Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 264–297)

Judul
Sambungan
1. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 001–034). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
2. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 034–066). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
3. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 066–099). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
4. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 099–132). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
5. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 132–165). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
6. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 165–198). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
7. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 198–231). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
8. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 231–264). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
9. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 264–297). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
10. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 297–336). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
Citra
Terakhir diubah: 23-10-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Mênggah sumêbaring pawartos amastani têtela, yèn Narasinha punika namung dados abah-abahing para mrêndêng ing agami kemawon.

Ing salêbêtipun Sang Nata Akbar sareyan wontên ing rêsban marmêr kalihan anggagas, pangunandikanipun sang nata: "Agama, agama, iku apa? apa iku kalairing kaanan kang dumunung ing badan alusing manungsa? kaanan kang anggawa bêgja lan rahayu, kang bisa gawe rumangsane apês wong kang sipat ora langgêng, lan kang bisa anjunjung marang awake marang karahayon, agawe andhap asoring pikire lan gawe luhure mangka sêsêmbahan sisan, anggawa kênikmatan lan kamuktèn lan kabêcikan, kang linuhur, kang tinarima ing alus kita, kang nênangi ati kita, supaya kita padha sih-sinihan, lan urip kita bisa agawe karaharjaning sapadha-padha. Apa agama iku mung kalaire kaanan lêlara kang gawe susah lan andrawasi bae, kang mung marakake manungsa saya mundhak pambêkane lan kuwanène bae marang sapadha-padhane; saya jêro pangawruhe saya bangêt pangangsa-angsane, nganti kaya edan pangugêm-ugême, malah kadhang-kadhang banjur ngangkah kêlayune wong kang bêcik dhewe lan kang rahayu dhewe bêbudène, diojok-ojoki kanggo gêgaman olèhe nandukake kasêngitane lan pangipat-ipat marang padhaning uwong, ya iku dadi kaya wong edan kang anjêlomprongake wong bêcik mênyang panggawe ala, nuwuhake raja pati lan kêkêrêngan mêmatèni. Apa manungsa iku iya bakal bêgja utawa sangsara, yèn marèni anggone anggilut

--- 265 ---

mênyang agamane dhewe-dhewe. Pitakonan iki ora ana kang bisa mêthèk, luwih akèh bangêt sulayane, kang padha nyulayani wis padha samêkta tanpa pinikir olèhe arêp amangsuli. Kang akèh dhewe kandhane: yèn ora ana agama, iya wis ora ana karahayon manèh tumrap ing manungsa, lan ora ana tata ing akèh. Nganti tumêka samono panêmune kabèh iya padha bae. Ananging agama êndi kang bêcik dhewe. Yèn wis têka samono banjur wiwit tuwuh ing pasulayan, siji-sijine ngarani: agamaku kang bêcik dhewe. Yèn wis mangkono banjur bae pêdhange wiwit diunus saka warangka, mimis lan pangroda paksa banjur tumindak minangka kanggo pancasan êndi kang dianggêp bênêr. Yèn mangkono apa iya kêna dirêmbug mungguh ana sawijining agama kang padha kanggo lan kang bisa nglêgani mênyang sakabèhing uwong lan bisa ngumpulake sakabèhe manungsa supaya padha asih trêsna ora diya-diya rêbut dhuwuring kawruh ing agamane dhewe-dhewe. Apa pangenak-enaking atiningsun rumasa olèh panêmu kang mangkono iku dumunung impène wong kêblingêr bae? Barêng ingsun wêruh kaanane nyulayani karo karêp ingsun. Adhuh! kelangan mitra iku abot rasane, ewadene bokmanawa luwih abot manèh kelangan gagasan adi kang dikarêpake."

Batên[1] dangu kêsaru sowanipun Sang Feizi ingkang mila sampun kalilanan sowan kêpanggih ing sang nata tanpa mawi kalantarakên. Sang Feizi ngadêg anjêjêr wontên ing sandhinging pasareyanipun sang nata, adamêl cingakipun.

"Kawula nuwun, gusti, mugi sampun kêlajêng-lajêng prihatos, mugi kagaliha, manawi kêpanjang-panjang badhe tanpa guna, botên wontên pikantukipun, panggalih dalêm kasèlèhna kemawon, sanadyan kawula adatipun rumaos tanpa kêrkat, manawi andulu kêkêncênganing panggalih dalêm, sapunika têka gadhah atur pamrayogi, awit kêpêksa kumêdah ngèngêtakên; kauningana, ingkang sinuhun, kawula inggih botên kirang prihatos kecalan sadhèrèk ingkang pantês kawula aji-aji sarta kawula luluti, sami ugi kalihan gêgêtunipun panggalih dalêm kecalan pinitados ingkang kenging tinantun-tantun prasêtya ing manahipun, punapa malih mitra ingkang sampeyan dalêm trêsnani, ananging kita kêdah jagi-jinagi, sampun ngantos kita kandhih dening prihatos, langkung malih tumrapipun sampeyan dalêm, sampun ngantos prihatosing panggalih dalêm lajêng damêl kêndhoning karsa dalêm, sampun ngantos panggalih dalêm utawi manah kawula kandhih dening kêsusahan ngantos ngatingalakên kêndho kita dhatêng bêbaya ingkang tansah badhe andhatêngi ing karotan dalêm. Punapa sababipun dene kawula ngantos kamipurun gadhah atur ingkang samantên, botên langkung namung saking gênging pangowêl kawula dhatêng sampeyan

--- 266 ---

dalêm tuwin karaton dalêm, pramila prayogi kaberata sêkêling panggalih dalêm, sampun ngantos kêlajêng-lajêng, tumrapipun sampeyan dalêm botên sae kêdadosanipun. Dhuh! ratu gusti kawula, samênggah sadhèrèk kawula Abul Fazl sumêrêp kêsêkêlaning panggalih dalêm ingkang makatên punika, tamtu inggih lajêng angakêni, manawi botên namung salimrahing tiyang kemawon ingkang kenging ing kasusahan, sanadyan Sang Nata Akbar piyambak inggih botên sagêd kalis dhatêng prihatos: ngantos nglêntrih."

Sang Nata mirêngakên aturipun Feizi lajêng paring wangsulan: "Mitraningsun kang tuhu sêtya lan ingsun aji-aji, bangêt panarimaningsun marang pasajaning pituturira, têmbungira agawe rumasane panggalih ingsun, yèn ingsun iki wong lanang. Panênangi kang mangkono iku tumrap ingsun ing wêktu iki pêrlu, ewadene mungguh kang dadi sababe anggon ingsun kêrasa-rasa kaya kang sira wêruhi nganti jêro kagagase panggalih ingsun iki mau, rada kliru pamêthèkira. Iya bênêr, panggagas ingsun mau dadi pangrêmbugira, ananging ing sanalika mau, kang ingsun gagas-gagas nalar seje, kèngêtan ingsun marang sadulurira kang ora pisan-pisan ingsun lalèni: mung sumêla sawatara."

Ing kala punika Sang Nata Akbar lajêng ngandikakakên dhatêng mitranipun prakawis kawontênanipun ing nalika sang nata manggihi pisowanipun Sang Padri Aquaviva sarta Sang Abdal Kadir badhe sami pamitan, sarta sang nata inggih lajêng ngandikakakên prakawis anggènipun nungkul ing gagasan.

Sasampunipun Sang Feizi ngèngêt-èngêt sawatawis, lajêng munjuk ing sang nata: "Mirid pangandika dalêm wau sadaya, kawula lajêng kèngêtan malih dhatêng gusti ratu kawula ingkang lêgawa ing galih, inggih mitra kawula ingkang tansah ambudi dhatêng kridhaning kasarjanan linangkung. Kawuningana, ingkang sinuhun, mênggah tumrapipun ing kawula, bab prakawis ingkang sampeyan dalêm gêpok, punika saking pangraosing manah kawula, kawula botên patos kèlu dhatêng kawontênan ingkang limrahipun dipun wastani agami, ing salaminipun kawruh wau taksih kalêbêt ing saèmpêr raos pangraosing ilmi panjing suruping pêjah tuwin pamoring kawula gusti, tanpa isi ingkang sanyata, langkung malih manawi suraosipun botên nyata, tanpa pitêdah têrang, kajawi namung awêwaton panganggit sarta piwulang ingkang dadosipun sarana pangangên-angên. Pramila sampun lêrês kemawon, dene têtiyang sami mastani kawula tiyang pasèk. (Pasèk, têmbung Arab, têgêsipun: botên pitados dhatêng wontênipun Allah). Ewadene awit saking punika, kawula inggih dede sangêt tiyang ingkang botên

--- 267 ---

pracaya dhatêng agami, punika kosok wangsul, kawula pracaya sangêt, ananging kapracayan kawula awêwaton kêkah, sabab alandhêsan kawontênan ingkang pinanggih ing lêlampahan. Kajawi ingkang kathah-kathah, kawula pracaya dhatêng wêwatoning pamêncaran ingkang lumintu (de wet der gestadige ontwikkeling), sarta botên namung prakawis pêncaripun badan wadhag kemawon, ugi bab prakawis pêncaring roh sarta pêncring[2] èngêtanipun tiyang. Saking pamêncaran ingkang lumintu wau, kawula lajêng mangêrtos dhatêng pambatangipun cangkriman ingkang angèl, ingkang dados pangajêng-ajêng paduka saha para pambangun tuwin para ingkang sami ngêdêgakên agami, sapunika lajêng sagêda narbukani, ananging salêrêsipun dèrèng paja-paja. Mugi kagaliha, mulabukanipun kita manungsa punika saking pundi? sapunika sampun dumugi ing pundi? sarta kaetanga dumuginipun taksih sapintên malih laminipun. Saking pamanah kawula, kita manungsa punika asalipun kewan, botên sanès saking punika. Sasampunipun kêlampahan maèwu-èwu taun lajêng dados gadhah èngêtan, utawi dados kawujudan ingkang gadhah panggraita sae mèmpêr manungsa ing jaman sapunika, dene manawi ing têmbe sampun kêlampahan pintên-pintên èwu taun malih, kados punapa kemawon kêdadosanipun kita manungsa. Punapa kita manungsa malah botên namung kita sawatawis kemawon, bokmanawi inggih sadaya manungsa, awit saking tansah lumintunipun panitipriksa, utawi saking panuntuning kêmajênganipun kawruh ingkang saya mindhak inggil, punapa benjing ing wêkasanipun botên sagêd sumêrêp dhatêng gêgayutanipun samubarang ingkang tanpa wangênan sarta langkung pêrlu. Yèn sampun makatên, punapa kita ingkang sampun marêm dhatêng sêsêrêpan wau sarta rêmbag kita inggih sampun sumèlèh angsal sêsêrêpan wau, lajêng botên sagêd ngicalakên babar pisan sadaya supênan ingkang ing sapunikanipun taksih tansah anggubêl ing kita mawi nama ingkang sakeca ing pamirêng, inggih punika agami. Agami punika salugunipun manawi dipun manah ingkang sayêktos: botên sanès kajawi namung tarekah mangka pirantos kangge anglêgani kapencut kita dhatêng kolon kita piyambak, sarta dhatêng katamtuan manggèn kita sapunika sarta gêsang kita ing benjing, ingkang botên kenging botên sagêda manggih karahayon. Punika botên sanès malih, inggih saking tuwuhing pangangên-angên kemawon."

Sang Nata Akbar amangsuli pangandika: "Panêmunira muluk, têbaning pamawasira adoh, kadhang-kadhang angungkuli panêmu lan sêsurupan ingsun, kang ingsun èngêti iya urip kita ing saiki, dene prakara kêdadeane ing buri-buri,

--- 268 ---

iku mung sawatara kang gawe pangimur-imuring panggalih ingsun."

