Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 001–034)

Judul
Sambungan
1. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 001–034). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
2. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 034–066). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
3. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 066–099). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
4. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 099–132). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
5. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 132–165). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
6. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 165–198). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
7. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 198–231). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
8. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 231–264). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
9. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 264–297). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
10. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 297–336). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
Citra
Terakhir diubah: 23-10-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie No. 365. Rêgi f 1.60

SOELTAN AKBAR

ANGGITANIPUN TUWAN Mr. P.A.S. van Limburg Brouwer.

AUITGAVE VAN DE COMMISSIE VOOR DE VOLKSLECTUUR

WÊDALAN: BALE-PUSTAKA

--- [0] ---

[Iklan ---

--- [1] ---

Serie No. 365.

SOELTAN AKBAR

ANGGITANIPUN TUWAN Mr. P.A.S. VAN LIMBURG BROUWER.

KAJAWÈKAKÊN DENING R.M. KARTADIRDJA.

Mawi rinêngga ing gambar.

WÊDALAN BALE PUSTAKA

KAÊCAP ING DRUKKERIJ VOLKSLECTUUR – WELTEVREDEN 1922.

--- [2] ---

[...]

--- [3] ---

BÊBUKANIPUN INGKANG NGANGGIT.

__________

Mênggah ingkang dados jalaraning rêsêpipun manah kula anganggit sêrat punika, sababipun botên namung satunggal. Dene ingkang dados bakuning cariyos, inggih punika bab kaluhuranipun Sang Ratu Akbar, ingkang marentahakên ing tanah Indhu ing sakiwa têngênipun taun sèwu nêm atusan, (1556–1605). Kadêrênging manah kula ngantos botên kenging sinayutan. Sang Rati Akbar wau kula angge panungguling para ingkang dados bakuning cariyosing anggitan ingkang kumêdah kula andharakên ing akathah.

Para maos ingkang kêpengin nguningani kalihan satiti mênggah bedanipun cariyos ingkang sampun kalampahan sayêktos kalihan ingkang dhapur anggitan, ing ngandhap punika mangka pitêdahipun.

Kajawi Sang Ratu Akbar, para pandhita, satriya tuwin sanès-sanèsipun, ingkang namanipun lugu pinanggih wontên ing babad punika. Salim, putra Akbar. Abul Fazl pêpatihipun Sang Nata Akbar. Feizi sadhèrèkipun pêpatih. Abdal Kadir Badaoni, Rudholpho Aquaviva pandhita bangsa Roomsch Katholiek, sarta sanès-sanèsipun malih sawatawis ingkang dede pangajêng. Dene Parviz punika inggih wontên ingkang gadhah lampahan sayêktos, nanging tumrapipun ing cariyos punika kadamêl nama sanès. Punapa malih Nandhigupta sanadyan nama anggitan, ewasamantên punika kalêbêt dados têtuladhan, kadosdene lêlampahan ingkang kêrêp kasrambah wontên ing babadipun tanah Indhu, langkung malih babad cariyosipun nagari Kacmir pêrlu kasêbutakên. Makatên ugi Gorakh sarta jurunipun panglawe (juru têkak). Dene Iravati sêsangkutanipun ingkang kacariyosakên ing ngriki, wontên ingkang gadhah lêlampahan sayêktos, samantên wau yèn Iravati kangge pêpêthan ing lêlampahanipun tiyang èstri Indhu, kadosdene ingkang kacariyos ing lêlampahan Indhu sanèsipun. Dene têtiyang ingkang kacariyosakên sanès-sanèsipun, punika inggih kasêbut ing babad. Namung sawatawis cariyos ingkang sababipun para maos tamtu enggal andungkap, ragi nyimpang sawatawis kalihan lugunipun ingkang kacariyos ing babad wau, kados ta: salêbêtipun Sang Ratu Akbar angratoni ing tanah Indhu, ing nagari Kacmir sampun botên wontên

--- 4 ---

ratunipun Indhu, sanadyan kawontênanipun ing ngriku punapa-punapanipun taksih têtêp Indhu.

Bab lêlampahan panyidranipun Salim ugi tumut kaewahan sawatawis, dene kalampahanipun salêbêtipun anglurugi dhatêng nagari Dhekkan, botên dhatêng Kacmir. Feizi, sadhèrèkipun sêpuh Abul Fazl pêjahipun ngajêngakên Abul Fazl kacidra. Nagari Fattipur dunungipun katimbang kalihan ingkang kawartosakên ing cariyos punika, langkung têbih saking Agra. Dene bab bedanipun lêlampahan sawatawis, sarta bab kawontênanipun têtiyang ingkang kacariyosakên, botên agêgayutan punapa-punapa dhatêng panglarasipun ingkang kacariyosakên.

Mênggah pangikêtipun ukara, langkung malih tataning pawicantênan, ingkang kenging katurut ing têmbung Walandi sarta ingkang sampun ngantos angewahakên raosipun têmbung ngamanca, ing sasagêd-sagêd kaangkah ing salugunipun tataning ikêtan Indhu, dene tataning sêsêratan ingkang tumrap ing nama-namanipun têtiyang sarta namaning nagari-nagari tuwin sanès-sanèsipun, ingkang winastan nama baku, punika botên anêtêpi kawruh kasusastran, namung murih gampilipun para maos dhatêng pakêcapan Indhu kemawon, punapa malih rêrêpèn ingkang kula sêlakakên ing sawatawis panggenan punika, panganggit kula miturut suraosing babonipun Indhu.

Wondene namanipun sêrat-sêrat ingkang kula angge ular-ular panganggit kula sêrat cariyos punika, kados botên dados pangajêng-ajêngipun para maos, saupami kapratelakakên ing ngriki ingkang ngantos ngronce, punapa malih tumrapipun ahli babad, bab sêrat-sêrat ingkang kula angge ular-ular wau inggih botên kathah cêcriyosanipun ingkang pêrlu dipun sumêrêpi, sabab tiyang ingkang ahli babad sampun sumêrêp, yèn sêrat cariyosipun Abul Fazl kalihan cariyosipun Abdal Kadir punika babon ingkang pêrlu piyambak, saha ingkang salugu kangge nyumêrêpi bab lêlampahanipun, sarta kawontênaning yêyasanipun tuwin pangêrtosipun Sang Ratu Akbar, ingkang salajêngipun dados babon pinêthik dening juru nganggit bangsa Indhu tuwin bangsa Europa ingkang kathah-kathah, punapa malih cacriyosan saking Indhu anggitanipun para pandhita Katholiek ing jaman samantên, sanadyan têtela gèsèh, nanging inggih kenging kangge wêwahan tuwin katêrangan karangan ing sêrat-sêrat cêcriyosan anggitanipun para juru ngarang sêrat babad Perzie. Makatên malih ugi kêdah kula pratelakakên, yèn kathah babad-babad anggitan enggal agêng alit, sarta cariyos lêlampahan tuwin cariyos ingkang mawi gambar, inggih mêndhêt katêranganipun sêrat punika. Dene tumrapipun ing pangrêmbag dhatêng kawontênaning cariyos ingkang pancèn lugu Indhu, katêranganipun ingkang langkung pêrlu kêdah ngangge sêrat-sêrat cariyos [ca...]

--- 5 ---

[...riyos] warni-warni bab lêlampahanipun tiyang kina, dêdongengan, cariyos gancaran tuwin cariyos ringgit, ingkang asalipun saking sêrat-sêrat têmbung Sanskrit tumular dhatêng nagari Walandi. Dene kangge nêrangakên bab sêsêrêpanipun Sang Ratu Akbar piyambak dhatêng bab kawruh kasarjananing agami, punika kêdah kanalar saking kawontênaning sêsêrêpan ingkang tumrap ing sêrat Veda utawi ing sêrat Indhu kina, inggih punika ingkang kagêm pêpiridanipun Sang Ratu Akbar dhatêng kawruhipun piyambak. Wusana ingkang langkung prayogi malih kanalar saking sêrat damêlanipun Abdal Kadir, panglawanipun Sang Ratu Akbar ingkang linangkung piyambak, ewadene panglalar saking cêcariyosan ing têmbung Veda ingkang ngêwrat cariyos kawontênaning sêsêrêpan Indhu ing jaman kina, kados-kados botên patos dipun paèlu dhatêng para juru nganggit sanès-sanèsipun.

Makatên malih ingkang pêrlu kasumêrêpan, sarta tumrapipun juru nganggit kenging kaupamèkakên sumbêr pangangsonipun kawruh kawontênanipun ing Indhu, punika sêrat-sêrat cariyos kawontênanipun bangsa tuwin tanah-tanah ingkang kawartosakên dening para among dagang anggotaning kumpêni ing Indhiya wetan, ingkang dèrèng lami kalihan bakdaning pangrèhipun praja Sang Nata Akbar sami dêdunung wontên ing Surata sarta ing Agra, inggih punika sêrat-sêrat ingkang dumugi samangke taksih sumimpên wontên ing pangrimatan sêrat-sêrat kina ing nagari Walandi, (oud-koloniaal archief).

Ing wusana manawi kaabsahakên ingkang satiti, anggitan coban-coban kados punika, sagêd ugi pinanggih lêpat tuwin kalintunipun, saya malih bab kawontênaning cariyos nagari-nagari tuwin panggenan. Ewasamantên manawi ing anggitan punika pinanggih wontên kalêpatan tuwin kalintunipun, botên langkung ingkang nganggit ngalad-aladi minta pangaksama kanthi pangajêng-ajêng, manawi wontên ingkang sarju mitêdahakên mênggahing kalêpatan tuwin kalintunipun wau ingkang kalawan maton.

