Damarwulan, Jayasubrata, c. 1910, #1476 (Pupuh 20-29)

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Damarwulan, Jayasubrata, c. 1910, #1476 (Pupuh 01-09). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita
  2. Damarwulan, Jayasubrata, c. 1910, #1476 (Pupuh 10-19). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita
  3. Damarwulan, Jayasubrata, c. 1910, #1476 (Pupuh 20-29). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita
  4. Damarwulan, Jayasubrata, c. 1910, #1476 (Pupuh 30-41). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita
  5. Damarwulan, Jayasubrata, c. 1910, #1476 (Pupuh 42-52). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita
  6. Damarwulan, Jayasubrata, c. 1910, #1476 (Pupuh 53-60). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita
  7. Damarwulan, Jayasubrata, c. 1910, #1476 (Pupuh 61-68). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita
  8. Damarwulan, Jayasubrata, c. 1910, #1476 (Pupuh 69-74). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita
  9. Damarwulan, Jayasubrata, c. 1910, #1476 (Pupuh 75-84). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita
  10. Damarwulan, Jayasubrata, c. 1910, #1476 (Pupuh 85-97). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita
Image

20. Mijil

1. wus murcita yuswaning dipati | sêkala anglayon | ponang kuda wus dangu pêjahe |

--- 111 ---

anging maksih ngagêm sang dipati | saniskara sami | lir duk uripipun ||

2. kapêrbawa dene sang dipati | asurèng palugon | ya ta wusnya aseda ing mangke | kuda rêbah kang layon gumuling | gêpah radèn patih | andrês ingkang êluh ||

3. sêsambate radèn mêlasasih | adhuh gustiningong | datan wagêd akantun dasihe | antènana ing pêngarip-arip | anusul ngêmasi | gusti dasihipun ||

4. ajanmaa kaping pitu ngabdi | nèng swarga sun êmong | ngranupada gusti kawulane | datan wagêd ngabdi lyaning gusti | dèrèng ngraos dasih | malês sih pukulun ||

5. angungkêb-ungkêb rahadèn patih | anungkêmi layon | Urubêsma wus awas tingale | têkèng layon Sang Dipati Tubin | sawadyakuswa sri | marêpêki gupuh ||

6. sarêng cêlak dyan patih ngadhangi | datan awèh ingong | aja sira mêrpêki layone | lamun ingsun durung angêmasi | Menakjingga anjing | patènana ingsun ||

7. aja liya ingkang anangani | ngamungna sira wong | aja tanggung ngrusak ing jênênge | mring gustiningsun malih mring mami | mara dipun aglis | untapêna ingsun ||

8. Sang Sri Bêsma angabên kang dasih | wadya kinèn ngrocok | mring dyan patih lumaksana age | pirang-pirang kang kuswa mêpipit | tan ana nêdhasi | radèn [ra...]

--- 112 ---

[...dèn] nguwuh-uwuh ||

9. sarwi jèngkèng angampingi jisim | Menakjingga kang wong | mara ingsun patènana dhewe | Sang Sri Bêsma marêpêki aglis | dyan patih binindi | pok talinganipun ||

10. lumêstantun sedaning ajurit | anunggil salayon | Sang Sri Bêsma aparintah age | kinen nacah kalih layon sami | tan ana nêdhasi | tandya kinèn ngêpruk ||

11. tandya pinintaran ponang jisim | tan tumêkèng layon | tansah wayang-wayangan jisime | gya parintah Prabu Urubêsmi | kinèn ngobong aglis | saksana tumanduk ||

12. rêrêmukan pasikêpan jurit | kadya arga tinon | ngundhung-undhung gya sinulêt age | ingêsokan obat lan brênduwin | urubing kang gêni | gandanya sumrik rum ||

13. pra juwata para widadari | supênuh nênonton | angurugi ratus kasturine | ngalad-alad lir wukir kang agni | ponang layon kalih | murca awor kukus ||

14. sakarine wadya kang ngêmasi | kang kanin mangrempong | wênèh gulung awor lan mayide | myang kang angum ing rêrawan gêtih | gya ingorak-arik | mring wong wetan gupuh ||

15. wênèh ingêdrèl myang cinampuling | kinêpruk pinacoh | Purbarana Danurwenda Rajèng | apan sampun pêjah wor ing jurit | layonira [layo...]

--- 113 ---

[...nira] kalih | taksih kèkèt bukuh ||

16. kawarnaa Dyan Seta Kumitir | nèng buntar palugon | wong saenjro pinêpêk barise | pan sumêdyarsa ngantêp ing jurit | wadya golong pipit | ing solah anggêrgut ||

17. pêpêk nèng wana trataban baris | tampingan jurang jro | sagunging wong cêcawêtan age | wus prayitna angawêt jupiping | brêngose pinuntir | amandêng dêlanggung ||

18. kêsaru praptanya Wôngsapati | wong Tubin pênongsong | tatu dhadha ingambên kanine | miyak wana dènira lumaris | kagyat radyan kalih | pan sinêngguh mungsuh ||

19. ya ta cêlak dyan kalih ningali | tan supe pênongsong | pan agêpah tinanya purwane | ing alaga matur Wôngsapati | sanèskarèng jurit | Ki Rôngga kêsambut ||

20. atumpêsan sakêdhik wong urip | payudan rêrêmpon | Seta Kumitir langkung gla tyase | dadya wurung dènnya ngantêp jurit | kêsaru kang prapti | wong kawon prang pupuh ||

21. wong kang brana ngêrintih anangis | samarga ting blocor | wong sêsambat gumrumung swarane | opyak mungsuh Dyan Seta Kumitir | sigra nitih wajik | adhadhal lumayu ||

22. wong saenjro samya rêbut dhingin | jinêjêl tan alon | gumarubyug ing marga swarane |

--- 114 ---

ting jarêthot nasak ing wanadri | akathah kuwalik | ikêt tumbak runtuh ||

23. tan tinolih kudanya agêndring | kang sawênèh mogok | tandya mudhun tinilar kudane | wadya kang dharat samya ngêrintih | tinunjang ing wajik | sambat adhuh biyung ||

24. kang sawênèh wadya lan pêkathik | kudanya kinoncong | ginêndiran samya mungkur bae | sikêpira angamplok tan osik | dhadha kinapithing | samya ngluru apus ||

25. ya ta Risang Prabu Urubêsmi | akundur makuwon | dhatêng Prabalingga sawadyane | kathah longe wadya kang ngêmasi | dêstun cacah janmi | kantun pitung èwu ||

26. èsmu lêga tyasira sang aji | wadyanya rêrêmpon | mangu-mangu anglanggar jurite | mêne gantya kang kawarna malih | nagri Maospait | risang murtining rum ||

27. kasêngkêlan ing driya wiyadi | rèh Sindura nglayon | Majalêngka ilang bêbanthènge | wimbuh ginubêl Dyah Rarasati | tan pêgat apamit | sumusul ing lampus ||

28. sêdya lêbu tumangan nglabuhi | ing rama sêlayon | tansah sarta seta busanane | tanpa dhahar sang dyah tanpa guling | waspanya drês mijil | ing siyang myang dalu ||

29. akaruna Dèwi Rarasati | layung ujwala nglong | Prabu Rara wagugên ing tyase | tansah [ta...]

--- 115 ---

[...nsah] ngimur mring Sang Rarasati | jinum sêdya ririh | Sêpêtmadu juruh ||

21. Dhandhanggula

1. yayi aja wigêna ing galih | wus pinêsthi jangjining juwata | Paman Sindura ajale | kêsambut ing apupuh | iku pati ingkang linuwih | mulya tanpa antara | laju mring swarga gung | nglabuhi ing rèh raharja | nora ginggang ing sabda kang wus kawijil | pêrcayèng Suksmanôngsa ||

2. alah sira dene paman yayi | gênging trêsna marang puja môntra | mung sira kang dadi tyase | prandene datan ketung | labêt amrih pratamèng bumi | tinruskên ngariloka | krahayon ginêlung | gulang langgênging sampurnan | yayi aja anggalih kang wus angsal sih | kinarsan ing Suksmana ||

3. kapindhone dènira mrih puji | kalokèng prang sura kawidibyan | sira kang dèn titipake | yayi mring jênêng ingsun | rèh tan darbe atmaja malih | yayi pan namung sira | kang sinuksmèng kalbu | têmahan lêbu tumangan | tan taman trus ing urip têkèng ing pati | mung siji olèhira ||

4. amung kapatèn ingkang pinanggih | sênadyan ta yayi kêpanggiha | yèn durung tama uripe | yayi nora pinunjul | tur asiya-siya mring jisim | balik dipun narima | ing dewa kang agung | sinau olah kamulyan | Majapait sira mèlua darbèni | gêlung kalêngkèng ing rat ||

--- 116 ---

5. iku yayi kaswargan linuwih | kêlamun wignya mangulah jagad | sêmbada pamrês budine | tumêkèng pati luhur | nikmat tulus sihing Suksma di | swarga saya ingembah | ngarilokanipun | witning ingsun iki apa | yayi dèwi kinarya lakyaning bumi | prandene sun narima ||

6. pirabara benjang têmbe yayi | linuwarkên sing gêlah sungkawa | sun lindhungkên dewa bae | yèn sira trêsnèng tuhu | marang ingsun karyanên yayi | gagêntining sudarma | kamuktèn pinandum | yayi pan wus bêjaningwang | bêjanira wong roro padha nglabuhi | yayi aywa sulaya ||

7. amituhu Rêtna Rarasati | sinung sabda sumèh sumrik sumrah | rumêsêp ing tyas sarine | gantya ingkang kawuwus | amangsuli purwaning nguni | duk Patih Maundara | darbe putra jalu | abagus suwarnanira | sinung aran nênggih Radyan Damarsasi | putra pintan ing dewa ||

8. samendraning bawana tan manggih | sakurêbing akasa tan memba | saklangkung-langkung baguse | lir Hyang Asmara nurun | nora mèmpêr nora na mirib | ing Hyang Sang Hyang Asmara | iya Damarsantun | singa mulat lênglêng brôngta | swaranya rum manganyut yoswanya èstri | manggung karya la-êla ||

