Wangsulanipun Abdal Kadir kalihan ngampêt kauning manahipun: "Kawula botên rêmên ngrêmbag dhatêng sadaya kawontênanipun para pujangga têmbang, makatên malih nabi kita, mugi sinucèkna asmanipun, nyupaosi kalihan sabab dhatêng Amrul Kais tiyang ingkang mukir ing Allah, sanadyan tiyang sanès sami ngalêmbana luhuring kawruhipun Moalakah wau, dene bangsa Indhu damêl uran-uran pêprênesan kados ingkang sami kawula mirêngakên punika, Krêshna kalihan Radha linuhurakên kados Allah, punika saking pangrêmbag kula ragi kasar sangêt."

Sawêg kemawon Sang Siddha badhe nyêlani mangsuli dhatêng Abdal Kadir ingkang lumampah ginegaa, ing sasagêd-sagêd Sang Siddha badhe mangêrtosakên, bilih wontên bedanipun dongèng kalihan agami, uran-uran kalihan kapracayan, lajêng kapênggak dhatêng Sang Pangeran Salim, têmbungipun: "Panêdha kula, manawi para mitra marêngi sampun ngantos rêrêmbagan bab agami. Bab punika kasumanggakakên kemawon ing ngarsa dalêm kangjêng rama, ingkang pamirêng kula sapunika sawêg mêmpêng nggalih prakawis kawruh kasarjanan kalihan ingkang winasis Feizi, bokmanawi inggih malah kalihan sanèsipun malih, dene kula sadaya tiyang neneman sami klêmpakan wontên ing ngriki, parlu sami bingah-bingah ing dalu punika."

Sang pangeran lajêng gêntos ndhawuhi dhatêng para pasindhèn jalêr tuwin para ingkang sami ngungêlakên ungêl-ungêlan, angandikakakên wiwit sindhèn, makatên dhawuhipun: "Mara para pasindhèn lan para bocah unèn-unèn, padha miwitana nêmbang bab minum, kang rame, supaya bisa mberagake aku kabèh manèh. Suwawi para mitra, minumanipun dipun jogi, ingkang mbingahakên manah, dene sampeyan sumitra Abdal Kadir ingkang suci, manawi mênggak bab punika, mugi kamanaha ingkang panjang, yèn satunggaling pujangga têmbang botên pisan-pisan botên ngipat-ipati dhatêng

--- 133 ---

nabi kita ingkang agung sarta asmanipun taksih lêstantun kita pundhi. Panêmbangipun Tharafa:

Yèn sira tumêkèng kana
ing paminuman sun uga
sênêng milu klawan sira
sêtya nutug ing sadina
malêsi paminumira
tandhing wadhah klawan sira

Ing kana sira wus tamtu
banjur bae kang tinêmu
pangombènira saèstu
wus kêbak tumêkèng gulu
lagi wêruh bae aku
rasane mrasuk bêbayu

Yèn wus tutug pangombene
mêngko banjur wiwit bae
minum manèh sajêlèhe
aja wêdi wusanane
padha ingkang kêndêl bae
ayo padha wiwit ngombe

Sang pangeran ngandika malih: "Kenging punapa punika tuladha sae têka botên kita tiru."

Abdal Kadir ingkang muring mirêng têmbung makatên, ing batos garundêlan ananging piyambakipun mangêrtos, bilih pangandikanipun sang pangeran wau manawi dipun wangsuli badhe kirang pangatos-atos, sabab, Abdal Kadir parlu mawi Sang Pangeran Salim, minangka kangge sakait anggèning badhe nglawani sang nata ingkang kinintên karsa mungkir ing agami Islam, pramila piyambakipun inggih kèndêl kemawon, ing wusananipun malah lajêng klêkêp-klêkêp tumut minum kangge nyamur muringing manah. Dene para tamu sanèsipun inggih botên kantun anggèning minum ngatingalakên sarujuking manahipun, wadhahing minuman kêrêp dipun isèni, sami kemawon kalihan kêrêpipun kothong, para pasindhèn èstri sarta para badhaya awit saking kaawe dening sang pangeran lajêng sami nunggil lênggahipun para tamu pating slêbar wontên ing dhipan. Dene pasindhèn ingkang ayu ing warni awasta Rêmbha, ingkang dumadakan linggihipun dhawah cêlak kalihan Sang Siddha, lajêng kemawon Sang Siddha awawan ginêm kalihan piyambakipun. Kala punika Sang Siddha lajêng sumêrêp bilih Rêmbha punika botên namung pawèstri ingkang pancèn alus ing budi pakartinipun, [pakarti...]

--- 134 ---

[...nipun,] sarta kathah kasagêdanipun kemawon, inggih pawèstri ingkang pancèn sae mênggah ing manahipun. Sarêng Rêmbha cariyos kalihan wêlasing manah sayêktos dhatêng para badhaya ingkang dipun wastani tiyang nandhang sangsara, sanadyan para badhaya wau lugunipun dede têtiyang tumbasan, ewadene ingkang kathah sampun wiwit lare kasade dening tiyang sêpuhipun dhatêng ingkang pangawisipun kathah piyambak, saha salajêngipun kagêntosakên dhatêng sanèsipun, kados nggêntosakên barang dagangan kemawon, gêsangipun botên beda kalihan tiyang tumbasan.

"Ing wiwitipun kula inggih kados makatên." Wicantênipun Rêmbha pasaja. "Ananging bêgjanipun, kula ragi nggandhahi watêk rêmên sindhèn, lajêng salah satunggaling tiyang ingkang asih dhatêng kula, nyinaokakên kula pinrêtêk ing kasagêdan ingkang pantês, ngantos sapunika kula lajêng sagêd njagi dhatêng awak kula, apêsipun kula sagêd gêsang namung saking kasagêdan kula, dene manawi kula sampun sêpuh sarta sampun awon warni kula." Kalihan ngguyu. "Lajêng ..."

"Banjur ... " Pandangunipun Sang Siddha kalihan botên sagêd ngampah wêlasipun.

"Ah botên." Wicantênipun Rêmbha. "Kula mangêrtos karsa panjênêngan, nanging pamêthèk panjênêngan, klintu. Yèn kula sampun sêpuh sarta awon warni kula, botên pêrlu kula ngasorakên awak kula kados ingkang kathah-kathah dados jomblang sêsaminipun. Ewadene kula gampil sagêd angsal pakaryan, sabab kula tiyang Indhu asal kula prênah, kula sagêd ugi angsal padamêlan wontên ing sawênèhing patapan, dados pamongipun para pasindhèn tuwin para badhaya, ingkang sami dipun ingah para pandhita kangge praboting patapan wau: manawi wontên damêl."

Sawêg dumugi samantên pawicantênanipun Rêmbha lajêng kapêdhot dening suwaranipun ungêl-ungêlan ingkang rame. Sarêng sampun kèndêl suwaranipun, para tamu jalêr sarta para pawèstri (badhaya tuwin pasindhèn) sanèsipun lajêng sami tumut wawan ginêm, paginêmanipun sangsaya wudhar bêblenderan, saking dayaning minuman kêras, kathah pitêmbungan kamirêngan dening Sang Siddha ingkang kalawaunipun dèrèng nate dipun mirêngi, ewadene inggih lajêng mangêrtos dhatêng têgêsipun pitêmbungan lênyotan wau dangu-dangu tata caraning kaluhuran ingkang dumugi samantên tansah dipun èstokakên, sampun wiwit ical. Ing ngrika-ngriki sampun wontên tamu ingkang sampun wuru malumah taksih kalihan nyêpêngi wadhah minuman ingkang sampun kothong, sarta sampun botên kèngêtan kawontênanipun ingkang kalampahan ing saubênganipun, sarta ing dhipan

--- 135 ---

katingal kathah pêpanthaning tamu ingkang patrapipun botên pantês katandukakên wontên ing papan linuhur, ananging sang pangeran malah inggih sampun dangu anggènipun botên nolèh dhatêng sanèsipun, patrapipun sang pangeran piyambak sampun botên kagalih, malah sareyan kaadhêp badhaya kêkalih, ingkang satunggal dolanan dêdêring agêmipun cundrik sang pangeran ingkang pinatik ing sêsotya, sanèsipun anglolos agêmipun binggêl sang pangeran ingkang ugi tinarètès ing sêsotya nawarêtna. Binggêl ingkang satunggal kacopot dening sang pangeran piyambak lajêng kauncalakên ing pangkonipun badhaya ingkang satunggal, dene badhaya sanèsipun kauncalan mutyara sawatawis ingkang kathah pangaosipun, sarta ingkang kabêthot saking pangagêmanipun. Sasampunipun sang pangeran lajêng njunjung wadhahing pangunjukan malih supados kaisenan malih. Sarêng sampun kaisenan kaunjuk ngantos têlas, lajêng ndhawah ing kasuraning dhipan.

Ing kala punika pawicantênanipun ing ngriku ingkang sampun tumpangsuh, sarta alok ingkang wangsul-winangsulan kamirêng saya sêru, ungêl-ungêlanipun taksih têrus mungêl, minumanipun tansah mili, ngantos Sang Siddha ugi tumut mblêngêr dening rame-rame, sarta dening gandaning sêkar, ingkang langkung dening dayaning anggur alus, sawêg kraos yèn saya suda saya suda kèngêtanipun, nying-nyingan raosipun.

Botên dangu wontên ingkang nyêpêng kalayan santosa ing pamidhanganipun sarwi kaoyog-oyog dangu saking nglênggêripun, inggih punika Sang Salhana ingkang nyêlaki Sang Siddha tanpa kasumêrêpan rawuhipun.

Sang Salhana ngandika: "Ayo, iki wis mangsane kowe karo aku mundur, sabab ing wêktu mêngkene iki sok ana lêlakon kang mbêbayani, têrkadhang manawa ana kêkêrêngan, uwong ora bisa wêruh bakal kaangkut ing prakara mau."

Sang Siddha nyuwun priksa kalayan pangandika ingkang ngatawisi rangu-ranguning panggalih: "Punapa kenging lajêng mundur kemawon, botên mawi ngêntosi dhawuh dalêm sang rajaputra."

Sang Salhana ngandika èsmu nyampahi, makatên: "Sang rajaputra, tontonên ing kana kae." Kalihan anudingi Sang Pangeran Salim ingkang sampun sumèlèh malumah wontên ing dhipan, tingalipun kêjêp, astanipun sumampir wontên ing kasuran dhipan, gêlas ingkang kaasta sarta ingkang mêntas kaisenan minuman kadhawahakên ing babud ngglundhung dhatêng jubin, blabaran isinipun. "Apa bakal paring dhawuh mundur." Sanadyan Sang Siddha sampun namat-namatakên dhatêng sang pangeran, awit Sang Siddha inggih sampun ragi

--- 136 ---

kêkathahan anggènipun ngunjuk, kalawau sang rajaputra sampun botên kasumêrêpan, dene manawi taksih sagêd kasumêrêpan, inggih namung awujud tiyang kalih sami sumèlèh. Sang Siddha lajêng manut kemawon kagandhèng kêkah dhatêng ingkang paman Sang Adipati Salhana, mêdal dhatêng alun-alun ngajêngan, Sang Siddha kalêbêtakên ing plangki ingkang pancèn kasudhiyakakên kagêm titihanipun Sang Adipati Salhana piyambak, dene sang adipati sasampunipun ndhawuhi dhatêng ingkang ngrêmbat plangki, lajêng tindak dharat wangsul dhatêng pamondhokan, sanadyan ingkang kalawau pangunjukipun inggih botên kirang kathah kados putra kapenakanipun.

