Trilaksita, Mangunwijaya, 1916, #1171 (Hlm. 090–133)

Judul
Sambungan
1. Trilaksita, Mangunwijaya, 1916, #1171 (Hlm. 001–044). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
2. Trilaksita, Mangunwijaya, 1916, #1171 (Hlm. 044–089). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
3. Trilaksita, Mangunwijaya, 1916, #1171 (Hlm. 090–133). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
4. Trilaksita, Mangunwijaya, 1916, #1171 (Hlm. 133–181). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
Citra
Terakhir diubah: 16-07-2020

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ki Selarêkta wêlas ningali dhatêng Jaka Mulyana, lajêng anantun: Apa kowe gêlêm milu aku.

J.M. Sampeyan priyantun punapa bapak, nama sampeyan sintên.

Ki Selarêkta lajêng mrasajakakên nama sarta griyanipun, inggih ing dhusun Kêdhung Sri wau, sarta awicantên: Yèn kowe gêlêm milu aku besuk dak wulang pagawean tukang batu, yèn kowe bisa pagawean tukang batu, sanadyan ngênèk bae sadina bayarane ora mati nêm kêthip, luwih manèh yèn wis bisa dadi bas, kaya aku iki, sadina balanjaku karo têngah rupiyah, wis lowung kanggo sangu urip.

Jaka Mulyana angèngêti cariyosipun Ki Sardana, mênawi tiyang badhe suwita priyantun agêng punika, kêdah sugih kasagêdan, mila inggih badhe purun tumut Ki Selarêkta, sinau padamêlan tukang batu, benjing mênawi sampun sagêd gampil, lajêng wicantên: bapak, kula inggih purun andhèrèk sampeyan, anggêr sampeyan karsa mulang sayêktos.

K.S.r. Iya dak wulang têmênan.

Jaka Mulyana lajêng tumut. Kacariyos, Jaka Mulyana anggènipun tumut Ki Selarêkta laminipun sampun nêm wulan, [wu ...]

--- 91 ---

[... lan,] ajar padamêlan tukang batu ngiras malêbêt dados kuli glidhigan dhatêng pabrik, sampun sagêd angsal bayaran kawan kêthip sadintên, sarêng andungkap pitung wulan Jaka Mulyana sampun sagêd dhatêng padamêlan tukang batu, malah sampun kêconggah dados bas, Jaka Mulyana lajêng kapengin dhatêng padamêlan tukang kajêng (undhagi), mila lajêng cariyos dhatêng Ki Selarêkta, têmbungipun: Bapak, angsal barkah sampeyan kula sampun sagêd dhatêng padamêlan tukang batu, saking piwulang sampeyan, sapunika kula kapengin dhatêng padamêlan undhagi, mila kula nyuwun wulang.

K.S.r. Aku iya bisa dadi undhagi, nanging kawruhku bab undhagi durung sapiraa, dene yèn kowe kapengin bisa marang kawruh undhagi gampang, aku bisa masrahake marang kancaku bas undhagi, supaya mulang marang kowe, nanging mungguh panêmuku kawruh iku yèn diwayuh mêsthi salah sawijine kurang sampurna, sarta mungguh bab kawruh kriya, salah siji bae kang diantêpi, anggêre sampurna mêsthi wis nguripi, mulane yèn kowe anggugu aku kawruh tukang batu iku bae, kang kowe wis rada nyandhak sampurnakna, kaya-kaya wis kêna ginawe sangu urip.

J.M. Kasinggihan kados cariyos sampeyan punika [pu ...]

--- 92 ---

[... nika] bapak, nanging saking pikajêng kula sasagêd-sagêd, sadaya kawruh kriya punika kula kapengin ngambah sadaya, mênawi sampun sumêrêp culikanipun sadaya, pundi ingkang kula rêmêni, badhe kula sampurnakakên.

K.S.r. Yèn mêngkono karêpmu: Iya bêcik, sesuk dak pasrahake Kakang Gunawrêksa, bas undhagi, milua nyambut gawe kana, patrape iya ngladèni dhisik, kaya nalika kowe ajar tukang batu.

J.M. Inggih, kula andhèrèk karsa sampeyan bapak, dados benjing enjing kula anjujug ngêlos kidul punika.

K.S.r. Iya.

Enggalipun Jaka Mulyana sampun kapasrahakên dhatêng Ki Gunawrêksa, lajêng nyambut damêl dados kuli undhagi. Sarêng antawis nêm wulan laminipun, Jaka Mulyana anggènipun angladosi Ki Gunawrêksa, sampun sagêd ngukir-ukir, ngêlis, tuwin nganjingakên kajêng ingkang kalêbêt garapan alus, sampun sagêd sadaya. Jaka Mulyana lajêng mêdal tumut Ki Selarêkta malih.

Kacariyos, Ki Selarêkta punika wontênipun ing dhusun Kêdhung Sri, kalêbêt sinêpuh-sêpuh dhatêng têtiyang sadhusun ngriku, amargi kalêbêt sugih sêsêrêpan piyambak, [piyamba ...]

--- 93 ---

[... k,] dene sêsêrêpanipun băngsa petang-petangan, pasatoan, pawukon, bincilan rajamuka, păncasuda sapanunggilanipun, mila sabên tangganipun badhe gadhah pêrlu, mantu, nêtakakên, tuwin badhe alih-alihan, badhe ngadêgakên griya, sami nêdha tulungan mriku, kapurih madosakên dintên ingkang sae, dalasan badhe namakakên lare kemawon, kathah ingkang nêdha nama dhatêng Ki Selarêkta. Sarèhning jaman samantên gugon-tuhonipun têtiyang dhusun taksih kandêl sangêt, mila punapa sacariyosipun Ki Selarêkta inggih dipun anggêp kemawon.

Jaka Mulyana salêbêtipun wontên ing ngriku: sumêrêp dhatêng kagunanipun Ki Selarêkta, awit kathah tiyang ingkang pitakèn petangan kados ingkang kasêbut ing nginggil wau, Jaka Mulyana èngêt bilih gadhah parimbon tilarane tiyang sêpuhipun, isi petang-petangan ingkang piyambakipun dèrèng mangrêtos pikajêngipun, mila parimbon wau lajêng dipun sukakakên Ki Selarêkta, têmbungipun: bapak, kula punika gadhah parimbon tilaranipun bapak, isi petang-petangan, kula aturi mriksani, punapa cocog kalihan petangan sampeyan.

Ki Selarêkta nampèni parimbon lajêng kabikak kawaos sakêdhik, lajêng wicantên: wangune akèh cocoge, [co ...]

--- 94 ---

[... coge,] coba mêngko bêngi dak dêlênge.

Sarêng dalu lajêng kawaos ngantos dumugi salasilah ingkang nurunakên Jaka Mulyana. Ing nalika punika Ki Selarêkta ngunandika: Yèn mêngkono Si Mulyana iku isih turuning priyayi gêdhe: bupati. Lajêng gadhah cipta badhe dipun pêndhêt mantu.

Enjingipun Jaka Mulyana dipun undang, dipun cariyosi: yèn parimbonipun sampun kawaos, bab petangan kathah cocogipun kalihan ingkang sampun dipun angge, malah pêpak isining parimbon punika tinimbang kalihan sêsêrêpanipun, mila Ki Selarêkta inggih rêmên sangêt dahtêng parimbon wau, sarêng Jaka Mulyana dipun cariyosi makatên, lajêng nêdha wulang lampah-lampahing petangan wau, amargi piyambakipun dèrèng mangrêtos babarpisan. Enggalipun inggih lajêng kawulang, botên dangu Jaka Mulyana sampun mangrêtos sadaya. Jaka Mulyana lajêng cariyos dhatêng Ki Selarêkta, bapak: sok makatêna tiyang gêsang punika botên kenging sêmbrana, mênawi botên sumêrêp dhatêng petangan, tamtu kêrêp manggih sangsara.

