Trilaksita, Mangunwijaya, 1916, #1171 (Hlm. 044–089)

Judul
Sambungan
1. Trilaksita, Mangunwijaya, 1916, #1171 (Hlm. 001–044). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
2. Trilaksita, Mangunwijaya, 1916, #1171 (Hlm. 044–089). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
3. Trilaksita, Mangunwijaya, 1916, #1171 (Hlm. 090–133). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
4. Trilaksita, Mangunwijaya, 1916, #1171 (Hlm. 133–181). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
Citra
Terakhir diubah: 16-07-2020

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Nalika samantên Jaka Madyana dèrèng kamagangakên, lajêng kapurih ngrencangi padamêlan ing asistenan, watawis sataun Jaka Madyana sampun sagêd nindakakên padamêlan sêrat-sêrat ing asistenan, kados sêrat papriksan rol, papriksan landrad, prosès pêrbal, tuwin sêrat-sêrat ingkang katur kawadanan sapanunggilanipun sampun mangrêtos sadaya, Mas Gunasaraya kantun tèkên kemawon, andadosakên kamayaranipun Mas Gunasaraya, dhasar kala samantên asistèn wadana dèrèng angsal carik, mila Mas Gunasaraya dhatêng Jaka Madyana saya kasok trêsnanipun.

Kacariyos, Jaka Madyana anggènipun nindakakên padamêlan ngantos tigang taun, wilujêng botên nguciwani. Mas Gunasaraya lajêng minggah dados wadana wontên ing dhistrik Sidaarja, taksih tumut Kabupatèn Ngargapura.

Sarêng anggènipun dados wadana Mas Gunasaraya sampun watawis satêngah taun, Jaka Madyana matur dhatêng ingkang rama wub

--- 45 ---

magang, aturipun: bapak, sarèhning panjênêngan sampun jumênêng wadana, sampun angsal carik, dados bab sêsêratan sampun wontên ingkang majibi, kula nyuwun magang.

M.G. Thole: Madyana, sadurunge kowe duwe panjaluk mêngkono: wus dak pikir, kowe bakal dak suwitakake Radèn Tumênggung Kartipraja, ing Madyanapura, nanging saka karêpku kowe arêp dak rabèkake dhisik, yèn kowe wus duwe bojo banjur dak sebakake karo bojomu pisan, supayane bèn têntrêm atimu: ora royal.

Jaka Madyana kèndêl kemawon, pancènipun Jaka Madyana inggih dèrèng purun rabi, nanging ajrih maoni.

Ing satunggiling dintên Mas Wadana Gunasaraya rêmbagan kalihan garwanipun, têmbungipun: ibune, saka karêpku Si Madyana arêp dak magangake, nanging arêp dak rabèkake dhisik.

R.ng.W. Ajêng dimagangake têng pundi.

M.W.G. Arêp dak dhèrèkake Radèn Tumênggung Kartipraja.

R.ng.W. Madyana niku êmpun umur pintên.

M.W.G. Wis umur 20 taun.

R.ng.W. Sawêg umur samontên mawon têka êmpun kêsêsa ajêng dirabèkake, bok ênggih dimagangake mawon [ma ...]

--- 46 ---

[... won] kriyin, yèn êmpun dados priyayi măngsa kiranga bojo. Ana kasèpe sathithik wong bocah lanang rak ya ora saru.

M.W.G. Iya bênêr saka panêmumu iku, nanging mêngkene ibune, kodrate manungsa iku anggêr wis akir balèg utawa wus diwasa, yèn bocah lanang iya wus kasêngsêm marang wong wadon, yèn bocah wadon iya kasêngsêm marang wong lanang, upama kêmbang: yèn wus mangsane arêp mêgar, măngsa kênaa ditrekah, wus mêsthi banjur mêgar, sarèhning wus mêsthi mêngkono, mulane kudu dipikir, mêgare mau aja kongsi wigar, dadi tumrape bocah kang wus akir balèg iya kudu tumuli digolèkake jodho kang prayoga, aja nganti anggolèk dhewe sacandhak-candhake, yèn kêbanjur ambalunthah royal: ora bêcik dadine, pamburine gawe susahe wong tuwa, amarga wus akèh kêtatalane, iya iku anake mas asistèn kagêlan, anake lanang bagus pintêr, wus ngumur 20 taun, sadurunge magang dipundhut mas patih ing kacuwan, arêp didhaupake karo putrane wadon, rupane ayu, lagi ngumur 16 taun, mas asistèn kagêlan ora ngaturake, awit duwe panêmu kaya panêmumu mau, liyane mas patih iya akèh priyayi

--- 47 ---

kang arêp ngêpèk mantu, nanging mas asistèn iya ora awèh. Enggale bocah mau banjur dimagangake marang Batawi, dipondhokake ana ing ngomahe têpungane, dadi upas wadana, upas mau duwe anak wadon lanjar, rupane ora pati ayu, dadi anake mas asistèn mau ana ing kono diladèni anake upas kang lanjar mau, suwe-suwe banjur dhêmênan karo bok lanjar mau, nganti mêtêng, barêng wus mêtêng, banjur diningkah, dene saiki bocah mau wus dadi mantri kabupatèn, bojone lêstari, malah anake wus têlu. Kang mêngkono iku ibune, saiba gêlane wong tuwane. Liyane iku akèh bae bocah lanang kang banjur rabi sacandhake, utawa banjur ambalunthah dhêmênan karo wong ala, wêkasan kêna lara wadon, nganti dadi sangsarane, dening ora diprênahake sadurunge.

R.ng.W. ênggih niku pancèn lare botên nalar, mung kêsêsa ngumbar hawane, dene tuwan kontrolir nika êmpun yuswa 40 taun dèrèng krama, anggundhik mawon botên, kok ênggih botên barang-barang, tiyang Jawi kalih Landi napa kodrate beda.

M.W.G. Kok anèh kowe iku ibune, băngsa tuwan mono beda karo wong Jawa.

--- 48 ---

R.ng.W. Bedane napa tiyang sami tiyang.

M.W.G. Bedane saka pangajaran, saya para kontrolir sakolahe dhuwur, dadi nalare akèh, bisa nayuti hawa napsune, barêng wong Jawa dhuwur-dhuwure sakolah bayaran satali, mêsthi kawruhe nyamut-nyamut yèn kotimbang karo băngsa tuwan.

R.ng.W. Yèn êmpun dados karsa sampeyan Si Madyana dirabèkake saniki kula ênggih andhèrèk, napa êmpun angsal congcongan: ta.

M.W.G. Barèse wus dak têmbungake anake dhi asistèn Sidaarja, jênênge Si Supèni, rupane ayu, umure lagi 16 taun, kowe rak wus wêruh ta ibune.

R.ng.W. ênggih êmpun, dhasar ayu yèn nika, kula ênggih condhong.

M.W.G. Yèn kowe wus condhong, aku arêp kirim layang nodhi besuk kapan ênggone ningkahake.

R.ng.W. Bok ênggih.

M.W.G. Madyana.

M. Kula

M.W.G. Mrenea

M. Inggih

M.W.G. Madyana, kowe arêp dak suwitakake Radèn [Ra ...]

--- 49 ---

[... dèn] Tumênggung Kartipraja, nanging arêp dak rabèkake dhisik, yèn wus rabi banjur dak sebakake karo bojomu, dene bakal bojomu iku putrane bapakmu asistèn wadana Sidaarja: kowe rak iya wus wêruh rupane.

M. Kados inggih sampun, kala andhèrèk panjênêngan ngurus prakawis koyok punika.

M.W.G. Rak iya ayu ta.

M. Inggih ayu.

M.W.G. Cêkake kowe saiki gawea layang marang bapakmu asistèn wadana Sidaarja, têmbunge aku nyuwun katrangan bab rêmbugku ngarêp, gonku anjaluk anake kang bakal dak dhaupake karo kowe: panikahe diarah besuk apa, yèn dhangan dak jaluk tumuli, marga kowe kasêlak arêp dak magangake mênyang Madyapura. Wis tulisên.

