Trilaksita, Mangunwijaya, 1916, #1171 (Hlm. 001–044)

Judul
Sambungan
1. Trilaksita, Mangunwijaya, 1916, #1171 (Hlm. 001–044). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
2. Trilaksita, Mangunwijaya, 1916, #1171 (Hlm. 044–089). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
3. Trilaksita, Mangunwijaya, 1916, #1171 (Hlm. 090–133). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
4. Trilaksita, Mangunwijaya, 1916, #1171 (Hlm. 133–181). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
Citra
Terakhir diubah: 16-07-2020

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sêrat Trilaksita

Anyariyosakên Lêlampahanipun Nistha Madya Utama

Anggitanipun Mas Ngabèi Mangunwijaya, abdi dalêm mantri miji ing Surakarta

Wêwênangipun ingkang nganggit sêrat punika kaayoman dening anggêr taun 1912 bab karang-karangan.

Sêrat punika inggih kenging kaêcap malih, katurun utawi kaanggit malih, ananging kêdah wontên sêrat palilahipun saking kumisi Vur dhê Vollêkslèktur, sarta kêdah katêrangakên kapêthik utawi kapirid saking sêrat punapa.

Kaêcap wontên ing pangêcapanipun tuwan

Albrèh èn Ko, ing Wèltêfrèdhên 1916

--- [0] ---

Serie uitgave door bemiddeling van de Commissie voor de Volkslectuur

No. 187

Sêrat Trilaksita

Anyariyosakên Lêlampahanipun Nistha Madya Utama,

anggitanipun Mas Ngabèi Mangunwijaya, abdi dalêm mantri miji ing Surakarta

Wêwênangipun ingkang nganggit sêrat punika kaayoman dening anggêr taun 1912 bab karang-karangan.

Sêrat punika inggih kenging kaêcap malih, katurun utawi kaanggit malih, ananging kêdah wontên sêrat palilahipun saking kumisi vur dhê vollêkslèktur, sarta kêdah katêrangakên kapêthik utawi kapirid saking sêrat punapa.

Kaêcap wontên ing pangêcapanipun tuwan Albrèh èn Ko, ing Wèltêfrèdhên 1916

--- 3 ---

Sêrat Trilaksita

Sêrat Trilaksita punika anyariyosakên lêlampahanipun lare têtiga, satunggal nama Radèn Ardaka, satunggalipun nama Jaka Madyana, satunggalipun malih nama Jaka Mulyana, lare têtiga wau sami nunggil pasuwitan, ing wusana lêlampahanipun wontên ingkang dhawah nistha, wontên ingkang dhawah madya, wontên ingkang dhawah utama, mila lajêng kaanggit kadhapur dêdongengan, kanamakakên Sêrat Trilaksita, têgêsipun: lêlampahan tigang prakawis, inggih punika: nistha, madya, utama, ing pangangkah sagêda dados têpa tuladha, tumrap dhatêng lare anèm ingkang sami anggayuh dhatêng kautamèn, sumêrêp pawiting lêlampahan ingkang wusananipun dhumawah ing nistha, madya, utama.

Bab I.

Anyariyosakên lêlampahanipun Radèn Ardaka.

Radèn Ardaka punika putra têtilaranipun Radèn Tumênggung Sêtyanagara, bupati ing nagari Radyapura. Sasedanipun Radèn Tumênggung Sêtyanagara, kalênggahanipun sumèrèn [su ...]

--- 4 ---

[... mèrèn] dhatêng putra pambajêng nama Radèn Tumênggung Nitipraja, inggih punika ingkang raka Radèn Ardaka, dados Radèn Ardaka wau kaêmong ingkang raka. Radèn Ardaka sampun ngumur 18 taun, pambêkanipun gungan, kumaluhur, kados nalika taksih sugêng ingkang rama, amargi kala rumiyin ragi dipun ugung, botên patos dipun pardi dhatêng kasagêdan, inggih dipun sakolahakên, ananging dhasaripun malincur, ingkang rama botên patos marsudi, mila sakolahipun botên dados. Botên kados ingkang raka, sakolahipun inggil, pambêganipun alus, nalika sedanipun ingkang rama, Radèn Tumênggung Nitipraja, sawêg mêntas mêdal saking sakolahan oplèidhêng sêkhul, saking karsanipun Kangjêng Guprênêmèn, lajêng kajunjung kagêntosakên ingkang rama, mila sadangunipun momong ingkang rayi Radèn Ardaka, Radèn Tumênggung wêlas sangêt amirsani ingkang rayi, dene anggènipun sakolah botên sagêd majêng, wah manahipun wangkal, mênawi kapardi dhatêng ingkang raka purun. Saking judhêging galih, mila sasolah-tingkahipun lajêng dipun kèndêlakên kemawon.

Dangu-dangu Radèn Ardaka rumaos bilih dipun kèndêlakên dhatêng ingkang raka, wêkasan tuwuh ciptanipun badhe suwita [suwi ...]

--- 5 ---

[... ta] dhatêng ingkang rama paman Radèn Tumênggung Kartipraja, bupati ing nagari Madyapura, lajêng nyuwun pamit dhatêng ingkang raka: kaparêng, malah ing galih sêmu bingah, amargi rumaos sampun wêgah mulang dhatêng ingkang rayi, dening wangkalipun wau. Radèn Ardaka lajêng matur malih dhatêng kingkang[1] raka badhe tumuntên bidhal, ingkang raka lajêng paring piwulang, pangandikanipun, iya, dhi, aku jumurung kang dadi sêdyamu, ora liwak[2] wêkasku marang kowe. Wong suwita mono aja pisan-pisan rumasa putrane wong gêdhe, sanadyan rama Radèn Tumênggung Kartipraja iku iya wong tuwane dhewe, nanging wus ana arane: bapa paman, dadi mêsthi beda karo wong tuwane kang ngukir, mulane tandukmu iya aja mutra, kudu kang kumawula, yèn mungguhing jaman kuna sangune wong ngawula iku: limang prakara, siji guna, loro sarana, têlu sakti, papat wani, lima nurutan.

Têgêse: guna, sugih kapintêran, nanging mungguhing jaman kuna kang diarani pintêr iku, siji andha[3] asor, loro wêruh ing sambangliring, têlu tanggap ing sasmita, papat, bisa nuju karsa. Ing jaman saiki iya isih rada kanggo, nanging yèn dudu wêton sakolahan kang wus olèh tăndha kursus utawa dhiploma, durung diarani pintêr, mung jênêng wong graita, lan wêruh tatakrama bae,

--- 6 ---

durung pati migunani ingatase jaman saiki, nanging sarèhning kowe wus kêbacut ora duwe kapintêran kang olèh tăndha saka guru-guru, yèn kowe bisa nganggo kaya wêwarah kuna mau iya lowung, bokmênawa yèn mantêp iya uga bisa narik tibaning darajad.

Têgêse sarana, apa barang kang dadi duwèkmu, mênawa dipundhut marang lêlurahmu, utawa bêndaramu, kudu aturna lan aja rumasa motangake, dieklas, nanging ing jaman saiki bokmênawa wus ora pati tumindak, awit Kangjêng Guprênêmèn wus andhawuhake, kabèh priyayi gêdhe cilik ora kêna nampani rêruba saka kalèrèhane.

Têgêse sakti, sugih kadigdayan, kanuragan, bêbasan aotot kawat, abalung wêsi, ora têdhas tapak paluning pandhe, sisaning gurenda, nanging tumrape ing jaman saiki kang mêngkono mau wus ora kanggo babarpisan, kang diarani sakti mau iya wong pintêr kang dhuwur sakolahe.

Têgêse wani, kang diarani wani iku ing jaman kuna wong kêndêl, iya iku diadu karo macan ora wêdi, karo banthèng ngamuk wani. Ing jaman saiki ora mêngkono, kang diarani wani iku wong kang nindakake

--- 7 ---

apa bênêre.

