Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 297–336)

Judul
Sambungan
1. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 001–034). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
2. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 034–066). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
3. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 066–099). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
4. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 099–132). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
5. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 132–165). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
6. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 165–198). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
7. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 198–231). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
8. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 231–264). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
9. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 264–297). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
10. Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 297–336). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
Citra
Terakhir diubah: 19-11-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Kacariyos botên dangu antawisipun kalihan tampinipun kabar sang putri bab sedanipun Sang Adipati Salhana, Sang Brahmana Kulluka dhatêng amanggihi ing sang putri, dene ingkang tumut dhatêng saking tanah bang êlèr inggih namung rencangipun pinitados satunggal. Lampahipun sang pandhita kalihan rencangipun kalawan ngandhut mutawatos sangêt. Sarêng Sang Pandhita Kulluka sampun kapanggihan dening Sang Rêtna Iravati tumuntên matur alon, têmbungipun: "Sang putri ingkang minulya, kula ambêkta damêl ingkang sakêlangkung awrat sabab kula kêdah andumugèkakên piwêling ingkang sangêt nyêdhihi panggalihipun sang putri sarta manah kula, kula ambêkta tandha katur sang putri. Sang rêtna têmtu lajêng sagêd mangêrtos kemawon." Sêsampunipun sang pandhita gogoh-gogoh ing anggaripun, lajêng nyèlèhakên rimong sutra mancawarni satunggal wontên ing ngajêngipun sang putri, inggih punika rimong ingkang kauncalakên sang putri dhatêng Sang Sinatriya Siddha, ing nalikanipun sang putri priksa ingkang wêkasan piyambak wontên sangandhaping palotengan kadhaton, mangka tandha pangèngêt-èngêt.

Sarêng Sang Iravati sumêrêp wujuding rimong, ing sanalika kagèt anjumbul, pucêt wadananipun kalihan ngandika: "Kula sampun mangêrtos sadaya, pacangan kula sampun botên wontên."

Sang pandhita amangsuli: "Ing nalikanipun kula tilar, dèrèng dumugi samantên, ananging kula inggih ugi kuwatos sangêt, manah kula mangu-mangu, sanadyan pangajêng-ajêng kula sampun ngantos kalajêng, ewadene kula kuwatos yèn botên mêningi tilas murid kula."

Sang Putri Iravati pitakèn: "Kula nyuwun kaparingan priksa, kawontênanipun pacangan kula kemawon kadospundi? Kauningana, manah kula sampun sarèh malih, badhe mirêngakên pangandikanipun sang pandhita kalihan saranta, anggêripun sang pandhita karsa ngandharakên kawontênanipun wau sadaya." Ing salajêngipun Sang Pandhita Kulluka ngandharakên kawontênanipun ing nalika sang pandhita kapanggih kalihan Sang Siddha ingkang kantun piyambak.

"Miturut panuwunipun Sang Siddha sangêt-sangêt dhatêng sang nata, anênangis supados sang sinatriya kalurugna dhatêng tanah bang lèr anindhihi wadya rajput andhahanipun [andha...]

--- 298 ---

[...hanipun] kalihan wadya sanès-sanèsipun ananggulang rêrêsah ing ngrika, wontên parêdèn wontên ing tanah bang lèr ingkang sampun dipun sumêrêpi dening Sang Sinatriya Siddha, sang sinatriya ngantos lami pêpêrangan kanthi kabêgjan, ngantos damêl misuwuring namanipun. Sang sinatriya botên nolèh ing pakèwêd, bêbasanipun malah ngupados bêbaya, punapa malih tumrap ing saliranipun piyambak, kêrêp kemawon nyoba nekad nêmpuh ing payudan ingkang sangêt pakèwêdipun, mangka wadyanipun ingkang sampun kalêbêt kêndêl kemawon mêksa wangsul botên kaconggah nanggulangi. Ing kala punika Sang Siddha taksih kathah bêgjanipun, ananging ing wêkasanipun para brandhal sagêd damêl rekadaya, sarêng Sang Siddha anglangkungi margi lêlêngkèhing rêdi, lampahipun katugêl saking gêgolonganing bragada ingkang agêng, sang sinatriya sawadyanipun golongan alit lajêng katukup cinêgatan saking pundi-pundi, sanadyan ing kalawau panglawanipun sang sinatriya dhatêng mêngsah kanthi kawantêran tuwin kêkiyatan malih ing angebat-ebatakên, utawi malih sanadyan ing kalawau sang sinatriya sagêd nahan wadyanipun kalihan suka têtuladan ngantos para wadyanipun sagêd nahan dangu pambendrongipun dhatêng mêngsah, punapa malih kathah ugi wadyaning mêngsah kêkapalan ingkang sami dhawah ing jêjurang kasabêt ing pêdhang dening sang sinatriya, ewadene ing wêkasanipun Sang Sinatriya Siddha kêbak labêt ing saliranipun dhawah saking titihanipun. Makatên malih wadyanipun andhahan ingkang sami nandhang labêt utawi pêjah pating tlèsèh andhêpani siti ngubêngi saliranipun, dene Vatsa ingkang mèh botên pisah saking sandhinging bêndaranipun, sarêng sumêrêp bêndaranipun labêt dhawah saking titihanipun, lajêng mangêrtos bilih ing kala punika langkung prayogi ngrêmbag wilujêngipun tinimbang nêmpuh byat tanpa guna malêsakên bêndaranipun. Pramila lajêng api-api katitih ing yuda andhawah saking kapal, tanpa ebah rewa-rewa pêjah mangkurêb ing siti. Botên antawis dangu gêgolonganing bragada têtunggul lajêng dhatêng ngangsêg para mêngsah ingkang lajêng mundur enggal-enggalan. Ing kala punika Vatsa lajêng tangi murugi bêndaranipun, saking pangintênipun Vatsa bêndaranipun sampun kasambut ing yuda, ananging kados punapa kemawon bingahing manah, sarêng katitik, kasumêrêpan manawi bêndaranipun taksih gêsang. Sasampunipun sang sinatriya kablêbêt labêtipun dening Vatsa namung ing sasagêd-sagêdipun kemawon, bêndaranipun dipun tulungi wadya kapalan ingkang mêntas dhatêng ambantu, kasèlèhakên wontên ing panggotongan jisim ingkang namung kadamêl kalihan kasêsa wontên ing ngriku kemawon, sarta lajêng ngakèn ambêkta bêndaranipun

--- 299 ---

dhatêng salah satunggiling wihara Buda, ingkang marginipun sampun dipun sumêrêpi dening Vatsa, panêdhanipun inggih lajêng kapiturutan." Sang Pandhita Kulluka tumuntên nglajêngakên cariyosaipun: "Kula piyambak ing nalika wau pinuju wontên ing wihara ngriku, tumuntên wontên wadya kêkapalan dhatêng ambêkta têtindhihipun ingkang nandhang labêt sangêt, inggih punika Sang Siddha, para rêsi sarta satunggiling dhukun jampi ingkang sagêd, anggènipun mulasara dhatêng Sang Siddha kanthi asih sarta gumatos, para rêsi sarta dhukun jampi wau nuhoni dhatêng panêdha kula, ing sasagêd-sagêdipun sami ngêtog kasagêdanipun murih widadanipun sang sinatriya. Sarêng sampun kêlampahan kapulasara sawêtawis dangunipun, Sang Siddha sawêg èngêt. Sarêng sumêrêp dhatêng kula wontên ing sandhingipun, Sang Siddha tumuntên sumaruwe nganthuki kula, ing wusananipun lajêng ragi wangsul kêkiyatanipun sagêd ngandika sakêdhap kalihan kula, makatên: "Sumitra, sampeyan kula tilar, kula raosakên: badan kula sampun botên kuwawi, kula sampun botên sagêd gêsang malih. Kula kaparênga nyuwun ugungan sapisan êngkas." Kula lajêng nyawang dhatêng dhukun kados takèn-takèna, ananging dhukunipun sumêrêp kula namung gèdhèg-gèdhèg kemawon, wangunipun kados namung sakêdhik utawi babar pisan botên gadhah pangajêng-ajêng dhatêng waluyanipun Sang Siddha, ing kalawau dhukunipun inggih ngèngêtakên supados sampun ngandika punapa-punapa, ananging Sang Siddha botên maèlu, pangandikanipun pacangan panjênêngan: "Kula kêdah wicantên." Lajêng andumugèkakên pangandikanipun: "Guru kula Sang Kulluka, rimong ingkang kula tunggilakên kalihan sudhiyan kula dêdamêl, punika kula aturi ngampil, kaaturna wangsul dhatêng pacangan kula Sang Iravati, ing samangsanipun panjênêngan sagêd kapanggih, sarta kula wêling, guru kula inggih mitra kula sajati Kulluka, kula aturi ngandika dhatêng pacangan kula, raosing manah kula salêbêting gêsang, kula botên nate gadhah raos trêsna dhatêng pacangan kula Sang Iravati kados sarêng kula nyêlaki pêjah kula punika. Kula aturi tumuntên mangkat sapunika, sampun ngêntos-ngêntosi ing pêjah kula, kula pamit pêjah, ing salêbêting batos ngèngêt-èngêt bilih pacangan kula inggih sampun tampi pracihnaning pamit kula pêjah saking panjênêngan."

Sarêng sampun ngandika makatên lajêng kêjêp, sarta kèndêl botên ngandika malih. Kula inggih botên saranta malih anuruti pamintanipun, bokmanawi paminta ingkang wêkasan, rimong kula pêndhêt, sarta sasampuning panjaginipun dhatêng pacangan panjênêngan kula pasrahakên dhatêng

--- 300 ---

para rêsi ingkang agami Budha saha dhatêng Vatsa, kula tumuntên mangkat.

Sang Putri Iravati amangsuli: "Sangêt ing panuwun kula dhatêng sang brahmana, dene sampun karsa amituruti ing pamintanipun pacangan kula ingkang tansah cumanthèl ing padoning mripat kula sarta karsa mêrlokakên ugi dhatêng kapêrluan kula. Sang brahmana wau ngandika, bilih Sang Siddha taksih gêsang, punapa dèrèng pêjah ing nalikanipun panjênêngan tilar, supados kula lajêng sagêd tumindak punapa ingkang kêdah kula lampahi."

"Tumindak?" - pitakènipun sang brahmana. - "Panjênênganipun sang putri badhe sagêd tumindak punapa?"

Sang Putri Iravati mangsuli sarèh: "Kula badhe murugi Siddha kalihan panjênêngan."

Sang Brahmana mangsuli kalihan kagèt èsmu gumun: "Punapa panjênêngan badhe murugi Siddha, panjênêngan satunggiling putri, ringkih botên sagêd lawan, badhe anglangkungi wanawasa tuwin rêdi-rêdi ingkang kêbak dening rêsah, mangka tanpa pandhèrèk ingkang nyêkapi, kula kemawon mriki sampun kathah ingkang ngèngêtakên, awit saking kathahing èwêd pakèwêdipun. Gèk panjênênganipun sang putri malih, kula botêna kêdah mapali karsanipun. Panduginipun sang rêtna kemawon kadospundi, punapa kagalih marginipun sêpên ing pakèwêd?"

Sang rêtna amangsuli alon: "Botên kula kintên makatên, kula inggih sampun mangêrtos dhatêng bêbaya ingkang sagêd pinanggih wontên ing margi, ananging manawi panjênêngan mitra kula sagêd andugèkakên kapêrluanipun pacangan kula Siddha Rama kalihan nekad nyêrang bêbaya wau, kula inggih sagêd. Panjênêngan sang brahmana mitra kula, sampun pisan-pisan sumêlang ing galih, manawi kula badhe dados damêl panjênêngan. Sanadyan kula tiyang èstri botên ringkih sadayanipun kados pangintênipun sumitra, kula sampun manuh lumampah ing margi parêdèn, sarta ing wanawasa." Sarêng sawangipun Sang Pandhita Kulluka taksih badhe amabêni, sang putri nugêl têmbungipun kalihan ngandika: "Botên! Sampun ngantos sumitra ngêpak kaniyatan kula, mangsa sagêda mikantuki botên. Dene yèn sumitra botên kaparêng kula tumuti, kula inggih badhe mlampah piyambak kalihan salah satunggiling rencang kula, sampun kagungan pangintên: manawi kaniyatan kula wau namung kabujung saking adrênging manah tanpa rinêmbag. Ing wusana mangke kula lajêng cangkelak wangsul, pangrêmbag kula sampun rambah-rambah, bilih wontên lêlampahan ingkang makatên, kadospundi panindak kula. Sampun rambah-rambah anggèn kula nêpang-nêpangakên lêlampahan kula

--- 301 ---

punika kalihan ingkang kasêbut ing cariyos Damayanti sarta tekad kula, pundi ingkang cocog badhe tansah dados têtuladan kula. Lêlabêt kula ingkang namung sapele punika, yèn katimbang kalihan kawontênanipun Damayanti nglambrang ing wanawasa abadan sapata, sagadhah-gadhahipun sampun karêbat ing tiyang awon, malah inggih taksih kaubêngan bêbaya sanèsipun, suprandene mêksa botên ajrih nusup angayam alas wontên ing wana grêng, pêrlu ngupadosi lakinipun ingkang sampun botên sêtya. Makatên ugi kula, badhe kesah saking ngriki murugi pacangan kula, dene manawi panjênêngan marêngakên namung kaêtêrakên satunggiling tiyang jalêr ingkang sampun katètèr ing kakêndêlan tuwin kanalaranipun, ing pundi kemawon ingkang dipun sasak, inggih badhe kula ênut."