Sang Feizi munjuk ing sang nata: "Kawula inggih angèngêti kawontênanipun gêsang kita ing sapunika, malah-malah punika kalêbêt wiwitaning pêpathokanipun kapracayan kawula, bilih kita manungsa utaminipun kêdah nêtêpi wajib kita ing sapangkat-pangkat kita ambudi karaharjaning sasami; mila inggih yêktos, bilih sadaya pambudidaya, sadaya kawruh, punika tanpa guna, manawi botên wontên kayêktosanipun, sarta bilih tumindakipun dipun kalêntharakên kemawon, sampun ngantos namung nglêntharakên badhe tumanjanipun pambudidaya tuwin kawruh ingkang migunani ing ngakathah, mumpung kita taksih gêsang. Awit manawi botên katanjakakên, sarta botên kita lampahi, inggih kêsasar panganggenipun kawruh utawi pambudidaya kita, tuwin tanpa damêl anggadhahi pambudidaya, anggadhahi kawruh; beda kalihan manawi katumrapakên, utawi beda kalihan ingkang tansah tabêri binudi tumanjanipun, sagêdipun kawruh wau damêl kasaenanipun ing ngakathah, sagêd tumanja migunani sayêktos, andadosakên prihatos, manawi kêcuwan botên sagêd kêlampahan. Makatên ugi bab prakawis ingkang kita wastani agami, sarta ingkang langkung tamtu punika, agaminipun satunggaling bangsa utawi pangintênipun satunggalipun bangsa prakawis barang ingkang botên katingal. Agami wau pêncaripun botên ing sanalika, sami ugi kalihan sabarang sanèsipun; punika miturut ing pitêdahipun satunggaling pambangun agami, ingkang sagêd amêndhêt manahipun tiyang, saha damêl kêlayunipun; sanadyan makatêna kêlampahanipun inggih alon-lonan, malah tumindakipun inggih sasêlot-sêlotipun ngantos atusan taun. Punapa malih kêdah dipun rumiyini dening wahananing kadumugènipun jangji ingkang pêrlu. Sadaya kêmajênganipun bangsa kêdah mawi dipun cawisi dhêdhasar kawruh kaalusaning budi rumiyin,[3] makatên malih dhêdhasar kawruh kaalusaning budi, punika botên sagêd ginayuh ing satunggiling bangsa, manawi bangsa wau botên anggadhahi sarana nyêkapakên kabêtahaning gêsangipun. Pramila botên sagêd kêlampahan tanpa karaharjaning bangsa; ananging punapa bab prakawis dhêdhasaring sadaya kawruh kaalusaning budi, sarta tumêngkaring kasagêdaning bangsa kita: badhe adamêl jalaranipun panêtahing salira sarta prihatosing galihipun satunggaling nata, kados sêsêmbahan kawula Ratu Akbar? Punapa pandugining galihipun: taksih kirang, utawi botên sampun kathah anggènipun damêl karaharjaning

--- 269 ---

para kawula ing wêwêngkonipun. Kawula nuwun, Gusti mugi nguninganana; pandamêl paduka ingkang sampun rampung, kagaliha mawi nyingkirakên rumiyin panggalih dalam[4] dhatêng pangawruh ingkang babagan agami. Punapa angsal-angsalanipun pambudi dalêm ingkang sampun gumêlar kathah, sarta damêl kasaenanipun dhatêng para kawula dalêm punika: botên saya nênangi panggalih dalêm, saya kèndêl saha tabêri anggènipun andumugègakên pambudidaya ingkang sampun dipun wiwiti."

Mênggah unjukipun Sang Feizi ingkang makatên punika, mila inggih sayêktos, botên namung têmbung lêlamisanipun satunggaling abdi dhatêng ratunipun kemawon, awit Sang Nata Akbar ingkang sampun amiwiti ngewahi ingatasing panggêsanganing para kawulanipun alit, saha sagêd wilujêng kalampahanipun; malah inggih taksih kadumugèkakên. Dene katawisipun inggih sagêd kasumêrêpan ing jaman atusan taun ingkang nusuli, bilih aturipun Feizi wau botên umuk, wontên nyatanipun. Awit bab karsanipun sang nata, prakawis ingkang magêpokan ing agami, ing sasedanipun sang nata: sampun botên wontên tilas-tilasipun malih, ananging bab prakawis pranataning sabin tuwin dhusun-dhusun punika taksih minangka wêwaton ingkang linangkung piyambak, kangge paugêran dhatêng pranataning pasitèn ing satlatahing tanah Indhustan ingkang kantun-kantun. Lajêripun inggih pêpiridan pranatan iyasanipun Sang Ratu Akbar, punika ingkang badhe katumrapakên ing tanah Indhiya-Nèdêrlan dening bangsa Inggris ingkang dhadhag saha limpad ing budi, ingkang pancènipun inggih badhe sagêd migunani, sampuna lajêng karisak babar pisan dening bangsa kita piyambak, saking talumpenipun para pangrèh ingkang kantun-kantun, saha saking botên mangêrtosipun.

Amangsuli cariyos ing nginggil, sarêng sampun kèndêl unjukipun Sang Feizi, Sang Nata Akbar tumuntên ngandika: "Iku iya kawajibanira manèh, Feizi." – Ing nalika punika sang nata kalihan gumregah saliranipun katingal sêmbada anjalêri, saha mastakanipun tumênga: ing sêmu berag ing galih malih. – "Iya bênar unjukira, kita kudu tumandang, ora mung ngimpi bae, kudu nyambut gawe ing sajrone isih awan, aja nganti kêmba, lan aja nganti têndhag. Sira lan kancanira kang ingsun pracaya, muga ambantua mênyang ingsun, saya manèh ing wêktu iki ingsun kelangan pambantu kang santosa, lan manèh ingsun wani nyaguhi, yèn sira bakal rêna andêlêng marang panggawene Akbar, kayadene rênaning atinira ngrasakake marang panggaweanira dhewe. Ing saiki ingsun karsa mituduhake pasêmon manèh sapisan êngkas, sanadyan sira nampik pasêmon, ananging siji iki masthi

--- 270 ---

kalêbu ing pamikirira. Tontonên sulaking bêngi kang padhange mung manda-manda ing kadohan kae, iku ingsun upamakake kaanane nyawaningsun kang wus pirang-pirang dina lan luwih suwe manèh nêmu pêpêtêng, ewadene sêsuk srêngengene iya katon munggah manèh. Kaanane iku iya ingsun anggo upamane panggalih ingsun, padhang trawangan ora kalingan mega, dudu satilahe panggalih ingsun ing saiki, satilahe yèn panggalih ingsun kudu mangkono. Rak iya mangkono iku ta! wajibing narendra lan para nayakane kang tinari-tari ing sajroning kamajuane para kawula isih gumantung ana ing ratu lan para nayakane? Durung obah saka karêpe dhewe. Yèn mangkono narendra lan para patarènane iku upamane sangkaning pêpadhang kang gêdhe supangate, lan manèh minangka êtuking daya panguripan tumrap ing nagara kang diêrèhake, dene yèn ingsun nganti lali utawi nganti kalangkip, sira banjur angèngêtna, ya iku kang dadi wajibing nata, kayadene kang ditindakake Abul Fazl pasal biyèn, banjur pituturana kaya unjukira marang ingsun iki mau: aja nganti uwas sumêlang atinira, yèn dadi runtaking panggalih ingsun."

__________

--- [271] ---

XIV. Konangan.

Sampun pintên-pintên dintên sang nata anggènipun mangkat dhatêng tanah bang lèr amandhegani wadyabalanipun. Sakathahing pawartos nyariyosakên, manawi sang nata sampun têbih saking nagari Agra. Ing nalika wau Sang Siddha tansah angêntosi dhawuh anggènipun anusuli wadya dhatêng wadyanipun andhahan ingkang sampun mangkat rumiyin. Pramila botên anggumunakên, dene ing sadangunipun angêntosi, Sang Siddha kêrêp anuwèni Sang Rezia inggih inggih nuwèni kalulutanipun, ewadene Sang Siddha botên Gulbadan. Makatên malih ing dalu punika sang sinatriya sagêd nyêlaki, manawi galihipun ing kala punika botên kados adatipun, awit ing wêktu ingkang kantun punika sang sinatriya dangu-dangu saya botên pêrcaya dhatêng pawèstri ingkang ngenyutakên galihipun wau, awit tindak-tandukipun angodhêngakên sangêt dhatêng galihipun sang sinatriya. Dene anggènipun ing kala punika taksih karsa nuwèni malih dhatêng pawastri[5] ingkang dados panggodhaning galihipun punika, ing sasagêd-sagêd satêngah badhe nyumêrêpi ingkang saya cêtha dhatêng wêwadosipun, sarta dhatêng wadosipun para kraman ugi, malah ing kala dalu punika Sang Sinatriya Siddha botên patos kagungan panyana, bilih badhe saya kathah pamirêngipun ingkang pancèn botên dados karsanipun. Sarêng tindakipun sang sinatriya dhatêng ing suyasanipun Sang Rezia dumugi ing kori bêbutulan, ingkang dumunung ing pagêr banoning pakêbonan, sangêt gumun ing salêbêting galih, dene korinipun botên kakunci kados adatipun, saking botên satiti sorogipun taksih katilar wontên ing sêlot. Sarêng makatên Sang Siddha inggih sampun botên susah asung tandha kados adat sabên, manawi badhe lumêbêt. Sarêng Sang Siddha sampun dumugi ing salêbêting pakêbonan, sarta korinipun kainêb kalihan pangatos-atos, sang sinatriya enggal-enggal tindak turut ing margi ingkang kaapit-apit wit-witan. Dene ing sadumuginipun ing sacêlaking èmpèr dalêm, Sang Siddha manggih jalaran malih ingkang andadosakên gumuning galihipun: Ing ngriku katingal wontên tiyangipun jalêr, ingkang kala punika sawêg njangkah badhe lumêbêt, mênggah warninipun: ing sakala

--- 272 ---

botên sagêd katingal, ananging sarêng Sang Siddha enggal-enggal mapan andhêlik wontên ing salêbêting wit-witan ingkang inggil-inggili[6] kêtêl godhongipun, lajêng botên pangling dhatêng ingkang paman Sang Salhana, adipati ing Alhabad,[7] ingkang mlêbêtipun ing ngriku lajêng jumênêng cêlak kalihan soroting dilah, sarta kasêsa-sêsa asung salam dhatêng Gulbadan saha gita-gita anguwuh: "Bilai, konangan, kula sadaya dipun cidrani, sang nata sampun mirêng sadaya rantaman kita." – Ing kala punika Gulbadan mirêngakên pangandikanipun Sang Adipati Salhana kalihan kagèt: - "Kadospundi kamirênganipun, kula botên sumêrêp, ananging sampun tamtu mirêng, kula sampun tampi kabar têrang saking Sang Yogi Gorakh, sampeyan sampun sumêrêp piyambak, piyambakipun nyalamur nunggil kalihan wadyabala. Sang nata botên namung sampun uninga kaniyatan kita ing wiwitanipun kemawon, malah para kapêtêngan dalêm sampun ngawuningakakên dumugi ing urut-urutaning sadaya ewah-ewahanipun rêrantaman ingkang sampun kita tata. Dene Sang Pangeran Salim, kados inggih sampun mèmpêr kemawon manawi andulu dhatêng padatanipun, lajêng andhawuhi dhatêng sawênèhing para karerehanipun ingkang inganggêp kenging pinitados, supados andumugèkna dhatêng kita, manawi sang pangeran sampun nguningani rêrantaman kita ing sapisan, ananging botên mawi kawêwahan ing dhawuh. Manawi sang pangeran inggih sampun nguningani rêrantaman kita ingkang kaping kalihipun, sampun tamtu kemawon pasakitan kita lajêng angintên, manawi sang pangeran kalêbêt ing pasangan, yèn sampun makatên sang pangeran lajêng kemawon mangkat kalihan para wadyanipun samudana têrus dhatêng nagari Kacmir, ananging manawi sampun dumugi ing margi ingkang sawatawis sampun samun, lajêng kemawon cangkelak wangsul kalihan lampah gêgancangan dhatêng nagari Agra malih, supados wontên ing nagari Agra adamêl kagèt kita dadakan, ingkang wangsulipun pancèn sampun botên kalêbêt ing pangintên. Ananging sanadyan bab lampah punika, kula inggih sampun kajawi taksih tamban, supados sagêdipun ngalang-alangi jumênêngipun nata Sang Pangeran Salim ing wêktu ingkang sampun katamtokakên, ananging rekadaya wau sampun botên patos migunani, sabab sarêng Sang Nata Akbar sampun uninga dhatêng sadaya rêrantaman kita, tamtu kemawon sang nata sampun botên mawi paring pangapuntên malih dhatêng kita, sanadyan patrapipun Sang Pangeran Salim botên ngantos konangan sang nata piyambak. Pramila sampun botên wontên rekadaya malih, kajawi namung ngupados ihtiyar ingkang ambabar-pisani."

