42. Dhandhanggula

1. arum dhèhèm Radyan Damarsasi | tandya mingsêr sing pilênggahira | miragyèng ngranupada nor | ngajêngakên sang ing rum | sang dyah rêtna tansah nglendhoti | duk ingajêngakên sang dyah[1] | ing galih kumêpyur | katrangan côndra tumawang | têmpuh liring lir kilat barung lan thathit | kadya datanpa jiwa ||

2. rêmpu sumyur sumawur ing èsthi- | nira sang kalih tanpa jamuga | cêngêng lênglêng wurcitane | sang dyah gya ngrangkul gapyuk | wus kapadhan asmara brangti | supe purwa duksina | kabyatan ing limut | suh sirna tanpa wikara | mukswèng driya lir pêjah sajroning urip | uripnya lawan brôngta ||

3. susiptaning byat mantrining èsthi | nira tandya panjrahning sarkara | sumawur-mawur rum rèhe | rèhning tikswara rampung | kapratisthan ruming pangèksi | pawurtirèng pangraywang | ing swang campur madu | yanghyang budya winartama | pangrubaswèng yudyananing sandi-sandi | drêsananing kusuma ||

--- 221 ---

4. nimban enya asuka ningali | mirsa gapyukira sang kusuma | pawor rukêt ing sêkaron | kadya puyuh atarung | awusana jêngêr ningali | bilêng padha sêkala | Sêbdapalon ngantuk | Genggongnaya pucicilan | aningali solahira sang akalih | mêngkirig gêgithoknya ||

5. gya ngambus mring Sêbdapalon aglis | kagyat dènnya ngantuk agêgubras | pipinira umbêl bae | ya ta Dyan Damarsantun | angrapakên swara kang manis | nganyutkên yuswaning dyah | sang rêtna sinambut | pinangkyan ngasta ngarasan | jênang sela dèn gung pangapuntên gusti | ing dasih kawlasarsa ||

6. rèh ta abdi paduka aguling | lagya kinarsan ing Hyang Suksmana | kagyat sarêng panglilire | gugup ing manah kuwur | tanbuh-tanbuh raosing galih | ing cipta kaya-kaya | mring sang ruming santun | ing mangke pun Damarsôngka | pasrah jiwa anaoskên pati urip | sumôngga ing sakarsa ||

7. datan grantês sapanjrahing angin | myang sarema kang pinara sasra | pinundhut pêjah gêsange | kinèn punapa ulun | ngendralaya anglaya bumi | sakarsa tan lênggana | ing sang murtining rum | kinèn amanjing pawaka | sêgaraning gusti pun dasih mèstuti | ketang sih jêngandika ||

8. ulun nglampahi karsaning gusti | pintên-pintên wong kawêlasarsa | pêkathik [pê...]

[222]

[...kathik] dhusun nah anggèr | sinampar ing wong agung | sampun pêcak tumêkèng sakit | sanadyan têkèng pêjah | yuswa dasih katur | tan langkung gusti kang mulya | mung aksama paduka pinintèng dasih | kang asih ing wong papa ||

9. anoragèng aturnya dyan mantri | asta kering mangrangkul ing madya | kanan anôngga astane | sang dyah sinugun-sugun | pan pinundhi-pundhi mawanti | astèng dyah mangras-aras | wuwusnya sumrah rum | Rêtna Dèwi Anjasmara | kêmanisên datansah anambang liring | ing tyas kadya sinêndhal ||

10. sarira mar kagunturan angling | angling warsa kalungsèn ing surya | kêtara layung-layunge | duk sang dyah rinarungrum | kang kukila nusuh ing siti | saya ngembahi raras | gambar munggèng panggung | pêraga têmpur samodra | dangu wayang-winayang sawangan liring | radyan lan sang kusuma ||

11. tan ingucap dènnya supêkêt sih | pêrjangjine rèh apa wong sanak | sarya ing sabiyantune | sinêksèn ing budya rum | amufakat ing jisim kalih | sarya ingkang kapyarsa | miwah kang kadulu | samya nyaidi sadaya | têmên-têmên palêkatnya gantyan wangi | myang burat rum hèr mawar ||

12. sang dyah kundur dhatêng kêbon sari | radyan tansah kinathi samarga | rêspati dhèncèng-dhèncènge | [...]-yangan ajar wiku | pan sagunung raosing galih | pusa rasaning [...]-ita |

--- 223 ---

wus kêpadhan kayun | biyadane kêpatihan | yèn kayua kayu pinggiring pasisir | wus bêkta jampi brôngta ||

13. Sêbdapalon Genggongnaya sami | samya tumut dhatêng kêbon sêkar | lawan para cèthi awor | angglidhig tur ambêsur | dhepe-dhepe ngêmorkên ati | katungkul gambul bakang | luwung nyundhul bêngkung | yèn ciniwêl wol-êwolan | yèn cinêblèk cêblèke dèn iming-iming | mengo sagung kang mulat ||

14. ya ta sira Radyan Damarsasi | praptèng dalêmira Anjasmara | wus ginantyan busanane | kampuh wangkara linut | ing pêrada gumyur mangrêsmi | paningsêt mas winarja | sinetyèng rêtna byur | cêlananya lungsir jingga | binudir mas linud ing sungging mangrawit | akondhe kakêlingan ||

15. kinancingan ing garudha manik | asêsumping ran mangroning sêkar | rinajamuka rêsmyawor | sunar lênyêp sumuluh | dhasar bagus rahadyan mantri | karêngga ing busana | lir mukswèng kadulu | cumbuh lan Hyang Kumajaya | Anjasmara kadya wong ningali sungging | winangwang-wangwang wantya ||

16. winawas-wawas anganan ngèri | tansah mèsêm ningali mring radyan | kang dèrèng pantês winaon | sinawang saking [...] | tanêbihan dipun pêrpêki | ingulap-ulap sarya | mè-[...] lir santun | agêr [...] manah | Anjasmara Dyan

--- 224 ---

Sôngka dipun puliri | cinêthot ciniwêlan ||

17. tinêbihan sing ngarsa ingèksi | sabdaning dyah cumênthèng lir kilang | gêthing têmên ingsun radèn | wong kaya sira iku | nora kamrah ana ing bumi | pantês mukti nèng swarga | aja sira tumrun | yèn tan dina Gara Mulya | ingsun bae kakang tan pisah ngladèni | nyênyèthi marang sira ||

18. kangmas kangmas payo sun borèhi | gôndawida kêsturi hèr mawar | kakang sapa kang anduwe | kadang bagus atulus | mung cacade ngakokkên ati | kêbangêtên kakang mas | bok sing rada anu | wong abagus anu apa | anu têmên nora pati anganoni | nglêlaga wong abrôngta ||

19. kukus gantung pulase wong nyungging | yèn sun sawang kakang warna dika | buron kali punjul dhewe | pandhe gong kinothak jêpun[2] | tinandhinga ing wong sakêthi | gêbang pangulês sata | tan ana katiru | suku jukung sapolahnya | pagêr wayang toya mijil saking langit | sêkalire wèh edan ||

20. puspa biru kangmas sun wêstani | namung dika têlênge wardaya | pênyu sêndhang alus dhewe | sata wana kêkuncung | nadyan korak wong sanêgari | wuluh rawa kakang mas | ampungana mring sun | kang kayu margi [...] toya | kukus [...] mami | ingsun kang talang [...] ||

--- 225 ---

21. têka mèsêm rahadyan minantri | winangwang-wangwang mring sang kusuma | wus samya lênggah sêkaron | lir ringgit munggèng panggung | Yanghyang Parta lawan Srikandhi | ingayap mring pawongan | ban enya nèng ngayun | Sêbdapalon Genggongnaya | saosane ing lawang parêpat kalih | andadèkkên badhiyang ||

22. nimban enya lan sagung pra cèthi | mawang gusti ajomblong tumingal | kumêdhèp tismak netrane | kakungira abaud | luwês manis amilangoni | miragèng ngranupada | sasêbdanira rum | Kusuma Yu Anjasmara | gandrês manis rumakêt amêsajani | wong ayu gawe brôngta ||

23. awiraga gandhang galak liring | gêbyar-gêbyar sunarnya gumilap | urub lan waja mêncorong | kêkuwungira têmpur | tumaleram arêbut manis | gumilang-gilang raras | wor sêngkang sumawur | pating karênyêp sumirat | ting karêthap lir lintang sayuta kèksi | kang sarêng pêngalihnya ||

24. Dyan Sêsôngka ginandan burat sri | pan jinanton rêsmi myang hèr mawar | linut kêsturi [...]-de | ngambar gandanira nrus | têmpur lawan ruming sang dèwi | a-[...] gêgolongan | saparan-paran nrus | kumutug mangampak-ampak | ngidid kongas lir kayangan widadari | sajroning [...] ||

25. nora siwa-[...] swargan ngalih | e-[...]

--- 226 ---

kumaraning endah | asri ing pisugatane | datan kêna winuwus | kawis-kawis rêja-rêja sri | asri srining kawuryan | kawiryawan pênuh | cêngêng lênglêng kalênglêngan | singa mulat kadya linêlês kang ati | atine karurungan ||

26. langkung dènnya sang dyah amawor sih | datan pêgat ingkang sih-sinihan | aja wêlèh caritane | môngsa borong kang ngidung | pangidunge kang nuju galih | yugya kinawruhana | dènira satuhu | pangulahe ngasmararja | arjèng pragya kasmaya winayang rêsmi | rêsmyan nrus ing kajyatan ||

27. paja-paja winangkarèng kawi | ya ta risang maworkên ing raras | wus minggah ing jinêmrume | mangun kasmarjèng lulut | puja brôngta mulêt milêt sih | anglir Sang Kumajaya | mamriyêmbadèng rum | naya wimbuh-kawimbuan | embah-embah sarkara têmpur lan manis | niscayèng ôndraprana ||

28. kasosra wimôndra martèng lungid | padya-padya priyakèng sudama | rumangguh tanpa liripe | [...] sang mindraja tèngsu | srining Parta carana rêsmi | kungas pangrêngganing tyas | rujit puspita rum | irim-irim ramyang raras | pang-[...] drêsananing raras wiyati | kocak thathit kumênyar ||

29. ma-[...] asmara brangti | dirèng wulangun pêngraras ing dyah | rêja-[...] | mayangkara [...] | lir bêrmara misu-[...] | [...]

--- 227 ---

miragyèng ngranupada | titising pasêmun | pandam liringnya winawang | siram-siram wêrdaya kilating èsthi | mahartyèng swara dibya ||

30. wus dumugi dènira don rêsmi | tan ingucap dènnya olah raras | rinasa ing sêmu bae | ya ta sang kalihipun | lir mintuna kalawan mimi | dahat tan kêna bênggang | ing saparan runtung | ombak agung ing tunjung bang | golang-golong lêmpuyang kang anèng têgil | tansah apêrjangjian ||

31. têngah dalu Radyan Damarsasi | dènnya praptèng anèng kubon sêkar | dungkap bangun rainane | gênti ingkang winuwus | Layangseta Layangkumitir | anèng ing kêpatihan | sowan ramanipun | sêdalu agunêm ing prang | pratingkanya Risang Sindura Dipati | myang Rônggalawe Tuban ||

32. miwah marna Prabu Urubêsmi | Seta Kumitir mundur sing ngarsan- | nira ing rama wancine | apan wus lingsir dalu | datan eca raosing galih | kèndêl anèng pêndhapa | ngantya bangun esuk | myarsa bênce mawurahan | têkak gantêr têtuwu barung lan kolik | anèng ing pêpungkuran ||

43. Pangkur

1. Dyan Kumitir Layangseta | wadyanira pinêpêk sampun prapti | kajinêman patang puluh | samya binêkta langlang | radyan midêr mikur anèng kêbon santun | sêksana Dyan Layangseta | lawan Dyan [Dya...]

