Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 231–264)

Judul
Sambungan
1. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 001–034). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
2. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 034–066). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
3. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 066–099). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
4. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 099–132). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
5. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 132–165). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
6. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 165–198). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
7. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 198–231). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
8. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 231–264). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
9. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 264–297). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
10. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 297–336). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
Citra
Terakhir diubah: 19-11-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Mitra sakalihan salah satunggalipun ing sêmu dèrèng wontên ingkang anjurungi panggalihipun sang nata, ing wêkasanipun Sang Kulluka ingkang lajêng nyêlani: ingkang sami kèndêl, têmbungipun: "Nata ingkang wicaksana, kawula nyuwun pangapuntên dalêm, dene botên sagêd ngunjukakên atur ing sanalika, pangandika dalêm ingkang pêrlu kawula raosakên punika: kêdah kawula manah rumiyin sakêdhap, mênggahing rêrantaman karsa dalêm ingatasipun piwulang kawruh wau, kathah ingkang menginakên, nanging saking pangraos kawula piyambak, kados-kados kathah ingkang ragi

--- 232 ---

nguwatosi. Mênggah nyatanipun tuwin luhuripun kawruh piwulang dalêm, bab pasêmon, ingkang sawêtawis cêcangkokan saking pasindhèn saha para sarjana kita ing jaman kina, kawula ingkang ngakêni munjuk jumurung rumiyin piyambak, ewadene kawula kumêdah nyuwun priksa, punapa botên matosi sangêt, samênggah pasêmon utawi pralambang wau sampun kababarakên dhatêng para kawula saha sampun kaanggêp? Upami lajêng kêlampahan, inggih tumuntên badhe wangsul ical malih suraosipun ingkang dipun maksudakên, ing wusana sadaya wau inggih lajêng badhe wangsul malih dhatêng trap-trapaning lair sadaya. Pangrêmbag kawula, upami piwulang ingkang awit saking karsa dalêm badhe kagêlarakên, lajêng sampun dados pangidhêpanipun para bangsa sawatawis, lajêng badhe kadospundi kadadosanipun? ... Botên ing jaman wingking kemawon, malah ugi sampun wiwit ing jaman kina-makina, ingkang sampun dados karsa dalêm kagêm palanggêran, inggih lajêng wontên tuwuhing manah rangu-rangu dhatêng prakawis tujuning pangidhêp angluhurakên wau. Pramila para alim ing jaman samangke, makatên malih kabatosanipun para mursid ing jaman kina, apitakèn makatên:

kasmaran dènnya yun uning
sapa kang asung uswasa
sapa kang asung dayane
kêkuwatanirèng titah
kang dhawuhke pêpacak
wêwalêr ingkang kaênut
linaluri pra jawata

para titah agung alit
de kang mangka pralampita
langgêng urip lan patine
yèku kang mangka wayangan
anane Maha Ana
sapa iya Allah iku
kang sinajenan saosan

Yèn makatên kala jaman samantên têtiyang inggih botên marêm namung ngangge surya (srêngenge) sarta agni (grama utawi brama) minangka pasêmon utawi pangawakipun dayaning gêsang kemawon, punapa badhe kêdadosanipun. Tauhid ilahi langkung bêgja katimbang kalihan pangidhêpipun dhatêng grama tuwin srêngenge: tiyang kina-kina, ingkang ngrumiyini gêsang kita.

Sang Nata Akbar botên tumuntên paring wangsulan, ananging lajêng andangu dhatêng Feizi makatên: "Lah sira kapriye, Feizi, mungguh pamikirira prakara iku?"

--- 233 ---

Sang Feizi munjuk alon: "Kawula nuwun, gusti, pangrêmbag kawula: prakawis punika sakêdhik sangêt, utawi babar pisan botên gadhah rêmbag, nyuda utawi mêwahi dhatêng panggêlaring kawruhipun sumitra Kulluka. Mênggah rangu-ranguning pangidhêp ingkang dipun cariyosakên dening sumitra Kulluka punika, ing jaman rumiyin-rumiyinipun, ingkang lèrègipun inggih lajêng dhatêng pangidhêpaning surya ing jaman ingkang sampun, punika pangandharipun malah ragi langkung sêrêng katimbang kalihan suraosing uran-uran saking piwulang Veda ingkang kawêdharakên dening sumitra Kulluka, pujangga ing jaman samantên sanèsipun malih sampun pratela kalihan cêkap, bilih babar pisan botên sumêrêp sintên pancènipun ingkang kaidhêp, pujangga wau pitakèn: "Sapa kang wêruh."

kasmaran dènnyarsa uning
sapa baya ingkang wikan
kang bisa mitêrangake
mungguh kêdadeanira
kang asma Maha Ana
dene pra dewa sadarum
kaanane wus wêkasan

mêkasi sawise dadi
dadine kang Maha Ana
sapa kang wêruh anane
lan sangkane Maha Ana
kang nitahake sapa
apa kawujudan èstu
kang nitahke Maha Ana

apa tan wujud sayêkti
kang nitahke Maha Ana
tan lyan iku mung pyambake
kang uning kêdadeannya
wit asma Maha Wikan
sakèhing kaanan wêruh
kang ngadhaton ing kaswargan

apa iya uning yêkti
kêdadeaning priyangga
apa sanadyan pyambake
uga tan uning sangkannya
mula bukaning slira
iyèku Kang Maha Wêruh
wikan sabarang kaanan

Sang Feizi andumugèkakên atur têmbungipun: "Mênggah rangu-ranguning manah dhatêng pangidhêp, kados mèh sami [sa...]

--- 234 ---

[...mi] kemawon sêpuhipun kalihan wontênipun agami; ewadene bab punika, kawula sisihakên rumiyin, punapa malih botên badhe kawula gêpok bab kasêngitan sarta pambalakipun para satru ingkang badhe kasandhang dening pambangun agami, sanadyan pambangun wau ambêk adil paramarta bèrbudi wicaksana, tamtu badhe dipun mêngsah sarta sinatru dening para barakanipun amêncarakên agami, kados ing ngriki ugi sampun katingal wontên bribik-bribikipun, sêsampunipun kawruh piwulang enggal wau sampun ragi kasumêrêpan dening para kawula sawatawis, kawula inggih botên pisan-pisan nyelaki pangakên kula, bilih satunggaling nata agung bandha abandhu bèrbudi wicaksana, kados ingkang Sinuhun Akbar botên badhe wigih saha ajrih dhatêng sakathahing pakèwêd ingkang andhatêngi, namung kemawon ingkang badhe kawula unjukakên, punika kuwatos sanèsipun malih, inggih ingkang sampun kaunjukakên dening sumitra Kulluka, prakawis kuwatos punika ingkang kawula rêmbag botên kenging karèmèhakên. Inggih punika kuwatos ingkang tuwuhipun saking tiyang kathah ingkang taksih cupêt sêsêrêpanipun; têtiyang ingkang dèrèng lêmpar sêsêrêpanipun, bilih mirêng wontên ingkang mastani asmanipun sawênèhing pangidhêpan, kados ta: Allah utawi sanèsipun, punika lajêng kemawon sinung têgês kamanungsan, saha pangawak ingkang minangka pasêmon wontêning Maha Ana, lajêng kaanggêp kados ingkang Maha Ana piyambak, yèn sampun dumugi samantên lajêng ical kemawon ingkang tinêmbungakên: Allah mung sawiji utawi Tauhid ilahi kados karsa dalêm wau. Ing wusana karsa dalêm ingkang ginalih kalawan kasarjanan kasujanan tuwin kawicaksanan wau badhe ical kemawon, têmahan badhe sasar ingkang kaidhêp dede sajatining Maha Ana, namung ingkang minangka pasêmonipun kemawon."

Sang Abul Fazl nyêlani pitakèn dhatêng Feizi, têmbungipun: "Sadhèrèk kula sêpuh Feizi, yèn makatên, karsa sampeyan kadospundi? Mênggah kapêrluanipun ingkang kangge pamurih langkung têranging budi pangêrtosipun têtiyang alit dhatêng pangidhêp satunggal punika wau? Kadospundi sagêdipun tumindak prakawis karsa dalêm ambangun kawruh pangidhêpan enggal punika?"

Sang Feizi amangsuli: "Para sarjana sujananing ngabangsa ingkang langkung inggil kawruhipun, punika manggèn wontên ing nagari kikis lèr wetan Indhustan, namanipun nagari Cina, para ingkang sampun alus ing budi pakêrtinipun ing nagari ngrika sampun lami botên anggilut dhatêng agami punapa-punapa, tumrapipun ing pambudidaya dhatêng têtiyang alit, ingkang kathah-kathah saha taksih bodho, punika murih têtiyang ingkang kathah-kathah wau sagêdipun langkung [lang...]

--- 235 ---

[...kung] têrang ing budi pangêrtosipun, para sarjana sujana ingrika botên mawi sarana pambabaring agami, utawi kawruh piwulang pangidhêpan, namung sarana pambudi pêncar saha babaripun pangajaran dhatêng têtiyang alit, katingalipun kados-kados botên sapintêna, malah bab punika ing ngriki kados-kados botên kalêbêt ing pangrêmbag babar pisan, ananging pangraosing manah kula namung punika sarana ingkang sampurna piyambak badhe kathah pikantukipun dhatêng ingakathah. Kalampahanipun dangu: punika mila lêrês. Punapa malih manawi dipun wiwiti kalawan rowa, punika pikantukipun botên gampil katingalipun, ananging dangu-dangu lajêng katawis manawi ingagêsang botên sagêd pisah kalihan pangajaran, sanadyan inggih mawi êmpan papan tumrapipun piyambak-piyambak, mangka pamêdhar saha pambabaring piwulang ingkang mawi karêngga ing pasêmon, sanadyan ingkang mawi utawi botên mawi magêpokan panguwasa parentahing nabi, ingkang mangka dutaning Allah, punika manawi sakêdhap inggih sagêd mêkar, ananging lami-lami lajêng ewah malih saking ingkang dipun kajêngakên ing ngajêng, sanadyan botêna makatên, ewadene lami-lami inggih lajêng kèndêl botên nyêmbadani ing kapêrluanipun tiyang: ingatasing kawruhipun kasagêdan tuwin kanalaran."

Wusananipun Sang Akbar tumuntên ngandika, ing sêmu kalêbêtan ing galih, pangandikanipun: "Feizi! Kandhanira iku kaya-kaya iya akèh bênêre, kabèh iku arêp ingsun panggalih kang kalawan têmên-têmên, bokmanawa piwulang kita kang uwis-uwis iku bêcike kudu mung kawatêsan tumêka ing paguyubaning para mitra kang pinilih bae, dadi disuda rowane, yèn mêngkono prakara pamêncaring piwulang marang wong cilik iku isih kaduwa dening pakewuh kang ora kêna disingkiri, ananging rêrantaman kawruh kang dadi kasênêngan ingsun iku iya ora tumuli ingsun lèrènake, bokmanawi iya mêngkono pangarêp-arêpira, prakara iku isih arêp ingsun galih ing saprayogane kalawan sira kabèh, saikine mung samono bae dhisik, awit wis tumêka ing mangsane padha pêrlu ngrêmbug pagaweyan nagara kaya adate. Ing wusana bangêt panarimaningsun marang sira mitraningsun kabèh, kang wis padha kêsdu angladèni gunêm rêmbug. Sira Abul Fazl, ingsun tarima saka pambantunira rêmbug, dene sira sakarone ingsun tarima saka anggonira têmên-têmên pasaja amadoni kanthi pangowêl marang panêmuningsun."

Sasampunipun mundur saking ngarsa nata, Sang Abul Fazl lajêng mantuk kalihan prayagung sakalihan ingkang mêntas sami mundur saking kadhaton, pêrlu badhe sami manggihi sarta mirêngakên aturipun têlik kêkalih.