--- 273 ---

Gulbadan matur pitakèn: "Lah, lajêng kadospundi ihtiyaripun?"

Sang Adipati Salhana amangsuli: "Sang Yogi Gorakh sakancanipun ingkang badhe mitulungi, inggih namung punika ingkang sagêd, ing sadèrèngipun sang nata dumugi ing Agra kêdah sasampuna dipun sedani."

Sang Siddha mirêng pitêmbungan wau saking pasingidan andharodhok ing saranduning saliranipun, enggal angasta dêdêring golokipun badhe anjangkah majêng, tujunipun sagêd mênggak kabrangasaning galihipun, têmahan kèndêl malih amirêngakên lajênging paginêman.

Sang Adipati Salhana nglajêngakên pangandikanipun: "Sang Pangeran Salim: botên pêrlu mirêng bab punika wau, sarta manawi sampun kêlampahan sang nata dipun sedani, inggih botên pêrlu dipun mirêngi, kajêngipun dipun kintên-kintên piyambak, tamtu lajêng api-api botên mangêrtos dhatêng sedanipun ingkang rama, supados sampun ngantos kita katingal awon. Benjing enjing kula lajêng badhe dhatêng ing panggenaning wadyabala, pêrlu sêmadosan kalihan Sang Yogi Gorakh, bab kawontênan ingkang badhe katindakakên, sarta supados kula botên kalintu, Sang Yogi inggih badhe suka sumêrêp bab têtêngêring panganggenipun, ingkang kangge nyalamur nunggil para wadyabala. Sampeyan kemawon kêdah jagi-jagi, supados sang pangeran tumuntên dipun aturana priksa, awit kula piyambak ing wêkdal punika botên purun ngadhêp kapanggih piyambak, supados sampun ngantos kenging panyana. Wêwah malih ingkang badhe kula pitakèkakên, mênggah kawontênanipun ing sampeyan kalihan sang pangeran, sapunikanipun kadospundi?"

Gulbadan amangsuli: "Kula sampun lami botên nate sumêrêp wontên ing ngriki, dene sababipun kula botên sumêrêp, ananging kula inggih botên sumêlang dhatêng botênipun nate rawuh sang pangeran, awit sang pangeran rêmên dhatêng kula kapengin manawi kula ing têmbe dados garwa pramèswarinipun, sanadyan kadosa punapa kemawon, anggêripun sang pangeran sampun jumênêng nata, botên kêrsa manawi mundhut ing sadèrèngipun jumênêng."

Sang Salhana ngandika malih: "Ing salêbêtipun sang pangeran botên rawuh, sampeyan sarawungan kalihan kapenakan kula, ingkang kula angkah sagêdipun mriki. Rak inggih ta, lare bagus ing warni, ingkang wangunipun inggih sampeyan sihi."

Gulbadan amangsuli: "Inggih, ngantos sawatawis lami kula sarawungan kalihan piyambakipun, ananging sapunika piyambakipun sampun jêlèh kalihan kula, yèn dipun yêktosi, kapenakan panjênêngan punika pancèn botên patos migunani [migu...]

--- 274 ---

[...nani] tumrap dhatêng rantaman kita, sabên-sabên wontên ingkang andadosakên dêrdah kalihan piyambakipun prakawis artosipun kawajiban kalihan kaurmatan. Malah pangintên kula: piyambakipun badhe tumuntên kula tundhung saking griya ngriki, manawi sampun rampung anggènipun nglampahi pandamêlan kawajiban. Mila makatên, jalaran kula rêmbag sagêd ugi ngalang-alangi rêrantaman kula kalihan Sang Pangeran Salim."

"Punika punapa?" Pitakènipun Sang Salhana mêdhot ginêm, kalihan mengo dhatêng sajawining èmpèr. - "Gajêg-gajêg kados wontên ingkang ebah ing jawi ngrika, ing saubêngipun ngriki kadugi rak inggih botên wontên tamu ingkang dhatêng tanpa dipun suruhi ta."

Sang Rezia amangsuli: "Botên badhe kêlampahan. Korinipun butulan ing tembok pakêbonan rak inggih dipun kunci kêkah ta?" - Sang Adipati Salhana botên kèngêtan manawi korinipun bêbutulan namung katilar mênga kemawon. - "Dene saking sasisihipun sampun botên kuwatos punapa-punapa, sabab Sang Feizi wau enjing sampun mangkat dhatêng dunungipun wadya tantra, mangke manawi panjênêngan wangsul saking ngriki, prayogi tindak ing sisih ngrika kemawon, langkung ngatos-atos tinimbang mêdal ing margi sanèsipun, mêdal ing margi sanèsipun têrkadhang panjênêngan sagêd ugi kapêthuk kalihan Siddha wontên ing sacêlaking pagêr banoning patamanan."

Sang Salhana nglajêngakên pangandika: "Ta, sapunika sadaya sampun sêmadosan dados, sampeyan anjagi Sang Pangeran Salim sarta sakêkantunanipun ing Agra ngriki, kula amajibi dhatêng Sang Nata Akbar, dene manawi botên saking kojuring awak kula, botên ngantos dangu malih: kita badhe luwar saking kuwasanipun sang nata lan para kawulanipun."

Satêlasing ngandika, Sang Adipati Salhana kalihan manthuk lirih lajêng ical saking paningalipun Siddha, kalingan dening salah satunggiling gubahing kori, ingkang nglêbêtipun dèrèng nate kasumêrêpan Siddha, pramila Sang Siddha inggih pakèwêd anggènipun badhe ngêtut wingking tindakipun sang adipati, mêdal ing pundi, pancèn sampun dipun anta-anta badhe dipun kodhol tindakipun. Pancèn kêdah enggal-enggal wangsul nguningakakên Sang Nata Akbar ingkang tamban, supados sakuthon enggal wau lajêng sagêd sande. Mangka kalêrêsanipun, dene para sakuthon botên andugi, ingkang makatên punika Sang Siddha inggih ngraosakên, ananging adrênging galih botên kenging sinayutan kumêdah badhe nêdahakên dhatêng Rezia inggih Gulbadan, yèn sinatriya mantun dados pirantosipun ingkang ina, mila lajêng anjangkah [an...]

--- 275 ---

[...jangkah] mlêbêt, sakêdhap kemawon sampun jumênêng wontên ing ngajêngipun Rezia, sarta anguwus-uwus: Èh, ula mandi, kang pantês diipat-ipati. Aku dadi wong cidra kang nistha bangêt, mung marga saka kowe. Wruhanamu, aja kowe duwe kira yèn sêdyamu, laku dursila lan bangsat kang gawe isinku, ngaku sanak mau bakal kêlakon. Aku kang wis ko bosêni, bakal ngalang-alangi. Bêgjaku, dene aku bisa wêruh kaananing rêmbugmu."

Gulbadan tumuntên wicantên langkung bêngis lan sumêngit; dèrèng nate Sang Siddha sumêrêp dhatêng ulatipun pawèstri ingkang adatipun sumèh tur nawung mêmanis, ing kala punika têka lajêng kemawon malih dados awon dening sêsumuking ardanipun manah kados badhe anjuwinga, têmbungipun Rezia: "Lah kowe ngrungokake ana ing kana, mulane saiki kowe arêp madulake, nanging bakal ora bisa kêlakon."

Ing sadèrèngipun Siddha sagêd ngulatakên ebahing badanipun Rezia, Rezia sampun narajang dhatêng Siddha kalihan ngagar-agari mawi golok: sampun badhe katamakakên ing jajanipun, satêngah kados botên sinêdya: anggènipun Sang Siddha nangkis dêdamêl ingkang katamakakên, malah sarêng sanalika, dumadakan Sang Siddha kados apês bêbayunipun, astanipun kalih pisan ngalokro kaplorotakên saking nginggil, sarêng sumêrêp jlanggêrênging dêdêg pangadêgipun tiyang jalêr, ingkang prasasat mancungul mêdal saking siti lajêng ngadêg anjêjêr wontên ing wingkingipun Gulbadan, awit Sang Siddha botên priksa sêsangkanipun, priksa-priksa tiyang wau sampun ngadêg wontên ing wingkingipun Rezia kalihan anyêpêngi tanganipun Gulbadan: ing nalikanipun badhe namakakên dêdamêlipun golok dhatêng jajanipun Sang Siddha. Enggal-enggal Gulbadan nolèh ningali ing wingkingipun dhatêng ingkang nyêpêngi tanganipun, sarêng sumêrêp lajêng ambruk kalihan anjêmpling sêmu kagèt sangêt, awit ingkang wontên ing wingkingipun sarta ngrêgêm tanganipun wau: jêbul Sang Feizi, sampun samêkta kadhèrèkakên abdi cêmêng kêkalih sami angliga pêdhang.

"Nyuwun pangapuntên." Têmbungipun Gulbadan angruntuh, sarêng sampun èngêt saking sêmaputipun. Dene Sang Sinatriya Siddha tansah anjêjêr kados tugu sinukarta tanpa pocapan, tansah nyawang dhatêng kawontênanipun ing ngriku. Gulbadan anglajêngakên sêsambatipun: "Nyuwun pangapuntên. Dhuh tuan ingkang mêngkoni jasad kula, ingkang agêng pangapuntên paduka." Anggènipun sêsambat makatên kalihan tumungkul, rambutipun ingkang cêmêng panjang udhar kêlangsrah ing jogan. Gulbadan ambrangkang murugi dhatêng panggènaning semahipun ingkang [ing...]

--- 276 ---

[...kang] rumaos kawirangakên sarta ingkang tansah mundur sabên kacêlakan.

Sang Feizi tumuntên nguwuh dhatêng garwanipun kalihan nyêntak: "Bali! balia! aja anggêpok aku: wadon lêlêthaking[8] jagat." – Sang Feizi tumuntên ngandika dhatêng abdi cêmêng kêkalih: "Talènana wong wadon iku, banjur angkatna mênyang pasanggrahanku, sacêdhaking Mathura, supaya dijaga kang kêncêng ing saumure. Dene yèn dhèwèke nganti katitik duwe karêp arêp pitêpungan karo wong ing sajabaning pasanggrahan, iya sapa-sapaa, karampungane bakal katètèsake. Dene saikine iya isih dak apura, aku wis ora arêp andêlêng manèh mênyang dhèwèke." – Sang Feizi taksih ngandika malih dhatêng garwa ingkang tampi panyamah sarta ingkang taksih jèngkèng wontên ing ngajêngipun, ingkang taksih mingut-mingut rumaos dipun wirangakên, ananging pamêlas-asihipun Gulbadan botên angènthèngakên paukumanipun, têmbungipun Feizi: "Ujaring bêbasan: pangarêp-arêp iku isih gawe urip, kowe kang wus bakal ora dak rasani, bokmanawa isih duwe pangarêp-arêp kang enak kapenak. Bokmanawa kowe isih duwe pangarêp-arêp mênyang pitulungane wong kang luwih kuwasa tinimbang aku, utawa kang bakal luwih kuwasa. Kowe isih duwe pangira yèn Sang Pangeran Salim bakal mitulungi mênyang kawe[9] sarta bakal ngluwarakên kowe saka pakunjaran, nanging pangarêp-arêp iku mlèsèd saka pangiramu, sabab wonge kang malah kocidrani, sarta olèhmu nyidrani mênyang aku sarana pitêpungmu karo dhèwèke kae, iku arêp koanggo masangi Pangeran Salim supaya kalêbu ing kalamu."

Nalikanipun Sang Feizi ngandika ingkang makatên, Gulbadan enggal-enggal andhêngangak kalihan mirêngakên sangêt, ananging tumuntên mangkêrêt malih biyas ulatipun, sarta anjêlih kantaka dhawah mangkurêb, sirahipun sumèlèh ing jogan, tanganipun andhêpani siti; Sang Feizi tumuntên angatak dhatêng abdi cêmêng, têmbungipun: "Lakonana kawajibanmu." – Ingkang dhinawuhan tumuntên tumandang rikat. Gulbadan ingkang ing kalawau sampun sumaput botên èngêt, kagotong kesah. Dene têmbungipun Sang Feizi dhatêng Sang Siddha kalihan amurugi sarta ngunus pêdhangipun makatên: "Lah sampeyan kadospundi?"