Têgêse nurutan, iya iku yèn diutus ing bêndarane aja pisan ngêrsula, sanadyan sayah: dipêksa, sanadyan bêngi têngah wêngi, udan dêrês tur pêtêngan iya mangkat, bêbasane sanadyan dikon malêbu ing gêni murub: mêksa dilêboni, nanging ing jaman saiki ora mêngkono, kudu nganggo nalar, lan apa murwate. Cêkake pituturku kabèh mau pikirên, kang isih bisa tumrap ing jaman saiki, iya dianggo, dene kang luwih pêrlu wong suwita iku, jamana kuna jamana saiki, anggêr tabêri, satiti, ngati-ati, lan srêgêp sarta nglakoni apa kang dadi wajibe, kanthi têmên lan tumêmên, wus mêsthi kanggo lan kinasihan ing bêndarane.

Aturipun Radèn Ardaka, inggih mugi-mugi angsala pangèstunipun kangmas, kula sagêda anglampahi kados dhawuhipun kangmas sadaya.

R.T. Mangkata sesuk esuk bae, karo dak gawani layang aturna rama tumênggung.

Enjingipun Radèn Ardaka, sasampunipun mirantos, lajêng sowan ingkang raka ngabêkti sarta dipun paringi sêrat tuwin sangu, lajêng bidhal.

Botên kacariyos ing margi, enggalipun Radèn Ardaka [Ar ...]

--- 8 ---

[... daka] sampun dumugi ing nagari Madyapura, lajêng sowan ingkang rama Radèn Tumênggung Kartipraja, panyuwunipun suwita dipun tampèni kalayan suka pirênaning galih, sigêg.

Radèn Tumênggung Kartipraja punika satunggiling prayagung ingkang ambêk bèrbudi lêgawa paramarta, misuwur ing liyan praja, rêmên mitulungi dhatêng para kasangsaran, têmahan dados pangungsènipun para kulawarga ingkang sami rêkaos panggêsanganipun, sami sowan suwita asrah jiwa raga, wêkasan kathah ingkang manggih kabingahan, dados priyantun saking pitulunganipun Radèn Tumênggung Kartipraja.

Bab II.

Anyariyosakên lêlampahanipun Jaka Madyana.

Jaka Madyana punika anakipun tiyang mardika nama Kiyai Mardawa, griya ing dhusun Langênsana, karêmênanipun among tani, ing ngajêng inggih darahing sujana, nanging katalarak lajêng gêgriya ing dhusun dados tiyang tani, ewadene sanadyan wontên ing dhusun, inggih kalêbêt moncol piyambak, dipun sêpuh-sêpuh dhatêng tăngga têpalihipun, dening sugih piwulang ingkang andadosakên pamarêming têtiyang sadhusun ngriku.

--- 9 ---

Kacariyos Kiyai Mardawa wau anakipun nênêm taksih alit-alit, pambajêngipun jalêr nama Jaka Madyana, sawêg ngumur 12 taun, dèrèng sagêd punapa-punapa, sawêg sagêd angèn maesa kados limrahipun lare dhusun, mila Kiyai Mardawa taksih prihatos, angraos bilih turunipun badhe kalajêng dados sikêp dhusun, tansah anênuwun dhatêng ing Gusti Allah, mugi anakipun sampun ngantos kalajêng kados badanipun, sagêda anapak tilasing luhuhuripun[4] sami dados sarjana narapraja.

Ing satunggiling dintên Kiyai Mardawa kapondhokan tiyang ambarang talèdhèk angklung, wiyaganipun gangsal, talèdhèkipun satunggal, ing ngriku dipun purih tilêm wontên ing pandhapa, sarta dipun rimati kalayan sae.

Sarêng wanci jam 9 dalu Kiyai Mardawa mêdal dhatêng pandhapa, aningali wiyaganipun ingkang satunggal katingal ragi manjila kalihan sanès-sanèsipun, sarta katingal ragi dipun aosi piyambak, malah sarêng dipun èmpêr kados sampun nate sumêrêp, mila Kiyai Mardawa lajêng anyêlaki tumut lênggahan sarta apitakèn, têmbungipun: salirane pundi sadhèrèk, sajak sampeyan dede kănca ngriki.

Wiyaga ingkang manjila mangsuli, kula ing Sidamulya, tumut [tu ...]

--- 10 ---

[... mut] kabupatèn ing Ngargapura.

K.M. Salirane Sidamulya.

W. Inggih.

K.M. Sinambat sintên sampeyan: dhi.

W. Kula karan anak Pak Sandi.

K.M. Sami disakecakake mawon gène sami lênggahan ampun pakèwêd.

P.S. Inggih, la sampeyan punika ing ngajêng saking pundi: mas.

Kiyai Mardawa lajêng amrasajakakên aslinipun ing ngajêng, Pak Sandi karaos manahipun bokmênawi taksih wontên tarikanipun akrab, mila pitakènipun saya nêsêg, dangu-dangu Kiyai Mardawa lajêng walèh namanipun alit, sarta dunungipun ingkang nurunakên (sajarah), ing ngriku Pak Sandi sêmu bingah lajêng gumujêng sarta wicantên: dhuh, Mardawa, tunggak kalingan rone, kalingane kowe iku sadulurku dhewe, adhiku, aku iki Si Mursid. Kiyai Mardawa kagèt, sarta ngèngêt-èngêt, dangu-dangu kèngêtan bilih Pak Sandi punika sadhèrèkipun nak sanak kalêrês sêpuh Pak Sandi, wusana bingah sêmu ngungun, lajêng anggagas makatên: jêbul sadulurku nak sanak kangmas Mursid biyèn, kapriye jêbul nêmpuh byat dadi wiyaga barangan, [barang ...]

--- 11 ---

[... an,] sok mêngkoa aku iki sanadyan ora lumaku gawe isih kalêbu olèh kamurahaning Allah, dene ora kongsi nistha dadi wiyaga barangan, sasampunipun anggagas makatên lajêng wicantên sêmu mêmiringi, kangmas, kula botên ngintên pisan-pisan bilih sagêd pinanggih sampeyan, mênawi mirit anggènipun pisah wiwit alit ngantos sapriki, rak sampun wontên salangkung taun.

P.S. Iya wis ana, iya dilalah karsaning Allah rèhning kulit daging, suwe-suwe bisa kêtêmu.

K.M. Inggih, nanging kula gumun sangêt kangmas, dene sampeyan sapunika malêtik, sagêd ulah karawitan ngantos sagêd dados wiyaga, kula punika kalajêng bodho, botên sagêd punapa-punapa, kajawi ngudang doran.

Pak Sandi mangsuli kalayan gumujêng, sarta tampi bilih dipun sêmoni, têmbungipun: Mardawa, barèse aku sakănca iki laku nyalamur, nanging sarèhning saiki satêngah wis kêjodheran, apadene karo kowe dhewe, dadi upama aku prasaja kaya-kaya ora dadi apa, prasajane mêngkene, saka pangèstuning para sêpuh, lan saka pamujimu, aku saiki wis dadi asistèn wadana [wada ...]

--- 12 ---

[... na] ana ing ondêr dhistrik Sidamulya, milu kabupatèn ing Ngargapura, jênêngku Mas Gunasaraya, kancaku iki kang siji upasku, kang siji kapala desa, sijine kabayan, sijine manèh wiyaga têmênan, talèdhèke iya talèdhèk têmênan, têkaku ing kene iki nyalamur, pêrlune ngudi katrangan prakara rajapati, sakitane dak tahan ana ing pandhapa lagi sawêngi banjur minggat, aku diancam nagara, yèn sajrone sasasi aku ora bisa nyêkêl durjana kang minggat mau bakal diundur saka kalungguhanku, saking susahing atiku mikir kapriye rekadayane gonku ngupaya kêcêkêle pasakitan mau, tinêmuning pamikirku, bêcike gonku anggolèk katrangan sarana nyalamur ambarang talèdhèk angklung bae, banjur dak lakoni mangkat ambarang anjajah desa milangkori, kêlunta-lunta kongsi têkan ing kene iki, lawase wus sapuluh dina mêksa durung bisa olèh titik, mulane bangêt prihatinku.