__________

--- [236] ---

XII. Panyidra.

Gêntos kacariyos, ing kala punika wanci enjing, langitipun padhang sumilak botên wontên mêndhungipun, hawanipun ayêm ragi sakeca dhatêng badan, Sang Sinatriya Siddha Rama pinuju tindakan nitih kuda kalihan prajurit karerehanipun kêkalih, inggih sami numpak kuda, purugipun dhatêng Fatipur, pêrlunipun mbêkta sêrat sawatawis kathahipun, ingkang kêdah dipun ampil piyambak, botên kenging pinitadosakên dhatêng kengkenan limrah kemawon. Ing kala punika sampun saya padhang, prabaning hyang arka sampun ngêbaki jagat, padhang agilar-gilar, nanging dèrèng kraos bêntèr, pêksi mancawarni wulunipun, sami ngocèh wontên ing wit-witan; bajing tuwin munyuk alit-alit sami lêlumpatan wontên ing panging wit-witan kados dolanan, kawontênaning alam sulakipun kados èsmu lêga, èsmu berag, adatipun ing ngriku awis kados makatên. Punapa malih para têtiyang tani ingkang kêpêthuk ing margi, adatipun manawi lumampah kêtingal ing jangkahipun, nggadhahi wangun lêsu sarta wêlu, ananging ing wêkdal wau trajangipun santun: akas dhangan, kadosdene kabêkta saking dayaning alam bigar.

Ingkang botên tumut ngraosakên kaberagan saking dayaning alam wau, inggih namung Sang Sinatriya Siddha, ingkang waunipun namung ngraoskên kabingahan tuwin kasênêngan; ing wêkdal punika kêtingalipun wontên ing titihan kuda sêmu kucêm netyanipun, malah kados wontên ingkang karaosakên ing galih. Para prajurit karerehanipun ingkang sami ndhèrèk: ugi sami kèndêl-kèndêlan kemawon, kados bela sungkawa tumut kêgagas ing manahipun. Malah ing kala punika, Sang Siddha kêtingalipun kados sampun beda kalihan ing nalika rawuhipun wontên ing nagari Agra enggal-enggalan, mawi gêgujêngan kalihan Sang Parviz tuwin para mitranipun, punapa malih ing nalikanipun mirêngakên blakanipun Sang Parviz bab prakawis anakipun èstri prayagung gêdhongipun sang nata (Todormal) pacanganipun Sang Parviz. Mênggah kawontênanipun Sang Siddha, kêtingalipun wontên ingkang karêmbag makatên punika inggih damêl pangungunipun Sang Parviz, ananging Sang Parviz badhe pitakèn utawi pados

--- 237 ---

katrangan ingkang dados sababipun, kanggêg dening caraning tatakrami, botên ngengingakên; sarêng sampun saya sangêt kêraos-raosing prihatosipun Sang Siddha, inggih lajêng rumaos piyambak, manawi katêmahaning saliranipun sampun beda kalihan ing kala ngajêng, inggih punika beda kalihan ing nalikanipun Sang Kulluka sumêrêp Sang Siddha ngêtingalakên kawantêranipun nitih kudanipun jalêr ndumugèkakên lampahipun mawi katêgar-têgarakên kalihan dhanganing panggalih. Ing kala samantên batosipun kados anêluk-nêlukakna jagat, sarta kados-kados Sang Kulluka bingah amirêngakên Sang Siddha dhatêng namaning badhe garwanipun. Kados punapa kemawon bedanipun ing samangke kalihan kala samantên ngaras Sang Putri Iravati, ingkang raosipun kados numusi karahayon, inggih punika nalikanipun dèrèng ngraosakên cêcêngklungêning galih, grêgêt-grêgêt angrangkul dhatêng Rezia, ing nalika bêbudènipun taksih suci, dèrèng kamoran rêrêgêd ardaning galih kèrêm ing sagantên kasêngsêman. Punapa malih ing nalika punika Sang Siddha dèrèng ngraosakên lingsêm ing saliranipun piyambak, dening kêdunungan kalêpatan tigang prakawis: cidra, mêgatakên sêsemahan sarta botên sumêrêp dhatêng kasaenan ingkang pantês pinundhi-pundhi, têmahan sae winalês awon, inggih punika patrap ingkang sakalangkung asor.

Ing nalika punika Sang Siddha pêtêng ing galihipun, awit ing batosipun ngandhut raos ingkang langkung saking padatanipun, inggih punika ing batosipun kados kalêbêtan pandakwa ingkang kêrêp tuwuh dados gagasan, sanadyan pêndakwa ingkang dados gagasan wau dèrèng patos gumathok yakinipun, wondene ing samangke gagasanipun: "Apa Rezia mula pancèn lulut mênyang aku têmênan, ora beda pangrêngkuhe karo mênyang bojone dhewe, kang pancène kudu ditrêsnani luwih saka aku; apa ya mula têmênan olèhe sang rajaputra kala-kala ngrawuhi mênyang Rezia iku mung saka nalar kang gêpokan karo prakara kridhaning praja bae, apa ana nalar liyane kang dadi sabab anglêbokake sang pangeran mênyang kamar-kamare para garwane Sang Feizi? Apamanèh prakara sakuthon, sangsaya suwe saya kêtara, yèn aku dadi kêsangkut." Ingkang makatên punika murugakên dados cèwènging pangrêmbagipun Sang Siddha dhatêng bab kawontênanipun lêlampahan ingkang pinanggih ing saliranipun. Makatên malih sarêng Sang Siddha dangu-dangu saya mangêrtos, bilih tumindaking lêlampahan makatên punika tuwuh saking rekadaya ingkang botên namung magêpokan kalihan bab kamardikaning nagari wutah rahipun Sang Siddha piyambak kemawon, inggih sanadyan botêna babar pisan, tamtu wontên nalar

--- 238 ---

sanèsipun malih. Punapa Rezia botên sampun walèh dhatêng Sang Siddha, manawi Rezia mila inggih nasarakên saliranipun; yèn makatên pangintên wau kenging ugi kaanggêp mèmpêr, yèn botêna makatên, tênèh Rezia inggih botên ngakên kemawon, gèk Sang Siddha katut ing rêruwêdan enggal punapa kemawon, sarta Sang Siddha badhe kangge lêlantaran pandamêl awon punapa kemawon.

Ing sadangunipun Sang Siddha sawêg nggagas, kasaru kagèt mirêng aloking salah satunggalipun wadya, kêkapalan ingkang ndhèrèkakên tindakipun Sang Siddha; sarêng sang sinatriya priksa ing katêbihan manut lêrêsing landheyan ingkang kangge nudingi ing panggenan têbih dening salah satunggiling prajurit ingkang alok wau, sang sinatriya priksa, bilih ing katêbihan kêtingal wontên têtiyang numpak kapal sagolongan, nitik tênaganipun kados sami bandayuda.

Sang Siddha tumuntên nguwuh: "Ayo tumuli maju!" Kalihan angêspur titihanipun, ingkang lajêng nyandêr ingênut kancanipun prajurit kêkalih wau dhatêng panggenan bandayuda. Sangêt ngungunipun saha kagèting galihipun dene salah satunggalipun ingkang campuh ing yuda punika Abul Fazl, punapa malih mêngsahipun ingkang kêtingal badhe namakakên sabêtipun dhatêng Sang Abul Fazl punika Narasinha, inggih punika satunggaling raja. Èngêtipun Sang Siddha kados sampun kêrêp kapanggih wontên ing purug, makatên malih wontên ing kadhatonipun Sang Rajaputra Salim. Sarêng pandhèrèkipun Sang Raja Narasinha sumêrêp dhatêng ingkang ndhatêngi, pandhèrèkipun tiyang gangsal lajêng mêthukakên, mênggah kagètipun Sang Siddha kalihan prajurit kêkapalan ingkang wontên ing ngajêng piyambak ngantos sangêt, sakêdhap êngkas prajurit ingkang ngajêng piyambak punika wau lajêng winaos dening mêngsahipun, kenging ing dhadhanipun butul, ndhawah ing siti sakapalipun. Ing sanalika Sang Sinatriya Siddha angunus agêmipun pêdhang sinabêtakên dhatêng mêngsah ingkang badhe malês pêjahing kancanipun, kenging pinêdhang kumleyang uwal saking lapakipun. Ewadene mêngsah ingkang kaping tiganipun langkung awrat sanggènipun, mêngsah punika têtela kados Sang Siddha, wasis numpak kuda molahakên kapalipun, sarta prigêl namakakên pêdhang, ananging salabêting kancanipun Sang Siddha kêkalih sawêg nglawani mêngsah ingkang kêkalih, sampun wontên mêngsah kêkapalan malih ingkang dhatêng nulungi kancanipun, pramila ing nalika punika uthutipun unggul Sang Siddha kalihan kancanipun kêkalih. Sampun têbih sangêt, bêgjanipun dene Sang Siddha sagêd nanggulangi mêngsahipun, ingkang satunggal kenging pinêdhang jangganipun ngantos botên sagêd lawan malih.

--- 239 ---

Dumadakan sarêng Sang Siddha badhe acampuh yuda malih kalihan mêngsah ingkang dhatêng mbantu, mêngsah lajêng kaabanan mundur, para ingkang badhe lawanan yuda kalihan Sang Siddha: inggih lajêng lolos saking payudan wangsul, nglêmpak kalihan kancanipun. Ing kala punika sarêng mêngsahipun Sang Siddha sami ngunduri, Sang Siddha sumêrêp mêngsah sanèsipun sami nulungi kancanipun, sarta inggih waspaos ing tingal, bilih ing kala punika Sang Abul Fazl njêbabah astanipun kêkalih, dêdamalipun[1] pêdhang dhawah saking asta, sarta Sang Abul Fazl lajêng dhumawah saking kapalipun: gumêbrug ndhêpani siti. Botên dangu Sang Raja Narasinha lajêng nguwuh nglêmpakakên wadyanipun ingkang sami têtulung kinèn ngunduri, saha lajêng sami mamprung kêkapalan mêdal ing bêbulak nglajêngakên lampahipun. Dene Sang Siddha ing nalika wau inggih lajêng nututi plajaripun ingkang mêjahi Sang Abul Fazl, ananging botên dangu Sang Siddha kalihan kancanipun prajurit kêkapalan kêkalih, ingkang satunggalipun sampun nandhang labêt, lajêng mangêrtos bilih pambujungipun dhatêng mêngsah badhe tanpa damêl, mangka para pandhèrèkipun sang nindyamantri tiyang sakawan sampun sami lèsèh wontên ing papan ingkang kangge bandawalapati, punapa malih ingkang langkung pêrlu Sang Abul Fazl kêdah kaupakara rumiyin. Pramila Sang Siddha tumuntên tumêdhak saking titihan, ingkang lajêng kapasrahakên dhatêng salah satunggaling prajurit pandhèrèkipun, Sang Siddha tumuntên jèngkèng anyêlaki sang nindyamantri ingkang nandhang labêt. Agêm-agêmanipun Sang Abul Fazl lajêng kauculan ing sasagêd-sagêd tumuntên badhe kabalêbêt labêtipun supados sampun kêkathahên wêdaling rahipun saking labêtipun ingkang wiyar, bokmanawi malah kapara lêbêt dumunung ing jaja. Sang Siddha sakalangkung bingah ing galih, sarêng sang nindyamantri lajêng sagêd tumingal nênga dhatêng Sang Siddha ing sêmu botên pangling, ananging kabingahanipun sang sinatriya wau namung sakêdhap. Awit saking sang nindyamantri lajêng ngandika kalihan suwara nglêntrih, makatên: "Siddha! Ingkang burus ing manah, pitulungan sampeyan dhatêngipun sampun kasèp, sampun dumugi ing pungkasan kula, sarta pungkasanipun anggèn kula ngladosi sang nata kalihan karaton dalêm. Dhawuh kula dhatêng sampeyan ingkang pungkasan piyambak, yèn sampeyan gadhah pandakwa dhatêng tiyang ingkang mêjahi kula, sampeyan damêl wados kemawon."