Wangsulanipun Siddha: "Gêsang kula: kula êtohakên." Kalihan andhèdhèl rasukanipun. – "Sumangga pêdhang panjênêngan kawarangkakna ing dhadha kula ngriki, botên langkung namung punika pangajêng-ajêng kula. Pêjah kula kula anggêp kados pangapuntên panjênêngan."

Sang Feizi amangsuli: "Kula sampun mangêrtos." – Sang Feizi tumuntên èngêt sarta alon-lonan pêdhangipun

--- 277 ---

kawarangkakakên malih sarta nglajêngakên têmbungipun: "Bab lêlampahan punika, kula sampun mangêrtos sangêt, sarta sampun kula sumêrêpi, kula botên badhe mituruti paminta panjênêngan, mênggah tiyang sanèsipun kula, tumraping lêlampah punika, bokmanawi sanès rêmbagipun, mênggahing tiyang Islam tamtu kakêthok jangga panjênêngan, yèn tiyang Indhu tamtu kalawe, dene yèn tiyang Frankên: panjênêngan tamtu lajêng katantang anggar kemawon, cara ingkang langkung anggujêngakên katimbang lan sanèsipun. Ananging sadaya punika botên wontên ingkang kula pilih: kula ênut, panjênêngan lastantuna widada, sarta tanpa kula punapa-punapakakên, lajêng kesaha saking ngriki, ananging gêsang panjênêngan kêdah angèngêtana dhatêng lêlampahan ingkang panjênêngan lampahi punika, sarta angèngêtana dhatêng pamalês panjênêngan ingkang kados makatên punika dhatêng tiyang ingkang mastani satriya dhatêng panjênêngan, sarta ingkang pamitranipun kalihan panjênêngan tanpa pamrih. Pangemut-emut sarta kaèngêtan wau sampun ngantos kasupèn, sanadyan kaslamur dening misuwuring asma panjênêngan, sarta sanadyan panjênêngan lajêng kombul ing kadrajatan, tampi pangalêmbana ingkang muluk-muluk, sarta kaurmatan ingkang linuhur, ewadene panjênêngan kêdah nênga dhatêng sadhengah tiyang ingkang jujur manahipun, punapa malih ngèngêtana dhatêng tindak-tinduk panjênêngan ingkang sampun katandukakên dhatêng satunggaling mitra panjênêngan, inggih punika paukuman ingkang minangka pamalês kula dhatêng panjênêngan: sapunika panjênêngan mangkata saking ngriki."

Mênggah pangatagipun Sang Feizi sarana ebahing asta ingkang kawistara sampun botên kenging pinabênan utawi kalawanan malih; andamêl kesahipun Sang Siddha Rama, ingkang ngalokro tanpa krêkat kaêndhih dening rumaos kalêpatanipun, kalihan tumungkul sarta saleyoran lampahipun ngupadosi margi anggènipun badhe mêdal. Dumadakan sawêg sumêrêp ingkang sinêdya, sarta dhatêng pundi purugipun, tumuntên nilar dalêm pasanggrahan dumugi ing kori bêbutulan pinanggih taksih mênga.

Sadumuginipun ing jawi, Sang Siddha taksih tindak mubêng-mubêng kados kodhêng sêpên ing kaèngêtanipun, ing pinggiring lèpèn sanadyan ing kalawau sampun dalu sangêt, Sang Siddha priksa tiyang bêrahan sawêtawis taksih sami momoti baita ngantos kados wontên kapêrluan ingkang tumrap ing saliranipun, sang sinatriya ngawasakên kalihan satiti dhatêng polahipun ingkang sami nyambut damêl, batosipun kados mitakèni saliranipun piyambak, kadospundi sagêdipun para

--- 278 ---

tiyang bêrahan wau momotakên barangipun mêdal ing uwod, saha asring-asring lajêng agèdhèg-gèdhèg ngungun dhatêng botên rigênipun para tiyang bêrahan wau, ngantos mèh kemawon Sang Siddha kawêdal têmbungipun anggèning badhe mitulungi, sampuna lajêng katawur priksa prajurit andhahan têtiga sami minum sarta main wontên ing èmpèr, ingkang murugakên Sang Siddha kapengin tumut ngramèni minum saha main. Dumadakan lajêng kèngêtan malih dhatêng lêlampahanipun ingkang mêntas kêlampahan, sarta ingkang tumraping saliranipun kojur, ananging mèh ing sakalawau sang sinatriya kagagas ing galih malih nusuli gagasan sanès-sanèsipun, inggih punika kèngêtan dhatêng cariyos bab badhe tumindaking panyidraning sang prabu ingkang kamirêngakên kala andingkik wontên ing patamanan wau, pangunandikanipun ing galih: "Apa Sang Feizi mau wis krungu kabèh, apamanèh bab panyidra iku? Lan manèh dhèwèke apa iya bakal bisa ngunjuki priksa ing Sang Nata Akbar." – Mênggah ingkang makatên punika, Sang Siddha tansah botên sagêd priksa, sarta tamtu kemawon sang sinatriya inggih sampun botên sagêd mitêrangakên; mênggah mitêrangakên: pêrlunipun punapa, kenging punapa botên tumuntên tumindak ngunjuki priksa piyambak sampun ngantos kadangon? Sang Adipati Salhana sawêg badhe mangkat benjing enjing, pramila manawi wontên ingkang badhe ngrumiyini lampah, sanadyan pangkatipun Sang Salhana enjing sangêt, inggih mêksa taksih sagêd dhatêng rumiyin. Ing kala punika sang sinatriya sampun botên mawi dangu-dangu malih anggènipun nganam-anam ing panggalih. Ing sakala kados enggal-enggal mlajar-mlajara, mèh tanpa ambêgan wangsul dhatêng pakuwonipun malih ingkang ugi kangge makuwon sakancanya andhahanipun ingkang sami tumut wangsul. Ing ngriku Sang Siddha nampèkakên kawajibanipun têtindhih dhatêng salah satunggiling kancanipun upsir, saha lajêng gita-gita kondur andhawuhi dhatêng abdinipun Vatsa, ingandikakakên ngabah-abahi titihanipun kuda napas asalipun saking Sang Feizi. Saplokipun Sang Siddha angsal katêrangan mênggah luguning namanipun Rezia, lajêng botên karsa nitihi utawi mangsulakên, ewadene ing kala punika: kêdah tumindak ing damêl tinitihan tumrap kapêrluanipun sang nata agung, tuwin karatonipun. Sarêng abdinipun Vatsa sampun ambêkta mêdal titihanipun sang sinatriya sarta sampun cinêlakan badhe katitihan, Sang Siddha tumuntên tilar wêling dhatêng abdi, têmbungipun: "Kowe sudhiya milu aku mênyang papaning wadya tantra, ananging kowe anjampangana saka kadohan bae, pangkatmu saka ing kene lêtana sajam, nuli playokna bae jaranmu [jaran...]

--- 279 ---

[...mu] kang rikat, dene yèn pêrlu, piwêlingku kang bakal dak tuturake mênyang kowe banjur tumuli têkakna. Mangêrtia, yèn kowe wis dak pracaya têmênan." – Sarêng sampun ngandika makatên, Sang Siddha tumuntên ngandikakakên dhatêng Vatsa ing sapêrlunipun prakawis kaniyatanipun Sang Salhana, punapa malih abdinipun lajêng kadhawuhan bab piwêlingipun; samangsa Vatsa botên kapanggih kalihan Sang Siddha wontên ing papaning wadya tantra, inggih lajêng kinèn munjuk ing sang nata piyambak kemawon. Sarêng sampun rampung pangandikanipun Sang Siddha Rama, tumuntên nyengklak ing titihanipun kuda, saha lajêng mamprung kasandêrakên lampahipun.

Tindakipun Sang Sinatriya Siddha gêgancangan ngantos prasasat botên mawi kèndêl ngaso wontên ing margi, kajawi pêrlu tumrap ing sariranipun, utawi titihanipun. Pramila botên ngantos dangu sampun dumugi ing papaning para prajurit. Ing sadumugining pakuwon ngriku, sang sinatriya tumuntên wêling unjuk badhe sowan Sang Nata Akbar, inggih lajêng katampenan piyambak dening sang nata wontên ing pakuwonipun, sanadyan anggènipun badhe nampèni sang nata dhatêng pisowanipun wau kanthi randhat, rangu-rangu ing galih.

Sarêng Sang Siddha sampun ngadhêp, sang nata tumuntên andangu sêrêng, wêdaling pangandikanipun: "Apa gawenira têka ing kene, sapa kang andhawuhi marang sira ninggal tunggonira ing Agra, iku kaluputan gêdhe, sira nglirwakake kapracayan ingsun."

Atur unjukipun Sang Siddha: "Kawula nuwun, ingkang sinuhun, manawi sampun botên wontên kalêpatan kawula malih, kajawi namung punika, kawula inggih rumaos manggih kabêgjan agêng, ananging pisowan kawula wontên ing ngarsa dalêm, pêrlunipun kawula ngunjuki priksa kawontênanipun dosa agêng tumraping satunggalipun prajurit ingkang lampah cidra dhatêng ratunipun."

Sang nata ngandika: "Ingsun uga kagungan panduga mangkono, mulane sira ora olèh dhawuh ninggal patunggonira." – Sang Siddha mirêng pangandikanipun sang nata ingkang makatên, ing galih kagèt ngantos mundur sajangkah. Sang nata nglajêngakên pangandika: "Mangka saiki sira wus nelakake dhewe mungguh tan prasêtyanira. Bêcik ingsun karsa nguningani. Mara tuturna atur unjukira."

Sang Siddha tumuntên ngaturakên kalihan cêkak sarta blaka punapa wontênipun: botên wontên ingkang dipun unthêt, kadospundi awitipun Sang Siddha kajalomprongakên dening Gulbadan ngantos anyidrani mitranipun ingkang damêl sae, punapa malih ngantos kenging pambujuk badhe cidra dhatêng

--- 280 ---

ratunipun. Ing sadangunipun Sang Siddha ngandharakên aturipun, Sang Nata Akbar anggènipun mirêngakên kalihan tindak-tindak alon kalihan wongsal-wangsul, dene katingalipun ing sêmu sang nata botên ngatawisi kêbatosanipun. Sarêng Sang Siddha sampun kèndêl aturipun, Sang Nata Akbar tumuntên jumênêng angajêngakên Sang Sinatriya Siddha sarta lajêng ngandika cêkak saha sêrang[10] pasêmonipun: "Dosanira iku ukume pati." Atur wangsulanipun Sang Siddha: "Ing sadèrèng sasampunipun sampun kawula sumêrêpi, pisowan kawula cumadhong dhawuh dalêm, dhumawahing paukuman ingkang badhe kawula têmah." Sang nata andangu: "Kênèng apa têka sira ora minggat bae, yèn sira mula wêdi manawa para cidra mau bakal konangan?"

Atur unjukipun Sang Siddha: "Kawula nuwun, ingkang sinuhun, kalêpatan kawula tindak awon kêdah tampi wasesa, kawula botên kenging namung mlampah-mlampah ing sapurug-purug tanpa kaukum, kawula dadosa pangawon-awon tumraping badan kawula piyambak sarta dhatêng sadhengah tiyang ingkang botên pangling dhatêng kawula."

Sang nata andangu malih: "Mungguh jalarane sira banjur duwe karêp kang kaya sira lakoni iki kapriye, iku mêsthi bae ana sababe, kaya durung sira aturake kabèh, aturira iku isih ana kang kurang."