Kiyai Mardawa sadangunipun amirêngakên ginêmipun Mas Gunasaraya, ngantos anjombêlong, sarta sangêt gêtun ngunguning manahipun, wêkasan bingah angêmu wêlas, gêtunipun, dene dèrèng-dèrèng kala wau sampun kêsêsa nyêmoni bab nisthaning sadhèrèkipun, ngungunipun, dene

--- 13 ---

priyantun pulisi punika ngantos dipun lampahi kados makatên, bingahipun dene gadhah sadhèrèk pisah wiwit alit, sarêng kapanggih sampun dados priyantun, wêlasipun: saiba sayahipun, wah ingkang dados pêrlu dèrèng sagêd angsal ular-ular, wusana Kiyai Mardawa lajêng mingsêr lênggahipun, sarta urmat nyuwun ngapuntên, Mas Gunasaraya dipun purih lênggah lèr (griyanipun majêng mangidul) lajêng wicantên anoraga, têmbungipun: kangmas kula nyuwun ngapuntên ing panjênêngan, dene kula kamipurun matur digsura ing panjênênganipun kangmas.

M.G. Iya ora dadi apa, malah aku kang luput, dene ing ngarêp aku ora prasaja, nanging kabèh mau wis ora dak pikir, saiki mung kari bungah: dene bisa kêtêmu kowe, lan padha kaslamêtan, prasasat wis mati urip manèh, amarga pisahku karo kowe kira-kira wus ana salawe taun.

K.M. Kados inggih sampun wontên salangkung taun, kula inggih samantên ugi bingah kula tanpa upami, kados manggih mas sarêdi.

Kiyai Mardawa lajêng malêbêt ing griya cariyos dhatêng semahipun, bab wontêning tamunipun wiwitan dumugi wêkasan sampun kagêlarakên sadaya. Nyai Mardawa malêngak,

--- 14 ---

wusana sangêt bingahing manah, dene katamuan priyantun tur sadhèrèk piyambak, lajêng tata-tata badhe nyêgah nêdha, sarta nata patilêman wontên ing griya.

Sasampunipun kasêgah nêdha, Kiyai Mardawa lajêng ngajak malêbêt ing griya, têmbungipun: kangmas panjênêngan sare griya kemawon, sampun dipun tata.

M.G. Iya.

Lajêng sami malêbêt ing griya, dene upas sakancanipun sami tilêm ing pandhapa.

Mas Gunasaraya tuwin Kiyai Mardawa lajêng lênggahan wontên ing griya, Mas Gunasaraya lajêng pitakèn dhatêng Kiyai Mardawa, têmbungipun: Mardawa, anakmu kabèh pira.

K.M. Bilih putra sampeyan sadaya nênêm, jalêr kêkalih, èstri sakawan, nanging taksih sumêkul sadaya, pambajêngipun jalêr nama pun Madyana, sawêg ngumur 12 taun, lajêng èstri nama pun Mardini, sawêg ngumur 10 taun, lajêng jalêr malih, lajêng èstri sadaya, dados tumruntun kemawon, ingkang alit piyambak ngumur 2 taun, biyangipun sampun ngandhêg malih kawan wulan.

M.G. Wah sugih anak kowe dhi, bok ayumu mung patutan siji lanang, lagi ngumur rong taun banjur ora gêlêm diêmong.

--- 15 ---

K.M. Inggih namung sadarmi kangmas, kula punika pangèstunipun kangmas inggih sugih anak, nanging sarèhning wontên ing dhusun sami kalajêng bodho sadaya.

M.G. Mardawa, yèn andadèkake lêganing atimu sakarone, anakmu Si Madyana, lan Si Mardini dak jaluk, Si Madyana arêp dak sakolahake, cikbèn bisa dadi priyayi, aja kêbanjur ana ing desa kaya kowe, Si Mardini cikbèn diwulang ibune.

K.M. Inggih nyumanggakakên kangmas, dhasar pangèsthining manah kula inggih makatên, putra sampeyan sadaya sagêda malampah damêl, sampun kêlajêng-lajêng dados tiyang tani nistha kados kula.

M.G. Yèn satêmêne pagawean têtanèn iku dudu jênêng nistha, malah pagawean kang apsah sarta ambrêkati, awit wêtuning nipkah sarana mêrês karingêt, pangarêp-arêpe mung sumendhe karsaning Allah, barêng wus tuwa mangsane panèn, sabên wong milu ngrasakake, pikuwating praja iya saka dayane wong tani, mulane yèn aku ngrasakake ananing wong tani, atiku ngêrês bangêt, wus kangelan ngêthiyu dilakoni panas pêrih, yèn udan kodanan, yèn panas kêpanasên, tur kanthi nyăngga pajêg, barêng mêtu dipangan wong akèh, awake [awa ...]

--- 16 ---

[... ke] dhewe mung mangan sathithik, ora lali isih nyăngga pagawean rupa-rupa, yèn luput sathithik diprakara tămpa patrapan, mulane ana bêbasane: wong cilik ongkak-angkik, gawene iplik, pangane sathithik, yèn luput digitik. Suprandene kang padha dadi priyayi, olèh balănja akèh tur sabênêre kang awèh balănja iku iya wong cilik kang gaweane iplik mau, dudu ratu, ratu iku mung paring wêwênang bae marang wong cilik, suprandene akèh kang banjur sawênang-wênang, ora kêna luput sathithik disrêngêni, diukumake, ora wêlas marang wong cilik, iku kaliru, bênêre panganggêpe mêngkene, sumungkême iya marang ratu, nanging kudu têpa lan wêlas asih marang wong cilik.

K.M. Lêrêsipun para pangagêng punika inggih kados dhawuhipun kangmas wau, nanging kathah ingkang lajêng kêsupèn, namung kêsêsa ngraosakên kawibawanipun kemawon.

Kangmas, sampun dalu kula aturi sarean.

M.G. Iya. Lajêng mapan dhatêng patilêman, nanging Mas Gunasaraya botên sagêd-sagêd tilêm, namung tansah kalisikan kemawon, dening ngraosakên karibêdanipun, anggèning dèrèng sagêd angsal culikan katrangan dumunungipun pasakitan Suraculika. Kiyai Mardawa ugi dèrèng

--- 17 ---

tilêm, sarta Kiyai Mardawa sumêrêp bilih tamunipun dèrèng sagêd tilêm, dening angêmu sêdhih, mila Kiyai Mardawa ugi tumut ngênam-ênam sagêdipun tumuntên angsal katrangan, salêbêtipun anglaras-laras, Kiyai Mardawa èngêt bilih tangganipun nama Gita sampun sawatawis dintên katamuan tiyang, wangunipun nyalawados, katăndha awis mêdal, nanging Kiyai Mardawa sampun sumêrêp sêsipatanipun, mila Kiyai Mardawa lajêng tangi nyêlaki Mas Gunasaraya sarwi pitakèn, têmbungipun: Kangmas, durjananipun ingkang miruda punika namanipun sintên, saha sêsipatanipun kados punapa. Mas Gunasaraya mangsuli, jênênge: Suraculika, karan anak Pak Angkara, kulitane irêng, rambute brintik, pawakane dhepah, matane sêmu ngêlèng, sarta abang, irunge nyêprok, cangkême dongos, yèn lumaku egah-egah. Ing ngriku Kiyai Mardawa gadhah pangintên bilih tiyang ingkang kasêbut ing nginggil wau durjananipun, amargi sêsipatanipun angêplêki, lajêng bisik-bisik dhatêng Mas Gunasaraya, anyariyosakên sêsêrêpanipun wau. Garegah, Mas Gunasaraya lajêng tangi anêrangakên, sasampunipun têrang, lajêng angrêmbag kadospundi rekanipun sagêd ngatingal. Pinanggihipun pambudi, inggih namung ambèbèrakên anggènipun [anggènipu ...]

