Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 165–198)

Judul
Sambungan
1. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 001–034). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
2. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 034–066). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
3. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 066–099). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
4. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 099–132). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
5. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 132–165). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
6. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 165–198). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
7. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 198–231). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
8. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 231–264). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
9. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 264–297). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
10. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 297–336). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
Citra
Terakhir diubah: 19-11-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sang Salhana matur: "Kula inggih kuwatos sangêt, manawi mbandakalani sayêktos; piyambakipun botên badhe nilar ratunipun sapunika, dene manawi ratunipun ngantos kasoran, pamanggihipun langkung prayogi lajêng nggolong dhatêng Sang Nata Akbar, tinimbang dhatêng kita, pramila makatên, awit rêmbagipun pangrèh kita namung badhe njalari sangsaranipun nagari satêtiyangipun kemawon."

Sang Yogi Gorakh nyêlani atur: "Bab pêpatih ing Kacmir kapasrahna kemawon dhatêng kawula."

Sang Salhana apitakèn: "Mênggah karsanipun Sang Yogi, kadospundi?"

Sang Yogi amangsuli: "Bok inggih sampun mawi ndangu malih-malih, kawula matur bab sang nindyamantri ing Kacmir kapasrahna ing kawula, piyambakipun tamtu botên badhe kêdangon ngalang-alangi ing pikajêng kita. Kajawi punika taksih wontên ingkang langkung pêrlu sangêt karêmbag. Kajawi saking punika taksih kathah sababipun ingkang anuwuhakên panyana kula, bilih satunggaling tiyang ingkang agêng sangêt kanggêpipun wontên ing Kacmir, inggih punika ingkang dipun nyana sampun pêjah lami, nyatanipun taksih gêsang. Samênggah tiyang wau sampun botên wontên, inggih sampun botên dados punapa, ananging manawi tiyang wau taksih gêsang sayêktos, saha lajêng wangsul dhatêng nagarinipun, piyambakipun sagêd mbadharakên rantaman kita."

Sang Salhana pitakèn kanthi sumêlanging galihipun sangêt: "Sintên: Punapa? Ingkang sampeyan ngandikakakên punika, rak dede ...?"

Sang Gorakh enggal amangsuli: "Ingkang kula pikajêngakên punika inggih ingkang badhe paduka ngandikakakên wau, inggih punika Nandigupta."

Sang Salhana ngandika èsmu kagèt: "Nandigupta! Punika mokal."

Sang yogi amangsuli: "Inggih, kenging punapa manawi mokal, punapa sampun nate wontên kayêktosanipun manawi Nandigupta sampun pêjah? Botên babar pisan, kajawi kita

--- 166 ---

namung sami mirêng manawi piyambakipun murca saking praja dadakan, saha lajêng botên kêmirêngan punapa-punapa malih bab kawontênanipun, inggih punika kawontênanipun sadaya. Dene dèrèng lami kawula mrangguli, bilih ing parêdèn Imalaya wontên satunggaling pandhita martapa wontên ing sacêlakipun Bhadrinath, mênggah pada wêdananipun ngèmpêri sang nata rumiyin, punapa malih para mitra sami priksaa, yèn sang pandhita wau mawi kaampiran dening Kulluka kalihan Siddha Rama ing nalika mlampahipun mriki."

Sang Pangeran Salim ngandika: "Yèn makatên nguwatosi sayêktos." Sang yogi amangsuli malih: "Pramila sarêng makatên kawula inggih lajêng kengkenan punggawa kawula sawatawis mrika, kawula sami nitik kawontênanipun ingrika, ingkang sagêd madhangakên sêsêrêpan kita, dene yèn pangintên kawula nyata sayêktos." Dumugi samantên sang yogi botên nglajêngakên pitêmbunganipun, amung asung sasmita ingkang ugi sampun katampèn dhatêng para ingkang sami mirêngakên, mênggah pitêmbungan wau kalajêngna pikajêngipun: lajêng kemawon wontên pitêdah saking Sang Bathari Durga, sintên ingkang badhe kinarsakakên mangka sêsaji.

Sang Yogi ndumugèkakên aturipun dhatêng sang raja putra: "Ing samangke sampun dumugi ing wancinipun kawula wangsul dhatêng panggenanipun para pinitados kawula, pramila kawula nyuwun palilah mundur saking ngarsa paduka."

Sang pangeran manthuk anglilani, sanadyan ing batos nggondhèli, sampun ngantos Sang Yogi mêdal saking pura. Kala punika ingkang sami wawan pangandika têtiga sami pêpisahan. Sabakdanipun dalu ingkang kapisan, ing nalikanipun sang pangeran taksih lêrêb wontên ing kadhaton ing Allahabad, Sang Iravati samangsanipun pinuju blasakan wontên papan sêpên, inggih punika wontên ing margi-margi ingkang ing pinggiripun katanêman wit-witan ajèjèr-jèjèr, tansah mirêng suwaraning karamean, ingkang tumlawung saking bangsal-bangsaling pura ingkang inggil, sarta pinadhangan ing dilah abyor, sang ginadhang nata ing Indhustan asuka-parisuka wontên ing bangsal wau kalihan para mitranipun sarta para badhaya, karsanipun ingkang makatên punika mulihakên kabosênaning galih ing siyangipun, tuwin nyênylamur galihipun ingkang tumpa-tumpa kêlêbêtan panggalih warni-warni.

Abdinipun pinitados Sang Putri Iravati anama Nipunika kêrêp nunggili pasrawungan kalihan abdi sanèsipun, sarta sumêrêp kawontênanipun ingkang kêlair wontên ing paramean ngriku, ewadene saking asoring pandamêlanipun,

--- 167 ---

botên pisan kapaèlu sêdyanipun. Mila Nipunika kêrêp kemawon sagêd ngaturakên kawontênanipun dhatêng bêndaranipun. Sang Putri Iravati ingkang taksih suci galihipun, sarta botên nate priksa dhatêng babagan lêlonyodan, manawi mirêng kêtingal abrit wadananipun saha lajêng amalêri abdinipun botên kaparêng criyos-criyos. Ing kala punika Sang Iravati kêgagas ing galihipun: "Apa Sang Siddha ana ing Agra iya milu suka parisuka kang kaya mangkono iku; apamanèh Sang Pangeran Salim calon nata kang marentahake karajan gêdhe pêperanganing jagad, sarta bakal ngêrèhake bangsa akèh, sapira bae jêrone anggone kêjlungup ing sagara kanisthan, yèn katimbang lan kaluhuraning panjênêngan." Sanadyan makatên pangudasmaraning galihipun Sang Iravati, ewadene Sang Iravati botên pisan-pisan yèn ta badhe nyampahana tuwin mêmadaa dhatêng pakartinipun sang pangeran ingkang makatên wau, sabab bilih Sang Iravati asring kêpanggih kalihan panjênênganipun, kados ingkang sampun kêrêp kêlampahan, sêsarêngan kalihan ingkang rama Sang Adipati Salhana utawi piyambak, sang pangeran botên nate tilar pamicara alus kados tataning satriya, malah sakêdhik-kêdhika sang pangeran botên nate kêwiyos pangandikanipun ingkang nyalangkrak dhatêng sang putri, anggêpipun sang pangeran dhatêng Sang Putri Iravati ngajèni kanthi pakering, kados caranipun pawicantênan kalihan putri, wiyosing pangandika sang pangeran dhatêng Sang Iravati botên pisan-pisan kêtunggilan basa pangonggrong, patrapipun tansah trêpsila tuwin jatmika, pitêmbunganipun barès, botên dinamêl-damêl pasaja kados ing salimrahipun kemawon, tumandukipun gapyak tur srasèh, kathah pangandikanipun ingkang mratandhani alusing bêbudènipun tuwin ragi wiyar sêsêrêpanipun. Asring-asring Sang Putri Iravati nggagas salêbêting galih makatên: "Apa iya prayagung neneman kang linuhurake iku sagêd numrapake kalangkungane kang rupa-rupa marang kawulane, lan apa iya sagêd nulad kautamane ingkang rama kang linuwih, apa saka kasagêdane sang pangeran mau sagêd nyawisi kautaman kang bakal ngêbèri marang kawulane, kaya kang rama; apa sang pangeran bakal sagêd nêtêpi utawa nglênggahi kuwajiban kang linuhur, kang dadi wajibe para nata kang ambêg utama murih arjaning para kawula lan tata têntrêming nagarane, kang panjang-punjung mêngkoni perangan jagad mêngkoni bangsa Indhu rupa-rupa."

Ing satunggiling dalu salêbêting Sang Iravati sawêg nuju kèrêm ing panggagas kalihan alèyèh-lèyèh wontên ing rêsban salêbêting patamanan. Sang Putri Iravati gumun ing salêbêting galih, dene botên namung saubênging pura kemawon, malah salêbêtipun kadhaton inggih nyênyêt sangêt, ing candhela ingkang [ing...]

--- 168 ---

[...kang] inggil-inggil tuwin ing jarambahing pura mèh botên kêtingal wontên dilahipun, kêjawi namung mirêng kumrisiking gêgodhongan ingkang kêsiliran ing angin manda-manda adamêl ebah pucuking wit-witan; sarta ing ngandhaping pura saking ing jêjurang têbih asring-asring kêmirêngan suwaraning suling, kumrincinging kêkêlèng lamat-lamat ingkang mangka têtabuhan kangge mbarungi panjogèdipun para lare ing padhusunan.

Dumadakan sidhêmipun ing ngriku kapêdhot dening suwaranipun tiyang lumampah, ing rêpêt-rêpêting wanci dalu wau kêtingal wontên njênggêrêngipun tiyang ingkang lumampah murugi dhatêng palênggahanipun sang kusumaning pura Sang Iravati. Sang putri ingkang botên manuh kawontênan ingkang kados makatên, kêraos ing galih sêmu kêjot, têmahan ndêngangak ngawasakên dhatêng kawujudan ingkang ndhatêngi wau saya damêl gumuning galih, dene ingkang kêtingal lumêbêt ing ngriku wau jêbul Sang Pangran Adipati Salim, ingkang lajêng anyêlaki sang kusumaning ayu sarwi asung pambagyaharja ingkang wêdalipun pitêmbungan kêlawan pakering mriyayèni kados satatanipun ingkang kangge ing kraton tanah Indhustan.

Sang pangeran nuntên ngandika: "Kula nyuwun pangapuntên dhatêng sang kusumaning ayu, dene saking botên sumêrêp kula, manawi sang kusuma pinuju wontên ing ngriki, kula ngantos kamipurun angregoni ing panjênênganipun sang kusuma; ingkang makatên mugi tinêbihna ing dêduka, awit saking têmên botên kula sêdya. Mugi katampènana pambagyaharja kula ing dalu punika, ing salajêngipun kula botên badhe angregoni malih dhatêng sang juwita."

Sang Putri Iravati amangsuli pangandika: "Mênggah tumrapipun kula, pangkalan punika wau botên ndadosakên mêsgul, malah adamêl bingahing manah kula, kula wastani kawanuhan paduka sang witaradya nyênylamur nyêlakakên panjanging dalu namung sarana kaberagan tuwin cara kabingahan sanèsipun kemawon, botên sarana tindak-tindak sêsidhêman wontên papan sêpên makatên." Sang pangeran amangsuli pangandika: "Inggih makatên, salugunipun kula inggih kraos, bilih dumugi kula ing ngriki punika kêlêbêt sandhungan, dene sababipun botên sanès namung jalaran tanpa sinêdya, kados ingkang sampun kula aturakên ingajêng, ingkang pantêsipun dipun pangapuntên; lêrêsipun kula kêdah ngêtingalakên pangaji-aji ingkang kêlangkung dhatêng dalêm, ingkang mangka padununganipun sang putri, ananging panuwun kula, lêlampahan ingkang sampun-sampun mugi kacupêta samantên kemawon, benjing malih kula botên badhe ngonggrèh-onggrèh katêntrêmanipun sang

--- 169 ---

putri sarana suka parisuka ingkang botên pantês, utawi malih botên badhe mêdhot sirêping wanci dalu."

Sang putri mirêng pangandikanipun sang pangeran ngungun salêbêting galih sarwi rangu-rangu pakèwêd anggènipun badhe nampèni karsanipun, wusana pangudasmaraning galih: "Kêpriye karsane saka pangandika kang mangkono iku, apa kang ndadèkake malihing karsane."

