Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 034–066)

Judul
Sambungan
1. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 001–034). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
2. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 034–066). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
3. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 066–099). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
4. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 099–132). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
5. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 132–165). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
6. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 165–198). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
7. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 198–231). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
8. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 231–264). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
9. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 264–297). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
10. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 297–336). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
Citra
Terakhir diubah: 19-11-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sang adipati nuntên ngandika: "Saiki sira, thole, arêp ngrasakake suwita nètèr kabêgjanira mèh ana wêwêngkon paprentahan dalêm sang ratu agung piyambak. Iku sabênêre kêna sira arani olèh kanugrahan, dene sira isih nduwèni bapa kang bisa mapanake ing sira kaya anane kang bakal sira lakoni. Mangkono manèh ingsun muwuhi pitutur ing sira, ora saka ambêg kumawasa, mung sarèhning sira nduwèni paman, kang awit saka pangkate, iya bakal mitulungi enggale katêkan kapêrluanira, ingsun uga saguh ing sabisa-bisa amitulungi."

Atur wangsulanipun sang sinatriya: "Sangêt sêmbah panuwun kawula, amundhi dhawuh pangandika paduka, saha pangajêng-ajêng kawula, botên pisan-pisan badhe kasupèn, dene paduka sampun mapanakên kawula wontên ing tatananing kanugrahan ingkang sapisan kalihan gampil, langkung sagêd tinimbang tiyang sêpuh kawula piyambak. Mênggah atur kawula wau botên namung saking jalaran tataran sapisan punika badhe dados pancadaning kanugrahan pangkat agêng kemawon, nanging ugi kangge margi sagêdipun nindakakên samukawis ingkang pêrlu-pêrlu ing ngrika, ingkang kawontênanipun sarwa langkung kathah tinimbang ing nagari kawula, sanadyan sae nanging mêncil. Punapa malih ngiras pantês sagêd sumêrêp piyambak dhatêng panjênêngan nata agung nyakrawati, ingkang tansah kinubêngan ing sadaya kawontênan ingkang mompyor, kados pamirêng kawula saking griya ingkang sampun-sampun."

Sang Salhana, amangsuli pangandika: "Iya mula mangkono, kabèh iku pantês kasumurupan, namung wêlingku sathithik, sira aja nganti gugon-gugonên marang pangira kang langka-langka. Kang ingsun kandhakake mau ora prakara kasugihan ing kadhaton lan karajan, kang sarwa rinêngga ing barang kang

--- 35 ---

èdi pèni. Yèn prakara iku satêmêne mula iya wong ing tanah Indhu sisih êlor kaya ing nagaraku kene sapanunggalane, ora bisa angira-ira. Ananging kang ingsun kandhakake iku prakara kaanane salira dalêm sang nata agung piyambak, iku bisa mlèsèd saka pathèkira, têmahan pangangsa-angsanira kêpengin wêruh sang prabu agung mau iya tumuli suda, luwih bêcik ing kawitan aja adrêng-adrêng bangêt ing pangarêp-arêpmu, wiwitana kang sabar bae."

Sang Siddha amangsuli sêmu gumun salêbêting galih, aturipun: "Kadospundi, punapa Sang Ratu Agung Akbar ing salugunipun sulaya kalihan asmanipun, punapa Sang Nata Akbar botên kados pangandikanipun kangjêng rama, utawi guru kawula, yèn ratu agung anyakrawati."

Sang Adipati Salhana amangsuli: "Ingsun ora ngandhakake yèn Sang Nata Akbar dudu ratu agung nyakrawati, ananging ora ana titah kang tanpa cacad, mêngkono uga wong gêdhe utawa ratu agung, uga bisa nduwèni cacad, kang sok mutawatiri mênyang kaprêluaning liyan, mara rungokna."

Sasampunipun sang adipati nolèh ngiwa nêngên, saking ngatos-atosipun, bokmanawi wontên sanèsipun malih ing papan ingkang cêlak ngriku mirêngakên, lajêng ndumugèkakên ngandika lirih klêsik-klêsik: "Wong iku samasa wis olèh panguwasa gêdhe kaya Sang Ratu Agung Akbar, mangka olèhe panguwasa kang tanpa timbang mau saka kawantêran lan kawicaksanane dhewe, pangangsa-angsane sangsaya kêluwih-luwih, mula ora gampang mêndhane. Sang ratu agung saiki, kang wis angêndhihake pirang-pirang nagara lan pirang-pirang bangsa Indhusthan, ora lêga ing galihe, yèn nagaramu utawa nagaraningsun sakabèhe nganti suwe mardika ora kawêngku ing panguwasa dalêm sang ratu agung piyambak. Sira uga wis wêruh, yèn mêntas kapungkur iki ing Kacmir kala-kala ana manèh darêdahan, sang ratu karo putrane loro, sanadyan prakara mau ora kasumurupan ingakèh, kaya dhèk biyèn sang ratu saiki iya darêdahan karo sadhèrèke piyambak kang jêjuluk Nandhigupta. Dhèk samana sang ratu isih jumênêng pangeran, Sang Nandhigupta kang jumênêng ratu."

Sang Siddha amangsuli: "Ingkang makatên wau kula dèrèng nate mirêng."

Sang adipati nglajêngakên pangandikanipun: "Yèn mangkono, besuk rak ana mangsakala kang sira mêsthi bakal krungu dhewe. Nanging bêcik saiki bae sira ingsun kandhani, dene bab prakara iki aja sira gunêmake karo Kulluka, iku ora pêrlu, awit saka pangrasaningsun, bokmanawa ora bêcik kadadeane. Saiki ingsun miwiti kandha: bab darêdahe Sang Ratu Kacmir lan putrane kakung loro, utawa congkrahe putra karo pisan iku mau, jalaran saka padha diadon-adoni .... Sapa, sira

--- 36 ---

saiki wis mangrêti dhewe. yèn sêsatron kang wis lawas kadhêdhêr mau, besuk têkane mangsakalane, banjur ngambra-ambra gêgolongan. Yèn wis mangkono, lagi ana sababe anantang pêrang marang ingsun, dene Sang Ratu Agung Akbar kang mirêng kaanane ura-uru saka ature kajinêman lan para kang padha nungsung pawarta saka ing sêla-sêlaning gunung, banjur ngrawuhi lan wadyabala kang santosa anukup kang padha pêpêrangan, nagarane kadhaku ing sang ratu agung, kagamblokake ing karaton dalêm. Sanadyan ing bab iku kabèh wis mêsthi bae ora mbatalake sajroning panganggêp ingsun marang lêlabête sang ratu agung, ewadene pangangsa-angsane mênyang undhaking kaluhuran, kang wis luwih saka gêdhe-gêdhening ajining kawulane, iya bisa njalari sirnaning kamardikaningsun kabèh."

Sasampunipun angèngêt-èngêt sawatawis, Sang Siddha nyuwun priksa malih: "Mênggah lêlampahan ingkang kados makatên, yèn sadaya wau mila kapara yêktos, kadospundi paduka têka sagêd suwita dhatêng ratu inggih agênga kados punapa, ingkang ngangkah risaking nagari kita."

Sang Salhana amangsuli sêmu gumun: "Ora bisane kapriye, apa ora bêcik, yèn golongan ingsun salah siji kudu ngawasake kang dadi rêrantaman sarta pokale karsa dalêm Sang Ratu Agung Akbar kang ora sarana gawe rusake, malah angladèni kang dadi karsa dalam[1] bab prakara pêrlu-pêrlu kang akèh-akèh. Mulane uga migunani, yèn sira ingsun lantarake kalawan ingsun ayomi, ing têmbe sarawungan lan sang nata agung. Awit saka iku wis mêsthi bae sira bakal ora disanggarunggèni sang prabu agung kaya pangrêngkuhe panggalih dalêm mênyang ingsun dhewe. Mulane sira kudu kang mulat, awit têrkadhang sira bisa mituturi mênyang ingsun kang luwih têrang tinimbang liyane."

Sasampunipun Sang Siddha angèngêt-èngêt sakêdhap, lajêng nyuwun priksa malih, têmbungipun: "Kawula nuwun, sang adipati! Ingkang makatên punika punapa kenging kawastanan jujur?"

"Bocah mono." Wangsulanipun Sang Salhana angkuh, ewadene botên pisan-pisan katingal duka. "Sira ingsun elingake, wong kang umure lan panêmune wis saingsun, iku bakal ora kêkilapan marang kang diarani jujur utawa ora. Dene tumrap sira bocah nonoman, kang lagi wiwit tumapak nglakoni caraning kauripan, iku ingsun ora bisa awèh rêmbug kang sulaya lan bênêre kang diarani pangaji-aji."

Sang Siddha matur kalihan rikuh: "Dhuh rama tiyang sêpuh kula, kula nyuwun pangapuntên paduka, tiyang taksih kapilare, kados kawula, saèstunipun taksih kathah kêkiranganipun sêsêrêpan bab prakawis dhêdhasaring kawruh kridhaning ulah

--- 37 ---

praja ingkang inggil-inggil, pramila kula botên lajêng sagêd tampi kalihan têrang dhatêng karsa paduka ing sanalika. Makatên malih guru kawula Sang Kulluka tansah nêtêl piwulang dhatêng kawula prakawis kajujuraning manah, sampun ngantos matrapakên maro tingal dhatêng tiyang. Sarta ... "

Sang Adipati Salhana mêdhot pangandika: "Mitraningsun kang kulita Kulluka iku satuhune wong utama, kang pituture tau ingsun pêpundhi, ananging dhèwèke iku pujangga, dudu bangsaning kanalaran ulah kridhaning praja, iya bangsaning pangajaran, nanging dudu wong kang tau nindakake pangrêmbug kang rungsid-rungsid. Wêruha, nagara lan wonge kang sira trêsnani, diincim-incim ing ratu kang sira luhurake sarta kang sira rêsêpi lan kang sira kawulani. Ananging ing batin kudu ora mangkono, kajaba sira kudu nganggo kasujanan, ing sabisa-bisa sira uga kudu ngangkah aja nganti kêlakon tumindak yèn ana karsa dalêm, kang mutawatiri tumrap ing nagara kita, sarana pêpalang kang winadi, awit iku wis dadi kawajibanira, angowêl rusaking nagara lan wongira. Ing saiki mumpung mangsane lagi mênga, sanadyan ora kabèh, nanging sawatara kêna ingsun arani mangkono, apa iya mangsa kang kabênêran mangkene iki mung sira lirwakake bae, mung kagawa saka pangêrti kang sanyatane ora ana bab prakara katêmênaning pangrèh praja. Mangkono manèh apa sang ratu agung iya têmên-têmên ing karsa dalêm, dene wis karsa ngagêm gawenira lan gaweningsun, mangka iya karo ngangkah sarana laku dhêdhêmitan ing karusakaning ratu lan nagara kita. Yèn ora mangkono, apa wêwênang dalêm sang ratu agung mênyang katêmênan ingsun kene kabèh. Malah-malah mara coba sowana Sang Ratu Akbar, yèn sira wani adu arêp, sira munjuka: yèn sira wis anjajagi karsa dalêm Sang Ratu Akbar. Mulane sira duwe karêp arêp anglawani sang prabu ing payudan. Ingsun arêp wêruh bae, durung nganti mênêng uninira, sira masthi wis binanda ana ing pakunjaran, utawa wis diparakake karo sêsidhêman mênyang buntasing nagara Dekkan utawa Bênggala, yèn malah ora saya bangêt kêdadeane. Mulane aja nglawani marang pitutur ingsun kang mangkono, ing wusana mung kari mikir kapanujoning mangsa, mupung lagi kêbênêran wêktune. Ewasamono elinga, aja nganti gawe alane sang ratu agung piyambak, nanging kang bisa mitulungi bakal karusakaning nagara kita sarana laku mangkono."

Sang Siddha ingkang botên sagêd têrang panampinipun, punapa malih saking botên sagêd mabêni dhatêng rêmbag ingkang makatên punika, tansah anganam-anam badhe wangsulanipun, mêksa botên manggih. Wusana namung kèndêl ngêntosi lajênging pangandikanipun sang adipati. Ananging sang adipati

--- 38 ---

kados sampun botên nglajêngakên pangandikanipun, malah ngebahakên salira badhe jumênêng, sampuna ing margi ingkang ingapit-apit wit-witan, ing têrusaning papan panggenan rêsban ingkang sami kagêm lênggah praja gung sakalihan wau katingal wontên kawujudan ingkang damêl tumingalipun Sang Siddha sarta ingkang sakala wau damêl gingsiring panggalih saking ingkang kapandikakakên ing ngajêng.

