Damarwulan, Jayasubrata, c. 1910, #1476 (Pupuh 01-09)

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Damarwulan, Jayasubrata, c. 1910, #1476 (Pupuh 01-09). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita
  2. Damarwulan, Jayasubrata, c. 1910, #1476 (Pupuh 10-19). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita
  3. Damarwulan, Jayasubrata, c. 1910, #1476 (Pupuh 20-29). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita
  4. Damarwulan, Jayasubrata, c. 1910, #1476 (Pupuh 30-41). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita
  5. Damarwulan, Jayasubrata, c. 1910, #1476 (Pupuh 42-52). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita
  6. Damarwulan, Jayasubrata, c. 1910, #1476 (Pupuh 53-60). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita
  7. Damarwulan, Jayasubrata, c. 1910, #1476 (Pupuh 61-68). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita
  8. Damarwulan, Jayasubrata, c. 1910, #1476 (Pupuh 69-74). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita
  9. Damarwulan, Jayasubrata, c. 1910, #1476 (Pupuh 75-84). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita
  10. Damarwulan, Jayasubrata, c. 1910, #1476 (Pupuh 85-97). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita
Image

[4 halaman kosong]

--- [3] ---

Sêrat Damarwulan

--- [4] ---

1. Dhandhanggula

1. sinawung ingkang sêkar artati | Radyan Rôngga ingkang akêkutha | nèng nagri Maospatine | karsa mangrênggèng kidung | Damarwulan carita Jawi | purwanya ginupita | duk jumênêngipun | maha Sang Prabu Wanodya | angrênggani praja gung ing Maospait | angrèh rat nungsa Jawa ||

2. mangkya wontên abdi kawlasasih | nistha papa nèng praja Sêmarang | kinunjara pangerane | rèh dama mudha punggung | awêwangi Rahadèn Panji | Jaya Subrata nyitra | ing carita wau | supados pêncaring kôndha | anglêluri yasane wong agung luwih | mrih kataman supangat ||

3. apinujya dirèng rat linuwih | ri manggala kadriyaning raras | rumêsêp sumyar rum rèhe | ing rèh manguswèng têmbung | ngèstupada widrawèng sari | sastra sinawung têmbang | kusumaning ayu | putra adi kang panênggak | kinasmaya winangun arjasèng kawi | tyas pêrga sinabyèng rat ||

4. winarnèng tama trusing tyas sumrik [su...]

--- [5] ---

[...mrik] | dirèng yayah ing Sang Maospatya | kinudang kidung wêrjasèng | sandi sasmita putus | trah kêsmara tantra pamrêp sih | sinuksmèng sandi tyarja | ngrèh mangruming santun | pêpujane sari rêtna | wus kawayang sumbagèng kaswarèng bumi | winayu wahyaning dyah ||

5. Majalêngka kalêngkan di luwih | gêmah arjyèng pinujèngirèng Hyang | ing sajagad pratingkahe | tan lyan padaning ulun | sumiwèng rèh ing Maospait | ngèstupada tumawang | tumêngèng aluhur | sinuksmana gung kuswala | myang bupati mangun arjènging rat Jawi | iya Sang Brawijaya ||

6. kasinggihan maha mara murti | pujyaning rarat nama Suryanata | kinasihan ing dewane | Hyang Samba namor pamuh | Panjiputra Kanekarêsi | iya Hyang Manikmaya | rumêksèng pituduh | pinardikèng Suksmanôngsa | kinasihan dening sagung widadari | Mahprabu Padmanaba ||

7. pra sêntana pinrih pudyarja mrik | dana sinawur kêrtaning jagad [jaga...]

--- 6 ---

[...d] | bojama-boja mandrêse | ing triloka wong rungrum | pêmangsule ratu di murti | dibya gung dikarèng rat | maha sang aprabu | dene ingkang maèswara | sing asrama putra bêgawan sêmèdi | Ratu Mas Dayaswara ||

8. tunggul rênggèng kumalaning puri | pinujya môntra ing Majalêngka | musthikane ngadi kaot | ing kasuselan putus | sumrahing rèh minuni sari | lir wêwangunan rêtna | panjênêngan luruh | rèh bawa pra kajatmikan | budya cumbuh nulus prabawa ingèksi | ing sang karya la-êla ||

9. sadaya dhomas ingkang pra sêlir | pênuh èbêg manuhara sêkar | ing Majalêngka kêdhaton | Maha Brawijaya gung | kocap prabu anyakrawati | tuhu ambaudhêndha | kasub ing rat punjul | êmbanan patih narendra | kang minôngka pamoting rat nungswa Jawi | Dipati Maudara ||

10. sura sêkti kawidigdan ngênting | sumbagèng tumrap rèh bawaning rat | angarjani ing kasmarjèng | jinurung ing dewa gung | titis pasanging agal alit | mangrurah kredhaning rat | misayèng sukan nrus | wahyu-wahyuning atama | padaming tyas mantya kang puja sêmèdi | dibyan bêk wiku brôngta ||

11. têdhak-tumêdhak Sri Narapati | Brawijaya tan lyan turunira | Gajahmada pêpatihe | Kya Maudara sunu- | nira Gajahmada dipati |

--- 7 ---

kêkalih yogyanira | apan sami jalu | kang sêpuh Kya Maudara | Ki Lugêndèr arinira binupati | wadana jro pangiwa ||

12. têngênira Dyan Arya Sêsimping | wadana jawi kalihira Dyan | Menak Giyanti têngêne | anênggih kiwanipun | Rôngga Minangsraya Dipati | tumênggung dêmang rôngga | ngabèi sêdarum | miwah kang mônca dipatya | kang kinarya pamugarining nagari | Rônggalawe ing Tuban ||

13. tur kaipe mring sri narapati | têtêdhakan saking ing asrama | Dayaswara sumêndhine | ing Tuban kang palungguh | kang minôngka pamêkas jurit | sumbaga jayèng laga | kasêntikan putus | tinênga ing parangmuka | kalihira ingkang dadi pamugari | Risang Dipati Daha ||

14. ajêjuluk Sindura Dipati | agul-agul prakosèng ing aprang | Majalêngka bêbanthènge | dene katiganipun | Bêlambangan Sang Adipati | jêjuluk Menakjingga | gul prakosya digung | datan pasah dening braja | tapak tilas gurenda sisaning kikir | têguh timbul digdaya ||

15. cacadira pan amung satunggil | asor ing warna sarunsaru cinôndra | anging dadi pêpantêse | kinajrihan ing mungsuh | kinèringan ing nuswa bumi | adipati têtiga | kredhaningkridhaning rat putus | andêle Sang Brawijaya | kapat Risang

--- 8 ---

Maudara Adipati | pusakaning nagara ||

16. para mênak myang rôngga dipati | arya tumênggung êmpu mêlandang | lan dêmang ngabèi kabèh | môncapraja sêdarum | myang pasisir sabrang nagari | kang angrèh tur manggala | nor ing tyas sumuyut | mila Risang Brawijaya | klangkung dene tinênga kang para aji | kinasihan ing dewa ||

17. kinalulutan kang para rêsi | wasi jêjaganjêjanggan para pandhita | pinuji sabawaning rèh | Brawijaya Sang Prabu | angrênggani ing Maospait | istijrat kasosèngkasosrèng rat | binatharèng luhur | ratu adil palamarta | amartani balakoswa agêng alit | mrih mulyaning riloka ||

18. pan cinandhak pangrêngganing tulis | Brawijaya prapta kailangan | kacatur lawan garwane | apan ta sang aprabu | atmajane amung satunggil | patutan Dayaswara | nênggih sang lir santun | papujaning sari rêtna | arum-arum Kancanawungu Sang Dèwi | putra dinama-dama ||

19. sasedanira sri narapati | dèrèng nambut titahing akrama | patbêlas warsa yuswane | ing nguni sang lir santun | yèn tinari krama sudarmi | dahat sangêt lênggana | kusuma tanpa yun | rêmên amomong sarira | mila mangke ngantya seda kang sudarmi | sang rara taksih kênya ||

20. kawarnaa Rônggalawe Tubin | atanapi [ata...]

--- 9 ---

[...napi] Dipati Sindura | Menakjingga katigane | Maudara cinatur | sakêlangkung èmêng ing galih | dene Sang Brawijaya | tan darbyatma jalu | tan liyan kusumaning rat | kang ginusthi jumênênga gumantya ji | kang dadya pakuning rat ||

21. angandika dipati ing Tubin | marang Kyana Patih Maudara | paran ki raka rêmbage | sintên jumênêng ratu | kang pinujya ing nuswa Jawi | ngrênggani Majalêngka | rèh sang maha prabu | tan tilar atmaja priya | kyana patih wagugên wusana angling | sumôngga ingkang dadya ||

22. rêmbag paduka lan yayi Adi- | pati Arya Sindura ing Daha | lan yayi mas dipatine | Bêlambangan sêdarum | kuwajiban mamrês budya mrih | mulyaning tanah Jawa | paran kang tinuju | sanadyan awak manira | angêmbani kêraton ing Maospait | saksat darma kewala ||

23. yayi têtiga kang misesani | gampil manira dadya wêrana | sapangrèh sumôngga ingong | yayi ingkang katêmpuh | rêrêntênge ing Maospait | kanggêg Dipati Tiban | ing netya sinamun | wusana arum ngandika | paran karsa kangmas Sindura Dipati | myang yayi Bêlambangan ||

24. adipati ing Daha sigra ngling | lah yayi Mas Rônggalawe Tuban | susah-susah pindho gawe | mikir kang dados ratu | wus pinêsthi ing dewa luwih | narendra lawan [lawa...]