Atur unjukipun Sang Siddha: "Kawula nuwun, kasinggihan dhawuh dalêm, mila taksih kirang atur unjuk kawula, sabab ingkang dèrèng kawula aturakên punika, kêdah botên kawula aturakên ing sasampunipun kawula tampi dhawuh karampungan dalêm. Sapunika badhe kawula lajêngakên. Mênggah daya pangirupipun pawèstri wau dhatêng kawula ngantos lami, sapunika têtangsulipun pitêpangan dumadakan sampun pêdhot, serupipun ingkang kangge nyirupi mripat kawula sampun udhar saha uwal saking mripat kawula. Sarêng sampun makatên kawula sawêg sagêd mangêrtos bab kawontênanipun badan kawula, pandamêl awon ingkang kawula lampahi, sarta paukuman punapa ingkang pantês kawula têmah. Sang Siddha tumuntên andumugèkakên aturipun, bab larah-larah ingkang langkung panjang saking ingkang sampun kaaturakên ing ngajêng, inggih punika bab kawontênanipun ingkang sampun kasumêrêpan ing dalu ingkang kantun piyambak wontên ing griyanipun Gulbadan sarta rêrancanganipun enggal Sang Salhana: anggènipun badhe nandukakên panyidra dhatêng sang nata. Ngantos dumugi samantên, sang nata ing netya taksih katingal sêrêng, dèrèng mantra-mantra katawis bilih wontên ingkang karaosakên ing galihipun, kajawi salêbêtipun sang nata tindak wongsal-wangsul [wongsal-...]

--- 281 ---

[...wangsul] namung jangkahipun ingkang katingal ragi kirang saranta sarta sêngkud, sarêng atur unjukipun Sang Siddha sampun amêkasi, sang nata ngantos dangu kèndêl botên ngandika, ing wêkasan dhawuhipun: "Yèn mangkono ana sababe, kaya-kaya sira duwe pangira, yèn atur unjukira iku pêrlune bokmanawa bisa anumusi ingatase dhawuh karampungan ingsun marang sira, atur unjukira mau iya mula andhasari ing lêlabuhira marang ingsun lan karaton ingsun, ananging kliru ing pamêthèkira, yèn sira anduwèni pangira, yèn ingsun banjur paring karampungan, mungguh katêmahane yèn dêdosan iku mêsthi olèh paukuman pati, utawa wis ora pisan-pisan bisa olèh pangapura, iya durung tamtu. Mangkono manèh mungguhing sira. Kajaba atur unjukira kang kèri, anggon ingsun karsa mutusi, iya isih mangu-mangu, bokmanawa pangapuraningsun iya kudu ingsun tumrapake marang bêbênêran. Dosanira gêdhe, Siddha, dosa gêdhe marang panjênêngan ingsun, dene sira nganti wani-wani ninggal têtunggon kang mangka kawajibanira rumêksa, utawa iya ora kurang marang mitraningsun, ewadene sira iya durung dadi wong dêdosan. Sira iku dadi kurbaning panasaran gêdhe, ingsun iya wis mangêrti, yèn sira gampang katute kêsasar, awit atinira isih lamba, ananging pangrasanira marang budi kaurmatan tansah ora pêdhot, sarta banjur tuwuh manèh barêng sira wis wêruh kablingêring atinira. Wruhanira, ingsun ora pisan-pisan nganggêp bêcik marang kêlakuanira, lan manèh ora nganggêp yèn dosanira iku mung rèmèh bae, ananging ingsun uga ora kagungan panggalih, yèn sira kalêbu petungane wong kang wis ora bisa marèni panggawene ala, kang pantêse mung dipatèni tumrap ing kabêcikane wong akèh. Iku kabèh kosok bali. Ingsun pracaya, yèn saka panggawenira bêcik ing têmbe, kang ing saikine lagi kêlakon sawatara tumrap ingsun, sira bakal bisa ngilangake pangeling-elingira marang pagaweyan kang wis sira lakoni: ing sajroning sira dadi kawulaning ratu. Mungguh tondak-tandukira ing dina iki gawe kêncênging panggalih ingsun: amêsthèkake, yèn ing têmbe buri ora bakal manèh-manèh, lan sathithik-thithik aja nganti nandhang kaluputan ing tan prasêtyanira, lan manèh ing buri kudu sira eling-elinga pitutur ingsun marang sira ing nalikane padha sapatêmon ana ing patamananing karaton Agra dhèk biyèn kae. Mulane ing saikine sira ingsun paringi urip, lan lêstaria pangkatira, ketokna lêlabuhanira, kang supaya aja nganti kliru ing pêthèk ingsun marang sira."

Sang Siddha mirêng pangandikanipun sang nata ingkang makatên wau, botên sagêd tumuntên amangsuli, namung lajêng jèngkèng wontên ing ngarsanipun, sarta lajêng sujud anguswa têpining pangagêmanipun sang prabu kalihan sungkêm. [sung...]

--- 282 ---

[...kêm.] Atur unjukipun Sang Siddha sarêng sang nata sampun paring sasmita kaparêng ngadêg: "Kawula nuwun, gusti, ratu ingkang misuwur ing jagat, kawula munjuk sêmbah nuwun dhatêng sih wilasa dalêm, ingkang rumêntah dhatêng abdi dalêm kawula, botên saking mêntas kawula saking paukuman pêjah, pêjah kawula ingkang sampun tanpa aji. Kawula munjuk sêmbah nuwun wau, saking dene kawula taksih pinarêngakên kobêr nêbus dosa ingkang kawula sandhang, saking pamalês kautamèn. Dene manawi wontên kaparêng dhanganing panggalih dalêm, sêsampunipun wontên lêlampahan ingkang sampun kawula lampahi wau, kawula anênuwun malih lumunturipun sih wilasa dalêm, tumuntên kaparênga mangsah ing ayuda dhatêng ing tanah bang êlèr nanggulang para têtiyang ingkang ambêk rêsah anjarah rayah."

Sang nata ngandika: "Panuwunira iku iya ingsun turuti, ananging ing sadurunge sira tumindak mangalor, sira ingsun wajibake ing liyane pagaweyan dhisik, dene sira iya ingsun paringi karerehan wadyaningsun sinêlir sawatara akèhe, pinilih kang kêna pinitaya, banjur sira kanthia mapagake lakune Salhana, yèn wis kêtêmu banjur sira cêkêla ladèkna mrene. Laku iki kudu digawe wadi bangêt, aja nganti kawêruhan mênyang Gorakh, kang miturut aturira ing wêktu iki klintêran ana ing kene." Ebahing asta mangka sasmita dumugining pangandikanipun sang nata, Sang Siddha tumuntên mundur. Sarêng para wadya pinilih sampun dhinawuhan dening sang nata sapêrluning dinuta, Sang Siddha tumuntên mangkat kalihan para wadya pinilih sarta abdinipun Vatsa, ingkang dhatêngipun ing ngriku botên dangu lêtipun kalihan rawuhipun Sang Siddha.

Kacariyos langkung enggal kalihan pangintênipun Sang Sinatriya Siddha. Sang sinatriya tumuntên kapêthuk kalihan ingkang paman Sang Adipati Salhana, ingkang tindakipun kadhèrèkakên kalihan abdi kêkalih, katingalipun inggih kasêsa sangêt. Namung sakêdhap kemawon sang adipati katukup dening karoban lawan, sanadyan ing kalawau Sang Salhana kados punapa kemawon panglawanipun, ewadene mêksa rinuda paksa kacêpêng gêsang-gêsangan, saha kabêsta awit saking parentahipun sang sinatriya ênèm ingkang rumaos sangêt cinamahan. Supados sampun ngantos wontên ingkang sagêd sumêrêp dhatêng sang adipati, pambêktanipun dhatêng pakuwonipun sang nata, sang adipati mawi dipun krukubi. Sadumuginipun salêbêting pakuwonipun sang nata, bêstanipun nuntên dipun uculi saha krukubipun kabikak, sanèsipun lajêng sami mêdal, kantun sang adipati piyambak kalihan Sang Nata Akbar sarta Sang Siddha.

Sang Nata Akbar tumuntên ngandika dhatêng sang adipati:

--- 283 ---

"Sira cidra: Salhana, apamanèh hêhantamanira panyidra kang anyar: ingsun uga wis mêruhi kabèh, satriya nonoman iku kang ngaturake marang ingsun. Arêpna ing patinira, marta lulut[11] wis ngêntèni."

Sarêng Sang Salhana mirêng dhawuh pangandikanipun sang nata ingkang makatên, anggènipun mandêng dhatêng putra kapenakanipun ngantos kados anyêbit-nyêbita, saha lajêng ambruk angrungkêbi ing padanipun sri narendra, larapanipun sumèlèh ing siti, saha aturipun angasih-asih: "Ratu gusti pêpundhèn kawula, narendra bèrbudi wicaksana amêngku paramarta, walèh-walèh punapa, kawula sampun rumaos kalêpatan agêng, ewadene têka sumêngka pangawak braja nênangis wontên ing ngabyantaraning pada dalêm, kawula nyuwun gêsang, wontêna lumunturing sih kawêlasan dalêm kaparingana paukuman mangka lintuning pêjah kawula. Dhuh nata ingkang mêngku kawêlasan saha pangapuntên, kawula nyuwun gêsang, saha kawula sagah ngakên sadaya kalêpatan kawula, sarta ngaturakên sakathahipun ingkang kawula sumêrêpi."

Sang nata tumuntên ngandika sêmu nyampahi: "Ingsun wus nguningani, yèn sira iku wong kang cidra, iya gêgêdhuging durjana, ananging ing sadurunge ingsun nguningani, yèn sira uga wong jirihan atine; iku mung satêmêne. Sira pancèn gêgêdhuging wong kang kêndêl marang kanisthan, sira laku dursila gêdhe kang pantêse dikêthok gulunira. Prakara anggonira arêp ngaku sarta mitêrangake kang akèh-akèh, iku ora ana pêrlune tumrap ingsun, awit ingsun wis nguningani anane kang akèh-akèh iku, mung saprakara kang ingsun isih kapengin nguningani: kapriye mungguh bisane kacêkêl Gorakh?"

Atur wangsulanipun Sang Salhana kaduk bingah èsmu ngajêng-ajêng kawiyosing dhawuh putusan pangapuntên, têmbungipun: "Kawula nuwun inggih badhe kawula aturakên ingkang satiti, ananging lajêng ..."

Sang nata mêdhot aturipun saha lajêng ngandika: "Iya banjur ingsun lilani urip kalawan wirang isin, ananging yèn aturira goroh sira wis mangêrti dhewe, tigasing gulunira kang bakal sira têmah."

Sang Salhana lajêng ngaturakên larahipun kalihan satiti bab sagêdipun ngyêktosi dhatêng panylamuripun sang yogi: Gorakh.

Tumuntên sang nata andhawuhi dhatêng Sang Siddha:

--- 284 ---

"Wong iki sira dhawuhna anjaga kang kêncêng bangêt. Ing sajêroning diangkatake: sira nuli mênyanga lan wadyanira kang jaga anggolèki Gorakh, dene manawa wis katêmu banjur sira singsêtana bae gulune, gantungên ing pange wit-witan kang mitayani."

Dhawuhipun sang nata ingkang makatên punika tumuntên linampahan, dene atur pitêdahipun Sang Salhana: inggih kapara yêktos, lacakipun sang yogi nuntên kapanggih, saha lajêng kemawon kacêpêng. Sang yogi ingkang botên pangling dhatêng Sang Siddha, nuntên wicantên kanthi gumuyu sumêngit, têmbungipun: "Êlo! mitra kula ênèm, jêbul kados makatên pamalês sampeyan dhatêng rumêgêp kula ing sampeyan. Inggih sampun, suwawi sakajêng sampeyan, ananging kula mêksa nêdha ugungan sampeyan parikrama, sampeyan rak inggih sagêd nyêmbadani, inggih namung tirahanipun kêmawon. Sintên ingkang anjodhèrakên kula, sampun tamtu kemawon botên wontên sanèsipun malih, kajawi namung Salhana: rak inggih ta?"

"Inggih mila makatên," – wangsulanipun sang sinatriya, saha lajêng marentahi andhahanipun: "Ayo wong iku banjur diangkatake mêtu saka ing pakuwon kene, supaya karampungane banjur kêlakon ana ing jaba kana, tumuli tumindak."

Wontên sanèsipun ingkang pitakèn: "Mênggah kêrampunganipun: kadospundi?"

"Disingsêti gulune." – wangsulanipun Sang Siddha.

Prayogi, punika sampun pêndamêlan kula," wicantênipun Gorakh sumêla.

