang raka gya dèn bondhèti | asru turira | dhuh mangke ta jêng kyai ||

16. pan paduka mijil datan mawi dhêsthar | tuwin paningsêt nyamping | nadyan umijila | lamun sampun sanega | punapa supe jêng kyai | nadyan mijila | kalamun wus miranti ||

17. kasêsa kang dèn kasêsani punapa | paduka dandos dhingin | ki tumênggung mojar | lah iya bênêr sira | kasusu kewala mami | tan [ta...]

--- 139 ---

[...n] kongsi dandan | anulya sikêp aglis ||

18. ki tumênggung sawusnya ngrasuk busana | gya mijil mring pandhapi | wong Kawiragunan | maksih ayang-uyungan | ki tumênggung asru angling | lah maling apa | kang padha kocêkêli ||

19. êndi kabèh malinge kang sira bănda | aturna ngarsa mami | matur kang liningan | botên wontên kang angsal | ngaturkên tiwase sami | abdi paduka | sadaya ingkang kêmit ||

20. andadosna kauningan jêng paduka | apêsipun kang abdi | dènira rumêksa | ngaturkên pêjah gêsang | mring paduka jêng kiyai | abdi paduka | pun Rara Mêndut Pathi ||

21. anèng gêdhong cinidra ing duratmaka | tan wontên kang udani | abdi dalêm langlang | sama kagèt kewala | uninga wênganing kori | tan wruh musnanya | Ni Rara Mêndut Pathi ||

22. nanging wontên swaraning janma sêsumbar | sru akèn anututi | wong Kawiragunan | tinantang kèn nusula | têtela ingkang angambil | pun Pranacitra | tan samar swaranèki ||

23. duk miyarsa Ki Tumênggung Wiraguna | langkung dukanirèki | dadya sru ngandika | mas patih timbalana | tan dangu mas patih prapti | andhodhog lawang | myarsa gêdêring janmi ||

24. wus winêngan lajêng umarêk ing ngarsa | ki tumênggung sru angling | sarwi ngagar-agar | pêdhang suduk liniga | hèh Patih Prawirasêkti | sun katiwasan | ing mau kalbon maling ||

25. pakartining sampeka kang satru kala | pangendrajala sêkti | kilat bloan [blo...]

--- 140 ---

[...an] ajag | dur dik maling aguna | pramodèng rèng marasandi | Si Pranacitra | anyidra ing arêsmi ||

26. paribasan manungsa tan kênèng ina | iku warnanirèki | de lagi rong dina | si pidak padarakan | ngicak-icak majanani | mring jênêng ingwang | nora katon bupati ||

27. katon pitik pilêrên kacêmplung lênga | Si Wiraguna iki | ya Si Pranacitra | patut sinêmpal-sêmpal | karya jajalaning kêris | nora kêjamak | angêpak ngamèk wani ||

28. pangrasane kabèh wong Kawiragunan | tan ana lanang siji | wadon kabèh padha | pikun-pikun tan kongang | dhasar nyata tanpa kardi | kinèn rumêksa | kongsi ilang ing wêngi ||

29. kulanira Ki Tumênggung Wiraguna | samya tumungkul ajrih | marang dukanira | Tumênggung Wiraguna | sadaya tan darbe gêtih | rumăngsa tiwas | kinawulakkên sami ||

30. awit bangun prapta enjang pukul sapta | dènnya duka jêng kyai | dèrèng arsa lênggah | lumampah jaga-jaga | gya ngandika mring mas patih | sapa kabèh kang | kêmit sawêngi iki ||

31. lurah bêkêl sajajare gêdhongana | lurah nandhon ywa kari | gêdhongên pribadya | lan bocah lurah-lurah | padha pêdhakna dèn aglis | mring ngarsaningwang | sandika kang sinung ling ||

32. dhawuh kinèn angumpukkên[1] kancanira | myang santana gêng alit | datan dangu samya | prapta pêpak ing ngarsa | sadaya cumadhong kardi | Ki Wiraguna | asru dènira angling ||

--- 141 ---

33. mas patih patahên kancanira lurah | lakune ingsun tuding | ya wong papat-papat | padha lurah kewala | bêkêl jajar wolu sami | dadya wong rolas | kang ngulon ngetan sami ||

34. kang mangidul sira dhewe lumakua | lawan wong rolas sami | amiliha lurah | papat ingkang prayoga | myang bêkêl jajarirèki | ya pilihana | kang padha surèng kardi ||

35. têkakêna iya lêlakon sadina | dèn prayitna ing margi | kang mangulon rolas | ingkang mangetan rolas | kulup Ki Jaka Pangasih | sira sun duta | mangalor angulati ||

36. biyungira Si Rara Mêndut kang minggat | rangkad dèn iwat dening | anjing Pranacitra | wong patut dipêpurak | sira kulup sun kanthèni | iya wong rolas | ngalor lakon saari ||

37. ya marmane mangkono Si Pranacitra | iya asalirèki | wong ing Pakalongan | lamun mulih mêrana | mring Pakalongan pasisir | lamun kacandhak | bandanên turnèng mami ||

38. lamun băngga iya banjur rampungana | cangkingên dhasirèki | sira kae Jaka | Pangasih duk miyarsa | pangandikane jêng kyai | langkung bramatya | andik netranirèki ||

39. gêrêng-gêrêng matur sarwi gigit waja | inggih lamun kadyèki | ing lampah kawula | suka tan mawi rowang | amba lumampah pribadi | lamun kapanggya | nèng paran samya siji ||

40. kaya apa rupane Si Pranacitra | dene kaduli-duli | nglêlanangi jagad | ngêpak [ngê...]

