Damarwulan, Jayasubrata, c. 1910, #1476 (Pupuh 10-19)

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Damarwulan, Jayasubrata, c. 1910, #1476 (Pupuh 01-09). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita
  2. Damarwulan, Jayasubrata, c. 1910, #1476 (Pupuh 10-19). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita
  3. Damarwulan, Jayasubrata, c. 1910, #1476 (Pupuh 20-29). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita
  4. Damarwulan, Jayasubrata, c. 1910, #1476 (Pupuh 30-41). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita
  5. Damarwulan, Jayasubrata, c. 1910, #1476 (Pupuh 42-52). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita
  6. Damarwulan, Jayasubrata, c. 1910, #1476 (Pupuh 53-60). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita
  7. Damarwulan, Jayasubrata, c. 1910, #1476 (Pupuh 61-68). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita
  8. Damarwulan, Jayasubrata, c. 1910, #1476 (Pupuh 69-74). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita
  9. Damarwulan, Jayasubrata, c. 1910, #1476 (Pupuh 75-84). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita
  10. Damarwulan, Jayasubrata, c. 1910, #1476 (Pupuh 85-97). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita
Image

10. Durma

1. kang minôngka pamugêraning alaga | sira sang adipati | mênggêp nitih kuda | dhawuk ran sariyuda | pinanganggyan sarya rukmi |

--- 57 ---

solah wiraga | asongsong mliyo kuning ||

2. yèn sinawang lir Sasrabau mangkat prang | makutha bra rêtna di | murub kang ujwala | kênyar liringing netra | merang hyang pratônggapati | kinaring cahya | nênggih minuni sari ||

3. kudanira andhungan kang anèng ngarsa | aran pun sangupati | ulêsnya dhawuk bang | tate ingagêm prangKurang satu suku kata: tate ingagêm aprang | gulang-gulang amêrapit | Dipati Tuban | kadya binayangkari ||

4. ginarêbêg ing mantri para sêntana | songsong mawarni-warni | lir kêrdha manglayang | èbêg busana nglaras | pirang-pirang kêkuswa sri | Radèn Apatya | Jayapuspita pêkik ||

5. amêkasi ing wuri amangku wadya | ngirid kalih Dipati | Binarong Grobogan | Warung Gôndamêstaka | pratistha radèn apatih | nitih turôngga | aran pun layarwarih ||

6. sinongsongan dyan arya maliyo jingga | jamang mas winarja sri | ginarudha wuntat | arum binggang gêng kentar | sêmbada dêdêg rêspati | jênar bêranyak | lir sah dewa ajurit ||

7. sampun daut sadaya kang mangkat aprang | lir hyang sela blêkithi | wêrdu ôngga sasra | mawukir guntur agra | panjrah kumilating rawi | saking gungira | lir pendah kilat thathit ||

8. rindik-rindak gonastra anggana raras | tunggul kakôndha asri | lêlayu bandera | yang hyang lêngkawèng [lêngka...]

--- 58 ---

[...wèng] teja | saking môndrawa kaèksi | kang balakuswa | lir jalanidi ngalih ||

9. asri tinon kang busana warna-warna | kang kuning padha kuning | angrok tiningalan | lir podhang sèwu nêba | samya bang sinang lir agni | kang sarwa seta | lir kuntul nêbèng warih ||

10. wungu golong lir mêndhung ngêmu rudira | kang ijo-ijo asri | lir bèthèt sayuta | kang biru-biru samya | lir mêndhung tumibèng siti | wênèh kang samya | anganggo sora-sari ||

11. lir manyura rêraton lamun sinawang | kang langking ngumpul langking | lir dhandhang sayuta | tuhu maneka-neka | lir sêkar sêtaman asri | untabing bala | lir sèwu guntur ardi ||

12. gantya kawarnaa Sang Sri Urubêsma | ri sêdhêngnya tinangkil | para raja miwah | nata arya pra menak | menak rôngga myang ngabèi | kang sinangsraya | dêmang rôngga bupati ||

13. para dhaèng para andêl para lurah | tinon awarni-warni | wênèh lir rasêksa | wênèh anglir andaka | wênèh kadya gajah srênggi | wênèh lir singa | barong dèn bêbasahi ||

14. kang sawênèh pinangku jêjenggotira | brêngos macarak sisih | godhèg wok plawangan | simbar lir bêbarongan | busana mawarni-warni | wênèh makutha | kancana kang kinardi ||

15. kang sawênèh têtopong aglir gupala | praba maringih-ringih [ma...]

--- 59 ---

[...ringih-ringih] | dinulu lir parang | têbah jaja asinang | bêbadhong sawanci-wanci | kadi gupala | têkês mawarni-warni ||

16. jamang susun sumusun abra asinang | sawênèh udhêng gilig | sapupu gêngira | rinenda ing kancana | sêsumping mawarni-warni | wênèh kancana | rineka surèngpati ||

17. kang sawênèh pindha sêkar kanigara | sawênèh gajah nguling | sawênèh sumping mas | rineka pudhakstêgal | sawênèh ingkang sêsumping | masêkar-sêkar | gêgodhongan wanadri ||

18. kang sawênèh rinangkêp ingkang curiga | rinangkêp cara Bali | angracak sadaya | ukirannya kancana | rineka mawarni-warni | ingkang satengah | sagolèk gêng ngajrihi ||

19. mangah-mangah lir naut lambung winulat | wênèh nyuriga bindi | kang sawênèh pêdhang | pêdhang sêdhêpa-dhêpa | ana ingkang gendhong krêbin | kalung bêdhama | wênèh gada sinandhing ||

20. kang sawênèh rambute pinara tiga | cinokot kang sêpalih | prajurit bêlabar | aran wong Gologothang | Bajobarang kanan kering | wong Gathudara | Juranggatho nisihi ||

21. Macannambal Carukdhênggung Surarayah | miwah wong Cukilmanik | Rujakpolo lawan | Surabêthot mêlatar | samya ingugung ing gusti | sawênang-wênang | sagung wong ngajab jurit ||

22. Prabu Bêsma dumugi [du...]

--- 60 ---

[...mugi] siniwagora | kasukanira ngênting | giyak ôndrawina | kêsaru praptanira | Katbuta Kotbuta Patih | asigra-sigra | miyak sagung kang nangkil ||

23. kagyat mulat sang nata ing praptanira | duta patih nèng ngarsi | lah ta paran bapa | sira mring Majalêngka | ngaturakên surat mami | mring sotyaning rat | dhenok wong anjukining ||

24. kang kaèksi ing siyang dalu tumingal | Ratu Mas Maospait | kang akarya rimang | wèh edan karungrungan | kang gawe rêntênging ati | katiga dawa | kêsêl angêluk gigir ||

25. age arsa ngêmban Ratu Majalêngka | matura bapa patih | sira gawa sastra | wêwangsule sang rêtna | Prabu Dèwi Maospait | Kotbuta nêmbah | gusti tan angsal kardi ||

26. sêrat dalêm sampun katur Prabu Kênya | gusti kang nuksmèng tulis | sêntananing nata | wanodya ayu endah | aran Dèwi Rarasati | wusananira | ponang sêrat sinêbit ||

27. apan ngantya Prabu Kênya lêluwaran | ulun tan dèn wangsuli | dhatêng Prabu Rara | wusana Layang Seta | mangsuli pêpucuk jurit | apêksa lanang | aywa ngungkurkên jurit ||

11. Pangkur

1. ya ta Prabu Urubêsma | duk miyarsa aturnya kyana patih | sakêlangkung dukanipun | idêp mangada-ada | wêdana brit kithal wursuhworsuh wuwusipun | wus pêsthinira juwata |

--- 61 ---

tan kêna ginawe bêcik ||

2. nagara ing Majalêngka | nora wurung sun gawe karang abrit | dene ngrêgêdi dhêdhêngkul | iya Si Layang Seta | kumasura angajak dadining pupuh | êndhasa sèwu sênadyan | rupaa buta sakêthi ||

3. kang kaya Si Layang Seta | sun tan ulap têka kêpati-pati | angêndhêkkên surat ingsun | sêdene Rarasatya | kumalancang anêbit nuwalaningsun | lumuh bosên ing agêsang | si binatang gege pati ||

4. yèn ta si sêsotyaning rat | mokal lamun anampik maring mami | tan kêna ginawe ayu | lamun nampik maringwang | Angkatbuta Kotbuta nêmbah umatur | lêrês gustiku Sri Bêsma | amba gusti dèrèng uning ||

5. yèn siniwi Prabu Kênya | dèrèng tate katingal miyak samir | amêng sapraptaning ulun | anglela miyak gobah | mancêr liring mring kawula sang aprabu | têrsôndha panggih kawula | dènira akarya sandi ||

6. Rarasati Layang Seta | kumapurun adigung sura sêkti | dene ta sang ratu ayu | katêmbèn ingsun mulat | ing citranya kawula tan sagêd munjuk | lir gambar jroning supêna | sêjagad tan angsal kalih ||

7. Sri Bêsma kadya ingunggar | sigra kinèn nêmbang têngara jurit | sawadya ingatag daut | gumêntar salang-tunjang | nata lampah sabalakuswa [sabalaku...]

--- 62 ---

[...swa] nung-anung | saha bala sadipatya | gumêrgut atata baris ||

8. kawarnaa Prabu Bêsma | sampun ngrasuk sakêpraboning jurit | para garwa sêlir manggung | tata kaprajuritan | tandya miyos wau dhatêng tarub agung | sang nata sagarwanira | saha manggung para sêlir ||

9. majêmur têngara gumrah | kang kêndhang gong têtêg mawanti-wanti | sênjata mriyêm gumludhug | pracina mangkat ing prang | agora rèh kang suara gumaludhug | bêdhol sêkala sumahab | Sri Bêsma anitih èsthi ||

10. seta galak gila-gila | aranira pun palwaga ngajrihi | songsong lar manyura sungsun | pratistha Sang Sri Bêsma | agêmira bindi pusaka amungguh | tan pisah munggèng matêngga | para garwa manggung sêlir ||

11. kawan dasa munggèng ngarsa | warna-warna wahananira sami | sawênèh anitih crupung | wênèh joli jêmpana | kang sawênèh bêdhati titihanipun | wênèh gêrbong ya ta ingkang | têtiga kang pramèswari ||

12. pan samya anitih liman | kang parêkan pawongan para cèthi | anitih kuda sêdarum | samarga gêgancangan | Sang Sri Bêsma asangêt parentahipun | pacuwan wong murang dalan | miwah wong lèrèn ing margi ||

13. wadyabala Bêlambangan | anglir gunung banjir lêladhu bêlis | lir sulung katiban jawuh | umèb mangambak-ambak [mangambak-a...]