Sang Brahmana Kulluka gêntos wicantên: "Tanganipun tiyang jalêr wau inggih botên badhe lêpat, manawi wontên pêrlunipun angayomi ing panjênênganipun sang putri, dene manawi tanganipun wau karaos radi kêju, piyambakipun inggih taksih gadhah kêkiyatan amolahakên pêdhangipun. Yèn makatên sumangga, kula aji-aji kêkiyatan panjênêngan punika, sarta botên kirang anggèn kula anggumuni. Sapunika panjênêngan sudhiya kemawon ing sapêrluning lampah, kula inggih sampun sudhiya ing samangsa-mangsa andhèrèkakên panjênêngan."

Sang Putri Iravati tumuntên animbali abdinipun èstri, sarta lajêng enggal-enggal nyumêktakakên ingkang badhe kagêm ing sapêrlunipun bidhal kalihan abdinipun èstri ingkang ugi dipun paringi priksa cêkak mênggah wigatosipun lumampah punika. Abdi èstri Nipunika ingkang tuhu sêtya sarta sakalangkung trêsna dhatêng bêndaranipun, sangêt kagèting manah sarêng mirêng pangandikaning bêndaranipun, ngantos kamipurun anggendholi karsanipun bêndara, awit sumêrêp agênging bêbaya ingkang badhe pinanggih ing margi. Ewadene sang rêtna botên keguh, malah abdinipun ingandikakên kèndêl sampun tumut-tumut.

Nipunika matur angasih-asih: "Yèn makatên, gusti, kula kalilana andhèrèk."

Wangsulanipun sang putri: "Aja! Ora kêna kowe milu, awit lagi ngayomi wong wadon siji bae wis abot tumrape Sang Brahmana Kulluka karo bature, mulane kowe dak wènèhi wêruh karêpku iki ênggonên wadi, supayane yèn aku ora bali ana kang bisa wêruh panggonanku lan banjur bisa martani mênyang sêsangkutanku ing nagara Kacmir."

Nipunika wicantên malih: "Punapa botên prayogi nyuwun tundhan ingkang pantês dhatêng sang adipati: ing bètèng?"

Sang putri mangsuli: "Iku uga ora migunani, wadya

--- 302 ---

mawa gêgaman sagolongan, iku malah bisa gawe cingaking para rusuh, wêkasan konangan banjur bisa campuh bandayuda, durung mêsthi unggule, sanadyan bisa unggul: iya nyênyuwèni lakuku, dene yèn aku nyuwun tundhan wadya sabêrgada kang santosa mêsthi ora parêng, awit tumrape ing nagara kene gêdhe kapêrluane, aku kanca têlu malah akèh unthute bisa slamêt lakuku, nuli bisa têkan sêdyaku."

Lampah punika botên sagêd tumuntên tumindak, kuda tumpakanipun Sang Brahmana Kulluka kalihan tumpakaning rencangipun taksih katingal lêsu sangêt, pramila pangkatipun kaantosakên ing wanci lingsir siyang. Mênggah tumrapipun Sang Iravati angêntosi wanci ingkang kadamêl nganggur wau kados dangu, upami sampun gliyak-gliyak lumampah apêsipun wontên sêsamunanipun. Ing samangke sang putri mindhak mawi kagagas ing galih dhatêng satunggal punika, ingkang sagêd ngawonakên gagasan sanèsipun.

Dumadakan sang putri cingak kanthi kagèt, sarêng mirêng kalêsêting tiyang lumampah mara enggal-enggalan, ewasamantên sang putri botên priksa ingkang dados sababipun kagèt, sakêdhap êngkas lajêng wontên priyagung priya jumênêng wontên ing ngarsanipun sang rêtna, ingkang ing kala punika rawuhipun wontên ing ngriku pancèn têbih saking pangintênipun sang rêtna, inggih punika Sang Pangeran Salim.

Sang rêtna matur taksih èsmu kagèt: "Paduka sampun dumugi ing ngriki."

"Inggih, dhatêng kula ing ngriki mampir lampah kula dhatêng ing Bênggala. Dhatêng kula miturut ingkang kula sumêrêpi, kalêrêsan kalihan wêktunipun, dhatêng kula wontên ngarsanipun sang rêtna, punika pêrlu makèwêdi karsanipun sang rêtna anggènipun badhe nglêgani karsa, awit karsanipun sang rêtna wau, kula wastani nekad, botên mungguh kalêbêt ing èngêtaning putri ingkang cêkap budi pakartinipun. Abdi panjênêngan èstri nêrak awisan panjênêngan, jalaran kabêkta saking sih katrêsnanipun dhatêng sang rêtna, nêdha pitulungan dhatêng kula supados kula mambêngi karsa panjênêngan, kula inggih lajêng nyagahi panuwunipun, awit lampah punika kula inggih angrêmbag: sakêlangkung ambêbayani."

Sang putri amangsuli: "Panuwun kula: Sang Pangeran mugi sampun tumut-tumut anggalih dhatêng kula, sarta pikajêngan kula; kula dede lare alit, ingkang dèrèng sumêrêp dhatêng ingkang dipun pikajêngakên, sakathah-kathahipun rêmbag paduka sang pangeran, botên wontên ingkang ngaturi rumêksa dhatêng badan kula."

Sang pangeran angandika: "Sanadyan makatên, kula

--- 303 ---

inggih kêdah tumut-tumut, awit anjagi widadanipun sang rêtna, pramila kula sapunika matur pasaja, kajawi anjagi saliranipun sang rêtna, kula inggih botên wêntala sumêrêp utawi mirêng panjênênganipun sang putri tindak dhatêng panggenanipun têtandhingan kula trêsna, ingkang sampun botên sêtya dhatêng panjênêngan. Kula botên kuwawi ngèngêt-èngêt, sang putri angrawuhi tiyang wau, mangka taksih pinanggih gêsang, lajêng angsal pangêla-êla ing panjênênganipun sang putri, kula panjênêngan tampik, milanipun kula badhe ngangge panguwasa kula: amêksa ing panjênêngan botên kenging kesah saking ngriki, sanadyan panjênêngan ambangkanga pisan."

Sang putri amangsuli: "Nindakakên ingkang makatên punika paduka tamtu sagêd, ananging pandugi kula panjênêngan botên karsa nandukakên, paduka tamtu kemawon sampun nguningani, manawi saking pamasesa ingkang sangêt asor punika paduka masthi botên sagêd mênang malah kawon. Sang pangeran rak inggih botên ngajêng-ajêng ing pêjah kula, sarta botên badhe anggege pêjahipun pacangan kula Siddha, kosok wangsulipun salira paduka piyambak, ingkang dumugi sapunika, sanajan botên kula soki katrêsnan, mêksa tansah kula aji-aji, ing mangka awit saking panindak wasesa ingkang sangêt nistha kados makatên punika, paduka namung badhe tampi panyamah saking kula, punapa paduka kapengin ingkang makatên? Panyampah kula saha panyampah paduka piyambak inggih botên kirang, malah paduka lajêng sagêd ngraosakên panyampahing salira piyambak, ingkang lajêng dados camah. Punapa paduka badhe manjing dhatêng wêwatakan èstri ingkang ringkih ing bêbudènipun, inggih punika ingkang botên sagêd nahan hawa napsunipun, namung nglêgani ing kabrangasanipun kemawon? Punapa paduka badhe manjing dhatêng wêwatakanipun tiyang jalêr ingkang sagêd mênggak hawa napsunipun, utawi malah inggih ngatingalakên murwatipun ing têmbe amarentahakên tiyang kathah? Sumangga kula aturi ngrampungi piyambak, atur kula punika dede dhapur paminta sih."

Sang Pangeran Salim sarêng mirêng aturipun Sang Putri Iravati ingkang makatên punika tansah tindak wongsal-wangsul, ing batos panggalihipun aprandondi rêbat lêrês, hawa napsu, punapa èngêt dhatêng kawajiban, ngangkah têtêping kajèn kèringan punapa nuruti kabrangasan? Upami sang putri, ingkang sampun têtela suthik tampi pangêla-êlanipun sang pangeran, sarta sampun botên kenging kaajêng-ajêng lunturing sihipun lajêng kabodhokakên dhatêng pacanganipun ingkang ngêngêmbar sang pangeran, punika tumrapipun sang pangeran sumêdhot sangêt, kados sang pangeran botên

--- 304 ---

kuwawi ngampah, ananging sang putri kagungan wêwênang amilih, dipun lawanana tanpa damêl, manawi rinoda pêksa winasesa. Sang pangeran badhe kecalan ingkang taksih kawêngku, inggih punika pangaji-ajinipun sang putri dhatêng sang pangeran. Panggalih pangaji-aji punika dipun pundhi-pundhi sangêt dening sang pangeran, punapa malih aturipun sang putri dhatêng sang pangeran ingkang kantun, punika damêl wunguning galihipun kèngêtan dhatêng pangèngêt-èngêtipun ingkang rama, ratu ambêk bèrbudi wicaksana: Akbar, ingkang tansah tumanjêm ing galihipun sang pangeran. Têmbung: bisa mênggak hawa napsune dhewe, ora rumasa bênêr dhewe, inggih punika kawajiban saha kautamèn ayat-ayatan ingkang sapisan tumraping galihipun sang nata. Têtêmbungan warni kalih wau rumaosipun sang pangeran dèrèng nate dipun lampahi saha binudi sagêdipun kalampahan nyata. Punapa sang pangeran botên nyagahi kapok dhatêng lampah ingkang sampun-sampun dhatêng ingkang rama, ngantos taksih kaparingan pangapuntên, malah sinêngkakakên ing aluhur jumênêng pribadi angrèh nagari Bênggala, badhe supe kasagahanipun, malah nandukakên pamisesa langkung asor dhatêng pawèstri ingkang tanpa daya. Botên lêpat pangandikanipun Sang Putri Iravati. Ing wusana sang pangeran tumuntên ngandika sêmu kêduwung, têmbungipun: "Sang Putri Iravati, kula sapunika namung manut ing karsa panjênêngan, kados rumiyin, kados punapa kemawon awratipun anggèn kula nglampahi, botên susah kula cariyosakên, namung dumugi samantên, kula manut ing panjênêngan, namung ingkang tansah kula gêtuni punika, dene kula botên têpang kalihan panjênêngan awit rumiyin, samênggah kula sampun têpang awit rumiyin, kajêng kula rumiyin, tamtu inggih botên kalajêng-lajêng ambalasar, ewadene sadaya wau sapunika sampun ewah, ing sasagêd-sagêd kula angkah sagêdipun kula asrah narimah ing pandum, sapunika panjênêngan mangkat, andumugèni dhatêng kaniyatan panjênêngan. Sanadyan panêdya panjênêngan punika kula anggêp tanpa kanalar panjang, ewadene inggih kula aji-aji, bilih punika panêja ingkang kêndêl tanpa mawi was-sumêlang, sarta ingkang mêdal saking rahayuning budi. Sapunika taksih wontên malih ingkang badhe kula cariyosakên. Sagêd ugi kêlampahan, sagêd ugi botên elok manawi pacangan panjênêngan taksih pinanggih gêsang, ing salajêngipun kula mangêrtos, bilih panjênêngan lajêng ruwat-rinuwat ing kalêpatan, saha lajêng têtela dhatêng pacanganipun sang putri, bilih sang rêtna anêtêpi susêtyaning pawèstri linangkung. Sanadyan patrap ingkang makatên punika bilih kula sumêrêp, kula mèrèkakên, ewadene [ewa...]

--- 305 ---

[...dene] sapunika botên kanthi kasêngitan tuwin pamalês awon dhatêng sang putri utawi dhatêng Siddha, kaanggêpa bilih Salim ingkang ing waunipun anggêga dhatêng kajêngipun piyambak, dak mênang gak kêdugi, sampun sagêd mênggak bêbudènipun piyambak, sarta awit sapunika caloning ratu ingkang murba misesa ing tanah Indhustan sampun sagêd santosa ing budi: mênggak kamurkanipun, anulad panggalih dalêm ingkang rama.

Sapunika wêling kula dhatêng sang rêtna utawi Siddha Rama, ing têmbe wingking rumaos kabêtahan ing pangayoman kula, kula sagah amitulungi lair batos, kasagahan kula mêdal saking eklasing manah suci saha ingkang mêdal saking kasagahaning ratu. Kajawi punika kula namung gadhah panuwun sakêdhik, sampun ngantos panjênêngan tampik, inggih punika sanadyan kula utawi sang putri sampun botên panggih-pinanggihan, mugi sampun ngantos ngicalakên panganggêp pawong mitran babar pisan, sarta yèn kèngêtan dhatêng kula sampun ngantos taksih kagungan panggalih duka utawi panyampah, kasèlèhna ing panggalih, bilih pandamêl kula awon dhatêng panjênêngan, punika botên sanès, kajawi namung katarik saking gênging kasêngsêmipun manah kula dhatêng panjênênganipun sang putri."

Sasampunipun sang pangeran ngandika makatên, botên mawi ngêntosi wangsulan, lajêng tindak kesah saking ngriku enggal-enggalan tanpa nolèh, Sang Putri Iravati tinilar anggana. Ing batos sang pangeran ngunandika: "Kangjêng rama, punapa sampeyan dalêm sampun lêga ing panggalih dalêm, nguningani kautamèning bêbudènipun putra dalêm, sanadyan sawêg kalampahan sapisan punika."