K.S.r. Yèn mirit anane petungan iya mêngkono, nanging sumurupa, kabèh petungan mau jênênge ujar panggorohan, dadi iya durung kêna diugêmi,

--- 95 ---

dadi ora pêrlu anggilut, kang luwih pêrlu iku anggolèka kapintêran bab panggaotan, kaya kang wis kolakoni, tukang kayu tukang batu sapanunggalane, utawa kawruh dagang iku bêcik, dene yèn turuning priyayi iya kudu ngudi kawruh kapriyayèn, amarga panggayuhe kudu dadi priyayi. Anggènipun Ki Selarêkta cariyos mênawi darahing priyantun inggih kêdah anggayuh kawruhing priyantun, punika botên nêdya ngosikakên manahing Jaka Mulyana anggènipun kapengin dados priyantun, amargi dèrèng sumêrêp sêdyanipun Jaka Mulyana ingkang piningit, nanging nalika punika manahipun Jaka Mulyana kados dipun têtangi, lajêng cariyos dhatêng Ki Selarêkta, têmbungipun:

Bapak, salugunipun kula punika kapengin dados priyantun, mila ing mangke kula nyuwun pamit badhe ngupados pasuwitan priyantun agêng, dene sakathahing pitulung tuwin piwulang sampeyan ingkang sampun kula tampèni, inggih akalangkung bingah panuwun kula, saèstunipun kula èngêt salami kula gêsang botên badhe kasupèn.

Ki Selarêkta kagèt, dene Jaka Mulyana gadhah gêgayuhan makatên, dangu-dangu èngêt anggèning sampun maos salasilahipun, lajêng ngunandika: Ênggone

--- 96 ---

Jaka Mulyana duwe panggayuh dadi priyayi iku, bokmênawa ngelingi yèn isih turuning bupati, kaya kang kasêbut ing salasilahe, lajêng wicantên: Mulyana, ênggonmu duwe panggayuh bisaa dadi priyayi iku aku ora maoni, awit mirit salasilahmu kowe isih têrahing bupati, nanging wong dadi priyayi iku angèl, kudu sugih kapintêran, kudu mangêrti marang kasusastran, lan kudu magang, sanadyan pintêra yèn ora nganggo labêt magang iya ora dadi, măngka kowe durung paja-paja sumurup marang kawruhing priyayi, saka panêmuku tangèh kalakone. Yèn saka rêmbugku kowe anaa ing kene bae, têmênana ênggonmu nyambut gawe dadi tukang batu, bokmênawa ora suwe kowe bisa dadi bas, olèh balănja karo têngah sadina, dadi sasasi patang puluh lima rupiyah, wis urip.

Anggènipun Ki Selarêkta makatên punika, dening badhe kapêndhêt mantu wau, kalihdene malih sarêng sumêrêp pancèn dede lare sabarangan, anggènipun badhe mêndhêt mantu saya mêmpêng.

J.M. Bapak, inggih sangêt panuwun kula pangandika sampeyan wau, nanging pikajêng kula kêncêng, badhe ngupados margi sagêdipun kadumugèn sêdya kula, mila kula saèstu [sa ...]

--- 97 ---

[... èstu] nyuwun pamit badhe mangkat sapunika, ngupados pasuwitan.

K.S.r. Ki Selarêkta judhêg, wêkasan mupus, bokmênawi pancèn dede jodhone anakipun, lajêng wicantên: Mulyana, yèn pikarêpmu kêncêng, ora kêna dak andhêg, ora liwat aku mung anjurungake bae, muga Gusti Allah angijabahi katêkana apa kang dadi sêdyamu.

Jaka Mulyana pamit lajêng mangkat, wanci jam 8 enjing, Jaka Mulyana lajêng lumampah mangilèn, botên kantênan ingkang dipun jujug. Sarêng wanci jam 10, wêtêngipun karaos luwe, lajêng malêbêt dhatêng bango badhe jajan. Salêbêtipun wontên ing bango, Jaka Mulyana sumêrêp wontên talèdhèk barangan sawêg dandan, wiyaganipun sawêg wedangan, wontên ingkang sawêg nyêrèt, Jaka Mulyana anggagas: Ayake talèdhèk iki bêngine nginêp ana ing kene, saiki arêp mangkat ambarang. Jaka Mulyana èngêt cariyosipun Ki Sardana, mênawi tiyang badhe suwita priyantun agêng punika kêdah mangrêtos dhatêng gêndhing, Jaka Mulyana lajêng gadhah cipta badhe tumut talèdhèk wau, supados sagêd nabuh. Jaka Mulyana sasampunipun sarapan tuwin ngombe wedang, lajêng nyêlaki niyaga

--- 98 ---

ingkang sawêg sêretan, sarta apitakèn, têmbungipun: bapak, sampeyan punika pundi, sarta nama sampeyan sintên. Ingkang dipun pitakèni mangsuli: omahku ing Giriraya, jênêngku bênêre: Subakaskawa, nanging karan anak Pak Tèplêk, dene mas ajênge kuwi jênênge sing têmênan: Saruni, amarga lantap, dhêmên nosotake, dadi têgêse Saruni mau: unine saru, nanging karan anak biyang Godril.

Gêr sadaya sami gumujêng. Pak Tèplêk lajêng dipun gablogi dhatêng pun Saruni, kalayan wicantên: kula botên lantap dhing: dhi, ênggih bênêr jênêng kula Sruni, nanging botên dhêmên nosotake, lan botên nganggo karan anak barang, kaya kandhane Pak Gênjêlong niku, awit kula dèrèng duwe anak.

P.T. O: iya durung manak dhik le, isih prawan sunthi. (Gêr ingkang mirêng gumujêng sadaya).

J.M. Bidhalipun saking Giriraya sampun pintên dintên: Pak.

P.T. Wis limang dina.

J.M. Adatipun mênawi ambarang punika ngantos pintên dintên.

P.T. Iya saolèhe dhuwit, tarkadhang sapuluh

--- 99 ---

dina mulih, tarkadhang iya nganti limalas dina. La kowe bocah ngêndi le.

J.M. Kula lare Karangsana, pangènipun Bêkêl Karangsana, bapa biyung kula sampun sami ajal, botên gadhah sadhèrèk ingkang tunggil bapa biyung.

P.T. Dadi kowe kuwi wis lola-lali.

J.M. Inggih.

P.T. Saiki kowe arêp mênyang ngêndi.

J.M. Badhe ngupados pangengeran, amargi kula sampun mêdal, botên karaos wontên Karangsana.

P.T. Ningali Jaka Mulyana ragi rêsêp sêmu wêlas, amargi warninipun sae, wicantênipun pratitis, lajêng wicantên: Apa kowe gêlêm milu aku, yèn wis têkan ngomah dak ngèngèrake lurahku, amarga lurahku kuwi yèn ana bocah kaya kowe kuwi dhêmên bangêt.

J.M. Lurah sampeyan punika sintên, priyantun punapa.

P.T. Lurahku iku dudu priyayi, mung lurah talèdhèk bae, jênênge Ki Tarulata, nanging sugih, duwe gamêlan, duwe wayang lulang, duwe wayang uwong, talèdhèke akèh besuk yèn kowe milu kana, didadèkake wayang uwong: kapenak, gaweane mung dandan karo [ka ...]

--- 100 ---

[... ro] anjogèd, plêsir mênyang ngêndi-êndi, mênyang Samarang, Surabaya, Bandhung, wah: sênêng le.

Jaka Madyana sadangunipun dipun cariyosi Pak Tèplêk dipun gagas, sarta ngèngêti cariyosipun Ki Sardana, mênawi tiyang badhe suwita priyantun agêng kêdah sagêd gêndhing, dados tuwuhing cipta badhe purun dipun ngèngèrakên Ki Tarulata, sêdyanipun inggih sumêrêp-sumêrêp sinau gêndhing kalihan jogèd, wusana inggih lajêng purun kaajak niyaga wau, lajêng wicantên, têmbungipun: bapak, inggih purun kula tumut sampeyan, lajêng ngèngèr Ki Tarulata. Mantuk sampeyan benjing punapa.

P.T. Ulihku durung karuwan, awit durung olèh dhuwit, yèn kowe pancèn gêlêm, wiwit saiki banjur milua aku pisan.

J.M. Inggih sampun kula tumut sapunika pak.