Sang pangeran ndumugèkakên pangandika: "Kula badhe pasaja ngewahi pikajêngan kula, santun slaga ingkang pandugi kula botên namung sawatawis kemawon; sanadyan anggèn kula nglampahi dèrèng lami, sang putri, suwawi kamirêngna sampun mawi mundur, kula badhe pasaja: dumuginipun ing dintên punika, langkung prayogi kula têmbungakên: dumugi sapunika, kula dados tiyang ambêg niaya, sarta tiyang brancah, malah inggih tiyang ingkang doyan wuru, sadaya-sadaya botên kula angge wados dhatêng sang putri, ananging ugi awit sapunika kula mantuni, kalakuan kula, ingkang sampun-sampun, kula pêdhot; Salim sapunika sampun beda kalihan Salim kala wingi, kula badhe gêsang kangge kapêrluanipun kuwajiban tuwin kaurmatan, têbih saking kanisthan, sagêda numrapi dhatêng karaharjaning para kawula tuwin arja kartaning nagari ingkang ing têmbe badhe dados têtanggêlan kula; kula badhe nilar pikajêngan kula angkara murka tuwin pakarêman ingkang botên kalal, langkung malih kalakuan mbêlasar, inggih punika luguning kanisthan, ingkang ing wingi-wingi sanadyan kula anggêp dede saluguning karênan, ewadene kula anggêp kadosdene pangason, sadaya wau manawi ... manawi panuwun kula sagêd kasêmbadan, kasêmbadan ingkang gêgantungan kalihan lêlampahaning nagari kula ing wingking, mênggah kasêmbadan wau gumantung wontên ing panjênênganipun sang putri."

Sang Putri Iravati ingkang ing kala punika kêmba ing galih sêmu ajrih, sabab sanadyan wanudya kados sang juwita dèrèng nate mirêngakên pitêmbungan ingkang sungil rumpil kados makatên, ewadene inggih mangêrtos dhatêng tujuning pikajênganipun. Wasana sang putri tumuntên ngandika: "Kula botên mangêrtos ingkang dados karsanipun sang pangeran."

Sang pangeran mangsuli pangandika: "Panjênênganipun sang putri tamtu badhe tumuntên mangêrtos dhatêng pikajêngan kula, samangsanipun kula sampun pasaja, sintên ingkang murugakên enggaling ewahing siripun pikajêngan kula ingkang ndaluya wau, ing sapunikanipun langkung prayogi panjênêngan kintên-kintên kemawon rumiyin, sarta kabadhea kemawon rumiyin, punapa inggih panjênênganipun

--- 170 ---

sang juwita botên sagêd tampi dhatêng pêpiridan pitêmbungan kula ingkang sampun kawêdal? Inggih botên sanès kêjawi namung panjênênganipun sang kusuma ingkang damêl ewahing pikajêngan kula wau, inggih namung sang kusuma piyambak." Sang pangeran anglajêngakên pangandika ingkang wêdalipun sêmu nêsêg, ewadene adrênging karsa tansah botên nêrak ing watêsipun kamanoharan ingkang kanthi pangaji-aji, botên ngungkak krama utawi tanpa ngêcakakên pitêmbungan pangalêmbana tuwin pamikat sih ingkang kêlangkung, makatên têmbungipun: "Saplok kula sumêrêp dhatêng panjênênganipun sang kusuma, kula lajêng sumêrêp, malah kula kêraos, bilih panjênênganipun sang kusuma sampun masthi badhe sagêd murakabi sangêt dhatêng pêpêsthèning badan kula, kula Salim ingkang salami kula botên nate tumungkul aningali tiyang sintên-sintêna kemawon, têmahan tumungkul ningali sang putri, pangraosing manah sarta badan kula asor tuwin apês wontên ing ngarsa panjênêngan, sarta sabên-sabên kula, sumêrêp sang putri malih, sabên kula wawan ginêm kalihan sang putri, sarta saya dangu têpang kula kalihan panjênênganipun sang putri, saya wela-wela raosing manah kula, bilih namung sang putri ingkang sagêd amancasi pêpêsthèning lêlampahan kula ing têmbe, kula wiwit kêmba dhatêng badan kula piyambak, sarta kêmba ngraosakên caraning gêsang kula ingkang sampun-sampun, sarta dhatêng mitra kula ingkang sami ngêmpali sênêng-sênêng ing wanci dalu, malah kêrêp natas suka parisuka, ing sadalu muput, ewa samantên kula inggih botên sagêd mutusi nuntên-nuntên mêdhot saking kasênêngan ingkang kathah-kathah wau, manawi ropyan-ropyanipun sampun wiwit malih. Walèh-walèh punapa, sang putri, wêwayanganipun ingkang salira piyambak ingkang tansah kêtingal wontên padoning tingal kula, inggih kêrêp lajêng ngical malih, saking pangangên-angên kula, bawur dening dayaning anggur sampanyê, ananging kados punapa kemawon meranging manah kula, manawi ing sanèsipun dintên kula lajêng sumêrêp ing panjênênganipun sang kusuma; awit ing dintên punika pikajêngan kula sampun kula pancasi, pandaluya kula kula kèndêli, kados panjênênganipun sang putri inggih priksa piyambak, ing ngriki sampun nyênyêt sadaya, têtabuhaning karamean sampun kèndêl, para talèdhèk sampun kula kèn kesah, para tamu kula ingkang kathah sampun sami mangkat saking ngriki, utawi wontên ingkang benjing enjing nilar nagari Allahabad, sadaya wau saking pakarti panjênênganipun sang putri, mugi-mugi lêstantuna sapanginggil dhatêngipun pandamêl sae ingkang langkung kathah, ananging sagêdipun kêlampahan ingkang makatên wau kêdah

--- 171 ---

wontên têtanggêlanipun, ingkang botên kenging pisan, kula kalihan panjênênganipun sang putri kêdah botên kenging kumliya, gêsang kula kalihan sang putri kêdah wontên têtangsulipun ingkang nggubêdi langkung singsêt tinimbang têtangsuling pitêpangan dumadakan ingkang mawi kesah dhatêng. Dhuh sang juwitaning juwita, punapa atur kula punika kêdah mawi katêrangakên malih, ingkang langkung jamblang, mênggah ingkang dados raosing manah kula, yèn mila pêrlu kula matur, kula ...."

Sang Putri Iravati adrêng amangsuli, dèrèng ngantos têlas pangandikanipun sang pangeran, kalihan anguncupakên asta ing tawang aturipun mêlasasih: "Ah, sampun, sampun tuwan, sampun kalajêngakên, dumugi samantên kemawon, awit kula botên kenging mirêngakên."

Sang Pangeran Salim ngandika: "Botên kenging mirêngakên! Punapa botên karsa mirêngakên; pangintên kula têmbung, botên kenging punika kêdah botên kawêdal, dene ingkang nênangis nggadhahi panuwun: kula."

Sang putri mangsuli têtêg: "Inggih kalih pisan, botên kenging sarta botên purun. Kula botên kenging, sabab kula sampun kêlajêng kêwêdal têmbung kula prasêtya dhatêng tiyang sanès; sanadyan kenginga kula lampahi, kula inggih botên purun, saha botên sagêd nyêmbadani ingkang dados karsa tuwan, sabab manah kula sarta gêsang kula sampun kadarbe dhatêng tiyang sanès wau."

Ing kala punika bêgja dene pêtênging wanci dalu saya mindhak, angaling-alingi pramanêmipun sang putri, botên pramanêm dhatêng sasulaking wadananipun sang pangeran ingkang pucêt, ingkang kalawau netyanipun surêm asirung kaduk duka sarêng mirêng têmbungipun sang putri ingkang ragi kirang pangatos-atos wêdalipun wau. Samênggah sang putri sagêd priksa tamtu inggih lajêng gumêtêr angèngêti dhatêng ingkang katêmbungakên tiyang sanès wau, gèk badhe manggih punapa kemawon saking sang pangeran tiyang ingkang madhani sih wau, awit ing kalawau mênggah kasumêrêpana sulaking netya, ênêring duka sang rajaputra dhatêng ingkang katêmbungakên dening sang putri: tiyang sanès.

Sang rajaputra sarêng kèndêl sawatawis dangunipun, nuntên nglajêngakên pangandika: "Dhuh sang putri, mugi kagaliha, panjênênganipun sang juwita sampun nekad nampik dhatêng panuwun kula; kula wastani nekad, awit kados botên kagalih panjang, namung pêrlu badhe nglabêti tiyang neneman, bokmanawi rumiyin sampun kêlajêng panjênêngan trêsnani, malah dumugi sapunika kados-kados inggih taksih lêstantun asih, ananging sanadyan

--- 172 ---

ingkang panjênêngan trêsnani wau taksih lêstantun sêtya ing panjênêngan, ewadene piyambakipun inggih mêksa botên sagêd ngugung ing panjênêngan nyênyaosi kados caloning ratu agung ing Indhu, ingkang badhe ngaturi têtanggêlan ingkang sanyata dhatêng panjênêngan; ingkang kula aturakên punika dede ingkang warni rajabrana ingkang badhe dados kagungan panjênêngan, sarta dede ingkang warni kamuktèn tuwin kawibawan ingkang badhe panjênêngan raosakên, samangsa ing têmbe panjênêngan sampun sumandhing ing kula, marentah nagari-nagari tuwin para ratu ing Indhustan, sanadyan kula botên kêkilapan pisan-pisan, bilih tumraping panjênênganipun sang putri, ingkang satuhunipun mêngkoni bêbudèn rahayu tuwin utami, badhe botên gampil kalayunipun dhatêng pêpenginan ingkang linangkung makatên, ewadene ingkang kula aturakên wau inggih botên pantês bilih karèmèhna; bokmanawi panjênênganipun sang putri ugi ngakêni sampun priksa dhatêng ingkang winastan rajabrana tuwin kamuktèn, saha kawibawan, ewadene kula nyuwun pangapuntên, dene kêpêksa matur, bilih sawarnining pèni-pèni rajapèni, kamuktèn tuwin kawibawan ingkang sampun panjênêngan uningani dumugi ing dintên punika, manawi kasamèkakên kalihan satuhuning kamulyanipun ing kadhaton-kadhaton ing nagari Agra tuwin Dèlhi, saminipun sawêg awujud grènjèng, dene ingkang nama kamuktèn tuwin kawibawan ing ngriki taksih nyamut-nyamut sangêt; ananging bab punika prayogi botên kagalih kemawon, dene ingkang langkung pêrlu kêdah kagalih sayêktos, punika panjênêngan badhe nampik kamulyan tuwin kawibawan ingkang pinanggih ing wingking, namung nglabêti dados semahipun satriya sapele ingkang botên kawêntar naminipun, ngêmohi dados garwa ratu manggih kawibawan linangkung; panjênêngan ingkang badhe nguwasani saparipolahipun ratu agung kinuwasa, para pangagêng nagari sarta para satriya sadaya badhe tumungkul wontên ing ngajênging pada panjênêngan, sagêd mêngku panguwasa agêng marentahakên tiyang mayuta-yuta ing sakarsa-karsa; dene atur kula sampun pasrah jiwa raga dhatêng panjênêngan ing dintên punika, punika badhe kula lampahi, sarta kula purun ngandhêmi kalihan supaos ingkang awis, ugi awit ing dintên punika, kalihan amasrahakên abdi kula sadaya; punapa ingkang panjênêngan karsakakên, tumraping kula dados anggêr, utawi dados dhawuh pêpacak, ingkang badhe botên kula kijati, sabab kula sumêrêp manawi panjênênganipun sang putri tamtu badhe botên mrayogèkakên dhatêng kula ingkang botên rahayu, sarta ingkang botên sae tuwin ingkang botên nalar; têtiyang ingkang angsal kaadilan, sarta ingkang kaaniaya botên

--- 173 ---

angsal kaadilan, ugi ing salêbêting nagari sadaya tamtu badhe manggih pitulungan tuwin pangayoman ing panjênêngan."

Sang pangeran ratu agung nyakrawati mbaudhêndha, ing kala punika ngantos sade wêlas nalangsa murih kêdhawahan sihing putri ayu linangkung, tanpa damêl anggènipun angêntosi wangsulanipun sang putri.

