Sarêng Sang Siddha sampun kêpanggih kalihan gurunipun, sarta sampun andum wilujêng anggènipun badhe pêpisahan, kalihan anjibahakên dhatêng gurunipun bab pambêktanipun sêrat, tanpa mawi dipun takèni kathah-kathah, Sang Sinatriya Siddha sawangsulipun lajêng nitih kudanipun sêsarêngan kalihan Sang Parviz kadhèrèkakên dening punakawanipun Sang Siddha tuwin punakawanipun Sang Parviz amêng-amêng dhatêng sajawining kitha.

Tindakipun nararya sakalihan wau ngantos dangu sakeca kemawon, dene nglangkungi margi wiyar ingkang kayoman wit-witan ragi inggil-inggil turut pinggir ing kiwa têngênipun margi, ingkang ugi ngongkang ing pasabinan tuwin garumbul-garumbul katingal saking katêbihan ing kiwa têngêning margi.

Sarêng lampahipun prayagung sakalihan sampun dangu, Sang Parviz nuntên ngandika: "Kauningana, tumrap ing margi-margi ingkang têbih-têbih sanèsipun, sang nata inggih sampun ngyasani kados margi punika, ing pinggiripun kiwa têngên katanêman wit-witan, ingkang rumiyinipun bêra tanpa wontên gêgodhonganipun ingkang gêsang saêlêr kemawon, mila rumiyin bêntèripun ing ngriku ngantos matêngakên tiyang lumampah, punika sampun tamtu kemawon pandamêlan ingkang sangêt migunani, botên wontên tiyang andon lampah ingkang botên narimah dhatêng Sang Nata Akbar."

Sang Siddha amangsuli: "Inggih, sang nata iyasa samubarang migunani." Sarêng Sang Siddha ngèngêt-èngêt dhatêng priyagung ingkang ginêman kalihan saliranipun prakawis Sang Nata Akbar wontên ing patamanan, kala ing dintên pêpanggihanipun. Sang Siddha lajêng ngandharakên cariyos dhatêng mitranipun Sang Parviz lajêng ngandharakên cariyos dhatêng mitranipun Sang Parviz, ing kalanipun pêpanggihan kalayan prayagung ingkang tansah damêl kodhênging kintên-kintênipun Sang Siddha, sarta lajêng pitakèn dhatêng Sang Parviz, punapa Sang Parviz têpang kalihan prayagung ingkang lajêng kacariyosakên parejenganing warninipun.

"Botên têpang, malah sumêrêp kemawon dèrèng." Wangsulanipun Sang Parviz kalihan kangelan anggènipun ngampêt èsêmipun. "Ananging bokmanawi panjênêngan inggih badhe priksa malih."

"Bokmanawi inggih makatên." Wangsulanipun Sang Siddha. "Malah kados-kados inggih prayagung ing ngriki kemawon.

--- 100 ---

Kajawi punika kula nyuwun priksa sakêdhik, punapa sababipun tiyang jalêr ing ngriki kathah ingkang botên ngingah brewok babar pisan. Kula wastani bangsa panjênêngan tiyang Islam sami rêmên ngingah brewok."

"Inggih mila sami rêmên, nanging Sang Nata Akbar kagungan panggalih sanès. Kados rawis panjênêngan utawi brêngos kula tumraping panggalih dalêm Sang Nata Akbar taksih botên dados punapa, ananging sang nata langkung rêna priksa tiyang ingkang babar pisan rêsik rainipun, botên ngingah brêngos, brewok, utawi jawès, dene karsa dalêm makatên wau kula botên sagêd ndungkap, punapa inggih namung saking kasênêngan kemawon, kados padatanipun tiyang mangêrtos asring makatên, punapa inggih kajarag kadamêl angganggu tiyang Islam ing ngriki ingkang sami niru bangsa Arab rêmên ngingah brewok, punapa inggih kajêngipun sami sumêrêp, yèn sang nata wau ngrasuk agami Islam, nanging botên anggatosakên dhatêng piandêl utawi dhatêng pangêrtosan bab pangingahipun brewok, têrangipun kula botên sumêrêp, ananging sanadyan bab ingkang makatên wau kados-kados namung nalar sapele sangêt, saha kapilare, ewadene sampun sagêd damêl jalaraning rêribêd saha garundêl. Sapunika sampun cêlak kalihan griyanipun salah satunggaling kapala dhusun ing tlatah ngriki, kula ingkang sampun têpang sae lantaran bapa paman kula kyai patih. Sumangga sami ngaso sakêdhap dhatêng griyanipun kalihan ngombèni kapal, kapal kula pun Jragêm apêsipun sampun ngajêng-ajêng toya, sadèrèngipun kula tumpaki, sampun dipun abah-abahi dangu."

Miturut pamrayoginipun Sang Parviz, para andon lampah sami mêdhak saking kuda wontên ing lataring griyanipun kapala dhusun ingkang kadamêl santosa saking kajêng saha tinembok, sarta dumunung wontên ing têngah-têngahipun wit-witan asêm tuwin akasiyah. Ingkang gadhah griya sarêng kacêlukakên dening karerehanipun lajêng ngatingal piyambak, inggih punika tiyang Indhu umuripun cêkapan, warninipun ngêngrêng mriyayèni. Sasampunipun bage-binagèkakên, sarta ingkang gadhah griya ngakèn angladosakên wowohan ingkang sêgêr-sêgêr tuwin toya wêning kadyangganing gêdhah kristal, tur anyês kados ès, winadhahan ing kêndhi pratala lajêng wiwit paginêman, kados pangajêng-ajêngipun para tamu, prakawis têtanèn tuwin karaharjanipun ing dhusun, ingkang tumrapipun tiyang ingkang kirang kulina nêningali ing ngriku ugi lajêng katawis kemawon saking kawontênaning têtiyang tani ing ngriku, katingal rêja-rêja, nglangkungi ingkang manuhipun tiningalan dening Sang Siddha ing dhusun-dhusun talatah nagarinipun.

Kapala dhusun awicantên: "Kawontênaning karaharjanipun [karaharjani...]

--- 101 ---

[...pun] ing dhusun-dhusun ngriki punika, sampun tamtu kemawon salong saking pandamêlanipun kawula alit. Tanpa kagarap sarta tanpa karaya-raya, tamtu kemawon botên sagêd dumugi samantên. Ananging para kawula alit inggih agêng panarimahipun dhatêng sang nata, ingkang tata pangrèhipun praja sangêt mikantuki ngantos têtiyang alit sagêd kobêr matêk kêkiyatan adamêl rêjaning dhusun-dhusun ingkang kados makatên punika."

Sang Siddha amangsuli: "Bab iku aku iya wis krungu, ananging blakane bae aku durung pati dhamang bab prakara iku."

"Ewadene inggih gampil kemawon," wangsulanipun kapala dhusun tiyang Indhu, "saya tumrapipun tiyang ingkang sampun kadunungan bêbodèn alus saha kasagêdan kados paduka, tamtu gampil pangêrtosipun. Mênggah sadaya pranatan sabin ing ngriki pokokipun wontên ing pambagianipun, inggih punika sêmbada, paosipun siti katamtu sarta adil, ingkang langkung pêrlu malih wontênipun pranatan wêwênangipun ingkang gadhah sabin sarta ingkang anggarap, sami sakeca dipun lampahi. Rumiyin tumindakipun taksih sakajêng-kajêng kemawon, botên wontên ingkang sumêrêp mênggah wêwênangipun ingkang anggadhahi, sarta wajibipun angladosi. Mangka wontênipun pamêdal ing sabên taun, rugi utawi bathi, ingkang lumados dhatêng parentah nagari, tata pirukunanipun lajêng namung kapasrahakên dhatêng kita kapala dhusun kemawon. Samangke pranatanipun sabin sampun dipun ewahi. Sabin-sabin sami kaukur pantês, katamtokakên kikisipun sarana têtêngêr, pamêdalipun mawi katimbang kalihan loh utawi botênipun siti ingkang kaprinci, klas-klasan, sarta pamêdal wau katamtu ing têpsiran samantên taun, dene ingkang langkung pêrlu, nanging bokmanawi ragi angèl pranatanipun, punika namtokakên paos siti ingkang rumiyinipun mêdal saking wulu wêdalipun sabin utawi siti sapunika ing sasagêd-sagêd kawêdalakên yatra, kamurwat kalihan pandamêlipun siti utawi sabin ingkang kapaosan. Dene manawi wontên udur-uduran bab ingkang magêpokan siti wau, ingkang kawênangakên mutusi namung kakim, botên kenging kapancasan dening punggawa gêgolonganing pangrèh praja, pramila katêmahanipun sapunika, tiyang ingkang anggarap sabin, punapa malih ingkang maosi, ing sadèrèngipun lajêng sagêd sumêrêp kemawon, sapintên badhe pangaosing sitinipun, sapintên badhe pambayaripun, sarta sapintên tirahanipun ingkang badhe dados melikipun. Sarêng makatên kados botên elok tumrapipun tiyang ingkang mila pancèn nêmêni sayêktos dhatêng pangucalipun sabin, wêwah mangêrtos dhatêng kapêrluanipun piyambak, têka sagêd majêng sayêktos saha manggih

--- 102 ---

raharja. Mangka rumiyin sagêdipun angsal têdha ing sadintên-dintênipun sampun kangelan. Sumangga paduka priksa piyambak kêdadosanipun, sarta sagêd anggalih, sanadyan saya prayoginipun mênggah panimbang punika kêdah nyumêrêpi kawontênanipun pasabinan kalihan têtiyangipun kala rumiyinipun kados kula."

Sang Siddha amangsuli: "Panandhinge bab kaananing nagaramu kene karo ing nagaraku mêsthi bae bisa padha kadadeane. Sapira bae bêgjane sawijining nagara kang anduwèni ratu bèrbudi wicaksana kaya Sang Akbar."

Kapala dhusun amangsuli: "Kita inggih narima dhatêng para pinitados ingkang tinantun-tantun ing sang nata, langkung malih dhatêng Sang Todar Mal, nayaka gêdhong, inggih punika ingkang kawajiban ngasta arta pamêdal nagari. Sang Todar Mal punika salugunipun ingkang lajêng ngrampungakên tumindakipun pranatan enggal, dene Kyana Patih Abdul Fazl ingkang lajêng ngêncêngakên sangêt tumindakipun sarana ngalang-alangi bab lampahipun pangênêt sarta panêsêpipun para punggawa paprentahan nagari dhatêng kawula alit. Sanadyan ing kawitanipun awit saking iktiyar wêdalipun pranatan enggal wau pamêdalipun nagari kados-kados badhe suda, ananging lami-lami lêrêsipun dados kosokwangsul. Mila sanadyan pamêdalipun nagari dados kirang sawatawis, ewasamantên ajining pamêdal wau inggih mindhak, sabab ing samangke saya kêkah, awit langkung kiyat têtanggêlanipun tinimbang rumiyin."