P.T. Iya.

Sasampunipun talèdhèk rampung anggènipun dandan, lajêng ambayari anggènipun sami jajan, sarta lajêng bidhal ambarang, sadaya dados tiyang pêpitu kalêbêt Jaka Mulyana. Jaka Mulyana kapurih nyangking buntêlan kalihan payung motha, salêbêtipun lumampah mênawi tiyang ingkang mikul ongkèk sêngganèn sayah, Jaka Mulyana inggih kapurih anggêntosi [ang ...]

--- 101 ---

[... gêntosi] mikul ongkèk, Jaka Mulyana botên suwala nglampahi mikul ongkèk. Mênawi kinintên Jaka Mulyana sampun sayah inggih lajêng kagêntosan malih, makatên sadangunipun lêlampah ambarang. Sarêng Pak Tèplêk sakancanipun anggèning ambarang laminipun sampun angsal satêngah wulan, lajêng mantuk dhatêng ing Giriraya, sadhatêngipun ing griya, angsal-angsalaning arta anggènipun ambarang, satirahipun ingkang dipun têdha lajêng katampèkakên dhatêng lurahipun Nyai Tarulata. Sasampunipun dipun tampèni, Pak Tèplêk lajêng cariyos bilih piyambakipun dipun tumuti lare jalêr nama Mulyana, sumêdya badhe ngèngèr Nyai Tarulata. Nyai Tarulata sarêng ningali wujudipun Jaka Mulyana: rêmên, dene warninipun sae tur katingal wanthèn, lajêng wicantên: majua mrene le dak takoni, kowe anake sapa.

J.M. Kula anakipun bêkêl Karangsana, nanging bapa biyung kula sampun ajal sadaya.

Ny.T.l. Iya bêcik kowe milua aku ajara nabuh, besuk dak ajar dadi wayang uwong. Bocah niku besuk dadi Baladewa pantês, ênggih pak (dhatêng semahipun Ki Tarulata).

K.T.l. Iya bênêr kowe, pawakane gagah sêmbada.

--- 102 ---

Pak Tèplêk nyambêti: napa malih yèn êmpun ontên ngriki satêngah taun mawon, mêsthi pêcah pamore saya brêgas.

Ny.T.l. Iya bênêr kowe Plêk. Wis ta le Mulyana ngasoa kana, sesuk esuk ajara nabuh, anggêr dhêmên lan nitèni, suwe-suwe rak bisa dhewe.

Jaka Mulyana lajêng ngaso kêmpal lare-lare ingkang sami ajar wayang tiyang.

Kacariyos Jaka Mulyana salêbêtipun wontên ing ngriku rintên dalu botên kêndhat anggènipun ajar nabuh sarta kaajar anjogèd wayang tiyang, sarêng sampun angsal sataun, Jaka Mulyana sampun sagêd sadaya, karêmênanipun mênawi nabuh: anggêndèr tuwin nyalêmpung, mênawi dados wayang dados Baladewa. Wayangipun Ki Tarulata ragi kondhang, mila kêrêp dipun tanggap dhatêng măncanagari, Jaka Mulyana botên kantun. Jaka Mulyana wujudipun dhasar brêgas, kasêmbuh dados wayang tiyang, saya wêwah prigêl, wêwah bagus, mila sadangunipun dados wayang tiyang, kêrêp dipun kedani ing tiyang èstri, nanging Jaka Mulyana budinipun sêntosa, botên keguh ing rêncana.

Sarêng watawis sataun, Jaka Mulyana èngêt sêdyanipun, anggènipun badhe ngupados margi sagêdipun suwita

--- 103 ---

priyantun agêng, kalayan sampun sangu kawruh. Jaka Mulyana lajêng pamitan dhatêng Ki Tarulata, sangadi badhe tuwi pamitranipun dhatêng dhusun namung sakêdhap, lajêng wangsul, Ki Tarulata anglilani lajêng mangkat, sêdyanipun badhe dhatêng nagari Madyapura, bokmênawi sagêd angsal pasuwitan wontên ing ngriku. Botên kacariyos lampahipun ing margi, dumugi Madyapura wanci jam 6 sontên, pinuju grimis, lajêng ngeyub wontên ing regol. Botên dangu ingkang gadhah griya dhatêng, numpak kapal saking Têgar, dumugi ngajêng regol mandhêg, lajêng pitakèn dhatêng Jaka Mulyana, têmbungipun: Kowe bocah ngêndi: le, Jaka Mulyana mangsuli: Kula lare têbih, badhe ngupados pasipêngan. Ingkang pitakèn lajêng malêbêt ing palataran kalayan wicantên: cobak[1] malêbua mrene dak takoni. Jaka Mulyana inggih lajêng malêbêt ing palataran, lajêng lênggah sila ngajêngakên pandhapa, amargi saking pangintênipun Jaka Mulyana, ingkang gadhah griya punika priyantun, amargi wujudipun inggih mriyantun, kapalipun agêng, griyanipun sae. Ingkang gadhah griya lajêng nglêbêtakên kapalipun ing gêdhogan, sasampunipun lajêng malêbêt ing pandhapa sarta ngundang dhatêng Jaka Mulyana, têmbungipun: Mrenea le, malêbua pandhapa kene.

--- 104 ---

Inggih.

Aja andadak mundhuk-mundhuk, kaya ênggon priyayi.

Jaka Mulyana lajêng linggih sila. Lajêng dipun pitakèni: Kowe bocah ngêndi. Jaka Mulyana lajêng mrasajakakên nama tuwin pinangkanipun kalayan patrap dêkung anoraga. Ingkang gadhah griya sumêrêp tandang-tandukipun Jaka Mulyana rêmên, amargi sarwa ngrêsêpakên, sarwa parigêl tuwin pratitis, lajêng wicantên: Aja bangêt-bangêt ênggonmu matrapake tatakrama, aku dudu priyayi, aku iki mung panêgar bae, jênêngku Lêbda Turăngga, ênggonmu têka kene dhèk kapan, lan arêp mênyang ênggone sapa.

J.M. Anggèn kula dhatêng ing Madyapura ngriki inggih sawêg sontên punika wau, sarta botên kantênan ingkang kula jujug, amargi sêdya kula badhe ngupados pasuwitan.

L.T. Yèn kowe gêlêm milua aku bae, dakwulang nunggang jaran, wandamu bagus, yèn bisa nunggang jaran rak saya brêgas, besuk yèn wis bisa dadi panêgar kaya aku iki rak mayar, sabên dina nunggang jaran tur olèh dhuwit.

Jaka Mulyana èngêt cariyosipun Ki Sardana, mênawi tiyang badhe suwita priyantun agêng punika utaminipun kêdah [kê ...]

--- 105 ---

[... dah] mangrêtos dhatêng kawruh kapal, numpak utawi katurangganipun, mila Jaka Mulyana inggih lajêng purun ngèngèr Mas Lêbda Turăngga, sumêrêp-sumêrêp sinau bab kawruh kapal. Enggalipun Jaka Mulyana lajêng ngèngèr Mas Lêbda Turăngga.

Kacariyos, sadangunipun Jaka Mulyana tumut Mas Lêbda Turăngga, sabên dintên tansah dipun pardi ngopèni kapal, sarta sabên dintên kaajak Têgar, kawulang patrap tuwin pangrèhipun. Watawis nêm wulan laminipun, Jaka Mulyana sampun ragi sagêd numpak kapal sarta kêndêl.

Ing wanci dalu Mas Lêbda Turăngga lênggahan kalihan Jaka Mulyana, raosan bab kapal utawi bab sanèsipun, lajêng wangsul malih bab numpak kapal. Lêbda Turăngga wicantên: Madyana,[2] pacakmu nunggang jaran wis bêcik, nanging durung wêruh beda-bedaning patrap, lan durung wêruh êmpaning talenan, iya besuk takwulang kabèh, saiki pêrlu ngapalna katuranggan, lan jamu-jamune, yèn wis rada nitèni dakwulang ngèlmuning panêgar.

J.M. Katuranggan punika punapa.