9. wus karsaning jawata linuwih | sanagri Jawi môngsa punika | miwah ing suralayane | sakèhing |

--- 117 ---

bagus-bagus | alus-alus myang sigit-sigit | dêling myang raras-raras | myang kang rayung-rayung | malêntrah myang mawilêtan | manis sumèh prakati mintaning angin | kari ampas sadaya ||

10. kumarane ngambilan wus ênting | kinumpulkên ing Dyan Damarwulan | tangèh rinunce baguse | bagus ratuning bagus | lir mêmanon rêtnaning bumi | tur bumi ingkang mulya | mulyaning wong bagus | kaelokan ing kaswargan | kalêngkaning lênglêng kalunglun linuwih | luwih Dyan Damarwulan ||

11. wus ginêbag titahing dewadi | adinira sampun ingambilan | angumpul sinaring manèh | pinèt ing sarinipun | sari nulya sinaring malih | ingambil cahyanira | kang cahya binubut | kantun galihe kewala | gya binubut pinatut ing dewa luwih | dadya Dyan Damarwulan ||

12. dudu wulan ingkang anyênêni | dudu sêngenge kang karya padhang | pasrahêna kang adarbe | ingkang darbèni suwung | suwungira ginêlar yakin | graitanên dènira | satuhune kawruh | kawruh kang mêsthi utama | utamane ing urip têkèng ing pati | wêrana Damarwulan ||

13. amangsuli kang cariyos malih | Sang Hyang Tunggulmanik garwanira | Dyah Campursari namane | anênggih putranipun | Hyang Musthikamaya Sang Rêsi | pilênggah Paluhômba [Pa...]

--- 118 ---

[...luhômba] | kasêbut bêbuyut | pandhita angraga suksma | bêntur tapa sampurna ingkang pamuji | pinuji puja brôngta ||

14. Hyang Tunggulmanik lan Campursari | ayayogya ing Dyan Damarwulan | timur têkèng diwasane | ingêmong Sang Hyang Wiku | Paluhômba ingkang palinggih | Buyut Musthikamaya | ya ta dyan kawuwus | sinung kalih pamong jiwa | roro sanak sêntana Hyang Tunggulmanik | Sêbdapalon kang tuwa ||

15. Nayagenggong rane ingkang ari | pandhita samar sinamur sabda | cucud ing sapratingkahe | pinêndhêm datan bawuk | nora gêsêng dene ing gêni | sapangucap pangrèhnya | dadya pujinipun | tinarima ing Suksmana | parpat kalih tan pisah lan radyan mantri | musakani ing lampah ||

16. pan ing mangke Radyan Damarsasi | pamit eyang sumêdya suwita | mring Majapait rahadèn | sang wiku asung tuduh | lamun prapta ing Maospait | kinèn jujug ki patya | tur sudarmèng tuhu | sapangrèh kinèn lumêkswa | mèstuting rèh datan kawarna ing margi | prapta kikising kitha ||

17. tuhu bagus Radyan Damarsasi | kampuhira gadhung pinêrada | kinonang-konang sakêbon | paningsête sinawur | clana cindhe sêkar pinrêsmi | jamang mas kinartipa | winarjasèng santun | asumping côndra wirama | rubing [ru...]

--- 119 ---

[...bing] rêtna pinindha sêkar mêlathi | dhuwung tinaturêngga ||

18. wayang-wayangan dènnya lumaris | kasuluh dening hyang arkamaya | gumêbyar ing pamulune | Hyang Hyang Asmara nurun | pan ingiring parêpat kalih | radyan ing tindakira | èbêk kang andulu | singa mulat lênglêng brôngta | cêngêng kumyus karingêtira drês mijil | kêsaput ing asmara ||

19. pra wanodya gumrah aningali | mundrèng dêdungik lan sambiwara | lir mati ngadêg ciptane | ana angusap rambut | wênèh payudara liniring | wênèh kang ngêmban anak | pinindha kêlayu | wênèh ingkang wade sêkar | rawe-rawe kêmbange dipun arasi | sêmune anjêjawat ||

20. wênèh wanodya kapêthuk margi | jêjêr datan bisa lunga-lunga | ngatutakên paningale | nadyan samining kakung | lênglêng mulat abrôngta kingkin | radyan ing tindakira | samarga tumungkul | Sêbdapalon Genggongnaya | lêlakone pinatut pinikir-pikir | luwung nyuwira gambang ||

21. macak sêngguh sasigar sadhuwit | wayanganira winangwang-wangwawinangwang-wangwang | têka mundhak cucud bae | malênthèt wêtêngipun | kulitira akinyis-kinyis | kaku rasaning manah | tan ana kang dulu | tuwas kari lan gustinya | ya ta wau lampahira radyan mantri | prapta ing kapatihan ||

22. sampun katur mring rêkyana patih | lamun [la...]

--- 120 ---

[...mun] ana wong sêdya ngawula | ya ta ingandikan age | kyana patih kawuwus | pinrak bangsal ing madesari | Damarwulan duk prapta | ing natar kasuluh | ngirawan agêbyar-gêbyar | kyana patih kagyat sarêng aningali | lir mulat Danasmara ||

22. Asmaradana

1. dyan mantri bukuh alinggih | nèng ngandhape pêpêthetan | dangu tan dinangu radèn | sinamur sinambi mucang | sarya gêbêg landhehan | tansah nyolong liringipun | pangunandikaning manah ||

2. iki si wong bagus luwih | lawas sun nèng marcapada | katêmbèn têmên sun tumon | dudu ing suwadinira | baya pujan jawata | yèn ta kawêntaring luhur | murungake lêlampahan ||

3. Ki Seta Layang Kumitir | yèn luput-luput kasingsal | kalamun ta bocah kiye | aweta nèng Majalêngka | nora wurung kinarsan | ing sang maha ratu ayu | ya ewuh apa ta ingwang ||

4. gya ingawe radyan mantri | umarak wus praptèng ngarsa | kya patih ngandika alon | janma ngêndi sira bocah | arsa suwita mringwang | wotsêkar Dyan Damarsantun | ulun lare Paluhômba ||

5. Maundara kang sêsiwi | sumêdya angranupada | dhatêng paduka wiyose | awasta pun Damarwulan | kya patih angandika | sun tanya mring singrasira kulup | sapa ingkang asung nama ||

6. umatur

--- 121 ---

rahadyan mantri | inggih sudarma kawula | ya ta kya patih lingnya lon | yèn mêngkono sira bocah | dadi anak manira | nanging ta luwih botipun | wong ngawula marang ingwang ||

7. sira apa anglakoni | maring ing pituduh ingwang | ya ta dyan mantri ature | inggih sakarsa paduka | kawula tan lênggana | ing gêsang tumêkèng lampus | sapangrèh ulun sandika ||

8. ya ta wong sadalêm puri | samya angintip rahadyan | supênuh kang para sinom | agupita-ginupita | cêngêng lênglêng tumingal | lir dudu manungsa tuhu | ya uga jawata mulya ||

9. ingkang satêngah pawèstri | kagagas kêrasa-rasa | wênèh angambung kancane | wênèh ngusap-usap jaja | wênèh akirab rema | sawênèh amijêt lambung | kêmpung nguyab si tutbêngka ||

10. wontên kawursitèng malih | putrane rêkyana patya | Anjasmara sang lir sinom | arsa umarak ing rama | sarêng sapraptanira | kagyat duk sarêng andulu | dènnya mulat tamu prapta ||

11. sang dyah rêtna gya mêrpêki | angintip anèng wêrana | sarêng andulu warnane | dhatêng Rahadyan Sêsôngka | kumêsar galihira | gumêtêr sariranipun | sêkala tanpa jamuga ||

12. wimbuh duk raha-[...]Naskah sobek (dan di tempat lain) | [...]tya | arum anyênyêd swarane | [...]

--- 122 ---

lir thathit rêbut papan | sang dyah kêtêgnya sumawur | tambuh raosing wardaya ||

13. amawang-mawang kang liring | liringe Radèn Sêsôngka | kadi wulan samêloke | nglela gumawang kang cahya | cahya nrus maring tawang | lir muksmèng ênggon sang ayu | kêna ing pangaribawa ||

14. ya ta sang rêtna marêngi | ngasta sêkar sumarsana | ing wau tan ngantos ngangge | dadya ingasta kewala | grègèli datan krasa | gya mundur mring dalêmipun | gandrung-gandrung nandhang brôngta ||

15. brangtanira amilêt sih | sumaput têlênging driya | sarwi ngrimong sêmêkane | Rêtna Dèwi Anjasmara | dahat kunjana papa | ing sasolah tingkah ngungun | biyadaning kêpatihan ||

16. tan liyan kaciptèng galih | mung Radèn Damar Sêsôngka | wadung pari sira radèn | kaningaya asung brôngta | sêmbung tikta ing têgal | sun samur mêksa kagugu | satriya ing Paluhômba ||

17. jae wana sun wêstani | kang ati poyang-payingan | labête trêsna dhèwèke | galêpung nyitrèng wêdana | sun lêlipur tan kêna | kêbo bang kagok kang sungu | sapira rasaning driya ||

18. ramon kali wong abênthing | toya mijil ngawang-awang | pirabara [...] | [...] jêngandika | parikan sari boja | [...] | [...] laki kawula ||

19. kêpuh gung

--- 123 ---

awoh kênari | dhandhang wiring sira dewa | mung sok aja lunga bae | sira saking kêpatihan | yuyu langking samodra | sun rewangi adol pinjung | darbe sobat lan andika ||

20. sangsaya krandhuan kingkin | amayang susaptèng brôngta | barang winangwang esthane | satriya kang anyar prapta | kang kèsthi kasat mata | kumanthil anèng jêjantung | pawor lan budi kasmaya ||

21. sang dyah wus minggah jinêmrik | mujung kampuhira jingga | ngêsêb-êsêb gêgulinge | tambuh surasaning driya | baya karsaning dewa | sang dyah kabanjiran wuyung | ginoyang ing madu brôngta ||

22. malih warnanên kya patih | ngandika mring Dyan Sêsôngka | iya sun anggêp dhèwèke | angawula marang ingwang | pirabara ing benjang | sira sun paringi lungguh | dhingin maganga kewala ||

23. nanging yèn ingsun anangkil | sirèku ywa mèlu seba | karia ing wisma bae | wantu sira anyar prapta | soso atambung lampah | yèn ta kapranggul wong agung | sira maksih mambu desa ||

24. matur nuwun radyan mantri | kya patih malih ngandika | lan sira sun wèhi gawe | sawawêngkoning paseban | regol lan kalurungan | poma aywa kongsi jêmbrung | lan sakèhe papêthetan ||

25. patutên ingkang awingit | rampasana [ra...]