Sang Siddha apitakèn: "Dhuh sumitra, apa ora ana sumêlange, yèn pranatan kang jarene bêcik mau bubrah manèh samangsa ing têmbe kang jumênêng nata kurang mangêrtos?"

"Pangintên kula botên, bêndara." Wangsulanipun kapala dhusun. "Manawi dhusun-dhusun kita sampun angsal wêwênang kiyat, botên gampil kacahak malih dhatêng nata ingkang ambêg sawênang-wênang. Sumangga kagaliha, dhusun-dhusun punika mèh babar pisan kaêrèhakên dening pamarentahipun piyambak, awit saking punika sanadyan ugi wontên watêsipun, adêgipun botên kawêngku dhatêng panjênêngan nata, manawi nata ingkang ambêk sawênang-wênang wau badhe nyoba nyuda wêwênangipun kawula alit ingkang tumrap dhatêng dhusun-dhusunipun. Ambibrah adat ingkang sampun sakeca linampahan, tamtu badhe mêmêngsahan kalihan èmpêr-èmpêripun karajan alit-alit maèwu-èwu, inggih punika èmpêripun padhusunan kathah, sarta sang nata badhe botên sagêd angsal narapraja tuwin prajurit ingkang nyêkapi kathahipun kagêm anjiyad murih miturut ing salaminipun. Sanadyan sagêd kalampahan, dhusun-dhusunipun inggih [ing...]

--- 103 ---

[...gih] kathah ingkang lajêng katilar kemawon, têtiyangipun lajêng kesah ngungsi dhatêng wanawasa. Suwalikipun têtiyang ing dhusun inggih botên tumut-tumut dhatêng saparipolahing nata, sang nata mardika saking gêgêmaning tiyang alit, sang nata kenging kemawon ambangun prang kalihan karajan sanèsipun, ing sakarsa-karsa, tiyang alit botên mêmalangi, anggêripun yatra rêrimatanipun taksih nyêkapi kemawon. Punapa malih prakawis bêntèr-binênteran tuwin pasulayan ing salêbêtipun kraton, têtiyang ing dhusun botên tumut-tumut, malah ingkang kathah mirêng kemawon awis sangêt."

"Mangkono iku kaanan rahayu," pangandikanipun Sang Siddha, "apamanèh satêmêne iya mayar bangêt tumrap ing golongan sakarone."

Sang Parviz nyêlani pangandika: "Mung bae awit saka pranatan kang mangkono mau, bênêre ora mundhakake kêkiyatan kang gumolong sawiji marang nagara lan uwonge."

Kapala dhusun amangsuli: "Inggih, mila botên. Punapa pangintên paduka, kêkiyatanipun nagari ingkang isinipun bangsa warni-warni kathah tur beda-beda kados ing nagari Indhustan, sagêd golong dados satunggal, kajawi golong kalihan panjênêngan nata, kula ngakêni bilih angèl sagêdipun golong, sanadyan pêrlu ugi binudi sagêdipun botên kados kawontênanipun sapunika."

Ngantos dangu anggènipun sami wawan sabda, ingkang andadosakên kêparênging galih saha rumêsêpipun ingkang sami mirêngakên, langkung malih Sang Siddha. Sasampunipun rampung, mitra sakalihan nuntên pamit dhatêng kapala dhusun, ingkang panampinipun kanthi panakrama; prayagung sakalihan sampun sami nyengklak ing titihanipun, lajêng andumugèkakên lampahipun.

Sarêng tindakipun prayagung sakalihan ingkang ragi nyêngka sampun sawatawis têbih, sarta kala-kala mawi kèndêl ngasokakên salira wontên ing margi, tumuntên kêtingal siti munggul papanipun kadhaton ing Fattipur, ingkang sinantosan sarta kinubêngan balowarti kandêl. Mênggah singêripun kadhaton wau tiningalan saking katêbihan, botên beda kalihan kadhaton-kadhaton ing Agra sanèsipun; suyasa inggil-inggil warni-warni, tur isis, wêwangunanipun mungguh tuwin wingit, punapa malih botên tilar pasêmonipun, nêngsêmakên sarta èdi kados ingkang pinanggih ing kadhaton ngriku sanès-sanèsipun, adêgipun narithik rêbat inggil kados undhak-undhakan, ing nginggil sinung mênara, sarta palompongan-palompongan margi angin ing pinggiripun pating caringih alus pakirtyanipun; undhak-undhakanipun suyasa sami wiyar-wiyar, ingkang kadamêl sela marmêr, kasorotan ing padhanging hyang arka katingal mancorot [man...]

--- 104 ---

Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 099-132): Citra 1 dari 2
Kadhatonipun Sultan Akbar ing Fattipur, katingalan saking wingking, ing pêngkêran wontên blumbang pasiramanipun sang nata

--- 105 ---

[...corot] ambalêrêngi worsuh kalihan ijêming gêgodhongan, asêm tuwin wit-witan sanès-sanèsipun, ingkang salong kêtingal, salong kaling-kalingan, têmahan mancorotipun ingkang pancèn ambalêrêngi, dados kêtingal gumêbyar sulak ijêm kados tejaning toya.

Sarêng Sang Siddha kalihan pangiridipun, saha sasampunipun masrahakên kuda titihanipun dhatêng abdinipun sampun lumêbêt ing capurining kadhaton, sanadyan botên patos kadadak kagèt gumun ing galih, ewadene mêksa karaos langkung rêna priksa wêwarnèn ingkang wontên ing kadhaton ngriku, sakalangkung asri, riyo-riyo kasulakan ijêming têtuwuhan kathah, saha sakêlangkung damêl rêsêping galih, dene suyasa-suyasa ing kadhaton ngriku, sarta kamar-kamar botên beda mênggah mompyor saha èdining pasang rakitipun kalihan kadhaton ing Agra, namung kemawon kadhaton ing Agra langkung jêmbar tinimbang ing Fattipur, pramila kadhaton ing Agra katingalipun bawera kirang nêngsêmakên, makatên malih ing patamanan-patamanan ing Fattipur, katingalipun langkung asri sarta damêl marêming paningal, jalaran kawontênaning têtuwuhan ing patamanan ngriku botên pinêksa saking rakiting manungsa, nanging saking tataning kodrat, margi-margi ingkang ingapit-apit wit-witan ing turut pinggiripun, tuwin margi-margi alit ingkang menggok-menggok, lêstantun nurut lengkongan sarta pêpunthuk miturut ing sapikajêngipun pasitèn tuwin thukuling têtuwuhan, botên mawi kalêncêng ingkang ambosêni sarta botên mawi pasipatan ingkang ajêg. Punapa malih nglangut sarta sumyah sumêrêp papan lêmpar saking katêbihan kêtingal parêdèn angubêngi pasitèn, saha pasabinan ingkang tanêmipun nêdhêng andados ngantos angêmohi. Lèpèn ing ngandhap katingalipun kados pita salaka sumorot kanginan anêkak-nêkuk, ing katêbihan katingal ugi wontên têlaganipun, sanadyan yasan, mêksa botên kirang wêwangunanipun kados kawujudan ing gambar sêsunggingan.

Ngantos dangu para ingkang sami rawuh mriksani ing ngriku anggènipun mubêng-mubêng, tindakipun gèk turut margi alit wah sêpên, gèk lajêng mlêbêt mêdal ing jrambah-jrambah ingkang isi têtiyang jagi sarta abdi, ngantos ing wêkasanipun Sang Parviz kagungan panêmbung badhe ngupadosi salah satunggiling mitranipun, ingkang dêdunung ing kitha ngandhap, pêrlu badhe ngupados panglêrêpan wontên ing griyanipun, ngiras pantês sagêd dhahar ingkang langkung prayogi tinimbang angsalipun ing margi. Sampun tamtu kemawon pamrayogi wau tinurutan kalihan suka rênaning Sang Siddha, malah sasampunipun para andon lampah ngasokakên salira wontên ing griyaning mitranipun Sang Parviz ingkang

--- 106 ---

panampinipun têtamu botên kirang bojakrami, sarta sarêng para têtamu sampun sami ngiyatakên salira sarana dhahar, ingkang karaos nikmat saha kanthi sênêng sadayanipun, para andon lampah lajêng sami andumugèkakên tindakipun badhe nêningali malih kawontênanipun ing kitha Fattipur.

Sang Parviz nuntên ngandika: "Kula nyuwun pangapuntên panjênêngan, kula tilar rumiyin, awit kula kadhawuhan bapa paman kula maringakên sêrat sawatawis dhatêng salah satunggiling priyayi karerehanipun, sarta mawi rêrêmbagan nalar sawatawis ingkang botên wontên kapêrluanipun tumrap ing panjênêngan. Griyanipun cêlak kemawon saking ngriki, botên dangu kula tumuntên kemawon wangsul ing ngarsa panjênêngan. Sadangunipun ngêntosi wangsul kula, bokmanawi panjênêngan kaparêng mriksani candhi ragi kina, punika lo panggenanipun, wontên ing satêngah-têngahipun wit acacia.[1] Dene yèn panjênêngan ngêrsakakên, kenging ugi sêmbahyang wontên ing ngrika."

"Punika wajib," – wangsulanipun Sang Siddha kalihan gumujêng –, "kula botên nindakakên makatên tanpa dugi-dugi, ananging manah kula inggih rêna sangêt badhe nyumêrêpi kawontênanipun candhi punika, panjênêngan kula êntosi wontên ing ngrika kemawon, utawi wontên ing sacêlakipun."