DEN HAAG, October 1872. v. L. B.

__________

--- [6] ---

BÊBUKANIPUN INGKANG NJAWÈKAKÊN.

__________

Sampun lami anggèn kula ngadani njawèkakên sêrat cariyos ingkang angsalipun saking ngamanca, sawêg sagêd kalampahan rampung sapunika, amargi panggarap kula namung sasêlaning pandamêlan parentah ing wanci sontên utawi dalu.

Saking pangraosing manah kula, bangsa kula têtiyang Jawi, kajawi pêrlu sumêrêp cêcriyosan kawontênanipun ing tanah sanès-sanèsipun, sarta padatanipun, tata cara tuwin wêwatakanipun satunggal-tunggaling bangsa, kados ingkang sampun kasêbut ing karanganipun para sagêd, ingkang pigunanipun njêmbarakên polatan utawi angagêngakên têpa tuladha, inggih ugi pêrlu nyumêrêpi bab luhur tuwin asoring pambêkanipun satunggal-tunggaling tiyang bangsa sanès, langkung malih ingkang pinanggih ing cariyos saking Indhu, ingkang nunggil misah kalihan tata cara tuwin wêwatakanipun bangsa Jawi ing jaman kina. Kalampahan kula njawèkakên sêrat cariyos Sultan Akbar punika, dening kasêngsêm salêbêting maos nyumêrêpi dhatêng jêmbar saha luhuring panggalihipun Sultan Akbar, pintên banggi sagêd damêl sêngsêmipun para ingkang sami karênan maos, botênipun inggih namung luwung, dene sumêrêp tatacara tuwin wêwatakan, punapa malih luhur asoring pambêkanipun têtiyang ingkang kacariyosakên ing sêrat punika.

Ingkang dipun wastani Veda, utawi basa Indhu kina, punika miturut ingkang kasêbut ing Vivats geillustreerde Encijclopedie jilidan X Stereotomie tot z.z. kaca 7588 makatên:

Veda têgêsipun kawruh. Limrahipun, namaning peranganipun kawruh basa Sanskrit ingkang ngêwrat kawruh samadi, kêkidungan, pêpacaking agami, tuwin wulangrèh, punapa malih riwayat ingkang magêpokan kalihan tataning agami sarta kawruh kasarjanan. Kawontênanipun Veda punika sampun sêpuh sangêt. Miturut dêdongengan, ingkang nglêmpakakên Sang Vyasa salêbêtipun abad kaping 12 sadèrèngipun taun Ngisa, (punapa Jawi Abiyasa? Ing Gerieke en Roorda: Wiyasa?). Dene ingkang dipun wastani basa Sanskrit, Vivats geillustreerde Encijclopedie jilidan IX perangan Ponope tot Stereoscoop kaca 6858 punika pancènipun basa Indhu ing jaman kina ingkang kawical alus piyambak. Nanging pêncaripun lajêng dipun angge mastani tata rimbagipun têtêmbungan ing basa Indhu

--- 7 ---

ingkang langkung kina, kados ingkang pinanggih wontên ing basa Veda kangge mbedakakên basa Sankrit, dene basa Indhu ingkang langkung kina dipun wastani basa Veda, awit ingkang dipun wastani basa Sanskrit (Sanskrta) dening têtiyang Indhu, ingkang têgêsipun: pathokaning basa ingkang alus, sarta ingkang nêtêpi ugêripun, punika ingkang linangkung: pathokan ingkang miturut tataning basa iyasanipun sang misuwur ing jagad: Panimi, pujangga kasusastran Indhu ing nalika pungkasanipun abad ingkang kaping 4, ing sadèrèngipun taun Ngisa.

Malah dening pujangga Panimi, Sanskrit wau namung dipun wastani lugu: Blasa, dene basa Veda dening Panimi kawastanan: Chandosa, têgêsipun: basan têmbang, sabab basanipun ing sabên sagolongan Sanhita ingkang ngangge basa Veda sami mawi têmbang. Lêrês ugi sêrat-sêrat bab prakawis agami tuwin sarengatipun, kados ta sêrat: Brahmana sarta Sutra ingkang ing tanah Indhu ugi kaetang sêrat mawi basa Veda kadhapur basa gancaran, botên katêmbangakên, ewadene têtêmbunganipun ingkang kangge ing sêrat-sêrat wau katawis manawi langkung ênèm katimbang kalihan ingkang kangge ing Sanhita, punapa malih kajawi lêlageyanipun sawatawis, pitêmbungan ingkang kangge ing sêrat-sêrat Brahmana tuwin Sutra sampun nyêlaki sangêt kalihan lugunipun basa Sanskrit.

Mênggah watêsipun jaman kala panganggenipun basa Veda kalihan Sanskrit botên sagêd katamtokakên kalayan gumathok. Sampun wiwit kala abad ingkang kaping 5 ing sadèrèngipun taun Ngisa, kathah panggenan-panggenan ing tanah Indhu ingkang kalimrah kangge têmbung-têmbung andhahan saking têmbung Sanskrit utawi saking basa ingkang kêdalipun kalêbêt ewoning basa Sanskrit ugi, mênggah basa-basanipun têtiyang bumi ing panggenan-panggenan wau, ingkang sêpuh piyambak ing prakawis kamajênganing tatanipun kasusastran, punika basa Pali, inggih punika basa ingkang kangge ing sêrat-sêrat bab kawruh agami Budha ingkang kidul. Dene basa-basanipun têtiyang bumi ing Indhu sanès-sanèsipun, ingkang dipun wastani dening tiyang Indhu ugi kawical majêng ing bab tataning kasusastranipun, punika basa Prakrta ingkang têgêsipun: lugu, limrah, inggih punika basa ingkang kathah pinanggih wontên ing cariyos lêlampahan ringgit, panganggêpipun têtiyang Indhu, Prakrta wau kados-kados prakriti, inggih punika ingkang wodipun pinanggih ing basa Sanskrit.

Basa Sanskrit punika sanadyan samining basa ingkang tansah ewah-ewah ngantos dumugi wujudipun sapunika, ewadene sapriki taksih gêsang sarta taksih lêstantun dados basa alus kangge ing kawruh kasusastran, ngantos dumugi samangke basa Sanskrit kangge basanipun para sagêd ing Indhu sarta ngantos kangge dening têtiyang bangsa Dravidi. Basa sanskrit,

--- 8 ---

inggih Sanskrit, inggih Sanskrita utawi ing Indhu Sanskrta, kenging kasamèkakên basa Latin ingkang taksih gêsang ngantos dumugi ing jaman enggal samangke punika.

Mênggah ingkang makatên wau, manawi wontên kalêpatan kula, para maos mugi ingkang agêng pangapuntênipun.

KARTADIRDJA.

Ngayogyakarta 1919.

__________

--- [9] ---

SULTAN AKBAR.

__________

I. Tiyang tapa.

Soroting srêngenge ingkang badhe angslup ing cakrawala worsuh lan sulaking salju sumamburat wungu, waradin angèbêki siti ing Bhadrinath sumirat angatirah madhangi pêpèrènging rêdi Himalaya, sumiliring maruta manda saking kidul mbêkta gandaning sêkar-sêkar ing wana tuwin saking lêbak-lêbaking rêdi, tiniyup minggah dumugi ing pucak awor lan mega. Sampun pintên atusan taun kemawon sunaring srêngenge kita punika anggènipun nyoroti pêpèrènging rêdi wau. Sumêbaring ganda ingkang katiyup ing maruta ngèbêki wanawasa minggah ing pucaking rêdi sabên dintên, sabên mangsa tanpa wêkasan, nunggil ganda, nunggil maruta, nunggil surya, nunggil papan, raos-raos kados alamipun ingkang nglangut sêpên tanpa sabawa, sami kemawon botên wontên ewah gingsiripun. Mangka ing ngandhapipun têbih, têtiyang sami apêpêrangan, nagari alit-alit dados karajan agêng-agêng, sawênèh sirna kaêndhih ing mêngsah. Para wicaksana sami ulah kasampurnaning kawruh, murih sami kadhatêngan ing sêdyanipun manggih wontên ingkang pungkasan, ing bab dumadining jagad ingkang gumêlar.

Dumugi samangke, inggih punika ing jaman wêkasanipun taun Walandi sèwu gangsal atusan, ing nalikanipun Prabu Jelal ed din Mohammed, kasuwuripun apêparab Sang Prabu Akbar utawi Sang Ratu Agung, nalika misuwur-misuwuripun karatoning bangsa Mogol ing tanah Indhu.

Rêdi Himalaya ingkang ing kinanipun dados kahyanganipun para dewa Indhu, sapunika kenging kaambah ing tiyang mangka papan kalangênan utawi pasanggrahanipun para agêng bangsa Inggris, kala samantên rêdi Himalaya taksih sarwa sêpên, sidhêm pramanêm, kajawi namung wontên swaraning pêksi mangsa daging ingkang sawêg pinuju mabur anglangkungi ingriku, utawi brêngêngênging kutu-kutu ingkang sami kêkrompolan mibêr-mibêr kados jêjogedan pindhanipun. Ewadene ing rêdi

--- 10 ---

ngriku lugunipun botên sêpên babar pisan kados pangintênipun ingkang sami dèrèng sumêrêp.