L.T. Katuranggan mono: Candraning jaran lan ciri-cirine, kabèh mau ingaranan rajanari, yèn wis apal candraning jaran, banjur bisa milih kang ala lan kang bêcik, lan kabèh [ka ...]

--- 106 ---

[... bèh] mau wis dipathok ana ing layang, iya jênêng layang katuranggan, iki layange apalna. Jaka Mulyana nampèni sêrat lajêng kawaos.

L.T. Wis kuwe apalna dhisik.

J.M. Inggih.

Sanès dintên Jaka Mulyana dipun pitakèni Lêbda Turăngga, têmbungipun: Mulyana, wis ana kang apal ênggonmu ngunèkake katuranggan.

J.M. Inggih sakêdhik-sakêdhik.

L.T. Ciri ăndha mustaka iku kapriye.

J.M. Ciri ăndha mustaka punika mênawi wontên kapal: unyêng-unyênganipun wontên suku ngajêng sanginggiling dhêngkul, watêkipun awon, asring andhawahakên ngidak sirahipun ingkang numpaki, mênawi kabêkta prang manggih tiwas.

L.T. Iya bênêr. Ciri amangkurat, iku kapriye.

J.M. Ciri amangkurat punika kapal unyêng-unyênganipun wontên ing uwang, têrus ing purus, punika sae sangêt, ingkang ngingah kêdah senapati.

L.T. Iya bênêr. Ciri arcuturang iku kapriye.

J.M. Ciri arcuturang punika, mênawi kapal ulês dhawuk, ciri mungsêr têngahing wêtêng, watêkipun awon, ingkang [ing ...]

--- 107 ---

[... kang] ngingah wiwitanipun luhur, wêkasan asor sarta nandhang kamlaratan.

L.T. Iya bênêr. Apalan kowe Mulyana.

J.M. Dèrèng apal sadaya.

L.T. Apalna kabèh.

J.M. Inggih.

L.T. Nanging pamilihing jaran iku, yèn candrane wis kêtêmu bêcik: mung patang prakara, iya iku: lambe, tracak, dhadha, bokong.

1. Lambe kang ènthèng.

2. Tracak, kang nanjung kuwung, ambathok mangkurêp.

3. Dhadha, kang jêmbar, kang manyul.

4. Bokong kang năngka satugêl, mênawa wis kêcêkêl patang prakara iku, adat kuwat sarta trampil sikile, nurutan pangrèhe gampang.

J.M. Inggih, kados inggih sampun kasêbut wontên katuranggan.

L.T. Iya, gajêge iya wis kasêbut.

Dene patrape wong nunggang jaran amurih ora gawe aboting lambe iku mêngkene: pupu mipit, dhêngkul nêkuk, dalamakan sumèlèh, panyêkêle apus kang kapara kêndho bae, sarta kudu kêrêp ngimpu, aja dhêmên [dhêmê ...]

--- 108 ---

[... n] nyènèng, pakolihe jaran bisa nglêpèh, apadene kudu nganggo ambêk têlung prakara, iya iku: sura, rêkasa, sambegana.

Sura, têgêse: wani, atine kang têtêg, kang ayêm.

Rêkasa, têgêse: kangelan, iya iku yèn digawa lakuning jaran kang lagi wayahe kurang kapenak, amarga kudu diêtutake bae.

Sambegana, têgêse: elingan, iya iku kudu eling lan tanggap marang karêping jaran, kaya ta: yèn kudu angimpu, iya banjur kaimpua, didhêdhêt sarta diingsad-ingsêd.

Dene lungguhe wong nunggang jaran iku: Ana limang warna, siji ingaran: lênggah kaprabon, loro: kasatriyan, têlu: wadana, papat: kaliwon, lima: pangantèn, iku patrape beda-beda.

Dene katrangane têtali utawa pangrèh, iku ana pitung warna.

1. Obahing kêndhali kang saka apus.

2. Andhêdhêt ngiwa utawa nêngên.

3. Anggêbrag, lan andhêdhêt barêng.

4. Bokong angingsad-ngingsêd.

--- 109 ---

5. Angêmpit.

6. Angawêt.

7. Anggitik.

Dene katrangan wijanging têtali, iku ana rolas warna.

1. Ingaran: tali ngarêp, iku pangosike mung saka apus.

2. Ingaran: tali têngah, iku pangosike saka bokong kaingsad-ingsêd.

3. Ingaran: tali pada, iku pangosike andhêdhêt, utawa anggêbrag.

4. Ingaran: tali buri, iku pangosike cêmêthi katèmpèlake, utawa katutulake.

5. Ingaran: tali siji, kang nyêkêl apus mung tangan siji.

6. Ingaran: tali loro, iku tangan kiwa nyêkêl apus kiwa, tangan têngên nyêkêl apus têngên.

7. Ingaran: tali nênêm, iku tangan kiwa nyêkêl apus kiwa, tangan têngên nyêkêl apus têngên, andhêdhêt kiwa têngên kapèpèdake, bokong kaingsad-ingsêd, cêmêthi katèmpèlake.

8. Ingaran: tali puspa, iku tangan têngên nyêkêl apus têngên, katumpangake pupu têngên, tangan kiwa nyêkêl apus kiwa digantung.

--- 110 ---

9. Ingaran: tali manyura, kang nyêkêl apus tangan kiwa digantung sipat dhadha, tangan têngên nyêkêl apus tumumpang cêthik, sêmu malangkêrik.

10. Ingaran: tali ponjèn, apuse mung dibundhêlake bae, tangan kiwa tumumpang pupu kiwa, tangan têngên tumumpang pupu têngên, bokong diingsad-ingsêdake.

11. Ingaran: tali gatra, kang nyêkêl apus mung tangan kiwa, patrape ênggone nunggang angemplok.

12. Ingaran: tali tambang, tangan kiwa nyêkêl apus kiwa, tangan têngên nyêkêl apus têngên, patrape yèn ana pakewuhe lambe kiwa: kaimpu manêngên, yèn ana pakewuhe lambe têngên: kaimpu mangiwa.

Mungguh têtali kabèh mau tumanduk lan patrape tarik-tinarik karo lambe atining jaran, mulane kudu eling lan nitèni obah osiking jaran.

Dene wiwite angêrèh jaran, wiwit bêlo nganti dadine, iku dawa bangêt, nanging kabèh mau wis dipacak ana ing layang, ingaran layang Rajanari, iki layange apalna. Sêrat lajêng dipun tampèni dhatêng Jaka Mulyana badhe kaapalakên.

Sarêng watawis sampun sadasa dintên, Jaka Mulyana dipun pitakèni Lêbda Turăngga, têmbungipun: Rajanari wis [wi ...]

--- 111 ---

[... s] apal Mulyana kowe.

J.M. Sampun.

L.T. Apa iya ta.

J.M. Inggih, sampun apal sayêktos, dalah ingkang dipun sêkarakên inggh sampun apal, nanging botên mangrêtos têgêsipun, amargi têmbungipun mèh Kawi sadaya.

L.T. Apa iya ta, kang ditêmbangake kowe wis apal.

J.M. Inggih, sampun apal sayêktos.

L.T. Hara coba munia (ura-ura).

J.M. Inggih.

Turăngga musna rêtuning bumi (= 1607) | sangkala anurat katuranggan | paksi srêngkara têmbange | myang sing sapa sêdyayun | kawisayan ing aswatali | kang rumiyin dêduga | wataraning sêmu | prayoga anrus graita | trêhsang sipta duking tyas tan ajêng ririh | pan wit prayambêk santa ||

Myang ing anitih aswa wit lungit | dipun pratita minăngka dhasar | inggih solah ayun tate | snêning smêta jêng kajum | dèn ariring anjaring wèri | ayunto tapa daya | daya-dinayèng smu | smitarja lumrèng wardaya | wêdharing pudya mêtu ing solah ragi | raga matitip karsa ||

Wanèh wêh ing amêdhar aswa lir | amurwaka [a ...]