M. Inggih.

M.W.G. Wus rampung. Wacanên.

M. Inggih.

Sasampuning taklim kula tuwin bok ayu jêngandika, wiyosipun, Adhimas Gunawicara, bab putra sampeyan èstri pun Rara Supèni, ingkang kula suwun dhaupipuN [dhaupipu ...]

--- 50 ---

[... N] akalihan putra sampeyan pun Madyana, mênawi adhi sakalihan saèstu sampun marêngakên, ijabipun kaangkah benjing punapa, mênawi sêpên pakèwêd kula suwun tumuntên, amargi kasêlak badhe kula sowanakên ing panjênênganipun Kiyai Lurah Radèn Tumênggung Kartipraja, kados rêmbag kula ing ngajêng, mila kula nyuwun katrangan. Wusana sapêngkêripun sêrat punika, kula sadaya wilujêng.

Kasêrat ing Sidatrustha kaping ...

Raka

M.W.G. Iya bênêr (lajêng katèkên) wis bungkusên, banjur lamatana.

Enggalipun sêrat sampun kalampahakên dhatêng Sidaarja, sarta sampun angsal wangsulan, ungêlipun wangsulan kados ing ngandhap punika.

Sêrat saha ingkang taklim, pun Gunawicara sakalihan, katur panjênênganipun ingkang raka Mas Ngabèi Gunasaraya sakalihan bok ayu.

Sasampuning kadya punika wiyosipun, kula sampun nampèni paringipun sêrat kangmas, katitimangsan tanggal kaping..., suraosipun kula sampun mangrêtos trang.

--- 51 ---

Kula nuwun, mênggah saking kaparêngipun kangmas, bab dhaupipun putra sampeyan pun thole Madyana, akalihan adhinipun pun gêndhuk Supèni, kapundhut tumuntên, sadèrèngipun kula nampèni paringipun sêrat kangmas, pancèn sampun kula angkah, katungka panjênênganipun kangmas amaringi sêrat, dados dhapur kalêrêsan, wondene rêmbag kula kalihan tiyang èstri, mênawi sami wilujêng ing sadayanipun, anggèn kula ngijabakên, benjing ing dintên Salasa Paing tanggal kaping 14 wulan ngajêng punika, kalayan rêringkêsan, inggih namung badhe angèstokakên dhawuhipun kangmas, namung ambujêng pêrlu.

Mênggah punika mugi andadosna ing kauningan.

Katur kaping ...

Rayi pun

Sasampunipun Mas Wadana Gunasaraya nampèni wangsulan sêrat saking Mas Asistèn Gunawicara, lajêng rêmbagan kalihan garwanipun, têmbungipun:

Ibune besuk pangundhuhe anakmu Si Madyana iku, arêp dakgawe ringkêsan bae, mung jagongan sawêngi kancane dhewe bae, ora nyuruhi priyayi kutha utawa liya-liyane, ora nganggo apa-apa, mung main karo kalênengan bae, esuke banjur bubaran, [bubara ...]

--- 52 ---

[... n,] arahên cukupe waragad sèkêt rupiyah bae.

R.ng.W. Kala rumiyin têtak mawon diagêngake, tur sampeyan taksih dados asistèn wadana, saniki êmpun dados wadana: mantu ringkêsan mawon, rak ênggih digêgujêng tiyang, napa botên lingsêm.

M.W.G. Iya bênêr kandhamu iku, nanging mêngkene ibune, rasakna kang têmênan, dhèk nêtakake kae: pon-ponane rêkasane rak ya nganti suwe, ajaa dak ati-ati saprene durung pulih, amarga dhèk biyèn durung duwe pikiran dawa, mung amburu bungah amburu dialêm uwong, têtakan bae gêdhèn, pancèn pikire ambalêdag, nanging sarèhning ênggonku mêngkana kae saka dak aya-aya, dak rewangi utang-utang, wêkasan rêkasane diasandhang dhewe. Saiki upama dak gêdhèkake nganti ngluwihi dhèk biyèn iya bisa, nanging pêrlune apa yèn ing buri dadi rêkasa, rak iya bêcik disangokake. Kajaba rêkasane kudu ngêtokake waragad akèh, wong duwe gawe gêdhèn iku, atine iya rêkasa bangêt, mikir barang-barang kudu bêcik kudu rêsik, wong duwe gawe gêdhèn, yèn ora sêmbada, tiwas rêkasa ngêtokake waragad akèh, dadi cacadan, mulane yèn dipikir têmênan wong ora duwe,

--- 53 ---

duwe gawe dirowakake iku ora bênêr bangêt, malah kalêbu wong bodho, awit ora bisa mikir pamburine, wong pancèn ora ana, ora bisa, duwe gawe disêngka-sêngka, diaya-aya, direwangi utang-utang nêkuk nikêli, mung amburu bungah, amburu dialêm uwong, wêkasane barêng bubar gawe kang nagih lunga têka, barêng ora bisa nyaur, omahe didol, digawe nyaur utang, banjur krabyakan anggolèk pondhokan, ora lali isih digugat Cina, kaya apa sangsarane.

Kajaba mikir rêkasane dhewe, aku wus andhawuhake sabawahku kabèh, yèn duwe gawe dakpurih rêringkêsan bae, yèn duwe dhuwit luwung disangokake bocahe bae bêcik, prentahku mau wus akèh kang ngèstokake, wusana aku dhewe barêng duwe gawe gêdhèn, rak iya ora bêcik, utamane wong mulang iku kudu nglakoni dhewe, dadi kang diwulang anggugu, malah dhi Asistèn Sidaarja iya wus dak kandhani, besuk ijabe dakpurih ringkêsan bae.

R.ng.W. Ênggih êmpun yèn mêkotên, kula andhèrèk karsa sampeyan.

Enggaling cariyos, Jaka Madyana sampun kapanggihakên [kapanggihakê ...]

--- 54 ---

[... n] kalihan Rara Supèni, wontên ing Sidaarja, sapêkênipun kaundhuh dhatêng Sidatrustha, anggènipun jêjodhoan atut rukun adamêl sênênging tiyang sêpuh.

Sarêng antawis tigang wulan kalihan anggènipun dados pangantèn, Jaka Madyana dalah semahipun, lajêng badhe kasowanakên ing panjênênganipun Radèn Tumênggung Kartipraja, sadèrèngipun bidhal, Jaka Madyana sasemahipun dipun pituturi kados ing ngandhap punika.

M.W.G. Madyana, kowe lan bojomu sida daksuwitakake Radèn Tumênggung Kartipraja, kang nyebakake aku dhewe lan ibumu, angkate dakarah sajroning sasi iki, nanging mêngkene Madyana: kowe daktuturi, suwita marang wong gêdhe iku angèl, kudu ngati-ati, tabêri satiti wêdi, lan eling-elingên, aja pisan-pisan duwe watêk nêm prakara, siji: aja nistha, loro: aja dhustha, têlu: aja dora, papat: aja drêngki, lima: aja srêngkara, nênêm: aja candhala.

Têgêse nistha iku budi asor, saèn, parajalukan, nguthuh, yèn utang ngêmplang, yèn nyênyilih ora gêlêm ngulihake.

Têgêse dhustha, iku budi culika, dhêmên colong

--- 55 ---

calimut, lan melik duwèking liyan kang dudu bênêre.

Têgêse dora, dhêmên paracidra, yèn dipracaya ambalenjani, ora kêna ingandêl.

Drêngki, iku watak jail, èpèh, dahwèn pati opèn.

Srêngkara, iku panastèn, dhêmên ngumbar hawa napsu, dhêmên gawe saksêrik atining wong, karêm pitênahan.

Candhala, lanas, panasbaranan, lantap, lêngus.

Lan manèh aja kêbluk, aja lêbuh, aja blubuh, aja kêthuh, aja dhêmên baruwah, aja dhêmên wuru.

Têgêse kêbluk, kêsèd ora dhêmên nyambut gawe.