--- 124 ---

[...mpasana] kang tan rampak | ywa kongsi pêgat sirame | lan sira aja angambah | sajroning palataran | sigug tur durung tau wruh | pratikêle wong nèng praja ||

26. matur sandika dyan mantri | malih kya patih ngandika | lawan sira ngiras gawe | ambumèni lawang jaba | lan aja lunga-lunga | dèn awas wong manjing mêtu | lan yèn ana wong gêgawa ||

27. dèn titi amitakoni | wruh apa karyane lampah | lan yèn ana sandining wong | sira ingkang katêmpuhan | sawab wong tunggu lawang | sabdene pala gumantung | sawawêngkoning paseban ||

28. cacahna ingkang atiti | lumrah gadhangan utama | titi patitis karyane | angêdohi tyas kang suka | ywa katungkul pêpeka | dèn sêm mring pakaryanipun | tan kêna manah ngrasula ||

29. saparentah dèn lakoni | sinêdya dadiya tapa | bêktèkêna ing dewane | sabdene marang manira | radyan matur sandika | ya ta laluwaran sampun | wus mêdal Radyan Sêsôngka ||

30. ya ta parêpatnya kalih | wus samya tumut uninga | ing kyana patih karsane | Sêbdapalon Genggongnaya | tandya samya mirantya | ngrampas norok bêsik lurung | anêniram papêthetan ||

31. wowohane dèn blongsongi | sarya winilang sadaya | myang têngga [têng...]

--- 125 ---

[...ga] paregolane | sagunging wong manjing mêdal | samya kandhêg ing lawang | jomblong mulat mring sang bagus | miwah pra wanodya ing lyan ||

32. samya sandi darbe kardi | langkung regol kapatihan | jatine kudu wruh bae | dhatêng Radyan Damarwulan | sawiyahe ngagêsang | singa mulat lênglêng mangu | ing sang akarya la-êla ||

33. miwah kusumaning adi | Rêtna Dèwi Anjasmara | noya mili utusane | sandi anamur cundaka | êmban kalawan enya | angrukti mring sang binagus | bara-bara dadi karya ||

34. sasanèskara atiti | ing purwa madya wêsana | mikolèhi pitêmbunge | nanging radyan wus graita | sasolah mambu manah | kênyina ruming pitêmbung | rarasing wong awibawa ||

35. pranane anuju ati | sêmune anandhang brôngta | tur dudu karyane dhewe | radyan saklangkung jrihira | kathah tangsiling sabda | angêdohi pangrèh luput | mendah dhêndhaning jawata ||

36. sarya pamêlèhing bumi | yèn gingganga ing panyipta | muja brôngta ing Suksmanon | sabdene anglanggatana | nalar kang tan raharja | mila sakêlangkung-langkung | sêtya tuhu mring sang patya ||

37. ya ta kang parêpat kalih | Sêbdapalon Genggongnaya | apan nutug kamuktène | kathah kang munjung panganan | kapencut ing cucudnya [cucu...]

--- 126 ---

[...dnya] | samya sung jênang bêkatul | plèk-êmplèk akêp-akêpan ||

38. bulus angrêm lawan inthil | sêga giling lawuh gêthak | cabuk lawan bêlondhone | kathah janma ingkang trêsna | sarya èngêt ing kina | kalih kulawarganipun | ing nguni Hyang Maundara ||

39. abdi têtumbaling bumi | amusakani ing lampah | tur ingugung mring gustine | ngiras dadya langlang wija | cucud ing warnanira | Ki Sêbdapalon atêdhuh | kandêl pacaking wadana ||

40. wêtêng wêlêr netra ngiyip | adhèmês tênaganira | lawan malih kang pêpêthèk | pantês timbula ing braja | janma warna mêngkana | acucud pradhah ing sanggup | Ki Nayagenggong kawarna ||

41. cêbol kêpalang acanthik | irung sunthi bathuk banyak | angglingsêng pakulitane | netranya bundêr ngantirah | amung pêpêthèkira | wiraga pangadêkipun | amantêp têguh yuwana ||

42. barang kanisthane dadi | nênggih ing cangkêm karutnya | nanging mantêp karya abot | tan darbe susahan manah | tansah atêtêmbangan | saking sêkêl-sêkêlipun | alêlagon roning kamal ||

23. Sinom

1. ya ta ingkang kawursita | maha sang narendra putri | siniwi ing pra dipatya | miwah ingkang tôndha mantri | supênuh kang anangkil | ajajaran tundha pitu | bandera [ba…]

--- 127 ---

[...ndera] warna-warna | amangubêngi sitinggil | dorapati jagabela pêrang tandang ||

2. miwah wong wisa pêrcôndha | nyakraknyana wanèngpati | wirutama satrutama | abdi têtumbaling bumi | tinon mawarni-warni | abra busananya murub | kyana patih ngandikan | minggah dhatêng ing sitinggil | miwah Radyan Sasimping wus praptèng ngarsa ||

3. ngandika Prabu Wanodya | paran bapa kang pawarti | paman Rônggalawe Tuban | dènira amagut jurit | miwah Seta Kumitir | tansah sumêlang tyas ingsun | dene Paman Sindura | adigung prakoswèng jurit | saprandene tiwas anèng adilaga ||

4. umatur rêkyana patya | ing pandugi kula gusti | inggih ugi bangkat karya | pun paman Dipati Tubin | mumpuni ing ajurit | pasah dhatêng agal alus | datan kuciwèng ing prang | pun paman amitadosi | inggih ugi pasah dhatêng Menakjingga ||

5. utawi pun Layang Seta | lawan pun Layang Kumitir | kados tan tiwas ing karya | kalih samya mitadosi | gunan sêranan ngênting | ing kadigdayan pinunjul | wignya angabên bala | ing prang botên nguciwani | inggih ugi kalih samya bangkat karya ||

6. ngandika Prabu Kumara | èsmu srêt pamêdharing ngling | bênêr aturira bapa | nanging ingsun nêlayani | karsaning jawata di | bapa [ba...]

--- 128 ---

[...pa] kaya durung tutug | dènnya karya lampahan | iya marang awak mami | milanira sumêlang rasaning driya ||

7. ya ta malih angandika | dhatêng Rêtna Rarasati | paran ing panduganira | yayi paman adipati | matur Dyah Rarasati | pandugi kawula prabu | kados unggul ing aprang | dene ta ngantos alami | lamènira ngutamèkakên ing lampah ||

8. yèn ta upami tiwasa | kados wus atur udani | para mantri pra prawira | kang samya kinanthi jurit | ing mangke wus antawis | tan wontên pawartosipun | eca lagya ngandika | maha sang narendra putri | gya kêsaru praptane Dyan Layang Seta ||

9. lan Layang Kumitir Radyan | sigra-sigra sang akalih | gumrubyug sabalakuswa | praptèng pagêlaran aglis | tandya ngandikan sami | minggah dhatêng sitiluhur | lan Rôngga Minangsraya | miwah Ki Menak Giyanti | praptèng ngarsa umatur Dyan Layang Seta ||

10. sapratingahing alaga | myang ngandhap ungguling jurit | sedanya Dipati Daha | miwah dipati ing Tubin | sapatraping ajurit | ingaturakên sadarum | purwa madya wêsana | apan jinarwa wus titi | sapatute rada ngalingi sarira ||

11. ya ta Sang Prabu Wanodya | sapandurat datan angling | duk myarsa ing aturira | Radyan Seta lan Kumitir [Kumi...]

--- 129 ---

[...tir] | jêngkar Sang Prabu Dèwi | tandya kundur angêdhatun | kya patih sigra bubar | pararya maglaran sami | tandya mijil Ni Sêpêtmadu Wilaja ||

12. andhawuhakên timbalan | dhumatêng rêkyana patih | ing mangke karsa narendra | animbali ingkang bibi | garwanira dipati | ing Tuban saputranipun | dene ingkang lumampah | Ni Sêpêtmadu pribadi | lawan wadya kliwon jawi sapangiwa ||

13. sandika ture sang patya | gya pininta-pinta sami | kang badhe dhumatêng Tuban | ya ta lurah marak gusti | Wilaja malbèng puri | gya mangkat Ni Sêpêtmadu | kalawan kliwon jaba | Menak Blêdhug lawan malih | Menak Tunjung sabuk tali dadu lawan ||

14. sabuk janur tali mimang | gancangan samargi-margi | wus lêpas ing lampahira | ya ta kang kawuwus malih | sagung ingkang anangkil | luwaran sadaya sampun | ing dalu tan kawarna | enjing Dyan Seta Kumitir | samya sowan dhumatêng ing kapatihan ||

15. gulang-gulang anèng ngarsa | kajinêman amêrapit | ginarêbêg balatôntra | asikêp pêdhang lan tamsir | towok kantar suligi | talêmpak tanapi busur | ya ta sapraptanira | kêpatihan regol jawi | kagyat mulat wong bagus manglong nèng lawang ||

16. cahyanya mindha sêsôngka | lir Kamajaya sing swargi | karêngga dene [de...]