--- 228 ---

[...n] Layang Kumitir ||

2. saya tan eca ing manah | gya manjêjêp dalêmira kang rayi | Anjasmara sang lir santun | sarêng prapta ing lawang | aningali wong roro padha alungguh | swaranya pating karêcap | ingulap-ulap awanti ||

3. kumlebat anulya kesah | tinututan dhatêng rahadyan kalih | ingupados tan kêpangguh | radyan sampun graita | dalêmira kang rayi klêbêtan pandung | ya ta sêksana kinêpang | lan wong kajinêman sami ||

4. sinêsêg pangêpungira | samya sikêp tinggar kalawan biring | dènira dyan kalihipun | asikêp tamèng pêdhang | risêksana Dyan Seta mangintip gupuh | mawas marênggang ing lawang | gya myarsa swaraning rayi ||

5. lawan swaraning satriya | imbal raras gêguyon rêbut manis | Seta dhodhog kori asru | nguwuh mring Anjasmara | Anjasmara sapa rowangira iku | kaya abaning satriya | gêguyon nèng tilamsari ||

6. kumêpyur ing manahira | Anjasmara dangu datan nauri | gya ngrangkul mring sang binagus | kangmas ika si kakang | Layang Seta anguwuh-uwuh maringsun | ênya-ênya dhuwungira | kangmas dandana sing bêcik ||

7. amèsêm Radyan Sêsôngka | sarya ngaras dêlingira [...]-nis | kadospundi radèn ayu | ing karsa jêngandika | pan su-[...]-pa kawula kinèn anuntut | [...]-napa kinèn [...] | sa-[...]

--- 229 ---

sa ingsun lampahi ||

8. manguwuh malih Dyan Seta | Anjasmara dene nora nauri | sapa rowangira iku | ya ta sang dyah ngandika | kangmas Damarwulan aja sira nutut | lawan aja pôncakara | kakang yèn sira ngêmasi ||

9. ya ta kang para pawongan | ting bilulung tambuh ingkang ingungsi | ni êmban inya agupuh | nangis nungkêmi radyan | gusti-gusti kawula amanggih lampus | ing mangke wus kawanguran | tan wande kawula mati ||

10. Dyan Damarwulan ngandika | bibi sira mênênga aja nangis | pasrahna ing jawata gung | yêkti môngsa bakala | sun labuhi bibi lamun sira lampus | dèn pêrcaya ing Suksmana | bibi aja nyipta pati ||

11. Anjasmara angandika | kangmas kangmas aja pisah lan mami | mêngko yèn si kakang nubruk | ingsun tamèngna ngarsa | dimèn kogêl kangmas mring sira wong bagus | sênajan tumêkèng pêjah | angur ingsun kang dhingini ||

12. amèsêm Dyan Damarwulan | sang dyah rêtna pinangku ingarasi | sang dyah patrêmnya ingunus | pinusthi anèng asta | Dyan Sêsôngka amawang sabdanya arum | gusti kang sawang kumala | punapa patrêm tinarik ||

13. sang dyah amangsuli sabda | lamun si-[...] kakang tumêkèng pati | ingsun anglabuhi lampus | so-[...] kangmas yèn ora | radyan mantri angaras sarya nabda rum | jimat [ji...]

--- 230 ---

[...mat] mundrine pun kakang | sêsotya ing tilamsari ||

14. biyadane kêpatihan | ingkang asih ing dasih kang kaswasih | pasrahna ing jawata gung | rakanta Damarwulan | ingkang patrêm prayogi yayi sinarung | purba punapa manungsa | ngandêla ing Suksmana di ||

15. ingkang karya pêjah gêsang | wangsul dipun pintaa kang nugra sih | yèn parêng lan bêjanipun | sayêkti tinulungan | Anjasmara mèsêm patrêmnya sinarung | sapa ingkang tan wêruha | Suksmana kang karya pati ||

16. yèn anu kaya pandhita | sêpiraa sing ati sênag-sênig | amèsêm Dyan Damarsantun | sang dyah ngras prêmbayunnya | anyiwêli Anjasmara sarya muwus | bok si matak-matak japa | matak apa-apa aji ||

17. pijêr ngarasi kewala | iki si wong nora duwe kuwatir | kaku rasane tiningsun | ing kene mêlang-mêlang | jêr Suksmana murah marang titahipun | yèn mati kapriye kangmas | mèsêm dyan ngaras panêpi ||

18. Kumitir Dyan Layang Seta | punang kori adangu dèn dhodhogi | awanti-wanti manguwuh | hèh sira Anjasmara | ala têmên sapa dhayohira iku | lah age sira mêtua | Anjasmara anauri ||

19. gumêndhèng winor lan guyya | sukan-sukan [...]-gi ewuh mami | Dyan Seta manabda asru | lah ewuhe [...]

--- 231 ---

apa | sang dyah mujar lagi ewuh jaluk pangku | mring kakangmas Damarwulan | Dyan Seta nêbda abêngis ||

20. nora talah asu desa | wani-wani marang sadulur mami | dyan mantri mangsuli wuwus | supados yèn puruna | awit saking karsane rinta sang ayu | darmi ngladosi kewala | ing mangke kula labuhi ||

21. bramatya Dyan Layang Seta | nguwuh-uwuh sarya jêjêki kori | alah dene mènthèlipun | sabên tinari krama | sakèh mantri punggawa para tumênggung | tinampikan ujarira | lumuh nambut ing akrami ||

22. sakiki alaning ala | wong caluthak dadak gondhol pêkathik | sang dyah gumêndhèng amuwus | sapa arêp wong kumpra | para mantri tumênggung pating cathuthuk | asabut tur mangkak-mangkak | lêkas ladak kaya anjing ||

23. sênajan si pêkathika | bagus têrus ambênthing tur gumrining | wingwing jukining tur alus | mêmês-mêmês wiraga | sêkar banjar kuning mêncorong lir daru | tur putrane kangjêng uwa | pantês ingsun kawulani ||

24. sapa sapa sapa kakang | kang abagus kaya Dyan Damarsasi | priye ta apa wis rêmbug | sira wong loro kakang | ingsun panggih lan kakangmas Damarsantun | yèn tan rêmbug ingsun minggat | rangkat lan Dyan Damarsasi ||

25. Layang Kumitir anyêntak | Anjasmara cocote lir

--- 232 ---

gumiris | nglabuhi kakumpra dhusun | sumaur Anjasmara | sikak asu aja sira ajêjugug | cocotmu si kurang ajar | bramatya Layang Kumitir ||

26. nimbali wong kajinêman | kawan dasa andêdêl punang kori | gya bêncah Dyan Seta gupuh | lumumpat ngikal pêdhang | aprayitna kang tamèng pinutêr asru | Dyan Sôngka amangku sang dyah | anèng ing waton jinêmrik ||

27. sêksana Dyan Layang Seta | duk mangayat pêdhang kogêl mring rayi | sang dyah gumêndhèng amuwus | mara-mara tibakna | Damarwulan yêkti sun belani lampus | amênggah Dyan Layang Seta | sêksana Layang Kumitir ||

28. ngundha tamèng ngikal pêdhang | duk mangayat Anjasmara sru angling | mara tibakna dèn gupuh | mêdhang mring Dyan Sêsôngka | pan sayêkti kangmas sun labuhi lampus | mara-mara tibakêna | gêrgêtên Layang Kumitir ||

29. Dyan Sôngka rangkêp lan sang dyah | gya pinêdhang jumêbrèt tan nêdhasi | sang dyah jajanira murub | kinarya tamèng ngarsa | pan tinitir Kumitir pamêdhangipun | ngantya sangit nora pasah | sang dyah ginêbrag ing tamsir ||

30. manangkis sang dyah ambalang | pamojokan aprana Dyan Kumitir | kumêpruk ing mukanipun | agubras dubang jingga | lathi malik bathuk [...] monyong sacêpuk | Kumitir tandya lumajar | kadya wong [...]

--- 233 ---

ramas gêtih ||

31. Dyan Layang Seta amujar | Damarwulan têka tamèng pawèstri | payo tadhahana ingsun | Anjasmara angatag | tuman bae mara papagên dèn gupuh | mara-mara kangmas mara | mangsah datan angunduri ||

44. Durma

1. tinadhahan ing pêdhang mring Layang Seta | Damarwulan tan osik | dyan tansah lumumpat | amêdhang sarya milar | wanti amêdhang manitir | sarya angucap | hèh mati sira mati ||

2. Dyan Sêsôngka tan lawan sing kyating sura | pinêdhangan tinitir | manangkis ing asta | radèn èsmu mangrêpa | putêr-maputêr matitir | pêdhang lir kilat | gègèr kang para cèthi ||

3. bilulungan tangisnya amawurahan | sêsambat ing dyan mantri | Rêtna Anjasmara | mêrpêki mring Dyan Sôngka | kangmas malêsa dèn aglis | kakangmas mara | ywa pijêr dèn pêdhangi ||

4. Radyan Seta kinayang ingkang sarosa | milar mêdhang manamsir | pêdhangnya kêtampan | ing astanira radyan | kang pêdhang pinuntir aglis | dadya têtiga | tikêl kadya gulali ||

5. Seta milar wus praptèng jawining lawang | manahira matintrim | wadya kajinêman | wêwolu kinèn nrajang | Dyan Sôngka mêdal sing kori | wus tinadhahan | kinarubut ing bêdhil ||

6. punang mimis tan tumêka ing sarira | sinosog ganjur lungit | Dyan Sôngka apanggah [apang...]

--- 234 ---

[...gah] | tansah wayang-wayangan | wong kawan dasa ngêbyuki | ngêdrèl anumbak | tan ana angênèni ||

7. Anjasmara nututi Radyan Sêsôngka | asung talêmpak aglis | sêksana tinampan | radyan sarya angaras | tandya umangsah dyan mantri | wong kajinêman | binuntaran kèh mati ||

8. bêncah tatas macicil netra macithat | usus manguwir-uwir | singa maju pêjah | kang mundur tawan brana | Palonsêbda Genggong aglis | nrambul umangsah | saking upêtan gupit ||

9. sadangunya nèng pawon ngrikiti iyan | sêmana amarêngi | kang bêkothok jangan | anèng kuwali panas | miwah gorèng sambêl tuwin | anèng ing wajan | sawadhahnya cinangking ||

10. Palonsêbda Genggongnaya sarêng mêncak | wong kajinêman aglis | sasisaning pêjah | mukanya siniratan | ing bêkothok jangan aglis | wênèh tinêpak | ing gorèng sambêl wanti ||

11. bilulungan wênèh jungkêl myang lumajar | gègèr mawur magusis | Dyan Seta nguncalan | ing kuwali kang sirah | kumêpruk kalung kuwali | mamrêm lumajar | Layang Kumitir gêndring ||

12. tinututan ing Genggong sarya binalang | ing gorèng sambêl aglis | gêgêrira gubras | sangsaya nêbas-nêbas | gègèr otêr jroning puri | kadya ampuhan | tangis pating jalêrit [ja...]