--- 142 ---

[...pak] wong Wiragunan | durung wruh cingire mami | ambune ngambar | gêtihe lêgi gurih ||

41. kaul ingsun yèn kacandhak anèng marga | sun uja padha siji | agênti curiga | kaya pa warnanira | dene ta kaluwih-luwih | pratingkahira | kaya lanang pribadi ||

42. ki tumênggung myat putra Rahadèn Jaka | langkung sih jroning galih | wasana ngandika | lah wus padha mangkata | sadaya ingkang tinuding | matur sandika | nêmbah lèngsèr sing ngarsi ||

43. têlung rolas kang ngulon ngidul mangetan | namung Jaka Pangasih | ngalor tanpa rowang | sarêng dènira budhal | ingkang mangidul mas patih | lan kalih lurah | Wirabraja Capati ||

44. bêkêl kalih lawan wolu jajarira | kang sinêdya mas patih | pan mangidul ngetan | sabrangan kali Oya | ing Lantèng tuwin Drêkaki | myang dhukuh Wana | Kabumèn Gowong Prigi ||

45. kang mangetan Rêsajaya Krêtirêsa | lawan bêkêl kêkalih | wolu jajarira | ingkang sinêdyèng lampah | ing Malandang Ngawèn Munthil | Ponjong Pongangan | Sima Sêmanu pinrih ||

46. kang mangulon wong rolas kalêbu lurah | ngalor Jaka Pangasih | siji tanpa rowang | angancas Pandhanarang | mangajap samargi-margi | yèn katêmua | lawan Pranacitrèki ||

47. sun ajake gênti kris takêr ludira | sun uja padha siji | kaya pa warnanya | kang aran Pranacitra | ing solah datan winarni | Rahadèn Jaka | lêpas lampahirèki ||

48. nasak wana anênggêl tumurun [tumuru...]

--- 143 ---

[...n] jurang | nir pringganing awêrit | tan kandhêg lampahnya | langkung amurang marga | saking murubing panggalih | angănta-ănta | dalu rêrêp wanadri ||

49. saya lêpas Jaka Pangasih lampahnya | lamun kapêthuk janmi | tan ngaku dinuta | ngakên santri tirakat | ciptaning tyas sang apêkik | yèn tan kapanggya | lawan Pranacitrèki ||

50. linajêngkên ngulon tan sêdya mantuka | wirang marang jêng kyai | myang mring kulanira | kabèh wong Wiragunan | dènira sampun kawijil | sasanggupira | marang kangjêng kiyai ||

51. pan sakêthi wirang yèn tan antuk karya | lawan tan bisa nyangking | dhase Pranacitra | suka matiyèng paran | sêmana Jaka Pangasih | sêngsêm nèng wana | kêrêp tampi mêmanis ||

XV. Pranacitra Kacêpêng Wontên ing Pinggir Lèpèn Oya.

16. Dhandhanggula

1. tan cinatur Ki Jaka Pangasih | lampahira nusup ngayam wana | ya ta kang winuwus malèh | wau Ni Rara Mêndut | lawan bagus Pranacitrèki | randhat angon iriban | ing sakesahipun | saking ing Kawiragunan | datan ngambah marga gung duluran janmi | manawa kasusula ||

2. kang ingambah marga trusan alit | sêsimpangan anut padhadhahan | tan kampir ing dhusun gêdhe | yèn kawanguran laku | arsa kampir ing dhusun alit | kang tan kathah wismanya | sêtun roro têlu |

--- 144 ---

punika kang ingampiran | ing samarga-marga parèrènirèki | milih kang sêpi janma ||

3. tan kêna bênggang sairing nyari | Rara Mêndut lawan Pranacitra | yèn rarywan nèng sor wrêksane | Rara Mêndut aturu | abêbantal pangkoning laki | trêkadhang kalihira | yèn sayah kalangkung | anendra nèng palindhungan | lamun dalu rêrêp anèng desa alit | milih kang ragi kiwa ||

4. saking dahatira sami asih | anèng têba karangulu kisma | alèmèk sukêt grintinge | pangrasanirèng kalbu | asor kasur ing tilam amrik | miwah nèng panginêpan | tan lambaran salu | amanggih galar prasasat | anèng jinêm arum jinêbadan amrik | mangkana ciptanira ||

5. ya ta lêpas lampahirèng margi | Rara Mêndut lawan Pranacitra | prapta ing dhusun ing Nglantèng | kèndêl kapêngkok ranu | kali Oya pinuju banjir | sira Ki Pranacitra | amicarèng kalbu | wong agèn-agèn lumampah | kabêncana kali Oya dadak banjir | dene masa katiga ||

6. têka sumêntug raosing galih | Pranacitra mulat kali Oya | toya cacap cêlangape | angrês tyas lir winuluh | kêsar-kêsar amutawatir | mêlang-mêlang naratab | kêtêg rêbut dhucung | cipta kadi katiwasan | Rara Mêndut dhupèpèl geyotan wêntis | lan tansah ingarasan ||

7. Rara Mêndut awacana aris | kadospundi kakang Pranacitra | ing lampah kapêngkok lèpèn | pundi malih

--- 145 ---

jinujug | ngong jrih mulat ing kali banjir | sumaput kaênêsan | mring bêna toya gung | Pranacitra ngling angaras | adhuh mirah ingsun babo wong akuning | aja maras tyasira ||

8. ingsun bae tingalana yayi | birat salir sandeyaning driya | tungtum kadiran ta ênggèr | aywa watir wong ayu | lamun sira akanthi mami | payo rèrèn sadhela | yayi soring kayu | manawi ing mêngko ana | pitulunging Suksma sung marga lumaris | bok rara nut ing karsa ||

9. dangu sami ararywan wong kalih | lênggah anèng soring kayu kalak | Pranacitra lon dêlinge | sabên sabrangan iku | ana wonge kang anambangi | Ki Dogong aranira | anulya inguwuh- | uwuh marang Pranacitra | Kyai Dogong Ki Dogong sabrangna mami | manira arsa nabrang ||

10. kang cinêluk-cêluk nulya kèksi | nèng brang kidul ing dhusun Tirêbah | Ki Dogong ingawe-awe | kae Dogong andulu | janma ngawe-awe brang pinggir | nulya nglampahkên lawak | winêlahan banjur | praptèng brang lèr pakandhasan | Pranacitra lêga tyasira tan sêdhih | acipta bisa nabrang ||

11. Pranacitra awacana aris | Ki Dogong rika sabrangna ingwang | lah gih pintên umbalane | manira yun mangidul | prau dika niku dimriki | Ki Dogong dongong mulat | mring Ni Rara Mêndut | kang rimong kêmbêne jingga | Dogong jomblong cangkême bak lalêr muring | mata kumêdhèp têsmak ||

12. saking [sa...]