_________

--- [306] ---

XVI. Pangipat-ipatipun Feizi.

Kacariyos Sang Siddha Rama sumèlèh malumah wontên ing pasareanipun ing wiharaning tiyang agami Buddha dumunung ing parêdèn. Ingkang lênggah wontên sandhinging pasarean, Sang Putri Iravati, dumuginipun ing ngriku botên kacariyosakên lêlampahanipun wontên ing margi. Kados punapa kemawon bingah saha lêganing galihipun sang putri, sarêng sampun mêngkêrakên lampah ing margi ingkang sangêt kangelan saha agêng mutawatosipun, linampahan tanpa sambekala, malah mirêng manawi pacanganipun: Sang Sinatriya Siddha taksih gêsang. Ananging kados punapa kemawon cuwaning galihipun, sarêng mirêng cariyosipun dhukun ingkang anjampèni, bilih sagêdipun lêstantun gêsang taksih pathekan. Saya lêgêg kamiwêlasên galihipun sang rêtna, sarêng kalêbêtakên ing papan dunungipun Sang Siddha pinanggih pacanganipun taksih tansah dèrèng èngêt kemawon. Punapa inggih taksih badhe sagêd gêsang malih, punapa inggih têrus palastra tanpa kèngêtan dhatêng sang rêtna ingkang sampun samantên lêlabêtanipun?

Kacariyos sarêng sang rêtna sampun ngêntosi wontên ing wihara ngriku sawatawis laminipun kanthi kêtar-kêtiring galih, sawêg wiwit wontên pangajêng-ajêngipun sang sinatriya. Dhukunipun mrayogèkakên dhatêng sang putri, manawi taksih badhe nglajêngakên anjagi dhatêng Sang Siddha: supados ngasokakên saliranipun, sampun ngantos kasok sangêt, malah sagêd andrawasi. Kala-kala Sang Brahmana Kulkula sarta para rêsi inggih sami ngaturi asring tindak-tindak sawatawis, malah sang rêtna kala-kala karênan tindak dhatêng kabuyutan alit ing wihara ngriku; samangsa kamirêngan ungêling kêkêlèng pratandha ngundang dhatêng ingkang sami badhe mêmudya. Makatên malih kala-kala sang putri inggih mêrlokakên mirêngakên panggêlaripun piwulang têtungguling pandhita ing ngriku, bilih pinuju nyariyosakên bab gêsang kita ingkang apês tuwin rèmèh, ing gêsang kita kathah sangsaranipun tinimbang bêgjanipun, ananging kita ing têmbe badhe luwar sayêktos saking sangsara lumêbêt ing nirwana, inggih punika karahayoning manungsa ingkang inggil piyambak sampun kasadhiyakakên dhatêng kita. Mênggah tumrapipun [tumrap...]

--- 307 ---

[...ipun] Sang Brahmana Kulluka piwulang ingkang makatên punika wontên ingkang pantês dipun pabêni, samênggah kalêrêsan kalihan mangsa kalanipun, bokmanawi inggih dipun bantahi sayêktos, bilih nyambut damêl ambudi kapêrluaning ngakathah punika langkung inggil ajinipun kalihan tansah kèrêm ing panggagas ingkang suwung prakawis kaapêsaning samubarang. Ananging Sang Kulluka inggih mangêrtos, bilih piwulang ingkang têntrêm sarta sarèh, sanadyan ragi nglangut, ing kala punika nyupangati dhatêng Sang Putri Iravati, pramila Sang Kulluka inggih tansah kèndêl kemawon tumut mirêngakên, makatên malih amabêni pituturipun Sang Pandhita Buddha, ing kala punika rinêmbag botên wontên damêlipun, awit para tiyang Budha ing ngriku inggih asung tandha saksi, bilih kawontênanipun kodrat punika kadhang-kadhang langkung sae tinimbang piwulang. Para pandhita ing agami Buddha wau, sampun botên maèlu dhatêng sacaraning gêsang kita ingkang kumrungsung, tuwin èwêd-pakèwêdipun ing alam donya, makatên malih dene gêsangipun namung kadamêl nganggur kemawon, punika botên kenging tinêtah, para pandhita wau sami ngalampra tanpa sayah dhatêng ing parêdèn, sarta mrika-mriki amurugi dhatêng têtiyang ing parêdèn ingkang mlarat, pêrlu damêl kasaenan asuka pitulungan ing sakuwasanipun, sarta ing sasagêd-sagêd mitulungi dhatêng kasusahanipun para tiyang ingkang rumaos sangsara, tanpa mawi ambedakakên agami, gêgolongan utawi bangsa, sadaya kadamêl sami.

Ing satunggiling dalu, Sang Putri Iravati kalêrês lênggah cêlak kalihan pasareanipun Sang Siddha, dene dhukunipun ngawasakên Sang Siddha saking sasisihipun, dumadakan Sang Siddha byar wungu tingalipun, maspadakakên ngiwa nêngên, sarta kados mangêrtos bilih Sang Iravati lênggah wontên ing sandhingipun, katandha Sang Siddha mawi ngandika klêsik-klêsik nyêbut namanipun: Iravati. Ing sakala tumuntên kêjêp malih, dene dhukunipun lajêng mrayogèkakên dhatêng Sang Putri kinèn sumingkir rumiyin, sanajan sang putri anggènipun mituruti pakènipun dhukun kanthi sêmu sungkan, ewadene bingahipun botên kantênan, anggènipun kesah saking sandhingipun ingkang pinuju gêrah, badhe nyariyosi dhatêng Sang Pandhita Kulluka bab kawontênanipun ingkang kalampahan wau. Ing sanèsipun dintên, Sang Brahmana Kulluka kêpanggih mitranipun sampun kathah indhakipun dhangan, malah sampun sagêd ngandika. Ewadene Sang Siddha inggih taksih ngatos-atos botên kathah pangandikanipun, sanadyan sarêng Sang Putri Iravati ngrawuhi: inggih mêksa awis pangandikanipun. Sang sinatriya inggih taksih kèngêtan dhatêng sang putri, sami ugi kalihan Sang

--- 308 ---

Kulluka, ananging kawontênanipun ingkang kalampahan ing wingi-wingi, wangunipun dèrèng kèngêtan, èngêtanipun kados taksih rumamyang kailngan[1] klamuk. Kêrêp kemawon Sang Siddha lênggah nyawang ngajêngipun kados sumlêngêrên, namung mirênganipun Sang Putri Iravati ingkang sagêd damêl wungunipun saking sumlêngêrên sakêdhap, ingkang makatên punika ngantos sawatawis dangu mantunipun. Sarêng kêkiyatanipun sampun mèh pulih malih saha sampun karaos sagêd ngebahakên saliranipun kalayan sapantêsipun, mêksa dèrèng pulih sumlêngêrênipun.

Dumadakan ing satunggiling dintên, ing nalikanipun Sang Siddha kalêrês tindak-tindak ing sacêlaking wihara kalihan Sang Putri Iravati, ing sanalika Sang Siddha kados kawungu saking supenipun, dening kados mirêng têmbungipun sang putri utawi kados priksa satunggiling barang. Sang putri ing salajêngipun inggih botên mangêrtos sababipun, ewadene ing nalika wau Sang Siddha dumadakan kèndêl jumênêng lingak-linguk gumun ningali ngiwa nêngên saha lajêng ngusap wadananipun mawi asta kados wontên ingkang dipun icali, ananging tumuntên nglajêngakên tindakipun kalihan gèdhèg-gèdhèg kados wontên ingkang dipun raosakên. Botên dangu Sang Siddha kèndêl malih kalihan nyawang èsmu ngèngêt-èngêt dhatêng pucaking rêdi inggil-inggil, tumuntên dhatêng langit ingkang pinuju biru arêsik botên kalingan mega, lajêng dhatêng jurang tuwin wana ingandhap, wadananipun sang sinatriya pucêt asawang kunarpa, saha nyawang dhatêng pacanganipun Sang Iravati kalihan kumêdhèping netra sajak ringas, kaèngêtanipun sampun wangsul malih kalihan kêkiyatanipun, ananging kadospundi, punapa botên langkung bêgja manawi sinung supe ing salaminipun kemawon ...

Ing wusana Sang Siddha angandika: "Saking ngriki, saking ngriki, tiyang sangsara, panjênêngan badhe karsa punapa, dene taksih sumandhing kula. Kadospundi dene panjênêngan taksih tahan kula cêlaki, kula tiyang ingkang botên sêtya, tiyang nistha ingkang cidra ing jangji, kawratan pangipat-ipat agêng."

Sang Putri Iravati mirêng pangandikanipun Sang Siddha ingkang makatên wau kagèt sangêt sanadyan ing kalawau sang rêtna botên mangêrtos ing sanalika, ananging inggih sampun langkung saking dumugi, sang putri badhe ngandika, ananging mirênganipun botên sagêd mêdal, malah lajêng andhawah wontên ing sampeyanipun sang sinatriya, dening wontên ingkang karaosakên ing galih.

Sang Siddha tumuntên ngandika malih kalihan ringas: "Pangipat-ipat. Pangipat-ipatipun Feizi makatên: gêsang

--- 309 ---

sampeyan tansah angèngêtana dhatêng ingkang sampun sampeyan lampahi, sampeyan ingkang ngakên satriya, sanadyan sampeyan sampun sagêd katurutan angsal ingkang sampeyan pengini, ewadene sampeyan inggih tansah badhe tumungkul dhatêng sadhengah tiyang têmên ingkang kêpêthuk sampeyan. Yèn makatên punapa kula inggih badhe kumapêksa andêngangak kemawon dhatêng panjênênganipun sang putri ingkang tanpa kalêpatan, ingkang kula cidrani kalihan lampah asor, kados cidra kula ugi dhatêng mitra kula ingkang rahayu ing budi. Sumangga kesaha. Atur kula kesaha ingkang têbih saking ngriki, kula katingalên dêdêg pangadêgipun tiyang anjêjêr ing saantawis kula kalihan panjênênganipun sang putri. Inggih punika Feizi, pasêmonipun mêndhêt-mêndhêt manah, mêrak ati kados padatanipun ing nalikanipun taksih dados mitra ... Lah sapunika lajêng katingal angancam aladak, kados ing nalika kula sumêrêp ing piyambakipun: kadidene hakim badhe nètèsakên karampungan dhatêng kula."

Sang Putri Iravati tumênga sumêrêp Sang Sinatriya Siddha Rama: wadananipun tinutupan mawi asta kados ajrih anyawang dangu-dangu dhatêng Sang Iravati, tumuntên sang putri kraos kuwawi ngandika malih, têmbungipun dhatêng Sang Siddha: "Sumangga, tumut kula wangsul mlêbêt malih kemawon, panjênêngan kaduk kasêngka kakiyatan panjênêngan, mila ngandikakakên linduran ingkang botên-botên, makatên punika botên sae. Mangga ta sampun."

Sang Siddha amangsuli sajak kêsakit-sakit: "Linduran? Punapa inggih: linduran, dene linduran ingkang botên-botên, kula sampun tampi sayêktos, kaèngêtan kula sampun padhang, kêkiyatan kula sampun wangsul, botên sanès kajawi namung kèngêtan, kèngêtan lêlampahan ingkang ngêgèt-êgèti, katingal langkung cêtha wela-wela katimbang ingkang sampun. Rumiyin kula dèrèng ngraosakên pikajênganing têmbungipun Sang Feizi, ananging sapunika kula lajêng sagêd mangêrtos, sarêng kêpanggih malih kalihan panjênênganipun sang putri. Wontên ingarsa dalêm sang nata agung, malah namung wontên ingajêngipun wadya andhahan ingkang andhap piyambak kemawon, kula inggih mêksa tumungkul, botên sagêd tumênga rai kula saking ngandhut kaisinan, ewadene botên kados sapunika, kula ngupados pêjah ingkang jujur, mêksa taksih sagêd anyipati kumêdhèping mripatipun ingkang sami sumêrêp, wangunipun angisin-isini dhatêng kula, ingkang ugi kêdah kula tahanakên." Sang Siddha kèndêl sakêdhap tumuntên nglajêngakên pangandikanipun: "Sang Putri Iravati, panjênêngan dèrèng priksa, ngandika kalihan

--- 310 ---

sintên, panjênêngan dèrèng nguningani lêlampahan kula ingkang kantun."

Sang Iravati amangsuli: "Kula sampun sumêrêp, sanadyan sêsêrêpan kula dèrèng dhamang mênggah gêgayutaning lêlampahan panjênêngan kalihan Sang Feizi, ewadene mirid saking pangandika panjênêngan, kula sampun sagêd andugi-dugi."

Sang Siddha ngandika malih èsmu ngungun: "Yèn makatên, kenging punapa: panjênênganipun sang putri taksih karsa sapocapan kalihan kula, têka botên angesahi, malah amurugi amulasara dhatêng kula utawi nulungi ing panandhang kula ingkang sampun mêkasi punika?"