Mênggah ingkang sami kauningan wau wujuding tiyang, dêdêgipun inggil, badanipun kêra, pakulitanipun abrit sêmu cêmêng kados prunggu, sirahipun kacukur gundhul palonthos, kajawi namung kakantunakên rambut panjang sawatawis kathah dumunung ing sirah sanginggiling bathuk ingkang mêlong-mêlong kadosdene kuncung. Lêngênipun ingkang têngên, sarta dhadhanipun ngliga, namung kaawêr-awêran oncèn-oncèn suci (têsbèh?) panganggenipun para brahmana. Dene peranganing badan sanèsipun, ingkang katingal balungipun pating pêndhongkol saking kêranipun, katutupan sinjang pêthak kalèt ing badan tanpa mawi rêrênggan punapa-punapa. Mripatipun anggêrong, warninipun klawu, tanpa manon kados mripatipun tiyang sumêngêrên ningali ing ngajêngipun, pipinipun kêmpot, balungipun rai mêncono dening kasêpênan daging. Sadaya wau mracihnani yèn piyambakipun sangêt amêsu badanipun. Sanadyan Sang Siddha Rama botên gampil ajrihipun dhatêng manungsa utawi kewan, punapa malih dhatêng sanès-sanèsing kawujudan ingkang elok-elok kados makatên, jalaran sampun manuh sumêrêp, ewadene dhatêng satunggal punika Sang Siddha mêksa kagèt mawi ajingkat; sampun pintên-pintên sima galak rosa tuwin neneman ingkang dipun lawani, sarta karêbahakên mawi waos tuwin sabêt, punapa malih sampun kathah sawêr ingkang anggêgirisi, pêdhot jangganipun dening Sang Siddha ingkang tanpa kering, ananging dèrèng nate sagêd nahan babar pisan gilanipun, manawi sanalika sumêrêp dhatêng tumlosoring sawêr mandi, utawi gumrayahing kalajêngking, sanadyan ingkang dipun ajrihi ing sanalika wau dede wisanipun bilih nyakot.

Sang Salhana mulat dhatêng Sang Siddha, ingkang sêmu dahat ngungun ing galih sumêrêp kawujudan ingkang andhatêngi, lajêng angandika: "Gorakh, sang yogi pandhitaning candhi Durga, ing gunung kana, rêngkuhên lan pakering iku wis pantêse, awit ajine dhèwèke luwih saka panduganira."

Gorakh sang yogi, ingkang lampahipun kenging dipun têmbungakên mèh mindhik-mindhik katimbang kalihan mlampah barès, amurugi prayagung kêkalih ingkang antawisipun dumugi sampun sami jumênêng, kalihan awicantên sarwi anguncupakên tanganipun kêkalih dhatêng ing bathukipun kados satataning tiyang nyêmbah, wicantênipun:

--- 39 ---

"Om! Om! Mugi angsala sihipun, Pangeraning Jagad, lan Bathari Durga, pramèswarinipun ingkang dahat kaluhurakên. Om!"

"Sami wilujêng sang yogi." Wangsulanipun Sang Adipati Salhana dhatêng wicantênipun Sang Pandhita Gorakh ingkang nyalênèh wau. "Punika lo, sang yogi, kapenakan kula Siddha Rama saking Kacmir ingkang sampun nate kula cariyosakên dhatêng sampeyan rumiyin."

Sang Pandhita Gorakh mangsuli mawi macak sêngguh ing wicantênipun: "Kula suka wilujêng ing piyambakipun, mugi-mugi ing têmbe sagêda unggul ing pasulayan bab sakalihipun, sarta angsala bêrkah sagêd anjajagi margining karahayon sajati, ingkang tanpa wêkasan. La, mitra sarta murid kula, sampeyan rak inggih sampun wiwit pracaya saking sakêdhik dhatêng raos tunggal, ingkang satuhu anjog dhatêng karaharjan."

Sasampunipun mawi kèndêl sawêtawis dangunipun botên wicantên, singêring paraean lan sêngguhing pamicara, botên beda kalihan nalika wicantên, sang yogi andumugèkakên cariyos: "Ewadene piyambakipun kêdah tumindak rumiyin ing margi luwang bêtuwahipun ngagêsang, kados ingkang dados turutan paduka lan kula. Sapunikanipun prayogi kajurungana kemawon ing sawatawis mangsa ingkang pêrlu kangge ing murid angyêktosi lêlampahan luwang bêtuwahing ngagêsang wau. Punapa malih kula sampun têpang kalihan piyambakipun, sarta sumêrêp yèn benjing piyambakipun tamtu anggolong dhatêng kita." Sang pandhita mengo dhatêng pangeranipun Sang Siddha sarwi acariyos: "Dèrèng watawis dangu kula inggih kêpêthuk sampeyan, anggèr."

Sang Siddha amangsuli: "Nyuwun pangapuntên, sang yogi, kula botên kèngêtan."

Sang Gorakh amangsuli: "Tamtunipun kemawon anggèr inggih botên kèngêtan, malah priksa kemawon botên, amargi kala samantên kula lumampah sêsiluman, botên kasatmata ing tiyang."

Sang Siddha Rama ingkang sampun kêrêp mirêng kaprahing pangakênipun para têtiyang ingkang anggilut dhatêng piwulanging yogi, bilih têtiyang wau mangsa kala wontên pêrlu sagêd ngical sêsaminipun. Pramila Sang Siddha inggih narimah kèndêl kemawon amirêngakên wicantênipun sang yogi, malah saya gumun sarêng mirêng wicantênipun sang yogi makatên: "Mênggah kêpêthuk kula kalihan sampeyan, anggèr, punika nalika sontên-sontên anggèr ambujung sima ingah-ingahanipun sang atapa, lajêng ... inggih benjing yèn kapanggih malih kemawon kula dumugèkakên, sapunika Sang Witaradya Salhana badhe ngarsakakên ngandika kalihan kula. Andum wilujêng benjing malih kemawon. Anggèr angsala bêrkahing Pangeran, garwanipun Sang Bathari Durga ingkang maha kuwasa."

--- 40 ---

Sang pandhitaning agami Durga lajêng nisih akalihan Sang Adipati Salhana sarta calumikan andrêmumung: "Om! Om!" Dene sang adipati inggih anilar putra kapenakanipun piyambak wontên ing patamanan, kalihan ngandika: "Mêngko ditutugake manèh."

Cariyosipun Sang Yogi Gorakh, ingkang kantun punika adamêl gumuning galihipun Sang Siddha Rama, gumunipun wau: kadospundi sagêdipun sang yogi sumêrêp lêlampahanipun nalika wontên ing parêdèn, dene kala samantên kajawi kancanipun andon lampah, Sang Siddha botên sumêrêp tiyang sanèsipun malih. Nanging sarêng kemutan bilih panakawanipun katingal saking katêbihan ical wontên ing antawisipun wit-witan kathah, mila ing sanalika wau lajêng sagêd andugi: bokmênawi inggih abdinipun wau ingkang sagêd amudhari ruwêding galih bab pangakênipun Sang Yogi Gorakh pandhitaning candhi Durga wau. Panakawan lajêng dipun timbali kalihan dipun awe sarta kadangu: "Vatsa! Apa kowe utawa panakawane Sang Kulluka mau caturan karo sawijining pandhita?"

"Botên, bêndara, malah sumêrêp pandhita kemawon botên." Wangsulanipun ingkang abdi. "Ora? Ya wis ta, kowe kêna mundur." Makatên pangandikanipun Sang Siddha kanthi pangunguning galih sayêktos. Ing sadangunipun Sang Siddha angawe panakawanipun kinèn mundur, panglocitaning galihipun ngantos kêlair calumikan saking satêngah kodhêng satêngah kagèt, dene anggumunakên. "Bab iki mara coba tak nyuwun priksa mênyang Sang Kulluka, bokmanawa sagêd amadhangake atiku."

Sang Siddha Rama sampun nglajêngakên tindakipun sawatawis têbih, sumêrêp ing sangandhaping wit pêlêm ingkang godhongipun angrêmbaka, angaubi ing sakubêngipun, damêl sêngsêmipun manah, dumunung ing sapinggiring balumbang alit ingkang isi sêkar têrate, kêkêpyuran dhumawahipun toya umbul ingkang manthur manginggil, wah kasorotan prabaning hyang bagaskara saking sêla-sêlaning gêgodhongan, sumawuring toya mawa cahya kados kaluwung sêmu aliwêran, dhumawah ing godhong têrate, kumrêsêg alon swaranipun, kados mêmuji enggala rawuh Sang Siddha Rama; punapa malih sumawuring toya adamêl ayêming kiwa têngênipun, sinten ingkang dipun sumêrêpi Sang Siddha Rama wau. Nyês, raosing galih kados siniram toya wayu sawindu. Ingkang wontên ing ngriku dêdêg pangadêg sruwa-sruwi mangangge pêthak, inggih ingkang dados maniking tingal Sang Iravati; pramila sarêng Sang Siddha Rama sumêrêp, yèn namung dhatêng pandhita utawi sanès-sanèsipun, sampun tartamtu kemawon botên sagêd langkung dangu malih panggagasipun, dene gingsiring panggalih awit saking panggagas: namung sang ayu ingkang cinipta, mila kados tumuntên badhe anyêlak-nyêlakana. Sang kusumaning rum dumunung

--- 41 ---

ing samadyaning sêkar-sêkar ing patamanan ingkang gandanipun amrik aminging rêbat wangi kalihan gandanipun gêgubahan sêkar ingkang kaasta ing sang rêtna. Botên dangu Sang Rêtna Iravati cingak dening mirêng tumindaking tiyang lumampah ing sacêlakipun ngriku sarta botên pangling dhatêng Sang Siddha ingkang murugi. Ing sanalika gêgubahan sêkar ingkang kaasta kabucal sêmprung, sang ayu gita ing galih lajêng lumajar murugi ingkang dados onênging galih kalihan anguncupakên asta kêkalih munggèng larapan, sarêng Sang Siddha ningali sênêning wadananipun sang ayu, dhasar sampun kulina sinêmbuh sadhèrèk nak-sanak piyambak, tur sampun pacangan, sanalika sang mindha Ratih rinangkul gapyuk kaarasan wanti-wanti, Sang Siddha ingkang cinêngkah ing sang putri uwal saking jaja lajêng lênggah sandhing sang rêtna wontên ing pasukêtan.

Sang Siddha tumuntên ngandika dhatêng sang putri: "Ingkang rama punika kalêbêt tegan, sawêg kemawon kula wawan ginêm kalihan adhi ajêng sakêcap kalih kêcap têka lajêng kapisah malih."

"Dhuh, kakang mas," wangsulanipun Sang Iravati dhatêng Sang Siddha sadhèrèkipun nak-sanak kaprênah sêpuh. "Lêrêsipun kangmas kêdah sêmbah nuwun dhatêng kangjêng rama, dene sampun nglilani kula pêpanggihan piyambak kalihan kakang mas, jalaran ingkang makatên punika, ing ngriki botên dipun lilani pisan-pisan."

Sang Siddha amangsuli: "Inggih ta, sampun, adhi ajêng, sapunika atur sêmbah kula lair batos nuwun sangêt dhatêng ingkang rama, punapa malih kula pêpundhi saha kula èngêt-èngêt sangêt kawontênaning mangsa kabêgjan ingkang namung sakêdhap punika, tur sampun sakalangkung lami sangêt pangajêng-ajêng kula. Ewa samantên, dhuh nyawa kula, punapa sababipun, dene nyawa kula tansah kêmba, sawanganipun."

Sang putri amangsuli kalihan unjal ambêgan: "Ah, kakang mas ingkang dahat kula trêsnani, kadospundi upami kabêgjan wau botêna parênca, tiyang kula sumêrêp, yèn kabêgjan wau namung sakêdhap sangêt, awit bokmanawi inggih namung sakêdhap punika kemawon sagêd kula kauja wawan ginêm kalihan kakang mas ingkang sakeca makatên, sagêdipun kalampahan malih taksih lami. Benjing-enjing kakang mas nglajêngakên tindakipun malih dhatêng nagari ingkang punapa-punapa wontên sarta sarwa rame, mila kakang mas tamtu gampil sangêt supe dhatêng tiyang èstri limrah kados jasad kula punika."