Lêbuh, karêm sanggama, karêm ulah ambêbandrèk.

Blubuh, karêm turu tanpa watara.

Kêthuh, carobo, kêmproh ora rêsikan.

Ambaruwah, karêm mangan, tanpa warêg, tanpa nganggo măngsa.

Wuru, dhêmên mêndêm, dhêmên bungah-bungah.

M. Ulah ambêbandrèk punika kadospundi bapak.

M.W.G. Ulah ambêbandrèk mono karêm jina.

M. Mênawi jina kula sampun mangrêtos, inggih punika rêmên tiyang èstri ingkang dede semahipun piyambak.

--- 56 ---

M.W.G. Iya, jina kowe mangêrti, barêng bandrèk duru[1] mangêrti, măngka pancèn têmbunge Jawa lugu: bandrèk, jina iku = jinah, têmbung Arab.

Dene ulah ambêbandrèk iku kaperang dadi nênêm, yèn ora kaliru:

1. Ngogak-ogak turus ijo.

2. Ngrusak pagêr ayu.

3. Angrong prasanakan.

4. Anggege măngsa.

5. Mêksa sarêsmi.

6. Anjêjamah.

Sanggama nêm bab mau ora bêcik kabèh, dene kang bêcik iku iya mung karo wajibe dhewe, ewadene kudu nganggo duga prayoga, yèn tanpa duga prayoga iya ora apik.

M. Ulah bandrèk nêm bab wau wijangipun kadospundi: bapak.

M.W.G. Wijange mêngkene:

1. Ngogak-ogak turus ijo, iku dhêmên marang bocah wadon kang isih lêgan, durung ana bojone, bocah iku diupamakake turus, diogak-ogak dirêncana.

--- 57 ---

2. Ngrusak pagêr ayu, iku dhêmên wong wadon kang wus ana bojone, karêpe mêngkene: pagêr ayu = pagêr bêcik, kang diupamakake pagêr bêcik iku kang lanang, kang dipagêri iya kang wadon, dirusak, dirêncana.

3. Angrong prasanakan, iku wong dhêmên andhêmêni bojoning sanak sadulur, tăngga taparo, têgêse angrong: iya angêrong, prasanakan: para sanak sadulur, utawa kawanuhan, yèn diturutake têmbunge angêrong para kawanuhan: iya durung mathis karo karêpe, nanging sarèhning wus dadi ucap-ucapaning wong mêngkono, iya wus padha nampani.

4. Anggege măngsa, iku dhêmên bocah kang durung akil balèg.

5. Mêksa sarêsmi, iku dhêmên wong kang ora sarju, dirodapaksa.

6. Anjêjamah, iku wong karêm sanggama kang tanpa dêduga, tanpa ewuh pakewuh, ora mikir sapa-sapa, janji kêpêncil ditandangi, mulane eling-elingên kabèh mau aja pisan kolakoni.

Piwulangku ing dhuwur mau, yèn koanggo: kaya wus cukup kanggo sangu suwita. Kajaba iku kowe sabên sasi dakbalănja f 15, iku cukup-cukupna, sukur bisa turah, [tu ...]

--- 58 ---

[... rah,] yèn turah cèlèngana.

R.ng.W. Supèni, kowe samono uga, daktuturi rungokna, saka karsane bapakmu, kowe uga dipurih milu suwita ana ing Madyapura, dadi kowe saiki kudu nglakoni suwita rong prakara, kang sapisan suwita marang bojomu, kapindhone suwita marang Radèn Tumênggung Kartipraja sakalihan, yèn dirasakake iya rêkasa bangêt pamikirmu, nanging yèn eklas, sarta yèn kosêdyakake idhêp-idhêp tapa, utawa ngrewangi prihatin marang bojomu, iya ora dadi rêkasaning pamikirmu, dene saranane amurih katarima loro-loro mêngkene:

Tangi kang esuk, jam 5 wus tangi, banjur adus, banjur dandan, kang singsêt, nanging aja bêsus-bêsus, banjur nyadhiyanana apa pêrlune kangmasmu, apa nata sandhangane kangmasmu kang dianggo seba, apa nata sarapane, yèn wus rampung bandur[2] malêbua marang dalêm, rêrêsik, têbah-têbah pasarean, nyaponi kamar, nata gantenan, tata dhahar sarapan, kang mêsthi iya wus akèh abdi sêntana kang padha majibi, nanging kowe kang bisa nyarambahi kabèh, aja katon nganggur, sawise apa dhawuhe Radèn Ayu Mênggung, apa ingandikakake ambathik, apa ingandikakake [ingandika ...]

--- 59 ---

[... kake] olah-olah ana ing pawon, iya banjur dièstokake digarap kang satiti kang ngati-ati, aja kongsi dadi duka. Dene kowe Madyana, sarèhning ana ing pangengeran, yèn ana lupute bojomu, kang gêdhe pangapuramu. (Rara Supèni mênawi bab rêrigêning griya sampun sagêd sadaya, punapadene olah-olahan cara Walandi ingkang warni ulam-ulaman, utawi ngolah pêpanganan sampun sagêd sadaya, ambathik, nyulam, nyongkèt: inggih sagêd, amargi ibunipun mardi sangêt dhatêng anak èstri, mila sadangunipun ngèngèr marasêpuh wontên ing Sidatrustha, marasêpuhe sakalihan kasok sihipun, ngantos kados dhatêng putranipun piyambak).

Dene wajibing wong ngurip: kudu kang tabêri, kang nastiti, kang gêmi, kang ngati-ati. Têgêse: tabêri, marsudi marang kacukupan, dipardi bisane tulus, aja nganti kakurangan sandhang pangan.

Têgêse: gêmi, barang kang isih kanggo, sanadyan sapele utawa sathithik, bêbasane uyah sajimpit, trasi sadulit, kudu dirawati kang bêcik, apadene barang akèh, iya saya diati-ati pangrumate.

Têgêse: ngati-ati, wêtuning butuh sabên dina kudu

--- 60 ---

ditata, aja brah-brèh aja lèr wèh, kang bakal ambêborosi kudu dicêgah, kudu nganggo murwat, supaya awèt, aja guru alêman.

Apadene wong wadon iku kudu kang mugên, kang rigên, kang têgên.

Têgêse: mugên, ora dhêmên lêlungan, nênonton, lan sêsanjan, kang ora ana pêrlune, kajaba yèn nêtêpi kalumrahan, kaya ta: jagong, layat, sapêpadhane, kang pancèn pêrlu, samono iku kudu kanthi lilahe lakine, yèn lakine ora nglilani: aja mêksa.

Têgêse: rigên, bisa tata-tata mêmatut sajroning omah, aja ana kang katon saru.

Têgêse: têgên, mantêp, santosa budine, ora penginan, ora lèmèrên.

Apadene manèh utamane wong wadon iku kudu duwe ambêk: ririh, rèrèh, ruruh.

Têgêse: ririh, nyambuta gawe, malakua, caturana, angguyua, kudu kang alon.

Têgêse: rèrèh, sabar, aja dhêmên napsu, aja dhêmên nyuwara kang saru, kaya ta misuh nosotake iku ora apik.

--- 61 ---

Têgêse: ruruh, antêng, jatmika, ora dhêmên caturan utawa angguyu kang tanpa pêrlu.

Wis gêndhuk Supèni, kabèh pituturku mau yèn koanggo, kaya-kaya wus cukup ginawe sangu suwita ing laki utawa bêndara, mulane eling-elingên aja nganti lali.

S. Inggih ibu, mugi angsala pangèstunipun ibu, sagêda èngêt, sarta sagêda anglampahi kados dhawahipun ibu.

Kacariyos, sawatawis dintên Mas Wadana Gunasaraya sakalihan lajêng bidhal dhatêng Madyapura, ngatêrakên putranipun pangantèn sarimbit jam 5 sontên dumugi ing kabupatèn Madyapura, Radèn Tumênggung Kartipraja kalêrêsan lênggah ing pandhapa sakalihan ingkang garwa, sarêng uninga wontên tamu, Radèn Tumênggung jumênêng saking kursi, sarta ngandika, êlo: ana dhayoh, Kangmas Wadana Sidatrustha, sumăngga kangmas lajêng kemawon.