Sang Siddha enggal amangsuli: "Pangintên kula Sang Raja Narasinha wontên ingkang akèn, lugunipun ingkang ngangkah seda paduka punika ..."

Dumugi samantên Sang Siddha kanggêg anggènipun badhe

--- 240 ---

nglajêngakên pitêmbunganipun. Mila lajêng kadumugèkakên dhatêng Sang Abul Fazl: "... Sang ... Rajaputra Salim, salêrêsipun, ing sadèrèngipun, kula sampun wontên ingkang njawil saking kanan kering: kêdah ngatos-atos dhatêng sang pangeran." Dumugi samantên pangandikanipun sang nindyamantri sampun lajêng ical kêrkatipun sumendhe malumah wontên ing astanipun Sang Siddha. Lêt sawatawis dangunipun, Sang Nindyamantri Abul Fazl èngêt malih, sarta sanadyan pamirêngipun sampun mèh ical, taksih nglajêngakên pangandikanipun, botên supe wêling ngunjukakên sêmbah sungkêmipun konjuk ing ratu gusti pêpundhènipun, ingkang ugi mitra sinarawèdi, ingkang ing salêbêting gêsangipun sang nindyamantri sampun linadosan tuwin binantu ing rêmbag kalihan tabêri sangêt sarta agêng prasêtyanipun, têmbungipun: "Sampeyan unjukakên sang nata ing pungkas kala punika, kula inggih taksih ngèngêt-èngêt dhatêng sang nata, punapa malih kaunjukna, pêjah kula taksih angandhêmi kayêktosaning wêwaton ingkang kêrêp sami kula rêmbag wontên ing ngarsa dalêm sang nata, malah wingi sontên inggih mêntas sami kapanggalih, kula sawêg sumêrêp soroting srêngenge mindhak padhang tarawangan, sarta kula taksih kraos manawi pêpadhang wau taksih wontên ing kula, ananging botên dangu sorotipun tamtu mbalêrêt lajêng pêjah, ewadene kula inggih botên gêtun, kula kintên nalika ing gêsang kula, kula sampun damêl sae sarta ingkang migunani dhatêng sasami kula manungsa, sanadyan taksih kirang saking panjangka kula. Mila suka lila ing pêjah kula kanthi sênênging manah. Mugi sampeyan, sumitra, ing têmbe inggih sagêda ngandika makatên."

Sarêng sampun kèndêl sakêdhap, sang nindyamantri lajêng mbisiki dhatêng Sang Siddha kalihan asung salam ngênêtakên astanipun Sang Siddha alon, têmbungipun: "Sapunika kantun wilujêng."

Sarêng sampun ngandika makatên, Sang Nindyamantri Abul Fazl lajêng andhungkluk mastakanipun tumungkul ing jaja. Ing kala punika Sang Siddha sawêg kraos, bilih ingkang kasanggi mawi astanipun punika sampun adhapur kunarpa.

Kacariyos ing panggenan têbih saking papaning kawontênan ing ngriku, watawis nunggil wanci: inggih wontên lêlampahan para cidra sanèsipun malih, ingkang lêlampahanipun nunggil misah kalihan ingkang sampun kawêdharakên ing nginggil, sanadyan ugi wontên gèsèhipun sakêdhik.

Kacariyos ing parêdèn Himalaya, langkung malih ing saubêngipun rêdi Badrinath sampun pintên-pintên dintên bêntèripun sangêt, sanadyan ing wanci sontên, kala-kala ing dirgantara [dir...]

--- 241 ---

[...gantara] kêtingal mêndhung ndhêdhêt, kados badhe nêlêsi bumi ingkang sampun ngagak-agak ngêlak angajêng-ajêng dhumawahing toya panggêsanganing para tumitah, ananging setan cêmêng Vritra ingkang candhala ing budi, sakêdhap-sakêdhap anggiring Sang Imangkara (mêndhung) malih, ing sanèsipun dintên bêntèripun srêngenge inggih lajêng wangsul malih nggaringakên pasabinan tuwin têtanêman. Pindhanipun Sang Bathara Endra, ratu ing dirgantara ingkang agêng kuwasanipun wontên ing antariksa, uninga dhatêng pakartining Sang Vritra: tumuntên siyaga umangsah ing payudan, Sang Vritra sarêng sumêrêp Sang Endra mangsah badhe nglawani, tumuntên mundur palarasan, Sang Hyang Endra tumuntên mbabar imangkara malih pêtêng angêndhanu, Sang Vritra dèrèng lêga ing manah nêdya ngêndhih dhatêng Sang Hyang Endra, Sang Hyang Endra waspada ing tingal, tumuntên, nglêpasakên jêmparing dibya Wrahaspati jumêbrèt kumilat thathit angèngingi swaranipun ngumandhang tumlawung katulak ing ardi-ardi wangsul nyuwara rambah-rambah. Sanadyan Sang Vritra sampun kêraos kêtaman jêmparing dibya, ewadene botên purun mundur, pramila toya jawah tansah dèrèng ngêdhaki ing bumi nêlêsi ingkang sarwa tumuwuh. Sang Hyang Endra awas tumingal, Sang Vritra linêpasan jêmparing linangkung: gêlap atusan nyambêri rambah-rambah ing sirahipun, kenging jumêdhèr kumilat amadhangi pucaking rêdi-rêdi tuwin parêdèn ngantos gumêbyar padhangipun mbêlêrêngi wradin dhatêng jurang trêbis. Ungêling gludhug tansah gumuruh tanpa kèndêl, jêmparing Wrahaspati nuntên nyambêr nganan ngering ngèngingi wit-witan inggil-inggil kathah ingkang sigar, sela parang tuwin curi agêng-agêng kasambêr kados kababitakên pating galundhung dhawah ing jêjurang sirung, Hyang Wrêsti (jawah) nuntên tumurun, dhawahipun kados dipun sokakên, lèpèn alit-alit tuwin ilèn-ilèn ing rêdi nuntên banjir kumrosak swaranipun, mili dhatêng tlaga ing lêbak; sarêng sampun wanci têngah dalu, Hyang Endra sirêp kurdhanipun, anggènipun andon yuda kalihan Sang Vritra sampun kèndêl, têrang jawahipun, Wrahaspati sirêp pangamukipun, kantun thathit kala-kala taksih gumêbyar kêtingal ing pêtêngan. Ing kala punika sampun botên wontên suwara malih ingkang kêmirêng ing wanci têngah dalu, sidhêm nyênyêt, kajawi namung suwaraning toya kumricik mili saking nginggil mêngandhap.

Ing nalika punika Sang Pandhita Gourapada tindak mêdal ing jawi, kalihan suka rêna badhe karsa ninis wontên ing èmpèr ngajêngan patapan, ingkang moncol majêng, rinambatan ing sêkar, kalihan anyêrot hawa ingkang kamoran gandaning sêkar wangi. Sang pandhita kêtingal sênêng ing

--- 242 ---

galih, amanoni kawontênaning alam ingkang kalawau mêntas kêjawahan kados tilêm esthanipun, sakeca lan têntrêm. Sang pandhita taksih ngèngêt-èngêt dhatêng cariyos dêdongengan ing jaman kina-makina kawontênanipun Sang Endra ingkang ngêrèhakên mega tuwin Sang Vritra mêngsahipun, kawontênanipun dongèng wau taksih cêtha wela-wela ing èngêtanipun, kados yêktos-yêktosa sawêg kêlampahan kalawingi. Ananging botên dangu Sang Pandhita Gourapada kêtingal ing netya sêmu pêtêng kados kemutan karibêdaning galih sêmu kuwatos, awit dèrèng dangu Sang Kulluka mbêkta kabar saking Kacmir tuwin Agra, ingkang njalari prihatosing galihipun sang pandhita wau dhatêng badhe kadadosaning nagari wutah rahipun ingkang tansah dipun trêsnani. Panggagasipun Sang Yogiswara kala punika: Yèn mangkono iya bakal mêsthi kêlakon apa kang wis dak kuwatiri kae, mangka pancène wis dak ungkurake sarana ndhewe saka karêpku dhewe nganti wis pirang-pirang taun lawase, ratu ngamanca kang arêp mêngkoni wis samêkta ndhêsêk, mlêbu ing nagara kita kang dahat sangsara, prasasat diwêngani dalan dening bangsa kita dhewe, kang padha cêcongkrahan lan bangsane dhewe, ananging mungguh karêpe ratu kang nêkani arêp amêngkoni mau iya ana bênêre, dhèwèke arêp nêntrêmake rêrusuhing karaton tanggane kang matiri tumrap ing karatone dhewe, mangka ratu kang wajib anyirêp rêrusuh mau ora kêconggah nyêmbadani, wis mêsthine bae ratu ing karaton tapêl watêse karaton kang tansah ana rêrusuh mau iya bakal ora têrima, watir yèn sêlak ngambra-ambra nêrak mênyang wêwêngkon bawahe gawe rusuh, yèn nganti têkan sêmono, ratu kang kêbleberan rêrusuh masthi bae ora bisa suwe-suwe ngajèni mardikane ratu têtanggane olèhe têtêp jumênêng pribadi, wêkasane kudu bakal tinêluke pisan, bisane kêbawah ing ratu kang luwih gêdhe, supaya gèk nulia tata têntrêm karta raharja nagarane, ora tansah mêmatiri bae. Ananging mungguhing bangsa kita, kêpriye wêkasane, apa wis ora ana istiyare manèh? Ora, mungguh pamikire Kulluka aku dipurih bali mênyang nagaraku manèh, bokmanawa bisa olèh pambantune Sinuhun Akbar bisa nggêntèni sadulurku kang bangêt kêndhone angrèh praja jumênêng ratu manèh."

Sang Pandhita Gourapada taksih nglajêngakên gagasanipun amapali pirêmbagipun Sang Kulluka kasêbut ing nginggil, makatên: "Ora, wis masthi ora bêcik kadadeane, pangrèhku manèh mung bakal mitulungi ing sanaliika bae, ora bisa lêstari, yèn ta mungguh kêlakona mangkono, aku wis kêtuan, ora cukup ngêrèh praja manèh, awit ing kana pêrlu nganggo kêkuwatane wong ênom, apamanèh pangrèhku iya ora bisa suwe, rasane pikirku wis sayah ngrêmbug

--- 243 ---

nalar kadonyan, mung ngarêp-arêp têkane mangsa ngaso sêjati, wis lawas pangarêp-arêpku tumêkane ing wanci pamorku karo Brahma kang sipat tanpa wêkasan, iya iku sangkane urip kang mung sadhela tur ora langgêng iki, sarta paran kita kabèh bali mrono manèh ...."

Dèrèng ngantos têlas panggagasipun sang pandhita, lajêng sarèh kêjêp tumuntên kêsarèn mujur wontên ing palumutan kêtêl ayêm sarta êmpuk. Gêbyaring thathit kumilat, sakala amadhangi sakathahing lêbak-lêbaking parêdèn, sarta talaga ing ngandhaping pratapan, adamêl kagèting Sang Yogiswara nglilir wungu saking sare sarta lajêng ndumugèkakên panggagasipun malih sakêdhap, makatên panggalihipun: "Bokmanawa iya malah luwih bêcik, nèk nagara kita kang sêmune wis pinasthi mangkono bae, bangsa kita dadi mlarat, sarta bakal nêmahi rusak lan miskin, dening tansah kagodha ing pêpêrangan gêgolongane dhewe kang wangune tanpa wêkasan, lagi lèrèn sadhela wis ana manèh, lagi têntrêm sadhela wis ana kang nusuli, mung mêngkono bae, tanpa ana wêkasane. Dene yèn nagara kita wis kawêngku manèh dening pangrèh kang bêcik lan tata, katabêrèn lan padagangane bakal bisa urip manèh, apamanèh arja kartaning nagara iya banjur bisa pulih manèh kaya mau-maune. Sinuhun Akbar iku ratu kang cakêp budine lan adil, kang bisa gawe bêgja marang kawulane, kawulane kang ing saiki olèh bêrkahe nêmu kêpenak ayêm têntrêm atine, ing mau-maune iya tau mbangkang mênyang pêprentahane, sanadyan pancène iya abot bangêt nagara iku, yèn ilang kamardikane, kang jalaran kaparentahake dening liya nagara lan seje bangsa, mangka nagara kita wis salawas-lawase duwe pambêkan mardika ora pinarentahake ing nagara liyane. Ah, maune bok ya aku aja nganti mêningi lêlakone nagaraku dhewe kang mangkene iki."