--- 146 ---

[...king] katêmbèn dènnya ningali | cipta sajêge urip dumêlah | wruh wong ayu-ayu kuwe | maksih mangkruk nèng prau | ageyotan wêlahirèki | Ki Pranacitra mojar | Dogong sabrangnèngsun | Dogong tan nauri ujar | he lah budhêg Dogong kuwe tan nauri | Dogong sabrangna ingwang ||

13. iya apa sira dhêmên maring | Rara Mêndut ingkang kêmbên jingga | Ki Dogong pijêr andombe | Pranacitra sru muwus | nyata bangêt budhêgirèki | samăngsa dak kêprasa | cangkêmmu ing parung | yèn sira dhêmên têmênan | marang Rara Mêndut kang ayu linuwih | arêp ngambung-ngambunga ||

14. ngambung pipi têngên bae bêcik | aja sira ngambung pipi kiwa | Pranacitra ingkang duwe | iku laranganaku | kae Dogong gupuh nauri | pun dawêg dika numpak | ing baita ngriku | anulya Ki Pranacitra | lingira rum lah wus payo mirah mami | amrau nabrang Oya ||

15. Rara Mêndut mèsêm matur aris | kula maksih tan kawawa mulat | kang lèpèn Oya toyane | bok nganti alitipun | supadya tyas kula tan wigih | anèng ngriki kewala | pundi gyan dumunung | sêdhêng kenging ingêbyakan | lèpènipun botên sisah amraoni | luhung inganti kakang ||

16. Pranacitra lingira rum manis | sarwi năngga wang janggutanira | adhuh mirah ingsun anggèr | tan kayaa wong ayu | laku agèn-agèn manawi | katututan ing lampah | awon têmahipun | wong amrih

--- 147 ---

lêstari lampah | sadaya-daya iya nabrang ing kali | kalingan kali Oya ||

17. nungkêma bae nèng pangkon mami | aywa tumingal toyaning Oya | supaya tan wangwang ing we | bok rara nut ing kakung | munggah marang pêrau aglis | nèng galanging canthikan | tansèng pangkonipun | sarwi nutupi mripatnya | wit tan bisa umiyat ombaking warih | sawusnya mapan lênggah ||

18. Kyai Dogong nulya dèn abani | prau mancal lumarap winêlah | datan dangu pantarane | mèh dungkap cacap kidul | Dogong mulat mring Mêndut Pathi | anggathung tanganira | tan mêlahi prau | praune kèli tan krasa | pijêr mulat wong ayu kuning gumrining | Pranacitra ris mojar ||

19. hèh Ki Dogong praunira kèli | Dogong kagyat sarwi awacana | kapanane kèli kiye | dyan winêlahan wangsul | mudhik ngalor aminggir malih | tumêkèng pasabrangan | sinabrangkên ngidul | sarwi lagon dhêdhayungan | ela elo a ha a ha amarêngi | nabrang ing kali Oya ||

20. răndha miwah wlanjar prawan sunthi | nyata răndha dêstun tigas wlanjar | katara barang solahe | Pranacitra amuwus | anjêjawat jawane iki | Ki Dogong mring kang nabrang | para wadon iku | bok rara lan Pranacitra | nèng baita munggwing galanging cêcanthik | sami ayêm ing driya ||

21. ciptanira wong kêkalih kadi | lêlênggahan nèng tilam pamrikan | datan [da...]

--- 148 ---

[...tan] pae pangrasane | nir sandeyaning kalbu | nyipta luwar saking pawèsthi | laraping palwa nabrang | lir iyuning bandul | sangêt ascaryaning manah | ya ta prau têkèng sabrang kidul malih | bali ngalor lampahnya ||

22. Pranacitra mojar priye iki | praptèng kidul binalèkkên têngah | paran ta iki wadine | Ki Dogong lon sumaur | pan kasêmpyok ombaking warih | wus minggir wangsul larap | larap lampahipun | mila praune kinarya | wangsal-wangsul Ki Dogong karêpirèki | awèta tiningalan ||

23. dangu dènnya praon bola-bali | Pranacitra anèng panambangan | kasupèn mutawatire | eca dènnya nèng prau | yèn nginanga pan durung abrit | idua durung asat | ya ta dutanipun | Ki Tumênggung Wiraguna | Ki Mas Patih Ngabèi Prawirasêkti | lan Lurah Wirabraja ||

24. Sêcapati bêkêl jajarnèki | praptèng pundhungan parêk ing Oya | sami sumêdya arèrèn | nèng soring krasula gung | ki mas patih sarêng ningali | kang kali Oya bêna | ana wong mêrau | sami angangge wastra bang | arsa nabrang katêlu kang anambangi | mas patih kagyat mulat ||

25. narka lamun Pranacitra kalih | Rara Mêndut mas patih angucap | lho lho mata-mata kapèn | gajêg ya uga tuhu | Rara Mêndut Pranacitrèki | mrau yun nabrang Oya | wus nèng iring kidul | paran iya myang dudua | kancanira sami matur inggih-inggih | yêktos pun Pranacitra ||

--- [0] ---

[Grafik]

narka lamun Pranacitra kalih | Rara Mêndut mas patih angucap | lho lho mata-mata kapèn | gajêg ya uga tuhu | Rara Mêndut Pranacitrèki | mrau yun nabrang Oya | wus nèng iring kidul | paran iya myang dudua | kancanira sami matur inggih-inggih | yêktos pun Pranacitra ||

--- 150 ---

26. payo padha tinututan aglis | gupuh wong rolas lumayu gancang | samya cêluk-cêluk kabèh | kyai prau parau | balèkêna mangalor maning | yèn nora kobalèkna | tak bêdhil êndhasmu | miwah sun rêrampog sira | jèjèr wayang wong rolas nèng pinggir kali | ngajrihi tandangira ||