M.W.G. Nun inggih. (Nyêmbah)

R.T. Sumăngga bok ayu.

R.ng.W. Nun inggih. (Nyêmbah)

R.T. Lênggah nginggil kemawon.

M.W.G. Nun inggih.

Lajêng lênggah satata wontên ing kursi.

--- 62 ---

R.T. Bidhalipun saking dalêm jam pintên: kangmas.

M.W.G. Kulu nun: jam 11 siyang.

R.T. Wilujêng tindakipun.

M.W.G. Kulu nun, pangèstu dalêm: wilujêng.

R.T. Punika punapa ingkang putra.

M.W.G. Nun inggih: abdi dalêm anak.

R.T. Rak pangantèn ta.

M.W.G. Nun inggih: pangantèn sawêg tigang wulan.

R.T. Putra sampeyan ingkang pundi, jalêripun: punapa èstrinipun.

M.W.G. Kulu nun ingkang jalêr ingkang èstri anakipun abdi dalêm asistèn wadana Sidaarja.

R.T. Asistèn Sidaarja punika kalihan kangmas punapa taksih akrab.

M.W.G. Nun inggih taksih kalêrês misanan.

R.T. Dados lare punika kalêrês angsal sadhèrèk ngaping kalih.

M.W.G. Nun inggih.

Radèn Ayu Mênggung nyambêti, bok ayu: kok baud pados mantu sampeyan, umur-umurane sêdhêngan, rupane mèh padha.

R.ng.W. Nun inggih pangèstu dalêm.

--- 63 ---

R.T. Jarene yèn rupane mèmpêr kuwe sok dadi, inggih bok ayu.

R.ng.W. Nun inggih: kaluhuran dhawuh dalêm asring dados.

R. a. T. Punapa inggih bok ayu, kados botên tamtu.

R.T. Tamtu ibune, la aku karo kowe iki rak mèmpêr ta, rak iya dadi.

T.a.T. Sampun botên kula mèmpêr sampeyan.

R.T. Ora mèmpêr kapriye, la wong aku kaya Kumbakarna, kowe kaya sarag ngono kok, sing kăndha ora mèmpêr; sapa. Lajêng gumujêng (Radèn Tumênggung sakalihan punika, sarira sami agêng inggil, sarta lêma-lêma).

Kêtungka pangunjukan wedang lumados.

R.T. Măngga kangmas: bok ayu wedangipun kaunjuk.

M.W.G. Nun inggih.

Kula nuwun, sowan kawula, kajawi sowan tuwi kasugêngan dalêm sakalihan, mênawi wontên kaparêngipun panggalih dalêm, anak kawula ingkang tumut sowan punika, kawula suwunakên suwita ing ngarsa dalêm dalah semahipun.

R.T. Inggih, prayogi kangmas, sakolahipun [sakolahipu ...]

--- 64 ---

[... n] wontên pundi.

M.W.G. Kulu nun, wontên ing Ngargapura kemawon.

R.T. Sampun angsal kursus.

M.W.G. Kulu nun sampun.

T.R. Ibune, bok ayu diaturi ngaso, siram-siram.

R.a.T. Inggih, bok ayu ngaso rumiyin dhatêng gandhok.

R.ng.W. Nun inggih.

Mas wadana sakalihan lajêng sami ngaso dhatêng gandhok, pancèn sampun sadhiyan pondhokan tamu.

Sarêng sampun wanci jam 9 dalu, mas wadana sakalihan katimbalan dhahar wontên ing dalêm, sarampungipun dhahar, radèn tumênggung ngandika: Kangmas, măngga lênggahan jawi rumiyin.

M.W.G. Nun inggih.

R.T. Cah (Bocah)

Nun kula.

R.T. Timbalana Dèn Bèi Jaksa.

Nun inggih sandika.

R.T. Măngga kangmas cêlakan ngriki kemawon.

M.W.G. Nun inggih.

--- 65 ---

R.T. Sapa kuwi, jaksa.

J. Nun inggih.

R.T. Kene le linggiha dhuwur kene.

J. Nun inggih.

R.T. Tak jak nêmoni bapakmu wadana Sidatrustha kok, nyêdhaka bae.

J. Nun inggih.

R.T. Durung wanuh kowe karo bapakmu wadana iki.

J. Kulunun dèrèng.

R.T. Punika putranipun kangmas patih ngriki kangmas, wêdalan, oplèdhêng sêkul.

M.W.G. Nun inggih. Katêpangakên kemawon, anggèr.

J. Inggih bapak, kala punapa rawuhipun bapak.

M.W.G. Kala wau wanci jam 5.

J. Inggih, tindakipun bapak wilujêng.

M.W.G. Inggih wilujêng.

R.T. Bapakmu wadana iki kancaku magang dhèk biyèn, wis rada suwe ora tilik aku, saiki tak jak kangên-kangênan.

J. Nun inggih.

R.T. Dene pêrlune gone bapakmu wadana mrene iki, kajaba tilik, ngatêrake putrane pangantèn sarimbit [sa ...]

--- 66 ---

[... rimbit] diwèhake aku, cêkake ya dipurih andandani, mulane jakên ana ing kantormu bae.

J. Nun inggih.

R.T. Tur upama dimagangake kana bae iya ora beda, nanging pêrlune kajaba ênggone pracaya utawa trêsna mênyang aku, bocah yèn dipisah iku: bisaa mêtu prihatine, yèn diêmong dhewe iku yèn kurang pamêrdine, dhasar bocahe ora marsudi dhewe, sok dadi kogung, yèn kêbacut ugungan, pamburine kang kapitunan iya wong tuwa, mulane bênêr bapakmu wadana iku, tur putrane mung siji kuwe, suprandene eklas, diwèhake aku.

J. Nun inggih, kaluhuran dhawah dalêm, saha kawula inggih condhong kados karsanipun bapak wadana, amargi lare punika mênawi botên dipun pênthès dhatêng kasagêdan utawi dhatêng tatakrami, kadadosanipun: wêlas têmahan lalis, botên mantuk kalihan pangajêng-ajêngipun, utawi kudanganipun, anak lanang bisaa mikul dhuwur mêndhêm jêro.

R.T. Kadospundi kangmas wadana, bêbasan: mikul dhuwur mêndhêm jêro.

M.W.G. Nun inggih, pikajêngipun mikul dhuwur punika, ngurmati [ngurma ...]

--- 67 ---

[... ti] saha nyaèni dhatêng kuburipun bapa, mêndhêm jêro: sagêd anasabi wêwadosing bapa.

R.T. Kados inggih makatên, dados mêndhêm jêro punika, botên mêndhêm ngantos 10 mètêr lêbêtipun, utawi mikul inggilipun ngantos ngungkuli sirah.

M.W.G. Kulu nun botên. (Lajêng sami gumujêng). Bêbasanipun tiyang kina punika asring kerasan: utawi têgêsipun asring rangkêp, angsal lair batos.

R.T. Ingkang kerasan kadospundi kangmas.

M.W.G. Nun inggih mikul inggil mêndhêm lêbêt punika wau, têmbung kerasan: namanipun, panunggilanipun tapa ngèli, tapa mêndhêm, tapa obong, ingkang kirang lêpas panampinipun, kinintên ngèli, mêndhêm, obong sayêktos.

Tapa ngèli pikajêngipun: sagêd angecani manahipun tiyang, utawi botên nate nyulayani ginêmipun tiyang.

Tapa mêndhêm, sagêd nyimpên wêwados.