--- 130 ---

[...ne] busana | tangèh winarna panglupi | radyan panas kang galih | wus têdhak sing kudanipun | tandya ngasta talêmpak | mêrpêki rahadyan mantri | wadyanira angubêng samya prayitna ||

17. ngandika Dyan Layang Seta | dhumatêng Dyan Damarsasi | lah sira iku wong apa | manglong-manglong anèng kori | lawan wong têka ngêndi | lan malih sapa aranmu | matur Radyan Sêsôngka | kula abdine ki patih | maksih inggal awasta pun Damarwulan ||

18. tiyang saking Paluhômba | atmaja Udara nguni | ing mangke ulun kinarya | magang ngiras kêmit bumi | lan kinèn têngga kori | Dyan Layang Seta amuwus | nadyan têtunggonira | iki lawange bupati | nora patut tingkahmu sawênang-wênang ||

19. cêdhis desa kurang ajar | nyak bênyunyuk tan pakering | manira nora rumôngsa | darbe cacêndhêng wong dèsi | ingsun putraning patih | mendah ta pocapanipun | darbe sanak wong desa | jaban rangkah tanpa èsi | Damarwulan matur minta pangaksama ||

20. inggih radèn jênang sela | dèn gung pangapuntên kang sih | ing tyas dhusun inggal prapta | sumôngga yèn ngaping kalih | ing sapisan puniki | ngapuntêna lêpat ulun | Layang Kumitir sigra | amundhut kang punang kêris | Dyan Sêsôngka èsmu mundur datan suka ||

24. Durma

1. Layang Seta kêlangkung [kêlang...]

--- 131 ---

[...kung] ing dukanira | manêntak dènira ngling | lah mara ulungna | kêrismu mring yayi mas | yèn sira kêpati-pati | angukuhana | curiganira pêsthi ||

2. nora wurung sira tumêkèng palastra | matur Dyan Damarsari | kadospundi radyan | duka ing kawlasarsa | dhuwung tilaring sudarmi | arsa paduka | pundhut paran kang dasih ||

3. Radyan Layang Kumitir sarêng miyarsa | talingan lir sinêbit | dhasar bêrangasan | bang-bang pring mara tangan | tan kêna pinadhan angling | sigra anumbak | dhatêng Dyan Damarsasi ||

4. wus tinampan ya ta kang godhi cinandhak | sêndhal-sinêndhal wani | Radyan Layang Seta | anumbak saking kiwa | wus katampan punang biring | sinêndhal datan | kokih Dyan Damarsasi ||

5. Damarwulan matur kadospundi radyan | kawula minta kang sih | bok inggih paduka | ngapura mring wong anyar | saya nêpsu radyan kalih | anarik pêdhang | ngrasuk nabêt manitir ||

6. Radyan Damarsêsôngka mundur sing papan | pinêdhangan tan osik | wadya kajinêman | nosok saking ing wuntat | kumrapyak kang watang pipit | Dyan Damarwulan | sariranya tan titis ||

7. Sêbdapalon Nayagenggong kinêmbulan | pinoporan ing bêdhil | kinêpruk ing lungka | bata myang sela-sela | kajungkêl kawalik-walik | rêbah saksana |

--- 132 ---

anulya dèn talèni ||

8. dèn lêlarak apan sarya jinêjêkan | Nayagenggong anjêlih- | jêlih jinotosan | Sêbdapalon jinambak | ingusêb-usêbkên siti | anggro jinêjak | ambêngok dèn gêbugi ||

9. Sêbdapalon sêsambat sarya karuna | edan têmên wong iki | dene tan sêmanak | lir satru kabuyutan | tan olèh bêrkating kaki | jamak kang lumrah | wong anyar sinung inthil ||

10. mundur têka cacêngêl dèn idak-idak | Nayagenggong anjêrit | pan sarya sêsambat | nini blondho lan gêthak | kaki bêkatul lan inthil | tulungên ingwang | ingong dinulang siti ||

11. Radyan Damarwulan rinêmpak ing kathah | pinêdhang cinampuling | sinosog ing watang | tansah wayang-wayangan | sing pangrêksaning Suksma di | sung parimirma | ing dasih kang kaswasih ||

12. radyan kalih kalangkung ing dukanira | wadyanya kathah mati | runjang samya rowang | caruk wor liru lawan | sing sêsêk sara mapipit | sira rahadyan | tandya ngabani dasih ||

13. kinèn mundur rahadyan kalih umangsah | sikêp pêdhang lan tamsir | kinubêng manggalak | mêdhang sarya amilar | lir pêksi prênjak tinaji | kêbat acukat | wau rahadyan kalih ||

14. Dyan Sêsôngka pinêdhangan tansah [ta...]

--- 133 ---

[...nsah] indha | sarya matur ngrêpa sih | minta pangaksama | radyan kadya punapa | niaya dasih kaswasih | yogya ngapura | ing wadya anyar prapti ||

15. sarya indha pêdhang tinangkis ing kunca | punang wastra tan titis | nadyan mrananana | pêdhang tumibèng jaja | lalu murub nora busik | radyan kalihnya | ing manah samya gigrig ||

16. sing wratira kinubêng ing balatôntra | merang mêdhot ing jurit | dadya pinaliwat | mêdhang sarya amilar | Dyan Sôngka wus ngèsthi pati | tan lyan kacipta | mung Suksmana kang luwih ||

17. sagunging wong gumuruh swara magiyak | samya lok mati mati | manggung dêr-gêdêran | ting balêbêr wong mulat | tuwa anom jalu èstri | wong kêpatihan | umung samya anangis ||

18. kyana patih kagyat mulat ing paseban | putranira sinapih | aja kaki aja | iku sadulurira | apuranên ingkang sisip | iku putranya | kakang Udara Patih ||

19. Layang Seta Kumitir sawadyanira | mundur marak sudarmi | Genggongnaya lawan | Sêbdapalon ngluwaran | wus samya tata alinggih | rêkyana patya | ngawe ing putra kalih ||

20. sampun samya binisikan putranira | Seta Layang Kumitir | gya kundur kalihnya | sawadyanira bubar | para cèthi ing jro puri | èbêk nêningal | umung samya [sa...]

--- 134 ---

[...mya] anangis ||

21. sawusira bubar gya manjing jro pura | sagung kang para èstri | sosote tan pêgat | dhatêng Dyan Layang Seta | miwah Dyan Layang Kumitir | ingsun tatêdha | marang jawata luwih ||

22. muga-muga dyan kalih dèn adilana | sikara tanpa kardi | baya nêmu apa | besuk radyan kalihnya | dene ta kêpati-pati | anganiaya | mring Radyan Damarsasi ||

23. ya ta malih warnanên rêkyana patya | ngandika mring dyan mantri | babo sira aja | dadi rasaning driya | dèn gung pangaksama kaki | mring kadangira | Seta Layang Kumitir ||

24. dèn narima kaki titahing jawata | pirangbara ing benjing | sira manggih mulya | nanging saiki aja | grantês ing sapangrèh mami | matur Dyan Sôngka | sakarsa ngong lumiring ||

25. angandika malih sang rêkyana patya | iya ing karsa mami | jaranku sadasa | ing mangko gamêlana | ritêna sukêt pribadi | ywa kongsi kurang | padha lêmokna sami ||

26. Radyan Damarwulan umatur sandika | kya patih ngandika ris | kulup putraningwang | bangêt ingsun maminta | ywa nganggo-anggo priyogi | cara satriya | iku anyilakani ||

27. iki kampuh lurik prakutut prayoga | ginawe lunga ngarit | sêlamêt nèng marga | tan ana kara-kara | lawan iki sabuk putih | luwih |

--- 135 ---

utama | sêlamêt tur asuci ||

28. lawan iki kêndharat karyanên pisan | bênting luwih abêcik | taklim mring wong tuwa | raghap sinungan karya | lawan sun paringi arit | timah prayoga | marang jaran kalimis ||

29. doyan mangan tur ngêdohkên selakarang | busanamu kang lami | miwah dhuwungira | ingsun kang ngrawatana | gampang besuk yèn wus mukti | pakewuh apa | sun paringake malih ||

30. awotsêkar sandika Dyan Damarwulan | pisalin gya tinampin | namung dhuwungira | pinundhut datan suka | wus lèngsèr rahadyan mantri | ngrasuk busana | asor cara pêkathik ||

31. mung dhuwungnya tinatah kinaturôngga | rênggèng rêtna wêrja sri | pinundhut tan suka | tansah ngagêm kewala | nanging kinèn buntêl upih | aja kêtara | dadya wor lan pêkathik ||

32. sru kaswayun Rahadyan Damarsêsôngka | enjing gya kesah ngarit | kranjangnya sadhêpa | midêr ing agêngira | sadina wangsul ping katri | parêpatira | mikul sarya anangis ||

33. saprandene samarga atatêmbangan | singa non wêlasasih | apan Dyan Sêsôngka | narima ing Suksmana | kinarya lakyaning bumi | sinêdya tapa | sapangrèh dadya puji ||

34. pamujine Suksmana ingkang winênang | ulun tan nampik milih | ing pikarsa [pikar...]

--- 136 ---

[...sa] tuwan | dasih datan rumêngkang | ngong pasrah Kang Murbèng Bumi | kang karya titah | ingkang asung artati ||

25. Dhandhanggula

1. kawarnaa Rêtna Banowati | garwanira Ki Rôngga ing Tuban | pinarak lawan putrane | Sêkati Sang Rêtna Yu | apratuwin kang para sêlir | ya ta Sang Banowatya | tansah angêmu luh | tan eca raosing driya | sapungkurnya kang raka tindak ing jurit | tansah amêlang-mêlang ||

2. sampun sapta dina siyang ratri | wulan surya rambah kaping tiga | grahana sasi sêdene | ngrêmêng akasa têdhuh | pracalita kilat myang thathit | siyang-siyang gumêbyar | dhandhang munya ngungkung | pêksi-pêksi mencok ing pang | samya agring sêdene kitiran putih | manggung èrêk swaranya ||

3. sêkar datan ana babar sami | tunjung-tunjung akuncup yèn enjang | kang pucang kuncup mayange | papêthetan samya lum | èrêm-èrêm kang bun tumitis | wimbuh Sang Banowatya | nyupêna ing dalu | katingal sang adipatya | akasukan lan sagung kang pra dipati | anèng pinggir samodra ||

4. sinewa gora mring kang para mantriLebih satu sauku kata: sinewa gora mring para mantri | gya cêngkrama nitih panggêritan | pêdhati sinang esthane | jingga agême kampuh | saya nyêlak lawan jaladri | tandya nancap anêngah | sabalakuswa nung | Sang Rêtna Yu Banowatya | anututi anging [a...]