--- 10 ---

[...n] bala | tan ginggang ing pandum | trahing danawarih nata | sinêdhahan parentah sagunging dasih | dening Hyang Suksmanôngsa ||

25. trahing wadya têtêp dadya dasih | lêga manawang nêngèng ing pada | kraton duduh bubuhane | nênggih têrahing ratu | ngrêngganana ing Maospait | nadyan Sang Brawijaya | tan darbyatma jalu | têrahing ratu punika | gumantiya ing rama jumênêng aji | rèhning dyah putranira ||

26. pae wontên kang pinilih malih | mung punika rêmbag sun yayi mas | Menakjingga sru wuwuse | kakang Rôngga yèn ulun | sasedane sri narapati | ing nguni nora bakal | karsane dewa gung | Maha Prabu Brawijaya | karya andêl sêkawan para dipati | pusaka Majalêngka ||

27. awusana sang sri narapati | putranira èstri mung sajuga | Sang Hyang Juwata karsane | ngalamat botên tulus | amêkasi ing Maospait | turune Brawijaya | kang jumênêng ratu | pami putrèstri dadosa | têmah dadya tan pakering nuswa Jawi | siguk praboning nata ||

28. mila kakang kula tan nuwawi | Ni Kancanawungu lamun dadya | têmahan pra ratu kabèh | pan samya dadya mungsuh | pra dipati akathah balik | awit kirang prawira | èstri madêg ratu | paran margane arjoa | Majalêngka ing lyan kathah mêjanani [mêjana...]

--- 11 ---

[...ni] | ya ta Dipati Tuban ||

29. talingane pan kadya sinêbit | anging sinamun sumuking netya | wusana arum sabdane | yayi pamanggih ulun | lêrês ulun datan mancèni | nanging Sang Brawijaya | utama pinunjul | gunging wadya pinrih mulya | pan rinêksa ing urip tumêkèng pati | patitis ing kamulyan ||

30. ingsun lan yayi kinulit daging | tur tan lila yèn manggiha ala | rinêksa saniskarane | ing madyapada rawuh | ngariloka pinintèng puji | tingkah arjaning bala | pinrih lumêstantun | yayi apa walêsira | sagunging wong kang kagêbêng ing dewadi | mêsthi malês utama ||

31. anging pilih tumêkèng utami | dêstun madya kewala yayi mas | pintên-pintên pêmangsule | paran dènnya mrih ayu | yayi nêgri ing Maospait | tulusing panjênêngan | kang umadêg ratu | mung sêtya tuhuning wadya | mung punika yayi mas tuhuning dasih | rinêksèng ing juwata ||

32. wong kinarya utamènging bumi | ingkang kadya jênêngipun kakang | ngantos bawur ing krahayon | mendah ta dewanipun | Hyang Suksmana ingkang nyêngêri | kêna ing panêngêran | yayi jênêng ingsun | sèwu dhêndhaning Juwata | nora wurung pun kakang pêsthi nêmahi | sinurak pra jawata ||

33. Menakjingga kanggêg ingkang galih | wus kawiyak ing sandarganira |

--- 12 ---

ya ta gênti winiraos | sagunging para ratu | para mênak rôngga dipati | tumênggung arya dêmang | ngabèi supênuh | tôndha mantri sinangsraya | para buyut êmpu mêlandang wêwasi | rêsi pandhita jagan ||

34. ajar-ajar manguyu mênuhi | èbêg supênuh ing Majalêngka | mèstuti sang madêg rajèng | apan wus lumêstantun | lir Sang Maha Brawijaya di | ngrênggani Majalêngka | kasub ing rat suyud | maha Sang Prabu Wanodya | wus kalilan ing Sang Hyang Maha Dewadi | jinurung Suksmanôngsa ||

35. Hyang Jaya Samba Kanekarêsi | pra jawata umung mèstudeya | widadari tumrun kabèh | kala umadêgipun | Prabu Kênya ing Maospait | silih nama Ratu Mas | Dyah Kancanawungu | rênta di sêsotyaningrat | dhasar ayu kinamulèn widadari | lir sarine purnama ||

36. mangendralaya dahat tan olih | ingkang mèmpêr sang sêsotyaningrat | tuhu kumaraning sinom | Prabu Kênya sang ing rum | datan kêna rinênggèng Kawi | mêmanon ing buwana | mangkana winuwus | Kyana Patih Maudara | sakêlangkung kaprêm ing puja sêmadi | kocap angraga suksma ||

37. lumuh angolah ing kramaniti | datan pêgat bêntur kasutapan | angêdohi praja rame | kajuwatan rinasuk | pan ing mangke sampun gumingsir | pilênggah kêpatihan [kê...]

--- 13 ---

[...patihan] | ari gumantya wus | Patih Lugêndèr Dipatya | kang gumantya ing rama Seta Kumitir | Dyan Arya Simping dadya ||

38. mujanggani kabupatèn carik | wus kagantyan Radyan Layang Seta | ya ta malih winiraos | Maudara winuwus | wus murcita katon tan pêsthi | winulad ing manuswa | katrimèng dewa gung | pan sampun asilih nama | akêkasih Hyang Bêgawan Tunggulmanik | abrôngta Hyang Wisesa ||

2. Asmaradana

1. tulus panjênêngan aji | ratu mas sêsotyaning rat | langkung luhur karatone | kasub ing rat pramudita | têpung ing kina-kina | jangkane kang para nujum | myang pandhita kang mêrtapa ||

2. besuk ana ratu èstri | jumênêng ing Majalêngka | suka bungah sagunging wong | murah sandhang lawan boga | singa tinanêm dadya | ardi wana têmah dhusun | desa amindha nagara ||

3. bèbèk ayam kêbo sapi | aglar munggèng ing pangonan | tanpa kandhang sing arjane | ing mangke wus kêlampahan | Maha Sang Prabu Rara | ing sabên-sabên kawuwus | dènira miyos sineba ||

4. yèn kalanira tinangkil | munggèng sitinggil kasongan | witana di rinukmyabyor | pinarak dhampar kancana | pinatik nawarêtna | sarta ingayap para rum | samya ngampil upacara [u...]

--- 14 ---

[...pacara] ||

5. dhasar samya ayu luwih | apêngawak lindhu sêkar | sarya bisa awèh wirong | ngambar samya manuhara | sri nata ayu ngraras | lir apsari swarga nurun | wimbuh akarya la-êla ||

6. ginarêbêg kang pra cèthi | miwah kang para biyada | supênuh èbêg ponang wong | palawija anèng ngarsa | bule pandhak pêlangkan | cebol bucu wandhan jamus | miwah lare kakesodan ||

7. lare wungkuk bajang wujil | lare sukun dhampit bêlang | pindhowan lare kabirèn | jajarannya tundha sapta | apan samya wanodya | têbih kang prawira kakung | sèwu sisih amêlatar ||

8. pinrakanira sang dèwi | mawi langse tundha sapta | samya sinulam rukmyabyor | palisir sinêla-sêla | kinêmbang ing hèrnawa | amyar sujyarna sumawur | lir raras jonggring salaka ||

9. wimbuh ri sangsaya wingit | tan kaèksi balatôntra | kacatur sang prabu sinom | darbe kêkasih wanodya | kinadang sri narendra | marentah ing para arum | putrane Dipati Daha ||

10. aran Rêtna Rarasati | bêsus yèn olah wiraga | wasis sabarang karyane | rampung sandining sasmita | gandhang sèdhêt pasaja | tan liyan sinawung têmbung | amung Rêtna Rarasatya ||

11. ing Sang Maha Prabu Dèwi | mênggah pasang rèhing

--- 15 ---

praja | datan sumiyèng ngarsane | sor-soranira sêkawan | putraning adipatya | anênggih ingkang rum-arum | Rêtna Dèwi Citrasmara ||

12. kalih Rêtna Citrawati | tiga Rêtna Widasmara | dene ingkang sêkawane | Rêtna Widawati Sang Dyah | tansah sumiwèng ngarsa | myang lurah pawonganipun | Sêpêtmadu lan Wilaja ||

13. tansah mong karsaning gusti | ya ta sagung pra biyada | pra sarimpi pingitane | manggung tanapi bêdhaya | tarap munggèng ing ngarsa | pating parêlok dinulu | luhur-linuhuran raras ||

14. kaprabon sikêping jurit | panah dhadhap rêngkran dênta | tan têbih lan prabu sinom | dene sagung kang sumiwya | andhèr ing pagêlaran | para raja pra tumênggung | dipati lan para menak ||

15. myang dêmang rôngga ngabèi | kandhuruan srinangsaya | lan para raja jajare | tôndha mantri pangalasan | kalang gêdhong malandang | para buyut lawan êmpu | Dipati Lugêndèr ngarsa ||

16. ing kanan Dipati Tubin | kering Dipati Sindura | Menakjingga ing kiwane | sinambungan para nata | Raja Ngriyo myang Gêdhah | Raja Johor Jambi Prabu | Tatar Raja Sri Palembang ||

17. Raja Minangkabo tuwin | Raja Mêrtani Griniyak | Raja Bugis lawan Rajèng | Lampung Raja Sokadana | Raja Kêling Sri Wandhan | atanapi Sang Aprabu [A...]

--- 16 ---

[...prabu] | Têrnate lan Ambon Raja ||

18. Sri Bandhung lan Rajèng Bali | Mandura Raja Balega | Sumênêp Mêkasar Rajèng | atanapi Pamêkasan | Bupati Majalêngka | pêngagêngnya kang winuwus | sira Rôngga Minangsraya ||

19. kalawan Menak Giyanti | Kumitir lan Layang Seta | Arya Sêsimping jajare | sagung ingkang siniwaka | tinon aneka-neka | kadi ta prawata santun | lir wana kang rêmbun môngsa ||

20. sangsaya minuni sari | myang lungiding warnarèng rat | kêbêk supênuh gunging wong | wong sabrang wor wadya Jawa | pasisir môncapraja | saking môndrawa dinulu | lir sagara rob bêlabar ||

21. kang wênang ngambah sitinggil | lawan wadya balakuswa | mung Kyana Patih Lugêndèr | anampèni karsaning dyah | sabên-sabên mangkana | yèn miyos sang nataning rum | rêkyana patih ngandikan ||

22. miwah Rêtna Rarasati | dinangu solahing praja | miwah sawadyabalane | pradata ing rèh ru-ara | rêntêng padhanging tindak- | tanduk sadargane mungsuh | suh sirnaning kawêdakan ||

23. kocapa sampun alami | sampun andungkap sawarsa | jumênêngnya prabu sinom | pra raja ing tanah sabrang | wus samya abubaran | sadaya tinundhung mantuk | pra ratu môncanagara ||