Sang Siddha amangsuli pangandika: "Punapa, supe? Dhuh, nyawa kula! kula botên pisan-pisan ngintên badhe tampi panarka ingkang makatên, pêpisahan namung sawatawis wulan laminipun, [lamini...]

--- 42 ---

[...pun,] kados botên sapintêna, sintên ...?" Dèrèng ngantos têlas pangandikanipun ingkang ngasih-asih, kados têmbungipun Amaru, kasêlak Sang Siddha anyêpêng astanipun sang ayu sarwi kacènèng alon-lonan dhatêng saliranipun. Wusana Sang Siddha lajêng andumugèkakên pangandika: "Sintên ingkang kesah sampun botên wangsul? Dhuh, adhi ajêng, nyawa gusti kula, kadospundi maniking tingalipun pun kakang têka prihatos, sanadyan mangke pêpisahan, punapa manah saha têmbungipun pun kakang botên sampun kasalira ing pêpujan kula wong ayu."

Wangsulanipun Sang Kusuma Iravati sarwi angujiwat, têmbungipun: "Kakang mas ngantos kados pujangga, yèn ta pujanggaa sagêd ngêrêm-êrêmi manah. Kakang mas, punapa panjênênganipun kakang mas sampun nate damêl uran-uran rumpakan dhatêng kula?"

Sang Siddha amangsuli nalangsa: "Kajêng kula inggih makatên, saupami kula sagêda, mênggah sayêktosipun sampun nate kula coba, damêl rumpakan, nanging kula anggit, kula padosi cèplêsing rumpakan, mêksa botên sagêd pinanggih ingkang mantêsi. Kosok wangsulipun kula gadhah kawruh, bokmanawi ingkang langkung kula sagêdi, tinimbang damêl uran-uran, dene ingkang sampun kula coba, kula cakakên botên badhe kula umpêtakên dhatêng yayi dèwi." Sakala wau Sang Siddha angwêkdalakên satunggaling mêdhalyun ingkang tinrètès ing sêsotya saking agêmipun pênding kadêdahakên dhatêng sang rêtna, ing lêbêt wontên isinipun gambar. Sang Rêtna Iravati botên pangling ing warni, yèn gambar alit wau pêpêthaning sariranipun.

Sang putri ngandika èsmu bingah ing galih: "Kakang mas, kula rak botên paja-paja mandhingi gambar punika ayunipun."

"Punapa? Botên paja-paja mandhingi gambar punika?" Wangsulanipun Sang Siddha alon. "Mila botên mandhingi, nanging malah tikêl atusan, ayu yayi pêpujan kula, tinimbang tapaking panyorèk kula utawi tiyang sanès ingkang sagêd anggambar sang putri." Bab punika ing sawatawis mila inggih lêrês Sang Siddha, sang rêtna langkung ayu tinimbang gambaripun, sabab miturut ing pangraos Indhu, anggènipun anggambar: bêlèkaning garis kêncênging tingal sarta tutuk ragi kawiyarên. Mangka lêrêsipun kawontênaning tingal saha tutukipun pancèn turut kalihan peranganing salira sanèsipun, ingkang andadosakên ayuning warni.

"Êlo! Kadospundi?" Pitakènipun Sang Siddha sarêng sumêrêp sang putri lajêng jumênêng sarta enggal-enggal nguwalakên saliranipun saking astanipun Sang Siddha ingkang sampun grimang-griming kados sang rêtna badhe karangkul-rangkula. "Kadospundi têka badhe oncat."

--- 43 ---

Wangsulanipun Sang Iravati: "Kaêntosana sakêdhap, sakêdhapan kemawon kula sampun wangsul mriki malih."

Sang Iravati lumajar cikat kados tandangipun kidang mêdal saking saantawisipun wit-witan anglayang minggah ing undhak-undhakan marmêr lumêbêt ing kadhaton, botên dangu nuntên wangsul malih mawi ngasta barang ingkang botên enggal katingal saking katêbihan. Sarêng sang rêtna sampun nyêlaki malih, anêdahakên gambar pêpêthaning sariranipun Sang Sisdha ingkang anyèplêsi sangêt, ananging sayêktosipun gambar pêpêthan wau ragi winangun sawatawis, sang rêtna anggènipun nêdahakên gambar wau ing sêmu kagok lingsêm, kawistara saking netya sumringah katingal ing pangarasan ingkang saya damêl wênêsing wadana. Punapa malih Sang Siddha sarêng priksa gambar pêpêthan wau dahat bingahing galih kanthi gumun ngantos ngêlokakên, sarta lajêng ngandika èsmu grêgêt-grêgêt suruh saya ngangsêg nyêlaki sang rêtna: "Dhuh nyawa kang tuhu kula trêsnani ...." Dèrèng ngantos sang putri angunduri, kasêlak sampun rinangkul gapyuk ing madyanipun sarwi kaarasan cinêcêp lathinipun ingkang maya-maya pindha sêkar mawar mêntas mêkar ing wanci enjang, ingkang têksih amrik ing gandanipun. Sang rêtna alon anduwa gambiraning pamêlukipun sang binagus sarwi ngandika: "Ta, samênika kangjêng rama tamtu badhe lêga galihipun dhatêng kula sakalihan, dene kula sakalihan sampun nindakakên kados satataning para satriya tuwin putri ingkang kawartos ing sêrat dongèng Indhu, ingkang ugi sami damêl-dinamêl gambar pêpêthanipun salira."

Sang Siddha amangsuli nglêpatakên: "Ingkang makatên punika saking pangraos kula kirang lêrês, awit kacariyosipun, sami damêl gambaripun piyambak-piyambak, lajêng lintonan, utawi manawi damêl-dinamêlan gambar, ugi lajêng lintonan. Cara kita sapunika langkung sae. Caranipun para putri sarta satriya ingkang kasêbut ing sêrat-sêrat, pangraos kula kados-kados ingkang sapisan, dados pratandhaning ambêg pameran ingkang linangkung, ingkang kaping kalih babar pisan tanpa damêl."

Iravati amaoni pangandikanipun: "Êlo, panjênêngan têka mêmacahi sêrat-sêratipun tiyang kina, malah bokmanawi mangke panjênêngan lajêng mêmaoni sêrat-sêrat suci kita."

Sang Siddha amangsuli alon: "Inggih, kenging punapa botên kenging dipun waoni, yèn mila wontên lêpatipun, utawi kêmba, punapa malih ...."

Dèrèng ngantos têlas wangsulanipun Sang Siddha, sampun kapêdhot dening sang putri, pangandikanipun: "Panjênêngan rak inggih botên sêmang-sêmang ta?"

"Sêmang-sêmang dhatêng punapa?"

--- 44 ---

"Kados ta: sêmang-sêmang pangidhêp panjênêngan dhatêng sêrat-sêrat Wedha suci, utawi dhatêng ...." Dèrèng ngantos rampung pangandikanipun Sang Putri Iravati lajêng kapêdhot dening Sang Siddha kalihan gumujêng pangandikanipun: "Inggih ta, sampun, samantên kemawon, wong ayu, mupung sagêd pêpanggihan tumrap wêktu ingkang namung kalilanan sakêdhap, sampun namung sami padudon kawruh agami sarta kawruh kasarjanan kados bangsa kula ingkang kathah-kathah ingkang mèh botên sagêd athuk."

"Lêrês panjênênganipun kakang mas." Wangsulanipun Sang Iravati, sarta ngandika: "Mênika lo, kula gadhah dolanan ingkang langkung sae, panjênêngan inggih ugi sampun priksa, mangga kaawasakên." Sang Iravati lajêng tumungkul dhatêng pinggiring balumbang, mêthik sêkar sarasidya ingkang warninipun biru sêpuh satunggal, sarta mêndhêt godhong satunggal ingkang sumèlèh ing siti, kalihan parigêl godhong wau kabêkuk-bêkuk kaèstha baita, sêkar sarasidya tumuntên katancêbakên ing baita saha lajêng kakambangakên ing lumahipun toya balumbang, ingkang dhumawah ing toya balumbang. Sarta lajêng andumugèkakên pangandika lirih: "Kêmbang trate iki esthane kangmasku Siddha, aku arêp wêruh: apa kakang masku sêtya tuhu mênyang aku, apa ora?"

Sang Siddha gêntos nêtah amangsuli: "Ah, makatên punika amêng-amêngan ingkang nganèh-anèhi, bok sampun amêng-amêngan ingkang kados makatên." Ananging Iravati botên ngraosakên, malah tansah namatakan[2] kalihan wigatos dhatêng pêpêthan baita ingkang jumbul-jumbul wontên ing lembaking toya saha lajêng anguwuh: "Sêtya! Sêtya!"

Botên antawis dangu wontên sribit-sribiting angin saking kidul andhatêngi sarta amradini ing lumahing toya. Baita ingkang anjêlanggrang katêmpuh ing samirana miring. Lajêng mangkurêb, botên dangu namung kantun lunasipun ingkang katingal, dene sêkar sarasidya lajêng ical.

Iravati anguwuh: "Bilai!" Lajêng andhêkukluk, sadhêganipun katèmpèlakên ing jangga, sarta ngandika malih: "Punapa panggraita kula botên badhe nyidrani ing kula."

Sang Siddha gêntos ngandika maoni dhatêng pangathik-athikipun sang putri, makatên: "Kula gêntos matur, dhuh sang rêtna, mugi linêpatna ing dêduka, dene pun kakang kamipurun maoni dhatêng karsanipun sang rêtna, botên saking punapa, kajawi namung katarik saking trêsnanipun pun kakang, sampun kêlajêng-lajêng sang rêtna rêmên ngathik-athik samukawis ingkang dahat langka, kados ta: yayi dèwi satunggiling putri pangajaran, têka taksih anggilut dhatêng kamokalan makatên, manawi ingkang gadhah panggagas makatên wau lare èstri ing dhusun, taksih pantês dipun ngapuntên, sarêng yayi

--- 45 ---

dèwi mêksa kula waoni. Yèn makatên punapa yayi dèwi langkung pracaya dhatêng godhong, ingkang tamtunipun kemawon dangu-dangu yèn kakambangakên ing toya inggih kèrêm, tinimbang kalihan prasêtyanipun satriya, dhatêng panjênênganipun sang rêtna."

Sang rêtna gêntos amangsuli kalihan ngunjalakên uswa: "Ah, kakang mas, ingkang kula trêsnani, mugi panjênêngan wêlasa dhatêng jasad kula, manawi patrap kula kapara kapilare, dene tuwuhing pangathik-athik kula wau botên katarik saking anggêga dhatêng sipat ingkang andupara, nanging punapa patrap kula ingkang makatên punika wau botên anelakakên sumêlanging manah kula pêpisahan kalihan kakang mas. Dene sumêlanging manah wau punapa botên dados pracihnanipun gênging katrêsnan kula dhatêng panjênênganipun kakang mas. Sanadyan kula pracaya sangêt dhatêng prasêtya tuwin gênging katrêsnan panjênêngan. Punapa kadang-kadang boten kenging ngèngêt-èngêt kanthi sumêlanging manah dhatêng nagari ingkang badhe panjênêngan purugi. Sintên ingkang sumêrêp yèn panjênêngan badhe tampi cobaning Pangeran wontên ing ngrika. Ewadene patrap kula wau mila klintu sangêt, inggih kula akêni punapa malih ...." Kalihan anglèndhèhakên mêstakanipun wontên ing pamidhanganipun sang binagus. Kula sumêrêp yèn Sang Siddha punika gadhahan kula, samangke sarta sajêgipun. Punapa malih kula inggih sumêrêp yèn botên wontên malih wanodya ingkang sagêd mêndhêt manahipun kajawi kula."

Katampi têmbung ingkang dahat damêl karaos-raosing galih, Sang Siddha botên saronta, kalulutipun kaasta madyanipun kalihan asta kêkalih sarwi pinandêng, ingkang kêdhèping netra ngatawisi yèn katrêsnanipun ing batos langkung agêng tinimbang wêdaling pangêla-êla ingkang linangkung, makatên malih Sang Iravati dhasar putri waskitha, sumêrêp sêsulaking panggalihipun sang binagus, sang putri kakênan kasok galihipun, têmahan ngrêrêpa sumendhe ing jajanipun sang binagus, ingkang sakala wau raosing galih manggih kabêgjan ingkang tanpa pindhan.