Kèndêl dumugi samantên, sang pandhita lajêng sendheyan mastakanipun malumah kalihan unjal uswa, wêkasanipun layap-layap satêngah taksih mirêngakên kumriciking toya lèpèn alit, wêkasan ngantos sare, nanging botên kêpatos. Kawontênanipun alam ing ngriku, ing pundi-pundi ingkang têbih sarta ingkang cêlak, kados tilêm kêpatos, botên wontên ingkang mribèni sang pandhita, kala-kala sang pandhita taksih mirêng ing sandhingipun wontên suwaraning kutu-kutu gumrênggêng, malah sang pandhita kraos kados aniyup anglangkungi wadananipun, makatên malih ing kala punika sang pandhita botên mangêrtos dene kagungan raos kados botên piyambak, sapisan malih sang pandhita tumênga mriksani ngiwa nêngên, botên kêtingal wontên punapa-punapa, malah kutu ingkang wontên sacêlakipun sang pandhita inggih kesah dening ebahing saliranipun Sang Yogiswara. Sarêng sampun sawatawis dangunipun, [danguni...]

--- 244 ---

[...pun,] kutu wau inggih mabur wongsal-wangsul malih ngantos ingkang sare botên maèlu malih, kajawi namung nyarahakên dhatêng awrating sare ingkang sampun botên kenging sinayutan, ewadene sarenipun Sang Gourapada wau pancènipun inggih botên dipun awratakên, upaminipun wontên sababipun sakêdhik kemawon inggih enggal wungu saking sare malih. Dumadakan sang pandhita nyêpêng jangganipun karaos kados enggal kagubêd ing tampar, astanipun ingkang satunggal tumuntên kagêm nyêpêng tampar ingkang satunggalipun kagêm nggrayang ing sakubêngipun, ing sanalika astanipun ingkang kagêm nggrayang angsal badan ingkang êmèkipun anyêp sarta lunyu kados dipun balonyo mawi lisah, sarêng sang pandhita karaos sampun uwal saking tampar, lajêng nyêpêng badan wau mawi asta kalih, ananging sanadyan sang pandhita sampun ngantos sangêt anggènipun ngangkah sagêdipun angrêgêm badan wau kalihan kiyat, ewadene mêksa mrucut-mrucut kemawon, jalaran lunyu, malah kados badhe uwal. Tumuntên kraos kêndho tamparipun sinarêngan mirêng sambat sêmu kêsakitan, kasarêngan panggêro lêbêt ingkang nggidhuhi tidhêming wanci têngah dalu wau. Ing kala punika pêtêngipun ndhêdhêt, sang pandhita priksa ing sacêlakipun wontên kawujudan bundêr kêkalih, ebah mondar-mandir mancorong ing pêtêngan, sakêdhap malih sarêng wontên thathit ingkang sakêdhap-sakêdhap sawatawis madhangi papan pêtêng ing ngriku, sang pandhita sawêk priksa bilih kêkasihipun sima agêng hara sampun nlosor ndhêkêm wontên sacêlakipun Sang Gourapada kalihan nyêngkêrêm tiyang, badanipun cêmêng: mawi cokoripun ingkang rangap kukunipun nggêgirisi. Dene kawujudan bundêr ingkang kêtingal mancorong ing pêtêngan punika: têtela mripatipun hara, sima kêkasihipun sang pandhita.

Abdinipun sang pandhita sarêng mirêng wontên sambat, tumuntên mêdal amurugi kalihan mbêkta dilah ingkang kangge madhangi ing jrambah têngahing dalêm pratapan. Saking soroting dilah wau, Sang Yogiswara lajêng têtela, bilih tingalipun wau botên nyidrani, sang pandhita inggih lajêng mangêrtos dhatêng ingkang kêlampahan ing nalika wau. Tiyang jalêr ingkang sampun sêmèlèh ing siti punika badhe njirêt jangganipun Sang Pandhita Gourapada, tujunipun sang pandhita tumuntên kraos panggubêdipun tampar dèrèng ngantos kasèp, wêwah kasaru dhatênging simanipun: hara wontên ing ngriku, bokmanawi dhatêngipun wau kabêkta saking watêking sima kêraos, manawi ing ngriku kambah ing manungsa ingkang botên nate ngambah, utawi saking pangganda, tuwin saking sabab sanèsipun, punika nyumanggakakên, kintên-kintên sima pun hara sarêng sumêrêp lajêng sêsingidan ngêtutakên

--- 245 ---

lampahipun juru têkak ngantos dumugi ing sacêlaking papan pamanggènipun sare sang pandhita.

Sang pandhita sarêng sampun waspada ing tingal, bilih mêngsahipun sampun botên matosi, lajêng nguwuh dhatêng kêkasihipun: hara, têmbungipun: "wis balia, hara, balia bae." Kalihan njangkah nyêpêng jangganing sima. "Wis balia bae, tuturku."

Ing wiwitanipun sima taksih tansah kèndêl kemawon botên ebah, ananging ing wusana sanadyan wangunipun awrat nggêga, inggih lajêng manut pangataging bandaranipun, lajêng mangkêrêtakên gulunipun saha lajêng kesah kalihan nggêrêng, wêkasan ndhêkêm wontên ing katêbihan.

Tiyang ingkang kagruwak dening sima ing gêgêripun, sampun botên ebah, lajêng dipun junjung sang pandhita kalihan abdinipun: saking siti, sarêng katawis bilih tiyang wau taksih gêsang lajêng kasèlèhakên ing palumutan kalayan alon.

Sarêng katamatakên dening Sang Gourapada ngantos ragi cêlak, sang pandhita lajêng ngandika dhatêng abdi: "Iki uwong aku wis têpung, dhèk nalikane aku isih mêngku kaluhuran biyèn, wis kêrêp dak gawe bêcik, lan kêrêp olèh sihku, apa sing marakake dadi dhèwèke nganti nglakoni arêp nyidra mênyang aku iki?"

Tiyang ingkang labêt sumèlèh ing palumutan, ing kala punika mirêng pangandikanipun sang pandhita lajêng tumênga ngingêtakên, sarta ngantos sawatawis dangu nyawang maspadakakên dhatêng sang pandhita. Ing wusana lajêng wicantên lirih, sarta têtela gumun ing manahipun, têmbungipun: "Punapa Sang Nandhigupta?"

Sang Gourapada mangsuli: "Iya bênêr: Nandhigupta, lah gene kowe, apa kang marakake dene kowe ngarah patiku?"

Tiyang ingkang labêt ing kala punika, kados wangsul kêkiyatanipun malih, wicantên sakêdhap kalihan suwara têtêg, makatên têmbungipun: "Gusti ratu kawula, kawula supaos, kasaksènana dening Civa ingkang kuwasa, kalihan garwanipun ingkang tuhu suci, têmênipun kawula botên sumêrêp paduka punika sintên, kawula nyana paduka sampun seda lami, samênggah kawula sumêrêpa, tamtu botên badhe nggadhahi krêkat purun nglampahi dhawuhipun Sang Bathari Durga, sanadyan badhe angsala wêwêlak ingkang tanpa pangapuntên, ananging bêgjanipun, dene sang bathari botên marengakên seda paduka, mila lajêng nduta sima punika njabut nyawa kawula kadamêl sajên, minangka lintu paduka, pracayaa dhatêng asmanipun sang bathari."

Dumugi samantên, tiyang ingkang labêt sampun botên sagêd nglajêngakên wicantênipun, awit saking kasoking

--- 246 ---

badanipun, Sang Gourapada botên wêntala ningali labêtipun juru têkak ingkang timpal gêgêripun ngantos lêbêt dening kukuning arimo, lajêng dipun kumbah dening sang pandhita kalihan abdinipun, sarta kablêbêt ing saprayoginipun; sasampunipun kaombenan, sarta sarêng tiyang ingkang labêt sampun katingal ragi suda sakitipun, tumuntên kadangu malih, têmbungipun Sang Gourapada: "Aku arêp takon manèh, apa, utawa sapa, kang marakake dadi kowe nglakoni panggawe mangkono iku? Apamanèh mungguh ta kowe ora sumurup marang aku, lah sapa nuturi yèn Bathari Durga njaluk patiku?"

Juru têkak mangsuli: "Sang Yogi Gorakh."

Sang pandhita ngandika calumikan: "Lah, rak iya panggawene si kêparat kae," lajêng ndumugèkakên pandangunipun: "Yèn mangkono nalar iki wis mêsthi ana buntute, dadi kowe saiki mlêbu juru têkak, aku têka dadi milu nggêtuni mênyang kasasaring atimu kalêbu ing panggawe nistha mangkono, saka pituduhe Gorakh: apa ya mung aku dhewe kang dipilih Bathari Durga dadi sêsajine?"

Ing sawatawis ingkang labêt badhe amangsuli kagol dening ngraosakên sakit, sanadyan botên katawis ing ulatipun ingkang tatag kemawon, tiyang wau lajêng matur pêdhot-pêdhot, aturipun: "Makatên malih pêpatih ing Kacmir sadhèrèkipun Sang Salhana, inggih kapilih dados sêsajinipun sang maha bathari, ananging mênggah ingkang pinatah anyedani sang patih wau sadhèrèk kawula jalêr, paduka inggih sampun priksa, namung manawi panyidranipun lêpat, lajêng kawula ingkang nindakakên."

Sang Gourapada ndangu: "Lah sadulurmu apa wis suwe olèhe mangkat mênyang Kacmir?"

Juru têkak matur: "Pêpisahanipun kalihan kawula sawêg wingi, sawatawis têbih saking ngriki nglajêngakên lampahipun mangalèr."

"Apa mlaku bae?"

"Inggih namung mlampah kemawon."

"Apa ana kancamu liyane manèh, kang diêkon nandukake panyidra mênyang ing pêpatihing Kacmir lan aku?"

"Botên wontên sanèsipun malih, namung manawi lêpat pananduk kawula, sarta sadhèrèk kawula, punika sawêg matah tiyang sanès."

Sang Pandhita Gourapada sasampunipun mirêngakên aturipun juru têkak, tumuntên ngawe abdinipun sarta nisih ing sawatawis têbihipun saking ngriku, nuntên andhawuhi dhatêng abdinipun: "Mênyanga, nuli nglapakana jaranmu, kowe banjur enggal mangkata."

--- 247 ---

Sarêng abdinipun sang pandhita sampun mundur saking ngarsanipun sang pandhita, Sang Yogiswara lajêng wangsul malih amurugi ingkang nandhang labêt, awit mirêng swara ngruntuh, sanadyan sambatipun kanthi dipun ampêt. Juru têkak lajêng matur klêsik-klêsik, têmbungipun: "Dhuh, tuwan, gêsang kawula namung kantun sakêdhap, sanadyan sih paduka dhatêng kawula rumiyin sampun kathah, kawula sapunika kêpêksa nyuwun lumunturing sih paduka malih, sakathahing kalêpatan kawula nyuwun pangapuntên paduka ingkang agêng."

Sang Gourapada tumuntên mangsuli pangandika: "Iya dak ngapura luputmu mênyang aku, aku wêruh, yèn satêmêne kowe ora liya kajaba mung dadi piranti."