--- 235 ---

[...lêrit] ||

13. kyana patih saklangkung ing dukanira | wong kêpatihan aglis | pinêpak wus prapta | baris nèng pêlataran | wong dhomas asikêp biring | myang sikêp tinggar | towok pêdhang myang tamsir ||

14. andêlira ingaran wong yudaraga | asikêp ganjur lungit | kèhnya kawan dasa | malih pan ingaranan | wong kawan dasa saragni | asikêp tinggar | rongpuluh talangmati ||

15. tau jitus asikêp lamêng myang pêdhang | iya wong talangmati | ki patih wus ngasta | waos agêm pusaka | surya sumirat kang wanci | sapirang-pirang | natar èbêk kang baris ||

16. kyana patih lumêbêt ing kêbon sêkar | ingapit talangpati | Kumitir lan Seta | matur sarya karuna | kalih samya tawan tangis | matur wotsêkar | sasanèskara titi ||

17. saya sangêt ki patih bramatyanira | talingan lir sinêbit | mangsah gurawalan | lawan wong talangpêjah | Anjasmara kang winarni | tansah karuna | abondhèt mring dyan mantri ||

18. buntarira kang sinjang wus binundhêlan | lan koncanya dyan mantri | Sêbdapalon lawan | niban wus gêgandhengan | ni enya bundhêlan kalih | Ki Genggongnaya | wus samya ambêk pati ||

19. Anjasmara ngandika mring Dyan Sêsôngka | kangmas ingsun labuhi | payo barêng pêjah | tigan sapêtarangan [sapê...]

--- 236 ---

[...tarangan] | aja sêlaya ing pati | sukur jêng rama | wêlasa mring wong kalih ||

20. kang supaya tulusa apalakrama | gêsang tumêkèng pati | nèng ing swarga nraka | aja pisah lan dika | mangsuli Dyan Damarsasi | sakarsaning dyah | na[3] anggèr sun labuhi ||

21. ri sêksana sang kalih kêkanthèn asta | sêdya mrak ing sudarmi | lan ni babu enya | Genggong lan Palonsêbda | ya ta sang rêkyana patih | kêsaru prapta | ginrêbêg talangpati ||

22. Layang Seta Kumitir lumampah ngarsa | sang dyah patrêm tinarik | wus ambêk palastra | tan ana kang kacipta | liya sing radyan minantri | praptèng byantara- | nira sudarmèng patih ||

23. sang kusuma sarya amônca udrasa | rangkulan lan dyan mantri | kya patih duk myarsa | mênggah angusap jaja | gêrêng-gêrêng kewran galih | dene ta sang dyah | rangkulan lan dyan mantri ||

24. Anjasmara sambate kadya gurantang | rama ulun ngêmasi | yèn paduka duka | dhatêng Radyan Sêsôngka | sayêkti dêrmi nglampahi | awak kawula | ingkang adarbe kapti ||

25. rama rama lêhêng kula pêjahana | èstri rêgêd nèng bumi | nyidra ing asmara | rêmên pêkathik desa | anistha tur kawlasasih | putraning uwa | Maudara ing nguni ||

26. jêr ing mangke sampun murca amêrtapa | mila Dyan Damarsasi | tuwan siya-siya | awon ing sirnanira [sir...]

--- 237 ---

[...nanira] | tinundhung sing Maospait | alane ala | ing mangke nyidrèng rêsmi ||

27. ngong labuhi wong roro datan sulaya | gêsang tumêkèng pati | kawula tur asab | apêjah lan kakang mas | sukur yèn paduka sudi | apti ngambila | mantu dhaup lan mami ||

28. puluh-puluh rama jêr kawula trêsna | mring kangmas Damarsasi | tur trahing utama | dhasar anunggil bôngsa | ewasêmantên dèn suprih | ing dedenira | yêkti kula belani ||

29. lan sabdene wong roro pun babu enya | samya dêrmi nglampahi | datan darbe ala | witne lir cocak môngsa | dènnya mambêngi mring mami | ulun tan kêna | mila lumiring kapti ||

30. lakar kula rama ingkang tuking ala | ywa tanggung têkèng pati | yèn paduka duka | lamun tan kolu rama | amêjahi dhatêng mami | jaja kawula | ulun suduk pribadi ||

31. sinurakan ulun dene ing jawata | ingaran wêdi mati | mêdal sing trahira | jêng eyang Gajahmada | cacade dadi pawèstri | pun Anjasmara | lanang angrata bumi ||

32. dhasar lumuh ing karya panggawe nistha | tan watak amrih silip | sênadyan rêmêna | dhatêng Radyan Sêsôngka | dhasar nglabuhi kaswasih | datan kuciwa | kangmas sun kawulani ||

33. amawia nêmbung dhatêng ing paduka | mendah paduka yêkti | tangèh nurutana |

--- 238 ---

mindhak saya niaya | dhatêng kangmas Damarsasi | kula tur môngsa | sandeya akêpanggih ||

34. mendahane kakang Kumitir lan Seta | dènira amrih pati | mring rakanta radyan | lir satru kabuyutan | ulun tan wurung amati | nglabuhi kangmas | mila mangke wak mami ||

35. untapêna rama ing pêjah kawula | yèn lingsêm ngakên siwi | dhatêng Dyan Sêsôngka | ya ta rêkyana patya | myarsa sambate sang dèwi | pan èsmu waspa | jroning tyas èsmu kingkin ||

45. Asmaradana

1. wagugên rêkyana patih | ketang trêsnane mring sang dyah | Anjasmara sang lir sinom | tur putra dinama-dama | ngrampungi salir karya | pradhah budya sarèhnya rum | wignya ngadani nagara ||

2. ing rèh kabupatèn wêgig | kêna tinari ing karya | [...]-k dhasar dèn monga bae | tau nigas karya prana | bèr dunya [...] dana | nalar ing kagunan putus | ing tindak tanduk pêsaja ||

3. tur bisa amujanggani | ruwêt rêntênging sudarma | kêna ji-[...] wadyane | sêdaya wong kêpatihan | kang samya kêkurangan | mring sang dyah pangungsènipun | bisaa ngecani manah ||

4. mila kogêl sang apatih | wusana arum ngandika | Seta Kumitir nak ingong | ewuh têmên atiningwang | marang Si Damarwulan | yèn sun pêjahana èstu [è...]

--- 239 ---

[...stu] | Anjasmara bela pêjah ||

5. matur Dyan Seta Kumitir | inggih sênajan atmaja | yèn awon yogi pinatèn | akarya rêntênging praja | nistha kalokèng jana | nyênyampur lampah rahayu | alênggêg rêkyana patya ||

6. wusana ngandika aris | kulup iya karêp ingwang | yugi kinunjara bae | gampang ing pamburènira | ing mangko Anjasmara | kêlawan Si Damarsantun | ingong siasat kewala ||

7. ban enya parêpat kalih | iya padha siniasat | jêr padha panunggalane | ngugungi panggawe ala | wêdi malangi karsa | bok iya atutur mring sun | wong tuwa datanpa karya ||

8. angrojongi nalar silip | padha rantenên kewala | iya pirangbara têmbe | kaki ingsun olèh nalar | kang yugya dadi tilas | nanging sakikine kulup | mêngkono ing karsaningwang ||

9. nêmbah Dyan Seta Kumitir | rumojong karsaning rama | rêkyana patih dêlinge | dhatêng putra Anjasmara | lah dhenok priye sira | apa gêlêm amiturut | ing sakarsa-karsaningwang ||

10. sang dyah aturnya kaswasih | yèn kalih Dyan Damarwulan | yêkti tan lênggana ingong | dhatênga ing lara pêjah | nglampahi ing sakarsa | kyana patih sabdanya rum | lah ta babo putraningwang ||

11. sira lan [la...]

--- 240 ---

[...n] Si Damarsasi | ing mangko ingsun kunjara | dèn narima sira anggèr | witne sun iki kalintang | trêsna marang ing sira | tur cotho sakarsaningsun | sira anèng ing kunjaran ||

12. yèn tan sun trapana nini | agawe pêngewan-ewan | ambubrahakên wong akèh | ngugung nalar kaluputan | ingsun kang katêmpuhan | rêntênging ing praja besuk | kêtarik ing ati sabar ||

13. kang amilih-milih adil | amirang-mirang ing tindak | iku lêlarangan gêdhe | tinagih ing Sukmanôngsa | ing rèh sadargèng praja | yèn tan katrapa putrèngsun | ginrayang ing tyas tan arja ||

14. ya ta kusumaning adi | abêbisik mring Dyan Sôngka | lah ta kakang sira priye | karsane jêng rama patya | pan samya kinunjara | tan pisah sira lan ingsun | rahadyan mangsuli sabda ||

15. sumôngga ing dika gusti | katrap sajroning kunjara | sok sampuna pisah bae | gêpah Rêtna Anjasmara | tandya matur mring rama | inggih sakarsa pukulun | kawula datan lênggana ||

16. sok sampuna pisah ugi | ulun lan Radyan Sêsôngka | rêkyana patih dêlinge | iya tan sun pisah sira | aran sêpadha-padha | tur dadi panrimanipun | yèn mati nunggil kuwônda ||

17. Dyan Sela Layang Kumitir | tan arsa mulat arinta | tansah amalengos [ama...]

--- 241 ---

[...lengos] bae | ya ta sang rêkyana patya | garwanya tinimbalan | praptèng ngarsa wus tinutur | ing sasanèskaranira ||

18. purwa wêsana tanapi | karsanira sang apatya | kang garwa asru tangise | nungkêmi mring putra sang dyah | sêsambatnya mlasarsa | nanging wus narimèng pandum | sarya panyêrênging raka ||

19. sêbdanira sang apatih | mara yayi pramèswara | Si Anjasmara dèn age | lêbokêna ing kunjara | lawan Si Damarwulan | nèng pungkur kori dèn kukuh | kuncinên saking ing jaba ||

20. dene kang parêpat kalih | si êmban lawan si enya | padha gandhèngên ing rante | dene kaki Layang Seta | Kumitir amèlua | manjing ing kunjara gupuh | lan ngrante si êmban enya ||

21. sêbdene parêpat kalih | pramèswari lumêksana | lan Dyan Seta Kumitire | wus kering Dyah Anjasmara | lawan Radyan Sêsôngka | parêpat êmbanira wus | dhatêng kubon pêpungkuran ||

22. Anjasmara lan dyan mantri | samarga kêkanthèn asta | awirandhungan lampahe | radyan arêrimong kunca | Yanghyang Parta sungkawa | singa mulat mijil kang luh | akèh ucape wanodya ||

23. kênaa dipun talangi | dukane rêkyana patya | sun gêlêm dèn sulihake | manjing sajroning kunjara | owêl Radyan Sêsôngka | lawan kusumaning [ku...]

--- 242 ---

[...sumaning] ayu | Rêtna Dèwi Anjasmara ||

24. sawênèh ujaring cèthi | iku si pilara apa | nèng kunjara tunggal bae | malah tan maro mêrtiga | nutug dènnya asmara | tunggil manèh nora sêngkut | angêntèkkên samatian ||

25. adoh elok dèn layari | samya larag-linaragan | iya amrih pêdhadhune | sun tatêdha ing jawata | sang kalih muga-muga | inggala angsal pitulung | luwar saking ing kunjara ||

26. ingsun kaul angladèni | nora kudu apa-apa | sok panèna mata bae | sawênèh ujaring janma | Sang Rêtna Anjasmara | mendah dene anonipun | anu lawan Dyan Sêsôngka ||

27. ya ta sêmana dyan mantri | lan sang dyah wus kinunjara | asri tinon lêlangsene | pêsareyannya apelak | tansah arêrangkulan | lan rakanta sang binagus | kadya mimi lan mintuna ||

28. narima ing Sukmana Di | katrap dening ing siyasat | labêting rèh tan krahayon | amurang tataning praja | nyidrani ing apatya | ing mangke wus praptèng pandum | mungkur ing Hyang Suksmanôngsa ||

29. ni êmban enya wus sami | rinante cinancang saka | tuwin kang parêpat karo | rinante cinancang sarya | binlanggu cinangkalak | kang gulu samya dhinadhung | tur êdug ingkang kinarya ||

30. sira Dyan Layang Kumitir | saklangkung [sa...]