Botên dangu kamirêngan suwaraning kroncong (gêlang ing ugêl-ugêling suku) krincing-krincing ing sacêlakipun anggèning sami pêpanggihan, ingkang njalari uwaling anggènipun sami sih-sinihan kakung lan putri, sang putri ambêrot saking pamêluking Sang Siddha sami cingak mawasakên dhatêng sangkaning swara, wusana Sang Iravati lajêng ngandika alon: "Dhuh, kakang mas, nyawa kula piyambak, namung dumugi samantên sagêd kula pêpanggihan. Punika lo, para nyai kula Nipunika sampun dhatêng ngèngêtakên."

Pangandikanipun Sang Iravati kapara yêktos, awit sakala wau lajêng katingal wontên abdi èstri andhatêngi ingkang ngangge

--- 46 ---

gêlang sarta kroncong êmas ing ugêl-ugêling tangan sarta suku, ingkang ngawontênakên swara kumrincing kados ingkang kamirêngan wau punika.

Nipunika matur ing sang putri, yèn panjênênganipun kakarsakakên wangsul lumêbêt ing dalêmipun, dene Sang Siddha kalihan Sang Kulluka sami katimbalan andhèrèk dhahar ingkang rama. Sang Putri Iravati madal pasihan kalihan pacanganipun sarwi alon anggènipun salaman, sasampunipun, sang putri lajêng kondur angadhaton kadhèrèkakên abdinipun èstri wau, dene Sang Siddha ngêtutakên saking katêbihan saha lajêng tindak dhatêng kamar ing ngandhap pêrlu angampiri gurunipun Kulluka.

Mênggah kawontênaning pasugatan dhahar botên kirang samuha sarta asri, wêwah-wêwah katata wontên ing satunggaling kamar alit ingkang candhelanipun mêngku polatan dhatêng wana ing ngandhapipun têbih, ingkang wêwangunanipun kados pêpêthan gambar sêsunggingan. Dene ingkang sami dhahar dipun sudhiyani palênggahan kasur sutra sinulam ing bênang êmas, lèngsèr kancana tuwin salaka tanpa wicalan. Dhêdhaharan ingkang miraos sarta anggur pasêgahan botên kirang, abdi ingkang sami ngladosi, warni-warni pakulitanipun saha mangangge mêntèring, rasukan sêsulaman bênang mas neka-neka sêsêkaranipun. Cêkakipun kawontênanipun pasugatan tuwin prabotipun cocog kalihan luhuring drajatipun Sang Salhana, adipati ing Allahabad ingkang ing nalika wau ing salêbêting kadhaton luhur piyambak, ananging kawontênanipun ing bojana ingkang sarwa miraos sarwa asri wau, kenging kawastanan botên wontên kaberaganipun ingkang salugu, punapa malih nitik paginêmanipun ing ngriku: babar pisan botên kalêbêt ing pangintên tanpa sanggarunggi, sadaya-sadaya tumindakipun kanthi tata wingit tuwin kakên, dene paginêmanipun, ingkang tanpa tanja sarta tansah katingal amêm saha singit miturut tatacara ing kadhaton, katingalipun namung katandhukakên dening prayagung têtiga, inggih punika Sang Salhana, Sang Siddha, kalihan Sang Kulluka, sabab upami tanpa paginêman babar pisan, badhe kalêbêt tanpa tatakrami. Ingkang makatên wau tansah andadosakên panggagasipun Sang Siddha. Ing ngriku kawontênaning pasêgahan dhahar sarta tanduking pamicara têka beda sangêt kalihan kawontênanipun ing patapanipun sang pandhita ing parêdèn. Sang Kulluka kados-kados inggih sami kemawon panggagasipun, katawis saking sulaking ulat. Sarêng Sang Siddha mulat sakêdhap dhatêng gurunipun, Sang Kulluka ingkang kalawau ugi mêntas mawas dhatêng kawontênanipun ing ngriku, sarta sarêng têmpuking pandulu sakalihipun, ingkang botên kawuningan dhatêng Sang Adipati Salhana kawistara ing èsêmipun Sang

--- 47 ---

Kulluka, bilih ing batos Sang Kulluka inggih sami kemawon panggagasipun kalihan Sang Siddha. Ing wusana bojana ingkang kadêdangu dening lampah pacakan sarta ingkang mawi unjuk-unjukan anggur ragi kathah, sawêg bibar. Makatên malih ing langkunganipun dintên tumrapipun Sang Siddha botên wontên kaberaganipun malih, sanadyan ngantos dangu anggènipun malampah mubêng-mubêng wontên sangandhapipun panggunganing dalêm ingkang ngongkang ing kamar-kamar. Inggih punika ingkang ing têmbung Walandi kawastanan balkon. Ing ngriku Sang Siddha kêpêthuk abdi èstri ingkang sumlodhoh anama Nipunika kados pinatah dening bandaranipun Sang Putri Iravati, ananging sang putri piyambak botên katingal. Dalunipun sarêng ngatingal wontên ing ngarsanipun ingkang rama tuwin para tamu, pêrlunipun namung manggihi ingkang sami pamitan sakêdhap, dene tangkêbipun pêpanggihan sami kemawon tatanipun kados nalika pêpanggihan enjingipun ingkang sampun kalampahan.

Enjingipun taksih tamban umun-umum para tamu anglajêngakên lampah, pêrlunipun ing wanci siyang lajêng sagêd ngaso saha anyingkiri sumêlèting bêntèripun surya, pramila para tamu wau inggih sami tamban anggènipun wangsul dhatêng ing kamaripun pamondhokan. Nanging nadyan dalu wau para ingkang sami badhe andon lampah pêrlu sangêt angasokakên salira, ewa samantên sang prayagung anèm Siddha sarêng dumugi ing kamar pamondhokanipun ingkang sampun rumantos mêksa botên sagêd enggal malih têntrêming galih, sarta botên rêna enggal-enggal amurugi pasareyanipun, malah sasampuning nyèlèhakên dêdamêlipun, Sang Siddha tindak dhatêng jandhela ing sisih têngênipun ingkang kala punika taksih mênga ngongkang ing jawi anggadhahi polatan dhatêng ing bètèng ingkang minangka têtamènging pura, sarta dhatêng wana-wana ingkang kalawau katingalipun rêmêng-rêmêng kalihan pêpêtêng ing wanci dalu, rêdi-rêdi anakan tuwin ingkang langkung inggil anjêjêr ing wingkingipun salong kêbak candhi-candhi tuwin pundhèn sanès-sanèsipun.

Ing mangsa sakêdhap punika botên ngêmungakên pêthaning citranipun Sang Putri Iravati ingkang tansah cumanthèl ing tingal kalih kemawon ingkang kalêbêt ing panggalih, makatên ugi pangandikanipun prakawis kridhaning nalar praja kalihan ingkang rama paman, sarta pêpanggihanipun ingkang nganèh-anèhi kalihan pandhita ingkang nyala wados, punika ugi nuwuhakên panggagasing galih malih, mênggah kawontênaning sima ingkang kacariyosakên dening Sang Yogi Gorakh, pandhita ingkang nyala wados, punika Sang Siddha ugi mangêrtos yèn tamtunipun kemawon wontên lampah akalan, dene sang pandhita sagêd sumêrêp dhatêng kawontênanipun Sang Siddha ing nalika

--- 48 ---

ambujung sima sapiturutipun. Sanadyan Sang Siddha botên sagêd sumêrêp kadospundi akalipun, ananging punapa pêrlunipun sadaya wau, sarta punapa ingkang dados pikajênganipun Sang Yogiswara, punapa malih Sang Adipati Salhana, punapa wêwatakanipun kenging pinitados, punapa pitêdahipun kêdah katurut, sarta punapa nalar ingkang rinêmbag kala enjing punika kêdah kakêkêr sampun ngantos kasumêrêpan dhatêng Sang Kulluka, punapa malah botên pêrlu kasumantakakên dhatêng piyambakipun.

Dumadakan ing kala punika sanginggil tembok capuri kapisan, ingkang balowartinipun andhap, sanadyan sampun wanci dalu katingal ngalela dening padhanging hawa wontên wêwarnèn katingal ingkang damêl supening gagasanipun Sang Siddha sakêdhap, nanging lajêng wangsul anggagas malih.

Sanginggiling têngah-têngahipun balowarti, urut ing sapanjangipun katingal wontên dêdêg pangadêg kêkalih ingkang Sang Siddha botên mangêrtos, kadospundi dening kawujudan wau têka jlêg lajêng katingal sami sanalika, mangka Sang Siddha inggih kalêrês mawas dhatêng ing balowarti. Nanging Sang Siddha inggih tumuntên sagêd ngyêktosi saking dêdêg pangadêgipun, sanadyan botên sagêd ambedakakên pasang sêmunipun, inggih punika ingkang rama paman sang adipati kalihan Sang Pandhita Durga Gorakh. Kêkalih wau têka katingal malih sêsarêngan, mangka sampun lalu mangsa. Wondene ingkang saya damêl gumuning galihipun, punika bokmanawi anggènipun sakalihan katingalipun santun solah bawa babar pisan, botên mantra-mantra wontên tilasipun solah bawa angkuh tuwin wingit kados kala pêpanggihan ingkang rumiyin, ebahing asta ing salêbêtipun sami ngandika: sêru, pangandikanipun rame, sarta sakêdhap-sakêdhap mawi nudingi dhatêng bètèng tuwin dhatêng parêdèn sasisihipun, anggènipun sami ngandika taksih kalajêngakên sêsêg, ngantos dumugi karegonan dhatêngipun kawujudan sanèsipun malih, saking satunggal turut capuri, sadaya sami tipis sarta kêra-kêra, punapa malih mèh wuda balêjêd, kajawi namung sênthêng pêthak ingkang mangka awêr-awêr, kakalungakên ing jangga, ingkang taksih katingal ing sumamaripun wanci dalu ngalela awit saking bedaning warni kalihan pakulitanipun cêmêng. Sami sanalika kalihan dhatêngipun kawujudan wau, Sang Adipati Salhana enggal ngical, kados nalika rawuhipun ing ngriku, bokmanawi mêdal ing undhak-undhakan ingkang botên katingal saking kadhaton. Sang pandhita tumuntên wangsul, ngadêgipun dinamêl èsmu wingit malih, sarta sasampuning anudingi dhatêng pêrnahing salah satunggalipun rêdi ingkang inggil piyambak, sang pandhita lajêng nucuki lampahipun urut-urutan para têtiyang ingkang mèh sami wuda wau. Tumêdhak turut capuri purugipun [purug...]

--- 49 ---

[...ipun] dhatêng wana sirung ing sukuning curi. Panjang lampahing kawujudan wau urut-urutan, sadaya mèh sami wujudipun kalihan ingkang ngajêng piyambak, sami tut wingking sang pandhita. Dene Sang Siddha sampun dangu anggènipun kèndêl amical cacahipun kawujudan ingkang lumampah urut-urutan wau, saha sumêrêp kawujudan ingkang lumampah kantun piyambak ngical ing pêpêtênging wana.

Sang Siddha ragi andharodhog sarêng sumêrêp kawujudan ingkang nganèh-anèhi langkung ing ngriku, sarta andulu ing klebatipun lajêng kaathik-athik, yèn magêpokan kalihan asmaning sang bathari ingkang kaidhêp dening Sang Pandhita Gorakh, inggih punika sang bathari ingkang candhinipun dumunung ing rêdi. Bokmanawi ingkang sami dipun purugi dening Sang Gorakh kalihan kawujudan ingkang tut wingking wau. Manawi mila yêktos gêgununganing têtiyang ingkang ngidhêp dhatêng Durga punika taksih wontên, ingkang kêrêp dipun mirêngi dening sang sinatriya, nanging kakintên sampun tumpês sarta sirna lami, inggih punika eblis pangawak manungsa, ingkang dados panggodha tuwin giris-mirisipun satlatah Indhusthan, bokmanawi inggih punika kêdadosanipun têtiyang mêndêm agami ingkang anggêgirisi piyambak. Lah punapa ingkang rama paman, abdinipun sang ratu agung ing satlatah Indhusthan karsa têpang rêmbag kalihan panganjuring golonganipun têtiyang ingkang kados makatên, têmênipun botên pantês ginêga. Mila kalihan mèsêm, ing batos nggêgujêng dhatêng gagasanipun piyambak, lajêng nilar jandhela lajêng lukar busana saha lajêng mapan ing pasareyan.