Sang putri kèndêl tanpa amangsuli, ananging kèndêlipun wau sampun têrang mangka tandha botên sagêd nuruti karsanipun sang pangeran. Sang putri malengos, ing galih kados ngandhut sungkawa, dene tumungkul wadananipun tinutupan asta kêkalih; yèn makatên pangiming-imingipun sang pangeran dhatêng pangajêng-ajêng ingkang sarwa minulya wau botên pisan gadhah daya tumrapipun sang putri.

Sang pangeran anglajêngakên pangandika ingkang sêrêt wêdalipun: "Dhuh Sang Putri Iravati, tolèhên pun abdi, sampun ngantos nyirnakakên katêntrêmaning manahipun, ingkang sampun rumêsêp ing jiwa raga, nyupangati dhatêng badanipun, saplok kula sumêrêp dhatêng sang putri; dhuh sang juwitaning juwita, awit saking sang putri, kula ngantos rumaos malih dados tiyang sae, kêparênga sampun ngantos damêl ebahing manah kula, têmahan wangsul malih dhatêng kalakuan ingkang wingi-wingi; dhuh sang putri, mugi wêlasana badan kula, sarta wêlasana ugi kathah-kathah, ingkang sami badhe rumaos badhe angsal pitulungan sajati, samangsa sang putri sampun sumandhing mbantu dhatêng kula; ananging bokmanawi kula sagêd dados tiyang panganiaya manawi katampik panuwun kula; budi kula ringkih, gampil katutipun dhatêng samubarang, punika kula inggih sampun rumaos, ewadene manawi kula katularan budi kautamanipun sang putri, kula inggih badhe santosa panggah ing budi kula, makatên malih tumraping lampah tata caraning kautaman, mila ta mugi sampun ngantos kaselakan. Kula namung kantun ngêntosi wêdaling pangandikanipun sang putri satêmbung kemawon, botênipun inggih manthuk kemawon sampun cêkap, makutha tanah Indhu lajêng kemawon cumawis wontên ing ngarsanipun sang putri, namung kalihan karanggèh mawi asta kemawon panjênênganipun sang putri lajêng sagêd ngêtrapakên ing mastaka." Sang pangeran taksih nglajêngakên pangandika, nanging sapunika sêrêng wêdalipun, sarêng priksa Sang Iravati tansah kèndêl kemawon; têmbungipun sang pangeran: "Kula tampi karsa panjênêngan, pangaji-aji kula, kadanan kula dhatêng panjênêngan, katrêsnan kula ingkang badhe kula êtohi kalihan samubarang ingkang botên gampil ginayuhipun ing sadhengah tiyang, tanpa guna, dene panjênêngan nampik ratu, ningsêti têtangsulaning katrêsnan ingkang panjênêngan kintên sampun anggubêd

--- 174 ---

ing sarira panjênêngan kalihan satunggaling tiyang langit andhêdhatêng, tanpa kenging kauculan, ingkang ingajêng botên mawi kagalih panjang. Sang putri, mugi kauningana, kula ngèngêtakên, kagaliha malih patrap panjênêngan punika, tekad panjênêngan, badhe manggih punapa kemawon panjênêngan sakalihan ingkang panjênêngan trêsnani, samangsa pangêla-êlanipun tiyang ingkang kinuwasa santun dados bêbêndu tuwin kasêngitan. Ananging pitêmbungan kula punika wêdalipun ragi kêladuk." Ing kala punika sang pangerang[1] ngandikanipun èsmu miduwung sarwi tumungkul. "Mêndhêt saking sabab punapa, sarta lêlêrêsan punapa sagêd kula angsal têtimbangan sih panjênêngan? Sanadyan drajad kula ing têmbe luhura kados punapa, ewadene tumrapipun panjênêngan sampun botên wontên ajinipun malih, kula sampun enggal sêpuh, sampun thiklu-thiklu ngrumiyini wancinipun, dening karoyalan ingkang kalangkung-langkung, beda kalihan piyambakipun, taksih ênèm, bagus ing warni sarta manahipun dèrèng risak; pêrlu punapa kula mawi ngêrsula, punapa kawontênanipun badan kula sapunika, saking pandamêl kula piyambak, utawi saking takdir kêtiwasan ingkang pangajêngipun botên kula sumêrêpi, ewadene inggih pancèn botên sagêd dados kados makatên punika, samênggah wontên pêpasthèn ingkang rumiyin utawi sapunika nuntun panjênêngan dhatêng margi kula, ananging sapunika sampun kasèp ...."

Sang Iravati nuntên ngandika lirih: "Dhuh ratu gusti kula, paduka nganiaya sarira pribadi, dene nêtah sarira dhatêng lêlampahan ingkang sampun kêlajêng, sanadyan anêbaha sarira piyambak, ananging sampun mawi sarana nyampahi sarira piyambak; dhuh sang pangeran mugi kaèstokna, kula botên pisan-pisan ngina sarta nampik panjênêngan paduka, sanadyan kula botên pisan-pisan sagêd dados kagungan paduka, sayêktosipun samênggah sampun rumiyin-rumiyin kula têpang kalihan sang pangeran, sanadyan kawontênanipun sarira paduka sampun kados makatên pisan, ing sadèrèngipun tiyang sanès sampun kêlajêng tampi sih kula, sarta nêdha têtêp mantêping pitêmbungan kula, bokmanawi kula inggih sagêd mituruti ingkang dados karsa tuwan; manawi sapunika kula turutana botên wande namung badhe ndadosakên prihatos kemawon, sanadyan rahabing galih paduka dhatêng kula inggih kula aji-aji. Manawi sampun paduka galih panjang, paduka inggih sampun botên ngajêng-ajêng, yèn katrêsnan kula dhatêng tiyang sanès wau kula pêdhota. Yèn ta kêlampahan kula pêdhot, pangaji-aji paduka dhatêng kula inggih badhe ical; upami rumiyin kalampahana, ingkang sapunika botên sagêd kêlampahan, tamtu kêdah beda kawontênanipun [kawon...]

--- 175 ---

[...tênanipun] ingkang dahat anglêngkara, inggih punika saupami paduka botên kasinungan kaluhuran ingkang kados makatên, sabab kula tamtu botên pisan-pisan sagêd tumut ngraosakên kamuktèn tuwin kawibawan paduka ingkang sarwa mompyor, sarta sarwa linangkung, punika badhe botên pisan-pisan dados kasênênganing gêsang kula, punapa malih agênging têtanggêlan, ingkang saking lumunturing galih paduka, badhe kasampirakên ing pundhak kula, punika saèstunipun kula botên kuwawi nyanggi, inggih kadospundi kadospundia, ing sapunikaa kêdadosanipun sampun kêlajêng sanès, kados sampun botên wontên damêlipun manggalih nalar ingkang sampun botên sagêd ewah, para dewa ingkang kuwasa, daya ingkang nguwasani pêpasthèn kita sampun mutusi takdir kita kêdah sanès, pramila langkung prayogi kita, inggih punika paduka kalihan kula kêdah sumèlèh ing pandum, manut ing pranataning daya ingkang tamtu langkung wicaksana. Awit saking punika ing samangke panuwun kula: Dhuh, ratu gusti kula, kula mugi kakèndêlna kemawon kados kawontênan kula ingkang asor punika, mugi lajêng katilara, sampun mawi nolih dhatêng kula, dipun supèk-supèkna panggalih paduka dhatêng kula, sapunika sarta salaminipun, utawi malih manawi pinuju paduka kèngêtan dhatêng kula, kados ta: pêpanggihan wontên ing ngriki, ing nalikanipun paduka pinuju èngêt dhatêng tindak kasaenan, badhe mbucal patrap pandaluya, lajêng kasupèkna kemawon sampun kalêbêtakên ing batos. Dene tumrapipun ing kula, kula badhe èngêt ing sang pangeran, ing saparibawa paduka badhe kula êtutakên kalihan èngêtan kula, awit pangajêng-ajêng sarta panuwun kula, kanthi mantêp pracaya ing manah, ing têmbe manawi paduka ngasta kaprabon, paduka sagêda misuwur ing lêlabêt paduka, ingatasing pangrèh praja paduka, kalihan sinungana karahayon, paduka mugi ingkang pracaya, bilih botên wontên kawula paduka ingkang tanpa wicalan punika, mênggah ing bab rumêgêping manah lair batos tansah kêdah tumênga ngawasakên ing saparibawa paduka, saha bela lêga suka, bilih sumêrêp saha mirêng gumêlaring kotamanipun galih paduka, ingkang nyamèni kawula paduka ingkang nalangsa gadhah panuwun ing paduka, supados katilara saha kaluwarna saking kuwajibanipun mituruti pamundhut paduka wau."

Sang pangeran kasoran pangandika, têmahan kodhêng galihipun ngupados wangsulan ingkang pantês, ingkang ngrampungi sarta ingkang mikantuki, nanging mêksa tanpa damêl, botên sagêd manggih, mênggah tumraping sang narendra putra, ingkang sakarsanipun dados, bokmanawi sajêgipun dumados sawêg sapisan punika, karsanipun ngantos pinabênan. [pina...]

--- 176 ---

[...bênan.] Sang pangeran tansah kèndêl njêjêr tanpa ngandika wontên ing ngarsanipun sang putri, kadhang-kadhang ing sêmu kados badhe ngandika, kadhang-kadhang sêmu ngampêt pangandikanipun, têmahan mêksa botên sagêd manggih pitêmbungan ingkang kangge mutahakên raos ingkang pating gêndhulik wangsul-winangsulan ing salêbêting batos. Ing wusananipun sang pangeran namung lajêng murugi Sang Iravati kacandhak astanipun, kasenggolakên ing lathi sawatawis lajêng mêngkêr kesah lumêbêt ing pêtêngan.

Enjingipun Sang Adipati Salhana sangêt kêjoting galih, sarêng mirêng bilih sang narendra putra jêngkar saking karaton ing Allahabad namung kadhèrèkakên abdi satunggal, sarta botên wontên tiyang sumêrêp dhatêng pundi tindakipun.

__________

--- [177] ---

IX. Pamawratipun Sri Narendra.

Ing satunggaling dintên wanci enjing, ing pêkên agêng salêbêting kitha Agra sampun kêtingal sêk-sêkan sarta tumawon suwaranipun tiyang kathah. Sang Sinatriya Siddha ing kala punika pinuju tindak klintang-klinting nêningali kawontênanipun ing pêkên turut margi ing saantawisipun toko-toko, ingkang isi barang maneka-neka, punapa kemawon ing salimrahipun kabêtahaning nagari ngriku, sampun kadhasarakên amêpaki, miturut ing sapikajênganipun tiyang ingkang badhe tumbas, amung gumantung ing kêkiyataning kanthong kemawon. Bangsa warni-warni tuwin anèh nyalênèh tumrapipun tiyang ingkang dèrèng nate sumêrêp sami carup wontên ing ngriku, dening sampun manuh sêsrawungan saha sliringan langkung-linangkungan, ngantos satunggaling bangsa mèh asring botên mawi nolih ningali dhatêng sanèsipun. Ing ngriki punika têtiyang Indhu asalipun ing nagari ngriku, inggih punika dêlêsing tiyang Indhu utawi ingkang sampun ragi pranakan, punika kêtingal wontên ing pakulitan abrit utawi botên patos abrit, ing ngrika têtiyang ingkang kêrêp angrèh tanpa dêdugi, inggih punika bangsa Pèrsi, Arab, tuwin Tartar, pakulitanipun ingkang kathah sulak jêne, ing ngriki malih tiyang Armenie tuwin bangsa Yahudi, asalipun saking tanah ingkang ragi kilèn-kilènan, ing ngrika malih bangsa Cina, kêtawis saking kuciripun panjang sêrta kathokipun wiyar-wiyar, badhenipun acorak sêsêkaran. Ing ngrika ngriki wontên tiyang jalêr sawatawis ingkang warninipun ragi damêl cingakipun Sang Siddha, awit Sang Siddha dèrèng nate priksa panunggilanipun, mênggah anggèn-anggènipun têtiyang jalêr wau ragi anèh tumrapipun ingkang dèrèng nate sumêrêp, topinipun lancip, pinggiripun wiyar, ing topi mawi sinung bulu-bulu, rasukanipun cêkak, kathokipun wiyar ingkang kadamêl bludru, sami ngangge sêtiwêl ingkang mawi èmbèl ing lêrêsipun dhêngkul, sarta mawi dêdamêl pêdhang suduk panjang lêrês kaanggar ing êndhog warni-warni corakipun, punapa malih Sang Siddha lajêng priksa padri kêkalih srawungan kalihan têtiyang wau. Padri kêkalih ingkang satunggal malah dèrèng lami sampun nate kaparêngakên