Tapa obong, pikajêngipun: sabar, saupami mirêng swara ingkang botên sakeca tumrap ing badanipun, botên kagetan, ayêm kemawon. Saminipun tapa ambisu, tapa ambudhêg, tapa micêk. Ewadene jaman kina, kacariyos Sunan Kalijaga tapa mêndhêm 100

--- 68 ---

dintên, 100 dalu, ingkang dhawuh Sunan Benang. Sunan Gêsêng, dipun obong, ingkang ngobong Sunan Kalijaga. Panêmbahan Senapati, tapa ngèli sataun, ingkang akèn Panêmbahan Juru Martani.

Dene ingkang gadhah têgês rangkêp, kados ta: wontên bêbasan.

1. Darahing kusuma rêmbêcsing[3] madu.

2. Têrahing andanawarih.

3. Têdhaking amara tapa.

Saupami darahing kusuma sayêktos: inggih wontên rêmbêsing madu, botên wontên wujudipun, mila pikajêngipun bêbasan wau, têdhaking kusuma rêmbêsing madu punika, inggih turunipun tiyang ingkang arum manis wicantênipun.

Trahing andanawarih, pikajêngipun, turunipun tiyang lêgawa paramarta.

Têdhaking mara tapa, inggih têdhaking tiyang bêtah tapa, utawi sabar.

Wontên malih ingkang têgêsipun rangkêp, inggih punika bêbasan, curiga, wisma, wanita, turăngga, pikajêngipun, utaminipun ngagêsang punika, dhuwungipun sae, Majapait, tur mrabot.

Griyanipun agêng, sae mirantos.

--- 69 ---

Semahipun ayu, darahing ngawirya.

Kapalipun margawati, tur angsal panêgar sae.

Dene rangkêpipun makatên, ngagêsang gadhaha ambêk 4 prakawis, ambêking curiga, ambêking wisma, ambêking wanita, ambêking turăngga.

1. Ambêking curiga, têgêsipun: landhêp = lantip.

2. Ambêking wisma, jêmbar = momot, sabar.

3. Ambêking wanita, lêmês = alus.

4. Ambêking turăngga, rikat = bantêr, utawi lêpas.

R.T. Jaksa, bapakmu wadana kok baud, dakpikir-pikir iya bênêr bapakmu wadana. Ambalèni bab tapa, saupama: tapa ngèli têmênan, tapa mêndhêm têmênan, saya tapa obong têmênan, apa ana kang bisa nglakoni, amarga tapa têlung prakara mau dêdalaning pati kabèh.

J. Nun inggih kaluhuran dhawuh dalêm, pancèn tiyang kina punika inggih sagêd-sagêd, nanging sagêd damêl pralambang pasêmon, pêrlunipun punapa tiyang piwulang dhatêng kasaenan, mawi pralambang pasêmon, inggih mênawi ingkang lêpas kados bapak wadana, sagêd sumêrêp pikajêngipun ingkang lugu, wangsul ingkang botên, namung tansah damêl sêling-sêrêp. Kados sêrat Dewaruci, Wrêkodara andhungkar [a ...]

--- 70 ---

[... ndhungkar] rêdi mêjahi dênawa, anggêbyur sêgantên mêjahi naga, kabaripun inggih namung pralambang kemawon, lugunipun tiyang ngupados ngèlmi kasucian punika lampahipun kêdah mêjahi hawa napsu, kêdah sabar, kêdah tawêkal, kêdah sêntosa. Ingkang makatên wau kajêngipun tiyang kina punika kadospundi, tiyang damêl piwulang têka botên ngêblak, wêkasan malah andamêl kodhêng, damêl ngungun, damêl gumun dhatêng tiyang bodho, măngka lêrêsipun piwulang makatên damêl padhangipun tiyang bodho, mila băngsa Jawi kêlajêng-lajêng anggènipun kèrêm dhatêng gugon tuhon, inggih saking piwulangipun botên prasaja wau. Botên kados băngsa Erepah,[4] mênawi damêl piwulang: ngêblak, blaka suta, mila sintên ingkang angsal piwulang saking băngsa Eropah, ingkang sampun nama sagêd inggih sagêd sayêktos.

R.T. Iya bênêr kandhamu iku jaksa, wong kuna piwulange ora ngêblak, ora prasaja, kakehan pralambang, kakehan prasêmon, nanging saka panêmuku mêngkene jaksa, ênggone wong kuna yèn gawe piwulang, kanthi pralambang lan pasêmon mau, ora saka ênggone kurang prasaja mêngkono, mulane sabên gawe piwulang sinamar ing pasêmon mau sababe mêngkene: dhèk jaman [jama ...]

--- 71 ---

[... n] samana durung akèh wong pintêr, kang pintêr lagi siji loro, dadi kapintêrane mau durung akèh kang nêksèni, lan durung olèh tăndha yêkti saka kang luwih pintêr utawa saka nagara, kayadene wong pintêr ing tanah Eropah, iya iku kang wis sinêbut dhoktêr, mèstêr, pujăngga gêdhe (professor) iku wus padha kasaksèn ing bab kapintêrane, dadi yèn gawe piwulang ora tidha-tidha, balik pujăngga Jawa kawruhe durung olèh pasêksèn, dadi ênggone gawe piwulang nganggo kasujanan, aja nganti katon ngegla, mulane banjur sinamar ing layang kayadene layang Dewaruci sapêpadhane, dening kapintêrane mung mêtu saka kalêpasaning pambudine dhewe. Kaya kang muni ing layang Wedharaga, anggitane Radèn Ngabèi Rănggawarsita, kaca 6 mêngkene.

Lamun wus sarwa putus | kapintêran simpênên ing pungkur | bodhonira katokna ing ngarsa yêkti | gampang trape tindak-tanduk | amawas pambêkaning wong ||

Karana ing tumuwuh | akèh lumuh katon abalilu | marma tansah mintonkên kawruh pribadi | amrih dèn alêma punjul | tan wruh bakal kajalomprong ||

Lamun pintêr satuhu | tan mangkana ing rèh patrapipun | kudu nganggo watara duga prayogi | pintêr angaku balilu | dènnya mèt kagunaning wong ||

Angarah

--- 72 ---

warah wuruk | lamun seje murat maksudipun | rasakêna ing ati dipun nastiti | aja pijêr umbag umuk | mundhak kawiyak yèn bodho ||

Mêngkono iku pujăngga kuna yèn gawe piwulang, măngka iku anggitan lagi salawean taun saprene, piwulange isih kaya mêngkono, nanging iya ora sabên piwulang sinamar pasêmon, kanthi nganggo êmpan papan, măngsa kala, piwulang utawa carita kang nganggo sinamar mau, bêbasan anggutuk lor kêna kidul, iya iku mung kang pancèn gêpokan wêwadining karaton, wêwadining ratu, wêwadining wong gêdhe, utawa wêwadining ngèlmu, kaya ta: Jaka Tingkir (Sultan Adiwijaya ing Pajang) kang kasêbut ing layang babad, nalika arêp suwita mênyang Dêmak, kanthi Mas Mănca Kiwil, lan Wuragil, ana ing Kêdhung Srêngenge dikroyok baya, jarene lugune ora mêngkono, sayêktine nalika Jaka Tingkir lèrèn ana ing gèthèk kono, wêruh prawan ing desa padha ngangsu, kang rupane kalimis dhewe dibeda, wusana prawane keguh, nganti milu ana ing gèthèk, konangan bapakne: bêbêkêle ing desa kono, jênênge Ki Baurêksa, Jaka Tingkir diuman-uman, suwe-suwe dadi garêjêgan, Jaka Tingkir banjur dikarubut wong desa kono. Sarèhning [Sa ...]

--- 73 ---

[... rèhning] Jaka Tingkir sakancane padha tiyasa, ênggone păncakara mênang. Awit saka iku banjur ginawe pasêmon: Jaka Tingkir dikarubut baya ana ing Kêdhung Srêngenge. Barêng wis kalakon suwita ana ing Dêmak, Jaka Tingkir ditundhung jalaran kaluputan nyuduk Dhadhungawuk Pingit, kalawan sadak nganti mati, jêbul lugune jare ambedhang pingitan karaton, mulane ditundhung.