--- 63 ---

[...mbak] | yutan wêndran maalas magunung-gunung | gêmpur atêmahan ratan | jurang miwah kali-kali ||

14. kèdêk kèlês ing kuswala | sagungira wadya mônca bupati | sigra Blambangan kapungkur | sêdalu lêrêp marga | enjing budhal ing Prabalingga wus rawuh | kawarna Dipati Daha | Prabalingga dènnya baris ||

15. sampun amiyarsa warta | Menakjingga ing Prabalingga prapti | enjing kang swara gumuntur | sumrêk kang bala budhal | mapag ing prang tan ana kang ngucap takut | ya ta Risang Urubêsma | nèng Prabalingga saratri ||

16. enjing umangkat sumêdya | rêrêp anèng Pasêdhahan nagari | sabalakuswa wus daut | makêthi-kêthi yutan | wong brang wetan mangarap-arap supênuh | lêlakon sêpalih dina | gya têmpur kang ponang baris ||

17. gêgamaning Majalêngka | manrot giyak sarwi ambendrong bêdhil | gègèr wong brang wetan kuwur | kagèt tinêmpuh ing prang | bilulungan jinêjêl saking ing pungkur | wong Majalêngka mangidak | wong wetan kathah ngêmasi ||

18. pra menak pra adipatya | langkung duka sami ngawaki jurit | mangidak turôngga maprung | singa kêtrajang bubar | kathah pêjah wong Majapait lumayu | bubrah tataning ayuda | para menak Maospait ||

19. ngawaki kuwêl padhalas | kèkèt mangrok pêdhang-pinêdhang [pê...]

--- 64 ---

[...dhang-pinêdhang] gênti | sawênèh suduk-sinuduk | sawênèh tumbak-tinumbakLebih satu suku kata: wênèh tumbak-tinumbak | para menak pra dipati Majalangu | kinaro tiniga kapat | tan ana mangucap ajrih ||

20. manungkêp wadya ing Daha | Dyan Sindura mangamuk ngowak-awik | gumêntar kang kalaganjur | surak lir gunung rêbah | kolontaka mariyêm lir gunung guntur | sang dipati saya nêngah | singa kang kêtrajang gusis ||

21. pra dipati ing brang wetan | kathah pêjah linimpung myang binindi | Dipati Bangil wus lampus | Menak Calunthang pêjah | Menak Wilataka ing Gêmbong pan lampus | Pasêng ing Wajak wus pêjah | bubrah wong wetan kang baris ||

22. pra dipati Majalêngka | ingkang samya kêsambut ing ajurit | Wajak Menak Angun-angun | Kalangbrèt Nilasraya | wusnya caruk tanbuh rewang lawan mungsuh | têmahan pêtêng gagapan | cloroting mimis lir thathit ||

23. tan lyan swaraning paprangan | amung sêbrak rêkatak ting carêngkling | gumropyak-gropyak kumêpruk | pating bêrkuh wong brana | ing payudan têmahan sêgara marus | kêsapih dêrêsing jawah | lan malih kêsaput wêngi ||

24. wus mundur kang bôndayuda | Sang Sri Bêsma dukanira tan sipi | wadyanya tumpês manglarut | ginêbag ing payudan | pra dipati para menak kathah lampus | wus mundur mring Prabalingga | gagapan [ga...]

--- 65 ---

[...gapan] samargi-margi ||

25. malih ingkang kawarnaa | adipati ing Daha ingkang baris | anggrêgêg ing gajah wau | lêrês anèng barisan | tan kawarna ing ratri enjing wus daut | angangsêg mring Prabalingga | datan kawarna ing margi ||

26. wus prapta kikising kitha | wadya Daha samya ngobong-obongi | Sri Urubêsma kawuwus | kêlangkung dukanira | gya parentah pra menak myang para ratu | kinèn samya ngantêp yuda | sarya ngawaki ngajurit ||

27. gya budhal sawadyanira | wong brang wetan kêrig tan ana kari | kadya arga sèwu guntur | rumab ing ara-ara | pirang-pirang anggênggêng datanpa petung | umèb supênuh bêlabar | anglir jalanidi ngalih ||

28. dêdamêl ing Majalêngka | saya cêlak bêbahak turut margi | sêsêg pan samya andulu | mring dêdamêl brang wetan | adipati ing Daha ngabani asru | kang kalaganjur tinêmbang | têngara majêmur atri ||

29. wong saradula manrajang | para menak manurung saha dasih | mangêdrèl surak gumuruh | wong brang wetan atadhah | angrok rinok bêrêg-mabêrêg mapangguh | pan samya sudiranira | tan ana mangeman pati ||

30. dhasar padha warêg dana | tuwuk damar tur pênuh sihing gusti | tan ana kang ngucap takut | sanjata wus kaliwat | kumêrapyak tumbak-tinumbak kumêpruk | kulewang

--- 66 ---

tarung lan pêdhang | gêbrag-ginêbrag lan tamsir ||

31. ing payudan sêgara rah | sarah watang wangke kêpala jisim | lumut bandera lêlayu | parang turôngga liman | kapênuhan muksyaling sanjata têdhuh | kang yuda gagap-gagapan | ting kêrkuh swaraning kanin ||

32. dhadhal ngarsa wuri ngidak | ting salêbrak swarane kang mangukih | wong saradula acakut | lawan Bugis Madura | kuwêl kèkèt apan kadi pêksi tarung | wênèh manyokot manêkak | manuduk mawanti-wanti ||

33. acangklèt wong Panaraga | mambêng Bali Bandhung kuwêl lir bêlis | maputêr mangkrak manuduk | lir sulung bu tumangan | tumpês ngarsa ing wuri ngidak manubruk | manglut mapikut gol ginal | macithat bêdhol mawa kris ||

34. giwangkara saya nêngah | ngiwang-ngiwung angamuk karo kêris | manrombol menak pêrmangsul | dipati pakacangan | sru mangrênjah kang kuda kèkèt manaut | pamatangira kaliwat | suduk-sinuduk sing wajik ||

35. kalih samya suranira | anêrajang dipati ing Walèri | kinalih giwangkara wus | pêjah tiba ing kuda | Ki Surônggapati ing Ngrawa angamuk | Menak Pasêng ing Pasruan | tadhah akèkèt kang wajik ||

36. panumbakira kaliwat | Menak Pasêng sinabêt wus ngêmasi | Surônggapati [Surông...]

--- 67 ---

[...gapati] saya nglut | linambung saking kanan | Menak Jayalêlana wau mapan wus | wêntus pinarêng lan tumbak | Dipati Ngrawa ngêmasi ||

37. Côndrakètu Endrajala | manrot mamuk singa tinrajang mati | Sri Dewataka ing Bandhung | nadhahi Endrajala | Rajèng Bali Gung Walikrama manglambung | sikêp bindi anêrajang | Côndrakètu anadhahi ||

38. manumbak watangnya patah | nora osik sira raja ing Bali | narik pêdhang Côndrakètu | manêbêt pêdhang patah | manrot rukêt Côndrakètu gya pinupuh | malumpat saking turôngga | ngamuk dharat karo kêris ||

39. tangginas Sri Basutôntra | Côndrakètu sinabêt wus ngêmasi | Endrajala Rajèng Bandhung | dangu pêdhang-pinêdhang | Dewa Jarumuka Raja Bugis nêmpuh | solah inggar narik pêdhang | Endrajala dèn larihi ||

40. nora titis pinêdhangan | saya dangu sampun rêmpu ngêmasi | Dipati Daha kawuwus | sampun ajêng-ajêngan | lawan Raja Madura dènira pupuh | kalih sami nitih liman | acangklèt kang ponang èsthi ||

41. asikêp limpung bêdhama | sami jojoh-jinojoh nora busik | ngrangkêp gada bindi nêmpuh | sami sudiranira | datan ana kuciwa dènira pupuh | malumpat Dipati Daha | ngrasuk munduring ajurit ||

--- 68 ---

12. Durma

1. tan gumingsir sira Sang Raja Madura | kèkèt nèng luhur èsthi | agada-ginada | tan ana kang kuciwa | Risang Sindura Dipati | Sang Baudhêndha | samya ebat ing galih ||

2. buwang gada sawat gya cêngkah-cinêngkah | êndhase ponang èsthi | dhinêngkul wus pêjah | gya rêbah kapisanan | sarêng lumumpat sang kalih | tumibèng kisma | angisar gada bindi ||

3. myang gumuruh suraking mungsuh lan rowang | kadya gugragna langit | gong maguru gôngsa | têtêg kaya butula | kang kalaganjur mêlingi | para dipatya | para raja nungkêbi ||

4. adipati ing Daha kesisan bala | kinarutug ing bêdhil | sinosog ing watang | suligi kadya jawah | sang dipati nora osik | singa rinêmpak | mawur tan môngga pulih ||

5. anêrajang malih Risang Baudhêndha | pinupuh sang dipati | anging tan rinasa | kalih wus buwang gada | dhosok-dhinosokan kalih | sêndhal-sinêndhal | tan ana nguciwani ||

6. pra raja mudhun saking liman turôngga | ngêmbuli sang dipati | saha sikêp barga | wênèh limpung myang kunta | sikêp gora piling gandhi | datan rinasa | Sang Sindura Dipati ||

7. maksih kèkèt macêpêngi ikêt pinggang | lan Sang Madura Aji | astanira kanan | ingkang kinarya nglawan | singa kacandhak tininggil [tininggi...]

--- 69 ---

[...l] | binuwang kentas | rêmuk luluh wor siti ||

8. singa ingkang mangrasuk dhinupak pêjah | Menak Sopal ngêmasi | dhinêngkul muka crah | ya ta Sang Baudhêndha | duk ginggang sigra tinangsil | binuwang kentas | Jayalêlana aglis ||

9. numbak saking ing kiwa rinêbat kêna | kang watang tugêl palih | sigra Prabalingga | kinisar anèng tawang | sinabêtakên tumuli | dening pêrbatang | luluh sampun ngêmasi ||

10. Sri Dewa Gung Walikrama sigra mangsah | ngrasuk goco kêtampin | curiga rinêbat | binuwang sampun kuntap | maputêr maglut mangukih | sigra biwang | kentas Sang Rajèng Bali ||

11. sira Menak Caluring nuduk tinampan | kinisar nèng wiyati | Caluring kinarya | ngamuk mapupuh lawan | wus bubrah tataning baris | amawurahan | Menak Raja ngunduri ||

12. sang dipati wus kawuron ing ayuda | singa sinrang ajurit | Katbuta umapag | manêrang kuda galak | pamêdhangira tan titis | kuda cinandhak | rêbah wus angêmasi ||

13. tibèng kisma Kotbuta ngrasuk binuwang | Katbuta angingêri | sing wuri nêrajang | mêdhang sampun kêtampan | binuwang kentas lir mimis | Sri Urubêsma | dukanira tan sipi ||

14. sigra mangsah ginarêbêg wong sêliran | sarya anitih èsthi | putih pun palwaga [pa...]