--- 137 ---

[...nging] datan dèn lilani | malah ngantya dinukan ||

5. mêksa nusul nanging tan tinolih | sang dipati sawadya murcita | kèrêm ing laut sirnane | kasêlak sang dyah wungu | môncadrasa waspa drês mijil | supêna winaonan | ing galih mangungun | mila sangsaya sungkawa | duk sêmana ingkang putra kalih prapti | sing wana panggrogolan ||

6. wus miyarsa yèn tinilar jurit | radyan putra gènira nèng wana | wus pitung dalu lamine | tandya sowan mring ibu | praptèng ngarsa rahadyan kalih | têtanya rèhing rama | jinarwanan sampun | mring ibu Sang Banowatya | embah radyan ingarêm-arêm kang galih | kang putra suka myarsa ||

7. Dyan Buntaran gumujêng sarya ngling | sira ri mas besuk nuwun apa | ing rama olih-olihe | Radyan Watangan matur | benjang kula nuwun turanggi | pamburon kawan dasa | kang samya gêngipun | paduka nuwun punapa | raka nabda yayi ingsun nuwun gundhik | putri atmajèng raja ||

8. ingkang akèh ingkang kuning-kuning | ingkang dadêling dêdêg mêjana | lawan kang padha gandhange | kang lênyêt liringipun | kang jatmika wignya mikat sih | iku pan rêmên ingwang | kinroyok ing pupuh | agalak akêning manah | luput êmoh ingsun sanggup dèn karoni | tiniga saya sura ||

9. samya mèsêm sagung para [pa...]

--- 138 ---

[...ra] bibi | radyan dadya panglipur sungkawa | cucud ing pangandikane | tur gadhangan binaud | Dyah Sêkati ngewani liring | ya ta Sang Banowatya | tan liyan kang ketung | amung kang aulah laga | eca lagya ngandika rahadyan kalih | kêsaru praptanira ||

10. abdi panongsong pun Wôngsapati | mungup ing kori lan Gathul Dêmang | dyan putra awas tingale | ingawe kalihipun | ingkang ibu lan para sari | kumêsar galihira | kênyanan ing kalbu | dene panongsong kang prapta | Sang Dyah Banowati waspanya drês mijil | datan kêna ingampah ||

11. praptèng ngarsa Wôngsapati aglis | anukêmianungkêmi ing padanya radyan | awor karuna ature | gusti pukulun tur wruh | kangjêng rama paduka gusti | kêsambut ngadilaga | seda ing apupuh | dene Raja Menakjingga | kunarpane rama paduka binêsmi | lan layone dyan patya ||

12. pra dipati tumpês angêmasi | saha balakuswala gêmpuran | dene wong wetan yudane | Prabalingga gèn têmpuh | ya ta sira pun Wôngsapati | sawusnya tutug turnya | aniba gya lampus | Sang Banowati kantaka | Dyah Sêkati anjrit anggubêl kang rayi | gègèr wong jroning pura ||

13. umyung gumuruh swarane tangis | para sêlir samya bilulungan | warna-warna sêsambate | wênèh [wê...]

--- 139 ---

[...nèh] niba tan emut | wênèh ana kang ngrontok wèni | wênèh amala jaja | akathah liripun | sawênèh sêsambatira | dhuh pangeran tan wêlas marang kang cèthi | ulun tinilar seda ||

14. kang satêngah sêsambating tangis | dhuh gustiku dipati ing Tuban | nora nyana nora dipe | kêsambut ing apupuh | nora môntra ing nguni-uni | dene pangandikanya | tan lawas gya rawuh | sapa gusti sun tatêngatatêngga | lawan sapa gusti ingsun kawulani | wênèh sambatirèng dyah ||

15. dhuh pangeran ulun tumut lalis | datan sagêd ngabdi kakung liyan | antènana kawulane | wênèh sêsambatipun | dhuh gustiku sang adipati | duk arsa tindak yuda | mamriyêmbadan nrus | angasih-asih kang sabda | kawulane sinugun ginusti-gusti | sun sindhêp tulus mana ||

16. kang satêngah sêsambating èstri | dhuh gustiku wong bagus utama | kang asih marang cèthine | bêk darma mong tumuwuh | angecani manahing èstri | ulun durung rumôngsa | amalês sihipun | ing sapta-sapta pan janma | sun tan nyipta angabdi liyaning gusti | sanèsing sang dipatya ||

17. Dyan Watangan apêtêng kang galih | dening ibu tansah kapidhara | saya ngrês myarsa sambate | sagung ingkang para rum | wênèh bondhèt mring radyan kalih | tanapi ingkang raka | Sêkati angrangkul | sêsambatnya [sêsamba...]

--- 140 ---

[...tnya] mêlasarsa | Dyan Buntaran agêglêg tan kêna angling | waspa drês tibèng jaja ||

18. sêsambate Dyah Rêtna Sêkati | katuwane rama raganingwang | kari lola satêmahe | sapa kang sun sêsugun | lawan sapa kang sun ladèni | rama dene atega | tilar marang ingsun | dene ta dadi wanodya | ingsun ri mas arubêt kabotan tapih | tan bisa nusul ing prang ||

19. nora bisa nagih lara pati | ingsun yayi mring Si Urubêsma | dene ingsun dadi wadon | dewa banjutên ingsun | susulêna rama dipati | mênyang ing ariloka | nora bisa kantun | ya ta kang rayi kalihnya | ing tyas gêmpung angadêg suraning galih | myarsa sambating raka ||

20. Dêmang Gathul wus kinèn ngramuti | mring kunarpanya Ki Wôngsapatya | atanapi ing somahe | wus sinung reyal satus | radyan kalih saksana mijil | amêpêk wong kanoman | wulung dasa sampun | samêkta ajêjaranan | Dyan Buntaran Watangan mangkat sêdyèki | dhatêng ing pambarisan ||

21. nandêr nungklang ing samargi-margi | ya ta sampun lêpas lampahira | gênti ingkang winiraos | praptane Sêpêtmadu | nagri Tuban ambêkta joli | tandhu lawan jêmpana | ing pura tumanduk | nimbali Sang Banowatya | saputranya samaru lan para sêlir | nanging radyan wus mangkat ||

22. Sêpêtmadu wus sipêng [si...]

--- 141 ---

[...pêng] saratri | anèng Tuban kawuwusa enjang | Banowati saputrane | kalawan kang para rum | tandya mangkat wahana joli | tandhu-tandhu jêmpana | samarga asêlur | dhinèrèk wong Majalêngka | kawuwusa maha sang narendra putri | lagya miyos sineba ||

23. mêgêp ing witana adi rukmi | Rarasati lan rêkyana patya | sumiwèng ngarsaning sinom | ing paglaran supênuh | pra nararya rôngga dipati | Maha Sang Prabu Rara | dhawuhkên sabda rum | anjênêngkên para menak | pra dipati kang karèh Daha nagari | linumrahkên ing bala ||

24. putranira kang samya gêntèni | kang tan darbe putra kadang wôngsa | nunggaksêmi sanamane | para menak tumênggung | ingkang karèh mring kyana patih | wus samya ginantyanan | putra kadangipun | kang balik pêjah ing aprang | ing Madiun abdi sanès kang gumanti | nanging nama lir lawas ||

25. wus mupakat wadya kang anangkil | Pranaraga Côndrakètu lawan | Endrajala lan malihe | ing Wajak Angun-angun | Menak Rawa Suragapati | Kalangbrèt Nilasrawa | Têrsana Kêlungkung | ing Sarêngat Bagaspatra | Giwangkara ing Mambêng Madiun kalih | ran Gajah TêmpèngsaraTêpèngsara ||

26. sisih lawan Menak Balaruci | Brajamusthi nagri Jagaraga | Daha myang Surabayane | ngabèinira wolu | karèh dhatêng Dyah Rarasati [Rara...]

--- 142 ---

[...sati] | amung para pandhita | ajar myang manguyu | guntung wasi janggan-janggan | myang bêbuyut êmpu mêlandang ngèstrèni | mèstuti puja môntra ||

27. gya kêsaru Sêpêtmadu prapti | ngirid garwanya Dipati Tuban | lawan putranya sang sinom | Sêkati myang para rum | wus ngandikan minggah sitinggil | sang nata miyak gubah | anglela kadulu | kang bibi Sang Banowatya | lan Sêkati lumajêng atawan tangis | lir rukmi tibèng toya ||

26. Maskumambang

1. anungkêmi ing padanya Prabu Dèwi | ngungsêb-ungsêb tansah | sêsambatira kaswasih | kang bibi lan Dyah Sêkatya ||

2. Prabu Dèwi saklangkung ngrês ingkang galih | ketang trêsnanira | gya tumrun sing dhampar manik | tansah kumêmbêng kang waspa ||

3. sabdanya rum yayi Sêkati ywa nangis | paman adipatya | antuk sihing Suksmana di | amanggih swarga kang mulya ||

4. rèhning paman seda madyaning ajurit | mapag ing wong arda | kang sinatru ing dewadi | pan ngêlabuhi utama ||

5. wus pinasthi ing jawata kang linuwih | wong kêsambut ing prang | mêgati sukêring bumi | swarga tanpa kira-kira ||

6. mulya têrus yayi paman adipati | musakani ing rat | anggêlar mulyaning bumi | among tuwuh trus budyarja ||

7. sihing sama ngêrsêpakên para rêsi | mule ing pandhita | arja-ingarjakkên tyas sih | asih [a...]