27. ngêmbat lawung pan angincêr bêdhil | kang nambangi ulate gyayasan | kalangkung dening ajrihe | mulat wong ting bakitu | kabèh padha ngathungi bêdhil | Dogong wantu wong desa | dhêrodhog andulu | sarwi mêlahi praunya | datan kongang mêlahi praunya rindhik | wau Ki Pranacitra ||

28. ciptaning tyas rumăngsa tan urip | mulat marang wong Kawiragunanan | wus pinuntu tyas pupuse | ngunandika ing kalbu | wus jamake mondhong wong kuning | masthine ginantungan | lara lawan lampus | tan larang sun tohi pêjah | biyadane wong Kawiragunan iki | kang bisa wèh wigêna ||

29. Rara Mêndut mingsêg-mingsêg nangis | kadospundi kakang Pranacitra | polah andika ing mangke | têmah lampah kasusul | datan wande manggih bilai | yèn aja mêraua | tan kacandhak mau | payo ingandhêmi kakang | pagêr bumi dening kothaking wong mati | luwang sawiji kakang ||

30. ya wong roro kang sami nglêboni | Pranacitra ngling aris angaras | adhuh mirah ingsun dhewe | panu biru wong ayu | nora wurung sun tohi pati | wus angrasa manira | yèn amanggih

--- 151 ---

lampus | kang jalaran saking sira | nanging uwis ngong andhêmi awit dening | sih ingsun marang sira ||

31. datan wangwang kadulon ing janmi | wong anjirap nantang ngănta-ănta | mapanakên gêgamane | ciptanira ing kalbu | pinadhakkên wastra sumampir | jinèjèr nèng pajangan | yèku paminipun | palwa wus parêk pinggiran | sarêbahe landheyan datan dumugi | rong landheyan dohira ||

32. Wirabraja asru dènira ngling | Pranacitra bêcik têmên sira | angangèlake wong akèh | têmu kene sirèku | yèn ajaa kalangan kali | dènnya minggat arangkat | bablas tan kasusul | lah mêntasa Pranacitra | ngong dinuta kinèn nimbali sirèki | barênga lakuningwang ||

33. Pranacitra datan anauri | eca dènira aras-arasan | sarwi alunglungan gantèn | lawan Ni Rara Mêndut | kabèh ngungun mulat sarya ngling | dubilah nora jamak | ujar tan rinungu | nak-enak loloh-lolohan | wong kèh iki pinadhakkên socaning pring | nèng prau bung-ambungan ||

34. Sêcapati mojar ngarih-arih | anak Pranacitra dika mêntas | kula dika alangake | yèn kongsi manggih dudu | ing bêdhahe bêbêdirèki | gêmpale wrăngka dika | kula kang katêmpuh | lamun misih rama dika | Sêcapati botên-botêne bilai | dèn pitaya kewala ||

35. maksih eca-eca tan nauri | kang katonton pan amung ni rara | Ki Dogong anjomblong bae |

--- 152 ---

lali nambangi prau | Ki Mas Patih Prawirasêkti | langkung bramantyanira | myat Pranacitrèku | kinèn angaras kewala | nulya sami wong rolas nantang nyumbari | Pranacitra mêntasa ||

36. lah adene wonge kang nambangi | apa dhasar arêp gêblasêna | ya marang wong minggat kuwe | mêngko tak bêdhil dhasmu | Dogong ajrih minggirkên aglis | ya ta Ki Pranacitra | ebah gènnya lungguh | sarêng kalawan ni rara | nulya ngadêg ningsêti busananèki | mêntas saking baita ||

37. Rara Mêndut pinondhong nèng kering | asta kanan anarik curiga | sarwi asantak wuwuse | sapa wonge kang nusul | ajana wong tambuh kuwanin | mulane Pranacitra | anggawa wong ayu | tan wêdi takêr ludira | Rara Mêndut pan wus sun tuku ing pati | payo barênga mara ||

38. wong Kawiragunan alok sami | ilah ngamuk-ngamuk Pranacitra | payo tinadhahan age | wong rolas parêng ambyuk | kang anuduk numbak ambêdhil | rinampog lir wayangan | Pranacitra kiwul | tandange kêbat acukat | datan rikuh mondhong pawèstri sinambi | prang rukêt binut kathah ||

39. pan sinosog tumbak lawan kêris | datan pasah kadya panjang putra | sinosog alang-alange | malèsèt tan tumanduk | anglir prênjak kêsit tinaji | sikatan dinamonan | dhali nyampar banyu | singa kang jinangkah giwar | Lurah Wirabraja tan kongsi ngindhani | sinuduk jajanira ||

40. ambruk Lurah Wirabraja mati |

--- 153 ---

nulya Sêcapati anêrajang | wanti-wanti panuduke | gya winalês sinuduk | salangira niba wus mati | bêkêl têtulung numbak | ginoco gya lampus | lan jajar satunggil pêjah | mêngkap wong Kawiragunan samya wingwrin | tan na wani parêka ||

41. nulya Ki Mas Patih Angabèi | Prawirasêkti langkung bramantya | dadya angikal lawunge | watangira rinangsul | Pranacitra binuntar kenging | tangan ugêlanira | jimpe krisnya runtuh | pinindho walikatira | ingkang kiwa kagyat anjingkat ngipati | Rara Mêndut kasingsal ||

42. kodhun saking pêpăndhăngannèki | Pranacitra dhêdhangkak gloyoran | nulya dèn êbyuk ing akèh | payo kănca dèn gupuh | gage tali gage dèn aglis | digawe tali apa | nora nana dhadhung | gaweya tampar sadhela | ih kêsuwèn bokya sabuke pribadi | iku kinarya bănda ||

43. nulya sabukira cindhe sari | inguculan kinarya musara | kinukuhan pambandane | mas patih ngandika sru | cêngkalakên dèn amiranti | satang iku kewala | tugêlên dèn gupuh | ingkang dhinawuhan sigra | ngambil satang ngling pring iki têka ngêndi | Ki Dogong aturira ||

44. gèn kulangsal saking lèpèn Ajir | têbih-têbih radi amilala | kêncêng apênêt warnane | wèt rosa anggènipun | mas patih ngling mring wong nambangi | hèh wong nambangi sira | sapa ranirèku | matur pan inggih kawula | karan anak pak [pa...]