--- 70 ---

[...lwaga] | wong Gologothang ngarsa | Bajobarang kanan kering | wong Gathodara | Juranggatho nisihi ||

15. Macannambal Carukdhênggung Surarayah | miwah wong Cukilmanik | Rujakpolo lawan | Surabêthot sumahap | asikêp bandhol cêmpuling | gêrènèng canggah | pênthung lawan suligi ||

16. wong Daha sampun ngumpul malih barisnya | sisane ingkang mati | nusul sang dipatya | sarwi nêmbang têngara | sumêja angantêp jurit | rêrêmponing prang | sira sang adipati ||

17. sarêng mangkat Sri Bêsma umangsah ing prang | lêga tyase dipati | majêng mangsah dharat | gadanira kinisar | saha bala golong pipit | surak gumêrah | kalaganjur munya sri ||

18. sarêng cêlak sira Risang Urubêsma | sigra têdhak ing èsthi | wadya kinèn surak | rame têngara gumrah | salomprèt kêndhang lan bèri | bêndhe sauran | têtêg mawanti-wanti ||

19. sangsayènggar sira Sang Dipati Daha | dhasar agêng ainggil | asinggih wiraga | sigra ing lampahira | kadya angobahna bumi | amandhi dhêndha | ebat ingkang ningali ||

20. makutha bra jamangira susun tiga | kang rema pinara tri | atêbah manggala | tinon lir Jayajatra | Sri Bêsma sru dènira ngling | hèh ta Sindura | sun eman mapag jurit ||

21. nora

--- 71 ---

wurung sira tumêka ing pêjah | dudu lawanmu jurit | angur anututa | sira nora palastra | besuk yèn ingsun wus panggih | lan Prabu Kênya | sira sun gawe bêcik ||

22. lawan ingsun têtêpakên anèng Daha | lawan sun gawe bêcik | Kalangbrèt Trasana | Trênggalèk lawan Ngrawa | lawan sun trimani putri | Nyonyah Mêrtisa | lawan picis sakêthi ||

23. Adipati Sindura sarêng miyarsa | talingan lir sinêbit | akras sabdanira | ora Si Menakjingga | tan kêna ginawe bêcik | tan duwe ala | Prabu Brawijaya di ||

24. sira dadak balela amurang dana | pêksa angrata bumi | yèn isih Sindura | aja age mangguywa | kêplok tangan banting sikil | tan wurung sira | rêmpu katiban bindi ||

25. latah-latah wau ta Sang Urubêsma | ambapang sarya angling | lah mara Sindura | tibakna gadanira | Kotbuta Sang Adipati | krura wêtu glap | kumêrkot waja gathik ||

26. ponang dhêndha tinibakakên bantala | mungkêr kang ponang bumi | anggiro lumumpat | Urubêsma jinangkah | ginada mawanti-wanti | kang gada rêmak | krodhanira tan simisipi ||

27. gya rinasuk Sri Bêsma sigra kinisar | sinabêtakên aglis | ing watu kumlasa | ajur kang ponang sela | saya sru krura mawêngis | manaut rema |

--- 72 ---

Bêsma tinubruk aglis ||

28. sinabêtkên pêrbatang ajur kang wrêksa | ya ta sang adipati | klangkung bêndunira | mangrik magrah ru-ara | kumutug awêtu gêni | ambêdhol sigra | waringin gya tininggil ||

29. wong ing Daha surak-surak mati sira | surak gumêntar atri | akubêng sumahab | wong Daha lan wong wetan | Sri Bêsma barêng mabêlik | dhapur mathingkrak | ambêk sarosa wuri ||

13. Pangkur

1. bakudhu butêng ingkang tyas | sang dipati gêro andrês waspa ngrik | magarot bau sumiyut | lumumpat ngisar gurda | kadya bajra godhongira amalêdug | sinabêt Sang Urubêsma | galêpung kang ponang ringin ||

2. gumruh suraknya wong wetan | kêndhang bèri swaranya amêlingi | Risang Sindura magêdrug | bêkuh Bêsma kêcandhak | putrê cangklèt ambêk sarosa kumutug | rinawuk Sang Urubêsma | rinêngkah mangongsêb siti ||

3. kinisar kumbul kêtampan | sinabêtkên ing wêntis nora osik | dhinupak kuntal tinubruk | winangkris busur rêmak | kèdêk kèlês ingukêl wanti tinuntun | cape astane dipatya | sêkala angêmu gêtih ||

4. kinipat kentas lir balang | Risang Bêsma tiba kuwalik-walik | sakêlangkung dukanipun | nyandhak bindi pusaka | wêsi kuning kinisar ingikal [ingika...]

--- 73 ---

[...l] mêtu | dahana mangarab-arab | Sang Sri Bêsma asru angling ||

5. hèh Adipati Sindura | lah pilihên urip kêlawan mati | dene ta kêlangkung-langkung | ambêk sura dibyèng prang | Adipati Sindura nauri wuwus | iya sun pilaur pêjah | mulih kawisesan mami ||

6. untapna mring ariloka | ingsun nusul mring Sri Brawijaya di | mring dewane ingkang agung | Dyan Sindura lumêkas | nampèl wêntis sidhakêp rapêt kang suku | anutupi karnanira | Sri Bêsma nêrajang aglis ||

7. pinêrjaya Sang Sindura | dening bindi poking talingan kering | rah muncar anglayon pan wus | mulih ing ariloka | sasisane wong Daha sami angamuk | wênèh angêrbat kunarpa | layonira sang dipati ||

8. gêpah winrat ing turôngga | wus binêkta lumaywa dene dasih | malêbèng jrone wana gung | wong wetan wus katilap | rêbut rinok wong Daha parêng gumulung | Kêbogêdhah gya umangsah | labuh pan sarwi anangis ||

9. para sêntana karuna | ngamuk nangis mangliwung karo kêris | wong Gologothang mangêbyuk | wong Juranggatho tadhah | Macannambal Rujakpolo Daragathu | Surabêthot Surarayah | Carukdhênggung ngrubut wani ||

10. Ki Kêbogêdhah magalak | wong Bêlambangan kèh longe kang mati | Angkatbuta sigra nêmpuh |

--- 74 ---

Kotbuta ngitrê galak | Kêbogêdhah kinalihan dènnya pupuh | pinêdhangan sampun pêjah | pra sêntana para mantri ||

11. kinarubut sampun gêmpang | kang kuswa lit larut tan môngga pulih | Katbuta Kotbuta manglut | sarowangnya manglêmpak | Urubêsma kundur pêsanggrahan sampun | saha bala sakuswala | nênggih gantya kang winarni ||

12. nguni Kumitir lan Seta | nuwun mangsah mapag Sang Urubêsmi | ngirid wong enjro sêdarum | lan menak kêpatihan | sampun prapta Pasêdhahan gunêm rêmbug | kalih Madiun Dipatya | Kincang Menak Balaruci ||

13. lêgêg Gajah Têpèngsara | Jagaraga Ki Menak Balaruci | Kêrtasana Menak Klungkung | Sarêngat Bagaspatra | ingularan nênggih pakewuhing laku | paran yayi dayanira | si paman Sindura uwis ||

14. anglanggar mring Prabalingga | kari gawe nêmu sisa ing jurit | Layang Kumitir umatur | kakang mas Layang Seta | ulun datan mawi anusul ing pupuh | kadi dede tyang utama | amomor ngêmbul ing kardi ||

15. sae ambawat priyôngga | kantênane mangke paman dipati | andhap ungguling apupuh | yèn marêngi paduka | paman Kêrtasana prayogi ingutus | lan yayi mas ing Sarêngat | lan kakang ing Saosragi ||

16. angaturna kang nuwala | inggih dhatêng [dha...]

--- 75 ---

[...têng] paman Daha Dipati | nantun kêsaguhanipun | lamun paman dipatya | sinaguhan prayogi ta ingkang pupuh | yudanipun Menakjingga | tanpa gawe bantu jurit ||

17. kônca têtiga wangsula | pacak baris ing ngriki pan prayogi | sêdhêng cêlak têbihipun | datan kontap ing mêngsah | tan gêpokan lingsêmira ing apupuh | jêr paman Dipati Daha | cupêt nalaring wêwadi ||

18. angandika Layang Seta | iya bênêr rêmbugira ta yayi | si paman Sindura busuk | kurang nganggo wêweka | tan ngawruhi unggah-ungguhing wong agung | tan malipir kasujanan | saksana akarya tulis ||

19. dhapur mring Dipati Daha | sampun dadya Layang Kumitir nabda risLebih satu suku kata: sampun dadya Lyang Kumitir nabda ris | lah paman Menak Kalungkung | lan yayi Bagaspatra | lawan kakang Brajamusthi ingsun utus | nusul dhatêng Prabalingga | aturêna surat mami ||

20. nuwala sampun tinampan | Sang Dipati Kêrtasana SaosragiLebih satu suku kata: Sang Dipati Kêrtasana Sosragi | Sarêngat mangkat sawadu | antara saonjotan | gya kapêthuk wong kang sami kawon pupuh | saya sinêrang lampahnya | anulya kapêthuk malih ||

21. wong brana sapirang-pirang | tinupiksa sasolahing ajurit | umatur kang kawon pupuh | wadya ing Majalêngka | samya anrot kang lampah tandya kapêthuk | dêdamêl kang lorot aprang | saha atêtawan [atê...]