--- 18 ---

[... n] ambarang, supados lajêng mêdal aningali, sanalika upas tuwin bêkêl ingkang tumut lajêng dipun undang malêbêt ing griya, sarta lajêng dipun cariyosi kados cariyosipun Kiyai Mardawa wau, upas sarta bêkêl sêmu bingah.

Sarêng enjing, talèdhèk kapurih dandos, sarta upas inggih lajêng dandos cara badhut, wanci jam 9 enjing, lajêng kagêbyagakên wontên ing palataranipun Kiyai Mardawa, botên dangu brol lajêng kathah têtiyang ningali, badhutipun cucut sangêt, mila tansah gar-gêr sami anggêgujêng, dhasar talèdhèke swaranipun sae, arum, rênyah, warninipun cêkapan, pancèn sampun dipun pilih, ingkang ngêndhang Mas Gunasaraya piyambak. Sakawit tamunipun Kiyai Gita inggih botên mêdal-mêdal, sarêng tansah mirêng gujêngipun tiyang dening sumêrêp lêluconing badhut ingkang tansah anggujêngakên, tamunipun Kiyai Gita lajêng mêdal ningali, wah lajêng nyêlak ngegla wontên ngajêng. Mas Gunasaraya sakancanipun waspada anggènipun ningali, botên samar bilih ingkang ngegla wontên ngajêng wau: Suraculika ingkang dipun upadosi, lajêng kêjèp-kinêjepan, badhut ingkang tansah lêlucon botên sarănta lajêng anjangkah dhatêng Suraculika, sarwi anjambak rambutipun dipun ukêl,

--- 19 ---

Mas Gunasaraya lajêng malumpat nyêpêng tanganipun, bêkêl kêkalih inggih lajêng tumut ngrubut anyikêp. Suraculika budi sarosanipun, nanging botên sagêd uwal, awit dipun sakawani, lajêng dipun bănda sarta dipun usêr kalihan saka.

Kocapa têtiyang ningali, sarêng sumêrêp tandangipun para wiyaga anyêpêng Suraculika, lajêng sami bibar pating balêsar, sarta sami gumun, dening botên sumêrêp darunanipun, wusana sami jinatenan dening Kiyai Mardawa, lajêng sami sarèh, sawênèh sami wangsul ningali, sarta sami gumun ing kawasisanipun Mas Gunasaraya.

Ing nalika punika Mas Gunasaraya lajêng dandos ngangge rasukanipun sikêpan cêkak cêmêng, sarta mawi bênik lètêr W, upas lajêng mangangge sarta lajêng prasaja dhatêng Suraculika, bilih piyambakipun asistèn wadana ing Sidamulya, Suraculika botên mangsuli, namung andhêkukul pindha kêthèk tinalikung. Mas Gunasaraya sakancanipun lajêng mirantos kados satatanipun angirit pasakitan ingkang mutawatosi, sasampunipun rampung pangrakitipun lajêng pamitan dhatêng Kiyai Mardawa, sarta mêdharakên sangêt suka panarimanipun dhatêng Kiyai Mardawa sasemahipun, rumaos sampun dipun pitulungi kasusahanipun, dados [da ...]

--- 20 ---

[... dos] rumaos kêpotangan agêng dhatêng Kiyai Mardawa. Kiyai Mardawa mangsuli bilih sampun lêrêsipun, tiyang sêpuh karibêtan anak tumut biyantu, makatên ugi kosokwangsulipun, mênawi anak manggih susah dhatêng pundi purugipun, sampun saèstu nênangis dhatêng tiyang sêpuh, bêbasanipun wontên: anak molah bapa kêpradhah, punapa malih bab punika anggèn kula ambiyantu botên kalayan rêkaos, bêbasan kêtuju ngênu, dados dumunung wontên kabêgjanipun kangmas piyambak.

M.G. Iya bênêr, nanging kabêgjanku mau tumibane nganggo lankaran[5] saka pitulunganmu, wajibe ngaurip, kudu ngelingi lantarane, dene wujude lantaran iku limang prakara, siji lantaraning tumitah, liya iku bapa biyung. Loro lantaraning kanikmatan, kanikmatan kang nuwuhake wiji, wiji kang andadèkake kasênêngan, têgêse anak, iya iku maratuwa. Têlu lantaran kang madhangake ati, kang mintêrake, iya iku guru. Papat lantaran kang awèh kamulyan, kadrajatan, iya iku ratu utawa lêlurah kang wênang marentah. Lima lantaran kang bisa ngudhari apa kang dadi karibêtane, iku tumibane saka sanak sadulur kang asih.

Mungguh lantaran limang prakara mau wêwalêsane dhewe-dhewe [dhewe-dhe ...]

--- 21 ---

[... we] êtrape, kayata : wêwalêsane marang wong tuwa, kang luwih pêrlu iya iku bêkti, wêdi lan ngajèni.

Wêwalêsane marang maratuwa, mèh padha marang wong tuwane dhewe, kacèke malah wuwuh ngati-ati, catur basa sakêcap, laku satindak, kudu ngarah-arah, aja nganti gawe saksêrik: amarga yèn nganti gawe saksêrik: angèl pulihe.

Wêwalêsane marang guru, iya mèh kaya marang bapa biyung lan marang maratuwa, kacèke kudu tansah angelingi lan ngetokake piwulange.

Wêwalêsane marang ratu, iya iku sêtya lan rumêksa.

Wêwalêsane marang kang asih bisa ngudhari karibêtane, sabisa-bisa awèh bungah atine, lan ngetokake katrêsnane.

Kiyai Mardawa rumaos kaluhuran sabda, mila namung anglêrêsakên.

M.G. Wis, Mardawa, amburu cukup, aku lilanana mangkat saiki, mumpung esuk, mung anakmu Si Madyana lan Mardini bae tumuli têrna, iba bungahe bok ayumu.

K.M. Inggih, lajêng badhe kula sowanakên.

Mas Gunasaraya sakancanipun lajêng bidhal, ambêkta pasakitan [pasaki ...]

--- 22 ---

[... tan] Suraculika.

Kacariyos Mas Gunasaraya sakancanipun sampun dumugi ing griyanipun Sidamulya, pasakitan lajêng kaladosakên ing kabupatèn, kanthi papriksan tuwin prosès pêrbal dalah tăndha cihnanipun jangkêp.

Sapêngkêripun Mas Gunasaraya: Kiyai Mardawa lajêng tata-tata badhe ngêtêrakên anakipun dhatêng Sidamulya, tuwin mirantos angsal-angsal pamêdalipun ing dhusun, wos, jadah, jênang, wajik, tuwin karowodan warni-warni ngantos kalih pikul, sasampunipun mirantos lajêng bidhal.

Botên kacariyos ing margi, Kiyai Mardawa saanakipun kalih sampun dumugi ing Sidamulya, kapanggih kalihan Mas Gunasaraya, dipun tampèni kalayan suka bingahing manah, sasampunipun binagèkakên, lajêng dipun sugata wedang panganan tuwin nêdha kalayan sae.

Mas Gunasaraya lajêng wicantên dhatêng Jaka Madyana, têmbungipun: Madyana, besuk Sênèn kowe dak lêbokake sakolah,[6] nanging wong sakolah iku kang rêsikan, [rêsi ...]