--- 154 ---

[...k] Dogong kawula gusti | dhusun ing Sitirêbah ||

45. kalalating Nglantèng krajanèki | yèn mêngkono ya Pak Dogong sira | sun gawa ngong aturake | marang kyai tumênggung | sira thithik milu lèh kardi | krana Si Pranacitra | kacandhake iku | anèng panambanganira | aprasasat sira milu anyêgati | Dogong nuwun turira ||

46. inggih sumăngga di dalêm alit | angling malih mring kawulanira | apa wus kukuh bandane | samya umatur sampun | kêkah datan amutawatir | mas patih angandiha[2] | kănca ingkang lampus | Sêcapati Wirabraja | miwah kănca bêkêl siji jajar siji | wong papat iku padha ||

47. buruhêna kon gawa wong bumi | mring nagara ngong turakên marang | jêng kiyai kawulane | wruh anak rayatipun | kang tinuduh nimbali aglis | wong desa praptèng ngarsa | sandika turipun | bangke wus binarukutan | Pranacitra wus binănda anèng ngarsi | kukuh tan bisa obah ||

48. Pranacitra ciptanira kadi | tibaning pusara nèng angganya | lir ni rara pangêkêpe | myang tibaning kang tunjung | duk binuntar walikatnèki | tangan ugêlanira | lir Ni Rara Mêndut | angênyêt-ênyêt sarira | nèng tilam rum saking dahatira kalih | Rara Mêndut karuna ||

49. sarwi asinglir sêkar inganggit | anggrèk lan mênur sinurèng patya | pasèntêgan ing gêlunge | gambir ingkang [ing...]

--- 155 ---

[...kang] kinayun | pangunceyan gajah angoling | sinangsang mungging karna | tibèng jaja landhung | Pranacitra sinumpingan | rinimongan jingga ni rara tan têbih | lir pangantèn pêpanggya ||

XVI. Dados Tawanan

17. Dhandhanggula

1. Rara Mêndut asinjang guringsing | kêmbênira jingga pinarada | kêncana sêngkang bapange | cundhuk anggrèk lan mênur | Pranacitra sêkaring gambir | binêkta mring Mataram | tinalenan sampur | binănda ing cindhe kêmbang | cinêngkalak pring tutul ing kali Ajir | arimong kampuh jingga ||

2. Mas Patih Ngabèi Wirasêkti | mojar lah wus payo angkatêna | ingkang liningan nulya ge | sadaya mangkat sampun | saking Lantèng dènnya lumaris | kadya ngarak pangantyan | samarga dinulu | wong akèh datan anyana | yèn lêlaran ingiringakên priyayi | wong loro angrimong bang ||

3. kang wadon ayu kang lanang sigit | tansah lumaku abêbondhetan | ni rara nyawang kakunge | tan pêgat kumêmbêng luh | sarwi asung gantèn sing lathi | mulung narimèng waja | randhat lampahipun | sabên satêngah onjotan | Rara Mêndut alêlathèn gantèn wangi | lawan Ki Pranacitra ||

4. wong papagan mandhêg aningali | marang lampahira Pranacitra | sami anyêngguh pangantèn | ana rêrasan wuwus | ikunya ya pêngantèn ngêndi | bagus têmên sing lanang | i wadone ayu | emane gone angarak | nora nganggo [ngang...]

--- 156 ---

[...go] wêwadonan ingkang ngiring | mung lanangan kewala ||

5. ing padesan kang kamargan sami | ting garubyug pan sami ajakan | payo anonton pêngantèn | êndi payo andulu | he lah kuwe pêngantènnèki | bagus têmên sing lanang | wadone ya ayu | ayune nora gêjamak | ih iya ya baya pêngantèn priyayi | kêtara wangunira ||

6. pêngantèn apa dudu pêngantin | yèn pêngantèn nganggo kêmbar mayang | lan jalwèstri tuwa nome | myang rare kèh nèng ngayun | yèn pêngantèn sêpasar mulih | sanadyan sêpasara | kiraku ya dudu | layake runggèng ditanggap | sing lanang iku baya badhudirèki | ditanggap mring nagara ||

7. ana nauri ah dudu ringgit | kêbagusên badhude warnanya | kêtara pasang sêmune | dudu dhapuring badhud | wangunira dhapuring mantri | aranana kusuma | layak iku patut | ana kang patitis mojar | aku ngrungu warta sêlire jêng kyai | Tumênggung Wiraguna ||

8. dèn inggatkên mring kulanirèki | botoh kang aran Ki Pranacitra | Rara Mêndut wadonane | kabèh kawulanipun | apan samya kinèn ngulati | sapa kang nêmokêna | gêng ganjaranipun | mênèk iku kang kacandhak | samya angling ya layak bênêr sirèki | kang ngiring prajuritan ||

9. nulya ing wuri sêmada têbih | ana wong mikul jisim sakawan | tinakon tinuturake | ing mula bukanipun | langkung ngungun ingkang miyarsi | ana mojar [mo...]