Wangsulanipun sang rêtna: "Kula rak sampun upata prasêtya dhatêng panjênêngan, lah punapa utapa[2] kula wau badhe kula jabêl malih ing sadèrèngipun panjênêngan wangsulakên dhatêng kula, panjênêngan rak inggih dèrèng mangsulakên, ta, pramila manah kula saya kêncêng alampah nasak angayam alas, botên suminggah saking bêbaya ingkang sagêd andhatêngi, punika sarêng kula tampi pangintun panjênêngan lêlantaran Sang Brahmana Kulluka ingkang mangka pracihna, bilih ing wêktu pêpundhataning gêsang panjênêngan taksih kèngêtan dhatêng jasad kula, kula lajêng mangêrtos kêdah nêtêpi kawajiban, inggih punika kawajibaning semah, sanadyan kula kalihan panjênêngan dèrèng palakrama dados satunggal kados satataning sêsemahan."

Sang Siddha amangsuli malih: "Yèn makatên, sapunika panjênêngan kula batalakên saking kawajiban wau, sarta kula wangsulakên linêburna upata panjênêngan. Salêrêsipun inggih kapara yêktos, sarêng kula sampun mantun sumlêngêrên, katrêsnan kula dhatêng panjênênganipun sang putri wangsul malih, malah saya agêng dayanipun botên kenging kinintên, ananging panjênêngan sagêd ugi sêtya dhatêng kula, sarta nêtêpi dhatêng ingkang panjênêngan wastani kawajiban, ananging trêsna, trêsna dhatêng kula, tamtu sampun botên kagungan."

Sang Iravati gêntos amangsuli: "Katrêsnan kula dhatêng panjênêngan botên ewah kados rumiyin."

Sang Siddha angandika: "Wangsulan panjênêngan punika taksih awêwaton pangraos, damêl luhuripun ajining sarira dening kautamèn; inggih lêrês, nanging ragi kasangêtên, botên sagêd numrapi, ing têmbe bokmanawi panjênêngan badhe miduwung, dene nalar punika botên panjênêngan uningani ingkang sayêktos. Botên wontên katrêsnan ingkang tanpa pangaji-aji, tiyang èstri kêdah sagêd anyratèni pikajênganipun ingkang jalêr, sarta kêdah kabantu ing rêmbag

--- 311 ---

ing lakinipun, manawi lakinipun langkung ringkih bêbudènipun, sarta tansah rikuh kemawon dhatêng ingkang èstri, anggènipun jêjodhoan inggih sangsara. Pramila panuwun kula: Panjênêngan prayogi lajêng kesah saking ngriki, kula kasupèk-supèkna, awit sayêktosipun badan kula sampun botên pantês panjênêngan èngêt-èngêt."

"Yèn makatêna kula panjênêngan sebratakên." Wangsulanipun sang rêtna.

Sang Siddha tumuntên mangsuli: "Kula botên wajib nyebratakên panjênênganipun sang putri, malah lêrêsipun inggih botên wajib mangsulakên kaprasêtyan panjênêngan, awit tuwuhing lêlampahan ingkang nasar punika saking pokal kula nyidrani ing jangji kula kalihan panjênêngan, dene kaprasêtyan panjênêngan kalawau sampun kula lêbur, punika namung anggèn kula badhe ngêrêm-êrêmi panjênêngan, sampun ngantos panjênênganipun sang putri kagungan rumaos nilar kula saking karsa panjênêngan piyambak."

Sang putri tumuntên ngandika èsmu ngasih-asih kalihan nyèlèhakên astanipun wontên ing lêngêning sang sinatriya sajak botên kaangkah, têmbungipun: "Dhuh, Sang Sinatriya Siddha, mugi kamirêngna panuwun kula, kula botên badhe pabên kalihan panjênêngan prakawis ingkang panjênêngan ngandikakakên dhatêng kula, kula inggih botên badhe amêksa utawi anjiyat kados wêwênang kula, namung sêsambat analangsa dhatêng panjênêngan, sagêdipun kapiturutan panuwun kula ingkang sangêt-sangêt kaanta-anta punika. Panjênêngan sampun ngantos mêngkêrakên kula, sampun nilar kula, saya ing wêktu punika, sarêng kula gadhah pangintên unggul kautamèn kula, sumangga kula botên pisan-pisan gadhah panuwun kêsagahan kangge ing têmbe, kula sumanggakakên kemawon ing sakarsa panjênêngan, namung sakêdhik, kula mugi kaparêngna taksih nyêlaki panjênêngan rumiyin, sanadyan namung sawatawis dintên, pêpisahan kula kalihan panjênêngan ing wêktu punika, kados-kados kangèlan."

Sang Siddha amangsuli kalihan sawatawis sêrêng: "Botên, botên malih-malih, botên susah mawi rangu-rangu, sampun kêndho malih-malih, sampun dumugi anggèn kula nglampahi, mila sapisan êngkas atur kula: kula kasupèkna kemawon, lajêng kalilana kesah."

Sang Sinatriya Siddha tumuntên enggal-enggal badhe ngesahi kalihan nyêpêng astanipun sang rêtna, ingkang ing kala punika anggendholi pangagêmanipun kalihan tumungkul jumênêng ingajêngipun, sang rêtna ingkang ingajêng dumuginipun sapunika dipun trêsnani kanthi asih lulut, badhe katilar sampun botên panggih-pinanggih malih.

--- 312 ---

Sang Putri Iravati tumênga amangsuli pangandika kalihan rumaos kaêndhak ajining salira, pangandikanipun tatag apatitis èsmu sêrêng, dèrèng nate Sang Siddha mirêng têmbungipun sang putri kados ingkang kawêdal ing kala punika, têmbungipun: "Inggih sae, bokmanawi inggih lêrês panjênêngan, panjênêngan ngapêsakên tanpa aji katrêsnan kula, panjênêngan sampun nate botên sêtya ing kêsagahan panjênêngan dhatêng kula, sanadyan panjênêngan sampun aprasêtya, ewadene sampun kula ngapuntên, kula sampun kasupèn botên kula rêmbag malih, sabab kula mangêrtos, manawi panjênêngan kenging panggodha kawon botên wêntala nanggulang panêmpuhing pangrimuk, kados ingkang botên kula sumêrêpi, ananging sapunika panjênêngan anjarag nampik dhatêng kula, ingkang botên karêna kula cidra ing panjênêngan, utawi saking lampah awon sanèsipun, anggèn panjênêngan nampik dhatêng kula namung saking angkuh panjênêngan suthik ngakên dhatêng garwa panjênêngan, sababipun dede panjênêngan nate botên kêncêng ing galih, botên sagêd mênggak dayaning panggodha ingkang nyurupi. Yèn makatên inggih sampun ta, kula katilara, tanpa panjênêngan gêsang kula tanpa aji, ananging katrêsnan kanthi panjiyat punika botên kenging katampi dening èstri trahing witaradya bangsa kula, sanadyan saking tiyang ingkang dipun trêsnani pisan. Dene manawi ing sapurug-purug panjênêngan tansah tinut ing panggagas kèngêtan dhatêng pamalês awon, ingkang panjênêngan tandukakên dhatêng mitra panjênêngan, kula nusuli satunggal êngkas: Ngèngêtana dhatêng satunggaling èstri ingkang nate panjênêngan trêsnani, ingkang lajêng panjênêngan kurbanakên namung sarana pambêkan sumêngguh kolon."

Sang Siddha mirêng pangandikanipun Sang Putri Iravati ingkang makatên wau karaos anglêk ing galih, satêmah gajêg-gajêg kamitolèhên. Punapa nglajêngakên kesah, punapa botên, pancènipun inggih botên siyos kesah, ananging punapa gathuk kalihan ajining dhiri. Ewadene inggih mêksa kèndêl jumênêng anjêjêr botên kesah-kesah, kados niyatipun ingkang kantun punika wau. Pangunandikanipun: "Sapa kang bakal mutusi." Kalihan astanipun kagrayangakên dhatêng larapan kados ngèngêt-èngêt; wusana ngandika dhatêng Sang Iravati makatên: "Pangandika panjênêngan punika wau wontên lêrêsipun, ananging pamanggih kula mêksa dèrèng cocog akalihan ingkang kula anggêp wêwênang, punapa botên wontên sanèsipun ingkang langkung wicaksana tinimbang kula sakalihan, sagêda mutusi padudon kula kalihan panjênêngan punika?"

--- 313 ---

Sang putri amangsuli: "Karsa panjênêngan: bokmanawi Kulluka."

Pangandikanipun Sang Siddha: "Botên, dede piyambakipun, awit sanadyan Sang Brahmana Kulluka waskitha ing budi, sarta kula aji-aji sangêt, kula sampun sumêrêp ing sadèrèngipun, Sang Brahmana tamtu namung badhe ambudi karaharjan kula kalihan panjênêngan kemawon, ing wêkasan inggih namung badhe nglêrêsakên pamanggih panjênêngan kemawon. Sang Kulluka sampun ilon-ilonên, sampun botên mardika ing cipta tumrap kula kalihan panjênêngan, wontên sanèsipun malih, ananging kula sampun panjênêngan dhêdhês, namung punika ingkang kenging kula pitados amancasi padudon kados punika, utawi malih bokmanawi malih sagêd suka pitêdah dhatêng kula. Sumangga kamirêngna malih atur kula, sapunika pitêmbungan ingkang langkung sarèh sarta ingkang kanthi nalar, kula kalilana tumuntên kesah saking ngriki sapunika, enggal-enggal, bokmanawi kula inggih lajêng tumuntên wangsul, bokmanawi inggih botên wangsul, yèn kula dhatêng, inggih punika mratandhani yèn gêsang kula badhe sagêd lêstantun momong panjênêngan; dene manawi kula botên dhatêng, punika panjênêngan priksa manawi kula sampun babar pisan botên wontên tumrapipun sang rêtna. Yèn makatên punika panjênênganipun sang rêtna lajêng luwar saking sêsangkutanipun katrêsnan kalihan kula, kenging tumindak ing sakarsa-karsa, sampun ngèngêti dhatêng kula. Mila sapunika sampun kalawanan malih atur kula, ingkang sabar kemawon ing panggalih, kados ingkang sampun kêlampahan, panjênêngan tansah ngatingalakên kasabaran panjênêngan." Dèrèng ngantos Sang Iravati sagêd amangsuli dhatêng karsanipun Sang Siddha ingkang enggal sarta dadakan punika, Sang Siddha sampun enggal-enggal ngesahi, sarta lajêng enggal-enggal ngupadosi abdinipun Vatsa, ingadikakakên agabah-abahi titihanipun kuda, saha kadhawuhan samêkta badhe pangkat. Mênggah dhatêng pundi purugipun sarta kadospundi panêdyanipun, punika taksih dèrèng kenging kauningan ing sang rêtna.

Sang Iravati gupuh-gupuh amurugi mitranipun: Sang Brahmana Kulluka, ingkang lajêng enggal-enggal lajêng dipun cariyosi kawontênaning pangandikanipun Sang Siddha sawatawis, ingkang kadugi lajêng sagêd angsal katêrangan. Mirid saking pangandikanipun sang rêtna, Sang Brahmana lajêng mangêrtos bilih karsanipun Sang Siddha ingkang makatên punika langkung prayogi dipun uja kemawon katimbang dipun palangi ing wêktu punika, sanadyan kêkiyatanipun sang sinatriya ing kala punika kadugi inggih sampun kuwawi ngêmbat rêkaosipun wontên

--- 314 ---

ing margi. Punapa malih wangsulanipun Sang Brahmana inggih kaangkah sagêda damêl sarèhing panggalihipun sang rêtna ingkang ing kala punika wau katingal ing wadana ngandhut sungkawa, sarana pangarêm-arêm, bilih botên dangu malih tamtu sampun sagêd kêpanggih malih kalihan pacanganipun; ing kala punika sasampunipun Sang Siddha pamitan dhatêng Pandhita Buddha, ingkang dados pangagênging wihara ngriku, saha asung ulih-ulih kathah dhatêng wihara, kapasrahakên dhatêng sang pandhita, Sang Siddha kalihan abdinipun Vatsa tumuntên enggal-enggal mangkat.

Kacariyos cinêkak tindakipun Sang Sinatriya Siddha wontên ing margi, sampun dumugi ing pêpèrènging rêdi Imalaya. Ingriku katingal malih soroting hyang arka ing wanci siyang madhangi pêpèrènging rêdi, sang sinatriya tumêdhak malih dhatêng lêbaking rêdi padununganipun ingkang mangun tapa Bagawan Gaurapada, ananging ing kala punika tindakipun sang sinatriya namung kadhèrèkakên ing abdinipun piyambak Vatsa, botên wontên kanthinipun malih.

Sadumuginipun ing pratapan, sang sinatriya kapêthukakên dening cantrik sêpuh ingkang lajêng botên pangling sarta tumuntên kaaturakên dhatêng sang atapa. Sang atapa Gaurapada anggènipun nampèni rawuhing mitranipun ênèm kanthi bingah, ananging anggrantês raosing galih nyawang dhatêng warninipun sang sinatriya, sarêng priksa malih ing sêsawanganipun ulat ingkang rumiyin katingal padhang sarta berak,[3] sapunika pucêt saha katingal sêrêng tuwin kucêm, makatên malih solahing salira botên akas dhangan kados rumiyin, dèrèng pantês sangêt kalihan laminipun sang sinatriya neneman, têka sampun dados tiyang, ananging dede tiyang ingkang kadunungan kêrkat sarta kaberaganing ngagêsang, tiyang ingkang nandhang kasusahan. Sakêdhêp[4] netra kemawon sang atapa sampun sagêd anjajagi kawontênaning kalihipun Sang Siddha Rama, mênggah kawontênaning kasusahan ingkang kasandhang wau, ingkang langkung awrat panyangginipun, punika pangonggo-onggo, ingkang tuwuh saking galih nêtah ing saliranipun piyambak.