Awit saking sèkènging badanipun sang yogi, sampun botên pêrlu kabêsta, makatên malih botên wontên katawisipun manawi sang yogi badhe nglawani, malah inggih lajêng manut lumampah kaapit-apit para prajurit. Ing sadangungipun lumampah, Sang Siddha botên anggatosakên mawas dhatêng Gorakh sang yogi, awit saking karèmèhakên, dene badanipun sakalangkung botên matosi, namung kados jrangkong lêlampah. Makatên malih para prajurit ingkang sami ngiringakên inggih botên maèlu dhatêng solahipun Gorakh. Sadumuginipun ing jawining pakuwonipun para prajurit, Sang Siddha nolèh badhe dhêdhawuh dhatêng wadyabalanipun andhahan, dumadakan sumêrêp, bilih sang yogi sawêg pinuju angusapi godhong ingkang wangunipun wiyar panjang: kalihan tanganipun têngên, godhong kacêpêng ing tanganipun kiwa, godhong wau tamtunipun kemawon: lêpatipun anggèning mêndhêt wontên ing margi, inggih mêndhêt saking panganggenipun. Botên dangu godhong wau kacêpêngan minggah saha lajêng katepas-tepasakên kados kêpêt.

--- 285 ---

"Suwawi nuntên lumampah." - Pangandikanipun Sang Siddha botên sabar. - "Kawruh sampeyan sulap damêl-damêl punika sampeyan singkirakên kemawon, mangsa badhe mitulungana malih: botên, godhongipun lajêng kabucala kemawon, kula sadaya sampun sami tuwuk sumêrêp kagunan sampeyan sulap."

Sang Yogi Gorakh miturut ing parentah, sanadyan sapisan êngkas taksih ngatingalakên sasmitaning ngèlminipun mawi godhong wau kakêthok-kêthok kalihan kaumbul-umbulakên, saha turut margi gumuyu kados ngiwi-iwi dhatêng Sang Siddha. Ing salajêngipun godhong wau kabucal ing siti. Tumuntên sami nglajêngakên lampahipun. Botên dangu malih Sang Yogi Gorakh sampun kagantung wontên ing pang, badanipun Sang Yogi Gorakh sampun gumandhul wontên ing panging wit-witan agêng ingkang miyambak.

Ing salêbête Sang Yogi Gorakh kagantung, wontên tiyang kêkalih, sawangipun kados rencang priyayi, tumut ningali ing nalikanipun sang yogi kacêpêng, nanging katingalipun: ing sêmu botên ngarèwès, anggènipun ngêtutakên ingkang sami ngayap-ayap sang yogi dhatêng papan pagantungan umpêtan saking katêbihan. Sarêng ingkang sami angayap-ayap sampun anglangkungi panggenan anggènipun Sang Yogi Gorakh ambucal godhong, ingkang kasêbut ing nginggil, tiyang kêkalih wau lajêng sami ngupadosi ing pawêdhèn saha lajêng manggih barang ingkang pinadosan, inggih punika awujud godhong garing ingkang ing kala lumampahipun Sang Pandhita Gorakh kasêrat enggal-enggalan mawi pirantos landhêp, inggih mila pirantos kangge makatên. Sasampunipun sêratan ing godhong wau kawaos dening tiyang kêkalih, godhong wau lajêng kaumpêtakên dening salah satunggalipun wontên ing pangangge, sarta tumuntên enggal-enggal wangsul dhatêng pakuwon malih.

Kacariyos sarêng sampun saos unjuk ing sang nata bab pêjahipun Gorakh Sang Yogi, Sang Salhana tumuntên tampi dhawuh putusan kaparingan pangapuntên: gêsang, makatên malih para prajurit sawatawis tampi dhawuhipun sang nata: ingandikakakên anjagi ingkang kêncêng dhatêng Sang Salhana, dene sabakdaning pêrang badhe kagalih malih mênggah ing karampunganipun. Dene ing kabatosanipun Sang Salhana, bokmanawi panjênênganipun badhe kakunjara wontên ing salah satunggiling bètèng ing salêbêtipun Sang Nata Akbar taksih ngasta pangrèh praja, ewadene ing têmbe tamtu tumuntên badhe kaluwaran dening Sang Pangeran Salim. Yèn sampun kalampahan makatên, bokmanawi ing têmbe lajêng sagêd malês ukum dhatêng Siddha.

--- 286 ---

Kacariyos bab panjaginipun Sang Salhana, ing salugunipun botên ajêg kêncêng, utawi sagêd ugi sawênèhing tiyang sagêd nyêlaki dhatêng papaning pakunjaranipun, lami-lami panjaginipun sangsaya kêndho, ngantos botên kapaèlu malih. Kêlampahan nuju satunggiling dalu wontên tiyang mangangge kados rencang priyayi anglangkungi papan pakunjaranipun Sang Salhana, sarta enggal-enggal saha sêsingidan ngulungakên lintingan godhong, mênggah pêrlunipun punapa, punapa salah satunggiling mitranipun suka kabar wados, punapa saking Gulbadan, suka pratikêl lampahe miruda saking pakunjaran? Pamêthèk punika klintu sadaya. Mênggah suraosipun sêratan ingkang tumrap ing godhong garing, têmbungipun cêkakan, suraosipun makatên: sang nata ingkang ngrampungi dhatêng kula botên badhe kasedanan, sabab punika kangge tumrapipun panjênêngan, ananging Sang Bathari Durga amilih panjênêngan kangge sêsaji, sabab panjênêngan sampun nyidrani dhatêng kula."

Kacariyos sarêng Sang Salhana sampun maos sêratan ing godhong saking Gorakh, ing sanalika gumrobyos wêdaling riwe: saking sangêt ajrih, sarta ngantos cape tanpa bêbayu, godhongipun kadhawahakên saking asta, awit Sang Salhana nguningani sangêt dhatêng kajêngipun têtêmbungan sakêdhik wau, pramila ugi sampun mangêrtos, bilih sampun tampi karampungan, mênggah piwêlingipun ingkang wêkasan Sang Pandhita Durga, inggih punika Gorakh Sang Yogi, botên badhe kalirwakakên, langkung prayogi kulawarganipun satus kadadosna sêsaji kalihan botên anglampahi ing dhawuhipun. Punapa sampun botên wontên pangajêng-ajêng saha uthutipun babar pisan, manawi taksih sagêd oncat saking pêjah, kados-kados inggih sampun botên wontên. Samênggah Sang Salhana wontêna ing nagari Agra kemawon, saha kinunjara wontên salêbêting salah satunggilipun bètèng, ingkang botên gampil sagêdipun kapurugan dening tiyang sanès, punika wontên pangajêng-ajêngipun. Sarêng namung kinunjara wontên ing pakuwon ingkang dumunung wontên ing ara-ara papaning pabarisan, punapa malih dununging papan pakunjaran wau wontên golongan buntuting bragada, pramila lampahipun inggih namung atut wingking ajênging golongan sanèsipun, dados lampahipun inggih rindhik sangêt. Sang Salhana ngantos ngasih-asih dhatêng para prajurit ingkang anjagi dhatêng panjênênganipun, supados anggènipun sami anjagi ingkang kêncêng, sabab gêsangipun kaancam dening pandung, badhe marasandi amêjahi panjênênganipun, ananging pangandikanipun Sang Salhana ingkang makatên punika malah namung kagêgujêng kemawon, saha wangsulanipun ingkang jagi

--- 287 ---

Makatên: "Yèn makatên badhe wontên ingkang kecalan." - Makatên malih Sang Salhana darbe paminta supados ing wanci dalu: ing pakunjaranipun mawi kasulêdana dilah, ananging pamintanipun wau namung kagêgujêng kemawon, sarta Sang Salhana dipun poyoki winastanan tiyang jirih. Mila Sang Salhana galihipun botên sagêd jênjêm, bilih ing wanci siyang, mangsanipun para prajurit sami lumampah, Salhana tansah katingalên kemawon kados turut pagêr utawi ing rungkudan kasumêrêpan kawujudan cêmêng tansah nêlik sarta atut wingking kados ngindhik-indhiki panjênênganipun. Makatên raos-rumaosipun sakêdhap-sakêdhap Sang Salhana. Manawi sanès-sanèsipun sawêg sami pinuju ngaso wontên ing pakèndêlan, Sang Salhana inggih namung lênggah anjêgrêg, ing sêmu ngatos-atos, sarta mriksani ngiwa nêngên, tingalipun maspadakakên turut wit-witan sarta rêrungkudan. Dene ing wanci dalu giris amiris, dangunipun sadalu raosipun kados tanpa wêkasan, ing sasagêd-sagêd ing wanci dalu namung badhe wungu kemawon, malah prasasat tanpa sare, awit inggih tansah mirêng-mirêngakên, wontên swara sakêdhik kemawon katilingakên, sarta sakêdhap-sakêdhap mèk-mèkan ing pêtêngan ngiwa nêngên, ngupadosi bokmanawi wontên ingkang umpêtan ing pêtêngan ngindhik-indhiki panjênênganipun, ananging kala-kala inggih mêksa asring sagêd sare dening arip sangêt. Dumadakan tumuntên jênggirat wungu ngasta jangganipun, awit raos rumaosipun kados karaos wontên punapa-punapa ing jangganipun ingkang murugakên kaplêpêgên. Ing wêkasanipun lajêng raos rumaos kados ing jangganipun tinrapan tampar, Sang Salhana kèndêl lênggah kados ngêntosi jumirêtipun tampar, ngantos sakêdhap-sakêdhap karaosakên, astanipun ngêmèk-êmèki jangganipun, ananging inggih kèndêl wontên ing raos pangraos kemawon. Ewadene patrap ngêmèk-êmèki jangga wau dangu-dangu ngantos dados saradan. Malah kala-kala saking judhêging galihipun: asring kagungan karsa badhe nglalu, supados lajêng sagêd luwar saking panganiaya dening raos rumaos ingkang anggêgirisi makatên. Ananging Sang Salhana botên purun (wani), botên kadugi nandukakên golok ing jajanipun, awit sanadyan namung saking pangintên, Sang Salhana ing batos taksih kagungan pangajêng-ajêng, samangsa-mangsanipun sampun dumugi ing Agra: inggih badhe ragi primpên. Ananging lampahipun para prajurit rindhik-rindhikan kemawon, saya dangu saya rindhik, punapa malih tiyang dèrèng sagêd mangêrtos ingkang dados karsanipun Sang Nata Akbar. Punapa inggih buntuting bragada ingkang badhe kaangkatakên dhatêng karaton, punapa kadospundi? Bab punika namung sang nata piyambak sarta pinitados ingkang priksa.

--- 288 ---

Ing wêkasanipun para juru têkakipun Sang Yogi Gorakh, ingkang tansah nalêngsêng nyêmbadani wêlingipun sang pandhita, sanadyan Sang Salhana botên kadugi nandukakên karampungan mênggah wêkasaning gêsangipun ingkang tansah kanthi giris mirising galih, para juru têkak ingkang badhe wêntala amêkasi, awit satunggiling dintên, wanci enjing, para prajurit ingkang sami jagi dhatêng Sang Salhana sampun pinanggih dados layon wontên ing pakuwon, ingkang ing dalu wau kangge pamondhokanipun.

__________

--- [289] ---

XV. Kapok.

Gêntos kawontênanipun ing nagari Agra, tumindaking sadaya lampah ingkang magêpokan dhatêng para cidra mèh sadaya nêtêpi kadosdene pangintênipun sang nata tuwin para pinitadosipun, punapa malih sarêng sampun sagêd angsal katêrangan saking Sang Siddha: saya lajêng sagêd amancèni panjagi ingkang pêrlu tumraping para kraman, namung kemawon pinitadosipun sang prabu tansah ngandhut kuwatos, bokmanawi Sang Pangeran Salim badhe sagêd tampi jawilan ingkang tamban bab prakawis gêlar wangsulipun para wadya tantra, ing wêkasanipun botên sagêd kêlampahan nangguh nrênjuhi dhatêng pananduking cidra sang pangeran, sanadyan pananduking karti cidra inggih badhe kabadharan, ewadene sarèhning piwêlingipun Sang Gorakh panuntuning para cidra sampun sagêd kandhêg, punapa malih Gulbadan sampun botên pisan-pisan sagêd martosi punapa-punapa dhatêng sang pangeran sasêkuthunipun, pramila inggih wontên pêthèkipun ugi, yèn rekadaya anangguh nrênjuhi dhatêng pakartinipun cidra sang pangeran gampil kêlampahipun. Sanadyan wontên ugi kabar sumêbar martosakên bab badhe tumuntên wangsulipun sang nata sawadyabala, ewadene kabar wau asalipun botên saking para mitranipun ingkang nunggil sakuthon. Pramila pakabaran wau namung kaanggêp loropan kemawon, supados ing sadèrèngipun wangsul sang nata, para sakuthon wau sampun ngantos nindakakên punapa-punapa. Mila ta pangrêmbagipun para sakuthon botên wontên sababipun ingkang kangge wêwaton anggèning nyandèkakên karti sampekanipun.