Salêbêtipun Sang Salhana kondur dhatêng pamondhokan anglangkungi margi alit, Sang Salhana wontên sangandhaping payon èmpèripun salah satunggaling griya priksa kawujudan manungsa inggil kêra ingkang mawi lingak-linguk ngatos-atos ngawasakên kiwa têngên, sarta lajêng nilar pandhêlikanipun amurugi dhatêng Sang Adipati Salhana ingkang lajêng botên pangling, bilih punika Sang Yogi Gorakh sarta ingkang lajêng matur pitakèn: "Punapa sadaya wilujêng?"

Sang Salhana mangsuli: "Wilujêng. Nalaripun sagêd majêng, ananging katamtuanipun kula dèrèng sagêd cariyos, ewadene samangsa kula sampun sumêrêp ingkang langkung têrang, inggih kadospundi-pundia, samangsa sampun dumugi ing mangsanipun kula ngangge sampeyan sapunggawa sampeyan, sampeyan kula jawil."

Sang Yogi Gorakh pitakèn: "Tiyang neneman gêmblung kadospundi, prayogi kaawasna kemawon, kula gadhah pandugi, yèn piyambakipun sampun gadhah panyana dhatêng pangrêmbag kula kalihan paduka, ananging sadaya wau botên mbatalakên pikajêngan, anggêripun piyambakipun mlêbêt kemawon rumiyin sampun cêkap, pramila kula kalilana nyuwun priksa, punapa pêksinipun sampun kêcêpêng?"

"Dèrèng." Wangsulanipun Sang Salhana. "Ananging kados botên ngantos lami malih."

Sang Yogi Gorakh gumujêng, dene ingkang sami wawan ginêm wau lajêng sami ungkur-ungkuran, nglajêngakên lampahipun piyambak-piyambak.

__________

--- [137] ---

VII. Klêmpakan Sêsidhêman.

Kados ingkang sampun kacariyosakên ing nginggil, ing satunggiling dalu dalêmipun Pangeran Salim wontên pasamuan agêng. Nunggil dalu punika Sang Nata Akbar ugi sawêg nampèni tamu wontên ing kadhaton, nanging namung satunggaling pandhita agami Kristên ingkang misuwur putus dhatêng agami punika namanipun: Padre Rodolpho aquaviva, tuwin Sang Nindyamantri Feizi. Kajawi punika sampun botên wontên tiyang sanèsipun malih. Bilih badhe ngunjuk wedang kopi sami ngiling piyambak-piyambak ing cangkiripun, lan manawi badhe sês sami angêmpakakên piyambak, botên wontên ingkang ngladosi, sabab ingkang kapangandikakakên punika botên kenging kapirêng ing sanès. Awit saking punika para panakawan sami kadhawuhan nêbih supados botên sagêd mirêngakên punapa-punapa.

Anggènipun sami ngandikan prayagung têtiga wau ngantos lingsir dalu, ingkang karêmbag namung prakawis agami. Kêsênêngên anggènipun sami rêrêmbagan bantah-binantah, langkung-langkung Sang Feizi kalihan sang pandhita. Rêmbagipun Sang Feizi lêlandhêsan agami Brahma, sang pandhita agami Kristên, dene sang nata namung miyarsakakên kemawon, lan saangsal-angsal anglêrêsakên pundi ingkang lêrês, cocog kalihan agami Islam.

Bilih dipun kèndêlakên kemawon anggènipun bêbantahan Sang Feizi kalihan sang pandhita, tamtu botên wontên kawusananipun, salah satunggal sami dene ngêdalakên rêmbag ingkang rêmit-rêmit. Wasana sang nata dhawuh kèndêl sabab ingkang dipun pabên punika botên sagêd damêl bosênipun ingkang sami pabên, nanging sayah ingkang mirêngakên.

Gêntos cariyos, ing nagari Agra ing sasisih sanèsipun, êlêt sadalu malih inggih wontên klêmpakan sêsidhêman sanèsipun, ingkang beda pikajênganipun kalihan ingkang sampun kacariyos ing nginggil, nanging ugi sami kêmpalan winados.

Sabakdanipun Sang Siddha pêpanggihan kalihan Rezia, sabên dintên nganguk-anguk dhatêng abdi èstri ingkang nate ngirid saliranipun dhatêng ing griyanipun Sang Rezia. Ing wusana sawêg kêpanggih malih kalihan ingkang pinitados, abdi èstri wontên ing kikis ubêngipun patamananing kadhaton. Ing

--- 138 ---

kalawau Sang Siddha kawêlingakên rawuh malih dening bêndaranipun kengkenan èstri. Sang Siddha inggih lajêng miturut enggal-enggal anglêgani pamintanipun. Wiwit ing kala dintên wau mêrtamunipun Sang Siddha dhatêng ing griyanipun Rezia tansah lumintu, ing wêkasan ngantos kataman daya panggèndèng ingkang tuwuh saking katrêsnan jalêr lan èstri. Rumaosipun Sang Siddha sêpên dintênipun manawi botên mêntas lênggah nyandhing Sang Rezia, wontên ing èmpèring suyasa padununganipun sang juwita, dene prakawis sae sarta sakecanipun ingkang pinanggih ing nagari Agra, saha prakawis kabingahaning panggalih, dene sampun angsal sihipun Sang Abul Fazl sarta angsal panggalihing nata, punapadene kados punapa kemawon kalêganing panggalih anggènipun sêsrawungan pangandika kalihan Sang Feizi ingkang lila wismanipun kajujug ing samangsa-mangsa, sarta sangêt rumêngkuhipun dhatêng Sang Siddha kados mitra pinitados, utawi malih dhatêng saening tondak-tandukipun tuwin patraping pawong mitran Sang Parviz saha para mitra sanès-sanèsipun ingkang taksih sami berag-berag kabêkta saking ênèming yuswa, sadaya wau sampun botên pisan-pisan sagêd anggèndèng tanpa kenging sinayutan kados suyasa ingkang dumuning ing papan sêpên, panggenanipun ingkang sawang purnama, wanodya bangsa Armêni Sang Rezia. Dene kanthaning warninipun Sang Iravati ingkang ing ngajêng tansah cumithak ing pangangên-angên, dangu-dangu saya nglamat kalingan dening wêwayanganipun Sang Rezia, têmahan saya kapêngkêr ing panggalih. Ingkang makatên punika botên kalêbêt anèh, saya malih tumraping galihipun sang sinatriya dhatêng Sang Rezia, saya mindhak rêsêping galih, sangsaya rakêt-rumakêting pitêpanganipun. Kosokwangsulipun sang mindha supraba Rezia, kados-kados inggih botên suthik tumut ngraosakên saraosing galihipun sang sinatriya ingkang kêlair ing sêmu kawahya ing solah bawa. Dumadakan sang sinatriya kagèt ing galihipun dening kataman ing raos, yèn rêsêp saha rakêting pitêpangan wau botên namung dumèh mitra sinarawèdi kemawon, ananging ing galih lajêng nggarêngsêng kapencut pitêpangan ingkang kalihan sih-sinihan, inggih punika raos ingkang saplok pitêpangan kalihan Sang Rezia dumugi ing kalawau sawêg karaosakên. Punapa jalaran saking kasabêt ing liring, utawi kapandukan manising èsêm ingkang naratas ing jêjantung, punika nyumanggakakên. Ananging dangu-dangu sang sinatriya inggih lajêng enggal manuh pangèngêt-èngêt tuwin ngraosakên katrêsnan ingkang ndudut manah anglangkungi tosan brani dayanipun. Ing wêkasan botên wontên sanèsipun malih ingkang sagêd nyêgah galihipun sang sinatriya, kajawi namung kêpencutipun

--- 139 ---

sagêda sang sinatriya amastani, yèn Rezia wau kagunganipun, sarta kalanggatana karsanipun, tampi pamalêsing katrêsnan ingkang sagêd dados jampining gêrah wau ... yung.

Nuju ing satunggaling dalu ingkang sampun katamtokakên kangge pêpanggihan, Sang Sinatriya Siddha sampun lênggah jèjèr wontên ing dhipan akalihan wanodya ingkang tinamonan, inggih punika Sang Ayu Rezia ingkang dahat ngenyutakên galihipun sang sinatriya anèm. Ing ngajênging dhipan mawi katatanan meja alit andhap tinatah pêpêthan tiyang, sarta ing meja wau wontên pasêgahanipun warni wowohan sêgêr-sêgêr tuwin anggur alus ingkang katingal kimpling-kimpling wontên ing wadhah. Ing kala punika katingalipun Sang Ayu Rezia wontên ing netranipun Sang Sinatriya Siddha sakêlangkung angrêsêpakên manah, pangraosipun dèrèng nate kagungan raos kenyut ing lembaking samodra kasêngsêm kados kala punika, dening pasang rakiting salira ingkang mindha Ratih kasatmata sakalangkung nyênêngakên manah, kêdhèping netra ingkang manikipun biru anigan blêkok bêning lêbêt tumandukipun ing manah, ingkang sakêdhap kangge nyawang dhatêng Sang Siddha kalihan èsmu wêlasasih, sakêdhap sumorot tanpa pindha nratas tumunjêm ing jêjantung, anglês sang sinatriya ingkang kataman, têmahan tanpa daya namung mriku puruging galih. Sakêdhap malih lajêng enggal kumêdhèp umpêtan wontên salêbêting wêwayanganing tibing ingkang mêlês lêmês kados sutra inganggit. Gandaning sêkar mawar tuwin sêkar gambir, kesisan ing samirana midit ing patamanan amrik gandanipun, padhanging hyang sasaddhara anyêbar sorotipun ramyang-ramyang kados padhanging surya kalingan ima nipis amradini ing palotengan tuwin ing kamar ingkang mênga candhela tuwin korinipun, makatên malih padhangipun ingkang surêm pêthak kados salaka mradini ing wit-witan tumandukipun ing gêgodhongan ijêm sulak cêmêng rêmêng-rêmêng kados wontên ing alam siluman, wêwah ingandhap katingal wontên umbulipun, ingkang mutahakên toya kapandukan padhanging rêmbulan wau kados teja wangkawa sèwu pating kêpyur dhumawahipun. Yèn ta ingkang sami pêpanggihan wontên ing suyasa wau kobêra ningali ing kiwa têngênipun kanthi panggagas sampun tamtu kemawon sakêlangkung nglangut raosing galih, saya malih tumraping sang sinatriya yèn ta kobêra nggagas dhatêng mega pêthak lamat-lamat, ingkang lumampah alon, bokmanawi kèngêtan dhatêng rimong sutra ingkang kadhawahakên saking palotwnganing kadhaton ing Allahabad kumleyang dhawahipun alon-lonan, kados mega wau pindhanipun, saha lajêng sagêd kèngêtan dhatêng ingkang asung tandha katrêsnan. Ananging botên makatên kadadosanipun sakathahing gagasanipun ing ngajêng, ical sadaya sanalika wau, sarta

--- 140 ---

ingkang rumiyin ingkang sawêg katingal namung wadananipun Sang Ayu Rezia ingkang kados rêmbulan coplok saking cangkokipun pinanggih sapatêmonan.

"Dhuh Sang Sinatriya Siddha. – wicantênipun Sang Rezia dumadakan sajak – pêrlu sabakdanipun ngandikan warni-warni sinambi gêgujêngan. – rumiyin panjênêngan sampun paring pitulungan dhatêng kula sarana nglantarakên sêrat kula ingkang kula kintunakên dhatêng Kacmir, sampun dumugi wilujêng, punapa sapunika kula taksih kaparêng nyuwun ugungan damêl rêkaos panjênêngan malih sarana panuwun sanjata pitulungan, ananging punika, kula sêsampuna matur rumiyin, langkung pêrlu, makatên malih sagêd ugi tumrap ing panjênêngan."