Apadene manèh Sinuhun Pugêr Kartasura (Pakubuwana I) kasêbut ing babad, bisa nyirêp tênung saka sabrang, jêbul lugune jare nyanggêmi prajanjiane Kangjêng Guprêmèn, mulane jumênêng ratu, kabèh mau mulane ginawe mêngkono, awit nyaritakake wêwadining karaton, apadene layang ngèlmu iya iku Suluk Suluk, mèh kabèh mau pralambang, dadi ora sabên gawe piwulang sinamar ing pasêmon, dene piwulang kang ngêblak iya akèh, kaya ta: layang Wicara Kêras, anggitane Radèn Ngabèi Yasadipura sapisan, layang Sanasunu, anggitane Radèn Ngabèi Yasadipura II padha pujăngga ing Surakarta, Layang Wulang Rèh yasane Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B. IV, Layang Cênthini yasane Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B. V, piwulange padha ngêblak kabèh, ora ana kang sinandi.

--- 74 ---

Jaksa kaluhuran sabda lajêng andhêku, aturipun: kaluhuran dhawuh dalêm, nanging kuciwanipun: dumuginipun sapunika sampun santun jaman, para sêpuh taksih kathah sangêt ingkang ngangge cara jaman kina, taksih kathah ingkang ngangge têmbung: ngarah apa, măngsa ngantia umur satus taun: ora, mila băngsa Jawi punika kalajêng dhawah ngandhap, dening têmbung ngarah apa wau, mahanani sarwa sasakecanipun kemawon. Mila jaman sapunika băngsa Jawi dèrèng majêng-majêng, amargi para sêpuh taksih kathah sangêt ingkang sami ngangge pambêkan kina, botên ngèngêti bilih manungsa punika sabên santun jaman santun salaga. Anggèn kawula matur santun jaman santun salaga wau makatên: mênawi jagadipun inggih botên santun, ingkang santun namung ingkang ngasta pangawasa. Kirang langkung 150 taun sapriki, tanah Jawi kaasta Kangjêng Guprêmèn, sampun saèstu sadaya tatacara, pangrêtos tuwin rekadayanipun inggih santun sadaya, nanging santunipun wau pancèn prayogi sadaya, lêrêsipun inggih kêdah dipun lampahi, ewadene para priyantun sêpuh taksih kathah ingkang dèrèng purun anglampahi, kados ta bab nyakolahakên lare, taksih kathah sangêt ingkang narimah sakolah Jawi kemawon, ingkang purun nyakolahakên Walandi, [Wala ...]

--- 75 ---

[... ndi,] sawêg satunggal kalih.

R.T. Iya, amarga wong kang lair jaman 50 taun saprene isih akèh, dadi isih kanggonan ambêg jaman samana, bokmênawa besuk putumu: mêsthi wis padha bisa ngrasakake salining jaman. Luwih manèh mênawa Kangjêng Guprêmèn wis maringi sakolahan kang pangajarane luwih saka saiki, têmbung ngarah apa mêsthi bisa sirna, amarga sayêktine băngsa Jawa iku iya akèh kang lantip, sarta akèh kang alus gêgayuhane, dene ênggone katon bodho mau: saking ora olèh pangajaran, kang wis olèh pangajaran, kaya ta: Radèn Mas Ismangun Danuwinata, Radèn Kamil, cilike kowe sapanunggalane wêton Oplèidhêngsêkul, wêton Kwiksêkul, wêton Lanbao, kawruhe iya ora beda karo băngsa Eropah. Malah ana kang elok, têgêse ora sakolah: ana kang pintêr, nganti misuwur asmane, kaya ta: Radèn Ngabèi Rănggawarsita, putus marang kasusastran utawa kawruh liya-liyane, nganti sinêbut pujăngga, 2 Radèn Salèh, kabaudane anggambar nganti ngeram-eramake, 3 Ki Padmasusastra, iya ora sinau, ewadene kêsuwur pintêr, nganti kêrêp olèh ganjaran saka Kangjêng Guprêmèn, iku tandhane [ta ...]

--- 76 ---

[... ndhane] yèn wong Jawa dudu gêgolongane băngsa kang bodho. Apadene dhèk jaman purwa, apa madya, yêyasane kang alus bab kasusastran, bab karawitan, têmbang gêdhe lan gêndhing. Kang băngsa kriya, kaya ta: wêsi aji, tumbak kêris sapanunggalane, lan yasane candhi-candhi, wong saiki ora andungkap babarpisan, apadene kapintêran jaman kuna kang dakkandhakake mau tumrape jaman saiki, wis ora ana kang anggayuh, amarga kinira wis ora migunani, kang mêngkono mau iya bênêr, awit kawruh kang dakkandhakake mau, bangsane kawruh kawibawan, ing jaman saiki wis ora kanggo, malah suwe-suwe bokmênawa bisa sirna, nanging mungguh panêmuku: yèn nganti sirna babarpisan owêl, amarga kawruh patang bab mau talêsing kawruh Jawa.

Jaksa tuwin Mas Wadana, sami angluhurakên dhawuhipun Radèn Tumênggung.

R.T. Kangmas Wadana, kados sampun dalu: sare kangmas.

M.W. Nun inggih.

R.T. Bubaran jaksa wis wêngi, sesuk yèn kangmas wadana durung kondur gunêman manèh.

J. Nun inggih. Bapak wadana konduripun benjing punapa.

--- 77 ---

M.W. Benjing-enjing.

J. Punapa botên pinarak ing pondhok kula rumiyin bapak.

M.W. Botên sagêd: ênggèr, amargi pamit kula sampun têlas, benjing malih kemawon kula sowan.

J. Inggih, mênawi kondur andhèrèkakên wilujêng.

M.W. Inggih.

Lajêng bibaran, Mas Wadana ngaso dhatêng pondhokan, enjingipun Mas Wadana sakalihan pamit mantut,[5] kalilan, Jaka Madyana sabojonipun kantun. Sigêg.

--- 78 ---

Bab III.

Anyariyosakên lêlampahanipun Jaka Mulyana.

Wontên tiyang nama Ki Saguna, bêkêl ing dhusun Karangsana, dhistrik Sidakarya, kabupatèn Madyapura, pêjah, tilar anak jalêr satunggal nama Jaka Mulyana, sawêg ngumur 8 taun. Sarèhning Ki Saguna wau malarat sangêt, dados botên gadhah tilaran ingkang wontên aosipun, tilaranipun namung griya atêp satunggal sampun risak, mila saajalipun Ki Saguna, Nyai Saguna saanakipun Jaka Mulyana panggêsanganipun saya rêkaos sangêt, ingkang dipun têdha sabên dintên namung anggènipun rêripik dhatêng wana kalihan anakipun, mêndhêt godhong kajêng, lajêng kasade pajêng kalih tèng kalih uwang: kaangge nêdha. Watawis satêngah taun Nyai Saguna lajêng sakit panas dados ajalipun, dados Jaka Mulyana lajêng lola, botên gadhah tiyang sêpuh, botên gadhah sadhèrèk, saajale biyungipun dados wêlasan.

Bêbêkêlipun ing dhusun ngriku, ingkang anggêntosi bapakipun Jaka Mulyana, nama Ki Sardana, sangêt wêlasipun aningali dhatêng Jaka Mulyana, mila Jaka Mulyana lajêng dipun kukup dipun pêndhêt rencang, kapurih angèn maesa, Jaka Mulyana ugi purun sarta arumaos bingah, awit [awi ...]