--- 23 ---

[... kan,] kang srêgêp, lan kang tabêri, yèn tangi kang esuk, jam lima wus tangi, banjur adus sabunan, untune disikak[7] kang rêsik, banjur dandan kang bêcik, sabake dikumbah kang rêsik, digosok nganggo arêng, gripe dilancipi, bandur[8] sarapan, yèn sarapan sêga bae karo dhèndhèng, nanging yèn mangan aja akèh-akèh mundhak wêtênge cêgèh, jam 7 mangkat, kang kapara esuk aja nganti kawanên, yèn kèri mundhak dirès. Wis ngêrti diêrès: Madyana. Dèrèng. Dirès mono dikon ngadêg ana ngarêp bor, lan disunggèni sabak nganti sapuluh, ditumpuk ora kêna nolah-nolih, nganti sabubare sakolah, dene kang dirès mêngkono mau iya iku bocah kang nakal, nakal mono: siji dhêmên gojèg, loro dhêmên kêrêngan, têlu kêsèd, dhêmên dolan, papat kurang ajar, mulane yèn kowe wus sakolah, aja sok gojèg, aja dhêmên kêrêngan, aja dhêmên dolan, sing ngalahan, sing lêmbah manah, lêmbah manah mono ngajèni marang gurune, ngajèni marang wong tuwa, kajaba iku aja sok mangan kêkêcut, pêpêdhês, lan amis-amis, mundhak kêrêp lara wêtênge, yèn kêrêp lara ora bisa malêbu sakolah, banjur bodho, yèn bodho ora bisa dadi priyayi. Lan aja dhêmên dolan ana ing lurung gêdhe, [gê ...]

--- 24 ---

[... dhe,] mundhak kêtunjang kareta, utawa grobag, aja sok dhêmên dolan ing pinggir kali, mundhak kêcêmplung.

Kiyai Mardawa nyambêti, Madyana, didhawuhi siwa, dirungokake lan dièstokake, siwa iku: kêrêng, yèn kowe ora ngestokake dirangkèt.

M.G. Wis turua: Madyana, wis wêngi, sesuk tukua sabak karo grip. Madyana lajêng mapan tilêm.

K.M. Kangmas, kula namung nyumanggakakên putra sampeyan, pangèsthi kula ing têmbe namung sagêda utami kados panjênênganipun kangmas.

M.G. Mardawa, mungguh utamaning wong urip iku kapriye.

M.K. Mênggah saking pamanggih kula ingkang winastan utami punika, inggih tiyang ingkang sugih, singgih.

M.G. Iya bênêr, kaya panêmumu iku, têgêse: wong kang kadrajatan: sugih dhuwit.

K.M. Inggih.

M.G. Kautaman kaya karêpmu mau: ganêpe malah limang prakara, siji, kawiryan, têgêse: kadrajatan, loro, kaartan, têgêse: kasugihan, têlu, kagunan, têgêse: kapintêran, papat, kabrayan, têgêse: drêman anak, lima, kayuswan,

--- 25 ---

têgêse: dawa ngumure. Limang prakara iku yèn panêmuku dudu kautamaning wong urip, iya iku kang diarani olèh swarga dunya, utawa swarga lair, dene kautaman iku, yèn panêmuku pambêkan. Ambêk utama iku panêmuku mêngkene, siji, ambêk wêlasan, marang sapadhaning tumitah, loro, nariman, têlu, rahayu.

Têgêse: wêlasan, iku dhêmên têtulung marang wong kang lagi nandhang papa sangsara.

Têgêse: nariman, iya iku ora duwe pangarah marang apa kang dudu bênêre.

Têgêse: rahayu, iku wong kang suci atine, lumuh marang panggawe ala. Yèn pambêkan têlung prakara mau: ngalumpuk dadi siji, kêna sinêbut utama, nanging kang mêngkono mau angèl pangancase, dadi wong kang nêmu swarga limang prakara mau durung kêna sinêbut utama amarga isih akèh sambekalane, barêng wong kang wis bisa nglakoni têlung prakara, wêlasan, nariman, rahayu, mêsthi adoh sambekalane. Aku iki bisa kăndha, nanging durung bisa nglakoni.

K.M. Wah inggih kasinggihan dhawuhipun kangmas, gangsal bab ing nginggil wau: malah saya kathah rêncananipun, sisip [sisi ...]

--- 26 ---

[... p] sêmbiripun sagêd dhawah sangsara, wangsul mênawi sagêd anglampahi ingkang kados pangandikanipun kangmas tigang bab wau, sampun saèstu têntrêm gêsangipun.

M.G. Utawa: iya iku kang diarani olèh swarga batin, dadi mungguh wong kang kaya aku iki durung apa-apa, swarga lair ora, swarga batin: ora, rak iya mêngkono ta Mardawa.

K.M. Inggih, nanging katimbang kula kangmas, taksih swarga kangmas, wangsul kula, botên sugih, botên pamanggih, namung sawêg sugih anak, raosipun dhatêng manah kados kiyamat sabên dintên, wangsul tiyang botên gadhah anak, dhatêng pamanahan ènthèng.

M.G. Mardawa, yèn dipikir têmênan aku karo kowe rak sênêng kowe, iya bênêr aku iki wus singgih, nanging ora sugih, wah kagawa saka ênggonku singgih, sabên dina pikiranku tikêl satus tinimbang karo kowe, tansah kumitir tarataban bae, apadene yèn dak gagas ênggonku ora duwe anak, atiku saya kêkês, awit pagaweanku iki yèn katrima, besuk tuwane olèh pansiun, yèn ora katrima dipocot, dhasar wus tuwa: dipocot, ora duwe anak, banjur kapriye polahe, rak dadi gêguyon têmênan, [têmê ...]

--- 27 ---

[... nan,] barêng kowe sanadyan ora duwe, nanging sugih anak, pamburine isih duwe pangarêp-arêp.

Kowe dak dongèngi Mardawa, aku duwe pamitran loro, kang siji dadi asistèn wadana, sijine dadi mantri gudhang kopi, kang dadi asistèn wadana mau anake sapuluh, kang lanang pitu, kang wadon têlu, wah malarat bangêt. Kang dadi mantri gudhang mau sugih bangêt, nanging ora duwe anak. Dene asistèn wadana mau sanadyan malarat, marang anak mardi bangêt, lanang wadon kabèh padha disakolahake, barêng wus tuwa, asistèn mau dipènsiun f 25, nanging anak-anake wus padha dadi priyayi kabèh, ana kang dadi kolèktur, ana kang dadi wadana, ana kang dadi asistèn wadana, cilik-cilike dadi mantri kabupatèn, lan kabèh padha ambalănja marang wong tuwane, wusana asistèn mau tuwane nêmu kamulyan, saiki isih slamêt, iku wujude wong sugih anak, dhèk isih cilik-cilik iya dadi ati dadi pikiran, dhasar wong ora duwe, kaya apa ribêde, nanging barêng wus padha tuwa, nyuwargakake wong tuwa, janji dipardi marang kapintêran. Kosokbaline: yèn ora dipardi, anak akèh bodho-bodho, ora bisa nyuwargakake malah narakakake sajêge.

--- 28 ---

Ambalèni mantri gudhang kang sugih ora duwe anak mau, dhèk nalika isih dadi mantri, wah omahe sasat dalêm pangeran, karetane loro, rakitane Sidni papat, rêga f 3000, jarane tunggangan papat, siji rêga f 1000, kang sathithik dhewe rêga f 500, sêlire papat, diomahake dhewe-dhewe, miranti kabèh, gamêlane rong rancak, pelog salendro, diênggêng bae ana ing pandhapa, sabên dina kalênengan, yèn Ngahad nayuban, royal minum, nyêrèt, sêrète sadina saringgit. Wusana dipocot, awit kêluputan, nanging royale saya mêmpêng, awit ngèlingi ora duwe anak, antara limang taun karo ênggone dipocot mau, wus katon malarat, mung kari omah bae, barêng antara rong taun manèh, omahe wus êntèk diêdoli, cêkake nganti dadi malarat bangêt, bêbasan mangan bae ora bisa, wah wus tuwa, pangungsènane marang panggonane asistèn pansiun mau, awit dhèk nalika sugih kêrêp dijaluki tulung marang asistèn mau, saiki mantri gudhang mau uga isih urip.