--- 178 ---

sowan ing ngarsanipun Sang Ratu Agung. Lajêng ing saantawisipun têtiyang kathah wau salong wontên ingkang sade tinumbas barang, wontên sanèsipun malih ingkang pêrlunipun namung lugu mlampah-mlampah nêningali, dene manawi ningali saking nginggil mangandhap, kêtingal kathah têtiyang èstri bangsa warni-warni ing sapangkat-pangkat. Dene ingkang kathah taksih mangangge cara Indhu kina-makina dèrèng ewah, sanadyan barès, namung kêtingalipun asri tuwin patut tansah ngrêmênakên, cêthik kalih pisan saha pundhakipun kiwa katutupan, dene pundhakipun têngên katingalakên sawatawis. Wontên sanèsipun malih ingkang mangangge langkung macak cara Pèrsi, sawatawis wontên ingkang mawi krukub cara Islam kêncêng, ngantos botên katawis badaning manungsa, kajawi namung katitik saking dlamakaning suku kêkalih ingkang mawi dipun anggèni cênela abrit, utawi mripatipun cêmêng katingal sumorot ngincêng-incêng saking bolonganing krukub ingkang bundêr, krukub ingkang bêdhahanipun tanpa wangun, nutupi pangawak ngicalakên wangun kawujudaning manungsa. Sawênèhing pawèstri, dhatêngipun ing pêkên pêrlu blanja kabêtahaning griya, utawi têtumbas barang kalangkungan kemawon, ananging ingkang kathah, dhatêng ing pêkên inggih botên namung ngupados barang kabêtahan, ananging ngatingalakên awakipun ngupados jodho sinamudana: têtumbas kabêtahan, ingkang nindakakên pakarti makatên punika pawèstri ing peranganing kitha ingkang kathah têtiyangipun, inggih punika ingkang katêlah nama: Shaitan pura, inggih kitha setan.

Sawêg kemawon Sang Siddha badhe takèn dhatêng salah satunggilipun tiyang langkung, sintên tiyang ingkang dèrèng nate dipun sumêrêpi Sang Siddha wau, dumadakan Sang Siddha priksa mitranipun amurugi, inggih punika Sang Feizi, ingkang asih dhatêng sang sinatriya, Sang Siddha inggih lajêng kemawon mitakèkakên.

Wangsulanipun Sang Feizi: "Punika tiyang bangsa Frankên utawi mênawi miturut pangaran-araning bangsanipun piyambak, amastani: tiyang Portêgis. Bangsa punika sangkanipun saking tanah kilèn têbih sangêt, dhatêngipun ing ngriki gramèn; dene sanèsipun, ingkang nunggil punika, dhatêngipun ing ngriki badhe nglêbêtakên agaminipun. Saking cariyosipun badhe nucèkakên kita têtiyang Indhu lumêbêt ing agaminipun, saking cariyosipun piyambak, punika agami ingkang rahayu piyambak."

Sang Siddha pitakèn malih: "Lah ingkang kalih punika, ingkang murugi saking sisih sanès punika, punapa inggih panunggilanipun, sandhanganipun mèh sami kemawon,

--- 179 ---

namung pakulitaning rai langkung pêthak, rambut dalah brewokipun têka abrit kados makatên?"

Sang Feizi amangsuli: "Inggih ugi bangsa Frankên, ananging wontên bedanipun kalihan ingkang sanèsipun, namanipun tiyang Inggris, ingkang pangangkahipun badhe andhêsêk tiyang Portêgis, ingkang sami wontên ing nagari ngriki, ananging dumugi sapriki dèrèng kathah bêgjanipun, ugi dèrèng patos katingal dhatêng sang nata agung sarta para agêng Indhu."

Ing sawatawis taun malih, Sang Feizi ugi sagêd nêdahakên sanèsipun bangsa malih ingkang ugi kalêbêt ewoning bangsa ngamanca ingkang dêdunung wontên ing nagari Agra, ingkang limrahipun dening Feizi tuwin panunggilanipun ing jaman samantên, sarta dening bangsanipun Feizi inggih dipun wastani bangsa Frankên, ananging ugi beda kalihan sanèsipun. Mênggah bedanipun, Sang Feizi inggih sagêd nêdahakên, katitik saking dêdêg pangadêgipun birawa, lurus, ananging asring-asring ugi wontên ingkang ragi anggadibêl, paraenanipun bundêr sae, inggih punika tiyang Walandi kalihan tiyang saking Zeeland, têtiyang wau dhatêngipun ing Indhustan pangajêngipun anama Pieter van den Broecke, ingkang sami dhatêng nyoba ngupados kauntunganipun piyambak, utawi kauntunganipun ingkang dipun ngèngèri, inggih punika para pangrèhing kumpêni India Wetan, ingkang têmbung Walandi, winastanan: Bewindhebber der Oost-Indische Compagnie, bangsa Walandi wau badhe lami sangêt dados maru ingkang anggêgirisi dhatêng bangsa Portêgis kalihan bangsa Inggris, ingatasipun bab among dagang wontên ing Indhustan tuwin ing karajan-karajan Mogol. Makatên malih ing sagantên-sagantên India bangsa Walandi sagêd anglulusakên kajèn kèringanipun bêndera Nederland dening kawantêranipun, ingkang têmahanipun dados misuwur sagêd ngêmbari mêngsahipun among dagang wontên ing nagari-nagari wau, ananging kala samantên dèrèng dumugi ing mangsanipun.

Ing salêbêtipun prayagung kêkalih wau taksih sami wawan ginêm, sarêng tiyang Inggris kêkalih wau anglangkungi ing ngriku. Sang Siddha sangêt anggènipun ningali, kados badhe priksa-priksaa pêrlunipun, sênadyan tumrapipun tiyang ingkang sawêg nêmbe sumêrêp sapisan dhatêng tiyang ngamanca, patrapipun Sang Siddha wau sampun salêrêsipun kemawon, ewadene patrapipun wau kenging ugi dipun wastani botên anglênggahi tatakrama; ananging sarêng Sang Siddha mêntas mirêngakên pangandikanipun Sang Feizi, mênggah kawontênanipun tiyang manca ingkang sami andhêdhatêng wau, ing batos mila kirang ngajèni, nilar patrap

--- 180 ---

pantês-pantêsing tatakrama, makatên malih Sang Feizi kados inggih sêmu nglirik.

Tiyang Inggris kêkalih ingkang langkung, kirang rêna dipun tingali, têmahan gumrêngêng ngraosi kalihan têmbung Inggris: "Wong Moor kêparat." Kalihan anglajêngakên lampahipun.

Prayagung kêkalih bangsa Indhu wau sami dipun wastani tiyang Moor, inggih punika tiyang Pèrsi utawi tiyang Arab. Samênggah sami sumêrêpa ing sadèrèngipun, bilih tiyang Inggris ingkang dumuginipun ing kalawau taksih karèmèhakên dening têtiyang Indhu ingkang angkuh, sarta bilih sami gadhaha pangintên, ing têmbenipun para ingkang gêntosi tiyang inggris kêkalih punika badhe marentahakên dhatêng gêgêntosipun prayagung kêkalih wau, sarta manawi bangsa Inggris, badhe ngêrèhakên nagari Indhustan, bokmanawi anggènipun sliringan inggih sami èngêtipun. Punapa malih saupami ing kala punika wontêna ingkang sagêd nyariyosi bilih bangsa Indhu akalihan bangsa Inggris, punika pancèn nunggil turunaning bangsa satunggal, sarta tiyang ngamanca wau mênggah ing bab têdhak turunan ing kina-kina ragi cêlak kalihan bangsa ingkang nurunakên Sang Sinatriya Siddha, langkung cêlak tinimbang para mitranipun Sang Siddha, ingkang sanès asalipun, tamtu botên badhe wontên panginanipun salah satunggal.

Sang Feizi ingkang sampun langkung jêmbar sêsêrêpanipun, nuntên ngèngêtakên dhatêng mitranipun makatên: "Sampun prayogi kakèndêlakên kemawon, têtiyang wau wontên ing ngriki botên damêl wisuna kita, malah kathah pigunanipun ingatasipun prakawis padagangan tuwin katabêrèn, kajawi punika wau inggih andhatêngakên tukang gambar ingkang sagêd-sagêd, sarta ahli kawruh sanèsipun, punapadene kathah ugi kawruh ingkang migunani dhatêng kita. Samatên punika manawi têtiyang wau botên ambudi angsal panguwasa wontên ing ngriki, kados ingkang kalampahan ing ngrika-ngrika, wangunipun sami sênêng nguwasani têtiyang bumi."

Sang Siddha amangsuli: "yèn ngantos kêlampahan wontên ing ngriki makatên, tênèh sanalika kemawon lajêng kula wêdalakên saking kori."

Sang Feizi gêntos amangsuli: "Tamtunipun inggih makatên, ananging sapunika sanès ginêm, ingkang rumiyin kula badhe nyuwun priksa, punapa panjênêngan sampun nate nitihi kapal kula napas, kados sêmadosan kula kalihan panjênêngan punika?"

"Inggih mila sampun nate, kula numpaki." Wangsulanipun Sang Siddha. "Kula sênêng sangêt, kapal adi sangêt."

--- 181 ---

Ing salajêngipun Sang Siddha tansah kasêngsêm tanpa kèndêl anggènipun angginêm bab saening kapalipun napas Sang Feizi.

Sang Feizi apitakèn: "Punapa panjênêngan rêmên sangêt, yèn makatên kapal napas wau kula purihipun anggêdhogakên ing kêstalan panjênêngan, sumangga kaagêma kemawon, kula caosakên ing panjênêngan, benjing samangsa nglurug pêrang ingkang badhe kalampahan punika èstu kalêrêsan. Titihan panjênêngan dhawuk, kula inggih nganggêp bagus. Sarta pangajaripun sampun mumpuni; ananging kula sawang-sawang kados botên rosa, rosa pun napas. Makatên malih pun napas inggih sampun awis-awis kula tumpaki, kula purun ngakên kemawon manawi salugunipun kula sapunika têka sampun aras-arasên, kula rêmên numpak kapal ingkang ragi antêng."

Sang Siddha ingkang ing galih èsmu rikuh dipun lomani ingkang makatên, nuntên ngandika: "Êlo! punika rak pêparing ingkang kêkathahên pêngaos, ingkang botên pantês kula tampèni. Titihan panjênêngan napas punika kapal Arab dêlês, kula dèrèng nate numpaki kapal ingkang kados makatên."

Sang Feizi angandika: "Manawi kula nawèni punapa-punapa dhatêng mitra kula, punika sampun kula pantês. Sapunika sanès ingkang badhe kula aturakên, inggih punika bab kawontênanipun pakumpulan ingkang kawontênakên ing kadhaton wingi sontên, pancènipun kula kêpengin sumêrêp panjênêngan wontên ing pakumpulan. Mangga! Punapa botên anggumunakên? Dene sampeyan dalêm sang nata agung sampun tumpa-tumpa ingkang kagalih prakawis kridhaning pangrèh praja, têka taksih kobêr sarta taksih mêrlokakên, kados adatipun ngwontênakên klêmpakan anggalih prakawis kawruh kasarjanan tuwin agami, punapa malih kala punika waktunipun kathah kalêrêsanipun, dene para Padri utusan Injil sampun dhatêng mriki malih saking Goa, pramila sang nata kala wingi inggih nglêmpakakên para ngulama tuwin para Mullah kathah, kalêbêt Abdal Kadir, wontên ing salah satunggaling jrambah agêng ing kadhaton, punapa malih Padri sawatawis, tiyang Yaudi satunggal, tiyang Pèrsi satunggal, tuwin tilas guru panjênêngan ingkang dhatêng ing ngriki malih Sang Kulluka, panjênêngan sampun asung pambagya dhatêngipun. Malah sadhèrèk kula Sang Abul Fazl inggih botên kantun wontên ing pakumpulan, kula piyambak inggih andhèrèk pakumpulan. Ing salêbêtipun pirêmbagan, ingkang kula angge paugêman punika kawruh panjênêngan ingkang sampun sêpuh kawontênanipun, inggih punika prakawis kawruh kasarjanan [kasarjan...]