Sarêng Sang Siddha sampun lumêbêt ing ngongronganing candhi ingkang wiyar-wiyar sarta namung kêpadhangan sawatawis, lajêng sumêrêp, bilih ingkang dipun lêbêti punika candhi Siwah (Civa), nitik kawontênanipun pasrèn-pasrèn kathahing saka-sakaning candhi ingkang minangka pasêmon. Punapa malih sêsumping lumêbêt ing margi-margi sawatawis, Sang Siddha sumêrêp rêca agêng pêpêthaning Sang Hyang Siwah, dumunung ing buntasing panggenan ingkang sawarnining jrambah panjang, ingkang ing nginggil kapadhangan. Rêca wau kapêtha patraping suku: sila, sarta inggih wontên ing gêgilang inggil, lêngênipun kalih pisan pinêtha ngangge kêlat bau sarta gêlang, makatên malih ing ugêl-ugêling suku ugi mawi gêlang, randhaning trisula dumunung ing bathukipun, sarta pêpêthan cumplung kados rinonce sinangsangakên ing gulu, inggih punika Hyang Jagadnata ingkang tanpa wêkasan, sarta ingkang sipat kuwasa, ingkang nitahakên pêrlu badhe angrisak, ingkang ngrisak pêrlu badhe nitahakên

--- 107 ---

enggal malih, makatên ing salajêngipun tanpa sampun-sampun anggènipun tansah tumimbal lair awujud tiyang malih, inggih punika miturut pasêmon ingkang tumrap ing rêca Siwah wau, gêsang kita tansah gilir gumantos. Sang Siddha sanadyan mangêrtos dhatêng pikajênganing rêca pasêmonipun, sarta sangêt anggènipun ngaji-aji dhatêng pikajênganing pasêmon wau, ewadene sakêlangkung kanggêg ing galih malih, kados kala rumiyin manawi sumêrêp rêca, ingkang kalêbêt ing panggagas punika kawujudanipun anggèning dêdêg pangadêgipun kathah cacadipun, botên kados sêsipataning manungsa, awon-awon angajrihi, salêrêsipun sanadyan manawi sawêg sumêrêp sakêclapan anggadhahi prabawa angeramakên, manawi kawaspadakakên dangu-dangu ngawon-awoni dhatêng saening pasang rakitipun candhi.

Botên dangu anggènipun Sang Siddha anggagas piyambakan dhatêng kawontênanipun candhi saha rêca, sakêdhap êngkas nuntên mirêng swara alon, botên ngèngêt-èngêti, sanadyan wontên ing panggenan sêpên.

Ungêlipun swara: "Om, om, kawula ingkang nistha, kawulaning pramèswarinipun Sang Hyang Siwah, pramèswari ingkang suci, kawula dununging roh ingkang tanpa wêkasan, ngaturakên pangabêkti."

Sarêng Sang Siddha mengo dhatêng panggenan sangkaning suwara, Sang Siddha sumêrêp Sang Pandhita Durga: Gorakh ingkang sampun nate dipun sumêrêpi wontên ing Allahabad pêpanggihan kalihan ingkang paman Sang Adipati Salhana.

"Kula ngaturakên taklim kula," – pangandikanipun Sang Siddha, sarwi angêntosi ingkang badhe dipun cariyosakên sang pandhita.

Sang Gorakh amangsuli: "Êlo, sami dèrèng kêsupèn, awitipun sami pêpanggihan ingkang kantun punika. Makatêna punika tumraping kula, panjênêngan kula awasakên kemawon, awit kula sumêrêp ing panjênêngan wontên sacêlakipun Bhadrinath."

Sang Siddha amangsuli ragi kirang sabar: "La inggih sumangga kemawon, namung lugunipun kula botên mangêrtos, mênggah kapêrluan panjênênganipun sang pandhita dhatêng kula punika punapa kemawon?"

"Punapa kapenakanipun murid saha mitra kula botên wajib tumut ing kapêrluan kula?" – pitakènipun sang yogi, - "pramila sampun mèmpêr kemawon bilih kula wajib anjawil dhatêng panjênênganipun anggèr, samangsa kula rêmbag wontên pêrlunipun, samantên wau bilih panjênêngan karsa nganggêp. Panjênêngan rak inggih sampun priksa dhatêng Gaurapada tiyang tapa, punika sintên?"

--- 108 ---

"Gaurapada! – pitakènipun Sang Siddha, - mila inggih sampun sumêrêp, punika tiyang mangun tapa wontên ing parêdèn."

"Inggih, nanging pikajêng kula, piyambakipun punika rumiyinipun sintên, ing sadèrèngipun nama Gaurapada?"

"Bab punika kula botên sumêrêp, piyambakipun botên nyariyosi."

"Ananging guru panjênêngan Kulluka rak inggih mangêrtosakên."

"Sapisan-pisana kula botên nate mitakèkakên bab punika dhatêng guru kula, punapa malih bab punika inggih botên kula rêmbag."

Sang Pandhita Gorakh nglirik dhatêng sang sinatriya kalihan ngêjum-êjum, ananging upami ingkang kalirik wau botêna katingal kumlewa ing pasêmonipun, kadosdene ingkang katawis ing netyanipun Sang Siddha, kenging dipun wastani dede lugunipun tiyang Indhu. Sang Siddha tumuntên pitakèn kalihan têmbung ingkang wêdalipun ragi kirang pangatos-atos, kabrongot saking pandhêdhêsipun Sang Gorakh, makatên pitakènipun: "Punapa malih sanadyan kula ugi sumêrêpa têrang dhatêng mulabukanipun Gaurapada, panjênêngan tamtu botên kêkilapan manawi kula botên badhe blaka."

"Hla," – alokipun sang yogi, - "Panjênêngan botên pêrcaya dhatêng kula, malah kagungan pangintên kenging nantang dhatêng kula, panjênêngan punapa sampun botên kèngêtan, manawi kula punika mitranipun sang adipati ing Allahabad?"

"Kula inggih sampun sumêrêp," – wangsulanipun Sang Siddha ragi kaduk sêrêng.

"Priksa punapa?"

"Sumêrêp ingkang kula sumêrêpi, punika sampun cêkap."

Sang pandhita ningali Sang Siddha sêmu mrêngut, punapa malih ing manah malah sumêlang. Punapa artosipun pitêmbungan ingkang wêdalipun sêmu sêrêng kados makatên, sarta punapa lugunipun ingkang dipun sumêrêpi, ananging kangge ing wêkdal punika kadospundi malih, sêmunipun pawicantênan ingkang botên sakeca wêdalipun punika prayogi kasigêg samantên kemawon.

"Sampun dumugi samantên kemawon," – wicantênipun Sang Pandhita Gorakh, - tumrap ing panjênêngan sarta kula. Namung kauningana, mitra kula mudha ingkang wangunipun botên ngajêngi pawongmitra kalihan kula, kula inggih botên badhe anjiyat, satunggal bab ingkang kêdah panjênêngan galih, inggih punika sang bathari ingkang langkung kuwasa, ingkang kula idhêp kula andhêmi tanpa mawi ngrêmbag dhatêng sapelening kêkiyatan kula, botên namung

--- 109 ---

kuwasa sagêd rumêksa anglêstantunakên, tumraping tiyang ingkang sampun kapitêdahakên dening para pandhitanipun sang bathari pinilih mangka sêsaji dening para sêtya wau, sampun botên anggadhahi pangajêng-ajêng angsal pangapuntên, sarta sampun botên wontên uthutipun angsal pitulungan."

Tanpa mawi angêntosi wangsulanipun Sang Siddha, sang ambêk nalangsa ingkang nyalawados lajêng kesah mêdal ing salah satunggaling margi ing iringan. Dene Sang Siddha sanadyan adatipun têtêg kemawon, ewadene ing nalika punika botên sagêd mawas dhatêng kesahipun Sang Pandhita Gorakh ingkang tanpa kagungan raos sumpêk sarta giris ing galih ingkang tanpa karana. Pangraosipun sanadyan Sang Pandhita Durga wau lugunipun namung piyambak kemawon, pangraosipun Sang Siddha kados priksa sang pandhita dipun êtêrakên malih dening tiyang wuda badanipun cêmêng mlampah urut-urutan mawi kalung tampar pêthak, kados ingkang nate dipun sumêrêpi kala wanci têngah dalu sumamar mlampah turut pinggiring banon capuri ing Allahabad, lajêng ical lumêbêt ing wana punika.

Ing sadèrèngipun Sang Siddha mapan sare, taksih pêrlu ngrêmbag ingkang migunani amitakèni sawatawis dhatêng abdinipun ingkang tuhu sêtya, ingkang kala punika taksih ngêntosi wontên ing griyaning mitranipun Sang Parviz bokmanawi nampèni dhêdhawuhan punapa-punapa saking bêndaranipun.

Têmbungipun Sang Siddha: "Vatsa! Kowe biyènana ing patamanan Allahabad tau ngandhani mênyang aku, yèn kowe utawa abdine Kyai Kulluka ana ing kana padha wêruh sawijining pandhita utawa wong kang ambêk nalangsa. Apa kowe uga kèlingan tau diajak gunêman uwong kang durung tau têpung, sarta bokmanawa banjur kok kandhani bab lakuku mênyang ing pagunungan biyèn?"

Ingkang abdi Vatsa amangsuli: "Bab punika sampun botên kawula rêmbag malih, ananging sarêng paduka andangu dhatêng kawula, bêndara, kawula inggih lajêng kèngêtan biih ing sacêlaking kêstalan nate wontên tiyang satêngah wuda, panganggenipun abrit sêpuh wicantênan kalihan kawula, malah sarêng piyambakipun sampun cariyos bab kawontênanipun bètèng sarta kitha, lajêng pitakèn dhatêng kawula mênggah ingkang pinanggih ing lampah kita."

"Lah banjur kokandhani dhèk nalikane aku kêpêthuk macane Sang Gaurapada?"

"Èngêt kawula inggih makatên."

"Lan apa kokandhani uga apa-apa bab sang atapa Gaurapada sarta warnane?"

--- 110 ---

"Inggih makatên." Wangsulanipun Vatsa, - malah kawula nyariyosi ingkang andadosakên pangunguning manah kawula punika bab lumuhuripun sang tapa sarta warnanipun anggènipun ngratoni, punika ingkang tansah damêl kèngêtanipun manah kawula sakalihan, ing sarèhning kawula sakalihan botên sumêrêp, bilih pêpanggihan paduka kalihan sang atapa punika andadosakên awon bilih kacariyosakên, pramila nalar wau botên kawula angge wados."

"Apa uga nganggo kokandhakake mungguh èmpêr-èmpêrane Sang Gaurapada?"

"Bab punika kawula sampun botên patos kèngêtan, ananging kintên kawula inggih mawi nyariyosakên sawatawis."

Pangunandikanipun Sang Siddha ing batos: "Nyumêlangi, rada nyumêlangi têmên. Sang Padhita Durga wis masthi krungu bab lakuku saka pambantune, arêp wêruh pêrlune arêp diênggo ngêgak mênyang aku, kaya-kaya banjur duwe pangira bab kaanane Sang Gaurapada, tandha yaktine yèn mula wis duwe kira-kira, dene nganggo ngangkah mitakoni mênyang aku, ananging mungguh pêrlune bae apa? Ingatase dhèwèke karo Sang Gaurapada utawa Sang Nandhigupta, lan pamanku Sang Adipati Salhana, apa iya nganggo sêsangkutan ...."