--- 243 ---

[...klangkung] asiya-siya | dhumatêng Ki Nayagenggong | datan pêgat jinotosan | sarya dinulang lêmah | kinêbyokan ing kêmadhuh | sarya siniraman toya ||

31. Nayagenggong jêlah-jêlih | mêmisuh sarya karuna | sinêlanan alêlagon | Sêbdapalon tinerekan | angus mring Layang Seta | sinambêlan matanipun | sarya ingidonan dubang ||

32. Ki Sêbdapalon anangis | datansah apêngkêrêdan | sawiyah-wiyah pisuhe | ya ta risang pramèswara | Kumitir Layang Seta | wus kundur sing prênahipun | kadya mêntas mêgat nyawa ||

46. Mêgatruh

1. gênti ingkang kawuwusa sang hyang wiku | kang palênggah ardi Manik | sinuji ing jawata gung | wus bôngsa dewa tan pêsthi | kèksi ing sasamining wong ||

2. ngraga suksma pan sampun wêngku-winêngku | tiningalan aningali | wignya amarna ing suwung | suwungira amimbuhi | sêkarèngira sih pawor ||

3. Sang Hyang Ruci brôngta ing kênyatanipun | atuwuk datanpa bukti | kawiryan sampun kêgadhuh | tan kêrana apiyarsi | tan guling tanpa kalêson ||

4. ing sadhepokira tan pêsthi kadulu | mujude kêlawan êsir | sirna kamanungswanya wus | bisikanira sang yogi | Hyang Bathara Murti kaot ||

5. Hyang Bathara iya ing Sang Hyang Suwendu | iya

--- 244 ---

Hyang Srêngkara Manik | Hyang Tunggul Winênang iku | iya Hyang Kumadhagiri | hya Hyang Ciptamaya kaot ||

6. Hyang Sêkôntha Hyang Gonaswara Sang Wiku | iya Sang Hyang Tunggul Manik | watak nawa sanga sampun | linênggahan ing sang yogi | ran paringing jawata nom ||

7. mila aran Bathara Murti Sang Wiku | angluhuri ing sakalir | mila ran Sang Hyang Suwendu | awas karsaning Sukmadi | kang durung kênyataning wong ||

8. mila Hyang Srêngkara Manik kang jêjuluk | langgêng wus mungkur sing pati | mila pêparab sang wiku | Hyang Tunggul Winênang dening | jinurung ing Hyang Suksmanon ||

9. malih Hyang Kumadhagiri kang jêjuluk | dene awrat kang dumadi | tan kungkulan kawruhipun | Hyang Ciptamaya wêwangi | wus wruh ing sakêrtêk ing wong ||

10. mila juluk Hyang Sêkôntha Sang Awiku | lamun ningali ing wêngi | cumbuh lan rainanipun | tan padhang sing surya sasi | tan pêtêng kalingan ênggon ||

11. apêparab Gonaswara Sang Awiku | wruh caturing widadari | myang pra jawata sadarum | miwah jin prayangan pari[4] | kapyarsa ing sang kinaot ||

12. mila Tunggul Manik ingkang ajêjuluk | awas ing warna piningit | wruh kang samya bôngsa alus | singa kinarsan kaèksi | ing sawantahnya pasêmon ||

13. sangkêp lan babahan nawa sanganipun | pêparabira

--- 245 ---

sang yogi | têtêp-tinêtêpan sampun | trima-tinariman ing sih | sanganên sun ing dumados ||

14. wus ingulihkên mring kang akarya pandum | mila namanya sang yogi | pambêkta kalaning timur | Maudara tan kawarni | ing rèh jisim wus kagêntos ||

15. pamujudnya lawan kanugrahanipun | ing mangke sang maha yogi | kêcatur adarbe sunu | pêpujan kalaning nguni | pêparinging Hyang Sukmanon ||

16. alantaran Hyang Sêmbana Mayang Guru | Hyang Komajaya myang Ratih | ingkang pinuja binêsut | winujutkên warna kalih | Hyang Cakrakêmbang sêkaron ||

17. upamine sari ingambil kang arum | sêkarnya Hyang Asmara di | lan Ratih dening rumipun | kinarsan pinuja dadi | ing atma endah sêkaron ||

18. winadhahan ing kunthi tirta marta rum | Hyang Putra Kanekarêsi | iya Hyang Kaneka tumrun | maringakên punang kunthi | sawusnya binuka alon ||

19. kalih warna ingkang satunggal abagus | Tanpauna kang wêwangi | Yanghyang Kumajaya cumbuh | ingkang satunggal pawèstri | endah lan Ratih pan awor ||

20. Tanpauni anênggih ingkang rum-arum | sarining Hyang Kumasari | sarining sari pinrês kung | ing purwa atmajèng kalih | sajagad tanpantuk anon ||

21. dene Sang Hyang Kumajaya Ratih sampun | sinimpên anèng [a...]

--- 246 ---

[...nèng] swarga di | apan kantun sêkaripun | arume sampun tumitis | anèng sang yogi ingêmong ||

22. Hyang Tanpauna Tanpauni sang ing rum | nanging ta tansah piningit | nèng sajroning kunthi cupu | pêmbabarira anganti | ing jagad kang punang lakon ||

23. pan ing mangke Hyang Sêkôntha Sang Awiku | dahat kapêtêngan galih | rèhning nagri Majalangu | sigra Hyang Narada prapti | lan Hyang Endra sêbdanya lon ||

24. hèh ta babo mitraningsun sang awiku | prakara ing Majapait | atas karsaning dewa gung | titahing Sang Prabu Dèwi | lagya kinarya lêlakon ||

25. lan sêbdene yogyanira Damarsantun | lagya kinarsan dewadi | anglakoni ing kaswayun | ing rèh bakal mutêr bumi | mila sinung karya abot ||

26. kang supaya kinarya sasêpuhipun | ing sasêdyanira kaki | lir gluga sinusur santun | kawimbuhan ing pêrtapi- | nira atmanta sang anom ||

27. dhasar wijinira wus pinêsthi ratu | amarintah nungswa Jawi | imbuh kang puja môntra nrus | pamintanta ing Suksma di | iya pawong sanak ingong ||

28. wimbuh kungas tan ngluputi ing sakayun | nanging atmanta pribadi | misih kurang tapanipun | sayêkti anguciwani | awrat wong jumênêng katong ||

29. bênêr alusira wus pinêsthi luhur | raga durung nêmbadani |

--- 247 ---

akathah kuciwanipun | rèh padha rosane kaki | alus lan wadhag tan golong ||

30. kang sawênèh nugrahanta gowèng alus | wênèh kapurba sing jisim | rong prakara pajunipun | dene kang kalêbèng jisim | ing nguni alusira sor ||

31. nanging wadhagira kang pêrtapa bêntur | akèh tapane kang jisim | ana tapa kurang turu | ana tapa kurang bukti | ana tapa mrih krahayon ||

32. yèn si dhasar têmên-têmên ing dewa gung | aluse kapurbèng jisim | nadyan andhap sinung luhur | saking pamangsuding puji | sinung murah ing Suksmanon ||

33. kang sawênèh wadhag pinurbèng ing alus | tur asor wujuding jisim | ing pangrèh datan rahayu | sing têmên-têmênnya luwih | alus minulyakkên kaot ||

34. sadurunge wus pinêsthi bôngsa luhur | kawasesa punang jisim | nugrahan pujining alus | sinung murah ing Suksmadi | iku pawong sanak ingong ||

35. utamane babo titahing dewa gung | nyawane nyawa kang luwih | tur papêsthèn bôngsa luhur | jisime kang nêmbadani | tur warnanira kinaot ||

36. bêntur tapa sasolah ngrèh kang rahayu | wimbuh sinurung ing puji | utama puji kang wus wruh | awas ing kaanan jati | sumbaga palêmbaning wong ||

37. myang panggunggung sagung titah kang tumuwuh | tuwuhing rèh ngraharjani | lawan [lawa...]

--- 248 ---

[...n] sing dêrajatipun | tumindak nugrahan jati | marma pawong sanak ingong ||

38. putra dika Ki Damarwulan saklangkung | pinêrtapakkên ing bumi | sawab gêgadhangan ratu | aja kawisesèng budi | ing nyawa jisime golong ||

39. wadhag alus têrusa nugrahanipun | ywa kêrana dèn murahi | mulyaa lan tuhunipun | sêmbada lan kang pamuji | iya pawong sanak ingong ||

40. Hyang Suwendu wotsêkar umatur nuwun | Hyang Panji Nrada ngling malih | babo-babo mitraningsun | karsane Sang Hyang Pramèsthi | pan ing mangke kita kinon ||

41. manjingakên Si Tanpauna dèn gupuh | mring atmanta Damarsasi | dene Tanpauni iku | panjingna mring Prabu Dèwi | ing Maospait kêdhaton ||

42. Hyang Srêngkara wotsêkar umatur nuwun | sapakon dasih mèstuti | latah Hyang Manikmaya wus | mêsat lan Hyang Endra sami | sri natanira gumantos ||

47. Sinom

1. ya ta Sang Tunggul Ngasrama | wus marêm ing tyas mèstuti | mêsat dhatêng Majalêngka | gantya pinurcitèng Kawi | sira Dyan Damarsasi | kinunjara lan sang ing rum | Kusuma Anjasmara | kêlangkung dènnya lulut sih | anujuni ing dina Anggara Mulya ||

2. lingsir dalu wancinira | Dyan Sôngka eca alinggih | kagyat duk kala tumingal | cumlorot saking wiyati |

--- 249 ---

ujwala mindha sasi | praptèng jro kunjara lungguh | gandanya sumrik kongas | titise ing sapta swargi | Dyan Sêsôngka mangrêp panêmbramèng sabda ||

3. pukulun sintên kang prapta | amêrpêki ing kaswasih | arum dêlingnya sang prapta | iya kêkasih dewadi | sira tanya mring mami | Sang Hyang Tanpauna ingsun | titising Kumajaya | piturun saking swarga di | babo arsa manjing marang garbanira ||

4. umatur Dyan Damarwulan | paran gèn tuwan margani | lan ing pundi prênahira | amanggèn sajroning jisim | rèhning wus pênuh sami | kagungane Hyang Suksma Gung | lan punapa kang marga | ing rèh samya darbe kardi | Tanpauna manêbda ing lesanira ||

5. umatur Radyan Sêsôngka | Hyang Pukulun lesan mami | rinowang nabda mring dewa | Suksmana kang luwih adi | Hyang Tanpauna angling | saking netra margèningsun | umatur Dyan Sêsôngka | pukulun netra ngong kalih | darbe karya mulat ing kaanan tunggal ||

6. Hyang Tanpauna ngandika | iya kaki saking kuping | umatur Radyan Sêsôngka | karnaningsun darbe kardi | myarsakkên swarèng bumi | tur swara saking dewa gung | Hyang Tanpauna nabda | saking grananira kaki | Dyan Sêsôngka umatur grana kawula ||

7. pan sampun adarbe karya | gônda pangwasaning Widi | tur ta dadya pêlawangan [pê...]

--- 250 ---

[...lawangan] | nêpsu têtalining urip | Tanpauna nglingnya ris | iya kaki saking êmbun | umatur Dyan Sêsôngka | êmbun kawula sayêkti | panggenane ing budi kang luwih mulya ||

8. Hyang Tanpauna ngandika | iya saking pusêr kaki | umatur Radyan Sêsôngka | pusêr kawula sayêkti | wus andarbèni kardi | nênggih pakumpulanipun | sagung kang samar-samar | kang alus sajroning jisim | anèng pusêr atas saking Hyang Wisesa ||

9. Hyang Tanpauna ngandika | saking jajanira kering | umatur Dyan Damarwulan | kang jaja kering sayêkti | pasênêtaning urip | kang urip lawan pangèstu | tur pangèstuning Suksma | prasasat Sang Hyang Suksmadi | angêdhaton anèng soring susu kiwa ||

10. Hyang Tanpauna ngandika | yèn mêngkono ingsun kaki | sira sun tunggu sing jaba | Dyan Sôngka umatur aris | dadya datanpa kardi | tuwan arsa nitis mring sun | têmah wayang-wayangan | tanpa wor sarosing urip | tanpa karya ngêmadheyan sanès raga ||

11. ngandika Hyang Tanpauna | yèn mêngkono Damarsasi | ingsun manjing guwa garba | awor lan alusmu kaki | dene margèng sun yêkti | iya saka duganingsun | rèh ingsun sipat samar | môngsa kewuhana margi | Dyan Sêsôngka arum amangsuli sabda ||

12. inggih Sang

--- 251 ---

Hyang Tanpauna | pukulun nuksmèng jro jisim | kadospundi èsthanira | raga siji nyawa kalih | Tanpauna tan angling | Hyang Suwendu tandya rawuh | ngintip jawi kunjara | amèsêm Sang Maha Yêkti | myarsa dènnya umatur Dyan Damarwulan ||

13. dhatêng Sang Hyang Tanpauna | ya ta Sang Srêngkara Manik | pinêsu kang puja môntra | cinipta Dyan Damarsasi | sêksana anglimputi | Hyang Dewaruci wus rawuh | mijil saking ing grana | kumutug raga tan kèksi | wus kagêntyan ing mujude Ruci brôngta ||

14. Dyan Sôngka sampun murcita | kalimputan dene ing sih | wêrôngka manjing curiga | curigane Dewa Ruci | Hyang Tanpauna aglis | ingatak dhatêng sang wiku | payo klayatan apa | Tanpauna dipun aglis | lah rasukên aluse Si Damarwulan ||

15. dènnya nabda sang pandhita | sinurung lawan sêmèdi | ginêlak sing puja môntra | Sang Hyang Tanpauna aglis | ngrasuk mawor manitis | wimbuh-kawimbuhan sampun | karo-karoning tunggal | lir kilang pawor lan manis | padha alus-aluse tanpa wangênan ||

16. pawor punang cipta rasa | rasane wus dadi siji | Tanpauna Ruci brôngta | kalimputan ing Suksmadi | ing yanghyang dewa luwih | kang mêngku saliring suwung | suwunge wus kênyatan | ing aluse Damarsasi [Da...]