--- 143 ---

[...sih] ing wong budi tama ||

8. pira-pira yayi paman adipati | dènnya olah praja | sarta kang puja sêmèdi | pangguh-panggah ing ubaya ||

9. tur sêmbada bêktine ing Suksmana di | andina datansah | ing kasucèn susela di | mrih adining ariloka ||

10. wimbuh praptèng seda nèng madyaning jurit | yayi pira-pira | kamulyan ingkang pinanggih | marma yayi dèn narima ||

11. marêm ing tyas Sang Rêtna Dèwi Sêkati | malih angandika | Sang Prabu Rara mring bibi | bibi pundi putra dika ||

12. Ki Buntaran Watangan datan kaèksi | matur Banowatya | gusti wus anusul jurit | mugi gusti ambangsulna ||

13. yèn kenginga arinta kang derah pati | panuwun kawula | pukulun darbea karsi | ywa lajêng kawêlasarsa ||

14. animbali gusti sampun ngantos jurit | pun paman wus seda | ing mangke arinta kalih | sumêdya alabuh pêjah ||

15. yèn ngantosa gusti kêlampahan lalis | paran polah ingwang | sintên kang kula gendholi | lan sintên kang ngimpunana ||

16. kadang warga sêntana wadya ing Tubin | lan dening yèn wusa | diwasa tega pun bibi | de maksih jaka taruna ||

17. angandika maha sang narendra putri | bibi bênêr dika | sun ngutus nusul si yayi | ywa nganti kêpara tiwas ||

18. Prabu Rara wus pinrak [pinra...]

--- 144 ---

[...k] ing dhampar malih | ngandika mring patya | sapa bapa kang prayogi | sun utus nusul yayi mas ||

19. Kyana Patih Lugêndèr matur wotsari | gusti yèn sêmbada | lan karsa paduka gusti | yogi Rôngga Minangsraya ||

20. lan pun yayi Menak Giyanti prayogi | sarya ambêktaa | sakancanira wong jawi | Prabu Rara angandika ||

21. iya bapa manira iku marêngi | anging umangkata | iya ing sadina iki | ya ta sawusnya ngandika ||

22. Prabu Rara wus jêngkar gènnya tinangkil | kundur angêdhatyan | ginarêbêg ing pra sari | manggung tanapi bêdhaya ||

23. saha nganthi ing arinya Dyah Sêkati | wuwusên ki patya | wus maglaran aminta wis | bupati ingkang lumampah ||

24. adipati kêkalih Menak Giyanti | Rôngga Minangsraya | wus mangkat sing pôncaniti | kawuntat ing Majalêngka ||

27. Pangkur

1. sinêrot anèng ing marga | Rôngga Minangsraya Menak Giyanti | gêgancangan lampahipun | samêkta ing ayuda | dyan warnanên Urubêsma Sang Aprabu | miyos anèng Sokasana | supênuh wadya kang nangkil ||

2. amacak kawula bala | sêsulihnya pra menak pra dipati | kang samya tiwas ing pupuh | sampun samya kagêntyan | pêpilihan êndi wadya kang debya nung | kang têguh timbul ing braja | samya ingangkat [ingangka...]

--- 145 ---

[...t] dipati ||

3. malah akurang nagara | mila ngantos pinaro pinara tri | nagri ing satunggalipun | malah pinra sakawan | ingkang agêng kang nagri pinara wolu | nanging pra raja ing sabrang | kang atiwas ing ajurit ||

4. tan ana ingkang gumantya | pan ing mangke Sang Prabu Urubêsmi | wus minta kang para ratu | miwah kang pra dipatya | kinèn samya angrupak jajahanipun | nagari ing Majalêngka | dene ta Sang Urubêsmi ||

5. eca anèng Prabalingga | akasukan nutug raina wêngi | ya ta ing panyiptanipun | Maha Sang Prabu Rara | dimèn miris nungkula sangkaning alus | mila kinèn ambêbahak | kewala kang têpis wiring ||

6. wuwusên Radyan Buntaran | lan Watangan kang arsa labuh patih | prajuritnya wolung puluh | ingangkat wong kanoman | tur ta samya tindak sêntana sêdarum | sêpalih asikêp tinggar | kang sêpalih sikêp biring ||

7. samarga-marga karuna | kang prajurit sêdya alabuh pati | ya ta sira Dêmang Gathul | pamomongnya rahadyan | janma sêpuh binandrêng ing lampahipun | gigitanira wus têlas | angumplèh samargi-margi ||

8. bêrbês mili cêlangaban | ting darêjêt balung lir dèn lolosi | kudane jojok angunthul | ngantuk ararenggotan | mêlèk-mêlèk yèn kudanira kêsandhung |

--- 146 ---

anjanggirat guragapan | sawusnya angantuk malih ||

9. têrkadhang kang kuda nasak | sira dêmang kagyat kacanthèl ngêri | riyak umbêl dadi mungsuh | watuk kasêlak-sêlak | saprandene nora suda ungasipun | bote wong duwe momongan | labête wong nora gigit ||

10. lèknya jininjing kewala | nanging mêksa sumurup punang manik | sêmana radyan wus rawuh | nagri ing Pasêdhahan | risangsaya binandrêng ing lampahipun | wuwusên kalih dipatya | sira Ki Menak Giyanti ||

11. lawan Rôngga Minangsraya | wus nututi dhatêng rahadyan kalih | dèn lancangi lampahipun | radyan gya ingadhangan | Rôngga Minangsraya Giyanti amuwus | dyan kalih tampi timbalan | kang pangèstu Prabu Dèwi ||

12. Radyan Buntaran Watangan | matur nuwun abukuh nèng turanggi | Sraya Giyanti amuwus | jêngandika ngandikan | radyan kalih dhumatêng ing Majalangu | kanggêk Buntaran Watangan | tan mawi mangsuli angling ||

13. Giyanti lan Minangsraya | malih ngucap suwawi radyan mantri | sarênga ing lampah ulun | sangêt timbalanira | Prabu Rara tuwan tan kalilan magut | rêbut rok lan Urubêsma | dene ta rahadyan kalih ||

14. dèrèng mêmpêng kang diwasa | ina nistha lamun tiwas ing jurit | kêlara rama pukulun [pukulu...]

--- 147 ---

[...n] | yuda lan Urubêsma | mila radyan ngandikan mring Majalangu | kaping kalihnya sang nata | sangêt kasêngkêlan galih ||

15. sedane rama paduka | mangke wêwah radyan mangsah ing jurit | yèn tiwasa ta pukulun | kêsambut ing alaga | kadospundi maha sang kumaraning rum | sungkawa têmahan kadya | suduk gunting tatu kalih ||

16. mangsuli rahadyan putra | wus jamake atma lanang nglabuhi | silih rok madyaning pupuh | yèn datan kalampahan | ulun merang sasaminingong tumuwuh | satriya katut ing pêjah | kaya dudu trah prajurit ||

17. punapa pamalês ingwang | mring jêng rama ing anak kênèng bumi | lamun ta ajrih ing lampus | ngur matia duk jabang | sira Menak Giyanti juwêt kang wuwus | nadyan radyan apêranga | yèn wus pilênggah ing Tubin ||

18. sêmbada ing adilaga | sugih bala ngrekakkên pra dipati | pra menak para tumênggung | sumbaga jayèng rana | lamun tiwas tan sinurak ing dewa gung | labête nglabuhi wawrat | sêmbada ingran prajurit ||

19. yèn paduka paripêksa | dadya ngamuk punggung kirang utami | sintên kang lêmban ing pupuh | mêdal saking ing wawrat | barang karya tan tilar ing wawratipun | radyan kalih sugal ngucap | pasrahna ing jawata di ||

20. yèn rinusak ing Suksmana | sintên ingkang wignya |

--- 148 ---

ngrêksèng pêpati | yèn rinêksa ing dewa gung | sintên ingkang angrusak | pati urip myang dawa cêndhêke ngumur | wus pinêsthi ing Suksmana | titahe dêrma nglakoni ||

21. solah bawaning manungswa | atas Sang Hyang Suksmana kang akardi | Rôngga Minangsraya muwus | nadyan karsaning Suksma | wênang nampik milih arjaning rinuruh | tan marentahakên salah | tan lyan munpangat kang pinrih ||

22. sumambung Radyan Watangan | nadyan sêdya amrih mulyaning bumi | yèn gingganga tekadipun | nora nglabuhi basa | dyan mulyaa mulya sapa ingkang asung | tur môngsa linanggêngêna | yèn wong tan nglungguhi puji ||

23. ing mangke puji manira | pêjah sukur urip langkung prayogi | nanging wus sêdya acucuh | paran ngunduri sabda | tur sabda trus sumendhe ing dewa agung | punika ingkang utama | lêlabuhan wong nèng bumi ||

24. Menak Giyanti angucap | datan kenging radèn wong anèng bumi | sumendhe karsèng dewa gung | dewa tan darbe karsa | luwih-luwih ciptane kang darbe kayun | angên-angên kang sêmbada | samurwat lan kang pinuji ||

25. Radyan Buntaran bramatya | nabêt kuda nandêr kang bala laris | praptèng bangawan manggêbyur | nglangi kang punang kuda | wadya wolung dasa tan ana kang wiguh | katisên Ki Gathul Dêmang | nanging tan pisah ing gusti ||

26. sêmana radyan wus prapta | awu tilas [tila...]

--- 149 ---

[...s] pambêsmining sudarmi | gya mudhun sawadyanipun | ngruruh tulanging rama | tan pinanggih tandya na swara manguwuh | babo radyan sudarmanta | wus minggah ing sawarga di ||

27. sak layone wus binêkta | apratuwin pra menak pra dipati | prajurit kang wani lampus | kang awas ing budyarja | nyawanira wus minggah swarga sadarum | sakèndêle punang swara | radyan gya manitih wajik ||

28. anandêr sawadyanira | Adipati Majalêngka tut wuri | saking katêbihan sampun | gantya kang winursita | wong bang wetan kang ikut ing Majalangu | wong Mêkasan Basutôntra | Dewa Pêrlagi ing Kêling ||

29. lawan Buta Angkatbuta | myang pra menak anyar ingkang angsal sih | andêl tos-tos wudhu jitus | tau tinatah mêndat | ngracak biring akramas obat myang busur | manaut lamêng kulewang | galak para cêkak budi ||

30. Mangrupaksa Wirubraja | Brajapati lan Menak Gajahsrênggi | Trajudhêndha Dhêndhakètu | lan Menak Bimakendra | Bayugora Ngêrdabayu Bayukètu | Mamangdraya Drayuwila | Wirudhêstha Dhêsthapati ||

31. Macanlaut Singandara | Antulaut Wedangsêgara tuwin | Lindhuparang Lindhuwulung | lan Menak Gala-gala | Kêndhangantru lan Menak Kêndhanggumulung | samêkta sikêping yuda | lir sêgara tanpa têpi ||

32. ingkang sinêdya ing lampah | môncanagri [môncana...]