Juru têkak matur malih: "Yèn makatên pêjah kawula wilujêng, sagêd ngraosakên rahayu gêsang kawula dumugi ing jaman kalanggêngan, awit saking kalangkunganipun sang bathari tumrap ing paduka, punapa malih tumrap ing kawula, dene kawula ingkang pinilih dados sêsaji, punika nelakakên manawi agêng pangapuntênipun dhatêng paduka sarta kawula, pramila kawula nyêbut kaping tiga: "Sang Bathari Durga ingkang suci."

Ing kala punika juru têkak kados wangsul kêkiyatanipun malih, tumuntên tangi, tanganipun kaacungakên minggah kalihan nyuwara sêru: "Katampènana wontên ing kabuyutan ing kaluhuran paduka, kula dhatêng."

Sasampunipun cariyos makatên, ingkang labêt lajêng andhawah malih malumah, tanganipun anjêpaplang, badanipun botên ebah, tiyang ingkang ngadhêp dhatêng batharining pangrisak sampun botên wontên, wangsul dhatêng ajal kamulanipun malih.

Sang pandhita taksih nênggani kalihan nyawang dhatêng jisimipun juru têkak. ingkang badanipun kêra anggêgilani, wêwah cêmênging badanipun kados minangsi, ing bathukipun sinung tandha pêthak tuwin abrit adhapur trisula, katingalipun kapadhangan dilah ambalêrêt kados mêmêdi.

Sang pandhita ngunandika klêsik-klêsik: "Agama bisa nuntun mênyang apa bae, wong bêcik, burus atine, kadhang-kadhang bisa dadi dursila lan durjana mêmatèni sapêpadhaning tumitah, lan bisa gawe edaning wong, mangka wong iki iya ora ngrêsula mênyang patine, sarta ora kêna diluputake, kang anjalari patine kêna dak arani saka ing panganiayaning panganggêp kang tan kêna ora: patine masthi nêmu karahayon, ananging lupute para lamising agama, kang nindakake piala, rewa-rewa bêcik kêkudhung ing agama, lali mênyang ajining awake, dadi lêlêthêking jagad kaya si pandhita eblis pangawak [panga...]

--- 248 ---

[...wak] uwong Gorakh, wong kang tanpa kaluputan kaya mangkono digawe pirantine panindaking kadurjanane, kang patut ingupat-upatan. Saiki pantêse Gorakh nêmu apa bae, pantêse para uwong kang padha nindakake kiyanat mangkono iku, kajaba diayoni pêrang tinumpês. Ananging ora mangkono."

-Pangandikanipun Sang Gourapada kalihan gèdhèg-gèdhèg.- "Iku uga dudu sabênêre, yèn nyata têrang pananduking kadurjanane utawa nyata pangangkahe olèhe arêp nandukake kadurjanan, iku ora patut dingapura manèh, ananging ora pêrlu kinuya-kuya samangsa mung ngagar-agari bae, awit sapa kang bisa mantêsi, yèn sawijining madahabing agama = (Godsdienst secte) ambêbayani lan mitunani. Apamanèh watêse kang diarani durung ambêbayani lan mitunani iku."

Sawêg dumugi samantên pangathik-athikipun sang pandhita, kasaru wangsulipun abdi.

Sang Pandhita Gourapada ngandika dhatêng abdi: "Rewangana aku, mêndhêm wong kang wis mati sumèlèh ing kana kae, aja nganti dimangsa hara, yèn dak lilanana wis mati bae ya dikêmah-kêmah têmênan, yèn wis rampung pamêndhême enggal-enggal mangkata nunggang jaran mênyang Kacmir anjawil mênyang pêpatih, apa kang padha dak rungokake karo kowe mau, apamanèh ing sabisa-bisa angkahên supaya ana wong kang banjur nututi lakune sadulure wong iki, kowe uga wis tau wêruh mênyang wonge, pêrlune ngalang-alangi lan murungake kêkarêpane, supaya dhèwèke banjur bisaa disrawungi karo wong liyane kancane. Apamanèh yèn kowe bisa anggolèkake katrangan, mara tlitinên pisan, Gorakh ana ngêndi? Yèn bisa kêtêmu wis aja diowêl manèh, si kiyanat wis pantês rangkêp dilawe gulune, dene wis gêlêm ngalungake ing githoke wong liya."

Abdi matur pitakèn, ing sêmu ajrih yèn ta mabênana, têmbungipun: "Gusti pêpundhèn kawula, punapa paduka kantun piyambak wontên ing têngahing wana makatên, kados-kados tiyang sampun angsal titikan pasingidan tuwan, mila bokmanawi wontên ingkang nyoba nêmpuh malih anyedani paduka, punapa kawula tamtu mangkat saking ngriki, dene kawula bokmanawi sagêd anjagi dhatêng paduka."

Sang Gaurapada amangsuli kalihan mèsêm: "Mitraku kang kulita, kowe wis aja sumêlang, kang sapisan, mungguh uripku iki apa yèn katimbang karo pêrlu kang luwih gêdhe, kang gumantung ana enggaling kalêksanane lakumu, kajaba iku sanadyan aku mung dhewe ana ing kene iya ora kuwatir ko tinggal, anggêre hara isih urip bae, kowe wis sumurup dhewe, yèn si hara iku iya têngèn, sarta ing pamburine aku ora mrayogakake, yèn salah sawijining bangsane [bangsa...]

--- 249 ---

[...ne] wong wuda mau ketok ana ing tlatahing kene maneh, si hara saiki wis nitèni mênyang ing bangsane wong kang kaya mangkono iku, yèn ana kang têka manèh masthi bakal ora mung diênêngake bae karo si hara, apa jaranmu wis rumanti?"

Wangsulanipun abdi: "Sampun gusti."

"Yèn mangkono banjur mangkata, saiki rewangana dhisik angrampungake mêndhêm wong iki."

__________

--- 250 ---

Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 231–264): Citra 1 dari 1
Sultan Abul Fatah Jalalu'ddin Muhamad, ingkang kasêbut Sultan Akbar. Jumênêngipun nata wontên ing Agra nalika taun 1556 dumugi taun 1605. Ingkang sisih kiwa punika pramèswari nata

--- [251] ---

XIII. Pamitan.

Kacariyos pakabaran sedanipun Sang Adipati Pêpatih Abul Fazl adamêl rudahing galihipun sang nata agung, ngantos sanalika ical kêrkatipun, kecalan pambantu: botên namung tumrap pangrèh nagari kemawon, inggih dhatêng prakawis sanès-sanèsipun. Sang Nata Akbar ratu ingkang sariranipun sruwa-sruwi rosa, panggalihipun tanpa kering, sampun nate nrajang kuwatos ingkang agêng, anyêrang baya pakèwêd ingkang matosi, tansah muncul saking payudan unggul juritipun, ewadene ing kala punika raosipun ing galih kados tanpa kakiyatan, sarta mèh botên kiyat nyanggi dhatêng ruwêd rêntênging nagari ingkang awit tuwuh malih saking rêrêsah enggal. Mangka kecalan pêpatih mandraguna, Sang Abul Fazl, astanipun têngên sang nata. Mênggah kêkiyatanipun sang nata ing wêktu ingkang kawitan sabakdaning sedanipun Abul Fazl, andhawuhakên kêncêng dhatêng penyêpêngipun Raja Narasinha, ingkang nyidra dhatêng Sang Patih Abul Fazl, ananging dhawuh wau botên nate katindakakên, jalaran ingkang kuwajiban ajrih dhatêng Sang Pangeran Salim, batosipun botên sêtya dhatêng sang prabu. Kaping kalihipun Sang Raja Narasinha sampun manggèn primpên saha têbih saking ngriku, munculipun angêntosi samangsanipun Sang Pangeran Adipati Salim sampun jumênêng nata, saha lajêng badhe tampi sih kanugrahaning nata ingkang kêlangkung. Ewadene tiyang ingkang wêwatêkanipun kados Sang Nata Akbar, botên sagêd tansah kêndhih dening agenging kasusahan ingkang ngêwrati, sanadyan botên sapintên agêngipun. Sampun pintên-pintên dintên Sang Nata Akbar mugên wontên ing kamar botên miyos-miyos, utawi malih botên wontên ingkang ngandikan malihipun dhatêng kamar, kajawi namung Sang Feizi sarta pinitados sawatawis. Ing wusananipun sang nata inggih lajêng wangsul kêkiyatanipun malih sarta kawantêraning galih karsa manggihi pisowaning sanèsipun ingkang piniji, ingkang pêrlu ngaturakên prakawis kapêrluanipun piyambak utawi kapêrluanipun nagari. Makatên malih pisowaning pangagêngipun utusan Injil Sang Padri Rodolpho Aquaviva, ingkang nyuwun [nyu...]

--- 252 ---

[...wun] pêpanggihan ing sadèrèngipun mangkat saking nagari Agra, inggih katampi.

Pangandikanipun sang nata, sarêng Sang Padri katingal kairid majêng wontên ing ngarsanipun: "Êlo! bapa, kang kula aji-aji, punapa sampeyan badhe nilar kula malih?"

Atur wangsulanipun Sang Padri: "Kawula nuwun inggih, sang nata, kawula kêdah mangkat, pamarentah kawula gêgolonganipun utusan Injil parentah dhatêng kawula wangsul dhatêng nagari Goa malih. Ananging kawula botên badhe purun mangkat saking ngriki ing sadèrèngipun kawula ngunjukakên panuwun ing paduka nata dhatêng kaurmatan tuwin sih paduka ingkang sampun dhumawah ing kita utusan Injil, ingkang manggèn wontên ing nagari ngriki. Sanadyan êmèh kemawon botên kêlampahan, dening mangu-manguning manah anggèn kawula badhe nglampahi sowan, jalaran saking kasusahan paduka ingkang agêng, kecalan pinitados ingkang pantês ingaji-aji, saha mitra sinarawèdi. Punapa malih saking pamirêng kawula, Kyana Patih Abul Fazl pancèn prayagung pangrèh praja ingkang mumpuni ing agal alus. salêbêtipun susah angèngêti lêlabêtipun tiyang ingkang kados makatên punika inggih mêksa wontên panglipuripun ...."

Kèndêl sakêdhap Sang Padri tumuntên mêwahi aturipun: "Sanadyan pangimur-imur wau tumrapipun kawula botên nyêkapi."

Sang Nata Akbar ngandika malih sêmu gumun: "Botên nyêkapi? Lah ingkang sampeyan ajêng-ajêng malih punapa?"

Aquaviva amangsuli: "Upami kêlampahan makatên, kawula pancèn gadhah kajêng, sagêda namtokakên, bilih pêjahipun Rêkyana Patih Abul Fazl wau badhe akanthi suci sarta langkung rahayu pinanggihipun ing akir"[2] ngungkuli pêjahipun sapunika.

Sang nata amangsuli pangandika, ing netya sêmu sêrêng, nanging wêdalipun têmbung sarèh tur botên nilar pangaji-aji: "Abul Fazl bêbudène suci, sami mawon kalihan salah satunggile golongan sampeyan, malah pêjahe Abul Fazl kados pêpenginan kula yèn pêjah ing benjing."

Sang Padri taksih ngantawisakên bokmanawi sang nata taksih mêwahi pangandikanipun malih, ananging sang nata lajêng kèndêl botên ngandika. Nitik saking wêdaling pangandikanipun sang nata, Sang Padri Aquaviva inggih sampun mangrêtos, bilih kalajêngna nêrang dhatêng pangandikanipun sang nata, badhe kirang pangatos-atos sangêt kêdadosanipun.

--- 253 ---

Sarêng sampun kèndêl sawatawis, sang nata lajêng ngandika malih mêdhot ginêm ing ngajêng: "Punapa sampeyan, bapa, dugi-dugi tumuntên enggal wangsul mriki malih?"

Aquaviva amangsuli: "Bab punika gumantung wontên ing parentah ingkang dhatêng kawula. Dene tumrapipun ing kawula piyambak, pangkat kawula wangsul saking nagari ngriki dhapur kapêksa, dene dhatêng kawula minangka utusan Injil, dumugi ing nagari dalêm ngriki, punika cabar tanpa damêl. Pancèn inggih damêl pangunguning manah kawula."