24. miwah Bupati Pasisir | sowannya awarna-warna |

--- 17 ---

sawênèh sabên warsane | ana rong taun sapisan | ana kang tigang warsa | kaya duk ing alamipun | Maha Prabu Brawijaya ||

25. namung Sang Dipati Tubin | tinundhung mantuk lênggana | andungkap gangsal warsane | tugur anèng Majalêngka | tansah sumêlang driya | rèhning sang kumaraning rum | tan arsa nambut ngakrama ||

26. ajuwêt Dipati Tubin | aturnya lir cucak môngsa | miwah Kya Patih Lugêndèr | sang dyah ingaturan krama | paran kang dadya karsa | sagung ingkang para ratu | tumênggung myang pra satriya ||

27. miwah atmaning dipati | Prabu Rara datan arsa | ngantya runtik sang lir sinom | ya ta ingkang cinarita | Sang Maha Prabu Kênya | marna karsaning dewa gung | anèng ing sanggar pamujan ||

28. kang paman Dipati Tubin | kang winisik karsaning dyah | lah paman Rôngga mangkane | ulun datan arsa krama | nguni ing gara mulya | Hyang Panji Narada tumrun | ingutus Hyang Jaya Samba ||

29. paring wuninga mring mami | karsaning Hyang Suksmanôngsa | tangèh jatukramaningong | nanging wuri pêsthi ana | padane kang winênang | dados jatukramèng ulun | tur sampun bêkta nugraha ||

30. wus papêsthèning narpati | dibya sêkti mahambara | mêngku ing rat Jawa kabèh | pinêsthi ing bumintara | adil tur palamarta | rinewang sabda dewa gung | sinihan tur binathara ||

31. nanging paman sapuniki [sapu...]

--- 18 ---

[...niki] | maksih dados lêlampahan | sinimpên dening Suksmanon | kang cahya dèrèng tinitah | lan malihira paman | yèn wus cêlak mangsanipun | mawi bêbantêning aprang ||

32. sarta asêgara gêtih | lumembak wukir kapala | paman karsaning Hyang Manon | lêgêg dipati ing Tuban | wusana suka ing tyas | narima titahing ulun | pasrah ing Hyang Suksmanôngsa ||

33. sawusnya luwaran nuli | mantuk dhumatêng ing Tuban | anggêgabah prajurite | sêdhiya sikêping yuda | ya ta Dipati Tuban | kawarnaa garwanipun | putri saking ing Lumajang ||

34. kalih sanak pan ing nguni | kang sêpuh Arya Butlawa | kang pilênggah Lumajange | kang rayi miyos wanodya | ran Rêtna Banowatya | ingkang kagarwa puniku | Ki Rônggalawe ing Tuban ||

35. Arya Butlawa mêrtapi | nèng arga sampun murcita | apan ginantyan putrane | pilênggah nagri Lumajang | jêjuluk Menak Koncar | warnanira tuhu bagus | bêranyak lir Krêsnaputra ||

36. sêkawan kang para rabi | jamahane kawan dasa | tur samya ayu warnane | Radèn Arya Menak Koncar | ladak tur mara tangan | dhasar blancèr kaduk cukup | têka dadi pantêsira ||

37. agadhah kadang kêkalih | wanodya endah warnanya | ingkang sêpuh wêwangine | Kusuma Kalpikawatya | Kalpikaningsih [Kalpikaning...]

--- 19 ---

[...sih] ingkang | taruna samya yu-ayu | malih mangsuli carita ||

38. Ki Rônggalawe ing Tubin | nênggih putrane têtiga | pan wanodya pêmbajênge | ingkang kêkalih satriya | patutanira lawan | Putri Lumajang Sang Ayu | Rêtna Dèwi Banowatya ||

39. ingkang wanodya kêkasih | Rêtna Sêkati utama | lir kancana pamulune | rêspati dêdêg sêmbada | wasis sabarang karya | gandhang sabda pasmon luruh | lir putra Ngastinalaya ||

40. panênggak Buntaran pêkik | alungid pasang graita | akarya brôngta kang tumon | kang anèm Radèn Watangan | sigit kaduk bêranyak | kalihira sang abagus | wayahe Jaka Kumala ||

41. ya ta kang kinôndha malih | wong agung ing kêpatihan | Sang Adipati Lugêndèr | têtiga atmajanira | kang sêpuh Layang Seta | Layang Kumitir panggulu | kalih sami andêladag ||

42. dhasar putrane ngapatih | tur angsal sihing narendra | mêdanani wong saenjro | nora pati yèn bagusa | bêsusira ngayangan | rada ambêdhah dêlanggung | tur dadi pangewan-ewan ||

43. kêkudangannya kya patih | salah siji putranira | ciptane dèn magangake | ratu mas sêsotyaning rat | pirabara ing benjang | angginyêr ing sirahipun | wong sanagri Majalêngka [Majalêng...]

--- 20 ---

[...ka] ||

44. mila radèn arya kalih | atingkah sawênang-wênang | nêrajang landhêp pamore | gêlar ambêk kumawawa | bèrbudi sugih bala | pradhah kapara ing sanggup | dora winor nitikrama ||

45. rinapêtan adu manis | panastènira kalintang | sinangkaning nalar lèrèh | bara-bara dadi karya | sêsaminira ngabdya | datan sêpi pamrih luput | ginêtak tindaking praja ||

46. jaile sinamun lungid | lungide kinarya-karya | lumuh nganggur kurang gawe | warujunira wanodya | ran Dèwi Anjasmara | yêkti dadi sêkar kidung | biyadane kêpatihan ||

47. dhasar ayu dèn padèni | ingugung marang sudarma | têka dadi pêpantêse | sêmbada wasis ing karya | rampung sandining sastra | basaning kawi wus putus | gulangane timur mula ||

48. Ramayana Gada Balik | Wiwaha lan Bomataka | myang Kawi Pêndhawa lare | Sasrabau Krêsnaputra | sang dyah pragat sadaya | tan ana Kawi kang luput | miwah yèn tilawat Kuran ||

49. pasekat swara rum manis | trampil wilêting kalimah | datan pot limang wêktune | tangan tanapi puwasa | tuhu brôngta Hyang Suksma | tan lali pêmbathikipun | nênun renda angêmasan ||

50. punika sinambi nyungging | anyongkèt angalu alam | tanapi nênun limare |

--- 21 ---

sadina olih rong kêbar | ngantih alit anyulam | mêrada lan nênun kuluk | pratistha tanpa dondoman ||

51. dhasar ratuning winasis | bêsus olah kawiragan | gandrês luwês salewane | dhasar rêmit karya rimang | kulina andon sêkar | minging saparanira nrus | jêbad kasturi tan pêgat ||

52. gôndawida nora lali | tinoyanan ing hèr mawar | gêrahuyang sarirane | nora bêburat saêjam | biyada kêpatihan | singa mulat kathah bingung | cacade namung satunggal ||

53. ing têmbe yèn wus akrami | tan kêna winayuh ing dyah | agêdhe butarêpane | abot sinôngga ing priya | nora kêna kumingkang | têlike sinusun-susun | anging utamane rumat ||

54. amêmantês amadèni | anyukupi sumèh sumrah | sok aja winayuh bae | sêdene sinêlirêna | Kusuma Anjasmara | mendah ta panjênggitipun | gliyak-gliyak linampahan ||

55. bêjane kang anglakoni | tan bisa mangsuli trêsna | nanging cupêt pêsabane | môngsa nora binondhetan | awrating darbe garwa | eman yèn manise putung | gandhange yèn pêlarasan ||

56. owêl yèn dlèrènge runtik | srèrèh kêmpyange yèn kesah | tur yèn nyuda gêmrininge | sapa

--- 22 ---

baya ngêlipura | yèn runtik Anjasmara | ngèngèhane kali gunung | yèn banjir môngsa dangua ||

57. mila kang rama langkung sih | gumatènira kalintang | tur pradhah barang karsane | sudarma nora cumêngah | mila ciptaning rama | kaugung sakarsanipun | pinangkur ing ibu rama ||

3. Pangkur

1. kawarnaa Bêlambangan | Menakjingga datan arsa tinangkil | mring nagara Majalangu | balela pêngabdinya | tur rumôngsa ambangkat mukul ing mungsuh | pan sampun angsal sawarsa | dènira nora sumiwi ||

2. akathah sêngadinira | mung rèrèhannya kang sami tinangkil | mring nagara Majalangu | wênèh ana tan seba | ya ta sarêng tinundhung sing Majalangu | apan ta lajêng kewala | dhatêng Bêlambangan sami ||

3. dene sagung para nata | wus kêpanggih nèng Bêlambangan sami | saha bala sakuswa gung | sira Sang Menakjingga | langkung suka wus dadya ingkang pirêmbug | siyang dalu akasukan | arsa gêpuk Maospait ||

4. ngandêlakên kadigdayan | awak awuk adigung tur sinêkti | linulu ing dewa agung | sira Sang Menakjingga | pan pêrnyata rèrèhannya para ratu | pra dipati para menak | bêbuyut dêmang ngabèi ||

5. kathah kadangnya priyôngga | sanak prênah kang paman bapa kaki | kang liya ingambil mantu | kaipe [ka...]

--- 23 ---

[...ipe] kasêntana | kambil besan wênèh sinung garwa ayu | pinikat ing bojakrama | kèdêk kèlês ing kasêktin ||

6. pêrnyata Sang Menakjingga | ambêk rusuh sura brangasan êdir | tan kêna pinadhan sanggup | saadêg tur saênyat | parapisuh paratangan kêprak-kêpruk | dene kang nunggil kulina | ingakên sudara wèdi ||

7. kinulit daging winor byat | pradhah sanggup saênyat tur sayêkti | apan mari-mari yèn wus | ngèstuti padadeya | saya kathah wong wetan kang sami nungkul | gilig ngrêmak Majalêngka | kapindho kang pra dipati ||

8. dhasar jrih mring Menakjingga | ping tigane ingkang datan suwadi | parintahing Majalangu | kang mijil kyana patya | Adipati Lugêndèr kèh manah kuwur | tangèh manggiha utama | kanisthan kasrambah dadi ||

9. kagiri magora-godha | tur cêndhala tan têpung laras budi | gèsèh lan larasing ratu | tan panggah pambêking tyas | kumalungkung ing wêweka kurang putus | ngandêlkên pusakaning rat | binapa-bapa ing gusti ||

10. katêmu pirang prakara | ratu èstri wignya gulêt lan dasih | pangrogoh pangrowang wuwus | sêdene wadya ingkang | sêca tuhu kakênan ing rèh tan ayu | tangèh katur ing narendra | sêdene kang lara ati ||

11. mangunêk-unêk ing praja | sri narendra mendah [me...]