--- 150 ---

[...gri] kidul kang dèrèng balik | pan arsa ingawut-awut | sêmana lampahira | gya kapêthuk Buntaran Watangan ngamuk | putranya Dipati Tuban | wolung dasa kang prajurit ||

33. dyan kalih samya angrêmpak | sikêp watang singa katrajang gusis | wadya dhomas sarêng ngamuk | ngêdrèl samya anumbak | anggulasah wong wetan kathah kang lampus | mawur kuwur asasaran | pating balocor wong kanin ||

34. wong Tuban sapêrti setan | pangamuknya amêrêm sarya nangis | asambat ing gustinipun | adipati ing Tuban | para menak pra rôngga para tumênggung | angokol amangsah dharat | tan ana sêdya gumingsir ||

28. Durma

1. sawadyanya sadaya sarêng umara | bêndhe tinitir-titir | suraknya gumêrah | têtêg ambal-ambalan | kadya alun nêmpuh wukir | gumruh gumêntar | mangêbyuk sagung dasih ||

2. maju rampak makubêng matêpung gêlang | numbak mangrutug bêdhil | manowok amanah | nyuligi anyêrampang | masêr nulup anyampuling | wadya ing Tuban | kathah longe kang mati ||

3. kukus pêtêng mimisira kadya kilat | gêbyaring sara kadi | kalamêrcu lumrang | magêdêr maputêran | wong Tuban agolong pipis | alêlumbungan | kinarya lesan mimis ||

4. saprandene

--- 151 ---

tan ana mundur sajangkah | gya manrot gênti kêris | atumbak-tinumbak | manglut pêdhang-pinêdhang | kèkèt magarot mangukih | kuntus kinentas | tan ana ngetang pati ||

5. marukêt wor caruk agagap-ginagap | mungsuh rowang wus sami | bingung ingkang yuda | singa ingkang kacandhak | goco-ginoco wor mati | sosrah gulasah | kadya babadan pacing ||

6. radyan putra kudanira samya pêjah | ginagap karo kêris | Wirubraja pêjah | pun Basukentra lawan | Brajapati angêmasi | myang Lindhuparang | Lindhuwulung wus lalis ||

7. Bayugora Gêrdabayu sampun pêjah | pun Bimakendra mati | Basukendra pêjah | Dhêsthapati Dudhêstha | apan sampun angêmasi | pun Mamangdraya | pun Drayawila mati ||

8. Angkatbuta Kotbuta Rajèng Mêkasan | Sang Basutôntra Aji | Rojèng Kêling Dewa | Pêrlagi bêg sarosa | mangônta mapiling gandhi | nglamêng mamêdhang | gada bindi mawanti ||

9. datan osik radyan kalih kinêmbulan | pracayèng ing Suksma di | anglindhung ing dewa | singa ginagap pêjah | Radyan Buntaran caruk kris | lan Basutôntra | Watangan lan Pêrlagi ||

10. rok makuwêl Sri Basutôntra wus pêjah | Dewa Pêrlagi lalis | radyan kadya yêksa | mamuk mamunah janma | Buta Kotbuta [Ko...]

--- 152 ---

[...tbuta] mangukih | makendra makyat | cangklèt mêdhang mawa kris ||

11. samya têguh ukih-kinukih manggalak | radyan wus wuru gêtih | Kotbuta lumumpat | punang Katbuta milar | kalih samya angunduri | bala mangrêmpak | dyan kalih dèn popori ||

12. ing sanjata saya dangu saya sayah | gumêtêr radyan kalih | astanya ngêmu rah | ukirannya wus pêcah | kang mupuh datan dèn gopi | sêksana rêbah | Radyan Watangan aglis ||

13. gya tinubruk ing Katbuta dyan kabêsta | Radyan Buntaran ngukih | ngamuk lawan asta | tinubruk ing ngakathah | Kotbuta ingkang nalèni | wadya kanoman | siji tan ana urip ||

14. namung Dêmang Gathul ingkang maksih gêsang | gulung awor lan mayid | ya ta sarêng mulat | radyan kalih kêcandhak | Ki Dêmang Gathul anjêlih | mêrpêki radyan | sarya ambuwang kêris ||

15. buwang kampuh awuda kari cêlana | sigra dipun popori | ing sanjata Dêmang | Gathul sampun binêsta | katur mring Katbuta Patih | bêstan têtiga | jinèjèr ngarsa sami ||

16. Dyan Buntaran Watangan asru manabda | Buta Katbuta anjing | ingsun patènana | belakna ing jêng rama | ingsun aja dèn uripi | lah age mara | patènana wak mami ||

17. yèn wus mati mustakaningsun [mustakaning...]

--- 153 ---

[...sun] caosna | maring Si Menak Baring | rêrêgêding jagad | dhapure lir wrangutan | sêmbada raimu kalih | kaya wêraha | payo tigasên mami ||

18. èsmu merang ki patih asru anyêntak | aja bribini kuping | dene wus binêsta | têka kagila-gila | besuk nèng ngarsaning gusti | tan wurung sira | amêsthi sun patèni ||

19. Dyan Watangan angucap saiki mara | patènana dèn aglis | Angkatbuta nêntak | aja cêrèwèt sira | aja akon amatèni | tan wurung sira | ing mangko sun patèni ||

20. Dyan Buntaran abudi sigra anjêjak | dhatêng Rêkyana Patih | Kotbuta kang jaja | ampêk tan bisa ngucap | gya kinèn ngundurkên aglis | mring Prabalingga | punang babêstan katri ||

21. kang ingutus kajinêman kawan dasa | lêlurahnya kêkalih | ran Udanprahara | lawan Baratkatiga | radyan lumêpas wus kering | sira Kotbuta | Katbuta nglurug jurit ||

22. saha bala sakuswala tandya budhal | menak rôngga dipati | warnanên Ki Rôngga | Minangsraya lan Menak | Giyanti kang mêndhêm baris | mêpêti marga | tandya rok silih ukih ||

23. suraknya wor têngara munya sauran | kadya ngrubuhna langit | gong maguru gôngsa | têtêg kadya butula | brêg-binêrêg sru mangukih | pentar-pinentar |

--- 154 ---

caruk biring-biniring ||

24. kathah pêjah wong kulon lawan wong wetan | gya binwrêg ingkang jurit | makuwêl gagapan | wong Majalêngka bubar | mantri jaba kathah mati | Kidanggayoran | lawan pun Kidanggathik ||

25. Menak Sondong Menak Tunjung Talimimang | nênggih ingkang ngêmasi | wus bubrah sumêbar | lumayu asasaran | wong wetan manglut mangukih | gênti kawarna | sira Sang Urubêsmi ||

26. eca lagya siniwi ing Sokasana | pêpêk kang tôndha mantri | dhaèng para lurah | lir samodra bêlabar | kang anèng ngarsa dipati | Sri Baudhêndha | Risang Madura Aji ||

27. lan Sri Bali Bathara Gung Walikrama | kêsaru duta prapti | pun Udanprahara | lawan Baratkatiga | tinimbalan praptèng ngarsi | sarya ambêkta | bêstan satriya kalih ||

28. lawan êmbanira satunggal binêkta | sumaos ngarsa aji | Buntaran Watangan | jêjêr tan purun lênggah | ebat sagung kang ningali | bagus sêmbada | ladak tan ajrih pati ||

29. Sang Sri Bêsma suka gumuyu alatah | ningali radyan kalih | iki kadangira | Ratyayu Majalêngka | aladak tan gêlêm linggih | mendah ta ingkang | darbe sêntana mêsthi ||

30. patang mono wong ayu ingkang wibawa | tur gungan marang mami | yèn kalane munthah | angicak-icak pangkyan | pantês ngidoni

--- 155 ---

rêrai | sapa wêruha | rasane ingkang ati ||

31. Sang Sri Bêsma tanya mring Udanprahara | radyan duk ing ajurit | ing sasanèskara | sampun katur sadaya | alatah Sang Urubêsmi | Radyan Buntaran | Watangan asru angling ||

32. Menakjingga raimu lir warangutan | lah patènana mami | belakna jêng rama | mara-mara untapna | ingsun ora bisa kari | aywa klayatan | tigasên murda mami ||

33. latah-latah guguk Prabu Urubêsma | pagene dèn patèni | mendah dukanira | ratu sasotyaning rat | pantês tan carêm tumuli | kêlawan ingwang | lamun sira ngêmasi ||

34. radyan kalih akêras dènnya ngandika | lah mara Menak Anjing | patènana ingwang | sabdene pra punggawa | matane pating pandêlik | tan wani nrajang | payo cacakên mami ||

35. singa mulat punggawa jomblong sadaya | ebat dulu dyan kalih | langkung kumasura | tan ana dèn sawawa | ngandika Sri Urubêsmi | inggal aturna | Pamênggêr sang ayogi ||

36. rinêksaa ing sandhang panganira | nanging dèn ngati-ati | aywa kongsi gagal | sarta ywa kongsi pêjah | sabdene sira nèng margi | dipun prayitna | aywa kongsi bilai ||

37. duta mêsat datan kawarna ing marga | ardi Sêmèru prapti | pratapannya Sang Hyang | Pamênggêr duta nêmbah | angaturakên [anga...]