Sasampunipun bage-binage, sang sinatriya tumuntên wiwit matur: "Sang atapa ingkang kula pundhi-pundhi, langkung prayogi kalilana matur: ratu kula ingkang ambêk asih wêlas ing sêsami kemawon."

"Sampun makatên anggèr." Têmbungipun Sang Gaurapada mêdhot pangandikanipun sang sinatriya. "Kawastanana Gaurapada kemawon, langkung-langkungipun kula inggih namung punika."

Sang Siddha ngandika malih: "Yèn makatên kula inggih andhèrèk, sapintên kemawon bingahing manah kula, dene

--- 315 ---

panjênênganipun sang atapa taksih kèngêtan dhatêng kula, makatên malih panjênênganipun sang pinandhita, bokmanawi taksih kèngêtan ugi dhatêng dhawuh piwêlingipun sang pandhita dhumatêng kula ing nalikanipun kula pamitan badhe wangsul saking pisowan kula mriki ingkang rumiyin."

Wangsulanipun Bagawan Gaurapada: "Kula inggih taksih kèngêtan, rumiyin anggèr kula wêling: kula katuwènana malih ing samangsanipun wontên karsanipun anggèr ingkang pêrlu nyumantakakên lêlampahan ingkang dumadakan pinanggih ing gêsangipun anggèr, dhatêng mitra sinarawèdi ingkang jujur ing manah, ingkang botên sagêd pinanggih ing sanèsipun. Kula mangêrtos manawi rawuhipun anggèr wontên ing sudhung kula ngriki saking sabab punika. Yèn ta kula kaparênga mastani, mirid saking pasêmoning netya, kados-kados sababipun saking ngandhut prihatos."

Sang sinatriya ngandika: "Inggih mila makatên, manawi sampun kula aturakên sadaya, bokmanawi sang atapa badhe gumun, bilih pasêmon kula punika dèrèng mracihnani sangêt kalihan kasusahan kula ingkang dados bêbêging manah."

"Suwawi sami dhatêng sasisihing griya kemawon." Pangandikanipun Bagawan Gaurapada. - "Sami lênggah wontên ingrika kalihan rêrêmbagan ingkang sarèh."

Sang sinatriya rêna mituruti karsanipun sang pandhita, saha sasampunipun Sang Siddha mituruti pamintanipun Sang Gaurapada, ingkang sangêt-sangêt ingaturan ngunjuk anggur saha dhahar sêgêr-sêgêran, tumuntên miwiti ngaturakên kawontênaning lêlampahanipun, miwiti malah mêkasi, dumugi katilaripun Sang Iravati wontên ing wihara.

Sang Bagawan Gaurapada anggènipun mirêngakên aturipun sang sinatriya tumiling kalihan rumêgêp. Sarêng sampun têlas aturipun, sang pandhita taksih kèndêl sawatawis dangunipun kalihan mriksani ing ngarsanipun, ngèngêt-èngêt ing salêbêting batos. Tumuntên ngandika kalihan nyawang dhatêng sang sinatriya, tingalipun bêning wangunipun sumanak, tajêm tatag polatanipun, mèmpêr yèn dede pandhita sabarangan, têmbungipun: "Sampun salêrêsipun kemawon, anggèr, panjênênganipun anggèr manggung prihatos ingkang agêng, ewadene prihatos wau inggih botên kawratên kasanggi tiyang jalêr. Panjênênganipun anggèr kenging panggodhanipun Gulbadan, punika kula anggêp botên lêpat sangêt, taksih kenging dipun apuntên, dening gêgayutaning pitêpangipun anggèr kalihan Gulbadan têka lajêng botên panjênêngan pêdhot, sarêng anggèr sampun priksa dhatêng kawontênanipun èstri wau, punika kula wastani mêdhot têtangsuling pawong mitran panjênêngan kalihan Feizi, inggih ngrisak

--- 316 ---

pagêr ayu tanêmaning mitra ingkang sampun nyambutakên kasaenan, punika kalêpatan ingkang botên gampil angsalipun pangapuntên. Makatên ugi tan sêtya panjênêngan dhatêng sang nata, punika ingkang kathah jalaran saking kêsasaring pamanggih, ananging sakuthon nglawani dhatêng sang nata, mangka lairipun taksih suwita ing sang nata, punika kula wastani pandamêl ingkang awon sangêt. Putusan kula dhatêng tindak-tanduk panjênêngan punika: botên pisan-pisan langkung ènthèng tinimbang pamanggih panjênêngan, kosok wangsulipun malah awrat malih, sabab panjênêngan dugi kalêpatan panjênêngan wau sampun lêbur, sarêng panjênêngan sampun munjuk pasaja ing sang nata. Ananging kalintu pêthèk, panjênêngan taksih nglampahi kalêpatan satunggal malih ingkang botên kirang ambêbayani kalihan sanèsipun. Sanadyan kêsasaripun tiyang ingkang sawêg nglampahi kados panjênêngan punika gampil kemawon, botên namung satunggal kalih, kathah kemawon. Kathah tiyang mastani bilih miduwung punika lêkasing pandamêl sae, dene kapok sarana niksa utawi misakit awakipun piyambak, punika kaanggêp marginipun tiyang dêdosan nglêbur kalêpatanipun, punika klintu, ananging botên kathah sasar ingkang adamêl risak, kêrêp kemawon pêpuntonipun kados punika, lajêng martobat miyambak pisah kalihan kagunanipun ingkang taksih maedahi dhatêng tiyang sanès, utawi ngukum sanèsipun kinèn tumut-tumut anglampahi niksa awakipun, inggih punika kêkiyatanipun anggèr anggènipun nglêbur dosanipun. Ing sakawit panjênêngan ngupados pêjah wontên ing pêpêrangan, punika ingkang barès piyambak, tumrapipun tiyang ingkang botên kacunggah nglalu, ananging anjarag pêjah ingkang kados makatên wau, dadosipun nglalu nyambat panandukipun dhatêng tiyang sanès ingkang botên sumêrêp pikajêngipun ingkang ngupados pêjah, botên pêjah walês-winalêsan kados satataning campuh pêrang rêbat unggul, ananging dhapur masangi kalêpatanipun tiyang sanès, ingkang botên kasumêrêpan. Lah kadospundi sagêdipun kalêbur kalêpatan panjênêngan saking tingkah ingkang sinêngguh gampil makatên? Ing sapunikanipun sarêng panjênêngan mêksa botên sagêd manggih pêjah ingkang pantês tampi pangaji-aji, utawi malih sapunika sampun botên sagêd kêlampahan campuh banda wala pati, sapunika panjênênganipun anggèr pratela dhatêng kula, manawi kagungan karsa badhe nênêpi wontên ing wanawasa ingkang têbih tiyang, pêrlu martobat sarana paniksaning dhiri, punika pêrlunipun punapa tumrapipun anggèr? utawi malih numrapi dhatêng punapa, dhatêng anggèr piyambak punapa dhatêng sanèsipun? Lajêng

--- 317 ---

Iravati pacanganipun anggèr: kadospundi? Panjênêngan sebratakên punapa panjênêngan tilar? Sumangga anggènipun mastani. Kasebratakên utawi katilar botên jalaran saking kalêpatan botên sêtya dhatêng panjênêngan, ananging jalaran panjênêngan lingsêm piyambak dhatêng piyambakipun, awit saking patrap panjênêngan ingkang sampun dipun ngapuntên. Yèn makatên ingkang panjênêngan siksa dede salira panjênêngan piyambak, ingkang rumiyin Iravati. Mênggah pandamêl ingkang makatên punika panjênêngan wastani kawajiban, punapa budi rahayu? Makatên punika awon, anggèr, sabab botên namung kêdadosan saking sasaring pamanggih, inggih ugi dipun wastani tuwuh saking budi awon. Anggèr tamtu gumun mriksani dhatêng kula, ewadene manawi ingkang kula wastani budi awon punika sampun kula aturakên, anggèr inggih badhe nglêrêsakên, inggih punika: piangkuh, êdak, kumlungkung, punika katingal sangêt mênggah ing panjênênganipun anggèr tumraping lêlampahan punika. Mangka anggèr kagungan sêngguh, manawi nyênyamah slira pribadi, Iravati ingkang lêrês, panjênêngan angkuh sangêt, kagungan pambêkan botên karsa anggarwa putri ingkang sumêrêp utawi ingkang sagêd sumêrêp dhatêng sumarahing bêbudèn panjênêngan, malah sampun kalêbur botên nêdya kamanah. Karsa panjênêngan badhe oncat saking praja, punika botên sanès kajawi namung kadadosan saking piangkuh, anggèr kagungan pangraos ajrih, manawi kala-kala kapanggih kalihan tiyang ingkang mirêng kawontênaning kêlakuan panjênêngan ingkang sampun-sampun, malah ajrih sumêrêp tiyang jalêr sanèsipun, sanadyan tiyang wau botên nate mirêng kawontênaning lêlampahan panjênêngan, namung jalaran saking raos-rumaos nate kagungan lampah ingkang klintu sarta awon. Kula nyuwun priksa, punika namanipun kasaenan, punapa kakêndêlan? Punapa sadaya wau botên nama budi lêmbèk ingkang pantês cinacad?"

Sarêng Bagawan Gaurapada ing sêmu ngêntosi wangsulanipun Sang Siddha, sang sinatriya tumuntên ngandika: "Lah, têmbungipun Feizi ingkang wêkasan: kadospundi tumanjanipun?"

Bagawan Gaurapada amangsuli: "Kula sampun sudhiya wangsulan, têmbungipun Feizi inggih pantês dipun tanjakakên sarta tinampenan kalihan prihatos tuwin miduwung, nanging sampun ngantos kêladuk, dene tondak-tandukipun Feizi sarta owêlipun, ing nalika mrangguli anggèr pêpanggihan kalihan Gulbadan, punika sampun salêrêsipun kemawon, saupami kula kêlampahan makatên, bokmanawi inggih nandukakên wicantên ingkang makatên, ewadene Feizi inggih wontên klintunipun. Samênggah Feizi sapunika dados kula,

--- 318 ---

sagêd ngrêmbag ingkang botên sisihên, tamtu kemawon ungêlipun inggih sami kemawon kalihan kula. Tiyang jalêr kêdah botên namung nalangsakakên utawi ngasorakên awakipun ing salêbêting gêsang dhatêng tiyang sanès, ingkang jalaran saking sampun nandukakên patrap ingkang pantês cinacad, yèn tiyang wau ing têmbe sagêd ngatingalakên patrapipun ingkang dados pangaji-ajinipun sêsami. Kosok wangsulipun kêdah isin dhatêng sanèsipun, bilih namung nglajêngakên patrapipun ingkang awon kemawon, rumaos isin ical ajining salira badhe linêbur dening tapa, punika gêntura kados punapa tapanipun: inggih taksih ambêkta nama awon, beda manawi lêburipun kabudi saking pandamêl sae ingkang sagêd dados pangalêmaning liyan, saya saking pambudidaya ingkang migunani ing kapêrluanipun tiyang kathah, lami-lami malah asring botên dangu katutupan awonipun dening kêkathahên kasaenan. Sapunika kula aturi mirêngakên malih dhatêng pitêdah kula ingkang panjênêngan pundhut. Sampun lami anggèr rumaos sangêt kalêpatanipun anggèr prakawis patrapipun anggèr rumiyin, ingkang asor, ngantos anggèr pasaja kalihan sêsambat dhatêng sang nata, dhatêng Iravati kalihan dhatêng kula, punika prayogi, prayogi sangêt, ananging rumaosipun anggèr sarta wêwênganing pambudi sumêrêp dhatêng kêlêpatanipun anggèr piyambak, punika sampun ngantos namung minangka tataraning lampah utami ingkang wêkasan piyambak, nanging kaanggêpa tataraning lampah sae ingkang kawitan. Rumaos sarta wêwênganing pambudi sumêrêp dhatêng kalêpatanipun anggèr piyambak, punika ing têmbe sagêda minangkani ing panjaginipun dhatêng kasasaring pratingkah kados ingkang sampun kêlampahan, utawi dhatêng sanèsipun lêlampahan, panjênênganipun anggèr lajêng sagêda anjagi dhatêng saliranipun piyambak, anjagi dhatêng tumanjaning samubarang ingkang panjênêngan uningani, inggih punika awon saening badhe kêdadosanipun, anjagi hawa napsu tuwin kabrangasaning galih, anuntun dhatêng kajrihan tumrap ing raos kalingsêman dhatêng salira piyambak utawi dhatêng ing sanèsipun. Awit saking punika ing wêkasanipun lajêng thukul ing pangêrtos ingkang anjalari sagêdipun anggèr nampik milih; pundi ingkang kawastanan kawajiban, pundi ingkang nama pangaji-aji? Sêsêrêpan wau sagêdipun pinanggih wontên ing alam pasrawungan, botên sagêd pinanggih: bilih kalisipun dhatêng cobi namung sarana dipun singkiri nêbih saking praja, papaning gêsang pasrawungan, panjênêngan lawani sayêktos dhatênging coba, lajêng amiwitana unggul saking klintuning piangkuh ingkang andrawasi. Sapunika panjênêngan krama angsal Iravati, supados sampun ngantos ngicalakên ing pangaji-ajinipun dhatêng panjênênganipun

--- 319 ---

anggèr, sarta panjênênganipun anggèr tumuntêna sowan Sang Nata Akbar sarta nyuwuna pandamêlan ingkang sagêd migunani dhatêng sang nata agung tuwin dhatêng nagari panjênêngan piyambak. Kula sampun botên sêmang-sêmang malih, manawi panuwun wau tamtu dipun turuti, jalaran saking katingaling kaprasêtyan panjênêngan ingkang kantun punika. Kula inggih mangêrtos, bilih panjênêngan ing sasagêd-sagêd badhe nêbihi Feizi, punika inggih prayogi, anggèr kêdah nyingkiri kapranggulipun kalihan Feizi, tanah Indhustan punika jêmbaripun nyêkapi, yèn namung kangge misah pasrawunganipun tiyang kalih kemawon, panjênêngan nyambut damêl wontên ing Kacmir utawi wontên ing nagari sanèsipun sami ugi kalihan wontên ing Agra, kawontênanipun wau sapunika panjênêngan galih kemawon rumiyin, kadospundi kêkênthêlanipun panggalih, kula nyuwun kaparingan priksa."