Kasilêp kados ndhêlik wontên salêbêting pasukêtan inggil ingkang tuwuh angèbêki pêpèrèng: wontên simanipun gembong agêng warnining ulêsipun sae kados coraking cindhe sêkar, eca-eca têtilêman mujur kados nyupêna sarta kados ngasoning tiyang mêsu budi, sakêdhap ningali manginggil dhatêng pucaking rêdi ingkang katutupan ing salju, sakêdhap malih ngêrêmakên mripatipun kados kêblêrêngan sunaring srêngenge, lajêng ningali mangandhap kados nyawang dhatêng lêbaking rêdi ingkang katingal ijêm aroyo-royo anêngsêmakên manah, yèn dipun waspadakakên saya katingal wiyar bêbanjêngan asêsambêtan kalihan lêlêngkèhing rêdi-rêdi sanèsipun ingkang wêkasan lamat-lamat ical saking paningal nunggil kalihan ampak-ampaking cakrawala ingkang sumamburat mawêrdi dening sêsulaking srêngenge. Punapa ingkang dipun èngêt-èngêt sima wau, dene sakêdhap-sakêdhap kumêdhèp ningali manginggil, kadhang-kadhang ngingêtakên mangandhap dhatêng jêjurang lêbêt.

Bokmanawi kagagas dening katuwuhan raosing manah, kèngêtan alam nalikanipun maujud manungsa madêg ratu agêng ing nagadi Kacmir, inggih punika ing nalika nagari Kamcir kenging kabasakakên loh jinawi, panjang apunjung, agêng panguwasanipun sang ratu, sarta kathah para nata ingkang sami nungkul, kabawah ing sang nata, para wanodya ingkang endah-endah ing warni sami ngadhang-adhang rumêntahing kabêgjan kasabêt liringing tingalipun sang aji. Utawi punapa kewan ingkang mungguh wau botên namung lugu kewan bangsaning kucing agêng wêwêdining wana grêng kemawon. Yèn ta botêna, kenging kakintên bilih sima wau panuksmaning ratu ambêk linangkung tanpa kering kasasar nuksma pangawak sima, jalaran samangke botên namung dados kewan awon-awonan kemawon, nanging ugi ratuning sagantên wêdhi ingkang botên badhe kaungkulan dening singabarong. Punapa malih taksih kêtawis saking wingiting ulat, kumêdhèping mripat têtêg, kala-kala aningali ngiwa nêngên, panglocitaning manah taksih rumaos dhatêng kawibawanipun. Kacihna saking solah bawanipun manawi pinuju santun tênaga angrêsêpakên manah, botên beda kalihan solahing satriya ingkang panuju karênan ing galih: nandukakên basa manuhara mêmalad sihing putri ingkang sulistya ing warni. Utawi manawi anjongok botên beda kalihan adêging prajurit ingkang nuju aparentah dhatêng karerehanipun. Dumadakan sardula ingkang pindha satriya, byar kagèt sanalika nglumba sarwi nilingakên kupingipun dhatêng suwara ingkang kapiyarsa dèrèng cêtha saking katêbihan ndhatêngi. Dangu-dangu botên kasamaran bilih ingkang kamirêng wau têtela swaraning tiyang akêkapalan dumêling saking katêbihan.

--- 11 ---

Kapara yêktos, sanadyan taksih têbih, wontên kaelokan ingkang andhatêngi. Mila kawastanan elok, jalaran ing ngriku botên nate wontên têtiyang kêkapalan sapantha langkung ing gigiring rêdi wau, inggih namung sapanggenan punika ingkang kenging dipun langkungi tiyang, saking gigiring rêdi mudhun dhatêng lêbak, dangu-dangu katingal cêtha, bilih ingkang numpak kapal wau, ingkang satunggal tiyang neneman amêrak ati, nitik saking panggenanipun ingkang sarwa adi, tataging solah bawa, ngatawisi yèn Sang Anyar Katon wau satuhuning satriya. Sêsarênganipun ingkang ugi awahana kuda, ing sêmu sampun sawatawis sêpuh tinimbang sang sinatriya, panggenanipun barès, kairingakên rencang kêkalih ugi akêkapalan, dene tumpakanipun sang sinatriya wau: kuda jalêr alit, ulêsipun dhawuk turunan adi tur pawakanipun santosa, tandangipun cakut dhangan tarimcing ngambah parêdèn. Satunggalipun numpak kuda jragêm, langkung agêng dêdêg pangadêgipun. Dene rencangipun kêkalih ing wingking sami numpak kuda rêdi ingkang thokol-thokol pawakanipun. Sang sinatriya ngagêm rasukan bêskap[1] sutra biru, mlèpès waradin dumugi ngandhap botên malêndhung, tinatanan ing kancing êmas ore, kasorotan ing surya gêbyar-gêbyar mbalêrêngi. Kathokipun kombor, sêpatu abrit, kêthunipun tipis rinêngga ing bulu-bulu panjang kinancingan ing cêplok sêsotya nawarêtna. Adêdamêl sabêt cêlak, ingkang kêrangipun ingiring kiwa katingal endah, sarta ngangge golok wontên ing sacêlaking sabêt, ingkang ugi tinarètès ing sêsotya, sinangkêlit munggèng anggar ingkang sinulam ing bênang mas sarwa gumêbyar, ing tanganipun têngên mandhi waos panjang. Dêdêg pangadêgipun lênjang, wêwijanganing badan sarwa sêdhêng, pasang sêmunipun angrêsêpakên, kawimbuhan pakulitaning muka jêne, namung ragi sulak abrit sawatawis dening kêbrongot bêntèring surya, awit saking andon lampah têbih. Dene maniking mripat lan rambutipun ingkang kaore, warninipun cêmêng mêlês. Brengosipun alus warninipun sulak abrit. Sadaya wau ngindhakakên katingal manising pasêmonipun, saya katawis yèn sang andon lampah wau taksih dêlês trahing bangsa Arya. Kancanipun andon lampah ingkang ragi sêpuh, pawakanipun gagah prakosa, pundhakipun jêmbar abirawa, pakulitanipun langkung abrit tinimbang satunggalipun. Ewadene katitik saking pasang sêmunipun sarwa turut, ugi ngatawisi yèn taksih nunggil bangsa. Brewokipun brintik mèh nutupi parayeanipun, ngangge srêban pêthak agêng amantêsi, jubahipun ingkang warninipun sulak cêmêng badhenipun alus, panjang mèh anutupi suku, ingkang ing têngah kalêrês wêtêng kasingsêtan [kasing...]

--- 12 ---

[...sêtan] ing cathok êmas. Dene dêdamêlipun inggih sabêt tuwin waos, punapadene tamèng alit kasangsangakên ing pundhakipun. Para rencangipun prasasat botên mangangge punapa-punapa, kajawi namung rimong angalingi badanipun ingkang abrit sêmu cêmêng kados prunggu, sarta ingkang namung katutupan sandhangan sawatawis. Ing ugêl-ugêling suku tuwin tangan karêngga ing kroncong sarta kuningan mancorong ambalêrêngi, kangge numpak kuda ebah ungêlipun kumrompyong kados lampor alêlampah. Dene ingkang minangka dêdamêlipun namung mligi tlêmpak kalihan tamèng bundêr.

Mirid saking ginêmaning para bêndaranipun ingkang sami kadhèrèkakên, sagêd cêtha bilih ingkang andon lampah wau sinatriya anèm pêparab Siddha-Rama, inggih punika putranipun pêpatih ing Kacmir, kautus ingkang rama ngunjukakên sêrat-sêrat ingkang pêrlu sangêt konjuk ing Sang Ratu Akbar, ingkang ngadhaton ing nagari Agra, tindakipun sang sinatriya ngiras badhe kalêbêtakên dados têtindhihing prajurit sinatriya kêkapalan sagolongan ing ngriku dipun wastani Rajput, ingkang tumindaking pandamêlan kalêbêt prajurit pambantuning wadyabala karajan. Sang Siddha-Rama tindakipun kadhèrèkakên dening gurunipun anama Kulluka, aslinipun tiyang bangsa brahmana, satêngah pujangga satêngah prajurit, ingkang ingajêng pinitados mulang sang sinatriya ing bab kawruhing ayuda, kridhaning kaprajuritan, tuwin bab kawruh basa kina-kina ingkang minulya, inggih punika ingkang magêpokan kawruh kautamèn tuwin kasucèn. Ing sadèrèngipun sang sinatriya lan gurunipun anglajêngakên lampahipun dhatêng nagari Agra sakalihan kadhèrèkakên abdi kêkalih sami mampir pinarak dhatêng patapan ing parêdèn. Saking ngriku Sang Sinatriya Siddha lajêng badhe tindak dhatêng Allahabad, pêrlu tuwi ingkang paman, ingkang awit saking karsanipun sang ratu binathara ing Agra, inggih punika Kangjêng Sultan Akbar, piniji angasta pangrèhing bètèng ingkang dumunung ing patêmpuranipun lèpèn Gangga,[2] kalihan lèpèn Jumna,[3] ngiras pantês nuwèni pacanganipun sang kusumaning ayu ingkang apêparab Dèwi Iravati, kalêrês putrinipun ingkang paman sang adipadi ing Allahabad, dados sang sinatriya kalihan Sang Rêtna Iravati kaprênah sadhèrèk nak-sanak. Sang rêtna sampun cêngklungên angajêng-ajêng rawuhing pacanganipun, ingkang sampun ngaturi priksa ing sadèrèngipun. Kados punapa kemawon babaring pawartos badhe rawuhipun sang

--- 13-18[4]

--- 19 ---

sumêrêp, bilih pangingah kula sampun lami, malah wiwit taksih gogor, ngantos manuh tunggil sagriya. "Rak iya ta, Hara?" Pitakènipun sang pandhita kalihan tumungkul aningali kewan galak ingkang anjilma kados manungsa. Saha tampi dhatêng pangandikanipun Sang Yogiswara. Arimong ebah ragi anjongok sarwi nèmpèlakên sirahipun agêng angajrihi, ing astanipun sang pandhita. Bagawan Gaurapada ndumugèkakên pangandika: "Dene mitra kula inggih mitranipun Hara, suwawi katingalana."