--- 76 ---

[...tawan] tangis ||

22. tinanya mangsuli tandya | Adipati Sindura wus ngêmasi | kêsambut madyaning pupuh | wadyane têtumpêsan | para menak dêmang rôngga samya larut | dèrèng dumugi gyan tanya | kêsaru wong wetan prapti ||

23. Buta Kotbuta mangrêmpak | Gologothang Carukdhênggung CukilmanikLebih satu suku kata: Gologothang Crukdhênggung Cukilmanik | Gathodara Juranggathu | wong Bajobarang rayah | Rujakpolo Surabêthot sru manubruk | mangêdrèl nyampuling nyanggah | gêrènèng nyurung mênthungi ||

24. wong Kêrtasana manulak | wong Sarêngat Saosragi magusis | kathah pêjah rinaruwuk | kêplayu nandhang brana | pra dipati angawaki aprang pupuh | ngêtap kuda nyandhak watang | singa kang sinêrang mati ||

25. kêkênthung bèri gumêrah | surak lawan awor krutuging bêdhil | Kotbuta mingêr mangrasuk | Angkatbuta mangrêmpak | Bagaspatra ingincih saksana nêmpuh | silih rok gêbang-ginêbang | Menak Kalungkung nulungi ||

26. Kotbuta nrambul manumbak | tatas Menak Kalungkung wus ngêmasi | mangrêbat wong Juranggathu | manigas murdanira | Bagaspatra magiris tandya lumayu | Menak Brajamusthi ika | kinarubut ing cêmpuling ||

27. ginanthol kuda wus rêbah | Brajamusthi cinanggah dèn kêmbuli | sinikut pusaranipun | rinusak [rinusa...]

--- 77 ---

[...k] dhinedhelan | kari ngadêg mung kari cêlananipun | Bagaspatra wus binêdhag | wong Surarayah nadhahi ||

28. kinarubut ing ngakathah | sang dipati sru manumbak manitir | wong Carukdhênggung magulung | mamrêm mamuk mangrurah | Bagaspatra kang kuda rêbah wus lampus | mangamukira madharat | watang rinêbat wus kêni ||

29. cinanggah dening ngakathah | wus pinikut sarwi dipun dhèdhèli | wong Gathodara marusuh | apan sawênang-wênang | jinogètkên sarwi tinimbis ing pênthung | sinurak magiyak-giyak | bêbandan kalih dipati ||

30. binêkta mring Prabalingga | Angkatbuta Kotbuta manglut sami | sakancanira manglarug | prapta ing Pasuruan | ngobong-obong anjarah-rayah amikut | Kumitir lan Layang Seta | samya gugup tanya kalih ||

31. datansah abilulungan | wong saenjro bubar larut kang baris | Buta Kotbuta wus rawuh | saha balakuswala | ngobrak-abrik mamêdhang manuduk-nuduk | nyampuling masêr manyanggah | kêkêndhang bèri munya tri ||

32. wong Majalêngka mabubar | ting salêbar tanbuh gènnya mangungsi | pra mantri kathah kapikut | Kumitir Layang Seta | kêkadhalan maniba tangi lumayu | anjarunthul nurut jurang | Menak Madiryun kawarni ||

33. sira Gajah Têpèngsara | Balaruci kêpanggih mipit sami | arakit sawadyanipun [sa...]

--- 78 ---

[...wadyanipun] | wus dangu anèng wana | labêtira kabruntak wong Majalangu | dhasare nora pitaya | tinindhihan radèn kalih ||

34. mila ing manah sumêlang | rangu-rangu dènnya anglurug jurit | Seta Kumitir wus pangguh | lan Gajah Têpèngsara | Balaruci kang kuda kalih pinundhut | swandananya wus pêjahKurang satu suku kata: swandananya wus apêjah | asêsêg dipati kalih ||

35. dènira mangsuli sabda | sinaosan liyaning ngagêm jurit | Layang Seta asru bêndu | ngundhat mangundhamana | Dyan Kumitir anarik curiga gupuh | kuda kalih linarehan | kapisanan wus ngêmasi ||

36. wadya Gajah Têpèngsara | Balaruci samya dipun kêjèpi | gya giyak ngêdrèl kumrutug | dyan kalih nêbas-nêbas | pinêtakan lumayu manusup-nusup | dipati kalih wus têbah | rêmbag nungkul mring apatih ||

37. anulya minta utusan | sigra mintar prapta ngarsane patih | umatur ulun ingutus | mring Gajah Têpèngsara | pan nêgari kalihira ing Madiun | anungkul dhatêng paduka | kalih Menak Balaruci ||

38. ingkang duta saha sêmbah | yèn ing mangke kalih ulun dipati | datan eca ing tyasipun | ngabdi nèng Majalêngka | sêdya beluk ngabdi paduka pukulun | narendra ing Bêlambangan | ingkang gung kêsmaran galih ||

14. Asmaradana

1. kêsmaran sarêng miyarsi [mi...]

--- 79 ---

[...yarsi] | Kotbuta lan Angkatbuta | lah utusana dèn age | ngaturi ing gustinira | luwih rumajong ingwang | beluk marang jênêng ingsun | kang ponang duta umêsat ||

2. prapta aturnya wus titis | dipati kalih lumampah | wus prapta sasolahnya nor | ki patih ngrakêti sabda | sami sinêtya-sêtya | myang jangji toging prang pupuh | pra dhaèng lan para rôngga ||

3. dhasar mêntas mênang jurit | gumêntar swara gumêrah | ya ta kêsaru praptane | utusanira ki patya | lêlurah kajinêman | Udanprahara ranipun | lawan pun Baratkatiga ||

4. mangah-mangah wadana brit | lir sêkar wora-wari bang | anyana yèn olèh gawe | wus titi ing aturira | kang ngaturkên kêpala | têrsôndha Menak Kalungkung | lawan ngaturkên babêstan ||

5. Jagaraga Brajamusthi | ing Sarêngat Bagaspatra | Sang Sri Bêsma andikane | hèh yayi mas ing Madura | maraning karsanira | Sri Baudhêndha umatur | dewaji yèn padukyarsa ||

6. prayogi dipun têlasi | jamaknya wong kalah aprang | amanggih pati têmahe | lamun ta ajriha pêjah | ing nguni punapaa | tan têluk dèrènge pupuh | angêdohi tindak nistha ||

7. Sang Sri Bêsma manabda ris | lêrês yayiku Mandura | anêdha pinatèn age | ya ta sampun [sampu...]

--- 80 ---

[...n] kalampahan | binunuh ing ngakathah | tinigas murdanira wus | Brajamusthi Bagaspatra ||

8. dyan wontên utusan malih | sing patih Buta Kotbuta | atur wuninga sang rajèng | ing mangke rêkyana patya | wus ngancik Pasêdhahan | Seta Kumitir wus pangguh | nanging ngoncati barisnya ||

9. mawut wadya samya ngisis | lan malih atur wuninga | Dipati Madiun karo | aran Gajah Têpèngsara | kithanira ing Gêlang | lawan malih aranipun | Balaruci ing Kinancang ||

10. têluk dhatêng kyana patih | tan mawi kêrana aprang | lajêng kinanthi sêmangke | baris anèng Pasêdhahan | lawan miyarsa warta | Rônggalawe arsa rawuh | ing Tuban sabalatôntra ||

11. pasisir môncanagari | Sri Bêsma kalangkung suka | kang duta tinulak age | sarta paring mimis obat | mring Madiun Dipatya | sarta makutha lan kudhung | dhuwung kampuh lan cêlana ||

12. miwah inuman ngajurit | branduwin arak wêragang | datan kawarna lampahe | gênti ingkang kawursita | Rônggalawe ing Tuban | sakônca wadyakuswa nung | prapta ing Bangil mêlatar ||

13. wus tarup kawula alit | têluk mring Ki Rôngga Tuban | ya ta duk sarêng praptane | pra dipati para menak | rôngga lan sinangarya | akumpul dhahar akêmbul | kang gêndhing munya angraras [angrara...]

--- 81 ---

[...s] ||

14. anginum dhahar wêradin | ya ta sawusnya bubaran | sowang-sowang mring kuwone | kêsaru Dyan Layang Seta | Kumitir gurawalan | sumungkêm ing pada gupuh | angling Sang Dipati Tuban ||

15. putraningsun radèn kalih | sampun amônca udrasa | paran purwa wêkasane | amatur Dyan Layang Seta | dhapur ulun dinuta | dhatêng maha ratu ayu | kinèn nindhihi paduka ||

16. minôngka tingaling jurit | jênêngi gèn tuwan aprang | nging lajêng mangetanèng ngong | ngantosi dhatêng paduka | kêlamon botên prapta | kawula lajêng umagut | dhêsêk dhatêng Prabalingga ||

17. botên nyana botên ngimpi | para menak kêpatihan | ing tingal wus malih kabèh | kaot lan tiyang Blambangan | anèng ngarsa manulak | ambagèl ngêpruk ing pupuh | kawula kasoran aprang ||

18. wong saenjro mawur gusis | kèdêk karoban ing lawan | wantu tyang Madiun kabèh | ing Kêrtasana Sarêngat | Saosragi kêlawan | Kotbuta Katbuta magut | kawula karoban lawan ||

19. kêsangsang ing ganjur lungid | wong Majalêngka sumêbar | mila kawula lumèngsèr | yèn paman inggala prapta | kados tan manggih tiwas | mèsêm Ki Rôngga amuwus | lêrês anak jêngandika ||

20. Dyan Seta

--- 82 ---

umatur aris | paman Dipati Sindura | ing mangke wus têkèng layon | tumpês ingkang balatôntra | dipati para menak | ambalik nulak manapuk | punika tiwase paman ||

21. wimbuh pun Katbuta Patih | Kotbuta sami mangrêmpak | paman kêloloh yudane | pitambêt cidraning aprang | têmahan kenging gêlar | Ki Rônggalawe angungun | wusana alon ngandika ||

22. wus pinêsthi ing Suksma di | kakang dipati ing Daha | kêsambut anèng palugon | tansah kumêmbêng kang waspa | matur Dyan Layang Seta | tyang wetan ing mangke manglud | baris wontên Pasêdhahan ||

23. wangsul paman adipati | ing mangke karsa paduka | kadospundi ing palugon | nagari ing Majalêngka | paduka kang kawogan | timbalane ratu ayu | ulun kinèn dados tingal ||

24. anggêp paduka ing jurit | tanapi kang pra dipatya | para menak sêkathahe | ulun sumôngga ing tuwan | mênggah dadosing aprang | tanapi sirnaning mungsuh | ratu ayu wus pitaya ||

25. dumugi agunêm kawis | sang adipati ing Tuban | ing dalu tan winiraos | enjing budhal saha bala | nglanggar mring Pasêdhahan | kadi gunung alêlaku | lir samodra rob bêlabar ||

26. lir

--- 83 ---

sêkar sêtaman asri | sinang lir gunung Pawaka | kêbêk môndrawa pênuh wong | sêsotya abra kumilat | jatha mêngarab-arab | lir sêdhênge môngsa catur | gora rèh magra ru-ara ||

27. têtunggul kêkôndha asri | lêlayu lawan bandera | teja wangkawa pindhane | gumawang-gawang ing tawang | lir obar-abir sinang | nêgri ing Bangil kapungkur | lir pêksi glar ngara-ara ||