"Mugi kadhawuhna, kula miturut tanpa suwala. – Wangsulanipun Sang Siddha tanpa mawi rangu-rangu ing galih. – Punapa kemawon ingkang dados pamundhut panjênêngan, panjênêngan pitadosa, sarta priksaa, tamtu badhe kula pêrlokakên, ing sasagêd-sagêd kula, badhe kula lampahi sagêdipun kadumugèn."

Sang Rezia amangsuli kalihan anudingakên panuduh ing racikanipun minggah sajak sêmbrana ndudut manah botên dinamêl, têmbungipun: "Prayogi ingkang ngatos-atos, sumitra kula, panjênêngan sampun nyêgahi rumiyin dhatêng panuwun kula ingkang dèrèng kula aturakên, sababipun sarêng panjênêngan punika kagungan pangkat agêng, sarta sampun sagêd namtokakên mênggah badhe kadadosan panjênêngan wontên ing kraton ngriki, ingkang pantês kamèrèkakên, pramila pancènipun panjênêngan kêdah ingkang ragi ngina dhatêng pawèstri ingkang limrah kemawon kados kula, yèn makatên dados tumraping panuwun kula wau namung panjênêngan gampilakên kemawon, pathok sagêd anglêgani salah satunggaling tingkah kula, ananging manawi panjênêngan sampun priksa dhatêng panuwun kula wau, sagêd damêl cuwaning panggalih panjênêngan."

Sang Siddha kasêsa amangsuli: "Kula supaos, manawi rêmbag ingkang makatên punika têbih sangêt saking krêntêging manah kuka, kula matur malih, panjênêngan kagungana pamundhut sakarsa panjênêngan, kula miturut badhe kula lampahi dhawuh panjênêngan."

"Sang Rezia ngandika malih kalihan tanpa sanggaruginggi, nêsêgakên saliranipun dhatêng lênggahipun Sang Siddha makatên têmbungipun: "Yèn makatên, mênggah ingkang dados pangajêng-ajêng kula, yèn panuwun kula wau sampun panjênêngan uningani lêrêsipun inggih dados kapêrluan kula. Bokmanawi gampilipun kemawon saking pandugi panjênêngan, [panjênê...]

--- 141 ---

[...ngan,] gêsang kula wontên ing papan nyênyêt sêpên kados makatên punika, kula botên sumêrêp pisan-pisan kalihan kawontênanipun ing kadhaton-kadhaton ing nagari Agra sarta ingkang kagalih wontên ing ngarsa dalêm sang nata agung. Pitêpang kula rêmbag dumadakan kalihan para têtiyang sawatawis ingkang têrang sêsêrêpanipun dhatêng bab wau, kula inggih lajêng sagêd sumêrêp sawatawis, bokmanawi langkung saking pandugi panjênêngan, sarta bokmanawi anglangkungi saking ingkang panjênêngan uningani. Mangka bab ingkang badhe kula aturakên punika pêrlu panjênêngan uningani ugi, amargi magêpokan kalihan kapêrluanipun nagari, sarta turun-turun panjênêngan."

Sang Siddha amangsuli pangandika: "Pangintên kula, kula sampun mangêrtos dhatêng karsa panjênêngan, punika rak inggih prakawis kêkiyatan ingkang sampun karêmbag badhe tinandukakên dhatêng nagari Kacmir murih ical kamardikanipun, ta, samangsa ing salêbêting nagari kula wau katuwuhan pasulayan ingkang sakintên kenging kapandukan kaniyatan wau."

Sang Rezia amangsuli: "Inggih lêrês sangêt pangandika panjênêngan punika. Ewadene ingkang wangunipun panjênêngan dèrèng priksa punika, bilih kaniyatan wau katranganipun sampun karêmbag ragi matêng, sarta wadyabala dalêm sang nata agung inggih sampun samêkta ing sawanci-wancinipun badhe nukup nagari Kacmir. Awit saking punika, panjênêngan sakarerehan panjênêngan, ingkang badhe kangge dêdamêl nanggulang nagari, sarta bangsa panjênêngan piyambak awit saking njagèkakên kanggêg panjênêngan dhatêng para wadya sinatriya ingkang sampun prasêtya saha rumakêt ing panjênêngan, punapa malih awit saking misuwur panjênêngan wontên ing nagari Kacmir. Makatên wau sagêdipun kalampahan, manawi panjênêngan namung mbawur miturut kemawon ing sadhawuh dalêm sang nata utawi dhatêng parentah ingkang saking dhawuh dalêm."

Sang Siddha apitakèn kalihan sêmu ngangkah ingkang botên ngatawisi anggènipun maras mirising galihipun sarana pangandika ingkang lêga wêdalipun: "Dhuh mitra kula ingkang kula trêsnani, kula kalilana matur pitakèn. Sanadyan sadaya wau kapara yêktos, tumrapipun panjênêngan punapa ta pêrlunipun, utawi punapa ingkang murugakên, dene panjênêngan têka ngandikakakên bab punika dhatêng kula ing sakala punika."

Sang Rezia amangsuli malih: "Awit saking kapêrluan kula piyambak, utawi nggatosakên dhatêng kapêrluan panjênêngan sumitra kula. Rumiyin kula nate ngaturakên sawênèhing mitra kula èstri, panjênêngan inggih kèngêtan, ingkang dados

--- 142 ---

bêbujêngan wontên ing ngriki, sapunika blakanipun kemawon, panjênêngan kula sasarakên, kapêrluan punika botên tumrap dhatêng mitra kula èstri, inggih tumrap kula piyambak. Semah kula ingkang njalari ngantos bapa kula kawêdal wicantênipun ingkang murugakên kula ngantos kados kablênggu makatên, sawatawis dintên êngkas dhatêng ing ngriki, mangka pancèn sampun kula najisakên saking sangêting siyanipun, pramila ingkang kula pikajêngakên, sagêda kula ngoncati piyambakipun, lajêng sagêd ludhang, ing têmbe lajêng sagêd ayêm saha têntrêm manah kula, yèn sampun sagêd angsal semah ingkang dados manah kula. Dene sagêdipun kêlampahan sêdya kula wau, purug kula badhe dhatêng nagari Kacmir, pramila kula inggih ngangkah apitêpang rêmbag kalihan para mitra panjênêngan sawatawis. Ananging manawi nagari Kacmir ngantos kêlampahan kaêrèhakên dening Sang Nata Akbar, panêja kula wau inggih lajêng cabar malih, sarta botên dangu malih kula katêkêm dening tiyang ingkang nguwasani dhatêng badan kula malih, yèn sampun makatên tamtu kemawon lajêng kèndêl, botên sagêd nglajêngakên sêsrawungan kula kalihan panjênêngan ingkang sruwa-sruwi rêna saha nêngsêmakên kados makatên. Dhuh sumitra ingkang tuhu kula trêsnani, yèn sampun makatên, gèk kadospundi. – Anggènipun wicantên Sang Rezia kalihan sawatawis unjal ambêgan. – Tamtunipun kemawon kula Rezia tumrapipun ing panjênêngan prasasat sampun ical, kosokwangsulipun panjênêngan tumrapipun kula."

Sang Siddha amangsuli èsmu katarik dening kayungyuning galih: "Botên, ingkang makatên botên sagêd kêlampahan. Dhuh mitra kula sinarawèdi, sapunika karsa panjênêngan kemawon kadospundi, punapa panjênêngan priksa rekadayanipun murih sagêd oncad saking bêbaya ingkang badhe ndhatêngi, pamundhut panjênêngan dhatêng kula kadospundi?"

Botên wontên malih. – Wangsulanipun Sang Rezia. – Kajawi namung supados panjênêngan sampun ngantos dados pirantos kangge ananggulang nagari panjênêngan piyambak, inggih ananggulang panjênêngan piyambak sarta jasad kula. Sampun ngantos pêgat anggèn panjênêngan nindhihi wadya panjênêngan ingkang kêndêl-kêndêl, kados ingkang tumindak sapunika, ewadene manawi sampun dumugi ing mangsanipun, sagêda kaslewarna sampun ngantos mêngsah dhatêng kita, malah sarana pakarti sampeka mbalika dhatêng kita, ingkang lairipun kemawon sêtya tuhu sarta bakti ing Sang Nata Akbar, ananging sayêktosipun taksih nggadhahi kabatosan ngiloni dhatêng bangsa sarta dhatêng ingkang nurunakên [nurun...]

--- 143 ---

[...akên] kita. Yèn kêlampahan makatên, panjênêngan tamtu kemawon lajêng sagêd angsal bantu saking têtiyang ingkang kanggêp ing ngrika, ingkang sagêd angsal bantu saking Kacmir ingkang saya ngindhakakên kêkiyatan panjênêngan, saha lajêng angsal pambantu ugi saking têtiyang ingkang kanggêp ing ngrika ingkang sagêd njalari ing kanugrahan panjênêngan, tuwin kaurmatan ingkang linangkung, ing salajêngipun panjênêngan sagêd ugi mapanakên dhatêng jasad kula ingkang dahat papa cintraka punika, dumunung ing panggenan ingkang primpên, têbih saking gora-godha tuwin panganiaya, nir daya ingkang ndhatêngi. Dhuh, sumitra kula, ingkang tansah kula têngga, kula aji-aji, tingalana mitra paduka ingkang nistha punika, sarta ingkang botên pêgat-pêgat kanthi panuwuning manah dene angsal pangaupan ingkang prayogi."

Wangsulanipun Sang Siddha Rama, èsmu sêrêt wêdaling pangandika, dening kagagas ing galih anggènipun nggathuk-gathukakên nalar prakawis kaniyatan tuwin angsal-angsalanipun kaniyatan wau ing têmbe makatên têmbungipun: "Ananging punika namanipun rak cidra, cidra ingkang nistha sangêt dhatêng nata ingkang sampun mracaya dhatêng kula."

"Inggih kasinggihan sangêt pangandika panjênêngan ingkang makatên punika, mila inggih cidra. – Wangsulanipun Sang Rezia kalihan mèsêm tungtung ngina. – Sang Nata Agung tamtunipun kagungan wêwênang sangêt ngagêm panjênêngan minangka kadamêl têtawur panggêbagipun nagari panjênêngan piyambak satêtiyangipun, sarana samudana ngatingalakan[1] sih wilasa dalêm dhatêng panjênêngan. Ewadene panjênêngan badhe ngicalakên wêwênang panjênêngan, manawi karsa dalêm sang prabu wau botên winêlas[2] ingkang sami timbangipun, ewadene panjênêngan punika kenging kula basakakên namung punggawa utawi abdi nata, nanging inggih mêksa tumindak punapa ingkang panjênêngan karsakakên. Mênggah pangandika panjênêngan ingkang sampun panjênêngan wêdharakên dhatêng kula kalawau punika, bilih panjênêngan lêga anuruti ing sapanuwun kula, punika têtelanipun dados namung kadamêl ulas-ulas patut-patutipun kemawon, pitêmbungan kados ingkang asring kawêdalakên dhatêng pawèstri ingkang ina kemawon. Namung dumugi samantên, prayogi kapêdhot dumugi samantên kemawon pawicantênan kula kalihan panjênêngan, botên jalaran saking rêna kula, namung saking pamanggih kula langkung prayogi ngantêpi sêdya kula pêpisahan kemawon kalihan panjênêngan, tinimbang nglajêngakên pitêpangan, ingkang ing sawanci-wanci tamtu pêdhot, badhe damêl cuwaning manah."

--- 144 ---

Sang Sinatriya Siddha amangsuli, dene Sang Rezia ing kala punika kados ndhêkukluk dening susahing galih sarta malengos, têmbungipun Sang Siddha: "Kula matur sapisan êngkas, ingkang makatên punika botên pisan-pisan, kula botên goroh, sanadyan kala kula nyalahi dhatêng panjênêngan badhe miturut ing sapamundhut panjênêngan, wau kula ragi rangu-rangu ing manah, ewadene têmbung kula kula wangsuli: "Kadhawuhna, kula miturut."