Sanalika sardula lajêng mênyat saking panjêruman amurugi Sang Siddha kalayan anèmpèlakên sukunipun ngajêng alon-alon ing pamidhanganipun sang sinatriya, upaminipun kados tiyang sêpuh kêpanggih anak utawi putunipun kangên dening lami pisahan, sarta lajêng nyawang tamu kêkalih gêntos-gêntos, ing salajêngipun njêrum wontên ing ngajêngipun Sang Siddha mawi ngosotakên sirahipun ing asta. Kala punika Sang Siddha botên mawi mundur sajangkah malih, malah angêlus-êlus sirahipun sima alon-alon ingkang têtela sampun botên ngajrihi, malah nalika sima wau angop, cangkêmipun mangap katingal untunipun rangah angebat-ebati, Sang Siddha inggih botên ajrih.

Sang pandhita sumêrêp ingkang makatên wau tumuntên ngandika: "La, lêrês ingkang tatag kemawon." Lajêng wangsul dhatêng ngarsanipun sang pandhita malih. "Inggih ingkang tatag makatên, anggèr, kula sampun kêrêp mrangguli tiyang ingkang langkung sêpuh sarta langkung rosa tinimbang anggèr, nanging botên enggal têtêg cinêlakan mitra kula pun arimo. Dumugi samantên kemawon, anggèr, samangke prayogi nggalih prakawis sanèsipun. Mênggahing tiyang andon lampah têbih kados sampeyan sakalihan punika, salêbêtipun angambah ing wanawasa ngriki sarta ing samargi-margi tamtu botên kathah ingkang pinanggih kangge sêsèmèk tumraping pikuwat. Gampil kêpenginipun dhatêng pikuwating badan, mila suwawi sami kula irid." Sang tapa lajêng ngrumiyini tindakipun kairing dhatêng para tamu lumêbêt ing dalêm, dene kawontênan ing lêbêtipun botên nyolong pêthèk kalihan ing jawinipun, awit sanajan isinipun botên langkung saking murwating patapan, ananging barang-barang wau tinata tanpa kuciwa, rinakit pêrnahipun apêpanthan asri kadulu. Ingkang makatên punika ugi mracihnani yèn ingkang andarbèni ingajêng sampun nate ngraosakên kamuktèn tuwin kalangkungan.

Sasampunipun, para tamu kaancaran lênggah, sarta sami mapan kalihan sang pandhita wontên ing gêlaran alus, ingkang gumêlar ing jubin. Cantrik ingkang kadhawuhan anampèni saha nglêbêtakên kuda ing gêdhogan wau, tumuntên angladosakên panjang isi dhêdhaharan ingkang munpangati kados ta: ulam bêbujungan tuwin ulam toya, punapa malih conthongan [con...]

--- 20 ---

[...thongan] isi wowohan sêgêr-sêgêr. Sarêng sampun wiwit dhahar, lajêng lumadosipun pangunjukan isi anggur ingkang adamêl kiyating badan, warninipun kinclong-kinclong wontên ing wadhah. Sang pandhita ngandika malih: "Bokmanawi anggèr Sang Sinatriya Siddha tamtu botên ndugi, yèn ing ngriki wontên unjuk-unjukan kados makatên, pangintênipun anggèr ombèn-ombènipun tiyang mangun tapa ingkang mbudi kasampurnan, botên sanès tamtu namung toya sêndhang, punapa malih limrahing pangintênipun kathah, mila kêdah makatên prayoginipun. Ananging mênggahing kula ngriki, botên makatên, kula gadhah pamanggih piyambak, sarta botên mangêrtos pisan-pisan, dene kawujudan ingkang sami binudi ing gêsangipun para tapa namung prakawis nyakiti badanipun piyambak saha cêcêgahan ingkang tanpa guna, pangintênipun, anggur sae sagêlas, sanadyan pangombenipun kanthi dugi-dugi inggih badhe damêl gidhuhing patêntrêmaning jiwa. Wusana tiyang ingkang ngraosakên luwe sangêt, botên kiyat badanipun, punika inggih saya gidhuh. Nanging ing rêdi ngriki, pamanggih kula: kala-kala nêdha utawi ngombe ingkang damêl kiyating badan, punika mêwahi kasarasan."

Pangandikanipun sang tapa ingkang barès saha gampil, mangka katingalipun wingit, punika mênggahing Sang Siddha ngatawisi yèn Sang Yogiswara sajatinipun tiyang ahli kadonyan. Ingkang makatên wau nuwuhakên agênging piandêlipun sang sinatriya. Pramila sanadyan botên tilar tatakrami, ingkang dados padatanipun tiyang ênèm bangsa Indhu dhatêng têtiyang sêpuh, wangsulanipun Sang Siddha dhatêng pangandikanipun sang pandhita inggih botên mawi wawang. Pitakènipun Bagawan Gaurapada dhatêng Sang Siddha bab kawontênanipun ingkang rama, kawontênaning pacanganipun Sang Siddha, inggih punika Sang Putri Iravati sarta bab kawontênaning Sang Siddha wontên ing karaton Kacmir, ndadosakên gumuning galihipun Sang Siddha, dene Sang Yogiswara têka cêtha saha titi sêsêrêpanipun dhatêng kawontênan tuwin lêlampahan ingkang sampun-sampun ing nagari Kacmir, malah kawontênanipun lêlampahan ingkang botên kasumêrêpan dhatêng sadhengah tiyang, inggih punika wêwadosipun ing kadhaton tanah Indhu. Ingkang botên kasumêrêpan ing tiyang ingkang botên nate ngambah ing têlêngipun kadhaton-kadhaton wau, Sang Gaurapada sumêrêp sadaya. Awit saking punika sampun tamtu kemawon sang pinandhita Gaurapada rumiyinipun dados piandêlipun salah satunggiling ratu ing Indhu, ingkang ing sadèrèngipun Sang Gaurapada mbagawan, sampun gantos-gantos ratu. Ananging sanadyan makatêna, Sang Sinatriya Siddha botên pisan-pisan karsa sumalonong nungkak krama nyuwun pitakèn mulabukanipun sang atapa, manawi botên saking pangakênipun piyambak. Kajawi punika Sang

--- 21 ---

Siddha ugi ngyêktosi, yèn pangandikanipun sang pandhita tansah kanthi enggaring galih, sarta katingalipun narimah sayêktos dhatêng kawontênanipun sapunika. Ewadene asring-asring katingal èsmu pêtênging ujwala, manawi nuju ngginêm prakawis ingkang magêpokan kridhaning praja sisih êlèr. Ananging inggih tumuntên pulih enggar malih, mratandhani yèn saking karosaning panggalihipun sang sarjana sujana Gaurapada asring botên sagêd anutupi raosing galih ingkang katuju ing ginêm, krêkat kados ingkang kadarbe ing Sang Yogiswara têrang manawi kêkah botên kenging kaêndhakakên.

Ing sadangunipun sami imbal pangandika, kasaru sampun kasèp wanci dalu, Hyang Sasadara sumorot mbabar cahyanipun madhangi pasitèn, katingalipun saking sêlaning saka sênthongan ingkang kaagêm manggihi naronthong tumanduking tingalipun ingkang sami lêlênggahan, ningali ing jawi agilar-gilar sumêblak têbih.

Sang pandhita tumuntên ndumugèkakên ngandika kalihan nyat jumênêng saking palênggahan makatên:

Sampun dados panggalih, anggèr, kula kalilana sumingkir saking ngarsanipun anggèr sakêdhap, pêrlu badhe rêrêmbagan bab ingkang sapunikanipun kêdah kangge wados, sarta ingkang tumrap anggèr bokmanawi namung sakêdhik pêrlunipun. Dene mangke manawi anggèr badhe ngarsakakên siram, ngrika punika panggenanipun, ing tlaga utawi ing sêndhang. Anggèr rak inggih manuh, ta, siram wontên ing papan kodrat ing dhadhahan makatên."

Ing salajêngipun sang pandhita kalihan Kulluka kesah saking ngriku amiyambak. Sarêng sampun dangu, Sang Siddha, mirsa bilih sang kêkalih wau sami gêgandhengan mlampah-mlampah, sawêg sami katungkul ngginêm prakawis ingkang sangêt wigatosipun, jalaran katingal cêtha, dening padhanging rêmbulan. Ing sawangsulipun kêkalih wau sampun mangsanipun mapan sare. Pramila kalayan rênaning galih, para tamu lajêng sami ngulèt, ngulur kakêning badan ingkang sayah dening mêntas alampah têbih, wontên ing pasareyan ingkang sampun kasudhiyakakên, sanadyan asor ananging ngrêsêpakên.