--- 182 ---

[...an] mutajilah, ingkang namung wêwaton alam. Sanadyan Sang Nata Akbar kala-kala mriksani dhatêng kula sêmu mlengos. Dene guru panjênêngan Sang Kulluka ingkang kawêdharakên prakawis kawruh: Vedanta, agami Brahma ingkang salugu. Sang Abdul Fazl ingkang kagêpok tansah kawruh kasarjanan, ingkang magêpokan wêlasasih ing sêsami, pangandharipun Sang Abul Fazl, asring-asringing konangan dhatêng Sang Kulluka, bilih kathah magêpokanipun kalihan kawruh mutajilah Budha, ananging inggih kakèndêlakên kemawon, awit ing pakumpulan wau botên wontên tiyang agami Budha, ingkang nglawani sêsêrêpanipun. Kados panjênêngan inggih priksa, ing ngriki inggih kathah tiyang agami Budha, ananging kirang sagêd mênggah tumuta ngrêmbag prakawis punika, sarta ingkang mawi dipun jênêngi sang nata agung, awit ing kalawau sang nata kathah anggènipun anjênêngi sarta mirêngakên tinimbang kalihan anggènipun tumut rêrêmbagan. Dene ingkang pêrlu kula aturakên ing panjênêngan punika, bab kawêkasaning pakêmpalan. Ing wiwitanipun inggih tata sarta mriyayèni cara kraton, para mulah kita tansah kêtingal wingit, sarta sigrêng, wêdalipun wicantên botên kathah, para Padri sami sarèh sangêt pirêmbaganipun, sarta eca-eca ing manah anggènipun mirêngakên pirêmbaganing sanèsipun, dene tiyang Yahudi ingkang manut dhatêng kawruhipun Maimonides[2] sanadyan botên kathah ginêmipun, sarta wangunipun inggih botên jênjêm ing manah, ewadene ngantos dumugi sabibaripun: inggih botên anggragap. Tiyangipun Pèrsi kados pujangga têmbang, ananging ingkang kacariyosakên kathah ingkang botên mangêrtosakên, dene salêbêtipun pirêmbagan, kita ugi asring-asring tumut ngandharakên kawruh tuwin pamanggih ingkang awêwaton angsal-angsalan kita saking kawruhipun para sarjana sujana panjênêngan ing jaman kina. Makatên malih asring kasêlanan kawruhipun para sarjana sujana bangsa Arab tuwin Pèrsi. Ananging sadaya wau botên pisan-pisan dados rênanipun ingkang sami rêbat kawruh, dangu-dangu inggih kados adatipun tiyang rêbat kawruh, para ingkang sami rêrêmbagan wau lajêng rêbat lêrêsipun piyambak-piyambak, têmahan kabrangasan, wiwitanipun pirêmbagan mawi wêwaton, dangu-dangu namung ngangge pitêmbungan kakêncênganipun piyambak-piyambak, lajêng sêrêng-sêrêngan, langkung-langkung para ngulami bangsa

--- 183 ---

Islam kalihan para Padri bangsa Kristên, ngantos sangêt anggènipun sami rêbat lêrês, rêbat inggiling pangidhêpanipun, sanadyan kula sarta kanca kula ingkang nunggil kawruh inggih tanpa mawi dipun longgari babar pisan dening para ngulami bangsa Islam sarta para Padri bangsa Kristên. Anggènipun nyêrang purun kemawon, ing wêkasanipun pirêmbagan ingkang sampun dados sêrêng-sêrêngan wau lajêng dados pisuh-pisuhan sarta ipat-ipatan, tuwin wontên ingkang bêngok-bêngok, ngantos damêl brêbêging kuping, supe manawi kajênêngan dening sang nata agung, saya para mullah anggènipun anglawani panggah, awit ing ngriki para mullah wau masthi kemawon nganggêp manawi pamanggihipun kathah ingkang kalêpatakên, kados panjênêngan inggih sampun mangêrtos, ing salêbêtipun ingkang sami rêbat inggiling sêsêrêpan wau sami pabên botên kantên-kantênan makatên, Sang Nata Akbar tansah lênggah kalihan nyawang kawontênanipun, kados rêna ing galih, malah sakêdhap-sakêdhap mriksani dhatêng kula kalihan mèsêm. Ananging dangu-dangu pêpabênanipun inggih damêl jèngkèling panggalih dalêm, sang nata inggih lajêng kèngêtan, manawi kakèndêlakên kemawon badhe kirang ajining narendra. Ing wusana sang nata lajêng ngawe dhatêng kula, dhawuh dalêm: "Feizi! Wong kuwi padha wêtokna saka ing kene, yèn ora marèni anggone ninggal pantês, para pintêr mau rak wis padha ingsun lilani manèh kalawan umbèr anggone padha rêrêmbugan lan anglawani kawruh kang wus padha kawêdharake ingatase piyandêle dhewe-dhewe. Supaya siji-sijine bisa wêruh dhewe, sapa kang bêcik dhewe wêwatone mungguh ing pangandhare mau, ing wêkasan têkane ing kene jêbul mung pêpisuhan lan ipat-ipatan. Hara ta kae lho rungokna, gumêdêre, bokmanawa suwe-suwe mêngko banjur kêrêngan. Feizi nuli rampungana." Kula lajêng munjuk: "Ingkang sinuhun, langkung prayogi sadaya kemawon kawula wêdalakên saking ngarsa dalêm. Sabab manawi taksih kantun kalih kemawon, inggih taksih botên kèndêl-kèndêl anggènipun jêgog-jêgogan." Sang nata gumujêng saha lajêng jumênêng saking palênggahan dalêm, ingkang kalawau kagêm lênggah mriksani kalihan sabar dhatêng ingkang sami andon sêsêrêpan, ingatasing agaminipun piyambak-piyambak. Sang nata lajêng ngandika kalayan sora lumuhur wêdaling sabda, ingkang lajêng damêl cêp klakêpipun para darêdah, ing salajêngipun ngandika: "Sangêt ing panarima kula, para mitra sampun karênan mêdharake malih pirêmbagan kang kathah pigunane lan kapêrluane, botên langkung ing sanès dintên kula taksih kêpengin klêmpakan malih, dene kalêmpakane ing wêkdal punika kula bibarake dumugi samantên mawon." Sang Nata lajêng paring [pa...]

--- 184 ---

[...ring] sasmita kalihan ngebahakên asta, para tamu klilan mundur, dene ingkang kathah lumèngsèripun taksih kalihan grênêngan gêtêm-gêtêm dhatêng mêngsahipun pêpabênan. Namung gumun kula, sumitra Siddha, têtiyang wau anggènipun sami gêndhêng, namung gêginêman prakawis ingkang botên nyata, botên dipun sumêrêpi piyambak kemawon têka dipun labêti sêngit-sêngitan ipat-ipatan, sanadyan sami anggadhahi kawruh, tuwin tekad piyambak-piyambak, ananging têka malah botên sagêd dumugi kawruh ingkang pêrlu, inggih punika prakawis kaurmatan tuwin kuwajiban."

Sang Siddha amangsuli: "Kula inggih mastani makatên, dene manawi sagêd dumugi prakawis kaurmatan sarta kuwajiban punika angèl sangêt." Ing wêkasaning têmbung, Sang Siddha mawi unjal uswa, mênggah jalaraning unjal uswa wau saking ngraosakên punapa? Punika namung Sang Siddha ingkang langkung sumêrêp tinimbang mitranipun.

Sang Feizi nuntên ngandika malih: "O, inggih, kula kêsupèn badhe nyuwun priksa, kadospundi têka panjênêngan sampun enggal-enggal wangsul malih, kula kintên panjênêngan sampun mangkat kalihan karerehan panjênêngan nusul wadya tantra."

Sang Siddha amangsuli: "Inggih mila makatên, kula sakanca kula pancèn sampun mangkat, nanging wontên ing margi tampi dhawuh suwuk, pramila kula taksih kêdah kèndêl wontên ing Agra, sawatawis dintên, punika damêl bingunging manah kula sangêt, dene kula sagêd sumêrêp kawontênanipun karamean agêng tingalan wiyosan dalêm sang nata agung ing dintên punika, sajêg kula dèrèng nate sumêrêp, namung nate mirêng sae. Dene sabab sanèsipun, ingkang murugakên Sang Siddha taksih rêmên dangu wontên ing Agra, punika kêkalih botên pêrlu kapratelakakên.

Sang Feizi ngandika malih: "Êlo, inggih, kula lajêng kèngêtan manawi dintên punika wontên pasowanan, sapunika sampun mèh dumugi ing wancinipun sowan dhatêng kadhaton; ing dintên punika sang nata nampèni ngadhêpipun para cundaka mancapraja, sumangga tumut kula kemawon, mangke manawi dumugi ing kadhaton, panjênêngan lajêng nunggila kemawon para opsir ingkang sami pangkat panjênêngan."

Dumugi ing kadhaton, Sang Siddha kerid dening Sang Feizi lumêbêt ing bangsal pasewakan, Sang Nata Akbar sampun kêtingal miyos ing buntasipun bangsal. Ing kalawau raosing galihipun Sang Siddha botên patos kêkengingan sangêt dhatêng prabawanipun ingkang kêtingal ing ngriku, botên patos kados nalika dèrèng nate ngêdêgi pasamuan dhurbar ing kadhaton,

--- 185 ---

ewadene Sang Siddha inggih mêksa kêdah tansah gumun priksa dhatêng mompyoring saka-saka bulug, ingkang kadamêl marmêr pêthak, sarta temboking kadhaton ingkang rinakitan sela damêlan asêsêkaran mancawarni, tuwin plêngkungan wiyar-wiyar ingkang alus saha èdi ing panggarapipun, langse kathah saha warni-warni, ingkang kadamêl sutra, wontên ingkang bludru wêwironan cumanthèl ing saantawisipun saka bulug inggil-inggil, ing sakêdhap-kêdhap ebah dening angin, anêngsêmakên manah, ingkang langkung ngèngingi ing galihipun Sang Siddha, punika sarêng manoni kawontênanipun pasamuan langkung agêng, langkung ngêngrêng, langkung singêr tininbang pasamuan sanèsipun, ingkang sampun kêlampahan, saha langkung agêng prabawanipun. Sang nata lênggah sewaka wontên ing dhampar ingkang pinatik ing sêsotya nawarêtna abyor amarkata kathah pangaosipun, dununging malige wontên ing buntasing bangsal, ing sakiwa têngêning palênggahan nata sami jèjèr-jèjèr ngadêg para omrah sarta para ngulami, tuwin para nayaka, para senapati saha para agêng sanès-sanèsipun, lajêng para cundaka ing mancapraja, sadaya wau panganggenipun warni-warni, makatên malih ingkang nunggil ing ngriku para Padri agami Kristên, salajêngipun para narapraja ingkang andhap pangkatipun sarta para upsir, dene Sang Siddha miturut pangkatipun upsir nunggil manggèn wontên ing ngriku.

Kawontênanipun ing pasamuan ingkang langkung pêrlu punika kajawi pambagyarja ing kasugênganipun Sang Nata Akbar ugi bab walês-winalêsan pisungsung lampahipun para cundaka ing mancapraja, tuwin sanès-sanèsipun sami gêntosan majêng ing ngarsanipun narendra, sadumuginipun ing ngajêng dhampar, lajêng tumungkul urmat kalihan nèmpèlakên èpèk-èpèking tangan têngên ing bathuk, saha lajêng ngunjukakên pisungsungipun piyambak-piyambak, ingkang kathah awujud barang kagunan ingkang kathah pangaosipun. Dene ingkang sampun ngunjukakên pisungsung inggih lajêng gêntos nampèni walêsan pisungsung, awit saking asmaning sang nata, sarta ingkang sampun katata cumawis wontên ing sasisihipun undhak-undhakaning pancaka dêdununging dhampar rêtna, makatên ugi Sang Padri Rodolpho Aquaviva inggih gêntos majêng ing ngabyantara nata kalihan ambêkta kitab Injil ingkang kasêrat mawi têmbung Latin, sarta kasamak èdi mompyor, sadumuginipun ing ngajêng dhampar rêtna, pisungsungipun kitab Injil badhe kasèlèhakên kados salimrahing caranipun, ananging kasaru jumênêngipun Sang Nata Akbar saking dhampar majêng sawatawis jangkah, kitab Injil lajêng katampenan piyambak saking Sang Padri Rodolpho Aquaviva,

--- 186 ---

Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 165–198): Citra 1 dari 1
Sultan Akbar lênggah ing bangsal pasewakan, nampi pisawanipun[3] para luhur tuwin para utusaning nata saking nagari sanès, nuju ing dintên agêng ingkang kamulyakakên

têmbungipun sang nata: "Sangêt panarima kula dhatêng sampeyan, bapa, ingkang pantês ingaji-aji, dene pisungsung sampeyan awujud barang kang pinilih nujoni ing panggalih kula, mugi pamalês kula pisungsung punika ugi damêla rênane manahe bapa." Sang nata lajêng mundhut kitab sêratan tangan, ingkang endah pakirtyanipun, saking salah satunggiling pandhita ing agami Brahma ingkang inggil pangkatipun, saha kaparingakên dhatêng Sang Aquaviva, wêwahing dhawuh pangandikanipun sang nata: "Punika têdhakan salah satunggiling kitabe suci bangsa Indhu, kitab kang kalêbêt sêpuh anama Atharva-Veda, ing sisihe mawi sinung jarwa ing têmbung Pèrsi."