Sarêng Vatsa sumêrêp bilih bêndaranipun kêtingal ing warna kados wontên ingkang kagagas ing galih, lajêng matur pitakèn kalihan ing sêmu kuwatos: "Dhuh, bêndara! Kawula rak inggih botên nglampahi awon ta, wicantênan kalihan tiyang ingkang dèrèng kawula têpangi wau?"

"Ora, ora, - wangsulanipun Sang Siddha, - sanadyan kowe wis ngandhani wong mau, ananging uga ora luput, sabab ora kojarag. Mung wiwit saiki bae, aku nuturi mênyang kowe, kang ngati-ati, kang kudu kowêruhi, aja caturan manèh-manèh mênyang sadhengaha uwong bab prakara Sang Tapa Gaurapada, sapa-sapaa bae kang takon mênyang kowe. Wis mêngêrti kowe?"

"Inggih sampun mangêrtos sayêktos, bêndara, dhawuh paduka kawula pundhi," – wangsulanipun Vatsa, - wiwit sapunika yèn wontên tiyang ingkang pitakèn, badhe kawula wangsuli, kawula botên nate sumêrêp dhatêng sang atapa, utawi sanadyan kawula sampun nate sumêrêp, kawula sampun supe mênggah ing warninipun."

Panglocitanipun Sang Siddha: "Bab kabèh iku, Sang Kulluka utawa yèn bisa Sang Nandhigupta piyambak prayoga dak jawil arêp dak pêrlokake samangsane ludhang ora ana pakèwuhe, namung bae paman Adipati Salhana apa iya gêpokan nalar iki apa ora?"

__________

--- [111] ---

VI. Salim.

"Suwawi kanca sadaya." Wicantênipun para rajput ingkang sawêg ngadêg wicantênan kalihan para upsiripun sawatawis wontên ing alun-alun ing salêbêting bètèng. Kala punika para prajurit kêkapalan sampun sami satata jèjèr. "Sapunika tumuntên numpak, lajêng dhatêng pabarisan, kados kanca sadaya inggih sampun sami sumêrêp manawi dintên punika sang nata mriksa prajurit."

Para upsir lajêng sami anglampahi dhawuh numpak ing kapalipun piyambak-piyambak, sarta sasampunipun dumugi ing sajawining bètèng, lajêng sami njojrogakên kapalipun dhatêng ing papan pabarisan, ingkang kadamêl wontên ing papan tênggar sawatawis têbih saking kitha. Sarêng Sang Siddha ingkang kala punika amandhegani golonganing prajurit karerehanipun, sarta sampun minggah têtênggêr kalihan panunggilanipun, saking riku sumêrêp ngegla têbaning pabarisan, saha kêtingal têtingalan ingkang prabawanipun damêl anglêsing manah, ing ngriku ingkang sisih têngên katingalipun ngantos kados kitha wêwangunan, tarubipun tinata rampak ajèjèr-jèjèr urut margi agêng, ing têngah dununging tarubipun sang nata, munggul piyambak, warninipun abrit mawi mustaka kadhapur waluh kênthi pinrêgul sumorot. Sanadyan palêrêpanipun sang nata wau ingkang kadamêl namung kajêng sarta motha, nanging sampun prasasat kadhaton; wondene ingkang sisih kiwa dununging bulak wiyar, ing ngriku kêtingal golonganing para prajurit warni-warni carub dados satunggal, prajurit kêkapalan ingkang mawi kêre utawi ingkang botên, mangangge sêlang-sêling mancawarni: sawênèh mawi dêdamêl waos, sanèsipun malih dêdamêl sanjata, makatên malih prajurit mariyêm tuwin liman ingkang kangge wontên ing pêpêrangan, ing wingkingipun ragi têbih inggih kêtingal wontên limanipun malih sami dipun anggèn-anggèni langkung asri tinimbang ingkang sanèsipun, ing gigiring liman mawi kasukanan kasuran dumunung ing palana ingkang mawi payon aling-aling bêntèr, inggih punika liman titihanipun para putri ingkang sami ningali pasamuan baris agêng, gampilipun kanggening têmbung sapunika dipun wastani prade;

--- 112 ---

para putri wau ingkang kathah sami mawi krukup ing mukanipun. Sawatawis dangunipun sarêng para prajurit sinatriya kêkapalan sampun dumugi ing palataran, prajurit sanès-sanèsipun lajêng lumampah jinajaran musik ing sagolongan-sagolongan, sami anglangkungi urmat satataning kaprajuritan ing ngarsanipun sang nata, ingkang kala punika angêntosi lampahipun prajurit wontên ing pasitèn ingkang sawatawis langkung inggil tinimbang sanèsipun. Sarêng Sang Siddha sampun cêlak ing ngriku, sampun botên mawi sêmang-sêmang ing galihipun malih amastani ingkang pundi sang nata, sanadyan atêtunggilan kalihan para senapati ingkang ngangge-angge pameran sarwa sumorot, dêdamêl saha abah-abahaning kuda rinêngga ing rukma tuwin sêsotya mubyar. Sampun têtela sangêt botên mawi kagèt, nitik saking pasang rakiting sarira jêngkêr, titihanipun kuda pêthak, ngasta panjênêngan kapraboning senapati, mapanipun lêt sawatawis jangkah ing ngajêngipun para senapati sanèsipun, ing pêngkêranipun wontên ingkang ngampil tungguling kaprabon tuwin songsong, prayagung wau mriksani prajurit ingkang lumampah nglangkungi ing ngajêngipun, sampun tamtu kemawon punika Sang Nata Akbar, malah-malah Sang Siddha inggih lajêng botên panggalih bilih ingkang samantên kaluhuranipun punika prayagung ingkang nate wawan ginêm kalihan Sang Siddha wontên ing patamananing pura, ingkang kala samantên Sang Siddha sampun kagungan pangintên bab luguning pangkatipun prayagung wau, yêktosipun ing sapunika inggih botên kêlintu.

Gêntos sapunika ingkang kalêrês dumugi nglangkungi ing ngarsanipun sang nata, Sang Siddha kalihan golonganipun prajurit kêkapalan. Sang Siddha inggih lajêng tumpêngkul[2] urmat kados sanès-sanèsipun ingkang sampun sami nglangkungi ing ngarsanipun sang nata rumiyin, ugi sami tumungkul kalihan nungkulakên pucuking waos, sarta mawi mengo ningali dhatêng Sang Nata Akbar kalihan ulat angon iriban, makatên ugi Sang Siddha. Pramila sarêng Sang Siddha mengo ningali dhatêng Sang Akbar pangraosipun kados sumêrêp sang nata ingkang adatipun kêtingal ing netya kêrêng, kala punika sarêng priksa Sang Siddha kêtingal sumèh ragi kados mèsêm. Awit saking punika Sang Siddha sagêd nêksèkakên panggalihipun piyambak, bilih pitêmbunganipun ingkang kalairakên nalika pêpanggihan wontên ing patamanan, ragi kaduk purun kirang dêdugi, punika botên ndadosakên rêngating galihipun Sang Nata Akbar, punapa malih Sang Siddha inggih kèngêtan ing nalikanipun Sang Siddha awawan pangandika kalihan Sang Anyar Katon wontên ing patamanan, [pa...]

--- 113 ---

Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 099-132): Citra 2 dari 2
Sang Siddha Rama mamèrakên kalangkunganipun numpak kapal

--- 114 ---

[...tamanan,] ingkang ing sapunika sampun têtela, bilih Sang Anyar Katon wau Sang Prabu Akbar, sanadyan kala samantên wontên pangandika ingkang gangsul ndadosakên ragi sugaling pangandikanipun sang nata, sarêng ugi angèngêti dhatêng pangandikanipun Sang Akbar ingkang lajêng tansah barès tur rumakêt, punika ndadosakên marêm saha têntrêming galihipun Sang Siddha, rumaos botên badhe kayêktosan saha dipun sanggarunggi dhatêng sang nata. Ing salajêngipun Sang Siddha sampun botên badhe awang-awangên kêpanggih kalihan sang nata, ingkang miturut cariyosipun Sang Feizi kalampahanipun sagêd kapanggih wontên ing pakuwoning pabarisan, bokmanawi bakda pasamuan baris agêng. Mênggah katamtuan makatên wau botên balenjani, sabab sarêng para prajurit sampun sami kadhawuhan ngaso, sarta para upsir ingkang kala punika kenging ngaso, sampun sami dhatêng papanipun piyambak-piyambak ingkang sampun kasadhiyakakên ing pêperanganing tarub, Sang Siddha nuntên priksa kaawe dening Sang Feizi. Sarêng Sang Siddha sampun majêng nyêlaki sang tinantun-tantun ing sang nata, inggih punika Sang Feizi lajêng kairid dhatêng panunggilanipun tarub apêpanthan ing têngah, ingkang rêrêngganipun ing lêbêt botên kawon samua kalihan rêrêngganing kamaring kadhaton, sakêdhap malih prayagung sakalihan sampun dumugi ngarsanipun Sang Nata Akbar.

Ing kala punika Sang Feizi gumun ing panggalih, sarêng sumêrêp sang nata jumênêngipun majêng ing satindak, saha lajêng ngandika dhatêng Sang Siddha ingkang kala punika tundhuk muka konjêm ing siti urmatipun, sarta winalêsan dening sang nata kalihan ebahing asta èsmu paring pangapuntên. Dhawuh pangandikanipun Sang Akbar: "Ingsun iki mau priksa sira anglakoni pagawean parentah, ingsun sawang-sawang sira ing têmbe kaya-kaya bisa thukul dadi prajurit utama, mung parsudinên bae aja nganti mbalenjani saka ing pangarêp-arêp ingsun mau." Sang Nata lajêng ngandika dhatêng Sang Feizi, têmbungipun: "Ingsun wus rada wanuh kalawan kang sira awad-awadi iki, awit sadurunge iki wus padha sapatêmon, sanadyan dhèwèke durung wêruh marang sajatine panjênêngan ingsun."

Atur wangsulanipun Sang Siddha kalihan pakering: "Mênggah abdi dalêm kawula sumêrêpa, tamtu kemawon patrap kawula inggih langkung ajrih tinimbang ingkang sampun kawula tandukakên dhatêng Sang Anyar Katon ingkang dèrèng kawula têrangi punika."

"Bokmanawa caturanira rada kurang pangati-ati, dhèk samana." Wêwahing pangandikanipun Sang Nata Akbar wingit, ingkang klèjêmipun èsmu moyoki, ananging têrangipun [têrangi...]