Kacariyos enjingipun umun-umun para andon lampah, sampun sami siram ing toya êtuk, ingkang raosipun sêgêr dhatêng badanipun tiyang sayah, sarta sasampunipun dhahar sarapan ingkang sarwa gurih, lajêng tata-tata badhe bidhal ndumugèkakên lampah. Salêbêting titihanipun kuda dipun abah-abahi, Sang Siddha dipun kanthi piyambakan dhatêng sang pandhita, kalihan dipun pêpoyani: "Anggèr, padatanipun para tapa, manawi katamuan tiyang ingkang langkung ênèm, bilih pamit wangsul, migunani utawi botên, kêdah mawi suka wêwuruk, manawi anggèr ngajêng-ajêng ingkang makatên wau saking kula

--- 22 ---

punika kalintu pêthèk. Ing wêktu punika kula botên mêwahi punapa-punapa ing piwulangipun guru sampeyan ingkang wicaksana, mitra kula Kulluka tamtu sampun botên kêkirangan piwulangipun bab kadonyan ingkang sampeyan padosi, sarta gêsang sampeyan piyambak ingkang salajêngipun rumagang ing damêl, punika ingkang badhe nuntun sampeyan, nanging ingkang waskitha, namung sakêdhik wêling kula dhatêng anggèr, samangsa anggèr sampun dumugi ing tanah kidul, inggih punika ing karajan agêng dununging kamuktèn tuwin kawibawan, sampun lingsêm nunggili karsa ing prakawis kaberagan tuwin kasênêngan ingkang kalal, ngraosna caraning gêsang, yèn sampun, sawêg sagêd sumêrêp ing gêsangipun, sarta lajêng sagêd mbedakakên ingkang nyata kalihan ingkang botên. Punapa malih kêdah dipun èngêti, anggèr, wulangipun guru sampeyan, ingkang tamtu mitra kula Kulluka inggih botên kêkirangan anggèning ngèngêtakên, wah malih anggèr mugi ingkang rêsik ing panggalih, sarta kajagia sampun ngantos anggèr mawi lingsêm dhatêng pandamêl sampeyan piyambak, botên namung ingkang tumrap ing tiyang sanès, ugi ingkang tumrap ing salira piyambak. Ewadene manawi sampun kabudi miturut ing piwulang, panggalih mêksa botên sagêd têntrêm, jalaran saking sabab warni-warni, ing mangka anggèr botên sagêd uwal saking bab punika, yèn anggèr botên sagêd manggih mitra satuhu, ingkang kenging dipun blakani ing sakrêntêging galihipun anggèr, ngèngêtana dhatêng tilas mitranipun guru sampeyan, tiyang ingkang martapa ing Bhadrinath, karawuhana. Punapa anggèr karsa nyagahi pitutur kula punika."

Sang Siddha Rama midhangêt pangandikanipun Sang Dwijawara, rumaos kableberan ing sihipun sang pinandhita, tumuntên amangsuli barès, ananging kalayan mantêp: "Inggih, kula sagahi." Sarwi nyidhakêpakên astanipun ing jaja, mratandhakakên yèn kasagahanipun wau kapundhi trus ing batos. Astanipun Sang Siddha kêkalih tumuntên kaasta dhatêng sang pandhita, sumanak kados adatipun sarta salaman ngantos maknêt, mratandhani trus ing galih.

Botên dangu titihanipun para tamu sampun kaajêngakên, sarta sasampunipun pamitan dhatêng sang pandhita ingkang ugi paring pangèstu wilujêng, para tamu lajêng sami nyengklak ing titihan, tumuntên mangkat langkung ing wanawasa wau malih, saha ing margi alit ing parêdèn ingkang dipun langkungi kala rawuhipun. Botên namung sapisan kemawon Sang Siddha nolèh wingking sarta ningali ing sacleretan dhatêng padha wadananipun sang sarjana pinandhita ingkang katingal wingit. Sang Yogiswara ugi dangu dèrèng kesah-kesah kalihan nyandhing sima kêkasihipun, taksih mawas dhatêng lampahipun para tamu wontên ing talundhaging wisma ing saantawisipun wit-witan [wit-...]

--- 23 ---

[...witan] inggil. Sarêng sampun têbih saking paningal, sang sinatriya tanpa ngandika, lampahipun njèjèri kyai guru kados anglocita salêbêting galih, dumadakan Sang Siddha kados kagèt saking panglocitaning galih wau, titihanipun kasêndhal apusipun, dening kagèt, ngantos badhe nglumba, Sang Siddha tumuntên ngandika dhatêng gurunipun: "Kyai, kula dèrèng nate sumêrêp tiyang kados sang atapa Gaurapada." Ananging sami sanalika Sang Siddha katingal abrit pasuryanipun, ngantos angatirah, bêbasan ngantos mangkirigakên gêgithok, dening rumaos kêlajêngên wêdaling têmbungipun ingkang botên patos sakeca tumandukipun dhatêng Sang Kulluka, badhe dipun wangsuli sampun kêlajêng. Awit pitêmbungan ingkang sampun mêdal saking lesan, punika botên beda kalihan lumêpasing jêmparing saking gandhewa, ananging pangintênipun Sang Siddha yèn wêdaling pitêmbungan pangalêmbananipun dhatêng Sang Gaurapada ragi nyogok dhatêng Sang Kulluka sampun tanpa damêl mênggah dipun agêma prihatos, malah kosokwangsul, Sang Kulluka katuju ing driya, katitik saking wênêsing netra, têtela rêna ing manah mirêng humunipun murid dhatêng mitranipun sêpuh Sang Gaurapada.

Sang Kulluka amangsuli: "Kasinggihan pangandika sampeyan punika, anggèr, kula sakalangkung bingah ing manah, dene sampeyan kagungan panggalih ingkang samantên tumrapipun Sang Gaurapada punika murakabi dhatêng saliranipun anggèr, mila ing galih sampun mawi uwas sumêlang, yèn anggèr ngantosa kaapusan, agêngipun kajêlomprongakên dhatêng sang pandhita."

Sasampunipun Sang Siddha kèndêl botên ngandika ing sawatawis dangunipun, tumuntên takèn sarta ngrêrêpa: "Dhuh bapa guru kula, mugi tinêbihna ing saru siku, kula kalilana nyuwun priksa, Gaurapada punika sintên."

Kulluka: "Êlo, anggèr, sampeyan sampun priksa piyambak Gaurapada tiyang tapa ing parêdèn Himalaya."

"Sampun lêrês." Wangsulanipun Sang Siddha ragi kirang srantan. "Pikajêng kula rumiyinipun sintên, ing sadèrèngipun mangun tapa wontên ing ngriku, sarta ing sadèrèngipun nguthukakên sima."

Sang Kulluka amangsuli: "Sang tapa rumiyin mbudi nguthukakên tiyang, ananging botên sagêd kalampahan. Anggèr têka botên nyuwun priksa piyambak sintên rumiyinipun."

Sang Siddha amangsuli: "Mênggah kula kamipuruna nyuwun priksa, punapa botên kalêbêt ngungkak krama. Punapa kyai badhe anglilani?"

Sang Kulluka kêpranan ing galih, midhangêtakên pangandikanipun Sang Siddha tumuntên amangsuli: "Botên pisan-pisan, ananging

--- 24 ---

inggih sampun kalêrêsan karsanipun anggèr botên mawi nyuwun priksa wijil kamulanipun sang pinandhita, awit badhe mbibrahakên pamboja-kramanipun Sang Yogiswara saking kêpengin sumêrêp bab ingkang botên dipun sumêrêpakên. Wêkasan winastan murang tata, sanadyan kawêdaling pitakèn wau katarik saking rêgêping manah suci, ewadene rêgêping panggalihipun anggèr kêpengin sumêrêp dhatêng wijil kamulanipun sang pinandhita, ugi badhe kalêgan, karana kula sampun dipun lilani Sang Gaurapada, yèn mila kula rêmbag prayogi, kula kalilan ngandharakên dhatêng anggèr bab kawontênan tuwin lêlampahanipun Sang Gaurapada kala rumiyinipun, suwawi kamirêngna: Rumiyin wontên satunggaling ratu ...

Sawêg dumugi samantên Sang Siddha sampun nyêlani apitakèn dening kodhêng anggènipun ngraosakên: "Kadospundi, kyai, têka kula sampeyan dongèngakên cariyos Somadeva ingkang kula sampun kêrêp mirêng kala kula taksih lare."

Sang Kulluka amangsuli alon: "Kamirêngna kemawon, anggèr, dongèng kula, makatên dongèng kula: wontên satunggiling ratu binathara, misuwur karatonipun, pangrèhipun dhatêng kawula ingêmbanan para nayakaning praja ambêk bèrbudi wicaksana tuwin adil paramarta. Kuciwanipun sang prabu botên kagungan putra satunggal-tunggala, namung kagungan rayi kakung satunggal, taksih neneman, limpad ing saniskara. Sang nata kasok asihipun dhatêng ingkang rayi, ngantos ginadhang anggêntosi ratu, bilih sang nata dumugi ing janji murud ing kasidan, utawi bilih sumèrèning karaton ing têmbe jalaran saking ngrêmbag prakawis nagari kawratên pamênêtipun, dening panjênênganipun sampun sêpuh kados sang nata ing akir. Ananging rayindra ing galih angkara murka, arda ing karsa lumampah enggala angsal kaluhuran, sanadyan kathah ugi wêwatakanipun ingkang sae, sang pangeran botên sabar anggêntosi dumugining mangsa lumèngsèring kaprabon, malah kerut dhatêng pambaluhipun para golonganing têtiyang ingkang kala punika mêngsah dhatêng pamarentah nagari. Wiwitanipun kalihan lampah sandi, salajêngipun ngêdhèng tanpa tèdhèng aling-aling, ing wêkasan kanthi roda paksa sarana madêg suraning jurit karsa ngêndhih ingkang raka, ratu ingkang kagungan kak. Ngantos dumugi sang pangeran sapambantunipun kacêpêng tinawan dhatêng kitha karajanipun ingkang raka, ananging ebahing para gêgolonganipun sang pangeran mêksa botên kèndêl. Ura-uruning praja kalajêng-lajêng botên têntrêm. Saking panggalihipun sang nata, sagêdipun pulih tata têntrêmipun nagari, botên wontên rekadayanipun malih, kajawi manawi ingkang rayi sang pangeran ingkang ambêk murka, sarta ingkang sami mutawatosi, sampun dipun têlasi saguyubanipun, sanadyan ingkang rayi wau pancèn dipun trêsnani