--- 24 ---

[...ndah] kêlamun mèksi | ji kumbala ingkang mawur | rèh ratu binathara | kèrêm ujwala adi nuksmèng dewa gung | mangrêsêb mulyaning jagad | sumingkir ing rèh tan yêkti ||

12. kuwur tinawar ing praya | ingkang mijil kang lumrahing apatih | asring kathah nalar kungsul | glar arja têmah rusak | wus kawayang dudu traping bôngsa luhur | kèh wadya salah graita | tan têpung larasing gusti ||

13. mila sagung rèrèhannya | Menakjingga ènthèng sêtyaning gusti | ing kramaniti pan bingung | antêpe asangsaran | sosrah kesruh kuwuring tyas têmah nglulun | têmah bana balik sungsang | Menakjingga kang ginusti ||

14. malih mangsuli carita | Menakjingga Sang Hyang Pamênggêrsiwi | pinujya atêguh timbun | anging ta pinanjingan | kumaraning ing rasêksa raja diyu | wimbuh adarbe pusaka | wêsi kuning dhapur bindi ||

15. pinanjingan Sang Hyang Brama | pan pêrnyata nguni dhapur ingungsi | sing ajrihnya Sang Hyang Wisnu | ing sapta-sapta janma | nora kokih mangrurah krodha mapikut | kasor kèlês kabudayan | mawanti mangkrak katitih ||

16. nèng Saptatala kabêdhag | madyapada wanti-wanti kapilis | nèng triloka kosik kawus | ngariloka kabuncang | bandat dewa wiguh krodhanya tan pangguh | nèng suralaya kabêrbah | sêdene manungsa jisim ||

--- 25 ---

17. gora rèh kagiri kentas | mila mangke manjing ing wêsi kuning | pan luput wong têguh timbun | mila kang sêkti ywana | ponang bindi pênuh dènnya makan ratu | miwah prajurit wudhu prang | tanpa wilangan kapilis ||

18. wêwasi kèh pinêjahan | guntu-guntuguntung-guntung manguyu makan bêsi | rèh mayangi tyas kalingkung | kalimput ing sukarda | tuwin Rêsi Pamênggêr tansah pitutur | ing atmaja Menakjingga | agèdhèg ora pêrduli ||

19. Hyang Pamênggêr kawlasarsa | pangucapnya sang tapa ngasih-asih | kang putra tansah rinangkul | sinungan erang-erang | têpa tladha ing kina kang para ratu | miwah kang para dipatya | kang sampun dados palupi ||

20. kang nistha madya utama | tur jinatèn sabda ingkang piningit | kênyataaning dewa gung | lan wahyuning narendra | rèhning balakuswala samya tinutur | sang wiku sarya ngrarêpa | dènnya pitutur ing siwi ||

21. Menakjingga tansah nyêntak | nyêntak pugal wuwusira mawêngis | sudarma tan kenging muwus | tansah sinêngap-sêngap | yèn ajaa sudarma yêkti pinukul | Hyang Pamênggêr nglênggêr mulat | tinundhung mantuk mring wukir ||

22. Hyang Pamênggêr sru sungkawa | langkung dening kapita èsmu tangis | byating wong adarbe sunu | têmahan murang krama | nêngèng wiyat umatur ing dewanipun |

--- 26 ---

hèh juwata ingkang mulya | Menakjingga suta mami ||

23. sungana manah raharja | Hyang Nêrada asung swara dumêling | hèh Pamênggêr mitraningsun | sayêkti datan kêna | budi andhap lawan bêbudèn kang luhur | pinintakakên ing laya | wus ganjarannya pribadi ||

24. lamun ta Si Menakjingga | darbe sêdya mêminta Suksmana di | ing bêbudèn kang rahayu | sayêkti pinaringan | aja sira salah cipta ing dewa gung | Sang Hyang Pamênggêr karuna | gya mantuk dhatêng ing wukir ||

25. ing mangke Sang Menakjingga | silih nama ran Prabu Urubêsmi | siniwi kang para ratu | miwah kang para menak | dêmang rôngga dhaèng lan para tumênggung | mantri prajurit bêlabar | lir sêgara tanpa têpi ||

26. pêpatihira sang nata | Angkatbuta Kotbuta angajrihi | kalih samya suranipun | tur kalih sami sanak | kêmbar mendha Dumraksa Kampana diyu | têguh timbul widigdaya | sumewa karsaning gusti ||

27. datansah asewagora | para raja aglar munggèng ing kursi | Dewataka Rajèng Bandhung | Sumênêp Dewasraya | Sri Dewa Gung Walikrama Rajèng Wangsul | Sang Bathara Basutôntra | Mêkasan Madura Aji ||

28. Raja Dewa Baudhêndha | Dewa Jarumuka Sang Raja Bugis | Dewa Prêlanggi Sang Prabu | ing Kêling Maha Raja | Dewa Danurwenda ing Balega têpung |

--- 27 ---

anênggih ing Pêkacangan | Menak Pêrmangsul Dipati ||

29. ing Wajak Menak Calunthang | Menak Cruring dipati ing Walèri | Pênatasingron Tumênggung | nênggih ing Pêjarakan | Menak Wilôntaka ing Gêmbong sumuyut | Menak Pasêng Pasuruan | Menak Panuntung ing Bangil ||

30. Radyan Menak Jayalena | Prabalingga malih sang adipati | ing Trênggalèk sampun nungkul | Dyan Arya Menak Sopal | para raja para menak pra tumênggung | anigan sapêtarangan | gilig rêrêmponing jurit ||

31. kantun dipati satunggal | ing Lumajang mogok madêg kang baris | Radèn Menak Koncar pangguh | nadyan têkêmanira | Menak Koncar apan ta sayêkti purun | jajahan nagri ing Daha | kathah nungkul pra dipati ||

32. kagyat Dipati Sindura | Bêlambangan ing mangke madêg aji | bawahira kathah têluk | rumôngsa lamun tiwas | ingabdèkkên dadi tanggulanging pupuh | sakêlangkung dukanira | tan sêdya mundur gumingsir ||

4. Durma

1. siniwaka sira dipati ing Daha | anèng ing pôncaniti | aglar kang punggawa | miwah kang pra sêntana | Patih Kêbogêdhah ngarsi | samya siyaga | sasikêping ajurit ||

2. sang dipati jaja bang lir balêdhosa | kêdah anglanggar jurit | dhatêng Bêlambangan | mangkat sami sakêdhap [sakê...]

--- 28 ---

[...dhap] | kêsaru wau kang prapti | Dyan Menak Koncar | sigra dènnya tur bêkti ||

3. Sang Dipati Sindura kagyat tumingal | tandya ngancaran aglis | Arya Menak Koncar | ri wusnya tata lênggah | gêpah Sang Sindura angling | lah paran arya | sira gêpah sun èksi ||

4. awotsêkar Radèn Arya Menak Koncar | amba atur udani | uwa mring paduka | ing mangke Menakjingga | samêkta atata baris | sarèrèhannya | saha raja sadasih ||

5. apan silih sampun anama narendra | ran Prabu Urubêsmi | sumêdya mangrêmpak | nagari Majalêngka | sadaya wus sami balik | sagung pra menak | ya ta sang adipati ||

6. sarêng myarsa aturira radèn arya | talingan lir sinêbit | panêbdanira kras | lidok Si Bêlambangan | dyan kinèn têngara jurit | Ki Kêbogêdhah | gêpah nungkêmi nangis ||

7. dhuh gustiku pukulun tuwan lèrèha | Dyan Menakjingga sêkti | bala yutan wêndran | kainan mapag ing prang | ngantosa para bupati | myang para menak | sêdhêng umangsah jurit ||

8. lawan malih pukulun dèrèng tur wikan | mring Maha Prabu Dèwi | sampun tuwan mangkat | prayogi tur uninga | kang lumampaha kariyin | sarta mêpêka | kewala ponang baris ||

9. sêdhêng pêpak [pê...]

--- 29 ---

[...pak] kang bupati para menak | nuntên sidhiyèng jurit | mênggah sang dipatya | tansah angusap jaja | kumêrkot kang waja gathik | sira dyan arya | umatur awotsari ||

10. kangjêng uwa lêrês ature pun bapa | apan yogi rumirih | lêrês tan wande prang | nanging ta amrih mênang | pintên dangune wong mati | yèn padukarsa | ungguling prang kang pinrih ||

11. sang dipati wus sarèh ing dukanira | karya nuwala aglis | ponang duta mêsat | miwah kang pajinêman | pan sampun sinêbar sami | paring uninga | dhatêng môncanagari ||

12. mêne gênti ing mangke kang kawarnaa | nênggih Sang Urubêsmi | sampun aputusan | pêpatih kang umêsat | saha kang sêrat katur mring | Sang Prabu Kênya | dhapur bun-êmbun enjing ||

13. sarta nungkak wong agung ing Bêlambangan | ciptanira ing galih | lamun ta kêtampan | laju angadêg pisan | jumênêng ing Maospait | lamun katulak | lajêng gêcak nagari ||

14. mila ingkang pramèswari para garwa | sagung myang para sêlir | binêkta sadaya | tuwin kang para raja | sami bêkta garwa gundhik | môngsa wurunga | anyakup Prabu Dèwi ||

15. kang sinêdya abaris anèng Lumajang | wus bodhol saha dasih | bala wêndran yutan | jurang mangalas-alas | kèdêk kèlês gunging dasih | atêmah ratan | samarga

--- 30 ---

angajrihi ||

16. rawak-rawuk prajurit ing Bêlambangan | angsal pêngaja gusti | samarga ngêrayah | aran wong Gologothang | Bajobarang ngowak-ngawik | wong Gathudara | Juranggathu mangiyip ||

17. Macanambal Carukdhênggung Surarayah | lawan wong Cukilmanik | Rujakpolo lawan | Surabêthot sumahat | asikêp ganthol cêmpuling | gêrènèng canggah | pêpênthung myang suligi ||

18. tangèh lamun kinôndha wong Bêlambangan | tan kawarna ing margi | wus prapta Lumajang | sarêng lan Menak Koncar | saking nagri Daha prapti | amapag ing prang | saking kitha mêdali ||

19. anging para garwa pra sêlir sadaya | wus dèn ilèkkên sami | rumaos tan bangkat | suwêng sajroning kitha | anak rabi sami ngili | janmane lanang | kêrig umagut jurit ||

20. wong Lumajang gêgamanira rong nambang | rong biting nitih wajik | samya gêgangsingan | ingaran Trunalanang | tu tate tinumbak milir | tinatah mêndat | kawan dasa kinanthi ||

21. mring dyan arya samarga samyambêg pêjah | sampun pêngayun jurit | rame long-linongan | mungsuh kêlawan rowang | bêrêg-binêrêg mapanggih | samya sudira | tan ana ngeman pati ||

22. baris wetan makêthi mayuta-yuta | dhasar mangrobi tandhing | mangilês mangidak | rok biring caruk pêdhang | kumrêpyak [ku...]