--- 115 ---

[...pun] ing karsa inggih sêrêng. "Ewasamono tumraping pagunêmanira iya ora ana kang ngêmu rasa ala, apamanèh ingsun iya rêna mirêngake kalaire kang dadi panyana-nyananing uwong marang ingsun, tinimbang angira-ira panyature marang ingsun ing buri. Samono uga awit saka pagunêmanira lan ingsun ing ngarêp, ingsun ndhawuhake marang sira, prayogane ingsun arani dudu dhawuh, mung pamundhut ingsun marang sira, supaya ing têmbe sira uga pracayaa marang ingsun, kayadene kang wus sira lairake marang ingsun dhèk nalikane sira durung wêruh marang sanyatane panjênêngan ingsun kae. Ing saikine sira wus wêruh dhewe, yèn kapracayanira marang ingsun kang wis kêlair marang ingsun dhèk samana, ora nyidrani. Sira kêna banjur ngwuningakake marang ingsun dhewe, ora susah marang liyane, samangsa ana sambatira ingatase panjênêngan ingsun utawa kulawarganingsun sapanunggalane. Ingsun ora pisan-pisan dhêmên nduwa sambate kawulaningsun, yèn sambate mau ora maton, iya ingsun sèlèhake nalare, dene yèn sambate mula bênêr, iya bakal ingsun golèki kang ndadèkake grênjêling pikire murih adile, pasaja lan wani marang bênêr, mitraningsun Feizi kêna anêksèni, ora ndadèkake dukaningsun têmênan, malah kosokbali: doracara lan patrap lêlamisan, iku ora dadi karsaningsun bangêt."

Sasampunipun Sang Nata Akbar ndangu sarta paring priksa sawatawis dhatêng Sang Siddha prakawis pandamêlanipun ingkang pêrlu-pêrlu, sang nata nuntên paring sasmita kalilan mundur, Sang Feizi saha mitranipun ingkang langkung ênèm, ingkang kala punika sampun botên kenging kinintên malih mênggah bingahipun prakawis sapocapanipun kalihan sang nata ingkang kaping kalih punika, sarta ingkang ugi botên nilar ngomongakên dhatêng Sang Feizi bab kawontênanipun kala pêpanggihan kalihan sang nata ing sapisanipun, inggih lajêng mundur saking ngabyantaraning nata.

Pangandikanipun Sang Feizi: "Sampeyan punika satêmênipun tiyang bêgja, ingkang kêlêrêsan makatên punika botên sadhengaha, sanadyan Sang Nata Akbar inggih botên angèl dipun cêlaki, sarta salaminipun rêna ananduki pangandika. Wangunipun kawontênan sampeyan dados kaparênging panggalih dalêm, punika ndadosakên bingahing manah kula. Êlo, ingkang dhatêng saking ngrika punika punapa dede Parviz, o, inggih, piyambakipun mriki badhe punapa." Sang Feizi nuntên ndangu dhatêng putranipun kapenakan kalihan gêgujêngan makatên: "Êlo, kok jêbul prayagung calon nayaka ing nagari wontên ing samadyaning tarub ngriki tunggil kalihan para prajurit."

Wangsulanipun Sang Parviz: "Kados sampun sami kemawon, [ke...]

--- 116 ---

[...mawon,] dene paman kula, sang pujangga, sarjana sujana, inggih wontên ing ngriki sêsrawungan kalihan para prajurit. Ewadene kula inggih ngakêni, bilih kula tamtu botên sagêd nyamèni kalihan kasarjanan tuwin kasagêdan paduka prakawis kawruh ingêring praja tuwin kridhaning kaprajuritan ingkang sampun paduka lampahi sampurna."

Sang Feizi amangsuli kalihan gumujêng: "Ora susah nganggo pangalêmbana, iku ora pantês diwêtokake ana ing kene. Apa kowe wêruh mungguh sabênêre kang dadi pangiraku. Kowe têka ing kene mêsthi bae, dene pêrlune nonton gajah kang padha dipacak abah-abahe kae, dene yèn mungguh tumrape anake wadon Sang Todar Mal masthi bae wis ora gumun mênyang têkamu ing kene, sanadyan kowe satêmêne iya ora kêna wêruh."

Sang Parviz amangsuli prasaja sarta kalawan sarjuning panggalih: "Sapunika kula gêntos matur, paman, sampun miyak wados kula, sanadyan botên kula damêl wados dhatêng mitra kula Sang Siddha, saya malih kula ugi sampun namtokakên bilih Sang Siddha inggih pêrlu priksa, bilih ngèngêti dhatêng pacanganipun ingkang tamtunipun kemawon botên kirang dipun trêsnani. Ananging – pangandikanipun dhatêng Sang Siddha kalihan nolèh ningali dhatêng ingkang dipun jak sapocapan – kojuripun awak kula, dene dèrèng paja-paja sami kalihan panjênêngan. Manawi saking paningal kula inggih sampun angsal sih saking anakipun èstri, ananging saking bapakipun kula mèh botên sagêd namtokakên."

Sang Feizi angecani manah, têmbungipun: "Bab iku ing sasêlut-sêlute iya bakal kêlakon, saiki mung cukup samono bae olèhe padha gunêm dhewekan. Mara coba tontonên liya-liyane iki, padha dudu mêsthine milu ngrungokake bab iku mau."

"Punika sintên?" Pitakènipun Sang Siddha sarêng sumêrêp dhatêngipun prajurit kêkapalan sapantha, ing têngah wontên salah satunggaling prayagung taksih neneman, bokmanawa langkung sêpuh sawatawis taun tinimbang Sang Siddha, ananging nèm sêpuhipun kenging dipun wastani irib-iriban kemawon, kawontênaning sawanganipun adamêl cingakipun Sang Siddha, jalaran saking kaduk mompyoring agêm-agêmanipun, rasukanipun lakên jêne murni, kadunungan sangsangan botên kirang saking sakawan tundha mutyara agêng-agêng pêpilihan rinonce, agêmipun srêban rinêngga ing bulu-bulu wuluning kuntul panjang saha pinatik ing sêsotya tiga iji ingkang kathah ajinipun, ugi ngagêm binggêl saha kêlat bau sungsun-sungsun, sadaya sami pinatik ing sêsotya nawa rêtna, makatên malih ing sabên racikaning astanipun ingagêman sêsupe barliyan ingkang sabên ebah astanipun [asta...]

--- 117 ---

[...nipun] gumêbyar ngujwala anarawungi, dene sêsotya tuwin mutyara ingkang mangka rêrêngganing dêdamêl saha abah-abahing kuda titihanipun sampun botên susah dipun cariyosakên malih, ananging anèhipun, dene kawontênan ingkang sarwa mompyor wau têka pasuryanipun ingkang ngagêm kêtingal sumêla pucêt sarta acum, malah pucêting pasuryan saya kêtawis sumêla dening cêmênging manikipun netra saha kêtawising wêdalipun rawis tuwin imba, ing rumiyinipun tamtu kemawon warninipun kenging dipun wastani bagus sarta lurus, ananging sampun rosok dados kêtingal sêpuh ing sadèrèngipun wanci. Punapa malih katawis kêtingal wontên tandhanipun, bilih ingkang nêmbe kasumêrêpan dhatêng Sang Siddha wau kêrêp wungu ing wanci dalu, ingkang parlunipun botên nggalih prakawis kawruh kasarjanan tuwin cêcêgah.

Sang Feizi amangsuli: "Kadospundi, punapa sampeyan dèrèng têpang kalihan prayagung punika, inggih punika Sang Pangeran Salim, putra dalêm Sang Nata Akbar, sarta ingkang ing têmbe gumantos ratu."

Sang Pangeran Adipati Anom pancèn namung badhe tindak anglangkungi ing ngriku kalingan asung sasmita pamalêsing paargyan kemawon, ananging lajêng ngèngêt-èngêt, saha ngingêrakên kuda titihanipun dhatêng ing panggenanipun Sang Feizi sarta Sang Parviz kalihan ngandika: "Mitra sakalihan, kula bingah kêpanggih sampeyan wontên ing ngriku, dalu punika kula damêl pasamuan alit-alitan wontên ing kadhaton kula ing kadipatèn, kula mawi nyuruhi para mitra sawatawis, sampeyan sakalihan inggih kula ajêng-ajêng, punapa sagêd mêrlokakên?"

Sang Feizi amangsuli: "Pancènipun pangajêng-ajêng paduka punika ing samangsa-mangsa kula anggêp dhawuh, manawi botên wontêna pakèwêd dening dhawuhipun ingkang langkung inggil malih saha kêdah kula lampahi, ananging dalu punika mangke kawula ngandika sang nata."

"O, inggih." Wangsulanipun Sang Pangeran Adipati Anom Salim kalihan mèsêm asêmu ngina, sanadyan ing batos malah kados botên cuwa dening prasabênipun Sang Feizi wau. Sang Salim tumuntên anglajêngakên pangandika: "Sampeyan sampun tamtu kemawon badhe mulang kangjêng rama prakawis kawruh kasarjananipun tiyang ingkang botên pracaya dhatêng agami Islam, rak inggih ta?"

Sang Feizi amangsuli: "Bab prakawis pandamêlan ingkang kula lampahi, punika kula sumanggakakên ing panggalih paduka, ananging prakawis ingkang dados karsa dalêm sang nata, punika pangintên kawula anglangkungi panimbang paduka kalihan panimbang kawula, makatên malih pêrlu ugi

--- 118 ---

dipun sumêrêpi kanggenipun ing dalu wau pêrlu ingkang pundi."

Sang pangeran amangsuli pangandika ngarih-arih: "Sampun muring, mitra Feizi, pikajêng kula pancèn botên punapaa, namung kemawon dalu ingkang kangge ing sampeyan, kula kèndêlakên kemawon, dene dalu ingkang kangge ing kula inggih sampeyan jurungi. Mênggah sampeyan, mitra, - pangandikanipun sang pangeran kalihan nolèh ingkang dipun pangandikani – punapa inggih gadhah pandamêlan pêrlu sangêt, ingkang nyandhêt dhatêng kasênêngan ingkang namung sapele."

"Botên pisan-pisan, - wangsulanipun Sang Parviz – sanadyan kawula gadhah pandamêlan, ewadene inggih kêdah kawula singkirakên rumiyin, pêrlu ndhèrèk pasamuan ing kadhaton paduka, makatên malih manawi atur kawula botên nylangkrak, kawula nêpangakên mitra kawula enggal." Dene Sang Siddha ingkang kalawau mundur, lajêng kaawe majêng dening Sang Parviz sarta tumuntên kalantarakên nama sarta pangkatipun.