--- 252 ---

[...marsasi] | alusira jumênêng kêlawan wadhag ||

17. wadhagira Dyan Sêsôngka | sangkane jumênêng urip | uripe tanpa kêrana | kêrana Dyan Damarsasi | kang nêmbah kang amuji | marang iya pujinipun | liya Dyan Damarwulan | tan beda sagunge urip | namung kari kang êsih kasrah kewala ||

18. maha wiku tandya mukswa | ya ta Radyan Damarsasi | ragane wus paripurna | alusnya wus angêrsêpi | mujud kalawan jisim | ya ta sira sang binagus | cêngêng duk kalênglêngan | rumasuk kalawan ing sih | sumyar-sumyar kang cahya saya gumawang ||

19. kadya ta purnama wulan | sumyak manglela nêlahi | padhang sajroning kunjaran | kungas kang gônda mimbuhi | asor jêbat kasturi | sarining Hyang Kumasantun | dewa mulya ing swarga | pinujwa ingkang wêwangi | wus karasuk ing Radyan Damarsêsôngka ||

20. ya ta Rêtna Anjasmara | sadangonira aguling | sarêng nglilir kagyat mulat | padhang sajroning piranti | kasênênan cahyaning | rakanta Dyan Damarsantun | mêncorong kadya wulan | sêdhênge purnama sidik | tanpa gônda arume ngêbêki papan ||

21. ngungkuli wangining sêkar | ambar lan jêbat kasturi | kênyataan ruming swarga | saking sih nugrahan jati | sang dyah saya lulut sih | ing rakanta sang binagus | sang dyah tan nyipta krama | ing sama-samining

--- 253 ---

janmi | anggêpira angabdya jawata mulya ||

22. sêbdene ni êmban enya | tanapi parêpat kalih | kagyat mulat jro kunjara | anyana katiban sasi | saha gônda sumyak mrik | samya anjêngêr duk dulu | wêkasan suka ing tyas | rumaos badhe angsal sih | samya sukur ing Maha Hyang Suksmanôngswa ||

23. malih ingkang winursita | maha sang narendra putri | [...]-nsah[5] èsmu sungkawa | sare anèng môndrakini | lami datanpa guling | lagya ing mangke sang ing rum | eca dènira nendra | pinêtêkan Rarasati | Prabu Rara amujung kampuhnya jingga ||

24. andungkap bangun raina | Rarasati datan guling | kagyat aningali cahya | lir wulan saking wiyati | kungas gônda nrus minging | angambar ambêtira rum | cumlorot tibèng jajan- | nira sang narendra putri | Prabu Rara amurub sariranira ||

25. katar-katar kang ujwala | mawulad jroning jinêmrik | sumuk ing sadhatulaya | Rarasati anungkêmi | cêngêng lênglêng ningali | kanikmatan ing sumrah rum | kadya datanpa jiwa | kasor ingkang cahya adi | tandya wungu maha Sang Prabu Wanodya ||

26. pêpungun carêming driya | driya kadriyan sumrah mik[6] | upama lêbu katiga | kasoka bêntèr ing rawi | tandya katiban riris | siram-siram sing

--- 254 ---

tawang rum | rumêsêp kanikmatan | nikmating sih jawata di | duk pawore Tanpauni lan alusnya ||

27. ketang sajroning supêna | lir samêloknya kaèksi | sukur ing Hyang Suksmanôngsa | karênan pinawor ing sih | matur Dyah Rarasati | duk mirsa kang cahya murub | cumlorot sing awiyat | tibèng jaja lir kabêsmi | manrus sumyak jinêmrum dadya pawaka ||

28. Prabu Rara angandika | sêjatine ingsun ngimpi | rinasuk ing widadarywa | aran Sang Dyah Tanpauni | sarining Dèwi Ratih | pinujwa dening dewa gung | kinèn anitik mringwang | sawuse pawor lan mami | rasa roro wus dadi karoning tunggal ||

29. yayi ing cipta manira | ingsun ya Ratih ing swargi | Tanpauni iya ingwang | Kêncanawungu ya mami | tur sinung gônda mami | kênyataan ing swarga gung | kumaraning kayangan | Hyang Cakrakêmbang ing swargi | pustakane wus kagadhuh marang ingwang ||

30. iya ta môngsa bakala | nguni Hyang Kanekarêsi | ingutus Hyang Jagadnata | marna karsaning Suksmadi | baya mèh amêkasi | lêlakon ing Majalangu | cahyane wus tumiba | kang bakal mangkurat Jawi | duk ing ariloka wus têtanggon ingwang ||

31. ing sapta-sapta panjapma | yayi tan wurung kêpanggih | pangajapan ingsun tawang | kang piningit ing dewadi | sêbdene sira yayi |

--- 255 ---

baya pinêsthi dewa gung | barêng mukti lan ingwang | anduwèni Majapait | nora bakal labuhi lêlakon ingwang ||

32. rèhning ta sira tumingal | praptèng sun sarya bêkta sih | nugraha jati wasesa | pan ing têmbe sira yayi | barêng lara lan mukti | Rarasati matur nuwun | ing tyas marwata suta | Rêtna Dèwi Rarasati | langkung dènnya kapencut ing madu brôngta ||

48. Dhandhanggula

1. kawuwusa enjing Prabu Dèwi | samya cingak sagunge kang mulat | gumilang-gilang cahyane | ngambar gandanira nrus | sakêdhaton ing Maospait | pênuh kèbêkan raras | sira sang lir santun | samya anyana ing manah | Prabu Rara katurunan nugrajati | sinung sihing Suksmana ||

2. duk sêmana Ki Menak Giyanti | lawan sira Rôngga Minangsraya | sampun katur ing lampahe | radyan kalih kêcakup | miwah wadya ing Maospait | kathah longe kang pêjah | wong wetan sayanglut | dene têtindhihe lampah | Angkatbuta Kotbuta digdayèng jurit | bala wêndran ayutan ||

3. malah sampun ngancik ing Kêdhiri | mambêng Kalangbrèt Trêsana Ngrawa | ing Wajak wus nungkul kabèh | sarêngat wus kêcakup | kang pra menak lumayu tintrim | ngumpul mring Majalêngka | kawratên ing mungsuh | dhasar ajrih ing tilasnya [tila...]

--- 256 ---

[...snya] | kawimbuhan rinêmpak kiwul tan pulih | kosik kambah kabêrkah ||

4. sarêng katur mring Sang Prabu Dèwi | sakêlangkung sang dyah dukanira | ing para dipati kabèh | nanging wusananipun | wus sumendhe ing dewa luwih | sasolah bawaning rat | kawêngku dewa gung | wimbuh Sang Prabu Wanodya | mawangdeya amayang suciptèng brangti | ika ing têtanggonnya ||

5. nguni batangnya Hyang Mayamanik | Panjiputra iya Hyang Narada | duk mêksihnya Rônggalawe | nguni sampun tinutur | dènnya krama abantên jurit | sarah wukir kêpala | asamodra marus | ing mangke wus kalampahan | kawimbuhan Tanpauna Tanpauni | wus tumrun Majalêngka ||

6. punang cahya sampun amanjingi | mring sang lagya winayang ing dewa | nanging kasamaran mangke | Tanpauna trusipun | mila Sang Dyah Sri Nata Dèwi | mawas-mawas ing tawang | nawang-nawang luhur | titise Hyang Tanpauna | duk sêmana Kusuma Sang Prabu Dèwi | kapêtêngan ing driya ||

7. tandya minggah ing sanggar panêpi | ananuwun ing Hyang Suksmanôngswa | ing rèh wagugên ing tyase | sigra Hyang Nrada rawuh | gya nêmbrama Sang Prabu Dèwi | hong Sang Hyang Siwahboja | sing netra kadulu | nirdahna pinaron sêbda | dêrman dêrma surup ing nata prayogi | Hyang Carik Widinagra ||

8. linging [ling...]

--- 257 ---

[...ing] Nrada hong sirantuna sih | sah-asaha migêna namuna | iya kasihing Suksmanon | babo ingsun ingutus | dene Sang Hyang Jagad Pramèsthi | apa ta karanira | kita yogyèng ulun | sira amêmuja brôngta | amintaa kamuktèn sira wus mukti | mintaa warna endah ||

9. sira nini wus luwih sabumi | sakurêbing akasa tan ana | kang mèmpêr mirib dhèwèke | apa ingkang sinuhun | ing Hyang Suksma nungswèng dewadi | umatur Prabu Rara | inggih Hyang satuhu | nagri Majalêngka risak | yèn tan wontên pitulunge hyang dewadi | dasih langkung sungkawa ||

10. hong Hyang Siwahboja lawan malih | sintên ingkang mapag Menakjingga | kêlangkung surèng palugon | andêl kawula sampun | tatêlasan kuciwèng jurit | lan Sang Hyang Siwahbojya | dasih minta wêruh | ing Sang Hyang Padya Bathara | sintên titah kang dadya têtanggon mami | angling Hyang Panji Nrada ||

11. babo-babo kasihing Suksmadi | kêkasihing Sang Hyang Jagadnata | Samba kasih jwata kabèh | babo kêkasih ulun | aprakara rusake nagri | lagya kinarsan dewa | jawata kang agung | iya saiki mangsanya | Hyang Suksmana anitahakên prajurit | tur kêkasihing dewa ||

12. tur ta bakal ingkang amêjahi | iya maring bêthuh Menakjingga | Tanpauna [Ta...]

--- 258 ---

[...npauna] panitise | sang dyah duk myarsèng wuwus | sira Sang Hyang Kanekarêsi | ing tyas marwata suta | sêksana umatur | inggih Hyang Padya Bathara | Tanpauna sintên ingkang dèn titisi | tanapi wêwanginya ||

13. lan ing mangke sang hyang wontên pundi | titisira Sang Hyang Kumajaya | latah Hyang Nrada dêlinge | lah aja nini ratu | sira tanya ingkang wêwangi | dene ing prênahira | adoh yèn rinuru | ya iku têtanggonira | sapa si wong ingkang bisa amatèni | maring Si Menakjingga ||

14. iya iku Hyang Asmara yêkti | Tanpauna kinarsan ing dewa | tur ta jodhonira dhewe | Ratih asmara nurun | angêdhaton ing Majapait | Sang Hyang Narada mêsat | ya ta sang lir santun | wus marêm ing galihira | ya ta gênti ingkang kawuwusa malih | Dyan Arya Menak Koncar ||

15. lan arinya radyan putra Tubin | samarga-marga dènnya lumampah | asri tinon dêdamêle | sagarwa sêlir daut | dhatêng nagri ing Maospait | datan kawarnèng marga | sêmana wus rawuh | têlatah nagari Daha | kawarnaa Kotbuta Katbuta Patih | kang samya pêmbarisan ||

16. sawetannya nagri Maospait | sakidulnya wus beluk sadaya | wus pinacak bupatine | ana pinara têlu | kang sawênèh ingkang nagari [na...]