15. Dhandhanggula

1. sira Buta Kotbuta kawarni | Balaruci Gajah Têpèngsara | gunêm lèrèh ing palugon | rêmbug kang baris mundur | sawetane ing Kali Cacing | mancal ing Pasêdhahan | saha bala daut | winawratan bangkat karya | wus winawrat bobot-boboting ajurit | mring Rônggalawe Tuban ||

2. ingkang dadya pakeringing galih | iya Ki Rônggalawe ing Tuban | ambêg budya santa tyase | waskithèng glaring wadu | saha dasih sakuswa mantri | rôngga menak dipatya | mèstuti tyas kêmbul | raharjwa surèng wiweka | wignya ngadu ing balatôntra pamrês sih | sumbaga anjayèng prang ||

3. tan pakewuh dènnya mrih ajurit | ayêm ginêsah awasing gêlar | ngarah-arah pakewuhe | patitis ing apupuh | pilih tandhing gêlaring jurit | jêr Buta lan Kotbuta | tau padha wawuh |

--- 84 ---

bodhol angunduri lampah | pacak baris sawetane Kali Cacing | mangungkang ing hèrnawa ||

4. biting kapang amidêr miranti | sinêla-sêla ing kalataka | sarya minta bantu age | mring prabunira gupuh | Sang Sri Bêsma bantoni baris | daud sing Prabalingga | sabalakuswa nung | pêmbarisannya mêlatar | biting ropoh anèng sawetane kali | mariyêmnya pinasang ||

5. malih warnanên Dipati Tubin | mangu sarêng prapta Pasêdhahan | wong wetan sampun lumèngsèr | wadya rêrêp sadalu | sang dipati saksana encingenjing | budhal sabalakuswa | lumrawra supênuh | lir jalanidi lumimbak | rênggèng surya sara busana lir saking | udaya giri bêsma ||

6. sampun prapta sakilèn bênawi | baris gêlar atata bitingan | pinasang kalatakane | sabala bra supênuh | lir maendra sêkar mangalih | sunar hyang arka merang | gêbyar-gêbyar santun | pating karênyêp kumilat | pêrnatèng rat sangsaya minuni sari | anging tan ngajak aprang ||

7. atanapi wong wetan abaris | datan ana purun mêdal ing prang | eca nèng jro biting bae | tansah sami nênayub | sêsauran kang gêndhing muni | surak ambal-ambalan | kang gêndhing gumuntur | sadintên sadalu datan | ana wong prang kang gêndhing munya angrangin | mawantêr kawiragan [kawira...]

--- 85 ---

[...gan] ||

8. lamun dalu sumuk mring wiyati | oborira padhang bêbarisan | ngakasa angêmu tinon | mega-mega anglayung | lir raina padhanging sasi | myang wadya ngambil tirta | mring kali asêlur | obornya saparan-paran | ting kalêncar munggah mudhun mring bênawi | wimbuh srining winulat ||

9. dungkap kalih dintên kalih ratri | datan ana amêtoni ing prang | lèrèh padha pêngarahe | miranti siyang dalu | miwah ingkang para dipati | ngumpul pakuwon Tuban | ôndrawina nayub | mintarakên kawiragan | kasêntikan ambêksa rinakit-rakit | gêndhing munya angraras ||

10. wênèh bêksa rakiting ajurit | kang sawênèh ana bêksa dhadhap | bêksa kêmbang myang jêbênge | sawênèh bêksa gambuh | wênèh bêksa anginum warih | ngêdhasih ponang sênggak | lokira gumuruh | kang kêplok ambal-ambalan | sang dipati tansah umèsêm ing galih | myat kasukaning liyan ||

11. ingkang dadya gawoking ningali | lamun bêksa Arya Purbarana | lan Kêrtagnyana sisihe | rèh gora godha digung | aprakosa ngobahkên bumi | Kumitir Layang Seta | bêksanira baut | bêsus rarasing wirama | sapêngadêg solahe wor lawan gêndhing | dadya pangeram-eram ||

12. YayangLayang Utara wora [wor...]

--- 86 ---

[...a] sang krami | ri sêdhêngnya ngirama mrês ing dyah | urub sasolah netyane | radyan patih amungguh | silih lawan Menak Widuri | ing Pathi kadya kêmbar | solah wiraga nrus | tan kabatang asung rimang | mung sêdhêpe prawira amrakatèni | lir Nakula Sêdewa ||

13. liyaning pra menak pra dipati | samya dawêg tan ana kuciwa | Ki Rônggalawe duk anon | mèsêm suka ing kalbu | tandya dhahar nginum brênduwin | sawusnya akasukan | Sri Bêsma kawuwuws | agiyak-giyak wurahan | Sang Sri Bêsma acucud dènira ngibing | mangèdhèng kasêntikan ||

14. sumrab kênthung bèrinya tan kari | wadya wênèh bêkik sêsauran | têka dadi pêpantêse | wênèh kang para ratu | ingkang gêndhing acarabali | wênèh kala gumêntar | wênèh slomprèt tambur | sawênèh rêbab biolah | sasukane wusnya dhahar nginum warih | kêmbul aprajangjian ||

15. para rôngga para dhaèng sami | para menak tinandhing ing aprang | Malangsumirang ature | sumbar-sumbar gumuruh | lir gapyuk kang padha sawêngi | miwah kang para lurah | tansah ngajak pupuh | Sri Bêsma kêlangkung suka | Jurônggatho Gathudara dèn lilani | miwah wong Gologothang ||

16. Bajobarang Rujakpolo manis | Carukdhênggung myang wong Surarayah | gumêrah kêsaguhane | wênèh ana [a...]

--- 87 ---

[...na] bêngkilung | putêr-putêr pêdhang ngajrihi | wênèh amain tinggar | sawênèh onclang pênthungLebih satu suku kata: wênèh onclang pênthung | gol ginal têkak macithat | pèngêl mangkrak datan kawarna ing ratri | ngantya durmèng kasukan ||

16. Durma

1. kawarnaa sira Radyan Layang Seta | enjing nyêpêng wong Bugis | juru pêkathiknya | sira Sri Jarumuka | kupingnya pinêrung sisih | cinukur mrapat | gya kinalungan tulis ||

2. dhapur dhatêng Raja Bugis Jarumuka | sêrat pênantang jurit | saksana wus prapta | ngarsane Jarumuka | kagyat sira aningali | wêngis sabda kras | sêrat binuka aglis ||

3. bêbukane pèngêt ingsun Layang Seta | kang angsal sihing gusti | tur ingkang minôngka | pamugarining laga | praptaa Sang Raja Bugis | Sri Jarumuka | yèn padha wong linuwih ||

4. anabranga sira kuloning bêngawan | payo tandhing lan mami | yèn dhasar prawira | prajurit sura mrata | eman jênênging narpati | yèn tan wania | angur nisila têki ||

5. Raja Bugis iku cokotmucocotmu lir luwak | tan pantês awor janmi | akêthuh tur bangkak | ngawula Menak Alas | ratu jêjêmbêring bumi | tan wurung sira | dadi sasrahan pati ||

6. sampun putus ungêle ponang nuwala | sigra ngabani dasih | Dewa Jarumuka | sabala sakuswala | bêngkêlung [bêng...]

--- 88 ---

[...kêlung] gêbyur bênawi | wong kawan nambang | ngrêsêp anèng ing warih ||

7. gamanira mung cundrik lamêng kulewang | towok wêrgu cêmpuling | nglangi ting kurambang | Bugis sapirang-pirang | pinintaran tan ngunduri | pan kathah pêjah | prandene tan ngunduri ||

8. sampun nabrang ing sakulone bêngawan | Jarumuka awêngis | saha bala nrajang | mangrêmpak pabitingan | ingêdrèl nora nêdhasi | duduk magalak | Layang Seta manggêndring ||

9. amarêngi pabitingan ing Lamongan | Sawunggaling Garêsik | dharat sikêp watang | gègèrira puyêngan | kadi gabah dèn intêri | Sri Rajamuka | manrot mangowak-awik ||

10. sigra mangsah Menak Tohpati Nglamongan | Sawunggaling Garêsik | dharat sikêp watang | balanira kinêtap | akèkèt rok sikihsilih ukih | kuwêl sangkut prang | wong Bugis kadya bêlis ||

11. Rajamuka manguwuh mring Layang Seta | papagên tandang mami | payo Layang Seta | padha wong sura mrata | ngling sarta mêncak nampiling | nyukit macithat | nêpak lamêng makitir ||

12. mêncak milar manapuk mangering nganan | singa tinêbak mati | maputêr nêrajang | nglamêng sarwi amilar | Sawunggaling anadhahi | landheyan patah | lawungira manarik ||

13. nabêt langkah mring Jarumuka lumumpat |

--- [89]

Tohpati anglarihi | tinangkil watang crah | rinukêt jaba bêncah | tinigas murda cinangking | ambyuk mangrêmpak | wong Bugis golong pipit ||

14. Sawunggaling sampun katangkêban papan | kinrocok ing cêmpuling | rêbah wus tinigas | sirah kinarya oncêlangLebih satu suku kata: sirah kinarya onclang | sira dipati ing Tubin | duk amiyarsa | dukanira tan sipi ||

15. amarêngi Radèn Arya Purbarana | lawan rahadèn patih | nèng ngarsa dipatya | kalih umêsat sigra | kêlawan wong Judhipati | prapta ing ngajang | rêbut rok silih ukih ||

16. wadya Bugis nêmpuling ginêbang kentas | nusup kasundhul biring | amêncak tinumbak | milar-milar winatang | nadyan buntunga kang biring | lamun ingancap | nadhahi pêdhang biring ||

17. kang kêtlampik pan akèh dugang-dinugang | manglud maputêr biring | cinundrik tan pasah | wong Judhipati panggah | winangkris Bugis kèh mati | radèn apatya | kinarubut ing jurit ||

18. sinêkawan liniman dyan arya panggah | linamêngan tan osik | cinundrik pinêdhang | tansah wayang-wayangan | mangrêstha wal tinampiling | pèngêl kalênggak | binithi crah kapicil ||

19. Purbarana kinêmbulan ing ngakathah | gêbang buntar mabiring | maju-maju pêjah | tumbak cinuthat kentas | akathah maju pinandhi | wangke kumawang [ku...]