"O, inggih, - wangsulanipun sang pangeran, - kula inggih kèngêtan, kados sampun mirêng dhatêngipun ing ngriki." Lajêng ngandika dhatêng Sang Siddha: "Manawi sampeyan rêna ing manah, kula inggih ngajêng-ajêng dhatêng sampeyan mangke dalu, prayogi sampeyan tumut kemawon kalihan mitra sampeyan."

Atur wangsulanipun Sang Siddha kalihan tumungkul: "Kapundhi dhawuh paduka punika."

"Amundhi ngluhurakên dhawuh kula." Wangsulaning sang pangeran. "Punika botên nggadhahi daya punapa-punapa, awit kula wontên ing kadhaton botên kaanggêp punapa-punapa, namung klêmpakanipun para mitra mangke dalu kemawon mugi ndadosna suka pirêna sampeyan. Andum wilujêng dumugi mangke dalu." Sang pangeran tumuntên ngingêrakên titihanipun kuda lajêng mangkat kalihan para pandhèrèk.

Sang Siddha sajêngkaripun sang pangeran lajêng ngandika dhatêng para mitranipun: "Kula inggih kalilana madal pasowan, awit sampun mangsanipun manggihi kanca kula prajurit kêkapalan."

"Sumangga." Wangsulanipun Sang Parviz. "Mangke sontên kemawon kula kaampiran griya kula kamêrgèn saking dalêm panjênêngan, lajêng sagêd sêsarêngan."

"Inggih prayogi." Wangsulanipun Sang Siddha saha lajêng wangsul dhatêng ing têngganipun.

Mênggah saening kadhatonipun sang pangeran, sampun tamtu kemawon Sang Siddha kagungan pangintên, masthi

--- 119 ---

cocog kalihan èdining busananipun sang pangeran, ewadene pamêthèkipun wau mêksa kaungkulan dening kamuktènipun sang pangeran linangkung. Sarêng Sang Siddha lumêbêt ing jrambah kadhatonipun sang pangeran, anglangkungi kamar-kamar ing ngajêngan, saha abdi jèjèr-jèjèr lêlarikan; jrambah wau botên patos wiyar, ananging dilahipun kathah padhangipun sumunu. Sang pangeran wontên ing jrambah kalihan para mitra-mitranipun. Kamar agêng-agêng ing kadhatonipun sang nata, ingkang isi rajabrana pêpilihan, wêwangunanipun singêr sarta wingit, ananging ing kadhatonipun sang rajaputra wau, sadaya-sadaya wêwangunan dalah pasang rakitipun dalêm ingkang cara Koja anêngsêmakên, saha rêrêngganipun ingkang sarwa mompyor, botên sanès kajawi namung mbujung dhatêng kalangkungan tuwin kasênêngan ingkang tanpa watês. Gubah sutra mancawarni sarta gubah lakên jêne gumantung angombak-ombak ing plêngkungan ingkang kaestha pita sinêrung ing tembok, sapalih anutupi banon sela cêndhani ingkang tinrapakên ing tembok sela marmêr ing sêla-sêlanipun pinrada abyor, sakalangkung awig pakirtyanipun. Sêkar-sêkar pêpanthan gandanipun ngambar ing sapurug-purug. Pangilon agêng-agêng gumêbyar kasorotan dilah wangsul prabanipun kumênyar. Babut kandêl-kandêl mêmak alus sêsêkaranipun èdipèni kagêlar ing jogan, ing ngrika-ngriki katatanan dhipan andhap-andhap mêmengin ngaso têtilêman, wadhah pangunjukan êmas sarta kristal katata tumpuk-tumpuk kados parêdèn alit-alit, pangasrêpan pangunjukan ingkang kadamêl marmêr sarta sela granit wujudipun warni-warni sampun kasudhiyakakên, ing alangipun jarambah ingkang sasisih kadunungan sawarni papan pambêksan, ingkang mangke badhe kangge papanipun talèdhèk ingkang badhe kajogèdakên, sarta papaning niyaga sapanunggilanipun, sadaya wau kapadhangan dilah ingkang plênthuning kapipun mancawarni. Inggih punika kawontênanipun ingkang kêtingal, saha ingkang ugi damêl cingakipun tiyang ingkang sawêg sapisan sumêrêp dhatêng kadhaton Indhustan.

Sasampunipun sang pangeran mriksani ngiwa nêngên dhatêng para têtamu ingkang sami pêpanthan dunungipun, ingkang sawênèh panggenan wontên para tamu ingkang sampun linggih ing dhipan, wontên ingkang sami ngadêg gêginêman, sang rajaputra tumuntên priksa para tamu ingkang mêntas dhatêng, botên dangu sang pangeran tumuntên murugi dhatêng para tamu ingkang mêntas kêtingal dhatêng wau kalihan angandika: "Wilujêng, dhatêng sampeyan sadaya kemawon wontên ing sudhung kula. Pangajêng-ajêng kula kados ingkang sampun kula cariyosakên kalawau enjing,

--- 120 ---

supados ing dalu punika sami manggiha suka rêna, punapa malih kula nyariyosi prakawis tata caraning pakurmatan ing wêktu punika kêdah sampun dipun angge rumiyin, ing sasagêd-sagêd ing wêktu punika kêdah namung ngangkah rakêting pawong mitran kemawon." Sang rajaputra lajêng murugi tamu sanèsipun. Ing kala punika Sang Siddha priksa prayagung ingkang sampun nate têpang saha ingkang babar pisan botên kagungan pangajêng-ajêng kêpanggih ing ngriku, inggih punika Sang Salhana Adipati ing Allahabad ingkang lajêng murugi Sang Siddha.

"Êlo, kaponakanku." Ngandikanipun Sang Salhana kalihan ngulungakên astanipun sêsalaman. "Aku bungah bangêt kêtêmu kowe ana ing kene. Aku mau mêntas têka bae, kêbênêran isih tamban wêruh paringe ulêm-ulêm sang rajaputra, yèn aku diajêng-ajêng pisowanku mênyang Agra kene."

Sang Siddha gêntos matur pitakèn: "Kadospundi wontênipun ing Allahabad, sarta kadospundi kawontênanipun ...."

Dèrèng ngantos dumugi pangandikanipun Sang Siddha sampun kawêwahan Sang Salhana piyambak: "Iravati? Iya slamêt, taklime adhimu. Galo wêruha, priyayi kang mara mrene kae pêrlu têpungana, sanadyan ing wêktu iki dhèwèke ora pati ketok ing karaton, ewadene anane kang sêsangkutan karo iki kabèh akèh kapêrluane."

Ananging mênggah Sang Siddha nêpangakên malih sampun botên pêrlu, awit priyayi ingkang ndhatêngi wau têtela Sang Abdal Kadir Badaoni, tiyang Islam ingkang mbudi pêncaring agaminipun, Sang Siddha sampun nate priksa wontên ing patamananing kraton kalihan Sang Nata Akbar. Sang Abdal Kadir lajêng mantuk sêsalaman kalihan sang adipati ing Allahabad, tangkêpipun ragi urmat, punika ndadosakên gumuning panggalihipun Sang Siddha, mangka ingkang paman punika agaminipun inggih Indhu kados panjênênganipun; malah Sang Siddha inggih kalêbêt sinaruwe, nanging inggih namung kaanggêp patut-patutipun dene kapanggih wontên ing pasamuan.

Sarêng Sang Adipati Salhana kêtingal badhe nêpangakên putra kapenakanipun, Abdal Kadir Badaoni lajêng matur: "Kula dumadakan rumiyin sampun nate sumêrêp dhatêng putra tuwan, pangajêng-ajêng kula, - wicantênipun dhatêng Sang Siddha – wicantên kula ingkang sampun kula tandukakên ing panjênêngan rumiyin punika katampènana kados ingkang kula pikajêngakên, panjênêngan sapunika sampun priksa piyambak, yèn kula botên nggêthingi tiyang,

--- 121 ---

sanadyan kula kêdah nglawani kêsasaring kawruhing agaminipun."

Sang Siddha amangsuli: "Kula aji-aji pamanggih panjênêngan punika, ewadene mêksa cuwa manah kula, dene panjênêngan tamtu botên sagêd anglawani, bokmanawi ...."

Bokmanawi punapa – wangsulanipun Sang Abdal Kadir kau.[3] Dèrèng ngantos rampung pangandikanipun Sang Siddha, Sang Adipati Salhana mirêng pitêmbungan ingkang badhe dados winihing pasulayan makatên, lajêng misah mawi ngandika: "Sampun ta, sampun, panêdha kula sampun sami drêdah prakawis agami, langkung prayogi angrêmbag prakawis pakèwêd sayêktosan ingkang ngincih kula sadaya tiyang Indhu sarta bangsa sampeyan têtiyang ingkang ngidhêp satuhu dhatêng agami Islam, inggih punika bilih rantaman ingkang kados-kados karancang dening pangawasa agêng ing ngrika sagêd têturutan."

Ing kala punika têtamu sawatawis, têtela para mitranipun Sang Salhana akalihan Sang Abdal Kadir Badaoni ingkang pinitados, lajêng sami nunggil angrompol kalihan para ingkang sami wicantênan, dene Sang Parviz akalihan para neneman sawatawis lajêng sami dhatêng ing panggenan ing peranganing jrambah sanèsipun, sadaya sami mirêngakên kalihan tumiling saha krompolanipun saya nêsêg, ingkang supados sampun ngantos wontên sanèsipun ingkang botên ingacaran, sagêd nrambul nunggil ing ngriku.

Sang Salhana ngandika kalihan pamirêngan cêtha nanging klêsik-klêsik: "Kula sadaya kêdah èngêt dhatêng ingkang masthi kalampahan, manawi sampun têrang, kula sadaya kêpêksa manut dhatêng agami ingkang anèh sarta ingkang nyulayani kalihan kawruh sarta tata cara kula sadaya, ingkang wangunipun karsa dalêm Sang Nata Agung, ingkang pancèn linuhurakên sangêt dening para kawula, badhe numrapakên kawruh agami ingkang anèh wau dhatêng kula sadaya. Sapunika kadospundi, punapa sampeyan têtiyang Islam, badhe purun nungkul dhatêng para panguwasa ingkang murtat ing Allah, nêmbah srêngenge tuwin lintang, sarta bokmanawi ...."

Sawêg dumugi samantên pangandikanipun Sang Adipati Salhana lajêng kasêlanan dening Abdal Kadir Badaoni kalihan lajêng nyandhak garaning sabêtipun kados badhe kaunus-unusa, têmbungipun: "Botên pisan-pisan kula sadaya badhe ...."