--- 112 ---

[... murwaka] gya yun tanupaya | linali-lali ing smune | solah raga dèn enjuh | linuting wacana nrang gêndhis | lale bêg manubawa | paringring dèn arum | yèn wus matra atrêh smita | parênging trap laksana dèn amatitis | linaga lagèng ulah ||

lawan ta ayun wruh ing patitis | lwir angungkih rasa wadi pindha | sêkar wali madyaning we | gănda mêmakswa kuncup | sinranging sadpadandon rasmi | laliwran jajah smara | ning lawên mamrih rum | wêdharing sari mrik suman | parêngrêng gyatning kapti ngingsêp marêngih | jênaka nguswèng layan ||

sampun pêgat pangulahing gati | lumrèng smita amrih lam-lam arsa | saha mnêng ran èsmu name | mapana lungiting hru | kadya nawung pamucuking ri | dening acandhuk tiksna | rasa kang sampun wruh | yan ngagêm kagêm kang astra | bisèng rasa sinrêng gêlêm èsmu wingit | masang lêga kêna tyas ||

solèng aswa yun kajuming ati | dipun mawa sampun bêborongan | aruntut pêpatutane | lir gamêlan yan saru | wus samawat munia rasmi | pindha patut kunthara | srêng tinabuh kidung | pan yakti măngsa kênaa | yèn nyugas ngatut ing têmbang raswapati | uninya nut wisraya ||

ingamrih prana dipun aramping | dèn kadya mèt minèng patunjungan | amrih kênane minane | tunjung dèn maksih alun | we dèn lananing mala hêning | yèn malih tan tulusa | mangkana tan antuk | mulus pamatêh ing

--- 113 ---

guna | karaning aswa kèh karasa rinihin | wit têgar cipta purna ||

lawan dipun wruha wataraning | aswangala wayah tumaruna | lwir wowohan samepane | mêntah nyadham tan dalu | wiskithanên aywa kasilip | yèn mêntah sinrang gina | akêdah ingimbu | nadyan matênga karingga | tuna rasa surasa dalu pribadi | atrêh gănda sung rimang ||

upamane ngaulah aswati | pan kadyangganing acêcangkriman | lan bisu yun mrih karêpe | cupana ing smunipun | yan kacupan tan walang-ati | dadi kaji wandana | tanpa trêbe kayun | sisa karsa sida nyana | ingan yan kirang tanggap kang aningali | lamun tuna sasmita ||

inga mawang swa dipun atitih | nora beda lan amawang bala | dhêndha kramanên polahe | yan anggêpok tan kahyun | papalana dèn santa budi | tumpang anambêk radya | wruhêna ing sêmu | yan smu wruhing nayèng gita | yogya pinalikrama dinaning sih |[3] rinêngèng-rêngèng rêna ||

dipun waskitha ring trapning tali | wahya kawarnaa tri prakara | kajog mung suda prayane | lan agnyana manda wruh | kajog tali aptya mêdhêsi | kang suda prayèng tambang | pangamêring sêmu | wrêdita lyagnyana manda | sining sipta misesa nuksmèng gêsêng ning | aswa têmah satmata ||

kinêrta basaning kawi tali | păncakara wasta papandhawan | Sang Sri Darmawăngsa gène | Bimarjuna ing sêmu | myang Nangkula lawan [la ...]

--- 114 ---

[... wan] sang ari | yogya yun waskithaa | prakaraning wuwus | marma martèng silèng nala | Wrêkodara cêmêthyarjuna kandhali | sang ari karwèng tatab ||

lan dipun wruh ing dyatmikèng tali | pan dahat asunyanjaring tawang | arungsit tan kêna pinèt | dèn waspadèng smunipun | aywa kèmpêr kang aran tali | apus lawe kadhalya | wêsi ingkang ampuh | angingsi malih tanika | kang angenjuhakên kang aran matali | sasmitaning graita ||

pèt samya yun mrih rênyêpe malih | têgêse sasmita kang amawa | srêngkang dèn lon sasmitane | datan antara nêmpuh | sasmitane winawèng rasmi | pindho ngongotyar sama | mrih samyambêtipun | dadya tan ana ngawara | yakti ngaran tatali adi karati | kadhalyèngku wêrdaya ||

lamuna rasa sampun kapusthi | ing wêrdaya tan ana drigănca | satmata nunggal prayane | tiningalana patut | lan solah kang amurwèng rasmi | têgêse nganut bisa | wisaya ranipun | têgêse yaktining basa | sing turangganya nyênyêh tur nora wanci | tan sawala nut karsa ||

mapan kêcaping wisayèng nguni | tingkahing amawa aswasiksa | madhêp apadhang karsane | tiningalana patut | myang sasolah kang anitihi | dening sampun waskitha | babak sêngkanipun | yèn tan wruhing babak sêngkan | yakti tan wruh ing raga ecaning tali | tur nora bisèng

--- 115 ---

aswa ||

ya dyan bisa awêrdining wangsit | yèn tan wruha raganing prayoga | ing lêkas lan wêkasane | ning don panêgaripun | sampun kathah praya ngriwêngi | pangolah ayun tunggal | panunggaling kayun | yèn wus rapih sarwa bisa | anuting karsanya tan sayèng kapti |[4] sakayunta rèh kêna ||

lawan ta ayun uninga ing wit | karaning aswa kathah kawasa | dene wus rapih anggane | yèn tan wruh ing trapipun | yakti tan wruh ecaning tali | mangsantara arisak | tatambange saru | awuwuh ilang kang têgar | yèn wus enjuh gampil tumpangên nèng ngarsi | tutute datan owah ||

dene nganggene sampun angrapih | têtambang matya datan koningan | buwang tali sadawane | datan ana pakewuh | myang sawancining aswa ugi | kêna uga jinampyan | akathah kang mantun | mapan tan ana ing warah | tan anèng tambang tuwin tan anèng tali | punika yan graita ||

pirantaraning amurwa talwir | pan sasat rêke ya tumpang nala | kasilip wrêsah dèn pènèk | kalinggihan nora wruh | wus dèn agêm têka ngulati | kapapag tan dèn sapa | smune tan wrin tuduh | mapan rasa kang karasa | ing sarira sawênèh kang wong ywan tan wrin | rasa pan tan angrasa ||

aywèdhêp pan sawêrdining kawi | mapan ewah traping aswayuda | lêpit-lêpit sasmitane | agampang yèn winuwus | ing laksana kewran tan [ta ...]

--- 116 ---

[... n] sipi | tansah asasaliban | tan sambadèng kayun | anging ajêng landhêping tyas | winatêking smusmita tan saya dadi | satata tatèng ulat ||

suka sênggenên apaksa kawi | dene anutur sabda lêngkara | kang anurat bisikane | waladana ingutus | anurata dènira sang sri | prabu amangku jagad | têlasing ambangun | sapta langit obah janma |[5] ing sangkala sasi Rajab dina Kêmis | tanggal nawa taun Dal ||

L.T. We: Iya wis apal têmênan kowe, pancèn lantip.

J.M. Inggih, makatêna tiyang botên mangrêtos kajêngipun.

L.T. Iya yèn wong saiki arang kang mangêrti têmbung Kawi, mulane yèn karangan têmbung saiki iya arang kang nganggo têmbung Kawi, dene katuranggan kang kowaca iku, karangan jaman Kartasura, titimangsane kasêbut ing pada lingsa purwaka, lan kang kasêbut ing pada wêkasan, iya iku kang muni: turăngga musna rêtuning bumi, lan kang muni: sapta langit obah janma, ingaran căndrasangkala, utawa sangkalan, mirit watêking siji-sijining kaanan, iya iku:

Turăngga = jaran, watak 7.

Musna = ilang, watak 0.

--- 117 ---

Rêtu = obah watak 6.

Bumi, watak 1.

Dadi taun 1607.

Dene kang muni: sapta langit obah janma, katrangane mêngkene :

Sapta = pitu iya 7.

Langit = suwung = 0.

Obah, watak 6.

Janma = watak 1.