--- 259 ---

[...gari] | ana pinara lima | myang pinara wolu | wênèh pinara sadasa | kyana patih baris anèng ing Kadhiri | parintahnya Sri Bêsma ||

17. tan linilan ngrêmpak Maospait | kinèn angênês-ênês kewala | Prabu Rara dêdimèkne | nungkul sangkaning alus | Angkatbuta Kotbuta Patih | tansah sinidhigara | rina wêngi nayub | kang gêndhing munya gumêntar | para menak dhaèng rôngga lan ngabèi | tansah kasukan-sukan ||

18. saya kathah andêle ing jurit | sabên aprang macak rôngga menak | kang kêtonton ing karyane | sêngkut krah lawan mungcuh[7] | Singôndara pun Gajahsrênggi | lan Menak Trajudhêndha | Menak Dhêndhakètu | lawan Menak Prajugana | Antulaut lan Wedangsêgara tuwin | myang Menak Gala-gala ||

19. pun Dikwaja lan Menak Pêrmuni | Suradikya lan Dikyasêmbawa | pun Bubutbêsi jajare | lan Menak Sandhugunung | Samparmega Mêndhungjêladri | lan Menak Citrajatha | Menak Citrabêsu | Basukènta Kentalaba | Babuksura Surajatha Jalakgadhing | lan Menak Godhogwedang ||

20. Mangrupêksa Drupêksa Wilpati | lawan Menak Brajawila miwah | pun Kêndhangantru jajare | Menak Kêndhanggumulung | Malangkrêndha myang Darubêsi | myang Menak Calakutha | Mênak Setankêmbung | lawan Menak Karungkala |

--- 260 ---

Suraracun Lêmbugiyêng Patha-pathi | Menak Malangsêmbawa ||

21. Kêbo Gêdrug Kêbo Wora-wari | Kêbo Singat asingat sadasa | pun Branjangkawat jajare | lan Menak Sambangjagur | Têpakmuka lan Carukbêsi | lan Menak Tracakwaja | Menak Babaksalu | lawan Menak Drêmbamawa | Menak Carang lan Menak Gêsêngbaruci | lan Babah Amatasra ||

22. pan sadaya gêbêngan dipati | nora tampik singa kang digdaya | dadi menak rôngga dhaèng | ngêracak samya têguh | sura-sura tur wani mati | cêkak para sumbungan | ing pakarya labuh | sadaya wong Bêlambangan | samya kurang dêduga akaduk wani | wantêr tur bêrangasan ||

23. dyan kêsaru wong Pêcalang prapti | ngarsane patya agurawalan | atur uninga lampahe | Dyan Menak Koncar rawuh | têlatahnya nagri Kadhiri | anrajang pêmbarisan | wadya lit kèh larut | kang samya ngadhangi marga | kathah bubar kang sinêrot sirna gusis | wênèh kêcandhak pêjah ||

24. maju pêjah ingkang mundur kanin | samya sinêrang wadya Lumajang | Dyan Menak Koncar lampahe | arsa mring Majalangu | sarya bêkta atmajèng Tubin | sagarwa sêlirira | samarga asêlur | sira Buta Angkatbuta | duk miyarsa bramatyanira tan sipi | sigra suwarèng bala ||

25. sarya têngara mangrêmpak [mangrêmpa...]

--- 261 ---

[...k] jurit | swara gumrah lir ombak samodra | sigra daut sawadyane | para menak tumênggung | rôngga dhaèng miwah pra mantri | kadya sêkar sêtaman | samarga anggêrgut | kadya buta amêmôngsa | rêbut dhucung dhasare mangrobi tandhing | tan sêdya mundur ing prang ||

49. Durma

1. kawuwusa Radyan Arya Menak Koncar | ingkang lagya lumaris | lan arinta radyan | datan kandhêk lampahnya | binendrong samargi-margi | makawal sarywa | lumaku ngincih pati ||

2. saprandene wadyabala Bêlambangan | kèh longe kang ngemasi | wadya Trunalanang | mamuk sarya lumampah | manèdhèng mamiring-miring | singa sinêrang | wong wetan akèh mati ||

3. garwanira Radyan Arya Menak Koncar | miwah kang para sêlir | tuwin arinira | Sang Dyah Kalpikawatya | myang Rêtna Kalpikaningsih | sadaya samya | mênggêp nitih turanggi ||

4. apratistha abusana cara priya | wênèh sikêp jêmparing | kang sawênèh tinggar | myang tulup pasêr upas | angracak kang para rabi | wasising kuda | datan anguciwani ||

5. binendrongan sing pungkur eca lumampah | wênèh kang para sêlir | rêrêpèn wangsalan | wênèh akêkidungan | sawênèh nêmbang mênyanyi | ingkang satêngah | lêlagon rêbut manis ||

6. kang

--- 262 ---

pinisah namung garwa Mantarsêkar | tunggil lawan dyan mantri | mêkasi ing wuntat | sarya asikêp panah | yèn sinawang langkung pêkik | tuhu bêranyak | tan môntra lamun èstri ||

7. kang kêcina namung mungale kang jaja | yèn nuju kênèng mimis | kumêtèp tan pasah | eca ngêntragkên kuda | amanis sarya angliring | pan samya sura | sinawang lir wong ngrangin ||

8. radyan arya ing galih marwata suta | rinrapkên kang turanggi | mangrangkul mangaras | yèn kalanira bênggang | gêguyon amain liring | Dyan Menak Koncar | ambancèr saya bênthing ||

9. dhasar moncèr anglancur tur kasêmbadan | ladake mrakatèni | cênanang-cênanang | dhasar bocah rêrendan | pêradan tur wani mati | wong sêsongketan | bocah sinrasah rukmi ||

10. Dyan Buntaran tansah matur ing rakanta | kangmas suwawi jurit | sampun amêmirang | ingêdrèl datan lawan | suwawi alabuh pati | Radyan Watangan | gêpah nambungi angling ||

11. kangmas arya lêrês ature rayinta | suwawi magut jurit | sinurak ing mêngsah | satriya lumuh ing prang | mèsêm Menak Koncar angling | lah ta yayi mas | tan enak wong ajurit ||

12. ing sapapan-papan dununge wong aprang | winawrat lan kang tandhing | saecaning lampah | wuruk-wuruk ing lawan | dene sapunika

--- 263 ---

yayi | mêngsah wong rucah | tur karoban ing tandhing ||

13. tanpa damêl rayi mas ngantêp ing yuda | mungsuhan lan brêkutis | tanbuh kang rinêbat | bonggan yèn têkèng tiwas | rêbut balung tanpa isi | yêktine kalah | ingsun lan Menak Anjing ||

14. angur baya yayi angarasa garwa | sumrah kêraswèng kucir | gliyak-gliyak prapta | nagari Majalêngka | gampil wong acampuh jurit | yèn wus kêlakyan | luwar ingkang punagi ||

15. ari kalih umatur inggih kakangmas | sakarsa ngong lumiring | mèsêm Menak Koncar | mangwuh mring Mantarsêkar | dhenok si nonah lu panggil | kumari lêkas | adha pakêrja lêbih ||

16. Mantar nonah angrapakên kang turôngga | nimbali ari kalih | Dyah Kalpikawatya | Kalpikaningsih prapta | sarya ngêntragkên turanggi | ngasta gandhewa | cumênthèng sarêng angling ||

17. apa gawe kakang ingsun sira undang | mèsêm dyan arya angling | nonah rinta radyan | kasihna sirih nonah | cape bêrjalan saari | biyarnya kuwat | dhikasih obat murni ||

18. sang dyah kalih mlengos angrawati tingal | èsmu mèsêm dènnya ngling | gawokan si kakang | wong anèh nora lumrah | bok sinung gantyan pribadi | sun sêngguh apa | alatah radyan mantri ||

19. Dyan Buntaran Watangan saya kasmaran | ningali [ninga...]

--- 264 ---

[...li] sang dyah kalih | amèsêm rahadyan | sarya ngêtutkên tingal | sang dyah kalih wangsul aglis | mring prênahira | sarya ngêntragkên wajik ||

20. radyan arya mèsêm sinamur ing netya | duk ngêliring dyan kalih | sira Gathul Dêmang | netra kumêdhèp tismak | aningali sang dyah kalih | wasising kuda | warna lir Yanghyang Tulis ||

21. de warnanên sira Buta Angkatbuta | sakancanira prapti | angodhol mring radyan | lampahira ginêlak | surak lawan ngrutug bêdhil | têngara gumrah | lir udan sinêmèni ||

22. Menak Koncar gya kèndêl dènnya lumampah | lan garwa Mantarsari | myang atmajèng Tuban | ngabani Trunalanang | wong rongpuluh ambêk pati | kang anèng wuntat | samya asikêp biring ||

23. radyan arya tanapi dyan putra Tuban | samya sikêp jêmparing | lumêpas lir jawah | wong wetan kathah pêjah | kang manurung dèn tadhahi | mring Trunalanang | campuh rok silih ukih ||

24. gênti wawal-winawal gêbang-ginêbang | tumbak-tinumbak wanti | wong wetan kèh pêjah | wong Trunalanang panggah | namung kuda kathah mati | mangamuk dharat | lir banthèng tawan kanin ||

25. para dhaèng para rôngga para menak | samya tandang ing jurit | majêjêl manrajang | manglambung kering kanan | dyan arya lan Mantarsari | sira lumêpas | tibane [ti...]

--- 265 ---

[...bane] lir gurimis ||

26. Kêndhangantru napung ngaliwung ing pêdhang | Trunalanang nadhahi | manumbak tan tatas | Kêndhanggumulung ngrêmpak | tinumbakan nora osik | Radyan Buntaran | manrot mêdhang anitir ||

27. sira Kêndhanggumulung wus tinadhahan | lan Watangan caruk kris | nèng luhuring kuda | kèkèt mangrênjah panta | goco-ginoco manitir | dhupak-dhinupak | radyan arya nulungi ||

28. sira Kêndhanggumulung muka tinêpak | ing radyan arya aglis | dene ing gandhewa | têdhas pêjah wus sirna | Menak Gala-gala ngincih | ing Mastarsêkar | panumbaknya tinangkis ||

29. ing gandhewa watang putung narik pêdhang | Mantarsari nglêpasi | ing tikswara tandya | Gala-gala kang jaja | kapranan nanging tan titis | kontal sing kuda | dyan arya anulungi ||

30. sigra nandêr manglayang saking turôngga | Gala-gala kang wèni | jinambak sinêndhal | mlocot kuliting sirah | nglumba tandya dèn riyaki | kêpala nratas | anjungkêl wus ngêmasi ||

31. angunduri wadyabala ing bang wetan | kawarnaa ing ngarsi | linambung ing mêngsah | tadhah wong Trunalanang | caruk wor asilih ukih | tumbak-tinumbak | tinggar-tininggar gênti ||

32. caruk kèkèt macangklèt pêdhang-pinêdhang | wênèh wakris-winakris | asêndhal-sinêndhal |

--- 266 ---

swaranya lir ampuhan | pating barêkuh wong kanin | sêbrak rêkatak | swara pating carêngkling ||

33. mamuk mamrêm wong Trunalanang magalak | singa sinêrang mati | wus mundur wong wetan | rôngga dhaèng mangrêmpak | pra menak angantêp jurit | mangsah magalak | Trunalanang tan osik ||

34. para garwa pra sêlir samya prayitna | rakit magolong pipis | samya lêlumbungan | pangêdrèlnya tan pêgat | wênèh ngudani jêmparing | wong Bêlambangan | singa mangrêmpak mati ||