"Kèndêl dumugi samantên kemawon" – têmbungipun Sang Salhana mêdhot wicantênipun Sang Abdal Kadir – wontên ingkang kêsangêtên, suwawi karêmbaga, kados ta têmbung: Allahu Akbar ingkang sapunikanipun katumrapakên ing arta sarta

--- 122 ---

ing sêrat-sêrat dhawuh dalêm Sang Nata Akbar. Punika sawanganipun tamtu inggih botên punapaa, yèn têgêsipun pitêmbungan wau tinampenan: "Allah iku agung, ananging pitêmbungan punika inggih nggadhahi têgês: Allah iku Akbar, inggih: Akbar iku Allah."

Mirêng pangandikanipun Sang Adipati Salhana ingkang makatên, Abdal Kadir sangêt muringipun, têmbungipun: "Punika sampun kêsangêtên," kalihan mingut-mingut ulatipun, andik mripatipun, ewadene Sang Salhana mênggak malih, pangandikanipun: "Kula sadaya prayogi ingkang sarèh kemawon, sabar; awit ingkang kula cariyosakên wau namung sawêg kintên-kintên, ingkang sagêd ugi mlèsèd, jalaran tanpa wêwaton têrang; mugi sampun ngantos nyata kemawon, punika ingkang kula ajêng-ajêng. Ananging manawi kapara yêktos kalampahan kados ingkang kula cariyosakên wau, punapa sampeyan sadaya sagêd anglampahi nungkul, utawi malih kula sadaya ingkang dumugi sapriki mardika ing cipta nggilut agami pusaka saking para lêluhur, ingkang kados-kados mênggahing kula sampun nyata sae sarta sampurna piyambak."

Sanadyan pitakèn ingkang kantun piyambak punika tumrapipun Abdal Kadir ragi kirang dipun mirêngakên tinimbang ingkang sampun dipun pitakèkakên ing ngajêng, ananging tumrapipun Sang Siddha dados pangrêmbag sangêt. Dene sang nata kagungan karsa mbabar kawruh agami enggal, punika Sang Siddha inggih sampun mirêng, ananging punapa inggih Sang Nata Akbar kagungan karsa badhe njiyat kawulanipun lumêbêt ing agami enggal wau, ewadene manawi makatên sayêktos, gèk kadospundi.

Sang Salhana ndumugèkakên pangandika: "Pramila sampun ngantos sami cêcongkrahan, sapunika prayogi sami ngawasakên kemawon, sarta sami sarujuk ngangkah rumêksa wilujêng kula sadaya saking bêbaya ingkang ngancam kula sadaya saking pakartining nata ingkang linangkung, kuwatos kula manawi tumangkaripun kawruh agami enggal wau lantaran para ingkang mungkul ing kawruh agami wau sarta saking para cidra. Sapunika dumugi samantên kemawon, awit pangintên kula sang rajaputra sampun paring sasmita tapuking karamean, nanging kula ngajêng-ajêng pamanggihipun para mitra dhatêng bab ingkang karêmbag wau, bokmanawi kula ugi sagêd kalintu kêsasar pangintên kula, yèn kalintu pangintên kula inggih punika ingkang kula ajêng-ajêng."

Ing salêbêtipun para tamu sami badhe mapanakên lênggahipun wontên ing dhipan warni-warni, sarta sarêng Sang Siddha langkung ing salah satunggaling krompolan Sang Siddha

--- 123 ---

mirêng salah satunggaling krompolan wau ingkang damêl kêpenginipun Sang Siddha mirêngakên.

"Lah Kacmir – têmbungipun ingkang wicantên wau – punapa wontên kabaripun."

"Kabaripun sae – wangsulanipun ingkang kapitakenan – bumipun mèh njêblug."

"Lah sêratipun."

"Sampun dumugi ing tiyang ingkang kenging pinitados."

Tamu sanèsipun lajêng misah Sang Siddha saking karompolan ingkang kalih, inggih punika ingkang mêntas dipun mirêngakên wicantênipun, tumuntên Sang Siddha sumêrêp-sumêrêp sampun dumunung wontên ing panggenan botên têbih kalihan Sang Pangeran Salim, sarta wontên ing saantawisipun para neneman ingkang dèrèng nate têpang, ananging inggih lajêng nêpangakên sarta sami wawan ginêm.

Nalika punika para abdi kathah wiwit nawèkakên sêgêr-sêgêran warni-warni sarta angguripun inggih lajêng kailingan wontên ing pangunjukan êmas ngantos langkung-langkung. Kala punika Sang Siddha asring-asring taksih kèngêtan dhatêng pitêmbungan ingkang kamirêngan kalawau, ananging pikajênging pitêmbungan taksih samar-samar. Punapa panggêbagipun para ingkang sami sêsingidan congkrah ingkang pangandikanipun Sang Salhana tuwuhipun saking panggasahipun sang nata, ugi badhe katandukakên ing Kacmir, nagari wutah rahipun Sang Sinatriya Siddha, lah sêratipun, kalihan botên jinarag dumadakan, tur namung sakêplasan Sang Siddha kèngêtan dhatêng sêratipun sang wanodya Rezia ingkang kabêktakakên dhatêng Sang Kulluka, ananging punapa inggih sêrat wau mawi magêpokan kridhaning praja. Makatên gagasanipun Sang Siddha Rama.

Botên dangu salêbêtipun Sang Siddha kêgagas ing galih, lajêng kêslamur ningali wêdalipun para talèdhèk saking sawingkinging salah satunggiling gêbêring papan palenggot bawan, sinarêngan ungêling têtabuhan, lajêng kèndêl dumugi ing papan ujuring bangsal, botên dangu para talèdhèk ingkang ngliga awak babar pisan botên mawi rasukan, payudaranipun sampun mèh kêtingal sadaya kangge njogèd mêndal-mêndal kadosdene rêntah-têntaha saking aling-alingipun (ingkang makatên sampun dados caranipun ing Indhustan) dene pangangge ingkang minangka sinjang panjangipun ngantos dumugi dalamakan suku, para talèdhèk lajêng sami njogèd kalihan dipun gamêli ing têtabuhan, ingkang salaminipun tansah damêl sêngsêmipun bangsa Indhu tuwin têtiyang Islam ing Indhustan. Jogèding para talèdhèk wau kala-kala mawi sinêlanan pasindhèn jalêr èstri sami bawa swara kêkidungan asal saking Pèrsi, ingkang kados-kados damêl

--- 124 ---

sênêngipun sang rajaputra saha para mitranipun, ananging tumrapipun Sang Siddha ragi cêmplang, punapa malih suraosing pitêmbunganipun inggih kêmba.

"Rêmbha wontên pundi." Pandangunipun sang rajaputra. "Badhe sindhèn kêkidungan enggal sawatawis pêrtalan saking kêkidungan Indhu, mênggahing sampeyan Siddha tamtu kemawon sampun kulina, ingkang kula pikajêngakên punika kêkidungan Gitagovinda."

"Nuwun inggih." Wangsulanipun Sang Siddha. "Inggih punika uran-uran panggenan anggitanipun Jayadeva angrêngga lampahanipun Sang Hyang Krêshna kalihan para pawèstri juru pangèn, sarta lêlampahan kala tunggilipun malih Sang Hyang Krêshna kalihan Radha, malah kula sampun nate nyoba mêrtal bab punika."

Sang rajaputra mangsuli: "Yèn makatên suwawi sami kamirêngakên, lah punika Rêmbha sampun kêtingal."

Kala punika kêtingal satunggaling pawèstri ênèm cêmêng manis wontên ing estrade, inggih punika papan ingkang kadamêl langkung inggil sawatawis tinimbang sanèsipun, panggenanipun mompyor sarta kathah pangaosipun, malah bokmanawi ragi kêlangkung-langkung, ingkang lajêng miwiti satêngah nêmbang satêngah kandha linuting ungêlipun têtabuhan ririh araras, makatên têtêmbunganipun:

Rèhning samêngko wus mangsa
atimukta kang sulistya
akarya anglêsing slira
kang mangu nandhang turida
kataman asmara tantra

Rèhning samêngko mangsane
kali Jamuna banyune
bêning lumembak lembake
nyirami alas arane
Vrindavana wit-witane

Rèhning wus têka mangsane
mangsa sêdhêng kang agawe
para mudha kasêngsême
para endah kapengine
kang tapa gugur ciptane

Klayu suka parisuka
ing mangsa sêdhêng kang têka
mangkono uga Sang Krêshna
tan kari suka pirêna
dêdolanan ngêla-êla

--- 125 ---

Sang Krêshna malenggot bawa
lan pra bêksa suka-suka
kajaba mung pra tinilar
ing manah têmah sungkawa
tan milu suka ing driya

Dene pangagêmanipun
Sang Krêshna sarwa linangkung
warni jêne pan ingukup
cêndhana katingalipun
ngantos cêmêng sulak klawu

Ingkang busana rinêngga
gêgubahan sêkar-sêkar
yèn ngobahakên sarira
ebah dening bêksanira
kang anting-anting sêsotya

Gumêbyar angilat thathit
kapraban soroting rawi
Sang Krêshna ngujiwat manis
ngirid para bêksa sami
suka parisukèng galih

Gêguyon Sang Krêshna sarwi
matrapkên têmbung mêmanis
manis manohara ririh
ebahe kang asta trampil
sêsêg para bêksa sami

Mungal ingkang payudara
kang ngudi parêk Sang Krêshna
sarwi rêngêng-rêngêng nêmbang
sêsindhenan malatdriya
iyèku sêsêndhonira

Sang Krêshna kalangkung gambus[4]
kêmirêngan kang panuju
malenggot bawa malat kung
kongas ingkang santun-santun
dene liyanira iku

Ingkang katon netranipun
ing sêmu sampun sumurup

--- 126 ---

kang aran katrêsnan iku
myang sêngsêming driya ndulu
mring Krêshna manglirikipun

Sumlêngêrên dènnya mulat
kêblêrêngên ujwalanya
wadananira Sang Krêshna
ingkang mindha sarasidya
kang mulat kagagas driya

Ana kang dêdêge lênjang
kang mara rikat-rikatan
marani Sang Krêshna nyêdhak
lir bêbisik sarêng cêlak
mring Krêshna nyatane ngaras

Gapyuk nguswa pangarasan
karo liwat palarasan
sarêng Sang Krêshna ngujiwat
tumungkul nilingkên karna
mirêngkên rarasing têmbang

Kang bêksa kêtarik dening
brangtaning manah kaluwih
dulu Sang Krêshna kang warni
kapencut dahat marani
mring Krêshna arsa nyêkêli

Ing pangagêmannya nuli
pinikat ing galih aglis
linoloh dipun pêpengin
dhatêng wana pinggir kali
Jamuna purugira glis

Tingalana kana kae
kang bêksa manut unine
suling kanthi iramane
linut karoncong krincinge
alon êmpuk sabawane

Kang bêksa baut agawe
kèrême Krêshna galihe
kadudud bêksa solahe
amiluta têmahane
Sang Krêshna dahat gumune

--- 127 ---

Nganti alon sing berage
iki lan kang ngaras kae
wau ngaras ing pipine
lir nyambêr mungguh patrape
nanging kang luwih rikate

Iku kang uwus kulita
asring mêtêl ing pranaja
ing kana sawênèh ana
kang nyawang ing sêmunira
mêmalat ing galihira

Sang Krêshna mrih kèlunira
sawênèh ana kang lagya
ngangkah ngoncati Sang Krêshna
tandya tinampan ing asta
rinangkul dening Sang Krêshna

Gapyuk mawi asta kalih
gêguyon suka ing galih
ingêla-êla mêmanis
gumbira solahe trampil
dènira Sang Krêshna ngirid

Para ingkang berag-berag
sindhenan malenggot bawa
nutug suka parisuka
ing mangsa sêdhêng samana
Sing[5] Krêshna lir pangonira

Satêlasipun anggènipun sindhèn, Sang Pangeran Salim nuntên ngandika: "Mênggah wontêning pitêmbungan, botên kuciwa, nanging mênggah ing sampeyan kadospundi, sumitra Siddha, bab pêrtalanipun."