Sang nata agung andangu malih: "Kenging punapa cabar? punapa sampeyan wontên nagari kula ngriki botên angsal pangayoman kang nyêkapi? Punapa sampeyan botên angsal pangaji-aji ing sapantêse? Punapa sampeyan botên angsal kêlonggaran kamardikan kenging anggêlarake piwulang sampeyan lan kenging nglêbêtake tiyang dhatêng agami sampeyan ing sakajêng sampeyan? Sintên kang purun mlêbêt botên wontên kang mêmalangi. Punapa kalonggaran kang makatên punika botên mawi sampeyan têpakake kalihan wontêne nagari ngriki ing sadèrènge kula ngasta kêprabon? Dene dèrèng lami nalikane nagari ngriki diasta ratu kang sampun-sampun, sintên tiyange kang purun-purun ambabarake piwulang sampeyan, kagantungan paukuman pêjah."

Sang Padri amangsuli: "Sang nata, kita rumaos kirang ing panrimah kita, bilih botên ngajènana dhatêng kalonggaran ingkang kita tampi. Ewadene kawula kêdah munjuk malih, pamijinipun gêgolonganing utusan Injil dhatêng kawula kakèngkèn ambabar agami kita wontên ing nagari dalêm ngriki, punika tujuning pikajêngan ingkang pêrlu sangêt: cabar; inggih lêrês, paduka sampun priksa prakawis pangajêng-ajêng kita ing sadèrèngipun kita dhatêng Agra. Ewadene rumêgêp paduka sarta karsa paduka sumaruwe dhatêng kawruh ing kitab suci saha cara-cara praboting greja kita ingkang pantês kawula aji-aji, kawula luhurakên, nuwuhakên pangajêng-ajêng kita, supados pêpadhangipun ingkang sipat nyata ing wusananipun inggih sagêda nrabas numusi ing budi kawicaksanan tuwin panggalih dalêm ingkang suci. Kita sampun angajêng-ajêng, malah mèh sampun mêsthèkakên sangêt, manawi grejanipun Kristus sagêd ambagèkakên rahayu dhatêng rawuh lumêbêtipun Syèh Akbar minangka salah satunggaling muridipun ingkang kalok ing jagad, yèn botên inggih malah muridipun ingkang nglangkungi misuwur kalihan sanès-sanèsipun. Ananging pangajêng-ajêng saha anggèn kita mêsthèkakên wau tanpa tuwas, punapa botên kenging katêmbungakên punika sababipun, dening tujuning pikajêngan kita dhatêng ing nagari ngriki botên sagêd ngengingi ingkang pêrlu

--- 254 ---

piyambak. Ewadene sanadyan piwulang kita kawruh agami ing ngrika-ngriki wontên sawatawis ingkang manggih pakèwêd, margi saking panglawaning kawruh kasarjanan paduka, ing wingking saking pamardi saha paniti priksa, bokmanawi ing wêkasanipun inggih sagêd tinarbuka sakathahing pakèwêd wau, anggêripun wontên karsa paduka amiwiti nguningani dhatêng sakathahing kasaenan, lubèring kadarman ingkang dados têtanggêlanipun greja kita ing tanah kilèn; ing nagari ngriki inggih badhe kableberan kasaenan tuwin kêmirahan, samangsa greja wau sampun anggadhahi panguwasa wontên ngriki."

Sang Nata Akbar ngandika malih: "Langkung prayogi ing sapunikane, pitêdah kang mangka wêwaton ungêl-ungêlane piwulang sampeyan, sampeyan sisihake mawon rumiyin, kula kuwatos, yèn kula kalihan sampeyan tansah botên badhe rujuk ing pamanggih. Punapa malih ing wêkdal punika manah kula sawêg botên lêjar, pêpabênan kawruh. Namung sakêdhik, cariyos sampeyan kang sampun kêlajêng kêwêdal bab prakawis kêsaenan kadarman kang badhe kula wangsuli. Kula inggih rêna anggêga lan ugi manggih sabab kathah anggèn kula anggêga, yèn piwulanging agami Kristên mila inggih kathah damêlipun: kêsaenan ing jagat. Kados ta kang kalêbêt wicalan saking kang kathah-kathah, lan langkung sae tinimbang sanès-sanèsing agami kang kathah, punika bab pandamêl tumanjane wêwaton: asih ing sasamining tiyang, lan botên ngetang dhatêng awake piyambak, sanadyan piwulang kang makatên punika sadaya botên namung dumunung ing agami sampeyan piyambak, kados kang sampun kita pitêdahake dhatêng sampeyan rumiyin, ananging wontêne kêsaenan, saking pamanggih kula inggih lajêng wontên awone, botên sakêdhik. Punapa sampeyan botên sampun anggêgasah mungkate hawa nêpsu saking kêsabaran kang dahat wêntala, bokmanawi namung punika panggasah ingkang dèrèng nate dialami ing jagat. Bangsa sampeyan para pandhita punapa botên sampun mlêbêt ing gêgêlênganing panyikara utawi panganiaya wontên ing nagari-nagari sampeyan piyambak, ing tanah kilèn, tumrap dhatêng ing sasamining tiyang? Punapa bangsa sampeyan para pandhita kang sampun amêngkoni kawruh kasaenan, botên sampun nate ngukum tiyanga atusan lan ewon dumunung ing saka panêkakan lan ing tumpukan kajêng pambêsêman? sababe namung sapele, jalaran têtiyang wau namung anggèsèhi pamanggih ingatase pêpathokan kapêrcayan. Punapa punika sampeyan wastani pandamêl kêsaenan? Yèn mila inggih makatên, dados pamanggih sampeyan kang diwastani kêsaenan lan kamirahan punika: anèh.

--- 255 ---

Punapa malih pamanggih sampeyan bab asih ing sasamine tiyang, punika inggih kalêbêt aèng."

Ing kala punika sang nata taksih andumugèkakên pangandika kalihan mandêng dhatêng Sang Padri, bêbasan ngantos naratas malêbêt ing manah, têmbungipun sang nata; "Sapunika sampeyan cariyos kajêng sampeyan, kula Akbar kang miturut carita sampeyan piyambak dumugi sapriki sampeyan luhurake lan sampeyan aji-aji, badhe sampeyan êkèn punapa, samênggah kula sampun malêbêt Kristên dados kawulane salah sawijine ratu kang manut miturut ing sapangrèh sampeyan, punapa kula botên badhe sampeyan lêbêtake ing guwaning pakunjaran? dene yèn ambangkang botên purun anggêga dhatêng panutan sampeyan? Punapa kula botên sampeyan pasrahke dhatêng hakim: lajêng mêrnahake kula dhatêng grama pambêsêman?"

Sang pandhita sarêng mirêng pangandikanipun sang nata ingkang makatên wau: gragapan mundur sajangkah, awit Sang Padri botên nyana, manawi badhe tampi pandangon ingkang makatên. Gèk wangsulanipun kemawon kadospundi? Sampun mêsthi kemawon botên kenging dipun selaki, bokmanawi inggih sagêd ugi kêlampahan makatên, bilih wontên lêlampahan kados ingkang dipun pangandikakên sang nata wau.

Sang Padri Rodolpho Aquaviva amangsuli, aturipun kalihan groyok: "Ingkang Sinuhun, sadaya wau kados botên kêlampahan sapunika, ingkang gadhah cipta kemawon sintên, dene Sang Akbar, ratu agung ing Indhustan dados kawulaning salah satunggalipun ratu kawula.

Sang Nata Akbar gêntos ngandika: "Mila têmtune inggih botên sagêd kêlampahan, punika bêgja kula; ananging miturut wangsulan sampeyan, nandhakake yèn pangintên kula wau mênggah kêlampahana mêkatên sayêktos, inggih wontên lêrêse. Sapunika sanès kang badhe kula pitakèkake, sarèhne kula ratu ing Indhustan, punapa inggih kula namung badhe sampeyan damêl kados salah satunggaling para ratu kang manut miturut ing sapangrèh sampeyan, kados rencang sampeyan, lan kados dêdamêl sampeyan kangge pirantos nindakake pamêksane greja sampeyan? Mila sampeyan inggih kumêdah sangêt ambudi mlêbêt kula Kristên. Yèn makatên wangsulan kula dhatêng sampeyan namung sapisan punika kemawon, lan kangge ing salamine, sampeyan babar pisan botên badhe sagêd mêningi ngrasuk kula agami Kristên, sanadyan kula inggih rujuka babar pisan kalihan piwulange kitab sampeyan Injil, malah lajêng anggilut lan angrasuk agami sampeyan kang kalayan ngêblak utawi sêsidhêman. Ewadene kula inggih mêksa botên sagêd ngakêni pangidhêp kula dhatêng

--- 256 ---

greja sampeyan, awit kula inggih mangêrtos dhatêng bêbaya kang badhe pinanggih ing wingking dening pangakên kula wau, tumraping nagari lan kawula kula."

Sang Padri Aquaviva amangsuli malih: "Yèn makatên nuwun inggih sampun botên wontên pangajêng-ajêng kita malih, kajawi namung anênuwun dhatêng gusti nabi kita sagêdipun kita angsal kaelokanipun: anyêmbadani panuwun kita, saha sagêdipun kêlampahan panjangka kita ingkang sapunikanipun taksih sèkèng sangêt, panuwun wau sampun kula tamtokakên manawi ing wêkasanipun badhe kabul." Sang nata ingkang kuwasa linangkung, mugi kauningana saha kagaliha atur kawula, sanadyan para tetungguling jagad, botên sagêd nglawan dhatêng kaelokanipun nabi kita, gusti nabi kita inggih badhe ngukum dhatêng tiyang ingkang purun ambangkang dhatêng karsanipun, namung panjênênganipun nabi kita ingkang unggul piyambak, kori-korining naraka botên badhe angrayud sela parangipun Petrus, dene Kristus badhe angrawuhi kalihan andunungakên grejanipun ngantos dumugi ing pungkasaning jagat."

Sang Nata Akbar ingkang wêkasanipun sampun ragi ical sabaring galihipun, angandika malih: "Punika nalare piyambak, mangsa boronga, dene rêmbug kula: kula kêdah rumêksa kamardikan lan wêwênange kawula kula, lan malih kêdah angayomi samangsa kawula kula manggih gora-godha sampeyan lan para mullah utawi para pandhita, punapadene para pujangga. Sapunika kula badhe cariyos sapisan êngkas, sampeyan kèndêla wontên ing nagari ngriki utawi mangkata saking ngriki sakajêng sampeyan, amêmulanga agami sampeyan wontên ing nagari kula ing saprayogi sampeyan, angêdêgna greja sampeyan, sampeyan inggih tamtu angsal pangayoman kula sami ugi kalihan para têtiyang agami Islam: tumrap ing masjide, lan têtiyang Indhu tumrap ing kabuyutane, ananging kula suka jawilan ing sadèrènge, yèn kawitane kemawon sampeyan sampun nguya-nguya dhatêng murid sampeyan piyambak, utawi dhatêng sanèse, kados panyoba sampeyan wontên pasisire nagari Malabar. Yèn wêkasane sampeyan inggih nindakake makatên wontên ing nagari kula ngriki, kalihan sanalika kemawon sampeyan kula singkirake saking nagari kula. Dene salamine kula taksih marentahake nagari Indhustan, panunggalan sampeyan satunggil-tunggila botên kenging ngidak ing nagari kula malih."

Sang Padri sakabatipun Loyola, mirêngakên pangandikanipun sang nata ingkang gumêdhe sarta ngrampungi makatên punika, nginggit-inggit ing salêbêtipun batos, ananging badhe sagêd punapa, taksih badhe matur punapa? Ngaturakên pangrêsulanipun dhatêng sang prabu, botên pisan-pisan, tansah [tan...]