--- 157 ---

[...jar] lah iya | abênêr tuturmu | nyata wong minggat kacandhak | kèh warnane kang samya rêrasan angling | ya ta ingkang lumampah ||

10. katanggungan kadalon nèng margi | rèrèn dhusun pinggir kali Umpak | Bêndungan panginêpane | sira Ni Rara Mêndut | datan têbih dènira linggih | sarwi anggubah sêkar | pasumpinganipun | kang wus layon sinalinan | sarwi angsung gantèn sinungkên sing lathi | tinampan dening waja ||

11. tan winarnèng dalu ya ta enjing | mangkat saking ing dhusun Bêndungan | samarga tinonton ngakèh | yèn lagya wruh ing ngayun | sami angarani pangantin | yèn wruh ing wurinira | bangke kang pinikul | anyana lamun prakara | Rara Mêndut samarga-marga anangis | mulat mring Pranacitra ||

12. sarwi angsung gantèn saking lathi | tinampan ing waja sarwi ngaras | sadaya kang ngiringake | samya eram amuwus | anèng marga kobêre sami | adu cangkêm lolohan | ngampirake irung | tan ering marang wong kathah | pinadhakkên pagêr jarak wong kèh iki | malah dadya grumbulan ||

13. kancanira mèsêm wênèh angling | wis bangêtên pan dubilah setan | bêlis balaka srandune | sayêkti dudu manus | kapanjingan budi sêrani | jajal lanat idêran | Pranacitra iku | wong binănda cinêngkalak | dadak bisa anu-anu turut margi | mènthèlane adèna ||

14. sinauran buh-êmbuh sirèki | bok cikbèna sakerah-kerahnya | wong uwis padhadenene |

--- 158 ---

kinarya sangu lampus | tinutugkên mupung sih urip | tan wurung Pranacitra | iku ihnil mampus | êmbuh wadone iku ta | iya durung karuwan milune mati | yèn urip pa ya layak ||

15. tan cinatur lampahirèng margi | kawuwusa ing Kawiragunan | kyai tumêngung kingkine | kadya upaminipun | suduk gunting atatu kalih | kalamun kaèngêtan | mring Pranacitrèku | tan uwus raosing duka | ngănta-ănta lir lêgi gêtihirèki | katon ngalunyatira ||

16. kabupatène dèn mêjanani | mring wong bênce pece rêrècèhan | yèn tan katêmua mangke | lir punagi dèn jujul | saking marab-marabing galih | sak dhatan kaèngêtan | mring Ni Rara Mêndut | kadya tan kolu ngukuma | saking dahatira ki tumênggung brangti | tan kapadhan ing karsa ||

17. kadi sokur lamun tan kapanggih | Pranacitra tulus minggat rangkat | amung Rara Mêndut bae | katêmua linuru | ingapura sadosanèki | sanadyan bêdhad liwar | kaduga amêngku | sok uga bangun turuta | aywa mulatèying mring bedhangirèki | mituruta maring wang ||

18. robat-rabèt pan ora pinikir | maksih inganggêp prawan kêncingan | kang durung măngsa kêmbêne | lan durung suruping yun | pan mangkana ciptaning galih | lakon kang wis kalakyan | sêmada kaduwung | nguni wadone kewala | kinèn bali lanange nora praduli | dimèn kendhang ngalêndhang ||

--- 159 ---

19. ya ta wau wanci surya wukir | ki tumênggung pinarak pandhapa | kang seba mung sakarine | lan punakawanipun | andhèr mungging plataran ngarsi | ki tumênggung ngandika | marang garwanipun | kiramu Si Pranacitra | apa bisa kacandhak inggatirèki | sinusul wong maju pat ||

20. nyai ajêng aris turirèki | lêrêsipun inggih katututan | tiyang jinala ing akèh | mring pundi purugipun | minggat rangkat lawan pawèstri | pasthi randhat ing marga | tan lêpas ing purug | anggêr langkung ing pomahan | Rara Mêndut Pranacitra pan katawis | lamun wong minggat rangkat ||

21. Ki Tumênggung Wiraguna angling | ya majade bênêr ujarira | mênèkne sêkti ta priye | lamun bêr bisa mabur | tuwin bisa nora kaèksi | nyi ajêng aris turnya | sêlak mendahipun | bêgêjil sagêd digdaya | tiyang alit dhasar dosa lampah silib | mokal darbe yuwana ||

22. ya mênèkne sêkti angluwihi | dene wani ngrêbut bojoningwang | kaya wis jitus tandhinge | eca agunêm wuwus | ki tumênggung lawan kang rayi | Nyi Ajêng Wiraguna | kasaru kang rawuh | mas patih sakancanira | tur uninga prapta kandhêg anèng kori | gya lurah punakawan ||

23. matur punika mas patih prapti | anèng kori ngantya kang timbalan | ki tumênggung sru wuwuse | timbalana dèn gupuh | datan dangu mas patih manjing | andhadhap praptèng ngarsa | santak aturipun | kawula sampun dinuta | anututi Pranacitra [Pra...]

--- 160 ---

[...nacitra] lampahnèki | kang minggat kesah rangkat ||

24. inggih lawan Rara Mêndut Pathi | ing samangkya pan sampun kacandhak | nèng lèpèn Oya ing Nglantèng | lagya sami marau | gêbal dalêm ingkang nambangi | Pak Dogong aranira | prau wangsal-wangsul | nabrang kadi alêlumban | yèn sampuna wontên Pak Dogong wus têbih | bablas tan katututan ||

25. kinon minggirkên praunirèki | Pranacitra mêntas sêdya băngga | nulya kaêbyuk ing ngakèh | sura pangamukipun | Pranacitra amrêjayani | pun Sêcapati pêjah | lan Wirabrajèku | bêkêl satunggil myang jajar | ingkang pêjah sakawan jisimirèki | sami kawula bêkta ||

26. Pranacitra mangke wus katali | lan Rara Mêndut kawula bêkta | sumăngga ing karsa mangke | ki tumênggung angungun | duk miyarsa aturing patih | langkung pangowêlira | kulanya kang lampus | ngandika ya nora talah | Wirabraja sun gawa prang ngêndi-êndi | kabèh padha digdaya ||

27. prang lan wong mêngkono bae mati | bocah lawas milu lara lapa | ngong durung malês gawene | kaabdèkna sang ratu | abdi dalêm boboting cilik | yèn mêngkono gêntèkna | anake kang lampus | mas patih matur sandika | jêng kiyai ngling malih marang mas patih | lah iya parènèkna ||

28. wong lêlaran lèh-olèhirèki | Pranacitra kawuk ajokêna | tak dêlênge rêraine | ya karo si mênjêrut | si sêmèrèh [sê...]