--- 90 ---

[...mawang] | dhupak manganan ngering ||

20. Jarumuka amêcah milar tinrajang | tinadhahan lan biring | katulak manrajang | malih ginêbang kentas | mamrêm mabutêng manangrik | miring lumumpat | sarwi anangkis biring ||

21. gapyuk macok ing driya kuwêl magalak | Purbarana tan osik | mangungkil binuwang | dhawah mangering nganan | nigas kapala prajurit | tigas matatas | gapyuk wor kèkèt malih ||

22. ing Sêdayu Adipati Purbarana | wêntus lamêng lan kêris | mapagut putêran | kalih sudirèng aprang | mangungkil biring mangukih | Sri Jarumuka | tininggil tiba têbih ||

23. anututi Dyan Arya Jayapuspita | ngancap kêt pinggang muntir | kang rema mangikal | mangitêr anèng tawang | winuwung Sang Raja Bugis | dening curiga | salang tatas ngêmasi ||

24. wus gumulung pra dipati para menak | mangrêmpak mring wong Bugis | maninggar manumbak | mistul manumbak mêdhang | manah amasêr jêmparing | maglud manigas | saya kathah kang mati ||

25. wadya Bugis lir sulung lêbu tumangan | wangke susun matindhih | kang nabrang bêngawan | tinadhahan wong Jipang | Kêrtagnyana anumbaki | asarah watang | bêngawan mili gêtih ||

26. wadyabala anggêbyur aramon watang | wong Jipang amintari | wangke ting kurambang | ing wuri jêjêl nabrang | Katbuta

--- 91 ---

Kotbuta Patih | kadya kitiran | lawung mangampah jurit ||

27. Rajèng Bali ingangsah ngadhang-adhangan | mring Prabu Sri UrubêsmiLebih satu suku kata: mring Prabu Urubêsmi | wong wetan mêlatar | aglar anèng pinggiran | sampun sinapih kang jurit | ingkang wus nabrang | tumpês tan ana kari ||

28. sanpunsampun sami makuwon ing pabitingan | sira Sang Urubêsmi | siniwèng pra arya | pra menak pra dipatya | rôngga dhaèng para mantri | ya ta ngandika | mring Sang Mandura Aji ||

29. yayi prabu paran prayogining lampah | pakewuh dènnya jurit | lamun tan linanggar | wadya akèh kang rusak | tan kêna kinrokot jurit | kêlamun datan | linanggar tan nglanggati ||

30. dèn antosa sacôndra môngsa nglawana | paran rêmbagnya yayi | matur Sri Madura | dewaji yèn kawula | yogi ginêbyuran sami | singa bêjaa | pasrah Hyang Suksmana di ||

31. Rajèng Bali tinari nênggih aturnya | yèn marêngi dewaji | yogi kinêrtêgan | nênggih ingkang bêngawan | ngong merang wurung ajurit | mendah ta ingkang | pocapane ing bumi ||

32. lamun datan dados sarêmbag punika | suwawi milih-milih | sabrangan kang kêna | cinacap dening kuda | nadyan têmpuh jroning kali | ywa têbih lawan | pabitingan kang lami ||

33. Raja Kêling tinari ya ta aturnya | ulun rêmên anganti [a...]

--- 92 ---

[...nganti] | tan kenging ingucap | nadyan sasèn-sasèna | arjaning bala kang pinrih | lan sampun ngantya | cuwa karsa narpati ||

34. yèn kenginga tuwanku sampun kêmangga | amondhong Prabu Dèwi | ywa ngrisakkên bala | lawan sampun sangsara | Buta Kotbuta tinari | lah paran bapa | prayoganing ajurit ||

35. sira Buta Kotbuta matur wotsêkar | lamun suwawi gusti | baris ingunduran | dimèn wong kulon nglanggar | dhatêng sawetane kali | tuwan mundura | mring Prabalingga gusti ||

36. kang supados pun Rônggalawe ing Tuban | galak anêmpuh jurit | gampil tinadhahan | mila mangke tan nglanggar | ering mring paduka gusti | aliting manah | manungsa Maospait ||

37. tangèh lamun puruna mêngsah lan tuwan | salumahing pratiwi | kurêbing akasa | tuwan-tuwan patimbang | yèn nêdhasana ngajurit | Dipati Daha | prandene tan kuwawi ||

38. mila sangêt jèngkèngipun dhatêng tuwan | gusti ngamungna mami | kang umagut ing prang | lawan sêpalih raja | pra menak rôngga dipati | anging paduka | sampun tega ing dasih ||

39. dhadhalira ing wingking sampun kadhadhal | tuwan nglambunga aglis | wondening kawula | baris tan têbih kitha | lêhêng kapara ngunduri | kang pinrih nroda | mêngsah ing Maospait ||

40. kang supados [supa...]

--- 93 ---

[...dos] kenginga linanggar ing prang | têmah ènthènging jurit | dipati ing Tuban | kêlamun dèrèng nyabrang | ginêbrag ing rèh tan kokih | ayêm ginasah | papanira miranti ||

41. Sang Sri Bêsma sakêlangkung dukanira | anyêntak sabda wêngis | liwat merang ingwang | nganti mundur sêjangkah | mendah Ratu Majapait | ngèsêmi mringwang | sinêngguh sun gumingsir ||

42. lèrèh têmah miranti srayaning aprang | kurang gugur Kumitir | kaya dudu lanang | wong agung ing Blambangan | wiguh-wiguha ing pati | matur wotsêkar | Buta Kotbuta Patih ||

43. hèh prabuku pukulun ginalih ingwang | rêbut rok silih ukih | nèng madyane aprang | ulun mundur sêjangkah | cacahên sabiting-biting | lamun kumêcap | mengo sagodhong pari ||

44. sinosoga ing ganjur biring kang ngatap | tan na langkung dewaji | mung wagêda aprang | rèh mungsuh ayêm ing prang | prajurit prangnya matitis | datan maganas | kewran tangkêping dasih ||

45. para raja gumuruh ngêmbul aturnya | Buta Kotbuta Patih | wus lilih Sri Bêsma | kundur mring Prabalingga | pra raja menak dipati | dhaèng pra rôngga | daut sakuswanya sri ||

46. sira Buta Kotbuta mundur saksana | maglar atata baris | nèng kikising kitha | menak raja dipatya | sêpalih sampun rinakit |

--- 94 ---

gantya kawarna | sri nataning ajurit ||

17. Sinom

1. Ki Rônggalawe ing Tuban | sêmana ingkang winarni | nuju anèng pêsanggrahan | lênggahira ki dipati | anèng dalêm pribadi | aminta ungguling pupuh | manêkung jro wardaya | sira dipati ing Tubin | sirnèng tingalning Hyang-hyang Jagad Pratingkah ||

2. binantêr sêmèdinira | tan antara ingkang prapti | juwata ing suralaya | Risang Hyang Yamadipati | matur sang adipati | hong sewah boja dewa gung | dewane dewa mulya | kuwangwang netraning dasih | anuruni mring padane kang winênang ||

3. nirdah nir pinaro sabda | dêrmaning nata suruping | ing sang hyang nata priyôngga | angrèh sarik nagra widi | angling Yamadipati | iya pawongsanak ulun | hong padya sirantuna | sae-sae migênani | namunana sidhêm titahing winênang ||

4. iya kêkasihing dewa | ngong ingutus Hyang Pramèsthi | atasing Hyang Suksmanôngsa | mundhut nyawanira kaki | rèhning wus praptèng jangji | ya anjalingajaling putraningsun | panjang cêndhaking yuswa | kaki tan kêna gumingsir | anglêk ing tyasira Sang Dipati Tuban ||

5. tan liyan kèsthi ing manah | apan namung Prabu Dèwi | kang dadya sumêlang driya | dene sang dyah dèrèng krami | wimbuh ing mangke dadi | lêlakoning Majalangu |

--- 95 ---

dèrèng kantênan andhap | unggule dènnya ajurit | sênadyan ta pinundhuta yuswanira ||

6. yèn wus pêjah Menakjingga | kêpala rêgêding bumi | wusana sang adipatya | umatur sarwi wotsari | sabdaning Hyang kapundhi | nanging pamintaning ulun | ing Sang Hyang Siwah Boja | tan kilap wus ngudanèni | nabda Yamadipati lah adipatya ||

7. dadi sira kurang pasrah | tan jumênêng ing wong luwih | milih nampik ing wisesa | umatur sang adipati | lêrês Hyang dewa adi | ing agêsang kang linuruh | mulyaning kasampuran | tamèng rat mulyaning jisim | nikmat arja kang têka ing ariloka ||

8. bok inggih Hyang Siwah Boja | sumados madyaning jurit | wangsul ta karsaning dewa | anitahakên ing mami | punapa ta kinardi | utama sawusing nêmu | lampahan ngariloka | lawan punapa kinardi | utamèng trus ing gêsang tumêkèng pêjah ||

9. kanggêg Hyang Yamadipatya | tandya tumêngèng wiyati | sigra Sang Hyang Panji Nrada | Manikmaya kang linuwih | matur sang adipati | Hong Siwah Boja kang tumrun | dahnir pinari sabda | surupnya nata prayogi | amêminta ulun padaning winênang ||

10. jarwanana sêdyanira | sapangrèh sêtyaning dasih | ing gêsang tumêkèng pêjah | nistha madyaning utami | urip jamaning pati | miwah ômba luhuripun [luhur...]

--- 96 ---

[...ipun] | angling Hyang Panji Nrada | babo titah ingsun kaki | hong masidhêm sirantuna sih wigêna ||

11. iya kêkasihing dewa | wus pinêsthi ing Suksma di | sira kinarya utama | musakani Majapait | satriya pinarjurit | kinarya praboting ratu | ing arcapada sira | babo kinarya utami | ngariloka wus ginadhang-gadhang mulya ||

12. nanging ta ubayanira | ing mangke iya wus prapti | mulih maring kailangan | anging sarasaning urip | wus katur Hyang Pramèsthi | kumaranira sang bagus | wêwayanganing Suksma | wus nèng pêngayunan Gusti | nora kêna sêmaya pêcating nyawa ||

13. lamun sira paripêksa | jumênêng lawan utami | tur tan wurung têkèng ajal | mundhak amêmurung kang sih | anging linilan ugi | babo kita mring dewa gung | nganti têmpuhing yuda | rèh pamintanira kaki | karya tilas labête tingkah utama ||

14. anging têka wurung ora | sira tumêka ing pati | eman gêmpaling kamulyan | yèn darbe karsa pribadi | têmahan nrimèng pêsthi | sinuda sihing dewa gung | matur sang adipatya | sihing Hyang kapundhi-pundhi | anuruti padane ingkang winênang ||

15. alatah Hyang Panji Nrada | angguguk Yamadipati | iya iku wong utama | nora bakal wong angsal sih | dene rêntênging bumi | lindhungêna [lindhungê...]