"Têmbung panjênêngan kula ugêmi." Wangsulanipun Sang Rezia enggal-enggal.

Sang Siddha tumuntên ngandika: "Inggih têmbungipun satriya, punapa ingkang panjênêngan ajêng-ajêng malih, panjênêngan sampun priksa, bilih kula tamtunipun tan suwala dhatêng ingkang panjênêngan karsakakên; lah pêrlunipun punapa malih têka tansah dipun kêkêr, mangka panjênêngan inggih sampun priksa lami. Dhuh wanodya ingkang dados woding manah kula, mugi linêpatna ing sarusiku, tinêbihna ing dêduka, kasirnakna ing ila-ila, dene kula têka pangawak braja nêmpuh byat matur pasaja, cebol nggayuh langit upaminipun, ndupara yèn ta panjênêngan karsa nglêgana dhatêng aturipun tiyang ndhêdhatêng ingkang têbih sangkanipun. Dhuh maniking tiyang kula, kalilana kula matur balaka; mênggahing kula sampun botên wontên ingkang nglangkungi trêsna saha asih kula, kajawi namung dhatêng panjênêngan, pun abdi botên nggadhahi tingal kalih. Mênggah gênging katrêsnan kula dhatêng panjênêngan punika ngungkuli gêsang kula, malah inggil ngungkuli ajining badan kula, makatên malih kula dèrèng nate gadhah raos trêsna ingkang sangêt kados dhatêng panjênêngan sapunika, malah têka wontên raos katrêsnan kados ingkang kula raosakên dhatêng panjênêngan punika sêpên saking pangintên; pangintên kula ing kala samantên sampun ngraosakên katrêsnan, ananging sarêng kula raos-raosakên, ingkang kula wastani katrêsnan kala samantên jêbul namung kasênênganing lare yèn tinimbang kalihan kawontênaning katrêsnan kula dhatêng panjênêngan; nyawa gusti kula, namung panjênêngan ingkang sagêd asung pitêdah buntasing marginipun katrêsnan ingkang kados makatên punika; botên wontên pakathik utawi tiyang têtumbasan ingkang langkung sungkêmipun dhatêng bêndaranipun kados kula dhatêng panjênêngan; botên pisan-pisan dados pakathik dalêm Sang Nata Akbar utawi sintên-sintêna, kados pangintên panjênêngan punika wau, kêjawi namung panjênêngan ingkang kula ngèngèri; sakathahing darbèk kula utawi ingkang badhe kula darbèki, kados ta: kasugihan, kanugrahan, pangkat kula sadaya punika namung panjênêngan ingkang ndarbèni. Punapa malih pangawasa panjênêngan dhatêng [dha...]

--- 145 ---

[...têng] badan kula kenging panjênêngan patrapakên ing sakarsa panjênêngan, sanadyan tumrap dhatêng pandamêl ingkang klintu. Ananging kula nyuwun, mugi kalilana ngakên anggadhahi, inggih anggadhahi sêkaring suyasa punika, ingkang botên gagar, botên alum, botên suda gandanipun dening kinuswa ing satriya. Dhuh juwitaning juwita, namung panjênêngan ingkang pantês kula pasrahi ing gêsang kula. Ing kala punika sanadyan Sang Rezia botên ngadi busana, kêsulakan padhanging hyang sitarêsmi, nanging malah sangsaya nênanggi adrênging brantaning galihipun sang sinatriya, wêninging jangga kawuryan sumorot apindha thathit, wênêsing wadana pêthak mêntur kados sêkar mlathi ingkang nêdhêng mêgar minging gandanipun; kocaking netra botên kados lintang karainan, nanging kêdhèpipun sarèh atatag, yèn pinuju mulat dhatêng sang sinatriya gumêbyar pindha andaru sêsiring. Sang sinatriya ningali patrapipun sang mindha Supraba tumratap ing galih, riwe kumyus amarawayan, têmahan Sang Siddha sêrêt pangandikanipun: "Nyawa pêpundhèn kula wong ayu, kalilana kula ...." Sawêg dumugi samantên kêsêlak Sang Rezia amangsuli pangandika kalihan anangkis astanipun Sang Siddha ingkang sampun grayah-grayah badhe nyêpêng astanipun sang rêtna, têmbungipun alon: "Sampun makatên, sang sinatriya, têmbung punika botên pantês kula mirêngakên, saha botên pantês kêwêdal saking panjênêngan dhatêng kula. Èngêta, kula dèrèng mardika, panjênêngan inggih ugi makatên, awit taksih wontên têtangsul sanèsipun ingkang anggubêd ing panjênêngan kados pangandika panjênêngan piyambak dhatêng kula."

Sang sinatriya amangsuli èsmu duka: "Têtangsul sanèsipun kula pêdhot, utawi sampun lami kula pêdhot, dene yèn kula botên sagêd mêdhot, dintên ing nalika kula kagubêd wau kula ipat-ipati. Dene yèn panjênêngan ing dintên punika botên luwar saking panggubêl, inggih kula punika ingkang ngluwari; suwawi lajêng dhatêng Kacmir, dhatêng nagari ingkang têbih, nagari êlèr, sanadyan têbih nanging endah, wontên ing nagari ingkang namanipun Siddha Rama taksih kanggêp kados pangandika panjênêngan; ing ngrika botên gampil tiyang badhe nekat nyênyamahi ing panjênêngan, ingkang sampun wontên ing pangayoman kula, kados ta: Garwa panjênêngan ingkang panjênêngan sêngiti utawi sanèsipun."

Rezia matur pitakèn: "Lah, punapa pangayoman panjênêngan punika sampun nyêkapi mênggah kalisipun dhatêng bêbaya ingkang kapandukakên dening Sang Nata Akbar tuwin punggawanipun?"

"Tamtu nyêkapi nanggulang panjênêngan nata sapunggawanipun sintên-sintêna kemawon, makatên malih dhatêng sanès-sanèsipun." [sa...]

--- 146 ---

[...nès-sanèsipun."] Wangsulanipun Siddha kaduk kêpurunên kêsêngka ing kêyuyuning galih enggala kêpadhan sih: "Ugi nanggulang ing panjênêngan nata piyambak murih mardikanipun nagari Kacmir, sanadyan mênggah pêrlunipun namung kangge amancèni papan pasingidan dhatêng panjênêngan sarta kula kemawon."

Sang Rezia mangsuli: "Sanadyan makatên, ewadene kula mêksa botên kenging mirêngakên pangandika panjênêngan kemawon. Sayêktosipun ndadosakên prihatos kula dene panjênêngan ngandika kados ingkang panjênêngan ngandikakakên ing dalu punika; pangandika ingkang makatên punika lêrêsipun kêdah panjênêngan tutupi tumrap kula sarta panjênêngan piyambak, dados sagêd lêstantun pitêpangan kula kalihan panjênêngan, ingkang ing têmbe bokmanawi sagêd njalari wontên kasagahan sanèsipun; ing sapunikanipun ndadosna kasusahan kula kados punapa, mêksa kêdah kèndêl namung dumugi samantên kemawon pasrawungan kula kalihan panjênêngan. Panjênêngan mugi lajêng tindaka saking ngriki kemawon, kula kaparingana pangèstu wilujêng, sarta lajêng kêsupèna dhatêng kula; punika ingkang langkung prayogi tumrapipun panjênêngan tuwin ... kula, ingkang miturut pangandika panjênêngan, panjênêngan sihi."

Sang Siddha ngandika: "Sayêktosipun inggih makatên," saha lajêng jumênêng kalihan tumungkul, mundur sawatawis jangkah. "Ingkang langkung prayogi inggih tumuntên pêpisahan kemawon; kula sampun tampi ing manah, manawi katrêsnan kula katampik, punapa pêrlunipun kula mawi dangu-dangu wontên ing ngriki. Sampun lêrês pangintên kula: tanpa panjênêngan tumrapipun kula sampun botên wontên gêsang, botên wontên kabêgjan, ananging panyia-nyia panjênêngan, ingkang tansah katandukakên dhatêng kula, mangka saya mindhak dintên katrêsnan kula saya sangêt, saya malih kula sumêrêp manawi ingkang tansah darbèni ing panjênêngan punika tiyang ngamanca ingkang panjênêngan sêngiti sarta panjênêngan ipat-ipati, punika murugakên botên sabaring manah kula. Sapunika tuwuh rêrêsah enggal, pamirêng kula ing tanah kidul, inggih punika ing Dekkan, Sang Nata Agung nimbali ing wadyabala dalêm kathah, anglurug dhatêng nagari ngrika, kula badhe gadhah panuwun ugi kalurugna mrika; ing salêbêting pêpêrangan kalihan têtiyang wanan ing parêdèn, manawi kula botên lajêng kêsupèn dhatêng kawontênanipun ingkang kula raosakên, kula suka lila lajêng sagêda tumuntên pêjah katawurna ing mêngsah; punika ingkang kula ajêng-ajêng."

Sang Rezia amangsuli kalihan suwara mêlasasih èsmu

--- 147 ---

sambat, kados susah ing manah, nanging mêksa kèbêkan ing manis: "Dhuh sang sinatriya, pêrlunipun punapa têka mawi sêrêng makatên, kula dèrèng nate nrênjuhi pisan-pisan kabrangasan panjênêngan ingkang kados makatên. Pêrlunipun punapa nyêrêngi dhatêng satunggiling pawèstri ingkang sèkèng ingkang sawêg manggih sangsayaning manah sangêt dening nyêgah hawa napsu ingkang badhe njalari dumadosing lêlampahanipun, sarta ingkang sawêg ngupados kêkiyatanipun mênggah pangangsa-angsa panjênêngan. Pramila inggih lêrês pangandika panjênêngan, langkung prayogi kula katilara kemawon, ewadene kula inggih mêksih nggendholi ing panjênêngan, kula aturi kèndêl rumiyin; sanadyan namung sakêdhap sangêt, kula aturi lênggah malih njèjèri kula, saha lajêng sami sênêng-sênêng wicantênan malih ingkang sarèh ing sawêtawis dangunipun, sarta ingkang botên karegonan dening pangangsa-angsaning manah, wicantên ingkang sakeca kados ingkang sampun sami dipun lampahi tiyang kêkalih."

Ing sadèrèngipun Sang Siddha èngêt dhatêng tindak-tandukipun ingkang sampun linampahan, priksa-priksa sampun lênggah jèjèr kalihan sang wanodya, ingkang dayanipun anglimputi ing galihipun Sang Siddha. Kala punika sang sinatriya tumuntên ngasta calêmpung ingkang sumèlèh ing sandhingipun, awit saking panuwunipun sang wanodya. Sang sinatriya lajêng ngèngêt-èngêt dhatêng salah satunggiling uran-uran ing nagarinipun, inggih awit saking pamintanipun Sang Rezia ingkang kanthi mêlasasih. Ewadene kados punapa kemawon anggènipun ngèngêt-èngêt saha madosi, sarta amiwiti, mêksa boten kèngêtan saha botên pinanggih, dening gidhuhing galih kêlimput ing asmara turida, têmahan calêmpungipun ingkang tanpa damêl lajêng kasèlèhakên kalihan putêking galih wontên ing sandhingipun.

"Kula sampun botên sagêd," pangandikanipun Sang Siddha "sampun botên sagêd kèngêtan, kula sampun botên ngèngêt-èngêt dhatêng ...."