Nanging Sang Siddha ing kala punika dèrèng sagêd sare, tumuntên Sang Iravati sarta Sang Salhana tuwin Sang Pandhita Gorakh kalihan para ingkang sami tut wingking, ingkang sami wuda cêmêng-cêmêng pakulitanipun, tansah damêl kuwuring èngêtanipun. Ewadene dangu-dangu sadèrèngipun sare, sagêd anggolongakên ciptaning galih, inggih punika botên badhe nyariyosakên punapa-punapa prakawis ingkang dipun mirêngi sarta dipun sumêrêpi kala ninis wontên ngajêng jandhela dhatêng Sang Kulluka, dene ingkang rama paman Sang Adipati Salhana têpang rêmbag wados, punika tumrapipun Sang Siddha sampun têtela sangêt, ananging tumrapipun prayagung ulah praja kados ingkang paman, nalar ingkang makatên punika kalêbêt botên patos langka. Punapa malih botên wontên tandha yêktosipun manawi têpang rêmbagipun ingkang paman kalihan Sang Pandhita Gorakh wau upami nalar culika. Mangka kawiyakipun sagêd ugi ambilaèni dhatêng sang adipati. Makatên malih dhatêng para narapraja ingkang kacêlak ing sang adipati. Dene manawi Sang Siddha sapunika rumaos wajib nyariyosakên

--- 50 ---

punapa-punapa dhatêng sintên-sintêna, ingkang jalaran saking ginêman piyambakan, utawi dumadakan, botêna tiyang sanès sampun tamtu kemawon Kulluka ingkang rumiyin piyambak anyeda dhatêng patrapipun Sang Siddha ingkang makatên wau.

__________

--- [51] ---

III. Agra.

Ungêling slomprèt amêlingi damêl wangunipun Sang Siddha, ingkang botên sare kêpatos ing wanci enjing. Enggal-enggal mênyat saking pasareyan, Sang Siddha sumêrêp saking jandhela ing alun-aluning bètèng sampun kêbak prajurit kêkapalan, sawênèh wontên ingkang sawêg ngrucati lapaking kapalipun, sanèsipun sawêg badhe nyengklak sarta badhe mapan tata ing pabarisan, ingkang sampun badhe nyengklak ing kapal punika prajurit sapalih golongan ingkang badhe pangkat saking Allahabad dhatêng Agra kalihan Sang Sinatriya Siddha. Dene sapalihipun golongan ingkang ngrucati lapaking kapalipun, punika prajurit ingkang dhatêng anggêntosi prajurit ingkang badhe pangkat kasêbut nginggil. Sang sinatriya anèm sumêrêp bilih abdinipun sampun angêntosi kalihan titihanipun dhawuk, lajêng enggal-enggal nyumantakakên badhe tindakipun. Botên antawis dangu Sang Siddha sampun nitih ing titihanipun. Botên antawis dangu Sang Siddha sampun nitih ing titihanipun. Botên dangu malih Sang Kulluka kalihan sang adipati amêdali.

Ing sadèrènging barisanipun lumampah, Sang Siddha sagêd nyêlakakên sakêdhap nitih titihanipun, turut balowarti, lajêng manggèn ing pojokipun dumugi ing panggungan jandhela, ingkang kala lingsir siyang sampun kalampahan, kangge kèndêl nganguk-anguki, ... sintên, .... Ing kala punika pangajêng-ajêngipun Sang Siddha inggih botên dipun cidrani babar pisan, ing saantawisipun têtuwuhan ingkang ngaling-alingi panggunganing jandhela, sang sinatriya tumuntên sumêrêp kawujudan ingkang sampun dipun kulinani, ngagêm rimong pêthak. Sang Siddha lajêng nyêlaki ingawe-awe mawi sinjang krawangan, ingkang kumlèbèt lirih dening angin manda-manda. Sarêng sang sinatriya sampun cêlak, sinjang krawangan wau kadhawahakên alon, nglayang tumurun saking jandhela, sang sinatriya sumêrêp enggal ngingêrakên kudanipun, sinjang tinampenan kalihan pucuking waos: gèrêng, kapêndhêt mawi asta têngên alon-lonan lajêng kinuswa wanti-wanti pinêtêlakên pranaja saha tumuntên kaubêtakên ing dêdêring pêdhang sakêdhap rampung, nuntên ningali ing nginggil kalihan ngawe-awe mangka sasmita kantun wilujêng saha lajêng mamprung nunggil kancanipun, sinjang krawangan wau panunggilaning

--- 52 ---

sinjang tênunan ing Kacmir ingkang warnipun[3] gilap, dhasaripun mêmak alus sangêt kados klamating kêmlandhingan, inggih punika panunggilaning tênunan ingkang ambibarakên nalaripun para tukang tênun ing sangalam donya, dening botên sagêd aniru, alus mêmakipun kenging kaslabokakên ing sêsupe sami kemawon kalihan bilih kangge kudhung utawi kalêmpit kangge srêban, utawi rimonging putri.

Sang adipati mawi nguntapakên têtamunipun sarta para prajurit, anitih kuda ngantos sawatawis têbih. Sarêng sampun dumugi papan badhe wangsul kondur, nuntên pamitan mawi paring priksa dhatêng putra kapenakanipun, bilih sang adipati nuntên sagêda kapanggih malih kalihan Sang Siddha wontên ing Agra, saha sang adipati piyambak ing sawatawis dintên êngkas kagungan karsa badhe tindak dhatêng Agra. Sasampunipun tamu kêkalih sami pamitan, lajêng sami nunggil kalihan para têtindhihing prajurit, ing ngriku Sang Siddha kalihan Kulluka sami manuhakên saha nglajêngakên lampahipun.

Lampahipun taksih langkung sadintên, ingkang kêrêp anglangkungi bulak pawêdhèn sarta kathah sela-selanipun tinimbang wit-witan, kadhang-kadhang inggih anglangkungi parêdèn ingkang kathah têtuwuhanipun, sarta kêrêp turut utawi cêlak têpinipun lèpèn Jumna, wêkasan ing sontênipun sampun cêlak kalihan nagari Agra sami kèndêl makuwon ingkang pungkasan piyambak, dene enjingipun sasampuning nglajêngakên lampah sawatawis cêlak, sarta sasampuning dumugi ing kitha karajan, para andon lampah punapa malih sawênèhipun ingkang sami tumut, ingkang sampun nate sumêrêp ing kitha ngriku, sami rumaos sampun luwar saking sayah saha saking lampah ingkang ambosêni, dening sampun angsal pêpulih sagêd sumêrêp kitha karajan agêng.

Sakathahing suyasa agêng-agêng tuwin masjid-masjid bêbanjêngan wiyar sami dumunung nyapalih rêmbulan wontên ing saantawisipun pakêbonan-pakêbonan sarta bètèng-bètèng ingkang wêwangunanipun warni-warni, ingkang ing kala samantên saha taksih lami malih lêtipun, minangka dados pasrèning kitha, ngantos nagari Agra utawi ingkang ugi karan Akbarabad kalêbêt golonganing kitha ing sajagad ingkang èdi sarta mompyor piyambak. Kadhatonipun Sang Nata Akbar sawatawis ing têngah sumorot katingalipun, sami-sami suyasa ing karaton ingkang dipun dalêmi sang prabu mompyor piyambak, sarta ingkang agêng piyambak kaubêngan suyasa ingkang langkung alit kados sinêbar ing saantawisipun wit-witan pêpanthan ing patamanan, ingkang pasanganipun endah sela wêdhi abrit kasangling mêncèrèt, kapraban soroting hyang arka warninipun mancorong kadosdene sela akik wêtahan, sanadyan ukuranipun kadhaton panjang-panjang sangêt, sarta sinung payon tajugan [ta...]

--- 53 ---

[...jugan] lancip-lancip ing nginggilipun. Punapa malih wontên mênaranipun ingkang lênjang-lênjang adêgipun, sarta yèn liringing yêyasan ingkang awig pakirtyanipun mongol ing gêgana, botên namung damêl ebating para ingkang sumêrêp, ugi damêl lam-laming pandulu. Dalêmipun para agêng ing karaton sarta patamananipun, tuwin griyanipun têtiyang kitha ingkang sugih singgih, punapa malih masjid-masjid ingkang apayon tajungan samênaranipun, punapadene ing ngrika ngriki taksih wontên candhi-candhinipun sawêtawis, tilaran saha nyina ingkang wêkasan piyambak, yèn ing tlatah ngriku, sanadyan ing kala punika sampun kandhih nate wontên jaman ingkang têtiyangipun sampun kadunungan bêbudèn alus. Mênggah kawontênaning polatan wau tumrapipun para andon lampah, saya tumraping tiyang ingkang sawêg nêmbe sumêrêp, andadosakên sabab kèndêlipun ing ngriku pêrlu ngenggar-enggar manah aningali sakêdhap dhatêng kalangkunganipun sêsawangan ing ngriku ingkang kathah-kathah, saha lajêng sagêd angrêmbag dhatêng prabawa ingkang tumus ing kitha dening sumêrêp ingkang sarwa mompyor, sarwa endah tuwin sarwa pèni wau. Satunggiling manungsa pangrayut praja ingkang kinuwasa, saha panata nagari ingkang ambabar pisani, punika ingkang ambangun kaendahan ingkang kathah-kathah. Nagari ingkang rumiyinipun dèrèng patos katingal, lajêng sanalika kados sinulap thukul saking siti bêra. Punapa botên ngebat-ebatakên, botên mungguh sangêt tiyang ingkang iyasa wau. Ing kala punika Sang Siddha kados sêsêk uswasanipun angraos-raosakên bokmanawi botên dangu malih badhe ngadhêp tiyang ingkang dede sabaenipun wau, sarta bokmanawi ngantos awawan ginêm, sanadyan namung patut-patutipun kemawon.

Ing kalawau botên dangu para andon lampah lajêng sami andumugèkakên lampahipun, sarêng dumugi ing sabrangan lèpèn sanèsipun, Sang Kulluka sarta Sang Siddha lajêng sami pamitan pêpisahan kalihan upsir pangiriding prajurit ingkang sêsarêngan lumampah, saha lajêng sami dhatêng griya ingkang kasewa dening salah satunggaling mitranipun Kulluka kangge nyadhiyani piyambakipun kalihan Sang Siddha. Griya wau barès kemawon, ananging panatanipun anêngsêmakên manah saha sakeca, sarta ngongkang dhatêng pakêbonan ing sakubêngipun. Punapa malih dhatêng lèpèn ing ngandhap, ingkang toyanipun bêning kasorotan srêngenge ing wanci enjing pating dlèrèh ilinipun kêlap-kêlap kados salendhanging sutra para widadari sami malenggot bawa.

Sang Kulluka sarêng malêbêt ing griya pamondhokan kalihan mitranipun lajêng cariyos: "Sumangga, punika kalêrêsan, punika lo: barangipun ingkang kamomot ing unta sampun dhatêng, mila botên pêrlu lajêng kèndêl kemawon, manawi mangke sampun [sam...]

--- 54 ---

[...pun] dandos lajêng sagêd ngadhêp Sang Patih Abul Fazl. Sapunika siram ingkang ayêm rumiyin. Salêbêtipun sira Vatsa sagêd ngrencangi ngêdal-êdalakên ingkang pêrlu dipun angge."

Watawis satêngah êjam êngkas, Sang Kulluka kalihan Sang Siddha sampun sami dumugi margi anggènipun badhe ngadhêp sang nindyamantri. Sang Siddha ngagêm rasukan lakên jêne êmas, panjangipun dumugi ing dhêngkul, ing jaja ragi mênga sakêdhik, (bokmanawi saèmpêr bêdhahan rasukan kurung) ingkang mawi sangsangan mutyara ingunce, sarta ngagêm sêrban ingkang botên patos agêng rinêngga ing bulu-bulu, ing lêbêtipun pinulêt ing sinjang krawangan tandha katrêsnan saking Sang Putri Iravati: mangka jampining mulat sih pangarêm-arêming kangên. Dene Sang Kulluka panganggenipun ragi langkung endah, nanging pasaja sangêt tinimbang ingkang sampun-sampun kaangge. Dêdamêlipun pêdhang sarta golok ingkang murwatipun namung kangge rêrênggan tinimbang kangge dêdamêl.