Lêlakone priyayi loro mau: kêna ginawe pangilon, bab wong kang sugih anak lan kang ora duwe anak, [a ...]

--- 29 ---

[... nak,] mulane yèn aku ngèlingi ênggonku ora duwe tuwuh: kêkês bangêt.

Dene kowe Mardawa: Aja sumêlang pikirmu, sanadyan malarat sugih anak, anggêre slamêt, lan padha kopardi marang kapintêran, ing têmbe mêsthi bisa ambungahake atimu, kaya asistèn wadana mau, saiki janji wong kapengin.

K.M. Inggih, kasinggihan dhawuhipun kangmas, namung nyuwun pangèstu kemawon. Mangsuli bab anggènipun kangmas dèrèng nuwuhakên, saupami dipun budi kadospundi, amargi bok ayu taksih anèm.

M.G. Pambudine kapriye, upama dhukun, sajatine dhukun-dhukun iku aku ora ngandêl, ewadene aku uga wus kêrêp madhukun, saka ênggonku nuruti panjaluke bok ayumu, nanging iya tanpa wusana.

K.M. Sayêktosipun dhukun jaman sapunika kathah ingkang anggadêbus, namung saking kêsèdipun nyambut damêl, lajêng reka-reka awas, reka-reka sagêd nyukani sarat sarana, malah wontên ingkang dados palawangan, ngumukakên kasagêdanipun. Watêkipun băngsa Jawi, dhatêng gugon tuhon taksih kandêl sangêt, dhasar ingkang dados palawangan sagêd gêlaripun, sakêdhap kemawon lajêng

--- 30 ---

kumêbul sami dhatêng nêdha sarana, sarèhning tiyang kathah, saèstunipun inggih wontên ingkang kalêrêsan kadumugèn kajêngipun, ingkang kadumugèn kajêngipun wau inggih saya pitados, lajêng martos-martosakên dhatêng sanak sadhèrèk tăngga tapalih.

M.G. Iya wong pêthekan, mêsthine mung iya karo ora, upama wong mêtêng, nganti wong lima nênêm padha mêthèkake, mêsthine ana kang kêpêthèk, kang kêpêthèk mau kêgawa saka bodhone banjur ngarani awas.

K.M. Inggih makatên, dene ingkang kula aturakên dipun budi wau: botên saking andhukunakên, mênawi bab dhukun kula sampun andhèrèk kados dhawahipun kangmas, pancèn botên pitados. Namung wontên pamanggih dhusun ingkang ragi gathuk kalihan nalaripun, utawi sampun asring wontên katatalanipun, ingkang kula aturakên gathuk kalihan nalaripun wau makatên: kangmas, kodrating Pangeran punika makatên, tiyanga, kewana, utawi wit-witana: tamtu sami nuwuhakên, anggènipun botên sagêd nuwuhakên tamtu saking wontên sababipun, upami kêkajêngan, anggènipun botên sagêd tuwuh punika, inggih kabêkta saking kirang kopèn, utawi kenging ama, mênawi dipun opèni, punapadene kabucalan [ka ...]

--- 31 ---

[... bucalan] amanipun, sampun saèstu sagêd tuwuh, sanadyan tiyang kados inggih makatên.

M.G. Ayake iya mêngkono, bênêr panêmumu iku, pasaksène mêngkene, tanduraning para tuwan, kaya ta: têbu, tom, bako, utawa liya-liyane, yèn tanduraning para tuwan kabudidayan, kajaba lêmu-lêmu sarta wohe andadi: rasane iya luwih enak, awit kopèn bangêt. Barêng tandurane wong Jawa, barêng cêblok wus ora dipikir, pangopène mung sakênane bae, mulane wêtune iya ora sapiraa. Kang mêngkono mau tumrap têtanduran, barêng manungsa pangopène kapriye: Mardawa.

K.M. Mênawi pamanggih dhusun, sababipun tiyang ingka[9] botên gadhah tuwuh, punika saupami siti inggih siti cêngkar, botên êloh, dene pangopènipun makatên: kêkalihipun jalêr èstri, sasagêd-sagêd kêdah ngupakara badanipun, saha nata têdhanipun, awit pangupakaraning badan punika minăngka siramipun, têtêdhan punika minăngka lêmènipun, dene pangupakaraning badan makatên: upami kangmas tuwin bok ayu sabên dintên panggalihipun kêdah dipun yêm-yêm, inggih punika kêdah nyênyuda hawa napsu, kêdah sarwa sarèh sampun ngantos kagetan [kageta ...]

--- 32 ---

[... n] botên kenging ngăngsa-ăngsa, sabên enjing kêdah siram grujug.

Dene panatanipun dhahar makatên: Botên kenging dhahar ingkang sarwa bêntèr, kêdah dipun asrêpakên rumiyin, botên kenging dhahar sarwa pêdhês, sarwa kêcut, sarwa amis, langkung malih mênawi dipun carub, inggih punika mêntas dhahar amis-amis, upami balur, ulam loh sasaminipun, lajêng dhahar jêram, blimbing, manggis sapanunggilanipun wowohan ingkang kêcut, botên kenging, amargi woring têtêdhan kalih warni wau hawanipun sagêd ngrêndhêtakên lampahing êrah, utawi asring dados gêrah padharan.

Utawi malih sabên dintên bok ayu kêdah wêwêjah, inggih punika ngunjuk jampi ingkang asrêp-asrêp, oyod-oyodan, utawi gêgodhongan ingkang gadhah daya asrêp, dhukun sampun mangrêtos pados wêjahan.

Mênawi sagêd anglampahi makatên, adatipun botên ngantos tigang wulan lajêng wontên.

M.G. Gumujêng sarta wicantên: Ayake iya, Mardawa, amarga kandhamu mau mungguhing nalar mèmpêr kabèh, akèh èmpêre karo wêwarah kadhoktêran, nanging barêng bok ayumu wus tuwa, wong wus ngumur patang puluh, ayake wus mupus, ora liwat mung ngêmpèk kowe bae,

--- 33 ---

anak-anakmu dak puji padha kaslamêtana, lan kadrajadana, kênaa dingèngèri wong tuwa. Kiyai Mardawa kêtuju manahipun, aturipun: nuwun, pangandikanipun kangmas sagêda kabul.

M.G. Wus wêngi Mardawa, wus jam 2 turua. Bêgog[10] kamar pandhapa tatanana paturon.

B. Inggih.

M.G. Wis ngasoa Mardawa.

K.M. Inggih. Lajêng sami mapan tilêm. Dalunipun malih, Mas Gunasaraya ginêman malih kalihan Kiyai Mardawa.

M.G. Mardawa, yèn slamêt sarta Gusti Allah anêmbadani, anakmu Si Madyana iku yèn mêtu saka sakolah, bakal dak suwitakake ing panjênêngane Radèn Tumênggung Kartipraja, bupati ing Madyapura, amarga Radèn Tumênggung Kartipraja iku pamulange marang bocah mardi bangêt, mulane bocah kang suwita marang panjênêngane akèh kang padha dadi, awit saka sugih têpa tuladha, sabab jumênênge bupati jalaran saka asli cilik: tur saka nandhang sangsara, dadi lêlakon kang nistha madya utama wus diuningani babèh.[11]

K.M. Inggih nyumanggakakên, punapa sakarsanipun kangmas [kang ...]