Iya uga taun 1607, măngka saiki taun 1820, dadi lawase ênggone nganggit ing saprene wis 213 taun[6] mulane iya arang kang mangêrti, kajaba para propesor băngsa Eropah, ewadene yèn mung karêpe bae aku sathithik-sathithik iya rada nyandhak, yèn anjarwani satêmbung-satêmbung aku ora bisa. Dene karêpe mêngkene:

Wong ngêrèh bêlo iku: kudu kang tlatèn, kang sarèh, kang sabar, kang tabêri, nganti diupamakake kaya wong manah pucuking êri, kaya kombang ngingsêp sari, kaya wong apèk iwak ing kêdhung, kaya sunya anjaring tawang, sapanunggalane [sa ...]

--- 118 ---

[... panunggalane] upama-upama mau, karêpe mung kudu talatèn, lan dhêdhasar kêndêl sarta têtêg, yèn dilakoni mêngkono, suwe-suwe nganti wêruh watêking jaran, jarane uga wêruh watêke kang nunggang, yèn wis padha wêruh-winêruhan, sanadyan panunggange tanpa apus, wis bisa ngêrèh, sarana obahing sikil lan ingsat-ingsêting bokong bae jarane wis mangêrti, banjur nyirig utawa mandhapan.

J.M. Kapalipun têka inggih lajêng mangrêtos.

L.T. Iya kabèh mau saka pangajaran, sarèhning sing diajar kewan, dadi pangajare iya kudu talatèn, sarèh, sarta sabar.

Jaka Mulyana sampun tampi sadaya piwulangipun Lêbda Turăngga, Jaka Mulyana lajêng pitakèn bab sangkalan, têmbungipun: Bapak, dados kaanan punika wontên watêkipun sadaya.

L.T. Iya, dene watêk mau, kapirit saka wujude, dayane, rasane, gawene, kaya upamane jagad, srêngenge, rêmbulan, manungsa, padha watak: siji, bokmênawa kapirit saka kaanane: ora ana kang ngêmbari, nanging aku ora apal kabèh. Dene watêke siji-sijining kaanan mau wis kasêbut ing layang Căndrasangkala,

--- 119 ---

iyasan kuna, nganggo têmbang gêdhe, Kusumawicitra, iki layange, yèn kowe dhêmên apalna.

Sêrat lajêng dipun tampèni dhatêng Jaka Mulyana, sumêdya badhe dipun apalakên.

Kacariyos, sadangunipun Jaka Mulyana tumut panêgar: Mas Lêbda Turăngga, dipun trêsnani sangêt, amargi saking lantip, akas dhangan, botên wêgahan, botên wontên padamêlan ingkang dipun tampik, kasar alus dipun sangkul sadaya, sarta manahipun têmên, mungkul, patrap, kêndêl, mila Mas Lêbda Turăngga kasok sihipun, kados dhatêng anakipun piyambak, sabên dintên tansah dipun wulang patrap pangrèhing numpak kapal, tuwin punapa kawruhing panêgar: sampun kawulangakên sadaya. Dumugi sataun anggènipun Jaka Mulyana tumut Mas Lêbda Turăngga, Jaka Mulyana sampun sagêd dados panêgar, punapadene sadangunipun tumut Lêbda Turăngga, sabên sontên sinau sêratan Walandi sarta têmbung Malayu, tuwin petang sawatawis, ingkang mulang guru bantu tangganipun Lêbda Turăngga, dangu-dangu Jaka Mulyana sampun sagêd ngungêlakên sêratan Walandi têmbung Malayu, tuwin petang sawatawis. Dhasar Lêbda Turăngga inggih mardi sangêt dhatêng Jaka Mulyana, piwulangipun dhatêng patrap dhatêng tatakrama sampun kados priyantun, amargi

--- 120 ---

Lêbda Turăngga wau inggih taksih darahing priyantun, mila sanadyan dados tiyang mardika, nanging tatacara tuwin anggènipun gêgriya taksih kados priyantun, wah ragi cêkap, amargi kajawi anggènipun dados panêgar laris, sagêd ngupados arta: nyambi dados anèmêr, banon gamping sapanunggilanipun, wah ingkang èstri inggih anggaota nyoga nglorod, mila Jaka Mulyana kawruhipun sangsaya mindhak kathah, sumêrêp pratikêlipun tiyang ngupados têdha, punapadene pratikêlipun nyambut damêl nyoga nglorod Jaka Mulyana sampun mangrêtos sadaya.

Ing satunggiling dintên, Jaka Mulyana èngêt dhatêng gêgayuhanipun anggèning kapengin dados priyantun sangsaya sangêt, ananging kawêkèn kadospundi jalarane sagêdipun tumèmpèl dhatêng priyantun agêng, wusana pêpuntonipun kêdah badhe prasaja dhatêng Lêbda Turăngga, bokmênawi sagêd ngupadosakên margi. Sarêng wanci jam 7 sontên Lêbda Turăngga pinuju lênggah ijèn wontên ing pandhapa, Jaka Mulyana lajêng nyêlak tumut linggih nanging ragi kêpering têbih. Jaka Mulyana lajêng dipun pitakèni: Mulyana, jarane lurah Gênthan kae kêpriye, apa isih kêna didandani.

J.M. Kados taksih amargi taksih ênèm, namung

--- 121 ---

mrayangipun sangêt.

L.T. Iya, la wong ya wong desa, jaran bêlo durung mangsane banjur dirangah, mung dikêndêli bae, dadi lambene rusak, sesuk yèn ditêrake mrene tunggangana, nanging kêndhaline blêbêdên lulup dhisik, êrine ketokna sathithik bae, anggêre wis rada kêris sathithik: cukup, samono iku aja kêrêp kopathêt, lêganana bae, lambene bèn pulih dhisik, sanggupe lurah Gênthan, anggêre wis mari mrayang sarta ora anjêngat, arêp awèh limalas rupiyah.

J.M. Inggih mantun punapa malih, kados sadasa dintên kemawon sampun sagêd pulih.

Jaka Mulyana lajêng nyêlak, sarta wicantên, têmbungipun: bapak kula badhe matur: sampun dados galih sampeyan.

L.T. Arêp kăndha apa le.

J.M. Inggih walèh-walèh punapa bapak, sayêktosipun kula punika gadhah pangancas kapengin suwita priyantun, amargi èsthining manah inggih kapengin dados priyantun.

Mas Lêbda Turăngga: kagèt, sarta wicantên: E, kowe kapengin dadi priyayi Mulyana.

--- 122 ---

J.M. Inggih.

L.T. Wong dadi priyayi mêngkono kudu mangêrti kasusastran Jawa Malayu, tulisane kudu bêcik, sarta kudu magang, măngka kowe lagi mangêrti aksara Jawa, wah tulisamu Jawa Walănda durung bêcik, kêpriye.

J.M. Mila inggih badhe suwita priyantun kemawon rumiyin, sadangunipun suwita kalayan sinau nyêrat Jawi Walandi, dangu-dangu rak inggih sagêd, anggêripun sampun sagêd suwita priyantun.

L.T. Iya ênggone suwita mêngkono gampang, aku iya bisa nèmpèl-nèmpèlake priyayi, amarga aku sugih sanakan pamitran priyayi. Mung aku gumun tekadmu, kok dadi kowe duwe kapengin marang kapriyayèn, apa kowe isih duwe aluran darah priyayi.

J.M. Têbih-têbih inggih taksih gadhah.

L.T. Alurane kêpriye mara caritakna.

J.M. Inggih, bapak prayogi mriksani salasilah kemawon, punika bukunipun salasilah tilaranipun tiyang sêpuh kula.

Buku lajêng dipun tampèni dhatêng Mas Lêbda Turăngga, sarta lajêng kawaos, sarampungipun pamaos, ing batos [ba ...]

--- 123 ---

[... tos] ragi gawok, jêbul Jaka Mulyana taksih kalêrês canggah bupati, dados dede lare sabarangan, layak gadhaha panggayuh makatên, mila sanalika Lêbda Turăngga gadhah cipta: gêgayuhanipun Jaka Mulyana badhe dipun biyantu, Jaka Mulyana badhe dipun pasrahakên dhatêng sadhèrèkipun ipe nak-sanak, ingkang dados mantri kabupatèn ing kitha kabupatèn ngriku, nama Mas Ciptalêgawa. Sasampunipun ngrêrantam, lajêng wicantên, têmbungipun: Mulyana, aku ora ngira pisan-pisan yèn kowe isih turune wong gêdhe, dadi ênggonmu duwe pangancas mau ora elok, aku iya bungah bangêt, sarta karêpmu mau bakal dakbiyantu, mung yèn ana galap-gangsulku sasuwemu milu aku, aja dadi atimu, sarta wiwit dina iki kowe têtêpa dadi anakku lanang, dhasar aku iya ora duwe anak lanang, adhimu têlu wadon kabèh, dadi kowe têtêpa dadi sadulure tuwa.