Mênggah purugipun margi dhatêng dalêmipun sang patih botên têbih, sarêng ingkang badhe mêrtamu sakalihan sampun dumugi ing dalêmipun sang nindyamantri sarta anglangkungi palataran ing ngajêngan, punapa malih sêsampunipun para têtamu sampun mratelakakên namanipun, lajêng kairid dhatêng salah satunggaling kamar ing dalêm, ing ngriku para têtamu angêntosi mêdalipun sang nindyamantri, ingkang botên mawi kaêntosan dangu lajêng tindak mêdal, gubah ingkang nyinggêt kamar pangêntosan kalihan kamar sanèsipun katingal kalèrègakên, Sang Nindyamantri Abul Fazl tumuntên malêbêt.

Mênggah pasaliranipun Sang Nindyamantri Abul Fazl wau ragi lêma, inggilipun cêkapan, yuswanipun watawis sèkêt taun, dene pangagêmanipun Sang Abul Fazl barès kemawon, nanging mêksa kathah pangaosipun, inggih punika sutra jêne sêkaran. Sang nindyamantri botên ngingah brewok babar pisan, ananging wadananipun ingkang klimis, sanadyan sêmunipun cêlom, katingalipun mêksa anjalêri, rosa sarta panggah ing karsa. Sanadyan makatêna ewadene mêksa katingal samun dening kèdhêping netra cêmêng, sumanak.

Sasampunipun Sang Nindyamantri Abul Fazl ambagèkakên dhatêng para têtamu kados adat, ingkang tumrapipun Sang Kulluka akalihan Sang Siddha pangaji-aji ingkang langkung agêng. Sang Abul Fazl lajêng ngandika: "Kula bingah, dene sampeyan enggal dumugi ing ngriki. Mitra kula sang anom tujunipun botên dangu mlêbêt ing padamêlan nata, bokmanawi saking pangarah sampeyan mitra kula Kulluka ingkang wicaksana, pantês tinarimah."

Sang Kulluka amangsuli: "Bokmanawi wiwitan ingkang badhe botên sae kêdadosanipun, saupami Sang Siddha ngantos kêdangon anggènipun nampi pangkat ingkang mulya wau saha

--- 55 ---

ingkang kagadhangakên ing Sang Siddha, awit saking lumunturing si[4] wilasa paduka sang nindyamantri kalihan sang nata."

Sang Abul Fazl amangsuli: "Punika dede sih, sumitra! Dede sih wilasa, saking pamanggih kula, punika saking kasarjanan. Kula sadaya sami nganggêp botên wontên pigunanipun, yèn sadaya-sadaya pangkat tansah kaparingakên dhatêng para pangagêng bangsa kula ngriki piyambak, sarta mangayubagya, yèn para sinatriya asaling nagari ugi tumut anggatosakên, nglêbêti ing padamêlan nagari ngriki. Sampeyan ugi sumêrêp yèn para wadyabala rajput (wadyabala sinatriya) botên rêna, bilih satunggal-tunggaling golonganing prajurit botên katindhihan ing pangirid bangsanipun piyambak. Ing wusana botên kadosa, ingkang andadosakên langkunging rênanipun manah kula: kajawi namung sagêd mapanakên putraning mitra kula saha ingkang kula mirêngi botên liya kajawi namung tandha pasaksèning kasaenanipun, ing padamêlan nagari ingkang kaanggêp prayogi dhatêng ingkang rama."

Sarêng sang nindyamantri kèndêl pangandikanipun, Sang Siddha tumuntên ngandika: "Samantên punika kula nyuwun pangapuntên, kalilana matur wontên ngarsa paduka sang nindyamantri, bab ingkang kasagahakên dhumatêng kula wau, kaparênga mêksa kula anggêp sih wilasa paduka. Awit saking punika kula saha rama kula sami ngaturakên gênging panuwun, punapadene pangajêng-ajêng saha ciptaning manah kula, sampun pisan-pisan sih wilasa paduka wau ngantos kula sapèlèkakên.

Sang Abul Fazl mangsuli mantêp: "Sêtyaa ing samukawis, inggih punika pitêdah ingkang ing sapunikanipun kados-kados taksih tanpa pêrlu. Ananging manawi sampeyan sampun ragi lami wontên ing ngriki, sampeyan tamtu lajêng sumêrêp, yèn pitêdah kula wau botên tanpa damêl tumraping wêwêngkon ingkang kèbêkan ing palacidra tansah andingkik saking pundi-pundi, ingkang ugi asring sagêd nasarakên para pinitados dhatêng lampah botên sêtya. Pramila benjing-enjing senapati sampeyan ingkang badhe mêdharakên pêpacak ing sapêrlunipun dhatêng sampeyan, tumrap ing kuwajiban sampeyan mlampah damêl. Senapati sampeyan tamtu ugi botên badhe kêkilapan suka sumêrêp dhatêng sampeyan ingkang ragi ngatos-atos dhatêng para rajput, sabab sampeyan sumêrêp piyambak, bilih para rajput punika ingkang kathah, sanadyan botên anggadhahi pangkat kaprajuritan ingkang tamtu, ananging sami bangsanipun satriya kados sampeyan makatên, pramila botên purun karêngkuh babar pisan kados salimrahing prajurit arahan.

Pangintên kula sampeyan badhe ningali rumiyin sakêdhap ing salêbêting kitha karaton ingkang langkung jajah tinimbang ingkang sampun kêlampahan sampeyan sumêrêpi. Pramila botên

--- 56 ---

badhe kula candhêt langkung dangu, ananging ngêntosi rumiyin sakêdhap." Pangandikanipun sang nindyamantri sarêng Sang Siddha sampun satata badhe mangkat: "Mênggah kula kanthèni pangirid tamtu badhe kapasang yogi, pangintên kula, kula sagêd milihakên dhatêng sampeyan satunggal ingkang pantês." Sasampunipun sang nindyamantri kêplok asta animbali abdi ingkang lajêng tumuntên sowan, "Apa kaponakanku Parviz ana kene?"

Aturipun abdi: "Kalawau kawula sumêrêp tindak dhatêng patamanan."

"Tutura yèn tak undang."

Botên dangu lajêng wontên jêjaka ngadhêp, ênèm sêpuhipun salang sêbat kalihan Sang Siddha, pangagêmanipun mompyor rinêngga ing sêsotya lan mutyara, warninipun sang anom bagus mêrak ati, mila sanadyan sang anom sampun mawi rawis alus saha cêmêng, nanging ing sêmu ngèstrèni.

Sang nindyamantri nuntên ngandika alon: "Parviz, iki lo, priyayi loro saka ing Kacmir kaya kang wus tak kandhakake têkane kae. Dene Sang Witaradya Siddha, saka pangarêp-arêpku: banjur aranana mitramu. Ing saikine kowe dadia pangiride mêruhake ing sajêroning kutha, kang lagi ditêkani sapisan iki."

Sang Praviz mangsuli: "Nun inggih! Kalihan sênêng: kula mundhi dhawuh paduka." Sarta lajêng salaman kalihan Sang Siddha sumanak aparikrama. Sang Parviz matur malih: "Kula kaparingakên minangka pangiridipun mitra kula, punika andadosakên pirênaning manah kula sarta ugi kula anggêp kaurmatan satuhu tumrapipun kula."

Sang nindyamantri nuntên ngandika malih: "Yèn mêngkono nuli mênyanga, dene sumitra Kulluka bokmanawa isih kaparêng lêrêp ana ing kene sawatara arêp rêmbugan prakara kapêrluane nagara Kacmir. Ewadene mitra kula kalih pisan, mugi sampun ngantos kêsupèn, malah pêrlu ing dintên punika ugi amêrtamua sadhèrèk kula Sang Feizi. Awit tamtu badhe andadosakên cuwaning manahipun sangêt, manawi kalampahanipun mêrtamu ngantos kasêmadosan benjing-enjing, sanadyan piyambakipun ugi nglilani kalihan rêna kula tampi pangaji-aji rumiyin." Tampi dhatêng ulat liringipun sang nindyamantri, sang witaradya sakalihan lajêng sami lèngsèr saking dalêmipun sang nindyamantri mêdal ing jawi badhe andumugèkakên karsanipun, mubêng-mubêng ningali kawontênaning salêbêtipun kitha karaton.

Sadumuginipun ing jawi, Sang Parviz ngandika: "Sumangga, bêgjanipun botên patos bêntèr sangêt, lajêng sagêd tumuntên amriksani ingkang pêrlu katingalan rumiyin dhatêng tiyang ingkang sawêg nêmbe dhatêng ing Agra, inggih punika kadhaton dalêm sang nata. Ewa samantên manawi lampahipun botên damêl rêkaos panjênêngan dening mêntas tindak ing wanci enjing."

--- 57 ---

Sang Siddha tumuntên amangsuli gumapyuk dhatêng mitranipun enggal: "Adatipun kula botên patos ngraosakên dhatêng bêntèr, makatên malih dhatêng asrêp, kula sampun manuh wontên ing rêdi, punapa malih dhatêng sayah sawatawis, namung kemawon punapa kula botên badhe damêl rêkaos panjênêngan, dene pêrlu nyumêrêpakên dhatêng kula barang ingkang tamtunipun panjênênganipun sampun priksa lami?"

Sang Parviz amangsuli malih sêmu moyoki: "Sanadyan kula dede bangsanipun prajurit gêgalan kados panjênêngan makatên, ingkang sangkanipun saking parêdèn inggil-inggil tuwin wanawasa, ananging mlampah-mlampah sawatawis kula inggih mêksa sagêd, sanadyan ragi bêntèr, sêsrawungan kalihan panjênêngan, manawi ngantos sayah sagêd kêslamur ugi."

Makatên salajêngipun kasambi ginêman sarta sami criyos-cinriyosan punapa-punapa prakawis pangkat tuwin kapêrluanipun piyambak-piyambak, Sang Parviz mawi nyariyosakên, kajawi Sang Parviz ugi botên sênêng sangêt dados prajurit, ingkang paman sang nindyamantri inggih anggalih kirang mungguh. Pramila ginadhang kapêrnahakên ing padamêlan nagari.

Kacariyos ingkang sami andon lampah sakalihan tumuntên dumugi ing radinan agêng saha wiyar, inggih punika salah satunggilipun margi agêng ingkang anjog dhatêng palataran-palataran ngajêng kadhaton. Ing pungkasaning radinan agêng wau wontên gapuranipun munggul adhapur palêngkung. Manawi sampun malêbêt ing ngriku lajêng dumugi ing alun-alun wiyar ingkang kaeyuban wit-witan mangka pêpasrèn. Alun-alun wau ugi anjog ing gapura nênêm sanèsipun malih ingkang wujudipun sami kalihan satunggal wau, sarta anjog ing margi ingkang sami agêngipun kalihan margi ingkang kasêbut ing nginggil. Ing têngahing alun-alun wontên pêpêthan liman agêng, ingkang kadamêl sela, tlalenipun ngêdalakên toya minangka umbul sumamburat, dene ing pinggiring alun-alun wau, ingkang tigang sisih kasinggêt ing capuri marmêr bêbanjêngan panjang, ing wingkingipun suyasa ingkang agêng-agêng arêbat inggil, lotèngipun narithik ngantos kados undhak-undhakan. Mênggah katingalipun: dalêm kathah ing salêbêting capuri kadhaton, tuwin suyasa-suyasa sakêkancuhanipun, bokmanawi kirang nêngsêmakên manah tuwin kirang nyèplêsi wêwangunan gambar, tinimbang tiningalan saking pinggiring lèpèn, wêwah malih têtunggilan kalihan balowarti ingkang wangunipun saya ngalela tiningalan.

Sang Parviz nuntên ngandika dhatêng Sang Siddha: "Panjênêngan tamtu sampun mangêrtos, manawi sadaya ingkang wontên salêbêtipun capuri punika botên sagêd rampung dipun tingali babar pisan sapunika, sanadyan kula sakalihan sami kuwawi sangêt dhatêng sayah, awit sampun botên wontên wêktunipun,

--- 58 ---

ewadene sumangga sami dipun alad-aladi kemawon mriksani ing sakacêpêngipun rumiyin, bokmanawi panjênêngan sawatawis lajêng sagêd andugi-dugi kawontênanipun sadaya. Ing sasêlot-sêlotipun benjing panjênêngan saya sagêd priksa kawontênanipun ingkang langkung kathah."