--- 34 ---

[... mas] kula namung andhèrèk. Mangsuli Radèn Tumênggung Kartipraja wau: Kangmas, anggènipun jumênêng bupati punika punapa botên kabêkta pancèn saking kodratipun, amargi kacariyos, wontêning manungsa punika: andhap inggil, agêng alit, sugih miskin sampun kodratipun piyambak-piyambak, manungsa namung sadarmi nglampahi, dipun iradatana kadospunapa, tamtu botên sagêd malèsèt kalihan kodratipun.

M.G. Gumujêng sarta wicantên: Mungguh garbane iya mêngkono, dene têmbung garban mau têgêse: ringkêsan, durung diulur dawa, yèn dipikir sarta digagapi kang salêsih, mêsthi bisa sumurup dêlêsing kodrat lan iradat, utawa dhasar lan ajar, kodrat padha dhasar, iradat padha ajar, dadi kodrat iradat mau: mungguh panêmuku mêngkene, loro-lorone kudu tunggal, ora bisa pisah, jaba jêro lair batin, kodrat iku batin, iradat iku lair, lire batin lan lair mêngkene, upama kowe duwe cipta, anakku Si Madyana iki dak puji besuk bisaa dadi priyayi, ciptamu mêngkono mau dak upamakake kodrat, nanging pamujimu mêngkono mau anakmu mung karo kokêloni bae, ora banjur kosêkolahake, lan ora [o ...]

--- 35 ---

[... ra] komagangake, kapriye ênggone bisa kalakon dadi priyayi, wong kodrate ciptamu banjur konêngake bae ora koiradati.

Pasaksèn kang kaping pindho, kodrating watu iku atos, manungsa wêruh yèn watu iku atos, wus mêsthi duwe daya pêngkuh utawa santosa, upama digawe umpak mêsthi pêng-pêngan bangêt, nanging bisa dadi umpak kudu diiradati dhisik, amurih sêdhêngan gêdhe cilike lan patute sinawang, banjur diwangun, dadi dhapur pasagi utawa tajug, yèn wis mêngkono lagi kêna ginawe umpak, nanging mungguh ora diwangun utawa didandani, apa kêna dianggo, wis mêsthi ora.

Pasaksèn kang kaping têlu, upama daging sapi, iku kodrating iwak, nanging banjur konêngake bae ora koolah apa-apa, apa kêna ginawe lawuh mangan, wus mêsthi ora, malah suwe-suwe dadi bosok angênêk-ênêki ati, sanadyan tempe, nanging diolah kang bêcik, mêsthi bisa dadi rampadan, nanging kodrating tempe: iya ora bisa dadi daging.

Pasaksèn kang kaping papat, upama intên, nanging ora diêmbani, apa kêna dianggo, sanadyan yakut, nanging diêmbani kang bêcik, amêsthi kêna dianggo, nanging yakut,

--- 36 ---

dikapakêna iya ora bisa malih dadi barliyan.

Pasaksèn kang kaping lima, upama wong ayu bangêt, nanging ana ing dalan wuda bae, kapriye, malah ora ana wong kang wani nyêdhak, amarga diarani wong edan.

Dadi mungguh panêmuku mêngkene Mardawa, kang ingaranan kodrat mau: ringkêse wujud kang kapisan, diarani gaweane Gusti Allah, iya kodrating Allah. Iradat iku wujud kang kaping pindho, utawa kaping têlu kaping papat, iya iku saka pakartining manungsa, amarga manungsa kadunungan budi sampurna, lan wênang ngowahi kodrating Pangeran, kodrating Pangeran sadurunge diowahi manungsa, akèh kang ora kêna dianggo manungsa, dadi kêna ingaranan: Gusti Allah iku waskitha, manungsa iku wicaksana, lire mêngkene: Gusti Allah ênggone ngodratake kaanan isining jagad iki, iya iku kang gumrêmêt, kang rumangkang, kang kumlêndhang, kang kumlawêr, kang gumrêbêg, kang kumrincing, kang mancorong, kang umancur, kabèh mau sajake mung nyadhiyani manungsa, nanging Gusti Allah mung kèndêl bae, ora andhawuhake, yèn wujud kang kaya mêngkono iku jênênge anu, dayane mêngkene, kanggone mêngkene, rasane lêgi utawa sêpêt ora, dadi mung kaya cangkrimap[12] bae, ewadene manungsa wêruh kabèh, [ka ...]

--- 37 ---

[... bèh,] bisa anjênêngake kabèh, mangêrti karêpe kabèh, wusana akèh kang maedahi marang manungsa, mulane Gusti Allah dak-arani waskitha, dene nguningani kang dadi butuhing manungsa. Manungsa dak-arani wicaksana, dene apa kang dianakake Gusti Allah, sanadyan ora mawa andhawuhake pêrlune, kanggone, dayane, rasane, manungsa wus mangêrti kabèh, dadi kosokbaline kang diarani kodrat iku, dumunung ana kawaskithaning Gusti Allah, manungsa ora bisa anggayuh, kang diarani iradat iku dumunung ana kawicaksananing manungsa, Gusti Allah ora nguningani.

K.M. Dados sok makatêna kangmas, manungsa botên pêrlu ngrêmbag kodrat, amargi dede bêbahanipun, wajibing manungsa punapa ingkang dipun sêdya namung kêdah tumindak kalihan iradat, utawi ihtiyar, tanpa ihtiyar botên dumugi ingkang sinêdya.

M.G. Iya mêngkono, cêkake manungsa mung kudu budidaya, iya mêsu dayaning budi, ora kêna sumendhe ing kodrat, anarima ing pêpasthèn, wong kang duwe tekad sumendhe anarima, iku wong bodho, uripe prasasat kewan, iya kewan iku jênênge kang mung nglakoni kodrat, mangane, turune, tanpa ditata, [dita ...]

--- 38 ---

[... ta,] mung sakênane bae, yèn turu mung anggêr kêwêngèn, banjur ambruk saênggon-ênggone, yèn mangan, sakêtêmune, banjur dicocok diiras bae, amarga sato kewan iku ora kadunungan budi wicaksana, dadi mung nindakake apa kodrate bae, mulane kaanane dadi asor tinimbang manungsa, awit mung nglakoni kodrat, ora duwe ihtiyar, manungsa kang diarani bodho bangêt, tinimbang karo kewan kang pintêr, isih pintêr manungsa, awit isih nglakokake ihtiyar.

K.M. La inggih kangmas, Gusti Allah punika, sababipun punapa, manungsa kalihan kewan têka kadamêl beda.

M.G. Mardawa, iya bênêr pitakonmu iku, nanging bab kawruh iku pangrêmbuge ana ing dalêm kawruh khakhekat, barêng kang digunêm mau golongan kawruh sarengat, iya besuk takokna marang kang ngêrti kawruh khakhekat, yèn aku durung anggayuh.

Mardawa wangune iki wus wêngi, tandhane wus karasa adhêm, ngasoa Mardawa.

K.M. Inggih.

Enjingipun Kiyai Mardawa pamitan badhe mantuk, têmbungipun: Kangmas, sarèhning sampun dumugi anggèn kula sowan ing ngarsanipun kangmas, kula nyuwun pamit badhe mantuk,

--- 39 ---

botên langkung kula namung nyumanggakakên putra sampeyan kêkalih.

M.G. Iya kang eklas bae, sok kêrêp tilikana.

K.M. Inggih, sampun kangmas kula kalilan: nyuwun pangèstu.

M.G. Iya nyangoni slamêt.

K.M. Inggih, nuwun.