--- 79 ---

[... t] badhe botên kapintên têdhanipun. Sarêng watawis sataun, Ki Sardana rêmên sangêt dhatêng Jaka Mulyana, awit warninipun ragi rêsik, sarta wanthèn, tuwin wêkêl, punapadene gumatos dhatêng maesanipun, sadangunipun dipun ngèn Jaka Mulyana, maesanipun sami lêma-lêma, kalimis-kalimis, dhasar Jaka Mulyana botên rêmên nganggur, mênawi wontên pangenan, yèn maesanipun sampun aring lajêng ngarit, mênawi wanci anggiring sontên, sampun mapanakên maesanipun, lajêng kalepat kesah sade rumputipun dhatêng nagari, pajêng suwang utawi sakêthip, lajêng katumbasakên panganan, enjingipun kadamêl sangu angèn, sarta kadum-dumakên dhatêng kancanipun angèn, mila kancanipun sami rêmên dhatêng Jaka Mulyana. Mênawi sontên karêmênanipun dolan dhatêng carikan, nêdha wulang carakan dhatêng carikipun, inggih dipun wulang, dangu-dangu Jaka Mulyana lajêng sagêd maos Jawi.

Ing satunggiling dintên, Jaka Mulyana ngungkabi pêthi tilarane tiyang sêpuhipun, pêthi sampun risak botên wontên isinipun punapa-punapa, kajawi namung isi rosok-rosokan, wontên kudhi gêrang, wontên timang wêsi sampun risak, wontên karah, tuwin sanès-sanèsipun, ingkang botên majaji, sarta parimbon Jawi sampun kuluh-kuluh [kuluh-ku ...]

--- 80 ---

[... luh] sangêt, parimbon wau lajêng kawaos, isi petangan warni-warni, kados ta: bincilan, rajamuka, pasatoan tuwin sanès-sanèsipun, sarta bab petangan among tani, pungkasanipun isi salasilah, sadaya wau kawaos ngantos tamat, ing nalika punika Jaka Mulyana sumêrêp, jêbul bapakipun taksih darahing bupati kalêrês buyut, dados piyambakipun taksih lêrês canggahing bupati. Jaka Mulyana sarêng rumaos taksih turuning ngawirya, lajêng rumaos botên karaos wontên ing dhusun, santun cipta rêmên dados priyantun, nanging kadospundi jalaranipun, amargi rumaos taksih bodho sangêt, sarta sampun kapêjahan obor, botên sumêrêp sanak-sadhèrèkipun ingkang taksih dados priyantun, dados manahipun lajêng gidhuh sangêt, nanging botên cariyos dhatêng sintên-sintên, saya dangu sangsaya botên gurnan tumut Ki Sardana, amargi tamtu badhe kalajêng-lajêng dados kuli sade rumput.

Ing satunggiling dintên, wontên asistèn wadana dhatêng papriksa ing dhusun ngriku, dipun iringakên upas ngangge sarempang, sarta kapala dhusun tuwin kabayan, punapadene kamisêpuh sakiwa têngênipun dhusun ngriku, lajêng kampir ing griyanipun Ki Sardana, Ki Sardana gugup tuwin bikut anggènipun [anggèni ...]

--- 81 ---

[... pun] nata palênggahanipun, lajêng dandan ikêt-ikêtan bêbêdan, mawi kulambi sikêpan cêmêng, tuwin dhuwungan, lajêng andhodhok ngacarani, têmbungipun: sumăngga dara sêtèn lênggah ing griya, kula nyuwun pangapuntên dalêm, amargi kula botên sumêrêp bilih panjênêngan dalêm rawuh mriki, mila rewa-rewo kemawon.

Ass. W. Ora dadi ngapa, wong pancèn aku ora andhawuhake, iki mau mêntas mriksa têgalan Kalinăngka, kang disuwun arêp digawe padhukuhan marang lurah Kalinăngka, ngiras mriksa pagêr-pagêr desa, pagêrmu desa akèh kang rusak.

O inggih dara, kula nyuwun pangapuntên dalêm, amargi sawêg sami anggêlak anggarap sabin.

Mas Asistèn Wadana lênggah kursi ijèn, kapala dhusun, carik, bêkêl tuwin kabayan sami ngadhêp wontên ing ngandhap andhèr, kintên-kintên wontên tiyang gangsal wêlas. Asistèn wadana lajêng andhawuhakên: bab rêrêsik dhusun sarta pagêr-pagêr sasaminipun.

Ing nalika punika Jaka Mulyana pinuju anggiring maesanipun, sasampunipun kakandhangakên, Jaka Mulyana lajêng malêbêt ing pandhapa, badhe nyinggahakên aritipun, lêbêtipun dhatêng pandhapa tanpa rêringa, lajêng mak bêlêng

--- 82 ---

lanyak-lanyak kemawon, Ki Sardana sarêng sumêrêp dhatêng Jaka Mulyana, Jaka Mulyana lajêng dipun gêtak, sarta wicantên sora: hus, bocah kurang ajar, gêlis mêtu, matamu ora wêruh: ana priyayi dara sêtèn lêgah,[6] jêbul kêdandapan mrono. Jaka Mulyana kagèt lajêng mêdal jaranthalan, wontên ing Jawi lajêng linggih wontên ing lêsung, nyarèhakên napas sarta anguda raos makatên: Kiyaine Sardana kêbangêtên têmên olèhe anggêtak-gêtak, nganti trataban atiku, dene priyayine mênêng bae ora apa-apa. Sarêng napasipun sampun aring lajêng dhatêng latar sarta ningali dhatêng Mas Asistèn lênggah wontên ing nginggil piyambak, ingkang ngadhêp wontên ing ngandhap andhèr, Jaka Mulyana lajêng anggagas: priyayi ki koksamono kajèn kèringane, awake ngadhangkrang linggih kursi dhewe, karo udud srutu, tumpang dhêngkul, kancane ngadhêp ana ngisor padha andhêkukul, wong padha wong koksamono kacèke, pancèn kapenak bangêt wong dadi priyayi iku, awake kapenak, kajèn keringan, balanjane akèh. E, Gusti Allah, kula nyuwun dados priyantun.

Botên antawis dangu, asistèp[7] wadana mantuk, sadaya sami ngiringakên, sarêng dumugi kiki dhusun, Ki Sardana

--- 83 ---

kalilan wangsul.

Ing satunggiling dintên, Jaka Mulyana sade rumput kalihan kancanipun dhatêng nagari, sadumuginipun nagari, Jaka Mulyana sakancanipun lajêng sami kèndêl wontên ing pinggir margi agêng andhasarakên rumputipun, botên antawis dangu dipun oyak mantri pulisi kapurih kesah, amargi badhe wontên rawuhan jendral, pinggir margi botên kenging dipun ênggèni tiyang sêsadean, dèrèng ngantos ngangkat rumputipun, jendralipun sampun rawuh nitih kareta kapal wolu, ingkang ngiring priyantun kêkapalan gumrêdêg, Jaka Mulyana sakancanipun gugup, wah dipun gêtak-gêtak dhatêng mantri pulisi, sangsaya kêrepotan, sarêng kêdangon Jaka Mulyana dipun cêmêthèni sarta dipun jongkong-jongkongakên, ngantos dhawwah karungkêb, dhadha tuwin dhêngkulipun babak bunyak, rumputipun ambyar, lajêng katilar mantuk kalayan nangis anggriyêng, sarêng dumugi ing griya lajêng wadul dhatêng lurahipun Ki Sardana, nanging malah dipun srêngêni kathah-kathah, sarta dipun têtah anggènipun calola-calolo botên sumêrêp ing dêdugi. Jaka Mulyana manahipun saya kêrănta-rănta. Ing nalika punika andadosakên kêncênging ciptanipun anggènipun kapengin dados priyantun, amargi rumaos mênawi tiyang alit punika prasasat [prasa ...]

--- 84 ---

[... sat] kewan, saupami piyambakipun anaking priyantun, saèstu botên kalampahan dipun gêbagi wontên ing margi kados maesa.

Kacariyos anggènipun ngèngèr Jaka Mulyana dhatêng Ki Sardana ngantos dipun têtakakên, kala samantên sampun ngumur 16 taun, sangsaya kêncêng anggènipun kapengin dados priyantun, sêdyanipun badhe mêdal saking Ki Sardana, badhe pados pasuwitan dhatêng nagari.