--- 187 ---

Walêsanipun pisungsung Sang Nata Akbar katampenan dhatêng Sang Aquaviva kalihan pakering, sanadyan ing batos kenging ugi kapitakèkakên kalihan gagasan: punapa inggih pamalêsipun pisungsungipun Sang Nata Akbar ingkang awujud sêrat suci Atharva-Veda punika damêl rênaning manahipun Sang Aquaviva salugu, punapa botên tinampenan minangka kados pasêmonipun ingkang sami rinêmbag wontên ing paklêmpakan kala ing dalu ingkang sampun kêlampahan? Panggagas punika ragi kathah èmpêripun manawi katujokakên minangka pasêmon, dene sadèrèngipun tampi-tinampenan pisungsung, sang nata kêdah priksa rumiyin, punapa ingkang badhe kapisungsungakên, supados sang nata sagêd mantês pamalêsipun, sanadyan pangaran-aran ingkang makatên wau tumrapipun dhatêng Sang Padri taksih dados gagasan. Ewadene tumrapipun dhatêng para têtiyang Islam ingkang kêncêng sangêt dhatêng agaminipun, kadospundi suraosing karsanipun sang nata ingkang makatên wau; punika botên angèl pamêthèkipun. Lah kapara yêktos, ing kala punika kathah ulat ingkang marêngut, kulit bathuk pating jêngkêrut, saya malih Sang Abdal Kadir kangelan sangêt anggènipun sagêd nahan wêdaling muringipun, dene prakawis suraosipun pamalêsing pisungsung; dene têka awujud kitabing suci tiyang agami Brahma, ingkang anama: Atharva-Veda punika botên sami dipun manah, sarta botên mangêrtos karsanipun sang nata, dene sang nata botên ilon-ilonên dhatêng bangsa Kristên, punika sampun têrang sangêt. Ingkang botên ndadosakên rênaning manahipun ing ngakathah punika, namung prakawis pangaji-ajinipun sang nata dhatêng Sang Padri Kristên Aquaviva, têka botên ing salimrahipun, sanadyan Sang Abul Fazl ingkang langkung tampi dhatêng karsanipun sang nata, nadyan botên patos katawis, inggih mêksa gèdhèg-gèdhèg, awit karsanipun sang nata nantang sarta ngumpah-umpah ingkang tanpa guna dhatêng têtiyang Islam. Ingkang makatên punika andadosakên pangungunipun Sang Abul Fazl, sanadyan Sang Abul Fazl ugi botên sagêd nyelaki bilih tumanduking patrap ingkang makatên wau mangka pamalês dhatêng tindak-tandukipun têtiyang Islam ingkang kirang pantês kala klêmpakan ing dalu ingkang sampun kalampahan punika. Pramila pancèn sampun salêrêsipun kemawon, manawi têtiyang Islam tampi pamalês, panantang sarta pangumpah-umpah, ananging tumrapipun Sang Nata Akbar, ratu wicakcana, bèr budi asih ing sêsami, ingkang makatên pancèn botên kalêbêtakên ing panggalih, punika ingkang damêl pangungunipun Sang Abul Fazl.

Sarampungipun pasamuan pacakan, Sang Nata Akbar taksih andumugèkakên sawatawis dangunipun, anampèni

--- 188 ---

manawi wontên ingkang gadhah atur, utawi sang nata inggih nimbali sawatawis ingkang sowan, pêrlu kaparingan dhawuh punapa-punapa ingkang pêrlu kadhawuhakên piyambak, utawi amisudha pangkat dhatêng para narapraja ingkang ing kalawau pêrlu kadhawuhan piyambak. Makatên malih ing wêkasanipun, Sang Siddha ingkang tampi sih wilasanipun sang nata, ingkang awit sang nata tansah mawas dhatêng kawontênanipun Sang Siddha botên kêkilapan dhatêng pandamêlanipun, tinimbang kalihan para upsir sasaminipun.

Sang Siddha ngandikan majêng, lajêng kadhawuhan makatên: "Siddha Rama! Wiwit ing dina iki, sira ingsun wisudha dadi Mansabdar têtindhihing prajurit sèwu, mulane mêngkono awit ana sababe, dene sira wis gawe suka pirênaning panggalih ingsun saka ing panggawenira, muga sira lêstaria kêna ingsun pracaya."

Sang Siddha Rama katingal sulak abrit ing netyanipun, sarta tanpa pocapan lajêng tundhuk mastaka kados limrahipun mangka tandha kurmat, sarta minangka ngunjukakên gênging panuwun, dene sampun tampi sih wilasanipun sang nata malih, ingkang cocog kalihan piyandêlipun sang nata, punapa ing golonganipun para wadyabala wontên ingkang tampi piyandêl kirang saking punika, wontên ... inggih punika nagarinipun Sang Siddha pagêpokanipun sarta – Reiza[4] punapa malih Sang Nata Akbar inggih kagungan pêrlu ambantu prakawis kawontênanipun ing nagari Kacmir, ingkang kalayan tumêmên, yèn makatên ganjaran ingkang tumrap Sang Siddha wau pancèn botên mêdal saking lêganing galih saha sih wilasa satuhu, mawi katunggilan pamrih sawatawis, mênggah karikuhanipun Sang Siddha ingkang kauningan sang nata, botên liya namung kaanggêp sêsulaking manah ambêk kumawula kemawon, ingkang mongkog dening pangalêmbana tuwin dhumawahing sih wilasa. Ananging dados kamerenanipun têtiyang Islam. Sang nata tumuntên paring sasmita kalihan asta, manawi Sang Siddha kêparêng mundur.

Botên dangu wiwit tapuking karamean kangge ing tiyang kathah. Mênggah panggenanipun karamean wau wontên ing papan tênggar ing sajawining kitha. Kathah sangêt têtiyang ingkang andilir saking margi-margi urut dalanggung dhatêng ing papan karamean, panganggenipun mancawarni, wontên ingkang mlampah, kathah ingkang numpak kapal, wontên ingkang numpak liman mawi pakean sae, kathah ugi ingkang sami numpak unta ingkang mawi kamomotan têtêdhan tuwin sêgêr-sêgêran kangge sadhiyaning ngakathah, ingkang tumut damêl karamean. Sang Siddha kalihan mitranipun Sang Parviz lajêng sami nunggil wontên ing karamean. Solahipun

--- 189 ---

tiyang busêkan, panganggenipun acorak mancawarni. Kapanggihipun Sang Siddha kalihan mitranipun Sang Parviz ing nalika mêdalipun saking kadhaton, ingkang lajêng suka wilujêng dhatêng Sang Siddha anggènipun kawisudha minggah pangkat enggal.

Sang Siddha lajêng pitakèn: "Kadospundi kawontênaning kapêrluan panjênêngan ing wêkdal samangke?"

Sang Parviz mangsuli: "Ingkang panjênêngan dangu punika rak prakawis ingkang nyalênèh punika ta? Sapunikanipun inggih sampsun ragi lumayan; ing wêktu ingkang kapêngkêr punika kula kêrêp sumêrêp ing piyambakipun, têlênging manah kula; sanadyan kawontênanipun punika têksih alampah wados sangêt, ewadene wontên sababipun ingkang murugakên kula gadhah pangintên, manawi bapakipun, inggih punika Todar Mal, pancèn sampun sumêrêp dhatêng gêgayutan kula kalihan anakipun, sarta piyambakipun inggih pancèn botên makèwêd, namung lairipun kemawon kadamêl kados botên sumêrêp pisan-pisan. Punapa malih kula inggih gadhah pangintên, manawi tumrapipun bapa paman kula Sang Feizi, inggih botên gumun dhatêng ewahing pikajêngan ingkang mikantuki dhatêng kula wau. Mênggahing Abdal Kadir tiyang Islam ingkang alim, tamtu kemawon badhe wicantên: "Muga olèha supangating Allah."

Ing salajêngipun ing kala punika Sang Parviz kêlajêng-lajêng anggènipun kêsêngsêm angginêm prakawis kaendahan sarta saening pamanahipun wanodya ingkang dados têlênging manahipun, ingkang tumrapipun Sang Parviz wontên pêrlunipun sangêt, nanging tumrap ingkang mirêngakên namung pêrlu sawêtawis kemawon; ananging sênadyan makatêna, ginêm inggih kenging kangge nylamur lampahipun satriya kêkalih, sumêrêp-sumêrêp sampun dumugi ing papaning karamean.

Mênggah kawontênaning pasawangan ing ngriku botên kirang rame, malah kêpara langkung berag timbang kalihan kawontênanipun ing ngajêng, ingkang sampun tiningalan dening satriya kêkalih, inggih punika ing bulak papan pakuwonipun para wadyabala. Tiyang botên kantênan kathahipun, iyêg-iyêgan apêpanthan sarwa mangangge asêlang-sêling mancawarni dumunung ing papan karamean ingkang tênggar, sarta iyêgipun têtiyang kathah kêtingalipun kados lembaking toya sagantên; kuwu agêng alit tanpa wicalan, kaadêgakên wontên ing ngriku sarta rinêngga warni-warni. Punapa malih kathah liman-liman ingkang badanipun ginuk-ginuk, sarta kathah ingkang warninipun cêmêng, dipun anggèn-anggèni sarwa mompyor tuwin palananipun rinêngga sarwa kathah pangaosipun, nunggil kalihan kawujudanipun têtiyang

--- 190 ---

lumampah tuwin nênumpak ingkang langkung alit, inggih punika ingkang botên numpak liman, katingalan kados gambar wêwangunan, ingkang minangka panylamuring paningal. Dene ingkang langkung damêl cingaking tiyang nêningali, punika liman titihanipun Sang Nata Akbar ingkang ing dhadha tuwin ing sirahipun sampun sinung badhong êmas pinathik ing jumêrut agêng-agêng, badanipun sakojur ingkang samantên agêngipun mêksa mawi dipun kêbaki rêrênggan ingkang sakêlangkung kathah aosipun, saupami kadarbe ing tiyang limrah sampun nama kasugihan pinunjul sayêktos. Sang Nata Agung kêtingal nitih ing salah satunggiling liman ingkang pinacak sarwa sae wau, lajêng tumêdhak saking titihan liman wontên ing satêngahing rubunganing para abdi karaton kathah, saha lajêng têdhak dhatêng panggenan ingkang badhe kangge wêdaling pakurmatan agêng, inggih punika pakurmatan ingkang pantês dados pangèngêt-èngêt dening anèhipun, botên dening sigrêngipun ingkang sampun dados pambêktaning pakurmatan agêng wau. Mênggah kawontênanipun karamean agêng wau warni-warni panyuraosing tiyang, sawênèh nyuraos minangka pasêmon, ananging mênggah suraosipun ingkang salugu dèrèng wontên juru nganggit sêrat babad ingkang ndungkap.