--- 31 ---

[...mrêpyak] pating carêngkling | swaraning surak | lir udan sinêmèni ||

23. tambur awor kêndhang gong munya sauran | bêgor kang bêndhe bèri | akuwêl dènnya prang | kèkèt jambak-jinambak | sawênèh agênti kêris | dugang-dinugang | rame banting-binanting ||

24. Menak Koncar wuru gêtih saya nêngah | sarwi sikêp jêmparing | ngamuk nèng turôngga | têguh sakudanira | pun jatha suranya wijil | ulêsnya krêsna | sukunya panggung putih ||

25. galak naut ing mêngsah pagas matatas | radyan numbak manitir | lawung lir kitiran | singa kêtrajang bubar | sinosog ganjur tan osik | sira dyan arya | singa sinêrang mati ||

26. wus caruk wor tanbuh mungsuh lawan rowang | wong Lumajang kèh mati | sasisaning pêjah | lumayu asangsaran | dyan arya ngamuk mangukih | lan Trunalanang | tan pasah dening biring ||

27. saya sayah dyan arya dènira aprang | saksana angunduri | sarya pinetaran | wadyane Trunalanang | siji nora nana gingsir | mung kudanira | akathah ingkang mati ||

28. wus ingungsir rahadyan saparanira | lumêbèng ing wanadri | langkung kêsayahan | mundur ngurugan bathang | marga ingkang sami ngungsir | pan wus katilap | ngalor lampahing baris ||

29. mring Lumajang sapraptanira ngêrayah [ngêra...]

--- 32 ---

[...yah] | gègère kang kulalit | Prabu Urubêsma | ngêbruki ing jro kutha | para nata magêrsari | abêbarisan | lir samodragni ngalih ||

30. wadyanira ambêlabar kering kanan | sarya ngobong-obongi | gantya kang kocapa | Kotbuta Angkatbuta | raina wêngi lumaris | untap-untapan | duta Sindura mijil ||

5. Mijil

1. kawarnaa kang miyos tinangkil | prabu ruming sinom | mênggêp munggèng ing sitihinggile | kasongan witana di rinukmi | pinrak dhampar gadhing | rinênggèng mas murub ||

2. sarya ingayap pingitan cèthi | munggèng ing kêkobong | Rêtna Rarasati nèng ngarsane | Citrasmara miwah Citrawati | Widasmara tuwin | Widawati ngayun ||

3. Sêpêtmadu Ni Wilaja tuwin | gya lumêksana lon | animbali Ki Patih Lugêndèr | praptèng ngarsa ngandika sang dèwi | paran kang pawarti | bapa milanipun ||

4. Menakjingga sawarsa tan nangkil | bapa kang suwados | awotsêkar Ki Patih Lugêndèr | sing kawula amirêng pawarti | kêdah madêg aji | gêmpur Majalangu ||

5. tan rumaos gusti lamun abdi | angrêbat kêraton | anging dèrèng miyarsa yêktine | wong dagang layar gusti sampun waradinLebih dua suku kata: wong dagang layar sampun waradin | pawartosnya sami | Menakjingga purun ||

6. Prabu Rara duk miyarsa [mi...]

--- 33 ---

[...yarsa] turing | bramatya winaon | sasinome goyang pilênggahe | jajanya brit anglir mulad gêni | sinamun ing manis | pangandikanya rum ||

7. sun watara yayi Rarasati | yèn èstu kang wartos | Menakjingga apan darma bae | baya wus karsane Suksmana di | kang marna ing dasih | pakêrti tumuwuh ||

8. wus pinêsthi ing jangji tan gingsir | karsaning Suksmanon | Dèwi Rarasati pan ature | lêrês andrês kang ponang pawarti | nging kawula gusti | ing wartos tan tumut ||

9. dene rama Sindura Dipati | tan wontên tur anon | nadyan yêkti amalik tingale | Menakjingga pêksa ngrata bumi | kados tan nêdhasi | mring wong Majalangu ||

10. Prabu Rara mèsêm winor liring | yayi môngsa borong | kang amarna isining rat kabèh | nêmbah matur ki rêkyana patih | yèn marêngi gusti | kramaa pukulun ||

11. para nata satriya bupati | dasih tuwan kang wong | pra prawira ing Majalêngkane | paran kinarsan paduka gusti | dados jatukrami | pamintaning ulun ||

12. mèsêm ngandika Sang Prabu Dèwi | iya bapa ingong | iya ganpanggampang yèn uwis mangsane | pirabara ana sun karsani | wong sa-Majapait | miwah para ratu ||

13. nanging saiki dahat tan apti | maksih rêmên among | ing sarira ya

--- 34 ---

lêlamban bae | êndi ana wong lumuh akrami | besuk ana ugi | bapa karsaningsun ||

14. lagya eca imbal wêcana ris | kêsaru praptèng wong | kajinêman ing nagri Dahane | mundhi sêrat wus tinampan aglis | mring Arya Sêsimping | prapta sitiluhur ||

15. wus tinampan mring rêkyana patih | katur prabu sinom | kang nuwala sinuksmèng driyane | sahing bêkti Sindura Dipati | katur maha dèwi | kasihan dewa gung ||

16. gusti pun dasih tur pati urip | ing paduka katong | lir wong tambêt akagèt wiyose | Menakjingga ing mangke ambalik | wus umadêg baris | tur jumênêng ratu ||

17. para nata satriya bupati | pra menak gunging wong | beluk dhatêng Menakjingga kabèh | ulun mangke wus atata baris | amung angantosi | ing karsa pukulun ||

18. anggèn kula angêlanggar maring | Bêlambangan Katong | titi ingkang nuwala têmbunge | gya sinungkên Dèwi Rarasati | kêsaru gègèring | ing jawi gumuruh ||

19. sapraptane ponang duta patih | Bêlambangan kang wong | pun Kotbuta Katbuta praptane | pan sagêlar sêpapan ngajrihi | jêjaranan sami | dhomas kathahipun ||

20. nora nana wong dharat satunggil | gêrgut solahnya wong | dhêdhêg anèng pangurakan andhèr |

--- 35 ---

gêpah Si Radyan Seta Kumitir | minggah mring sitinggil | sanèskara katur ||

21. ponang duta kinèn animbali | praptèng ngarsa katong | apan sarwi bêkta nuwalane | nging tan suka tinampan ing patih | Dyan Seta Kumitir | kalih ngingêr dhuwung ||

22. samya dhêsêk dènira alinggih | kalih mring dutèng wong | Layang Seta mêrdapa lênggahe | asta kiwa ngusap-usap rawis | kang têngên mipit kris | akras dènnya muwus ||

23. hèh Kotbuta apa bosên urip | apa kudu nglamong | nora suka kang sêrat tinampèn | amangsuli Kotbuta saryandik | ulun tan tinuding | mring ramanta iku ||

24. dinuta mring sang narendra putri | surak kinèn nyaos- | akên sarya tinampèna dhewe | anênggih mring Sang Aprabu Dèwi | orêg kang jajari | majêng baris têpung ||

25. lir ingunggar Dyan Layang Kumitir | myarsa grêgêting wong | pun Kotbuta cinandhak baune | Prabu Rara mèsêm jroning galih | langsenya kawingkis | gumêbyar kadulu ||

26. pun Kotbuta dinuking tingal mring | prabu ruming sinom | sagêbyaran gumêtêr anggane | manah anglês karingêtnya mijil | lir kêrtas winanting | sêmunya anjêtung ||

27. mukanira lir konjêm ing siti | pan sarya dhêrodhog | kang nuwala gya ingaturake | mring kya patih gya mangarsa aglis [agli...]

--- 36 ---

[...s] | Rêtna Rarasati | nampèni sastra wus ||

28. ya ta ngandika arum amanis | maha prabu sinom | yayi dèwi wacanên dèn age | layanging wong ingkang pêksa luwih | Dèwi Rarasati | manuksmèng sastra wus ||

29. nora paja kawêntar ing lathi | ya ta kang wiraos | wusing sêmbah ing mangke dyah anggèr | Menakjingga wus umadêg aji | Prabu Urubêsmi | bumintara kasub ||

30. amarentah samining narpati | wudhu ing palugon | sarba paran yèn parêng nah anggèr | Urubêsmi suwitèng jinêmrik | owêl lami-lami | lêlamban sang ing rum ||

31. mêmundhuta sajong sapêdhati | kawula sumaos | pèni-pèni rajapèni anggèr | guru bakal myang kang guru dadi | paran kang dadyèksi | dasihe sumugun ||

32. tan suminggah sakpamundhut gusti | Sri Bêsma atanggon | sarta pantês akathah wignyane | toging prana kenging dipun tagih | kawula wong sêkti | wudhu ing apupuh ||

33. yèn paduka tan arsa ing mami | Urubêsmi abot | datan wande anglanggar jurite | dados karang abang Maospait | tur tan wurung panggih | sri nata kacakup ||

6. Sinom

1. Rêtna Dèwi Rarasatya | sawusnya amaos tulis | waspandrês tumibèng jaja | kang sêrat sinêbit-sêbit | dyah matur awotsari [awo...]