Sarêng Sang Siddha katingal sampun badhe mangsuli, Bagawan Gaurapada tumuntên mênggak badhe pangandikanipun, têmbungipun: "Anggèr, sampun kawangsulan rumiyin: pitêdah kula, sapunika panjênêngan pêrlu ngaso rumiyin, supados sagêd sarèh panggalih panjênêngan, utawi saranduning salira inggih sagêd têntrêm, benjing enjing manawi sadaya wau sampun sagêd kapanggih kalihan sarèh sarta matêng, sawêg panjênêngan ngandikakakên, punapa pitêdah kula wau tumraping panjênêngan taksih wontên pakèwêdipun, punapa botên." - Sarêng sampun ngandika makatên sang pandhita tumuntên jumênêng kalihan asung salam dhatêng Sang Siddha saha lajêng kesah, Sang Siddha katilar anggana kajêngipun sagêd anggagas dhatêng pitêdahipun sang pandhita.

Ing sanèsipun dintên, Sang Siddha sampun samêkta malih badhe pamitan wangsul dhatêng Sang Bagawan Gaurapada, bokmanawi punika pamitan ingkang mêkasi, dangu sakalihan anggènipun taksih sami wawan pangandika. Sarêng sang sinatriya sampun badhe nitih kuda, anggènipun sêsalaman nyêpêng astanipun sang bagawan ngantos manêt, wêdaling pangandikanipun èsmu gêtêr, nanging ulatipun padhang, tumuntên matur malih dhatêng Sang Gaurapada: "Sangêt ing panuwun kula, sang pinandhita, saha kula pêpundhi paringipun pitêdah sang bagawan lair batos, pitudah[5] kanthi jujur panimbangipun, luguning têmbungipun tiyang jalêr ingkang panjênêngan ngandikakakên dhatêng kula, kula rumaos kaparingan gêsang enggal, pangajêng-ajêng kula sagêda gêsang kula enggal punika kanthi wilujêng botên badhe malih-malih gadhah lampah kados gêsang kula ingkang rumiyin, ingkang tansah kula èngêt-èngêt botên badhe kêsupèn, nanging kula tilar ing salaminipun. Panjênênganipun sang pandhita sampun

--- 320 ---

paring pitêdah dhatêng kula lugunipun ingkang kawastanan wajibing piduwung tuwin jatining paniksa, sampun ngantos kula ngatingalakên klintu kula panampi, sarta sampun ngantos andadosakên sabab panjênênganipun sang bagawan angsal pamanggih, bilih pitêdahipun sang pinandhita namung ical kemawon dhatêng tiyang ingkang tanpa aji."

__________

--- [321] ---

XVII. Ing Astana Rêngga.

Salah satunggiling yêyasan ingkang abyor mompyor sêsawanganipun saha damêl kondhangipun tanah Indhustan, punapa malih damêl gumunipun para têtiyang mancapraja ingkang sami andon lampah dening kathahing aji sarta awiging pakirtyanipun, dunungipun wontên ing sacêlaking dhusun Sêkandra, botên têbih saking nagari Agra, inggih punika Astana Rêngga ingkang kenging dipun wastani patilasaning kaluhuranipun para nata Indhu ing jaman rumiyin. Capurinipun ingkang ngubêngi Astana Rêngga sinung mênara kathah, sambêt kalihan gapura saking sela abrit sinêlapan sela marmêr minangka marginipun dhatêng patamanan jêmbar ingkang katanêman wit-witan ayom. Ing têngahing patamanan wontên suyasanipun agêng inggil ngeba-ebatakên. Pakirtyaning suyasa botên namung linangkung saking awiging pandamêlanipun, lingir-lingir tuwin pêpingulanipun kemawon, ugi saking abyoring rêrêngganipun gapura-gapura tuwin capuri, punapadene mênara-mênara ingkang nêngsêmakên manah. Suyasa wau kaubêngan griya panggung andhap inggil ingkang botên tinablêgan, sarta kinubêngan ing jarambah ngantos botên katingal kados sawarnining patilasan, nanging kados kadhaton kathah dados satunggal. Dene yasan ingkang luhur punika dede panggenanipun tiyang gêsang, panggenan sadhiyanipun nutupi bêbalunganipun tiyang pêjah, nanging dede tiyang sabarangan, inggih punika astana ingkang rinêngga endah pasareyanipun Sang Nata Akbar, ratu ingkang misuwur asmanipun.

Sasampunipun kêlampahan pintên-pintên taun kalihan kêlampahan ingkang kacariyosakên dumugi samantên punika, ing satunggiling dalu ing patamananing astana ngriku wontên tiyang sajodho ngadêg botên wicantên punapa-punapa. Tiyangipun jalêr pawakanipun katingal santosa, panganggenipun mompyor sruwa-sruwi pantês, tanganipun kiwa nyêpêngi dêdêring pêdhang, dene tanganipun têngên karangkulakên ing bangkekanipun wanodya sulistya ing warni, mangangge sruwa-sruwi nêngsêmakên manah, ngadêg kalihan lendhetan ing pundhakipun ingkang jalêr, kados rayudan mlilit mulêt ing mandira. Sintên tiyangipun sajodho ingkang wontên ing patamananing Astana Rêngga wau? Punapa namung

--- 322 ---

Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 297–336): Citra 1 dari 2
Gapuraning pasareanipun Sultan Akbar ing Fattipur

--- 323 ---

tiyang-tiyang punika kemawon? Dede. Punika Sang Siddha Rama kalihan garwanipun ingkang katurutan ing karsa bêgja kêmayangan Sang Putri Iravati.

Prayagung sakalihan kakung putri anggènipun nyawang dhatêng rêrêngganing pasareyan ingkang sêsawanganipun sakeca kalihan gumun, lajêng kèngêtan dhatêng ingkang sumare ingriku. Ingkang kêrêp sami kaginêm kakung putri botên sanès kajawi kanthi pangaji-aji ingkang linuhur.

Mênggah kawontênanipun ing kala punika: sampun kathah ingkang ewah kalihan kawontênanipun ingkang sampun kêlampahan pintên-pintên taun ingkang kapêngkêr.

Sang Nata Agung Akbar sampun surut. Putranipun Sang Pangeran Salim nalika badhe sedanipun ingkang rama katimbalan ngadhêp wontên sacêlaking pasarean tumuntên kaparingan agêmipun sabêt ingkang botên nate pisah. Sang pangeran gumantos jumênêng ratu ngêrèhakên tanah Indhustan jêjuluk Jihangêr. Dene panggalihanipun botên mantra-mantra sami kalihan kautamènipun ingkang rama Sang Ratu Akbar, punika sabên tiyang inggih sampun mêthèk, manawi botên sagêd nyamèni. Ewadene bab panindaking pangrèh nagari, Sang Nata Jihangêr inggih botên kenging dipun wastani awon. Dene ingkang nyêbar wiji karisakan, punika botên wontên sanès kêjawi ingkang sami gumantos, inggih punika Shah Jihan sarta Aurèngzêb, awit namung gêlaripun kemawon ingkang katingal mancorong, nanging sajatosipun sagêd anjalari pêcahing nagari Indhustan ingkang sampun samantên kiyatipun, wêkasanipun gampil dhumawah ing tanganing para pangrayud bangsa Inggris.

Sultan Akbar, Brouwer, 1922, #1829 (Hlm. 297–336): Citra 2 dari 2
Sang Pangeran Salim kalihan garwanipun Rêtna Siti Nurmahal, sasampunipun jumênêng nata wontên ing Agra nggêntosi kapraboning rama

--- 324 ---

Sang Salim inggih Sang Jihangêr wau dèrèng karsa ambucal sadaya padatanipun ingkang awon. Malah cundakaning nagari Inggris Sir Thomas Ru ingkang maratamu kalêbêtakên ing kadhaton ngantos inggih manoni Sang Ratu Jihangêr karsa suka-parisuka ingkang kalangkung-langkung, têmahan sang nata matrapakên kados ingkang sampun nate kasumêrêpan dening Siddha rikala pasamuan dalu rumiyin, wontên ing kadipatèn, ananging Sang Ratu Jihangêr inggih sampun sagêd nyênyuda pambalasaring karsa ingkang kalangkung-langkung, sang nata botên kèrêm wuru kados rumiyin, ngantos badhe kêlajêng-lajêng. Tumrapipun dhatêng Sang Putri Iravati, sang nata nêtêpi pangandikanipun, bêgjanipun sang nata dene lajêng sagêd nggarwa putri ayu waskitha ing budi, bêbisik Nurmahal ingkang kathah pigunanipun tuwin munpangati dhatêng sang nata.

Nagari Kacmir sampun kabawah ing Agra, punika pancèn inggih sampun lami anggènipun nyudhiyani. Sasampunipun cabar madêging ngraman Sang Pangeran Salim, sampun botên mawi rêkaos malih tumrapipun Sang Nata Akbar anggènipun nêlukakên nagari Kacmir ingkang kalawaunipun pancèn sampun pothar-pathir. Ratunipun ingkang kêndho ing budi sampun seda wontên ing pêpêrangan, para putranipun kakung ingkang sampun tanpa aji sami kabucal saking nagarinipun. Ingkang Rama Sang Siddha kaangkat dening Sang Nata Agung Akbar dados ratu, kêbawah ing Sang Ratu Agung. Dene Sang Sinatriya Siddha piyambak, kajawi kagungan uthut gumantos tapaking rama, ing kalawau ngasta pangawasa wontên ing sangandhapipun ingkang rama. Sang Brahmana Kulluka tansah sêtya mbantu rêmbag dhatêng Sang Siddha kados kala rumiyin. Têtiyang siti ing Kacmir ingkang têlukipun namung kasêngka ing pêrlu, jalaran gêsangipun botên sagêd têntrêm, dening kathahing rêrêsah tanpa kèndêl, awit saking kêndhoning pangrèh praja, sapunika sampun wiwit sagêd ngraosakên saha ngaji-aji saening tatanipun panggrèh enggal, ingkang katindakakên dening para pangrèh praja, ingkang wicaksana ambêrkahi dhatêng para kawula damêl arja kartaning nagari.

Sang atapa ing Bhadrinath Bagawan Gaurapada sampun botên mêningi têlukipun babar pisan nagari wutah rahipun. Ing satunggiling dintên, sarêng Sang Brahmana Kulluka badhe nuwèni dhatêng pratapan Bhadrinath, pêrlu martosi bab têluking nagarinipun, dumugining ingriku namung kapanggih abdinipun sampun sêpuh, awit sang bagawan ing satunggiling dintên gêrah, ing sawatawis dintên êngkas lajêng seda, layonipun kasarèkakên dening abdi wontên ing têtênggêr ingkang ngajêngakên nagari Kacmir. Dene sima pun Hara

--- 325 ---

lajêng anjêrum wontên ingriku, manawi kasuprih kesah saking ngriku dening ki cantrik saha dipun bujuk mantuk, lajêng nggêrêng damêl ngênêsing manah, kados ngalamati awon, sarta lajêng botên purun nêdha saha ngombe, têdha ingkang kasusulakên mriku sarta toya: botên nate kagêpok. Sarêng sampun kêlampahan makatên ing pintên-pintên dintên, Hara sampun sumèlèh pêjah wontên ing pasareyanipun bêndara lan mitranipun sêjati. Hara inggih lajêng kapêtak wontên ingriku dening ki cantrik andêdagan bêndaranipun Sang Bagawan Gaurapada.

Sang Parviz ingkang têtela winadosan dening Sang Feizi bab wontênipun nalar lêlampahanipun Sang Siddha kalihan Gulbadan, sabên-sabên akintun kabar bingah dhatêng Sang Siddha, Sang Parviz rumaos bêgja sarta sênêng manahipun angsal semah anaking gêdhongipun yatra tuwin rajabrana Sang Nata Akbar. Dene Sang Parviz inggih sampun angsal pangkat agêng, sarta inggih nyambi nata kawruh kasusastran tuwin kawruh kridhaning pangrèh praja têtilaraning bapa pamanipun Sang Abul Fazl, sedanipun tansah dipun gêtuni ing tiyang kathah.