--- 25 ---

sangêt, ananging manawi katindakakên ingkang makatên, kados dununging adêgipun kaprabonipun sang nata wontên ing bumi ingkang kableberan rahipun sadhèrèk tuwin kawula. Punapa malih wontênipun sêsatron bokmanawi inggih badhe tanpa wêkasan, têmahanipun namung badhe njalari icaling kaluhuranipun karaton kemawon, tuwin namung badhe dados jalaran kêrèhing para kawulanipun dhatêng gêgêbênganing pamarentah ngamanca, ingkang sampun lami ngupados têdha ing nagari warisanipun sang nata saking lêluhuranipun. Ewadene mèh botên wontên tiyang gadhah pangintên, yèn sang nata ing wêkasanipun badhe kagungan karsa nindakakên pambudidaya ingkang botên kenging botên badhe linampahan. Dumadakan wontên kabar sumêbar, martosakên yèn sang nata anis saking kadhaton, pangintênipun tiyang kathah manawi botên saking sabab sanèsipun, bokmênawi inggih seda kacidra ing dhustha marasandi, nyatanipun awit kala samantên lajêng botên nate kamirêngan punapa-punapa bab wontênipun sang nata. Dene ingkang rayi sang pangeran, ingkang sampun kawêdalakên saking pawarangkan, kajumênêngakên ratu nggêntosi raka ingkang anis saking praja. Wiwit kala samantên pangrèhipun nagari sang nata mudha kalayan anglêstantunakên nganthi para nayaka unusan, ingkang kagêm ingkang raka rumiyin, kanthi kawicaksanan, sagêd angecani manahipun têtiyang alit, sanadyan botên sagêd sami mênggahing kawicaksananipun kalihan ingkang raka, nanging sagêd kadumugèn damêl tata têntrêming nagari."

Dumugi samantên cariyosipun Sang Kulluka lajêng kapêdhot kalihan ngawasakên muridipun ingkang dipun dongèngi. Ananging katingalipun Sang Siddha ing sêmu botên gumun saha botên wontên katawisipun saking sulaking netya, bilih wontên wigatosipun. Malah èsmu kêmba pitakèn malih: "Kyai, ingkang sampeyan dongèngakên punika têka jêbul namung cariyos lêlampahanipun sang ratu ingkang jumênêng sapunika sarta ingkang raka sang ratu ingkang dipun gêntosi bab lêlampahanipun ingkang Sinuhun Nandigupta punika kados sabên tiyang sampun nate mirêng, makatên malih kula utawi sadhengah tiyang Kacmir."

Sang Kulluka amangsuli: "Inggih, mila yêktos makatên, dongèng ingkang kula cariyosakên punika wau sabên tiyang sampun mirêng, punika minangka pangèngêt-èngêtipun anggèr. Ananging ingkang botên kasumêrêpan sadhengah tiyang, kajawi namung sakêdhik sangêt, yèn Sang Ratu Nandigupta botên seda kacidra utawi dipun sedani, nanging lolos saking karsanipun piyambak, botên kasumêrêpan ingkang rayi sang pangeran utawi sanèsipun, kajawi namung para pinitados sawatawis ingkang sumêrêp. Lolosipun sang nata dhatêng papan têbih, saha ndhawuhi ndikakakên nyêbar pawartos, yèn sang nata kaplajar

--- 26 ---

saking ura-uru, angêntasakên ingkang rayi saking seda ingkang camah, tuwin ngêntasakên saking karisakaning nagarinipun, sanadyan bokmênawi botên risak, ananging ingkang tamtu inggih badhe risak."

Sang Siddha angandika: "Êlo, yèn makatên Sang Nandigupta taksih sugêng, punapa punika ..." Dèrèng ngantos dumugi pangandikanipun sêlak kapêdhot dening Sang Kulluka:

"Kasinggihan pangrêtosipun anggèr ing bab sang nata wau, namung kemawon wados punika mugi kaanggêpa kados pêpundhèn sarta sêsêngkêranipun anggèr ingkang suci, jalaran punika ugi wêwadosing nagari sarta turunipun sang pandhita, wêwados wau kapracayakakên dhatêng anggèr, tinampènana kalihan kautamèning panggalih satriya. Kauningana, rama jêngandika kyana patih punika abdi saha mitranipun sang pandhita ingkang agêng prasêtyanipun, pramila anggèr putranipun rama ijêngandika kenging sumêrêp wêwadosipun. Manawi anggèr mila yêktos satriya, tamtu badhe sagêd angrimati.

Sang Siddha tumuntên ngandika sêmu kirang rêna ing galih: "Kenging punapa panjênênganipun kyai botên paring sumêrêp ing nalika têksih sami wontên ngrika. Dados ngiras pantês kula sagêd ngaturakên panuwun kula dhatêng kasaenanipun sang nata ing nalika alaming kaluhuranipun, ingkang rumêntah dhatêng bapa kula angêbèri ing saturun-turunipun, ananging wontên lêrêsipun ugi, panjênênganipun kyai guru botên wênang amêdharakên kêkêran wau, yèn botên kawêdal saking karsanipun sang bagawan piyambak. Kajawi punika kula inggih taksih sagêd kapanggih malih, awit piwêlingipun Sang Gaurapada, miturut pangandikanipun, yèn kula ngantos manggih pakèwêd ing têmbe, mangka pêrlu kula pados rêmbag ingkang sae, supados kula amanggihana panjênênganipun."

Sang Kulluka amangsuli: "Anggèr rak inggih anyagihi, ta, mugi kaèngêt-èngêta piwêlingipun sang bagawan. Sang Gaurapada langkung wicaksana tinimbang kula salah satunggal."

Sang Siddha mangrêtosipun saya kathah, njalari kagagasing galihipun malih. Punapadene pêpanggihanipun Sang Siddha kalihan sang atapa, sarta wêdharing wadosipun adamêl sumuking galihipun Sang Siddha dene wiwitaning andon lampah amrangguli ratu pinandhita sarjana sujana, tiyang ingkang nate nggadhahi panguwaos agêng mèh tanpa watêsan sarta mukti wibawa, bêbasan ingkang cinipta dados, ingkang sinêdya wontên, samantên kaluhuranipun sang nata pandhita ingajêng, suprandene kaluhuran, kamuktèn, kawibawan tuwin kasugihan wau kakurbanakên saking karsa pribadi, saking anggènipun anglabuhi katrêsnaning rayi sarta ngowêl risaking nagari. Ing sapunikanipun rumaos manggih rahayu saking kautamaning pakarti wau, malah namung narimah kalayan pirênaning panggalih, [pang...]

--- 27 ---

[...galih,] manggèn wontên ing wanawasa, têbih tiyang tanpa kanthi, kajawi namung abdi pinitados satunggal, sampun sêpuh, kalihan kewan galak satunggal. Ing mangka samangke Sang Siddha badhe dhatêng karatonipun ratu agung nyakrawati mbaudhêndha, ingkang ing tanah Indhustan botên wontên saminipun, malah dèrèng nate wontên imbang-imbanganipun mênggah panjang-punjung miwah agênging karatonipun. Dede karaton peranganing nagari utawi pulo kemawon, nanging karaton peranganing jagad. Punapa malih kaluhuran, kamuktèn tuwin kawibawanipun, sarta kondhanging asmanipun sang ratu, bêbasan kasuwur ing tribawana. Sang ratu sagêd angêrèhakên kawulanipun ingkang kathah-kathah namung saking kawicaksananing panggalih, tinimbang ingkang saking kêkiyataning dêdamêl. Sang nata abandha-bandhu, sugih donya tanpa wicalan, tuwin malih sang nata kenging winastan pawong mitran kalihan para nata agêng-agêng ing mancapraja ingkang langkung têbih saking tanah Indhustan. Tuwin minangka pangayomaning sawarninipun agami ing jagad ingkang sampun kalimrah.