--- 37 ---

[...tsari] | suraos tan yogi kunjuk | dhapur sawênang-wênang | anglamar paduka gusti | Prabu Kênya umèsêm sajroning nala ||

2. nora talah Menakjingga | bisa têmên anglakoni | dadi wayange juwata | wusana Sang Prabu Dèwi | ngandika mring kya patih | kinèn magêlaran gupuh | sang dyah têdhak ing dhampar | sarwi riyak tibèng wuri | Prabu Rara wus kundur ing dhatulaya ||

3. kyana patih magêlaran | prayitna sagunging nangkil | sira Katbuta Kotbuta | wus ajêng-ajêngan linggih | tandya pawongan mijil | Wilaja lan Sêpêtmadu | matêdhakkên nuwala | mawi ulês tluki kuning | dhatêng Tubin tuwin wêwangsul mring Daha ||

4. myang sasêbitan nuwala | ya ta wus tinampan sami | wangsul Ni Sêpêt Wilaja | Dyan Layang Seta Kumitir | sêbitan nuwala glis | kinêpêl binanting mawur | anèng ngarsaning duta | riyak sarwi ngusap rawis | Dyan Kumitir nêpsu tan kêna ingampah ||

5. mring Ki Rôngga Minangsraya | miwah mring Menak Giyanti | Kumitir pêksa anacak | mring duta Kotbuta Patih | datan kawrat ing kapti | mulat ingkang pêksa digung | risang duta sudira | apasang dènira linggih | pêksa nêsêg rakite wong Majalêngka ||

6. grêgêt-grêgêt Angkatbuta | lir ditya anaut janmi | orêg wong ing Bêlambangan | sêdya arêrêmpon jurit [ju...]

--- 38 ---

[...rit] | ya ta Sang Adipati | Lugêndèr alon amuwus | duta sira muliha | sang nata datan mangsuli | umatura sasmita ajuring sastra ||

7. Katbuta Kotbuta mêsat | asêndhu dènnya lumaris | kôncanira anyêrampat | kya patih dènira linggih | sawadyanira sami | asugal sasolahipun | angajak dadining prang | ing alun-alun wus mijil | sigra budhal dêdamêling Bêlambangan ||

8. wong lunga tus jêjaranan | samarga ngobong-obongi | pasar kamargan rinayah | padhusunan marga tapis | ingkang kawarna malih | duta nagri Daha sampun | sinung wêwangsul mêsat | nuwala kang dhatêng Tubin | Arya Simping ingkang bêkta gêgancangan ||

9. kocapa Dyan Menak Koncar | kang têtruka nèng wanadri | ing sagarwa sêlirira | sagung wong kang sami ngili | ngumpul dados satunggil | wus rinakit bitingipun | wus tigang dalu dènnya | anèng têngahing wanadri | cinarita rahadyan dalu lumampah ||

10. rongpuluh wong Trunalanang | kang kinèn atêngga biting | sêpalih tumut rahadyan | mring Lumajang nyidra pati | nuju Sang Urubêsmi | mêntas abubaran nayub | ya ta kêpati nendra | Menak KonjarKoncar anglêbêti | kalih ingkang binêkta wong Trunalanang ||

11. dene ingkang kathah-kathah | wus pininta-pinta

--- 39 ---

kardi | nyiluman ing prênah samar | pêngamuknya kinèn nganti | maring rahadyan mantri | yèn wus karuan kêpangguh | anigas Menakjingga | amêsthi suwarèng dasih | Trunalanang rongpuluh kinèn tumandang ||

12. dyan mantri amping-ampingan | wus dèn ngon Sang Urubêsmi | angaglah dènira nendra | ambathang nèng kasur sari | wus awas radyan mantri | wadyane kalih kinantun | Menak Koncar nêrajang | Urubêsmi dèn kakahi | sinudukan eca angorok kewala ||

13. mukane cinacah-cacah | tan pasah datan ngulisik | netrane ingurêk-urêkanLebih satu suku kata: netranira ingurêkan | gumilir tan mawi osik | sêmana amarêngi | Sang Prabu Bêsmi anglindur | radyan arya lumumpat | ngêjlogi pawongan guling | samya opyak gumêrah sajroning pura ||

14. gègèrira awurahan | sanggrahan kalêbon maling | obor lir pendah raina | radyan saparane kèksi | wong Bajobarang aglis | wong Gologothang mangêbyuk | Dyan Arya Menak Koncar | pêngamuke karo kêris | singa ingkang katêrajang anggêlasah ||

15. singa maju-maju pêjah | kang lumayu nandhang kanin | sadaya wong Trunalanang | ngamuk angulari gusti | rinampog datan osik | linamêng pinêdhang milur | singa kêtrajang pêjah | pêngamuke lawan kêris | saya kathah sumahap wong Bêlambangan [Bê...]

--- 40 ---

[...lambangan] ||

16. Radèn Arya Menak Koncar | mêlayu sarwi nyuduki | sawadyanya Trunalanang | lumayu amiyak biring | ya ta radèn kasupit | milar mring bata sumiyut | lajêng atêruntunan | wus anjog prapta ing siti | sawadyane ana ingkang mêdal lawang ||

17. wênèh nusup margi toya | warna-warna ngêrbut urip | wênèh mancik mancal rewang | gênti-gênti anulungi | wus sami prapta jawi | nganti ingantèn wus kumpul | dyan arya mêgap-mêgap | sêsiring ngebat-ebati | kaupama damare tan kêna pêjah ||

18. wadyanira Trunalanang | akathah lajêng gulinting | sawênèh amêgap-mêgap | watukira turut margi | wênèh sêngara sami | tobate akambon apyun | bukan makanan orang | trayoli uwong madati | radyan arya sawadya mantuk mring wana ||

19. pan sarwi agiyak-giyak | amarna tingkahing nguni | si binatang Menak Alas | sakêrmin sakêrbin anjing | sun suduk tan ngulisik | si dondros si asu buntung | kranjingan setan kawak | si luwak anggêgilani | sun têtêdha oliha tandhing prawira ||

20. anglèlèh Dyan Menak Koncar | andheprok pinggir wanadri | lan wadyane Trunalanang | ngaringakên napas sami | ana wadyanya siji | duk kala pêmangkatipun | apyune

--- 41 ---

dèrèng ngantya | inguntal sêlak lumaris | jrih sumaya apyun binuntêl kewala ||

21. rong pès sêtali bobotnya | kang sêtali wus ginigit | kang sapès kinarya jimat | nèng ikêt tunggil sêmail | sadaya opyak sami | ting salênthing mambu apyun | kang bêkta tinakonan | tan ngaku mêksa dèn udi | wong satunggil dèn gujêg maring wong kathah ||

22. wus kêpanggih kang pes-pesan | nèng ikêt binuntêl brêndhil | tandya ingêdum wong kathah | ingkang gadhah bêrbês mili | dyan arya gumya angling | yèn sun prapta kuwon ingsun | sun lironi bot sreyal | sakiki aja ngrêdatin | sambung umur iku otot tunggu nyawa ||

23. warnanên ing pêsanggrahan | maksih gumuruh swara tri | gègèr wong sapêmbarisan | Prabu Bêsmi tan ngulisik | ya ta kawarna enjing | kajinêman Daha rawuh | Adipati Sindura | sineba busana jurit | sakarine pra menak myang pra dipatya ||

24. wus kumpul apradandanan | duta prapta awotsari | ing purwa madya wêsana | saaturira wus titis | sarta ngaturkên tulis | wêwangsul ing Majalangu | cinandhak kang nuwala | binuka sinuksmèng galih | sasampune paman ing pangèstuningwang ||

25. rèh paman atur wuninga | yèn Si Menakjingga balik [bali...]

--- 42 ---

[...k] | paman nuwun ing parintah | dènnya arsa magut jurit | langkung tarima mami | nanging datan sagêd ingsun | paman asung parintah | wuruk-wuruk kang nglakoni | lamun ajrih paran gèn sun murunêna ||

26. lamun purun sun tan wignya | amapak suraning janmi | dene ta Si Menakjingga | ing mangke sampun dhatêngi | pênglamarnya ing mami | yèn sun lênggana ginêmpur | kinarya karang abang | paman nêgri Majapait | datan wande Menakjingga nglanggar ing prang ||

27. wangsul manira têtanya | anggêpe paman ing mami | ing mangke kaanan ana | manira arsa udani | titi têmbunging tulis | sang dipati mijil kang luh | sarya nungkêmi sastra | wusana sang adipati | ciptanira umangkat yuda kênaka ||

7. Pangkur

1. kapiting tyas sang dipatya | lèrèhannya akathah ingkang balik | pra menak para tumênggung | ing Gêmbong Pasuruan | ing Trênggalèk ing Bangil pan wus anungkul | saklangkung dènira merang | lawan ingkang kaping kalih ||

2. cinandhak kurang graita | awusana cinacad wêdi mati | sami sakêdhap wus daut | budhal sakancanira | para menak dipati para tumênggung | kêrigan wadya ing Daha | kadi ta sela blêkithi ||

3. yangyang wêrdu ôngga sasra | têngara ngrik awor ngriking turanggi | gumêntar kang galaganjur | cucukira ing lampah |

--- 43 ---

Giwangkara ing Malang ika tumênggung | sumambung Dipati Ngrawa | Dyan Arya Surônggapati ||

4. Kalangbrèt Ki Nilasraya | Angun-angun ing Wajak Watuurip | ing Panaraga sumambung | kalih bupatinira | Endrajala lawan Menak Côndrakètu | ya ta wong agung ing Daha | anitih swandana èsthi ||

5. sinongsongan sutra jênar | kawan nambang prajurit wani mati | sèwu gêgangsinganipun | aran wong saradula | winêkasan wong Surabaya sumambung | dêmang bèi para menak | rèrèhannya sang dipati ||

6. sinawang saking môndrawa | abra murub anglir wukir kabêsmi | wênèh lir mêndhung lêlaku | anglir sêkar sêtaman | winatara salêksa pan rêbut punjul | untape kang balakuswa | lir sagara tanpa têpi ||

7. pamugarining alaga | Sang Dipati Sindura gêng ngajrihi | dhasar pamulu ngron-ron puh | wuwuh jaja lir ngobar | yèn sinawang lir Duryadana mapupuh | netrandik lir surya kêmbar | ngagêm limpungnya cinangking ||

8. agêmnya bindi nèng ngarsa | gotong wolu tur wêsi pulasani | sinêrasah abra murup | mênur manik dumilah | sarya ngagêm turôngga anèng ing ngayun | aran pun Jatha payudan | ulêsira mangsi warih ||

9. kalih agêmnya ingaran | pun subrastha nate ingagêm jurit | anglarug ing tindakipun [tindaki...]