35. maju pêjah kang mundur atawan brana | pra menak kathah mati | ingurugan tinggar | wênèh pinasêr ngupas | wênèh ngudanan jêmparing | maju katulak | durung kacundhuk lalis ||

36. saya giris wong wetan kathah kang pêjah | kadya babadan pacing | Malangkrêndha Gajah- | srênggi wus samya pêjah | mangrupêk saha ngêmasi | pun Suradikya | Dikyasêmbawa mati ||

37. Singandara Macanlaut samya sura | gèbèg katiban mimis | mamrêm ngrik lumumpat | milar mangikal pêdhang | tinumbakan nora osik | wong Trunalanang | bubar tan môngga pulih ||

38. para garwa pra sêlir masêr maninggar | wênèh ngrutug jêmparing | Macanlaut panggah | Singandara mangrêmpak | Sang Rêtna Kalpikawati | nglanjak sing papan | tan ngantèni ing wuri ||

--- 267 ---

50. Pangkur

1. wus têlas jêmparingira | narik pêdhang Sang Dyah Kalpikawati | pun Singandara manubruk | sarya mangikal pêdhang | kudanira sang dyah kinêcètkên mamprung | manglayang manambêr pêdhang | kumêlapira lir thathit ||

2. pun Singandara pinêdhang | mukanira jungkêl nanging tan titis | dyan arya awas andulu | ing ngarsa pôncakara | Mantarsêkar Buntaran Watangan sampun | nandêr angêmbat turôngga | ya ta malih kang winarni ||

3. makrudha pun Singandara | giro-giro lir buta môngsa daging | Kalpikawati magupuh | nabêt mangalap-alap | Singandara nangkis pêdhang kalih putung | rikat samya narik katga | Singandara dèn larihi ||

4. mila manuduk turôngga | kuda rêbah sang dyah malumpat aglis | Radyan Buntaran têtulung | wus anjok saking kuda | kuwêl kèkèt lan Singandara mawaglut | goco-ginoco tan pasah | Macanlaut angêmbuli ||

5. rinêbut mring radyan arya | lan Watangan Macanlaut kinalih | tinabok mukanya rêmuk | ya ta Radyan Buntaran | dangu cangklèt lan Singandara masangkut | radyan tinangsil binuncang | Menak Koncar anulungi ||

6. lumumpat saking turôngga | pyuk maputêr Singandara pinuntir | kang kiswa salang sinuduk | tatas wus kapisanan | Dyah Kalpikawati [Kalpikawa...]

--- 268 ---

[...ti] dharat dènnya ngamuk | pinapat ing Dyan Buntaran | sang dyah gya pinondhong aglis ||

7. Menak Koncar gumya latah | lêbur tiwas dagangan kocar-kacir | sang dyah tinitihkên gupuh | ing kuda Dyan Buntaran | sasisane pati wong wetan asumyur | Buta Katbuta umangsah | nanging kêsaput ing wêngi ||

8. tandya sapih kang ayuda | Menak Koncar laju mring Maospait | wong ing Bêlambangan mundur | dhatêng kitha ing Daha | de warnanên Urubêsma Sang Aprabu | sinusul mring sang pandhita | Hyang Pamênggêr Maha Rêsi ||

9. pitutur lir cocak môngsa | sarya erang-erang têpa palupi | ingkang putra rinarimuk | kinèn bubarkên aprang | sarya murungêna dènnya darbe kayun | anggarwa Sang Prabu Rara | Sri Bêsma bêndu tan sipi ||

10. tansah agèdhèg kewala | Hyang Pamênggêr juwêt amituturi | risang maha ratu ayu | ratu musthikaning rat | ambêk santa budya marang krama putus | aja sira mêmungsuhan | lan prabu ing Maospait ||

11. tan wun yèn manggih bêbaya | kumalungkung buwang nalaring gusti | ing satêdhak turunipun | pantês sira sumewa | duk ing swarga Brawijaya Sang Aprabu | sira wong ginawe mulya | ing mêngko amindakani ||

12. tangèh yèn nêmua arja | yèn wong mumpung-mumpung angrusak niti | bêkus Sri Bêsma agangsul [agang...]

--- 269 ---

[...sul] | gawokan sang pandhita | anggung gawe Brawijaya kang wus lampus | tan liya kinudang-kudang | beda mangke lan ing nguni ||

13. Sang Hyang Pamênggêr angucap | nora bena[8] ratu nyawaning bumi | biyèn ratu mêngko ratu | maksih agêlar mulya | nitikrama ing wisesa among tuwuh | tur sinihan Hyang Wisesa | kinamulèn widadari ||

14. awit baboning manungswa | Hyang Sis Cahya Nurrasa Hyang Pramèsthi | prapta ing saturunipun | ingkang jumênêng nata | wus pininta mring Hyang Suksmana kang agung | nora kêna sinêlanan | ing titah kang bôngsa dasih ||

15. ing tyas nora kêna pêgat | nora kêna sira angrusak gusti | tan linilan ing dewa gung | kaki prabu elinga | tanah mulya ing nagari Majalangu | ratune ratu utama | musakani nungswa Jawi ||

16. Sang Urubêsma manêntak | ting kalêpyur idune dènira ngling | Hyang Pamênggêr ramaningsun | sampun kakehan ujar | amunduran glar pambêk ginunggung-gunggung | ugêr ingkang wus kaana | kawidibyan sura sêkti ||

17. ing mangke sapa kang nôngga | ing payudan nênggih dhatêng ing mami | Maospait andêlipun | namung Dipati Daha | sêprandene tan nôngga ing yudaningsun | sêbdene Dipati Tuban | ing adat sura sinêkti ||

18. ing mangke wus têkèng pêjah | tan kuwawi amungsuh lawan [la...]

--- 270 ---

[...wan] mami | wong Majalêngka sadarum | cawêta lan èstrinya | godhong wringin dadia mungsuh sadarum | kêrigên cindhile abang | sayêkti ulun tan wêdi ||

19. lan malih Sang Prabu Rara | datan ingsun suprih ingkang rudatin | supaya arsaa mring sun | sampun kêlawan aprang | mangke rusak nagari ing Majalangu | pan wus jinarag priyôngga | tan arsa amilih bêcik ||

20. andêl-andêl Hyang Suksmana | têmah rusak nagari Maospait | dene datan atêtulung | dewa ing Suralaya | amajua sayêkti ulun tan takut | dewa busuk wuta mamak | wania mungsuh lan mami ||

21. Sang Hyang Pamênggêr angucap | kaki aja akèh-akèh dènnya ngling | basa Hyang Suksmana luhur | tan asih ing wong arda | tindak luput kêkêl ing kamurkan di gung | kang pinilih wong utama | kang tumindak lawan niti ||

22. kang sumrasah ing kraharjan | angarjani ing sasamining janmi | ingkang bisa nimbang wuwus | wuwus kang bêcik ala | kang sumingkir sabarang kang tan rahayu | iku pinilih ing Suksma | pra jawata angasihi ||

23. babo kaki putraningwang | payo mulih maring Blambangan nagri | urungna dènnya mrih pupuh | pan iku gustinira | pan sayêkti gusti kêdhik luwangipun | wong balila nêmu mulya | satêmah anyilakani ||

24. wilalat ingkang pinanggya [pinang...]

--- 271 ---

[...gya] | atas sira abisaa sayêkti | tan kêna rumêngkang kayun | môngga ing rèh tan arja | kaya sira arsa garwa ing sang ing rum | garwanira kurang apa | bok aja karsa ing gusti ||

25. dene-dene kêtampana | pênglamarmu kaki mring Prabu Dèwi | wuta dêksura ing pandum | sira aparipêksa | bok si aja punggal marang ratu ayu | iku kêkasihing Suksma | pra jawata ngrêksèng bumi ||

26. widadari mèstu deya | pra pandhita jrih lulut gung kang puji | wong sabumi winong tuwuh | yèn ampuh upatanya | tur ta sira kaki tan nêmu rahayu | Sri Bêsma saya bramatya | de sudarma asru kingkin ||

51. Asmaradana

1. jaja bang lir mêtu gêni | nênggih Risang Urubêsma | andik ngantirah netrane | nuju pinrak kursi samya | lawan sudarmanira | kaya anyuduka gapruk | pan saking sangêting duka ||

2. pawohanira binanting | sêbarang cêlak sinepak | Sri Bêsma sugal wuwuse | dene ta kaliwat-liwat | kaya mêdèni bocah | sadaya wong Majalangu | sapa kang wani maringwang ||

3. sintên-sintên wong aurip | kang kasongan ing akasa | kang sinôngga bumi kabèh | ratu kang animbangana | dhatêng pun Urubêsma | Blambangan prawira têguh | kyating rat misiswèng jagad ||

4. angrêmak ing Maospait |

--- 272 ---

amondhong sêsotyaning rat | iku èstri ungas bae | durung wruh ing tog manira | basane lumuh krama | tumruna Bathara Guru | mambêngi ingsun tan kêna ||

5. Hyang Pamênggêr Maha Rêsi | sabdanira èsmu waspa | ambêkuh dhuh putraningong | tan ana kang dadi cacad | ratu soca ludira | nanging ana mangsanipun | pêsthine kang linakonan ||

6. kang tan pantês dèn lakoni | sayêkti anganggo môngsa | amriyoga barang gawe | ana sudira utama | ana sudira nistha | sudira kang nistha iku | pantês aja linampahan ||

7. sudira tibèng utami | pantês linakon ing aprang | iku kaki utamane | sira wêdi mêmungsuhan | lawan ing gustinira | nora dadi nisthanipun | malah dadiya utama ||

8. dene ta Sang Prabu Dèwi | pusakane tanah Jawa | ambêg santa budya sumèh | barang rèh ingkang tan arja | amung amrih utama | risang maha ratu ayu | sinôngga rinêksèng dewa ||

9. yêkti yogya dèn singkiri | arda misisèng[9] utama | dadya wruh bênêr têgêse | nora dadi nisthanira | dene amilih mêngsah | êndi Ratu Majalangu | bathara angejawantah ||

10. kabèh kang para dipati | tan ana lir nungswa Jawa | Maospait têtunggule | pininta-pinta ing dewa | musakani utama | nadyan [nadya...]

--- 273 ---

[...n] èstria sang prabu | iku sinihan ing Suksma ||

11. tan ana wong amrih luwih | darbe polah kaya sira | anggung sikara karêpe | margane yèn waluyaa | ngrusak ing gusti tama | wong murka mungsuh rahayu | tangèh mênanga kang murka ||

12. lamun sira wurung jurit | ngarsani Sang Prabu Rara | wong pandhita bungah kabèh | miwah sawawêngkonira | sadaya manglêmbana | sêntana myang anak putu | miwah ratu liya-liya ||

13. suka tur wuwuh pakering | rèh nêtêpi babênêran | yèn wurung juritmu anggèr | yêkti ingaran waspada | amilih-milih mêngsah | dene kang têtêp dèn mungsuh | ing waweka wus têtela ||

14. dadya wruh ing ala bêcik | nadyan dewa suralaya | padha suka bungah kabèh | yèn nimpang ugêring sastra | mirungga amrih arda | yêkti manggih papa agung | rusake sagung manungsa ||

15. lah sapa ingkang tinagih | ing dewa rusake praja | tan lyan marang purwakane | labête kurang waspada | pitambuh ing wêweka | kaya ta upamanipun | kaki jênênge narendra ||

16. anggêpe wadya yèn jurit | sagung kawulaning raja | tumindak lawan sêpakon | yèn ana punggawa tiwas | anèng têngahing papan | nututa kêlawan tatu | sayêkti pan dudu titah ||

17. bôngsa kewan iku kaki | dudu [du...]