Sarêng sang sinatriya sakalihan lumêbêt ing salah satunggaling jrambah, tumuntên apratela dhatêng tiyang jagi ingkang lajêng nganthèni pangirid satunggal dhatêng satriya sakalihan, saha kerid dhatêng suyasa-suyasa ing nglêbêt, ingkang kenging dipun lêbêti dening para ningali sababaging pangkatipun, kalawau lajêng ngambah lumêbêt dhatêng kamar-kamar agêng alit bêbanjêngan panjang, pasrènipun rêbat mompyor tuwin pèni, sadaya kamar kadamêl miturut wêwangunaning yêyasan Maroko. Ingkang kathah-kathah nggadhahi sêsawangan anêngsêmakên manah, têmpuking polatan kalihan asrining pakêbonan jêmbar-jêmbar, ingkang kadunungan umbul mutahakên toya sumirat sumamburat kasorotan prabaning hyang arka kados mawa teja sèwu aliwêran, punapa malih sêkar-sêkar tuwin têtuwuhan ing pakêbonan ngriku èdi pèni maneka-neka amêwahi sêngsêming manah. Sawênèhing yêyasan tembokipun ingkang kadamêl marmêr kacêplok-cêplok tuwin pinatik-patik dhapur sêsêkaran asri kawuryan. Yêyasan sanèsipun ing pinggir-pinggiripun rinêngga ing pangilon sarta wontên umbulipun alit-alit ingkang mèh botên kasat mata, anawurakên toya lêmbat kados jawah riwis-riwis ingkang nyêbar hawa ayêm sakeca dhatêng badan ingkang mêntas kabêntèran. Ing pundi-pundi ingkang mawi gubah tuwin langse lakên jêne utawi sutra, warnipun sinêling-sêling pinantês lan warnining pasrèn sanès-sanèsipun, sinulam ing bênang mas asri kadulu, babud-babudipun alus kandêl êmpuk, kasuripun ugi sutra mêmak êmpuk, sintên-sintêna ingkang sampun nate ngeca-eca linggih salonjor wontên ing ngriku, tamtu inggih ngraosakên kanikmatan sayêktos.

Sang Parviz ngandika malih: "Ing salêbêting capuri ingkang kathah wêwarnèn èdi pèni, inggih ing ngrika punika, ananging kula tuwin panjênêngan tamtu kemawon botên kenging lumêbêt, awit ing ngrika punika kamar-kamaripun para wanodya. Kula sampun nate ningali kamar punika watawis kalih, ing nalika sawêg kababar panggarapipun, sarta nalika dèrèng dipun ênggèni, sapintên kemawon waragadipun ingkang sampun kalêbêt ing ngriku. Gêganjaranipun bab punika kula sumanggakakên panjênêngan, panjênêngan sampun dumugi anggènipun mriksani, tamtu kemawon sampun kirang rêna mirêngakên kathah-kathah."

Sang Siddha pitakèn dhatêng pangiridipun: "Punapa bangsal agêng pasamuan mênga?"

--- 59 ---

Sang Parviz: "Sapunikanipun botên mênga, nanging sawatawis dintên êngkas ...."

Sang Parviz ngandika malih: "Sanadyan mêngaa inggih botên sagêd rampung anggènipun mriksani, botên lami malih badhe wontên pasamuan agêng, kula kalihan panjênêngan inggih lajêng tumut. Dene suyasa ingkang kadalêman ing sang nata piyambak, panjênêngan benjing bokmanawi badhe priksa langkung têrang. Sumangga, sapunika sami mriksani kemawon kawontênan ingkang rèmèh-rèmèh, ingkang ugi kenging dipun têmbungakên pêrlu tiningalan."

Nararya sakalihan ingkang andon nêningali, sami nglajêngakên lampahipun turut margi tarub agung saha jêmbar asaka bulug, ing margi tarub wau kathah abdi punakawan tuwin prajurit apangkat warni-warni pating sliwêr, kadhang-kadhang lampahipun satriya sakalihan anglangkungi margining patamanan, ingkang lêrês saha panjang, punapa malih ingkang ingapit wit-witan ing pinggiripun tharik-tharik. Ing salêbêtipun sakalihan sami nêningali, Sang Parviz nêdahakên dhatêng mitranipun, mênggah kanggening kamar-kamar tuwin suyasa-suyasa warni-warni wau: "Ing ngriki dununging pangrimatanipun sêrat-sêrat waosan kagungan dalêm sang nata, ingkang kasamak èdi saha kasêrat ing tangan. Ing ngrika papaning kêmasan sarta sarawèdi, punapa malih papan pamahatan lisah wangi, tuwin gudhang-gudhang sarta pawon kathah, wêwah malih kajawi papan dêdamêling prajurit, ugi wontên kêstalan kapal, liman tuwin unta, ingkang prasasat kamirunggakakên mangka agêmipun sang nata piyambak sarta tumrap ing pandhèrèkipun."

Ing sadèrèngipun Sang Siddha sumêrêp kêstalan ingkang kathah-kathah, pangraosipun sampun mangêrtos mênggah ingkang dipun wastani karaton, ananging sarêng sumêrêp, sawêg rumaos yèn ing ngajêng dèrèng nate sumêrêp, ingkang langkung damêl gumuning manahipun punika, dene kathahing kêstalan katingalan saking nginggil saha saking katêbihan plêk kados padhusunan ngijèn kaubêngan patamanan pinacak asri, ijêm riyo-riyo kados pasabinan ingkang tanêmipun pantun sawêg mêdal sêkaripun.

Sang Siddha nyaruwe: "Saiba kathahing kewan ingkang adi-adi ing kêstalan ngriku."

Sang Parviz amangsuli: "Inggih, ingkang wontên ing ngriki kemawon limanipun tamtu botên kirang saking satus, dene ingkang kasudhiyakakên sang nata kaingah wontên ing ngrika-ngrika kula botên sumêrêp kalihan têrang. Saking cariyosipun, kagungan dalêm sang nata sanèsipun punika inggih ragi kathah, makatên malih kagungan dalêm unta, kuda sarta sima pambêrêgan inggih ragi kathah."

--- 60 ---

Sang Siddha apitakèn: "Kula gumun, tiyang satunggal têka pêrlu nggadhahi ingkang kêlangkung-langkung makatên, sanadyan ratu agêng pisan."

Sang Parviz amangsuli: "Manawi ingkang kagêm piyambak botên sapintêna, bokmanawi kirang saking pangintên panjênêngan. Saya malih tumrapipun Sang Nata Akbar ingkang kababarakan[5] wontên ing wanawasa ing nalikanipun ingkang rama nglambrang kakendhangakên saking praja, kaprêtêk ing pamardi wontên ing pakuwoning prajurit, tamtu sang nata botên pisan-pisan nggilut dhatêng pangêbrèh ingkang yêktosipun kêlangkung-langkung makatên, malah-malah kenging katamtokakên botên dados karsa dalêm sang nata. Ananging sang nata sampun rumaos, pangintên kula lêrês sangêt, bilih satunggiling ratu agêng kados panjênênganipun, kêdah damêl pakering dhatêng têtiyang nagari ngriki sarta dhatêng bangsa-bangsa tuwin pangagêng ingkang pinarentahakên, sarana kamuktèn ingkang sami pêrlunipun kalihan kawibawan angwontênakên wadyabala ingkang santosa tuwin narapraja ingkang putus dhatêng kridhaning pangrèh praja. Kula sadaya, bangsa Pèrsi, bangsa Mongool, bangsa Arab tuwin Indhu, bangsa panjênêngan, sami ugi kalihan bangsa kula, manuhipun awang-awangên sumêrêp kamuktèn tuwin kawibawan,saya agêng tuwin ngegla mukti wibawanipun sang nata, sangsaya agêng pakering kula sadaya. Ananging manawi panjênêngan kagungan pangintên bilih sadaya kamuktèn ingkang katingal wau kanthi pangêbrèh, punika kathah klintunipun. Kula purun namtokakên ing panjênêngan, bilih sayêktosipun botên wontên barang kabucal, sarta sanadyan asring ugi ical kacolong, ananging inggih botên sagêd kathah sangêt, sabab ingatasipun isèn-isèning kadhaton ingkang samantên kathahipun, satiyangipun, tumindaking pranatan tata kêncêng ngantos dumugi ingkang rèmèh-rèmèh, makatên malih ing sadaya peranganing pangrèh nagari tumindakipun botên beda, ingkang panyêpêngipun prabeya sabuku-bukunipun kalihan satiti sarta pangatos-atos, ing salêbêting nagari dalêm Sang Nata Agung mèh ing pundi-pundi anulad. Bapa paman kula Sang Abul Fazl sawêg nyêrati sadaya wau kalihan satiti, kalêbêtakên ing yasanipun Sêrat Aini Akbari ingkang ngêwrat kawruh tata tuwin pangrèh praja dalêm sang nata, malah kula inggih asring kakarsakakên ngrencangi anggarap sawatawis, inggih saking kathahing kapêrluanipun ingkang kangge tumrap panindakipun tata adêging kadhaton ingkang samantên kawibawanipun wau, Sang Nata Akbar ngantos kenging pangaran-aran ngêbrèh, mangka manawi sang nata pêrlu mitulungi sanèsipun ingkang sawêg kasusahan, utawi kamlaratan, ingkang pantês nyuwun pitulungan dalêm sang nata, punapa malih ingkang sêsangkutan pêrlu damêl kamajênganing kawruh tuwin kagunan, punika abdi

--- 61 ---

dalêm gêdhong sang nata kêrêp kemawon rêkaos anggènipun nggendholi karsa dalêm sang nata supados paring dalêm kapantês ing samurwatipun kemawon.

Sasampunipun kèndêl sakêdhap anggènipun ngandika Sang Parviz nuntên anglajêngakên pangandika malih: "Ananging sapunika lêrêsipun sampun mangsanipun kondur, bêntèripun sampun sumêlèt, sarta kula inggih purun ngakên kemawon manawi sampun ragi sayah, manawi kula sakalihan langkung dangu malih anggènipun mubêng-mubêng, kula kêpengin sangêt ndhawah ing bangku kalihan angêntosi ayêming hawa ing wanci sontên. Ananging sampun botên sagêd kêlampahan, awit badhe kêlangkung wancinipun dhahar."

Sang Siddha amangsuli: "Yèn makatên sumangga lajêng wangsul kemawon, sarta kula ngaturakên panuwun kula mêdal saking manah suci dhatêng panjênêngan, dening sampun sarju angirid ngubêng-ubêngakên kula ngantos sagêd sumêrêp margi-margi ing ngriki."

Sang Parviz tumuntên ngirid mitranipun turut margi alit ing sasisihipun pakêbonan tuwin suyasa-suyasa wangsul anjog ing dalêmipun Sang Parviz, nuntên pamitan kalihan ngandika: "Benjing-enjing panjênêngan bokmanawi botên kobêr nglajêngakên tindak-tindak mriksani kitha utawi amêng-amêng têbih, dening kathahing pandamêlan parentah. Ananging bokmanawi panjênêngan ngarsakakên amêng-amêng malih, benjing êmbèn utawi sanès dintên, kula inggih rêna ndhèrèkakên malih, maringana sumêrêp kemawon dhatêng kula, utawi bokmanawi kula inggih murugi panjênêngan malih."

Nararya ênèm sakalihan lajêng sami sêsalaman, saduginipun ing dalêm, Sang Siddha tumuntên mapan ngasokakên salira wontên ing kamar ingkang ayêm. Ingkang makatên punika kapinujon tumrapipun Sang Siddha, dene mêntas sayah mawi kêbêntèran lajêng sagêd nuntumakên saliranipun.

Ing wanci sêraping srêngenge, Sang Siddha sakalihan mitranipun ingkang langkung sêpuh, inggih punika Sang Kulluka tindakan malih martamu dhumatêng dalêmipun Sang Feizi, sadhèrèkipun sang nindyamantri, kados ingkang sampun karêmbag ing ngajêng. Mênggah ingkang dipun dalêmi Sang Feizi wau, punika griya adhapur pasanggrahan, dunung ing têngah-têngahing wit-witan pêpanthan nggrêmbêl. Sênadyan dalêm wau botên agêng, nanging nêngsêmakên manah. Sadumuginipun ing ngriku, para têtamu tumuntên kemawon kalantarakên, botên dangu wontên abdi mêdal ingkang lajêng ngirid tamu sakalihan lumêbêt ing kamaripun Sang Feizi piyambak.