--- 257 ---

[...sah] kableberan ing kamirahaning panggalihipun sang nata mawi agêng kasabaranipun. Sang Padri badhe nêmaha anglawani sang nata, punika nama nekad, sanadyan ing batos kêdah anglabêti dhatêng pangangên-angên agênging ganjaranipun, sanadyan dumugi pêjah kinaniayaa, ananging ing wêkdal punika sang pandhita botên pisan-pisan angèngêti. Saupami Sang Padri ingkang sampun tanpa daya kawêdal têmbungipun ingkang kanthi pangancam, utawi ingkang songol, sang nata inggih botên badhe damêl sakiting manahipun Sang Padri, nanging sang pandhita sakancanipun tamtu badhe kaangkatakên dhatêng Suratta. Saking ngriku lajêng winot ing baita saha lajêng kaudhunakên wontên ing nagari Goa kalihan pangaji-aji ingkang linangkung. Malah bokmanawi botên ngantos makatên, namung kagêgujêng saha tinundhung saking kadhaton kemawon. Ing kala punika Sang Padri kêraos-raos rudahing manahipun, sarta rumaos kaasorakên, dene satunggaling anggotanipun paguyuban ingkang wontên ing tanah kilèn keringan dening para bangsa sarta sagêd anjiyad nungkulipun para ratu tuwin para raja pandhita, kanthi suka lila.

Ing wusana Sang Nata Akbar lajêng amunggêl prihatosipun sang pandhita ingkang ing kala punika taksih tansah kèndêl kados wontên ingkang dipun èngêt-èngêt, wiyosing pangandikanipun sang nata srasèh kados padatanipun: "Bapa kang kula aji-aji, sangêt miduwunge manah kula, dene kula ngantos sampeyan pêksa ngalairake wicantên dhatêng sampeyan kalihan sawantahe, lan malih kêpara ragi sêrêng, nyêbal saking pikajêngan kula sing pantês kula tandukake dhatêng sampeyan, saking dening ngekahi wajib kula tumrap ing pangwasa kula. Wêdale saking sampeyan kang mêmarahi. Pramila saking kajêng kula: sampun ngantos sampeyan kesah saking ngriki kalihan ngandhut muring, kula sampun mirêng kathah lan sampun kathah angsal kula piwulang saking sampeyan lan kanca sampeyan, kang andadosake panujune manah kula. Awit saking punika, kula rumaos kanggenan kasaenan, dene kula botên sagêd mituruti pikajêngan sampeyan sadaya, sampeyan pracayaa, manawi punika andadosake prihatos kula. Dene kula lan sampeyan sulaya ing pamanggih ing bab prakawis rêmbag-rêmbag sawatawis, punika sampeyan sampun pisan-pisan gadhah pangintèn, yèn kula nyuda dhatêng pangaji-aji kula dhatêng sampeyan. Sampeyan badhe nilar kita, mangsa bodhoa, ananging andumugèkna pawong mitran, kêlampahane anulada kados lampahe panuntun sampeyan kang linuhur, kang ngandika: yèn rawuhe botên andhatêngake katêntrêman, ananging angampil pêdhang. Ewadene panujune kang luhur lan minulya: [mi...]

--- 258 ---

[...nulya:] sumêdya ambangun katêntrêman lan wêlasasih dhatêng kita manungsa."

Ing ngajêng Sang Padri Aquaviva anglawani pangandikanipun sang nata, ing samangke pêpês kêkartipun, dening kaluhuran sabda, têtela sang nata anglangkungi rahayu ing budi pakarti. Sang Padri ingkang ngangsa-angsa badhe mêncarakên agaminipun ngantos majênun, mêksa sagêd ngraosakên piyambak mênggah kotamaning galihipun Sang Nata Akbar. Utusaning Injil ingkang adatipun tanpa kèring, botên kenging rinodapaksa ing liyan, ing kala punika anggènipun badhe ngaturakên kantun sugêng dhatêng sang nata, ing galih botên keguh dhatêng wêwarahipun sang pandhita, namung mêlêng dhatêng pamurukipun imaming greja, ingkang inganggêp mangka margining karahayon, wêdaling swaranipun gajêg-gajêg, têmbungipun ragi kapêksa wêdalipun: "Sang nata ingkang rahayu ing budi, kawula sakanca nyuwun pangapuntên paduka, bokmanawi wontên pitêmbungan kawula ingkang wêdalipun damêl rêngating panggalih paduka, sarta saking gongsal-gangsuling wêdalipun, bokmanawi ing pênampi kados kirang panarimah kawula dhatêng gênging kamirahan paduka, ingkang sampun sami kawula tampèni wontên ing nagari paduka, sadaya punika wau mugi wontêna karsa paduka nganggêp namung saking kagèndèng dening katabêrèn ingkang mrasuki, ing batos saking kadêrêng kawula mêncarakên agami kawula suci, ingkang sami ugi adrêngipun kalihan panggalih paduka anggènipun tansah mêmpêng dhatêng panindaking pangrèh praja utawi pamurih karaharjaning para kawula. Malihipun kawula sakanca, ngaturakên gênging panuwun saha pamundhi dhatêng sih wilasa paduka, ingkang sampun rumêntah dhatêng kawula sakanca, dene manawi paduka botên kêparêng ing galih angaji-aji dhatêng pamuji kita, botên langkung paduka pracayaa bilih pamudyarja kita ugi sampun têbih saking nagari ngriki."

Sang Nata Akbar amangsuli urmatipun Sang Padri tanpa ngandika namung kalihan manthuk, ing sêmu karaos sumêdhoting galihipun, astanipun ngantos ebah ngiwa nêngên kados amical agêmipun têsbèh kalihan jêngkar alon-alonan saking kamar panampining tamu.

Sarêng Sang Padri sampun mêdal saking ing kamar, wontên ing margi ingkang ingapit-apit ing saka bulug ing sisih jawining kadhaton, ingkang namung kêpadhangan ing dilah sawatawis silo, Sang Padri tumbukan kalihan satunggaling tiyang ingkang amangsuli panêdhanipun pangapuntên Sang Padri kalihan ngampêt pangêsot: "Èh, asu Kristên kênèng

--- 259 ---

sibat." Grênêngipun tiyang wau kalihan enggal-enggal nglajêngakên lampahipun, inggih punika: Abdal Kadir Badaoni, badhe mlêbêt sowan sang nata. Sêsampunipun wêling unjuk dhatêng punggawa jagi, Sang Abdal Kadir tumuntên kaparêng mlêbêt.

Sang nata tumuntên ngandika dhatêng Sang Abdal Kadir makatên: "Ingsun tansah kaparêng tansah awawan pangandika kalawan sira, Abdal Kadir, mulane barêng esuk mau sira pratela arêp ngadhêp ing ngarsaningsun, ingsun iya tanpa ewuh-pakewuh: bisa tampa pasowanira, mangka sabênêre kaanane ing wêktu iki, pancèn ingsun isih kangelan bangêt bisane nglanggati pagunêmane para mitra, dening kêtaman ing kêsusahan kang kèri iki, panggalih ingsun durung pulih."

"Ingkang sinuhun, abdi dalêm kawula ngaturakên kantun sugêng, mangsanipun pangkat kula saking ngriki sampun cêpak." Têmbungipun Abdal Kadir katingalipun kalihan pakering, ananging wêdaling têmbung songol sarta botên urus, tanpa mawi mawang dhatêng sumèhing pasêmonipun sang prabu, saha gapyak-gapyuking pangandikanipun.

Sang prabu ingkang sampun kulina padatanipum Abdal Kadir, andangu: "Kapriye, mitraningsun kang ingsun trêsnani, apa sira iya lunga saka ing kene? Apa kang dadi margane, dene sira kêpêksa ninggal kene kalawan dadakan."

Atur unjukipun Sang Abdal Kadir Badaoni: "Sungkan wontên ing ngriki nyawang kawontênan ingkang sadintên-dintênipun namung adamêl mêsguling manah kawula, sarta damêl susah ngantos nratas nunjêm ing tolênging[3] sanubari, wêwah malih saking sungkan tumut tumandang ing pandamêl cidra tuwin sêkuthon ngraman, ingkang kawula sumêrêpi ngupêngi paduka, yèn ta kawula kêdangon botên oncat saking ngriki, kawula èstu badhe kasangkut tumut ingkang botên kalayan kawula têmaha. Ingkang sinuhun, kauningana, karaton paduka miring badhe rêbah, kawula sampun ngawuningakakên kala taksih tamban, ing sapunikanipun bokmanawi sampun kasèp, dene kawontênanipun ingkang sayêktos: kawula botên sumêrêp, sarta kawula inggih botên purun sumêrêp ing salajêngipun. Namung kemawon ingkang kawula sagêd ngaturakên punika: panglawan ingkang madêgipun saking kagêgasah dening panyampah paduka dhumatêng agami kita suci, kawula anggêp sampun kêrowan sarta langkung santosa, kados sampun kangelan bilih kêtanggulanga, wêwah saking murkanipun putra dalêm Sang Pangeran Salim dhatêng kaluhuran, tuwin lêlamisanipun têtiyang ingkang ngubyungi kalihan wados, inggih punika tiyang ingkang botên kirang murka ugi dhatêng kaurmatan, ingkang sami sagêd damêl kanutipun putra dalêm, pêrlunipun [pêrluni...]

--- 260 ---

[...pun] inggih sagêda angsal pangkat sarta kalênggahan ingkang sapunikanipun kacêgah tumrapipun dhatêng tiyang wau. Kawula nyuwun pangapuntên dalêm, kalilana matur wontên ing ngarsa dalêm, bilih kawontênanipun nalar wau, tumrapipun ing pangrèhing praja dalêm, èstu mutawatosi sangêt."

Sang Abdal Kadir taksih nglajêngakên aturipun, botên mawi mawang dhatêng èsêmipun sang nata, ingkang tuntung kirang sarju mirêngakên pamêthèkipun Abdal Kadir ingkang ngrêribêdi; têmbungipun: "Kawula munjuk, kawula botên badhe dangu-dangu wontên ing nagari ngriki, sumêrêp kawontênanipun ingkang tumindak ing sabên dintên, sarta sampun lami kasumêrêpan ing ngakathah, Kuran kita suci prasasat sampeyan dalêm bucal saha sampeyan dalêm idak-idak kalihan para mitra dalêm ingkang nunggil kawruh, nabi kita ingkang pantês linuhurakên, namung sampeyan dalêm campahi kalihan sampeyan dalêm ceda kemawon. Sampeyan dalêm eca-eca ngubyungi pandamêl mungkir ing Allah, saking piwulangipun para têtiyang nêmbah grama ingkang najisi, sampeyan dalêm karsa ngêdhèng tampi pisowanipun para satru kita bêbuyutan wontên ing kadhaton sarta sêsingidan wontên ing jrambah nglêbêt kadhaton, kados ta: bangsa Yahudi tuwin Kristên katampi kalayan urmat sarta rinoban ing sih wilasa dalêm, kados mêntas punika wau kawula inggih sumêrêp satunggal mêdal saking kadhaton, makatên malih para tukang sulap sarta dhukun parewangan dhêdhêmitan bangsa Indhu sapanunggilanipun, têtiyang ingkang kados makatên wau, inggih punika panulungipun setan ingkang mêngsah kita ing ngriki. Satêmênipun, ingkang sinuhun, asma dalêm Jelal Eddin Mohamèdh, punika kaluhuran sayêktos, sampeyan dalêm damêl luhuring asma dalêm Jelal Eddin, têgêsipun: kaluhuraning kapêrcayan. Ananging ingkang makatên punika, kêdadosanipun kawula wastani: pamoyoking pêpasthèn ingkang lugunipun botên makatên, dados dhapur anjlomprongakên, èstu damêl sak-ing manah. Sampeyan dalêm ngagêm jêjuluk ingkang kados makatên punika, kêdadosanipun namung kagêm pangerang-erang kemawon, sapunika malah wêwah malih, kados sadaya wau dèrèng dumugi, supados ngantos dumugi sangêt, kêdah ngatingalakên pangaji-aji dalêm dhatêng Abul Fazl, sarana ngèngêt-èngêt pêjahipun tiyang sasar-susur kawruhipun, ingkang nasarakên ing panggalih dalêm, inggih punika eblis laknat satruning bêbuyutan agami kita, inggih piyambakipun: Abul Fazl kalihan sadhèrèkipun Feizi, tiyang murtat ing agami suci, tiyang kêkalih punika ingkang nênuntun sampeyan dalêm dhatêng pandamêl ingkang botên kalal, sarta murugakên cidra saha mungkiring panggalih dalêm dhatêng agami kita suci. Pramila [Pra...]