"Kadospundi, ingkang badhe ngurak-urakakên kula sintên?" Pangandikanipun Sang Rezia kalihan gumujêng, punapa kula ingkang kêdah ambukani? Inggih prayogi, ananging sumangga sami ngunjuk kasugêngan rumiyin. Sang wanodya nuntên ngasta wadhahipun anggur ingkang kaulungakên dhatêng Sang Siddha, ingkang ugi lajêng malêsi andum basuki saha ngunjuk angguripun ngantos têlas. Sang Rezia inggih lajêng miwiti nêmbang kêkidungan asmara tura cara Pèrsi, swaraning ulonipun mêmbat bening nawung mêmanis ingkang murugakên Sang Siddha lajêng lêjar ing galih, èngêt gawang-gawang dhatêng ingkang dipun supèni kalawau. Sarêng Sang Rezia sampun kèndêl anggènipun

--- 148 ---

nêmbang, Sang Siddha nuntên ngandika cikrak-cikrak: "Sapunika kula sampun kèngêtan," saha lajêng nêmbang rêrêngganipun mangsa kalisada bab panampinipun pangantèn jalêr dening pangantèn èstri, ingkang sampun karêngga ing busana ing salêbêting tumapakipun mangsa bêntèr, makatên suraosipun:

kanthi kang sastra mawèh kung
sang witardya amiwiti
ngunjuk anggur munggèng wadhah
kang wus tinêcêp ing lathi
dening sang wanodya tama
anèng wisma patrasari

yèku padununganipun
kang ngenggar-enggar ing galih
kang patra sari kèbêkan
gandaning sêkar mrik minging
ing saparan-paran kontap
kongas kasilir ing angin

sang kama mêmikat baud
mêmengin sênênging ati
kêlawan manising têmbang
têmbung mrih sêngsêm kang myarsi
têmah kêlayu dolanan
kêpencut mêdal ing jawi

kang jaja ginubêd mungguh
cèn-oncèn mutyara pèni
kathah minangka rêrênggan
dene agêmira nyamping
winingkis wêwironan
dumunung cêthiknya ramping

kang rema ingore lurus
ginubah ing sari-sari
mangkana nalikanira
panggihe pangantèn èstri
kalawan ing kakungira
pamacake ngrêspatèni

sapa baya ingkang tan wruh
rasaning ati kêpengin
cumlêng rumasuk ing angga
anyawang kang sarwa nglêngin
akas dhangan tindakira
kicating padha nawungi

--- 149 ---

gêbyar-gêbyar pindhahipun
kadi andaru sêsiring
anglir cowan trajangira
sumêngguh wingit mantêsi
kang ugêl-ugêling pada
ingagêman kroncong muni

kumrincing ririh kêrungu
yèn nuju obah kang sikil
kang lagya brit maya-maya
tan pae pindhanya kadi
sêkar mawar asung rimang
mring kang ndulu tansah eling

sêkar safran kang cumundhuk
mimbuhi gilaping wèni
kang ingore kapadhangan
katon ngendra wila wilis
pêndingira êmas mêkak
bangkèkan ingkang andhandhing

sinjang karawangan alus
ingukup candhana[3] wangi
nutupi kang payudara
sumamar katon sing jawi
mênthêk maya muyuh dênta
karya rimang ndudut ati

tandya uwal wastranipun
kang mêpêt mathêt nutupi
salira lênjang araras
kang maksih kêbunan enjing
pating prêntul wêning kadya
sêsotya akèh sinuji

ingkang wastra agêmipun
muring lumorot nêngahi
kirang sapalih kêwiyak
kang dadya sênênging ati
tumratap ingkang umiyat
jêjaka dadine mèri

nahên kang maruta niyup
anggugah ingkang upami
bêbisik mring gêgodhongan

--- 150 ---

kumrisik swaranira ris
toyaning tlaga kanginan
mirat-mirut kang upami

wastra agêming wong ayu
kêmarutan nglêmpat-nglêmpit
tanapi lir solahira
pawèstri kang nêmbe panggih
lan priya arsa kinuswa
njêkêthut ulahe ajrih

lèpèn alit swaranipun
kanginan kumricik ririh
lir swaranipun jêjaka
bêbisik arsa pinanggih
kêlawan pacanganira
angrêrêpa mêlasasih

parandene swaranipun
panêmbahan kang dèn mirêngi
pujangga panganggit têmbang
mungu dewaning pamong sih
wungu Sang Hyang Kamajaya
sing nendra mangsa badhidhing

Dumugi samantên Sang Siddha ingkang anyalêmpung linut ing têmbang lajêng kèndêl. Dene Sang Rezia ingkang mirêngakên sarta ingkang lênggahipun saya nyêlaki, botên ngandika punapa-punapa kêjawi namung nyawang sarta mandêng sang sinatriya. Tingalipun sang rêtna kêtingal sumorot kados ndaru, adamêl kêgiwanging panggalihipun sang sinatriya, têmahan botên saranta lajêng nyêpêng astanipun Rezia kalih pisan kacènèng anyêlak dhatêng saliranipun ngantos botên kenging dinuwa malih.

Sang Siddha ngandika: "Rezia mugi dados pangantèning Kalidasa ing sapunika sarta ing salaminipun dadosa gadhahan kula. Dene sang mindha Ratih anguwuh namanipun Sang Siddha, linggih sarta angrangkul gapyuk saha lajêng tanpa daya anglèndhèhi ing jajanipun sang sinatriya."

Ing sabakdanipun dalu wau, ing sabên têngah dalu Sang Siddha kêrêp kemawon atêtinjo dhatêng dalêmipun Sang Rezia mêdal ing margi bêbutulan ingkang ing pinggiripun kiwa têngên katanêman wit tanganan mawa êri. Dene sêkar trate kagunganipun Sang Iravati ingkang katumpangakên ing baita anjlanggarang sampun kèrêm ing toya sabaitanipun dening sumiyuting angin.

__________

--- [151] ---

VIII. Pambujuk.

Sang Putri Iravati ingkang ngrênggani kadhaton ing Allahabad, kaparêng lênggah malih wontên ing palotènganing suyasa ingkang ngongkang dhatêng patamanan, sang putri mirsani dhatêng parêdèn têbih, inggih punika keblat sangkaning rawuhipun sang sinatriya ingkang dados pangajêng-ajêng kala rumiyin, ing wana-wana tuwin pasabinan ing ngandhap, awit kala samantên dumugi kala punika dèrèng wontên ingkang ewah, lèpèn-lèpèn ingkang ilinipun sarèh nêkak-nêkuk saking katêbihan kados pita salaka kanginan, grumbul alit-alit ing ngandhap sarta pucaking rêdi-rêdi ing sabrangan têbih, punapa malih srêngenge ingkang botên kaling-kalingan mega, ingkang kala samantên inggih madhangi wana alit-alit tuwin pasabinan ing ngriku, sadaya-sadaya taksih sami kemawon, dèrèng wontên ingkang ewah, punapa panggalihipun, ingkang nilar wau inggih taksih ajêg, dèrèng ewah gingsir, piyambakipun ingkang tamtunipun kemawon tumut kêtungkul kèlu dhatêng kasênêngan ing kadhaton tuwin kabingahan ing nagari agêng. Sintên piyambakipun punika? Botên wontên malih ingkang tansah cumanthèl ing padoning netra tumancêp ing têlênging jêjantung, kêjawi Sang Sinatriya Siddha, punapa inggih sang sinatriya taksih èngêt dhatêng pacanganipun, sarta punapa inggih taksih angiling-ilingi gambar pêpêthaning saliranipun sang putri pacanganipun, kados sang putri makatên, ingkang tansah èngêt sarta botên marêm ing galih manawi dèrèng angliling gambar pêpêthaning sang sinatriya pacanganipun. Mênggah sêmang-sêmanging galih anggènipun angintên-intên dhatêng kawontênaning pacanganipun, sanadyan kala punika Sang Putri Iravati sampun mênyat saking palênggahanipun, ing galih wangunipun taksih mangu-mangu, dene rumaos kados ngungkak ajining tiyang ingkang kajawi ingaji-aji ugi dipun trêsnani sangêt, yèn ta sang putri kagungana pandakwa ingkang makatên wau. Ing mangka nalikanipun sang sinatriya nuwèni pacanganipun ingkang kantun punika sampun anglairakên prasêtyanipun kanthi pitêmbungan ingkang mêdal saking têmên-têmêning galih tur mantêp wêdalipun, punapa malih ing

--- 152 ---

Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 132-165): Citra 1 dari 1
Dèwi Iravati sawêg nggagas-gagas wontên ing èmpèr lotènging dalêmipun ing Allahabad, ngajêng-ajêng pawartos saking pacanganipun ing Agra

--- 153 ---

sêrat-sêratipun ingkang dhatêng Sang Putri Iravati, inggih mawi ngaping kalihi punaginipun. Ananging sampun lami Sang Iravati botên tampi-tampi sêrat saking pacanganipun. Punapa malih kenging punapa pacanganipun têka botên mawi wangsul malih, sanadyan namung nuwèni sakêdhap, punapa sang sinatriya sagêd pêpisahan ngantos dangu tanpa mawi ngupados sêlaning padamêlan ingkang pêrlunipun kangge nyêlani tuwi dhatêng sang putri. Sampun tamtu kemawon jalaranipun botên nate nuwèni sang putri, sang sinatriya kêpambêngan ing pandamêlan parentah kêncêng, ngantos botên sagêd angsal pamit. Sang putri ngantos cêcêngklungên anggènipun ngajêng-ajêng rawuhipun sang sinatriya, raosipun ngêntosi saêjam kados sadintên, sadintên kados sawulan, tansah sontan-santun dintên ingkang kaajêng-ajêng, mêksa dèrèng rawuh anuwèni dhatêng ingkang ngajêng-ajêng, bêbasan tanpa kanca namung badan priyangga.

Enjingipun malih ing salêbêtipun Sang Putri Iravati sawêg nggagas dhatêng kawontênaning pacanganipun, tumuntên kaagol-agolan dening rawuhipun ingkang rama Sang Adipati Salhana, ingkang lajêng angandika kalihan apik macak wêdaling pangandika, kados adatipun manawi mila pêrlu sarta pantês katandukakên: "Iravati, aku saiki kêtêkan dhayoh ...."

Pangudasmaranipun Sang Iravati sanalika wau: "Saiki wis rawuh sing tak arêp-arêp, ngêntèni ana ing kana." Ing batos bingahipun sanadyan botên kalairakên, bêbasan kados manggih intên sarêdi Imalaya.

Sang Salhana nglajêngakên pangandika: "Dhayoh kang tak pasthèkake bakal ko tampani kanthi bungah sarta pangaji-aji, dhayohe, ya iku sang pangeran adipati, rajaputra ing Agra, Sang Salim kang rawuhe ing kene saka karsa dalêm sang ratu agung, ingkang rama ingandikakake lêrêp ana ing kene sawatara dina."

Sang Iravati mirêng pangandikanipun ingkang rama, ingkang kantun punika, ngantos mèh botên sagêd ngumpêtakên kêtawising cuwanipun panggalih, anggèning nahan sêrêting pangandika ngantos botên kêdugi mangsuli sanalika dhatêng dhawuh pangandikanipun ingkang rama.

Sang Salhana ndumugèkakên pangandika: "Êlo! Apa rawuhe dhayoh iku ora ndadèkake sarjuning pikirmu? Dene akèh bae kang kaduga ngêtokake dhuwit akèh yèn bisaa katêkan dhayoh kaya kowe iku; lan manèh yèn ta mung sawênèhing pandhèrèking sang pangeran bae, aku iya ora awèh mungguh kowe milu ngetok nêmoni. Ananging barêng dhayoh kang rawuh iki bakal kang jumênêng ratu agung amêngkoni tanah ing satlatahing Indhustan, iku kudu binedakake bangêt. [ba...]

--- 154 ---

[...ngêt.] Mangkono manèh mungguhing aku utawa tumrape pacanganmu Siddha, pêrlu bangêt kowe olèh sih wilasane sang rajaputra. Ayo milua aku."