--- 44 ---

[...pun] | nèng marga gêgancangan | mêne gantya ingkang kinôndha ing wuwus | Ki Rônggalawe ing Tuban | kang lagya miyos tinangkil ||

10. mênggêp anèng Sokasana | pêpak sagung para arya pra mantri | dipati para tumênggung | rôngga myang para menak | kêndhuruan êmpu mêlandang bêbuyut | pêcattôndha minangsraya | supênuh mantri ing Tubin ||

11. pasisir môncanagara | samya pêpak sadaya anèng Tubin | Menak Binarong Tumênggung | Dipati Garobogan | Menak Gôndamêstaka Dipati Warung | ing Dêmak Sliringan Menak | ing Pathi Menak Widuri ||

12. ing Lasêm Menak Pêrmuja | ing Bêlora Ki Menak Sônggalangit | Purbarana ing Sêdayu | Tohpati ing Lamongan | ing Garêsik Sawunggaling Ki Tumênggung | Jipang Menak Kêrtagnyana | aglar sagung munggèng ngarsi ||

13. saha bala sakoswala | amiranti sasikêping ajurit | Rônggalawe mirêng sampun | ing mangke Bêlambangan | wus saèstu Menakjingga pêsthi purun | sêkait lan para raja | gilig lan para dipati ||

14. mangrurah surèng prang padha | arêbut rok lawan ing Maospait | mila pinêpak sêdarum | pasisir môncapraja | eca lagya agunêm lan patihipun | Dyan Arya Jayakusuma | kêsaru dutendra prapti ||

--- 45 ---

15. Dyan Arya Sêsimping sarya | mundhi sastra miyak sagung kang nangkil | Dipati Tuban agupuh | têdhak saking kursinya | kalih gêpah Sang Arya Simping amuwus | Ki Rôngga tampi timbalan | kang pangèstu Prabu Dèwi ||

16. dhumawuh ing jêngandika | lawan malih gusti paring sastra di | gêpah tampi matur nuwun | ri wusnya tata lênggah | gya binuka nuwala udayèng têmbung | paman pangèstu manira | dhatênga paman dipati ||

17. sampuning kadya punika | wiyosipun ulun asung udani | Menakjingga madêg ratu | saha nglamar maringwang | yèn tan purun ing Majapait ginêmpur | kawula sumôngga paman | pasrah nagri Maospait ||

18. sintên mapagêna ing prang | ingkang yogya namung paman dipati | sun darma jumênêng ratu | paman ingkang kawogan | mugêring rat rêrêntênging praja ayu | manira sumôngga paman | wus titi têmbunging tulis ||

19. bramatya Dipati Tuban | wadana brit sumyak lir wora-wari | jaja bang manglatu-latu | kadya blêdhos winulat | cingak sagung pra menak para tumênggung | goyang simping lênggahira | pan sarwi angusap rawis ||

20. sinamun saya kawêntar | sasêmutên salira mêtu gêtih | sêrat ingidêrkên sampun | gantya manuksmèng driya | warna-warna pra menak para tumênggung | sawênèh mijil [miji...]

--- 46 ---

[...l] kang waspa | sawênèh kang waja gathik ||

21. nging tan kawêntar ing sabda | ting karêkuh samya angajap jurit | sigra lêluwaran sampun | sarya ubaya mangkat | Radèn Jayapuspita swarèng wadya gung | prajurit wong dulangmangap | kêlawan wong judhipati ||

22. kêlawan uwong tram-traman | Sarawisa sêdhiya ing ajurit | Ki Rônggalawe wun kundur | tansah kêkanthèn asta | lan Dyan Arya Sêsimping aruntung-runtung | bisik-binisik sru mangsah | adu sêmu padha lungit ||

23. gya pinarak ing pêndhapa | sang dipati lawan Arya Sêsimping | ing purwa wusananipun | dinangu mring dyan arya | amangsuli sasanèskaranya rampung | manggut Rônggalawe Tuban | tan mawi mangsuli angling ||

24. wus mijil ingkang tadhahan | kampuh binggêl botor lan ali-ali | paningsêt cêlana sampun | tinampan mring dyan arya | tandya ngunjuk dhahar dhêdhaharan sampun | kêmbul saambêng kalihnya | kang ngladosi para sêlir ||

25. miwah kang para bêdhaya | lagi ana surya bisikan minging | kang gêndhing slukat binarung | rêbab suling mangraras | sang dipati dènira dhahar anginum | sabên-sabên katamuan | wong agung miwah bupati ||

26. mangkana yèn anyugata | mila ingkang wadya sami wêdyasih | rèrèhannya kang pra ratu | sêdene pra dipatya | para menak [mena...]

--- 47 ---

[...k] ambêk marma among tuwuh | miwah tamuan pandhita | adamêl gunêm sêmèdi ||

27. sawusira bojakrama | Dyan Sêsimping sinung wangsulan gya mit | mêsat saha bala daut | lampahe gêgancangan | aprayitna dyan arya sabalanipun | kunêng malih kawarnaa | sang adipati ing Tubin ||

28. nimbali sêntananira | kasalira pamomongnya dyan kalih | kang wasta Ki Dêmang Gathul | sêpuh cucud ing sabda | praptèng ngarsa kang putra kinèn anungkul | dhatêng wana pênggrogolan | dhasar têtumpon wus lami ||

29. Dêmang Gathul sigra mêsat | radyan kalih ngaturan mring wanadri | mangkat lan panakawan wus | asikêp towok kantar | panah pasêr suligi sawadyanipun | dhasar samya warnanira | dyan kalih nêdhêng birai ||

30. cangkrama sangsam andaka | kêbo danu siniwo ing turanggi | wulange kang rama rampung | radyan wus linampahan | wasis olah turôngga anandêr mamprung | onclang magêbang manumbak | supiting wêweka ngênting ||

31. tuwin yèn asikêp pêdhang | myang sanjata tuhu yèn angêntèni | sêdene ing dharatipun | rikat trampil trêngginas | tau ijèn lan banthèng minungsuh dhuwung | lumpatira kadi kilat | yèn ngancap angrêspatèni ||

32. manuduk sarwi amilar | mila langkung rênanira

--- 48 ---

ing galih | panggulanging rama rampung | lesan sabarang lesan | main pêdhang atanapi main ganjur | wus laju mring panggrogolan | mêgatruh kang anèng wuri ||

8. Mêgatruh

1. wus sadintên sêdalu dènnya ngimur kung | sira dipati ing Tubin | mriyêmbada para arum | agantya sinawung ing sih | tuhu baut asmarèng ngron ||

2. anging garwa pêpunjêring tyas kang kantun | dènnya andhatêngi ing sih | ing mangke sang dyah ingimur | Rêtna Dèwi Banowati | gêpah sinambut jinêm ngron ||

3. lah kantuna gusti mêmanising arum | pun kakang aminta jurit | mêminta sihe mas ingsun | mapag wong sura sinêkti | widigdyèng rat ing palugon ||

4. tan tumama ing braja tapaking palu | gurinda sisane kikir | sèwu tan loro kang purun | mring Menakjingga ta yayi | mung ingsun puruh silih rok ||

5. yèn ta angsal pangèstunira sang ing rum | sarta tampi sihing gusti | têlênging pinujyèng kayun | ywa tansah kèndêl wong kuning | baya pun kakang rinêngon ||

6. yayi apa suwadine duka mring sun | pun kakang atadhah runtik | suka sinêrênga lulut | kinunjara ing jinêmrik | mangèstupada sumaos ||

7. nadyan akèh yayi ingkang para arum | tanapi kang para sêlir | nora paja-paja ingsun | sadrahing

--- 49 ---

angin ngèmpêri | andika guruning sinom ||

8. Wilutama ing swarga rêbutan pasmun | tandhing aruming mêmanis | yayi tan môntra mèmpêr kung | sagunging kang widadari | pantês anyèthi sang sinom ||

9. mung andika gusti kang asih ing kakung | kang ngratoni ing wêwangi | musthikane asmarèng rum | pun adipati ing Tubin | pan sinihan ing Suksmanon ||

10. pinaringan garwa tatungguling patut | sasotyane luwês manis | kumarane widasantun | pinuji ing Hyang Pramèsthi | nitis andika mas ingong ||

11. ciptaningsun yayi mung andika masku | angabdi-ngabdi sayêkti | tan ngraos garwa riningsun | ing ariloka mas gusti | pun kakang malawija ngron ||

12. lamun cidra têngêrana ing saumur | ing ariloka wak mami | tagihên ngarsa dewa gung | yayi yèn ginalih lamis | pun kakang tumamèng pangkon ||

13. pangèstulun ing gêsang pan namung catur | kang dhingin Hyang Suksmana di | kapindho dyah ratu ayu | kaping tri dika wong kuning | baku titising krahayon ||

14. ciptaningsun ingkang amrih ayu-ayu | ingkang mupangati bumi | puniku jangkêpnya catur | ewamêngkono ta gusti | pêpêd-pêpêding ciptèngong ||

15. kang gumarit mung andika ing sir suwung | suwunge yayi nglimputi | kaana wujuding arum | kang momor [mo...]