--- 161 ---

[...mèrèh] suwèh si dawir | bisa gawe bêncana | si uwong ra urus | cêpakna mring ngarsaningwang | gya Mas Patih Ngabèi Prawirasêkti | mring kori pananggungan ||

29. dhawuh kinèn naoskên mangarsi | Rara Mêndut lawan Pranacitra | jinagan kiwa têngêne | sumpingira tan alum | Rara Mêndut ingkang nyumpingi | binurat dhandhan-dhandhan | gêgarutanipun | ajênar galar konusan | Rara Mêndut sarwi sung gantèn sing lathi | tinampan Pranacitra ||

XVII. Pranacitra Dipun Lunasi, Rara Mêndut Ambelani

18. Dhandhanggula

1. kalihira wus kerid mangarsi | Rara Mêndut lawan Pranacitra | mas patih tansah keringe | ya ta kyai tumênggung | blero driyanira ningali | nêpsu mring Pranacitra | sih marang Ni Mêndut | ki tumênggung angandika | mring kang garwa lah nyai Si Mêndut iki | jakên mring gandhok wetan ||

2. nyai ajêng angandika aris | lah payo Mêndut nyang gandhok wetan | jêng kiyai timbalane | èsmu wrat Rara Mêndut | pan pinêksa nulya wus kerid | marang ing gandhok wetan | sira Rara Mêndut | tansah alara karuna | soca balut jait sinawang alindri | ya ta kang nèng pandhapa ||

3. Kyai Tumênggung Wiragunèki | duk ningali marang Pranacitra | sakêlangkung bramatyane | tambuh paraning bêndu | ngawêt-awêt soca anggêni | sêngak dènnya

--- [0] ---

[Grafik] | ki tumênggung gya ngadêg narik kris | sarwa pinandhi ingêmbat-êmbat | tinatap-tatap landhêpe | asêndhu dènnya muwus | iki wêkasamu ngaurip | sambata kang ayoga | wong tuwanirèku | tumêngaa ing akasa | tumungkula pratiwi sigra marpêki | tumêmpuh kang curiga ||

--- 163 ---

ngandika | hèh mas patih gupuh | Si Pranacitra ajokna | sigra Mas Patih Ngabèi Wirasêkti | angugêr Pranacitra ||

4. ki tumênggung gya ngadêg narik kris | sarwa pinandhi ingêmbat-êmbat | tinatap-tatap landhêpe | asêndhu dènnya muwus | iki wêkasamu ngaurip | sambata kang ayoga | wong tuwanirèku | tumêngaa ing ngakasa | tumungkula pratiwi sigra marpêki | tumêmpuh kang curiga ||

5. Wiraguna wau anêlasi | dhuwung dalêm panimbal luk sanga | Ki Jikja ika tangguhe | sinuduk jajanipun | murub muncar ludiranèki | Pranacitra glangsaran | sambat Rara Mêndut | lah age sira nusula | sun antèni ing bangun pangarib-arib | dhuh mirahe pun kakang ||

6. Rara Mêndut karuna mlasasih | myarsa lamun Pranacitra lunas | tinuwêg nèng pandhapane | marang kyai tumênggung | wus angêkês sêdya belani | Rara Mêndut karuna | kakang milu lampus | labête trêsna ing dika | luwang siji wong roro barêng nglêboni | andika lawan kula ||

7. Rara Mêndut sarêng aningali | Pranacitra dènnya kêlosodan | kuthah ludira jajane | anèng ing ngarsanipun | Ki Tumênggung Wiragunèki | dhuwung maksih liniga | pan dèrèng tinuruh | Ni Rara Mêndut agêpah | saking gandhok lumayu narajang wani | mring dhuwung maksih pasang ||

8. pan tumèmbêl kagyat jêng kiyai | Rara Mêndut garonjal gya niba | gêlangsaran sakalihe | pramana tatunipun | apan samya | kêkulung ati [164] | magêp-magêp sêsambat | kakang kula nusul | ing made pangaribaya | pagêr bumi dening kothaking wong mati | luwang sawiji kakang ||

9. ya wong roro kang sami nglêboni | dangu dènnya sami kalosodan | timpah-tinimpah kalihe | Pranacitra wus mucuk | panglayapanirèng pangèksi | kêjêp lathi cincingan | pan kadya calathu | pan inganti pasêmayan | wus andungkap marang kalanggêngannèki | Pranacitra palastra ||

10. kalihira wus samya ngêmasi | Rara Mêndut lawan Pranacitra | tatu jaja sakarone | ki tumênggung ambêkuh | kipat asta gêtun tan sipi | dubilah nora talah | priye iku mau | Si Mêndut dadak katuwak | ing kris ingwang manira dene tan uning | ingsun kagèt kewala ||

11. sarwi amundhut toya ing kêndhi | kinarya nuruh curiganira | ingkang kuthah ludirane | sawusira tinuruh | sinarungkên nulya winangking | Tumênggung Wiraguna | maksih bêndu ngungun | he lah mati karo pisan | priye mono eman têmên Dut sirèki | akaton warnanira ||

12. ing gandhok apa nora na janmi | dene bêndhetan sapirang-pirang | anyêngoh apa gawene | nyai ajêng umatur | inggih kathah pawèstri naming | weya datan uninga | pun Mêndut gènipun | lumayu marang ngajêngan | ingwang datan anyana lamun kadyèki | ambedhang tunggal bathang ||

13. Ki Tumênggung Wiraguna angling | hèh mas patih priye [pri...]

--- 165 ---

[...ye] karêpira | si mêngkonok onggrok kuwe | linampu milu lampus | ambelani kancanirèki | si pêdhot bêdhat liwar | lalu modar tatu | êmoh dadi sêlir ingwang | bangêt têmên gone tan dhêmên lan mami | mas patih matur nêmbah ||

14. inggih têkdir pan sampun pinasthi | kêdah tan kenging kinarya wirya | manggih papa pantakane | inggih pun Rara Mêndut | tanpa damêl lamun ginalih | apan wus praptèng têmah | angandhêmi kukum | namung anggaliha tama | wajib prêlu anyampurnakakên mayit | ngamalakên ngakerat ||