Sang Siddha ingkang panggalihipun sae sarta kamanuhanipun asring ragi rêmên ngatingalakên kasatriyanipun, tuwin ajining salira, sakala wau rumaos apês nggagas kalangkunganipun Sang Gaurapada, akalihan sang ratu agung ing Indhusthan, kêkalihipun wau sintên ingkang nama linangkung? Sampun tamtu kemawon angèl mênggah ing pancasanipun, pramila supados langkung jujur ing panimbangipun Sang Siddha, putusaning rêmbagipun wau kasarèhakên, yèn sampun sumêrêp dhatêng sang ratu, sarta bokmanawa sagêd wawan pangandika piyambak akalihan sang kasuwur ing tribawana ratu agung nyakrawati ambaudhêndha Sultan Akbar, ingkang mbawahakên ing satalatahing Indhusthan. Mênggah karsanipun ingkang makatên wau kalèrègakên kalihan karsanipun ingkang cêpak badhe mêrtamu pacanganipun, inggih punika Sang Ayu Dèwi Iravati ing nagari Allahabad ingkang sampun cêcêngklungên angêntosi rawuhipun sang binagus. Netyanipun sang sinatriya ingkang sadangunipun katingal pêtêng, samangke katingal padhang dening kèngêtan badhe pêpanggihan sang pindha Ratih. Sarêng lampahipun Sang Siddha dumugi ing bêbulak wiyar saha waradin, angandika dhatêng titihanipun kuda sarana katungkak ing kêspur: "Ayo saiki rada disêngkakake playune manèh, gus." Titihanipun kuda tampi karsanipun bandara, lajêng mamprung plajaripun. Sang Brahmana Kulluka ingkang sumêrêp plajaripun Sang Sinatriya Siddha kalayan ngundha waosipun, sarta mirêng pangandikanipun sang sinatriya, ingkang sagêd ngêndhih gagasanipun ingkang sanès-sanèsipun, dene gagasanipun ingkang pramati: Iravati, ing salaka wau Sang Kulluka anglocita: "Tumraping aku wis tumêka, tumraping

--- 28 ---

dhèwèke lagi wiwit arêp tumêka lêlakoning uripe. Apa dêdalaning uripe iya bakal warata tanpa sêsandhungan. Ananging dhèwèke iya bakal mrangguli cêcurine, sarta pêpèrèng kang lunyu, malah bokmanawa uga mrangguli jêjurang. Ewa samono ..." wêwahaning panglocitaning manahipun Sang Kulluka ing sêmu mèsêm kèngêtan sambekala ingkang pinanggih ing dalunipun, ingkang sampun kalampahan : "Mung muga-muga bae jêjurang mau jêjurang mau kadadeane ngamungna jugangan kang ora niwasi.

__________

--- [29] ---

II. Iravati.

Gêntos kacariyos ing nagari Allahabad kadhatonipun sang adipati, kinubêngan ing balowarti tuwin jagang kados satataning kitha ingkang kinubêngan bètèng santosa panjagining mêngsah ingkang ndhatêngi.

Èmpèring palotènganing kadhaton (balkon) rinambatan têtuwuhan tuwin sêkar-sêkar ngrêmbuyung asri tiningalan. Ingkang pinuju lênggah ing ngriku, andhêkukul sangga uwang, ing galih kados rinujit anglês tanpa krêkat, ing sêmu wontên ingkang kagagas, dene mandêng ing katêbihan, ing papan patêmpuraning lèpèn kêkalih, ingkang kataman soroting hyang bagaskara ing wanci enjing sumilak tanpa kalingan mega, ingkang sisih kiwa bambinging lèpèn Jumna ingkang kathah curinipun, pinggiripun wêdhi, ilinipun toyaning lèpèn santêr nggêgirisi, ingkang sisih têngên jurangipun lèpèn Gangga ingkang dahat damêl lam-laming paningal dening ing pundi-pundi katingal rungkud kêtuwuhan wit pêlêm ingkang kêbak pêksi jakatuwa tuwin pêksi mancarwarni sami mencok ing pangipun, sawênèh mabur awongsal-wangsul arêbat têdha, wulunipun katingal gilap agilar-gilar, wontên ingkang mancorong mbalêrêngi. Ing lèpèn ngriku kathah pulonipun alit-alit munggul ing lumahing toya. Dene papan ing wingking, saking têbihan, katingal wontên jurangipun lêbêt pangawak curi, ingkang ing nginggil wontên candhinipun, dumunung ing pasitèn sasisihing lèpèn.

Mênggah ingkang pinuju lênggah ndhêkukul sangga uwang wontên ing èmpèring palotengan, kados kagagas ing galihipun wau, manawi mirid saking pangagêmanipun, botên sanalika kasumêrêpan, bilih punika pawèstri bangsa luhur, pangagêman pêthak kados salimrahipun, ing pinggir sinung têpi abrit sêpuh, ing lêrêsing bangkekan mawi pamêkak pênding êmas murni, remanipun ingkang kêtêl sarta cêmêng mêlês mêmak kaore winêngkonan ing gêgalang ingkang alus pakirtyanipun, saha acêcundhuk sêkar mawar ingkang nêdhêng mêgar, gandanipun wangi, katiyup ing samirana midid ing wanci enjing nunggil lan gandaning sêkar-sêkar ingkang apêpulêtan ing èmpèring palotengan kadhaton, ing sapurug-purug minging arêbat wangi.

--- 30 ---

Soroting hyang bagaspati ingkang nyunari sêlaning gêgodhongan, kumênyar mawa praba. Ingkang nuju lênggah ing ngriku, bilih kagagas saya tanpa wusana. Liripun: pangagêman pêthak tinêpi abrit sêpuh, ing madya pinêkak ing pênding êmas murni, rema ingêsuhan gêlang êmas ingkang awig pakirtyanipun, inggih amung punika warnining pangagêman ingkang pasaja wau. Ewadene sanadyan mbombrong botên ngadi busana, namung ngagêm-agêm padintênan kemawon, inggih sampun katingal mrak ati, dhasar wanodya pinunjul ing warni, sliranipun lurus adêdêg lênjang tur sarwa sêdhêngan angrêspatèni. Wadananipun lancap, mêmêt pasikonipun, tingalipun wiyar njait, manik cêmêng ingalingan tibing alus kados sutra pinusuh èsmu tumêngging. Yèn kumêdhèp kocaking netra pindha lintang karainan, dhasar sêsinomipun ngrompyoh kados mêntas wungu sare. Punapa pêrlunipun ngagêm-agêm ingkang sarwa sinêngga, pêpasrèn ingkang pèni-pèni tuwin pêpaès ingkang langkung saking pêpasthèning kodrat utawi paringipun Hyang Kamajaya, dewaning raras karasikan upaminipun, makatên kemawon bêbasanipun sampun ayu ulêng-ulêngan, ngantos botên kenging rinêngga malih, dening tanpa kuciwa. Dhasar sang putri botên kajamboran trahing bangsa sanès, punapa malih dede turuning asudra, kawistara ing sêmu tuwin ing solah bawa, sagêd amapanakên pirantês lan pangagêmanipun ingkang sarwa pasaja wau, dahat anglam-lami.

Lênggahipun sang putri botên kados adatipun kasêngsêm ndulu dhatêng kalangkunganing kodrat ingkang gumêlar ing ngandhap, nanging ing sapunika botên kados ing wingi-wingi, tingalipun ingkang sawang kartika tansah mandêng dhatêng parêdèn ingkang têbih-têbih ing sisih sabrangan lèpèn, inggih punika sangkaning jumêdhulipun ... ingkang sampun lami dados pangajêng-ajêng. Ananging pangajêng-ajêng wau tanpa wusana. Lah gèk kèndêl utawi lêrêp wontên ing pundi kemawon. Baya punapa ingkang dados pangkalanipun. Sanadyan namung sakêclapan, punapa inggih taksih kèngêtan, utawi ng bêbasan, yèn panuju kasampar kêsandhung, punapa inggih taksih èngêt dhatêng sariranipun, ingkang sadintên-dintên tuwin wêwulanan tansah kèngêtan kemawon, saha angantak-antak, kadyangganing pêksi cintaka aminta warih, ngêntosi ing labuh kapat. Dene ingkang cinipta sang putri botên wontên sanèsipun malih, kajawi namung satunggal, inggih ingkang dipun êntosi wau.

Kacariyos botên antawis dangu kamirêngan suwaraning lampahing tiyang ingkang tumapakipun antêp kados lampahing tiyang jalêr, wontên ing galdri sawingkinging kamar palotengan. Wusana ingkang lumampah wau mawi kajajaran kaparak satunggal, sarta sarêng dumugi ing kori lajêng enggal nyandhak [nyan...]

--- 31 ---

[...dhak] gubahing kori kabikak kalèrègakên mênga, dene ingkang rawuh wau inggih punika satunggiling priyagung, ingkang pasaliranipun andhap lêma, mênggah nèm sêpuhipun sampun ragi langkung saking cêkapan, pangagêmanipun namung sarwa pasaja, ajubah pêthak panjang mèh dumugi dlamakaning sampeyan, bêdhahanipun sruwa-sruwi kêlèt ing salira. Tandhaning kaluhuranipun namung sabêt cêlak inganggar, garanipun rinêngga pèni.

"Kawula nuwun, matur ing panjênêngan dalêm, gusti." Aturipun kêparak ingkang njalari dhatêng sang putri ingkang sêmu kawêngku saking gagasan, kawistara taksih pungun-pungun ing galih, ingkang murugakên katingal manising pamulu wingit, tuhu yèn trahing kusuma. "Rama paduka rawuh ing ngriki."

"Muga rahayua rawuhe kangjêng rama." Wangsulanipun sang putri ingkang awit timur mila manuh dhatêng pitêmbungan pameran. Sang putri lajêng jumênêng saking palênggahan badhe mêthukakên rawuhipun ingkang rama. Mênyatipun saking palênggahan èsmu kasêsa, têpining rasukanipun kalingkap sakêdhik, wêninging wêntis kawuryan sumorot apindha thathit, tindakipun mucang kanginan, kiyating padha gumêbyar pindha ndaru lumampah tanpa wontên tandhingipun kados ingkang sawang kumala, Sang Putri Iravati.

Sang adipati angandika sarta mriksani ingkang putra kalayan tingalipun ingkang cêmêng sumorot kados naratas ing lêbêt, sumêrêp ing batosipun ingkang pinandêng, dene pasuryanipun sang adipati ingkang katingal lutih sarta surêm, kaingahan brewok pinapal cêkak, cêmêng warninipun, sêpên ing pasêmon punapa-punapa, pangandikanipun: "Iravati, sira ingsun tuturi, wis watara lawas ingsun kandha marang sira, yèn ingsun ngarêp-arêp têkane sadulur nak-sanakira, iya pacanganira. Siddha Rama saka ing nagara Kacmir kanthi gurune kang jênêng Kulluka, sakarone mau saiki wis têka ing kene, ana ing jarambah ngisor, ingsun lan sira bakal anêmoni ing kana.