Sang Feizi lênggah wontên ing sacêlakipun lotènganing dalêm, ingkang ngongkang ing jawi turut pinggiring tembok mèh ngêmputi ubênging dalêm, lênggahipun ngajêngakên meja

--- 62 ---

ingkang ingukir pèni, ing meja kathah sêrat-sêratipun ingkang mawi sêratan tangan, nutupi ing lumahipun, makatên malih ing ngandhapipun ugi kathah sêrat-sêratipun ingkang sumèlèh ngubêngi meja, Sang Feizi ngasta kalam panyêratan anungkuli sêrat-sêrat ingkang tumrap ing dlancang sarta ing dlancang wacucal. Sarêng priksa rawuhipun para têtamu lajêng jumênêng mêthukakên, sarta tanpa mawi cara-cara malih, têtamu sakalihan sinêmbrama kalihan têmbung pambagyarja, saha lajêng sêsalaman, tumuntên ingacaran lênggah, wontên ing kasur prangwadani ingkang sampun gumêlar wontên ing lotengan.

Mênggahing kawontênan tuwin padatan, Sang Feizi akalihan ingkang raka Sang Nindyamantri Abul Fazl kathah èmpêripun, kajawi Sang Feizi pasêmonipun bingar, tuwin enggar, wadananipun kaparasan rêsik botên ngingah rawis utawi wulu sanèsipun, solah bawanipun trampil kanthi tatakrama mumpuni, utawi malih nitik sabar saha jênjêming polatan lajêng sagêd ngintên, yèn Sang Feizi kapara bangsaning ahli budi jatmika, tinimbang tiyang ingkang santosa sarta wantêr ing budi pakartinipun, sanadyan kala dados prajurit ugi kêrêp ngatingalakên kêkêndêlanipun, utawi dados cundhakaning nagari ugi kêrêp sagêd narbuka nalar ingkang angèl-angèl saha sungil tumrap ratu gustinipun.

Ing sadangunipun abdi kêkalih sami nawèkakên pasêgahan anggur saha sêgêr-sêgaran, Sang Feizi angandika dhatêng para tamu: "Kula sampun sumêrêp, manawi pikajêng sampeyan, Sumitra Kulluka sampun ngantos ngasèpakên dintên anglirwakakên waktu anggèn sampeyan badhe damêl suka pirênaning manah kula akalihan sadhèrèk kula sêpuh sang nindyamantri sarana martamu kalihan nêpangakên mitra sampeyan sang anèm. Pangajêng-ajêng kula inggih tumuntên sagêda dados mitra kula." Sang Feizi lajêng ndangu dhatêng Sang Siddha: "Kadospundi panyawang sampeyan kawontênanipun ing kitha ngriki ingkang enggal tumrapipun ing sampeyan, sampeyan tamtu sampun nyumêrêpi kawontênanipun sawatawis."

Wangsulanipun Sang Siddha: "Putra kapenakan paduka Sang Parviz ingkang sampun kaparêng ngirid kula mubêng-mubêng ing wêwêngkoning kraton sawatawis. Ewadene blakanipun kula dèrèng sagêd ngaturakên kawontênanipun kanthi têtimbanganing manah. Sakêdhap wau kula barèsipun namung tansah gumun dhatêng barang èdi pèni ingkang samantên kathahipun, punapa malih yêyasan ingkang awig-awig pakirtyanipun inggih kathah. Ing ngajêng kula inggih sampun gadhah pangintên-kintên mênggah kawontênanipun ing karaton, ananging pangintên-kintên kula sadaya wau têtela dèrèng paja-paja utawi taksih nyamut-nyamut sangêt nyamènana kalihan kayêktosanipun."

--- 63 ---

Sang Feizi amangsuli: "Kula inggih pitados dhatêng cariyos sampeyan punika, sadhengah tiyang ingkang sawêg sapisan sumêrêp ing ngriki inggih makatên cariyosipun, sanadyan wontêna ingkang sampun nate mirêng utawi maos cariyos kawontênanipun karaton ing ngriki, nanging tiyang wau inggih mêksa gumun sarêng sumêrêp kayêktosanipun. Sapunika kadospundi Sumitra Kulluka kawontênanipun ing nagari sampeyan, ing tanah êlèr ingkang têbih saking ngriki, kula kêpengin sangêt mirêngakên sawatawis mênggah kawontênanipun nagari sampeyan ing Kacmir wau."

Sang Kulluka sanadyan limrahipun sarta botên pisan-pisan nêdya nggêpok dhatêng kawontênaning sêsatron ingkang nêmbe tuwuh malih, amangsuli kanthi suka pirênaning manah, makatên malih Sang Siddha inggih lajêng tumut cariyos ngantos usrêg. Sang Siddha dèrèng nate ngraosakên sakeca sêsrawungan kalihan tiyang ingkang dèrèng nate têpang kados kalihan prayagung ingkang kathah pigunanipun Sang Feizi, inggih punika mitranipun Sang Nata Agung Akbar tuwin piandêlipun ingkang tansah tinantun-tantun, sarta tansah ingaji-aji dhatêng sang nata, dening kondhanging namanipun dhatêng guna pangawikan. Ginêmipun tumuntên anilar kawontênanipun ing sapunika, lajêng ngambah ing ginêm kawontênanipun ingkang kalimrah ing kathah-kathah, langkung malih dumugi angginêm bab kasusastran. Feizi ngandika dhatêng Sang Siddha: "Sampeyan gumun sumêrêp kawontênaning karaton ing ngriki, sarta sampeyan ngakêni manawi kawontênanipun wau nglangkungi kalihan pangintên sampeyan, ananging tumraping kula beda sangêt, sarêng kula mêntas sumêrêp kawontênaning sêrat-sêrat waosan iyasanipun para pujangga, ingkang linangkung, sarta sêrat-sêrat ingkang ingaji-aji. Tiyang ingkang nunggil agami kula, ananging inggih para ngulami ingkang kenging kula wastani dèrèng sagêd sangêt, sami anyariyosi dhatêng kula, yèn kasusastran Indhu punika lêrêsipun botên sanès kajawi namung cêcamboraning kawruh ingkang awon, ruwêd sarta sampun raos, punapa malih ngrisakakên raos-pangraos dhatêng ingkang sarwa sae, tuwin matosi dhatêng piandêl kita ing Allah Rasullulah, tumrap ingkang kantun punika sampun botên susah kula gêpok, ananging tumraping pangraos kula dhatêng kalangkunganing kagunan, makatên malih sagêdipun kadumugèn anggayuh kula dhatêng kawruh ingkang kula pengini punika, kalampahanipun ragi langkung gampil mawi margi saking para pujangga tuwin para sarjana sampeyan Indhu tinimbang saking para pujangga tuwin sarjana kita Arab, kados punapa kemawon kalangkunganing yêyasanipun sêrat kêkidungan para pujangga sampeyan, tumrap ing pangalêmbana dhatêng para prajurit linangkung, punapa malih kalangkunganipun sêrat-sêrat ingkang mawi

--- 64 ---

têmbang sanès-sanèsipun, kados punapa kemawon kalangkunganipun cariyos ringgit, punapa malih sucining raos-pangraos ingatasing sadaya cariyos wau ingkang kanthi kautamèning sinatriya, ambêk rahayu ing budi, paramarta asih ing sêsami, tatacara ing kaalusaning budi pakarti amumpuni. Makatên malih kados punapa kemawon lêbêt saha wiyaring bêbudènipun para sarjana sujana sampeyan bangsa Indhu ing jaman kina. Ananging punapa pêrlunipun bab sadaya wau kula èngêtakên dhatêng sampeyan, tamtunipun kemawon langkung sumêrêp sampeyan tinimbang kula, ingkang kalihan kangelan amarsudi sagêdipun mangêrtos dhatêng basa sampeyan lêlungidan, ingkang bedanipun sangêt kalihan kanggenipun ing basa kita Pèrsi utawi Arab."

Sang Siddha amangsuli: "Sapunika basa Sanskrit tumrapipun bangsa Indhu sampun mêsthinipun kemawon botên kalêbêt ing pangrêmbag, awit ingkang kathah wicantên mawi basa Indhustani. Sumangga kula aturi ndangu dhatêng guru kula Sang Kulluka sapintên kemawon kangelanipun anggèning mulang basa Sanskrit, dhatêng kula."

Sang Kulluka amangsuli sumèh: "Inggih cêkapan kemawon. Ananging anggènipun sinau basa Sanskrit Sang Feizi ing kawitanipun kanthi rêkaos, kados limrahing sanèsipun inggih makatên, Sang Feizi kêsupèn bilih basa wau kawitanipun, sanadyan tumrap panjênênganipun inggih mila angèl, ewadene inggih lajêng sagêd mêrtal sêrat-sêrat pêpakêm ing Kacmir. Punapa malih inggih botên beda sagêdipun linangkung panglêlurinipun Nala sarta Darmayanti."

Sang Feizi ingkang botên sagêd kèndêl tumuntên bilih sampun wiwit gêginêman nggêpok sêrat-sêrat Indhu, angandika malih: "Rak inggih nêngsêmakên manah ta, sumitra, sêrat kêkawin wau. Sapintên kemawon kaotipun sêrat-sêrat kêkarangan sêsantunan saking basa sanès yèn katimbang kalihan luguning babonipun, tamtu inggih kathah sangêt kaotipun, sae babonipun, awit, ing satunggal-tunggaling basa sampun nggadhahi cara piyambak, ewadene sanadyan kathah bedanipun, sanadyan namung barès kemawon mêksa sae sangêt, kanthi pitêdah ing lêlampahan kautamèning wanodya ingkang nglêlangkungi, rahayu suci ing budi dhatêng sakathahing coba sarta salah panganggêp, inggih punika Sang Damayanti ingkang prasêtya mantêp lulut ing lakinipun, sanadyan lakinipun tanpa aji. Dene sanèsipun, manawi kula asring mêrtal sêrat punika, ingkang pêrlu kagêm ing Sang Nata Akbar, mila sampun botên kobêr sinau basa sanès malih, ananging inggih mêksa rêmên maos sadaya sêrat, malah kula inggih pinatah ingandikakakên mêrtal sêrat Injil."

"Mêrtal sêrat punapa?" Pitakènipun Kulluka.

Sang Feizi amangsuli: "Mêrtal sêratipun suci têtiyang saking tanah kilèn, ingkang nyêbut awakipun asmaning

--- 65 ---

Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 034–066): Citra 1 dari 1
Kadhatonipun Sultan Akbar ing Agra, ingkang sakêlangkung endah

--- 66 ---

panuntunipun: têtiyang Kristên, sampeyan tamtu inggih sampun sami mirêng bab agaminipun. Ing sêrat Injil wau kathah ingkang pêrlu kawaos, ing ngriku kathah panggraita ingkang inggil-inggil sarta ingkang lêbêt-lêbêt raosipun, ananging kathah ugi ingkang rèmèh sarta tanpa raos, kados ing Theosophie, ananging yèn kagêrba ing sadayanipun, sarta manawi sampun nate sumêrêp kawruhing agami tuwin kawruhing kasarjanan sampeyan, ingkang kasêbut ing Injil pancèn inggih botên kathah kawruhipun enggalan. Mênggah ingkang tansah ndadosakên rêmên kula,- makatên lajênging pangandikanipun Sang Feizi ingkang ndumugèkakên ngalêmbana dhatêng kawruh kaalusanipun bangsa Indhu kina,- punika rapal sampeyan. Dene gadhahan kita ingkang kaanggêp kasarjanan mêmêt, manawi kula tandhing kalihan sanèsipun, raosipun kêmba sarta cêmplang. Sanadyan kula sawêg mirêng sapisan saking sampeyan, ananging kula inggih sampun marêm sarta botên badhe kasupèn, sanadyan ing salêbêtipun kula sawêg pinuju nyêrat pisan. Punika lo, suraosing rapalipun:

Amal kang ora rusak,
ora dicolong jupuk,
ananging tansah mundhak,
saya akèh kang diuwat-uwat,
iya sangsaya wuwuh,
amal mau aran kawruh.

 


dalêm. (kembali)
namatakên. (kembali)
warninipun (dan di tempat lain). (kembali)
sih. (kembali)
kababarakên. (kembali)