Ing papan ingkang sawatawis inggil wontên trajunipun agêng sarta santosa, ingkang wiyaring piringanipun cêkap dipun ênggèni tiyang satunggal kalihan gampil. Ing piringaning traju ingkang sasisih mawi dipun sukani bobot êmas-salaka, tuwin sêsotya tumpuk-tumpuk, sasisihipun ingkang taksih kothong njêngat minggah, sang nata lajêng mapan wontên ing piringan traju ingkang kothong wau, sarta dipun tingali dening kawulanipun maèwu-èwu angubêngi ing papan panrajunipun sang nata. Ing sadangunipun timbangipun dèrèng sagêd sami, bobotipun taksih dipun wêwahi utawi dipun suda, ngantos sagêd sami kalihan wawratipun Sang Raja Manggala.[5] Taksih wontên

--- 191 ---

kuciwanipun, dene botên wontên bobot sanèsipun, kados ta: kawajiban, kaurmatan kaprasêtyan, tuwin kêrkating manah, punapa malih kawontênaning pambêkan kautamèn sarta kasaenan; sabab saupami sadaya punika kenging kadamêl bobot, Sang Ratu Akbar têmtu inggih botên badhe kènthèngên.

Sarêng pamawratipun sampun rampung, nanging inggih namung kalihan bobot wadhag, kados ta rajabrana wau, sang nata lajêng tumêdhak saking piringaning traju kalihan sarèh, dene bobotipun ingkang awarni mas salaka tuwin sêsotya lajêng kabage waradin dhatêng ingkang sami ngrubung ing ngriku, ing wusana Sang Nata Agung lajêng têdhak dhatêng ing madyaning gêgolongan ingkang sami ngayap, udhik-udhik anyêbar barang mas-masan alit-alit kadhapur sêsêkaran tuwin wowohan, mawi dipun ladosi ing juru ngampil. Ing kala punika sang nata mrika-mriki ugi mawi ngandika dhatêng para agêng utawi dhatêng para alit, pitêmbunganipun gapyak-gapyuk sumaruwe. Ingkang makatên punika ingatasipun para kawula alit dados pasaksèn, bilih sang Nata Akbar botên namung ratu agung kinuwasa kemawon, nanging inggih satunggaling ratu ingkang mirah galihipun, saha pambudinipun dhatêng karaharjaning kawula nglangkungi dhatêng pambudining kaluhuranipun salira piyambak.

Sarampungipun ingkang nama bakuning pasamuan ingkang pêrlu, lajêng miwiti tapukipun karamean. Para ingkang sami dhatêng ningali sami kêslamur ing kaberagan warni-warni, ing ngriki wontên tingalan sulapan, sarta lêlucon, ingkang sami ningalakên kalangkungan tuwin kasagêdanipun edan-edanan, ing ngrika wontên taledhekan sarta jogedan, sasolahipun sarwa alon sinarêngan ungêling têtabuhan ingkang sêmu kêmba ungêlipun, ing sanès panggenan wontên tingalan sodhoran, inggih punika têtiyang numpak kapal ingkang nyodhorakên waos dhatêng gêlangan, utawi dhatêng barang ancèr-ancèr sanèsipun. Ing satunggaling panggenan malih wontên têtingalan ingkang anèh nanging nggêgilani, inggih punika tiyang ngatingalakên kasagêdan ingkang magêpokan agami, nanging katunggilakên kalihan pakarti ingkang pantês kangge têtingalan. Makatên punika ingkang wontên namung ing Indhustan piyambak, inggih punika têtiyang jalêr mèh wuda balêjêd, pundhakipun ingkang wingking kacanthèlakên wontên ing canthelan tosan, canthelanipun katangsulan mawi tampar angsal poking palang, kajêng ingkang sagêd ebah; tiyangipun wau cumanthèl agondhal-gandhul, inggilipun watawis kalih dasa kaki saking siti. Têtingalan ingkang kados makatên punika kêlêbêt langka, pramila botên nggumunakên bilih kathah ingkang ningali, makatên malih Sang Parviz inggih mawi mêrlokakên kèndêl

--- 192 ---

ningali ing ngriku, namung Sang Siddha ingkang wontên ing ngrika-ngrika sampun nate sumêrêp, anggènipun ningali sêmu kêmba kemawon.

Sang Parviz angandika dhatêng mitranipun: "Têtiyang punika sami kranjingan punapa kemawon, dene sagêd kados makatên. Wontên ingkang cariyos, manawi patrap misakiti badan ingkang makatên punika namung kabêkta saking birai ing agami kemawon; ananging manawi yêktos makatên, punapa sababipun pamatrapipun misakit wau têka katujokakên ing wêktu karameaning têtiyang kathah, mangka patrap ingkang makatên punika dede kabingahan; namung sakêdhik ingkang kula botên mangêrtos, dene sabakdanipun matrapakên tiyangipun têka têrang sangêt botên mawi labêt sakêdhik-kêdhika, malah kados botên ngraosakên sakit."

Sang Siddha amangsuli: "Bokmanawi kula sagêd nêrangakên ing panjênêngan mênggahing sababipun. Prakawis ingkang kêtingalipun ing kula utawi ing panjênêngan kados patrap misakit badan punika wau panganggêpipun sawênèhing tiyang brai ing agami badhe tampi ganjaran ing swarga; dene têtiyang ingkang ningali, sarta sabakdanipun pamisakit mawi nyukani yatra sakêdhik utawi kathah, punika inggih badhe tumut nêmpil angsal ganjaran swarga, langkunganipun ingkang badhe katampèn dening para misakit wau. Pramila ing panggenan ingkang taksih kathah tiyangipun gugon tuhon, kauntunganipun tiyang ingkang mitontonakên kados makatên punika inggih misra, ing nagari ngriki ragi kirang bêgjanipun, yèn katimbang kalihan wontên ing nagari kilèn-kilenan sarta ing lèr-leran. Dene prakawis kawruhipun, dèrèng kêsumêrêpan kalihan têrang mênggah ingkang dados wêwadosipun. Manawi kula botên klintu, têtiyang wau tamtu mawi mbêkta tiyang èstri sawatawis, ingkang ing kalanipun mitontonakên kawruhipun, botên katingalakên ing ngakathah. Têtiyang èstri wau padamêlanipun kapurih njiwiti badanipun para ingkang kêtingal têguh wau ing salêbêting têpaking pundhak, ing sacêlakipun kèlèk sarta ing ngandhapipun; panjiwitipun kêdah dangu, satêngah dintên muput, ngantos ingkang dipun jiwiti botên kraos sakit; langkung malih manawi badhe tumapaking ningalakên kawruhipun, punika tumuntên kêdah dipun jiwiti badanipun, ing panggenan ingkang badhe kadunungan canthelan, ngantos pêjah raosipun, awit saking manuhipun dipun jiwiti, lami-lami ing panggenan wau ngantos botên mutawatosi sarta mèh botên kraos sakit kadunungan canthelan."

Sang Parviz angandika: "Anèh-anehan ingkang anggumunakên."

Sang Siddha amangsuli: "Inggih, ananging inggih nistha,

--- 193 ---

manawi malah saya damêl majênging gugon tuhon, tiyang agami Brahma ingkang jujur sarta pantês, sami nganggêp manawi pandamêl ingkang kados makatên wau asor sangêt. Sapunika santun ginêm, punapa wau panjênêngan botên ngandikakakên manawi wontên têtingalan abên-abên kewan?"

"Inggih, la punika, kula sampun sumêrêp saking gênderanipun, bilih sampun mèh wiwit ngabên, sumangga sami mrika, lajêng pados panggenan."

Dene pangupadosipun panggenan priyayi kêkalih dhatêng panggungan ingkang kaadêgakên angubêngi kalangan, sarwa rinêngga asri, ing têngahipun dununging panggungan palênggahanipun Sang Nata Akbar akalihan para wandu wandawa tuwin para abdi ing kraton kathah, tumrapipun priyayi kêkalih, angsalipun panggenan ing ngriku botên angèl, awit pratandhaning pangkatipun: ingkang lajêng murugakên sagêd kalêbêtakên. Botên dangu liman kêkalih ingkang badhe kaabên, dipun wêdalakên saking sisih panggenan sanès-sanès, satunggal-tunggaling liman mawi dipun anggèn-anggèni abah-abah mompyor, mangka têtamènging badanipun, sarta katumpakan dening sratinipun piyambak-piyambak, ingkang ugi mangangge sarwa maneka, mênggah abên-abên liman punika cêcawisanipun ngajêngakên kaabên: botên kathah, samangsa limanipun sakalihan sampun purug-pinurugan ajêng-ajêngan, lajêng ngadêg anjongkok mawi sukunipun wingking kalihan ambêkus-bêkus, wêtêngipun ing kiwa têngên kaplêmbungakên, lajêng pulêt-pinulêtan ing talalenipun ngantos ingkang satunggal katingalipun kados sami sanalika kapuntir dening sanèsipun, saha lajêng ngangkah anggadhingi mêngsahipun, gadhingipun sami panjang-panjang saha andalojor majêng, dene sratinipun asring lajêng mêthakol mawi dhêngkulipun wontên sawingkinging kupingipun liman, saha asring lajêng cêpêngan ambên. Limanipun anggènipun tanglêt riwud asewotên ngantos dangu, gêntos ingkang unggul, gêntos kasêsêr, ing wusananipun liman ingkang satunggal lajêng jinongkongakên gumêbrug dhawah ing siti, dene sratinipun enggal anjlog têrampil ngadêg ing siti, ing sanalika sratinipun liman ingkang mênang lajêng mapanakên êcisipun wontên ing labêtipun liman ing sandhing kuping, labêt wau mila kadamêl ing salêbêtipun liman kaabên, kangge pirantosing pangêrèh, pramila sarêng liman ingkang mênang: labêtipun kataman ing cis, inggih lajêng manut kemawon kalihan pangêrèhing srati tanpa mawi purun munasika malih dhatêng mêngsahipun, ingkang sampun tanpa lawan, anggènipun manut kemawon punika, jalaran saking karaos sakit dening cis.

Sang Nata Akbar akêplok-kêplok, makatên malih para narapraja [nara...]

--- 194 ---

[...praja] tuwin para ningali inggih lajêng sami andhèrèk kêplok ngantos gumuruh swaranipun, ing wusana sasêlot-sêlotipun lajêng bibaran, nilar papanipun piyambak-piyambak ing panggungan.

Sang Siddha angandika kalihan mitranipun: "Katingalipun Sang Nata Akbar rêna saha anggatosakên sangêt dhatêng têtingalan abên-abên ingkang kados makatên."

Sang Parviz amangsuli: "Mila inggih makatên, Sang Nata Akbar rêmên dhatêng samubarang ingkang mawi ngatingalakên karosan, saha kaprigêlaning manungsa tuwin kewan, kados panjênêngan inggih sampun priksa piyambak, manawi salira dalêm sang nata piyambak katingalipun inggih botên limrah rosanipun, sang nata bokmanawi langkung prigêl nandukakên sabarang dêdamêl tinimbang sanèsipun, dene kêkêndêlan dalêm sang nata wontên ing pêpêrangan, sarta ing pambêrêgan, punika malah kenging kawastanan nekad, tinimbang kawastanan kêndêl, panjênêngan tamtu sampun mirêng piyambak. Asring-asring kados sang nata ngupadosi bêbaya tinimbang anyingkiri, para senapati sarta para mitra dalêm ambêrêg: kangelan sangêt anggènipun ngèngêtakên sang nata, manawi sang nata sampun miwiti mêdal kêkêndêlanipun. Prakawis cêcriyosan lêlampahan dalêm sang prabu ingkang elok-elok, panjênêngan tamtu kemawon inggih sampun mirêng sawatawis, sanadyan wontên ugi sawatawis cariyosing lêlampahan ingkang ragi kêladuk, ananging wontên ugi ingkang kula sumêrêpi piyambak, nyata yèn kêkêndêlan dalêm sang prabu pancèn nglangkungi. Feizi ingkang ugi sampun nyumêrêpi piyambak sawatawis, manawi pinuju sêla badhe nyariyosakên bab punika dhatêng panjênêngan."