--- 97 ---

[...na] ing dewa gung | sêdene putranira | iya sang narendra putri | pra juwata ingkang darbèni bubuhan ||

16. pangèstu lan puja môntra | sarta karsaning Suksma di | wus marêm sang adipatya | têpung kalanira nguni | Prabu Rara wus mangsit | lakone sariranipun | mangkana sang dipatya | wusana sumrah naya di | wus umiyat dutane Hyang Jagadnata ||

17. ing ratri datan kawarna | enjing mangkat sang dipati | siniwi ing pra dipatya | pêpak sagung ingkang nangkil | miwah Seta Kumitir | ajajar ngapit mabukuh | radèn patih nèng ngarsa | anggusthi têmpuhing jurit | wus pininta dhadha tanapi pêngawat ||

18. miwah cucuking ngalaga | tuwin ingkang samya dadi | angalap bala ing aprang | ingkang pirêmbug wus dadi | manglud manglanggar jurit | wus nyabrang sadaya daut | ing ênu tan winarna | wus ajêng-ajêngan jurit | baris wetan wus umèb tata mêgalar ||

19. tangkêpira prit anêba | gumulung agolong pipit | raja lan menak dipatya | rôngga dhaèng amênuhi | saha saha kang dasih | caruk wor glaring apupuh | lir gunung gêni sinang | lir sêgara tanpa têpi | pirang-pirang mariyêm lan kalataka ||

20. sinêla-sêla makapang | myang panggritan ubat mimis | pirang-pirang tanpa wilang | ngundhung-undhung kadi wukir | miwah inuman jurit |

--- 98 ---

pirang-pirang tanpa etung | arak kênit wêragang | brênduwin kêlawan api | kawarnaa dêdamêl ing Majalêngka ||

21. tinon ing môndrawa gumyar | lir sêkar sêtaman asri | praptèng kalamêrcu merang | gunastra marindik-rindik | makilat-kilat thathit | lumrang tarawra supênuh | sorot sunar kumênyar | daludag dêdêl kasilir | kêntar kentar kêkôndha nglela gumawang ||

22. gawang-gawang awèh rimang | lêlayu bandera asri | manguwung mateja-teja | wangkawa mangobar-abir | èrêm hyang bagaspati | para juwata supênuh | dewa-dewa nêningal | widadari ngintip-intip | gêbyar-gêbyar mêmanon manoning aprang ||

23. lidhah malidhah kumênyar | kumilat angilat thathit | pracalita tar-antaran | ujwalanya balêrêngi | puspa warsèng mawanti | gônda kusuma sumawur | panjrah-panjrahing sêkar | kêpyur-kêpyur katrang sumrik | arum-arum mêlêk gônda kamarutan ||

24. anglela Dipati Tuban | kang dadya lajêring jurit | asongsong maliyo jênar | anitih pun sangupati | lir Sasrabau sigit | wong Judhipati nèng ngayun | kêlawan wong tram-traman | sarawisa amênuhi | dulangmangap ngapit-apit ngering nganan ||

25. cucuking prang Radèn Arya | Jayapuspita apêkik | arja songsong mliyo jingga | anitih |

--- 99 ---

pun layarwarih | prajuritnya makiping | dyan arya nglela nèng ngayun | aglar sêgara byuha | Arya Purbarana kering | nitih kuda gêmpung aran pun wiratha ||

26. asongsong sutra sinulam | kinêmbang rukma wêrja sri | lir jaladara mangsah prang | prajuritira pan anglir | diyu mamonah daging | dene supit kananipun | Kêrtagnyana ing Jipang | songsong udaraga wilis | nitih kuda bopong aran pun samoga ||

27. sudira yèn tiningalan | lir Indrajit mangsah jurit | wadyanira pirang-pirang | sumahab angincih pati | menak rôngga dipati | Sinangsraya pinêrtêlu | arya ing kering kanan | Seta Kumitir nèng wuri | kang gêgaman asri tinon rêbut laras ||

28. kang gêndhing muluk mring tawang | angangkang asri milêt sih | umung têngara sauran | riwusnya rakiting jurit | wong wetan angajoni | kya patih ngajokkên wadu | samya sudiranira | gya nabêt pêngawat kering | ingkang kanan wong wetan jêjêl ing wuntat ||

18. Pangkur

1. baris kulon lawan wetan | sarêng mangsah gapyuk rok silih ukih | têngara wor surak umyung | têtêg ambal-ambalan | bêndhe bèri bêgor gumêntar swara rug | kadya alun nêmpuh parang | mariyêm lir guntur wukir ||

2. kêkôndha pêdhot manglayang | tunggul-tunggul lir kuwung tibèng siti |

--- 100 ---

sanjata pating jarêglug | lir gêlap sèwu ngampar | kumêrapyak gumêntur otêr majêglug | jumêthot sumêngèr nratas | kadya ngrubuhêna langit ||

3. pêtêng mukswa lir kucika | agagapan lir pendah têngah wêngi | sura sudira ingagug | swara sêbrak rêkatak | ting carêngkling kumropyak pating kalêpruk | cloroting mimis lir kilat | wênèh anglir lintang ngalih ||

4. murub pasikêpaning prang | gumyar rêmuk katiban gutuk api | bêbau tugêl sumiyut | kabuncang mimis sawat | wong kêbranan swaranya pating barêkuh | kang sanjata wus kaliwat | caruk watang lawan kêris ||

5. lamêng atarung lan pêdhang | ting carêngkling swara putung cumêngkling | gada bindi ting kalêpruk | rame gada-ginada | kang sawênèh dugang-dinugang andêkung | kot-kinot putêr glut mangkrak | gol-ginol cangklèt mapicil ||

6. manggarot têkak-tinêkak | jambak-jinambak pèngêl pèsêk kapuntir | rah muncar pating pêlancur | babrak manguwir bêngkah | sêmpal tatas kang wangke susun atimbun | sarah watang ing payudan | têmahan sêgara gêtih ||

7. rawa-rawa rawan-rawan | rambut jêbol kèlês kapilês janmi | migêg-migêg kang apupuh | tansah lantaran watang | suprandene datan ana ngucap takut | dhasar padha warêg dana | pênuh tuwuk sihing gusti ||

8. nirbaya tanpa [ta...]

--- 101 ---

[...npa] wikara | dhadhal ngarsa ing wuri tangkêp wani | mangkrak mangidak manubruk | kaborang sara rangap | ting gulasah wangke wong susun matimbun | kang bêndhe bèri mangambak | lir pênyu mijah mring tasik ||

9. lumut lêlayu bandera | kuda liman lir paranging jaladri | gêtar magêtêr magêntur | langit kadi kumêlap | kabêntaran bantala kang gunung guntur | pra bupati para menak | wus campuh dènira jurit ||

10. tarung magarot padha las | wijah-wijah kapang marakit-rakit | prang dharat swandana gêmpur | saking danguning aprang | kanin pêjah mangglasah wangke masusun | para dhaèng para rôngga | Dêmang Sinangsraya mantri ||

11. rêbut rok mangkrat magalak | lênggak ginak manggoco gênti kêris | tumbak-tinumbak magêlut | pêdhang-pinêdhang kentas | mangrok-rinok lambung mangukih makiwul | kuwêl maputêr-putêran | dhêngkah-madhêngkah mangukih ||

12. Sônggalangit sampun pêjah | Balaruci nênggih ingkang nangani | Menak Sliringan wus lampus | de Gajah Têpèngsara | sira Menak Pêrmuja mati binunuh | ing Dewa Gung Walikrama | Menak Widuri ngêmasi ||

13. kinunta mring Basutôntra | radèn patih pamukira kinalih | ing Buta Kotbuta sangkut | pinêdhang kontal kentas | ngawak-awuk Kotbuta pêngamukipun [pêngamukipu...]

--- 102 ---

[...n] | kawarna Dyan Layang Seta | kêlawan Layang Kumitir ||

14. mêkasi ing wuri pisan | mobat-mabit lir banthèng tawan kanin | manrotkên bala ing pungkur | singa dhêdhêl tinumbak | ya ta nunjang wong wetan dènnya mangamuk | binêrêg ing sira Radyan | Layang Seta lan Kumitir ||

15. lir sulung lêbu tumangan | wong ing Tuban kadya babadan pacing | wangkenya tumpang masusun | sigra Gôndamêstaka | lan Binarong anangis sarwi angamuk | rumaos karoban lawan | nungkêmi mring sang dipati ||

16. dhuh anggèr Dipati Tuban | nêdha mundur kang prang kèlês katitih | sampun antawis pukulun | kambah kosik katimpah | lah tuwanku anggèr suwawi lumayu | Binarong Gôndamêstaka | sarwi anggondhèli wajik ||

17. angling Sang Dipati Tuban | lah ta paman sampun ngregoni jurit | yèn ajrih dika lumayu | dipati lumuh pêjah | nora wirang sinêksèn dening dewa gung | Brawijaya Majalêngka | ing nguni utamèng bumi ||

18. misuda ing balatôntra | pinrih mulya urip tumêkèng pati | anjunjung wadya kaswayun | sinêngkakakên tawang | lah ta paman punapa wêwalês ulun | tan kêdah malês sih nata | tangèh utamaning dasih ||

19. mung wignya anglungguhana | binupati sinugun ing sêsami |

--- 103 ---

tur saking bêrkating ratu | lawan sihing Suksmana | ran bupati bok ginawèkkên mau mung | pati pêpadhangan pêjah | kinudang sinêksèn bumi ||

20. pininta ulah utama | ginawokkên ing kamulyaning pati | tur pati ingkang pinunjul | ingkang kêrana aprang | gunging urip marang pati wêkasipun | rupak jamaning agêsang | luwih langgêng jaman pati ||

21. bupati ingkang utama | tampi mulya patitising Suksma di | lamun oncat ing panggunggung | wus kasêbut ing jagad | siya-siya jroning pati kang tinêmu | cinêlatur tibèng nistha | rèh ngoncati ing pamuji ||

22. rèhning saisining jagad | pamujine mulya ingkang pinuji | kinudang raintên dalu | mangkyarsa kinoncatan | raga rusak alusnya tan têkèng luhur | siya-siya tur kajarah | ing Suksmana kang linuwih ||

23. Binarong Gôndamêstaka | para mantri miwah para prajurit | wau manahnya wus mundur | kumêlap ing dewanya | sarêng myarsa Ki Rôngga ingkang pamuwus | tan ana kang malih tingal | mung dewane kang kaèsthi ||

24. mangamuk manrod mangrêmpak | sira Gôndamêstaka wus ngêmasi | kêsambut madyaning pupuh | pêjah de Walikrama | surak umung wong wetan lir gunung guntur | awor swaraning matêngga | Binarong sampun ngêmasi ||

25. pêjah wor lan Dewasraya | para

--- 104 ---

mantri lir sulung lêbu gêni | sang adipati manêmpuh | rinêbut ing ngakathah | sakudanya pun sangupati atêguh | tanapi panongsongira | awasta pun wôngsapati ||

26. tan pasah dening tikswara | kuda datan pasah katiban mimis | apan lir parada gumyur | tinon agêbyar-gêbyar | sang dipatya manahira saya mêtu | tikswara kêthèn mayutan | wong wetan akèh ngêmasi ||

27. nuju dhadhaning ayuda | Baudhêndha Sang Madura Dipati | wadyanira sami larut | kacundhuk ing tikswara | Sri Madura Kotbuta Katbuta nêmpuh | tan tumama dening braja | mamrêm mangiwung mangukih ||

28. Dyan Arya Jayapuspita | pêksa kiwul tinatiga pan kontit | pinêdhang kuntal tinubruk | binuwang wus kêtampan | dening sira Madura binuwang maprung | tiba ngarsa sang dipatya | gya mangsah wus dèn lancangi ||

29. Kotbuta nrajang magalak | tinadhahan ing wadya Judhipati | rinampok mamrêm manggulung | singa pinêdhang tatas | Angkatbuta angiwut amiyak ganjur | tangkis mangidak watang crah | pinêdhangan nora osik ||

30. singa rinasuk ing pêdhang | pagas tatas wong Judhipati gusis | Sri Baudhêndha manglambung | sarwi sikêp nênggala | tandya sang dipati jinojoh tan keguh | sinampe nênggala gigal | Sri Madura dèn lêpasi ||

31. dening kang sanjata [sanja...]