J.M. Kula pundhi sangêt pangandikanipun bapak dhatêng kula, kula samantên ugi, bapak sakalihan pun êmbok, têtêpa dados tiyang asêpuh kula, pitulung tuwin piwulangipun bapak ingkang sampun kula tampèni, kula badhe botên kasupèn, kula èngêt-èngêt ing salaminipun gêsang. Ing mangke sampun katanggêlan, pangandikanipun [pangandi ...]

--- 124 ---

[... kanipun] bapak kaparêng badhe nèmpèl-nèmpèlakên priyantun wau, kula aturi anggalih tumuntên, ing pundi pitêdahipun bapak, badhe kula lampahi kalayan tumêmên.

L.T. Yèn wis kêncêng kang dadi karêpmu, aja sumêlang, mêsthi dakpikir kalawan wêninging panêmu, saiki sarèhna dhisik, liya dina dirêmbug, sêdhêng dakgolèk sawangan kang sakira kêna koayomi, lan kang bisa mitulungi kaya kang dadi sêdyamu.

J.M. Inggih sumăngga.

Kacariyos, ing satunggiling dintên, watawis lêt sadasa dintên, Jaka Mulyana saking notole manahipun, lajêng nêrangakên dhatêng Mas Lêbda Turăngga, têmbungipun: Bapak, kadospundi dhawuh sampeyan punika, punapa sampun angsal sawangan priyantun ingkang kenging kula suwitani, mênawi dèrèng angsal kula nyuwun pamit badhe ngupados pasuwitan piyambak.

L.T. Mêngko ta dhisik aja kêsusu, kang sabar, sabarang sêdya iku yèn kêsusu ora bêcik, satêmêne iya wis olèh sawangan, malah sanakku dhewe, iya iku priyayi mantri kabupatèn Madyapura kene, jênênge Mas Ciptalêgawa, iku bojone bok ayuku nak-sanak, dadi Mas Ciptalêgawa mau kêprênah ipeku nak-sanak, [nak-sa ...]

--- 125 ---

[... nak,] kang wis daksumurupi, pambêkane bêcik bangêt, sabar sarta wêlasan marang sapadha-padha, dadi pangalêman, nanging lagi dakpikir kêpriye têmbunge ênggonku bakal masrahake kowe, supaya bisane katampan kang kalawan banjur gêlêm mikir têmênan, aja dicara panakawan, wiwit dhèk wingi wis kêtêmu pamikirku, karêpku besuk Sênèn sore kowe daksebakake. Nanging sumurupa, wèng[7] ngèngèr priyayi mêngkono patrape seje karo milu wong pangindhungan kaya aku iki, kudu wêruh marang tatakrama, kang tabêri satiti ngati-ati, aja lancang aja calak, mênawa diutus apa-apa aja salewengan, yèn diutus anggarap apa-apa aja sêmbrana, aja pati-pati lèrèn yèn durung rampung. Kajaba iku priyayi iku akèh sêntanane, akèh bature, lanang wadon, iku kang bisa momong karo kănca, kang ngalah ujar sakêcap, laku satindak, aja mèrèn, aja dahwèn, aja opèn, lan aja dhêmên madulake alaning kănca, kang rukun, anggêpên sadulurmu tunggal bapa biyung, luwih manèh marang kancamu wadon, aja pisan-pisan dhêmên nyêmbranani, ngajak guyon prênesan iku ora bêcik, yèn dhêmên nyêmbranani marang para nyai, suwe-suwe dhêmên nyêmbranani marang sêntanane, unggahe [unggah ...]

--- 126 ---

[... e] marang putrane, ora bêcik bangêt, bakal murungake lêlakon, murungake kang dadi sêdyamu. Piwulange Ajar Sarabasata, marang anake Jaka Sasana, nalika arêp mangkat ngawula, kasêbut ing layang Ajipamasa, jilid III, kaca 5, iku bêcik bangêt, apalna lakonana, nanging aja sêlang-surupan kaya Jaka Sasana, yèn arêp suwita dipurih suwita wong kang luwih, kang agung luhur, jêbul suwita gandarwo, dupèh gêdhe dhuwur lan maripate têlu, tujune malah kabênêran, dadi jalarane olèh kamulyan (lajêng sami gumujêng). Jaka Mulyana mangsuli, tiyang dongèng: Bapak, sapunika kados inggih botên wontên lare kados Jaka Sasana.

L.T. Ayake iya, nanging uga kêna dianggo pêpiridan. Wis cêkake thole Mulyana, sesuk jam 4 sore dandana, daksebakake Kangmas Ciptalêgawa.

J.M. Inggih.

Enjingipun, Mas Lêbda Turăngga gadhah gagasan anggènipun badhe pinanggih Mas Ciptalêgawa supados katampèn kalayan dhangan, kêdah angsal-angsal ingkang andadosakên sênênging manahipun, nanging taksih pakèwêd punapa ingkang badhe dipun bêkta, dangu-dangu èngêt bilih piyambakipun gadhah badhe warăngka kajêng timaha pèlèt, kados punika [pu ...]

--- 127 ---

[... nika] pantês kangge angsal-angsal.

Sarêng sontên wanci jam 4.30, Jaka Mulyana lajêng kaajak mangkat, sarta kapurih nyangking badhe warăngka timaha wau, sadumugining Ciptalêgawan, Mas Mantri Ciptalêgawa pinuju ngombe wedang wontên ing pandhapa, sumêrêp Lêbda Turăngga dhatêng, lajêng dipun ancarani (têmbungipun ngoko kemawon, amargi pancèn botên basan, awit kajawi ipe nak-sanak, pancèn kulina alit mila), têmbungipun: Kene dhi linggih kursi kene.

L.T. Iya. (Mawi têmbung ngoko andhap = basa antya).

M.C.L. Saka ngomah bae apa.

L.T. Iya saking griya.

M.C.L. Kaya anggawa sarungan, apa arêp didandakake.

L.T. Ora kangmas, pancèn arêp dakaturake panjênêngamu, amarga panjênêngamu dhèk anu kae ngandika ngupados sarungan.

M.C.L. Iya dhi. Andêlok le: we timaha dhi.

L.T. Iya.

M.C.L. Lo bêcik, wêton ngêndi dhi.

L.T. Wêdalan Pacitan, dhèk panjênêngamu mêntas tindak [tinda ...]

--- 128 ---

[... k] mrana kae lêt kalih dintên aku mênyang Pacitan nontoni bêlo, nanging bêlone ora kadadosan, amarga kathah cirine kang kirang prayogi. Aku nyambi pitakèn badhe sarungan, kok kalêrêsan gadhah, lajêng dakrêbati: angsal, saiki dakaturi ngagêm.

M.C.L. Iya dhi, bangêt panarimaku, dhasar anggolèk timaha aku, iki kêbênêran.

L.T. Kangmas, sowanku, kajawi ngaturake angsal-angsal sarungan, iya ana pêrlune sakêdhik, aku gadhah anak angkat, namane Mulyana, mêdal saking panêdhane piyambak mênyang aku, aku dipurih nyuwitakake priyayi, amarga sayêktose piyambake gadhah gêgayuhan kapengin dados priyayi, sarèhning panggubêle mênyang aku sangêt, dados dakpituruti, dene tancêbing manahku mung daksuwitakake panjênêngamu, salajênge sagêda kalêbêt magang, aku nyumanggakake panjênêngamu, amarga lare iku wis dakanggêp anakku piyambak, mila sangêt-sangêt ênggonku nyuwunake kawêlasan marang panjênêngamu, dene wujude lare iya iki kang tumut sowan mrene.