--- 156 ---

[...turakên] dyan mantri | ngungun sang tapa | mungguh dadining jurit ||

38. boting trêsna ayayoga sang pandhita | radyan kinunjara glis | kang kunjara waja | ing jawi tinuguran | pat puluh samya miranti | wong kajinêman | Dêmang Gathul nèng jawi ||

39. tan tinaha dene janma wus atuwa | ya ta wus kalih ratri | ki dêmang miruda | ngupaya sraya ingkang | sujanma guna sinêkti | ingkang supaya | wignya ngêrbat dyan kalih ||

40. siyang dalu Ki Dêmang Gathul lumampah | datan anyipta urip | anasak ing wana | ajrih mêdal ing marga | yèn kadêngangana iki | wong Bêlambangan | mila nasak wanadri ||

41. duk sêmana ki dêmang awas tumingal | babadan anyar dadi | alaju ki dêmang | tandya ningali sêndhang | Ki Gathul sukèng jro galih | sampun rumôngsa | bakal mangan rêjêki ||

42. pirangbara ana janma wade apyan | wêruh rasaning gigit | nulya wontên tiyang | èstri ngangsu mring sêndhang | ki dêmang atanya ririh | sintên kang gadhah | babadan anyar kèksi ||

43. kang tinanya mangsuli punika radyan | dyan arya kang darbèni | Dipati Lumajang | têtruka anèng wana | duk binêdhah Urubêsmi | kasoran ing prang | sang anom nèng wanadri ||

29. Sinom

1. wuwusên Dyan Menak Koncar | kang tatruka nèng wanadri | pan [pa...]

--- 157 ---

[...n] sampun angsal sacôndra | tansah anggêgabah dasih | prandene nora lali | kalangênan ngabên sawung | miwah ngabên dhèrèkan | sinambi angabên pêksi | lamun dalu tan pêgat dènnya babêksan ||

2. tamèng jêbêng miwah panah | tanapi gambuh sêrimpi | bêdhayan atêtandhakan | siyang dalu dhahar larih | kalawan ingkang abdi | wong Trunalanang sadarum | pinuja kasurannya | kang ngladosi para sêlir | kawan dasa samya endah warnanira ||

3. padmènira mung sakawan | ingèbèr tan nganggo wadi | sêmbada ing warnanira | sêmune dèn iming-iming | mring sagung kang ningali | akarya brôngta wulangun | kayungyun singa mulat | garwanya papat sinandhing | ayu-ayu sêdhêng nome cumangkrama ||

4. kang sêpuh Putri Mêkasan | aran Dèwi Angronsari | sing Acih ingkang panênggak | ingran Sumarsanawati | panêngahira saking | Siyak ingran Mayangsantun | Pamêkas ing Mêrtisa | ingran Nyonyah MantarsaKurang satu suku kata dan guru lagu seharusnya: 8i, ingran Nyonyah Mantarsari | ngracak kabèh garwa sêlir kagok nyonyah ||

5. panganggene sêsabrangan | bedane lan sabrang yêkti | namung waja lawan sinjang | sêngkangira cara Jawi | aracak anggêr èstri | basane cara Lumayu | satêngah basa Mandar | dyan arya tuhu abênthing | bocah cikcar sugih bojo kuwarisan ||

--- 158 ---

6. pan wus panggêsanganira | dènnya kulina ing èstri | ambancar para ancikan | tan kêna towong sêratri | anggêre ingkang rêsmi | sadina ambal ping pitu | sêdalu kaping sanga | yèn kurang angolang-aling | angur wuwuh êndême anglêr kewala ||

7. yèn nêsêp pacitanira | pistul sarya dèn mimisi | sinusun cêthoting jlagra | mimis riniyakkên mijil | tibèng sêsaka titis | anratas ing gêbyog butul | anulya inginuman | brênduwin lawan pêpait | gêlasira sajênthik isi satêngah ||

8. tinutuh ing hèr tèh panas | apan tèhira sihuhing | cangkire sanyamplung patah | sinambi angaras rabi | anging mangke dyan mantri | wus pinêdhot êsêsipun | kantun nguntal kewala | sabên enjing rolas ranti | pêndhak sore awan esuk nora beda ||

9. kajawi yèn manggih karya | amêsthi dipun susuli | saêjam ngunjuk sapisan | binobot lan wrating kardi | punika tur jêjampi | angge-angge kang binubuk | kinarya saprapatan | kang saduman anggi-anggi | jinantonan candu ingkang têlung duman ||

10. salamènira dyan arya | duk kasupit nyidra pati | punika lajêng sêngara | tinobatakên madati | winawrat tan prayogi | nyuda kaprawiranipun | lêsu tur cêkak napas | bêncirih [bê...]

--- 159 ---

[...ncirih] ingkang sêsakit | ewuh aya arubêt yèn ana karya ||

11. mila ngantya sapunika | mantun êsês wong abênthing | kajawi nuju tamuan | tuwin animbali dasih | nglêbêti mung sakêdhik | ngecani sarating patut | tanapi yèn sêsanjan | satriya adarbe kardi | pêngangguran kewala ngecani manah ||

12. amrih rahabing pangucap | kinarya angudi pikir | têpung bêcik padha sanak | punika êsês dyan mantri | lumayan wong madati | bisa ngomong tanpa nganggur | cacade mung satunggal | raga rusak tur bêncirih | yèn kêtlôngsa lali sanak bapa biyang ||

13. ya ta ing satunggal dina | radyan lagya ngabên pêksi | lan wadyane Trunalanang | tohira gêgocon kêris | anèng ing tarub jawi | ingiring gundhiknya wolu | angampil gôndawida | pawohan miwah sêsumping | lawan nyôngga brênduwin lan pamojokan ||

14. atanapi talam gêlas | kang juru ciyum anggilir | gêndhingnya munya angraras | clêmpung rêbab lawan suling | calapita myang kangsi | kêtipung ukur dinumuk | patut padha kêrasa | tandhake anyênyindhèni | wadyanira ing manah samya gambira ||

15. ya ta kêsaru kang prapta | Dêmang Gathul tawan tangis | sumungkêm padaning radyan | sêsambatira mlasasih | kagyat rahadyan mantri | apa bapa purwanipun [purwa...]

--- 160 ---

[...nipun] | sira prapta ing wana | nungkêmi pada anangis | wus linggiha bapa matura maringwang ||

16. Ki Dêmang Gathul tur sêmbah | gusti kawula atur wrin | rama paduka ing Tuban | ing mangke kapupu jurit | lan Urubêsma Aji | sabala tontro agêmpur | pra menak têtumpêsan | satunggal tan wontên kari | kuwandane rama paduka ingobar ||

17. wontên madyaning paprangan | arinta radyan kêkalih | Buntaran lawan Watangan | sumêdya alabuh jurit | kathah antuk pêpati | pra raja menak tumênggung | wusana rayi tuwan | kacêpêng madyaning jurit | pan ing mangke rinta kinunjara waja ||

18. anèng Sêmèru pratapan- | nira Sang Pamênggêr Rêsi | kêlangkung kawêlasarsa | ing mangke sumôngga gusti | luware rinta kalih | môngsa boronga pukulun | anglênggêr Menak Koncar | sapandurat datan angling | awusana dyan arya mijil kang waspa ||

19. Dêmang Gathul malih turnya | pukulun kadosa pundi | ing mangke karsa paduka | luware arinta kalih | tan lyan paduka gusti | kang wêlas rinta pukulun | Menak Koncar ngandika | witning bapa ingsun iki | luwih trêsna mring paman lan arèningwang ||

20. nanging ingsun wus tan pasah | bapa mring Si Menak Anjing | sarta wus tita antara | bali-bali sun ayoni | Si Menakjingga sêkti |

--- 161 ---

guna sêrana pinunjul | wignya angadu bala | sêbdène mangsah pribadi | bapa kaya ingsun tobat-tobatêna ||

21. amungsuh lan Menak Alas | ingsun bapa wus angucir | sajroning pangimpèn kalah | malah asring kagum bêngi | katon dèn incih-incih | dibêburu Menak Asu | lah wadi-wadi apa | ingsun wong nora kakêlir | sun tan wani bapa mring si asu ajag ||

22. yèn ta liya Menakjingga | dunên karo sapa mami | sapa-sapa mungsuhêna | sayêkti ingsun tan ajrih | dhasar têguh sayêkti | ingsun digdaya pinunjul | jaba kinêdhèp ilang | iku bapa ingsun wêdi | sok ajaa mungsuh lan Si Menakjingga ||

23. malih umatur ki dêmang | panggenane rinta kalih | atêbih lan Menakjingga | nèng ardi Sêmèru gusti | radyan arya ngling aris | bapa ingsun nora sanggup | satanah sabuminya | sabalane Menak Anjing | ingsun takut abangêt kawus manira ||

24. Ki Dêmang Gathul karuna | gustine sinambat tangis | dyan arya mijil kang waspa | saklangkung putêk ing galih | sing trêsnanya mring rayi | mring Menakjingga sru takut | Dêmang Gathul wotsêkar | wuwuse awor lan tangis | sun kauli gusti yèn anyanggupana ||

25. angêrbat rayi paduka | yèn sampun kêlakon ugi | luwar saking ing kunjara | arinta [ari...]

--- 162 ---

[...nta] Rêtna Sêkati | sampun lyan kang darbèni | gusti kêjawi pukulun | benjing kawula ingkang | matur dhatêng radyan kalih | sarta purun ngong kandhas mring Prabu Rara ||

26. sok si dhasar kêlakona | luwar arinta kêkalih | sumêdhot Dyan Menak Koncar | mangangên-angên ing galih | uni dhasar tau wrin | mring Dyah Sêkati sang ing rum | liya sing Prabu Rara | wanodya sanungswa Jawi | nora nana kang kadya Rêtna Sêkatya ||

27. kuning-kuninge sarira | lan mêmêk-mêmêke wèni | lan jaid-jaiding tingal | lan manis-manising lathi | pacaknya anjukining | gumrining sasolahnya lus | swaranira lir kilang | cumêngkling pamêdharing ngling | mendah baya ing mangko imbuh diwasa ||

28. nadyan anaa kang memba | gandrêse kang ora olih | oliha ing gandrêsira | sêmune nora nimbangi | timbanga pasmon mirib | ing manah nora pinuju | liya sing Dyah Sêkatya | putrane sang adipati | pinetangan kêsatohane utama ||

29. dêrman putra sugih dunya | atutut ingkang rêjêki | tur tumiba ing nak-sanak | cacade kêrêp rêbut ngling | nanging kapuhung ugi | wong ayu asugih maru | wibawa dêrman putra | anenong aning unaning | radyan arya ing galih lir guladrawa ||