--- 105 ---

[...ta] dibya | wus malêsat tiba jabaning baris | Kotbuta mêdhang manubruk | sinarêngan tikswara | pêdhang putung milar Kotbuta manubruk | sinarêngan ing gêndhewa | kentas malêsat lir mimis ||

32. Kotbuta malih nêrajang | radèn arya patih malih nadhahi | mawanti panggoconipun | Angkatbuta tan pasah | kêrèt gèbèg dyan arya sampun kacakup | maputêr binuwang kentas | tibèng siti ngancap malih ||

33. angukêl rema anjambak | mancad lambung muwung-muwung mawanti | winêngkang radèn sinambut | kinipat binuwang kentasLebih satu suku kata: kinipat bnuwang kentas | Radèn Rôngga anggêdêg gandhewanipun | sanjata dibya lumêpas | Kotbuta kentas jêmparing ||

34. Gajah Têpèngsara kentas | Balaruci angaro sang dipati | sikêp watang numbak asru | tinangkis ing gêndhewa | wanti-wanti panumbakira tan tutug | Ki Rônggalawe manêbda | durmane sira ambalik ||

19. Durma

1. lah pagene yayi Gajah Têpèngsara | lan yayi Balaruci | tan nêtêpi sira | pêpintaning juwita | tinitah nèng Maospait | tur binupatya | têmah balela gusti ||

2. lah ta yayi elinga mring Suksmanôngsa | kêrana juwata di | anggêlar utama | sumrah gêlaring [...]Naskah tidak terbaca | dene sira wani silip | watak kalunta | kaluputan [kaluputa...]

--- 106 ---

[...n] dèn sêmi ||

3. saya ngukih Balaruci Têpèngsara | sigra manumbak aglis | gulali biringnya | Ki Gajah Têpèngsara | Balaruci numbak wani | sinampe kuntal | ngandika sang dipati ||

4. iki si wong lumuh têmên kabêcikan | nêmu apa ing pati | Têpèngsara nrajang | ngancap sarya amêdhang | bramatya sang adipati | pêdhang tinampan | pinutung tikêl kalih ||

5. narik katga ngancap anglarihi sigra | tinêpak gandhewa glis | kang kêpala rêmak | wus pêjah kapisanan | Balaruci angunduri | Jayapuspita | nêrajang narik kêris ||

6. Balaruci panumbakira kinayang | angawêt waja gathik | dyan patih amilar | pyuk mangkat ikêt pinggang | mangukêl rema muwung kris | cêcingklok tatas | Balaruci ngêmasi ||

7. kawarnaa sira Radyan Purbarana | ingkang pêngawat kering | wus kisisan bala | tumpês sawadyanira | kinalihan datan osik | caruk padhalas | kambah-kambah mangukih ||

8. Adipati Pakacangan sampun pêjah | tinumbak dhadha iring | ya ta JanurwendaDanurwenda | sira Raja Balega | wus dangu asilih biring | lan Purbarana | limpung wus tan ngênèni ||

9. alugora agênti datan tumama | samya alèrèn kalih | samya sayahira | sawusnya nginum dhasar | cangklèt malih silih ukih | dhêngkah-dhinêngkah |

--- 107 ---

maglut putêr mawungking ||

10. gênti junjung magênti kentas-kinentas | gapyuk wor kèkèt malih | ya ta Kêrtagnyana | saking kanan kawarna | caruk wor bala magusis | akathah pêjah | padha tos silih ukih ||

11. datan wiguh Raja Bandhung widigdaya | tumbak-tinumbak gênti | apêdhang-pinêdhang | suduk-sinuduk panggah | gada-ginada mawanti | sami sudira | karingêt mêtu gêtih ||

12. gêlasahan acêpêngan ikêt pinggang | samya dheprok ing siti | ajèngkèng rumangkang | pupuh-pinupuh tandya | pating barêkuh sang kalih | gagap-ginagap | pating glêrêng kapyarsi ||

13. gênti gorok-ginorok gumrèt kang waja | gleyoran wus ngêmasi | wadyanya tumpêsan | nigan sapêtarangan | rêmuk wor tan ana kari | gênti kawarna | sira Sang Urubêsmi ||

14. bantu aprang manglingkung sabalakuswa | sagung kang para aji | prajurit magiyak | Carukdhênggung Glogothang | Bajobarang Cukilmanik | wong Gathodara | Juranggatho mangukih ||

15. Surabêthot wong Surarayah umangsah | gumulung ngêdrèl wani | anyanggah nyêrampang | aganthol grènèng gumrah | sami amasêr nyêmpuling | swara lir gêrah | kênthung bèri munya sri ||

16. kang ayuda wiwit enjing ngantya asar | tan ana kang gumingsir | rêrêmponing ajang | ya ta sarêng tinujang [tinu...]

--- 108 ---

[...jang] | mring sira Sang Urubêsmi | samya katimpah | tan bisa kiwul jurit ||

17. kadi glona sinambêr dining matêngga | mawut sisaning pati | kang lumayu rêbah | kang borang sara rangap | wangke lir babadan pacing | rawa-rawa rah | ilining rah lir tasik ||

18. baris kilèn upama bêndungan bêdhah | larut tan mônggapulih | mung kari lajêrnya | sira sang adipatya | anitih pun sangupati | nglela katingal | songsong maliyo kuning ||

19. Radèn Jayapuspita ambuntut kuda | sarwi angliga kêris | wong wetan angrêmpak | maju-maju katulak | pinanah dibya pramusthi | sapirang-pirang | wong wetan ingkang mati ||

20. Sang Sri Bêsma sakêlangkung dukanira | tandya ngawaki jurit | têdhak sing matêngga | sarwi mangikal dhêndha | kumutug mawulat gêni | kang wadya surak | kênthung bèri tinitir ||

21. nguwuh-uwuh mabêlik Sri Urubêsma | Rônggalawe ing Tubin | lah payo nututa | eman lamun palastra | mendah dene Prabu Dèwi | yèn sira pêjah | tangise ngrèndèng ati ||

22. lan sapa ta kang sun aku maratuwa | talingan lir sinêbit | sira sang dipatya | manêbda winor guywa | Menakjingga pêksa luwih | digung kumawa | aja kakehan angling ||

23. Sang Sri Bêsma manrajang gya linêpasan | ing panah debya musthi [mu...]

--- 109 ---

[...sthi] | makentas kabuncang | kuwalik tibèng kisma | mangsah amilar mabêlik | kacundhuk kentas | tibèng siti kuwalik ||

24. sakêlangkung Sri Bêsma bramatyanira | sigra anitih èsthi | gya nandêr magalak | prayitna sang dipatya | surak lir karêngèng langit | gumrah gumêntar | kênthung bèri tinitir ||

25. kalih samya andhatêngakên prabawa | byuh bayu bajra prapti | kêkuwung manglayang | obar-abir gumawang | teja wangkawa mênuhi | kang puspa warsa | siram-siram nrus minging ||

26. sarêng cêlak arsa mangrênjahkên liman | Urubêsmi pinusthi | kinalih sanjata | tinibèng jaja kentas | dhawah sajawining baris | kang ponang gajah | têlale pagas pacing ||

27. gêro angrik nandêr kang ponang dirada | nubruk pun sangupati | dyan arya tangginas | gajah sigra ingancap | ginoco ingkang pok kuping | atuna dungkap | nora amiyatani ||

28. liman anggro dyan arya rinênjah-rênjah | gadhingira manukit | dyan arya lumumpat | mubêng midêr putêran | nusup manggoco dyan mantri | ponang andhêman | cêcêp anggro kang èsthi ||

29. sru gumêbrug liman anggro kapisanan | ya ta Sri Urubêsmi | saya sru bramatya | mangsah malih katulak | tiba satêngahing baris | swara gumêrah | subawa ting carêngkling ||

--- 110 ---

30. wadya wetan gègèr mirut maputêran | krudhanira tan sipi | Prabu Urubêsma | pinalih yudanira | undhang kinèn ngrubut bêdhil | mriyêm gurnita | kalataka mawanti ||

31. kadya gêlap sakêthi sarêng mangampar | tansah ngurugi mimis | Ki Rôngga ing Tuban | saking ing katêbihan | tinangkis sara kang mimis | ajur katulak | wênèh laju ngênèni ||

32. tibèng jaja tinon kadya sêsunggingan | panongsongira kanin | Wôngsapati rêbah | tatu wus ingambênan | kuwat malih Wôngsapati | ngadêg tan pisah | ya ta sang adipati ||

33. datan pêgat anglêpasi kang sanjata | ewon makêthi-kêthi | sami kathahira | kulon lawan ing wetan | ya ta sira sang dipati | sumpingnya gigal | kêtrajang dening mimis ||

34. galihira kumêsar sang adipatya | tandya songsong kapusthi | dhandhanira patah | sigar muluk ing tawang | Wôngsapati dèn kêjèpi | kinèn lumajar | ya ta sang adipati ||

35. nêngèng tawang ningali korining swarga | binuka Ngrarasati | gya Yamadipatya | prapta lan pra juwata | ambêkta malige rukmi | myang widadyarya | mijil kang burat wangi ||