Abdal Kadir Badaoni lajêng namung mêmpên wontên ing griya mêdhot pasrawungan, sarta saya lami saya mursid, punapa malih saya ambandrêng pangudinipun dhatêng kawruh ing kapracayanipun, wondene ingkang dados pangimur-imuring kacuwan saha sandhunganipun, punika kasêslamur nganggit sêrat: Mun-tak habut Tawarikh, ing sêrat anggitan wau ugi nyêbutakên bab botên rênanipun dhatêng Sang Nata Akbar, punapa malih tansah nglajêng-nglajêngakên misuhi dhatêng Sang Abul Fazl sarta Feizi ingkang pancèn botên nate damêl piawonipun.

Sang Padri Rodolpho Aquaviva lajêng botên wangsul dhatêng Agra, sanès-sanèsipun ingkang dhatêng: andumugèkakên pandamêlanipun; ewadene sagêdipun angsal damêl langkunga inggih namung sawatawis kalihan Sang Padri Aquaviva. Makatên malih ngantos dumugi sapunika, sampun kêlampahan mèh tigang abad, pangangkah ngrasukipun agami Kristên nagari Indhustan tansah dados pangajêng-ajêng sarta pêpenginanipun dhatêng kamursidan têtiyang ing tanah Europa.

Kawontênanipun Vatsa ingkang tuhu sêtya dhatêng bêndaranipun, punapa lajêng imah-imah angsal Nipunika ingkang sae manahipun, nanging juwèh, punika botên kawartos ing sêrat cariyos. Ewadene sagêd ugi kêlampahan, yèn abdi kêkalih wau inggih lajêng anulad dhatêng lampahing bêndaranipun sakalihan. Mênggah kawontênaning gêsangipun Siddha akalihan garwanipun Iravati: botên kirang kanthi karaharjan, sanadyan kala-kala Sang Siddha taksih asring

--- 326 ---

pêtêng ing netyanipun dening kèngêtan dhatêng lêlampahan ingkang sampun kêlampahan, nanging lami-lami inggih lajêng manuh botên patos karaosakên. Punapa malih ing sasagêd-sagêd kaumpêtakên dhatêng garwanipun, mênggah kasusahanipun wau. Saya sarêng sang sinatriya priksa, bilih pêtênging netya wau adamêl gênging sungkawanipun sang rêtna, samangsa konangan, awit sang rêtna ugi sampun mangêrtos sababipun, Sang Siddha inggih sampun ambêlalakakên sadaya lêlampahanipun dhatêng sang putri: miwiti malah mêkasi. Ewadene manawi Sang Siddha nyêmoni dhatêng punapa ingkang sampun linampahan, sang putri tumuntên ambungkêm lathinipun sang sinatriya mawi racikanipun ingkang amucuk êri kalihan gumujêng, nandhakakên manawi sang putri botên karsa mirêngakên; sarêng sampun kêlampahan palakrama sawatawis lami, sang putri kagungan putra kakung, trêsnanipun Sang Siddha dhatêng ingkang putra botên beda kalihan trêsnanipun dhatêng Sang Iravati piyambak. Ing kala punika sang sinatriya mangêrtos, bilih ingkang garwa pantês ingaji-aji sayêktos, sarta mangêrtos, bilih kados manggih rajabrana ingkang botên kantênan ajinipun, dene sagêd angsal garwa kados Sang Iravati wau. Ewasamantên êmèh kemawon sang putri katampik, sarêng sang putri ngaturakên lêlampahanipun kalihan Sang Pangeran Salim. Ananging sarêng aturipun sang putri anggêpok kêlangkunganing galihipun, anggènipun sagêd nampik dhatêng karsanipun sang pangeran, Sang Siddha tumênga nyawang garwanipun, ing sêmu gumun sangêt. Pangrêmbagipun sang putri, tindak-tanduk ingkang kapatrapakên dhatêng tiyang jalêr sanès punika botên nyimpang saking kêlakuanipun pawèstri ingkang kalêbêt trahipun sang putri.

Ngantos dangu anggènipun Sang Siddha sumandhing sang putri wontên ing astana pasareanipun Sang Nata Akbar kalihan kagagas ing galih, dumadakan karegonan dening mirêng suwaranipun tiyang lumampah ing siti ingkang dipun krakal, sampun cêlak kalihan lênggahipun sang sinatriya. Sang Siddha mundur sajangkah sarêng mriksa ingkang dhatêng, saha sang putri priksa lajêng mangêrtos, bilih panyêlukipun Sang Siddha badhe dados jalaraning pêpanggihan ingkang kados punapa kemawon kêdadosanipun.

"Feizi," wêdaling panyêlukipun Sang Siddha. Ingkang kacêluk tumuntên kèndêl, waunipun dhatêngipun ingriku botên mawi ningali utawi sumêrêp dhatêng priyagung kêkalih ingkang wontên ingriku. Lampahipun namung ngunclung kemawon kalihan ningali ingandhap, kados wontên ingkang rinêmbag, Sang Feizi sarêng tumingal sumêrêp dhatêng ingkang nate mirangakên sangêt dhatêng saliranipun, inggih

--- 327 ---

kagèt mundur satindak, nanging wangunipun lajêng sarèh sarta nglajêngakên lampahipun; dumadakan sarêng Sang Feizi sumêrêp ebahipun Sang Siddha ingkang wangunipun badhe enggal-enggal angesahi, lajêng nguwuh: "Sampun kesah mirêngna cariyos kula. Kêlêrêsan wontên ing pasareanipun sang nata agung, ingkang nalika sugêngipun rêmên ngapuntên tiyang kalêpatan katimbang ngukum. Punapa malih botên sagêd anggêthingi dhatêng mêngsahipun, manawi sampun têluk rumaos lêpatipun, malah binudi bingah saha agênging manahipun. Punapa inggih: wontên pasareanipun ratu bèrbudi wicaksana, kula taksih mawi ngêndhêm kasêngitan. Yèn priksa saiba anggènipun anggêgujêng dhatêng kula. Kula sampun ambudi nulad panggalih dalêm sang nata agung ingkang makatên, saha lajêng ngapuntên dhatêng kalêpatan panjênêngan, ananging mêksa botên sagêd, kula botên sagêd kuwawi. Nanging sapunika, wontên ing papan suci, ingkang prasasat nuntun dhatêng kula sakalihan dumadakan kêpranggul, kula lajêng kêraos gadhah kêkiyatan matrapakên budi rahayu kados karsa dalêm swargi Sang Nata Akbar, ingkang sumare wontên ingriki punika. Panjênêngan kula apuntên."

Sang Siddha sarêng mirêng têmbunging satrunipun ingkang makatên, kagèt kagiwang ing galih, anggènipun jumênêng kalihan tumungkul ngajêngakên tilas satrunipun ingkang dahat lêgawa ing budi. Iravati kaduk gumun tumingal nyawang dhatêng tiyang ingkang sagêd mêksa ing manahipun piyambak, ngicalakên sak-sêrikipun sanalika, ical padhang trawangan botên kêtawis sulak-sulakipun ing ulat, bilih taksih ngêmu runtik kados kala mêntas dhatêng.

Sang Feizi nglajêngakên pangandika: "Sumangga, kasêkecakakên kemawon, sampun mawi lingsêm, ingkang sampun: inggih sampun, sampun botên kula rêmbag, pitêmbungan kula ingkang kawêdal awit saking muring kula dhatêng panjênêngan rumiyin, punika sampun pantês kemawon, ananging tumrap tiyang jalêr ingkang wêwatakanipun kados panjênêngan, sayêktosipun inggih anggarês sangêt, bokmanawi ukuman awrat sangêt, kula inggih sumêrêp saking mitra panjênêngan Sang Kulluka, bilih pitêmbungan kula, ingkang kula tandukakên dhatêng panjênêngan wau, mrasuk ing galih panjênêngan ngantos dados pangangên-angên ingkang botên gampil icalipun, ngantos mèh nuntun panjênêngan dhatêng pandamêl sasar, punapa malih kula inggih mirêng saking mitra kula, inggih mitra panjênêngan, manawi ingkang anggodha rêmên dhatêng Gulbadan punika dede panjênêngan, ngrika ingkang marai, malah ing kawitanipun panjênêngan dèrèng priksa, yèn Gulbadan wau gadhahan kula,

--- 328 ---

kula inggih sampun sumêrêp, bilih kanggêp sarta panguwasanipun mila anggêgirisi, ananging sapunika sampun botên wontên tiyang ingkang kuwatos malih, piyambakipun sampun ngêsahakên durakanipun nglalu wontên ing tutupan. Namung samantên kemawon cariyos kula lêlampahan ingkang sampun-sampun, saya wontên ingarsanipun sang putri, kula kêdah matur ngaturakên pambagyarja dhatêng garwa panjênêngan ingkang alus ing budi, mugi dipun supèk-supèkna kemawon kawontênaning nalar kula kalihan panjênêngan, kula mirêng tindak-tanduk panjênêngan ing salajêngipun, kathah ingkang pantês mulihakên pangaji-aji sarta rakêting pawong mitran kalihan tiyang ingkang pantês tampi kaurmatan. Sumangga tangan kula, sami sêsalaman kados rumiyin."

Sang Iravati ingkang tumuntên jawab astanipun Sang Feizi, awit Sang Siddha taksih sumlêngêrên dèrèng pulih saking kagiwang ing galih.

"Tuwan!" Pangandikanipun sang putri, "kula matur nuwun sangêt ing panuwun kula dhatêng lêgawaning panggalih panjênêngan, pangandika panjênêngan punika wau nyilakakakên imangkara ingkang taksih tansah anglimputi karahayoning salaki-rabi, kula kalihan semah kula, sapunika wawratipun timbêl ingkang anindhihi Siddha ngantos lami tansah ngiyêg-iyêg: sampun kabucal."

Ing wusana Sang Siddha angandika: "Kula ngupados têmbung," akalihan lajêng nyêpêng astanipun Sang Feizi, tumuntên nglajêngakên pangandika: "Ngupados têmbung ingkang badhe kula angge mêdharakên sakrêntêging manah kula, mêksa botên sagêd manggih, sawêg nalika kula narimahakên manah kula saking pitêdahipun tiyang wicaksana, ingkang kula raosakên lajêng sagêd damêl kiyating badan kula kados sapunika, kula lajêng gadhah raos malih, gêsang kula badhe sagêd santun enggal malih, sapunika sawêg kêraos, sapunika kula gêsang malih, sumitra, pangrêngkuh panjênêngan mitra dhatêng kula, Sang Feizi, tumrapipun kula agêng sawabipun, ananging inggih langkung sangêt langkung lêbêt panêtah kula dhatêng badan kula piyambak, sarta langkung awrat paniksa kula; sarêng pangrêngkuh panjênêngan saking lêpat kula piyambak, kula icalakên kemawon lantaran patrap kula ingkang sangêt nistha, pramila pangrêngkuh panjênêngan mitra dhatêng kula malih, punika kula anggêp ganjaran panjênêngan sajati dhatêng kula, ingkang botên kantênan ajinipun."

Sang Feizi mangsuli: "Ewadene pêpanggihan kula kalihan panjênêngan ingkang dumadakan punika: botên sagêd dangu, bokmanawi malah mêkasi. Dene sapunika kula

--- 329 ---

lajêng ngunduri saking pandamêlan nagari, punika panjênêngan sampun priksa piyambak. Sang Pangeran Salim ingkang sampun jumênêng ratu rêna kalihan jêjulukipun Jihangêr, sawangipun botên rêna mriksani kula, sami ugi kalihan mriksani sadhèrèk kula Abul Fazl kala rumiyin. Makatên malih kula rumaos awrat ngawula ing sang ratu enggal, sababipun botên susah kula aturakên, kula lajêng ngunduri sarta gêsang piyambak wontên ing Agra: sapunika. Sapunika kula katimbalan Shah Abbas Nata ing nagari Pèrsi, supados kula dhatêng ing nagarinipun badhe kakarsakakên majibi ing pandamêlan marsudi kawruh. Timbalanipun sang nata kula turuti, benjing enjing kula mangkat dhatêng Ispahan, kitha karajaning nagari Pèrsi, manawi wontên ingrika sênêng, pangintên kula inggih lajêng manggèn wontên ingrika kemawon, ananging kula botên sagêd kesah saking ngriki, ing sadèrèngipun kula sagêd jiarah nuwèni ratu pêpundhèn kula saha mitra kula satuhu, ingkang sumare wontên ingriki punika. Pramila kula kêpanggih panjênêngan wontên ingriki punika. Mitra kula Sang Nata Agung Akbar anglangkungi nyawa kula, anglangkungi karahayoning sêsemahan kula. Samênggah kalêpatan panjênêngan wau dhatêng sang nata botên dhatêng kula, sampun mêsthi babar pisan botên angsal pangapuntên kula. Ananging panjênêngan sampun ngatingalakên pamundhi panjênêngan dhatêng kaluhuranipun Sang Nata Akbar, kados pamundhi kula, sanadyan panjênêngan botên nate ngantos kacêlak sagêd mêmundhi kanthi katrêsnan dhatêng sang nata, kados sawatawis tiyang ingkang kulina sumêrêp dhatêng kêndhoning panggalih dalêm sang nata dhatêng sawatawis bab alit, nanging mêksa malah pantês pinuji.