Sang Siddha amangsuli: "Botên awon, pêrtalaning pitêmbungan sampun ragi lowung, sanadyan têtêmbunganipun botên sadaya, dipun lugokakên, ewadene kawula inggih ngakêni bilih mêrtal pitêmbungan kina kanggenipun ing jaman ingkang kantun-kantun punika angèl, kados ta: têtêmbungan punika wau inggih ragi kaanggit piyambak, ananging ingkang makatên wau saking botên sumêrêpipun ingkang mêrtal dhatêng pikajênganipun pitêmbungan, saking klintu panampinipun. Punapa ingkang mêrtal botên kasumêrêpan."

Sang pangeran amangsuli: "Ingkang mêrtal sumitra Feizi, inggih punika ingkang enjing wau kula sumêrêp wicantênan [wican...]

--- 128 ---

[...tênan] kalihan sampeyan." Sang pangeran anggènipun ngandika kalihan sêmu mèsêm, kangge anutupi kalingsêmanipun Sang Siddha: sarêng mirêng namanipun ingkang nganggit, dene Sang Siddha kagungan pamanggih kados pujangga."

Sang pangeran anglajêngakên pangandika: "Sampun kuwatos, mitra Feizi têmtu botên sakit manahipun, dene anggitanipun botên lajêng sampeyan anggêp sae, malah manawi sampeyan sagêd nglêrêsakên lêpatipun, badhe narimah. Mara Rêmbha miwitana sindhèn manèh sawatara padha bae aku arêp ngrungokake, yèn uwis ing bêngi iki aku wis ora bakal ngungkih-ungkih kowe manèh." Makatên ngandikanipun sang pangeran dhatêng Rêmbha.

Aturipun Rêmbha: "Kawula nuwun gusti, sapunika kawula badhe miwiti sindhèn bab sambatipun Radha dhatêng mitranipun èstri:

Dhèwèke kang kêpengin ngaras
kêpengin adêdolanan
suka aparisuka nêlas
lumrah caraning padesan
lan para mitra èstri samya
sênêng berag dêdolanan

Kang gampang damêl kapencut
kapencuting manah dening
èsêming lathi malatkung
lathi abrit kadi dening
warnaning mêrjan saèstu
damêl onêng tyas kang uning

Ingkang lagya berag nutug
damêl manah sun kêlangkung
tansah èngêt sliranipun
bok inggih piyambakipun
nglunturna kawlasanipun
mring kula kang nandhang wuyung

Iya iku mung dhèwèke
mungguh kênaa pêsthine
wus ngrangkul kabèh darbèke
wong wadon karo lêngêne
kang lurus mêmbat astane
anggandhewa gadhing lire

Ingkang ngagêm sarwa adi
ing asta punapa dening

--- 129 ---

ing sampeyanipun tuwin
ing jaja rinêngga ugi
ing sêsotya rajapèni
intên barliyan mawêrdi

Gêbyaring sêsotya gumyur
madhangi pêtêng lir daru
liwêran rêbat linangkung
sêsotya tuhu pinunjul
dhasar kang ngagêm binagus
iku kang karyèngsun gandrung

Ingkang gandanira ngambar
ingukup candhana mulya
kang larapanira mawa
praba tumeja ngujwala
ngasorkên padhanging wulan
surêm soroting purnama

Lir merang kalah prabawa
piyambakan sang binagus
ingkang gumbira ing manah
karya tanpa tuwasipun
kang kapintên anggènira
yun sêsambat mrih wlasipun

Pyambakipun ingkang lagya
berag-berag anèng kana
pêplayon lan dêdolanan
tansah damêl èngêt ingwang
nglunturna kawlasanira
mring kula kang nandhang brangta

Dumugi samantên Rêmbha kèndêl anggènipun nêmbang, sarêng sampun kèndêl sawatawis, nuntên anglajêngakên malih, rarasipun ragi sarèh suwaranipun langkung mêmbat, pitêmbunganipun cêtha patitis, panêmbangipun saya sêsêg kados panêsêgipun Radha mrih kalêgan ing asmara:

Kula kang ndhêlik ing ngriki
ngriki jroning rêrungkudan
pyambakipun ingkang lagi
sare ana ing pêtêngan
pêtêngan ing wanci bêngi
piyambak datanpa rewang

--- 130 ---

Kawula ingkang sêsambat
ngupadosi pyambakipun
pyambakipun kang sun sambat
kang nuju ngagêm linangkung
pameran pan sarwa murwat
nêngsêmakên pacakipun

Dhuh dhuh para mitra sami
katungkulna pyambakipun
lan kula tunggila malih
lan dadi siji badan ingsun
supaya marêming ati
atèngsun kang nandhang wuyung

Supayèngsun bisa sandhing
tumèmpèl nèng jaja kering
dhèwèke ingkang supadi
sêtya èngêt mring sun malih
kados ing kala rumiyin
katrêsnanya tanpa tandhing

Kula ingkang èsmu isin
sarêng pinaranan dèning
pyambakipun angrêrêpih
namakkên têmbung pangrêmih
ngrêrêpa manis ing lathi
lêmbut alus lir pinathi

Atèngong dadi kêsêngsêm
kêsêngsêm margane sênêng
jênèh pyambakipun mèsêm
ngrogoh ati kêbangêtên
damêl manah kula kèrêm
kèrêming manah kadêrêng

Kadêrêng kêpengin cêdhak
sêsandhingan ingkang cêlak
mring pyambake tan kêjamak
kang nyêndhal rimongku ladak
iya iku ingkang ndadak
grêgête ora kêjamak

Dene tanpa winasesa
ingukum wong kang sêmbrana
mungguh ingsun kuwasaa
kang sêmbrana iku nyata
sun ukum dèn winasesa
kinungkung mrih kapokira

--- 131 ---

Sun kungkung nèng pagulingan
ingsun banda ing asmara
ingsun ingkang sêsareyan
anèng pagulingan jaba
mung ana ing palumutan
dene dhèwèkira uga

Ngrêrêpa sumandhing kula
kaya dhèk samana ika
ingsun uga tan suwala
ingêlus-êlus kinuswa
cinêcêp ing lathi kula
sun sumangga ing sakarsa

Ingsun ingkang rêm-rêm ayam
èsmu isin pêpandêngan
dhèwèke katon sênênge
katitik saka ulate
dhuh rasaning badan kula
cape lês-lêsan marlupa

Dene ta piyambakipun
katurutan karsanipun
kinungkung asmara tantra
nutug dènnya mong asmara
dhuh mitra sira ge-age
kumpulna ingsun kalihe

Mrih sumandhing mring slirane
sumandhing jaja keringe
mugi-mugi pyambakipun
sêtya tuhu manahipun
asih malih mring kawula
kaya inguni dhuh nyawa

Satêsalipun panêmbang, pasindhèn ingkang ayu ing warni lajêng sinurak ingestrenan sarta kinêplokan ingakathah, dening katuju ing manahipun. Mênggah katujuning manah wau punapa saking suraosing pitêmbunganipun, punapa saking wêdalipun pitêmbungan, dening sang pasindhèn baut matrapakên pantêsing suwara tuwin ebahing asta, nirokakên patrapipun ingkang rinêngga.

Sang Pangeran Salim ngandika: "Punika wontên ingkang badhe dados pangrêmbag, manawi sampun dumugi ing patunggilanipun malih Sang Krêshna kalihan Radha, ananging

--- 132 ---

punika prayogi karêmbag ing sanès dintên kemawon, sapunika kadospundi sumitra Abdal Kadir?" Pandangunipun sang pangeran bokmanawi inggih ragi dipun jarag dhatêng Abdal Kadir Badaoni, ingkang linggihipun ajêng-ajêngan ragi kapering kalihan lênggahipun Sang Siddha Rama. "Kawruh têmbung rêrumpakanipun bangsa Indhu rak inggih botên patos kalêbêt ing manah sampeyan kados kawruh têmbung rêrumpakan kita, sanadyan sampeyan gigu dhatêng kawruh ingkang kagêlarakên dening ingkang nurunakên bangsa Indhu, ingkang sampeyan anggêp awon sarta kawruhipun ingkang sampeyan anggêp nasar, kados panganggêpipun bangsa sampeyan ingkang mungkul ing agami."


§ Acacia punika wit-witan ing tanah sabrang. Lugunipun wit acacia gêsangipun wanan wontên ing tanah Mêsir, Arab tuwin ing Australie, tlutuhipun kadamêl lim, ingkang mêdal ing toko dipun wastani gom (Arabische Gom). Acacia ingkang limrah asalipun saking Amerika sisih êlèr, inggih punika ingkang katanêm ing patamanan. (kembali)
§ Acacia punika wit-witan ing tanah sabrang. Lugunipun wit acacia gêsangipun wanan wontên ing tanah Mêsir, Arab tuwin ing Australie, tlutuhipun kadamêl lim, ingkang mêdal ing toko dipun wastani gom (Arabische Gom). Acacia ingkang limrah asalipun saking Amerika sisih êlèr, inggih punika ingkang katanêm ing patamanan.
tumungkul (kembali)
tumungkul
wau (kembali)
wau
§ Rêbabipun bangsa Indhu. (kembali)
§ Rêbabipun bangsa Indhu.
Sang (kembali)
Sang