Sarêng Sang Putri Iravati sampun ndhèrèk ingkang rama, sarta sakalihan sampun dumugi ing jarambahing dalêm, sang pangeran ugi sampun lênggah ing ngriku. Sarêng priksa rawuhipun sang adipati kalihan ingkang putra Sang Putri Iravati, sang pangeran tumuntên jumênêng amêthukakên sawatawis jangkah, sarta lajêng badhe tanpa subasita, kados padatanipun sang pangeran badhe ngandikani sang putri, sanadyan botên nilar tata caraning kaluhuran, ewadene ing sanalika lajêng kanggêg ing galih, botên ngandika punapa-punapa, kajawi namung jumênêng kalihan manthuk malêsi urmatipun ingkang sami malêbêt jrambahing dalêm. Mênggah pangudasmaraning galihipun sang pangeran: "Bocah wadon iki dêdêg pangadêge têka ngrêspatèni têmên, solah bawa sarta panganggone barès bae, nanging sruwa-sruwi patut, rupane ayu têmên, pasêmoning ulat manis raras ndudut ati, salawase aku durung tumon rêrupan kang kaya mangkono." Dene nalika punika sang pangeran botên kados padatanipun, têka mawi ngêntosi anggènipun Sang Adipati Salhana nêpangakên dhatêng putranipun kalihan sang pangeran.

Sarêng sang pangeran sampun katêpangakên kalihan Sang Putri Iravati, lajêng ngandika dhatêng sang putri makatên: "Sangêt panêdha kula, sang putri, dene sang putri sampun kaparêng mêrlokakên mbagèkakên dhatêng kula, sampun kêrêp kula mirêng cariyos kawontênanipun sang putri, ananging ...." Sawêg dumugi samantên sang pangeran sampun botên sagêd nglajêngakên palakraminipun, dening gidhuh-gidhuhing galih, bokmanawi kaprabawan saking endahing warni, têmahan namung sagêd kêwêdal ing pangandika: "Dene sapunika ndadosakên rênaning manah kula sagêd kêpanggih kalian sang putri piyambak."

Sang Putri Iravati amangsuli: "Mênggah pangaji-aji paduka dhatêng kawula sarta dhatêng rama, sakalangkung kula pêpundhi, namung pangajêng-ajêng kawula kemawon, mugi sampun ngantos kêcuwan panggalih paduka, dene lêrêp wontên ing padunungan ingkang sêpên mamring kados ing nagari Allahabad punika, beda sangêt yèn ta katimbanga kalihan kawontênanipun ing karaton Agra, ingkang langkung kathah gilir-gumantosing kasênêngan mangka pangimur-imuring galih."

Sang Pangeran Salim amangsuli pangandika: "Manawi Sang Witarêdya, putrinipun Sang Adipati Allahabad, kaparêng ing galih asring-asring karsa amanggihi ing salêbêtipun kula wontên ing ngriki, kados-kados kula inggih botên badhe kuwatos, [ku...]

--- 155 ---

[...watos,] bilih botên kêraos dangu. Kula wau mirêng kados sang putri ngandikakakên karaton ing Agra, punapa sang putri sampun nate priksa?"

"Kula dèrèng nate dhatêng ing nagari Agra." Wangsulanipun Sang Iravati.

Sang rajaputra ndumugèkakên pangandika: "Punapa yêktos dèrèng sapisan-pisana?"

Sang Iravati amangsuli malih: "Dèrèng sayêktos."

Sang pangeran gêntos ngandika dhatêng sang adipati: "Êlo! Kadospundi, sang adipati, punika sampun mangsanipun sayêktos, bilih putrinipun sang adipati, ingkang mumpuni kawignyan sagêd kasumêrêpakên ing alam jêmbar, botên namung katingalakên wontên ing karaton ngriki ingkang sêpên makatên."

Sang adipati amangsuli: "Mangsanipun anak kula sagêd sumêrêp ing alam jêmbar punika badhe ndhatêngi, manawi sampun kêlampahan wontên pamongipun, inggih punika badhe semahipun, kados sang pangeran inggih sampun priksa dhatêng badhe mantu kula, ingkang nate sowan ing ngarsa paduka; malah katampenan kalihan dhangan ing panggalih paduka punika."

Mênggah rêna utawi botênipun sang pangeran mirêng aturipun sang adipati, ingkang mawi ngèngêtakên nggêpok badhe mantunipun sampun nate sowan ing ngarsanipun sang pangeran wau, punika botên katawis pisan-pisan ing sêmu, namung kemawon lajêng kèndêl pangandikanipun ing sanalika sarwi mrêngut ing sawatawis, têpang imbanipun, punapa mambêt manah? Ing salajêngipun santun jêjêring pangandika ngantos dangu, ing wasana sang adipati lajêng matur mrasabênakên putrinipun kaparênga mundur dhatêng dalêmipun. Sang Iravati lajêng mundur saking palênggahanipun kalihan urmat mantuk manohara, ing batos bingah, dene lajêng sagêd uwal saking mirêngakên pangandika ingkang botên ndadosakên suka rênaning galihipun. Dene kawontênanipun sang pangeran, botên wontên ingkang ndadosakên panujuning galihipun sang rêtna, kajawi namung gumun sumêrêp pangagêmanipun sang pangeran ingkang mompyor kêlangkung-langkung; mangka mênggah sang pangeran pangagêman wau, punika sawêg ing salimrahing agêm-agêman tindakan pêpara kemawon.

Sarêng sampun sawatawis dangu, sang pangeran akalihan Sang Adipati Salhana sarta katiganipun wontên sanèsipun malih, sami mapan lênggah wontên ing salah satunggiling kamaring kadhaton, ingkang parimpên, botên sagêd kalêbêtan sarta kamirêngan tiyang sanès, pêrlunipun têtela badhe sami pirêmbagan bab prakawis sanèsipun ingkang winastan kenging [ke...]

--- 156 ---

[...nging] kangge nyênylamur dangu wontên ing Allahabad, mênggah katiganipun wau Sang Gorakh pandhitaning Durga.

Sang pangeran tumuntên ngandika: "Mitra kula sadaya! Kula suka priksa, yèn sêdya kula sadaya, kados-kados sampun mèh ndungkap mangsanipun, ewadene kula sadaya kêdah ngatos-atos dhatêng sakathahing pandamêl ingkang katindakakên. Dene saking pangintên kula kados inggih mikantuki, manawi sapunika dipun wiwiti ngulat-ulatakên dhatêng ingkang sami badhe kita tindakakên, dados kêdah ingkang jagi-jagi sarta nyumêrêpi punapa ingkang badhe karêmbag malih; sapunika kula nêdha priksa dhatêng Sang Adipati Salhana, bab kawontênanipun ingkang badhe kita tindakakên, sapunika kadospundi? Sang adipati tamtu botên kêkilapan, tinimbang kula sakalihan tamtu langkung têrang sang adipati; dene kawontênanipun ingkang kula sumêrêpi piyambak, ing kadhaton Agra, sampun wontên ingkang nyana-nyana dhatêng pikajêngan kita, pramila dhawuh dalêm kangjêng rama, kula lajêng ingandikakakên mriki punika. Mênggah ingkang mrayogèkakên kula sampun sumêrêp têrang sangêt, inggih Abdul Fazl malih, tiyang ingkang kados makatên punika angsala pangipat-ipating Allah; malah kula inggih ngajêng-ajêng dumugi mangsanipun badhe kula walês sayêktos. Mênggah Sang Adipati Salhana kadospundi katranganipun?"

"Dumugi sapunika." Wangsulanipun. "Ing sasumêrêp kula sadaya sampun prayogi, para omrah bangsa Islam ingkang sajati, sarta para pangagêng bangsa Islam sanès-sanèsipun ing Agra, ing Dèlhi, ing Lahore sarta ing nagari sanès-sanèsipun, sampun sami rêngat manahipun dhatêng sang ratu agung, dening karsa dalêm sang ratu agung nyalahi dhatêng agaminipun, punapa malih saking icaling wêwênangipun ingkang kinaot, ingkang kapundhut ing sang nata kadamêl sami kemawon, kalihan ingkang tumrap ing sanès-sanèsipun agami, niyatipun manawi mangsanipun sampun prayogi, lajêng sami badhe damêl ura-uru, malah tumuntên kemawon sampun ngantos kasèp ing mangsa, wêwah malih sampun kathah sami samêkta ing samangsa-mangsanipun pêrlu tumandang, makatên ugi sampun langkung saking Mansabdar satunggal ingkang sampun siyaga; dene Abdal Kadir inggih kathah pitulunganipun dhatêng bab wau, ewadene inggih sampun njagèkakên sangêt dhatêng piyambakipun, saking pikajênganipun Abdal Kadir; tumindaking uru-ura wau kêdah kaèdèng kemawon, botên dados pikajêngipun, manawi tumindakipun mawi lampah sêsingidan, punapa malih Abdal Kadir manahipun botên kêkah, kêrêp kemawon piyambakipun gadhah pakèwêd dhatêng pangaran-aran: ambalela."

--- 157 ---

"Lah kapenakanipun sang adipati, kadospundi?" Pandangunipun sang pangeran.

Sang Adipati mangsuli: "Piyambakipun babar pisan nggolong dhatêng kita, dene kadospundi kalampahanipun punika, botên pêrlu karêmbag, atur kula samantên kemawon sampun cêkap, pangangkah kula ing ngajêng pancèn badhe kula angge mata pitani sang ratu agung, ananging têtelanipun: kapenakan kula wau botên kenging dipun angge makatên, pancèn kêpaung sangêt, kêkathahên anggènipun kêlêbêtan piwulangipun Kulluka, pramila botên kenging kangge pirantos ular-ularing pangrekadaya ingkang mikantuki; ing mangka sabên-sabên kêpanggih ing sang nata tamtu dipun gapyaki, kados padatan dalêm sang prabu, pramila prayoginipun sampun ngantos kapenakan kula Siddha kêrêp-kêrêp kêpanggih sang nata agung, ingkang supados piyambakipun kangge ing damêl kita ingkang langkung prayogi. Malah dèrèng lami piyambakipun kawisudha ing pangkat Mansabdar, botên lami tamtu gadhah uthut minggah pangkat malih; pramila ing samangsanipun dumugi wêktu ingkang dipun tamtokakên, piyambakipun sagêd ngêrèhakên prajurit kapalan kathah, dhatêng para prajurit sinatriya (rajput) piyambakipun inggih agêng pangwasanipun, sarta ing Kacmir piyambakipun inggih kanggêp sangêt, pramila manawi pikajêngan kita punika sampun dumugi mangsanipun tumandang, manawi Siddha mbantoni dhatêng kita botên badhe sakêdhik pigunanipun. Manawi sampun dumugi mangsanipun, piyambakipun kalihan para prajurit karerehanipun lajêng mbalik mêngsah wadyabala dalêm sang nata agung, kula sampun botên gadhah sêmang-sêmang, manawi patrap wau botêna lajêng kaênut dhatêng para rajput ingkang kathah-kathah."

Sang pangeran ndangu: "Sapunika kaniyatan kita ingkang tumrap nagari Kacmir piyambak: kadospundi?"