Kacariyos sapêngkêripun Kiyai Mardawa, botên watawis dangu Jaka Madyana lajêng kalêbêtakên sakolah, mênawi dalu kawulang ngaji tuwin sêmbahyang, sawawratipun lare dhusun Jaka Madyana kalêbêt lantip, sarta majêng, anggènipun ngaji sawêg sataun, sampun katam Kuran kaping tiga, dhasar dipun pardi sangêt dhatêng Mas Gunasaraya, pangrêngkuhipun dhatêng Jaka Madyana sampun kados anakipun piyambak, manawi enjing: jam 5, sampun dipun gugah, lajêng dipun ajak malampah-malampah, sarta dipun ajak ginêman ingkang sae-sae tumrapipun dhatêng lare, jam 6 kapurih adus, lajêng dandan, lajêng kapurih sarapan: sêkul kalihan ulam dhèndhèng, wedang tèh sacangkir, lajêng kapurih mangkat sakolah, botên dipun sangoni arta, amargi mindhak kadamêl jajan têtêdhan ingkang botên migunani, utawi mindhak kadamêl dolanan ingkang mawi

--- 40 ---

toh arta, saantukipun saking sakolah lajêng kapurih nêdha, ulamipun namung warni satunggal, saupami kalihan dhèndhèng inggih namung dhèndhèng kemawon, mênawi kalihan ulam têrik, inggih ulam têrik kemawon, dêstun namung kalihan jangan, utawi duduh-duduhan, nanging ingkang botên pêdhês utawi amis, ulam bandêng, balur, urang sapanunggilanipun ingkang amis botên suka. Nêdha wowohan pêlêm, blimbing, manggis, langsêp sapanunggilanipun ingkang kêcut botên suka, punapadene sêmăngka, timun, krai, bêsusu tuwin pala kêpêndhêm pala kêsimpar botên suka sadaya, kajawi namung pisang satunggal, punika mênawi sampun bibar nêdha. Saya malih pêpêdhês, sambêl, pêcêl, rujak, lotis, dipun cêgah sangêt, punapa malih botên kenging mal-mil, nênêdha sapurun-purunipun, kêdah mawi măngsa, inggih punika sasampunipun nêdha siyang, sampun botên kenging nêdha punapa-punapa. Botên kenging ngombe toya tawa, utawi sampun dipun cawisi wedang jong rahap, wedang jong rahap punika dayanipun sae sangêt, dhatêng wêtêng lêga, dhatêng uyuh bancar, dhatêng napas landhung, kengingipun nêdha panganan mênawi sampun jam 5 sontên, inggih punika mênawi sampun jam 5 sontên namung dipun sukani wedang tèh sacangkir, kalihan panganan mari: kalih, utawi [u ...]

--- 41 ---

[... tawi] roti sairis, jam 6 sontên lajêng ngaji, jam 8 bibar, lajêng kapurih nêdha, jam 9 kapurih tilêm, jam 5 enjing dipun gugah kados ingkang kasêbut nginggil, pangajaran ingkang makatên wau dipun ajêgakên sangêt, kadadosanipun Jaka Madyana badanipun kasarasan sarta lêma, guwayanipun sae, wah lagang enggal agêng, èngêtanipun gathekan. Mila para ingkang kagungan putra, pamardinipun amirita Mas Gunasaraya wau, prayogi sangêt.

Kacariyos anggènipun sakolah Jaka Madyana sampun kawan taun, lajêng mêdal kalayan angsal tăndha: tamat bêlajar.

Nalika samantên Jaka Madyana sampun ngumur 16 taun, lajêng dipun têtakakên, pangrêngganipun ragi agêng, nalika midadarèni mawi maos prajanji, dhikir maulud, anggènipun andhatêngakên santri ngantos 40, Jaka Madyana dipun anggèn-anggèni cara kaji, wanci jam 7 sontên, Jaka Madyana dipun arak mawi trêbang, dilahipun lilin 40, kaubêngakên salêbêting dhusun Sidamulya, jam 8 wangsul ing pandhapa, lajêng maos Kuran (kataman) sabibaripun maos Kuran, lajêng dhikir maulud, enjingipun bibar rès lajêng topengan, tamunipun [tamuni ...]

--- 42 ---

[... pun] priyantun kathah, wadana mangandhap, pandhapanipun ngantos kêbak, lêlangênipun kajawi wayangan, mawi kasukan warni-warni, enjingipun bibar, wilujêng botên kirang satunggal punapa.

Sabibaripun damêl, waragadipun kapetang têlas f 400, nanging waragad samantên wau angnnènipun[13] nyambut sadaya, tur mawi anyarêmi, gangsalwêlasan, dados petangipun têlas f 600, wêkasan andadosakên rêkaosipun Mas Gunasaraya, dening gadhah sambutan samantên, dados balanjanipun sabên wulan kalong f 40, kadamêl nicil, nalika samantên balanjanipun asistèn wadana pangkat I sawulan f 100, dados ing dalêm 15 wulan balanjanipun sabên wulan kantun tampi f 60, tujunipun Mas Gunasaraya prayitna, salêbêtipun gangsalwêlas wulan, bêtahipun punapa-punapa kasuda, pikajêngipun punapa-punapa ingkang badhe mawi ngêdalakên waragad, dipun ampêt kemawon, wusana dumuginipun 15 wulan, sambutanipun sampun pundhat, balanjanipun sampun wêtah f 100, tujunipun èngêt, anua rak rèwèl, upami botên èngêt nata kabêtahanipun, punapa pikajêngipun taksih dipun umbar kados ingkang sampun, saèstu sambutanipun saya kathah. Awit saking punika Mas Gunasaraya kados [kado ...]

--- 43 ---

[... s] angsal piwulang, sabên wulan balanjanipun ingkang dipun angge bêtah namung f 60, ingkang f 40 lajêng dipun cèlèngi wontên kantor bang, dados lajêng wiwit gêmi wiwit ngatos-atos, sarêng dumugi 4 taun, dipun petang sampun gadhah celengan f 1520, Mas Gunasaraya saweg mangrêtos dayanipun tiyang ngatos-atos tuwin gêmi, pancèn agêng paedahipun. Mila sabên kêmpalan kapala dhusun tansah kawulangakên, supados gêmi tuwin supados ngatos-atos, sampun ngantos rêmên ambucal arta ingkang ambêborosi, mênawi gadhah damêl mantu nêtakakên sampun ngantos dipun aya-aya, kamanaha sapêrlunipun kemawon, sampun buru alêman, amargi mênawi sampun kalajêng rêkaosipun kasanggi piyambak, ingkang sami ngalêmbèr, ambalêdag botên tumut punapa-punapa, malah lajêng nacad punika nyata, malah saangsal-angsal para bêkêl sakancanipun dipun pardi nyèlèngi, dipun pratikêlakên patrapipun nyèlèngi sarta paedahipun dipun gêlar sadaya, lêlampahanipun piyambak nalika mêntas gadhah damêl salajêngipun dumugi lajêng nyèlèngi arta ngantos angsal f 1520, dipun cariyosakên sadaya, mila wantos-wantos sangêt, para kancanipun kapala sapangandhap supados sami gêmi ngatos-atos dhatêng wêdaling arta, kapetanga [ka ...]

--- 44 ---

[... petanga] kalihan pamêdalipun, sampun ngantos nyorok, amargi mênawi panganggenipun arta ngantos nyorok kalihan pamêdalipun: punika angèl pulihipun, ingkang tamtu lajêng nyambut, nyambut punika mawi sarêman, saya dangu saya rêkaos, wêkasan sangsara gêsangipun.

 


ingkang. (kembali)
liwat. (kembali)
andhap. (kembali)
lêluhuripun. (kembali)
lantaran. (kembali)
§ Nanging namung sakolahan Jawi ăngka II, jaman 20 taun sapriki, lare dipun sakolahakên Jawi ăngka II, sampun kalêbêt pêng-pêngan, bapakipun sampun bingah sangêt. (kembali)
disikat. (kembali)
banjur. (kembali)
ingkang. (kembali)
10 § Bêgog punika panakawan. (kembali)
11 kabèh. (kembali)
12 cangkriman. (kembali)
13 anggènipun. (kembali)