M.C.L. Iya bêcik: dhi, apa biyèn sakolah.

L.T. Ora wong lare lola kapiran, dados [dado ...]

--- 129 ---

[... s] ora ana kang mikir, ananging aksara Jawi Walandi wis sagêd, mung sêratane durung sae.

M.C.L. Sukur yèn wis bisa ngunèkake Jawa Malayu, bêciking tulisan gampang kêna dikulinakake sarana nurun-nurun layang, yèn bocah lantip, sarta talatèn, ora nganti sataun rak wis bagus.

L.T. Iya, iya lêrês panjênêngamu kangmas, yèn larene golongan lantip.

M.C.L. Apa isih duwe têturutan darah priyayi, kok duwe panggayuh marang kapriyayèn.

L.T. Yèn nitik salasilahe, piyambake isih grad 4 saka bupati.

M.C.L. Bupati ngêndi.

L.T. Bupati Ngargapura. Le: Mulyana bukumu salasilah kogawa.

J.M. Inggih kula bêkta.

L.T. Gawanên mrene. Iki kangmas: dakaturi mriksani.

Sêrat lajêng dipun tampèni dhatêng Mas Ciptalêgawa, sarta lajêng kawaos, wusana lajêng cariyos: dhi Lêbda Turăngga, bocah iku jêbul kabênêr kaponakaku misan, amarga canggahe Si Mulyana iku êmbahku buyut, têturutane [tê ...]

--- 130 ---

[... turutane] mêngkene: Êmbah buyut Radèn Tumênggung Mangunnagara iku pêputra êmbah kolèktur Ngargapura, banjur pêputra bapak wadana kene, banjur pêputra aku. Êmbah buyut mau nalika seda kagungan sêlir, pinuju ngandhêg 8 sasi, banjur diajak bapakne, iya iku kapala desa Karangsana, barêng lair mêtu lanang, dadi bocah mau êmbahku paman, cêkake bocah mau tuwane banjur dadi kapala Karangsana, nurunake Mulyana kuwe, dadi saiki ora kaliru.

Lêbda Turăngga ngungun sêmu bingah, botên nyana bilih makatên.

M.C.L. La dadine milu kowe iku kapriye.

Lêbda Turăngga lajêng anggancarakên mulabukanipun Jaka Mulyana wiwit dipun tilar ajal bapa biyungipun, ngantos dumuginipun dados wayang tiyang, sarta ngantos ngèngèr piyambakipun, sampun dipun gancarakên sadaya. Mas Ciptalêgawa sangêt pangungunipun sarta wêlas dhatêng Jaka Mulyana, wêkasan wicantên: Iya-iya bèn ana kene dakwulange, bokmênawa bisa kêtêkan kaya kang dadi sêdyane, yèn wangune bocahe kaya maju.

L.T. Iya, kang wis kalampahan kapintêrane pancèn majêng. Kangmas, sarèhning wis cêkap kang dados aturku, aku

--- 131 ---

kalilana mundur, Si Mulyana daktilar, ora liwat mung nyumanggakake kangmas.

M.C.L. Iya, dakpikir bangêt, wong pancèn aku kawajiban mikir bocah iku.

L.T. Iya, wis kangmas kalilan.

M.C.L. Iya.

L.T. Thole Mulyana, wis kowe kèria, dhèrèk bapakmu kene kang ngati-ati.

J.M. Inggih.

Mas Lêbda Turăngga lajêng mantuk. Kacariyos, sapêngkêripun Mas Lêbda Turăngga Jaka Mulyana wontên ing Ciptalêgawan lajêng griya kemawon, sabên dintên nyambut damêl padamêlan salêbêting griya, pundi ingkang katingal kèthèr lajêng dipun garap botên mawi dipun atag, sanadyan ingkang kasar-kasar, kados ta: nyaponi gêdhogan, latar, ngisèni kulah, nyirami sêkaran, nyumêdi dilah, punapa kemawon dipun tandangi botên mawi ngiri dhatêng kancanipun, botên ngèngêti mênawi kaakên sêntana dhatêng Mas Ciptalêgawa, anggènipun nyambut damêl malah ngungkuli panakawan, ngantos damêl rikuhe para panakawan tuwin rencangipun sadaya. Mênawi enjing jam 4 Jaka Mulyana sampun tangi lajêng nyambut damêl kados ingkang kasêbut nginggil, kănca-kancanipun [kă ...]

--- 132 ---

[... nca-kancanipun] jam 6 sawêg sami tangi, nanging sampun manggih rêsik sadaya, wêkasan lajêng sami tumut tangi enjing, sarta lajêng sami srêgêp-srêgêp botên irèn-irènên dhatêng kancanipun, saking sami risi ningali dhatêng kasrêgêpanipun Jaka Mulyana.

Mas Ciptalêgawa sakalihan rêmên sangêt dhatêng patrapipun Jaka Mulyana, malah ngantos sêmu wêlas ningali anggènipun tanpa wigih dhatêng sadhengah padamêlan, ngantos kêrêp dipun cariyosi kapurih ngaso. Lajêng dipun pêrdi dhatêng padamêlan ingkang alus-alus, botên suka nyambut damêl kasar, tuwin lajêng kapurih nyaèkakên sêratanipun Jawi Walandi, sabên dintên dipun sukani turunan kapurih nurun, watawis satêngah taun sêratanipun Jaka Mulyana sampun katingal sae. Sarêng sêratanipun sampun sae sayêktos, lajêng dipun lêbêtakên magang dhatêng kabupatèn, lajêng nyambut damêl tunggil sameja kalihan Radèn Ardaka, tuwin Jaka Madyana, kasêbut bab I. II.

Jaka Mulyana lajêng dipun cêpêngi sorog kantor kabupatèn, sabên enjing kapurih malêbêt rumiyin, ambikak kantoranipun, sadaya garapan sêrat-sêrat anggêr sampun dipun wulang patrap tuwin lampahipun, Jaka Mulyana lajêng sagêd nindakakên sarta botên nate lêpat, watawis sawêg [sa ...]

--- 133 ---

[... wêg] satêngah taun anggènipun nyambut damêl wontên ing kantor kabupatèn, sêrat arsip kabupatèn sampun mangrêtos sadaya. Sarèhning saya katingal majêng dhatêng padamêlan tuwin dhatêng kasagêdan, lajêng dipun lêbêtakên sakolah Walandi partikêlir, malêbêtipun jam 3, bibar jam 5 sontên, bayaranipun f 2.50 sawulan. Wontên ing griya dipun pêrdi ngapalakên buku-buku, kados ta: anggêr ukum, regêlmèn pulisi, undhang-undhang, kandhungan sapanunggilanipun, dipun purih ngapalakên sadaya, dhasar Jaka Mulyana manahipun lantip sarta majêng, mila inggih lajêng kathah apalanipun dhatêng pasal-pasal tuwin dhatêng sêtatsêblad. Mas Ciptalêgawa saya kasok trêsnanipun, mila wutah piwulangipun dhatêng Jaka Mulyana, pangrêngkuhipun kados dhatêng anakipun piyambak, kuciwanipun Mas Ciptalêgawa botên sagêd têmbung Walandi, nanging kalêbêt sugih kasagêdan, dening sugih sêrat-sêrat yasanipun para pujăngga Jawi ing jaman kina, punapadene rêmên ulah karawitan, kados ta dhatêng gêndhing, dhatêng sêkar macapat tuwin sêkar agêng, dalah kasusastranipun pisan Mas Ciptalêgawa mangrêtos, kathah pikaranganipun piwulang-piwulang ingkang mawi kasêkarakên macapat.

 


coba. (kembali)
Mulyana. (kembali)
Kurang satu suku kata: yogya pinalikramane dinaning sih. (kembali)
Kurang satu suku kata: anuting karsanya tan asayèng kapti. (kembali)
Tanggal: Kêmis nawa (9) Rajab (Rêjêb) Dal: sapta langit obah janma (AJ 1607). Tanggal Masehi: Kamis 22 Juni 1684. (kembali)
§ Dumuginipun taun 1843 punika, umuripun sêrat punika sampun 236 taun. (kembali)
wong. (kembali)