--- 261 ---

[...mila] sapêjahipun, sampeyan dalêm ngatingalakên sangêt tanpa tèdhèng aling-aling ngegla awela-wela sih pangaji-aji dalêm dhatêng pun Abul Fazl, anglangkungi sanèsipun. Ah, mugi ing wingking dadosa têtuladan ingkang anggêgirisi, yèn botên tumrap ing gêsangipun, inggih tumrap ing pêjahipun: Abul Fazl dadosa pangèngêt-èngêt ing sampeyan dalêm ing sadèrèngipun kasèp, kawula sampun botên maibên, manawi sampun tamtu kemawon wontên ingkang ngaturakên warni-warni, ingkang dakik-dakik prakawis tilaripun pamêling Abul Fazl ingkang wêkasan, ingkang wontênipun namung saking panganggit. Ananging ingkang makatên punika dora sadaya, mugi wontêna karsa dalêm andhahar atur kawula, nyataning kawontênanipun kaumpêtakên sampun ngantos kauningan ing sampeyan dalêm; dene sapunika, sanadyan awrat anggèn kawula ngwêdalakên, mêksa badhe kawula wêdharakên sarta kawula unjukakên kawontênaning pêjahipun Abul Fazl. Kauningana, ingkang sinuhun, sampeyan dalêm tamtu kêjot mirêngakên pakabaran ingkang anggêgêtêri, ingkang wontênipun ing ngriki sadhengah tiyang sampun mirêng, kajawi namung sampeyan dalêm piyambak. Ngantos dumugi badhe wafatipun Abul Fazl, ing salêbêting piyambakipun taksih sagêd wicantên namung tansah ngawon-awon Allahipun, ngantos siya-siya sangêt, lajêng piyambakipun anjêgog kados sagawon, ulatipun anjênggurêng mirat-mirut, lambenipun biru, kados sampun kêraos wiwit sêdhih badhe mapagakên paukuman langgêng ingkang badhe pinanggih."

Sarêng dumugi samantên anggènipun sang nata anguja kalihan sabar ing saungêl-ungêlipun tiyang majênun ingkang ringas bêbudènipun, sang nata tumuntên ngandika èsmu kêbrangas ing galih: "Iku goroh, goroh kang nistha, iku pangala-ala nistha lan asor, kaya ta sira wong kang ambêg ambudi marang ajuning agama, têka bisa têmên mraceka cêcêmêr, ninggal pamikir bêcik, pêrlune sira anggo nylorèngi budi rahayu, nanging tanpa gawe. Prakara kapriye patine lan pituture Abul Fazl nalika arêp wafat, ingsun wis wêruh têrang dhewe saka wong kang kêna dipêrcaya bangêt, wong kang ora bisa gawe-gawe cature. Aturira doracara, bêcik sira sumpêta, ingsun ora kêpengin mirêngake bacute. Ingsun wis mirêngake wêtune pitêmbunganira kang dêksura mau kalawan saranta, sira nekad angapyuk wadananingsun kalawan têmbungira kang murang tata, suprandene ingsun mirêngake bae kalawan sabar, kaya-kaya wis ora ana ratu liya kang bisa nelakake koma-komane marang sira kaya ingsun iki, suprandene kabêcikan ingsun sira selaki. Kang mangkono iku ingsun ora bisa saranta, umpah-umpahên [umpah-...]

--- 262 ---

[...umpahên] ingsun, wirangna ingsun, ing prakara panêmuningsun ingatasing kawruh ingsun kang jujur lan kang ingsun sênêngi dhewe, pisuhana ingsun, Akbar ratunira, iya bêcik, sira bakal ingsun ngapura, ananging aja pisan-pisan ngala-ala mitraningsun kang tuhu sêtya marang ingsun, kang nêmu pati cinidra, yèn mêngkono ingsun bakal ngagêm bêbênêran lan pangawasan ingsun kang bisa ambungkêm lesane wong kang dahat asor lan jirèh, dene ngala-ala mungsuhe kang digêthingi barêng wis mati, wis ora bisa malês, iku kuwanèn nistha, jênênge. Kapriye panêmune wong kang ambêk mungkul marang agama, têka wêntala nindakake kang mangkono."

Aturipun Abdal Kadir kalihan nyawang dhatêng wadananipun sang nata tanpa ngêdhap, têmbungipun: "Sumangga gulu kawula, sampeyan dalêm kados sampun nguningani, manawi kawula badhe nucèkakên gêsang kawula wontên ing asta dalêm, gêsang kawula salaminipun pancèn inggih kawula angge anjagèni lêlabêting sampeyan dalêm, sumangga ing sakarsa dalêm, dene manawi pêjah kawula botên sagêd minangka pèngêt lêlabêtan kawula, inggih sagêda mangka pangarêm-arêm nglêgani duka dalêm ingkang botên lêrês, kawula sampun ngaturakên kawontênan ingkang kados-kados lêrês, sadaya nalar ingkang kawula sumêrêpi, kawula wutahakên wontên ing ngarsa dalêm tanpa tèdhèng aling-aling, pêrlu kadhahara atur kawula utawi botên, kawula sampun nêtêpi wajib, dene sampeyan dalêm: inggih wontêna karsa dalêm nêtêpi wajib, utawi ing sakarsa dalêm, pundi ingkang dados karsa dalêm."

Sang Nata Akbar èngêt dhatêng watak-wantunipun Abdal Kadir, ing kala punika sampun lilih dukanipun, tumuntên mêdhot aturipun, pangandikanipun: "Wis cukup, ingsun wis ora ngarêp-arêp pati uripira, sira mundura, slamêt tanpa pilara; ananging poma, aja nganti wani-wani ngaton ing tingal ingsun manèh."

Abdal Kadir tumuntên mingêr badhe mundur palarasan saking ngarsanipun sang nata tanpa atur wangsulan sarta tanpa pamit, lajêng lumampah dhatêng gêgubah ing marginipun jrambah kalihan andêngangak ladak katingal ing ulatipun.

"Abdal Kadir!" Timbalanipun sang nata, sarêng Sang Abdal Kadir sampun amiyak gêgubah ing margi badhe mêdal ing jawi, mirêng timbalanipun sang nata, tiyang Islam ingkang gak kadugi wau lajêng wangsul ing batos gumun, malah mengonipun kados botên sinêdya. "Aja mung pêpisahan mangkene bae, awit têpung ngsun lan sira wis lawas bangêt, apamanèh ingsun lan sira wis padha aji-ingajenan, ingsun

--- 263 ---

uga ora nyelaki ing pangaji-aji lan rumêgêpira marang ingsun, sanadyan ingsun lan sira gèsèh ing panêmu, kacihna saka ing kêbrangasanira, dene mungguh ingsun ora pisan-pisan ambatalake pangaji-ajiningsun marang sira, sira ingsun anggêp wong winasis, lan ing prakara kang akèh-akèh iya wong pintêr, dene kang luwih manèh tumrape ing mangsa cidra iki, sira kalêbu ingsun arani wong kang burus lan têmên ing budi, ingsun ora dhêmên yèn ana wong ninggal ingsun kanthi muring, saya manèh sira, saiki sira wis ingsun lilani mundur, ingsun wis mêngêrti yèn kudu mangkono, sira ora bisa nglakoni yèn ora mangkono, nanging lunganira aja kanthi ngêndhêm kasêngitan. Elinga yèn ingsun lan sira wis lawas padha têpung bêcik tanpa ana pasulayane, dene jalarane pêpisahan ingsun kalawan sira, ora kêna ora iki tumuli sira lali-lalia bae, apa sira saguh nglêgani?"

Ing wiwitanipun sang nata ngandika makatên wau, katingal ing sêmunipun Sang Abdal Kadir taksih mrengut kados adatipun, botên ewah ing salêbêtipun sang nata ngandika mêlasasih punika, ananging dangu-dangu ulatipun katingal padhang. Kados bokmanawi botên wontên tiyang majênun ing agami ingkang lajêng sagêd tampi têmbung pangêrih-êrih kados Sang Abdal Kadir, ingkang ing kala punika lajêng ngalumpruk kandhih dening kotamaning galihipun sang nata, ingkang kawêdal ing pangandikanipun: satuhu ratu bèrbudi, wicaksana mêngku paramarta. Sanadyan ing kala punika Sang Abdal Kadir botên sagêd kawêdal wicantênipun punapa-punapa malih, ewadene katingal ing solahbawanipun. Ing nalika sang nata ngathungakên astanipun aparing salam, lajêng kacêpêng kalayan mantêp, ing nalikanipun Sang Abdal Kadir tumungkul mahargya; ngantos tumètès luhipun dhumawah ing asta. Samantên karaos-raosing manahipun, dening kaluhuran sabda, saha lajêng mundur saking ngarsa nata, ing salaminipun botên wangsul. Makatên malih Sang Nata Akbar inggih badhe botên priksa malih dhatêng Sang Abdal Kadir ing salaminipun.

Ngantos dangu Sang Nata Akbar mandêng dhatêng gêgubah ingkang tumutup kapêngkêrakên dening mitranipun lami, saha lajeng tindak sêngkayigan dhatêng jrambah ingkang kawêngakakên, sarta lajêng mriksani dhatêng pêpadhanging rêmbulan ingkang nyulaki pataman ingkang kala punika sampun nyênyêd tanpa wontên sbawanipun, kajawi namung mirêng kumriciking umbul, toyanipun katingal sumawur kasunaran padhanging rêmbulan, sang nta tumuntun ngasokakên sarira sareyan wontên ing rêsban marmêr ingkang asring kaagêm ngasokakên salira, wadananipun tinutupan ing asta.

Sang nata kêraos-raos, mitranipun gêgêntosan nilar. Abul

--- 264 ---

Fazl sampun botên wontên, pêjah cinidra. Pandhita Kristên Rodolpho Aquaviva anilar sang nata kalihan muring ing manah. Abdal Kadir Badaoni tiyang Islam mungkul ing agami sampun pamit nilar kesah ing salaminipun, mangka anggènipun sami nilar, kalêrês ing wêktu sang nata sawêg karaos pêrlu kêdah kêrêp angenggar-enggar panggalihipun kalihan para mitra sarta pêrlu angsal pambantunipun: manggalih kalihan para mitra. Wusana anggènipun sami nilar kesah têka sawêg mangsa ebahing jaman kados sapunika, ingkang jalaran saking putranipun sang nata piyambak: madêg suraning jurit, purun ngraman badhe angrêbat kapraboning rama, ingkang sampun lami dipun wêngkoni ingkang rama kalihan santosa dados karaharjaning para kawulanipun, sami kabêrkahan kotamaning galihipun sang prabu. Tuwuhing usrag-usrêgan wau jalaran saking kapêrluaning agami, saking sawênèhing kapêrcayan ingkang jujur salugu, punapa saking lampah lêlamisan. Dene anggènipun Sang Pangeran Salim badhe karsa ngraman punika atas namaning agami, punika sampun kenging katamtokakên.

 


dêdamêlipun. (kembali)
§ Pikajêngipun bokmanawi sarèhning dèrèng ngrasuk agami Kristên. (kembali)
têlênging. (kembali)