Sang Siddha mêlèhakên alon: "Inggih lêrês kula botên nate cêlak ingarsa dalêm Sang Nata Akbar ingkang ngantos kados makatên, ewadene kula inggih sampun kêrêp mrangguli karsa dalêm ingkang rèmèh-rèmèh, ingkang panjênêngan wastani mêdal saking kêndhoning panggalih dhatêng sawatawis bab alit wau, dene botên sagêd mêksa panggalih dalêm ambucal cacad ingkang sapele wau, inggih mêksa kula èngêt-èngêt kanthi eram sangêt saha pamundhi ingkang luhur. Kula inggih sampun têpang kalihan satunggaling ratu, nanging ingkang sampun kèndêl, kula kasambutan kasaenan sangêt dhatêng tilas ratu wau, sarta pangèngêt-èngêt kula dhatêng sang tilas ratu wau botên kêsupèn. Rumiyin nate kula gagas, ratu kêkalih: Sang Nata Akbar kalihan ingkang kula aturakên wau, kula wastani kalangkunganipun punjul ingkang pundi. Pêpuntoning pamanggih kula bilih ratu lêgawa ing budi, wicaksana, ingkang sampun mêngkêrakên

--- 330 ---

sakathahing kasênêngan ing alam donya, punika têksih kungkulan dening kalangkunganing ratu wicaksana ingkang jumênêng ngasta pusaraning praja mêngku èwêd pakèwêd tuwin usrêg-usrêganing ngêrèhakên nagari sagêd matrapakên lêgawaning galih tuwin adil paramarta ajêg botên mawi ewah, ingkang sagêdipun linampahan dening ratu ingkang satunggalipun wau namung wontên ingasêpi. Sayêktosipun Sang Nata Akbar mila inggih pantês kemawon winastanan linangkung."

Têmbungipun Sang Feizi: "Punika namung salêrêsipun kemawon, ing saturun-turun kita ing kilèn tuwin wetan, tamtu inggih badhe tiru-tiru panjênêngan mastani makatên. Mênggah umpak-umpakaning sêsêbutan: Agung punika para juru pangonggrong sarta para kêkasihing ratu, adatipun tuman numrapakên dhatêng kathah-kathahing ratu, nanging kathah kemawon ingkang kirang salêrêsipun, ingkang makatên botên tumrap ingriki, mênawi têmbung: Agung, punika lêrês-lêrêsipun asuraos: sagêd ngêrèh saliranipun piyambak: ngampah budi angkara kalihan kêkêncênganing panggalih sayêktos, botên kirang tinimbang sanès-sanèsipun, sarta sugêngipun kadamêl rêkaos, tansah ambudidaya murih rahayuning gêsangipun sêsamining manungsa. Yèn mila makatên maksudipun, dados sampun salêrêsipun kemawon, ratu ingkang sumare wontên ingriki punika dipun sêbut: Agung. Kathah ratu ingkang sampun-sampun, utawi ingkang dèrèng, bokmanawi inggih wontên, ingkang asmanipun kasêbut ing babad donya langkung kacêluk ing jagat. Wontên ingkang sampun-sampun utawi ingkang tamtunipun badhe wontên, ratu ingkang langkung misuwur katimbang Sang Nata Akbar, ewadene awis sangêt pinanggih ing sêrat babad tiyang kuwasa linangkung, ing salêbêting kamulyan tuwin kawibawan, botên supe tansah ngatingalakên kamanungsanipun kados Sang Nata Akbar. Cariyos kula punika namung salêrêsipun kemawon, botên nyuda botên amêwahi."

Sêsampunipun Sang Feizi ngulungakên astanipun badhe sêsalaman, tumuntên ngandika: "Sapunika kantun sugêng, kula aturi èngêt dhatêng kula, manawi kula sampun têbih saking ngriki, panjênêngan sampun ngantos kêsakit-sakit malih, punapa dene kula inggih sampun lêga sagêd ngicalakên bêbêging manah kula lami ngêndhêm sêrik."

Sarêng Feizi sampun kesah saking ngriku mêdal ing margi agêng ingkang ing kiwa têngênipun katanêman wit-witan, Sang Sinatriya Siddha taksih dangu lêledhang wontên ing patamananing astana kalihan garwanipun. Sarêng sampun dumugi, sang sinatriya kalihan sang putri inggih lajêng tindak mêdal saking astana mulya patilasanipun Sang Nata

--- 331 ---

Agung Akbar ingkang mêntas dipun sujarahi, ing batos kanthi pamudyarja.

Tindakipun Sang Siddha wontên ing patamanan badhe kondur: mawi kagagas ing galih, ciptanipun: "Kabèh kang tau kita têpungi lan taukita ajèni, bokmanawa dhèwèke kang mêntas ninggal aku iki mau, aku iya wis bakal ora kêtêmu manèh, ewadene kawulaning Allah kaya Sang Nata Akbar, Abul Fazl lan Feizi iku sênadyan wis puput umure, jênênge iya isih lêstari urip ana ing pangangên-angêning wong akèh, kang tular-tumular dadi kandha, sarta ana ing gêgaweane, kaya ta ing layang-layang anggitane lan yêyasan utawa kagunane kang maedahi ingakèh, pikirane ngrasuki ing pikirane kang bakal gênti têka, pikirane gênti têka iya mrasuki pikirane kang gênti têka, pikirane kang gênti têka iya mrasuki pikirane kang gênti têka manèh, mêngkono bae sabanjure, ora ilang-ilang jênênge, apa dudu iku kang diarani langgêng uripe?"

__________

--- [332] ---

[Grafik ---

Ing Astana Rêngga. Inggih punika pasareanipun Sultan Akbar ing Fattipur.

--- [333] ---

Pèngêt cariyos cêkakan bab lêlampahanipun Sang Nata Akbar kados ingkang kasêbut ing sêrat: Vivats Geillustreerde Encylopedie perangan I kaca 193.

__________

Sang Ratu Akbar ajêjuluk Ratu Agung linangkung, (Akbar de zeer Groote) lêrêsing asmanipun: Jelal eddin Mohamed ratu ing Azie ingkang agêng piyambak ing tanah Indhustan salêbêting abad ingkang wêkasan.

Sang Nata Akbar punika putranipun Sang Ratu Humayun ingkang kasêsêr dening para kraman kêplajar dhatêng nagari Pèrsi. Ing salêbêtipun Sang Ratu Humayun lêlampah dhatêng Pèrsi, wontên ing kitha Amêrkote ing taun Walandi: 1542, Sang Akbar kabarakên.

Mirid ingkang kasêbut ing sêrat Babad Walandi Van oude tijden heden, anggitanipun Tuwan Jacs, M. Vos 13e, herziende druk afdeeling IV bld. 51, ing taun: 1542 wau, sêsarênganipun nagari Walandi, Duidschland saha Sêpanyol wontên ing salêbêting wêwêngkoning pangrèhipun Sang Nata Karel, ingkang kaping gangsal (Karel V, 1506 - 1555). Ing tanah Jawi mirid ingkang kasêbut ing Vet. Java deel II blz. 242 taun: 1542 wau, sêsarênganipun kraton ing Dêmak.

Sasampunipun Sang Nata Humayun malana ing sapurug-purug kalih wêlas taun laminipun, lajêng sagêd ngrêbat karaton ing Dêlhi malih, ananging sabakdanipun punika lajêng seda taksih wontên salêbêtipun taun wau. Sang pangeran ingkang maksih timur gumantos ratu wontên ing Dêlhi mawi kawakilan, ing salêbêtipun pangrèh nagari kacêpêng ing wakil kathah rêrêsah. Sang Nata Jelal eddin Mohamed (Akbar) lajêng karsa jumênêng piyambak ngasta pusaraning nagari ing salêbêtipun taun Walandi: 1558, mirid saking taun-taun ingkang kasêbat inginggil, jumênêngipun Ratu Sang Nata Jelal eddin Mohamed sawêg yuswa nêmbêlas taun. Ing salêbêtipun sang nata ngasta panguwasa piyambak laminipun kalih wêlas taun, dados yuswa ± 28 taun, sang nata sampun sagêd nêlukakên satlatahing tanah Indhustan ing sakidulipun nagari Deccan ingkang dèrèng tata pangêrèhipun, sarta tansah kêtuwuhan ing rêrêsah, ingkang nyumêlangi dhatêng nagarinipun Sang

--- 334 ---

Nata Akbar, sanadyan agêng karsanipun sang nata anêluk-nêlukakên nagari-nagari têpis iringing nagarinipun piyambak, ingkang tansah kêtuwuhan rêrêsah, utawi bawahipun ugi tansah kalêbêtan rêrêsah saking nagari sanès, ewadene langkung agêng malih kaprayitnanipun dhatêng panindaking pangrèh nagari. Sang Nata Akbar anêtêpi kêlangkunganing nata tigang prakawis: kawantêran, kaprayitnan tuwin kaprasêtyan. Mênggah kawantêranipun wontên ing pêpêrangan kêrêp kawastanan nekad, kados ingkang sampun kacariyosakên dening Parviz dhatêng Siddha Rama kasêbut ing cariyos ngajêng: manawi badhe nêmpuh mêngsah, mangka pakèwêd sangêt, kangèlan kapênggak dening para pandheganing pêrang. Kaprayitnanipun angêrèh nagari, sabarang ingkang badhe katindakakên tansah kagalih utawi kajagi kalihan badhe kêdadosanipun. Kaprasêtyan: dene tansah rumaos wajibing narendra, kêdah anggalih arjaning para kawula, kartaning nagari. Makatên malih kasarjanan karosaning panggalih tuwin asihipun dhatêng sêsami, dene rumaos saliranipun inggih manungsa anggènipun nindakakên kridhaning pangrèh nagari bawahipun ingkang langkung agêng tumrap ing babadipun tanah wetan: botên wontên ingkang mandhingi. Sang Nata Akbar ambudi kamajênganing among dagang, mila iyasa margi-margi supados gampiling lampahipun, iyasa pranatan ukuran timbangan sarta takêran ingkang sami, angwontênakên bragada pulisi, tansah botên lena anggènipun ngawasakên dhatêng panindaking pangrèh para pinitados nyêpêng paprentahan, supados sampun ngantos nyimpang saking lêrêsing panindak manut ing pranatanipun Sang Nata Akbar, sarta tansah binudi adilipun. Sang nata agaminipun Islam, sagêd ngêmong saha nyabari sangêt dhatêng agami sanès-sanèsipun, malah karsa nyumêrêpi sangêt dhatêng samukawis ingkang magêpokan kawruh ing sadhengahipun agami. Kêlampahan Sang Nata Akbar andhatêngakên para pandhita Kristên saking Goa, pêrlu badhe priksa piwulangipun, malah sang nata inggih nganggit piwulang, kaangkah sagêda waradin sarana pambudi lampah pangiming-iming, ewadene cabar botên sagêd kêdadosan. Sang nata inggih ngajêngakên kawruh kasusastran, piwulang, iyasa pamulangan, kangge bangsa Indhu kalihan bangsa Islam. Sêrat-sêrat ing têmbung Sanskrit kinèn mêrtal ing têmbung Pèrsi. Lêlampahanipun Sang Nata Akbar kaklêmpakakên saha kinarang dening pêpatihipun Abul Fazl, anama sêrat: Akbar namêh (Babadipun Akbar). Babad wau ingkang saperangan kala ing taun 1786 sampun kawêdalakên wontên ing nagari Calcutta mawi têmbung Inggris, ing buku wau kajawi ngêwrat lêlampahanipun Sang Nata Akbar, inggih ugi ngêwrat cariyosipun

--- 335 ---

nagari bawahipun, caranipun anggèning amerang-merang nagari-nagari wau; saestha provincien sarta caraning pangêrèhipun. Punapa malih cariyos yêyasanipun. Sêpuhipun sang nata manggih susah, jalaran saking sedanipun putra kakung ingkang pandhadha, Pangeran Salim ingkang purun mrêngkang saking paprentahanipun ingkang rama. Sang Pangeran Salim lajêng jumênêng nata anggêntosi ingkang rama ajêjuluk Jehanghir utawi Jihangir. Sedanipun Sang Nata Akbar kala ing taun: 1605, dados yuswa ± 59 taun. Dununging kratonipun Sang Nata Akbar, ing wiwitanipun wontên ing nagari Agra, ing salajêngipun ngalih dhatêng nagari Lohore, bawahipun awatês lèpèn Indhus dumugi ing songing sagantên Bênggala.

Sang Nata Akbar ugi iyasa etangan wulan kalihan taun Akbar era, wiwitipun taun satunggal: katujokakên ing nalika jumênêngipun ratu.

___________

--- [336] ---

ISINIPUN SÊRAT PUNIKA.

__________

... Kaca
Bêbukanipun ingkang nganggit ... 3
Bêbukanipun ingkang njawèkakên ... 6
I. Tiyang tapa ... 9
II. Iravati ... 29
III. Agra ... 51
IV. Sultan Akbar ... 71
V. Têpangan enggal kalihan têpangan lami ... 92
VI. Salim ... 111
VII. Klêmpakan sêsidhêman ... 137
VIII. Pambujuk ... 151
IX. Pamawratipun sri narendra ... 177
X. Dumadakan ... 196
XI. Para têlik ... 217
XII. Panyidra ... 236
XIII. Pamitan ... 251
XIV. Konangan ...271
XV. Kapok ... 289
XVI. Pangipat-ipatipun Feizi ... 306
XVII. Ing Astana Rêngga ... 321

Pèngêt cariyos cêkakan bab lêlampahanipun Sang Nata Akbar kados ingkang kasêbut ing sêrat "Vivats Geillus - treerde Encyclopedie" perangan I kaca 193. ... 333

___________

 


kalingan. (kembali)
upata. (kembali)
berag. (kembali)
Sakêdhèp. (kembali)
pitêdah. (kembali)