--- 50 ---

[...mor] sajroning mèdi | mung dika sang murtiningron ||

16. sang dyah dangu ingimur anèng tilamrum | pinangkya ing kasur sari | sêmang driya kapirangu | kawlasên sabdaning laki | nambang liring turira nor ||

17. adhuh gusti sang dipati nuwun sampun | kapundhi sihing akrami | wrating tyas tinilar pupuh | ulun datan sagêd kari | mênang tiwasing palugon ||

18. ulun tumut yèn layon tunggil cêpurung | yèn unggul kula ngladosi | mawongan madyaning pupuh | suka sang kakung namur sih | angrês binarung sabda lon ||

19. nora kaya mas anggèr kang gêtir juruh | kasuwun kapundhi-pundhi | kasuksmana wêrdayèng kung | wong ayu trêsna ing laki | kêdyarsa milwèng palugon ||

20. yêkti rikuh sèdhèng pamêlênging pupuh | môngsa kobêra ngladèni | anggèr mring andika masku | baya durung babak busik | wadya gung sun têkèng layon ||

21. salabêting pangèstu pujwa môntra nrus | sun tan etang baya pati | katongton manising pasmun | èsême gumarit ati | kepyan ingêring palugon ||

22. dèn pêrcaya yayi gèn ingsun prang pupuh | yèn rinusak jawata di | nora pilih marganipun | datan kêna dèn palangi | andhap tiwasing palugon ||

23. wus pinêsthi jangjine tan kêna wurung | yèn rinêksa Suksmana di | sapa

--- 51 ---

bisa ngrusak mring sun | yèn kinarya unggul jurit | sapa klar mungsuh lan ingong ||

24. balik yayi lindhungna marang Hyang Agung | sapangrèh darma nglampahi | myang andhap ungguling pupuh | dudu pakaryaning janmi | atas karsaning Suksmanon ||

25. sang dipati ngrakêti jwala pangungrum | ngladosi gantyaning ari | aluwês sasolahnya lus | ngêsêp-êsêp pasang liring | lir bêrmara manguswèng ron ||

26. nyênyêt manis sang kakung ingkang pitêmbung | mangranu padaning ari | nah anggèr jimating ulun | musthikaning adi luwih | mung dika gusti sun among ||

27. wusanane yèn dika kang ngakèn wurung | pun kakang tan èstu jurit | prandene para tumênggung | pra menak para dipati | pêpak tirlir jalanidi rob ||

28. lawan bênêr pamintanira mas ingsun | ala kinèn wurung jurit | nanging wus karsaning ratu | ewamêngkono mas yayi | wuruk-wuruk karsaningong ||

29. Prabu Rara pantês andhahar rèh ingsun | sênadyan wurunga jurit | pun kakang sayêkti sanggup | pirangbara têmbe yayi | nêmtokakên prang madu ngron ||

9. Dhandhanggula

1. sang dyah nyiwêl aturnya mikat sih | gêgawokan lamun darbe sabda | tur iku lêlamis bae | mendah suraking mungsuh | yèn ta lamun Wong Agung Tubin | yèn tan miyos kêlagan |

--- 52 ---

ngèsêman dewa gung | prajurit anjayèng rana | mung cacade tan asih adarbe cèthi | nora nimbangi trêsna ||

2. sun têtêdha ing siyang myang ratri | sun bêbuntar ing padoning kunca | aja pisah lan dhèwèke | nanging tan pinilaur | winêstanan ngribêdi jurit | sang kakung rêsêp mulat | mèsêm manguswèng glung | kang guywa binarung sabda | nahing anggèr kang nora-nora ginalih | mendah yèn mêngkonoa ||

3. nora liwat gusti wong akuning | ginaliha utamane yuda | lir wong sêmèdi ciptane | iku pamêndêng anrus | pêndadaran Suksmana luwih | tan kêna maro tingal | dhompo wawasipun | sêdene yèn têkèng ajal | kurang budi keron utamaning pati | cinêla Suksmanôngsa ||

4. bênèh lawan pati kang patitis | trusing tingal têkèng kawisesan | anggulang gung kaswargane | mas mirah ariningsun | dipun pasrah kang murbèng urip | sagêlar isining rat | tan liyan wong ayu | amung sih dika kusuma | sun karyane anggèr sanguning ajurit | minôngka tumbaling prang ||

5. manguswèng dyah ngêsês nambang liring | nganoragèng lumèngsèr sing pangkyan | winor ing èsêm dêlinge | bok sampun sang binagus | mriyêmbada marang ing cèthi | apa tan bosên mana | wong wus padha sêpuh [sê...]

--- 53 ---

[...puh] | bok têpung sanak kewala | nora isin putrane têtiga sami | tur padha wus diwasa ||

6. sang dipati sabdanira manis | nahing anggèr duk pêngrasanira | abènèh lawan yêktine | Sêkati putraningsun | kakangira pantêse ngadhi | mas mirah lawan sira | pinêsthi dewa gung | gêsang dèn tumêkèng lena | ngariloka dèn tulus wong loro rêsmi | sêngsêm andon asmara ||

7. yèn sun dulu maring sira gusti | kaya duk anyar durung sawarsa | lami sayimbuh lêngêse | duk putra siji wuwuh | mêmanise saya nusuli | pêputra kalih wêwah | ingungsi sumyar rum | pêputra tiga mas mirah | kumarane luwês mêsês amilêt sih | ngumpul mring BanotyaKurang satu suku kata: ngumpul mring Banowatya ||

8. srining buwana myang srining manis | pasrangkara myang srining sêsêkar | ngumpul marang dika kabèh | srining kang swarga pitu | srining widadari wus ngênting | ngumpul ing Banowatya | gusti mirah ingsun | midêr ing rat tanpa sama | sumrah rumnya gandhange angrêspatèni | ngêbêki nagri Tuban ||

9. kêmanisên Rêtna Banowati | sinugun-sugun pinujyèng tilam | lênglêng ngênglêng ing driyane | lir sarah munggèng ranu | wus rumojorumojong karsaning laki | wimbuh ing kadrêsanan | kagunturan madu | winayang susila brôngta | amartani ing rèh kasmalaning rêsmi | maharsèng [mah...]

--- 54 ---

[...arsèng] tama sabda ||

10. pan kacatur kang anèng jinêmrik | wus dumugi gènnya pulanglaras | enjing gumêntar swarane | têngara mung gumuruh | kang kêndhang gong tambur myang bèri | salomprèt munya ngraras | têtêgnya lir kêtug | sumahab kang pra bupatya | balakuswa pra menak rôngga ngabèi | aglar munggèng paseban ||

11. sajuru-juru sagunging dasih | aneka-neka dinulu sinang | satunggul kumlap layune | lir obar-abir kuwung | kang kêkôndha bandera asri | pênuh wadya ing Tuban | aglar ngalun-alun | Dyan Arya Jayapuspita | minta-minta mêmatah lakuning baris | ya ta sang adipatya ||

12. wus angrasuk kêpraboning jurit | sang dipati pinarak pêndhapa | kinubêng para garwane | Sang Banowati ayu | lir mintuna kêlawan mimi | dahat tan kêna bênggang | sang dipati bagus | angêlipur paribrôngta | rêbut manis pra garwa kang para sêlir | sinambrama ing sabda ||

13. putranira pan Sang Dyah Sêkati | tansah rinangkul dhatêng kang rama | winangwang-wangwang citrane | lir sunggingan winangun | kraos ing tyas Dipati Tubin | apan kadi sinêndhal | kang putra ingimur | dhasar gungan ing la-êla | ya ta garwa kang putra myang para sêlir | ri wusnya nuksmèng pada ||

14. alon mangkat risang adipati | ginarêbêg para garwanira [garwa...]

--- 55 ---

[...nira] | putra ambondhèt sondhère | kêkanthèn asta mungguh | lan kang garwa Sang Banowati | kandhêg nèng paregolan | Ki Rôngga nabda rum | lah kantuna mirah ingwang | nahing anggèr pun kakang umangkat jurit | sun minta jampi brôngta ||

15. sang dyah mucang mulung saking lathi | tinarimèng waja sang dipatya | mangrês mangrangkul garwane | kadya pêksi atarung | dangu dènnya amêgat ing sih | pan sami èsmu waspa | sadaya para rum | ya ta ingkang kawarnaa | sang dipati wus pinarak pôncaniti | aglar ingkang sumewa ||

16. menak rôngga myang para dipati | kinèn mangkat saha bala budhal | kang gêndhing tinêmbang rame | kolontaka jumêgur | kadya gêrah swaraning janmi | lir sulung mêdal enjang | èbêg wor supênuh | tan kaliru prênahira | wijah-wijah asêlur agolong pipit | makupu-kupu atap ||

17. pasrang gurnitaning kêkuswa sri | panjrah bajra prakatha lir gêrah | sumahab patya wèsthine | ywasrining mawa gyutKurang satu suku kata: ywasrining amawa gyut | pirang-pirang winulat kadi | têtaru ing udaya | kang mangsaning catur | kang dadya cucuking lampah | Kêrtagnyana ing Jipang sumambung wuri | Tohpati ing Lamongan ||

18. Sawunggaling Garêsik nambungi | gya sumundhul Arya Purbarana | Sêdayu ya ta wurine | Sônggalangit Tumênggung | ing Balora [Ba...]

--- 56 ---

[...lora] ingkang nambungi | Nglasêm Menak Pêrmuja | sumundhul ing pungkur | Menak Sliringan ing Dêmak | sinambungan Menak Widuri ing Pathi | tandya wadya ing Tuban ||

19. sarawisa araning prajurit | sèwu sikêp biring lawan tinggar | sinambungan ing wurine | dulangmangap pôncatus | sikêp kêrbin ingkang sêpalih | sêparo dhadhap kantar | towok ondhe tulup | sinambungan wong tram-traman | satus samya wisesa sikêp jêmparing | jamang mas kinartipa ||

20. wuri pisan ingkang anambungi | kawan dasa prajurit kang aran | judhipati andêl tos-tos | dharat asikêp ganjur | gagah-gagah prakoswèng jurit | brêngos godhèg plawangan | tur samya gung luhur | rampèk polèng kuluk capang | abêbadhong kotang jro baludru langking | tau tinatah mêndat ||

21. pinetaran gèbèg nora osik | tautate akêramas obat | angrêmpak ganjur lungide | wurinira sumambung | upacara samarga asri | lante gêndhaga bawat | kuluk lawan kacu | tênapi gêndir lantaran | tandya tindakira sang adipatiKurang satu suku kata: tandya tindakira risang adipati | amungkur durmèng rarsa ||