Sang Putri Iravati sarêng mirêng pangandikanipun ingkang rama amarwata suta sakalangkung suka ing galih, malah ing sakala wau, kados badhe supe dhatêng piwulanging tata cara katrêpsilan, ingkang angatawisi dhatêng sarwa gupuh. Pramila sang rêtna tanpa taha-taha badhe ngrumiyini tindakipun ingkang rama, mbagèkakên ingkang sampun lami dados pangajêng-ajêng tuwin têlênging galihipun, sampuna lajêng kapênggak dhatêng ingkang rama sarana kaawe wangsul.

Ingkang rama ngandika: "Sadurunge ingsun arêp mituturi ing sira, Iravati, sira uga wis wêruh yèn wêwalêring wong kang padha ngidhêp agama Islam, kaya kang padha nyêkêl paprentahan ing kene, maoni bangêt marang kamardikaning pasrawunganing

--- 32 ---

prawan kêlawan jêjaka. Apamanèh bangsaku Indhu uga saya suwe wis saya akèh kang padha nganggo padataning para pangrèhe. Ananging mungguh tumrap ingsun, sira wis wêruh dhewe, isih nggilut padataning Indhu ing kuna, anggêre aja pisan-pisan ninggal tatacara kang pantês, mulane ing saiki sira uga ingsun idèni kaya kang tumindak ing nagaraningsun kene dhèk jaman biyèn, kêna lêlanggatan pagunêman lan sadulurira nak-sanak dhewe bakal jodhonira, ananging poma, padatan kang mangkono iku sarèhning ing jaman Islam iki dadi rêrasananing akèh, aja nganti kawiyak mênyang liyane para pinitaya, sabab yèn katon ngakèh bisa nyudakake kaprêcayaning para pangrèh praja sarta para kawula kang wis padha ngrasuk padatan Islam marang ingsun, uga bakal anumusi kurang bêcik marang jênêngira dhewe. Mara saiki ayo padha bêbarêngan nêmoni mênyang ing galdri ngisor."

Sang Putri Iravati ing nalikanipun midhangêt pangandikanipun ingkang rama ingkang wiwitan, bêbasan kados panjang putra dhawah ing sela kumêpyur raosing galih, netranipun katingal biyas, labêt ajrih maoni karsaning rama, swanita asrêp kumyus marawayan, putêg tab-taban ing galih, katandha katawis saking ebahing pranaja nduwa ing rasukanipun, mêmbat-mêmbat kados njêbol-njêbolna rangkêpan ingkang minangka setubanda layu. Ananging sarêng mirêng wêkasaning pangandikanipun ingkang rama, sakala ical rudahing galih, byar padhang têrawangan sumunu, ngatawisi kabingahanipun sang sawang supraba, saha lajêng dhèrèk kerid ingkang rama dhatêng ing jrambah ngandhap, ingkang panduking paningal ugi dhatêng ing lèpèn, karsa amanggihi tamu kêkalih ingkang sampun sami ngêntosi.

Sadumuginipun ing papan, Sang Salhana ingkang katingal sarèh saha macak tindakipun murugi para tamu, lajêng ngandika ririh: "Bagea sira kabèh ing satêkanira kene, lan bangêt ing panarimaningsun, apamanèh ndadèkake kabungahan ingsun, dene sira banjur lêrêp ing kene, ora kaya liya-liyane nganggo lèrèn dhisik lêrêp ing kutha ngisor kana."

Suraosipun pitêmbungan ingkang tinandukakên dening sang adipati anglêgakakên manah, sarwa sarèh, wêdharipun manuhara, beda kalihan singêr saha amêming polatan, sintên ingkang maspadakakên, lajêng sumêrêp bedanipun kalihan kawontênanipun Sang Siddha ingkang botên sarantanan, sawêg mêntas kemawon angaturi wangsulan dhatêng pambagenipun ingkang paman, Sang Adipati Salhana sampun botên kobêr angêntosi wangsulanipun Sang Kulluka dhatêng panambramanipun Sang Putri Iravati, kasêsa Sang Siddha Rama klepat anyêpêng astanipun Dewi Iravati ingkang kaulungakên, lajêng kinuswa sêngkut mak nêt karaosing galih kalihan jèngkèng ing pasujudanipun,

--- 33 ---

ingkang satunggal sumèlèh ing siti, kados satataning satriya ingkang nuju angêla-êla amèt sihing wanodya.

Sang Ayu Iravati tumuntên anambrama kalayan suka sasmita dhatêng Sang Siddha ingaturan jumênêng: "Pambagya rahayu kakang mas ingkang sawêg nêmbe rawuh ing ngriki." Têmbungipun manis arum ririh araras: "Sugêng rawuhipun kakang mas (awit Sang Putri Iravati kalihan Siddha Rama pêrnah sadhèrèk nak-sanak, ênèm awunipun), dhuh, sampun sapintên kemawon laminipun anggèn kula angajêng-ajêng saha tansah anganguk-anguki dhatêng rawuhipun kakang mas, ingkang tansah kula sawang kula pandêng ing margi-margi lêlêngkèhing parêdèn, kalihan manah kêtar-kêtir ngantos mèh mokalakên tumuntêning rawuh."

Wangsulanipun Sang Siddha sêmunipun mèh sêrêng: "Dhuh, yayi dèwi ingkang kula trêsnani, yayi dèwi samêndhang tamtu botên maibên, yèn lampah kula dhatêng Allahabad ngriki botên pisan-pisan kula dêdangu, têmênipun mênggah kula sagêd anglumpati lèpèn tuwin jurang, punapa malih saupami kapal tumpakan kula gadhaha suwiwi kados garudha titihanipun Bathara Wisnu, tamtu botên badhe kula owêl saha mêsthi lajêng sagêd dumugi ing ngarsanipun yayi dèwi tumuntên."

Sang putri amangsuli kalihan mèsêm apait gêndhis: "Kula botên maibên, malah pêrlu angandêl dhatêng pangandikanipun kakang mas, dene atur kula dhatêng kakang mas utawi Kulluka wau, punika inggih dede dhapur panêtah, malah sapintên kemawon bingahing manah kula, dene sapunika kalampahan pêpanggihan kalihan kakang mas. Sanadyan sagêd kula pêpanggihan, miturut pangandikanipun kangjêng rama namung sakêdhap."

Sang Salhana mêdhot pangandikanipun para mudha, ingkang sawêg sih-sinihan, angandika dhatêng Sang Kulluka makatên: "Mula iya mangkono, para mitra sesuk-esuk kang kapara tamban kudu aninggal kene, patêmon ingsun karo para mitra, ingsun rêmbug suwe-suwe ing saikine durung prêlu, malah saiki, Siddha Rama ingsun pêksa mêdhot patêmonira karo bakal rabinira, awit ingsun pêrlu rêrêmbugan sawatara karo sira, ing sabisa-bisa tumuli, sabab wêktuningsun akèh ajine, ing mangka mêngko awan ngarêpake dhahar akèh pagawean nagara kang kudu ingsun rampungake, mulane yèn panuju ing atinira, patêmonanira lan Iravati antèkna dhisik ing sawatara, saiki milua ingsun dhisik."

Pangandikanipun sang adipati ingkang tumuju dhatêng Sang Siddha wau tumandukipun damêl tratabing galih, dangu Sang Siddha Rama botên sagêd ngandika, bêbasan kados sinambêr ing gêlap, botên priksa sangkanipun. Têmahan lêgêg ing galih, dene sawêg sakeca gêginêman kalihan kalulutipun têka pina-

--- 34 ---

langan ing sanès pêrlu. Ananging badhe mbangkang karsanipun sang adipati gèk kadospundi. Mila ingkang kados makatên sampun têmtu kemawon botên pisan-pisan kalêbêt ing panggalih, sanadyan ... adhuh ... sakit sangêt madal pasilan kalihan kalulutipun ingkang sawêg nêmbe kêpanggih, inggih mêksa kêthumuk-kêthumuk linampahan kalihan mandhêg tumolih clêgukan nyawang dhatêng ingkang dados woding panggalih. Sang putri ing sêmu ugi mangêrtos, tampi saha nganggêp dhatêng ingkang binatos sang sinatriya, mangka tumusing kabingahanipun sang rêtna, sêsumukipun katingal ing netya, ujwala nawung mêmanis, saya damêl gambiraning galihipun sang sinatriya, mangka kêpêksa ngoncati. Sang Siddha ndhèrèk tindakipun sang adipati miyambak dhatêng patamanan ing sasisihipun kadhaton, ingkang dunungipun wontên lêlêngkèh. Sang Salhana lajêng mapan lênggah ing rêsban wontên sangandhaping wit-witan agêng, Sang Siddha Rama kaawe majêng lênggah ing sandhingipun.

 


§ Ing têmbungipun Walandi wambuis, inggih punika rasukan jas cêkak, ing Ngayogyakarta kawastanan: bêskap. Bês = buis kap? Ing Surakarta kados sikêpan alit, ingajêng mawi tangkêban. (kembali)
§ Ing sêrat-sêrat Jawi asring dipun wastani lèpèn Gangga, basa Walandi mastani Ganges, ing basanipun Sanskrit Ganga. (kembali)
§ Ing sêrat-sêrat Jawi asring dipun wastani lèpèn Jamuna, basa Walandi Jumna, ing basanipun Sanskrit Dsjumna. (kembali)
Halaman hilang. (kembali)