Sang Adipati Salhana amangsuli: "Sampun botên sagêd langkung prayogi malih katimbang kawontênanipun sapunika, ura-uru ing salêbêtipun nagari, ingkang kathah saking pandamêl kita, sampun ndados sangêt, gêgolonganipun sampun madêg suraning jurit: mêmêngsahan, para brandhal sampun sami madal saking nagarinipun, mênggah ingkang langkung pêrlu, dene lajêng sami nglanjak dhatêng karajan-karajan ingkang abên kikis kalihan wêwêngkoning karaton dalêm sang ratu agung. Ingkang makatên wau lajêng sagêd njalari ebahing panggalih dalêm Sang Nata Akbar, nêdhaki piyambak dhatêng tanah êlèr kalihan angampil wadyabala nggêbag para rêrêsah, ingkang supados wangsul tata tênrêm malih, yèn sampun, lajêng nyoba nggêmpur

--- 158 ---

nagari Kacmir, dene wadyatantra dalêm Sang Nata Akbar, inggih sampun siyaga ing samangsa-mangsanipun wontên dhawuh dalêm mangkat, namung kantun grêngipun kemawon; malah saking pamirêng kula, manawi botên kêlintu saking karsa dalêm anggènipun badhe nêdhaki numpês para kraman, benjing sabakdanipun tingalan wiyosan dalêm. Dene manawi sampun campuh ing ayuda, Siddha tuwin para senapati sanèsipun lajêng sami mbalik sarta lajêng nggolong dhatêng kita ing sawadyatantra nagari Kacmir, punapa malih ngalang-alangi rumiyin wangsulipun wadya nata dhatêng ing Agra, yèn sampun makatên gêgolongan kita ing Agra, lajêng sagêd ombèr anggènipun badhe nindakakên sêdyanipun, saha lajêng sagêd njumênêngakên paduka, mangka Ratu Agung Nyakrawati, punapa malih kita lajêng masrahakên bètèng ing nagari Agra tuwin kasing karaton konjuk ing paduka, ingkang pantês pinundhi-pundhi ing kawula dalêm Islam sadaya. Sanadyan Sang Nata Agung Syah Akbar sagêda dhadhal wangsul dhatêng Agra malih, kita inggih mawi bandayuda sawatawis kalihan wadya nata ingkang wangsul, sanadyan kula botên gadhah pandugi, ananging wusananipun sang nata inggih lajêng lèngsèr kêprabon dhatêng sang narendra putra."

Sang Pangeran Salim mangsuli pangandika: "Sadaya wau sampun karantam sarta katata prayogi, botên sulaya kalihan rêmbag kita ingajêng, ingkang sapunika, ndadosakên rênaning manah kula, dene sapunika sampun matêng. Ewadene kula mêksa kêdah pitakèn, punapa botên wontên kuwatosipun, manawi rêmbag punika kaprèjèl, punapa sadaya-sadaya wau sampun katata kalihan pangatos-atos, kados ta: sêrat ingkang kakintunakên dhatêng Kacmir, manawi klintu katampenan tiyang sanès, kadospundi?"

Sang Adipati Salhana mangsuli: "Sêrat ingkang dhatêng Kacmir sampun dumugi dhatêng ingkang wajib nampèni, ingkang mbêkta Kulluka piyambak."

Sang pangeran kagèt sangêt, tumuntên ndangu sêrêng: "Punapa? Kulluka? Êlo! Dene têka tekadan sangêt."

Sang adipati mangsuli: "Panggalih paduka prayogi kasarèhakên kemawon, botên nguwatosi pindhah-pindhah, malah punika margi ingkang botên nguwatosi piyambak, malah Kulluka piyambak botên sgêd sumêrêp dhatêng isinipun sêrat ingkang kabêkta, dene ingkang masrahakên dhatêng Kulluka: Siddha, dene Siddha piyambak inggih botên sumêrêp pêrlunipun, sangêtipun manawi mêksa konangan, ingkang mbêkta ingkang badhe kêblusuk piyambak, botên sagêd ndakwa sintên-sintên, tamtu botên gampil piyambakipun njodhèrakên muridipun, dene kita salah satunggal ingkang botên kasêbut nama kita wontên

--- 159 ---

ing sêrat wau, tamtu kemawon botên sagêd dhumawah ing incêngan."

Sang pangeran mangsuli pangandika kalihan gumujêng sarta nglêrêsakên: "Inggih, sampun kêlêrêsan sangêt, sampun mumpuni pangrêmbagipun. Dene malihipun, kajawi sangêt panrimah kula dhatêng suka priksanipun sang adipati, lah sapunika punapa Sang Gorakh Yogi dèrèng sagêd nyariyosi kabar enggal punapa-punapa?"

Sang Yogi Gorakh ingkang dumugi samantên tansah kèndêl kemawon anggènipun mirêngakên pangandikanipun Sang Adipati Salhana, tumuntên amangsuli: "Pandugi kawula inggih sampun sagêd ngaturakên, pambudi kawula inggih tanpa kèndêl, kados ingkang sampun kawula aturakên paduka ing ngajêng, ananging sarêng panggalih paduka samantên taksih sêmang-sêmang, kawula inggih botên namung mlêbêt ing kadhaton kemawon, malah ugi mlêbêt ing kamar-kamaring kadhaton ingkang kagêm sang nata agung; paduka inggih sampun priksa, kados punapa kemawon rêkaosing panggalih dalêm sang nata agung anggèning badhe priksa pranatanipun agami satunggal-satunggalipun tuwin kawruhipun kasarjanan, ingkang sawatawis sagêd kagayuh ing sang prabu. Makatên malih sang prabu inggih sangêt-sangêt anggènipun badhe karsa nguningani kawontênanipun tataning piwulangipun sêrat Yoga ingkang kina sangêt, ingkang sampun kêrêp dipun mirêngi ing sang nata, nanging sawêg mirêng sawatawis, utawi babar pisan botên sagêd nguningani pikajêngipun piwulang Yoga, sabab bab punika botên namung Feizi ugi Kulluka tuwin para brahmana ingkang sami kapundhutan priksa, inggih sami botên sagêd nggayuh pikajênganing piwulang wau; malah para ingkang kawical ragi sumêrêp dhatêng piwulang Yoga wau, ingkang taksih pinanggih ing tanah Indhustan ngriki, inggih mêksa baul, botên sagêd nêrangakên bablasipun. Awit saking punika, kawula lajêng mbudi lêlantaran para pinitadosing nata, sagêda kawuningan bab kasagêdan kawula dhatêng kawruh wêwadosipun piwulang Yoga. Botên dangu kawula lajêng ngandikan lumêbêt ing kadhaton. Sang Nata Akbar inggih lajêng kemawon kawula unjuki priksa kanthi wados wulangan sapisan prakawis pangêningan, inggih punika kawruh ingkang mitêdahakên bab sagêdipun manungsa saya cêlak gêgêpokanipun kalihan ingkang maha wontên tanpa wangênan, makatên malih bab pamoring pangangên-angên nunggil kawula gusti, amanjing ing sipat ingkang botên risak ing salami-laminipun; awit saking punika, kita lajêng sagêd abadan alus nggadhahi pangawasa ing sakajêng-kajêng sagêd dhatêng papan ingkang têbih-têbih tanpa mawi mingsêt badan wadhag kita, sagêd manjing [man...]

--- 160 ---

[...jing] agal-alus, ical tanpa wujud, sagêd lêmbat anglangkungi swasana. Supados sang nata sagêd pitados dhatêng kawruh kawula wau, sampun ngantos kawula namung kawastanan omong kosong, kawula lajêng mbêkta salah satunggaling kanca kawula ingkang sagêd sangêt dhatêng kawruh sulap warni-warni; kanca kawula wau lajêng mriksakakên kawruh kagunanipun ingkang salêrêsipun kemawon ndadosakên gumuning panggalih dalêm sang nata, kanca kawula wau linggih wontên ing lincak kajêng andhap, ingkang mawi kasukanan dêling lonjoran, ingkang inggilipun dipun sukani ganthol saèmpêr têkên, tiyangipun lajêng glurubi awakipun mawi sinjang pêthak, ngantos botên sagêd kêtingal saking jawi, sarêng lurubipun kabikak, tiyangipun kêtingal kados linggih ing swasana, tanpa palinggihan punapa-punapa, awit sampun uwal saking lincak wau watawis kalih kaki inggilipun, dening kauwat-uwatan mawi tanganipun salah satunggal dumunung ing ganthol ingkang kapantèk ing dêling wau. Mênggah kawruhipun sulap wau pancèn inggih ngeram-eramakên, pantês kapriksanan, malah manawi sampun wontên sêlanipun, badhe sumêdya kula priksakakên ingarsa paduka, ewadene sapunika namung dumugi samantên kemawon. Cêkakipun Sang Nata Akbar sarêng priksa, botên namung gumun salêbêting galih kemawon, ananging saya dangu inggih saya kagungan kêpengin dhatêng piwulang kawula ngantos dumugi sapriki. Paduka tamtu kemawon inggih lajêng mangêrtos, bilih kawula sampun jagi-jagi sagêdipun kawula nyaosi priksa ingkang langkung saking mêsthinipun, supados sagêda amêmengin sangêt ing panggalih dalêm Sang Nata Agung. Pramila sapunika kawula sabên-sabên inggih ngandikan ing ngarsa dalêm Sang Nata Agung, ananging karsa dalêm ingkang makatên wau kawula awis-awis sangêt sagêd kawula ngladosi sowan, ananging kawula tamtokakên manawi badhe prayogi kêdadosanipun. Kawula sakanca kawula tansah njingglêng ngawasakên ing rekadaya ingkang pêrlu tumrap pikajêngan kita. Awit saking rekadaya ingkang makatên punika, kadhaton dalêm sang nata dalah ing kamar ingkang rumpil-rumpil, sagêd kaèbêkan ing tiyang ingkang tansah ndingkik dhatêng kawontênanipun ing ngriku. Mangka têtiyang wau inggih namung kapanggalih gêgolonganing muridipun tiyang ingkang nungkul sangêt dhatêng agami sarta muridipun para pandhita kemawon, pramila kawula inggih lajêng sagêd ngaturakên nalar ingkang kathah-kathah ing paduka sang pangeran, sarta ing mitra kawula sinarawèdi Sang Adipati Salhana ingkang botên gampil sagêdipun kawuningan ing paduka piyambak sakalihan. Dene bab prakawis nagari Kacmir, mangka kawula aturakên."

--- 161 ---

Sarêng sang yogi sampun mungkasi aturipun, Sang Pangeran Salim nuntên ngandika makatên: "Sayêktosipun kula sakalihan Sang Salhana sampun nêksèni, yèn sampeyan punika tukang sulap ingkang winasis. Sapunika kula badhe pitakèn, ananging manawi rujuk kalihan padatan sampeyan, pikajêng kula, manawi pitakèn kula punika botên nungkak krama, blakanipun kemawon, ingkang sampeyan ajêng-ajêng minangka ganjaran sampeyan dhatêng kita punapa. Dene Sang Adipati Salhana sampun botên susah kula pitakèni, kula sampun sumêrêp, samangsa pangwasa kita sampun santosa, badhe sinêngkakakên ingaluhur dados raja wontên ing Kacmir, dene pangajêng-ajêngipun wau sampun pantês kemawon, sarta inggih badhe kapiturutan, samangsa sadaya sampun lêstantun sae tumindakipun, kados ingkang sampun kasumêrêpan sang adipati, ananging sampeyan, sang yogi, kula badhe mirêng ingkang sampeyan ajêng-ajêng saking kita punapa, supados kita lajêng sagêd damêl prajanjian,