15. kurmating suksma atilar jisim | amêmule pangulihe ajal | jisim marang bumi mangke | ingkang kalawan kubur | panjênêngan dalêm jêng kyai | pedah wakap sidhêkah | kautaminipun | sung pênêt ing kêmlaratan | jisim laip bongsislam pan inggih ugi | paduka kawajiban ||

16. yèn kadugèkêna tyas kang runtik | mring jisim karsa pinurak-purak | nuhun kewala karsane | kirang utamèng ngèlmu | amba datan amêmancèni | mokal yèn kalêmpita | paduka wus mêngku | saliring rèh kautaman | inggih masa kilapa paduka kyai | sangêt atur kawula ||

17. ki tumênggung angandika aris | iya bênêr mas patih turira | iyèngsun miturut bae | kang dadya prayogamu | inggih lamun parêng kiyai | pun Mêndut Pranacitra | tinunggilkên kubur | wong kalih dados satunggal | karantêne

--- 166 ---

tiyang punika manawi | sampun sêcan janjeyan ||

18. kula suwun panguburirèki | wontêna ing gadhuhan kawula | ing dhusun Ceporan mangke | ki tumênggung nglingnya rum | iya apa karêpirèki | ingsun paring salawat | bae mring Ni Mêndut | rongpuluh reyal wragadnya | lan maninge ngong paring salawat maring | kancanira kang pêjah ||

19. lurah roro iya nyèkêt anggris | bêkêl rongpuluh jajar limalas | iki paringêna age | kancamu ingkang lampus | anglakoni pakaryan mami | padha sidhêkahana | satutuge iku | têkane ing sèwu pisan | apan iku pratăndha asih ing mami | kongsi praptèng antaka ||

20. nyai ajêng mundhut arta nuli | prapta lajêng katur ingkang raka | gya pinaringkên mas patèh | banjur paringna gupuh | mring rayate kang sami mati | mas patih tur sandika | gya parentah gupuh | kuwandane Pranacitra | lawan Rara Mêndut kinèn bêkta maring | wismanira mas patya ||

21. wus sinucèn layonira kalih | gya pinêtak mring dhusun Ceporan | kinubur dadya sijine | têrus parikanipun | luwang siji wong ro nglêboni | apan nus[3] tunggal karas | Pranacitra Mêndut | patine Ki Pranacitra | wanci surup kinubur sirêping janmi | anèng dhusun Ceporan ||

22. dadya katêlah prapta ing mangkin | kuburira bagus Pranacitra | yèn Jumuwah Gra Kasihe | asring katingal murub | lêlabête [lêlabê...]

--- 167 ---

[...te] wong mantêp budi | suka rêna asura | lêgawa ing lampus | narima marang kukuman | tan kumêdhèp ing pati pangidhêpnèki | tan kadung kaduwungan ||

23. tan kaisèn liyaning pangèksi | nir rasane tibaning curiga | samyèng layap pangidhêpe | tan dhompo tekadipun | Rara Mêndut bae kaliling | nora kalang-alangan | gumêlênging kalbu | kang murba rasèng asmara | wus tumanêm têlênging wardaya kèksi | prapta ing padhêkikan ||

24. tan pae paesaning pangèksi | lan Rara Mêndut pabelanira | ing pati tan mangu mèngèng | sêtya ubaya tuhu | pucuking kris cinipta rêsmi | kawawas ing asmara | ing pananjakipun | tan dhompo panthênging driya | angandhêmi wangsalan parikannèki | amung Ki Pranacitra ||

25. lan Rara Mêndut roroning tunggil | gêlêng gumulung galang-gulungan | kalihe tan na bedane | dadya budinya kumpul | marma murub kuburirèki | ing dina kang utama | mangunah ing kubur | kabul dadya pakaulan | kaoling wong sapa kang arsa alaris | dènira bêbakulan ||

26. anyadrana ing kuburirèki | Rara Mêndut ing dina utama | pasthi laris dodolane | lan sapa ingkang kaul | amêmule nyadrana ngijing | kubure Pranacitra | laris mring wong ayu | tuwin yèn arsa angiwat | myang pangantèn yèn tan atut palakrami | padha sira nadara ||

27. myang wong rêmên kasukan amain [amai...]

--- 168 ---

[...n] | tirakata marang kuburira | pasthi sumbon krêp mênange | witne yèn ngadu sawung | glis katrima panêdhanèki | sawarnaning botohan | dherekan myang puyuh | kêcik jangkrik myang daluwang | kêplèk kècèk gimêr miwah dhadhu posing | tuwin traping ngawula ||

28. purnèng catur jêjanturannèki | panêdhake Sêrat Pranacitra | rikala wus panêrate | lèk Ruwah kaping têlu | măndhasiya misih Dal warsi | awaling manggakala | enjang tabah wolu | guwa têrus sabdèng nata |[4] caritanya sadaya mung nêdhak sungging | dene Srat Pranacitra ||

29. nênggih ingkang karsa mangyasani | jêng sinuhun prabu kaping gangsal | kang jêjuluk Sunan Sugèh | dene sugih kalangkung | garwa putra brana mas picis | duk mangapus ruwiya | durung madêg prabu | maksih pangeran dipatya | anom mêngku nagara dibya putra ji | narendra ing Mataram ||

30. nulya tinêdhak marang kang rayi | kang sinuhun prabu kaping sapta | gêgula rênggèng karsane | winuryan kang panuju | binengkas ing gita kang tan wrin | tinulad pan tinula | tulèning pangapus | winangun ing basa jarwa | mrih tumuntur pakaryaning kang utami | mring nak putu kang maca ||

__________

 


anglumpukkên. (kembali)
angandika. (kembali)
wus. (kembali)
Tanggal: têlu (3) Ruwah Dal: guwa têrus sabdèng nata (AJ 1799). Tanggal Masehi: 28 Oktober 1870. (kembali)