Kacariyos ing satunggiling dintên ingkang sampun katamtokakên, Sang Pangeran Salim sampun ngêjègi kadhatonipun ingkang rama, saha lajêng ngundhangakên, bilih panjênênganipun sampun jumênêng nata, angadhaton wontên nagari Agra. Kathah para agêng narapraja sarta para têtindhihing prajurit ingkang lajêng kakèndêlan saking pangkatipun dening sang ratu enggal, saha lajêng katêtêpan sanèsipun, andadosakên kagèt saha giris mirising manahipun têtiyang ing nagari, para sugih sami kunci korining griyanipun, kawontênan ing salêbêtipun nagari ingkang kathah sangêt têtiyangipun, sarta

--- 290 ---

Ingkang adatipun rame usrêg tiyang lumampah, katingal tidhêm nyênyêt kados ludhês têtiyangipun. Kawontênanipun kabar bab badhe tumuntênipun wangsul Sang Nata Akbar: adamêl pitadosipun têtiyang nagari, kajawi para sakuthon, punapa malih kados sampun samêkta bandayuda wala pati ing samangsanipun Sang Pangeran Salim sampun nyantosakakên wadyabalanipun dhatêng ing bètèng, badhe nanggulang ingkang langkung kiyat dhatêng ingkang rama.

Sarêng sang pangeran utusan mundhut asrahipun bètèng dhatèng pangagêng, sakalangkung ngungun saha kagèt ing galih, dene pangagênging bètèng wau kamipurun lawan kêncêng botên ngaturakên, malah regol-regolipun ingkang sampun kajagi santosa lajêng sami kainêb, mriyêm-mriyêm ing bètèng kaênêrakên dhatêng ing kitha. Ing ngajêng pangagênge bètèng wau têrang saking karsanipun Sang Nata Akbar: rewa-rewa rujuk dhatêng pasakuthonipun sang pangeran, pramila sang pangeran sampun anjagèkakên sangêt, sagêd santosa pananggulangipun dhatêng wadyabalanipun ingkang rama, ing samangsa-mangsanipun wangsul angrêbat kraton. Ananging pangagênging bètèng ing sayêktosipun taksih sêtya dhatêng sang nata. Ing kala punika pakabaran bab wangsulipun sang nata sawadyabala dhatêng nagari Agra, ingkang kaanggêp andupara dening para sakuthon, sampun têtela botên cidra, malah têbihipun saking kitha sampun botên wontên lampahan sadintên. Yèn makatên Sang Pangeran Salim badhe kaapit-apit sanjata kalih, saking jawining kitha kalihan saking ing lêbêting bètèng, têmahan sagêd katukup. Yèn sampun dumugi samantên, tamtu kemawon sadaya ingkang sami mitulungi ing panjênênganipun badhe enggal-enggal nilar, awit nglawana inggih tanpa damêl, dening karoban tandhing sangêt. Awit saking punika, panggalihipun sang pangeran sampun botên wontên wêkasanipun malih, kajawi namung enggal-enggal oncat saking ngriku, ananging sampun kasèp, para prajurit ingkang pinatah ngrumiyini lampah sampun nyêgati ing margi-margi ingkang saking kitha. Sarêng Sang Pangeran Salim kalihan pandhèrèk sawatawis badhe mêdal saking kitha, sang pangeran tumuntên katukub dening wadya kapalan, saha sanadyan panjênênganipun dhatêng sang pangeran wau inggih botên tilar pangaji-aji pantêsing patrap ingkang tinandukakên dhatêng narendra putra, ewadene panjaginipun inggih kalayan kêncêng, supados sang pangeran sampun ngantos sagêd oncat saking tukuban, kacêpêngipun sang pangeran lajêng kaangkatakên dhatêng kadhaton ingkang sampun nate dipun kadhatoni ing nalikanipun jumênêng ratu sakêdhap.

Kacariyos lêt sawatawis dintên, saking kacêpêngipun sang pangeran, sang pangeran katimbalan sowan dhatêng ngarsanipun [ngarsa...]

--- 291 ---

[...nipun] sang narendra ingkang ing kala punika sampun kondur dhatêng kitha, inggih punika narendra ratunipun, sarta ingkang rama piyambak saha akimipun ngadili. Sang pangeran punika pancèn wantêr ing budi, botên kirang kêkêndêlan, ewadene ing kala punika rumaos ical kêkêndalanipun,[12] saya malih dene sang pangeran lajêng rumaos têtela ing kalêpatanipun, punapa malih sang pangeran inggih sampun priksa, yèn ingkang rama, Sang Nata Akbar ing galih bèrbudi paramarta, ananging inggih sagêd ugi sêrêng ing galihipun manawi katraping ukuman, kagalih pêrlu tumraping nagarinipun. Sarêng sang pangeran sampun kerid majêng, saha lajêng dhinawuhan madhêp piyambak wontên ing ngarsanipun sang nata, punapa malih priksa sang nata sêsarean salonjor wontên ing dhipan kalihan mêstakanipun kasanggi ing asta, dene astanipun ingkang satunggal sumèlèh saha gumantung lungkrah ing pinggiring dhipan, ing sakala birat giris mirising galihipun sang pangeran, saya sang pangeran inggih priksa kala lumêbêtipun wau, ingkang rama sang nata têka botên ewah pisan-pisan patrapipun sêsarean.

Sarêng sang pangeran sampun dumugi ing ngarsanipun sang nata, sri narendra tumuntên ngandika: "Kaki adipati, ingsun nganti suwe katalompèn anggon ingsun arêp nimbali marang sira." - Ing salêbêtipun sang nata ngandika ing sasrapadan mriksani ingkang putra ingkang kawirangan agêng: jumênêng kalihan tumungkul wontên ing ngarsanipun. - "Pagunêman iki bênêre ingsun singkiri, pangarêp-arêp ingsun, sira muga ngowêla, aja nganti kawiyos pangandikaningsun kang tan prayoga kadadeane, kaya-kaya sira iya wis mangêrti dhewe." - Dumugi samantên sang nata lajêng kèndêl malih anggènipun ngandika. Sarêng sang nata sampun ragi anjênggèlèk saha astanipun kajunjung minggah, sang nata tumuntên kawêdal pangandikanipun pangêrsula, makatên têmbungipun: "Putraningsun kaki adipati, dene jêbul ingsun sira jiyad ngalami lakunira kang mangkene, apa marga dening sira kêna pambujuke mitra kang ora satuhu lan kêna panasarane budi pangangsa-angsa marang kaluhuran kang ora bênêr. Sabênêre sira wus wêruh dhewe, mungguh sapira bae gêdhene katrêsnaningsun marang sira, nganti pêpenginanira kang sapele-sapele, ing sabisa-bisa iya ingsun angkah aja nganti sira kacuan, sira ingsun sludhah ing kaurmatan lan kaluhuran, ingsun robi ing rajabrana. Apamanèh sira iya wis wêruh, wis kêrêp krungu dhewe saka ingsun lan ibunira, ing nalikane ingsun durung pêputra, lan nalikane ingsun isih nyantri, ingsun anglakoni salat kajat mung nênuwun sihing Allah, bisaa pêputra lanang, barêng wis olèh marmaning Allah, pinaringan kabêgjan apatutan sira,

--- 292 ---

nganti ingsun pèngêti iyasa kadhaton ing Fattipur, ing pagunungane: ing kono ênggon ingsun kêrêp salat sukur ing Allah, ginadhuhan sira. Mungguh ingsun priksaa ing sadurunge, yèn bakal mangkene têmahane, iya ora bangêt-bangêt panuwun lan sukur ingsun maring Allah. Ah, apa iya wis ora kêna sira ampah kêkarêpanira, dene mung nyarantèkake ing saumuring wong tuwanira kang saikine iya wis ora kêna diarani isih ênom, yèn wis têka ing mangsane sira nampani warising bapa anglungguhi dhampar pasewakan, apa iya sira wis ora bisa malês pisan-pisan mênyang katrêsnan lan kabêcikane wong tuwanira marang sira, kang titikane wis sira lakoni lan sira rasakake?"

Sang Pangeran Salim botên sagêd ngunjuki atur wangsulan punapa-punapa. Sarêng ingkang rama sampun kèndêl anggènipun ngandika sakêdhap, panampinipun sang nata saha wêdaling pangandika dhatêng putra ingkang agêng kalêpatanipun, dumadakan lêpat saking pangintên, tanpa sêrêng malah kèbêkan katrêsnan, sanadyan têmbungipun kaduk sêkêl wêdalipun, sang pangeran kakênan sangêt galihipun, awit sang pangeran pancèn inggih botên awon galihipun, namung galihipun kêndho tuwin gêgan-gêganên, punapa malih kadunungan wêwatêkaning ratu angrèh pribadi, ingkang anggêga karsanipun piyambak dening rumaos kawasa piyambak, botên wontên ingkang mêmalangi, inggih punika wêwatêkan kasêngitanipun Sang Nata Akbar, awit karsanipun Sang Nata Akbar, sang pangeran kêdah ingkang nguningani dhatêng lêrês saha kawajiban. Sang nata tumuntên anglajêngakên pangandika: "Mêngkono mau mung saka sungkanira anglakoni bêcik, utawa luwih bêcik ingsun arani saka ora bisa nglakoni bae. Sira ora tau bisa ngampah kêkarêpanira marang samubarang, mangkono manèh tumraping lêlakon iki. Wis sawatara lawas ingsun bungah nguningani ing sira, wis mêdhot saka ing kasênênganira minum, ananging sapira lawase anggonira ngungkurake mênyang kasênêngan minum mau, iya banjur sira balèni manèh. Sira kêpengin amêngku kaprabon, angrèhake ing liyan kaya ingsun, sira durung pisan-pisan bisa amênggak ing kêkarêpanira, malah mangêrti bae durung marang kêkarêpanira kang pancène kudu sira wêruhi, iya iku kêkarêpan kang mung makolèhake kapêrluanira pribadi, ora kang narambahi ing ngakèh, iku kang nasarake ing sira saka ing laku bênêr. Sira pancène kudu mangêrti, yèn olèhira pangaji-aji lan katrêsnan saka kawulanira kang bakal sira wêngkoni, iku mung saka laku adil lan angèstokake kawajibanira mênyang kawulanira, dene sanadyan karêpira kaya kang sira lakoni iki bisa katêkan pisan, lan para kawula iya banjur manut miturut ing sapangrèhing ratune anyar, iya mung manut miturut [mi...]

--- 293 ---

[...turut] dening kapuwung kapêrluan lan wêdi bae, mungguh ing panganggêpe utawa ing batine iya laku cacad. Sanadyan kawulanira ing wêktu iki durung ana kang wani ngarani mangkono, ananging ing buri masthi bakal tuwuh caritane ana ing tulisan kang tular-tumular, ora bisa ilang ing salawase. Pangaji-ajining kawulanira mung sira musprakake, badanira dhewe lan saliraningsun sira urugi ing kawirangan, apa saka pangiranira mungguhing kawirangan kang sira têmah iku ora ngênani ing saliraningsun? Kaya ngapa bae lêganing panggalih ingsun, ing sabisa-bisa ngalang-ngalangi ing sêdyanira ing bab lêlakon iki, nganti wis ingsun turut ing pamrayogane Abul Fazl, kang uga duwe pangowêl mênyang sira, sira ingsun utus mênyang Allahabad, ananging dhèk samana durung priksa, yèn Salhana iya kalêbu ing golongane para cidra kang gêdhe dhewe, lan golongane kang nasarake marang sira kang matiri dhewe. Mung têkan samono bae, pangangkah ingsun bisane misahake sira saka ing gêgolongan para cidra mau: jêbul cabar, rêmbug-rêmbuge banjur mêksa bisa tumindak, barêng wis mêngkono ing wusanane banjur pêrlu ngetokake kanyataan ing ngakèh, supaya sadhengahing wong wêruha, yèn paekan lan pamêksa kang tinandukake mênyang Akbar lan gêgolongane, sanadyan saka wong kang luhur drajate iya mêksa ora bisa tumama, Akbar isih têtêp kawasa dhewe mêngku pangrèhing nagara. Sira wis amêksa lèrèhing panjênêngan ingsun: lêlakon iki kabèh dudu lupute sapa-sapa, sira kang kaandhêman, sira wis gawe ala bangêt marang awakira pribadi, lan gawe rusaking galih ingsun, bokmanawa luwih saka pangiranira ing wêktu iki. Yèn sira ora bisa ngrasakake babar pisan, utawa ora bisa duwe panêmu bab artine lan rasa pangrasane sawijining bapa kang adu arêp mêmungsuhan karo anake dhewe, malah bokmanawa kêpêksa banjur nanggulang ngadu landhêping pêdhang. Hara, gèk kaya ngapa rasane?"