"Ingkang sinuhun, ratu ingkang kinuwasa, kaparênga ing sadèrèngipun kawula nyêbut makatên." Aturipun Sang Yogi Gorakh, "Kawula botên ngajêng-ajêng pêparing paduka babar pisan. Ingkang makatên punika tamtu damêl gumunipun panggalih paduka, yèn karsa paduka makatên, inggih badhe kawula angkah kawula têrangakên, sapunika kawula gêntos nyuwun priksa: mênggah maksud kita sagêd kalêksanan, ingkang paduka ajêng-ajêng punapa, paduka sampun mêngkoni kamuktèn ingkang sakajating panggalih, paduka sampun kagungan rajabrana linangkung, kadhaton ingkang èdi-èdi, pawèstri ingkang sulistya ing warni sampun cumawis, têtamu ingkang sagêd damêl beraging galih paduka, unjuk-unjukan tuwin dhêdhaharan ingkang miraos, sampun botên kirang, kajawi sang nata agung ing satlatahing karaton ngriki ingkang agêng saha gêmah aripah, namung paduka ingkang nomêr satunggal. Punapa malih-malih kenging katamtokakên, ing têmbe jumênêng ratu wibawa, ewadene paduka mêksa rumagang ing damêl, mèh tanpa kèndêl, sarta mundhut bantu dhatêng kita tuwin dhatêng sanèsipun, inggih punika krerehan paduka, pêrlu ndadosakên rantaman ingkang pêtêng, angèl saha mawa kuwatos, sababipun punapa? Sabab paduka badhe ngêrèhakên, sarta botên kantos angêntosi saseda dalêm rama paduka, sawêg jumênêng nata angrèh praja. Sumangga kauningana, punapa ingkang paduka karsakakên tumrap ing paduka piyambak, inggih punika ingkang ugi kawula pikajêngakên tumrap ing kawula: ngêrèhakên. Dumugi sapriki paduka sasat botên mrentah, mangka kawula sampun marentah lami, sanadyan kawula inggih taksih

--- 162 ---

tansah angudi sagêdipun angsal panguwasa ingkang langkung agêng, kawula pandhita papa, ingkang botên kawartos, ingkang kacamahan ingakathah, kawula nggadhahi panguwasa ingkang botên sagêd kadarbe ing kaluhuran paduka. Tiyang atusan, ingkang satunggal-satunggalipun ing kalamasa pêrlu, ajinipun sami kalihan wadya tantra tumrap para agêng ing jagat, sami amiturut mituhu botên kenging botên, tanpa pitakèn malih, tanpa taha-taha, tanpa ajrih anglampahi pakèn kawula, sanadyan namung awon nganggur, mêksa kaèstokakên, saking panguwasa punapa têtiyang wau sagêdipun kaêrèh ing kawula, dening daya ingkang sadhengah botên kuwawi kataman, sadaya ingkang kataman daya wau ical nalaripun, pêpês pikajênganipun, têmahan dados kados mayit lêlampah, inggih punika panguwasaning wuru ing agami, dhatêng sintên kemawon panuding kawula, upami dhatêng paduka utawi dhatêng sanèsipun, punika sampun cêkap kangge mangêrtosakên dhatêng salah satunggalipun utawi dhatêng sanès-sanèsipun ingkang kawula parentah. Pundi sêsaji ingkang langkung dipun karsani dhatêng Sang Bathari Durga, ingkang tanpa tuwuk, langkung malih ingkang dipun karsani punika sêsaji adhapur tiyang bangsaning luhur, sanadyan tiyang ingkang pinilih dados sêsaji wau kaèngêtna rumiyin ing sadèrèngipun, sanadyan tiyang wau mbudia ihtiyar kados punapa kemawon, murih lêpat saking pangicih kawula, tamtu botên sagêd, sanadyan kakupênga ing abdi sarta tiyang jagi, inggih mêksa botên sagêd oncat saking pêpasthèn ingkang tinitahakên. Ing pundi-pundi kemawon, sarta ing sandhingipun kaidêran para pinitados kawula ingkang nylamur warni-warni, dene manawi sampun dhatêng mangsanipun ingkang prayogi, ingkang kêrêp ing wanci sidhêm tiyang têngah dalu, dumadakan ingkang kaangkah tanpa mirêng sabawa punapa-punapa, kraos-kraos sampun kinalungan tampar panêkak, sarta dèrèng ngantos sagêd cumuwit, piyambakipun sampun dados kurban enggal, inggih punika ingkang mbludhus wau, sanadyan awis, kala-kala inggih asring konangan, ananging manawi kacêpêng dhatêng ingkang nubruk lajêng kraos kados nyêpêng barang lunyu kados awaking sawêr, wusana mrucut saking panyêpêngipun, lajêng ical malih tanpa sabawa kados dhatêngipun, dene sangêtipun manawi salah satunggaling juru panêkak kawula ngantos kacêpêng sayêktos, inggih ugi sagêd kapêjahan, ewadene pêjahipun kanthi mantêp sayêktos saha lajêng angsal karahayon sajati ingkang langgêng, tanpa ewah gingsir. Makatên malih sanadyan juru têkak kawula wau pêjah satunggal, ewadene inggih lajêng wontên satus sanèsipun malih ingkang sampun cumawis kenging lajêng kadadar tumindakipun pandamêl enggal. Awit saking punika [pu...]

--- 163 ---

[...nika] elok sangêt samênggah enggal lamia botên sagêd kêlampahan angsal pananduking pandamêl wau."

Sang yogi kèndêl sawatawis botên ndumugèkakên wicantên malih, ingkang sami mirêngakên inggih botên wontên ingkang ngandika, dene Sang Adipati Salhana, ingkang sampun gênah dhatêng kawontênanipun ingkang dipun mirêngakên, anggènipun mirêngakên dhatêng pangandharipun sang yogi sêmu kêmba, ananging botên manggih jalaran kangge anyambêti pangandharipun sang yogi wau, namung Sang Pangeran Salim mirêng pangandharipun Sang Yogi Gorakh ingkang makatên wau, sanadyan adatipun botên kirang tatag, kala punika ing netya kêtingal kucêm, satêmah tumungkul kagagas ing galih.

Sang Yogi Gorakh ndumugèkakên aturipun malih: Pramila kawula matur, manawi kawula inggih nyêpêng panguwasa, ananging panyêpêng kawula panguwasa beda caranipun; sintên-sintêna ingkang ngalang-ngalangi dhatêng pandamêl kawula, kawula pêjahi lantaran tiyang sanès tanpa kasumêrêpan. Dene ingkang sampun sumêrêp dhatêng panguwasa kawula, tamtu ajrih dhatêng kawula, têmahan adatipun sanadyan andhapa, inggila papanipun, inggih manut dhatêng ing sapikajêng kawula, punapa panggalih paduka nindakakên ing panguwasa ingkang makatên punika, kasênênganipun botên sami kemawon kalihan panindakipun panguwasa paduka, utawi malih punapa botên nggadhahi raos mongkog sarta mungguh ing manah dipun ina sarta dipun asorakên ing tiyang. Ananging salugunipun nyumêrêpi manawi kawula nguwasani dhatêng têtiyang wau, yèn pandamêlipun, sarta pêjah gêsangipun dumunung ing sakajêng-kajêng kawula, mênggah ingkang gadhah pangrêmbag makatên punika botên namung kawula piyambak. Kawula inggih sumêrêp, bilih ingrika-rika, makatên malih ing sadaya nagari-nagari ingkang têbih saking mriki inggih wontên ingkang sêsidhêman ngangkah sagêdipun nguwasani dhatêng ingkang katingalipun ingakathah nggadhahi panguwasa agêng piyambak, langkung saking sapisan kawula wicantên kalihan têtiyang ingkang nylamur kalihan samun wontên ing nagari Agra tuwin sanèsipun, ingkang sangkanipun saking kilèn, pêrlunipun ngupados murid tumrap ing piwulangipun, têtiyang wau samudana mulang supados kamirêngakên piwulangipun, nanging dangu-dangu lajêng malah mirêngakên kawontênanipun cariyosing muridipun, saking cariyos wau sarta cariyosing sami bangsanipun, kados ta: ugi cariyosipun bab kawontênaning tatanipun saha damêlipun gêgununganing têtiyang ing sagolong-golonganipun, sampun kêtitik dhatêng kawula, bilih têtiyang ingkang api-api mêmulang wau, utawi

--- 164 ---

langkung malih para têtindhihipun, pikajênganipun ingkang kêraya-raya sinêdya tuwin binujung, inggih sami kemawon kalihan ingkang kawula pikajêngakên sarta panunggilan kawula. Sanadyan margining panggayuhipun beda, pirantosipun inggih botên sami, sanadyan patrapipun inggih dèrèng mêsthi manawi langkung lêmbah tinimbang pamatraping karênah kawula saha karerehan kawula, kawula ingriki matrapakên nêkak tiyang, ingrika matrapakên mbêsêm tiyang gêsang-gêsangan. Ananging sanadyan makatên, sêdyanipun inggih sami kemawon, punapa malih têtiyang wau wontên ing jajahanipun awis-awis kasumêrêpan, sarta sakêdhik ajinipun, malah kêrêp ugi têtiyang ingkang mêmulang wau linawanan sarta kinuya-kuya, ewadene têtiyang wau, awit saking pakènipun ingkang kacariyosakên, ing kapracayanipun inggih mêksa sagêd ngêrèhakên, botên namung tiyang ingkang agêng panguwasanipun ing donya kemawon, inggih ugi têtungguling kabuyutanipun piyambak, mangka têtiyang wau sami api-api kumawula sayêktos kanthi manut miturut ing sapangrèhing têtungguling kabuyutanipun. Punika yèn paduka badhe priksa, kados-kados tumrap ing paduka nggumunakên, dene kanyatahan sarta kanikmataning panguwasa punika botên pisan-pisan tumrap ing sadaya tiyang sami, kados ta: tumrap ing paduka ing lairipun ingkang katingal sarta ingkang lairipun dipun akêni tiyang sanès."

Sakèndêling pangandharipun Sang Yogi Gorakh, Sang Pangeran kèndêl tanpa ngandika, ananging katingal netya saha kumêdhèping netra ingkang cumlorot katandukakên dhatêng sang yogi, suraosipun anglangkungi pitêmbungan ingkang kathah-kathah.

Sang yogi gumujêng saha matur dhatêng Sang Pangeran alon: "Kawula sampun andungkap ing karsa paduka samangke, pambantu kados kawula punika asring sagêd ugi matosi, sarêng makatên punapa botên prayogi dipun oncati kemawon, ananging kawula inggih botên gêblêg purun nekat lumêbêt ing ronging sima, manawi kula botên sumêrêp nyata sagêdipun mêdal saking rong ingkang kawula lêbêti, pinitados kawula ing samangke sami ngêntosi wontên pucaking rêdi ngrika. Dene manawi kawula ing sadèrèngipun benjing enjing botên wangsul, para pinitados kawula inggih lajêng kemawon sumêrêp sintên ingkang dipun karsakakên ing Sang Bathari Durga, minangka dados sêsaji sêmbulih pêjahing imamipun ingkang suci." Sang Salim tumuntên ngandika: "Tumindaking pakarti sampeyan punika sampun kenging ingaran kanthi wêweka sayêktos kados kêmanuhan sampeyan, ananging, dhuh, sang yogi, ihtiyar sampeyan ingkang sampun kalampahan punika, sayêktosipun [sayêk...]

--- 165 ---

[...tosipun] pancèn botên pêrlu. Mênggah pitulungan sampeyan punika kêrêp kathah pêrlunipun, pramila tanpa sabab upami badhe kula balenjanana, ananging pirêmbagan punika pangintên kula ragi nyimpang saking jêjêripun ingajêng, namung satunggal bab ingkang damêl botên sakecaning manah kula sayêktos, pramila badhe kula pitakèkakên dhatêng Sang Salhana, kadospundi kawontênanipun sadhèrèk sampeyan pêpatih ing Kacmir, punapa kenging kajagèkakên badhe nggolong dhatêng kita, punapa kadospundi? Saupami botênipun, punapa piyambakipun sagêd damêl wisuna dhatêng kita, mbandakalani sayêktos?"


ngatingalakên (kembali)
ngatingalakên
winalês (kembali)
winalês
§ Candhana punika ing jaman kina kêlêbêt wangi-wangi ingkang linangkung, ing jaman sapunika namung tumrap kangge tiyang pêjah. (kembali)
§ Candhana punika ing jaman kina kêlêbêt wangi-wangi ingkang linangkung, ing jaman sapunika namung tumrap kangge tiyang pêjah.