Ing satunggiling dintên wanci sontên, Ki Sardana sawêg linggih wontên ing pandhapa ijèn, Jaka Mulyana nyêlak lajêng linggih wontên ing ngandhap sila, pamitan, têmbungipun: Kiyai, kaparêng botên kaparênga kula nyuwun mêdal, badhe ngupados pasuwitan andhèrèk priyantun dhatêng nagari.

Ki Sardana kagèt sarwi wicantên: Êlo, kêpriye ta le, jêbul kowe mêngkono, măngka wiwit cilik kowe dak itik-itik, dak kukup dak raup, nganti dak têtakake barang, saking aku wis dhêmên mênyang kowe, jêbul barêng wis gêdhe kowe arêp mêgat trêsna, măngka yèn karêpku kowe dak pèk anak, arêp dak rabèkake barang, dak gawèkake omah, sarta bakal dak gawani kêbo sarakit, kênaa ginawe ular-ular têtanèn, [têta ...]

--- 85 ---

[... nèn,] apadene saka pikarêpku, sarèhning wakne Sakêrti (kabayan) wis tuwa, arêp dak kon ngaso ênggone dadi kabayan, kowe arêp dak gêntèkake jêbul kowe arêp ngoncati mêngkono, kêpriye Mulyana, pikirên rêmbugku iki mau, yèn kêna dak gendholi aja lunga.

J.M. O: inggih kiyai, sakalangkung bingah panuwun kula, dene sampeyan karsa anggalih kadadosanipun badan kula, punapadene anggèn sampeyan karsa ngukup ngraup wiwit kula alit dipun tilar bapa biyung, ngantos agêng kula samantên, pangraos kula sampun botên kêkirangan, inggih sakalangkung panuwun kula, kula èngêt-èngêt ing salaminipun gêsang, sarta pangèsthinipun manah kula mugi sagêda malês dhatêng sampeyan. Nanging kauningana, kula sapunika sampun botên karaos wontên ing dhusun, inggih mêksa nyuwun pamit badhe suwita priyantun.

K.S. Ora: Mulyana, ênggonmu karaya-raya arêp ngèngèr priyayi iku, kowe arêp ngarah dadi apa.

J.M. Mênawi saking pikajêng kula, sarta angsal pandonga sampeyan, kula kapengin dados priyantun.

Ki Sardana anjingklak gumujêng sarta wicantên makatên: Trèmbèlamu, kowe kapengin dadi priyayi.

--- 86 ---

J.M. Inggih.

K.S. Wong dadi priyayi mono angèl bangêt, apa pangrasamu gampang mana, sapisan kudu trahing priyayi, kaping pindho kudu sugih kapintêran, lan kagunan, barêng kowe, wong kulinamu ana ing desa mung angon lan adol sukêt, jêbul anggayuh dadi priyayi, măngsa bisaa, aja manèh priyayi, wong suwita priyayi bae kudu sangu kawruh. Cêkake mupusa, trimaa milu aku bae, kandhamu mau: aèng, elok, lăngka, dudu gêgayuhamu, aja kotutugake gèr: anggugua aku.

J.M. Tiyang suwita priyantun kêdah sangu kawruh punika: kawruh punapa kiyai.

K.S. Priyayi mono beda karo wong tani kaya aku iki, yèn wong tani esuk macul, awan mulih mangan, banjur macul manèh, sore mulih: mangan, banjur turu, wis ora nganggo pikiran apa-apa, ora nganggo kasênêngan apa-apa, barêng priyayi dhasar priyayi gêdhe, kudu sugih panggalihan, sugih kasênêngan, sugih prabot lan piranti. Têgêse sugih panggalihan, amarga sugih kawajiban. Têgêse sugih kasênêngan, dene kêrêp kêkumpulan, kêrêp pasamuwan, tarkadhang

--- 87 ---

nayuban, apêse kalênengan, ana kang rêmên adu-adu: jago, gêmak, kêcik, kêmiri, ana kang rêmên manuk bêrkutut, branjangan lan liya-liyane. Têgêse sugih prabot, kudu kagungan kareta, bèndi, jaran titihan lan rakitan, wangkingan, tumbak, bêdhil sapanunggalane. Mulane yèn arêp suwita priyayi gêdhe sangune kudu sarwa mangêrti, kaya ta: ngêrti marang kawruh jaran, iya iku kudu bisa nunggang jaran, sumurup marang katuranggan. Kudu ngêrti marang gêndhing, iya iku bisa nabuh bisa anjogèd, cêkake kudu ngêrti apa-apa kang kasêbut ing dhuwur mau, măngka iku isih kawruh rèmèh-rèmèh kabèh, amarga lagi kawruh ing panakawan bae durung kêna dianggo dadi priyayi kang nyêkêl paprentahan, kang luwih pêrlu bangêt kudu mangêrti kasusastran Jawa, Malayu, utamane cara Walănda. Yèn wis mangêrti kabèh lagi katampan suwita priyayi gêdhe.

Anggènipun Ki Sardana cariyos makatên wau, namung supados Jaka Mulyana wêgah lajêng kandhêg sêdyanipun, amargi mênawi Jaka Mulyana saèstu kesah, rumaos badhe kecalan bau ingkang kenging pinitados, nanging Jaka Mulyana malah adrêng pikajêngipun, malah badhe ngudi kawruh ingkang kacariyosakên sadaya wau, lajêng mangsuli dhatêng Ki

--- 88 ---

Sardana, têmbungipun: Kiyai, mênawi makatên, kula nyuwun pangèstu badhe sinau sadaya kawruh kados cariyos sampeyan wau, supados lajêng katampèn pasuwitan kula. Ki Sardana ngungun kêkêncênganipun Jaka Mulyana, têka botên kandhêg dipun ajrih-ajrihi, lajêng wicantên:

K.S. Kowe sida kêncêng ênggonmu kapengin dadi priyayi.

J.M. Inggih.

K.S. Yèn kowe wus ora kêna dak andhêg, aku iya mung anjurungake bae, muga-muga Gusti Allah anyêmbadanana kang dadi karêpmu.

J.M. Inggih sampun Kiyai kula nyuwun pangèstu, badhe pangkat benjing enjing wancing[8] sawung kaluruk, botên ngêntosi wungu sampeyan.

K.S. Iya, la sing arêp kojujug sapa.

J.M. Inggih dèrèng kantênan, ngupados sêsêrêpan rumiyin.

K.S. Iya sesuk nyangoni slamêt bae, ênya gilo dak sangoni mung saringgit.

J.M. Nuwun.

K.S. Nanging ya kêrêpa tilik mrene Mulyana.

--- 89 ---

J.M. Inggih.

K.S. Wis turua.

J.M. Inggih.

Enjingipun wanci sawung kaluruk, Jaka Mulyana tangi lajêng mangkat, botên kantênan ingkang dipun jujug, lêpas lampahipun, ngantos sadintên muput botên kèndêl, kajawi namung kèndêl jajan wontên ing bango-bango, sakêdhap lajêng lumampah malih, sarêng dumugi sacêlaking Kêdhung Sri, sampun wanci jam 5 sontên, Jaka Mulyana badhe kèndêl ngupados pasipêngan, kalêrêsan kasarêngan bas tukang batu mantuk nyambut damêl saking pabrik, nama Ki Selarêkta. Jaka Mulyana lajêng pitakèn: Bapak, dhusun ngajêng punika dhusun pundi.

K.S.r. Kuwi jênênge desa Kêdhung Sri le, kowe bocah ngêndi.

J.M. Kula lare têbih, griya kula ing ngajêng dhusun Karangsana, saking ngriki lampahan sadintên.

K.S.r. Jênêngmu sapa.

J.M. Nama kula Mulyana.

K.S.r. Arêp mênyang ngêndi.

J.M. Badhe ngupados pangengeran, amargi bapa biyung kula sampun pêjah sadaya.

--- 90 ---

 


durung. (kembali)
banjur. (kembali)
rêmbêsing. (kembali)
Eropah. (kembali)
mantuk. (kembali)
lênggah. (kembali)
asistèn. (kembali)
wanci. (kembali)