Sinambi omong-omongan warni-warni, satriya kêkalih taksih andumugèkakên tindak-tindak sawatawis dangunipun, ingkang sami kaginêm ing nginggil lajêng kacupêt saha lajêng sami karsa tindak wangsul dhatêng kitha malih. Dumadakan ing sakalawau Sang Siddha kèndêl anjêngêr sarwi ningali kalihan gumun sangêt dhatêng kojong ingkang dumunung wontên ing gigiring salah satunggalipun liman ingkang rinêngga adi, Sang Siddha dumadakan priksa satunggaling pawèstri linggih jèjèr kalihan pawèstri sanèsipun kêkalih sami lêlendhehan ing kasur sutra adi sinongkèt. Ing kala punika pawèstri wau pinuju sawêg nisihakên kudhungipun ingkang kêlangkung ènthèng, awit ingkang kadamêl sutra pêthak krawangan, alus pakirtyanipun, dununging kudhung kacanthèlakên ing srêban alit anggèn-anggèning pawèstri, pinathik ing sêsotya ingkang kumênyar prabanipun. Sarêng kudhungipun kalingkap, Sang Siddha sampun botên mawi supe sarta botên mawi rangu-rangu ing galih amastani. Sampun botên wontên

--- 195 ---

sanèsipun malih, ingkang katingal punika kajawi namung ingkang tansah dados pangangên-angên, inggih Sang Rezia, dene pawèstri ingkang sumandhing punika rencangipun ingkang asring kakèngkèn. Punapa pêrlunipun piyambakipun dhatêng ing ngriku? Piyambakipun: Rezia ingkang tansah nyariyosakên manawi anggènipun prasasat andhêlik wontên ing papan sêpên, punika namung anjagi sampun ngantos kasumêrêpan ing tiyang manca, sapunika têka jêbul malah angaglah ing ngakathah makatên, mangka ing wêktu punika Rezia inggih malah sumêrêp nyata, manawi Sang Siddha sampun mangkat dhatêng pakuwoning para prajurit. Punapa Rezia namung badhe ngapusi dhatêng Siddha kemawon. Punapa nyatanipun Rezia pancèn dede lugunipun tiyang: kados cariyosipun?

Ing wusana Sang Siddha ing sasagêd-sagêd ngumpêt wadosipun, sampun ngantos kajodheran dhatêng Parviz anggènipun pitakèn dhatêng mitranipun kaangkah-angkah sangêt. Têmbungipun Sang Siddha: "Punapa panjênêngan têpang kalihan tiyang èstri punika?" Sang Siddha anggènipun pitakèn kalihan nudingi dhatêng panggenanipun Rezia, ingkang kalawau sawêg pinuju ningali dhatêng sanès purug sarta botên sumêrêp dhatêng Sang Siddha, awit kêslamur ningali lampahipun tiyang kathah.

Sang Parviz mangsuli: "Punapa ingkang kudhungipun dipun calikakên punika, sarta rencangipun èstri linggih cêlak kalihan ambêkta kêbut lar badhak punika? Sampun mêsthi kemawon kula sampun têpang, kula malah gumun, dene panjênêngan têka dèrèng priksa, ananging inggih wontên èmpêripun ugi, yèn panjênêngan dèrèng nate priksa, awit piyambakipun mila awis katingal, saya wêkdal ingkang kantun punika. Tiyang èstri punika ... Ing kala punika Sang Parviz mastani namanipun, ingkang damêl sangêt kagèting panggalihipun Sang Siddha, sajêgipun gêsang Sang Siddha dèrèng nate ngraosakên pangraos ingkang kados kala punika, raosing galih Sang Siddha kados dumunung wontên ing buntas pinggiring curi inggil tur rumpil, ngungkang ing jurang lêbêt, kados ingkang pinanggih ing parêdèn-parêdèn ing tanah êlèr, sarta sakêplasan, sarêng mirêng cêthanipun, kados dhumawah dening singunên saking ing curi dhatêng jurang lêbêt tanpa wangênan.

Têmbungipun Sang Parviz: "Tiyang èstri punika, bokmanawi panjênêngan inggih sampun nate mirêng; punika: Gulbadan, semahipun Feizi.

__________

--- [196] ---

X. Dumadakan.

Sang Parviz ingkang sumêrêp saha gumun dhatêng tindak-tandukipun Sang Siddha ingkang ngenggal-enggali, tumuntên apitakèn: "Panjênêngan têka mawi angopèni angginêm pawèstri punika, rak inggih botên lajêng ngênglêng dadakan, ta, sarêng priksa dhatêng piyambakipun? Mangke gèk lajêng botên sagêd sare, pijêr gragapan, guling-guling dipun arasi, kula botên nayogyani sangêt, sabab Feizi sanadyan sae-saenipun tiyang, gampilan tur lilan dhatêng para mitranipun, ewadene botên kenging kagampilakên manawi magêpokên[6] semahipun: mangka piyambakipun piyambak dhatêng semahipun punika, pancèn rêmên kaduk kedanan."

Sang Siddha angandika èsmu mangsuli nglêrêsakên lêpatipun ing ngajêng, têmbungipun: "Inggih namung saking pangèngêt-èngêt dhatêng ingkang sampun kêlampahan kemawon, kèngêtan ingkang jalaranipun dumadakan mirêng nunggil nama, ananging ingkang lugunipun botên magêpokan pisan-pisan kalihan semahipun Sang Feizi."

Sang Parviz mangsuli: "Yèn makatên inggih langkung prayogi." Ing salajêngipun mitra sakalihan tanpa sami ngandika nglajêngakên tindakipun. Mênggah ing batosipun Sang Siddha ing kala punika namung kadospundi sagêdipun lajêng piyambak pêthal kalihan Sang Parviz. Dumadakan lajêng sumêrêp kanca karerehanipun mlampah wongsal-wangsul. Sang Siddha lajêng kemawon angsal jalaran sagêding pêthal kalihan Sang Parviz, têmbungipun Sang Siddha: "Kula nyuwun pangapuntên, kalilana nyuwun pamit pêpisahan kalihan panjênêngan rumiyin, kula badhe wicantênan kalihan tiyang punika. Kajawi punika kula ngaturakên gênging panuwun kula dhatêng panjênêngan, anggèn panjênêngan sampun kasdu ngirid nêdah-nêdahakên dhatêng kula." Sang Siddha enggal sêsalaman kalihan mitranipun, nuntên ngawe kancanipun prajurit kapalan ingkang mlampah-mlampah wongsal-wangsul wau. Sang Siddha imbal wicantên kalihan kanca karerehanipun prakawis pandamêlan, ananging inggih tumuntên kapêdhot malih pangandikanipun, sarêng mitranipun Sang Parviz sampun botên katingal.

--- 197 ---

Ing kala punika Sang Siddha lajêng enggal-enggal kesah saking ngriku. Dhatêng pundi? Sang Siddha piyambak inggih botên sumêrêp, ananging tindakipun ambalencong kemawon, kalihan wangun wontên ingkang dipun èngêt-èngêt, sarta kados supêna, malah kados tiyang wuru.

Gulbadan semahipun Sang Feizi, yèn makatên punika cidra, sanadyan pancèn lugunipun saking botên sumêrêp, ananging inggih cidra ingkang asor sangêt nyidrani dhatêng mitra ingkang agêng pitulunganipun tanpa pamrih dhumatêng tiyang ingkang nêmbe dhatêng ngantos sagêd kinaot kalihan sêsami dening pangayomipun Sang Feizi, cidra ugi dhatêng sang nata ingkang sampun kaparêng paring panjunjunging sih ingkang lêrêsipun dèrèng timbang kalihan lêlabêtipun Sang Siddha, satriya ingkang nêmbe suwita, dumadakan kajuju ing kanugrahan, punapa malih cidra sarta botên prasêtya dhatêng wanodya ingkang sampun dados woding galih tuwin ingkang sampun kasokan têmbung prasêtyaning satriya, sadaya wau namung badhe ical nglabêti tiyang satunggal ingkang nyidrani ing panjênênganipun, ingkang pantês cinampahan. Ewa samantên, taksih dipun trêsnani ngungkuli sabarang sarta sadhengah-dhengaha, salajêngipun kadospundi, wusananipun kemawon gèk badhe kadospundi, trêsna punapa wirang? Sang Siddha èngêt dhatêng kuwajiban tuwin kaurmatan, ingkang tansah kados nguwuh-uwuh sêru: kajawi namung minggat, enggal-enggal lolos saking nagari Agra. Punika ingkang sagêd mitulungi, sabab Sang Siddha inggih sampun rumaos sangêt, manawi dangu-dangu talompe botên beda kalihan amurugi ing pinggiring jêjurang lêbêt tanpa dhasar. Ananging kêdah mangkat dadakan, tanpa cêcawis, tanpa mawi pratela badhe nilar piyambakipun sang wanodya, sanadyan sang wanodya wau ing galih botên kêkah, ananging sang wanodya inggih sampun ngatingalakên rêmênipun dhatêng sang sinatriya, sanadyan sang wanodya inggih anjêlomprongakên dhatêng sang sinatriya, ewadene sang wanodya inggih anglêbêti dhatêng sang sinatriya sarana angêtohakên kaurmatan tuwin kuwajiban, punapa patrapipun ingkang sampun katandukakên wau tindak sae, punapa sampun mawi kanalar, punapa tumrapipun Sang Siddha patrap kesah saking praja kalihan sêsidhêman wau kenging dipun lampahi? Dangu Sang Siddha mlampah-mlampah ing sapurug-purug tanpa sumêrêp ingkang tinuju, ing wusana sarêng tumênga sawêg sumêrêp, bilih lampahipun sampun dumugi ing sacêlaking kitha, botên têbih kalihan wismanipun Sang Rezia. (Sang Rezia rumiyin kala taksih sami among suka). Sang Siddha inggih lajêng kèngêtan, bilih sampun kêrêp ngambah ing wismanipun Sang Feizi ing ngriku, ananging saking ering sanèsipun.

--- 198 ---

Ing kalawau sampun sêrap surya, inggih punika ing wanci ingkang adatipun Sang Siddha dhatêng ing temboking pakêbonanipun griya padununganipun Sang Rezia, inggih punika pagêr banon ingkang adatipun ing sandhingipun kangge kèndêl asuka sasmita dhatêng rencang èstri, ingkang ngirid turut margi, ingkang ingapit-apit wit-witan dhatêng wisma, padununganipun ingkang sawêg dados galihipun sang sinatriya. Sakêdhap êngkas tindakipun Sang Siddha sampun dumugi ing pagêr banon ingkang adatipun kangge kèndêl, sarta sang sinatriya lajêng suka sasmita; botên dangu kori alit ing pakêbonan lajêng kaêngakakên, Sang Siddha tumuntên enggal-enggal lumêbêt ing pakêbonan.

Ing kala punika Sang Rezia utawi Gulbadan pinuju sakeca ngaso sêsarean salonjor wontên ing dhipan kados ingkang rumiyin. Sang wanodya sakêdhap wau sampun botên kèngêtan malih dhatêng Sang Siddha, awit kinintên sampun mangkat dhatêng ing pakuwoning para wadya. Dumadakan tanpa kalantarakên, satriya ingkang kinintên sampun têbih sangêt purugipun, dumarojog lumêbêt ing kamar.

 


pangeran. (kembali)
§ Miturut Vivat's Encylopedie, ingkang nama Maimonides punika, Maimuni lêrêsipun Moses ben Maimon ben Joseph, Arabipun: Abu Amron Musa ibu Maimunobaid Allah, inggih punika tiyang sarjana (philosoof) tuwin pujangga bangsa Yahudi, lairipun kala Maart ing taun 1135 wontên ing nagari Cordova, ingkang nganggit sêrat Jad hachazaka. (kembali)
pisowanipun. (kembali)
Rezia. (kembali)
§ Mênggah cara ingkang kagêm wontên ing karaton ing tanah Jawi kêkalih, inggih punika ing Surakarta sarta ing Ngayogyakarta dumugi sapriki, ingkang ragi ngèmpêri kalihan cara ing Indhustan ingkang kasêbut ing nginggil kala jaman jumênêngipun Sang Ratu Akbar, punika botên kawawrat makatên, namung sabên kalêrês tingalan jumênêngan sabên taun, mawi dipun wontênakên êmas salaka tuwin suwasa gilig watawis sasada-sada agêngipun, panjangipun ngukur panjênêngan dalêm nata, dene cacahipun nyatunggal. Manawi ajat dalêm kasugêngan sampun kadonganan sarta kabage, êmas salaka tuwin suwasa ingkang sabiting-biting wau, (ingkang ugi dipun wastani panjênêngan dalêm) lajêng dipun kêthok-kêthok saha kabage dhatêng para putra santana dalêm sarta dhatêng para abdi dalêm bupati. (kembali)
magêpokan. (kembali)