Mênggah pamanggih ingkang nyênyêdhihi ing manah, yèn rinaosakên punika, ing têmbe wingking Sang Pangeran Salim inggih badhe nêmahi, sarta ing wingking bilih panjênênganipun sampun andungkap yuswa, kêlampahan Sang Nata Syah Jihan inggih ayun-ayunan yuda kalihan putranipun piyambak ingkang ugi dipun trêsnani, ananggulang putranipun wontên ing payudan, sarta langkung saking sapisan putranipun rinoban ing wadyabala. Kala punika Sang Pangeran Salim inggih lajêng badhe sagêd anggalih dhatêng suraosing pangandikanipun ingkang rama ingkang kalairakên wau.

Ing salêbêtipun sang nata paring priksa kathah-kathah dhatêng ingkang putra Sang Pangeran Salim, sang pangeran sawêg sagêd angraosakên lampah kaburusaning panggalih, ingkang

--- 294 ---

ing ngajêng ngantos lami tanpa mosik babar pisan, sapunika sawêg sagêd ngraosakên sangêt dhatêng kalêpataning tindakipun, malah rumaos bilih saliranipun namung karèmèhakên kemawon dening para ingkang sami ngaturi rêmbag saha ingkang tinantun-tantun, kados tiyang ingkang botên sagêd ngrêmbag dhatêng saliranipun piyambak. Saking rumaos kawratên piduwungipun ing galih, sang pangeran andhawah sujud wontên ing ngarsanipun ingkang rama kalihan anutupi pasuryanipun mawi asta kêkalih.

Sang Nata Akbar ingkang nalika punika kèndêl ngantos sawatawis dangu tanpa ngandika kalihan mriksani dhatêng ingkang putra, tumuntên ngandika: "Wis sira ngadêga, lan sira rungokna. Sira lan sadhengaha wonge masthi bae wis ora bisa madoni, yèn ingsun anduwèni wêwênang lan kuwasa ngukum marang sira ing sakarsaningsun, ewadene ingsun ora karsa gawe kawiranganira, iya amungna kang wis sira lakoni iku. Mulane mangkono, sabab yèn sira ingsun patrapi bakal agawe wisuna tumraping panguwasanira ing têmbe, lan tumraping kajèn kèringanira marang kawulanira: samangsane sira besuk wis anggêntèni ingsun angrèh nagara. Saya manèh yèn sira ingsun patrapi kang katon ing ngakèh, iku luwih bêcik sira ingsun lèngsèr saka wêwênangira sumilih ing kaprabon, banjur anjumênêngake salah sawijining adhinira: mangka gêgêntinira. Ananging kang mêngkono iku ora dadi karsaningsun, lan ingsun durung bisa nindakake, awit isih kagêdhèn trêsnaningsun marang sira, yèn sira ingsun sebratake ing salawase, ing sabisa-bisa iya ingsun singkiri, aja nganti têmu-tinêmu kang mêngkono iku, ananging samono iku iya gumantung ing sakarêpira dhewe. Mulane ing saikine ingsun andangu marang sira, munjuka sabênêre kang barès bae, apa sira iya isih dhêmên ambantu mênyang ingsun angrèh nagara tumrap ing kapêrluaning praja, apa sira iya wis ora duwe karêp manèh, utawa apa iya rumasa kurang kuwat? Yèn sira isih dhêmên ambantu mênyang ingsun angrèh nagara tumraping kapêrluaning praja, sira iya ingsun wajibi nindakake pagawean kang kalawan pangaji-aji, ananging angèl linakonan. Dene yèn sira wis ora duwe kêkarêpan manèh utawa wis rumasa kurang kuwat, sira iya manggona ana ing kadhaton kene bae. Iku kang dadi pamrayogaku, supaya sira ing sabisa-bisa ambudia sumurup mênyang guna pangawikaning angrèh praja, kang ora bisa pisah karo sira ing samangsa besuk sira mêngku kaprabon. Rong prakara iku ingsun borongake ing sapamilihira."

Atur wangsulanipun Sang Pangeran Salim èsmu sangêt miduwunging galih: "Kawula nuwun, kangjêng rama, kawula botên pisan-pisan, yèn ta rumasa wajib tampi panantun [pa...]

--- 295 ---

[...nantun] dalêm kalih pisan ingkang sangêt kaluhuran punika, sarta botên pisan-pisan badhe sêsambat, bilih kawula tampi patrapan dalêm linèngsèr saking wêwênang kawula gumantos nata ing têmbe, dening patrap kawula ingkang kantun punika: pantês tampi wasesa dalêm ingkang makatên. Dene katêmahanipun sapunika rumaos bêgja kamayangan tampi sih wilasa dalêm, ingkang tanpa pindha kaparingan pangapuntên, saking lêgawaning panggalih dalêm, kawula kadhawuhan milih salah satunggalipun saking panantun kalih prakawis punika. Mênggah atur unjuk kawula: nyuwun kaparênga anglampahi panantun bab ingkang sapisan wau kemawon, malah wontêna karsa dalêm amajibakên pandamêlan ingkang awrat pisan dhatêng kawula, manawi pêrlu malah ingkang mutawatosi, nêdya badhe kawula budi ing sêsagêd-sagêd kawula, sagêda anuhoni kados karsa dalêm. Kawula rumaos karoban ing pangaji-aji tuwin ing sih dalêm langkung saking watês. Kawula inggih rumaos miduwung, dene gêsang kawula ingkang sampun-sampun namung kawula angge nganggur kemawon, tanpa wontên gunanipun, mangka sampeyan dalêm rintên dalu tanpa pêdhot, tansah nyambut damêl tumraping kapêrluanipun nagari. Gêsang kawula ingkang namung nganggur tanpa nyambut damêl nglênthung ingkang sangêt nistha, ingkang lami-lami tanpa wontên sêslamuranipun, lajêng nasarakên kawula anggêga dhatêng wêwarahipun para cidra, tuwin para panggodha, sanadyan botên sadaya, ewadene kathah ingkang kawula gêga, sarta damêl kèluning manah kawula dening pangiming-iming dhatêng kawajiban ingkang sajati tuwin ingkang langkung misuwur, samangsanipun panguwasaning praja, sampun karêgêm wontên ing tangan kawula, panuwun kawula wontêna kaparênging panggalih dalêm, maringi pandamêlan dhatêng kawula ingkang langkung awrat, sanadyan langkung asor, bokmanawi ing sasêlot-sêlotipun kawula angkah sagêda sawêtawis mulihakên kalêpatan kawula dhatêng sampeyan dalêm.

Sang nata amangsuli pangandika: "Mungguh pangrêmbugira mênyang awakira dhewe, iku iya ana bênêre wêruh mênyang awake lan rumasa ing kaluputane, iku ular-ulare pangawruh ing laku bêcik. Ingsun uga ora selak karsa ngakoni, yèn ingsun uga kadunungan kaluputan, dene sira nganti kêlawasên mung ingsun uja nganggur bae, yaiku urip kang cêmplang ing sadina-dinane marga angguran, ora solan-salin pamikire, sanadyan sira nyandhing kawibawan lan kamulyan. Mara nuli tumandanga. Durung lawas antarane tanah Bênggala kang akèh pamêtune lan êloh lêmahe: kêbawah mênyang panjênêngan ingsun, ing saikine isih ngêntèni wêwênange olèh pranatan sacaraning pangrèh praja kang

--- 296 ---

tata, kayadene kang wis tumindak ana ing nagaraningsun liya-liyane. Mulane saiki tumuli mênyanga, ingsun tulungana nindakake pranatan kaya kang ingsun karsakake ana ing kana, sira ingsun pasrahi pangrèh nagara ing Bênggala: mangka karerehan ingsun, ing sabanjure sira ana ing kana kaya madêg ratu kawasa pribadi, karo angêntèni tumêkane mangsa, yèn sira kalawan têntrêm wis bisa pulih ingaji-aji lan ditrêsnani mênèh mênyang kawulanira, banjur bisa nyêkêl pangrèh satlatahing nagara Indhustan kabèh."

Sang Pangeran Salim mirêng dhawuh pangandikanipun ingkang rama makatên punika, botên sagêd mênggak wêdaling waspa, saking bingah saha gênging panuwunipun. Ing wusana sasampunipun sang pangeran angaras astanipun ingkang rama, lajêng enggal-enggal mundur saking ngarsanipun, ing galih tatag malih saha bingahipun botên kenging winiraos. Pangrampèkipun sang nata dhatêng ingkang putra têrus ing galih botên dhapur lêlamisan, dene rukunipun saha pangrêngkuhipun rama dhatêng putra utawi putra dhatêng rama inggih botên nguciwani, sang nata inggih ngraosakên, sarta botên kalintu panyananipun, awit salajêngipun rama kalihan putra botên nate pasulayan malih.

Ing sabakdanipun ing nagari Agra wontên orêg-orêgan ingkang bêgjanipun lajêng kenging kasirêp, ing ngriku sawatawis sampun katingal wontên kaberagan malih, kosok wangsulipun kawontênanipun nagari Allahabad, ing kala punika, saya malih ing sabakdanipun punika: mêmanoning nagari katingal sêkêl, apêsipun inggih tumrap satunggal: Sang putri Iravati tamtu kemawon sawêg nandhang prihatos, dene mirêng saking adipati ing Allahabad. Anggènipun ngaturi priksa sang adipati enggal dhatêng sang putri namung kacêkak salimrahipun kemawon, botên mawi kaaturan priksa sababipun ingkang kathah-kathah, mindhak saya damêl pangunguning galihipun sang putri, dene sedanipun ingkang rama dhumawah ing kanisthan, pramila namung kapunggêl pêrlunipun kemawon, ing têmbe tamtu sagêd mirêng piyambak. Sang adipati ing Allahabad enggal, inggih angaturi Sang Rêtna Iravati kenging lêrêb wontên salêbêtipun capuri bètèng ing sakarsanipun, kaagêma sakeca kemawon, makatên malih prakawis lampahipun cidra Sang Adipati Salhana botên kasumêrêpan dhatêng sang putri dumugi ing kala punika, awit ingkang kathah-kathah kadamêl wados dhatêng sang putri. Sanadyan Sang Putri Iravati botên nate ngraosakên trêsna sayêktos dhatêng ingkang rama, ewadene sang putri inggih angajèni ing sapantêsipun dhatêng ingkang rama, punapa malih sang putri inggih anggêtuni lair batos sayêktos dhatêng sedanipun, supe dhatêng tondak-tandukipun ingkang rama dhatêng saliranipun ingkang kantun punika,

--- 297 ---

inggih punika nalikanipun sang putri katantun supados angrêntahna katrêsnanipun dhatêng Sang Pangeran Salim. Dumadakan wontên kabar sanèsipun malih dhatêng ingkang têtela sagêd damêl gêtêring galihipun sang putri, inggih punika wartos ingkang ugi damêl susahing galihipun bab prakawis Sang Siddha pacanganipun.

 


Botên. (kembali)
pêncaring. (kembali)
§ Ingkang ing basa Walandi dipun wastani: beschaving. (kembali)
dalêm. (kembali)
pawèstri. (kembali)
inggil-inggil. (kembali)
Allahabad. (kembali)
lêlêthêking. (kembali)
kowe. (kembali)
10 sêrêng. (kembali)
11 § Martalulut = Ngayogyakarta (beul). Singanagara = Surakarta (beul) gêlojo. (kembali)
12 kêkêndêlanipun. (kembali)