--- 274 ---

[...du] jinising manungsa | tan pantês ingabdèkake | saturune aja cêdhak | lawan jênênging raja | wong jêmbêr abôngsa asu | tan pantês awor manungsa ||

18. iku alane wong jurit | atinggal mungsuh adêgan | binirata saturune | yèn ratune wus wêweka | lamun durung wêweka | bênêr wong tinggal ing ratu | pan saking tiwasing raja ||

19. pan ing mangko sira kaki | angamuk punggung kewala | yèn ta bubara balane | yêkti apantês kewala | lawan durung wêweka | ing pamruh durung ginilut | agah kakehan ing karsa ||

20. pira-pira wani mati | sagung wadyabalanira | tur iku pêngluru bae | saking murahing jawata | nanging wawêkasira | tan kaya dhasar rahayu | tur awas wahyuning raja ||

21. Sri Bêsma kang waja gathik | sarêng miyarsa ing sabda | saya sangêt bramatyane | kumutug jaja lir kobar | agèdhèk tanpa ngucap | remanya tansah sinaut | gumêtêr kang punang asta ||

22. Pamênggêr nabda wor tangis | dhuh putraku aja pugal | masalah liring kaprabon | datan kêna ginagampang | pramugarinig jagad | nora kêna lura-luru | babo pangrèhing agêsang ||

23. jêr kêna anampik milih | mungguhing ngrèh kabêcikan | môngsa kinon ala bae | ing Sang Hyang Jagadpratingkah [Jagadprating...]

--- 275 ---

[...kah] | tur kêdhik luwangira | murka ngalahkên rahayu | sênadyan dèn murahana ||

24. ing Suksma ingkang linuwih | sakêdhap ungguling murka | nêngahi praptèng apêse | malah têkèng ing wêkasan | ungguling rèh raharja | nêngahi pan saya unggul | rahayu rinowang Suksma ||

25. arda murka kang ngrowangi | drubiksa amomor tilas | nora panggih sêlawase | dhêmên wong tumêkèng rusak | tur sayêkti kungkulan | ing bêbudèn kang rahayu | rèh ngidinan Hyang Pratingkah ||

26. Sri Bêsma madêg mucicil | anyandhak bindi pusaka | nora kawrat bramatyane | sigra mundur sang pandhita | puwas raosing nala | jrih ing dewa kang linuhur | katêmpuh atmaja pugal ||

27. sangêt digung murkèng bumi | tan wun amanggih dêduka | tiwas arumêksèng katong | tansah andrês punang waspa | tumênga sirèng tawang | mêminta mêmurung laku | yogya têmah ingupatan ||

28. tandya gêtêr-patêr muni | anêkakakên prabawa | lesus kang jawah pan drês wor | buh bagra gura gumiwang | Sang Hyang Pamênggêr mêsat | mantuk mring kayanganipun | lampahnya awor maruta ||

29. Sri Bêsma cuwa kang galih | sudarmanira murcita | mangwuh mring tawang sabdane | payo dewane majua | atandhing lawan ingwang | pra jawata gumya umyung | tan kaya Bêsma Sri Nata ||

--- 276 ---

52. Sinom

1. malih warnanên dyan arya | wus prapta ing Maospait | lajêng sowan mring apatya | lawan Radyan Putra Tubin | wus sinugata sami | saksana bubaran mundur | mondhok ing katubanan | surup surya ingkang wanci | Dyan Buntaran matur raka Menak Koncar ||

2. kangmas yèn paduka arsa | bok ipe sêkawan sami | maraka mring jro kêdhatyan | ing Sang Mahaprabu Dèwi | miwah kang para sêlir | tanapi rinta bok ayu | Kalpikawati lawan | kakang bok Kalpikaningsih | dêdimèkne kawuningan Prabu Rara ||

3. yèn paduka lan kawula | praptèng nagri Maospait | rèh uni ulun ngandikan | asru dènnya ngarsi-arsi | kang sarya awak mami | kados wus misuwur lampus | ing mangke têkèng luwar | kakang mas kang dados margi | radyan arya amèsêm dangu tan ngucap ||

4. wusana arum ngandika | yayi mas langkung prayogi | nanging sumêlanging manah | manawa ngagèt-agèti | akathah kundhik mami | ayu-ayu gumarudug | padminingsun sakawan | kêjawi pun nonah kalih | bilih-bilih kasiku awak kawula ||

5. kula punika yayi mas | sakêlangkung têmên ajrih | dhatêng Sang Prabu Wanodya | dene ta tiwas ing jurit | kawon lan Menak Anjing | arinya mangsuli wuwus |

--- 277 ---

kakangmas tan kuciwa | kawona lan Urubêsmi | dede timbang timun minungsuhkên duryan ||

6. balanya wêndran ayutan | Menak Jingga sura sêkti | pantês sang prabu ngapura | kangmas mring paduka yêkti | kathahe pra dipati | miwah kang para tumênggung | datan kados kakangmas | surèng prang tan arsa balik | lalu nglambrang wisma satêngahing wana ||

7. lumuh beluk nanging wêgah | sing boting wantêring galih | kawula kang nanggêl kangmas | yèn Sang Prabu Rara runtik | malah luntura kang sih | amargi sing luwar ulun | mèsêm Dyan Menak Koncar | Radyan Watangan nambungi | lêrês rinta kangmas ywa sumêlang driya ||

8. ki dêmang matur worsêkar | radyan rinta sang dyah kalih | yogi umarsèng ing pura | sapunika lan pra rabi | ngandika radyan mantri | lah ta paman Dêmang Gathul | sumôngga ing sakarsa | sapangrèh ulun lumiring | tan kawarna dènira agunêm rêmbag ||

9. ya ta ari kalih sang dyah | lan sakawan para rabi | sadaya gêgundhikira | samya lumêbêt ing puri | tandya kandhêg ing wijil | wus katur mring ratu ayu | Sang Rêtna Rarasatya | lan Sang Dyah Rêtna Sêkati | ingkang samya kinèn mêthuk paregolan ||

10. Sang Rêtna Kalpikawatya | lan Rêtna Kalpikaningsih | miwah pra garwa Lumajang | myang sagunge para gundhik | manoragyèng

--- 278 ---

ngrêpa sih | binagèkakên sadarum | ing Sang Dyah Rarasatya | miwah Dyah Rêtna Sêkati | sang dyah kalih dangu dènnya rêrangkulan ||

11. wus kerid kêkanthèn asta | Kusuma Rêtna Sêkati | lan Sang Dyah Kalpikawatya | dene ta Sang Rarasati | lawan Kalpikaningsih | lampahnya aruntung-runtung | gabagan arantaban | pra garwa lan para sêlir | tan myat ing lyan sêdangunira lumampah ||

12. pan namung Rêtna Sêkatya | ingkang tinutakên liring | kuninge kuning utama | sèdhête sèdhêt rêspati | dêdêlingnya gumrining | mêthinthing gilig apatut | pamulu lir kêncana | kaya tan angambah siti | pantês wignya anggoyang yuswaning priya ||

13. bêsus anamur pêsaja | mêmêse amitambuhi | liringe lir pasopatya | sêmune nora nyanani | swaranya rum cumêngkling | pantês gandrês ing tilamrum | nging rèh pacaking netra | busananya mêsajani | mung arume kewala ingkang kinayang ||

14. tanpa wida tanpa sêkar | mung tasik lamat kaèksi | amrusuh tur mônda-mônda | antarane mêsajani | nanging punang kêsturi | jêbade ngambar kungas nrus | ratuse anrus manah | dèn ukup mring bungah ramping | minênciran ambar sêpatêr hèr mawar ||

15. para garwa ing Lumajang | amicorèng jroning ati | pantês Radèn Menak Koncar |

--- 279 ---

kasmaran ing Dyah Sêkati | tan ingwang dèn labuhi | rinowangan takêr marus | iki si jawanira | Dêmang Gathul duk prajangji | mendahane besuk yèn wus kalampahan ||

16. embah dyan arya ing manah | tan pêgat amain kèngsi | êtope tur pêng-êpêngan | pantês tan nguman-umani | mendah susahing ati | tau sawah gaga gadhu | wusana larang pangan | sun tatêdha ing Suksmadi | sok dhasara sang dyah ywa èpèh kewala ||

17. nora kudu nyamènana | sok si enaka sing ati | narima dadi pawongan | sok isiha radyan mantri | wong bagus anjêlanthir | ywa dumèh yèn krama ayu | ngêmpèk trêsna kewala | wong abancèr sugih rabi | sok si aja nglarakkên ati kewala ||

18. ya ta Sang Prabu Wanodya | munggèng prabayêksa adi | ingayap manggung biyada | bêdhaya rong lajur sisih | miwah Dyah Citrawati | Citrasmara anèng pungkur | myang Widawati miwah | Widasmara datan têbih | amênuhi manuhara ing kêdhatyan ||

19. maha sang sêsotyaning rat | pinarak ing kasur sari | kaya murca kinêdhèpna | lir Ratih tumrun sing swargi | rênyêp-rênyêp kaèksi | ujwala mêlok sumuluh | ing kèri Banowatya | sang pramèswari ing Tubin | ingkang tansah anampèni pangandika ||

20. marna solahing [solah...]

--- 280 ---

[...ing] atmaja | duk anèng madyaning jurit | kêcakup ing wong brang wetan | malah ta ingkang pawarti | samya kinunjra wêsi | anèng gunung Mahamèru | dinuga-duga samya | kados sampun angêmasi | yèn sinuduk ing ardanya Menakjingga ||

21. lan pambêkanira radyan | kyating tyas surayèng wèsthi | ya ta Risang Banowatya | datansah sru èsmu tangis | sabdaning Prabu Dèwi | tansah angecani kayun | ya ta Kalpikawatya | Kalpikaningsih wus prapti | myang pra garwa Lumajang tarap nèng ngarsa ||

22. Rarasati lan Sêkatya | wus cêlak ngarsaning gusti | Prabu Rara angandika | lah ta bibi Banowati | èsmu pitambêt mami | ing rèh nguni pan dèrèng wruh | marang Kalpikawatya | sabdene Kalpikaningsih | lawan sintên kang samya nèng wurinira ||

23. umatur Sang Banowatya | apan nênggih sang akalih | punika atma kawula | Menak Koncar kang darbyari | putrane sang arêsi | Butlawa gih kakang ulun | ingkang wingking punika | pun Menak Koncar kang rabi | wuri pisan sêlire pun Menak Koncar ||

24. Prabu Rara angandika | bibi sintên kang wêwangi | somahe pun Menak Koncar | umatur Sang Banowati | punika Angronsari | dene ingkang keringipun | pun Sumarsanawatya | kering malih Mayangsari | wêkas [wê...]

--- 281 ---

[...kas] pisan punika pun Mantarsêkar ||

25. ya ta Sang Prabu Wanodya | ngandika arum amanis | lah yayi Kalpikawatya | sabdene Kalpikaningsih | para majua yayi | ingsun tanya wartanipun | rakanta Menak Koncar | miwah yayi mas ing Tubin | sang dyah kalih tandya umajêng wotsêkar ||

26. sarya manuksmèng ing pada | sêsugun Sang Prabu Dèwi | umatur Kalpikawatya | ari paduka ing Tubin | nguni kununjra wêsi | anèng ardi Mahamèru | rinêbat mring pun kakang | wusana luwar sang kalih | mangke samya sowan dhatêng ing paduka ||

27. Radyan Buntaran Watangan | pun kakang wus samya prapti | mondhok pêsanggrahan Tuban | ing lampah raharja sami | ing rèh rêntênging margi | tan punapa sang pukulun | angsal pangèstu tuwan | wong wetan datan nêdhasi | lawan angsal ing sih srangkaraning Suksma ||

Catatan kaki:

1. Lebih satu suku kata: duk ingajêngkên sang dyah (kembali)
Lebih satu suku kata: duk ingajêngkên sang dyah
2. Lebih satu suku kata: pandhe gong kothak jêpun (kembali)
Lebih satu suku kata: pandhe gong kothak jêpun
3. nah (kembali)
nah
4. pêri (kembali)
pêri
5. Naskah tidak terbaca (kembali)
Naskah tidak terbaca
6. mrik (kembali)
mrik
7. mungsuh (kembali)
mungsuh
8. beda (kembali)
beda
9. misesèng (kembali)
misesèng